Angka 1, 3 Januari 1867

Kathah tiyang andarbeni panuwun kekah dhumateng kanjeng Guperne- men, supados kagungan karsaanamtokaken timbangan dhacinansabab par Cina anggenipun anyadeni gendhis tuwin barang sanesipun dhateng titiyang ingkang sami tumbas, panimbangipun kaliyan dhacinan ingkang boten leres ing dalem sadacin apesipun kiranging sakawan katos. ======

Wonten pawartos saking Samarang, bilih benjing ing salebetipun wulan April taun ngajeng punika, margining kareta asepingkang badhe anjog ing nagari Surakarta tuwin Ngayogyakarta, wonten sawatawis ingkang badhe sampun kenging kangge ing lampahipun para tiyang ingkang kakesahan anumpak kareta asep wau, samanten punika namung saweg dumugi ing Tanggung, tebihipun saking Samarang 25 pal mil. ======

Wonten tiyang estri satunggil asli ing tanah Armeni, griyanipun ing dhusun caket kaliyan pasiten anama Ismid tanah Nikomedhin punika nalika nalika laki umuripun, 30 taun salajengipun angsal anak pitu, lami-lamigadhah putu cacahipun 66 putu samanten punika ingkang sampun emah-emah, 21 dumugi sapriki angsal anak, 12 ingkang jaler satunggil kala taun ingkang kapengker punika inggih sampun darbe anak jaler satunggal dados tiyang estri ing nginggil wau sauiunika sampun umur satus taun ameningi canggah satunggil inggih punika putuning putunipun jaler salah stunggal wondening tiyang sadaya wau ing mangke sami tatunggilan sagriya. ======

Ing ngandhap punika cariyos bab setyaning kapal, Ing panggenan pakendelan tanah ing Breslo kadhatengan angkatan pasakitan sami bongsa Osterik ingkang badhe kaantukaken dhateng nagarinipun, boten dangu lajeng kadhatengan angkatan Dragonder sami bongsa Litau, wonten Dragonder satunggil malih ingkang nunggil kaliyan bongsa Osterik wau, nalika prang wonten sacaketi- pun tanah Nako; awit saking kataton sanget adhawah saking kapal, kapalipun lajeng kenging kabandhang dhateng tiyang bongsa Prusen ulesing kapal dhawuk arta warninipun sakalangkung sae, panuju kapal punika tatunggilan kaliyan kapalipun Dragonder bongsaLitau ing nginggil wau, Dragonder bongsa Osterik boten pandung dhateng tilas kapalipun, sareng anyeluk namining kapal Dhariyus kapal lajeng anjepiping kupingipun tuwin ambengingeh saking bingahipun, sanalika Dragonder Osterik amireng bengingehipun kapal lajeng amurugi sarta angrangkul dhateng kapal punika, wondening kapal inggih tumunten andilati tangan tuwin rainipun Dragonder, meng- gah Dragonder wau sagedipun pisah saking kapal awit kapeksa ing kathah, sareng ngajengaken pisahan Dragonder angambungi gulu tuwin bathukipun kapal mawi ambrebes mili, wondening kapal ken- gingipun kasarehaken dangonipun ngantos sajam. ======

Wangsulanipun wigya panitisastra dhateng Danasatata. Kula sampun maos seratipun Danasatata, suraosipun suka leleresan

ing prakawis udur...... Ing mangke kula angaturaken panrima sanget dhateng Dana Satata, pamuji kula, mugi-mugi lestantuna ing salami-laminipun anglampa- haken leres, boten ilon-ilonaken saben kula kaliyan Abdulatip. Dana Satata murih kendelipun anggen kula angraosi bab kasagedani- pun Raden Panji Puspa Wilaga tuwin Raden Ngabei Ranggawarsita, dene manawi kula tuwin Abdulatip boten purun kendel, badhe salin mengsah.Punika wangsulan kula pitembungan ingkang kados punika, sayektosipun kabentaren, ewadenten kula tansah amumuji in g lestantuning wontenipun leres, awit leres punika ingkang kula upadosi. Tiyang angraosi bab kasagedanipun tiyang, punika pangra- os kula, boten wonten awonipun, anjawi manawiangraosi bab bodhon- ing tiyang, lah punika kenging kawastanan awon, leres ing ngajeng kula ragi maiben dhateng asagedanipun raden Ngabei Ronggawarsita, ananging wonten sababipun kados ingkang sampun kula pratelakaken kala rumiyin, ingkang anyariyosaken bab kasagedan wau, punika dedebongsa kasusastran, mila kalampahan kula amacak serat wonten ing Jurumartani, amargi saking boten pitados kula dhateng cariy- osing kaji. Kula punika inggih remen dhateng leres, dados condhong kaliyan sampeyan, manawi kula lepat, inggih badhe anarimah sapeyan lepa- taken amboten pisan-pisan sakita ing manah. Sampeyan ngandika, bilih sampun asring-asring apitaken utawi anedha leres bab maknanipun tembung jawi sarta kawi dhateng Raden Panji Puspawilaga tuwin raden Ngabei Ronggawarsita, lajeng ka- serepaken patitis tuwin kanthi renaning manah, punika kula boten maiben, awit bok manawi pitaken sampeyan sampeyan bab samukawis- ingkang sampundipun serepi, mila prayogi manawi sampeyan apita- kena samukawis ingkang sampun dipun serepi wau, pujongga punika rak boten sumerep dhteng kasagedan sadaya, manawi sampeyan api- taken samukawis ingkang dereng dipun sumerepi, amesthi badhe ical patitisipun. Menggah pangandika sampeyan punapa Abdulatip kaliyan wigya pani- tisastrabadhe anjajagi kasagedanipun Raden Angabehi Ronggawarsita tuwin Raden Panji Puspa Wilaga, wangsulan kula bilih Puspawilaga sampun jajag, ingkang sapisan jajagipun wau awit saking repooting pandamelipun pitembungan ingkang taksih anelakaken remenipun dhateng panggunggung tuwin gegenthungan dados boten timbang kaliyan kasagedanipun, tiyang sampun kula aturi bedhami saha panrima kok lajeng mongkok, saha amedalaken pitembungan ingkang boten kenging katumrapaken dhateng sariranipun, kula samongga ing sampeyan Mas Dana Satata, punapa kula lepat punapa leres. Raden Ronggawarsita pangraos kula sampun unggul, katitik saking dadamelanipun serat ingkang kalebet ing seratpananggalan 1866 tuwin 1867 sanadyan serat punika dereng kalebet ing dadamelanipun pujongga, ewadenten ukaranipun sae saha urut, sanes sangetkaliyan dadamelanipun serat Raden Panji Puspa Wilaga, taksih malenceng- malenceng, bok manawi awit saking sampun sepuh, dados kathah kasupenipun. Wasana kula rumaos badhe angsal bathi, manawi Raden Ngabei Rong- gawarsitalestantun karsanipun, anglimrahaken dadamelanipun serat anggitan, kados ingkang sampun kapacak wontn ing serat panangga- lan wau, dene raden Panji Puspawilaga inggih makaten ugi, kula badhe angsal bathi awit saking anggenipun anglimrahaken kojah. Katandhan Wigya Panitisastra

======Wangulan cekak dhateng anpa wigya masih ada sambungannya...... Sambetipun wangsulan kula dhateng Danasatata Mila kula boten eram dene Danasatata taksih kodheng bab panjar- waning pitembunganipun eyang kula, sabab eyang kula amung sumeja jajagi kalantipaning budi, dene wonten ungel-ungelan malih ing- kang nyameni, kados ta ingkang kasebut ing ngndhap punika: Wong Samarang pada goroh, aku kalebu wong Samarang, mulane aku iya goroh, ananging awit aku goroh, dadi wong Samarang ora goroh, yen wong Samarang ora goroh aku iya melu ora goroh, amarga aku kalebu wong Samarang. Punapa mas Dana Satatasampun dhameng pitembungan kula punika,. Mas Dana Satata gadhah paribasan malih, ujaripun makaten: Sagawon ingkang anjegugi rembulan mawi apitaken punapa kula sampun sumer- ep tegesipun, wangsulan kula inggih sampun mas, wondene maknani- pun paribasan wau, tiyang ingkang anglampahi padamelan ingkang tanpa paedah, kadosta pangancem-anceming mas Danasatatadhateng kula, sampeyan amastani, bilih kula boten sumerep tegesing paribasan wau, dados kasagedan kula kathahipun utawi agengipun namung beras saelas, wangsul rereng kula sampun dhamang, kasage- dan kula inggih taksih beras saelasananging katumpa-tumpa, rak inggih makaten ta mas, ing wusana kula badhe pitaken sababipun dene kula sampeyan tunggilaken akaliyan wigya panitisastra, punapa dede kula ingkang anjawabaken raden panji Puspa wilaga, tuwin Raden Ngabei Ronggawarsita, ngantos kawastanan cathok gawel punapa dene kula ingkang nganggep pujongga dhateng priyan- tun kalih wau, ngantos kawastanan agahan, punapa dede kula ing- kang rumaos leres anggen kula angrabat suwala akaliyan wigya panitisastra, ngnatos kawastanan Jurumaos leres, ing wusana kula katarka dhateng Danasatata, angina priyantun kakalih punika wau. Wondene bab pitembungan kula yen Raden Panji Puspawilaga mentas ing pulo Nopasembelah, tuwin sampun nate tindak dhateng tanah Prangkrik Dhitslan sapanunggilanipun punika rak saking pamireng kula kemawon, kados ingkang sampun kula aturaken, wondene anggen kula papanggiyan kaliyan raden Panji Puspa /wilaga wongten ing puspanagaran punika leres, mila kula lebetaken ing serat Jurumar- tani, boten manawi raden Panji Puspa wilagalajeng sumerep sinten ingkang gadhah tondha asta; Abdullatip, Juru Rumaos leres. ======

Panuwun kula ing Panjenenganipun wadana ingkang mangarang srat Jurumartani, serat kula ingknag kasebut ngandhap punika, mugi kersa amacak minongka atur panjurung kula. Kula aningali seratanipun Danasatata: ing Surakarta, ing serat Jurumartani; Kemis kaping 20 Dhesember 1866, ongka 51 tembung pamisah, pasulayanipun priyantun kekalih, wigya panitisastra, kaliyan Abdulatib, suraosing serat pamisah, langsung sedhep wilet kathah prasajanipun, ing mangke kula saya awas, yen priyantun Surakarta punika ; estu sami waged-waged, katawis anggenipun ngetrap ukara, sanes kaliyan karaning nagari kang amonca, boten langkung kula namung amumuji ing Subkanaula, mugi-mugi karatn dalem Surakarta, lestantunkanggenan para abdi kang tinitah lan- tip-lantip ulah kasusastran, punika andadosaken luhuring karaton-

dalem gusti kula ingkang sinuhun, lajeng ssusuhunan ing Surakar- ta, nyata teksih wonten tandhanipun tilasing ratu binathara, ing jawa, dene Danasatata ing Surakarta, pepantesipun kala tembung anak utawi putu, emperipunsami pikantukipun ing kalih-kalihipun, kula dongakaken anak kula Danasatata ing Surakarta, mugi-mugi gusti Allah amantuwa; lepasing galihipun. Ing dhusun Banggala: tanah Mataram Akad kaping 15 ruwah Alip ongka 1795. Katandhan urut saking nini, canggah Raden Tumenggung Purwawinata, ing dhusun Banggala, tanah Mataram, Pawaga ======

Mugi kapacaka ing serat Jurumartani Awit saking karsa dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan, andha- wahaken pamrayogi namaning serat Jurumartani ing mangke kawang- sulna nama serat Bramartani malih, amargi Jurumartani punika ing tembe badhe wonten para Bendera pangeran ignkang anama makaten. Ing Surakarta kaping 23 Dhesember 1866 Katandhan Raden Angabei Ronggawarsita. ======Sarehning aksaranipun ageng ingkang mungel: Bramartani punika kedah kadamel rumiyin, mila ing mangke kedah badhe angentosi ing sarampungipun. Tuwan ingkang ngarang Jurumartani katandhan F.W.Winter. ======

Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang ing Surakarta kala ing wulan September 1866 ing mangke sami kaemutaken mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelasing wulan Januwari punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadi- lan. Surakarta kaping 1 Januwari 1867. Wakil ingkang nguwasani kantor lelang, katandhan tuwan H.N.H.Wilkes. ======

Serat pananggalanipun Dhegrootkolep en ko ing taun 1867, sapuni- ka sampun rampung ing pandamelipun, samangke panedhanipun tuwan Dhegrootkolep en ko dhateng para rpiyantun ingkang sami karsa atumbas serat pananggalan punika, mugi angintuna ingkang tumunten pratelanipun serat pananggalan wau Menggah serat pananggalan wau anyekapi ing pikantukipun, saha punapa ingkang kasebut wonten ing serat Nambuk meh sadaya kalebet ing serat pananggalan wau, dene reginipun satunggil amung sarupi- yah. ======

Ing tokonipun tuwan Dhegrootkolep en ko ing Surakarta, tiyang saged pikantuk atumbas: Kitab Kur'an, tetdhakan saking tembung Arab kajawekaken regi Rp,. 20,-- Serat Tapel Adam mawi kasekaraken macapat regi Rp. 8,-- Serat Panji Jayengtilam mawi kasekaraken macapat babonipun saking nagari ing Surakarta regi Rp. 6,--

======

Loterei arta kathahipun 210.000 rupiyah, minongka untunganipun asitit, amisitiyah ing Samarang, sampun kaiden dening kanjeng tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendrl, kawrat ing serat kakan- cinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 Oktober 1866, ongka 13. Loteri punika badhe kamain kadamel tigang pangkat, pratelanipun kados ing ngandhap punika; Pangkat ingkang satunggil Lot 10.000, salotipun Rp.10,-....rp. 100.000,-- Kathahing kauntungan kauntungan satunggil Rp. 20.000,-- Kauntungan satunggil Rp. 10.000,-- kauntungan gansal satunggil-tungilipun Rp. 1000,------Rp. 5.000,-- Kauntungan satus santunggil-tunggilipun 100 eupiyah ------Rp. 10.000,------Lot 1000 kalebetaken ing pangkat kalihgunggungRp. 45.000 Rp. 45.000,------kantunan ingkang kalebet ing pangkat kalih...... Rp. 55.000,--

Pangkat ingkang kaping kalih Lot 11.000 salotipun Rp. 10,--...... Rp. 110.000,-- Lot 1.000 ingkang kalebetaken ing pangkat kalih------Lot 12.000...... Rp. 165.000,--

Kathahing kauntungan Kauntungan satunggil Rp. 20.000,- kauntungan satunggil Rp. 15.000,- Kauntungan Satunggil Rp. 10.000,- kauntungan gangsal sa- tunggil-tunggilipun Rp. 1.000,-- ...... Rp. 5.000,-- Lot 500 ingkang boten kawedalaken ing pangkat kalih, dados gunggung sadaya...Rp. 60.000,------Kantun...... Rp.105.000,-

Pangkat ingkang kaping tiga Lot 500...... Rp.105.000,-- Kathahing kauntungan kauntungan satunggil .....Rp. 40.000,-- Kauntungan satus satunggil- tunggilipun Rp.100,-- Rp. 10.000,-- Ganjaran kalih satunggil- tunggilipun Rp.1000,-.....Rp. 2.000,--...Rp. 52.000,--

Yatra ingkang kadamel ambayar prabeya

konjuk ing kangjeng Gupremen, saha wragading loterei, punapa malih ingkang minongka kauntunganipun ositit Amisitiyah gunggung sadaya...... Rp. 53.000,--

Menggah dinten pamainipun loterei ing tembe badhe katamtokaken pamainipun wonten ing Samarang, katingalan ing ngakathah, dene pamainipun loterei ingkang pangkat kaping tiga punika sasampuning rampung anggenipun mainaken loterei pangkat kaping kalih elet kawanwelas dinten. Keuntungan loterei kenging katampenan sampunipun loterei sapang- kat-pangkatipunkamain elet kawanwelas dinten, boten mawi kacowok, dados atampi resik, dene ingkang badhe ambayar kauntungan tuwin ganjaran, punika tesaurriring sositit: Amisitiyah. Sinten ingkang badhe tumbas lot, punika saged pikantuk abayar kenceng saking para tuwan ingkang kasebut ing ngandhap punika: Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris Ing Batawi, Tuwan Simon Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem Ing Sujrakarta, Tuwan P.W.G. Gaut Ing Samarang Tuwan Wermut en ko Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem Ing Samarang Tuwan D,Grunepel Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko Ing Samarang Tuwan Susman en ko Ing Samarang Tuwan Tuf en ko Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe

Awit saking Asmanipun Dhireksi katandhan tuwan Brumsetedhe, sekretaris.

Angka 2, 10 Januwari 1867 Pawarts warni-warni Ing dinten punika tanggal kaping 27 wulan Dhesember taun 1866, wanci enjing Kanjeng Tuwan Mister P.Meyer, ingkang kakula wisudha dening kanjeng maharaja ing nagari Walandi dados gupernur Eneral sampun rawuh wonten ing Betawi, mawi kaurmatan dados adat kang sampunkalampahan. Benjing-enjing kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur Eneral bahde wiwit angasta panguwasa ing ngatasipun tanah Indiya Neder- lan mila paprentahan ageng amedalaken serat undhang kang kasebut ing ngandhap punika. Undhang-Undhang. Sakehe kang padha nyekel paprentahan apa manah para priyayi lan sarupaning wong padha kaparingan weruh, yen besuk ing dina Jumun- gah tanggal ping 26 sasi Dhesember taun 1866, wayah esuk jam sapuluh, panguwasa ing ngatase tanah Indiya Nederlan bakal kapas- rahaken marng kanjeng tuwan ingkang wicaksana Mister, P.Meyer, kang kakula wisudha dening kanjeng maharaja dadi gupernur Eneral, swuse kalakon pasrahan panguwasa mau, wayah jam satengah sawelas kanjeng tuwan gupernur Eneral karsa anampani ana kadhaton ong Bogor sakehing panyuwune wong, kang bakal kaaturake ing sakawit kanjeng tuwan gupernur Eneralangasta panguwasa mau. Betawi ping 26 sasi Dhesember tahun 1866. Katandhan Algemen Sekretaris Tuwan Watendhoref. ======

Kala kaping 29 wulan Dhesember taun 1866 ing Samarang angadegaken peken kewan kathahing kewan ingkang sami kabekta dhateng peken wau warni: Kapal...... 66 Menda Jawi...... 97 Lembu tuwin pedhet....59 Menda gembel...... 4

Kewan semanten punika ingkang pajeng kasade warni lembu tuwin pedhet cacah 17 sanesipun punika boten kasumerepan. Adegipun peken kewan wau sanadyan saweg tapak sapisan sampunkenging kawas- tanan prayogi, nanging para tiyang dereng mangartos leres bab bedanipun asade kewan mawi katingal ing kathah kaliyan asade kewan ing sabibaring peken. Bab adegipun peken kewan punika sakinten ing saben tigang wulan sapisan badhe ajeg kalampahan sarta badhe andugeni ingkang dados pangajeng-ajeng langkung saking kala adegipun sakawit. ======

Kala tanggal kaping 10 wulan Dhesember taun 1866 kanjeng tuwan Hertoh Fanpentiye Frelalana dhateng ing tanah jawi, mawi tedhak dhateng Kedhu, wonten ing ngriku eraming galih aningali candhi warni-warni, tuwin candhi ing Barbudur, kanjeng tuwan Hertoh amaringi gambar sorot satunggil dhateng bupati ing Magelang. ======

Kala tanggal kaping 20 Dhesember, kanjeng Tuwan Hertoh van Pen- tiyepre rawuh wonten Samarang, wanci sonten lajeng tedhak dhateng dalem paresidhenan ing Bojong, anjenengi pasowanipun para Welan-

di, ingkang sami ngalempak wonten ing dalem paresidhenan wau angurmati rawuhipun kanjeng tuwan Hertoh, sareng tanggal kaping 22 Dhesember kanjeng tuwan Hertoh amriksani sawarnining padamelan ingkang kangge lampahipun kareta asep. ======

Pawartos saking Samarang anyariyosaken kados ing ngandhap punika: Ing nalika tanggal kaping 19 wulan dhesember ingkang kapengker punika, watawis pukul kalih siyang, kapitanipun baita kapal asep ingknag nama: Minister Pansetatrohinsen mentas dhateng saking Surabaya, sanadyana ing dharat anginggahaken bandhera biru, minongka tondha bilih sapinggiring saganten prenah celak ing sawanganing lepen angumawatosi, kapitan punika purun angedhunaken sakeci saking baita kapal katumpakan ing mtrus kathah tuwin tiyang estri saha rare satunggil badhe dhateng ing darat, sareng dumugi ing panggenan ingkang nguwatosi wau, baita sakecinipun lajeng kuwalik amangkureb, kapitan tuwin para matrusipun wulujeng saged mentas ing dharat amargi saking sami saged anglangi, saha toyaning panggenan ing ngriku lebetipun amung 6 kaki. Sasampunipun para tiyang wau dumugi ing dharatan boten aningali tiyang estri kaliyan anakipun, tumunten kapitan aken malik baita sekoci ingkang mangkureb wau, sareng baita sekeci dipun walik para tiyang ing waktu punika sami sakalangkung gumunipun, dene tiyang estri kaliyan rare wau sami medal saking sangandhapig baita, kadasosanipun sami wilujeng. ======

Pasindhen lagu Winner lan Seblut

Marwata suta tyas amba, Myarsa wartosipun, Paduka kang wicaksana, Kanjeng tuwan sampun, tedhak ing nagri Betawi, Nampani panguwasa, wisesa grinarapati, Nederlan nagrinya.

Kami purun amba atur, sugeng myang panyuba, mring pada paduka sang luhur, kang sapindhahira, sugenging rawuh paduka, kaping kalihipun, ing taun baru punika, gantos taun sampun.

O, Gusti Allah kang mmugi, paringa kamulyan, mring susulih ing sang aji, tuwin karaharjan, ing pangastaning parentah, laladan indiya, angayomana sakathah, ing kawulanira.

Adiling kang wicaksana, sung bungah sadarum, wadya lit entheng kartyanya, resep pra priyantun,, cacalonmantri bupti, kapatrapan- ing wajib, baut ing tembung walandi, jawi tanpa sisip.

Angathahna pamulangan, pamerdining budi, daya mring pra neneman, ing satanah jawi, benjang yen kundur paduka, mring nagri pribadi, sampuna ganjar mring amba, labed kang utami, iba nusa jawi genya, rumongsa atampi, supangad myang nugrahan- nya, kang tanpa upami, saking paduka kajeng tuwan, benjing asma- nipun, pinuji tanpegad klawan, prakawulanipun. ======

Ing serat Jurumartani angka 52, kula nyumerepi wangsulan sampeyan

mas Abdulatib kula sampeyanwastani sumber badhe tumandang ing jurit lawanan kaliyan sampeyan tuwin wigya panitisastra. Punika sampeyan ragi seli serep dereng wameng ingkang dados pikajengan kula, yektosipun kula naumung gadhah pamrih angandelaken udur sampeyan kaliyan wigya panitisastra, ingkang bubukanipun meal sking patrap sampeyan sakaliyan, angraosi bab kasagedanipun pujongga raden Panji Puspa Wilaga, 2, Raden Ngabei Rongga Warsi- ta, mawikapacak wonten serat Jurumartani akanthi asembranan pangerang,erang, sanesipun kula amesthi kathah ingkang badhe murinani, sabab kasagednipun pujongga kakalih wau boten sok tiyanga ingkang gadhahi wila kula purun amestani mekaten sasumer- ep kula ing nagari Surakarta kathah ingkang sami sudi ameguru utawi pitaken bab tegesing tembung dhateng pujongga kakalih punika. Wondening kula piyambak sanget lumuh ing paben ingkang boten wonten paedahipun ananging yen kula kameksa tumandang ing jurit nuhun saking pangestu sampeyan Mas Ngabdul inggih kadugi anglampahi, awit saking sebut sampeyan i, i, i, iya jagad dewa bathara, kula anyuwun sumerep rumiyin sampeyan punapa trahipun tiyang bongsa Hindu, utawi punapa sampun nate anggauta dados dhalang, dene kok saged angandika i, i, i, iya jadat dewa batha- ra, manawi sampeyan tedhak bongsa hindu mugi wontena karsa sam- peyan ambelakaken dhateng kula, amesthi kula sakalangkung ajrih apaben kaliyan sampeyan bok manawi sampeyan ing ngajeng sampun anglampahi dados pandhita, juru nujum tuwin juru tenung ingkang smi sugih mantra, saged adamel cilakaning ngagesang. Bilih sampeyan taksih kekah ing karsa andugeni pikareman sampeyan anglajengaken anggen sampeyan pangen boten seja mundur sajangkah, lah bok inggih sampeyan lampahi, ananging lami-lamining dinten yen sampun boten wonten tiyang ingkang purun angladosi pikareman sampeyan wau, sampeyan mugi sampun rumaos manawsi unggul ing jurit nanging rumaosa yen sampeyan dipun ewani ing kathah. Bab pamundhut sampeyan kula anyaosana pitembungan ingkang sae- sae, sasaminipun ingkang sampun kauningan ing sampeyan mila medkaten sameyan ngaken remen sanget ing pitembungan wau, sarta sampeyan ngaken boten sumerep dhateng tatakrama, nuhun sewu duduka sampeyan kula mopo, sabab kula punika dede guru, sarta sampun anyipta, anggen sampeyan ngaken boten gadhah ingon-ingon pitembungan sae punika, rak namung sengadi kemawon mung kayak- tosipun pitembungan sae ingkang saking kula, sampun dumunung wonten sarira sampeyan sadaya, boten saged sirna salaminipun bilih sampeyan dereng dhumawah ing babaya. Pangandika sampeyan rumaos ginanjar begja kamayangan awit sampey- an sampun manggih sarat amurih kendelipun mengsah sampeyan wigya paniti sastra, rumaos sampeyan mekaten punika sapa mireng kula julig ing pangen kathah paitanipun kng minongka dedamel wahland- hep kalamipun sadaya kang kinarya boten nyambat ing liyan yen dados sasawung abenan sae olah gebagipunyen dadosa jangkrik meh kenging kawastanan caleleng, ewadenten kula kedah -kedah, anga- turi pamrayogi dhateng sampeyan Abdul, saderengipun sampeyan anglegani pikareman sampeyan paben kaliyan tiyang kathah, mugi karsaha emut rumiyin dhateng pitembunganipun utawi ungel-ungelan ngandhap punika, 1. sing sapa mung makolehake awake dhewe, mung sathithik bungahe, dene bungah sathithik iku kalebu kang luwih remeh, 2. sing sapa agawe guguyon marang wong wicaksana lan marang wong becik iku wong ambabayani, malah anyayela marang

kautaman, 3. sing sapa duwe karepan akanthi duga lan watara , sathithike etunge kang ora katekan dene kang ngongsa-ongsa, ngadat ora katekan kekarepane. Kula sampeyan wastani kalebet wiwicaling tiyang ingkang dereng nate dipun alem ing kathah, kula inggih narimah, anggeripun boten dipun sengiti agengipun kaewanan ing kathhah, kados calon ing ngatasing sarira sampeyan, kauningana ing sampeyan Abdul kula punika namung anetepi wuolang ingkang ungelipun mekaten: Manari- ma iku rasa kang aqbungahake ati, wong kang weruh ing panarima, iku anglakoni wajibe, lan sinihan ing akeh. Kula temen boten gahah pamurih, supados sampeyan angalem aku kucing, segawon wah kuldi kula, sababkang sapisan kula boten gadhah ingon-ingonwawerni tiga punika, kang kaping kalih mindhak kula nyuda pangalem sampeyan dhateng sarira sampeyan piyambak, wondening manawi medal saking karsa sampeyannpiyambak badhe sudi angalem dhateng kewan kang dados ingon-ingon kula ing waktu sapunika, sumongga linampahana, kula inggih jumurung sanget nanging kula kalilana matur rumiyin ingon-ingon kula namung warni babi sajodho, sampun sami jemagar wah lema-lema, menggah rerepen keng badhe sampeyan pangandikakaken lah punika masa boronga ing sampeyan iba bingah kula yen kalampahana, wah iba lila kula, yen sampeyan krasaha angedhapi ulamipun babi wau, amesthi salah satunggil lajeng kula pragat sakal. Wulang sampeyan dhateng pun thole Dana Satata, bab angulur, angulir pikir sapanunggilanipun kula alem sae, alus muratipun boten sok tiyanga jawi ingkang mangartos leres awit punika saking panglaras kula papethikan utawitatedhakanipun wulang ingkang kasebut wonten ing buk Welandi, sanadyan kula inggih mangartos ugi muruting wulang wau, nanging kula boten purun anglairaken dhateng sampeyan pun bah Abdulatib amargi sampeyan sampun kadu- nungan cacad amemaoni, tuwin kagungan bendana utawi meda angalem saeira wah kasagedan sampeyan piyambak wondening tandanipun yen kula mangartos ungeling wulang sampeyan kasebut ing salajengipun serat punika. Sarehningpun embah Abdul saged paparing wulang, bok inggih engeta dhateng wulang ingkang dipun lampahikang wayah pun thole Dana Satata, ungelipun makaten: 1.aja ngambah marganing wong ala, balik ngambaha marganing wong adil awit marganing wong ala anuntun marang karusakan nanging marganing wong ngadil anun- tun marang kabungahan, 2.Aja kukumpulan tuwin padon karo wong lonyot lan ngambah margane, di becik pangrengkuhmu marang saru- paning wong, amesthi kowe bakal disihi ing ngakeh. Anggen kula ngaturi cangkriman kewalan wah malih paribasan boten tayen kula bahde angabaraken kasagedan kados pangandika sampeyan yektosipun namung sembranan kemawon tiru-tiru ing sampeyan dene karsa amundhut jarwanipun kucing bututipun tiga, sarta amaringi paribasan, segawon ingkang anjegugi kumandanging jegugipun, sarehning cangkriman kula kang sapele sampun sampeyan uled kados gulali, sumongga kula ngaturi calon uled-uledan malih, 1, wonten reca nedha kajeng, 2, wonten kacang doyan lo, wondening manawi sampeyan karsa ngulur, ngulir pikir, angrakit pamimikir, amleter karosan kang ngantos angrengkakaken rodha, saha angrentengaken ambenan, lah cangkriman kula kakalih ing ngandhap punika mugi sampeyan batang, yen sampeyanboten angrasaya ing liyan agengipun dhateng embah jengandika kyai kereta, ingkang sampun katawis saged ananging taksih karem ing bebanyolan pangrakitipun adamel

gumujenging tiyang, bok ngantosa notog angen-angen sampeyan tuwin kulit sampeyan pisah saking ing daging, amesthi sampeyan badhe boten saged anjarwani cangkriman kula wau, ungelipun makaten: "Sinom" Panunggalaning tuwuhan asring kinarya usadi, catur lingga wasta- nira, ingkang kakalih ing ngapti, yen pisah andarbeni, teges rangkep miwah putung, dene kang kalih lingga, sakantuninira ing wuri, wastanipun tos-tosanjroning sarira. "Sarkara" Wastanira kori geng myang gendhing, lan wastaning wastra adiwar- na, catur lingga aksarane, yen pisah kalih ngayun raning palaka mendhem tuwin warnining gogodhongan dene iongkang kantun kakalih lingga ing wuntat, wastanipun sekar setagonda miwing, kangge ing ngestri priya, pun Abdulatib sasampunipun maos cangkriman kakalih punika, amesthi lajeng lenger-lengermawi anyebut i, i, i, iya jagaddewa bathara. Menggah pandangu sampeyan punapa sababipun sampeyan kula tunggi- laken kaliyan wigya panitisastra, nuhun kula kalilana matur, mila makaten awit anggen sampeyan anjawabaken Raden Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawarsita, suraosipun mawi kanthi sembranan saemper nunggil wanah kaliyan wigya panitisastra, anggenipun sami amacak seratw onten ing jurumartani, kang manggepoken pujongga kakalih wau, sarehning den Panji Puspawilaga anggenipun anyukani panjurung cariyos wontening serat jurumartani, boten medal saking pikajenganipun piyambak amung amiruti pamrih ing prasobatipun mongka saupami cariyosipun wau dipun anggendora utawi dipun sume langing ing liyan leresipun ingkang dereng pitados punika, bilih sumerep temen dhateng tatakrama jawi, amesthi kedah miterang lanteran serat iber dhateng ingkang medalaken cariyos masata lajeng angundhat-undhat kalawan pitembungan saru, wahkanthi sembranan sadaya sami kalebetaken wonten serat Jurumartani, ingkang kawaos ing kathah,kula punika pitaken punapa kalepatani- pun pujongga kakalih wau, dene dipun damel gugujengan wongten ing Jurumartani, kula eram sanget kok kados ing ngalam dunya sampun boten wonten criyos utawi wuwulang ingkang peni-peni malih, mila ingkang sami maiben ing kasusatrasanipun Raden Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawarsita, sami kula aturi emut ungel-ungelan kang kasebut ing ngandhap punika, 1, wong celathu goroh sawiji, ora mikir angeling gawene, awit kapeksa anganggit goroh rong puluh engkas ginawe angukuhake siji mau, 2, wong kang murina ngarang sempuluring liyan tuwin sumedya anyirnakake begjane, iku aran wong jail sarta nistha. Sampun mas Abdulatib kula kalilanana aso sawatawis dinten rumiy- in awit kula badhe kesah gegramen dhateng nagarti ngamonca, boten kok namung amendhet paben ingkang boten wonten asilipun, wonden- ing yen sampeyan taksih karsa amangsuli serat kula punika, inggih kalampahan, sampun mawi angantosi sadhateng kula saking gegramen sabab kula sampun ameling dhateng sadherek kula jaler anem kakalih, awasta adiwarna, 2, sarjana, sami kula purih anadhahi badhe wangsulan sampeyan ing ngatas serat kula punika sampun ngantos mundur sacengkang. Katandhan Dana Satata. ------Panuwun kula ing panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jumartani,mugi karsaha amacak serat kula punika, supados aneangna

kalintuning panampinipun ingkang nama: Pawala, dhateng suraosing seratipun Danasatata ing Surakarta, punapa malih supados anyumer- epna bab katlajuking panyeratipun ingkang nama; Pawala, pratel- anipun kados ing ngandhap punika: Ingkang nama Pawala, amastani, manawi suraosing Seratipun Danasa- tata punika pamisah ing sulayanipun wigya Panitisastra kaliyun Abdulatip, malah suraosing serat wau kawastanan sakalangkung sedhep wilet kathah pra sajanipun, punika kula badhe apitaken dhateng ingkang nama: Pawala, ungel-ungelan ingkang pundi kawas- tanan pamisah wau, pangrraos kula piyambak boten wonten ingkang mungel pamisah, sampeyan kalintu ing panampi mas, seratipun Danasatata wau ingkang rumiyin mungel bab anggenipun angiloni dhateng Wigya Panitisastra ing pabenipun kaliyan Abdulatip, amargi saking sampun dados leresipun, dene suraosing serat ing- kang wekasan amurinanira den Panji Puspawilaga tuwin Raden Ngabei Ronggawarsita, ing mangke kula sumongga ing para priyantun ingkang sami maos serat Juru Martani, kados pundi anggenipun badhe anggalih bab suraosing seratipun Dana Satata, punapa maka- ten kados atur kula punapa boten. Ingkang kaping kalihipun ingkang nama: Pawala, wicanten makaten : "Kula saya awas yen priyantun Surakarta punika; estu sami waged- maged, katwis enggenipun sami ngetrap ukara, sanes kaliyan uka- raning nagari kang ngamonca, . Pangandika sampeyan punika katla- juk mas, manawi makaten kados pangandika sampeyan, dados boten wonten para priyantun sanes nagari ingkang saged angetrap ukara kados priyantun ing Surakarta ingkang waged waged wau. menggah anggen sampeyan amastani priyantun Surakarta sami waged, punika kula inggih andherek, ananging sampun mawi adamel rengeting galihipun para priyantun ing nagari ngamonca, manawi kula piyam- bak ingkang sampeyan wastani boten saged angetrap ukara kados priyantun ing Surakarta, ingkang nama Puspawilaga, kula amesthi boten sakit ing manah, awit kula sampun dhamang sanget dhateng kawontenaning kasagedanipun Puspawilaga wau, sanadyan ingkang nama Puspawilaga asantunanmakaping seket ing dalem sadinten, pamanah kula lajeng katawis kemawon saking suraosing seratipun ingkang palenceng-palenceng, sapunika kula anjarwani nama: Pawa- ga, saestu boten lepat, kdosta: Pha, punika: Puspa, wa, wi, ga, dados jangkepipun: Puspawilaga, lah kacandhak cinane gundhulan. Ingkang punika Mas Pawaga, manawi sampeyan kenging kula rembagi, sampeyan ing tembe sampun purun-purun amangsuli serat ignkang kapacak ing Jurumartani, saderengipunsarat sampeyan wau kapinto- kaken dhateng Danasatata, mendhak wangulan sampeyan badhe dados gagujenganing ngakathah, paribasanipun makaten: "dudu berase kok ditempurake, kula amrayogegaken, bilih sampeyan adamel kojah kemawon kapacak ing Juru Martani, Punika wonten pikantukipun, kojah sampeyan rak sampun kathah, kadosta: Kojah bayapethak, candhi maling sapanunggilanipun, punika kemawon sampeyan lajen- gaken. Wasana sampeyan badhe tembung anak utawi putu dhateng Danasatata ingkang sampun amurinani sampeyan, punika kula anjurungi ing karsa sampeyan, malah sakalangkung prayogi, manawi sampeyan kagungan putra estri, utawi wayah estri, pun Danasatata lajeng kapendheta mantu pisan. Katandhan Wigya Panitisastra. ======

Kula ningali ing serat Juru Martani angka 52, seratanipun Wigya Panitisastra ing kudus, tembung angikal paben masang drigama, mara priyantun ageng alit kang sami tampi serat Juru Martani, sadaya sami mirsani, saseratanipun wigya Panitisastra, ingkang wiwitan pitaken bab Candhi Maling, pitakenipun punika, punapa boten kenging dipun wastani pitaken degsura wadag ruwag-ruwag, kanejng Gupermen Walandi, ingkang ngasta OostmIndhi sadaya, menawi wonten perlunipun kersa andangu dhateng satunggal tiyang, boten kalayan tembung degsura mekaten, suprandosipun Wigya Pani- tisastras, masang Drigama, anggenipun pitaken punika, kaagem tembung sae manis arum, sarta sakathahing tiyang, dipun wastani repot lan cotho, namung "WWigys Panitisastra piyambak ingkang punjul ing sabumi, ngepak kasagedaning tiyang kathah, pangakeni- pun boten nedya kagungung tiyang, namung nedya leres, pangraosi- pun punapa Wigya panitisastra piyambak kang nedya leres yen tiyang Surakarta: sami boten nedya leres pon sak jam pakunjaran Surakarta kebek tiyang boten leres kawewahan malih pakunjaran ngantos sak pal panjangipun, meksa kirang panggenan , O sanadyan tiyang nedya leres yen ngangge leresipun piyambak boten mupakat ing kathah, punika kala ratu kula teksih ngasta kukum, tiyang kang ngangge leresipun piyambak wau, kukumipun kabesmi, sak jus kaliyan tiyang kang ngaken Mukamad hakiki, sarehning wewangsul kula dhateng Wigya Panitisastra, sampun kula kancing; kula titi- mangsani, samangke masang ngadrigama; kados bethet sewu, kapacak ing Jurumartani, sampun boten angsal wangsulan malih saking kula, awit ing ngajeng kula ketambetan dhateng Wigya Panitisastra, kula wastani tiyang jawi nunggil agami kula Mukamad, ing mangke sra- patipun kula lalaras laras kang asring-asring kasebutaken ing tembung, Alapuru, Bugis, tetelanipun dhasar Bongsa Alapuru, dede bongsa jawi, mongka yen Alapuru punika boten gadhah agama, namung drigama kang dipun sungkemi, mila pirembag utawi kawruhipunboten saged ceceg kaliyan bongsa jawi agami Mukamad, para priyantun- kang sami anjawab saseratanipun Wigya Panitisastra, kula mriyogegaken kula kapurih sami kendel, dipun jawab ngantos sadasa taun laminipun, mangsi saged darujuk utawi ceceg kawruhi- pun tiyang Alapuru; kang tanpa agama; namung drigama kang pina- sang ing wewangsul wah pitembunganipun kotor, delasan taikapacak ing jurumartani wraksa candhaga, dileh wreksa tai, mong kajuru martani punika, kang maos para ageng sapulo jawi, punapa boten saru; dipun trapi tembung kotor-kotor, yen kula daados saleter sete, boten kula pacak wonten tembung kotor mekaten inggih tiyang Alapuru, satus taunmangsi cecege; tembungipun kalih tembung jawi, sanes kados bongsa Walandi, agaminipun kristen, bongsa jawi, agaminipun Mukamad, kalih-kalihipun sami gadhah agami, sabarang kitabipun karujukaken kaliyan kitabipun tiyang jawi; lan tembung walandi: cecek sadaya, mila wonten Woordenbook tembung jawi: lan tembung Walandi, tembung Wlandi, kacecekaken kaliyan tembung Alapuru, boten ceceg, awit tiyang Alapuru tanpa agami, amung drigama kang den ulah, yen tembung alapuru ceceg kalih tembung Walandi, temtu wonten Woordenbook tembung Alapuru lan tem- bung Walandi, kula dereng mrangguli; O, konca priyantun dene sami kalebetan Alapurutulen boten wonten sami mirsa, owel sanget para priyantun sami jawab-jinawab kaliyan Alapuru, wonten paribasan kalebon cina gundhulan punika namung tembung paribasan, ing

mangke para konca priyantun nyumerepi piyamba dede paribasan sami kalebetan Alapuru blerakan, angincih badhe anelasaken kathok kaliyan kemuling pujongga, inggih tiyang Alapurutanpa agama, kadi pundi enggene sumerep ing ngibarat, sumerepipun namung enggene badhe dhedhel-dhedhel kathok sak kemuling pujongga. Dene pujongga, katedha kathokipun malah kemulipun kasukakaken , punika priyantun kanca piyambak kang sami nunggil agami mukamad kula serepaken, namung kadamel ngibarad, kadosta upaminipun wonten satunggil tiyang; gadhah tembung dhateng pujongga, kula mugi sampeyan paringi berkahcarakan sastrajawi kalih dasa, supa- dos kula sageda maos seratan jawi: lan nyerat jawi, pujongga amangsuli, aku iya mitulungi kisanak ing sapanjalukmu iku, iki tampanana carakan sastra jawa rong puluh iji, ananging kisanak sanadyan kowe wusweruh rupane sastra jawa rong puluh iji iku, yen kowe ora sumerep andhangane, lan paangane, iya durung bisa sama- ca: lan anulis, iki kowe tak wehi maneh, sandhangane sastra jawa rong puluh iku, lan pasangane, malah iki tak wehi uran-uran pisan patang pada, yen kowe wus lanyah ora lali rupane sastra rong puluh mau, sak sandhangane lan pasangane, banjur lakokna ing ngu ran-uran patang pada iki, yen wus bisa nglakokake, ing kono kowe bakal bisa maca, lanbisa sinau nulis, punika priyantun konca, kang dipun ngibarataken pujongga: jinaluk kathoke: malah kemule disukakake, yen tiyang Alapuru; catho-catho boten saged ambudi, dipun westani kathok lan kemul yektos lumajeng angempet ngupadosi griya pujongga, badhe nedha kathok lan kemul, O: priyantun konca, dene sami kalebetan alapuru bleken, sumongga sami bibaran priyan- tun konca kepatos -patos nandhuki tiyang Alapuru tanpa agama, kadamel punapa. katandhan dening Raden Panji Puspa Wilaga.

Ongka 3, 17 Januwari 1867

Pawartos warni-warni Sanadyan para dhokter ingkang mulasara gerahipun kanjeng tuwan Mister A, Prines ingkang sapunika sampun kendel dados wakil gupernur Eneral boten sami anyukani pawartos bab kasugenganipun- kanjeng tuwan Prines wau, para tuwan ingkang ngarang serat kabar ing Samarang ugi anampeni pawartos saking para sobatipun ingkang ami acariyos bilih kanjeng tuwan Prines anggeniipun karsa tirah siram wonten panggenan anama Sisepan punika boten andadosaken mendhaning gerahipun, mila pamrayogining kathah, Kanjeng Tuwan prines mugi karsaha atedhak dhateng tanah Eropah, anitiha baitas kapal ingkang mawi layar, supados gerahipun sageda senggang, mekaten ugi pangajeng-ajenging kathah para dhokter ingkang mulasara gerahipun Kanjeng Tuwan Prines mugi sami angaturana pirembag dhunmateng Kanjeng tuwan Prines supados karsaha atindak dhateng tanah Eropah sabab pandugining kathah, namung punika ingkang badhe andadosaken jalaran waluyaning gerahipun kanjeng tuwan Prines. Wonten pawartos manawi leres Kanjeng Tuwan Prines anggenipun karsa tirah dhateng tanah Eropah sampun kalampahan kala tanggal kaping 8 wulan Januwari punika. ======

Kala tanggal kaping 28 wulan Dhesember, taun 1866, ing griya panggenanipun para tiyang kamlaratan prenahipun ing Portlanmaine tanah ing Amerikah, wonten tiyang estri pejah anama Karolinah Brewer, umur pitungdasa taun, tiyang estri punika salaminipun kapulasara wonten ing griya wau, ngantos ing dalem tigangdasa gangsal taun boten nate wicanten sakecap, menggah sababuipun nalika taksih anem agadhah pacangan sampun dipun tisnani ananging boten saestu dados jodhonipun mila wiwit kala semanten lajeng gadhah kaniyatan ing salaminipun badhe boten purun wicanten sakecap malih. Wondening kaniyatanipun makaten punika inggih dipun lampahi ngantos duugi ing sapejahipun. ======

Pamanggihipun tiyang ing tanah Amerika

Pambudining titiyang ing tanah Amerikah dhateng Taberen tuwin kawruh boten wonten wekasanipun, wonten Welandi satunggil anama tuwan Aspi, griyanipun ing Sinsinati, ing sapunika amanggih akal saged damel tumpakan gana kapal mawi kapirantosan bekakas sarta angeram-erami sayektos sakinten badhe kangge gagentosing kapal satemenipun, tumpakan gana kapal p[unika ageng inggilipun anyame- ni kapal salugunipun saged ebah awit kapirantosan pirsa watawsis sarta andugeni pikajenganipun ingkang anumpaki, kenging kalampa- haken tamban kajojogaken utawi kacongklangaken , wondening ing- kang numpaki namung amenet pirsa tunggil. Tumpakan gana kapal wau saged angebahaken matanipun anjepipingaken kupingipun tuwin saged nyuwara bengingeh, wah malih wonten piripun salah satunggil ingkang nyawabi kapal punika saged dipun ngelangi. Ing waktu sapunika ingkang pancen saged gadhah tumpakan gana kapal wau, namung para tiyang ingkang sugih, sabab tuwan Aspi anggenipun pamanggihipun tumpakan wau, anelasaken wragad kirang

langkung Rp. 26.000,--, punika kajawi saking berahan pandameli- pun, ananging pangajeng-ajengipun tuwan Aspi, ing tembe wragad semanten wau sageda suda kang sapalih. Tumpakan kang aeng maka- ten punika badhe katingalaken ing kathah wonten panggenan angge- laraken samukawis ing tanah Paris, menggah paedahipun tiyang kang gadhah tumpakan wau, bathi boten angingoni, boten susah nginguga- mel wah saged anurunaken dhateng para waris. ======

Wangsulanipun Dana Satata dhateng Wigya Panitisastra Kula sampun sumerep wangsulan sampeyan Mas wigya, ingkang kawrat ing serat Juru martani ongka 1, smpeyan amestani yen pitembungan kula: badhe salin mengsah: punika kabenteren dados rujak kaliyan pangintenipun Abdulatib mila ngantos kalampahan kala sulaya kaliyan piyambakipun, kula piyambak sayektosipun boten niyat mengsahan kaliyan sampeyan utawi kaliyan Abdulatib ing ngatasi- pun prakawis ingkang tanpa maedah, wondening pamrih kula namung amisah anggen sampeyan paben kaliyan Abdulatib, Mengggah pitem- bungan kula: badhe salin mengsah, punika sampeyan mugi sampun tumut seling serep, pikajengan kula mekaten: sapa mireng kula kathah ingkang murinani dhateng pujongga Raden Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawarsita, lah tiyang kathah punika ingkang badhe nglawan udur kaliyan sampeyan tuwin Abdulatib sesamenipun sumanggeng karsa, den lara item tuwin tanpa wigya. Kula ragi kodheng ingkang dados karsa sampeyan dene kula sampeyan purih apitaken dhateng pujongga kakalih wau bab samukawis ingkang dereng dipun sumerepi, ingkang ngatasipun kasusastran jawi tuwin kawi pujongga sakaliyan punika amesthi ngungkuli kula, tuwin sampeyan wah Abdulatib dados sadaya ingkang dereng dipun sumere- pi ing pujongga wau, kula, sampeyan tuwin Abdulatib tantu dereng sami nyumerepi ugi, sarta badhe boten saged apitaken, menggah samukawis ingkang sampun kaserepan dhateng pujongga kakalih punika, kula, sampeyan sarta Abdulatib sampun pesthi taksih sami katilapan. Mas Wigya Panitisastra sasampunipun angandika, bab jajaging kasagedanipun Raden Panji Puspawilaga, wah repoting pandamelipun pitembungan wonten malih poyokanipun kados kang sampun kasebut ing serat Juru Martani, Mas Wigya lajeng mawi andangu dhumateng kula, punapa Mas Wigya lepat punapa leres, ingkang punika kula matur satemenipun ananging sampun kagalih bau kapini saha sampun andadosaken seling serep utawi duduka sampeyan menggah atur kula kasebut ing ngandhap punika: Wontenipun saben kang manggepokan Raden Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawarsita, sampeyan ingkang miwiti, bubukaning pitaken sampeyan dhateng Raden panji puspawilaga, akandthi pitembungan ingkang nyerikaken manah, cekakipun makaten: sampeyan amestani utawi anginten yenn cariyos bab candhi maling, punapa pethikan saking serat Alapuru, utawi serat Bugis manawi sanes punika, punapa anggitanipun Raden Panji Puspawilaga piyambak angsal saking anggenipun supena, salajengipun sampeyan angraosi bab asagedanipun Raden Ngabei Ronggawarsita, prasasat maiben jalaran saking kojahipun stunggiling kaji, ingkang ngaken sampun nate papanggihyan kalih raden Ngabei Ronggawarsita, sarta dipun dongengaken andhe-andhe lumut uthak-uthak ugel mawi rinengga ing tembung kawi.

Kula eram sanget dene sampeyan sareng mireng kojahipun kaji wau, lajeng amradinaken pitaken wonten serat juru martani, mawi angina ing kasagedanipun Raden Ngabei Rongga Warsita. Sampeyan piyambak sampun ngaen remen amarsudi ing kasusastran wah sampun nate maaos sawarninipun serat Jawi kawi, punapa inggih yen sam- peyan dereng ngasumerep manawi andhe-andhe lumut tuwin uthak- uthak ugel wau dongengipun lare alit sampun mokal bilih wontena pujongga ingknag ajeng negesi ing tembung kawi. Sarehning Raden Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawarsita genah padununganipun wonten nagari ing Surakarta, mongka sapeyan dereng natepitepangan kaliyan priyantun kakalih punika, anggen sampeyan macak seratwonten ing Juru Martani punapa sampeyan galih prayogi, patrap sampeyan makaten punika sasamenipun angupadosi tiyang durjana utawi tiyang nyabut ingkang sami miruda, sarta boten genah pakendelanipun, leresipun sampeyan ing ngajeng akintuna serat iber kang sae pitembunganipun amesthi sampeyan angsal bathi kang medal saking sakawontenaning kasagedanipun pujongga sakaliyan wau, Ing mangke panimbang kula, ing ngatasipun prakawis puka ingkang kalepatan sampeyan ewa dene kala inggih anymanggakaken ing panimbangipun titiyang sanes. Aliya punika kula badhe matur sakedhik malih, sareng mas wigya sampun mavcak sea wonten Juru M artani, wonten tiyang ingkang api-api anjawabaken Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawar- sita, inggih punika pun Abdulatib ananging panjawabipun kanthi sembranan katawis saking anggenipun nyariyosaken balemaning nagari kang sami kaambah dhateng Raden Panji Puspawilaga, tuwin amaning pulo entasipun panji wau, punapa malih bab anggenipun papanggihan wonten kapung Puspanagaran, sadaya punika kula purun mestani dora, sabab Raden Panji Puspawilaga kala rumiyin namung dhateng nagari Eropah antukipun ngajawi wilujeng, temen raden Panji punika sampun nate dhateng kampung Puspanagaran nanging mertamu dhateng swargi Raden Tumenggung Puspanagara, boten - teng griyanipun tiyang alit ingkang asring dipun sabani Abdulatib saben bahde abdugeni pikajenganipun ingkang saruyen kawedarna wonten ing Juru Martani. Ing wusana pangajeng-ajeng kula, Mas Wigya Panitisastra, 2, Mas Abdulatib mugi sami karsaha anglampahi papelingipun kang embah ing kereta, kasebut wonten serat juru martani ongka 1, kula piyambak inggih rumaos sakedhikdamelipun bilih tiyang paben namung rebat leres kang boten wonten paedahipun, menggah kyai Kereta anggenipun mangemper-emper sumenanipun Raden Panji Puspa- wilaga, punika boten kula manah leres utawi botenipun kula namung anggadhahi panginten manawi kyai Kereta, sanadyana sampun yuswa sepuh, watekanipun remen bebabolan dene katingal saged angathik- athik ingkang damel gujengipun ing tiyang. Kula piyambak inggih purun angaturi panjurung wulang, dhateng kyai Kereta, mbok manwi kang wayah sakaliyan pun Wigya Panitisas- tra, tuwin pun Abdulatib sami karsa angestokaken ungelipn maka- ten, 1, sawiwijining wong wajib ngarah bisa amaidahi papadhane tumitah, 2, ing sajroning kabungahan sesembranan aja pisan kongsi kaseron andadekake laraning ngawak tuwin kaseriking ati. Katandhan Dana Satata, kang sapunika saweg wonten ing nagari Ngamonca. ======

Wangsulan saking Abdulatib Kula amaos malih serat jawabipun Dana Satata, kapacak ing Juru Martani ongka 2, menggah ing pangandikanipun yen kula ragi seling serep, dereng dhamang ingkang dados pikajenganipun yektosipun Mas Dana Satata piyambak ingkang taksihkodheng sanget dhateng anggit- anipun piyambak ingkang kalebetaken ing Juru Martani ongka, 51, bilih sampeyan namung gadhah pamrih angendelaken udur ula akaliy- an Wigya Panitisastra, sampeyan kula aturi ngatrapaken pitembun- gan ingkangragi alus sakedhik, sampun mawi nyebutken makaten, ing wusanaAbdulatib kaliyan Wigya Panitisastra kula purih kendel anggenipun angraosi bab kasagedanipun Raden Panji Puspa Wilaga tuwin Raden Ngabei Ronggawarsita, yen botenn makaten saestu salin mengsah ingkang murinani dhateng pujongga kakalih wau, lah su- mongga pitembungan makaten punika punapa dede panantang, punapa boten kenging kula wastani sumber badhe tumandang ing jurit pangraos kula piyambak ungel-ungel makaten punika boten angruju- kaken, malah-malah amamanasi mila lerews pangandikanipun Wigya Panitisastra, manawi pitembungan makaten punika kabanteren, sapunika kula badhe pitaken , ingkang seling serep sinten, kula punapa mas Danasatata, ing sak punika kula badhe yektosaken yen wangsulanipun Dana Satata lepat sadaya, Dana Satata amastani yen bubukaning udur medal saking patrap kula tuwin patrapipun Wigya Panitisastra, punika lepat mas, sabab ingkang dados bubukaning udur, inggih punika Wigya Panitisastra, sampeyan rak sampun sumerep tegesipun tembung bubuka, wangsul pun Abdulatib amung cumathek kemawon kok bubukanipun udur botensampeyan samp0un seling serep mas manawi karsa angrembag prakawis, utawi badhe jumeneng dados juru pamisah. Sasebutan sampeyan yen kula tuwin mas Wigya angraosi kasagedani- pun pujongga kakalih, kanthi sembranan tuwin pangerang-erang, inggih ugi taksih tebih sanget saking leres, awit ingkang ngraosi kasagedanipun pujongga kakalih, kanthi sembranan tuwin pangerang- erang, raksa dherekan sampeyan pun Wigya Panitisastra, kula punika amung agahan atatulung dhateng priyantun ingkang kalepa- taken tanpa dosa. Dana Satata amastani manawi piyambakipun sanget lumuh ing paben ingkang boten wonten paedahipun, ananging yen piyambakipun kameksa tumandang ing jurit inggih kadugi anglam- pahi,. Pitebungan makaten punika ingih taksih nyimpang saking leres sabab manawi tiyang lumuh ing paben saestu ragi lami anggenipun kintun wangsulanipun mongka Dana Satata anggenipun mangsuli serat kula tingalipun kasesa sanget wangsul ingkang meksa ing sampeyan tumandang ing jurit sinten kajawi yen sarira sampeyan piyambak ingkang karsa dados juru pameksa, bilih makatena pitembungan sampeyan ingkang kirang patitisipun, Dana Satata anedha sumerep ing kula, punapa kula trahipun tiyang bongsa Indhu, tuwin punapa samppun nate anggaouta dados dhalang, dene kok saged angandika, i, i, i, iya jagad dewa bathara. Wondene pitaken punika boten kadunungan raossakedhik-kedhika, tuwin lepat ugi, saking pangga- lih sampeyan punapa ngemungaken trahing bongsa Indhu kemawon, utawi dhalang, ingkang sumerep dhateng pitembungan, iya jagadewa bathara, mila leres sampeyan mas kula punika trahipun bongsa Indhu, tuwin sampun nate dados dhalang, wah ing ngajeng dados pandhita, jurunujum tuwin juru tenung, ing wusana kakula wisudha dados juru rumaos leres, pangkat kula sadaya gungung 12, anang-

ing ingkang damel bilahi kula 13, sarehning sampeyan ing sapuni- ka sampun sumerep bilih kula asli bongsa Indhu, punapa sampeyan boten sakalangkung ajrih paben kaliyan kula, sabab kula sugih mantra, saged damel cilakaning ngagesang. Sebut sampeyan bilih ing tembe boten wonten tiyang ingkang purun angladosi pikareman kula paben kula kapurih sampun maos manawi unggul ing jurit, ananging rumaosa yen kula dipun ewani ing ngakathah, sebutan punika lepat awit sinten-sintena ingkang badhe kendel anggenipun raos rinaosan kaliyan Abdulatib punika katitik manawi telas budipun, sabab kula boten angncati pitaken kados sampeyan, anggen kula jawab prakawis boten mawi malumpat kidang kados sampeyan, boten mawi amamoyoki, dados angsal pinten prakawis dene sapeyan gadhah pitembungan makten , mbok manawi sampeyan ingkang badhe nginggati pitaken kula, sokur mas Dana Satata dene sampeyan sampun dhamang pikajengan kula, bab ingon- ingon sampeyan warni pitembungan sae, ananging anggen sampeyan boten purun anglairaken dhateng kula, punika kula lepataken, punapa amung guru kemawon ingkang wajib anykani piwulang dhateng sanesipun pangraos kula boten, sarupining tiyang ingkang gadhah saserepan yektosipun wajib abelakakaken dhateng sintena kemawon ingkang dereng sumerep dados amadhangaken pamikiripun ingkang taksih katutupan ing bodho. Mas Dana Satata amastani,yen rumaos kula, sampun manggih sarat amurih jkendelipun Wigya Panitisastra, punika kasar, bilih maka- tena mas ingkang kasaraken inggih pitembungan sampeyan sumongga sampeyan kula aturi maom malih wangsulan sampeyan ingkang kapacak ing Jurumartani, ongka 51, snadyan Wigya Panitisastra juligipun ing paben anglangkungi, kula inggih purun anyembadani, sabab tiyang julig dereng saged anyepeng welut ingkang dipun lisahi, Mas Dana Satata anyukani pamrayogi, ing saderengipun kula an- glegani pikaremman kula paben akaliyan tiyang kathah, mugi amemut rumiyin dhateng pitembungan tigang bab kula badhe pitaken ing sampeyan mas ingkang sampeyan mastani tiyang kathah, cinten kula boten rumaos badhe pabenan akaliyan tiyang kathah, wah kula sampeyan lolohi ungel-ungelan tigang bab punika, karsa sampeyan kemawon punapa, wong bocah wingi sore bae reka-reka amenehi pamrayoga marang si kaki, sakedhik damelipun mas, ur angebak- ebaki lolowongan Juru Martani, mongka kula manawi amirengaken utawi amaos pitembungan ingkangkados makatensumeja badhe luntak amesipun ingggih mules, seratpapali utawi Darmawasita sak panung- gilanipun ingkang dipun gepok amung wulangreh kemawon tur ingkang nganggit boten kadugi anglampahi kiyambak, mila pandhita manawi kutbah asring ngedalaken pitembungan makaten, kowe kabeh padha angguguwa pituturku, aja miturut ing kalakuanku, ananging bok manawi awit saking andhap aoring budi. Mas Dana Satata saking pangandikanipun sampun narima, dereng nate dipun alem ing tiyang, anggeripun boten dipun sengiti agengipun kaewanan ing kathah. Sabab boten wonten tiyang ingkang bahde saged mastani watesing kathah, tedhanipun kathah akaliyan boten kathah amung satunggal, bilih sampeyan dereng gayuh pitem- bungan kula wau, ing mangke badhe kula terangaken malih, wonten guru satunggal apitaken dhateng muridipun bilih tiyang buthak punika kedah anggadhahi rema pinten iji, murid boten saged mang- suli, tumunten gurunipun pitaken malih makaten yen wong mau anduweni rambutsatus iji, apa kena diarani buthak murid mangsu-

li, kenging, guru pitaken malih , lah yen satus iji, wangsuanipun murid inggih taksih enging, sareng sampun dumugi 200 pangraosipun murid sampun boten kenging kawastanan buthak, mongka Mas Dana Satata, nalika dumugi 199, murid maksih amastani buthak sareng kawewahan satunggal malih punika pangraosipun sampun boten kenging kawastanan buthak, panuwun kula mas kula sampun sampeyan wastani sugih kojah, Dana Satata kagungan piwulang reh malih ungelipun makaten, anarima iku rasa kang ambungahake ati, wong kang weruh ing panarima, iku nglakoni wajibe, lan sinahan ing ngakeh, muradipun pitembungan makaten punika saestu, sae, anang- ing punapa sampeyan sampun tandhingaken akaliyan lalampahanipun jaman sapunika, tembung panarima wau kedah sampeyan pendhet tegesipun ingkang leres botn ngemungaken panarima sampeyan kemawon dene boten dipun sengiti ing ngakathah, kawuningana mas tembung panarima ing jaman sapunika sampun sirna, meja punika ing inggih sampun narimah dados meja, boten wonten p[anggrundelipuj sakedhik-kedhika, anggenipun kapesthekaken boten saged wicanten inggih sampun narimah, wangsul sampeyan yen wonten narimah kema- won ing ngatasing samukawis ingkang ginantungaken ing sarira, punapa badhe grundel mamanceni tapel adaming manungsa, ananging kula dereng manggih tuladhanipun dene tiyang ingkang sumerep dhateng panarima punika sinihan ing ngakathah, dene Panji Puspa- wilaga ingkang sampun kalebet pujongga, meksa mboten narimah dipun waoni ing Wigya Panitisastra, mila boten patos saprayogi dene sakathahing tiyang sami narimah, sampeyan piyambak kula pethek taksih dereng narimah, kayaktosanipun sampeyan punika taksih ngupados arta, ngupados kawruh, ngupados amal kadonyan sapanunggilanipun, pangraos kula piyambak tiyang ingkang sampun narimah punika sampun boten ngupados punapa-punapa malih, ngemun- gaken panarima, kula mugi sampeyan terangana sajatinipun tiyang narimah. Pangandika sampeyan mas yen boten gadhah pamurih, anga- lema kucing, segawon tuwin kuldi sampeyan sabab boten gadhah ingon-ingone warni tiga punika, pangandika wau anelakaken yen sampeyan dereng pisan-pisan agayuh elidipun pitembungan kula, agalipun kemawon ingkang sampeyan sumerepi, alusipun boten katin- gal wah malih anerangaken yen boten pisan kadunungan Olanseide, taksih jawi tulen, katitik saking wangsulan sampeyan bab bai sami jemagar lema-lema, sapunika kula gadhah pamrayogi ing sampeyan, buntutipun babi sampeyan punika prayogi sampeyan sabuni, manawi sampun tumunten kaplajengaken, sampeyan ingkang anyepengi tuntu- tipun, pratingkah ingkang kados makaten punika kathah paidahipun ing ngatasing tiyang ingkang dereng kadunungan Olanseide. Kula sampun sampeyan wastani sumeja sasembranan lo mas, sabab kula mireng nalika pujongga wiyoenes katedha wulang tembung latin, supados katamana ing dalem tigang dinten, piwulangipun tiyang wau kapurih nedha kenthang panas akanthi paplajengan, ingkang nama Danasatata amastani manawi wulang kula dhateng pun thole Danasatata, bab nagulur, angulir pikir sapanunggilanipun papethikan utawi tatedhakanipun wulang ingkang kasebut ing buk Walandi, bilih makatena kula mugi sampeyan dhamangaken namaning buk wau, wah malih Danasatataangaken sampun mangertos ugi murad- ing wulang wau, nanging boten purun anglairaken , pandugi kula anggenipun boten purun wau jalaran saking ajrih manawi lepat, dados anelakaken yen Mas Danasatata, dereng mangertos sakedhika dhateng maknaning piwulang kula, sabab tiyang ingkang sampun

kekah ing seserepanipun dhateng sarupining piwulang saestu boten taha ambulakaken. Wangsulan punika taksih wonten sambetipun malih, Katandhan Abdu- latib. ======Panuwun kula dhateng tuwan ingkang ngarng serat Juru Martani: ingkang mugi-mugi, serat kula punika, kapacak ing serat Jurumar- tani. Kula sampun rambah-rambah, aningaliserat Juru Martani, ingkang mawi katandhan dhateng Mas Wigya Panitisastra, priyantun nagari Kudus. Ingkang punika, kok andadosaken kapinginipun ing manah kula: apitepangan kalih Mas Wigya Panitisastra: wangsul mas Wigya Panitisastra, mugi angresakna, apitepang kalih kula, boten langkung kula badhe nyuwun piwulang: mugi Mas Wigya Panitisas- tra, amberkahana kawigyan dhateng kula, dene ingkang kula suwun kaos ingkang kasebut ing ngandhap punka. 1, Bab: wonten pandhita: kathahipun; 4 sami tapa wuda: ingkang satunggal lenggah sila panggung, majeng ngetan, astanipun epek- epek kapangku, sami mlumah; kang kiwa wonten ngandhap, kang tengen tumumpang wonten nginggil. Ingkang satunggal: lenggah sila panggung, majeng ngidul: astani- pun inmgkang kiwa: kapangku, sarta mlumah, ingkan gtengen, katum- pangaken ing dhengkul kalih mengkurep: saingga nyepeng jengku. Ingkang satunggal ; lengah sila panggung, majeng ngilen; astani- pun ingkang kiwa dipun pangku, sarta mlumah, ingkang tengen katumpangaken ing dhengkul inggih mlumah. Ingkang satunggal; lenggah sila panggung majeng mangaler; astani- pun ingkang kiwa, dipun pangku, sarta mlumah, ingkang tengen anyengkah wonten sanginggilipun ing dhengkul kang tengen. Ingkang punika; pandhita sakawan wau, ingkang dados pikajengani- pun satunggal satunggal punapa, ingkang majeng ngetan kados pundi kajengipun; ingkang majeng ngidul kados pundi, ingknag majeng ngilen kdos pundi, ingkang majeng ngaler kados pundi kajengipun. 2. Bab sajatinipun tiyang bodho ingkang pundi, utawi sajatinipun tiyang waged ingkang pundi. 3. Bab: Sajatine bayi, punika kados pundi; utawi sajatinipun bocah: 3: Sajatinipun wong anom, 4. Sajatinipun wong tuwa: 4. Bab sajatining tiyang awon, punika ingkang pundi, utawi sajat- inipun tiyang sae. 5. Bab: Sajatinipun padhang: kalih sajatinipun peteng, punika ingkang pundi, 6: Bab Sajatinipun ing ngajembar: kalih sajatinipun ing ngarupek punika ingkang pundi. 7: Bab: Sajatinipun ing budi rumongsa, punika ingkang pundi Sababwonten ungel-ungelan makaten; kowe aja nganti kanggonan budi rumongsa. Ingkang punika, panuwun kula berkah dhateng mas Wigya Panitisstra: pitung prakawis wau: prakawis wau: ingkang mugi kawangsulan wonten serat juru Martani kimawon. Anjawi saking punika: Mas Wigya Panitisastra, bilih kang pareng saking karsa sampeyan: bab udur punika, prayogi sampun kalajeng- lajeng, mindhak ngupuraken pangggalih sampeyan kang perlu-perlu: wangsul Raden Panji Puspawilaga: kalih raden Ngabei Ronggawarsita wau, prayogi kapresobata, tur mindhak amewahi dhateng kasusastran sampeyan, sabab priyantun kakalih wau, sampun sami kawical ahli sastra, ti, ti.

Sinerat tanggal kaping 26 wulan Dhesember 1866, Katandhan Juru Serat Kawadanan Kumisi Bogor Mas Jayakarsa ======Tuwan Dhegrootkolep en ko gadhah panedha dhateng para priyantun ingkang taksih gadhah sambutan dhateng tuwan Dhegrotkolep en ko kala ing taun 1866, mugi sami ambayara sambutanipun wau ingkang tumunten. Katandhan Tuwan F.H.Jaspres ======Too tuwin pangecapipun tuwan Dhegrootkolep en ko ing Surakarta, sapunika sampun ddos gadhahanipun, tuwan Jaspres en ko. menggah ingkang kabebahan anglampahaken samukawis prakawising toko tuwin pangecapan wau, punika tuwan F.H.Jaspres. Tuwan Dhegrootkolep en ko asuka panrima dhateng para priyantun ingkang sampun sami pitados dhatng tuwan Dhegroot kolep en ko bab anggenipun anglampahaken samukawis prakawis ing toko tuwin pange- capan laminipun tigang taun, ing mangke panedhanipun tuwan Dhe- grootkolep en ko, mugi para priyantun wau inggih apitadosa dha- teng tuwan F.H.Jaspres bab anggenipun anglampahaken samukawis prakawising toko tuwin pangecapan wau punika. Surakarta kaping 17 Januwari 1867 Katandhan Tuwan Dhegrootkolep en ko. ======Tuwan Jaspres en ko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi serat panangaalan ing taun 1867, regi sarupiyah (Rp.1,--) satung- gil sapunika kantun sakedhik. Katandhan tuwan Jaspres en ko. ======

Ongka 4, 24 Januwari 1867

Pawartos warni-warni Pawartos saking Batawi

Kala ing dinten Senen tanggal kaping 7 wulan Januwari, ing taun 1867, Raden Panji Suryawijaya, Onderwiser tembung jawi ing nagari Batawi, ing mangke kinulawisudha ing kangjeng Gupernemen, tetep dados Onderwiser, kaparingan buslit, sarta madali pethakan, mawi ciri seratan sastra Walandi, tondha asmanipun Kanjeng Gupernemen, yen Panji Suryawijaya sampun katarimah anggenipun angungelaken serat ingkang wonten ing karopak, sasrtra budha warni sanga, kaliyan sastra ing Bali, sastra ing Lampung . Mila Raden Panji Suryawijaya kaparingan ganjaran punika, awit saking sih kawelasa- nipun tuwan Kohen Setiwar, ingkang saos paturan ing kangjeng Gupernemen. ======

Lisah petroleyem minongka panulakipun semut. Tuwan dhokter Witsetein acariyospanyobanipun badhe anyirnakaken sakathahing semut kang sami wonten ing griyanipun wah wonten ing kamar panggenanipun nedha, ing ngajeng mawi kapasangan tetes madu sapanunggilanipun supados sakathahing semut manawi sampun sami ngalempaklajeng kenging kapejahan punika boten tumama, sirnaning semut punika sareng kapasangan lisah petroleyem wawrad gangsal lut Nederlan kawadhahan ing cangkir teh, lajeng kasele- haken wonten jerambah salebeting kamar, awit semut katawis boten amambet awaning lisah pertoleyem kang wonten ing cangkir teh wau, ananging lisah punika samasa ngajengaken telas awanipun saben nedhah kaejogan sakedhik malih, menggah cariyosipun tuwan Witse- tein kathahing lisah petroleyem ingkang kadamel anulak semut wau, ingkang kangge ing dalem samongsa panas namung wawrat sapra- pat pun lami, dados sakedhik reginipun. ======Ing tanah Prangkrik wonten tuladhanipun tiyang saged tilem kapati ngantos lami, kenging kawastanan sasakit tilem, wonten tiyang neneman satunggil umur 20 (kalihdasa) taun anggenipun tilem kapati ngantos salikur dinten sadangunipun tilem saben dinten mawi dipun ombeni toya tajin uwos welandi, tuwin anggur, menggah unjalipun ambekan utawi lampah ing ketegipun ajeg, wonten tiyang ingkang cariyos sapriki sampun tigang taun laminipun tiyang neneman wau anggenipun tilem kapati ngantos kawan welas dinten. ======Serat pawartos saking tanah Paris anyariyosaken dongeng kang kasebut ing ngandhap punika: wonten tiyang satunggil kakesahan anumpak kareta, wancinipun dalu sarta peteng dhedhet, kala saman- ten lampahing kapal kareta punika kendel awit kaget amrangguli tiyang jaler satunggil ingkang wonten satengahipun margi, tiyang punika lajeng ngadeg sarwi anjerit, tiyang ingkang numpak kareta tumunten pitaken: iya gene kowe kok ora ngati-ati, tiyang jaler wau amangsuli; kula nyuwun nyambut eting sampeyan sakedhap kema- won, gawene apa kowe jaluk nyelang eting, kula punika gadhah babektan warni arta jene, gunggung pangaos, Rp. 141,-- kanthong kula amoh, babektan kula arsa sami brojol balesar dhawah wonten

ing margi, mongka arta punika gadhahanipun lurah kula, kulanamung sadarmi anglampahi ingkang dados pikajenganipun bilih babektan kula arta saestu ical kula masthi badhe tiwas, dhuwit maora gampang bisa neka temu maneh, sabab iki petengan banget, kowe apa isih duwe turahane dhuwitmu siji bae, inggih kula taksih gadhah langkungan satunggil, kene ulungna marang aku, bok mana aku bisa akon anemokake panunggalane kang padha ilang, sareng langkungan arta satunggil wau sampun kaulungaken tiyang ingkang numpak kareta lajeng singsot sagawonipun tumunten dhateng ing ngajenga- nipun warninipun sakalangkung sae, wedalan ing tanah Dhenes, sagawon lajeng dipun ken ngambus arta waumawi dipun wicanteni makaten: uiki rupane, delengen, sagawon mangartos ingkang dados pikajenganing bendaranipun sareng sampun ngambus arta lajeng malampah mubeng turut margi, nanging saedhap sakedhap wangsul amurugi bendaranipun saben mawi anggondhol arta jene satunggul kaaturaken dhateng bendaranipun kalampan ing dalem kalih dasa menut sakathahing arta kang ical sami kapanggih sadaya, tiyang kang gadhah babektan arta rumaos begja, lajeng angaturi panrimah dhateng tiyang ingkang numpak kareta, pitembunganipun makaten: Sampeyan ingkang atutulung dhumateng kula, kula nyuwun sumerep nama sampeyan, menggah wangsulanipun tiyang ingkang numpak kareta : aku iki ora anglakoni apa-apa, asuku kang amitulungi marang kowe, sareng sampun wicanten makaten karetanipun lajeng kalama- haken malih. ======Kula sampun maos seratipun ingkang nama Jayakarsa, juru serat kawadanan kumisi Bogor Mas, kapacak ing juru martani kaping 17 Janawari 1867, ongka 3, suraosipun Jayakarsa kapingin atepangan kaliyan kula, sarta anyukani pitaken pitung prakawis, kula kapu- rih amangsli kawrat ing serat Jurumartani. Ingkang punika wangsulan kula, sarehning Jayakarsa sampun amasta- ni piyambak, bilih priyantun kakalih: Raden Ngabei Ronggawarsita tuwin Raden Panji Puspawilaga sampun sami kawical ahli sastra, malah mawi amratelakaken, manawi kula kapurih amrasobat priyantun kakalih wau, ing mangke Jayakarsa kula aturi maos seratipun kaambal-ambalan, bokmanawi dereng anggalih ingkang dados suraosi- pun ingkang sayektos, pun Wigya anitisastra boten kikilapan bab anggenipun kajunjung kaantebaken dening Jayakarsa, kula kapurih prasobatan kaliyan Raden Ngabei Ronggawarsita tuwin Raden Panji Puspawilaga, supados wewaha ing kasusastran kula, sabab priyantun kakalih wau sampun sami kawical ahli sastra, pitembungan makaten punika punapa boten sampun anelakaken ing kablingeripun Jayakar- sa, manawi sayektos kados wicantenipun Jayakarsa, punapaha piyam- bakipun boten purun anedha wulang dhateng priyantun kakalih wau, bab pitakenipun pitung prakawis ingkang badhe kadamel anondha kasagedanipun tiyang. Tiyang badhe atepangaken kaliyan tiyang boten makaten lampahipun, manawi raden Lara Item sumanggeng karsa, tanpa wigya, tuwin Puspawilaga bok manawi kenging sampeyan junjung antebaken, andadosaken kabingahanipun, amargi sami boten saged anggayuh rosing pikajengan sampeyan, Puspawilaga lajeng mongkok, sareng maos seratipun Danasatata, lah punika pratandha- nipun ingkang sayekti bab kengingipun kaogrong, dados tiyang tanpa kalantipan manawi pitembungan wau sampeyan empakaken dha- teng kula, amesthi kados lisah kaliyan toya, punapa malih pitembungan ingkang kados makaten wau sanadyan kawangsulana

kalayan panjarwa ingkang sakalangkung terang, dereng kenging dados pratandhaning kasagedanipun tiyang, malah kenging kaupame- kaken kados sagawon ingkang anjugugi rembulan, awit woh jeram punika dhawahipun boten tebih saking uwit, punapa sampeyan mangertosi pitembungan punika, manawi sampeyan boten sumerep tegesipun pitembungan wau, kula amrayogegaken bilih sampeyan apitakena dhateng Abdulatip piyambakipun amesthi sumerep tege- sipun , awit saking kadunungan Olanseide. Ingkang sampeyan alem ahli sastra wau kalih pisan boten gadhah Olahseide . Punapa sampeyan anggalih wangsulanipun Puspawilaga sampun leres bab Olanseide, O punika taksih anyimpang tebih, pandugi kula pun Abdulaltip anggenipun anggugujeng wangsulanipun Puspawilaga ngantos akebuk-kebuk weteng, sayektosipun kula piyambak ingkang dereng purun ameleh aken dhaten Puspawilaga, awit kula manah tanpa damel, tiyang kula sampun sumerep, bilih boten wonten emperipun kadunungan Olanseide. Wasana kula gadhah pamrayogi, manawi sampeyan taksih anggadhahi seriking panggalih dhateng Wigya Panitisastra, mugi amacakna serat malih wonten ing Jurumartani, supados wangsulanipun anda- dosna panglipuring galih sampeyan. Katandhan Wigya Panitisastra. ======Tuwan ingkang ngarang Serat Juru Martani kula aturi amacak serat kula ing ngandhap punika. Kula sareng maos serat Jurumartani ongka 1, wedalipun ing taun punika, ingkang mawi katandhan dhateng Kyai Kereta, sakalangkung langkung bingah tuwin sukur kula, prasasat tiyang asring manggih usada, sababipun makaten; nalika ing nagara Surakarta wonten banjir ageng, kula kaecalan tiyang sepuh prenah paman kula, ingkang kala samanten kesah ngili boten kantenan purugipun, antawis sataun laminipun sareng sampun tita kula boten angsal pawartos bab paman kula wau, sakalangkung susah ingmanah kula, ing batos kula anamtokaken bilih pun paman amesthi sampun katiwa- san pejah keli, kalampahan kula sidhekahi manut ing ngadat pun paman punika kala alit ama pun Doweh, sareng ngajengaken emah- emah ngalih nama Drembajaya, sasampunipun apuputu karan Kyai Kereta, kala rumiyin remen amarsudi kasusastran dhateng gendhing sakedhik-sakedhik inggih sumerep punapa malih sugih kawanuhan awit pun paman remen kakemplakan arta gugujengan tampenipun dhateng tamu tuwin panyegahipun angresepaken manah, dhasar pun paman Kereta ing ngatasipun tatedhan tuwin inuman kadamel ageng, sarta apik sanget terkadhangan malampah dhateng toko tutumbas piyambak kang warni ulam -ulaman wadhahipun blek tuwin inuman kang alus-alus, kala samanten pun paman kereta kalebet wiwicaling tiyang sugih, panggaoutanipun gagramen uwos lisah, mori, malam pethak sapanunggilanipun wah gantos barang mas salaka tuwin sesuwir, lampahipun amung dagang anjiblesi bongsa Cina, nanging boten cethil malah kalebet berbudi ing sadayanipun, Sarehning sapunika kala rumaos begja, awit pun paman Kereta, kang sampun kula anggep pejah, taksih gsang, boten langkungkula kedah-kedah ngaturi wilujeng ing sampeyan paman mugi-mugi lestan- tuna sugeng ing sapa nginggilipun kadugena ing sakarsa sampun ngantos kirang satunggal punapa, wondening kula kaliyan bojo kula pun Beng, wah anak-anak kula jaler pun Danasatata, 2, adiwarna, 3, Sarjana, saking pangerstu sampeyan inggih taksih sami ginanjar

wilujeng. Bab papeling sampeyan dhateng kang wayah pun /wigya Panitisastra, 2, pun Abdulatib sami kapurih kendela anggenipun paben ing nga- tasing prakawis kang boten wonten damel tuwin paidahipun kula amrayogekaken sanget, iya talah bocah loro mau olehe rebut bener kok padha kabanjur-banjur, ora ana kang gelem nyabut salah siji, tur iku padu sadulur kambi sadulur dhewe, apa iya jalaran saka padha ora sumurupe, sabab enggone pisahan cilik mula, saiki wis padha nganggo jeneng tuwa, sarehning aku iki prenah pamane wajib milu angelingake marang bocah loro kang lagipadha kalalen mau, wruhanamu Wigya Panitisastra, kowe dhek isih cilik rak aran Si Dhugal dhemen bebeda marang wong tuwa-tuwa utawa marang papadha- mu bocah, dhemen ngadu pitik lan ngundha layangan nanging marang kasusastran alam samana kowe ora patiya mendeng kaya adhimu si Abdulatib iku dhek isih cilik aran si Cegunthang, dhemen guguyon lan sugih obrol nanging dhemen banget marang kasusastran mulane kapara akeh mangartine, marang tulisan tembung Walondi iya luma- ku, sabab bingan duweku wanuhan saradhadhu walondi siji, iku kang muruk marang dheweke, aku iki iya gumun banget dene anaku si thole Danasatata nganti amor padu kambi Wigya Panitisastra, 2, Abdulatib priye ngger kang dadi karfepmu, apa kowe durung dhamang yen wong loro iku padha sadulurmu dhewe prenah nak-sanak bok iya lerena nggon mu milu -milu rebut bener anjawabake wong lila. Saupama kowe unggula ing padu, kowe bakal nampani ganjaran rupa apa, mulane thole poma anglakonana pituturku, lan dieling marang wulang ku kang kasebut ing ngisor iki: e, anakku, rungokna pituturku, estokna basaku, awit aku aweh pratikel becik aja nglirwake pituturku, bapa biyung kula isih sarta mirma ing aku, aku iya diwulang, tembunge, mrasudiya kawicaksanan iku aja ko lali-lali, balik raketana, amesthi dadi sarana tutulaking pang- gawe ala. Mangkono uga anak-anakku kaponakan si Wigya Panitisastra, 2, si Abdulatib yen kena dak tuturi, bok iya padha lerena enggonmu padu rebut bener kambisadulurmu dewe, pujine wong tuwa-tuwamu kabeh, kowe ing salawase saking rukun enggonmu padha saduluran anglako- nana samubarang kang becik lan kang maedahi, apa manah padha elinga uga unine wulangku kang marang si Danasatata, kasebut ing dhuwur mau, aku iya milu sukur ing Abdullah, dene anak-anaku kaponakan lan anak kudhewe si Danasatata padha katon baud agawe layang , samono iku rembugku, ngger, kabisanmu mau aja koweempa- kake minongka gegamaning padu, nanging dadekna sarana panganggit- mu layang, kang minongka wulang, kena kanggo ing wong akeh. kaandhan Kyai sredajanma, ing Surakarta. ======Sambeting wangsulanipun Abdulatip dhateng Danasatata Saking pangandikanipun Mas Danasatata, anggenipun anyukani cangkriman kewala lan wah malih paribasan dhateng kula, boten saking badhe angebaraken kasagedan yektosipun namung sembranan kemawon. e, e, e, dados sampeyan amung nedya sembranan kula wastani ing- kang nama Danasatata punika ewa sanget dhateng sasembranan kalaras saking anggenipun murinani dhateng Raden Puspawilaga, ingkang dipun sembranani ing Abdulatip, ananging kula meksa boten pitados mas dhateng ngandika sampeyan, pamanggih kula makaten, pamrihipun cangkriman tuwin paribasan sampeyan yektosipun angisi-

bi-sibi dhateng kula, bilih kodheng in gpanjarwanipun, sarehning kula pinuju sumerep maknanipun sampeyan tumunten salin salaga, awit boten saged anulak upayaning satru, mila amastani manawi anggenipunnyukani cangkriman tuwin paribasan amung kadamel sembranan, wondene kayektosaning pitembungan kula punika katitik saking uruting seratipun Juru sembranan. Mas Danasatata tingalipun karsa sembranan malih, awit anykani cangkriman ing ggalih iji, 1, wonten reca nedha kajeng, 2, wonten kacang doyan lo, saha kula dipun ken nguled malih kados gulali. Kawuningana mas manawi Andadosaken sakalangkung eraming manah kula dene priyantun ingkang boten karsa ngungkak tatakrama tuwin ewa dhateng samukawis ingkang sau kawedhar kawontenan ing juru- martani, punika taksih karsa dangu jarwanipun cangkriman ingkang anglingsemaken tiyang ingkang boten sumerep ing uda nagari, kados ta pun Abdulatip. Mila sampun andadosaken cuwaning galih sampeyan dene cangkriman kakalih wau, kula lestantunaken anggenipun kapesthi dados calon uled-uledan, ing sapunika kula badhe anjarwani cangkriman sampey- an ingkang kaserat tembang sinom, tuwin sarkara, ananging kula gadhah pamrayogi dhateng Mas Danasatata, bilih taksih kagungan ingon-ingon cangkriman kados ingkang kapisan punika prayogi kasukakaken dhateng dhukun wondene jarwanipun cangkriman ingkang ongka 1, punika tikel balung, ingkang kaping kalih, gadhung mlathi, mongka anggen kula jarwani cangkriman punika boten mawi angulur angulir utawi angrakit pamikir, ing sangajenging babek- tan ingkang langkung awrat wah malih boten mawi amleterkarosan nganti rengka rodhane, lan renteng emban-embane, punapa dene kula boten rumaos lenger-lenger anyebut iya jaga dewa bathara. Ing sapunika Mas Danasatata kula jiyat ambatng pitaken kula, ingkang boten kalebet ing cangkrimanremeh, rinengga ing tembung kawi, tuwin kula jiyat angrasaya dhateng liyan agengipun dhateng priyantun kakalih ingkang sampun kaanggep pujongga, kula badhe boten narimah bilih pun Danasatata Ardawalepa, anhgoncati pitaken kula, kawastanan sumerep ananging boten purun anglairaken, sage- dipun amung ngabaraken kasagedanipun ingkang sapele sarana cangk- riman ingkang boten kadunungan raosa sakedhik-kedhika. Saupami Mas Danasatata karsa mangsuli serat kula punika, mongka wangsulanipun boten kanten-kantenan kula suthik jawab malih, sbab ingkang kula upadosi inggih punika tatandhing ingkang saged nadhahi pitaken, ing wusana mas Danasatata asuka serep dhateng kula, manawi badhe kesah gegramen dhateng nagari ngamonca, sarta sampun ameling dhateng sadherekipun jaler kakalih, kapurih anad- hahi badhe wangsulan kula, sanpun ngantos mundur sacengkang, Mas Danasatata ing nalika miyosaken pitembungan makaten saestu kakilapan bilih Abdulatib boten kenging kablithuk sarana tem- bung, sabab kula saya awas pikajenganipun Mas Danasatata, ing mangke kula terangaken, Mas Danasatata anggenipun nyethutaken badhe dhateng nagari ngamonca punika, awit saking sumelang bok manawi wangsulanipun Abdulatip kamooran pitaken ingkang ngod- hengi, mila sadherekipun kakalih dipun ejokaken pun Danasatata dados mungkur gangsir, mongka saestunipun Danasatata piyambak ingkang badhe mangsuli, sabab anggenipun anyriyosaken badhe dhateng ngamonca, tuwin gadhah sadherek kakalih punika amung nyamudana kemawon. katandhan Abdulatip.

======

Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 25 wulan punika badhe wonten lelang barang toko warni-warni ing griya losmen Surakarta. Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 26 wulan punika, badhe anglelang barangipun tiyang Cina anama Cuekim Suwi, ing Surakar- ta, warni kereta, kapal lembu, grobak, tuwin sanes-sanesipun. Surakarta kaping 18 Januwari 1867 Ingkang nguwasani lelang Katandhan Tuwan Panlingen ======Para tiyang saged pikantuk atumbas kuwe-kuwe, tuwin beskuwit warni-warni, dhateng nyonyah Miski, ing kangpung Kabalen Surakar- ta. Manawi wonten ingkang karsa ameling tetedhan kangge ing pasamuwan Nyonya Miski inggih sagah amarnekaken, ananging kasajangan rumiy- in elet sadinten. Surakarta kaping 18 Januwari 1867 ======Benjing ing dinten Saptu tanggal kapingm 26 wulan Januwari puni- ka, badhe wonten lelang ing kampung Pacinan Surakarta, ing griya- nipun Babah Cukimsuwi, manggihingkang badhe kalelang awarni: kareta, kapal lembu tuwin pedhet grobag, kajeng warni warni kadosta: usuk tuwin sirap, barang dandosan griya, kadosta: meja, kursi, almari, setulup dilah gantung, kaca ageng, tuwin pigura, patileman kajeng, tuwin barang sanes-sanesipun ingkang badhe kawedalaken, sarta barang wau kasade ing sapajeng-pajengipun boten mawi kaandheg ing pamadenipun. Katandhan Cukimsuwi. ======uwan Dhegrotkolep en ko gadhah panedha dhateng para priyantun ingkang taksih gadhah sambutan dhateng tuwan Dhegrotkolep en ko kala ing taun 1866, mugi sami ambayara sambutanipun wau ingkang tumunten. Katandhan tuwan, F.H.Jaspres ======Tuwan Jaspres en ko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi serat pananggalan ing taun 1867 regi Rp. 1,-- (sarupiyah) satung- gil sapunika kantun sakedhik. Katnadhan Tuwan Jaspres en ko. ======

Ongka 5, 31 Januwari 1867 Pawartos warni-warni Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, F.W.Winter, kala wingi tanggal kaping 23 Januwari, ing wanci enjing , kadhatengan utusan dalem ingkang sinuhunKanjeng Susuhunan wonten ing salebeting pamulanganipun para murid calon guru-guru jawi, dene ingkang kautus punika Ordenas Walandi, kautus aningalaken maujud kawad- hahan ing lodhong gelas alit dhateng kula, dhawah dalem ingkang sinuhun, kula kapurih anyariyosna wonten ing juru Martani bab kawontenanipun maujud ingkang sakalangkung elok wau, wondening maujud punika awarni ulam wader, awak kakalih sirah amung satunggil, awak kakalih wau adhapur piyabak, amung prenah panggenan sirah tumempel dados satunggil, sirah satunggil dados kagem belokan awak kakalih, mripatipun kalih cangkemipun stung- gil, menggah wiyaringawak ingkang satunggil kirang langkung saking kalih dim, panjangipun wiyar sadim, dene awaking wader ikngkang satunggilipun wiyar sadim panjang watawis kalih tengah dim (2,5 dim). Sareng wader sampun kula tingali, lajeng kula tedahaken dhateng konca para guru ing pamulangan wau, saha dhatng para murid kula sadaya, andadosaken gumunipu ingkang sami aningali. Ing sapunik- anipun wader ingkang aneh wau inggih taksih wonten ing panjenen- gan dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan. Surakarta kaping 24 Januwari 1867 Katandhan F.W.Winter. ======

Griya pancen panggenanipun titiyang musakat. Wadana ing Magelang anama Prawira Dipura amratelakaken kawrat ing serat bab badhe pandamelipun griya pancen panggenaning titiyang musakat, kadadosanipu adamel pakurmatan dhateng piyam- bakipun, suraosing seratipun kados ing ngandhap punika: Ing satanah jawi mrika-mirki akathah titiyang musakat sami lampah papriman angupados tedhanipun ing saben dinten anggenipun ngantos lampah papriman punika awit saking jompo saking sampun sepuhipun utawi awit saking anandhang sasakit cacading badan, manawi ka- pendhet ing sayektosipun tiyang ingkang sami aningali dhateng para tiyang Musakat, sadaya sami giris, awit titiyang ingkang musakat wau sami angatingalaken cacad tuwin sasakitipun, supados andadosna welasipun ingkang sami aningali punika. Titiyang Musakat wau mugi sami kaparingana ingon medal saking panguwasanipun ing parentah, smpun ngantos angupados tedha saking anggenipun papreman, menggah anggenipun bahe amaringi ingon dhateng para tiyang musakat, punika kadamel gampil ing ngatasipun para parentah, mila lajeng wonten panuwun, wadana satunggil- tunggilipun kadhawahana sami kadamel griya pancen panggenaipun titiyang musakat, wonten ing bawahipun piyambak-piyambak, dene titiyang musakat ingkang sampun boten saged anyambut damel punika kapanggena wonten ing griya wau, mawi kaparingana ingon ing saben dinten, menggah ingon tuwin panganggenipun titiyang musa- kat kawedalna saking panguwasanipun ing parentah. pamendhetipun arta ingkang badhe kadamel ingon punika saking pundi, punika kenging kawdalna ssaking pundi-pundi kemawon, sanadyana saking arta panaiban utawi ing sanesipun. Griya pancen panggenanipun titiyang Musakat wau kedah kadamela

celak kaliyan lepen, tiyang musakat satunggil-tunggilipun apikan- tuka kamar satunggil, dene kamar punika agengipun wolung kaki pasagi, punapa dene griya punika kadamela saking tembok, mawi payon gendheng, manawi badhe angangsalaken wragading pandameli- pun griya punika, kadamelna loterei wontensalebeting paresidhenan piyambak-piyambak, minongka kauntunganipun griya wau. Ingonipun tiyang musakat ing saben dintenipun kedah kaolah kapi- yambak, mawi kapriksanan ingkang saes saha katata. Manawi titi- yang Musakat wau sampun wonten ingkang sami saras saking sasaki- tipun, punika kapasrahana dhateng lurah dhusun, saha lajeng kadadosna tiyang tani.Wasana nama tuwin griyanipun titiyang musakat kaseratan ing sapantesipun, manawi wonten ingkang pejah, utawi medal saking griya wau, inggih kacathetana ugi, mwi kaprik- sanan ing sapantesipun. Mugi-mugi kaparengana aturipun wadana Prawiradipura. ======Pawartos saking Surabaya Tuwan N.F.Ole ing dalem kalih taun sampun angaturi pratelan kaping sakawan ingkang manggepokan pasiten paparingipun kanjeng Gupermen wah mawi cariyos kalih, bab pananemipun pantun tuwin panyimpenipun jagung, kalih dening malih tuwan Ole anyariyosaken ungeling serastipun Raden Aji Muhammad Adrai, ing Bandhung, ingkang badhe kawaonan ing sawatawis bab kadadosaning pananemipun pantun Karolina, menggah ungeling serat wau tuwin wawaonipun tuwn Ole, punapa malih isarat panyimpenipun jagung, sami kapratelakak- en ing ngandhap punika: Serat katur pangulu ageng ing Limbangan ======Kula ngaturi pratelan bab patrap kula ananem pantun Karolina, tuwin bab kathahing pamedalipun kala taun 1866, anetepi ingkang sampun dados palapuran tuwin sakawontenaning pantun salebetipun ing lumbung. Wiji pantun warni gabah wawrat 45 katos, 9 gedheng, puika kase- bar satunggil tunggilipun gabah, thukulipun ngantos dumugi ken- gingipun katanem ing dalem 30 dinten yen sampun katanem elet 75 dinten lajeng wiwit medal slamper utawi lamenipun elet 33 dinten malih tumunten kenging dipun eneni, sareng slamper utawi lamen sampun wonten isinipun pantun boten saged gogrok. Wiwit tanem dumugi pangenenipun kalampahan ing dalem 108 dinten. Sabin ingkang kataneman namung sabau leres beganging ananem kados ing kang sampun kalimrahan nanging ingkang katancebaken namung kalih utawi tigang winih kadadosaken satunggil mawi kainten ing saprayoginipun. Angsal-angsalanipun pantun saking wiji kang kasebut ing nginggil wau gunggung 5 caeng,langkung 172 gedhengm, utawi wawrat 5860 katos, pamedal samanten punika ingkang kaleres katampen dhateng ingkang ngolah sabin, 122 gedheng, dadios ingkang malebet ing lumbung resik kantun 5 caeng langkung 50 gedheng, nanging ingkang nama jakat tuwin cuke dereng kabayar angantosi lebetipun sanesi- pun. Sabiniun pangulu ing Bandhung dereng nate medali pantun kang limrah ngantos 5 caeng, mongka ing sapunika angsal-angsalanipun kathah makaten, sampeyan manawi karsa kula aturi angyaktosaken. Ingkang pangabekti saking putra sampeyan Muhammad Adraikalipah. Saking kang kasbeut ing nginggil punika sampun tatela: Kang

kaping 1 wiji pantun kang katanem ing siti sabau kathahipun namung 9 gedheng, utawi 5 katos dados suda kathah katimbang kaliyan pamijenipun tiyang jawi ingkang sampun kalimmrahan, bilih kaetang sudaning pamedalipun pantun saben taun ing tanah jawi, jalaran saking kakathahen panganggenipun wiji, sudan punika amesthi anyekapi tedhaning titiyang ewon, yen tiyang purun nyoba anyebar wiji pantun kang sae wonten gulan ingkang prayogi pan- damelipun amesthi badhe lajeng sumerep bab panyudaning wiji. Kang kaping 2, ing dalem siti sabau saged amedali pantun kirang langkung, 28 dhacin, yen pangolahipun siti sangsaya prayogi, ing dalem sabau angsal angsalipun pantun ngantos 70 utawi 80 dhacin mila pratelan saking Bandhung bab pamedalipun pantun kang sampun kasebut ing ngajeng wau kenging kawastanan kathah, sabab ungeling serat ing nginggil punika kang wekasan mawi anyariyosaken bilih sabin nalika taneman pantun ingkang limrah, dereng nate amesdali 50 dhacin. Menggahindhaking pamedal wau sampun tetela awit saking panyebari- pun wiji mawi dipun atos-atos sarta kaleresan punapa alih awit saking kathah ing panggrombolanipun pantun Karoline. Kang kaping 3, pantun Karoline manawi katanem ing pasiten kang inggilipun angungkuli seganten 23.00 (derajat), kaki, kengingipun dipun enei ing dalem 138, utawi 108 dinten punika kaetang wiwit panyebaripun wiji, dados kalebet wiwicaling pantun genjah, anang- ing ngungkuli reginipun. ======Panyimpenipun Jagung Samongsa woh jagung sampun sepuh sarta sampun kaundhuh, godhong kang nasabi bonggolipun karempelan, bonggol punika lajeng kace- lupna ing toya wedag kang umob, tuwin kang sampun kasadhiyakaken wonten ing kendhil utawi dandang tembagi, dangonipun satengah utawi satunggal menut yen sampun bonggol tumunten kakesata, punika isaratipun jagung kengingipun kasimpen lami boten bubukan, wondening bilih kaolah kadadosaken tatedhan caranipun tiyang jawi, jagung bonggolipun kaselup ing toya wedang wau boten wonten bedanipun ======Deling kadamel badhe dalancang. In gpulo-pulo Indhi kilen sakalangung kathah delingipun, sami kabekta saking Jamaikah dhateng Niyorek (Newyork), badhe kadamel Dalancang wonten ing ngriku, kadadosanipun sae smi kados badhe sinjang gombalan ingakang ngadat kadamel dalancang. Menggah pangaosing deling ingkang kadamel dalancang ngantos sayuta wolung kethi rupiyah, dene pambektanipun deling ing baita kapal kala rumiyin sakalangkung ewed, amargi damel sesaking panggenan, saha boten saged amot kathah, andadosaken lumuhipun para tiyang ing- kang sami ambekta, ananging ing sapunika eweding pambektanipun wau sampun kamayaaken sanget, reanipun makaten: Deling punika manawi badhe kabekta kamot ing baita kapal kaplepes ing gilingan ngantos sawalang-walang, tumunten kapalepet dening pirantos, manawi sampun kempel dados satunggil, lajeng kawadhahan ing karung, kalampahan agampilaken ing pambektanipun kamot ing baita kapal. ======Kala tnggal kaping 14 wulan Dhesember ingkang sampun kapengker- tiyang jawi anama embok Saimah, semahipun singa setra ing dhusun

Dhebekedhokan bawah Sidayu, punika gadhah rare medal jaler, jabang bayi punika boten gadhah tangan, sarta sukunipun celak, talapakan agengipun amung satengah dim, darijining suku satung- gil-tunggilipun amung sakawan, wah sukunipu ingkang tengen ama- lik, dene jabangbayi ing sapunikanipun taksih gesang. ======Sareng condhaberawa dereng lami kesah dhateng Purwadadi bawah ing Grobogan dumugi ing Puspanawangan, sakalangkung gumun aningali dhateng kawontenanipun panggenan ing ngriku, pategilanipun ka- taneman jagung, awit saking wiyaripun kathahing uwitipun jagung wau ngantos katingal kados wana, sareng condhaberawa dhateng ing peken Purwadadi saha apitaken wonten ing ngriku bab reregen samukawis tatedhan, lajeng sangsaya langkung gumunipun, awit: jagung ageng-ageng ing dalem satus iji regi 10 sen, uwos ing dalem sadhacin , 5 rupiyah , 50 sen Pantun wawrat 50 atos, 1 rupiyah, 80 sen, Kacang ing dalem sadacin regi, 3 rupiyah, 75 sen Jarak, 5 rupiyah, 50 sen.

Punapa malih sata inggih sakalangkung mirah, andadosaken kebaking para gudhangipun titiyang ingkang sami gadhah panggaouta, para tiyang ing ngriku sami amadeni pantunipun, saha anedha jagung ingkang sakalangkung mirahipun, dene arta pamadenipun pantun wau kaangge anumbasaken dandosaning anak bojonipun, utawi katumba- saken maesa ngantos satus iji. Awit saking mirah ing tedha kathah titiyang saking tanah ing ngamnca, kadosta: saking Pathi, Japara, Jwana., Rembang, Madiyun, malah saking Surakarta, sai dhateng ing Purwadadi saanak bojoni- pun,badhe atumbas rijeki. Owel sanget dene margining kareta asep dereng rampung, bilih sampun rampung , amesthi dados anggampilaken pambektanipun barang tetedhan dhateng nagari sanesipun. ======Wangsulanipun Abdulatip dhumateng ingkang paman Kyai Sredajanma. Kula sareng maos serat sampeyan paman kapacak ing jurumartani ongka 4, sakalangkung bingah kula, prasasat kajugrugan gunung menyan ratusa gonda, ananging kula taksih ragi kodheng paman tuwin nyuwun katrangan ing sampeyan, dene kok sumerep yen Abdula- tip tuwin wigya panitisastra, sami sadherek mongka sakaliyan sami silih nama, punapa dene kula boten rumaos angedharaken nama ula leres dhateng ing liyan. Embah kula kyai Kereta inggih saya awas manawi kula tuwin Wigya sami sadherek, mila kula sangsaya kodheng, anggenipun sumerep punika, punika punapa kapirit saking ukaraning seratipun, nang- ing bilih makatena taksih kula mokalaken, saestu wonten sababipun sanes. Kula inggih smpun narimah bab apeling sampeyan kapurih kendel anggen kula udur, nanging man pun Wigya ingkang saben dados babukaning paben, sumongga sampeyan galih; pun Jayakarsa amacak serat ing Jurumartani, mawi pitaken pitung prakawis dha- teng Wigya kapurih mangsuli. Kula sampun methek manawi badhe wonten wangsulan saking Wigya, watekipun yen boten saged mangsuli pitaken punika lajeng nyandhak sanes prakawis, lepat punika inggih ngikal babasan, mila kula eram sanget dene remen amangsu- li, ananging saestunipun Wigya Panitisastra punika sakalangkung kalantpaning budi, dhasar kaloka jana priya, Wigya, sampeyan kula

aturi kendel anggen sampeyan badhe udur malih akaliyan Jayakarsa, sampeyan rak sampun dhamangta, yen cacah ing cangkriman punika ngantos boten kenging kawical, saupami gogodhonganing witwitan ing jagad pramudi taka seratan cangkriman punika taksih kathah cangkrimanipun, pangraos kula makaten, Pitakenipun tiyang gemblung satunggal punika angrubedaken wangsu- laning pujongga sadasa. Katandhan Abdulatip ======Benjing ing dinten Kamis tanggal kaping 31 wulan Januwari punika, badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Andreyas ing kampung Pacinan Surakarta. benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 2 wulan Februwari ngajeng punika, badhe wonten lelang ing griyani- pun babah Cukimsuwi, ing kampung Pacinan Surakarta. Surakarta kaping 29 Januwari 1867 Ingkang nguwasani lelang katandhan tuwan Fanlingen. ======

Loterei arta kathahipun 210.000 rupiyah, minongka untunganipun asitit, amisitiyah ing Samarang, sampun kaiden dening kanjeng tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendrl, kawrat ing serat kakan- cinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 Oktober 1866, ongka 13. Loteri punika badhe kamain kadamel tigang pangkat, pratelanipun kados ing ngandhap punika; Pangkat ingkang satunggil Lot 10.000, salotipun Rp.10,-....rp. 100.000,-- Kathahing kauntungan kauntungan satunggil Rp. 20.000,-- Kauntungan satunggil Rp. 10.000,-- kauntungan gansal satunggil-tungilipun Rp. 1000,------Rp. 5.000,-- Kauntungan satus santunggil-tunggilipun 100 eupiyah ------Rp. 10.000,------Lot 1000 kalebetaken ing pangkat kalihgunggungRp. 45.000 Rp. 45.000,------kantunan ingkang kalebet ing pangkat kalih...... Rp. 55.000,--

Pangkat ingkang kaping kalih Lot 11.000 salotipun Rp. 10,--...... Rp. 110.000,-- Lot 1.000 ingkang kalebetaken ing pangkat kalih------Lot 12.000...... Rp. 165.000,--

Kathahing kauntungan Kauntungan satunggil Rp. 20.000,- kauntungan satunggil Rp. 15.000,- Kauntungan Satunggil Rp. 10.000,- kauntungan gangsal sa- tunggil-tunggilipun

Rp. 1.000,-- ...... Rp. 5.000,-- Lot 500 ingkang boten kawedalaken ing pangkat kalih, dados gunggung sadaya...Rp. 60.000,------Kantun...... Rp.105.000,-

Pangkat ingkang kaping tiga Lot 500...... Rp.105.000,-- Kathahing kauntungan kauntungan satunggil .....Rp. 40.000,-- Kauntungan satus satunggil- tunggilipun Rp.100,-- Rp. 10.000,-- Ganjaran kalih satunggil- tunggilipun Rp.1000,-.....Rp. 2.000,--...Rp. 52.000,--

Yatra ingkang kadamel ambayar prabeya konjuk ing kangjeng Gupremen, saha wragading loterei, punapa malih ingkang minongka kauntunganipun ositit Amisitiyah gunggung sadaya...... Rp. 53.000,--

Menggah dinten pamainipun loterei ing tembe badhe katamtokaken pamainipun wonten ing Samarang, katingalan ing ngakathah, dene pamainipun loterei ingkang pangkat kaping tiga punika sasampuning rampung anggenipun mainaken loterei pangkat kaping kalih elet kawanwelas dinten. Keuntungan loterei kenging katampenan sampunipun loterei sapang- kat-pangkatipunkamain elet kawanwelas dinten, boten mawi kacowok, dados atampi resik, dene ingkang badhe ambayar kauntungan tuwin ganjaran, punika tesaurriring sositit: Amisitiyah. Sinten ingkang badhe tumbas lot, punika saged pikantuk abayar kenceng saking para tuwan ingkang kasebut ing ngandhap punika: Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris Ing Batawi, Tuwan Simon Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem Ing Sujrakarta, Tuwan P.W.G. Gaut Ing Samarang Tuwan Wermut en ko Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem Ing Samarang Tuwan D,Grunepel Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko Ing Samarang Tuwan Susman en ko Ing Samarang Tuwan Tuf en ko Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe Awit saking Asmanipun Dhireksi, Katandhan tuwan Brumsetedhe, Sekretaris.

======

Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani asuka uninga dhateng para priyantun ingkang sami gadhah udur, kapacak ing Jurumartani, kadosta: Mas Wigyapanitisastra, Abdulatip, Danasatata, Kyai Kereta, Raden Panji Puspawilaga, Raden Rara Item, sumanggeng karsa, tanpa Wigya, jayakarsa, Kyai Sradajanma, tuwin sanesipun priyantun ingkang seratipun udur dereng ngantos kapacak, manawi ing sapunika seratipun udur para priyantun wau boten kula pacak malih wonten ing Jurumartani, amargi kula manah boten wonten pikantukipun. Ingkang punika panedha kula, mugi-mugi sampun ngantos andadosaken rengatinggalih, ewa denten manawi para priyantun wau sami karsa amacak serat minongka panjurung, awarniya pawartos, saha cariyos, utawi udur ingkang manggepok dhateng kawruh, saha wonten pikan- tukipun sae mutabari dhateng ingakathah, punika boten kenging boten amasthi lajeng kula pacak ing Jurumartani, saha kula badhe asuka panrimah sakalangkung sanget dhateng ingkang karsa anyukani panjurung kados makaten wau. ======Pawartos warni-warni Serat saking Magelang ingkang katitimangsan kaping 17 wulan Januwari punika, anyariyosaken kados ing ngandhap punika: Kala wingi ing nagari Magelang wonten lalampahan ingkang saka- langkung aeng, bok manawi lalampahan punika murwat kadamel paka- baran kapacak wonten ing serat Jurumartani. Ing dinten kala wingi, wanci pukul tiga siyang ing nagari Mage- lang wonten tiyang kathah sami malajeng malajeng sahaambekta waos, awit ing kanmpung Pacinan Magelang wonten sima, tiyang ingkang sampun sumerepa ing Kedhu tuwin Magelang mesthi bahde amastani, bilih pawartos wau dora, saha mokal sanget manawi ing nagari Magelang kalebetan ing sima, ewadenten pawartos punika sayektos ing kawontenanipun. Ing pakebonan sawingkinging griyani- pun tiyang Cina, ingkang wonten satengahing kampung Pacinan, saha kathah sanget titiyangipun ingkang sami gagriya, ing ngriku anak Cina aningali sima satunggil, ingkang kakinten sagawon ageng. Boten ngantos dangu titiyang ing nagari Magelang rame saha ari- but, sanalika lajeng sami ngumandang, nanging ramenipun wau boten ngantos dangu munten kendel, awit wonten Cina ingkang gagriya celak panggenan ing ngriku, punika anyanjata dhateng sima ingkang andhelik wonten salebeting rurukun dipun pakebonan wau, kalampa- han sima kenging kasanjata, saha lajeng boten saged ebah, sareng makaten sima tumunten kasanjatanan saha karampog ing titiyang kathah, wekasanipun sima lajeng pejah, deje tiyang boten wonten ingkang anandhang tiwas, sadaya sami kawilujengan. Menggah sima ingkang kapejahan wau lorek, saha sakalangkung agengipun, panjanging awak kaukur saking cangkem dumugi epoking buntutipun kapanggih 2,5 elo Nederlan langkung 3 dim. Sakathah ing titiyang ing nagari Magelang sami eram, dene nagari ing Magelang ngantos kalebetan ing sima, saking pundi dhatengipun saha kados pundi sagedipun lumebnet ing nagari Magelang ngantos boten kasumerepan ing titiyang. ======Cariyosipun Bab Tudhung damelan saking kajeng. Dereng antawis lami ing tanah Paris wontentiyangpejah, atilar arta kathahipun kalih yuta rupiyah, sagedipun gadhah titilaran samanten p[unika kajalaran saking tudhungipun kajeng, tiyang wau

anama tuwan Mulin kala ing taun 1816 piyambakipun dhateng dhusun panggenan pabrik kang damel bakakas gilingan sapanunggilanipun, ingkang gadhah pabrik awasta tuwan Buton abathon kaliyan tuwan Weil, dhatengipun tana mawi sepatu tuwin ambekta karungan satung- gil kasampiraken ing githokipun lajeng anyuwun padamelan, sareh- ning katingal kados tiyang priman tuwan Buton boten purun anyu- kani paamelan malah anundhung akehn kesah, sareng tiyang wau kesah, boten dangu kaeluk wangsul dhateng tuwan Buton sarta dipun pitakeni:kowe ku nganggo tudhung apa, wngsulanipun: tudhung kajeng, tuwan, tuwan Buton pitaken malih: olehmu tuku tudhung iku saka ngendi, wngsulanipun: anggen kula damel piyambak, tuwan Buton lajeng pitaken: kapriye olehmu gawe, wangsulanipun: mawi kula bubut, tuwan Buton wicanten malih: yen kowe bubuta benere dadi bener, iku kok bisa dadi lnjong, wangsulanipun: leres tuwan kenging kula akali, tengahipun leres mawi kula ing selajeng kula bubut kang supadis sagedipun dados lonjong, anetepi ing pikajen- gak kula, kula punika kedah ambudi akal samanten wau, sabab kula boen gadhah arta kadamel tumbas tudhung, tuwan Butonsareng sumerep yen pamanggihipun tiyang wau amikantuki sanget dhateng pangupajiwa, lajeng anyukani padamelan , lami-lami tiyang wau saged gadhah griya panggenan dael tudhung kajeng, kang andado- saken sugihipun. ======Wnten cariyos saking tanah Kapdheudheup bab patrapipun titiyang ambubujeng sima leyo, manawi titiyang punika sampun sumerep wonten leyo, ambaliyur ing sangandhaping witwitan kang ayom salah satunggil lajeng mawi ombyong-ombyong gogodhongan dipun bengketi kadamelana sabi endhas tuwin pndhakipun tiyang tumunten angrundhuk leyo wau lampahipun brangkang, sareng sampun celak kaliyan leyo, sakinten badhe saged andemok sarta anyipta ing samasa leyo kaget anggenipun ambaliyur, sumerep ing piyambakipun kawastanan grumbul tiyang lajeng damel luwengan cekapipun kadamel mendhem buntutipun leyo, buntut punika tumunten kalebetaken ing luwengan mawi kapepet tan dipun pasanging sela kaliyann siti lempung. Sareng sampun kalampahan makaten tiyang lajeng anjojroh kalayan jemparing dhateng leyo kang ambaliyur wau. Leyo kaget tumunten mancolot mumbul nanging sarehning buntutiipun kapendhem kapepek kalayan pasangan sela tuwin siti lempung, saking soraning pancolotipun leyo, ulan-ulanipun putung, leyo dhawah ing siti sarta pejah. ======Dereng lami wonten juru sabin satunggal dhateng griyanipun Adpo- kat ing tanah Roterdham badhe anedha rembag wicantenipun makaten: Tuwan kula punika gadhah sambutan dhateng tuwan G. ing Sekidham kathahipun 50 rupiyah, awit kula boten bayar kula badhe dipun gugataken, Adpokat mangsuli: Lo, iya gene kowe ora bayar utangmu, amargi kula boten gadhah yatra, aku jaluk sumurup cacekelanmu layang, serat punapa, layangmu prajangjeyan kambi tuwan gemau, kula boten damel serat prajangjeyan, yen mangkono bayaren ing sakarepmu bae, dheweke masa bisa mrakara marang kowe, bilih rembag sampeyan temen inggih sakalangkung panrimah kula dhateng sampeyan, eh kowe mesthi bayar 180 sen marang ngaku, sumerep punapa, iku sumurupa tuwas enggonku aweh pratikel marang kowe, yen makaten pundi serat cacepengan sampeyan sampeyan boten damel serat prajangjeyan kula, dados anggen kula badhe bayar

inggih ing sapikajeng kula kemawon, sareng juru sabin sampun amangsuli makaten, lajeng kesah mantuk. ======Dereng antawis lami wonten baita kapal ingkang momot inuman rum dhatengipun saking tanah Dhemerari, labuh jangkar wonten sungapa- nipun lepen anama Mersei, para tiyang ingkang gagriya ing dhusun sacelakipun lepen punika, sami mendhet ru saking tong ingkang kumambang ing lepen nanging anggenipun ngombe rum wau tanpa mawi dugi-dugi, wekasanipun ttiyang punika kathah ingkang sami pejah. ======Ing tanah Engglan wonten griya satunggil gadhah anipun tiyang kathah, minongka kadamelaken lempakan, ing ngriku wonten tatinga- lan aneh, dene para tiyang ingkang sami kaklempakan wonten sa- tunggi ingkang boten gadhah bau tuwin botengadhah suku, ingkang gana suku namung pruthulan kakalih sami celak agengipun antawis nem dim panjangipun ing satunggal kaot sa dim, ingkang gana bau namung gatra kemawon sami celak ananging ical sipatipun sa- kaliyan sarta boten wonten tutungigilanipun malih ingkang ngemp- er-emperi tangan, sanadyan tiyang wau ujudipun makaten seratipun sae, trangkil ambubujeng kewan saged anggambar sakalangkung sae, saged anyanjata patitis tuwin saged anglampahaken baita sarana akalipun ingkang cikat, menggah kasagedanipun ing kasusastran katawis saking pangarangipun serat waosan ingkang sampun kecap sarta kasumerepan ing kathah, mawi gambaran tuwin katrangan dedamelanipun piyambak, samasa badhe nyert kalam kacakot lajeng kapipit kaliyan gatra bau pruthulan wau, panyeratiun sastra cetha, sarta sae sanget yen ambubujeng kewan mawi numpak kapal nanging wanguning lapakipun aeng, pandamelipun pancen namung kenging kaangge ing tiyang wau piyambak, samasa tiyang punia sampun wonten sanginggiling lalapak prigel sarta lemes sanget anggenipun asosolah, terkadhangan mawi angungelaken sabuk ingkang ugi anganeh-anehi, cekakipun tiyang wau temen angeram-erami, awit saking sareh utawi telatosipun bilih sinau anyolahaken badan ing ngatasing kasagedan angungkuli titiyang kathah ingkang boten gadhah cacad. ======Panjurung Juru Martani, minongka panutup kaca: yen wonten ingkang taksih longka, mawi sekar asmaradana. Sawetawis angaturi, sami kendel mring priyayi kang, semune wawan wiraos dangu-dangu mbok manawa, baranang mring sarira, sepala pikantekipun tur angaberaken karya. Perlu atasing pakardi, kang mring kawajibanira, yen ingkang lumampah gawe sanadyan ingkang mardika, tanpahe darbe karya, kang mrih upajiwanipun yen pijer angrembag denta. Yuda sastra ngaben lungit kadi tan wonten wusira, leeng sami ngayemake, kasenenganya neng wisma, lentang gaya putranya, uta- mine lamun sarju, samyaksama ing ngaksama. Anglanggengna sawuri, dadya lir kadang sumitra, malar mulut mulet mangreh kang sairib ngasah asah, tajem kalam panurat lepas seingetanipun lantip ing grahita limpad. Dera sami amumurih, marsudi sareh ing sastra, sarona sorog sinorog tanya tinanya kalawan surat tinutupp ing lak kados-kados yen pikantuk samya entek loba pamangya. Yen ingkang bodho mastani, puniku tanpa pedhaha, tuwase angentho- kake namane juru pawarta, ing gran juru sawala, delir rebat

leresa unggul yen ingkang wus pramengkara. Kedhik saged amastani, wonten ugi pikantuknya mongka nges-nges ing cariyos malar mumungu graita, ngimbah ing srengicita, mongsik kaingetanipun wusana minta aksama. Deram basumesel angling, lir angendelaken karsa, sewu-sewu tan nedya ngreh tan lyan mung atur prayoga, kalamun den piyarsa, lamun boten inggih sampun leeng kula ngraipiya. Dodongengan ratu muslim paradya sobya mreman, dhahat kapingin sang katong kedhatengan trehing Mekah, sentana rasulullah, sesa- laman dhahar kembul amicara sarasilah. Sagotrah Pangeran Sarip tebih nagari Ngarbiyah, angundhangi sri pamase bratya nararya samara, prawira angupaya,sapa kang antuk trah rasul agung gaganjaranira. Kebut Samara prajurit angupaya tuwan Arab yun pinalar barekahe ana mantri pangalasan julig akaliyan nat, anama ngabei Bulpus mersanak tinamu sakat. Barindhil mukari kucir, karyane nandur janganan rinangkul eicara padis sinawus mangerti lirnya, kucirnya wus pinaras malengis gundhal-gundhul ubel sreban jujubahan. anyangking sodalnya kithing, acacelak sur manila, semada gandheng cahyane wus ilang gandaning cina, labet ginyuyang londha, binonyo lengamajemuk wus pinacakaning wisma. isthane den aji-aji, kinutug ratus dudupa, dimon pisan nir ganda- nine wong sak omah padha nembah, tan atur uninga, mring patih kyai Bestaru pracaya kurang talika. Wus katur srinarapati, saharsa rumenggeng kara, tedhak mring mantri wismane yun mondhongi Sarip tawan kalane pepanggiyan dahat kurmatsang aprabu mendhak-mendhak atur salam. Sarip pinthan tanpa angling , mung mesem-mesem kewala, gumeter anoleh giris mirungu tabuhan prajurit gora umyang, juru bangsa kyai Bulpus matur nata kathah-kathah. Mitra dalem tuwan Sarip tan saged carane jawa, mung cara Arab kemawon kadukamem dhasarira, mus mangkana tuman, bonoyong prap- teng kadhatun kembul dhahar lan sang nata. Ngucapah denira bunti, ajejegang sila tumpang, jurubasa Bulpus tare, Tuwan Sarip denya dhahar, matuh caraning Arab sampun dados duka prabu sang nata anggung nyengaja. Wus sira akembul bunti, dinunung pondhok pinajang, panepan jronn gkadhaton sak langkung sinuba-suba, ki pangulu kancanya, saos karya lamun katur Sarip gedheg cengengesan. Pangulu garjitenging ati, wus pitung dina tan salat ki Bulpus mratelakake salat daim kangjeng tuwan pengulu dahat sumlang, ki Bulpus mangkana sampun tampi ganjaran sarwendah. Pisaline tuwan Sarip wastradi gumyur masraya, warna-warna sasa- jine boga sandra sarsaweca, yen mangan tutup lawang, amung lawan kyai Bulpus rampat dene bebas-bebas. Ki pangulu langkung sedhih, mung jrih nglampahi paentah, sang nata samet berkahe pengulu Ahmad Prayitna, anon solahin gbawa, pat dasari tanpa wuwus blengkeman wantaning Cina. Tandya anembang menyanyi jegang malangkrong neng mimbar, geger binandha lok ing wong kalebon cina gundhulan ki Bulpus den cekalak kawirangan patih prabu nging niyate nora batal. Sinerat ing Lipura tanggal kaping 9 wulan Siyam ing taun Alip ongka 1795, katandhan mangun Darana. ======

Panuwun kula dhateng panjenenganipu tuwan ing kang ngrang serat jurumartani, mugi karsa amacak anggitan kula punika, papathikan saking elmi kodrat. ing ngalam donya sakalangkung kathah lalampahipun bai kodrat ingkang dereng nate katiti priksa ing manungsa, dados taksih kathah ingknag minongka katutupan ing langitaning wados, sareng manusa ambudidayanipun amurih bikak lalangitan wau, tuwin kenceng ing kajengipun badhe sumerep samukawis ingkang taksih gaib punika wiwit gayuh sawatawis barang ingkang ing jaman kina taksih kaanggep mukjijat. Mila saya mindhak pakareming manungsa badhe gayuh samukawis ingkang dereng kaserepan manusa wau saha awas yen kathah ing kawruh punika tanpa duksina, ing ngandhap punika kula badhe nyoba amradinaken kawru, ingkang saestu badhe gampilaken pamulanging kawruh sanesipun, sabab elmi kodrat wau amadhangaken pamikir, wah malih angawasaken manawi kodrat tolah tanpa wekasan, saupami elmi kodrat wau, bdhe kula urut sadaya, saestu langkung prayogi manawi kaanit kawrat kawrat ing serat dados kenging kabayawara- kaken ing ngakathah, ananging makaten punika dede sedya kula, kula amuing bahde damel anggitan wonten saking sawatawis kenging kula pacak wonten ing serat Jurumartani, supados nanginga kadamel tuladhaning priyantun sanesipun. Ing samangke kula beahde anerangkaen sababipun dene sawernining wujud manawi kaceplungaken ing toya, punika wonten ingkang kelem, wonten ingkang kmambang wonten ingkang boten kelem boten kumam- bang kadosta ulam. Sarehning manungsa sampun lirah aningali lalampahanipun bab kodrat ingkang makaten wau sapanunggilanipun, mila boten apitaken ingkang dados jalaranipun wondene kathah kemawon kalampahing bab kodrat ingkang katingala gampil tur manawi kaupadosan wadosipun punika saweg rumaos awed, ing sapunika kula wangsul malih pitaken ingkang sampun kasebut ing nginggil wau, kados ta wujud ingkang kelem ingkang kumambang saha ingkang boten kelem boten kumambang manawi wonteningkang anggalih, yen kelem utawi kummbang ing kawujudan awit saking awrat utawi endhengipun punika sayektosi- punboten, katranganipun makaten baita kapal punika saged kumam- bang, wangsul sela ingkang sakalangkung alit kelem dene ulam ingkang sakalangkung agengipun boten kalem boten kumambang, tur saged kumambang ugi, punika makaten katranganipun, saupami cang- kir kadekekan brumbungan tumunten kaisenan toya ngantos dumugi sangandhaping leres brumbungan lajeng kula cemplungi sela ingkang agengipun saupami, sakluwak, saestu toya lajeng mluber, amargi pangggenanin toyasawatawis sampun kaenggenan dening sela, saupami toya ingkang mluber wau katadhahan ing cangkir alit tuwin toyani- pun punika katimbang , pamanggihipun awrat sela ingkang kacem- plungaken akaliyan toya ingkang mluber, mila sea wau kelem dados wawratipun punika taksih awrat sela, mila toya boten saged nyong- ga ing sela kalampahan lajeng kelem kaping kalihipun manawi kula nyemplungaken gabus ing toya cangkir ingkang kasebut ing nginggil wau, sarta toya ingkang maluber katadhahan malih, lajeng katim- banga dados sela wau, saestu badhe awrat toyanipun akalaiyan gabus mila gabus punika saged kumambang, awit toya saged anyongga gabus, kaping tiga manawi ulam kacemplungaken ing toya, saha toyanipun ingkang mluber katimbang akaliyan ulam, punika saestu badhe sami awratipun, mila ulam wau saged mangandhap manginggil.

Ing wusana kula ngaturi uninga dhateng para priyantun manawk sami remen maos anggitan kula ingkang manggepok kawruh, inggih badhe kula lajengaken, saupami wonten ingkang taksih kodheng, bab katranganipun, kula sasaged-saged inggih kadugi nerangaken. Katandhan Abdulatip. ======

Ongka 7, 14 Februwari 1867 Pawartos warn-warni Kala tanggal kaping 29 wulan Januwari taun punika, wanci enjing, ing Batawi ananmpeni pawartos ingkang anyekelaken manah, bab sedanipun kangjeng tuwanmister, A.Prines Pisepresidhen ing Rad Indiya Nederlan Kumanduring OrdenederlanSenleyo, Grut Opsiring Ordheeiken krun ing luk Sembureh. Sanadyan ingkang suka pawartos punika sanget ing pangungunipun ananging anggenipun anglampahi kuwajiban ugi rumaos bingah, dene saged anyariyosaken minongka pratondha angaosi lelabetanipun kanjeng tuwan Prines ingknag sakalangkung utami, awit kanjeng tuwan Prines punika kangantos tataunan sanget anggenipun amardi sagedipun kalampahan sakathahing prakawis ageng saha prelu, ingkang kapitadosaken dhateng kanjeng tuwan Prines salebetipun kakarsakaken dados priyantun pangkat ageng warniwarni wonten ing tanah jawi. Kanjeng tuwan Prines anggenipun labet dhateng nagari teen kathah saha ageng, aliya saking paamelan prelu ingkang dipun lampahi, nalika dados algemene sekretaris dados lid tuwin Vice Presidhen ing Rad Indiya Nederlan wah dados wakil Gupernur Eneral kangjeng tuwan Prines ugi sampun nate dados priyantun ingkang anglampahak- en leresan laminipun ngantos kalih welas taun awit nalikasaweg malebet padamelan dados priyantun. Kanjeng Tuwan Prines wiyosanipun wontne ing tanah sakidham kala tanggal kaping 28 wulan Agustus taun 1816, sareng sampun kakula wisudha dados pujongga ing kasusastran tuwin ing pangadilan lajeng rawuh ing tanah jawi, panuju tanggal kaping 5 wulan Maret taun 1839 sareng tanggal kaping 15 wulan April taksih tunggil taun suwita ing nagari dados juru serat pangkat nomer satunggal wonten salebetipun Rad Panjustisi ing Surabaya mawi nandhang sumpah. Salajengipun Kanjeng Tuwan Prines minggah ing pangkat dados sekretaris tuwin angsal ing pangadilan mider, anglampahaken leresan wonten bawahing Samarang kaliyan Surabaya, utmunten dados Gripsir ing pangadilan ing Padhang, ngiras dados Piskal, lajeng dados Lid ing pangadilan ing Surabaya tuwin ing Batawi, punapa malih dados Grifper ing pangadilan luhur ing Indiya nederlan, ing salebetipun 1849, anggenipun suwit aing nagari dereng jangkep angsal sadasa taun lajeng kakula wisudha dados pangagengipun Lid ing pangadilan luhur wau. Taksih tunggil taun 1849, Kanjeng tuwan Prines anampani pratond- ha parenging galihipun Kanjeng gupernemen awit kartrimah bab kathahing kasagedanipun nalika anglampahi ayahan dados Komisa- risipun Kanjeng Gupernemen kautus dhateng tanah Riyo (Riau), atitipriksa sarta amranata bab kawontenaning prakawis ing tanah ngriku, ingkang kala samanten taksih kisruh.Sakonduripun kanjeng tuwan Prines saking tanah Riyo, dereng ngantos elet kalih taun lajeng angsal pangkat dados wakil algemen sekretaris anglampahi padamelan ageng saha awrat.Sareng kanjeng tuwan Prines katingal cakep sanget anggenipun anglampahi padamelan ageng saha awrat wau, ing salebetipun taun 2851, katetepaken ddos Algemene sekre- taris. Sasampunipun tetep dados algemen sekretaris kangjeng tuwan Prines kapitados ing kanjeng paentah ageng, kawenangaken mranata sarwa- nining lampahan ingkang manggepokan panyepengipun paprintahan

wonten tanah Borneyo kilen ing sakendelipun paparangan tiyang Cina lalawanan sami Cina kala ing taun 1850, dumugi ing taun 1854. Kanjeng Tuwan Prines anggenipun kautus dhatng tanah Borneyo kilen wau ngantos rambah kaping tiga, ing salebetipun taun 1853, 1854, tuwin 1855, pranatanipun kanjeng tuwan Prines anetepi ingkang dados pangajeng-ajeng, saha andadosaken rejanipun tanah Borneyo kilen, kala samanten kanjeng tuwan Prines boten angraosaken sayah, botn anggalih ingkang dados kakiranganing samukawis tuwin boten uwas ing pamutawatos ciptanipun namung sageda angestokaken dhawahipun kanjeng parentah ageng, anggenipun kakeasakaken an- glampahi padamelan ingkang kanthi pakurmatan saha rekaos sanget. Sakonduripun kanjeng tuwan Prines ingkang wekasan saking tanah Borneyo klen boten antawis lami kakula wisudha dahteng kanjeng raja, dados Lid ing RAd Indiya Nederlan, elet sataun nuju ing wulan Juli , taun 1857, kanjeng Tuwan Prines awit saking gerah kedah tindak dhateng nagari Welandi, ananging boten lami bahe wangsul malih dhateng tanah jawi. Sawangsulipun saking nagari Walandi kangjeng tuwan Prines angasta padamelanipun Lid ing Rad Indiya Nederlan malih. Ing salebetipun taun 1859, kakarsakaken dados wakil Pise (Vise) presidhen wonten ing Rad punika, taksih tunggil taun lajeng kakula wisudha dening kanjeng raja tetepipun dados Pise Presidhen wau. Ing salebetipun taun 1859, wau, Kanjeng Tuwan Prines inggih angsal pangkat dados Presidhening Uf Komisi ing ngatasipun pawulang ing indiya Nederlan tuwin dados wakil pangagengipun paklempakan ingkang nguwasani pawulang anyolahaken lemesing badan wonten tanah Bahrawa, ananging sareng ing taun 1860, Kan- jeng Tuwan Prines anggenipun dados Pise Presidhening Uf komisi wa kamantunankapayan pakurmatan awit saking anyuwunipun piyambak. Kanjeng Tuwan Prines salaminipun dados Pise Presidhen ing Rad Indiya Nederlan rambah-rambah kapitados angasta paprentahan ing ngatasipun tanah Indiya Nederlan, patrapipun angasta paprintahan punika sakalangkung prayogi, kalampahan saben-saben anampeni pratondha bab panrimah saha parenging galihipun kanjeng parentah ageng. Boten namung kanjeng Parentah ageng ing Indiya kemawon ingkang mundhi lelabetipun kanjeng tuwan Prines kanjeng raja ing Nederlan ugi angaosi sanget dhateng lelabet punika, katawis saking lumun- turing ganjaran dalem dhateng kanjeng tuwan Prines kadosta: kala ing taun 1855, kaparingan pangkat dados Ridhering Ordhennederlan Seleyo, kala taun 1864, dados komanduring Ordhe wau, tuwin kala taun 1861, dados Grut Ofpisiring Ordhe Eikenkrun ing Luksembureh (Luxembrug). Sareng kanjeng Tuwan Prines aing taun 1864 anyuwun kendel angge- nipun malampah damel kanjeng parentah ageng sanget cuwaning galihipun, wondenin gkanjeng raja ing Nederlan anggenipun amantu- ni pasuwitanipun kanjeng tuwan Prines akanthi pakurmatan saha panrimah dalem awit lami sanget anggenipun anglampahi padamelan tuwin ageng lelabetipun dhateng nagari. Kanjeng tuwan Prines sareng sampunkaparingan pensiyun lajen gkondur dhateng nagari Welandi, ananging sareng ing wulan Pebru- wari, taun 1865 saking karsanipun kanjeng raja kadadosaken Pise Presidhen malih winten Rad Indiya Nederlan. Sawangsulipun Kanjeng Tuwan Prines wonten ing tanah Jawi,

pangastanipun padamelan nagari sanget anggenipun amerlokaken akanthi taberi, kenceng, adil saha wekel kados ingkang sampun kalampahan kala rumiyin ananging para titiyang ig nagari anggeni- pun bingah angsal priyantun ingkang wekel sarta taberi ing pada- melan wau, boten ngantos lami, sabab kanjeng tuwan Prines, ing sakendel tuwin konduripun kanjeng tuwan gupernur Eneral Baron Slut Van de Belle, saha nalika dados wakil Gupernur Eneral sangsaya karaos gerahipun lami, kalampahan kala tanggal kaping 10 wulan Dhesember , taun 1866, kedah amrasahaken dhumateng kanjeng tuwan mister, A. Lodhon Lid ing Rad Indiya nederlan bab pangas- taning prakawis ing saben dinten supados kanjeng tuwan Prines saged angasokaken sarira, badhe karsa tirah dhateng panggenan ingkang asrep awanipun anama Sisepan tuwin ingkang inggilipun angungkuli ing Bogor, samanten punika mawi kajampenan sarta kapulasara dening dhokter. Kala tanggal kaping 28 wulan Januwari taun punika wanci enjing kanjeng tuwan Prines seda wonten ing Sisepan anggenipun suwita ing nagari dados priyantun laminipun sampun 27 taun. Awit saking sedaniun Kanjeng Tuwan Prines para tiyang ing nagari anandhang pituna ageng, sarta sakathahing mitranipun tuwin sawar- nining tiyang ingkang angaosi dhateng kanjeng tuwan Prines ames- thi tansah angengnget-enget bab utamining lelabetipun. Kala tanggal kaping 30, wulan Januwari taun punika wanci enjing layonipun kanjeng tuwan Prines kasumarekaken wonten patamanan celak kaliyan kadhaton ing Bogor, kathah priyantun ageng sarta para tiyang sanesipun sami angateraken layonipun kanjeng tuwan Prines, sareng sampun kasumarekaken kanjeng tuwan ingkang wicak- sana Gupernur Eneral angandika suraosipun angurmati bab utamin- ing lelabetipun Kanjeng Tuwan Prines, tumunten kawangsulan dha- teng tuwan Dhislosiyon pandhita ing Bogor, pitembunganipun an- gresepaken manah. ======Bupati ing Kudus awit saking panuwunipun piyambak, ing mangke sampun kaparingan lilah dening kanjeng Gupremen, asantuna man- gangge asmanipun ingknag rama swargi kanjeng Pangeran ing Demak, dados anama: Raden Mas Tumenggung Arya Condranagara. ======manawi tiyang badhe sumerep tebih ing srengenge saking jagad, punika pangetangipun kalayan upami kados ingkang kasebut ing ngandhap punika: Manawi tiyang lumampah dharat rinten dalu boten mawi kendel ing lampahipun, punika saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem 3000 taun, kareta asep ingkang lampahipun boten kendel saha ajeg-rikatipun, punika kenging kawastanan sakalangkun grikat, bilih saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem tigang ngatus utawi kawanatus taun, mimising mariyem manawi rikating lampahipun ajeg kados nalika medal saking cangkeming mariyem, punika saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem sadasa taun, swara ssaged dumugi panggenan srengenge ing dalem sawelas taun, punika saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem wolung menut, lampah punika sadaya saged ipun kaetang kados makaten wau, bilih awa (hawa) ing nginggil sami kailiyan ingkang wonten ing ngandhap celak ing jagad. ======Ing tanah Arab wonten tataneman ingkang adamel gumujeng manawi

katedha ing tiyang, isinipun wohing tataneman punika sakalang- kung mandos angenipun adamel gumujenging tiyang, manawi isi wau kadheplok ngantos dados bubuk lembat, saha katedhakaken ing tiyang, ingkang anedha amesthi lajeng gumujeng, ura-ura, anjoged ngaleter, utawi damel pratingkah ingkang andadosaken gugujengan , sasampunipun antawis sejam dangunipun, tiyang ingkang nedha bubuk lajeng tilem, manawi tangi tilem, tiyang wau boten kemutan dhateng pratingkahipun ingkang sampun linampahan. Manawi badhe damel gugujengan dhateng titiyang, bubukanipun isinng woh wau kalebetna sakedhik ing wedang kopi, lajeng kasegahna dhateng tamu, bilih wedang kopi wau kaombe, mesthi ingkang ngombe lajeng tansah gumujeng saha anadukaken pratingkah ingkang damel gujenging tiyang. Wondening bubuk punika manawi amung sakedhik katedha ing tiyang, mesthi boten adamel sakit, ananging bilih kakathahan anggeniun anedha, inggih lajeng anda- dosaken tiwasing tiyang ingkang anedha, menggah tataneman ing- kang damel gumujenging tiyang punika, ing sanesipun tanah boten wonten, ingkang wonten amung ing Arab kemawon. ======Saking pawartosipun ing tanah Dhitslan wonten tiyang anama Enlin, punika adamel sanjata ing kang kaisenan saking wingking, dada- melanipun sanjata punika langkung sae angungkuli dadamelanipun sanjata ing nagari Prusi saha tanah sanesipun, menggah dadamela- nipun sanjata tuwan En Lin wau saged kaungelaken kaping sadasa utawi kaping sawelas ing dalem samenut, saha tebihipun lajenging mimis ngantos sewu tindak saged dumugi, punapa malih wawrating sanjata langkung entheng saking sanjata dadamelanipun Prusi, wah patrumanipun inggih langkung alit saking patrumaning sanjata dadamelan Prusi wau, awit patruman sangangdasa utawi satus iji sakalngkung gampilipun kabekta ing saradhadhu satung- gil, angungkuli gampilipun katimbang kaliyan patruman seket iji dadamelanipun bongsa Prusi wau punika. ======Cariyos Aneh Semahipun pujongga anguman-uman dhateng ingkang jaler, bab angge- nipun amarsudi kawruh ing saben dinten boten mawi wonten kendeli- pun, kalampahan pujongga wau ngantos supe dhateng semahipun, ingkang boten nate kaajak jajagongan utawi raraosan, kados lim- rahipun tiyang sesemahan, menggah wicantenipun ingkang estri dhateng ingkang jales makaten: puji kula, mugi kula dadosa serat, supados panjenengan sampeyan enget dhateng kula, amargi saking kawaosa ing saben dinten, ingkang jales mangsuli: iku bener, aku iya mangkono pujiku, malah kowe dadoya layang pananggalan, awit saben taun aku bisa salin. ======Wonten tiyang anama Kyai Balaba badhe nyambut arta sewu rupiyah dhateng mitranipun anama Kyai Cethil, pitembunganipun makaten: Manawi pareng kula mugi sampeyan sambuti arta, katahipun sewu rupiyah, bayar kula ing dalem sataun, Kyai Cethil anuju dhangan, saha wicanten makaten: sarehning kula dede tiyang ingkang pancen anglampahaken arta, ingkang punika kula anedha anakan, satusipun sadasa rupiyah ing dalem sataun dados arta sewu rupiyah anakani- pun satus rupiyah ing dalem sataun, anakan punika kula suwun bayaripun rumiyin, kula sampeyan paringi serat pratondha nyambut arta kathahipun sewu rupiyah, dene bayar kula dhateng sampeyan

amung sanganatus rupiyah, dados ingkang satus rupiyah kaserepaken anakipun ing dalem sataun, Kyai Balaba mangsuli makaten: punika sampun dados leresipun, ananging kula manah, manawi amung sataun laminipun anggen kula badhe nyambut, bok manawi kula dereng saged amangsulaken arta sampeyan , awit saking kaenggalan, mila manawi sampeyan pareng, kula nyuwun kalih taun, Kyai Cethil anglenggani ingkang dados panedhanipun ing Balaba, wicantenipun makaten: Lah punika leres, awit sataun punika enggal telas, manawi makaten sampeyan amung tampi wolungatus rupiyah, amargi ingkang kalih atus sumerep anakipun ing dalem sataun, Kyai Balaba wicanten malih: Sarehning sampeyan amarengi kula nyambut arta bayaripun ngantos kalih taun, ing mangke kula nyuwun ambayar kawantaun, awit kula manah sampun ngnatos kula boten saged amangsulaken arta sampeyan, dados sampun kenging kapasthekaken sagedipun ambayar, kyai Cethil sakalangkung bingah ing manah, saha lajeng wicanten makaten: inggih prayogi, dados sampeyan amung badhe tampi nematus rupiyah, lah punika artanipun,, Kyai Balaba wekasa- nipun wicanten makaten: Sarehning sampeyan sampun trimah kula bayar ng dalem kawan taun, ing mangke kula nyuwun sdasa taun pisan, dados sampun ngantos katanggelan pitulung sampeyan dhateng kula, sarta sampeyan badhe boten amaringi arta saigar-igara, amargi sampun kaserepaken dados anakan sadaya. ======Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 16 wulan Pebruwari puni- ka, badhe wonten lelang ing griya losmen Bayalali, ingkang badhe kasade barang dandosan griya tuwin barang toko sapanunggilanipun. Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 18 wulan Pebruwari puni- ka, badhe wonten lelang ing griyanipun Nyonya Dhekok Pan Lewen ing Surakarta. Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 18 wulan Pebruwari puni- ka, pukul wolu sonten badhe wonten lelang ing Soseteit Dhe Harmo- ni, Surakarta, ingkang badhe kasade buku utawi gambar-gambaran. Benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 20 wulan Pebruwari punika badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan langenbereh, ing Surakarta. ======Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 18 wulan Pebruwari punika badhe wontenlelang ing griyanipun Tuwan W..Magilapri, menggah ingkang badhe kalelang barangipun Nyonyah Dhe Kok Pan Lewen awarni dadosan griya sapanunggilanipun. ======para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng Kantor Lelang ing Surakarta kala ing wulan Oktober 1866, ing mangke sami kaemutaken , mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelasing wulan Pebruwari punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadi- lan. Surakarta kaping 1 Pebruwari 1867 Ingkang nguwasani kantor lelang, katadhan tuwan Bosower. ======Tuwan Jaspres en ko asuka uninga dhateng para priyantun ageng alit, manawi ing sapunika sampun ngalih dhateng griya kaprenah sakilening caket griyanipun lami. Griya punika ing ngajeng dipun enggeni ing tuwan Okerse, saha ing ngriku tuwan Jaspres en ko taksih ambikak tokonipun serat-serat sapanunggilanipun, kados

kala taksih wonten ing griyanipunlami, ingkang punika mugi anda- dosana dhangan saking karsanipun para priyantun saaya. /Surakarta kaping 14 Pebruwari 1867 Katandhan Tuwan Jaspres en ko. ======Tuwan Jaspres en ko akathah gadhahanipun pirantos anyerat warni- warni, anggenipun mentas tampi enggal katandhan tuwan Jaspres en ko ======Tuwan Jaspres en ko taksih gadhah serat pananggalan ing taun 1867, regi nyarupiyah katndhan tuwan Jaspres en ko. ======

Ongka 8, 21 Pebruwari 1867 Pawartos warni-warni Salebeting kitha ing Dhitslan wonten tiyang dhusun ambekta kajeng obong dhateng griya pasewan, badhe kawade wonten ing ngriku, sareng kajeng sampun kaselehaken, tiyang dhusun lajeng lumebet dhateng griya pasewan, badhe kapanggih kaliyan ingkang nyepeng griya pasewan, ananging wonten ing ngriku boten saged kapanggih kaliyan ingkang nyepeng griyapasewan wau, kalampahan angentosi, ingkang nyepeng griya pasewan punika gadhah rewonda ageng, sareng rewonda aningali dhateng tiyang dhusun ingkang wade kajeng,pangintenipun rewonda, manawi tiyang dhusun punika badhe anedha punapa-punapa, sanalika rewonda dhateng panggenan inuman, saha lajeng angesoki brenduwin sagelas, kasukaken dhateng tiyang dhusun, lajeng kaombe brenduwin sagelas wau, boten dangu ingkang nyepeng griya pasewan dgateng, saha lajeng ambayar dhateng tiyang dhusun, sumerep reginipun kanjeng Obong, sareng sampun bayar tiyang dhusun lajeng katawenan ngunjuk brenduwin, wangsulanipun tiyang dhusun makaten: kula sanget anuwun, awit putra sampeyan sampun amaringi sagelas. ======Ing tanah Amerikah wonten guwa ingkang sakalangkung aeng saha murwat manawi kacariyosna, menggah cariyosipun kados ingkang kasebut ing ngandhap punika: Guwa ing tanah Amerikah ingkang sampun kasumerepan ing titiyang kathah wonten saubenging panggenan ing ngriku, punika gadhah terusan anjog dhateng jurang ingkang sakalangkung lebetipun, andadosaken guwa punika saged dipun amedalaken utawi anyerot angin ingkang sakalangkung sanget, wonten mangsanipun tiyang saged anyelaki guwa wau ngantos saged ambucal topinipun dhateng salebeting guwa, boten mawi wonten kuwatosipun ingkang damel tiwasing tiyang, topi ingkang kabucal dhateng salebetng guwa boten dangu amung antawis sekon kabucal medal sakig guwa, ngantos adhawah tebihipun sawidak utawi pitungdasa elo Inggris ingkang kawastanan Yares, wonten malih mangsanipun guwa boten kenging kacelakan ing tiyang, manawi wonten tiyang ingkang purun celak, amesthi topinipun lajeng kaserot kalebet ing guwa, kalampahan boten saged kapanggih malih, menggah sabawaning guwa kamirengan kados gumrubuging angin ageng boten mawi wonten kendelipun. ======Wonten tiyang tani anumpak kareta, kapethuk rencangipun tiyang dhusun ingkang lumampah dharat kemawon, rencangipun tiyang dhusun gadhah panedha dhateng tiyang tani, mugi kalilanana tumut anumpak kareta, wangsulanipun tiyang tani makaten: kowe duwe sikil becik lumakuwa bae,. sareng tiyangtani sampun wicanten makaten, tumunten anglajengaken lampahipun, ananging dereng ngantos tebih lajeng kendel wonten sangajenging griya paewan, ing nalika samanten rencanging tiyangdhusun inggih dumugi wonten griya sewan ing ngriku, wonten ing ngriku rencangipun wonten dhusun anandhukaken akal, sindikipun rodhaning kareta nipun tiyant tani kapendhet dening rencangipun tiyang dhusun wau lampah sisingidan, sareng makaten boten ngantos dangu tiyang tani lajeng nglampahaken karetanipun, ananging dereng ngantos dumugi tebih, galindhinganipun ingkang satunggil copot, kadadosanipun kareta kandheg ing lampahipun, tiyang tani tumunten gadhah panedha dhateng rencanging tiyang dhusun, supados tumuta tumandang anda-

dosi karetanipun, mawi kaprajangjeyan badhe kaajak anumpak ing kereta, bilih sampun kadadosan, punapa malih tiyang tani apitaken dhateng rencangipun tiyang dhusun, ppunapa sumerep dhateng sin- dikipun galindhinganing kareta, wangsulanin grencangipun tiyang dhusun, manawi piyambakipun sumerep, sindiking galindhingan kareta kasanjangaken gumlethek wonten sangandhaping uwit ingkang sampun kalangkungan wau, tiyang tani kapurih amurugana dhateng sangandhaping uwit wau, dene rencanging tiyang dhusun sagah anjageni kapalipun kareta, sareng makaten tiyang tani lajeng lumampah dhateng panggenanipun uwit, dereng ngantos tebih lam- pahipun, rencangipun tiyang dhusun enggal angetrapaken sindiking galindhingan, sareng sampun rampung kareta lajeng kalampahaken, sareng tiyang tani sumerep manawi karetanipun kalampahaken dhateng rencangipun tiyang dhusun, lajeng anututi lampah ing kareta, sarta abengok-bengok ngundhang dhateng rencangipun tiyang dhusun, kala samanten rencangipun tiyang dhusun mangsuli makaten: kowe iya duwe sikil, becik lumakuwa bae. Sareng rencangipun tiyang dhusun sampun tebih lampahipun, lajeng kendel wonten ing griya pasewan, wnten ing ngriku angombe inuman, saha aparentah dhateng rencang ingkang anyepeng griya pasewan, kinen anjagi tuwin angopeni kapalipun kareta, sarta kawelingan angulungaken kareta dhateng ingkang gadhah, bilih ingkang gadhah punika dhateng wonten griya pasewan ing ngriku, punapa malih ingkan ggadhah kareta bahde ambayar regining inuman ingkang sampun kaombe, sareng rencangipun tiyang dhusun sampun wicanten makaten, lajeng kesah. ======Kala jaman nagari ing matawis wonten ingkang kacariyos, buyutipun kyai ageng pager redi, anama kiyai Buyut Martasuta, kala saman- ten saking anggenipun ayektosaken pikantuking kasutapan, punika dipun laksanani lampahing kasutapan ing sakuwasanipun, kadosta: Tapa angluwat, tapa angeli, tapa tirakatan ing sapanunggilanipun, sami dereng anuju wonten ing klawekasanipun, amung sareng anglam- pahi tapa anuraga, matrapaken wedaling lesan sarta ebahing badan mawi empan papan, punika ing wekasanipun antuk sih wilasaning ngakathah, bubukanipun ing nalika anglampahi tapa anamur beberh, ambekta gagramening bakul dhateng peken, sarehningamarengi dinten kemis, ing sakedhap-sakedhap kendel andhodhok, awit saking kape- thukan jajaraning para bupti ingkang sami mangkat sowan dhateng pagelaran, dados kiyai buyut Martasuta wau dumuginipun ing peken ngantos kasiyangen, kasrengenan dhateng bakulipun akathah-kathah, kiyai buyut Martasuta amangsuli seserepan anggenipun kasiyangan malah dipun gebagi, ing nalika punika kiyai buyut Martasuta kesah sarwi wicanten makaten, Ah ala wong mikul slang mono, becik wong mikul nagara, abot entheng karuwan susurupane, sareng kiyai Buyut Martasuta kesah dumugi ing lepen Gajah Wong angambah wot, ing ngriku wonten tiyang menden saking kdiul satunggal angliga dhuwung, wonten malih tiyang mendem saking ler inggih angliga dhuwung, sareng tiyang mendem kalih punika sami dumugi ing wot, kiyai Buyut Martasuta sumelang ing manah bok manawi sami salah serep dados kekerengan, mila tiyang mendem sakaliyan wau sami rinapu ing basa krami sarta kaalembana piyambak-piyambak, kala samanten tiyang mendem sakaliyan punika sami sareh lajeng anye- rungaken dhuwungipun, kiyai buyut Martasuta ing nalika punika saged adamel pamrayogi, supados sampun ngantos tutumbukan lam-

pahipun tiyan gmendem wau, kadadosanipun tiyang mendem ingkang satunggal kapurih lenggah wonten ing salang sasisih, ingkang satunggal kapurih lenggah wonten ing salang sisihipun, sareng sampun sami miturut lajeng salang kaingeraken, ingkang sisih tengen dhawah kidul, sisihipun ingkan gkiwa dhawah ler, dados lestantun tiyang mendem sakaliyan wau sami mantuk sowang-sowangan , boten wonten prakawisipun, nunten Kiyai buyut martasuta lestan- tun lampahipun dumugi wana ing Wiyara, rembatan katancebaken ing siti, salang kaerutaken ing badan lajeng sesendhen ing rembatan, ngantos ing dalem tigang dinten tigang dalu boten nedha boten tilem, amung angesthi pejahkemawon, anak bojo sami angupadosi boten kapanggih, dipun kinten menawi beberah dhateng moncanagari. Kacariyos kala samanten ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing dalu antuk wangsit salebeting supena, kinen angabdekaken tiyang tapa sesendhen rembatan wonten wana ing Wiyara, wasta Kiyai Buyut Martasuta, enjingipun lajeng gadhah angupadosi kapanggih nunten kaabdekaken dados priyantun jajar kemit bumi. Sareng ing ngantawis wulan wonten prakawis tiyang estri rapak, ingkang jaler boten purun angrentahaken talak, pandruwenging ngestri warengkenging jaler ngantos andadosaken kewraning galihi- pun Kiyai Pangulu Ahmad kategan, wekasan kasumanggakaken ing karsa dalem ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung, kala samanten ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung inggih peteng ing pangga- lihipun, mila ing saben dalu ameng-amenganamur lampah, saking anggenipun amarsudi budi, sareng satunggiling dalu ingkang sinu- hun Kanjeng Sultan Agung nuju ameng-ameng anamur lampah, ing nalika punika kaparengan Kiyai Buyut martasuta, araraosan kaliy- an kancanipun sami priyantun Jajar Kemit Bumi, bab pandruwenging ngestri rapak, akaliyan warengkenging jaler boten purun angrenta- haken talak punika pamancasing pangadilan wonten ing tonja kawan prakawis, 1, santosa jaleripun, 2: Barukut pamwngkunipun, 3: sangkep pametrinipun, 4: tuwuk pambojanipun, manawijangkep ing tondha kawan prakawis wau menang jaleripun, manawi boten jangkep ing tondha kawan prakawis punika menang estrinipun, Sareng ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung mireng ing raraosan makaten wau, boten samar yen ingkang raraos an punika abdidalem Kemit Bumi wasta Kiyai Buyut Martasuta, andadosaken sakapirenan- ing galih dalem, mila enjingipun adhadhawah dhateng Kiyai Pangul ahmad Kategan, kinen andangu tondha kawan prakawisipun punika, kadadosanipun kawon ingkang jaler, amargi boten santosa jaleri- pun, sarta boten dipun griyani, amung dipun sandhangi kaliyan dipun ingoni kemawon, sasaampunipun makaten, , Kiyai Buyut marta- suta kajungjung dados wadana jeksa, kaparingan nama tumenggung Martayuda, ing ngantawis dinten amboyongi anak bojonipun, nunten anak sepuh nama Suta Marta kadadosaken kaliwonm Jaksanama nabei Sutamata, asring-asring kawulang dhateng ingkang ramamakaten, thole, ibu urip iki ora ana kang angluwihi wong ngulah tatakrama, karana kang wus kasebut ana ing layang nitisastra kawi tembung sardula wikridita mangkene, rijanma dika meta sipta reseping sarwa orajangenaka, tegese, ing wong linuwih iku amrih ambudi kang angresepake sarupaning wong nagara padha enaka, murad demang kene, wong iku yen arep kasebut linuwih, ambungahena atining wong akeh. ======

Serat saha ingkang tabe akathah-kathah, Raden Tumenggung Mangku- praja, dhumatenga ingkang saudara tuwan F.W.Winter, ing sakolahan Wiyosipun, kula angintunaken, 1, tedhakan serat saking Raden Ngaei Onggaatmaja, 1, tedhakan serat saking Raden Tumenggung Rajaniti, 1, tedhakan serat wangsulan kula, punika saudara kula aturi macak ing seratJurumartani, supados anerangna pamukiripun raden tumenggung Rajaniti. Surakarta ping 11 wulanSawal ing taun Alip, 1795. Kula nuwun Kyai lurah Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang sareng srat punika, kula angaturaken tatedhakan saking pradata, ing ngandhap punika punapa suraosipun kang kasebut dhawah prada- ta wau, Kyai Lurah inggal angladosna, utusanipun Kyai Lurah kadhawahana jujug wonten ing griya kula, sinerat kalping 28 Januwari taun 1867. Serat Parentah Raden Tumenggung Rajaniti, wakil wadana jaksa, trang ing pradata dalem , dhumatenga ing jeng ngandika Raen Ngabei Ongga Atmaja, wakil papatih wadona parentah ing kapatiyan. Liring serat, kula sampun nampani serat wangsulane Raden Tumeng- gung mangkupraja, bab pamundhut kula, yatra bayaripun dhateng babah Ki Yang Si, 160, rupiyah kula kapurih nyengklong yatra pamenangipun saking ngabei Sontapraja, 2, saking Ngabei Sumawik- rama, gunggung 566, rupiyah langkung, 80 dhuwit, kasebut ing cacepenganipun srat pikudung katitimangsan ping 23 Sapardal 1783, punika boten leres, Raden Tumenggung mangkupraja, ngaken sampun nyadong kaping rambah-rambah punika dora, salami kula kakersakak- en makili wadona jaksa, dereng nate dipun cadhongi prakawis wau, lan dereng nate sumerepi kudhungipun, ing mangke Raden Tumenggung Mangkupraja, masthi bayar pikawonipun dhateng babah Ki Yang Si wau, boten kenging liyeran, wujuding yatra wau, kula pundhut tumunten sampun ta boten, anjawi punika, kula undut sumerep serat pikudhungipun kang katitimangsan Sapardal wau, manawi sampunleres, badhe kula trapaken ing pambayaripun, poma sampun kadangon, kaladosna rerepotan kapatiyan Rebo ngajeng punika. Dhawah ing Parentah kaping 20 januwari taun 1867 ======Kula Raden Tumenggung mangkupraja, amangsuli serat parentahipun Raden Tumenggung Rajaniti, dhumatng Raden Ngabei Ongga Atmaja, kados ing ngadhap punika. Ingkang serat saha ingkang salam Raden Tumenggung Mangkupraja, dhumatenga ingkang putra Raden Ngabei Ongga Atmaja, wakil pepatih Wedona parentah ing Kepatiyan. Wiyose, aku wis anampani,layang soka Raden Ngabei, kanthitedhakan layang parentahe Raden Tumenggung Rajaniti, wakil wadana jaksa, kang katiti mongsa ping 20 Januwari taun 1867, surasane mundhut dhuwit bayarku marang Bah Ki Yang Si, 160, rupiyah slaka, ora kena liyeran, kang iku atur wangsul aku, yen aku wis tampa dhu- witku menang soka Raden Ngabei Sumawi krama, lan dhuwitku pame- nang songka Ngabei Sontapraja, kang kasebut gadhuh aku pikudhung krampungan, 2, iji, pada katitimangsan tanggal kaping 23 Sapar ing taun dal ongka 1783, isi dhuwit 566, rupiyah slaka, 80 dhu- wit, iku aku bayar marng Bah Ki Yang Si, mulane pamenangku songka Somawikraman lan Songkasontaprajan tan sumayakake, iku ora liyer- an, sababwetune layang Pones Krampungane Bah Ki Yang Si, taun Be ongka 1792, iku let sepuluh taun, dhisik wetune gadhuh aku pikud-

hung 2 iji. Ingkang kaping 2 Raden Tumenggung Rajaniti mukir ora rumongsa tak cadhongi dhuwit ku pamenang songka Sumawikraman lan Songkasonta- praja, kang iku raden Ngabei amesthi Raden TUmenggung Rajaniti dora. Ingkang kaping 3, mulane raden Tumenggung Rajaniti tak arani dora sabab nggonku utusannya nyadhong enggale dhuwitku pamenang songka Somawikraman lan Songka Sonta Prajan wau, uga marang raden Tu- menggung Rajaniti wus kaping rambah-rambah, awit sasi sura taun Jimakir, ongka 1794, wangsulane marang utusanku, Raden Bei Suma- wikrama wis ajal, ora tinggal waris lan ora tinggal kalungguhan ora kena digalih, yen aku weruh waris Sumawikraman aku kapurih ngarani, dene Bab Sontaprajan parentah wus utusan narik ngabei sontapraja, kaping rambah-rambah urung teka, saiki lagi utusan ngenggalake manah. Ingkang kaping 4, wangsulaku ing saajale Raden Bei Sumawikrama, kagalih ora tinggal waris iku dora, amesthi duwe waris, ora luwih dhuwitku pamenang kang kasebut gadhuhaku pikudhung 2, iji, mung tak jaluk enggal rampung, iku wangsulane marang utusanku, bab ngarani anane waris Sumawikraman, Raden Tumenggung Rajaniti ora kaduga tompa, sabab ijeman, anjaluk kamotna layang aturan, wang- sulaku aku kaduga ngamotake layang aturan, amung marentahe tak jaluk kamotna ing layang iku Raden TUmenggung Rajaniti, ora kaduga menehi layang parentah marang aku. Ingkang kaping 5, Raden Tumenggung Rajaniti mukir ora rumongsa semurup ing gadhuhaku pikudhung Krampungan, 2, iji, iku ya uga dora, sabab raden Tumenggung Rajaniti nggone mundhut uninga ing gadhuhaku pikudhung 2, iji mau rambah-rambahkaping pindho, kapa- riksa sapisan, ona parepotan kapatiyan, kapin gpindhone ona Krajaniten, bareng dipariksa ona Krajaniten mau pikudhung nganggo diparingake pariksa marang raen bei Jayadimurti panewu jaksa pradatabumi, kapurih kecekake lan pikudhunge Ngabei Sontapraja, , bareng uwis ature Raden Bei Jayadimurti, uga wis cecek, Raden Tumenggung Rajaniti parentah marang Raden Bei Jayadimurti, kapurih ngenggalake Ngabei Sontapraja, kang iku Raden Ngabei Ongga Atmaja, saben saben aku utusan nyadhong, wangsulane Raden Tumenggung Rajaniti, tansah semaya dina Rebo, atawa dina Setu, utusanku kapurih soba nyadhong marang kapatiyan, yen dina Jemun- gah kapurih nyadhong marang Krajaniten, iku nganti saparene ora nana kawekasane. Ingkan gkaping 6, kang iku Raden Ngabei Ongga Atmaja, songka pamikirku, wadon jaksa iku, sin gprelu gawene amelehake mukir reweng durjana sing kacandhak nyinane, mongka raden tumenggung Rajaniti mukir dhewe, ngaku ora rumongsa tak cadhongi, lan mukir ora rumongsa semurup ing gadhduhaku pikudhung , 2, iji, iku banget gumunku sarta angeram-eramake, kang saupama Raden Bei Jayadimurti melu mukir, iku tetep ing pradata nggone wong kala- len, kang iku menawa adhangan, Raden Ngabei tak purih matur marang Raden Tumenggung Rajaniti ing samongsa nampani layang gugat, aturan mangsuli kamot ing layang, yen nampani layang tatol, ya aturana mangsuli layang parentah, surasane yasa karepe, parentahe raden Tumenggung Rajaniti supaya aja nganti ana sing kalalen. Ingkang kaping 7, muga andadekna ing sasurupane Raden Ngabei , pakirime layang parentah Raden Tumenggung Rajaniti sing tk wang-

suli iki, dalah saku piyane wangsulaku, bakal tak kirimake marang tuwan ingkang ngarang layang Jurumartani, songka panjaluku muga karsaha amacak layangku iki, supaya anerangna pamukire Raden Tumenggung Rajaniti, lan supaya sakathahe priyayi-priyayi apa dene para gusti, sing tompa layang Jurumartani padha saha ing sesaringane Raden Tumenggung Rajaniti, kang kasebut ing ngarep mau. Ingkang kaping 8, wah maneh ing dina Akat tanggal kaping 5, Sawal ing taun iki, aku utusan nyadhong marang Krajaniten, wangsulane raden Tumenggung Rajaniti marang utusanku, ijeh kaya parentahe kang kasebut dhuwur mau, ing dina Rebo kapurih seba marang ka- patiyan, bareng dina Rebo utusanku uga seba nyadhong marang kepatiyan, wangsulan Raden Tumenggung marang utusanku, ing dina Jemungah kapurih soba marang Krajaniten maneh. Ingkang kaping 9, menawa Raden Ngabei wus terang ggone angeliling surasane layangku iki, sabanjure katur kawuningan Kiyai Lurah kanjeng Raden adipati Sasranagara, aku bareng ing Raen Ngabei Ongga Atmaja, sabab wangsulaku iki, bakal na sambungane maneh, titi. Surakarta tanggal kaping 9, Sawal ing taun Alip, ongka 1795 Katandhan Raden Tumenggung Mangkupraja. ======Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, mugi karsa amacak serat kula punika. Ing Jurumartani ongka 6, kula aningali anggitanipun Abdulatipp pepethikan saking elmi Kodrat, kula eram dene pun Abdulatip amuk sanget anggenipun belakakaken manawi elmi kodrat punika amadhangaken pamikir, wah malih angawasaken manawi kuwasaning Allah tanpa wekasan, sala- jengipun. Pitembungan makaten punika sanget umukipun tuwin angajengaken cariyos ingkang sakalangkung lebet muradipun tuwin urut, ing suwana sakalangkung cuwa ing manah kula, dene aningali manawi Abdulatip mlumpat kidang anjok wonten ing pamanggihipun pujongga ARchimedhes ing tanah Grikenlan ingggih punika cariyos bab wujud ingkang kalebetaken ing toya. Saking pamanggih kula elmi kodrat wau boten saged madhangaken pamikir, manawi boten urut cariyyosipun wiwit saking ngajeng, manawi kacandhak saking tengah, sayektos badhe bingungaken enge- tan, Murid ing Pacrabakan Nagari Surakarta. ======Sasantunanipun undhang-undhang lotrei arta ingkang minongka kauntunganipun Sositit Amisitiyah ing Samarang. kathahing arta 210.000 rupiyah, ingkang sampun kaiden dening kanjeng tuwan Guprenur Jendral ing Indiya Nederlan , kasebut ing serat kakancinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 wulan Oktober 1866, ongka 13.

Kauntungan satunggil...... Rp. 125.000,-- Kauntungan ...... Rp. 10.000,-- kauntungan tiga, satungil-tunggilipun Rp.1000.Rp. 3.000,-- Kauntungan kalihdasa------/------Rp. 500,Rp. 10.000,-- kauntungan kawandasa gansal------/----Rp. 100,Rp. 4.500,-- Kauntungan seket------/------Rp. 50,-Rp. 2.500,------

gungung ...... Rp. 155.000,-- Sarta ingkang kadamel ambayar wragading loterei, saha prabeya ingkang konjuk kanjeng Gupremen punapa malih ingkang minongka untunganipun Sosittt Amisitiyah gunggung------Rp. 55.000,------gungungg sadaya...... Rp. 210.000,-- Menggah loterei punika badhe katamtokaken ing pamainipun benjang ing satengahipun wulan Juli ing ngajeng punika. Keuntungan loterei kenging katampenan sampunipun loterei kamain elet kawanwelas dinten, tanpa kacowok punapa-punapa, dene ingkang sami angsal kauntungan saged katampi saking tesaurriring sosi- tit: Amisitiyah. Panumbasipun angkaning lot kedah kabayar kenceng, sarta wragad- ing anggenipun angintunaken kabayar piyambak, dene loterei punika kaperang dados lot wetah, papaliyan tuwin parasakawanan. Sagedipun pikantuk angkaning loterei wau saking para tuwan ing- kang kasebut ing ngandhap punika: Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris Ing Batawi, Tuwan Simon Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem Ing Sujrakarta, Tuwan P.W.G. Gaut Ing Samarang Tuwan Wermut en ko Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem Ing Samarang Tuwan D,Grunepel Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko Ing Samarang Tuwan Susman en ko Ing Samarang Tuwan Tuf en ko Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe Awit saking asmanipun Dhireksi katandhan tuwan Brumsetedhe, Sekretaris. ======Para priyantun kaaturan uninga, manawi pamendhetipun lot loterei Samarnag , taksih kalastantun ingkang ggenipun manawi wontening- kang karsa anglintokaken lot wau inggih kenging, wonten ng panggenan anggenipun mendhet ngajeng. Sekretarisipun Ositit Amisitiyah, Katnadhan Brumsetedhe. ======

Angka 9, 28 Pebruwari 1867 Pawartos warni-warni Ing ngandhap punika gancaring pangandikanipun Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta, nalika anggelaraken tatenger pengenget- enget dhateng swargi tuwan jurubasa Karel Prederik Winter, Panuju ing dinten tingalan wiyosanipun kanjeng maharaja ing Nederlan kala tanggal kaping 19 wulan Pebruwari, taun 1867. Kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten walandi satunggil awasta Tuwan Kail Prederik Winter, suwita ing kanjengg Gupremen dados jurubasa ing tembung Jawi, sinten-sintena ingkang sampun tepan- gankaliyan tuwan jurubasa Winter wau, amesthi boten kakilapan, manawi tuwan juru basa punika temen pinujul ing kasusastran jawi tuwin kawi, kasusra ing nagari pundi-pundi, andadosaken pangeram- eraman, ing ngatasipun kasusastran walandi tuwan jurubasa Winter boten kasoran dhateng sasaminipun walandi wedalan ing tanah jawi, malah angungkuli walandi sawatawis kang asli ing tanah Nederlan, awit saking ambekipun kasudarman, wah andhap asor, punapa malih awit saking adhanganipun ing karsa amumulang dhateng sadhengaha tiyang ingkang kasdu amarsudi ing kasusastran jawi tuwin kawi, tuwan jurubasa Karel Prederik Winter kinasihan saha dipun ajeni sanget dhateng para mitranipun tuwin dhateng para tiyang ingkang sampun tepangan kaliyan tuwan jurubasa wau, punapa malih kangjeng gusti Pangeran ADipati Ariya Mangkunagara sakalangkung anggeni- pun asih saha ngajeni dhateng swargi tuwan Karel Prederik Winter, awit ing ngajeng sampun aguguru dhateng tuwan punika, cekakipun tuwan jurubasa kenging kawastanan papethinganing manungsa, angge- nipunsuwita ing Kangjeng Gupremen dados priyantun sakalangkung lami, kathah lalabetipun ing ngatasing prakawis nagari ingkang prelu-prelu, saha kathah pitulungipun dhateng pamulangan ageng ing Dhelebab kasusastran jawi tuwin kawi, tansah tan dados aken parenging galihipun kanjeng parentah ageng, kalampahan ginanjar nugraha pakurmatan dening kanjeng maharaja ing Nederlan. Kadado- saken Rider ring Ordhe Nederlan Seleyo, menggah para Walandi saged dipun basa jawi, punika sadaya kedah sami suka panrimah dhateng swargi tuwan Karel Prederik Winter, awit tuwan punika ingkang minongka dados tuking basa jawi ing ngatasipun para walandi wau. Ing mangke bab kawontenanipun tatenger pangenget-enget ingkang kagelaraken ing dinten punika, kanjeng Tuwan Residhen amaringi panrimah, tuwin amangandikaaken sakalangkung panuwuning para warisipun swargi tuwan jurubasa Karel Prederik Winter, dhuma- teng para komisi ingkang angawontenaken tatenger wau, saha dhumateng para priyantun ageng alit ingkang sampun sami amitu- lungi panjurung medal saking parenging galih, punapa malih dhumateng tuwan arsitektesen anggenipun ambiyantoni lalahanan ing pamasangipun tatenger pangenget-enget punika, sasampunipun kanjneg tuwan Residhen angandika akathah-kathah kados ingkang kasebut ing nginggil wau, lajeng musikipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara mungel, gendhingipun ingkang pancen kangge ing pasamuwan anggelaraken tatenger pangenget-enget urma- taning ngakathah, dhumateng swargi Tuwan karel Predhereik Winter. Sarehning ingkang macak ungel-ungelan ing nginggil punika amung awagan kemawon, ing mangke panuwunipun bilih wonten sulaya utawi lepatipun, mugi dipun ageng angaksamanipun Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta.

======Ing ngandhap punika wangsulanipun sawrgi tuwan Karel Predhereik WInter, anama tuwan Perdhinan Winter, jurubasa pensiyun ing Surakarta. Sanadyan aku lara kaos sanget anggen kula badhe ngaturi wangsulan ing ngatasing pangandikanipun Kanjeng Tuwan Residhen ingkang suraos aggelaraken tatenger kaurmatan minongka pangenget-enget dhateng utamining lelabetanipun swargi bapa kula, kula ugi ke- dahj-kedah anglairaken ingkang dados raosing manah kula wonten ing pasamuwan ngriki, sanadyan atur kula sekak saha kirang prayogi, pangajeng-ajeng kula, para ageng tuwin para priyantun ingkang sami anjenengi panggelaripun tatenger pangenget-enget urmataning ngakathah,. mugi karsaha amirengaken kalayan parenging galih. Awit saking pangajeng kula punika, kula kamipurun dados pangjeng- ing para kulawaranipun swargi bapa kula, angaturaken panrimah ageng kanthi pamundhi, bab kawontenanipun tatenger pangenget- enget ingkang kagelaraken ing dinten punika. Panrimah ageng kanthi pamundhi wau, mugi katura para komisi ingkang sami tepang rembagaken andamelaken tatnger pangenget- engetipun swargi bapa kula, saha lajeng amradinaken serat kalo- wongan panjurung, amurih sageda kalampahan ingkang dados rembagi- pun, punapa dene katura dhumateng para priyantun ageng alit ingkang sami amitulungi panjurung, angawontenaken saha amasang tatenger pengenget-enget ingkang kagelaraken ing tdinten [unika, langkung malih katura kanjeng tuwan residhen ing Surakarta, dene karsa ngandika ingkang ngresepaken manah, tuwin karsa amitulungi, kalampahan kanjeng gupremen amaringipanggenan wonten palataran sangajenganipun dalem paresidhenan kapasangan tatenger pangenget- engetipun swargi bapa kula, ingkang kala rumiyin sampun suwita ing kangjeng gupremen ddos priyantun sakendel pangabdinipun kanthi manah seca tuhu, laminipun langkung saking kawandasa taun. ======Pawartos saking Surakarta kados ing ngandap punika. Kala ing dinten malem Senen kaping 5 Pebruwari 1867, utawi kaping 29 Siyam Alip ongka 1795, ing griyanipun Krama Sentika Kampung Samaitan, ingkang tebihipun kirang sapal saking kedhaton, utawi sakidulipun amung let wradinan, kaliyan griyanipun Kaliwon Kama- san ingkang bawahaken wanci pukul stunggal dalu kalebetan durjana kecu, ingkang anggujengaken, margi kecu wau mawi bekta obor malebet ing griya, kang sampun boten dipun anggeni kang gadhah griya sampun ngalih griya sanes sabarang gadhahanipun kabekta ngalih, wonten salebeting griya amanggih sepen amung angsal barang remeh, tumunten kecu misuh misuh seru, dhumateng kang suka tedah, sawedalipun kecu tyang estri kang tengga griya jelih- jelih, tongga tapalih kang badhe tandang pitaken durjana kecu amangsuli ngaken wonten pandung lumajeng mangilen, kabujeng sakacanipun amawi obor utawi ekta dadamel sawetawis tiyang ragi kathah dados tiayng kang tandang angintena manawi temen punika tyang abubujeng, boten nginten manawi punika durjanaipun ingkang lumajeng. ======Kauntunganing loterei ingkang minongka kauntunganipun gedhong ing Jati, kathahipun 50000 rupiyah, punika ingkang angsal ongka 1892, dene ingkang gadhah ongka wau, punika raden tumenggung Arya Cakra

Adisurya, bupati ing Ledhok, dados Raden Tumenggung Arya Cakra Adisurya punika ingkang anggadhai arta kauntungan seket ewu rupiyah, menggah raden Tumenggung Arya Cakra Adisurya punika awit saking saening panggaliyanipun, karsa anyukani, 500 rupiyah dhateng gedhong ing Jati wau. ======Ing Nederlan wonten kriya sowan ing ngarsanipunm pangadilan, gadhah panuwun, mugi kapegatna anggenipun sasemahan, amargi ingkang estri manawi tilem angorok sakalngkung seru, andadosaken boten saged dipun tilem ingkang jaler, sarehning ing ngangger boten anglilani pegatipun tiyang sesemahan jalaran saking sabab ingkang kados makaten wau, dados gugatipun kriya boten kaangsa- laken, dhawahipun pangadilan kriya kapurih angupados sarana piyambak ingkang saged angicalaken ngoroking semahipun. ======Saking pawartosipun ing tanah Dhitslan dereng lami wonten tiyang estri gadhah rare, sareng lair lajeng pejah, rare punika gadhah rai kakalih wonten sirah satunggil, kaprenah ing ngajeng, dene badaning jabang bayi sae saha limrah kados jabang bayi sanesipun, menggah jisiming jabang bayi wau ing sapunikanipun kakitunaken dhateng gedhong ingkang pancen damel angrawati samukawis maujud ingkang aneh-aneh. ======Wonten tiyang estri kala ing wulan Dhesember gadhah rare medal tiga sami estri, sareng enget sawulaning wulan Pebruwari gadhah rare malih medal kalih inggih sami estri, dados tiyang estrri wau ing dalem sadasa wulan dgadhah rare gangsal, menggah rare gangsal wau sami gesang saha wilujeng sadaya. ======Ing Liyon tanah Prangkrik tiyang amanggih saranaipun adamel gambar sorot wonten ing sinjang, kamli, sinjang sutra sapanung- gilanipun, dene dadosipun gambar sakalangkung enggal saha saked- hik sanget wragadipun, kalampahan para tiyang sami anyukani tondha gambar wonten ing sandhanganipun, boten kados ngadhatipun mawi katandhanan aksara namanipun ingkang gadhah sandhangan, menggah tondha gambar sorot ingkang katrapaken ing sandhangan wau manjing sanget saha boten saged ical manawi kakumbah. ======Boten tebih saking Londhon kithanipun ageng tanah Inggris wonten ara-ara pancen panggenan kewan mawi kaubengan ing pager ingkang kadekekan kori wonten saseratanipun ingkang amratelakaken kathah kedhiking bayaranipun kapal ingkang badhe kaengen wonten ing ngara-ara wau, bilih kapal ingkang buntung bayaranipun kirang saking ingkang jlamprah buntutipun, awt kapal ingkang jlamprah buntutipunmnawai anedha rumput boten mawi kendel, sanadyan kacokot tan ing lemut, boten dipun raos, awit buntutipun saged aggusah lemut, dene ingkang buntung buntutipun amesthi boten saged anggusah lemut, dados sakedhap-sakedhap mawi kendel angge- nipun anedha rumput, amargi kacokotan ing lemut. ======Pawartos saking Magelang anyariyosaken kados ing ngandhap punika: Ing nalika dinten Rebo tanggal kaping 9 wulan Januwari ingkang sampun kapengker, ing kitha Magelang wontenjawah ageng, wiwitipun jawah jam 12, siyang, dumugi jam 6, sonten, sareng ing wanci jam satengah gangsal osnten wonten titingalan ingkang aneh, toyanipun

jawah wau ingkang dhunmawah ing palataraning pandhapi ing kabu- paten ingkang sisih kilen warninipun abrit wungu kados toya secang, ingkang dumawah sawetaning pandhapi toyaning bening kados toyaning jawah ingkang sampun limrah, dene ingkang dhuma- wah sawetaning dalem toyanipun abrit, ing sakilenipun dalem wau warnining toya bening. Punapa malih kampung ingkang kadaleman ing para tuwan tuwan wonten sawatawis ingkang kadhawahan jawah toyanipun abrit kados ingkang kasebut ing nginggil wau, kaosta: griyanipun tuwan dhokter, tuwin tuwan weton sapanunggilanipun , dene ing kampung ingkang sami dipun griyani titiyang jawi, boten wonten ingkang kagadhahan toya jawah ingkang kados makaten wau. Toya jawah ingkang warni-warni wau andadosaken sakalangkung gumunipun para tiyang ingkang sami aninglai, awit ing salaminipun deeng nate wonten jawah ingkang makaten punika. ======Pipa katentremen ingkang aneh Salebeting prang ing tanah Dhitslan wonten kopral kataton sanget ing cethikipun kalampahan kenging kabandhang ing mengsah,sareng makaten kopral wau kabekta dhateng griya sakit, wonten ing ngriku tatunipun kabelek, kawedalaken balungipun igkang remuk kenging ing mimis, panjanging balung tigang dim wiyaripun sadim, srng balung punika sampun kawedalaken, kopral ingkang gadhah balung adarbe panuwun dhateng dhokter, mugi balung kaparingna dhateng piyambakipun, awit punika gadhahanipun, dhokter sakalangkung eram amireng panuwunipun kopral, sarta lajeng amaringaken balung dhateng kopral, salajengipun kopral saras, saha ing sapunika wonten ing Berlin kithanipun ageng ing tanah Prusi, Kopral wau asring dhateng griya pasewan, wonten ing ngriku kopral eses srutu kadekekaken ing pipa, dene pipa punika ingkang kadamel ba- lungngipun piyambak ingkang kapendhet dening dhokter saking tatunipun wau, menggah kopral anggenipun amastani pipa wau: Pipa Katentreman, amargi kopral sareng mentas kataton lajeng cotho, boten saged dhateng ing paprangan malih, dene warnining pipa sampun kados gadhing. ======Sareng kula badhe wiwit anglajengaken cariyos bab elmi Kodrat, kula pinuju anadhep serat jurumartani, ongka 8 aningali wangsu- laning murid ing pacrabakan nagari Surakarta, ingkang mratelakak- en anggen kula belakakaken manawi elmi kdrat , madhangaken pamikir salajengipun punika sadaya sanget umukipun , anjawi saking punika murid wau amastani manawi emi kodrat boten saged nadgangaken pamikir yen boten urut cariyosipun wiwit saking ngajeng. Wondene sakalangkung andadosaken bingahing manah kula, dene wonten murid ing Pacrabana nagari Surakarta, ingkang purun maoni anggitan kula, sabab punika anelakaken yen sampun ragi sumerep dahateng elmi kodrat, suprndene kulak lilanana jawab bab sume- langipun. Kathah ing lalampahan bab elmi kodrat punika tanpa wicalan prasa- sat saben dinten tiyang amanggih lalampahan enggal, mila saking pamanggih kula boten perlu sanget yen ta cariyos elmi kodrat, kawiwitan saking ngajeng: kadosta anggitanipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani bab prakawis guwa ing tanah Amerikah, punika inggih sampun kalebet ing elmi kodrat, saupami ing tanah

jawi ngriki wonten guwa ingkang kalangkung aeng makaten, tuwin boten kaupadosan jalaranipun, dene topi ingkang kabucal dhateng salebeting guwa, boten dangu kabucal medal saking guwa malih, punika saestu para tiyang alit lajeng amastani, manawi ing sale- beting guwa wonten dhemitipun, sarehning tiyang ing Amerikah sumerep dhateng elmi kodrat mila jalaranipun ingkang sayektos kaupadosan, mila kula mastani yen elmi kodrat amadhangaken engee- tan anyinakaken budi gugon tuhon, wondene bab prakawis umuk kula punika, manawi dhangan sampeyan kula aturi maos serat jawab kala dhateng Danasatata, tuwin Wigya Panitisastra, ing sapunika kula anglajengaken anggen kula badhe nyariyosaken bab elmi kodrat. Punika sambetipun papethikan elmu kodrat Sok tiyanga inggih sumerep manawi kawujudan ingkang wonten salebeting toya punika kedadosanipun entheng, awit saking suda wawratipun, ananging boten sadaya tiyang sumerep ingkang dados jalaran utawi kathah kedhikipun sudaning wawrat, pujongga Ari- medhes ing tanah Grikenlan anuju satunggiling dinten adus wonten ing lepen, nalika semanten lajeng rumaos manawi badanipun sanget sudanipun ing wawrat ananging taksih kodheng menggahing jalaranipun. Sakedhap antuk sasmita, saha lajeng padhang pikiripun awit saking sakalangkung bingahipun Aimedhes (archimedes) lajeng mlajeng sarosanipun dhateng ing griya, mawi bengok-bengok wis katemu, wis katemu, sandhanganipun sami katilar sadaya, awit saking kasesa tuwin bingahing manah, dados anggenipun mantuk dhateng griyanipun wau wuda. Wondene pujongga Aimedhes anggenipun bingah wau, awit sampun manggihi sarat badhe saged mangsuli pitakenipun raja ing Sirakuse ajujuluk Prabu Iro, sang prabu andikakaken mriksani dhateng Arimedhes punapa makuthanipun mas ingkang kakarsakaken damel dening tukang mas punika boten mawi kamomoran salaka, menggah katrangan jalaraning suda wawratipun wujud ingkang wonten sale- beting toya punika makaten. Kawujudan ingkang kalebetaken ing toya punika suda wawratipun dene sudaning wawrat sami akaliyan wawrating toya ingkang mluber, awit saking kapanggenan ing wujud kados ingkang sampun kateran- gaken ing Jurumartani ongka 6, mula pujongga Arimedhes saged ngawasaken punapa makutha wau anggenipun suda wawratipun manawi kalebetaken ing toya sami akaliyan mas ingkang sami awratipun akaliyan makutha, wah malih saged sumerep sapinten wawratipun mas salaka ing makutha wau, saupami makutha wau, wawratipun 18 pun saha angluberaken toya ingkang wawratipun 1,1/3 pun, dados mas ingkang ugi wawrat 18 pun kedah angluberaken toya 1,2/4 pun, mungka mas ingkang wawrat 18 pun amung angluberaken toya sapun, saupami makutha wau kadamel saking salaka, saestu badhe ngluber- aken toya 1,1/2 pun, dados makutha wau, ing ngatasipun mas suda- nipun kakathahen, 1/3 pun, ing ngatasipun salaka sudanipun kirang 1/6 pun. Katandhan Abdulatip. ======Para priyantun kaaturan uninga, manawi pamendhetipun lot loterei Samarang, taksih kalastantunaken ing kanggenipun manawi wonten ingkang karsa anglintokaken lot wau inggih kenging, wonten ing panggenan anggenipun mendhet ngajeng. Sekretarisipun n Ositit Amisitiyah, katandhan Brumsetedhe.

======Ing tokonipun tuwan Jaspres en ko tiyang saged pikantuk atumbas mangsi warni-warni, kadosta: cemeng; abrit, biru, ijem, wungu, tuwin jene. Punapa malih keret ageng-ageng, jidheran gelas tuwin kajeng sikon gelas, tuwin sanes-sanesipun. Katandhan tuwan Jaspress en ko. ======Tuwan Jaspres en ko gadhah panedha dhateng ingkang gadhah serat jurumartani ing taun 1864, tuwin 1864, wiwit wqking ongka sa- tunggil dumugi satelasipun, manawi purun amade serat Jurumartani punika, tuwan Jaspres en ko purun atumbas, mugi karsaha kapanggih kaliyan tuwan Jaspres en ko piyambak. Katandhan Tuwan Jaspres en ko. ======

Ongka 10, 7 Maret 1867 Pawartos warni-warni Saking pawartosipun ing nagari Walandi wonten tiyang sepuh sampun ngumur 88 taun, punika kagagriya wonten ing dhusun, gadhah anak putu tuwin sanak sadherek sakalangkung kathah awit saking angge- nipun sami sesemahan, kala kaping 1 wulan Januwari ingkang prenah anak kathahipun tiyang 15 ingkang prenah putu 193 ingkang prenah sadherek jaler 7, dene ingkang prenah kapenakan 317 dados gung- gung sada tiyang 537. ======Wonten tiyang estri ngumur 75 taun, sampun ompong untunipun telas sadaya, ananging lajeng thukul untu enggal malih, untu enggal punika lancip saha landhep, kaot kaliyan untunipun lami, ewadenten anyekapi kadamelo mamah samukawis ingkang katedha, saking pratelanipun para saged bab thukuling untu enggal ingkang kados makaten wau asring wonten, ananging awis sanget. ======Ing gedhong pakumpulanipun para saged ingkang sami marsudi dha- teng kawruh ing tanah Dhitslan, amratelakaken bab pangetanging grahana srengenge ingkang sapun katamtokaken , manawi ing taun 1867 punika, dhumawah ing wulan Maret kaping 6 punika badhe wonten grahana srengenge, ingkang peteng ing tengah, urut ping- giripun padhang tingal kados buwengan, dene ing wulan Agustus grahananipun srengenge ngantos telas babar pisan. ======Kanjeng tuwan ingkang wicaksana Baron Slut Panjebele, ingkang wau dados guprenur jendral sampun rawuh wonten ing Arenam tanah Nederlan, saha wilujeng ingkang sarira seger kasarasan. ======Ing tanah Amerikah wonten rare istri pejah, jalaran sakeng kale- betan kukunipun piyambak ing wadhukipun, cariyosipun kados ing ngandhap punika: Wonten rare asring anyokoti kukunipun piyambak, pangraosipun manawi kuku kacokotan pikantukipun saged resik, sareng angsal wolung dinten laminipun rare punika karaos sakit sanget ing wadhukipun, kalampahan andadosaken ing pejahipun, sareng rare pejah jisimipun kabedhel ing ngriku tiyang sumerep manawi wadhuk- ing rare tatu medal kados wudun, amargi wadhuk wau kalebetan tugelan kuku alit-alit, dados kuku tugelan wau ingkang andadosak- en pejahing rare. ======Wonten tiyang apitaken dhateng saradhadhu satunggil ingkang sanget wanteripun wonten paparangan ing tanah Koningrat, punapa ingkang dados jalaranipun dene saradhadhu punika sakalangkung teteg ing manahipun, saradhadhu amangsuli makaten: sareng kula mireng sanjata kawit mungel sapisan cipta kula yen kula sampun pejah sanalika punika anggen kula tangled kaos tiyang ingkang sampun boten gadhah nyawa. ======Ing muara tanah Hongkong wonten sandawa ambldhos ingkang anggi- girisi. Buubukanipun wonten baita kapal satunggilinkang sampun katampik punika kaael gudhang sandawa, ing waktu wonten baita kapal sane- sipun dhateng amurugi sandawa, kendel celak kaliyan baita kapal ingkang kadamel gudhang sandawa wau. Boten dangu baita kapal sakalaiyan punika sami mumbul ing gagana, isinipun sadaya tuwin sakathahing tiyang ingkang wonten salebetipun bait akapal sami tiwas, awit saking sanget rikating pambledhosipun sandawa wau, jisimipun para tiyang ngkang sami tiwas boten wonten ingkang kapanggih ing salah satunggal. Kalih dening malih para tiyang ingkang wonten ing baita celak kaliyan baita kapal ing ngajeng wau, inggih sami pejah nanging jisimipun saged kapanggih, cacah ing tiyang ingkang sami tiwas pejah kirang langkung 40 rahayunipun jangkaring baita kapal ingkang isi sandawa punika, ragi tebih saking muhara tuwin saking kitha, saupami celaka, pambledhosipun sandawa kathahipun kalih kethi pun amesthi angirisak samukawis ingkang wntening muaha tuwin ingkang wonten salebeting kitha, kapitanipun baita kapal ingkang katut kasangsaran wau wilujeng, awit ing waktu sandwa ambledhos kapiran punika panuju kesah dipun undang nedha wonten baita kapal sanesipun, sakathahing baita kapal ingkang wonten ing muhara sami angintuni baita, supados atutulunga dha- teng titiyang ingkang sami anemahi cilaka wau, ananging baita punika boten manggih punapa-punapa, namung manggih tatal kajeng tuwin tugelan kajeng agng alit. Wonten dhusun satunggil ingkang prenahipun celak kaliyan pangge- nan kendelipun baita kapal ingkang sami kasangsaran wau, punika anemahi pitunan kathah, cacahing griya ingkang samikarisakan gunggung 130 tugelan tosan tuwin tugelan kajeng sami ambelash wonten ing gumuk, wondening tanah Hongkong pitunanipun namung sakedhik, mongka pambledhosipun sandawa wau sakalangkung sora swaranipunngantos kamirengan saking panggenan ingkang tebihipun elet tigang dasa mil saking tanah Hongkong. ======Panuwun kula dhateng tuwan ingkang ngarang jurumartani, ingkang mugi srat kula punika kapacak wonten serat Jurumartani. Kula sampun maos serat Jurumartani, ongka 4, ingkang mawi anye- butaken kabar saking Batawi, anyariyosaken bilih kula tampi ganjaran saking Kanjeng Guprenemen, katetepaken ddos Onderwis- er, sarta kaganjar buselit, utawi mandhali pethakan, sabab katarimaha nggen kula mirsani serat Karopak sastra buda warni songa. Ingkang punika, kabar wau, sanget aseling serep, inggih sayektos kula tampi ganjaran serat buselit, utawi mandhali pethakan, ananging margi katarimah anggen kula damel serat cariyos inggal. Ingkang kaping kalih andadosna kwuninganipun para priyantun, pramila wangsulan kula punika lat sawetawis lami, sabab kala sampun anglebetaken kaping kalih punika, kala sanalika kula amirsani Jurumartani, dados ingkang kasebut ngajeng wau, kula inggih lajeng ngaturi wangsulan, sarehning kula wetawis lami dereng medal dados kula nusuli malih. Sinerat ing Batawi, Kemis kaping 28 Pebruwari 1867 Katandhan Panji Suryawijaya. ======Sambutipun elmi kodrat. Bab kendel tuwin ebahing wujud. Sawarnining wujud ing ngalam donya punika sami kendel utawi ebah, kadosta: meja tuwin lampu ingkang wonten sanginggiling meja wau, punika sami kawastanan kendel, ananging pitembungan kendel wau, pitembungan kalimrahanipun ngakathah, sayektosipun meja tuwin lampu wau boten kendel amargi lampu ametel ing meja, wangsul meja ametel siti, dados awit saking pametelipun wau meja tuwin lampus leresipun boten kenging kawastanan kendel, sabab taksih gadhah solah metel, kajawi saking punika bumi punika angubengi srengenge, kados ingkang kasbeut tuwin katrangaken ing elmi palak mila manawi kapendhet saleresipun boten wonten wujud ingkang kendel. Wujud anggenipun saged ebah punika kaping sapisan awit saking kadunungan daya, kaping kalih kedah wonten papanipun supados sageda ngalih panggenan, kaping tiganipun wujud wau kedah wonten mangsanipun supdos sageda aandumugekaken ebahipun. Ingkang kawastanan papan wau inggih punika panggenaning samukawis ingkang boten wonten wangkidipun, mila saking pamanggih kula sampun terang, dene wujud kedah wonten papanipun panggenan ebah, kadosta yen kula badhe amantek paku wonten ing kajeng, kathuthuk ing gandhen, punika amesthi kedah wonten papanipun supados kula sageda ngebahaken pirantos, wondene ingkang kawastanan mongsa, punika amung gentosing lalampahaning kodrat, kadosta, rinten agentosing dalu, utawi kosowangsulipun, rendheng agentosi katiga, sob agentosi rob sapanunggilanipun. Dados punika kasantuning lalampahan bab kodrat ingkang minongka wawatoning mongsa. pangebahing samukawis saestu kedah wonten mangsanipun, sabab manawi sampun wonten papaniun supados sageda angebahaken gandhen ingkang kasebut ing nginggil wau, mongka boten wonten mangsa- nipun dados papan tuwin pirantos wau boten wonten paidahipun. Barang ingkang ebah ingkang dipun titeni purug tuwin rikatipun ebahing kilat punika rikat ananging ebahing padhang [unika sang- saya rikat, angin ingkang limrah kemawon ing dalem samenit ebah 6- elo, mongka prahara ebahipun 2700 elo dados rikat ebahing prahara, tinimbnang akaliyan angin tikel, 45, kathah pujongga ingkang badhe sumerep rikating lampah ing samukawis. Saking pangetangipun para pujangga wau, lampahing keyong ing dalem sasekondhe 1/600 elo, tiyang lumampah ing sasekonthe 13 palem meksi garuda 28 elo, mimising senjata 360 elo. Wonten malih ingkang kacariyos bab ebahing maujud: Saupami bunderan punika kasenggol kalayan biting, amesthi lajeng ebah, ananging punapa sababipun dene bunderan wau saged ebah, mongka amung sapele saking panyinggoling biting, ing saderengipun kula nerangkaen pitaken punika, kula kedah mratelakaken rumiyin tegesipun tembung wlandi, atum utawi tembung sangkrita, anu, leres botenipun tembung sangkrita punika kula boten sumerep, mila para pujongga ing tanah jawi ingkang sami maos katrangani- pun tembung anu, sami saged aggalih leres botenipun pitembungan wau, katandhan Abdulatip. ======Kula sampun mariksani seratipun Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang kapacak wonten ing serat Jurumartani, ongka 21 Pebruwari 1867, ingkang suraos amung ngawon-awon dhateng ing kula, punika saklangkung sanget eramipun ing manah kula, dene Raden Tumenggung Mangkupraja, gadhah kajeng ingkang kados makaten, purun amacak aturan wonten ing serat Jurumartani, mongka ing yektosipun kula punika boten kanggenan arta pamenang ipun Raden Tumenggung Mang- kupraja, ingkang kapacak wonten ing serat Jurumartani wau, mongka pikudhungipun raden Tumenggung Mangkupraja, 2, iji wau kala alami pun raden tumenggung Amungpraja ing peken kaliwon lamenipun sapriki sampun 12, taun, sareng kula lampahaken raden ngabei Sumawikrama sampun ngajal boten tilar barang tuwin waris, Ngabei Sonta Praja aturipun dereng nate nampani karampungan krama wisi- pun kaliyan Radden tumenggung mangkupraja, sarehning prakawis sampun lami, kula mundhut serat pratondha, cepenganipun Raden Tu menggung Mangkupraja, kang saking ngabei Sontapraja, sampun boten wonten, dados kula sawek madosi katranganipun ing prakawis mau, tegesipun nagari wau boten kakirangan anggenipun galih dhateng ing panadilan, sareng Raden Tumenggung Mangkupraja, kenging prakawis kaleres bayar arta namung 160 rupiyah boten purun bayar, lajeng anggadhahi atur nyerepaken pamenangipun kang kasebut ing nginggil wau, kula boten kakirangan anggen kula dhawahi dhateng Raen Tumenggung mangkupraja, boten kenging yen prakawis punika saserepan, inggih boten merduli dhawah ing parentah, sareng kateksa ing parentah, lajeng amuring-muring, macak aturan kalebet ing serat Jurumartani, angawon-awon dhateng kula, punapa piyam- bakipun punika boten rumaos utawi boten kajat, yen angreksaha dhateng pangadilan dalem ing Surakarta, ingkang mongka raden Tumenggung Mangkupraja, ing ngajeng saking agenging kalepatan ngantos kabikak saking kalenggahanipun, saking pali marmanipun ratu kula ingkang sinuhun kanjeng susuhunan , lajeng kapatedhan pansiyun ngantos dumugi sapunika, ing wusana maksa taksih kanggenan manah ana cumandthaka dhumateng ingkang taksih kakersa- kaken nyepeng pangadilan, mila sakalangkung sanget eramip[un ing manah kula, yen taksihkadugekaken kajengipun Raden Tumenggung Mangkupraja, kenging kula wastani tiyang tanpa ngraos, dados kula upamekaken bangsanipun ing uler, kang nama kamitetep, leresipun raden tumenggung Mangkupraja , anggadhahi kaengetan anampeni pasiyanipun ing ratu, saha rumeksa dhateng pangadilan dalem ing Surakarta, mongka boten pisan malah damel ribet lampahing pangad- ilan. Menggah anggenipun purun-purun amacak prakawis raden Tumenggung Mangkupraja, wonten ing serat jurumartani, punika lampah sangking nagari pundi ingkang kaangge, punapa Raden Tumenggung Mangkupra- ja, boten sumerep, manawi tiyang gadhah gugat anyuwun leres, kedah majeng wonten sangarsanipun pangadilan, boten majeng dha- teng serat Jurumartani, lampahipun Raden Tumenggung Mangkupraja ingkang kados makaten punika, anelakaken manawi remen paben, kadadosanipun adamel awon dhateng sariranipun piyambak, tiyang anama priyantun kok boten sumerep dhateng margining kang leres, wekasan angicalaken kaprawiran, ngatingalaken bodhoning manah, awit tiyang remen paben punika dede ampahing priyantun, mung manggen lampahing bongsa asor, Raden Tumenggung Mangkupraja, sampun anginten, manawi kula ajrih bab anggenipun damel dongeng angawon-awon tiyang wonten ing Jurumartani, O, punika tebih pangraos kula, awit manah resik punika, boten ajrih dhateng panggodha, ingkang medal saking manah remen paben kaos raden Tumenggung Mangkupraja, tiyang mastani dora dhateng priyantun, punika boten kenging kadamel gampil, punapa malih ing ngajeng Rden TUmengggung Mangkupraja, sampun nate nyepeng paparentahan- bokmanawi, lalampahanipun kala samanten asring doraning dhateng kalerehanipun, dados kenging kawastanan sampun kulina dora, tiyang ingkang sampun kulina dora punika, asring anyamekaken tiyang sanes piyambakipun anggenipun remen dora.

Ingkang punika Raden Tumenggung Mangkupraja, kula emutaken sampun purun malih adamel dongeng wonten ing serat jurumarttani bablampahing tiyang prakawisan supados ing tembe sampun ngantos adamel kalingseman, manawi raden Tumenggung Mangkupraja rumaos leres, prayogianuwuna leres dhateng pangadilan pradata dalem, bab prakawis ipun ingkang kagelaraken wonten ing serat Jurumarta- ni. Kaserat ing dinten Ngaat tanggal kaping 26 wulan Sawal taun Alip, ongka 1795: Tumagurajaniti. ======Cariyos aneh. Wonten murid ingkang kawulang wonten pamulangan ageng ing nagari ngamonca, panuju ing satunggil dinten kadhatengan rencanging tiyang sepuhipun, rencang punika amaringaken salam pandonganing titiyang sepuhipun, murid sakal;angkung bingah ing manah, anampa- ni utusanipun titiyang sepuh, lajeng apitaken bab kawilujenganing titiyang sepuhipun, saha kados pundi ingkang dados pakabaranipun ing griya, sarehning anggenipun wonten nagari ngamonca sampun lami, dados murid punika badhe sumerep ing pakabaran wau. rencang mangsuli: boten wonten pakabaran punapa-punapa, amung peksi sampeyan jalak punika pejah, murid apitaken malih: iya gene nganti mati, apa saka kurang pangopene, rencang mangsuli: menggah pangopenipun boten kirang sae, pejahipun punika awit saking kakathahen anggenipun anedha wowohan, murid tumunten apitaken bab kapal rakitanipunn ingkang rama, wangsulanipun rencang inggih sami pejah, murid sakalangkung gumun, saha lajeng apitaken ing- kang ddos sababing pejahipun kapal rakitan, rencang mangsuli: kapal rakitan punika sayektosipun boten kalampahan pejah, bilih boten kacengkakaken dipun angge mendhet toya, daos saking rakaos- ing damel ngantos sami ambruk lajeng pejah sadaya, murid saka- langkung kodheng ing manah, sareng mireng manawi kapal rakitan kaangge mendhet toya, lajeng apitaken dhateng rencang makaten: jarran rakitan diangggo jupuk banyu kapriya, sarta banyu arep digawe apa, rencang mangsuli: toya badhe kadamel amejahi latuning griya kabesmi, murid sangsaya kodheng ing manah, lajeng apitaken malih; omahe sapa kang kobong, rencang mangsuli: dalemipun rama jengandika ingkang kabesmi, murid sangsaya susah ing manah, nunten apitaken ingkang dados jalaranipun kabesmi, wangsulanipun rencang, awit saking kirang angatos-atosipun para abdi anggenipun sami ambekta obor, sareng murid mireng manawi para rencang sami amekta obor, sangsaya boten saged anggayuh ingkang dados pikajen- ganing pitembungan punika, lajeng pitaken makaten: obor digawe apa, rencang mangsuli: kadamel ngobori ing pambektaning layonipun ibu jengandika, murid ing sanalika salajeng sumlengeren, ngantos dangu boten saged wicanten, wasana enget malih, saha lajeng pitaken bab gerahipun ingkang ibu wangsulanipun rencang, menggah gerahipun ingkang ibu amung sakedhap kemawon lajeng seda, dados sedanipun ddakan, murid apitaken: dadakan kapriya, wangsulanipun rencang makaten: awit saking kasekelaning manah, amargi abdinipun estri ibu jengandika mangangge sandhangan ing- kang sakalangkung sae, saha lajengnmedal wonten ing pasamuwan, kawuningan ingkan gibu, kadadosanipun ingkang ibu nandhang gerah, boten ngantos dangu lajeng seda.- ======Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor

lelang ing Surakarta kala ing wulan Nopember 1866, ing mangke sami kaemutaken , mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelasin gwulan Maret punika, manwi boten angleksanani ing pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadi- lan. Surakarta kaping 1 Maret 1867. Ingkang nguwasani kantor lelang, katandhan tuwan Bosower. ======Salebeting bank arta ing nagari Samarang tiyang saged pikantuk atumbas uwang mas inggris awarni dhukat tuwin dinner kina. ======Ing tokonipun tuwan Jasprews en ko tiyang saged pikantuk atum- bas: Orgel mawi tambur, regi 175 rupiyah bayar kenceng, Orgel punika saged mungel wolung gendhingan, katandhan tuwan Jaspres en ko. ======Ing tokonipun tuwan Jaspresw en ko mentas atampi jidaran kajeng tuwin gelas, jidaran punika wonten ingkang pasagi tuwin gepeng, saha warni bab ageng alitipun. Katandhan tuwan Jaspres en ko. ======

Ongka 11, 14 Maret 1867 Pawartos warni-warni Pethikan saka layang kakancingane kanjeng tuwan Gupernur Eneral ing Indiya Nederlan. Bogor, kaping 28 Pebruwari 1867. Kanjeng tuwan Gupernur Eneral sawuse amiyarsakake rembuge para kanjeng tuwan Rad ing Indiya Nederlan karsa anamtokake kaya kang kasebut ingsor iki. 1. Kopi ingkang kudu kaladekake marang kanjeng gupernemen ing sajroning taun, 1867 pametune ing tanah jawa, lan pametune ing tanah Sumatra bang kulon apa maneh pametune ing paresidhenan Menadho, iku kang angladekake bakal tompa bayaran, 13 rupiyah ing dalem sadhacine bobot satus kati. 2. Mungguh kopi pametune ing nagara Ngayogyakarta lan Surakarta, ing sajroning taun 1867, kang kaladekake ing kangjeng gupernemen aliya saka bayaran marang kang angladekake mau, para ratu ing karaton loro iku bakal anampani pituwas kehe, 10 rupiyah punjul, 34 sen ing dalem sadhacine bobot satus kati, dene para kanjeng pangeran kang ora kareh ing liyan lan kang padha angladekake kopi dhewe, iku bakal tompa bayaran 23 rupiyah , punjul 34 sen sumu- rup panggawa lan pituwasing kopi, 3, ing paresidhenan Preyanger Regen Sekap wong kang ngladekake kopi ing sajroning taun 1867, ing dalem sadhacine bobot satus kati, bakal tompa bayaran 6 rupiyah, punjul 50 sen dene wong ing paresidhenan Banyuwangi bakal anampani bayaran 7 rupiyah, punjul 96. Kopi pametune tanah ing Pacitan kang panggilinge sarana banyu, lan kang kaladekake marang kanjeng gupermen ing sajroning taun 1867, aliya saka bayaran, 13 rupiyah kang wis kasebut ing dhuwur mau, kang angladeke bakalkaparingan ganjaran, 83 sen ing dalem sadhacine bobot satus kati. 5. Wong kang angladekake kopi teles utawa kang isih klothokan abang, ing sajroning taun 1867 iku bakal anampani bayaran sapara nem mesaka rega kang wis katamtokake ing ngatasing kopi kang garing. Terang dhawuhe kanjeng tuwan gupernur Eneral katandhan Algemen Sekretaris , Kanjeng Tuwan Watendhoref. ======Ing dhusun Gebug bawah ing Kudus wonten tiyang estri satunggil arencang lare medal tiga, punapa malih ing dhusun kanggon bawah ing Bajanagara, wonten tiyang estri awasta Bok Gilah ugi arencang lare medal sakawan gesang sadaya, Bok Giyah punika ing ngajeng malarat sareng rencang lare medal sakawan wau ragi kacekapan awit kathah tiyang sami dhateng ing griyanipun aningali lare sakawan sabiyungipun wau, saha antukipun mawi anilari arta slaka minongka dados tedhanipun lare sakawan punika. ======Ing kamung Jayaningratan bawahing Ngayogyakarta, wonten wit kenari satunggil uwohipun werni nongka, kalih dening malih ing dhusun Ngalipuru ugi bawah ing Ngayogyakarta, wonten wit gayam satunggil ingkang salaminipun deeng nate sekar, awit karukipun dereng ngatos dados sekar lajeng sami rontog, saking cariyosi- pun tiyang, bilih wit gayam punia ngantosa sekar, ing nagari Ngayogyakarta badhe wonten sangsara ageng. ======

Tiyang jawi awasta Maya Sentika ing dhusun TEgal Gendhu bawah ing Ngayogyakarta, adarbe reca tembagi satunggil damelan alam jaman buda, inggilipun nem dim warninipun memper dewa ringgit wacucal ing salah satunggal kawujudanipun lenggah ing wingkingi- pun mawi songsong, reca punika sampun kaawis ing tiyang badhe katumbas tigang ngatus rupiyah, ananging ingkang gadhah boten suka, wicantenipun reca wau dados jimatipun katumbasa ing ngarta sapinten pintena, badhe boten kasukakaken. ======Kala tanggal kaping 28 wulan Januwari taun punika tiyang jawi anama Pak Soriman ing kampung Tlaga bendhung bawah Gresik kesah sarengan semahipun asade kupat dhateng ing Bum anakipun taksih lare awasta Senonah katilar ing griya kareksa ing ninekipun, Lare wau saweg umur nem wulan sarta ing salebetipun sawatawis dinten gadhah sasakit gomen ingkang andadosaken sumelanging bapabiyungipun, Ninekipun lare punika anama Bok Buwang, ing waktu pak Sariman kalih semahipun sami kesah sade kupat kemutan ing cariyosipun tiyang, bab jampi ingkang saged anyarasaken sasakitipun lare wau, saha anulak sampun ngantos sakit malih ing salajengiun, menggah jampinipun lare alit ingkang lair dereng mangsanipun leres kakadospun Senonah wau, punika saking petanganipun bok Buwang piyambak mila lare sasakitan boten wontensanesipun tiyang adang sekul. Ing sadangonipun bapa biyungipun lare senonah kake- sahan bok Buwang badhe anyoba ngetrapaken jampi wau, lajeng adamel latu, keren kaetrapan dandang tembagi mawi kaisenan toya, wah kapasangan kukusan kados caranipun tiyan estri manawi adang sekul, sareng bok Buwang anginten ten toya kang kagodhog punika sampun umob lare senonah lajeng kalebetaken ing kukusan dngoni- pun ngantos satengah panginang, sareng lare kawitt jelih-jelih tumunten kaentas saking kukusan katingal awakipun ing swatawis panggenan sami mlonyoh, andadosaken susah ing manahipun bok Buwang. Sareng bapa biyungipun rare mantuk sarta aninglai anakipun tiwas kados kang kapratelakaken ing ngajeng wau, sanget anggenipun sami muring-muring mawi ajelih-jelih, lare senonah lajeng kajampenan ing dhokter, mlonyoh ing badanipu saged saras ananging elet sawatawis dinten lajeng pejah. Bok Buwang getun sanget awit anggenipun anjampeni wau pangajeng-ajengipun lare sageda saras mongka ing mangke malah andadosaken pejahipun. ======Ing nalika pangukuripun saganten ing tanah Prangkrik ingkang dados pangeng anjenengi pangukur punika, anyukani semprong endah dhateng satunggiling kapitan baita kapal, semprong punika saking paparingipun kanjeng Gupermen ing tanah Prangkrik mawi kanthi panrimah, awit kapitan wau ambek asih dhateng sasamining tumitah, sampun amitulungi tiyang neneman satunggil ingkang ngreksa kamar- ing baita kapal ingkang panuju risak, ing satiwasipun para tiyang tuwin barang ingkang wonten salebetipun baita kapal puni- ka, awit saking kasangsaran tiyang neneman wau anggenipun wonten salebeting baita kapal ingkang risak laminipun ngnatos kawan welas dinten sarta piyambak kemawon, panuju kawitan wau kesah layar, aningali wonten baita kapal risak sareng kapitan anyelaki baita punika, sumerep ingkang wonten salebetipun baita namung tiyang neneman wau, katingal sampun jalenter, ananging sareng

kapulasara dhateng kapitan boten dangyu sanget malih sarta anggadhahi kakiyatan sakajengipun mulya kados wingi uni tuwin saged mantuk dhateng nagarinipun. ======Bab trapipun angawontenaken ungel, saha panggendengipun ungel wau. Manawi tiyang ungelaken piyano kaliyan tanganipuningkang satung- gil, tangan ingkang satunggilipun kagepokaken tumempel ing plang- kaning piyano ngandhap, punika tiyang laejeng karaos getering ebahipun plangkan wonten ing tanganipun ingkang tumempel wau. Punapa malih manawi tiyang angewuwuri pasir sawatawis wonten ing kajenging biyolah, oasir punika lajeng pating cerolot boten mawi kendel bilih biyola wau kaungelaken, manawi tiyang ngungelaken Orgel ingkang sakalangkung sora ungelipun wonten salebeting karma, mongka ing meja salebeting kamar punika panuju kadekekak- en gelas anggur kalih iji, kaadegaken jejer, saha pinggiripun meh badhe gepokan, punika saangunipun Orgel mungel pinggirinh gelas anggur wau kalih pisan amesthi badhe sami gepokan piyambak amungel kumlinthing. Panyoba sanesipun kados kados ingkang sampun kasebut inginggil wau, punika kathah kemawon saha boten kenging kawical, panyoba punika anelakaken , manawi wontening ungel jalaran saking geter- ing ebahipun maujud, dene ingkang dados sababing ebahipun wau, awit saking pangangkah ing maujud anggenipun badhe pulih ing dhapur tuwin sumelehipun ingkang wau saderengipun geter ebah. Manawi sacelakipun maujud ingkang geter ebah wonten maujud sane- sipun ingkang saged madal, maudjud ingkang saged madal punika inggih lajeng tumut geter ebah, makaten ugi geteripun wau saged kagendeng ngantos tebih. Maujud ingkang sakalangkung sanget sagedipun madal, punika kaprenah kacelak kaliyan maujud ingkang kaungelaken, maujud wau lajeng sangsaya sanget anggenipun tumut geter. Boten wonten maujud sanesipun ingkang sakalangkung gampil sage- dipun lajeng tumut geter kaliyan maujud ingkang kaungelaken anjawi saking awa ngkan sakalangkung sanget madalipun, awa punika anglimputi dhateng sawarnining maujud, sayektosipun awa punika anampani getering maujud ingkang kaungelaken, kabekta tebih ngantos dumugi salebeting kuping panggenan pamireng ingkang kawastanan Ehurplis tegesipun: kenthengan pamireng, punika lajeng tumut geter, kadadosanipun tiyang saged amireng dhateng ing ungel, mila awa punika kenging kawastanan juru pambekta ungel, saha adamel sagedipun tiyang sami cacariyosan bab raosing manah, awit saking wicantenipun. Manawi awa juru pambekta ungel dhateng salebeting uping wau, sampun kayektosan saking panyoba ingkang sampun kaalaman kaping pinten, pratelanipun makaten: jam kadekekna ing panggenan ingkang sampun kabucal awanipun, kadosta: kadekekna wonten salebeting pethi ingkang rapet sanget, amesthi ungelipun jam punika boten patos kamirengan utawi boten kamirengan babar pisan, manawi tutuping pethi kabikak, ungeling jam lajeng kamirengan seru, amargi pethi wau lajeng kalebetan ing awa ingkang ambekta unge- ling jam lumebet dhateng kuping. Manawi bahde sumerep, kados pundi lampahipun geter, saha punapa ing sayektosipun kenging kawastanan geter wau, punika amendhet tatangsul lajeng kapanthenga, manawi wangsul sampun kapantheng,

kaduduta lajeng kaeculna, awit saking sagedipun madal tangsul punika lajeng ebah wansal wangsul ageter, andadosaken ngombak utawi geteripun aha, menggah pangombakipun wau sami kados pangom- baking toya, bilih kacemplungan ing sela, pangombaking toya kados buwangan ingkang sangsaya dados ageng tuwin kentho lampahipun mawi-mawi tebihipun saking panggenaning wiwitipun ngombak, maka- ten ugi lampahing pangombakipun awa, Ungel punika sangsaya tebih sangsaya suda ing serunipun, sampun kacoba saha kaetang, kayektosanipun manawi ungel punik sangsaya suda serunipun atunggil sabab kados indhakipun pasagining tebih, kadadosanipun manawi tebihipun mindhak kaping kalih, ungel suda serunipun kaping sakawan , manawi tebihipun mindhak kaping tiga, sudanipun seruni ungel kaping sanga, salajengipun makaten. Sanadyan sampun tetela, manawi seruning ungel enggal sudha kat- hah, ewadenten ungel punika kasageda kamirengaken sakalangkung sanget tebihipun, mila makaten kala tanggal kaping 4 wulan dhe- sember 1833, beteng ing Anwerpen tanah Bel i kamriyeman, punika ungeling mariyem kamirengan tebihipun ngantos lampahan 106 jam. ======Cariyosing parawan ingkang darbe akal kinaot. Wonten satunggal lare estri parawan anaking tiyang sikep ing dhusun Karuman, wasta pun Legi awon warnipun, punika anggadhahi sir remen dhateng rare jaka wasta Mas Agus Soma, warniniun langkung bagus, anakipun Kyai Jagadrana demanging dhusun Karuman ing ngriku, sarehning pun Legi wau sampun rumaos boten saged kalampahan, sabab piyambakipun warni sakalangkung awon utawi anaking tiyang Sikep, dados tansah mangu-mangu gandrung ing manah. Sareng panuju ing satunggal dinten lajeng gadhah pambudidaya, pun Legi ing dalu reka-reka angingpi, enjing piyambakipun anangis kalara-lara sambat-sambat anankipun pejah, embokipun awasta biyang Legi amurugi pitaken, ana apa angger kowe nganggo nangis sambat-sambat anakmu, apa kowe wis duwe anak, mongka kowe isih parawan, lajeng anakipun mangsuli: sarta cariyos, O, iya talah embok aku mau bengi angimpi: katon dadi bojone mas Agus Soma, nganti kalakon anak-anak siji metu lanang rupane luwih bagus, ana ing kanane putumu mau lagi wayah cumucud banjur mati, mulane aku anangis, sareng embokipun dipun cariyosi makaten lajeng tumut nangis sesambat iya talah putuku-putuku angger, tumunten bapaki- pun awasta Cadima murugi pitaken lajeng dipun cariyosi makaten inggih lajeng tumut nangis, kakekipun awasta Ki Camuka dhateng pitaken dipun cariyosi inggih lajeng tumut nangis, sarta paman- pamanipun utawi tongga tepalihipun sami dhateng pitaken dipun cariyosi inggih lajeng sami anglud anangis. Sareng makaten ngantos kauningan dhateng Kyai Demang Jagadrana, kapriksa bapakipun kang wwasta Ca Dipa matur, O, boten kados sadara mas demang: kala wau dalu anak kula pun legi supena, katingal dados rayatipun putra sampeyan mas Agus Soma, kalampahan ngnatos anak-anak satunggal medal jaler: nanging saweg wanci cumucud lajeng pejah, sareng demang Jagadrana dipun cariyosi makaten lajeng tumut nangis, Nyai Demang Jagadrana dhateng dipun sanjangi inggih lajeng tumut nangis, tumunten anakipun kang wasta Mas Agus Soma dhateng pitaken dipun cariyosi inggih lajeng tumut nangis, dados tiyang sadhusun sami anangis sadaya, sareng kaumi- pun ing dhusun Karuman awasta Ki aman Ngarip dhateng lajeng

pitaken: punika kinging punapa inggih: tiyang sadhusun sedaya sami anangis punapa ingkang dados bubukanipun, Kyai Demang jaga- drana mangsuli: O, iyatalah Amangarip, ingkang dadi wite anake si Cadipa kang aran si Legi, mau bengi angimpi katon dadi bojone anak ku si Soma, kala kon nganti anak anak siji metu lanang, wayah lagi cumucud putuku mau banjur mati, mulane pada anangis, Kyai Amanngarip lajeng matur malih, manawi makaten dara mas Demang prayoginipun, putra sampeyan mas Agus Soma lajeng kadhau- paken kemawon kaliyan anakipun adhi Cadipa kang wasta pun Legi, awon ingkang sampun pejaj denten ing benjing badhe puputra malih medal jaler dados ageng, Kyai demang Jagadrana amangsuli: mungguh rembugmu iku iya prayoga, sareng sampun sami golong rembagipun lajeng kadhaupaken, kadadosanipun inggihlajeng anak-anak medaling jaler. ======Cariyos aneh-aneh Wonten tiyang dhusun apitaken marginipun dhateng kunjaran nunten wonten tiyang ingkang mangsuli makaten: dalan iki turuten, manawi wus gadhug ing kono ana omah ing kemasan, omah iku banjur lebo- nana, sarta anjupuk kasuru salaka siji kang lagi di garap dening Kemasan, yen wis kalakon kajupuk, amesthi ora nganti suwe kowe banjur tekan ing kunjaran. ======Wonten jajaka saweg sapisan adus ing lepen, wonten ing ngriku jajaka punika katiwasan badhe pejah kabalabag ing toya, manawi boten katulungana ing tiyang, amesthi kalampahan anemahi pejah, sareng sampun kaentasaken, jajaka kawedal supaosipun, pitembunga- nipun makaten: sajeg ku urip ana ing ngalamdonya aku ora gelem anymplung ing banyu sadurunge aku baud anglangi. ======Mung sapocung: bilih sambada ing kalbu, nira tuwan ingkang, angarang jurumartani, kula atur panjurung karsa saha macak. Ing srat juru: martani supadi muhung, sangya kang nungka- ra, parenga pangalih mugi, ambatang mring cangkriman kula punia. Wonten wuju:d kang wrintan ngamet saestu, kang ngambil tan nedha, kang bukti tan tuwak awit, tuwakipun wonten ingkang datan nedha, Kula pun Onggamina. ======Para tiyang ingkang sami anyambutaken dhateng Nyonya E.E.M. Ponsetrakah ing Surakarta, sami kaaturan angalempak kang wonten gedhong Pakumpulanipun para dagang ing Samarang, benjing ing dinten Jumungah kaping 22mwulan Maret punika, wanci pukul kalih siyang,supados amratelakna sambutanipun Nyonyah Ponsetrakah wau, mawi anedhah kaserat pratondha, lajeng badhe amirengaken aturani- pun ingkang gadhah sambutan bab prakawisipun, punapa malih badhe angedum barang darbekipun. Samarang kaping 1 Maret 1867 katandhan tuwan Fandhedhem. ======Salebeting bank arta ing nagari Samarang tiyang saged pikantuk atumbas uwang mas Inggris awarni dhukat tuwin dinar kina. ======Ing tokonipun tuwan Jaspresw en ko mentas atampi jidaran kajeng tuwin gelas, jidaran punika wonten ingkang pasagi tuwin gepeng, saha warni bab ageng alitipun.

Katandhan tuwan Jaspres en ko. ======Ing tokonipun tuwan Jasprews en ko tiyang saged pikantuk atum- bas: Orgel mawi tambur, regi 175 rupiyah bayar kenceng, Orgel punika saged mungel wolung gendhingan, katandhan tuwan Jaspres en ko. ======

Ongka 12, 21 Maret 1867 Pawartos warni-warni Kanjeng ratu ing tanah Nederlan kawartosaken anemahi sangsara, kados kang kasebut ing ngandhap punika: Kanjeng ratu wau panuju miyos saking kadhaton dalem piyambak karsa tedhak dhateng kadhatonipun ingkang putra kakung, wonten amargi dhawah ing siti awit saking kapleset, saking kanteping dhawahipun ngantos suma- put ing paningal, wonten saradhadhu satunggul sareng sumerep Kanjeng ratu dhawah, lajeng amitulungi angangkat sariranipun, tumunten wonten ajudhanipun kanjeng raja satunggil medal saking kadhaton amurugi panggenanipun kanjeng ratu, saradhadhu kaliyan ajudhan wau lajeng sami ambayang kanjeng ratu kabekta lumebet ing dalem kalangenanipun kanjeng raja, ingkang dados pangajeng- ajenging kathah, dhawahipun kanjeeng ratu punika mugi sampun ngantos andadosaken jalaran gerah dalem sanesipun. ======Ing kabupaten Gunungkidul bawah ing Ngayogyakarta, wonten maesa satunggil buntutipun kakalih, ingkang satunggal dumunung wonten panggenan ingkang sampun limrah, satunggalipun thukul wonten ing pupu wingking ingkang kiwa, maesa ingkang buntut kakalih punika ing mangke sampun umur tigang taundadosaken bingahipun ingkang nggawa awasta Krama Sentana, sabab maesa wau jinak tuwin miturut sarta kuwawi kaetrapaken ing damel. ======Ing kabupaten Bantul bawah ing Ngayogyakarta, wonten tiyang wuta awasta Gunasemita, punika angeram-erami dhateng sadhengaha ti- yang, pundi ingkang amirengaken samasa Guna Semita wau anabuh gongsa utawi andhalang ringgit wacucal swaranipun sakeca kamiren- gan pitembunganing cariyos prayogi sanget sarta turut angresapak- en manah, bilih Guna Semita angatogaken kasagedanipun titiyang ingkang nonton sami angrubung sarta andongong. ======Kala tanggal kaping 21 wulan Januwari taun punika, wonen tiyang jawi awasta Rajaya, griyanipun ing dhusun Talagaipang bawah ing Demak panuju angresiki gadhahanipun waos lenggah wonten ing undhak-undhakan griya, boten dangu anakipun estri lare umur tigang taun lumajeng amurm lenggah nunggil kaliyan Rajaya. Sarehning Rajaya kuwatos bilih anakipun wau ngantosa kacocok ing waos dados saking pikajenganipun lare badhe kacengkah kaliyan tanganipun ingkang satunggal tangan satunggalipun malih taksih anyepeng waos badhe katungkulaken ananging anggenipun anungkulaken waos punika boten kaleresan waos anjojoh wetengipun Rajaya kataton sanget ngantos kalenger dhawah ing siti, rahayuni- pun Rajaya boten pejah. ======Para walandi bongsa Ingggris ingkang eses sata, ing waktu sapuni- ka sami karem eses ingkang kawastanan sata Kapendhis, sata punika kaabenan kaliyan lisah wangi, gendhis tuwin rum ambetipun seger angapenginaken tuwin raosipun eca amatagihi, ujudipun sata wau warni kados emplok-emplokan sokelat tiyang ingkang ajeng eses angiris sata punika sacuwil lajeng kawenyet ing driji sakedhap tumunten kalebetaken ing cupak pipa ingkang sakalangkung alit empaning sata tamban anuwukaken ingkang eses, ingkang miwiti eses sata makaten punika titiyang ing tanah Amerikah, titiyang ing tanah Inggris tuwin ing tanah sanes-sanesipun malih inggih sami

aniru eses, wondening caranipun tiyang eses sata ingkang mawi kaabenan kados kang sampun kapratelakaken ing ngajeng wau, punapa andadosaken kuwarasaning badan langkung malih padhanging pikir utawi botenipun ing tembe badhe katawis. ======Ing Surabaya wonten tiyang jawi paben kaliyan semahipun, sareh- ning pun estri punika ajrih yen ngantos saka aniaya dhateng kang jaler, lajeng umpetan salebeting griya, wonten panggenan ingkang kablabaran lisah petroliyim awit wadhahipun ples pecah, sreng tiyang estri wau tileman wonten ing panggenan punika, pangang- genipun teles kenging lisah ingkang blabar, ingkang jaler angupa- dosi dhateng semahipun mawi ambekta colok sareng sumerep ingkang estri tilem lajeng kaget sarta angretahaken babektanipun colok ingkang taksih murup latonipun, boten dangulatu punika mubal anyaladi tiyang estri ingkang tilem wau, awakipun kenging latu sami mlonyoh andadosaken pejahipun. ======Bab rikat panggendenging ungel. Sok tiyanga amasthi sampun mespaosaken yen kawontenanipun ungel punka boten kamireng an ing sanalikanipun tiyang angawontenaken ungel wau, kadosta manawi tiyang nyemethi katingal saking kateb- ihan saestu ungeling camethi boten kamirengan ing sanalikanipun ungelaken, dados pamirengipun wau ragi kasep, makaten ugi gelap pamirengipun terkadang ragi dangu boten smi kaliyan paningalipun kilat mongka gelap tuwin kalat wau sam dadosipun. Saupami wonten redi kakalih ingkang sampun kaserepan tebihipun, ing nginggilipun satunggil-tunggiling redi wau kadekekan mriyem, saha wonten tiyangipun ingkang sami bekta arloji, mriyem punika kedah kaungelaken genti-genti letipun sadasa menut, manawi mriyem ingkang satunggil kaungelaken tiyang ingkang wonten ing redi sanesipun kedah ames paosaken pangubaling sandawa, sarta mawi aningali arlojinipun, manawi piyambakipun amireng ungeling mriyem inggih ugi kedah ngawaosaken Arlojinipun tuwin lajeng nyatheti kathah kedhiking sekondhe, ingkang sampun kaliwat ing saantara- nipun pangubaling sandawa tuwin ungeling mriyem, sabab kathah kedhiking sekondhe wau anelakaken danguning panggendengipun ungell wau saged dipun kamirengan ing redi, kang satunggal maka- ten ugi patrapipun tiyang ing redi ingkang satunggilipun, panyo- ba makaten wau anelakaken yen panggendenging ungel punika ing dalem sasekonthe 332 elo, wondene panggendenging ungel punika sangsaya rikat manawi juru pambektanipun ungel anglangkungi keket tinimbang akaliyan hawa. Katranganiun makaten rikat bab panggendenging ungel ing salebeti- pun toya punika tikel kaping 4 1/2 tinimbang manawi wonten ing hawa, ing salebeting tembaga tikel kaping 12 ihg salebeting gelas lan tosan tikel kaping 16 pratelanipun dene toya saged anggen- deng ungel terang saking ulam ingkang wonten ing blumbang, punika saged mireng singsotipun tiyang ingang badhe nyukani tatedhan jalaran ulam wau lajeng sami katingal makaten ugi tiyang saged mireng panggerutinpun kajeng balok manawi talingan katempelaken dhateng balok wau, punapa malih manawi tiyang mendhet sendhok salaka kagandhulaken ing benang kakalih, pucuking benang kagepi- kaken ing talingan utawi bathuk, manawi sendhok wau kabentulsaken ing maujud amasthi ingkang nyoba wau amireng ungel soranipun sami akaliyan ungeling gentha, katandhan A, La.

======Kula sampun wuninga seratipun Raden Tumenggung Rajaniti: katiti- mangsa kaping 26 Sawal taun Alip, ongka 1795 kang kapacak juru- martani Kemis ping 7 Maret taun 1867, kang suraos kula sampun sumerep sedaya, dene serat kula wangsulan dhumaeng raden Ngabei Ongga Atmaja, kupiyanipun kula pacak jurumartani sangking sanget gumun sarta eram manah kula, awit wuwus jengandika kang kawrat srat katiti mongsa ping 20 Januwari taun 1867, kang dhumateng raden ngabei Ongga Atmaja, lajeng kakintunaken dhateng kula, suraosipun kula jengandika westani gadhah atur dora parentah, lan jengandika mukir boten nate kula cadhongi karampunganipun gadhahan kula pikudhung, 2, iji, mila serat jengandika kupiyani- pun kula pacak jurumartani supados priyantun kang agung-agung kang sring tampi murumartani, ngawuningana saha animbanga wau prakawis sinten kang ngawit rumiyin utawi amestanana siten kang dora, punapa kula punapa jengandika, sabab kula sampun sumerep jengandika boten dhamang, lan boten terang ningali saseratan, utawi botena pil suraosipun serat, samangke leres pethek kula, menggah serat jengandika wangsulan kang kapacak jurumartani wau, suraosipun kaletu sadaya, lan boten tumemep kaliyan serat kula kan jengandika wangsuli, saking manah kula jengandika namung gething muring atawi digung adiguna kang wonten , dene kang leres, samangke jengandika ngaken sumerep gadhuhan kula piku- wung, 2, iji, kawastan alamipun raden tumenggung Amongpraja peken kaliwon, samangke laminipun sampun kalih welas taun, lan jengan- dika ngaken sampun dhawahaken parentah dhatng Sontaprajan, lan jengandika mestani raden `Ngabei Sumawikrama sampun ajal boten tilar barang tuwin waris, punika jengandika kula wastani dora malih, sabab Raden Ngabei Sumawikrama wau gadhah waris, 1, Raden Lara Sumirah imah-imah antuk Raden Ngabei Mondaraka mantri panewu juru Tuwek kaparak kiwa, 2, Raden Lara Jinah, imah-imah antuk anaking Ngabei Niti Wedana Ngampel, pegat lajeng imah-imah malih antuk Raden Tumenggung Prawira Dipura, 3, Raden Lara Samtari kapundhut selir kanjeng Pangeran Panji Priyabada, kala teksih nomaden mas, sareng pikajeng pangeran krama, Raden Lara Samtari kawedalaken,lajeng imah-imah angsal Raden Ngabei Sasra- ratmmeja, putra Sasradiningratan sumare Imagiri, boten patutan pegat, Raden Ayu Mondaraka anak nomer satunggal wau, anakipun sakawan, kang sepuh nom raden Ngabei MOndaraka ping kalih, adhi- nipun tumunten jaler, dados demang ing Kartasura, noma Rden Demang Suramangunpraja, sapriki teksih adhinipun kakalih sami estri, satunggal imah-imah angsal dhusun Karang salam, satunggal wonten jayadiningratan, dene Raden Ngabei Mondaraka ping kalih, putu Sumawikraman wau imah-imah angsal abakipun estri MAS Ngabei Sirawikara, konca mantri kaparak kiwa, kang griya ig Blodiran, patutan rara estri satunggal, sangajale bapakipun lare estri wau, kaemong kakekipun Ngabei Surawikara, ngantos sapriki, kakangipun lare estri punika jaler, saking selir wonten prawiradipuran sapriki teksih, mongka ingkang kasebut saseratanipun Raden Tu- menggung Rajaniti, kang kapacak jurumaartani Raden Ngabei Suma- wikrama boten gadhah waris, kados pundi enggenipun boten dora, supradosipun kawestanan dora boten purun angungasaken yen satung- gal bopati kang teksih sinedhahan angrembat nagari, Suci, resik boten tan dora, mila kula kelangkung eram dene wonten satunggal bopati kang teksih angrembat nagari,boten sumerep satunggal

tunggaling ahli warising para abdi dalem salebeting karaton dalem ing nagari Surakarta, sanget angeramaken, supardosipun angaken punjul, mastani dhateng kula, anggen kalepatan kula ing nagari, ing mangke raden Tumenggung Rajaniti kula purih anerangna, kadu- muka, punapa kalepatan kula ageng wau, kapratelakna, kados wi- jang-wijanging enggen kula mratelakaken, ahli waris sumawi kraman wau, ahli warising priyantun kimawon boten sumerep teka saget kumecap mastani kalepatan ageng, dhateng panunggilanipun bopati kang sampun kaparingan urmat pansiyun, mongka bopati punika, yen kalepatan ageng ing nagari kang pesthi kabucal saking pulo jawi, kawates lamining pambucal, kapirit saking kalepatani- pun, kados pundi raden Tumenggung Rajaniti sabarang kang kinecak- en, boten patitis kados dede kecaping bopati, lan raden tumenggun g Rajaniti martelakaken boten kanggenan gdhahan kula yatra kang kasebut gadhuhan kula pikudhung, 2, iji, wau, punika kula boten mestani anganggekaken yatra dhateng jengandika, kula kawestanan muring-muuring dhateng jengandika punika boten, jengandika piyam- bak ingkang muring-muring dhateng kula, sabab kula jengandika westani gadhah atur dora parentah lan kula kawestanan macakaturan wonten Jurumartani, punika boten kang kula pacak tedhakan serat parentah jengandika, kalih tedhakan serat saking Raden Ngabei Ongga Armaja, tiga serat kupiya kula wangsulan dhateng Raden Ngabei Ongga Atmaja, dene manawi kasupen jengandika kula aturi mariksani malih serat kula wangsulan kang dhateng Raden Ngabei Ongga Atmaja wau, lan malih kula lajeng ngandika wastani boten rumeksa pengadilan dalem ing Surakarta punika jengandika kaletu serep, mila nggen kula tampi kadhung 2 iji, ngantos dumugi sa- mangke lamenipun sampun tigawelas taun, kula dereng tampi yatra pamenang wau, tansah kula anyarehaken saha angnglapahi, punapa ingkang dados parentahipun jeksa pengadilan dalem Surakarta, jengandika mestani, sangking palimarmanipun ratu kula ing kang sinuhun, kula kaganjar siti pansiyun ngantos sapunika leres : punapa ajeng ngandika ucik, panupa jengandika meri, dene gadhu- han kula piyagem pansiyun, mungel boten kalilan satunggal tiyang ngucik: utawi ngemerekaken amargi katarima, damel kula kang sampun kalampahan: kula jengandika westani, Arda cumanthaka dhumateng kang kakersakaken nyepeng pengadilan punika boten pisan-pisan tegesipun Arda: kula baten nyuwun wewah siti; lan baten ngucik balaja atawi sawah jengandika: tegesipun cumanthaka, kula baen nate, nyambungi nalabung, nggon jengandika rarembugan, kula jengandika westani, damel ribet pengadilan: punika baten yen kula damela ribet sabab kula baten nate memaoni pengadilan, lan jengandika pitaken nggen kula macak serat wonten Jurumartani, lampah saking nagari pundi, punika boten saking tanah ing lyan; kang kula pacak nggen jengandika, mastani kula gadhah atur dora ing parentah lan nggen jengandika mukir, boten rumaos kula cad- hongi, karampungan bab sumawikraman lan sontaprajan, utawi nggon- jengandika mukir, boten sumerep gadhuhan kula pikudhung, 2: iji: samangke jengandika smerep menawi tiyang dora dhateng priyantun boten kenginga gampil punika leres; punapa a ku lajeng ngandika westani, gadhaha tur dora ing parentah, dene sumrerep boten kenging ginampil; kok ing jengandika terak lanengandika mestani, kula sampun nate nyepeng paprintahan asring dorani dhateng ka- lerehan, punika sakalangkung boten dene manawi jengandika sumerep kula purih anak jakaken, sinten priyantunipun kang kula dorani:

lan jengandika suka pemut dhateng kula; bab lampahipun tiyang prakawisan supados ing tembe, sampun kantos damel kalingseman: kula kaprayogekaken nyuwun leres dhateng pangadilan pradata dalem: punika kula boten susah: jengandika wulang, kula sampun sumerep piyambak jengandika ngawon-awon dhateng kula: saha kula jengandika upamekaken bangsanipun uler, kang nama kamitetep sakalangkung panrima kula, dhateng jengandikawuwusanipun priya- gung bopati: tuhu kawuwusanipun kuli dhusun lan kula pamekaken ungeling gareng: kumesek berbegi kuping boten wonten kang uninga delingipun saking pamanah kula: jngandika namung peksa kumawawa: yen sageda angungas-ungasaken kawigyan bahde damel badhonipun priyagung wadana walu: ananging jengandika kula pamekaken tiyang masang kala: ing wusana jengandika kasrimpet kalanipun piyambak awit saking kirang dudugi: utawi jengandika ngaken kndel boten ajrih dhateng tiyang, sabab kang jengandika angge manah watak kang temen utawi resik saking pamanah ula, nggen jengandika ngaken manah temen yektosipun gen jenganika dora, sampun katin- galing kathah: nggen jengandika ngaken manah leres utawi resik yektosipun anah kang jengandika anggge, kang bangkong atawi reget: sabab jengandika boten mituhu, punpa saungelipun kagungan dalem gadhuhan jengandika serat nawala pradata: punapa dene angger sadasa: margenipun jengandika ngnge manah temen lan resik saking pundi margenipun ing samangke jengandika ngawon-awon kathah-kathah dhatng kula, sanget panarima kula, nanging wuwus jengandika sadaya wau; kula pamekaken canthok sasra labuh kapat pating carep blungpating careyot: boten tumonja: sabab anggen jengandika ningali serat boten terang: lan boten dhamang, saha boten napal suraosipun jengandika kula pamekaken walang gepuk netra andik lamun lumampah siyang nubug-nubug dene jengandika ngaken kendel boten ajrih dhateng titiyang: menggah kakendelan jengndika, kula pamekaken semut ngangrang, boten gadhah dugi lan prayogi: yen mirsa tiyang kumrayok anyokot. Ing Surakarta, tanggal kaping 14 Dulkangidah ing taun Alip ongka 1795. Mangkupraja ======Cariyos aneh Saking pawartosipun wonten Opsir Laut kesah dhateng wana, sareh- ning opsir punika dereng sumerep marginpun ingkang anjog dhateng wana, amampir dhateng greya pasewan, wonten ing ngriku gadhah panedha dhateng tiyang estri ingkang anyepeng griya pasewan, anakipun jaler ingkang saweg ngumur wolung taun kapuriha anedha- kaken margi ingkang dhateng wana wau. Tiyang estri ingkang nyepeng griya pasewan anjurungi ingkang dados panedhanipun opsir, lajeng aken dhateng anakipun angiringaken opsir wau, sareng angajengaken dumugi ing panggenan ingkang dipun purugi, opsir badhe anyukani bayaran dhateng Rare ingkang ngiringaken wau, ananging rare lajeng wicanten makaen: boten susah sampeyan ama- ringi arta dhateng kula, awit saradhadhu punika amesthi boten gadhah arta, opsir mangsuli: kapriye sumurup mu yen saradhadhu iku ora duwe dhuwig, rare wicanten malih: kula gadhah sadherek jaler dados sardhadhu punika salaminipun boten gadhah arta, mila biyung kula kala wingi anyade sakantunipun barang, sarta arta papajenganipun lajeng kakintunaken dhateng sadherek kula jaler wau, opsir sakalangkung ngeres ing manah sareng amireng wicante- nipun rare ingkang kados makaten wau, lajeng anyukani kanthong

satunggil is arta mas dhateng rare, pitembunganipun makaten: e nya thole, dhuwit iki wenehna embokmu, sing saparo konen anguwe- hake sadulurmu lanang, dene kang saparone konen angepek embokmu, mengko sadhela aku bai marang ing omah pasewan, supaya bisaha anuhoni prajangjiku bakal atutulung ing salawase marng sadulurmu lanang mau. Menggah ingkang dados opsir punika kanjeng (H)Ertoh Maksimilin. ======

Panyuka kabar ingkang mijil saking lihkiyun ing Kadipaten Mangku- nagaran, Surakarta, kala ing dinten Akat Legi tingalan dalem tanggal kaping 18 wulanDulakngidah , ing taun Alip ongka 1795 wonten kula wisudha kados ing ngandhap punika. 1. Raden Mas Arya Gondasiswar, putranipun sampeyan dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang kaping 4 urut saking putra pambajeng ing Gondakusuman kaleres ongka 5, ingkang wau dados Irste Litenan ajudhan Infantri, ing mangke kinula wisudha dados Kaptin. 2. Raden Mas Panji Endrawinata, ingkang wau dados Irstelitnan Infantri ing mangke kinilawiudha dados Irste Litnan ajudhan. 3. Raden Panji Puspadiwirya ingkang wau dados Twede litnan Infantri, ing mangke kinulawisudha dados Irste litnan. 4. Trenadipura, ingkang wau dados Ondher ajudhan onder Upsir infantri ing mangke kinula wisudha ddos Twedhe Litenan, Sudiya Wisudha. ======Pawartos warni-warni Saking pawartosipun benjing wiwiting wulan ing ngajeng punia badhe ambikak margi kareta asep saking Samarang dumugi ing Ked- hungjati ======Ing Surabaya titiyang sami angresula bab kathahing buwaya wonten ing lepen ageng, menggah buwaya punika saben dinten kemawon anepuh dhateng para tiyang ingkang sami adus wonten ing lepen wau. ======Rare ingkang lair wonten ing gagana Dereng lami wonten tiyang estri ingkangasring tumut anumpak eting mumbul dhateng awang-awang, punika anumpak eting malih. Tiyang estri wau kala samanten panuju wawrat , nanging boten sumerep pinten wulan anggenipun wawrat wau, dados kalintu ing pan- getng, sareng makaten tiyang estri punika lajeng manak wonten ing gagana ingkang inggilipun 12000 kaki, medal jaler, elet sajam saprapat dangunipun saking anggenipun manak, eting mudhun dumugi ing siti. ======Panedhaning sawer Sarehning sawer boten gadhah untu ingkang cekap kadamel mamah utawi anyuwek-nyuwek samukawis ingkang katedha, mila sawer punika kedah anguntal samukawis ingkang katedha, sanadyan ingkang kated- ha langkung ageng tikel kalih utawi tikel tiga timbangipun kaliy- an awaking sawe, inggih saged kalebet ugi, Menggah sagedipun sawer anguntal tatedhan ingkang ngungkuli agenging awakipun wau, amargi wanging sawer boten awarni balung stunggil, wang wau balungipun kalih iji sasisih ajejer ing ngandhapping nginggil, wang satunggil-tunggilipun awarni balung kakalih, katepangaken ing panjangipun dening kawujudan ingkang saged mulur kados karet, punika andadosaken cangkeming sawer saged amangap ngantos wiyar, saha saged angemplok tatedhan ingkang ngaeng wau, mila saged makaten awit saking wang ngipun wau beda kaliyan wanging satoke- wansanesipun, wanging sawer tepangipun ngandhap kaliyan nginggil- ing dening balung ingkang sakalangkung aeng, punika wonten saan- tawisipun wang ing nginggil kaliyan ngandhap, manawi sawer angemplok tatedhanipun, balunging wang sapalih ing nginggil

kaliyan ing ngandhap sami modot rumiyin, manawi sampun lajeng wang ingkang sapalihipun ing nginggil tuwin ngandhap sami tumut modot ugi, kadadosanipun angampilaken ing pangundalipun tatedhan, menggah cariyos ing ngandhap punika bahde anerangkaen prakawis ingkang kasebut ing nginggil wau: Tiyang anglebetaken menda satunggil wonten ing kandhangipun sawer, kawastanan sawer Boah, ing ngriki bokmanawi sawer ing- kang kawastanan sawer Puspakajang, sareng menda sampun malebet ing kandhang, sawer boten anglegewa, amung sirahipun kemawon ingkang manthongol, ilate meled-meled ananging boten ngantos dangu sawer lajeng anyaud menda kacokot suikunipun ing ngajeng, menda kabanting ing siti lajeng kapulet, pamuletipun karangkep, supados sageda langkung ing karosanipun, anggenipun mulet sawer dhateng menda, lampahipun sakalangkung rikat, ngantos ubeding pamuletipun meh boten katawis, sareng menda sampun pejah, pamu- leting sawer lajeng kadhuwuraken, enda tumunten sumeleh ing siti, saeng makaten sirahing menda kaileran dening sawer, lajeng wiwit kaemplok sawer saking bungur, kadadosanipun menda saged kalebet dipun untal ing sawer, singatipun inggih tumut kalebet, sarening singating menda lancip, punika andadosaken rendhet panguntalipun, ananging boiten dangu singat lajeng boten katin- gal, amung kalebetipun kemawon singat katawis saking panthukuli- pun kuliting sawer, katinga kados badhe ambedhahna kulit wau. Sasampunipun anguntal menda sawer mindhak agengipun tikel kaping nem, sarta katingal wetengipun kados badhe malethosa, menggah panguntalipun wau ngantos sawatawis jam dangunipun, dene agenging weteng swer sareng menda sampun kalebet awakipun sadaya, prenah saubenging wadhuk ngantos pinten dinten taksih katingal, sareng sawer sampun anguntal menda, ing nalika samanten sawer moprok boten saged mingset katingale lesu sanget, kadadosanipun gampil kacepenga utawi kapejahana ing tiyang. Sawer punika manawi anguntal sato kewan ingkang gadhah singat, singat wau asring ambedahaken kuliting sawer, sarta sampun kathah tutuladanipun titiyang amanggih bathang sawer ingkang bedhah wetengipun awit saking kenging singat, adadosaken tatu medal nanah, wekasan adamel pejah ing sawer. ======Bab paidahipun Lisah Jarak Lisah jarak boten angamungaken kadamel jampi, ananging ugi keng- ing dados ing sart anglemesaken wacucal ingkang sampun lami utawi sepuh, angungkuli lisah sanesipun, mnawi setiwel tuwin sepatu kablonyoh ing lisah jarak ing tembe kenging ugi kadamel gilap angungkuli yen kablonyoh akaliyan lisah oleip utawi lisah sanes- sanesipun, ing tanah Arisburi wacucal semproting pompa mawi kablonyoh ing lisah jarak kadadosanipun empuk tuwin lemes emeh sami kaliyan wacucal ingkng taksih enggal. Sawarnining barang wacucal ingkang wonten ing gilingan utawi wonten ing pirantos anesipun ingkang anglanjakaken ebahing gilin- gan utawi pirantos punika, ingkang sampun limrah kuwawining kanggenipun boten langkung sangking gangsal taun nanging bilih barnag wacucal wau mawi kablonyoh ing lisah jarak kuwanining kangge ing dalem apes ngantos sadasa taun awit lestantun lemes sarta boten getas, aliya kang sampun kasebut ing nginggil punika, lisah jarak wau wonten paidahipun malih, kadosta: wacucal ingkang wiyaripun tigang dim yen kablonyoh ing lisah jarak boten sged

mrucut utawi boten sged gingsir sking pangggenanipun kanggenipun ing damel sami kaliyan wacucal wiyaripun gangsal tengah dim ingkang boten kablonyoh ing lisah jarak, samanten punika prelu, samasa wacucal wau sampun kablonyoh ing lisah jarak kedah kakendelaken ing dalem 24,jam ngantos esat labetipun tuwin anresepa ing wacucal bilih boten kakendelaken makaten wacucual punika wewah saged mrucut utawi gingsir sakin gpanggenanipun, samukawis ingkang kablonyoh ing lisah jarak badhe boten kacacah ing tikus utawi badhe boten katedha ing emot sapanunggalanipun. ======Kala tanggal kaping 9 wulan Maret punika ing nagari Ngayogyakarta wonten raramen minongka pakurmatan awit kajeng tuwan Rasidhen kagungan damel amikramekaken ingkang putra estri angsal tuwan Pandher Mildheker, wanci dalu mawi wonten tingalan kembang api warni-warni. ======Nalika ing nagari Ngayogyakarta main lotre ing arta, ingkang angsal kauntungan inggil piyambak tiyang Cina anama Sim Gu We, gagriya ing Ngayogyakarta, kathah ing kauntungan punika, 18800 rupiyah. ======Tuwan H.P.W. Bures Intedhan Tweddheklas ing militere Administra- si , ingkang sampun pensiyun mawi kaparingan pangkat Intendhan Irsteklas Tituler, saking karsanipun kanjeng maharaja ing nagari walandi: kakula wisudha dados gupernur wonten tanah Papu- wah ingkang kabawah ing Nederlan. ======Kala tanggal kaping 10 wulan Maret punika wanci dalu, ing tanah Bojanagara wonten tiyang parentayan kathahipun wolung dasa sami bobol medal saking kunjaran, sdhatengipun Kaliwon wah sosoran jaksa, juru rumeksa sepiran tuwin prajurit sawatawis ingkang sami tutulung, awit mireng swara rerame, para paranteyan wau taksih ngadeg wonten plataran sangajenganipun kunjaran sarta niyat badhe murida, sarehning para pasakitan dipun purih wangsul dhateng ing kunjaran sami mopo: lajeng dipun ajri-ajrihi dening prajurit sawatawos wau, sami ngungelaken sanjata, tumunten sami wangsul dhateng ing kunjaran sasaminipun cempe ingkang sami jinak lumebet ing kandhangipun, wiwit kala samanten dumugi sa- priki pangreksaning dhateng pasakitan wau wewah prayogi. ======Sampun saantawis lami ing tanah Londhon wonten tiyang jaler satunggil ingkang sumrep ing tatakrama, katingal lumampah sabu- ruting radinan ing tanah Londhon panganggenipun sakojur warni wacucal tikus mila boten wonten tiyang ingkang angaru biru ing sasolah tingkahipun. Panganggen warni wacucal tikus punika damelipun piyambak nalika tiyang wonten ing tanah Nimrod , wiwijanganipun warni rasukan jas rompi, sruwal dhasi, topi, mojah, sarungan tangan tuwin sepatu, menggah wacucaling tikus ingkang kadadosaken paganggen sapangadeg punika, kathahipun gunggung 670, iji, wondening ingkang ngeram- erami piyambak warnining gulonipun rasukan jas sabab inkang kadamel namung wacucalipun buntut tikus cacahing buntut ingkang dipun kalocopi kaamel guloning rasukan jas wau gungungg 600 iji, panganggen kados kang kapratelakaken ing nginggil punika, manawi kajawahan toya boten saged tambas, wondening pandamelipun pan-

ganggen wau, saged dipun rampung ig dalem tigang taun. ======Manawi marengaken mugi kapacaka minongka kapanjurung Jurumartani. Kalayan pamaurina ingkang saklangkung sanget, kula ningali srati- pun Raden Tumenggung Mangkupraja ingkang kawrat ing Jurumarta- niongka 12, o punika boten leres sanget, teka angawon-awon dhuma- teng Raden Tumenggung Rajaniti wakil wadana jaksa ingkang sawek tinengga ing kabekjan, anelakaken bodhonipun Raden Tumenggung Mangkupraja,pamacaking serat sakar-sakarsanipun pyambak boten mawi papiritan kadosta amastani yen Raden Tumenggung Rajaniti kados walang gepuk anunak-nunuk, bok inggih sampun kasanget tenun, sinta ta ingkang boten nyumerepi titiyang ing Surakarta sadaya rak inggih sampun sami terang ta, yen Raden Tumenggung Rajaniti punikacacat tingal, saben mariksani serat manawi boten kanyunyukaken gathuk idheping netra boten trewaca,suprandosipun taksih kirang terang, tandhanipun kala rumiyin kula ngaturaken serat aturan, sasampunipun dipun pariksani tumunten andhawahaken dherek sowan ing kapatiyan, badhe kapringankatrangan. Ing wasana kula dherek angantosi kantos bibaran sowan, dereng kadhawahaken, Kula tumunten nyela atur nyuwun dhawah, wangsulanipun anggumunak- en manah, dhawahipun makaten, kowe wong ngendi nydhong dhawah apa, kula matur terang sakawontenaipun atur kula kang kawrating serat, kadhawahan enjin g wangsula malih, sareng enjing kula wangsul dipun dangu kowe malih wong ngendi, jenengmu sapa cumadhong bab apa, daods kula ukumi dhasar wakil wadana jaksa tukang kasupen sadangunipun kula angentosi mawi pitaken dhuma- teng abdi kapedhakipun rumaos kula titiyang alit bok manawi kirang panuju kula ing panggalihipun, wangsulaning lkapedhak wau boten amung kula piyambak ingkang makaten, nadyan dhawahipun pandangu sabarang saking kangjeng parentah ageng Raden Tumenggung Rajaniti inggih mesthi lingaklinguk andangui dhumateng panekari- pun, sabab anjawi nggening caca tingal karangkepan sugih kalalen, dhasaripun dhateng sastrajawi kimawon taksih rumampah dereng kenging pinastanan tiyang sageting sastra, punapa dene dhateng tembung dereng montra-montra, tandhanipun manawi ngaturaken urus amanginggil tuwin manawi andhawahaken katrangan mangandhap, punika pancen bab kakecapaken gangsal tembung rampung, kantos dados pinten atus tembunh toh boten terang, inggih saking boten kinulang ingkang wau wau, dhateng angger-angger tuwin dhateng kitab saya boten panggih pinanggih awit, dhasar cotho pikir amila kala rumiyin leladosipun prakawis papriksan kriminil ngaturaken walu wangsul pitu utawi wangsul nenem, leladosipun Punisipil kang satunggalipun punis kapancenan ing ngrasa rat punika manawi sampun rambah-rambah saweg kalebet dene leladosipun Ponis krimi- nil, sapintena kathahipun inggih wangsul sadaya kantos rambah- rambah dados dadukanipun ing rat, sagedtipun sakedhik ingkang wangsul awit pamengkonipun nginggil sarta angsal panekar ingkang ragi moncar nalaripun manawi Raden Tumenggung Rajaniti pyambak sampun malih ingkang damel kkarampungan anata uruting seksi kemawon dereng gumathok, atyang sarating pamriksa kemawon dereng jangkep, sareng kula dipun cariyosi dening kapedhak makaten wau lajeng asidhakep sanget ing pangungun kula, inggih talah kamirah- anipun ingkang maha kuwasa, dene priyantun terang, boten sastra, boten micara boten kitap boten angger-anggger, wah boten truwaca boten alingan, tekadipun pilih dados wadana jaksa, wangsulanipun

kapethak wau makaten, karsanipun parentah sapunika amung kangge tambel butuh angger wonten athong-athongipun, saderengipun kan- jeng parentah ageng andamel rampung parakawisipun wadana jaksa ingkang sawek kaundur utawi saderengipun wonteningkang pinilih minongka wadana jaksa. Amila sajumenengipun kanjeng Bandara ageng ingkang sampun kaloka ing jagatraya,pantes linuhurkaen tamtu amadhangi ing praja, kula pesthekaken mawi kaundur raden tumenggung Rajaniti anggening dados wakil wadana jaksa, sabab pamirit kula tyanag alit patedhan dalem balonja 300 rupiyah sawulan siti dhusun cacah 24 jung jung jungan ing Surakarta, punapa pracumah wasana sapariki taksih lestantun, malah mandar inggal punika lilad maosaken siti dhusun lenggahipun wadana jaksa dhateng para tuwan tuwan walandi, - san anampani babekten, 7000, rupiyah kantos ing dinten punika kados tiyang kumarak utawi wuru sugih yatra anyar-anyaran, ingkang makaten wau anelakaken takdir lulah boten kenging gi- nayuh ing kawulanipun, temen raden Tumenggung Rajaniti punika tiyang kang sawek tinangga ing bekja, amila kula andreng angenge- taken dhumateng Raden Tumenggung mngkupraja, manawi kepareng bok inggih anarimah satitah sampun kalajeng-lajeng anjurungi karsa ingkang sakedhik pekangsalipun, tur sapinten ta Raden Tumenggung Rajaniti sakiting penggalihipun, bok inggih sampun nun, priyantun ageng sepuh priyagi sampun kantos kapirare, wasana sadayanipun ingkang mariksani tuwin amirengaken ing srat kula punika samiya angagengaken pangaksama, kasrat ing dhusun Sura Sajati kaping, 21 Dulkaidah Alip , ongka 1795, katandhan Pandhita Sura Sajati Kiyai Sukamulya. ======Pambatang cangkriman Sekar Pucung Kula nuwun angaturaken wawangsul, dhateng onggaatmina, kamurweng cangkriman adi, wonten jurumartani ngka sawelas. Wedalipun ing wraspati lumastanan, kaping kawanwelas, Maret ing warsa mangkin, sewu wolungatus lan sawidak sapta. Ungelipun ing cangkriman wonten wujud, kang saged uninga, dhatan kawas angambil, ing panginten kawula punika tingal. Lajengipun kang saged ngambil satuhu, tan kawasa nedha, punika panginten mami, bok manawi asta kalih kerikanan. malihipun kang saged nedha saestu, tan tuwuk punika, rumaosing tuwak awit, wonten ingkang datan saged ananedha. Kintenipun lsan sayekti tan tuwak, kaliyan padharan punika tuwuk tan bukti, pan sumongga karsa nuwun aksama. katandhan Onggapati. ======Para priyantun ingkang taksih gadhah sambutan dhateng tuwan Dhegrutkolep enko ing Surkarta, sami kaaturan asanget-sanget, mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun tanggal kaping 16 wuln April ing ngajeng punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun wau, amesthi badhe boten sakeca kadadosanipun. Katandhan Tuwan F.H.Jaspres ing Surakarta ======Sarehning kakathahen seratan kadamel mangsuli seratipun para priyantun ingkang sami mendhet serat Jurumartani prakawis angge- nipun sami anampeni serat jurumartani boten ajeg utawi ngantos kasep utawi boten atampi babar pisan, ing mangke tuwan Jaspres enko asuka uninga dhateng para priyantun wau, manawi boten ajeg

tuwin kaseping panampinipun , punapa malih boten tampinipun serat jurumartani, punika boten saking lepatipun tuwan Jaspres enko, ananging lepat saking anggenipun anglampahaken ing pos. ======Para priyantun ingkang sami mendhet serat jurumartani ing taun 1867 sami kaaturan, mugi ambayar reginipun serat jurumartani wau ing dalem satengah taun utawi sataun pisan, kabayara benjing tanggal kaping 1 wulan Mei ing ngajeng punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun wau, pangintunipun serat jurumar- tani badhe kakendelan, wondening para priyantun ingkang mendhet jurumartani saha agriya wonten sajawining Surakarta sami kaaturan angintunan wisel pos medal ing pos, smerep bayaring pangaosipun serat jurumartani menggah wragading pangantunipun ing pos wau kabayara wonten ing panggenanipun piyambak-piyambak Ingkang medalaken serat Jurumartani Katandhan Tuwan Jaspres enko. ======

Ongka 14, Kamis Kaping 4 April 1867 Kulawisudhan sapanunggilanipun Kanjeng Tuwan C.Bosser, ingkang wau dados Residhen ing Bangkah, ing mangke kakula wisudha dados Residhen ing Madura.

Kanjeng Tuwan R.Y.W. Magillapri, Inspetur saking Pinasi, ing mangke kakula wisudha dados Residhen ing Kedhu.

Kanjeng Tuwan Mister A.Y.Swaret Presidhen sepuh ing Rad luhur Nederlan Indhiya, sapunika saweg pamit wonten ing nagari Walandi, awit saking panuwunipun piyambak sampun kalilan ing mangke kaun- dur saking kalenggahanipun kalayan urmat mawi kaparingan pensi- yun kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Maharaja ing Nederlan, katitimangsan kaping 5 wulan Dhesember 1866, ongka 75.

Kasegut ing seratipun Kanjeng Tuwan ingkang wicaksana Minister Pan Koloni , katitimangsan tanggal kaping 15 Januwari, 1867, kasara, set se (ZC) paparentahan luhur ing Indiya Kaparingan uninga, manawi kanjeng Maharaja Grut ertoh karsa angula wisudha dhateng kanjeng tuwan Mister, Y.A.Panderseip Insoektur saking wuwulangan Jawi ing Nederlan Indhiya, dados Ridder saking Ordh- eeikenkrun. ======Pawartos warni-warni Pejah saking bingah. Kala ing dinten Akad tanggal kaping 10 wulan Maret punika, wanci pukul sadasa enjing, wonten tiyang amung sawatawis kathahipun sami kalempakan angaken puyuh wonten ing griyanipun patinggi ing kampung Kanigaran bawah Prabalingga, sareng makaten wonten tiyang Cina anama: Te.es. dhateng panggenan angaben puyuh wau, mawi ambekta tiyang Cina satunggil anama: Babah Ling Hin ingkang sampun ngumur kawandasa gangsal taun Babah Linghin angetohi puyuhipun tiyang cinapun Te.es, sareng puyuh ingkang dipun tohi menang babah Linghin skalangkung bingah ing manah, kalampahan alincak-lincak kalayan anyuwara kathah-kathah, saha angrungkebi siti awit saking rumaosing bingah wau, ananging lajeng boten saged angadeg malih, sareng badhe kaadegaken , para tiyang lajeng sumerep manawi babah Linghin sampun pejah, ing nalika samanten para tiyang ingkang wonten ing griyanipun patinggi sami kaget sadaya, nunten sami lumajeng pating balesar, awit ajrih manawi kacepeng an ing pulisi, wondening ingkang gadhah griya lajeng angundang dhokter, sareng dhokter punika dhateng, sasaged- saged ipun inggih atutulung, ananging babah Linghin tulas ing pejahipun. ======Sarana gampil kadamel anondha mas tuwin pethakan ingkang tulen. Serat pawartos saking tanah Amerikah amratelakaken saranipun adamel nondha mas tuwin pethakan tulen ingkang sakalangkung pasaja, menggah sarana punika sampun lami kaangge para kemasan ing tanah Amerikah, dene pratelanipun bab sarana wau kados ing ngandhap punika: Sarana ingkang kadamel anondha mas tuwin pethakan tulen awarni sela setan, punika amung kagepokaken dhateng maujud ingkang badhe katitipariksa, maujud punika kaetelesa sakedhik, tumunten sela setan kagosokna ing panggenan ingkang teles wau, manawi maujud

punika mas utawi pethakan tulen, amesthi boten santun warni, bilih abalentong, inggih amung alit kemawon balentongipun, dene manawi mas utawi pethakan paleson, balentongipun ager sarta cemeng. Menggah sarana ingkang kadamel anondha mas tuwin petha- kan tulen, ing tanah inggris ing sawatawis lamniniun inggih sampun sumerepan. ======Kajeng ingkang boten saged kabesmi Ing serat Pakabaran anama Setum Pos anyariyosaken wonten walandi satunggil ingknag sampun pikantuk kagunan adamel sarana supados kajeng sampun ngantos saged gosong, punika makaten: tiyang kedah angangge sarinipun adhuk uled kaliyan ancur, siti, lilin sarta kawewahan malih mawi atal sakedhik, supados manawi kaetrapaken mindhak kacahyanipun kajeng, dene manawi cet ingkang saking kawan wani wau sampun kaetrapaken, sanadyan kabesmi ngantos dados areng, kajeng wau boten purun murub. ======Bab Kawontenanipun pamulangan ing Pulo Jawi. Sampun kapara lami kula adreng sanget badhe anglairaken pamanggih kula bab kawontenaning pamulangan ing pulo jawi, sinten-sintena ingkang murina dhateng gawanganing sasami saminipun tumitah saestu kumedh kedah ambudi isarat amurih kabesjaning ngagesang, pamulangan punika panggenaning kawruh ingkang ngindhakaken ka- latipaning pambudi, anyirnakaken budi gugon tuhon miwah anuntun dhateng kabegjan. Ing tanah jawi ngriki kathah pamulanganipun jawi ingkang kaje- nengan dening bongsa walandi tuwin bongsa jawi, ingkang kula wastani bongsa jawi wau sanes mantri guru ingkang kapredi wonten ing pamulangan calon guru jawi ing nagari Surakarta, ananging bongsa jawi kadosta modin sasaminipun ingkng smi dados guru wonten ing pasantren ing dhusun-dhusun punika kathah pasantre- nipun griya ingkang kadamel mulang punika sanggar pasalatan wondene modin wau ingkang dados guru boten kantenan panggenani- pun anglempakaken kasagedan, dhateng kawruh kadosta: etang, elmi siti, palak sapanunggilanipun saestu modin wau taksih sanget ing kodhengipun ingkang wulangaken amung bab agami Islam, tur sakedhik utawi boten wonten modin ingkang terang pikiripun dhateng agami, kasagedanipun amung ngapilaken pitembungan Arab ingkang boten dipun serepi raosipun sakedhik-kedhika. Anggenipun mulangaken kawruhipun inggih angeram-erami, para murid sami lalenggahan wonten ing lamit utawi ing emban, sarta anggenipun amaos serat kasabi gembor-gembor ngantos anobataken kang ami- rengaken amung kyai modin kang sampun nate mirengaken panggebor wau akanthi sareh ing pambudi ingknag angeram-erami, manawi wonten satunggiling murid sanes-sanesipun sami anglajengaken panggemboripun dados murid ingkang kantun wau gagancangan anututi kancanipun. Wulang ingkang kaapilaken punika tarkadhang sanes-sanes ingkang wau kula taksih amabeni bab wontenipun nalar ingkang aneh kados makaten sareng sampun nyumerepi piyambak punika ;lajeng serna sumelang kula, nalar makaten wau saestu angeramaken sabab guru lan murid prasasat sami sayembara anggenipun mencuraken kawicak- sananipun para murid boten wonten ingkang kisruh, guru boten kablebegan talinganipun tuwin anggenipun mirengaken boten kalintu dalasan sakecap, wondene patrap kados makaten punika wonten

wadosipun sayekti, katrnganipun makaten saupami wonten murid enggal malebet ing pamulngn mongka dereng saged maos, dados boten saged tumut maos akaliyan sanes-sanesipun, wangsul ingknag sepuh boten saged dipun kawiti malih supados sareng ngana akaliyan ing kang dhateng enggal sabab nade andadosaken pituna , mila Kyi Modin angupados isarat murit murid ingkang sepuh sami ngapilaken piwulangipun kamirengaken ing guru ingkang nyambui muruk dhateng murid enggal. Ing samangke kula pitaken dhateng bongsa kula sadaya punapa pamulangan makaten wau mikantuki, punapa wonten pigunanipun, saestu boten sabab pamulangan wau kedah angindhakaken kawicaksa- nan ewadenten kathah kemawon pamulangan makaten ingkang boten kirangan lare, pamulanganing bongsa cina inggih angeram-erami ugi, panggemboripun lae, ngantos ngaregaken gedhong, gurunipun jagang ing kursi sarta anyepeng oncowe, kagandhulan ing pao-pao , inggih punika isarat ingkang ngayemaken manahipun salebeting umreging lare. Menggah kawruh kang kawulangaken amung bab regin- ing barang, supados ing tembe sampun ngantos kablithuk ing sasam- inipun aluwung punika taksih wonten paidahipun wangsul ing pulo jawi wonten pamulangan ingkang kaadegaken dening kanjeng Gupremen tuwin kajenengan ing bongsa walandi, punapa dene wontenpamulngan- ingkang kajenenganing mantri guru ingkang sami pikantuk kawruh saking pacrabakan surakarta, sabab punapa dene putranipun priyan- tun ageng boten kasekolahaken ing pamulangan wau. Kula boten susah anerangaken kawontanipun pamulangan punika, sabab sok tiyanga inggih sami sumerep. Kula ngajeng kula tampi piwulang saking ngriku wonten ing nagari Samarang, kula eram sanget dene kathah lare ingkang prasasat kajiyad anggenipun sami dhateng pamulangan cat malebet cat boten sampun lami kula manah manah menggah ingkang dads sababipun punapa awit saking kirang pamarsudinipun tiyant sepuh, dene polah ing lare wau sakajeng-kajengipun ananging punapa ingkang dados jalaran dene tiyang sepuh teka boten patos sagumatos dhateng prakawis ingkang sakalangkung prelu, punapa taksih sami kodheng yen pamulangan punika ingkang anuntun dhateng kabekjaning ngage- sang, bokmanawi para tiyang sepuh wau sami gadhah cipta, yem kadrajatan punika sampun massthi kasukakaken dhateng bongsa naluri, sanadyan boten nate dhateng pamulangan tuwin boten saged ambedakaken aksra, ha, lan na inggih dados priyantun ugi. Panyip- ta makaten punika emperipun leres sababing jaman sapunika ingkang dipun upadosi amung arta tuwin pangkat ageng, agalipun mila makaten alusipunboten makaten, ing tanah Eropah kathah kemawon tiyang alit ingkang sami padhang pikiripun amargi sami rumaos kabetah, manawi boten wonten pamulangan. Manawi nalar makaten wau kula tandhing akaliyan kawontenanipun ing pulojaw, temahanippun bongsa jawi sami gdhah cipta: ana pamulangan iya becik ora ana iya wis, o,para tiyang sepuh, sam- peyan sami kula autri amarsudi kang klawan temen dhateng putra putra sampeyan mugi mugi sampeyan sami kasorotan ing padhanging pambudi supados saged anggayuh kang ternag preloning kawontenani- pun pamulangan ingkang anuntun dhateng basuki. Abdulatip ======Kula sampun maos seratipun Sukamulya, bab prakawisipun Raden Tumenggung Mangkupraja tuwin Rajaniti, cekakipun Sukamulya wau

anacad dhateng tumenggung Rajaniti, kawastanan caca tingal, manawi mariksani serat kanyunyukaken gathuk ideping etra boten truwaca, suprandosipun taksihkirang terang. Ing samangke kula badhe pitaken dhateng Sukamulya, punapa piyambakipun sampun kasupen anggenipun asuka pirembag dhateng Mangkupraja, sampun angawon-awon dhateng Rajaniti ingkang saweg tinangga kabegjan mongka ing salajenging seratipun Sukamulya anyanyampah ing dha- teng Rajaniti. Sak punika kula ngaturi pamrayogi dhateng Sukamulya, bok inggih sampun kasangetan nun. Saupami sok tiyanga ing Surakarta sampun sami sumerep yen rRajaniti caca tingal sarta kadunungan cacad sanesipun saestu boten susah kalair-lairaken malih. Ing sala- jengipun Sukamulya amartosaken bab penganggeping rajaniti, dha- teng piyambakipun nalika gadhah prakawis. Bilih makatena kula boten eram dene Sukamulya mastani manawimuri- na ingkang sakalangkung sanget dhateng prakawisipun priyantun kakalih wau, miwah kula boten eram Sukamulya ambantoni dhateng Tumenggung mangkupraja, angawonaken Tumenggung Rajaniti, kawasta- nan boten sumerep ing kasusastran Jawi, punapa dene dhateng tembung dereng montra-montra miwah dhateng angger-angger tuwind hateng kitab saya boten panggih pinanggih awit salajengipun dumugi ing [ungkasan boten sanes amung anacad dhateng Rajaniti. Wonten malih pitembunganipun Sukamulya ungelipun makaten. Karsanipun parentah Tumenggung Rajaniti kangge tambel butuh anger wonten athong-athongipun, saderengipun kanjeng parentah ageng andamel rampung prakawisipun wadana jaksa ingkang sawek kaundur, utawi saderengipun wonten ingkang pinilih minongka wadana jeksa. Pitembungan yen tilas wadana jeksa wau sawek kaundur wau lept sabab saking pamireng kula sampun wonten kalih tengah taun laminipun anggenipun unduraken ngantos sapriki parentah ageng dereng amrangguli tiyang ingkang kadunungan kasagedan ingknag cekap supados sageda angrembat pangadilan wawatoning nagari kang kalawan pantes saking pamawangipun tiyang kathah ingkang dereng nate dhateng Surakarta utawi boten sumerep kawontenanipun ing ngrika, Raden Tumenggung Rajaniti ingkang pinunjul tinimbalan sasaminipun. kanjeng parentah ageng saestu boten kakilapan dhateng kacekapani- pun Rajaniti, kala tinuding kakarsakaken daos wakil wadana jeksa, sabab parentah ageng boten kenging boten kedah sumerep dhateng pipilianipun punggawa, kuwagng botenipun anyanggi pada- melan ingkang kapitadosaken ing piyambakipun, saupami samun terang yen Rajaniti boten kaconggah netepi kuwajibanipun sbab punapa teka piyambakipun ingkang pinilih kok boten ingkang nama Sukamulya. Bilih Sukamulya sampun dhamang pitembungan punika, kula badhe pitaken sinten ingkang lepat ingkang milih punapa ingkang pinilih. Ing wusana seratipun sukamulya punika boten wonten paidahipun saigar-igara, sabab boten anerangaken uduripun priyantun kakalih wau, sedyanipun amuing amaoni dhateng Rajaniti jalaran saking gethingipun dhateng Tumenggun wau, Abdulatip. ======Panuwun kula dhumateng tuwan kang angarang serat Jurumartani, saha kairing sakathahing tabe urmat, mugi saseratan kula ing ngandhap punika, kersa amacak ing serat Jurumartani. Kula sampun aningali, ing serat Jurumartani, ongka 8 wulan Pebru-

wari taun 1867, lepiyan serat kintunan saking Raden Ngabei Ongga Atmaja, utawi serat dhawah saking Raden Tumenggung Rajaniti, wakil wadana jeksa ing Surakarta, punapa dene serat lepiyan wewangsulipun Raden Tumenggung mangkupraja, dhumateng Raden Ngabei Onggaatmaja, wakil paptih, wadna prentah ing kapatiyan Surakarta, sami kapacak ing Serat Jurumartani, ananging serat ingkang sami kapacak ing sweat Jurumartani wau, lepiyan serat kintunan dede serat aturan ing parentah pradata. Kula aningali malih, ing serat Jurumartani ongka 10 wulan Marret taun 1867, sasreratanipun Raden Tumenggung Rajaniti, ingkang suras mekaten ing wiwitan. Kula sampun maariksani seranipun Raden Tumenggung Mangkupraja, ingknag kapacak wonten ing serat Juru- martni ongka 21, Pebruwari, 1867.Punika andadosaken gumun saha ngungun kula, denten satunggal priyantun bupati ing Surakarta, kang kakarsakaken makili wadana jaksa nama Raden Tumenggung Rajaniti, teka boten titi resik aningali samukawis saseratan, Raden Tumenggung mangkupraja, enggenipun macak serat Lepiyan kintunan wau ing jurumartani ongka 8 Pebruawari 1867 enggenipun- mangsuli serat Raden Tumenggung Rajaniti, Kula sampun mariksani seratipun Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang kapacak wonten ing Serat Jurumartani ongka 21 pamacakipun Raden Tumenggung mangkupraja, ing Jurumartani ongka 8 jawabipun Raden tumenggung Rajaniti, ing Jurumartani kasebut ongka 21, punika kimawon Raden Tumenggung Rajaniti, sampun kenging winastan lepat kirang titi, saha resik, panglingipun ing samukawis saseratan. Kula nyuwun pangaksama ewu-ewu, ing panjenenganipun Raden Tumeng- gung Rajaniti, bupati Surakarta, ingkang kakarsakaken makili wadana jeksa, ing Surakarta, sarehining kula punika anampeni, serat Jurumartani, ingkang sampun sami kapatuhaken ing titiyang ageng alit, para abdi dalem kanjeng Gupremen sadaya, manawi sami angingling samukawis saseratanb titiresik boten kasupen suraosi- pun, langkung malih, ingkang kakarsakaken dados priyantun jaksa, engetanipun, utawi titiresik ipun, angingling saseratan ngungkuli tiyanbg kathah, sabab prayantun jaksa wau, ing kang sinedhahan, amadhangaken tiyang sami para paben anyuwun adiling negari, saupami priyantun jaksa punika supenan utawi kirang titi resik panginglingipun saseratan aturan kang sangking para paben, boten wande badhe kalinta-klentu, enggenipun andhawahaken adil, badhe kathah tiyang alit kang kenging panganiayaning pangadilan, pamu- jinipun sami awon dhumateng ingkang angetrapaken adil, awit sampun pinitados ing ratu, mila tiyang dados jaksa wau, kedah ingkang sumerep, lelejeming kukum, ing mubah, sah, batal karam, kalal suci, menawi boten sumerep, punika boten wande nggenipun ngetrapaken adil kaledhon, menawi kaledhon nggenipun ngetrapaken adil boten wnade tiyang alit pating bekakrak, sami kenging panga- niaya pangadilan, tiyang alit badhe muna-muni sami ajrih, sareng katinitah sami bupati, purun nguduraken sleresipun, kados raden Tumenggung Mangkupraja. Kula rumaos badhe bathi , enggen kula ngingling serat Jurumarta- ni, engenipun rebat udur, priyagung bupati kekalih, ing Surakar- ta, Raden Tumenggung Mangkupraja,kaliyan Raden Tumenggung Rajani- ti, sami kua timbang-timbang, kula saringi, ingkang kula dereng wonten kula angge, mila kula rumaos bathi, ingkang suraos kula dereng sumerep trangipun, wonten ingkang mungel ing seratanipun Raden Tumenggung Rajaniti ingkang mekaten, punapa piyambakipun

punika oten rumaos utawi boten kajat, yen angersaha dhateng pangadilan dalem ing Surakarta, punika kula panggih-panggihaken ing manah, meksa dereng kepanggih, kados pundi trapipun tiyang angersa ing pangadilan, kula nyuwun wuwulang ing panjenenganipun Raden tumenggung Rajaniti, Menggah panuwun kula wuwulang wau, mugi katrapena ing serat Jurumartani kimawon. Ing nagari Caruban kaping 14 wulan Maret ing taun 1867, Raden Kertasari, mantri lit. ======Ing tokonipun Tuwan Jaspres enko ing Surakarta sadhengah tiyang saged pikantuk atumbas: Sikat waja, sikat kuku, tuwin sikat sandhangan, pupana malih usar pamarasan. ======

Ongka 15, 11 April 1867

Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani asuka uninga, manawi ing mangke tuwan punika boten purun amacak seratipun Bagus Jarwa wonten ing Jurumartani, amargi ungeling serat wau boten wonten pikantukipun awit saking gugon tuhon. Punapa malih seratipun Bagus Rahayu ing Surakarta tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani inggih ugi boten purun amacak ing Jurumartani, amargi serat mau boten kakanthenan seratipun ingkang ngintunaken mawi katandhanan ing nama ingkang sayektos wah mawi cap, serat ingkang badhe kinanthekaken punika kedah kakintuna dhateng tuwan ingkang ngarang serat jurumartani, amung minongka pratondha kemawon, bilih sayektos atampi serat saking ingkang ngintunaken, kapurih amacak wonten ing Jurumartani. ======Pawartos warni-warni Kasangsaran ing saganten. Serat saking Singapura ingkang katitimangsan tnggal kaping 2, wulan Januwari, 1867, anyariyosaken bab kereming baita kapal anama Willem kaping tiga (3), kapitanipun anama Tuwan Pellengah, menggah pratelanipun kados ingkang kasebut ing ngandhap punika: Kala tanggal kaping 9 wulan Dhesember 1866, baita kapal Willem kaping tiga mangkat saking Singapura badhe dhateng Hongkong tanah Cina, ing dinten angkating baita kapal nuju wonten angin ageng, saha boten dangu lajeng dados prahara sakalangkung agengipun, kala tanggal kaping 12 taksih tunggil wulan baita kapal punika kabekta ing toya dumugi wonten panggenan kaprenah saantawisipun -parangig pulo -pulo Anambar, awit saking kendeling pedhut para tiyang ingkang wonten salebeting baita kapal sami bboten sumerep bilih baitanipun dumugi wonten pangge- nan ing ngriku, sumerep-sumerep sreng sampun kasep, ing ngriku toyanipun amolak-malik, boten ngantos angu baita kapal anotog parang sakalangkung asru, titiyang salebeting baita kapal ing waktu punika sami rumaos manawi badhe anedmahi pejah sadaya, ananging lajeng wonten pitulungan ingkang anddosaken kabegjanipun para titiyang salebeting baita kapal sadaya, awit tiyanging baita kapal rebah amargi saking seruning panotogipun baita kapal dha- teng parang, dene rebahipun tiyanging baita kapal punika lajeng sumeleh wonten ing parng ingkang ageng piyambak kakalih, kalam- pahan andadosaken uwot, sareng titiyang salebeting baita kapal aningali rebahipun tiyanging baita kapal sumereleh wonten ing parang kakalih wau, lajeng sami anguwot wonten tiyanging baita kapal unika, kadadosanipun sami saged minggah dhateng ing pa- rang, saha sami kawilujengan sadaya, salajengipun boten antawis dangu amung elet sadasa menut baita kapal lajeng kerem, dene ingkang katingal kumambang ing toya amung ngalabagi baita kapal sawatawis. Menggah oulo ingkang dipun inggahi ing para tiyang saking baita kapal katingal boten kagriyanan ing titiyang, pangangkahipun para tiyanging baita kapal supados sageda apikantuk tatedhan saking baita kapal ingkang kerem wau, punika boten patos swonten pikan- tukipun, angsal-angsaling tatedhan amung sakedhik, ewadenten tatedhan punika kawradinanaken dhateng titiyanging baita kapal kathahipun tiyang gangsal welas, amung sakedhap tatedhan punika telas katedha ing titiyang gangsal welas wau. Sareng titiyang

ingkang saking bait akapal angupados tatedhan wontening pulo ingkang dipun inggahi wau, angsal sawatawis dinten laminipun lajeng aningali panunggilanipun kraca sakalangkung kathah sami anemplok wonten ing parang, pnika lajeng kapendhetan sami katedha dening titiyang ingkang saking baita kapal, andadosaken sagedipun gesang para titiyang saking baita kapal wau. Salajengipun titi- yang ingkang saking baita kapal sami lumampah dhateng imbanging pulo sanesipun ingkang dipun inggahi wau, ing ngriku para tiyang saking baita kapal aningali anjiring tiyang mendhet ulam, nunten para tiyang punika sumedya angentosi wonten ing panggenan anjir, sareng ing dinten enjingipun para titiyang saking baita kapal sami ningali ing saganten wonten baita alit lumampah, ing nalika samanten para tiyang saking baita kapal lajeng angobat-abitaken sinjang, kadekekaken ing gantar. Titiyang salebeting baita lait ingkang wonten ing saganten wau sami aningali mobat-mabiting sinjang, lajeng kapurugan anyelaki. Menggah ingkang sami anumpak ing baita alit punika titiyang malajeng, titiyang malajeng wau lajeng sam,i aututulung dhateng para titiyang ingkang saking baita kapal, sami kabektanan saking pulo ing ngriku dhateng griyanipun, saha sami kasukanan tedhan boten ngantos kikirangan, para titiyang ingkang saking baita kapal anggenipun wonten pulo ingkang boten kagriyanan ing tiyanglaminipun kalih welas dinten, saha sami anandhang kikirangan ing samukawis, sasampunipun para tiyang malajeng atutulung ing tatedha kados ingkang kasebut wau, para tiyang ingkang saking baita kapal laeng kabekta dhateng ing pulo Satam ingkang ingkang kagriyanan dening wadananing titi- yang malajeng, wonten ing ngriku paata tiyang ingkang saking baita kapal kasuba-suba kasukanan ing tatedhan tuwin sanesipun ingkang mesthi kangge. Setir maning baita kapal ingkang kerem wau, sasampunipun rekaos sanget anggenipun angupados baita wonten pulo ngriku, wekasan saged apikantuk baita alit satunggil, tumunten setirman ambujuk tiyang ingkang saking baita kapal tiyang tiga, sarta tiyang malajeng tiga, kaajak dhateng ing Singapura, ananging sami anyagahi purun tumut manawi dhateng ing Riau (Riyo), kala tanggal kaping 29 wulan Dhesember 1866, Setir- man mangkat dhayteng Riyo, sareng makaten Setirman lajeng sumer- ep bilih tiyang malajeng tiga wau boten sumerep marginipun ing- kang dhateng Riyo, mila kalampahan baita punika kakendelaken wonten ing pulo satunggil, wonten ing ngriku tiyng malajeng tiga sami mopo, boten wonten purun anglajengaken ing lampahipun dha- teng riyo, Setirman tumunten angupados tiyang wonten ing Pulo ngriku, ananging boten wonten tiyng ingkang purun tumut lampahing Setirman, wekasanipun setirman anglajengaken lampahipun kaliyan tiyang ingkang saking baita kapal tiyang tiga wau dhateng Singa- pura, snadyan baitanipun borot, lampahipun wau inggih kaajengak- en, wekasan sged dumugi ing Singapura, sareng sampun wonten ing Singapura setirman enjingipun lajeng sowan dhateng ingkang dados pangagengipun ing Singapura, , pangageng punika kasaosan serati- pun kapitaning baita kapal ingkang kerem wau, ing snalika pan- genging Singapura dhadhawah anglampahaken baita kapal asep, kapurih amurugi dhateng kapitaning baita kapal Willem kaping tiga (Willem III) sakalerehanipun sadaya, kabektaha dhateng Singapura. ======Kemongga Sutra Dhokter Wilder ing tanah Amerikah sampun amanggih kemongga sa-

tunggil utawi kalih jodho,kemongga punika medalaken ramat sutra saking badanipun, satunggil tunggilipun kemongga ing dalem kalih tengah jam saged amedalaken ramatipun sutra 150 elo, dene sutra wedalanipun awarni jene. wonten malih opsir ingkang sampun pikantuk kemongga kados makaten kathahipun 30 iji, punika sampun saged amedalaken sutra 3881 elo, serating sutra ingkang medal saking kemongga punika sakalangkung wuled saha kiyatipun boten saged pedhot manawi kadamel anggan- tung samukawis, utawi manawi badhe kadamel anggantung tosan ingkang wawrat 54 utawi 109 grin, menggah sarinipun punika wa- wratipun kirang langkung saking sasaga. Saking pawartosipun ing tanah amerikah, sapunika bab pabrik pangggenan kemongga kados ingkang kasebut ing nginggil wau, kadamel ageng sanget. ======Ing lOndhon wonten tiyang estri ingkang boten nate medal saking griya, sarta angenggeni kamar satunggil boten pisah kaliyan kucingipun sakawan, kamar punika salaminipun kaenggenan dening tiyang estri boten nate dipun resiki saha kakumbah, ngantos andadosaken gandaning kamar punika boten anyakecani, sampun asring-asring kemawon kaengetaken, ananging meksa sanjanging tiyang ingkang kados makaten dereng nate dipun turut, awit saking punika tangganipun lajeng kesah lapur dhateng pulisi, supados anundhunga tiyang estri punika saking panggenanipun tongga ingkang kados makaten wau, badhe boten kalampahan, awit tiyang estri punika boten saged pisah kaliyan kucingipun saka- wan, sarta tiyang estri wau sampun acacariyosan, ing pundi-pundi panggenan angger kucingipun sakeca, pejah gesanga ing ngriku ingkang kaanggenan dening tiyang estri, tiyang estri punika sakalangkung bingah manawi pejaha asareng kaliyan kucingipun wonten ing kamar ingkang kaengggenan wau, tinimbang dipun peksa angoncati dhateng ingkang dipun tresnani. ======Panuwun kula dhumateng tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, mugi karsaa amacak serat kula punika, wonten jurumartani ingkang badhe medal ing dinten kemis ngajeng punika, supados tiyang ingkang nama Raden Kertasari, mantri Lid ing nagari Caruban sampun ngantos kalajeng-lajeng anggenipun purun-purun anacad dhateng abdi dalem wadana jaksa ing Surakarta, ingkang anama Raden Tumenggung Rajaniti, awit Tumenggung Rajaniti punika dede babagipun , saha boten pisan-pisan angawanana dhateng piyambaki- pun, manawi Kertasari taksih purun anglajengaken ing panacad dhateng Raden Tumenggung Rajaniti, awit saking sampun dados karemanipun angawon-awon tiyang, amesthi badhe wonten ingkang amabeni ing pangawon-awonipun, malah badhe kauja ing sabudini- pun, kertsari punika sampun kayektosan saking ungel-ungelaning seratipun, bilih boten kadunungan ing ambek utami, saha taksih cotho dhateng kasusastran, punapa malih boten sumerep ing nalar ingkang prayogi, ewa denten sakalangkung baut anacad dhateng tiyang, mila kenging kawastanan tiyang tan pambudi, tiyang ingkang kados makaten punika, boten kenging kalebetaken ing cacah, kedah kawedalaken saking pakumpulaniun tiyang sae, awit manawi anacad dhateng tiyang, boten purun angupadosi rumiyin cacadipun piyambak, ingkang kagelaraken amung cacadipun tiyang sanes dede cacadipun piyambak kaumpetaken wonten ing gegeripun.

Raden Tumenggung Rajaniti kaawon-awon dening Raden Tumenggung Mangkupraja, punika dereng tetep awonipun awit dereng wonten karampunganing prakawis ingkang anetepaken awonipun Raden Tumeng- gung Rajaniti, saupami Raden Tumenggung Rajaniti sampun tetep ing awonipun, punapa Kertasari gadhah wawenang adamel langkung awrat- ing awonipun Raden Tumenggung Rajaniti wau, manawi tiyang sae amesthi badhe rtumaos welas dhateng tiyang ingkang katetepaken ing nganwon, ananing kertasri bingah aningali tiyang cilaka, saha susah aningali tiyang begja, mila Kertasari punika kenging kawas- tanan mitraning setan, awit setan punika angombyongi dhateng titiyang ingkang sami paben, makaten ugi kersari lajeng angom- byongi dhateng Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang dereng kenging kawastanan menang ing pabenaipunkaliyan Raden Tumenggung Rajaniti, wangsulan den tumenggung Rajaniti inggih dereng kenging kawastanan kawon, awit Raden Tumenggung Rajaniti wau dereng mangusli pitakenipun Raden Tunmenggung Mangkupraja, inggih leres Raden Tumenggung Rajaniti ragi rendhet anggenipun asuka wawang- sulan dhateng Raden Tumenggung Mangkupraja, punika boten manawi awit saking kathahing padamelanipun, wasana jaksa punika amesthi kathah padamelanipun, sanes kaliyan tumenggung pensiyun kados Raden Tumenggung Mangkupraja, amesthi kathah ngangguripun dados kenging kawastanan: kosokwangsuliipun Tumenggung Rajaniti. Kertasari purun-purun amedalaken pitembungan ingkang kados makaten: punika kimawon Raden Tumenggung Rajaniti, sampun kenging pinastanan lepat, kirang titi, saha resik, panginglingipun ing samukawis saseratan, amangke kula badhe pitaken dhateng Kerta- sari, punapa Kertasari punika jaksa ageng, dene kok purun an- grampungi uduring priyantun Tumenggung kakalih ingkang pantes sami kasembaha dening ingkan gnamja Kertasari mantri lit, sinten ingkang maringi wawenang dhateng sampeyan mas Kertasari, adamel karampungan ingkang kados makaten wau, sampeuan gadhah ing kawaj- iban punapa ing prakawis uduripun priyagung kakalih wau, luwung sampeyan anggarisana dalancangipun raden Tumenggung Rajaniti, ing kabadhe kadamel anyerati aturanipun tiyang gadhah prakawis, amesthi sampeyan badhe angsal alem, punika langkung sae katimbang kaliyan pangoceh sampeyan wonten ing Jurumartani, boten wande pangoceh punika badhe adamel bilahi sampeyan piyambak bilih sampeyan taksih anglajengaken pangoceh wau. Kertasari purun angumbar basanipun ingkang kados makaten: kados pundi patrapipun tiyang angersa ing pangadilan kula nyuwun wuwu- lang ing panjenenganipun Raden Tumenggung Rajaniti, menggah panuwun kula wuwulang wau, mugi katrapena ing serat Jurumartani kemawon ing mangke kula apitaken malih dhateng sampeyan mas Kertasari, sampeyan niku tiyang punapa katimbang kaliyan Raden Tumenggung Rajaniti, panggenan sampeyan amesthi wonten sangan- daping sukunipun tumenggung wau. Raden Tumenggung Rajaniti boten nate amumulang dhatng tiyang, awit dede kawajibanipun, panggena- nipun wuwulang punika wonten ing pujongga, manawi sampeyan boten sumerep tegesipun pitembungan ngkang sampeyan sebutaken wau, prayogi sampeyan apitakena dhateng pujongga, punika amesthi saged asuka kateranganipun dhateng tiyang bodho, wangsul manawi sampey- an badhe sumerep bab paukumanipun tiyang dhwen, lah punika Raden Tumenggung Rajaniti panginten kula karsa amaringi serep dhateng sampeyan, inggih punika paukumanipun katapuk cangkemipun ngantos mencos, lah sapunika sampeyan sampun angsal katerangan, kados

pundi mas Kerta, leres punapa boten, manawi sampeyan maah dereng leres, sampeyan kula aturi pitaken dhateng titiyang sanes. Wasana kula angemutaken dhteng sampeyan, sampun purun purun malih, angawon-awon tiyang, punapa malih tiyang ingkang dede babagan sampeyan, saha ingkang boten pisan angaru-biru dhateng kawujudan sampeyan, amargi kadadosanipun badhe anuntun dhateng tiwas, ewadenten manawi sampeyan boten kenging kula emutaken, lah punika sumongga ing karsa, pun wigya panitisastra taksih kadugi anadhahi pangawon-awon sampeyan dhateng Raden Tumenggung Rajaniti. Kudus tanggal kaping 8 April 1867. Katandhan Wigya Panitisastra. ======Manawi pareng ing panggalihipun tuwaningkang ngarang serat Juru- matani, mugi karsa amacak kdos ing ngandhap punika. Kula sampun mariksani cangkrimanipun, mas Onggamina, kang kasebut wonten ing Jurumartani KEMIS PING !$ WULAN Maret punika: mawi kasekaraken namung sapucung:wantahipun makaten: ingkang serep boten saget mendhet, ingkang mendhet botten nedha, ingkang nedha boten tuwuk, awit tuwukipun wonten kang boten nedha: Punika menawi pareng panggalihipun mas Onggamina, pambtang kula makaten. Wajibipun maripat namung kadamel ningali estu Tangan kalih mung dremi mamendhet Lambe ngandhap nginggil sadremi ngecpaken, sawrenining tatedhan sapanunggilanipun, dangu dangu ngraosaken tuwuk sarta kemlakaren wetengipun. Menggah patrap sumanten wau kirang temtu leres lepat punapa tunggil kaliyan kresanipun mas Onggamina: titi. Kula pun tanpa karya: ======Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang ing Surakarta kala wulan Dhesember 1866, ing mangke sami kaemutaken , ambyara sambutan wau saderengipun atuwi satelasing wulan april punika, manawi boten angleksanani pambayaring sambutanipun saestu badhe katagih medal saking pangadilan. Surakarta kaping 1 April 1867 Ingkang nguwasani kantor lelang. Katandhan Bosower. ======Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 15 wulan april punika, wanci jam 8 sonten, badhe wonten lelang ing sositit Dhe harmono, ingkang badhe kasade buku-buku. Benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 18 wulan april punika, badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Yonghir Von Smith Often- stat. Benjing ing dinten Jumungah tanggalkaping 19 wulan april punika, badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Yonghir Dhekok ing Jongrangan. ======Sasantunaipun Undhang-undhang Loterei arta ingkang minongka kauntunganipun Sositit sami sitiyah ing Samarang. Kathahing arta 210.000 rupiyah, ingkang sampun kaiden dening kanjeng tuwan Guprenur Jendral ing Indiya Nederlan, kasebut ing serat kakancinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 wulan

Oktober 1866, ongka 13. kauntungan satunggil------Rp. 125.000 Kauntungan satunggil------Rp. 10.000,-- kauntungan tiga satunggil-tungilipun Rp. 1000,------Rp. 3.000,-- kauntungan kalihdasa satunggil-tunggilipun Rp. 500,------Rp. 10.000,-- Kauntungan kawandasa gangsal santunggil-tunggilipun 100 rupiyah ------Rp. 4.500,-- Kauntungan seket santunggil-tunggilipun 50 rupiyah------Rp. 2.500,------gunggung ------Rp. 155.000,-- Arta ingkang kadamel ambayar wragading loterisaha prabeya ingkang konjuk ing kangjeng Gupremen, punapa malih ingkang minongka kauntunganipun ositit Amisitiyah gunggung sadaya...... Rp. 55.000,------gunggung sadaya------Rp. 210.000,--

Menggah loterei punika badhe katamtokaken ing pamainipun benjang ing satengahipun wulan Juli ing ngajeng punika Keuntunganipun loterei kenging katampenan sampunipun loterei kamain elet kawan- welas dinten, tanpa kacowok punapa-punapa, dene ingkang sami angsal kauntungan saged atampi saking Tesaurriring sositit. Panumbasipun angkaning lot kedah kabayar kenceng, sarta wragad- ing anggenipun angintunaken kabayar piyambak, dene loteri punika kaperang dados lot wetah, papaliyan tuwin para sakawa- nan. Saged dipun pikantuk angkaning lotrei wau saking para tuwan ingkang kasebut ing ngandap punika: Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris Ing Batawi, Tuwan Simon Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem Ing Surakarta, Tuwan P.W.G. Gaut Ing Samarang Tuwan Wermut en ko Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem Ing Samarang Tuwan D,Grunepel Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko Ing Samarang Tuwan Susman en ko Ing Samarang Tuwan Tuf en ko Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen

Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe Awit saking asmanipun Dhireksi katandhan Tuwan Brumsetedhe, Sekretaris ======Ing tokonipun tuwan Jaspres enko para tiyang saged pikantuk atumbas serat undhang-undahang regi, 25 sen satunggil. ======Tuwan Jaspres enko sade serat pananggalan etang taun jawi, kangge ing salaminipun, menggah reginipun sarupiyah satunggil abayar kenceng. ======

Ongka 16, 18 April 1867 Ing nalika wangsullipun para prajurit bongsa prusi dhateng ing kitha Barlin saking paparangan ing Ostenrik punika wonten opsir satunggil ingkang kataton ing sirahipun, awit saking bingah ing manah dene begja opsir wau saged mantuk kalayan wilujeng, mila opsir lajeng enggal-enggalan mantuk ing griyanipun. Sareng opsir wau duugi ing griyanipun bojo tuwin tiyang sepuhi- pun sami sakalangkung kaget sarta bingah ing manah, opsir tumunten ambikak topinipun saha lenggah sareng kaliyan semahioyb mawi bandhing padhiyan, boten antawis dangu anggenipun lenggahan semahipun opsir lajeng anjerit amargi topinipun opsir wau kacem- plung dhawah ing padhiyan, sarta bobating topi punika kabesmi telas, awit saking kabesmining babat topi opsir wau sakalangkung prihatos semahiun, saha sakalangkung ajrih badhe kapanggih kaliy- an rajanipun manawi angangge topi ingkang kabesmiwau, ananging semahipun opsir ingkang sakalangkung tisna dhateng ingkang jaler, lajeng amendhet topi punika boten mawi wicanten punapa-punapa kabekta malebet ing kamar, sareng wonten salebeting kamar semahi- pun tumunten agunting rambutipun sarta lajeng kaetrapaken ing topi minongka gagantosipun bobat ingkang kabesmi wau, pamasangi- pun rambut punika sakalangkung enggal sanget sakedhap smpun dados sarta sae boten ewah kados kala dereng kabesmi, sasampunipun rampung topi punika lajeng kasukakaken dhateng ingkang jaler, mawi wicanten makaten: Sumongga topi punika sampeyan agem samun sampeyan aliting panggalih, mila kula adamel ingkang makaten awit saking trisna kula dhateng sampeyan sarta kula welas sanget manawi sampeyan ngantos kalamahan tampi paukuman jalaran saking kabesmining babating topi sampeyan. Opsir wau lajeng medal saking griya anumpak kapal, sarta angangge topi ingkang kadekekaken rambut wau, sumedya sowan ing kangjeng raja ingkang saweg rawuh saking tanah Ostenrik. ======Kathah tiyang kathah cipta. Paribasan ing nginggil wau anedhahaken beda-bedaning sipta tuwin pratingkahing satunggi-tunggiling tiyang, saha tetep ing yektosi- pun, ananging sakathahing cipta wau saestu wonten satunggil ingkang kenging kaangep leres, bilih botena makaten amasthi sawarnining udur ingkang jalaran saking gesehing pamikir, boten saged karampungan. Sareng kula amaos seratip[un RAden Tumenggung Mangkupraja tuwin Rajaniti ingkang kapacak wonten ing Jurumartani, kula lajeng kengetan ujaring paribasan ingkangkasebut ing nginggil wau, wonten priyantun sawatawis ingkang murinani dhateng prakawisipun tumenggung kakalih wau, ananging boten wonten ingkang anerang- kaen cacongkrahipun, malah malah panyeratipun priyantun wau amrugaken kisruh, awit sedyanipun amung angawona-awonaken, sad- hengah amastani yen tumenggung Mangkupraja sakalangkung ing bodhonipun, wangsul Rajaniti kawastanan cacating tingal saha sepi pisan saking pamikir sapanunggilanipun, wonten malih ingkang mastani manawi Tumenggung Rajaniti mangsanipun serat Jurumartani, dados nalare meh makaten punika ingkang minongka kadamel la- landhesaning busukipun. Saupami pangadilan andhawahaken karampungan kalaras sakingkalepa- taning tiyang ingkang sakalangkung sumapala makaten, boten wande Kartasari ingkang dados mantri lit badhe anemahi kasangsaran

kapicit saking kalenggahanipun amargi saking panyeratipun lit mawi amejahi aksara, ta, leresipun amejahi da, mongka mantri lid punika kedah sumerep dhateng aksara Walandi. Mila kula purun anamtokaken yen panginglingipun prakawis punika tumpang so, saha boten mawi binudi pinungseng temen-temen, tuwin emperipun tiyang ngupados uceng kecalan deleg. Saking pamanggih kula prakawis punika kedah kaprinci dados kalih, kang sapisan bab pambayaripun mangkupraja yatra kathahipun 160 rupiyah, kaping kalih inggih punika bab jawab jinawabing priyantun kakalih wau, ing ngatasing sumerep botenipun dhateng ahli warrisipun Suma- wikrama, tuwin sapanunggilanipun. Mila saupami Rajaniti kadudnungana cacad kados ingkang sampun kawartosaken dhateng Sukamulya tuwin Kartasari, ingkang sampun tatela gendhengipun awit lepat ing panyerating kalenggahanipun cacad wau ingggih taksih dereng kenging katunggilaken akaliyan prakawis ingkang kapisan, sabab saupami Mangkupraja boten gadhah prakawis kaliyan Babah Ki Yang Sing, saestu cacading Rajaniti taksih kasidhem sadaya. Ing mangke kula nglairkaen pamanggih kula, kula inggih sampun dhamang bilih bilih boten katdhanan rembag, ananging kula adreng sanget badhe anedtepi lalabuhan kula cathek cawel kang kaping kalih, panyipta kula makaten, prelonipun tumenggung Mangkupraja amacak serat uduripun akaliyan Tumenggung Rajaniti, wonten ing Jurumartani, ingggih supados kajuwara ing pundi-pundi, menggah kawontenaning pangadilan Surakarta wah malih kawontenaning priyantun ingkang kakarsakaken dados pangeng ing pangadilan pradata, mila sok tiyanga inggih kalilan anglairaken pamanggih wau, prayogi kadhapura serat karam- pungan kados ing ngandhap punika. Babeneran wus angrembug ature Raden Tumenggung mangkupraja, lan Tumenggung Rajaniti, kang wus kinisruhan dening ature saksi Sukamulya, tuwin kartasari mantri Lid, kang siji calon wadana jeksa Surakarta, sijine calon priyayi pocotan amarga saka luput ing panulise kalungguhane. Pamikire babeneran mau, wus tatela,, tumenggung Mangkupraja katetepake bayar dhuwit kehe 160 rupiyah marang babah Ki Yang Sing, kaya kang wus kasebut ing layang pikudhung karampungane pradata, katitimangsan ping sasi, taun Be, ongka 1792. Wus karembug, Tumenggung mangkupraja mopo ora gelem angleksanani kang dadi karsaning parentah, amarga Tumenggung mau anduweni dhuwit pamenang marang ngabei Sontapraja, lan Sumawikrama, gung- gung 566 rupiyah luwih 80 dhuwit kasebuting cecekalane layang pikudhung katitimangsan ping 23 Sapar Dal, 1783. Wus karembug ska ature tumenggung Mangkupraja, yen wus rambah- rambah olehe nyadhong dhuwit pamenange marang Tumenggung Rajani- ti, awit Sura JImakir 1794, ananging tanpa wasana. Wus karembug yen babeneran ora anduweni sipat ngalimun mulane ora bisa anggenahake pangijating priyayi sakawone. Wus karembag yen sepi teka ing sabab dene tumenggung Mangkupraja anyarehake panyodhonge tuwin marang ngabei Sumawikrama lan Sontapraja, kala alame tumenggung Among Praja. Wus karembug saupama Tumenggung Mangkupraja wus sataun nyadhong dhuwit pamenange marang amongprajan temahane ora oleh , apa sababe ora nuli gugat utawa apa sababe, teka nalar mangkono iku ora andadekake wiwinih ing dredah tuwin pamuring-muringe, kang lagi kawetu saiki.

Wus rembug atur pamelehe Tumenggung Mangkupraja ana sakal 9 bab. Wus karembag yen babeneran ora wenang anungalake prakawa liya- liyane iku karo prakara kang prelu, iya iku tetep kalahe mangku- praja, bayar dhuwit kehe 160 rupiyah, wus karembug, yen Mangku- praja ora kena ora amasthi bayar dhuwit samono kehe, dene ing buri wenang gugat bab lenane Rajaniti. Abdulatip. ======Serat Panotol, minongka panjurung, mugi kapacak ing srat Jurumar- tani. Raden Tumenggung Rajaniti, kula amitrangaken, anggen kula suka wewangsul, dhumateng jengandika, kang kasebut wonten kekancinga- nipun ing serat Jurumartni ongka 12, Kemis kaping 21 Maret taun 1867 kang kaping sapisan bab, anggen kula amestai kawontenanipun waris sumawikraman, punapa sampun leres, punapa dereng. Ingkang kaping 2,jengandika kula purih dumuk, katranganipunkale- patan kula kang ageng, kapratelakna kang trang, kados anggen kula amestani, kawontananipun wais sumawikraman. Ingkang kaping 3,jengandika kulawestani angungas-ungas saken kawigyan, badhe damel bodhonipun, penggalihane priyagung wadana wolu, punika jengandika akeni, punapa boten. Ingkang kaping 4,jengandika kula westani boten mituhu, punapa saungelipun kagungan dalem, gadhuhan jengandika seratna nawala pradata, punapa dene anggresadasa, punika jengandika akeni, punapa boten. Ingkang punika menggah anggen kula mestani, dhumateng jengadika kang kasebut ing ngajeng wau, kula ngajeng-ajeng wangsulan jen- gandika kang trang, lan kang wija, supados gusti-gusti , utawi sawreninipun priyantun ageng alit, kang sring-sring tampi serat jurumartani, panimbangipun sageda trang, sinten kang leres, utawi sinten kang lepat, ingkang menawi kula dereng tampi srat wangsul saking Jengandika, kula dereng narima, sabab srat jengandika, kang kasebut wonten srat Jurumartani ongk 10, Maret taun 1867, suraosipun , jengandika wicanten cacah-cucah, angawon-awon dhuma- teng kula kathah-kathah, tanpa piritan, angangge sakajeng-kajeng jengandika piyambak, sanget gumun ula, dene kados dede kecaping priyagung bupati, utawi jengandika kados boten badhe pinanggih malih kaliyan kula, wonten pasowan tigang prakawis, ingkang rumiyin wonten pasowan srimanganti, salajengipun sowan ing sangandap sampeyan dalem kanjeng ingkang sinuhun, kalenggahan kula kaliyan jengandika sami, utawi menawi wonten kukucah dalem, inggih teksih tunggil sapanggenan, punapa dene menawi sowan kanjeng tuwan Residhen utawi manawi sowan ing kiyai lurah kanjeng raden adipati, kalenggahan kula kaliyan jengandika inggih sami boten wonten kaotipun, titi. Kaserat, Surakarta, tanggal kaping 25 Dulkangidah, ing taun Alip ongka 1795 mangkupraja. ======Kula sampun ningali srat Jurumarani ongka, 13 Kemis kaping 28 Maret taun 1867, labet saseratanipun sang pandhita Sukamulya, ing dhusun Surasajati, ingkang Suraos, sang pandhita anglairaken murinaira den tumenggung rajaniti kang saweg tinengga ing kabe- jan, sang pandhita amestani kula boten leres sanget nelakaken bodhonng manah kula, punapa malih pamacak kula serat kagalih tanpa piritan, menggah wewangsulan kula ing ngandhap punika:

Mila kula pacak ing srat jurumartani inggih wonten wewatonipun, awit Raden Tumenggung Rajaniti piyambak kang kawit angawon-awon dhumateng kula, wicanten cacah-cucuh tanpa kering, angangge kajeng-kajengipun piyambak, kados dede kecping bupati, kados sang pandhita boten kakilapan ing kaurusanipun bab punika, wondene menawi kalemunan sang ppandhita kula purih anupiksani srat kula, kaliyan sratipun Rden Tumenggung Rajaniti, kang kapacak wonten ing srat Jurumartani ongka 8, Kemis kapinb 21 Pebruwari, kaliyan kang papacak ing srat Jurumartani ongka 10 Kemis kaping 7 Marret, utawi kang kapacak ing srat Jurumartani ongka 12 kemis kaping 21 Maret sami taun 1867, menawi srat tetiga sampun kapariksa kados sang pandhita trang panimbangipun, ingkang kaping kalih sang pandhita andreng angengetaken dhumateng kula, sarehning kula sampun sepuh sampun gadhah manah kapirare, sak langkung suka pirena ing manah kula, sabab kula samangke sawek tampi ganjaran kekirangan sanget, naming boten kekirangan sandhang utawi pited- ha, amargi patedhan dalem, ganjaran kula siti dhusun kathah pamedalipun, kula sandhang saha kula tedha saanak putu kula botn kirang, malah langkung kathah ngantos mubra-mubru, menggah kang dados kirangan kula, amregi kula sawek kekirangan penggalih, samangke sang pandhita amitulungi sidhekah rembag, ing saklang- kung panarima kula, ingkang kaping tiga kula kapurih narima satitah, saderengipun sang pandhita suka wasit, inggih sampun kula lampahi, kula kendel wonten ing griya boten nate sanjan, malah kula ngantos kamidilepen awis-awis sowan sangandhap sam- peyan dalem kangjeng ingkang sinuhun, suprandosipun wonten kadang karuh ingkang angraosai kula kawestanan anglalu, o, punika boten, yenkula gadhah manah mekaten, boten langkung namung kata- hah kajrihan kula, samaangke larak leres pandugi kula, sang pandhita kemawon purun maoni dhumateng kula, mongka anggen kula nglampahi parentahipun wadana jaksa ngantos tigawelas taun teksih kula sarehaken, punika larak inggih kenging dipunwestani narima satitah, tur sang pandhita boten kekirangan, ananging sarem kula sadhuku kedah kula lebetaken segantenipun sang pandhita, saking panedha kula mugi sang pandhita sampun kantos kalemunan jejuluk ipunsang pandhita, kalih prakawis tiga patrapan, 1, pandhita, 2, Sukamulya, 2, pratapan Surasajati, yen tilara tigang prakawis, dados sang pandhita saweg yuswa nem wulan, dereng tedhak siti,s areng sang pandhita suka wangsit kula kapurih narima satitah, dados kula esnget kala arumiyin kula nyupena pinanggi priyantun kalih, satunggal kangkung, satunggilipun putro, kang kakung bagus, kang putri inggih endah warnanipun, wonten ing ngrikanipun kula matur pitaken jejuluk dalem sinten, yen kowe takon jenengku, ya aku Surayaningrat, iki sadulurku tuwa, kang nama Asdawinata, kula matur pitaken malih, panjenengan dalem badhe tedhak dhateng pundi, pangandikanipun, iya arep marene bae, aku mung meling bae menyang kowe, lan menyang anak-anakmu, ing saiki padha narimaha satitah, saking wentawis anggen kula nyupena, sapriki smpun wolung taun lameniun, titi. Surakarta kaping 3 ing wulan Atji, ing taun alip, ongka 1795. mangkupraja ======Wangsulan dhateng Abdulatip, Assalamunolaminrabirakim. Kula sampun ningali sratipun A:La: kang kawrat ing Jurumartani

ongka 14 ungelipun makaten ing samangke kula badhe pitaken dha- teng Sukamulya, punapa pyambakipun sampun kasupen genipunsuka rembak dhateng mangkupraja sampun angawonawon dhateng Rajaniti ingkang saweg tinengga kabekjan, mongka salajenging seratipun sukamulya anyanympahi dhumateng Rajaniti o punika boten ta mas, yen kasupenan kados kados pundi tiyang sawek kapacak anunggil urut sak serate kalajenga kasupen, utawi boten pisan yen kula nedyakna anyampahi, kajawi perlu amung amratelakaken ing satemen- temenipun , atyang kang cariyos kapedhakipun anggen kula bten pitados kados pundi, mila kula lairaken punika amurih maremipun Mangkupraja suados sampun kantos kalajeng-lajeng nggenipun angawon-awon, pikajengan kula boten susah mangkupraja aneksek- nesekaken, lelampahanipun Rajaniti, atyang sadaya titiyang ing Surakarta sampun sami anyamerepi, cihnanipun kang kula pratela- kaken terang, kadosta patrapipun kala kula gadhahprakawis ingkang sampun kula caroyosaken ing ngajeng, kaping 2, nggenipun amangsu- li dhateng mangkuprajan, punika arak inggih anedhahaken anggening selang surup pan tur sugih lalen ta mas, lah punika kok inggih wonten ingkang mupakati amastani nggenipun lusak-lusuk Rajaniti, kados sratipun mantri Caruban kasebut Jurumartani ongka 14 ugi, ewa dene manawi caroyosing kapedhak wau lepat kula anyumangga- kaen, ananging kados inggih leres sadaya awit sampun kula titik terang dhateng saliyanipun ing tiyang inggih yakin cocok kados cariyosin gkapedhak wau, ewa sumanten manawi mas A,L, kirang pitados sumongga ta mas, kula aturi anerangkaen pyambak, kaping 2, mas A.L. mratelakaken, pitembungan yen tilas wadana jaksa wau, sawek kaundur wau lepat, sabab pamirengipun mas, A.L. sampun wonten kalih tengah taun, punika inggih leres nun, nanging maka- ten saking pamireng kula tyang wusana, sadyanipun amtenar menawi kenging prakawis ingkang magepokan perlu punika lajeng kakende- laken saking pandamelanipun rumiyin, prakawis kalampahaken ka- tranganipun angentosi karambpungan ing tembe, mila kula tembun- gaken sawek kaundur awit dereng kaputus, beneh kaliyan amtenar ing kang kaundur sarana tanpa prakawis amung sabab saking teled- horing damel utawi sabab sanesipun, kaping 3, mas abdul amrate- lakaken, yen pan wanging tyang kathah ingkang dereng nate sumerep ing Surakarta, utawi boten sumerep kawontenanipun ing ngriki, Raden Tumenggung Rajaniti ingkang pinunjul tinimbalan sasamenipun, punika inggih leres mawi sanget, panyiptanipun titiyang kathah wau, sabab priyantun ingkang pininta dados wadana jaksa tamtu papilihan, ananging boten mas yen rden tumenggung Rajaniti dobola temenkados cariyosing kapedhak kang sampun kula cariyosaken ing ngajeng, kaping 4 mas Abdul amratelaen manawi kula sampun dhamang, apitaken ingkang lepat punapa ingkangmilih punapa kang pinilih, o boten kadosa mas dene sampeyan teka kaping kalih damel, serat kula arak inggih samun mratelakaken terang ta mas, yen bab punika anelakaken takdir lulah boya kenging ginayuh ing kawulaniun kaping 5 sratipun mas Abdul amastani yen serat kula boten wonten paedahipun saigar-igara, sabab boten nerangaken ing nguduripun priyantun kakalih wau, amung mamaoni dhumateng Rajaniti, o punika titiyang bodho, inggih anerangaken ugi, awit punapa mas, A.L. anggalih kirang kathah kirang terang nggen kula mratelakaken kawontenanipun Rajaniti, punapa dene panarkanipun mas A.L. kula amung jalaran gething, lo punika boten ms, sabab kula boten sulaya tuwin boten gadhah sakit manah

dhumateng Rajaniti, kajawi perlu amung amurih mampehipun mangku- praja, manawi sarta panujuning panggalihipun, ing wasana manawi wonten gangsulipun ing tembung lepating pamacak kula aksara, ingkang ageng pangaksama sampeyan mas. Ing dhusun Surasajati kaping 5 Besar Alip, ongka 1795, Sukamulya. ======

Ongka 17, 25 April 1867 Pawartos warni-warni Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta, N.W.Lamres Pantorenbureg, ing mangke kakula wisudha dados Rider saking Ordhe Nederlan Senleyo, kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Maharja, katitimangsan kaping 19 Pebruwari 1867, ongka 81. Menggah para ageng akaliyan para priyantun ageng alit ing Surakarta smi suka sukur sanget bab pangulawisudhanipun kanjeng tuwan residhen dados Rider wau, anjawi saking punika para priyantun ageng alit ing sanes nagari inggih ugi sakalangkung suka pirenanipun, saha sami asuka wilujeng dhateng kanjeng tuwan residhen Lamres pantorenbu- reg, kawedalaken saking telegrap, salajengipun kala tanggal kaping 14 wulan punika, wanci snten, para opsir ing loji ageng Surakarta, saha paraopsiring Leiyuni pun kanjeng gusti pangeran ADipati Arya Mangkunagara wah kanjeng gusti pangeran Adipati Arya Mangkunagara piyambak sami dhateng ing dalem paresidhenan, mawi ambekta musikan tuwin obor, dene ingkang sami ambekta obor punika para saradhadhu sawatawis ing loji ageng, inggih punika minongka pratondha isih kalulutanipun dhateng kanjeng tuwan Residhen, sadhatengipun ing dalem paresidhenan kanjeng tuwan militer kumendhan lajeng ngunjuk ing kawilujenganipun kanjeng tuwan residhen, mawi kaprtelakaken ugi ing pangujukipun awit saking namanipun para tamu ingkang sami wonten ing ngriku sadaya, manawi cami asuka wilujeng dhateng kanjeng tuwan residhen bab anggenipun kakula wisudha dados Ridder. kanjeng Tuwan Residhen ing waktu punika sakalangkung kagagas ing galih, saking angraos sih kalulutanipun para tamu sadaya dhateng kanjeng tuwan Resid- hen, ing sanalika kanjeng tuwan Residhen asuka panrimah ingkang medal saking eklasing panggaliyan suci dhateng para tamunipun wau punika. ======Pawartos saking Surakarta Sanadyana kalayan pangunguning manah anggen kula angaturi pawar- tos ingkang kasebut ing ngandhap punika, kula ugi rumaos bingah dene kula saged anglampahi kuwajiban ingkang minongka pratondha secaning pamitran. Kala malem Jumungah Paing, tanggal kaping 14 wulan Besar taun Alip punika, wnci pukul satengah wolu, Raden Tumenggung Mangku- praja seda jalaran saking gerah sampun antawis lami, enjingipun wanci pukul sadasa layonipun Reden Tumenggung Mangkureja kasu- marekaken dhateng ing dhusun luhuripun anama Temuireng bawah ing Karang pandhan, angkatipun layon saking dalem ing mangkuprajan mawi kajenengan ing kangjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbu- reh, kanjeng gusti pangeran adipati Ariya Mangkunagara, tuwin para Kanjeng Pangeran saha para priyantun welandi jawi sawatawis, jajaraning layon awit saking paring pranatan dalem kangjeng gusti katingalan semu asanget. Saking sumreseping prasobatab kula kaliyan Raden Tumenggung Mangkupraja, kula kedah kedah anyariyosaken bab lalampahan saha lelabetipun Raden Tumenggung mangkureja kawrat wonten ing serat Jurumartani punika. Pangabdinipun Raden Tumenggung mangkureja wonten ing kadipaten Mangkunagaran laminipun kapara langkung saking kawandasa taun tanpa kendel ngantos dumugi ing sedanipun yuswa, 65 taun, kala rumiyin sampun nate dados upsir infanteri ing Lesiyun Mangkuna-

garan ngantos angsal pangkat dados kapitan anglampahi tumut prang dipanegaran sarwa katrimah damelipun angsal ganjaran saking Kanjeng Gupremen awarni medhali jene, ing salajenganipun Raden Tumenggung Mangkuraja kakulawisudha dados abdi dalem mantri punggawa, awit saking katrimah anggenipun anglampahi kuwajiban tumunten kakersakaken dados abdi dalem papatih ing kadipaten Mangkunagaran angasta pangadilan pradata, tuwin angampil paprin- tahan sanesipun ingkang medal saking karsa dalem kanjeng gusti, anggenipun anglampahaken kaleresan tuwin anggenipun angampil paprintahan sansipun wau, tansah andadosaken parenging ggalih dalem kanjeng gusti, sabab Raden Tumenggung mangkureja anggenipun suwita kanthi manah seca- tuhu, cakep dhateng samukawis padamelan sarta boten kirang ing pamerdi amurih wewah ing karaharjanipun bawah ing mangkunagaran, sawarninipun abdi dalem ingkang kalereh ing raden tuumenggung mangkureja sami ering tuwin asih dhateng Raden Tumenggung puni- ka, awit pamomong sarta pangrengkuhipun dhateng kalereyan saka- langkung prayogi. Kala kanjeng tuwan ingkang wicaksana Guprenur Eneral Baronslut Pandhen belle rawuh wonten nagari Surakarta, amaringi sabet pameran satungal dhateng Raden Tumenggung mangkureja, minongka ganjaran saking kanjeng gupremen. Awit saking seddaiun Raden Tumenggung Mangkureja, bawah kadipa- ten mangkunagaran kaecalan priyantun ingkang wekel ing pasuwitan saha ingkang saged angladosi ing sakarsa dalem kanjeng gusti, punapa malih sinten sintena ingkang sampun pitepangan sae kaliyan Raden Tumenggung Mangkureja, amesthi tumut kasekelan saha karaos tinilar ing mitra ingkang ambek palamarta. Surakarta tanggal kaping 15 wulan Besar, taun Alip, Ongka 1795, Jurubasa sepuh, C.F.Winter. ======Wonten tiyang sugih, ingkang dados panggesanganipun anglengi saking tiyang malarat sanget, ingkang katedha ing sadintenipun namung manawi wonten welasing tiyang anyukani, tiyang sugih punika anama Bekan. Anuju satunggilipun dinten Bekan punika paben kaliyan tiyang glidhig, awit saking amrakawisaken berahan, kalampahan Bekan kacepeng ing tiyang kathah, sarta lajeng kaaturaken dhateng pangadilan, ingkang ngasta pangadilan amriksani urusing praka- wisipun, sarehning papriksanipun amratelakaken manawi Bekan sampun annggebagi glidhik punika, mila lajeng kaetrapan paukuman tiyang prakawis, Bekan punika kenging amilih salah satunggil, dene paukuman tigang prakawis punika makaten: sapisan kadhendha, kaping kalih kasapu, ingkang kaping tiganipun kakunjaran. Sarehning Bekan wau sampun amisuwur manawi sakalangkung angonwel dhateng arta, anglangkungi saking pangoweling badanipun, mila bekan punika amilih paukuman kakunjara wolung dinten, sareng Bekan saweg kakunjara dereng angsal kalih dinten, awit saking panganiaya boten kalilan manawi kakintunana tatedhan saking griya, mila ing waktu punika Bekan anggadhahi cipta, manawi prayogi anglampahi paukuman kasapu kaping kalih welas, pamanahi- pun Bekan kasapu kaping kalih welas punika vboten kathah, sarta anginten ing sasampunipun kasadhu lajeng kalilan luwar, mila Bekan tumunten asowan ing ngarsanipun pangadilan, anyuwun kaukum sapu kemawon, ingkang ngasta pangadilan inggih amarengi, sarta

ing sanalika punika Bekan lajeng kaetrapan paukuman sapu wonten sawingkinging kantor, ananging sareng saweg kagebag kaping nem, Bekan karaos sakit sanget, sarta ajelih-jelih mawi wicanten maka ten: mangke kula ambayar dhendha 25 rupiyah kemawon, ing panggeb- agipun inggih lajeng kakendelan, sarta ing sanalika Bekan ambayar arta dhendhanipun, dados Bekan punika awit saking pangoweling arta anglangkungi saking badanipun, mila ngantos kala,pahan tampi paukuman tgang prakawis sadaya. Sasampunipun mantuk Bekan anjampakaken labetipun kasapu, sarta kedah kaecalan arta malih, minongka panumbasing jampi tuwin ambayar wragadipun dhateng dhukun, anjawi saking punika Bekan ing dalem kalih wulan taksih getun sanget anggenipun kaecalan arta 25 rupiyah wau, awit pamanahipun makaten: saupami arta punika kalampahaken anakan, amesthi sampun anampeni anakan saka- langkung kathah. ======Serat kabar Lokomotif anyariyosaken bab pangajalipun tuwan Rakariyas kados ing ngadhap punika. Kala tanggal kaping 5 wulann April punika, ing griya sakit nagari Samarang sonten sujana satunggil ingkang andungkap badhe pejah. Tiyang wau inggih rumaos mawi sampun meh dumugi ing jangji, ewadenten taksih gadhah pangajeng-ajeng, saged dipun mulya malih, ananging sampun kathah kemawon lipiyanipun panga- jeng-ajenging agesang, ingkang boten kapanujon akaliyan takdir rullah. Dene sujana wau sampun rambah-rambah aningali kasangg- saraning pejah wonten ing ngayuda, akaliyan manah ingkang saka- langkung teteg, mila boten pisan yen ta rumaosa miris dhateng pejah, punapa dene piyambakipun sampun anedhahaken yen kadunungan lalabuhan utawi, saha sampun asring anandhang kalangipan. Suprandosipun taksih wonten prakawis satunggal ingkang andadosak- en susah ing manahipun, inggih punika amung bab ingkang angopeni pamulasaraning bojo tuwin anakipun. kajawi saking punika piyam- bakipun anggadhahi pangajeng-ajeng, supados wonten amusanif ingkang karsa macak salebeting serat kabar bab tuwan Rakariyos, sabab tuwan wau sampun tetela anggenipun kadunungan manah teteg. Kala tanggal kaping 25 wulan Juni taun 1812, tuwan Rakariyos lair ing Indramayu, tiyang sepuhipun sami bongsa ambon, ing taun 1825, piyambakipun dados tambur, wiwit taun 1827, dumugi taun 1830, piyambakipun tumut prang dipanagaran, ing taun 1835, minggah dados Sersan, dene ing taun 1838, dados Twede Litnan, ing salebe- tipun taun 1831, dumugi 1838, wau, tuwan Rakariyos tumut prang wonten ing Kanangtolang, bawah patanahan ing pulau Sumatra, ing Bonjol ing Dhalubaros singkel Batak Batipo sapanunggilanippun. Awit saking tetegipun tuwan Rakariyos wau kaparingan serat pratondha pakurmatan ingkang anyebutaken kapurunanipun kala wonten ing paprangan, punapa dene kaparingan medhale prunggu. Kala tuwan Rakariyos atampi tondha pakurmatan wau, sanget ing panrimaniun ananging boten pisan yen marema, Mila Midelye wau boten dipun angge, ewadene tuwan Rakariyos taksih tetep angge- nipunanglampahi kawajibanipun, kadosta: kala ing taun 1851 tumut prang dhateng ing Tobah bawah tanah Sumatra. Ing taun 1858, tuwan Rakariyos kakula wisudha dados Irste Litnan, ing pangetang anggenipun ngabdi laminipun dados sampun angsal 33 taun. Ing taun 1859, tuwan Rakariyos tumut prang dhateng Boni, saha ing ngriku anedhahaken yen manahipun taksih sakalangkung

santos. Antawis nem taun piyambakipun kaparingan ganjaran dening kan- jeng raja ing nederlan kakula wisudha dados Rider saking Bin- tang Militer Willem Sworde. Kala samanten sakalangkung pirenaning manahipun sabab kanjeng maharaja ing Nederlan sampun anganggep yen piyambakipun sanadyanna tiyang Ambon ugi kadunungan manah teteg, wiwit ing waktu punika tuwan Rakariyos angagem bintang wau kasandhingaken ing medhalye prunggu. Sareng tuwan Rakariyos seda, kala tanggal kaping 5 wulan April wanci sonten jisimipun kasarekaken ing astana, kanjeng tuwan jendral tuwin bongsa luhur sanes-sanesipun sami angiringaken sadaya, dumugi nipun ing Kalu- wat wonten opsir satunggal ingkang damel aturan ngantos ingkang wonten ing ngriku sadaya sami kagagas ing galih. ======Kala jamanipun Panjenengan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhu- nan ingkang kaping sakawan ing Surakarta, kacariyos wonten kakasih dalem mantri emban ing kados paten, wasta Mas Ngabei Sudiradirja, kawiji sowanipun saben dinten wionten ing ngarsa dalem, damelipun asring dikakaen maos serat wawaosan sekar macapat lagu palaran ing sawatawis swaranipun ragi sae, dados pasowanipun awit enjing mundur sonten, trakadhang ngantos dalu dereng mundur, sareng ing nalika sowanipun kasiyangan, kadangu sababipun, Mas Ngabei Sudiradirja matur, manawi ragi karipan anjagong dhateng mangkuyudan, anakipun ingkang angsal ing Mangku- yudan darbe rare medal jaler, kadangu malih sarenganipun ingkang sami bab jagong, matur manawi kancanipun ing mangkuyudan sami wonten, kadangu malih ingkang kaleres anngeleki sanesipun para tamu, aturipun mas Ngabei Sudiradirja amung tiyang karem angan- tuk satunggal, kaleres magersarinipun mas ngabei Citradiwirya, punika boten nate tilem rebah, ngantos ing sadinten kalih dinten amung angantuk kemawon, ing nalika punika rahaden Atma Puspaka abdi dalem Urdenes anyambeti wuwus makaten punapa anyemeni kaum ing sangkrah, punika inggih karemangantuk, ngantos ing dalem sapeken boten tilem rebah, Mas Ngabei Sudiradirja amangsuli, mesthi kemawon kaum ing Sangkrah puniku kasoran pangantukipun deng tiyang mangkuyudan kang karem angantuk, Rahaden Atmapuspaka taksih angunggulaken pangantukipun kaum ing Sangkrah, kalampahan sami angajak totohan, dhawah dalem ingkang sinuhun, tiyang karem angantuk sakaliyan wau sami kinen animbali, sareng sami katimba- lan mawi katumpakaken ing kremun piyambak-piyambak, dumugi ing ngarsa dalem tiyang kakalih punika tansah taksih sami angantuk langgotan, sareng wanci pukul kalihwelas siyang, kaum ing Sangk- rah kaget ungeling bedhug ing Suranatan, mantun angantuk saha pamit mundur badhe salat luhur, kadadosanipun Rahaden Atmapuspaka kawon anggenipun anyuwungi kaum ing Sangkrah, kaleres bayar kinang sakenyeh dhateng Mas Ngabei Sudiradirja. ======Kanjeng Pangeran Ariya Panular; asuka srat kabar ing Jurumartani ing ngandhap unika pratelanipun. Saking bingah-bingah kula; kula gadhah putu; saking ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan miyos kakung; nama Bendara Rahaden Mas Sinatriya; sareng sampun tedhak sitenipun kula besiyaraken putra-putra wonten sak lebetipun nagari kimawon; ingkang dhere- kaken; sadherek kula utawi anak kula utawi selir kapenakan utawi putu kepenakan; dene tumpakanipun sadaya wau

kreta;kathahipun;12;kreta; utawi kapalan; 25; wahukareta; ingkang kapal sakkestel;10; kareta;nyerakit. Dene ingkang derek tunggil sakreta; kalih Bendara Raden Mas Sinatriya; 1; Kanjeng pangeran Ariya Panular, 2; bendara Raden Ayu jayakusuma; kaliyan putranipun; 2; gangsal inyainipun bendara raden mas sinatriya; dene ingkang dherekaken sadaya wau; ing ngandhhap punika pratelanipun: sadherek kula estri:9; sadherek kula jaler;6; sami beta garwa piyambak-piyambak; utawi kalangenan kula selir; 3; anak kula estri 13; ingkang jaler; 5; tilaranipun kalangenan selir bapak suwargi: 2; den ayu Menggung Puspanagara; kapenakan kula estri; 20; punika sami numpak kareta sadaya; dene ingkang numpak kapal; anak kula kapenakan jaler sadaya; 26; abdenipun Bendara Raden Mas Sinatriya; sami putu kapenakan kemawon; ingkang estri; 15; ing- kang jaler:10: abdi emban estri: 2: Sinerat kaping 18 Besar Alip; ongka 1795, Kanjeng Pangeran Ariya Panular; ======Manawi andadosaken renanipun ing penggalih, punapa dene kagalih pantes, mugi wontena karsanipun, tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, amacak kacumenthakan kawula punia, wonten ing Juru- martani. Kawula nuwun, ing sarehning kula punika tinitah dados manungsa gemblung, wah mawi sakelangkung cumanthaka, darbe panjurung ing Jurumartani, awit saking kasangsara sanget. amila boten langkung., kawula amung nyaosaken sapinten bebongko- kan sangking kalepatan, saha nyuwun sapinten gunging pangaksama, nboten namung: sarehnining paduka tinitah dados luhur, mugi sampun kantos kirang ing pangaksama, ing ngatasipun dhumateng tyang ingkang kados kawula, dahat cumanthaka tur anumbak tambuh. Kula sampun maos ing Jurumartani tanggal kaping 7, ongka 10, utawi tanggal kaping 21 ongka 12, sami ing wulan taun punika, bab anyriosaken, saking nggenipun jeginrejegan raden Tumenggung Rajaniti, akaliyan mangkupraja, sami dalem ing nagari Surakarta. Bab punika sangking pamanahipun ingkangdahat cumanthaka kados kawula. Raden Tumenggung Rajaniti, sareh ning sampun tinitah angrembat predata dalem, saha sampun amarentahaken sking paprentahan, medal akaliyan dhines ing pradata dalem mriku, dhumateng Mangkupraja, nanging Mangkupraja, boten miturut, sapiturutipun kados ingkang sampun kawrat ing Jurumartani wau, kantos sapriki dereng wonten katranganipun, malah mandar andadosaken grejegan, punika kas pundi ingkang dados maksudipun, deniing parentah ageng sampun andhawahaken parentah, boten dhateng miturut ingkang tampi dha- wah, punapa saking kirang kenceng parentahipun, punapa ta saking kirang adil, wah malah: punapa sangking blalonipun ingkang tampi dhawah, yen saupami: ingkang tampi dhawah boten miturut, mongka dhawah ing parentah sampun kaping-kaping, punapa inggih, ingkang ngasta parentah ageng boten wenang amesesa dhumateng ingkang boten miturut ing dhawah, anetepaken sakig dhawah dalem inggal, panjenengan dalem bendara ageng kanjeng raden adipati sapunika, dening bendara ageng kanjeng raden adipati sapunika, sangking kersa dalem sampun sami ugi Gopermen, wah ing ngriki smpun wonten abdidalem ingkang sangking tanah Gopermenan, kados Raden Ngabei Puspadirana, utawi Raden Ngabei Surasastra.

Punika taksih wonten candhakipun Salatiga kapig 1 april 1867 kawula tyang ingkang dahatg cumandha katur sangsara sanget pun Tirtacandhoka. ======Kala ing dinten Kemis tanggal kaping 13: wulan Besar ing taun alip ongka 1795; utawi kaping 18 wulan april taun 1867; wanci jam setengah wolu sonten Raden Tumenggung Mangkureja, papatih ing Mangkunagaran seda, jalaran gerah sepuh, sampun yuswa 65; taun, layonipun kapetak wonten pasareyan ing dhusun Temuireng. Denten Raden Tumenggung mangkureja wau, anggenipun dados Papatih sampun; 19 taun laminipun saha prayogi panyepenging paprentahan. Ing kadipaten mangkunagaran tanggal kaping 24 wulan april taun 1867 Kalilan katandhan abdidalem kaliwon Pulisi. Jayasarosa. ======

Pawartos warni-warni Bab ingkang kagarap Rad Sambang wonten ing Majalengka. Kala tanggal kaping 21 kaliyan kaping 23 Maret ingkang sampun kapengker, Rad Sambang angrampungi prakawis kalih bab raja pejah wonten ing Majalengka. Menggah prakawis ingkang satunggil, pasakitanipun satunggil anama Karman, kalih anama: Satijan,kalih pisan sami gagriya ing dhusun sukaperna, dhistrik telaga, kadakwa amejahi tiyang estri anama: Ambujasipah, ing dhusun Sukaperna ugi. Pasakitan kakalih punika wau sami abebedhangan kaliyanAmbujasi- pah, kalampahan pun Ambujasipah meteng kalih wulan, sareng makten pun Ambujasipah agubel dhateng bedhangipun kakalih, supados bedhangipun salah satunggal angrabenana dhateng piyambakipun. Bedhang kalih pisan wonten ingkang purun angrabeni, saha lajeng sami gadhah cipta, bahde anyinakaken dhateng tiyang estri wau, awit sakaliyan sami isin manawi ngantos kawastanan kados bapaki- pun rare ingkang dipun etangaken wau. Kala tanggal kaping 4 Agustus 1866, ing wanci dalu, bedhang kakalih sami anglampahi ingkang dados pikajenganipun badhe anyirnakaken pun Ambujasipah, nunten kalih pisan sami dhateng ing griyanipun Ambujasipah, saha lajeng kajak malampah awit ing waktu punika padhang wulan saha terng sanget. Pun Ambujasipah sarehning boten darbe cipta manawi badhe kaawo- nan, lajeng tumut dhatng bedhangipun kakalih, kadadosanipun Ambujasipah dipun kaniaya. Sareng lampahipun dumugi panggenan ingkang sepi, bedhangipun kalih pisan lajeng angalungi tangsul dhateng Ambujasipah, tangsul punika ing sanalika katarik ing kiwa tengen dhateng bedhang kakalih, wekasanipun Ambujasipah anemahi pejah. Sareng enjing embokipun Ambujasipah angupadosi dhateng anakipun sarehning anakipun wau boten saged kapanggih, emboki punika lajeng angaturi uninga dhateng parentah pulisi, wekasan jisimi- pun Ambujasipah kapanggih wonten ing sabin. Sarehning wadananipn panggenan ing ngriku apikantuk serep bab anggenipun abebedhangan tiyang kakalih kaliyan Ambujasipah, lajeng tiyang kakalih punika kacepeng, kawadosanipun tiyang kakalih, wau angakeni ing dosanipun. Sareng tiyang kakalih punika kabekta dhateng ngarsanipun Raden Sambang, sami kadangu badhe amungkiri dosanipun, ananging boten saged anetepi ing pamukiripun, nunten para pangadilan aneangak- en dosanipun, punka karampunganipun tiyang kakalih wau sami kapatrapan ing paukuman pejah. Wondening prakawis ingkang satunggilipun, pasakitan kakalih anama: Arna kaliyan Sarmin, sami gagriya ing dhusun Sindhangpana, dhsitrik Rajagalu, kadakwa anglampahi raja pejah, ingkang kapeja- han tiyang jawi anama Jasiyem, inggih ugi tunggil sadhusun. Ing wanci dalu pun Sarmin aken anyolong legen aren dhateng pun Arna, gadhahanipun Jasiyem,ing sanalika pun ARna anglmpahi ing- kang dados pakenipun Sarmin, nunten pun Sarmin anedhahaken uwitipun aren, boten dangu pun Arna amenek uwit aren, ananging pun Sarmin lajeng anilar kancanipun ingkang amenek uwit aren. Sareng makaten pun Arna anggenipun amenek uwit Aren sampun dumugi ing nginggil, tumunten ingkang gadhah uwit aren medal saking griya, aningali manawi ing nginggil uwit aren wonten tiyang ingkang menek, ing sanalika ingkang gadhahuwit aren alok-

alok pandung, ingkang menek lajeng muwun saking uwit dumugi ing ngandhap, sareng sampun wonten ing ngandhap pun Arna kagebagan dening ingkang gadhah uwit aren, sarehning pun Arna wau karaos sakit, andadosaken napsunipun, lajeng angunus lamengipun, ingkang gadhah uwit arn kalameng kaping sakawan, kadoadosanipun ingknag gadhah uwit aren pejah ing ngenggen. Menggah lamengipun Arna wau sareng kalamengaken kaping sakawan, lajeng pocot saking garanipun, saha boten kabekta lumajeng dha- teng pun Arna, dados teksih kantun wonten sangandaping uwit aren, mila kalampahan lameng wau dados nyin, titiyang lajeng sumerep, manawi lameng punika gadhahanipun Arna, wekasan pun Arna kace- peng, sareng katiti pariksa angakeni ing dosanipun. Sarehning pun Arna mjahi tiyang ingkang boten kalayan kaniyatan, mila paukumanipun katngalaken ing ngakathah, dangunipun saprapat ja, saha lajeng kabucal laminipun sadsa taun, kaetrapaken ing padamelan peksa mawi karante, wonten ing panggenan sajawinipun tanah jawi ingkang badhe katamtokaken ing kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral. Menggah pun Sarmin punapa kaukum utawi botenipun, punika boten kacariyosaken. ======Prakawis Bajag Wonten Bugis anama Samailah, agagriya ing pulo Sepekan ingkang kaprenah sawetanipun ing Sumenep tebihipun saking Sumenep punika layaran kalih dinten saha pulo Sepekan wau kabawah TUmenggung ing Krangean, menggah tiyang Bugis punika amondhok ing griyaning pamanipunanama Wakcacuk. Saking pangetangipun tiyang Bugis wau sampun wonten kalih taun laminipun kala piyambakipun ing satunggil dinten kesah mendhet ulam anumpak baita alit dhateng pulo Manukan, kancanipun tiyang kalih ingkang sami anumpak baita piyambak-piyambak, sareng Samailah dumugi celak ing pulo Manukan amung sadasa tumbak tebihipun saking dharat, tumunten kasaput ing dalu, saha lajeng kendel sadalu wonten ing ngriku, dene kancanipun kakalih wau sami kendel wonten panggenan sanesipun. Sareng wanci bangun enjing Samailah tangi tilem, sakalangkung angungunipun dene tangan sukunipun boten saged ebah awit saking katangsulan ing tiyang, kala samanten pun Samailah aningali baita satunggil katumpakan ing tiyang salangkung sami mirantos ing dadamelipun, sareng makaten Samailah kabekta dhateng baita kang katumakan ing tiyang salangkung wau, saha taksih kabesta. Menggah lurah ing Bajag anama Panglimbatu, punika dhawah ambesta kemawon dhateng Samailah laminipun ngantos sawulan, saha katedha- nana sisa sekul kamoran dhedhak, manawi Samailah anedha, tangani- pun tengen kauculan sakedhap, bilih sampun anedha lajeng katang- sulan malih, sareng sampun sawulan laminipun, Samailah lajeng kauculan, sarta kadadosaen matrus, salaminipun baita bajag amu- beng-mubeng wonten ing saganten timur, Samailah tansah tumut. Menggah lamining anggenipun amubeng-mubeng wonten ing saganten timur kalih wulan, angadhang bok manawi wonten baita gagramen langkung, lajeng badhe begal ananging boten angsal damel sasampu- nipun amubeng-mubeng ing dalem kalih wulan, Samailah lajeng kabekta dhateng Solok, wonten ing ngriku kabekta menggah dhateng dharat, sarta lajeng kadadosaken rencangipun Panglimbatu wau, menggah damelipun ing sadinten-dinten amendhet kajeng, mikul toya

saha sanes-sanesipun padamelan ing griya. Sareng sampun angsal kalih taun anggenipun dados rencang, Pan- glimbatu lajeng kesah malih ambebegal dhateng ing saganten meng- gah Samailah tnsah boten kantun wondening anggenipun ambebegal wonten angsal-angsalan, wasana Panglimbatu kendel wonten pangge- nan acelak ing pulo satunggil kaprenah sawetanipun Sumenep, para bajag sami menggah dhateng pulo punika, wonten ing ngriku lami- nipun pitung dinten, sareng makaten ing wolung dintenipu badhe amubeng-mubeng malih dhateng saganten, sreng ing wanci dalu saderengipun baita bajag mangkat, saha para bajag sami tilem, Samailah anyegur ing saganten, badhe minggat saking bajag kalam- pahan anglangi ngantos wanci siyang, wekasan Samailah saged mentas wonten ing dhusun Telangung, bawah Sumenep, saking ngriku Samailah lajeng dhateng ing Bangkalan lampahipun pitung dinten, sareng mekaten pun Samailah anumpak baita dhateng Gresik, wonten ing ngriku angajeng-ajeng wontenipun baita ingkang bahe mangkat dhateng Sepekan, menggah anggenipun dhateng ing Gresik pun Samai- lah kala tanggal kaping 27 Maret ingkang sampun kapengker,ing wanci sonten pukul nem wonten ing ngriku Samailah anyariyosaken kalampahanipun dhateng parentah pulisi. Cariyosipun Samailah kawatawis boten wonten doranipun, punika anelakaken manawi para bajag ingkang anyepeng dhateng Samailah dereng kalebet ing cariyos bab kondhangipun. ======Panyuka kabar ing ngatasipun para sudagar Ing serat kabar Slomeprat Malayu ongka 13 wonten seratipun und- hang-undhang ongka 96, anyariyosaken kados ing ngandhap punika: Kathah titiyang ingkang asring kang asring angintunaken jenewer dhateng ing tanah Indhiya Nederlan punapa malih ing Samarang ingkang mawi pratondha kula, utawi mawi pratondha kula ingkang tinelad dhateng tiyang sanes, mila ing mangke kula amerlokaken suka kabar dhatng para titiyang, awit ingkang mawipratondha palsu makaten jenewer punka asring kamomoran samukawis ingknag boten eca. Kaliyan malih jenewer dadamelan kula wau, sampun kauningan ing ngakathah wonten panggenan panggelaripun saking barang-barang taberen ing kitha Londhon, amung jenewer dadamelan kula piyambak ingkang katrimah, mila kula lajeng kaparingan ganjaran medhaliye, dene jenewer dadamelan kula punika ingkang mawi tondha peksi blekok. Makaten ugi kala pasamuwan panggelaripun barang-barang saking Taberen utawi kagunan ing tanah Nederlan, ingkang sampun kagerak- en wonten ing kitha Amsterdam, jenewer dadamelan kula wau katari- mah ugi, kula kaparingan ganjaran medhaliye malih. Menggah dadamelan kula jenewer ingkang sayektos tandhanipun makaten: ing kopinipun wadhah jenewer wau mawi cap gambar peksi blekok, tutupanipun ing nginggil mawi sap gnjaran kula medaliye wau. Dene panyadenipun jenewer ing tanah Indhiya amung wonten ing tokonipun tuwan Pandhenbruk enko Pekenes ing Samarang. Ka- tandhan tuwan Y.H.Ennes ing kitha DHelefsapen. ======Panuwun kula dhateng panjenenganipun ingkang ngarang serat jurumartani, mugi saseratan kula ing ngandhap punika kersa amacak serat jurumartani. Kula maos serat Jurumartani, Kemis kaping 18 April 1867, ongka

16, saseratanipun Abdulatip, kang mungel makaten saupami pangadi- lan andhawahaken karampungan kala rasa saking kalepataning tiyang ingkang sakalangkung sumapala makaten, boten wande Karta- sari, ingkang dados mantri lit badhe anemahi kasangsaran kacopot saking kalenggahanipun, amargi panyeratipun lit mawi amejahi aksara, ta, leresipun amejahi da, mongka mantri lid punika kedah sumerep dhateng aksara walandi. Mila kula purun anemtokaken yen panginglingipun prakawis punika tumpangso(h), saha boten mawi pinungseng temen temen, tuwin emperipun tiyang pados uceng,kecalan deleg, Wangsul kula sanget pangalem kula dhaleng Abdulatip, panginteni- pun leres, mila kula aras-arasen mangsuli, kawatos yen ical delg kula, mongka ingkang kula padosi namung uceng pileg sapele, awit panglaras kula, saking ngendika sampeyan punika mas satunggal priyantun kang sampun putus, sarta kaungasaken seri remen nyen- yampahi, anyathek-nyawel ing liyan, suprandosipun teksih kirang patitis sampeyan, kula sampeyan campahi, dupi mantri lit ing tanah moncanagari, kabupaten, boten sumerep sastra wlandi, nyerat mungel lid teka amejahi, ta, boten mejahi da, basanipun wlandi, nyerti lid mejahi da, ngendika sampeyan punika mas, paribasan embuh sinila, embuh si etom, punapa kula, punapa sam- peyan mas kang lepat, yen sampeyan mratelakaken kembung walandi, mungel lid punika boten mejahi, ta, boten mejahi da, panyeratipun mekaten, lid dados mejahi dhe, ananging manawi sasttra walandi wau, kaserat ing sastra jawi, temmbung jawi, kang kenging dipun dhemesaken, kedah dhemesaken, kados ta seratan walandi mungel radhen, tumrapipun sastra jawi sami sinerat raden kang kaangge ing kathah kula inggih gadhah, dha, nanging kirang dhemes menawi mejahi dha, dados kados pelo, makaten ugi sastra walandi, mungeling lid tumraping tembung jawi, dhemesipun kaserat lid utawi lit sami ugi, sabab da, tunggil warna kalih ta, kadosta nyerat, obad kenging ugi kaserat obat boten ngewahaken jarwa, mila kula gumun sanget dhateng mas, Abdulatip ingkng sampun mumpuni ing kawigyanipun, saha winenang anyenyampahi, ing dalem serat jurumartani, ingkang kaecap ing pangecapan Surakarta, kula kabatang manggih kasangsaran kacopot jeglong saking kalenggahan kula, awit lepat penyerat kula jawi, ing mangke kula kedah nny- manggakaken ing sakathahipun priyantun agung alit, ingkang sami nampani serat jurumartani, bab pratela kula panyerating sastra- jawi, ingkang kasebut nginggil wau sedaya, punapa leres punapa lepat, leres lepat wonten karsanipun priyantunkathah. Kalih dene asring kula manah-manah, bab drig ingkang dumunung salebeting karaton dalem Surakarta, saking pamidhanget kula, punika dede Priwilihdrig, ananging saben-saben serat jurumartani medal, wonten saseratanipun Abdulatip, amamanah, ing sanes kalay- an angaken menawi remen nyathek-nyawel, Raden Tumenggung mangku- praja, Bupatos pensiyun ing Surakartawinastan sanget bodho, raden Tumenggung Rajaniti, Bupatos wakil wadana jeksa, ing Surakarta, kadamelaken pola serat karampungan, kapacak ing serat Jurumartani, sinawuraken mrika-mrika, ing saluwak ing pulo jawi, persasat amimirang karaton dalem Surakarta, punapa raden Tumeng- gung Rajaniti piyambak, boten saget adamel serat karampungan kados ingkang kapacak ing srat jurumartani punika, teka perlu temen suka pola, wah enggenipun suka pola karampungan, lare alit kimawon sumerep suraosipun, yen punika pola serat karampungan

abau kapine, kirang jejeg dene yen niyat damel tilasing nagari, suka pola serat karampungan, angiriba, kala prabu Nusirwan nga- dil, punika prayogi sanget kadamel piritaning srrat karampungan, ananging inggih boten prayogi yen kapacak ing srat jurumartani, punapa boten amalati, karaton dalem ing/ Surakarta, ruwed ren- tengipun yen kababar-kabarna, sinawuraken mrika-mrika. Kula sampeyan wastani gendheng, pantes saking punapa, la, mas Abdulatip piyambak ingkang bakperes, margi saben serat jurumarta- ni medal, pesthi wonten tekenipun Abdulatip, ting cengkereg, amaoni anenacat, ing tembung saseratanipun para priyantun, wah malih Abdulatip, kadugi maringi pola serat karamungan, dhumateng priyagung kang sami ngasta pangadilan dalem ing Surakarta, kendel temen, ta, mas, yatalah, napa boten ajrih sikuning priyagung kang ngasta pangadilan, dene dika wengku prasasat boten wonten wadana jeksa, saha nyothokaken panggaliyanipun, priyagung kang ngasta pangadilan. Caruban, Akad kaping 21 April 1867, Kartasari. ======Kabar saking Ngayogya Wonten satunggal tiyang, nami Bongsakreta kuli dhusun ing Mudinan tanah Kilen Pragi Kabupaten Brosot, bawah ing Pakualaman Resid- hen Ngayogyakarta. Punika ingkang estri gadhah lare medal 3, iji jaler sadaya, wondene bibingipun amung satunggal, ing sak derengipun lair bayi 3 iji wau andadosaken gumunipun para titiyang kathah, awit pun Bongsakreta wau anggenipun meteng nglangkungi agengipun katimbang kaliyan tiyang meteng ing sanesipun, bayi tiga iji wau lairipun kala ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 7 wulan Besar punika. Ngayogya ping 18 April ongka 1867, katndhan dening magang juru serat ing Kabupaten Brosot bawah Pakualaman. Sastrawiraga. ======Sakalangkung andadosaken pirenanipun manah kula, sareng amaos serat pamacakipun kanjeng Pangeran Panular wonten ing Jurumartani ongka 7. Ing ngriku anyebutaken manawi kanjeng Pangeran mau kagungan wayah apaparab Den Mas Sinatriya, punapa malih wayahi- pun wolu: sareng sampun tedhak siteniun: kabesiyaraken puter- puter wonten sak lebetipun nagari, wah malih anyebutaken ingkang sami dherekaken utawi tumpakanipun sadaya wau kreta: kathahipun 12 iji, tuwin kapalan 25. Salajengipun inggih amung anyariyosaken ingkang sami dherek tunggil sakreta, sapanunggilanipun. Wondene sareng kula maos serat wau kula inggih urun ing bingahi- pun Kanjeng Pangeran Panular, nanging sanalika kok lajeng rumaos owel ing manah jalaran nama-namanipun ingkang sami dherekaken boten kasebutaken sadaya, utawi sipat titi-titiyan miwah busana- nipun ngkang sami dherekaken sabab saking pamanggih kula, maka- ten punika barnag ingkang sakalangkung prelu, sahaboten pisan- pisan kenging kasupen, dados ingkang sami maos serat Jurumartani, angraos nikmat tuwin bolong ing manahipun awit kasumukan dening bentering surya, inggih punika, pitembunganipun kanjeng pangeran Panular ingkang sampun misuwur, dhasar balabag tuwin berbudi, punapa malih jembaring makluman palamarta. Ha, La ======Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 6 wulan maret punika

badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan dhokter A.Y.H.Pandher- meildheker ing Klathen. Benjing ing dinten Saptu kaping 11 wulan Maret punika, badhe wonten lelang ing kampung pasar kliwon Surakarta, menggah ingkang badhe kasade griya, sepalih tembok sepalih gebyog, gad- hahanipun Nalawongsa. ======Tuwan Jaspres enko sampun ambikak panggenan anyamak sera-serat, panyamakipun mawi wacucal sadaya,utawi amung sapalih, manawi sampun rampung anggenipun anyamak, pangintenipun dhateng ingkang gadhah punika badhe karumtosan sae. ======

Ongka 19, 9 Mei 1867 Ambubujeng Bulus Saganten Ing pasisiripun saganten tanah Amerikah ing wanci dereng nganta- wis dangu seraping surya, toyaning saganten prenah celak kaliyan pasisir katingal ebah wit saking kathah ing bulus ingkang adamel ebahing toya wau. Menggah bulus punika tingal wonten sadhasaring toya awit saking padhanging rembulan, sami anyelaki pasisir, badhe anigan wonten ing ngriku, ing waktu punika sakedhap saked- hap tiyang mireng sabawaning bulus wonten ing toya, ingkang anelakaken bajrihipun dhateng ing toya, amirengaken bok manawi wonten ingkang badhe adamel tiwasipun, manawi para lus amireng sabawa ingkang kakinten badhe damel tiwas, punika tumunten enggal sami lumajeng silem ing toya malih, dne manawi boten wonten sabawa ingkang badhe damel tiwas, para bulus lajeng minggah dhateng dharatan ing pasisir, lampahipun sakalangkung alon, wonten ing ngriku manawi para bulus aningali samukawis ingkang badhe damel tiwas, lajeng sami mungel swaranipun sakalangkung bening, minongka tondha adamel kageting para bulus ingkang boten sumerep ing tiwas ingkang badhe dhateng, supados sami lumajenga sadaya, manawi para bulus sami minggah papan sae wonten ing pasisir, badhe kadamel panggenan anigan, lajeng sami kendel wonten ing ngriku, aningali rumiyin ngiwa-nengen, bok manawi wonten sabawa punapa-punapa, para bulus lajeng wiwit anokeri siti kaliyan sukunipun wingking, lebetipun nganos kalih utawi tigang kaki, saha danguning antawis anggenipun anokeri siti amung sadasa menit rampung, nunten para bulus sami anigan wonten ig luwangan anggenipun adamel wau, tiganipun katata sae wonten salebeting luwangan, manawi sampun anggenipun anigan saha tigan sampun katata, luwangan lajeng kurugan siti,sakalangkung sae anggenipun angurugi siti wau, awit boten kaawisan pisan manawi wonten luwngan ingkang kadekekan tigan, sitinipun karaden mantuk kados ingknag wau. Anggenipun angurugi siti ing luwangan dan- gunipun ngantos kalih dasa menit, para bulus lajeng kesah saking panggenan ing ngriku, anggebyur dhateng saganten malih, dne tiganipun kapurih anetes piyambak awit saking pa anasing siti ingkang kasorotan ing surya, manawi tigan sampun sami anetes, bulus alit sami anggremet lajeng gebyur ing toya. Menggah para tiyang ingkang badhe mendhet bulus, manawi kalanipun sami anigan, mila kapenbdhet kalanipun anigan, awit manawi boten nuju anigan, para bulus wau sami wonten salebeting toya kemawon, para tiyang punika sami jngkeng, pundhakipun kapasangaken angsal jibiring bulus ingkang sawg anigan, bulus kaungkil sarosanipun lajeng kalumahaken, manawi bulusipun sakalangkung ageng, awit wonten ingkang gadhah wawrat pitungatusan, punika tiyang lajeng angathahi ing pangungkilipun wau, utawi ngungkilipun kalayan ganthol tosan, menggah bulus manawi saweg anigan, punika boten anglegewa dhateng samukawis ingkang katingal utawi ingkang kamirengan, sanadyan kacelakan ing tiyang bulus tansah kendel kemawon, malah ngatos kenging kalenggahan gigiripun, bulus ingg- gih ugi tansah kendel, saha anglajengaken anggenipun nigan, manawi sampun rampung anggenipun anigan bulus lajeng mancolot sakalangkung tebih, supdos angentasaken badanipun saking bilahi, mila kenging kawastanan mokal saged anyepeng bulus ingkang sampun rampung anggenipun anigan.. Bulus punika anggadhahi watek, manawi kacepeng ing tiyang kalani-

pun saweg anigan, saha bekta tebih sanget sakig pangenanipun anigan wau, mongka lajeng kauculaken, bulus punika amesthi badhe wangsul malih dhteng panggenanipun anigan. wonten malih tiyang ingkang mendhet bulus wonten salebeting toya, inggih ugi mawi kalumahaken, lajeng kacepeng ing sanalika, awit bulus punika manawi sampun klumahaken, lajeng boten saged mangku- reb malih. wonten tiyang sanesipun ingkang mendhet bulus mawi kacempuling, utawu karampog kaliyan waos, ananging manawi anggenipun anyempul- ing utawi amaos wonten salebeting toya, punika boten patos pikan- tuk, awit bulus punika manawi wonten salaebting toya sakalangkung rikat anggenipun anyolahaken badan, anjawi saking ingkang sampun kasebutaken bab pamendhetipun bulus, wonten malih sayanipu, inggih punika kajaring. Menggah bulus punika awarni sakawan, bulus ingkang warnipun ijem, punika ulamipun sakalangkung eca, saha kaupadosan ing titiyang kathah, dene mangsanipun anigan punika ing wulan april ngantos dumugi ing wulan Juni, kathahing tiganipun bulus satunggil ngantos 250 iji, ingkang kalih warni mawi gadhah cucuk, punika tiganipun ngantos 300 iji, manawi anigan ing wulan Juni tuwin Agustus, dene bathokipun kaupadosan ing tiyang kathah. Bulus ingkang tigang warni punika endhasipun ageng, manawi anigan ing wulan April ngantos dumugi wiwiting wulan Juni, saha kathah ing tiganipun kirang langkung saking 300 iji, wasana bulus ingkang kawan warni ppunika manawi anigan ing dalem sataun kaping kalih, tiganipun ngantos wonten 400 iji, ulam tuwin bathokipun empuk mila boten patos kaupdisan ing tiyang. Anjawi saking titiyang, menggah bulus wau taksih gadhah mengsah sanesipun, inggih punika baruwang sapanunggilanipun bangsaning sima. Menggah tiganing bulus wau andadosaken kauntungan ageng dhateng ara tiyang ingang sami amendheti, tigan punika kagrami dhateng tanah tebih. Sapinggiring lepen ing Brasili tanah Amerikah, wonten ing wedhen para tiyang sami amendheti tigan bulus, ingkang kadhudhukan wonten ing wedhen, saha kamotaken ing baita, lajeng kagrami. Tigan bulus punika kenging kadamel mertega, pandamelipun makaten: tigan bulus wau kaubak ngantos tunggil saha dados kados bubur, nunten kacuran toya panas lajeng kaepe, kadadosanipun lisah ing tigan saged kumampul wonten ing nginggil, sareng sampun makaten lisah punika dipun lerobi ing irus, lajeng kagodhog ing latu sawatawis kemawon mrangangahipun, ing wekasan lisahipun ical dados warni martega, anawi mertega sampun asrep, lajeng kadhawa- han ing pangaron ingknag satunggil tunggilipun kauda kawis kirang langkung saking wawrat sawidak pun, sanadyan mertega sae anggeni- pun angrawati, inggih ugi taksih gadhah raos lisah, menggah kathahing mertega ingkang kados makaten pandamelipun wau, punika ing dalem sataun 900000 pun, dene lebetipun tigan ing dalem mertega, 60 pun punika 1600 iji. ======Wangsulan saking Abdulatip dhateng Kartasari mantri Lid, ingkang sampun tatela gendhingipun awit saking lepat ing panyerating kalenggahanipun. Kula sampun maos seratipun mantri Lid ingkang kapacak wonten ing serat Jurumartani ongka 18

Kala ngajeng kula amastani yen mantri Lid wau tatela ing gendhengipun awit sakin glepat anggenipun nyerat kalenggahanipun dene ing sapunika kul mstani, manawi piyambakipun sakalangkung gendheng, jalaran saking boten pisan-pisan mangertos serat kula ingkang kapacak ing Jurumartani. Pratelan kula ingkang ingkang kados makaten punika, bilih boten kinekahan dening pratondha yektos saestu boten saged rinojongan ing ngakathah. Wondene ing saleresipun kula boten susah anerangkaen malih, sabab sinten-sintena ingkang pancen saged angrembag prakawis lajeng sumerep kemawon ingkang lepat utawi ingkang boten anang- ing bok manawi wonten priyantun ingkang sumaput dening pango- cehipun mantri lid ingkang sampun katawis kurrdanipun jalaran angobat-abitaken dadamelipun inggih punika ingkang dipun wasta- ni Trengwillihdrig. Rekane arep ngagorohi pitembungan walonda sing dawane mung sanyari. Ingngandhap punika katranganing pitembungan kula ingkang sampun kasebut ing nginggil wau, bilih pun Prewilihdrig sampun tatela gendhengipun, wonten pitembungananipun mantri Lid ingkang mungel makaten: kula kabatanga manggih kasangsaran kacopot jebling saking kalenggahan kula awit lepat panyerat kula jawi. Dados panampinipun mantri lid wau, kok kados sampun kapasthi anggeni- pun badhe nemahi kasangsaran, mongka murading serat kula botten makaten kajengipun. Ing serat kula ingkang kapacak ing jurumartani ongka 16 wonten ungel ungel an ingkang kados makaten: wonten malih ingkang mastani manawi tumenggung Rajaniti kirang patitis kalatas saking lepat pangangkaning titimangsanipun serat Jurumartani, dados nalare meh makaten punika ingkang minongka kadamela lalandhesan- ing busukipun, saupami pangadilan andhawahaken karampungan kala- rasa saking kalepataning tiyang ingkang sakalangjung sumapala makten boten wande kartasari ingkang dados Mantri Lit badhe anemahi kasangsaran kapocot saking kalenggahanipun amargi saking panyeratipun Lit mawi amejahi aksara "ta", leresipun amejahi 'da' mongka mantri Lid punika kedah sumerep dhateng aksara walandi. Lah punika pitembungan kula ingkang sampun pinacak ing Jurumar- tani ongka 16 wau, dados kula amung nedya damel sanepa, kapirit saking ungel-ungeling seratipun manstri Lid, kok sampun kula pasthekaken anggen sampeyan bhade anemahi kasangsaran boten mas. Kajawi saking punika menggah pangobrol sampeyan Maseprang Willih drig bab panyeratipun Lid utawi Lit punika taksih nyimpang saking leres. Para priyantun ingkang sami ngrembag prakawis kula akaliyan mantri lid kula aturi anggaliha piyambak. Pitembunganipun Kartasari dhateng kula mungel makaten: Yen sam- peyan mratelakaken tembung walandi, mungel lid punika boten mejahi, 'ta' boten mejahi 'da', panyeratipun makaten lid, dados mejahi dhe. Mongka panyeratipun mawi mejjahi 'da' tur sampun kawastanan yen boten mejahi 'ta' boten mejahi 'da' ananging 'dhe' ing wusana panyeratipun mawi mejahi 'da'. Sasebutan makaten punika rak boten tumempel sakedhik-kedhika ta mas. Menggah pitembunganipun Kartasari bilih seratan walandi mungel

radhen , punika inggih taksih tumpang soh, sabab tumrapipun sastra walandi ugi sinerat raden, dene panyeratipun aksara 'da' punika makaten aksara dha kinandhing ing ha, mungel 'da' punika makaten sampun kamupakatan ing akathah, kajawi saking mantri lid, ingkang tingalipun ambegumuna, ing salajengipun Kartasari amasta- ni bilih kirang dhemesipun yen mejahi 'dha' saha kawastanan pelo, wondene pelo botenipun punika mas, prakawis bab bedaning raos. Ingkang kawastanan pego dening tiyang Surakarta, boten kaanggep pego dening tiyang pasisir, sabab kendhanganing talingnipun tiyang pasisir akali lan Kartasari bok manawi beda. Ing wusana mantri lid amstani yen aksara da tuwin ta punika tunggil warna, mila panyeratipun lid lan lit kaangep sami ugi. Bilih makatena panyeratipun sabda akaliyan sabta punika kedah sami, malah-malah kenging kaserat makaten sapta, awit ba kaliyan pa kabaripun inggih tunggil warna. Pikajengan sampeyan rak inggih makaten ta mas. Kados pundi mas sampeyan punapa sampun terang dhateng sasebutan kula, yen dereng kedah binudi pinungsen rumiy- in kados kula boten badhe sumelang kaloloan ing pangoceh sampey- an. Ing sapunika punapa kula kallan anetepaken ing gendheng sampeyan yen boten inggih kula obrkaken tumunten. Punapa sampeyan taksih gumun dene kula purun damel sanepa kados ingkang sampun sampeyan serepi, ing suraosipun. Kjawi saking punika Mantri Lid amastani yen pangecapipun serat jurumartani, saking pamidhangetipun dede Prawilihdrig Ing ngajeng kula sampun anyebutaken mantri Lid badhe ngumumaken kasagedanipun dhateng basa walandi, ananging andadosaken cuwaning manah kula, dene panyeratipun Prawillihdrig punika lepat lere- sipun dede prayedrik utawi: dede wilekerehedrik tegesipun boten kenging angecap pitembungan sakajeng-kajengipun dados mawi wates. Kula inggih boten pisan-pisan bahde ngijati pandakwa sampeyan mas bilih kula remen mancah, cathek-cawel sapanunggilanipun sabab kula rak sampun ngaken manawi badhe anetepi lelabetan kula cathek-cawel. Mila makaten awit kula welas sanget aningali cemplang raosing seratipun Kartasari lan Sukamulya sapanunggilanipun dados kula s\umedya anggugah engetanipun ingkang boten kanthi budi. Punapa dene kula boten pisn pisan nedya damelaken pola serat karampungan dhateng Mangkupraja utawi Rajaniti, saha boten gadhah pamrih amimirang karaton dalem Surakarta. ananging kula eram sangetdene priyantun wadana kakalih teka sami jawab-jinawab campah-cinampahan wonten ing serat Jurumartani, kados lare alit mila saking pamata wis kula pantes kadhawahan serat pikudhung kerampungan. Wondene ing karampungan wau kula boten rumaos bau kapini, sabab kula tan amilih jalma, dene sampeyan Mas Kartasari ingkang tinga- lipun baud atrembagang prakawis sampeyan kula aturi ngangggit serat karampungan ingkang jejeg inggih sampun mawi ambahu kapi- ni, sabab sampeyan tingalipun badhe ambyantoni mangkupraja, inggih sumongga mugi andugekna ing karsa, kula ingkang badhe tutulung dhateng Rajaniti, punapa malih sampeyan kula aturi anglebetaken sakathahing sasebutaning angger ingkang badhe kangge ing serat karampungan sampeyan ananging mas Pratogi dipun atos- atos sabab sakathahing priyantun ingkang sami ngrembag prakawis

sampeyan prsasat pangadilan luhur, ingkang wajib ambatalaken karam[pungan bilih botn tekah ing wawatonipun. Abdulatip, ======Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, ingkang mugi mugi serat kula punika kapacaka wonten ing Serat Jurumartani. Kula sampun amaos serat Jurumartani, ongka 14 ingkang mawi ka- tandhanipun Abdulatip, menggah suraosipun wawangsulan dhateng Sukamulya ingkang sisilih aran, sabab anggenipun tumut angawon- awon tumenggung Rajaniti, ingkang makili wadana jaksa nagari Surakarta. Ingkang punika, sakalangkung-langkung, suka pirenanipun ing manah kula, saha kula angaturi panjurung pupuji sokur ing ngallah, dene Abdulatip priyantun Semawis mawi kagungan panggalih murinani saha rumeksa, dhateng karaton dhalem ing Surakarta, tur murinani ing saleresipun, yen a ingkang ngawon-awon tumenggung Rajaniti wau sae ya, sabab punapa teka boten kapilih ing ratu kadadosaken tumenggung. Ingkang kaping kalih , kula sakalangkung gumun ngungun, aningali saserataniun ingkang kakasih Kretasari mantri lit kitha caruban, punika kula boten sumerep kajengipun, ingkang kasbeut ing nga- jeng, piyambakipun amemoyoki, dhateng Tumenggung Rajaniti, sareng ing wingking piyambakipun nyuwun walang dhateng tumenggung Rajan- iti, lo, punika kados pundi, tiyang sampun kawastan boten petitis sawi dipun tedhani wulang, ingkang kalih dene, piyambakipun dede priyantun Surakarta, sar taksih lenggah mantri kemawon, teka purun anglawan tumenggung, boten langkung amung anggenipun nyon- gol-nyongolaken kasagedanipun, angungkuli, para tumenggung nagari Surakarta, supados kapiliya ingkang sinuhun Surakarta, kakresakna dados wadana jaksa. Yen ta ingkang nama Kretasari punika sae ya, tiyang piyambakiipun anak tumenggung, punapa ala boten dados tumenggung, alitipun patih. Ingkang punika, saking panuwun kula, ingkang mugi-mugi Abdulatip wontena karsanip[un amangsuli, dhateng Kretasari Caruban. Sinerat ing Pulo Onrus tanggal kaping 12, April taun 1867, ka- tandhan Rajamenggala. ======Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, ingkang mugi-mugi serat kula punika, kapacaka wonten ing serat jurumartani. Kula punika, kenging katembungaken tiyang lumuh nganggur, anaming sangking adrengipun, ing manah kedah ngaturi panjurungipun ing serat jurumartani, ddos katemahan, pinten banggi manawi kagalih ingkang saestu, andadosaken kasaenanipun, ingkang sampun rambah- rambah, kula maos serat jurumartani, ingkang mawi katandhan sukamulya, suraosipun animbrung, bab uduripun raden Tumnenggung Mangkupraja, kalih raden tumenggung Rajaniti, lajeng kacampah dhateng mas abdulatip, punika sakalangkung suka pirenanipun ing manah kula, amuji dhateng abdulatip, yen ta abdulatip wau, teran- ga ingkang dipun griyani, sarta genaha kampungipun, kalih prasa- jaha anamanipuningkang sayektos, saestu kula kintun serat medali angepos, boten kula lebetaken ing jurumartani. Lajeng malih wonten belo tumut seton, nyandrel garan tanpa dipun

tumpaki, anongolaken sanderipun, sun Lid, kaprecaya ing kanjeng gupremen, kang pantes kapilih adadi tumenggung jaksa Surakarta, alajeng kacampah dhateng mas Wigyaopanitisastra ing Kudus, punika inggih makaten malih, sakalangkung-langkun pamuji kula dhateng mas Wigyapanitisastra, anaming yen ta kula akintuna serat mnedal ngepos, saestu botenkapanggih ingkang punika mas, Abdula- tip, Mas Wigyapanitisastra, saking panuwun kula dhateng sakaliy- an, mugi lerstantuna sapanginggilipun, karsaha mapas, sakathahi- pun para nalabung lampah, ingkang boten maedahi tur namung sapele pamrihipun, mindhak anggidhuhaken, dhateng wiwinihhipuning ngu- dur. Ingkang kaping kalih, manawi sami sareju ing panggalih, saking panuwun kula bab rebatipun udur raden tumenggung Mangkupraja, kalih raden Tumenggung Rajaniti punika, prayogi sami dipun tinga- li kemawon, kadis p[undi babaripun ing tembe, dene kawonten nayaka, sami nayaka udur, kasebut wonten ing Jurumartani, dados benjing ing wingking kenging kadamel wawaton. Sabab punika sanes, kalih uduripun mas Wigya Panitisastra, kalih mas Abdulatip, rumiyin, margi boten mawi pagepokan caranipun ing karaton. Sareng uduripun nayaka kalih punika, anggepokan dhateng nestha madya utamanipun karaton dalem surakarta. Sinerat ing Batawi tanggal kaping 24 wulan April, 1867. Katand- han Raden Panji Suryawijaya. ======Tuwan ingang ngarang serat Jurumartani, Mugi karsawa nyithak. Ing sadangonipun kula maos serat Jurumartani, boten wonten pante- sipun ingkang suka tondha asta, anjawi namung, 1, Ngandulatip ing Samarang, 2, Wigya Panitisastra, ing Kudus, kaliya saking punika sangking pangraos kula boten wonten ingkang patut anaweni pun Raden Panji, Puspawilaga, ing Surakarta, para priyayi berbudi ing sastra, priyayi tetiga wau, sampun kinging kula wastani dados sasekaraing serat Jurumartani, sadaya-daya inggih patut anaming ingkang kinging kula cithak ing ber kuwanenipun ingkang klayan ambeg wicaksana, namung priyayi, 3, wau bab kadurjanan pangikal- ing paben kening kula telan, anamung yen boten amacakaken punapa sak kawontenanipun ing penggalih sak wedalipun Jurumartani, kok sanget kembanipun saha sepen, tur mawi sanget, boten toh namung punapa, ing sarehning, tapak astanipun priyayi tatiga wau, kathah paedahipun kenginga kula telad angudi kalantipan supados muta- matan dhateng para bodho, ing ngatasipun tiyang cubluk terwi- lun, eku la kok meksa menggah pamurih kula wedaling kalantipaning panggalih boten mandar, sak parengipun, sami-sami kersa watak anggendhong umos kathah saenipun katis bang sanesipun. Ing wusana panuwun kula, mugi sampun mawi andibyakaken runtek dhateng ingkang ngaturi serat punika dipun agung pangapunten ipun priyagung tetiga wau. Kasrat ing Kadireja, tanggal kaping 23 wulan Besar taun Alip, angkaning warsa, 1795 Kula ingkang suka tondha, amrih thukuling drajat kang mijil Mulku tanah jawi, pun Puspanirdaya. Cangkriman kula sami kabatanga. Wonten satriya ngemasi atine kinaniyaya, lelima sanak rowang ngerino dasa jroning guwa, ludira andres muncrat, patine binuwang metu kunarpa sakggone tiba. "i"

Kula Kang martandhani, Kryakirtika, ing Kadireja. ======

Pawartos warni-warni Kanjeng Raden dipati Danukusuma, Bupati ing Mgelang ing mangke santun nama angagem namanipun ingkang rama: Kanjeng Raden Adipati Danuningrat. ======Jayalelana asring mireng saha amaos serat pakabaran malajeng, bab indhaking begalan ing Panarukan, sarta sampun angalami piyam- bak kabegal, menggah pratelanipun kados ing ngandhap punika: kala tanggal kaping 1 wulan April ingkang sampun kapengker, Jayalelana saking Bondawasa badhe dhateng Panarukan, saha lajeng kalampahan. Jayalelana ngantos dumugi oukul wolu sonten taksih wonten ing losemen, sasampunipun lajeng mantuk dhateng Bondawasa, wonten ing Panarukan Jayalelana sampun mireng, manawi ing panggenan ingkang kawastanan Randhu Agung resah sanget bab ing bebgalan, dene panggen punika mawi kawastanan randhu agung, aamargi ing ngriku wonten uwitipun Randhu AGung satunggil, kaprenah wonten ing margi ageng, tebihipun kalih tengah pal saking pabrik ing wringin anom, saha tigang pal saking kitha Panarukan, sareng Jayalelana dumugi celak ing wit wau, lajeng wonten tiyang saka- wan anyander dhateng Jayalelana, sarta badhe anyepeng kapalipun, ananging Jayalelana ing waktu punika agebag kapalipun ingkang lajeng anyander saalangkung rikat, kalampahan Jayalelana saged medal saking bilahi. ======Saking pawartosipun kala tanggal kaping 10 wulan april ingkang sampun kapengker ing Ngayogyakarta wonten uwit Waringin rebah, menggah rebahipun wanvi pukul tiga siyang, dene uwit waringin punika sakalangkung ageng, saha ngumuri pun watawis langkung saking satus taun, rebahipun wa andhawahi kawating telegrap, andadosaken paneram-eram dene kawat punika boten putung, saha sakalangkung kuwawinipun anadhahi awrating waringin, boten mawi andadosaken putungipun. Sanadyan celaking rebahipun waringin peken ageng, saha kathah titiyang sami lumampah wangsal wangsul, ewadenten boten wonten tiyang ingkang tiwas karebahan ing uwit wau. ======Wonten tiyang ing kitha Arlingen tanah Nederlan anampani arta warni wang kartar dadamelan ing Rus arta punika badhe kadamel ambayari sambutanipun,s arta lajeng kadekekaken ing brumbungan asep, sareng makaten ingkang tampi arta kesah saking griya, kalayan muring-muring, dene sababing anggenipun muring-muring boten kacariyosaken, sareng sampun kesah, kacariyosaken manawi semahipun mendhet arta wau, saha kalebetaken ing ulesing serat ingkang sampun kawaos kala enjig, lajeng kadekekaken ing meja malih, mila makaten awit saking semahipun agadhahi cipta, sampun ngantos ical, sareng ing wanci jam 12 tiyang ingkan gjaler man- tuk, aningali wonten serat ingkang kawaos wau taksih katutup saha kadekekaken ing meja, lajen gkapendhet kasuwek -suwek awit pikajenganipun ingkang jaler makaten punika, supados semahipun sumerepa, manawi piyambakipun napsu sanget, tuwin supados sase- mahipun ing tembe saged angatos-atos. Sareng semahipun wau sumerep manawi ingkang jaler mantuk lajeng dhateng ing ngajengan, aninglai kathah uwuh susuwekan kerts tumunten uwuh punika kasaponan kaklempakaken dados satunggil

lajeng kacemplungaken ing latu. Wasana awit saking cariyos ing nginggil punika, para titiyang sageda sumerep piyambak manawi tiyang anyuwek kertas punika boten sae ing saderengipun kawaos rumiyin punapa malih hawa naspu punika asring andadosaken pituna. ======Tanah Katha-katha (tidak jelas cetakannya) tanah Sepanyol dereng antawis lami wonten lindhu sakalangkung sanget ing kitha Merkia, Oriila tuwin sapanunggilanipun, kalampahan titiyangipun ing dalem sadinten sadalu sami tilem kadhar wonten ing jawi kemawon sami ajrih lumebet ing griya, awit saking bokmanawi kajugrugan sabab ing sadinten sadalu punika ebahing siti sakalangkung sanget. ======wonten Jendral saking wadyabala ing tanah Amerika suka pariksa kawontenanipun para wadya bala ingkang pejah wnten ing paprangan ageng, kala ijg wulan Maret ing taun 1863, pratelanipun kados ing ngandhap punika: Ingkang pejah ing papranganutawi wonten sajawining paprangan awit saking sami anandhang tatu, opsir...... 2900 Onder opsir tuwin Soldhadhu...... 90886 Opsir ingkangpejah sakig sakit tuwin sanesipun... 2321 Onder Opsir tuwin soldhadhu ingkang pejah saking sakit tuwin sanes-sanesipun...... 182329 ------gunggung tiyang ingkang pejah sadaya...... 278436. ======Ing serat Jurumartani, ongka 19, kula sampun maos seratipun Raja Manggala, Surya Wijaya,lan Puspanirdaya: priyantun titiga wu sam anyukani panggunggung dhateng kula, Wigya Panitisastra, tuwin Panji Puspawilaga. Ing samangke panuwun kula dhateng priyantun kakalih Raja Manggala kaliyan Puspanirdaya, mugi sampun kaangetan anggenipun dhawahaken pitembungan arum dhateng kula, sabab kula punika ambeg sumangkeyan mila kula sumelang, bokmanawi kayungyun ing kondha, sahalajeng mongkok, tuwin ambaledhos, kajawi saking punika, panuwun kula dhteng Suryawijaya, manawi saestu badhe kintun serat dhateng kula mugi karsaha angintunaken kemawon dhateng tuwan F.W.Winter jurungarang serat Jurumartani, sabab tuwan wau sumerep dhateng nama kula sayektos miwah dhateng griya kula. Abdulatip ======Kula sampun maos seratipun Raden Panji Suryawijaya ing Batawi, katiti mangsan tanggal kaping 24 wulan April ing taun 1867, kapacak ing serat jurumartani kaping 9, wulan Mei punika, ing ngriku Raden Panji Suryawijaya amratelakaken, bilih sakalangjung- langkung pamujinipun dhateng Wigya Panitisastra, saha yen ta kintuna serat medal ngepos saestu boten kapanggih, ing salajengi- pun gadhah anedha dhateng Wigya Panitisastra tuwin Abdulatip, lesantuna sapanginggilipun sami puruna mapas sakathahing para nalabung lampah ingkang boten maedahi, tur amung sapele pamrihi- pun mindhak anggidhuhaken dhteng wiwinihpun ing ngudur. Ing manekg wawangsulan kula rden sampeyan amumuji dhateng Wigya Panitisastra, makaten ugi pun Wigya Panitisastra sakalangkung sukur, dene sampeyan karsa anggalih dhateng rukunaning ngagesang, pamanah kula sampeyan amesthi boken kakilapan dhateng kawajiban-

ing titiyang gesang, kedah rukun kaliyan sasaminipun awit rukun punika andadosaken daya, wangsul ingkang nama Sukamulya tuwin Kartasari kalih pisan sami ngupados congkrah, katawis saking anggenipun kami purun dahwen dhateng prakawis ingkang dede leresipun wah lajeng sami angiloni dhateng Mangkupraja, kadadosa- nipun kenging kawastanan cathek-cawel tanpa nalar, wasana lajeng kasaru ing titiyang sanes, manawi tiyang sae samesthi boten makaten tandukipun, leres-lepat punika kedah wwonten Mangkupraja tuwin Rajaniti. Menggah pangandika sampeyan bab serat manawi kakintunaken dhateng Kudus badhe boten dumugi dhateng Wigya Panitisastra, punika leres, ananging tiyang gesang manawi gadhah seja sae, lami utawi enggal amesthi badhe kadumugen ing sejanipun wau, wasana panedha sampeyan, kula kapurih amapas sakathahing Parana Labung lampah ingkang boten maedahi, punika sampeyan sampun sumelang raden, awit kula taksih angajeng-ajeng wangsulanipun Kartasari Caruban dhatng kula, ananging ngantos ing dinten sapunika wangsulanipun dereng kapacak ing Jurumartani, bok manawi Kartasari saweg angupadosi dintenipun ingkang badhe adamel ungguling jurit. Katandhan Wigya Panitisastra. ======Punika wangsulaning seratipun Puspanirdaya, ingkang kapacak ing Jurumartani kawping 9 wulan Mei punika ongka 19. Menggah panggunggung sampeyan dhateng kula, Abdulatip tuwin Puspawilaga, punika inggih kula anggep, amargi kula manah manawi sampeyan remen sanget amaos bab udur, ingkang pamrihipun amung anerangaken lepating patrap, saha anglandhepaken engetan, sanady- an pitembunganipun Wigya Panitisastra tuwin Abdulatip asring anyanyampahi, ewadenten pikajenganipun amung saged amedalaken budi ingkang patitis, sarta amapas sawarnining udur ingkang kirang pantesipun wah kanthi lenaning pambudi, awit tiyang apra- kawisan punika prakawissipun kedah kacepenga saking sirah, sampun ngantos kacepeng saking buntut, punapa malih pamrihipunsampun ngantos angetrapaken pitembungan ingkang damel gugujenganing ngakathah, ananging sarehning sampeyan amastani dhateng ingkang sami suka tondha asta, kawrat ing jurumartani, boten wonten pantesipun, ing mangke kula purun purun amabeni bab kalintuning panampi sampeyan, pamanah kula piyambak manawi para priyantun ingkang sami kintun seat minongka panjurung Jurumartani, sadaya kemawon sampun pantes kagunggunga, amargi saking anggenipun sami karsa anyantosani bab ajeging wontenipun serat Jurumartani, mila sapunika panuwun kula dhateng para priyantun ingkang sami uka tondha asta kawrat ing Jurumartani, mugi lestantuna ing salami-laminipun bab anggenipun asuka panjurung Jurumartani, supados ingkang sami maos serat Jurumartani saged sumerep dhateng pakabaran ingkang saking nagari ing pundi-pundi, saha sampun ngantos anglagewa dhateng pitembujganipun Puspanirdaya, bok manawi Puspanirdaya punika taksih kodheng, bilih daya punika wontenipun saking biyantu. Wasana panuwun kula dhateng Puspanirdaya, mugi karsaa anggalih ingkang memet rumiyin saderengipun asuka pangunggung utawi panacad dhatng ingkang sami ambiyantoni saha anyantosani wonteni- pun serat Jurumartani, dene manawi wangsulan kula punika dereng andadosaken condhonging karsa sampeyan, mugi-mugi agunga panga- punten sampeyan, saha karsa alajeng anerangaken kawrat ing Juru-

martani bab kalintuning panampi kula. Katandhan Wigya Panitisas- tra. ======Kula ningali serat Jurumartani, ongka 19, seratanipun Abdulatip tiyang Semarang, angawon-awon dhateng kula, sarta netepaken yen kula gendheng, ing mangke wnagsulan kula, Abdulatip, kula tete- paken gemblung sanget, katawis anggenipun mastani warnaning sastra guru, kaserat warganing pasangan, sabda, kalih, sabta, mila sanes sanget, kang kula criyosaken ngajeng, warganing sastra guru, dede pacangan da, mitraning ta, inggih punika warga, kenging gentosi-ginantosan, kadosta nyerat mungel dak tempili, kenging ugi, tak tempiling, dak suduk, kenging, tak suduk, dak pangan kenging mungel tak pangan, dhuwid kenging mungel, dhuwit, punika warnaning sastra, boten kados kanegipun gemblung Abdula- tip bakperes tiyang semarang mekaten, supandene reka badhe magang Jurubasa, ing Jurumartani, Surakarta, anggelarake ngelmu Kodrad, punika buk walandi, dipun westani Natirkindheh, kula boten eram mas, awit kala kula umur 18 taun kula smapun maguru bab Natir- kindheh, guru kula tuwan pandhita enggris, ing Kampung Parapatan ing Batawi, tiyang dipun kethok sirahipun dhel, rah taksih gagodrs, ototipun ing satunggal tunggal, sami dipun leres aken gulu lajeng kalebetaken ing mapes lembu, utawi maesa, pun impes kasolahaken sawatawis, pun sirah cangkemipun saget bengok-ben- gok, punika ugi kula sampun kawulang. Abdulatip nyariyosaken Sastra Panjen Sastra walandi, dha, ha, dados da, punika saya kedahaken gedmblungipun , diwor lenga ngantos satus taun, mangsi sageda dados da, sagedipun mungel dheha, manawi kataring, mejahi na, mungel dhahen, boten saget mungel den. Abdulatip mastani , bab papriksan remeh , boten kenging kaingga- haken pangadilan, punika sangsaya saya anedahaken migemblungi- pun, yen lampahing prakawis nagari kula, lampahing prakawis punika, sangking papriksan remeh, lajeng kalampahaken bolu rambatan siti, ngantos saget manggih sabab kang ageng, lajeng kainggahaken ing pangadilan, saingga wonten karampunganipun. Yen kula serata sedaya, kekathahen mindhak neseki ing jurumarta- ni, lan kula boten sumedya nyerat ing Jurumartani malih, boten langkung mas kula namung suka slamet jalan enggen sampeyan sumedya dados jurubasa ing Surakarta, mugi sageda kalampahan, dene yen kula gendheng, sampeyan gemblung, ddos sampun cok mawon mas, boten susah mawi bayar sareman. katandhan Kartasari, ing Caruban. ======Ingkang mugi srat kula punika kapack ing Jurumartani elok. Pawartos le, kalih prakawis menawi kelampahan tamtu andadosaken sanget pitunanipun ing parentah, saha kasusahanipun para waris sanget ingkang sampun kalampahan mongka dereng untawis lami, wusana badhe wonten malih nujonipun lajeng wande, awit saking prayitnaning pulisi. wondene , ingkang sampun kalampahan anderng untawis lami, sak lebetipun taun ongka 1866 tanah ing Kabupaten Brosot bawah ing Pakualaman karesidhenan ing Ngayogyakarta, wonten 1, tiyang bongsa Cina, nami babah Cap Pyeh, gadhah, jana, jana, dhateng ingkang estri, dipun dakwa remenan dhateng tiyang sanes, nanging dereng wonten cinanipun, ing wusana wau Cap Pyeh semahipun

pinuju tilem lajeng dipun berek jangganipun mawi peso agng, panjang, 1, kaki, wiyar, 2 dim, ugi ngantos dumugi pejahipun sak nalika Ruinyah Cap Pyeh wau pinuju kaberek janggganipun ugi saged bengok anaming sareng badhe dipun tulungi tiyang kathah, babah Cap Pyeh lajeng berek jangganipun piyambak naming boten pejah, wantu berek jangganipun piyambak inggih boten rosa, sarta selak konangan tiyang kathah, dumugi sapunika babah Cap Pyeh, teksih wonten ing kunjara. Wondene awit badhe wonten malih nujonipun sande, , saweg nalika wulan Besar tanggal kaping 23 wonten 1 tyang nami Wirya Taruna griya kanpung ing kabupaten Brosot, punika ingih gadhah penyana, dhateng ingkang estri , dipun dakwa asring purun remenan dhateng tyang sanes, nanging boten wonten cinanipun, badhe gadhah akal kados cina nami Cap Pyeh wau, naming lajeng kathah kogelipun boten tahan ing manah, saha lajeng dipun prayitnani tangganipun ingkang celak ing pagriyanipun awit tangganipun tiyang nami Mangundikrama, lajeng among dhateng ingkang dados pulisi, kam- pung ing Brosot, ingkang dados pulisi lajeng suka wiwulang dhateng Mangundikrma wau, sebarang ingkang nama dedamelan wesi, ingkang landhep ingkang lancip, kapurih ingetdaken, sampun ngan- tos suka sambut dhateng Wirya Taruna wau, senajan tangganipun sedaya, inggih sami dipun dhawahi makaten. Sareng sawentawis dinten, pun Wirya Taruna wau, gadhah akal malih, boten wonten tiyang ingkang sumerep, sumerepipun dhateng tyang kathah, sareng pun Wirya Taruna sampun kelajeng mendem, sak lebetipun mendem wau saged ngoceh, ngakena mentas nedha kecubung telas, 2 iji, sarta mawi bopong anjing galak, dipun gigit ing anjing galak wau boten kadamel raos, tondha sampun mendem yektos, pangocehipun wau, sagawon punika karengkuh semahi- pun ingkang dipun dakwa asring bebedhangan wau, panedhanipun kecubung wau supadosipun sageda dumugi anggenipun badhe anganiaya ingkang estri, yen boten tamtu saget mawa damel ingkang setri, sumedya badhe nglalu piyambak, mejahi badanipun sageda nir, kogelipun ing manah, saklebetipun ngoceh makaten wau, tangganipun ingkang nami mangundikrama, lajenglumajeng pratela ing pulisi, tyang kang mendem wau lajeng kesah boten kantenan, sarta mawi beta, 1, alu, sareng pulisi sampun tampi pratelan, ugi lajeng sumeja tumundang, cepeng dhateng tiyang mendem beta alu wau margi kathah mutawatosipun, bokmanawi lajeng bilaheni tiyang tuwin bokmanawi ngobong griya, anaming tyang kang mendem wau kesahipun boten kantenan, mongka mangsaniipun dalu petengan, sangsaya andadosaken susahipun tiyang kathah. Anaming pulisenipun malah sangsaya nemen anggenipun madosi, boten sumeja kendel, senajan ingkag mendem wau mawi beta alu, naming boten sumedya ajrih, sarta boten sumelang yen kadhatengan bilahi, pangubresipun mdosi wau mawi oncor, senajan, boten sumelang bilahi, inggih boten nilar pangati-ati, awit sampun wajibipun jagi rumeksa dhateng bawahipun sedaya, ngestokaken dhawuh ing parentah, supados sampun ngantos wonten tiyang gadhah lampah damel karisakanipun para tiyang sedaya. Tyang kang mendem wau sareng sampun pinanggih lajeng kacepeng, senajan bab uninga pulisi ingkang sumeja ajrih lajeng kajiyat, kapurih jeng ipeng lajeng kadhatyang, tyang kathah langkung rame, tyang kang mendem wau lajeng kaerut ing wit kajeng ageng, anami pulisenipun lajeng kajibah jagi rumeksa, sedalu punika.

Ing Kabupaten Brosot tanggal kaping 29 April 1867 Katandhan Lurah Playangan, Sastracaraka, S.T.R. ======Panuwun kula ing panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, mugi seratan kula ing ngandhap punika, kersa amacak ing serat koran Jurumartani, lowung kadamel isen garis kang sela. Jurumartani kamis kaping 9 Mei 1867, ongka 19 Kula maos serat cangkrimanipun mas Karyakirtika, ing Kadireja, sekar asmarandana, namung sapada ungelipun mekaten. Wonten sa- triya ngemasi patine kinaniaya, lelimasan nak rowange rinoda sajroning guwa, ludira andres muncrat, patine binuwang metu kunarpa sanggone tiba. Cangkriman sampeyan punika Mas Karya Kirtika, nagari sampeyan Kadireja, emperipun sampun kalebede adi sanget mila sampeyan pacak ing Jurumartani, yen nagari kula ing gorang gareng, punika cangkrimanipun lare-lare, sarehning sampeyan aken batang ara priyantun kang sami nampeni serat jurumartani, pambatnag kula, punika kinang, yen sampun kalepeh sepah ing kina, kabucal saeng- gen-enggenipun, nanging kula boten susah nebus cangkriman kawrat ing serat jurumartani saking bosen kula. Katandhan Ngabei Sastrawijaya, ing Gorang-gareng, tanpa titi mongsa. ======Para priyantun ingkang taksih gadhah sambutandhateng kantor lelang ing Surakarta kala ing wulan Januwari 1867, ig mangke sami kaemutaken ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelas- ing wulan Mei punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun sambutan wau badhe katagih medal saking pangadilan. Surakarta kaping 1 Mei 1867 Ingkang nguwasani kantor lelang Katandhan Bosower. ======Ing tokonipun tuwan Jaspres enko para tiyang saged pikantuk atumbas pisis dadamelan cina sakalangkung sae, saha kawadhahan ing pethen kajeng candhana, punapa malih serat kadamel wadhah gambar-gambar sorot, saha pelangkan gambar sorot , menggah regi- nipun sakalangkung mirah. ======Tuwan Jaspres en ko sade serat pananggalan etang taun jawi, kangge ing salaminiun, menggah reginipun sarupiyah satunggil abayar kenceng ======Tuwan Jaspres enko sampun ambikak panggenan amyamak serat-serat, panyamakipun mawi wacucal sadaya, utawi amung sapalih, manawi sampun rampung angenipun anyamak, pangintunipun dhateng ingkang gadhah punika badhe karumantosan sae. ======

Pawartos warni-warni Uwit ingkang wijining wohipun kenging kadamel lisah. panggenanipun uwit punika wonten ing nagari Cina, wijining wohi- pun dados gagramen ageng, sarta kabekta dhateng tanah indhiya, menggah uwit wau enggal agengipun wonten ing tanah Cina sisih kang ler kilen, ing ngriku sakalangkung kathah ing uwit ngantos leksan, angsal-angsalanipun wijining woh punika ngantos pinten- pinten tong. Wiji wau kenging kadamel lilin ingkng sakalangkung saenipun, urubipun padhang sanget, saha boten gadhah kukus, uwit punika saged gesang ing tanah inggil utawi andhap radin, manawi wijining wohipun kasebar enggal thukulipun, ing dalem wolung taun wiji punika sampun dados uwit inggilipun tigang kaki, saha ngrem- payakipun nem kaki mubeng, dene kajenging wit warninipun pethak, saha sakalangkung sae kadamel papan ukir ukiran, menggah god- hongngipun kenging kadamel ecat. ======Wedalaning sata sajagad Menggah wedalipun sata sajagad pratelanipun kados ing ngandhap punika: Ing tanah Asiyah satus seket gangsal yuta pon Nederlan Ing tanah Eropah satus kawan dasa satunggil yuta pon Nederlan Ing tanah Amerika satus kawan likur yuta pon Nederlan Ing tanah Afrikah kalih welas yuta pon Nederlan Ing tanah Australiyah kawan kethi pon Nederlan ======Bab kathahing panganggenipun kertas Menggah panganggenipun kertas ing Englan ing dalem sataun watawis telas, 230, yuta pon. Ing Prangkrik 195 yuta pon Ing tanah Amerikah sanadyan sakedhik tiyangipun panganggening kertas kathahipun angungkuli ing Englan kaliyan Prangkrik, tela- sipun kertas ing dalem sataun, 440 yuta pon. ======Kasangsaran wonten ing margi karea asep. kala tanggal kaping 26 Pebruwari ingkang sampun kapengker, wanci dalu, wonten kasangsaran ing margi kareta asep ing tanah Inggris, jalaran saking putunging bumipun kareta ingkang isi barang- barang, kareta isi barang barang punika medal saking pancen marginipun kareta asep adat saben, andadosaken bingunging tiyang kathah ingkang sami anumpak kereta asep wau, punapa malih wonten kareta sawatawis ingkang isi sandawa inggih lajeng sami medal saking margining kareta asep, wekasanipun kareta asep kakende- laken, boten dangu tumunten wonten kareta asep isi barng-barang katingal dhateng, saha medal margi ing ngriku, ing nalika saman- ten para tiyang sami numpak kareta asep ingkang kakendelaken wau sangsaya bingungipun, kalampahan kasupen angendelaken lamahing kareta asep ingkang dhateng punika anotog kareta ingkang isi sndawa, sanalika sandwa anjeblos knging latuning kareta asep, ungelipun sakalngkung sora sanget, salaminipun dereng wonten kasangsaran ingkang sanget kados makaten, dhistrik ing ngriku kapadhangan sadaya saking sulaking latunipun sandawa ngkang anjblos, sarta oreging siti kados wonten lindhu, menggah ingkang nglampahaken kareta asep sakaliyan sami malesat ing ngawang- awang, dene suku tangan gembungipun sami dhawah tebihipun 16 mil wasana barang barang ingkang kamotaken ing kareta asep sakaliyan boten wonten ingkang kantun, sami kabesmi sadaya, sarta kabesmi

ning kareta asep sawawratipun ngantos sawatawis jam dangunipun. ======Dipongga ingkang alit piyambak saha dereng nate wonten ing tanah Inggris, sppunika saweg wonten angsalipun saking Rangun tanah Indhiya wingking. Dipongga punika inggilipun amung tigang kaki, saha sakalangkung tututipun, sareng Dipongga wau kaudhunaken saking baita, kabekta dhateng griyanipun ingkang gadhah, lajeng lumebet dhateng griya panggenanipun tiyang sade inuman, ing ngriku Dipongga amendhet gelas ingkang wonten isinipun bir, ingkang kadamel anyepeng gelas inggih talalenipun, lajeng kaombe, andadosaken bingahipun para tiyang ingkang sami wonten ing griya genipun sade inuman wau. ======Menggah kitha ingkang ageng piyambak ing jagad sapunika dede Londhon tanah Inggris, amung kitha yen Yedho tanah Japan ingkang ageng piyabak, salebeting kitha ing ngriku kathahipun griya 1,1/4 yuta, dene titiyangipun wonten 5 yuta, lurung-lurunging kitha kathah, saha panjangipun ngantos lampahan pitu utawi wolung jam satunggil-tunggilipun. ======Penget iki layang karampungan tinibakake ing prakara kang guman- tung ing ngantarane Abdulatip alelawan karo Kartasari Mantri Lid ing Caruban. Babeneran wus amriksani ature Kartasari kapacak ing layang Juru- martaniongka 20. Pamikire babeneran kaya ing ngisor iki: Babeneran wus amriksani ature Kartsari unine: Si abdulatip wus tatela ing gemblunge, jalaran saka olehe ngarani warganing sastra guru, katulis warganing pasangan. Babeneran wus angrembug si Kartasari nalika anduweni pangoceh kaya kang wus kasebut ing layang Jurumartani ongka 18 ora pisan- pisan anduweni pamikir bab bedaning wargasastra guru lan waraning pasangan kang cinturake mung bab padhaning warga. Babeneran wus angrembug mungguh ature Kartasari bab gemblunging Abdulatip iku kudu kinureban dening prtondha kang luwih kukuh, mulae pandakwane si Kartasari kudu kabatalake sak kal marg sepi saka ing sabab. Babeneran wus anguningani seseregane Kartasari yen Abdulatip reka-reka arep magang jurubasa, ana ing layang jurumartani, awit anggelarake elmu kodrat. Babeneran wus angrembug yen aturan kang kaya mangkono iku, wiwinihe gethinging si Kartasari, amarga dheweke ora kaduga, angarang caritane elmu kodrat, dene sarupaning aturan kang kawetu saka cugetan aten sapa padhane hawa napsu, iku ora pisan-pisan kena kaanggep bener, samono iku manut anggering pambudi padhang, Babeneran wus anggalih ature Kartasari, yen dheweke wus tau maguru bab Letir Kindheh (rekane) marang tuwan pandhita Inggris ing kampung Prapatan ing Batawi, lan maneh Kartasari mau mrate- lakaken ana wong di kethok endhase, getihe gagodres, otote kabeh ppadha di benerake , guru banjur lkalebokake ing Mapesapi utawa kebo, ing Mapes banjur kasolahake swatara, endhas cangkem mebi sabengok-bengok. Babeneran wus angrrembug yen ature Kartasari kaya mangkono iku kalebu nglangkara lan mokal awit pandhita ora tau ngethok endhas wong, amurih nerangake elmu kodrat, sanajana marang Kartasari,

kapindhone endhas iku ora bisa bengok-bengok kajaba endhase mantri Lid marga dening gatug, kaping telune, cangkeming wong kang kinethok endhase aming ginawe sarana bengok-bengok, sabab manawi impes mau disolahake, temahane hawa malebu ing cangkem dene hawa iku kang andadekake jalaraning pambengok. Babeneran wus anggalih yen si Kartasari ora pisan pisan anggayuh piwulange pandhita Enggris, samono iku durung karuwan MantriLid wus tau menyang Batawi. Babeneran wus angrembug yen susurupane Kartasaribab ngelmu Kodrat ngemungake bab kethokan gulu, iya iku kang anetepake gendhenge. Dene kawruh mangkono iku kang bakal di empakaken ana ing landrad Caruban manawa panuju ana wonng dikethok gulune, Kartasari kang ambengokake maneh, amurih wedine konca-kancane. Babeneran wus anggalih, elmu Kodrat kang kaya mangkono iku ora ana paidahe. Babeneran wus anguningani ature Kartasari, uninge mangkone: aksara walandi, dha ha, iku ora bisa muni, da, sanadyan dimorna nganti satus taun. Babeneran wus anggalih yen aksara: dha ha, mau ora kamoran amung sinandhing bae, kajaba saka iku wus terng banget aksara mau ora bisa muni: da, awit saka karepe dhewe, mulane kudu ana kang ngunekake. Babeneran wus angrembug si Anbdulatip ora pisan-pisan mratela- kake yen prakara remeh ora kena kaunggahake ing pangadilan, mulane Kartasari kajiyat anuduhake panulise Abdulatip kang kaya mangkono. Babeneran wus angrembug awit saka kang wus kasebut ing dhuwur kabeh, yen Kartasari katetepake ing gendhenge, dene si Abdulatip durung kena ing ngaranan gemblung, amarga pratelane si Kartasari ora mawa pratondha yekti. Mulane babeneran amatrapi paukuman marang Kartasari ora klilen macak ing jurumartani lawase sasasi, amarga wus nandhukake pitem- bungan goroh. Layang karampungan iki bakal kapacak ing layang Jurumartani , supaya aja ana kang ngarani ora sumurup ing unine Dhawuh ing karampungan ing dina Ngaad tanggal ping 19 Mei 1867. Abdulatip ======Wangsulan dhateng Abdulatip Ing sarehning sak langkung anggen kula condhong, aningali saen- ing pambudenipun mas Abdulatip dhumateng kalantipan kang sampun katingal, ing mangke kula parlu angatingalaken anggen kula angru- juki, sasampun terang pamanah kula ing panyeratipun mas Abdul kasebut ing jurumartani ongka 14 ingkang anyariyosaken adrenging karsaha nglairaken bab pamulangan ing pulo jawi kantos ing sala- jengipun, seratipun mas Abdul wau wonten ingkang mungel kados ing ngadhap punika: Ing mangke kula pitaken dhateng bongsa kula sadaya, punapa pamu- langan makaten wau mikantuki punapa wonten pigunanipun saestu boten. Ingkang makaten wau saking bodho cingkranging saserepan kula, ing mangke kula perlu apitaken ing saestonipun mas abdul wau bongsa punapa, sabab manawi kula laras saking namanipun angemperi yen tiyang bongsa Arap, utawi bongsa agami Islam, ananging sareng amastani yen pamulangan ing tanah jawi ingkang wiji saking Arap,

kaangep boten wonten pigunanipun, kdos dede bongsa Agami Islam, yen saupami mas Abdul wau bongsa agami Islam punapa ateka amastani yen pamulangan punika boten makantuki tuwin boten wonten pigunanipun, mila adreng kula kedah amangsuli sasaget kula, bab pamulangan ingkang makaten punika anggen kula amastani inggih mikantuki tuwin wonten pigunanipun, awit pamireng kula ingkang terangmakaten mas, pikajenganipun ing pamulangan wau, minongka wawatoning agami Islam punika tembung Arap, sasampunipun sumerep ing tembungipun Arab, tumunten dipun terangaken maknaipun, ala- jeng dipun terangaken murad masutipun, utawi lajeng nerangaken ing Tam blegipun, punika perlu ing ngatasipun tiyang agami islam mas, ewadene manawi mas Abdul wau dede agami Islam inggih teka pantes amakatena, sarta kula amung anyumangggakaken sabab pancen sanes ing pamaggihipun ananging pamulanganipun modin punika boten lepat mas, amargi minongka jalaran kasantosan ing ngatasipun tiyang agami Islam, kados ingkang kula pratelakaken ing nginggil wau. Wondening pamurihipun mas Abdul supados para lare kaprasudi ing pamulanganipun kanjeng gupermen, punika saklangkung-langkung saking prayogi, ananging makaten mas ing Surakarta punika, yen sangandhap sampeyan dalem gusti ratu kula kanjeng ingkang sinu- hun, kinakemina anetepi ing kawajiban ratu asih ing kawula akaliyan adilipun, tegesipun ing nanginantangaken dhumateng putra santana abdi kawula dalem sadaya, samabewa dhendhadana, pratam tuwan andhawuhaken papacuh pinten pinten ingkang sampun kalimra- haken, utawi anggantangi karenanipundasih, sipat abdi dalem bupati sapangandhap dumugenipun babekel dhusun, aliya patih jaksa pangulu, ingkang tiyang sepuhipun eneepi ing kuwajibanipun anak sae sarta saged anyekapi ing sadamel-dameling bapa, lajeng tinu- runaken ing anak warisipun, dene abdidalem ingkang langkung sae psuwitanipun ginanjar ing kamulyan, ingkang lepat inggih katrapan utawa kaundur, ingkang makaten wau tumindak ing salamenipun, sarta pinten kimawon mas ingkang winanta ganjaran kamulyan utawi ignkang katrap punapa dene kaundur, boten susah kula cariyosaken pantes sampun sami anyumerepi ing ngadil paramartanipun ing karaton dalem Surakarta, ananging saking genging pangaksama dalem kathahipun abdi dalem saha sakawontenipun para abdidalem sanagari sadaya pranatanipun kapitadosaken ing papatih dalem, jaman ing- kang sampun kapengker kang kula cariyosaken saking pawartosipun, katelahing pangaksama wau tumrapipun mangandhap, ingkang panuju titiyang bodho ing pikir kaworan gandhenging manah koruting pamanggihipun anggeping kabatinan kalenggahan wau kadhaken gagad- hanipun pyambak, tatilaranipun waris kakek moyangipun kasupen yen punika kagungan dalem, kantos kalunta-lunta wonten kalengga- han dipun sade utawi dipun gantosaken : punapa dene aken ing ngaken satunggal kaliyan ing liyan, kathahing kang kados dados prakawis dhawahing karampungan tamtu wonten menang salah satung- gal awit saking waris wajip utawi sabab saking nging yatra, kalampahan saget katetepaken dadosipun priyantun, boten kapirit saking kapinteran tuwin kawekalanipun ing tiyang, inggih sampun malih ing kang tumrapan damelan gampil kados ta tenggak kemit pajang pasisiran tuwin amara sowan jaman rumiyin yen kaprasu- diya milih tiyang kang kadunungan budi kawicaksanan, atyang wadana jaksa Raden Tumenggung Rajaniti ingkang kacariyos cacat tuwin bodhonipun kapilih dados wawakil, kilap ing tembe kadados-

anipun, wangsulan punika taksih wonten candhakipun , Surasajati kaping 10 Sura Ehe ongka 1796 Katandhan , Sukamulya. ======Ing panuwun kula dhumateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, mugi karsa amacak serat kula punika ing Juru- martani. Kula aningali anggitanipun Ngabdulatip papethikan saking ngelmi kodrat kula sak langkung gumun nngetuwun dene pun Ngabdulatip purun sanget anggenipun belakakaken menawi ngelmi kodrat punika, amadhangaken pamikir wah malih anguwasakaken ing sak pangginggi- lipun kados pundi angsalipun saged, amadhangaken pamikirwau, dene tan mawi wiwitan tan mawi wekasan ingkang punika, yen ker- sane Ngabdulatip nami kapethik bab kodrati kemawon malah andado- saken peteng ing pamikir, kalih dene malih, Ngabdulatip badhe nerangaken sak wernining wujud kang kacemplungaken ing toya wonten ingkang kembang, wonten ingkang kumelem weni sela ingkang langkung saing alit kacemplungaken ing toya silem punika adat kajeng, tur langkung sangking ageng ing kang ageng, kacemplungak- en ing toya kemambang punika inggih dad, punapa boten angrrbag bab wawenangipun ingkang maha suci, punaa purun Ngabdulatip ambucala ing wawicalan yen menggah puruna, lajeng kawestanan kdos pundi. Besar kaping 25 taun alip ongka 1795, Murit ing ngudal abdulatip. ======Cariyosipun Kiyai Bodho ing Karta. Kala jaman panjenenganipun ingkang Sinuhun kanjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Matawis, paminggiring kitha ing Karta wonten padhusunan alit, ingkang ababadhe pemahan wasta Kiyai Bodho, pangupajiwanipun amung sade gendhis kalapa, dipun kinten- kinten sacekapipun betah ing griya kemawon, langkunganipun ing- kang kasade lajeng kasukak-sukakaken dhateng tongga tepalih, ing sadinten-sadinten makaten lalabuhanipun, sareng ing nga lami-lami anuju ingkang sinuhun kanjeng Sultan Agung ameng-ameng, dumugi ing pagriyanipun kiyai Bodho karaos angelak badhe angunjuk, lajeng mampir tedhak kaaturan lenggah salebeting griya boten karsa, amung lenggah wontening ngemper alit kemawon, ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung mundhut angunjuk, kiyai Bodho lajeng angawe deresanipun, wit kala patumenggung piyambak, sreng bumbung igknag sampun isi legen kapendhetg, wit kalapa lajeng ngadeg jejeg malih, legen winadhahan ing mangkok kacaosaken lajeng kaunjuk, sasampunipun ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung dumugi anggenipun angunjuk legen lajeng andangu dhateng kiyai Bodho, dhawuh ing pangandika dalem, kakang: banget panarimaning sun enggonira asasaos egen, ananging ingsun tatakon mu gajatenana ingkang dadi lakunira, dene sira darbe mangunah kawasa angreh tumulunging karambil, aturipun Kiyai Bodho gusti: kawula punika sampun misuwur dados tiyang balilu ssanget, babasan boten sumerep ing ler kidul, boten saged angungelaken Alip bokong utawi epa pincang, saha boten nate siyam boten betah melek, ing sakadari- pun tiyang ngalit amung anglampahi trima, lila, temen, sabar, dhawuh ing wawangsulan dalem, lah iya yen mangkono bae ingsun kaduga anglakoni, boten antawis dangu ingkang sinuhun kanjeng sultan Agung kondur angadhaton. Nunten ing ngantawis wulan malih, ingkang sinuhun kanjeng sultan

Agung tedhak dhateng griyanipun Kiyai Bodho malih, pangandika dalem makaen, kaki:L wus antara patang pulun dina iki enggon ingsun anglamkoni trima, lila, temen, sabar, ananging teka ora darbe mangunah kaya sira. Kiyai Bodho amangsuli atur, Gusti: Abdidalem punapa kalilan matur angeliraken dora dalem, wawangsu- lan dalem , lah iya kakang elirena gorohipun, aturipun kiyai Bodho, Gusti: ing sarawuh dalem kala wau panjenengan dalem anyepeng sasawungan, boten dangu kauculaken malih, ing panyepeng dalem kala wau mawi ekur-ekur, sareng sasawungan majeng wonten ing ngars dalem amung kacepeng sakedhap kemawon, boten mawi kaparingan pakan punapa-punapa, mongka panyananipun ayam anggeni- pun majeng ing ngarsa dalem punika badhe kaparingan sekul, ing wekasan amung kacepeng sakedhap lajeng kauculaken, dados panje- nengan dalem kalebet andorani ayam sasawungan, milanipun sareng kauculaken lajeng kaluruk, punika kapasemonipun kados memelehak- en, telas aturipun Kiyai Bodho, ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung gumujeng suka sarwi angandika yen mengkono abot wong angla- koni trima, inggih leres dhawah dalem punika, mila makaten bengahanipun ingkang wonten ing ngasepen, manawi bebahanipun ingkang wonten ing parameyan kabaripun makaten, panjenenganipun para nata punika amung anetepana, tata, titi, pariksa wisesa, manwi para wadya anglampahana, taberi, nastiti, ngatos-atos, amirntos, punika gusti: leres lept kawula anuwun pangapunten dalem, ingkang sinuhun kanjeng sultan Agung sangsaya andadosaken suka pirenaning galih dalem, mila Kiyai Bodho lajeng kakula wisudha dados abdidalem miji, kaparingan griya wonten ing Sura- natan. ======

Ongka 23, 6 Juni 1867 Pawartos wani-warni Tiyang sakalangkung Cethilipun Wonten tiyang tutuwi ing griyanipun tiyang sugih ingkang saka- langkung cethilipun, sareng lumebet ing griya, tiyang cethilka- panggih lenggah angadhep meja, , saha saweg anyathoki laler, sareng makaten anggenipun anyathoki laler angsal satunggil, laler punika kalebetaken ing wadhah gendhis, saha lajeng katutupan ing tutupipun, ingkang mara tamuapitaken menggah patrap makaten wau, wangsulanipun tiyang cethil, kadamel tetenger manawi gendhis kacolong dening para rencang, tiyang cethil lajeng sumerep, awit laler ingkang wonten alebeting wadhah gndhis amesthi ical sampun boten wonten ing ngriku. ======Wonten pitaken bab tiyang ingkang kecalan kapal, sinten ingkang kawastanan lepat, nunten wonten ingkang amastani manawi rencangi- pun ingkang gadhah kapal punika lepat, wonten malih amastani ingkang jagi kapal punika lepat, wekasanipun ingkang gadhah kapal wicanten makaten:iya bener, kowe kabeh kang padha luput, dadi sing bener mung maling edhewe kang nyolong jaran. ======Tiyang sampun angetang, manawi tiyang amical sayuta ping sayuta punika kasagedanipun rampung langkung laminipun saking, 19000 taun, pamicalipun rinten dalu boten mawi kendel, sarta danguning pamicalipun wiwit saking satunggil dumugi satus rampung ing dalem samenut, manawi tiyang amical anggsal satus ing dalem samenut, dados sajam angsal 6000, mila ing dalem sadinten sadalu pamicali- pun angsal 144000, ing dalem pitungdinten angsal 1008000 sala- jengipun ======Uwit kalapa aneh Nonah Cina anama Owah, gagriya wonten kampung Cinan ing Temang- gung, dereng lami kekesahan dhateng dhistrik Balok, badhe tutuwi dhateng tiyang sepuhipun, sarta lampahipun medal ing Grabag. Sareng dumugi ing dhusun Pacekan bawah dhistrik ing Ngasinan Kabupaten Magelang, Nonah Owah medal saking tandhu sakedhap, lajeng aningali ing ngriku wonten uwit kalapa ingkang beda kaliy- an bangsaning uwit kalapa sanesipun, andadosaken sakalangkung sanget eramipun, menggah galuguning uwitipun boten angadeg sa- tunggil ing nginggil mawi epang kakalih sami panjangipun, sa- tungggil-tunggil epang gadhah godhong manggar tuwin woh, dene agenging wohipun ingggih sami kados wohkalapa ingkang limrah, menggah woh kalapa wau katingal amenginaken, mila Nonah Owah sakalangkung penginipun badhe aningali celak kaliyan woh kalapa punika, ananging sarehning Nonah Owah tiyang estri, mila kamanah saru sanget manawi ngantos amenek kauwit kalapa wau badhe amendh- et wohipun, dados tansah aningali wonten sangandhaping uwit kemawon, sarta sakalangkung kumeceripun badhe anedha wohing kalapa punika. Salajengipun Nonah Owah gadhah pangajeng-ajeng sampun ngantos andadosaken seriking manahipun tiyang sepuh tuwin sanak kadangi- pun sadaya, bilih Nonah Owah anyariyosna bab uwit kalapa aneh punika wonten ing serat pakabaransanadyan Nonah Owah amanah boten pantes, manawi tiyang estri amacak ing serat pakabaran bab praka- wis wau, ewadenten Nonah Owah rumaos boten saged kendel bab kawontenanipun prakawis ignkang kados makaten punika, mila kala- pahan anyariyosaken bab uwit kalapa aneh wau wonten ing serat pakabaran. Ing mangke para titiyang kedah sami suka apangalembana dhateng Nonah Owah bab anggenipun anyariyosaken prakawis uwit kalapa aneh wau kawrat ing serat pakabaran, Nonah Owah kenging kawastanan dereng wonten titimbanganipun ing ngatasing tiyang estri prakawis anggenipun gadhah lampahan purun anyariyosaken prakawis wau punika. ======Tiyang jawi anama Kadiman kala malem Akat tanggal kaping 2 wulan April ingkang sampun kapengker anuju jagi sabining bapakipun kaprenah celak kaliyan dhusun Karangbale ing Dhistrik Losari tanah Brebes, sareng ing wanci tengah dalu bapakipun Kadiman lumampah dhateng sabin wau, badhe amariksani bok manawi anakipun ingkang jagi sabin katileman, sareng makaten anakipun boten tilem, malah anakipun punika lajeng amaos dhateng bapakipun, amargi baakipun kakinten andhapan, sareng kawaos bapakipun wau kenging pundhakipun, ing sanalika bapakipun ambengok, ing ngriku andadosaken sumerepipun Kadiman, bilih ingkang kawaos bapakipun piyambak, ing wekasanipun bapa lajeng kabekta mantuk. ======Kala tanggal kaping 1 wulan Maret iingkang sampun kapengker Raden Wadana Puspadirja kesah saking griyanipun ing Langenastra, , badhe amariksani sabinipun piyambak ingkang pantunipun wiwit sepuh, tindakipun wau anumpak kareta mawi kapal sakawan, garwani- pun tumunt punapa malih tuwan E. inggih tumut, sami anumpak dados sakreta kaliyan wadana Puspadirja, lampahing kareta sakalangkung rikatipun, sareng pukul satengah pitu kareta dumugi ing lepen Wenongga, kareta lajeng kasabrangaken ing lepen kados ngadhati- pun. Kusir anyabrangkaen kareta boten mawi ayektosi bab ageng ngalit- ing toya, sareng kareta dumugi satengah ing lepen, lajeng kabekta ing toya, awit ing waktu punika amarengi lepenipun banjir, kusir tuwin kenek sanalika sami angbyur ing lepen, saha lajeng sami amitulugi dhateng wadana sagarwanipun tuwin dhateng tuwan E, sadaya punika sampun kaentasaken ing dharatan, ananging kareta saisinipun barang barang babektan lestantun keli. Denne kapaling kareta ingkang kalih saget katulungan, ingkang kalih tumut kabek- ta keli ing kareta, kadadosanipun sami pejah.Ing salajengipun kareta sakapalipun kakalih wau saged kapanggih malih wonten ing panggenan tebihipun saprapat epal saking panggenanipun anyabrang, ananging kareta sampun risak sanget. ======Menggah lepen Praga kala samanten inggih banjir, saha wonten tiyang ingkang pejah salebeting lepen ing ngriku, cariyosipun kados ing ngandhap punika: Raden Bekel Sus badhe mantuk dhateng griyanipun ing Banjar, anumpak kapal anyabrang lepen Praga katumpak aken ing baita sasak, rencangipun anumpak baita sasak demang Keradipura saha ambekta kapal satunggil tuwin rencang kakalih, sareng makaten baita sasak katempuh ing toya, lajeng mangkureb, para tiyang ingkang sami anumpaki sadaya kacemplung ing lepen, Demang Ker- tadipura anyepeng buntuting kapalipun, kadadosanipun saged mentas, rencangipun kakalih inggih katulungan sadaya, ananging Raden Bekel susah pejah kabalabak ing toya, awit dinten enjingi- pun jisim kapanggih wonten ing panggenan tebihipun 1,1/2 pos saking panggenanipun anyabrang, saha lajeng kapendhem wonten ing dhusun gugulu. ======Sakalangkung sanget andadosaken suka pirenaning manah kula, dene suka mulya kagungan karsa macak serat ing jurumartani, ongka 21, lan 22, suraosipun ambeni anggitan kula bab pamulangan ing pulo jawi ingkang kasebut ing jurumartani, ongka 14. Mila kularumaos bingah awit prakawis ingkang kagepok dening priyantun wau saka- langkung katghah ing paidahipun, mila sampun kapara lami kula angajeng-ajeng wangsulan saking liyan, Sareng sampun lami kula boten aningali wangsulan, kok lajeng rumaos cuwa ing manah, pamata wis kula boten wonten priyantun ingkang karsa murinani prakawis bab pamulangan, dene manawi wonten udur kados dene uduripun mangkupraja tuwin Rajaniti, lah punika dhatengipun serat panjawab deras sanget prasasat boten telas-telas, mongka prakawis ingkang preelu sanget kedahkaparsudi ing ngakathah, prasasat kasingkiraken. Mila sakalangkung sokur kuladhateng Sukamulya, dene karsa maelu dhateng prakawis bab amulangan. Paribasan kathah tiyang kathah cipta, ingkang sampun kayektosan ing ujaripun punika badhe kula damel lalandhesan anggen kula kami purun anjawabi seratipun Sukamulya. Ing bubukan- ing serat sampeyan mas Sukamulya, sampeyan anglairaken condhong- ing galih, aningali saening pambudinipun Abdulatip salajengipun mawi anggunggung sawatawis. Panuwun kula bok inggih sampun susah agunggung dhateng kula, sabab punika badhe dados isarat amurih wigaring ambek kula, awit saking pangugungipun priyantun sawata- wis. Salajengipun Sukamulya angaken bodho cingkranging saserepa- nipun, lo, pitembungan makaten punika punapa pambektanipun budi andhap asor, bilih makatena inggih sakalangkung dening prayogi: nanging suwawi sampeyan yektosaken mas, tiayng ingkang ngaken bodho cingkrangipun, mngka kaweeh ing busukipun, saestu lajeng muring-muring: mila kula gething sanget titiyang andhap asor sabab kalimrahaning watek makaten wau kenging winastan kumingsun, ananging mawi kudhung lulang andhap asor. Sampeyan samppun kagun- gan panggalih bilih kula badhe kutbah bab watek andhap asor mas, pitembungan kula nginggil wau amng sasonggolan kemawon: kawuningana mas Sukamulya, kula punika kalebetna wawicalipun bongsa Islam, saha tiyang jawi ugi kados sampeyan, ananging pamanah kula bab agami tuwin pamulangan kados wonten bedanipun sawatawis tinimbalan pamanggih sampeyan sapanunggilanipun. Won- dene bedanipun wau makaten. Kathah kemawon tiyang angrembag prakawis awawatonbadanipun piyam- bak, tegesipun, saupami tiyang wauangrembag prakawisipun agami, punika saestu agaminipun piyambak ingkang dipun unggul-unggulak- en, makaten punika inggih sakalangkung dening prayogi, ananging ugi wonten lepatipun. Saking remanipun dhateng agaminipun piyambak temahanipun agamin- ing bongsa sanes boten nate dipuj rembag, boten nate dipun tand- hing akaliyan agaminipun piyambak utawi boten nate binudi pinung- seting nedhahaken ingkang leres tuwin ingkang boten: dados pa- nyiptaning tiyang wau bab agami islam,becik iya dak anggep ora becik iya dak angggep: suwawi mas sampeyan kula aturi galih pitembungan kula ingkang klawan matak aji nutupi babahan mara sanga. Anjawi saking punika, sapinten kathahipun bongsa kula ingkang sumerep dhateng pikajenganipun agami islam, sapinten ingkang mituhu dhateng dalilipun kanjeng nabi niyakaning ngrat, sapinten ingkang gayuh piwulangipun: rak inggih namung sapele, tuwin among bongsa priyantun kemawon ingkang sakedhik-kedhik saged angrembag agaminipun. Bilih makatena bongsa alit ingkang boten kalebet wawicalaning priyantun, tuwin ingkang skalangkung sanget kathahi- pun, punika boten pisan sumerep dhateng agami, tur kalebet bongsa Islam sadaya, tegesipun namung nama Islam kemawon, amargi lulu- huripun sami manjing agami Islam: tiyang alit wau dados amung manut adat kina kemina tan sumerep sae botenipun agami: mila tiyang alit wau mas ingkang kula gepok nalika kula damel anggitan ing Jurumartani, ongka 14. Gadhanganing manungsa ingkang winastanan tiyang alit mas, ingkang kula murinani. Mila kula kamipurun pitaken bilih pamulangan sasantren punapa wonten pigunanipun. Kula boten anjawab saes botenipun agami, kula amung boten mrayog- eni menggah anggenipun mulang dhateng murid. Sasebutan sampeyan bilih pamulangan makaten punika minongka wawatoning agami Islam punika leres, nanging wawaton ingkang jalaran saking kodhenging tiyang alit dhateng agaminipun, saking pamatawis kula kenging kawastanan santosa. Dene kawontenanipun inggih katingal santosa, samanten wau boten saking pambudi padang, nanaging awit adat kina-kemina ingkang taksih kalastantunaken dumugi ing jaman sapunika. Sampeyan mastani bilih pamulangan wau kathah paedahipun, ing sapunika kula badhe pitaken, pigunanipun punapa, pundi kawontena- nipun tiyang ingkang nglampahi tambleg amanat sidik, pun dika kawontenanipun bongsa alit ingkang sumerep dhateng makna, murad, maksud. Bilih sampun sae pamulanganing modin, sabab punapa dene piyam- bakipun boten pisan-pisan sumerep dhateng agami; sabab punapa boten wonten ingkang sumerep dhateng aksara Arab. Punapa awit saking anggenipun kasupen, mila ing ngingggil wau kula sampun matur, bilih tiyang angrembag prakawis ingkang kada- mel wawaton badanipun piyambak, mila ingkang sae kaadhepaken ingkang boten prayogi kaselehaken ing gigir, sampun ngantos katingal. Ing salajenganipun nas Sukamulya anympang saking margi, anggepok prakawis ingkang boten kula sebutaken ing Jurumartani, sabab Sukamulya lajeng anyariyosaken bab pangulawisudhanipun priyantun ing kraton dalem Surakarta,punapa dene bab pranataning pangulawi- sudha wau ingkang klawan adil, smanten punika kula boten pisan- pisan ama ing bendha adiling pranatan wau, awit sakin gsih palimarmaning ratu kula kanjeng Sinuhun, nanging andadosaken eraming manah kula, dene pun sukamulya ingkang gadhah aturan kados makaten awit ing ngajeng kala Mangkupraja tuwin Rajaniti sami angrebat suwala ing Jurumartani, Sukamulya lajeng murinani dhateng mangkupraja, ambodhokaken dhateng Rajaniti. Kala samanten kula sampun anglairaken pamanggih, bilih Rajaniti dermi nglampahi padamelanipun kemawon, dados pandakwanipun Sukamulya bab kacingk- ranganing Rajaniti, saestu angengingi ingkang ngangkat dhateng Rajaniti. Wangsulan punika taksih wonten candhakipun.

Abdulatip. ======Ingkang kaurmatan mawantu-wantu, dhumateng mitra kula sae, tuwin Wigya Panitisastra. Boten toh namung, kados pundi sampeyan tuwan, asuka panganggep dhateng poitembungan kula ingkng kawrat Jurumartani, ongka 19, punika sampun anganggep wusana, kula raos-raos wonten pitembungan sampeyan ingkeng sawentawis ragi masgul, ola, punika toh boten tuwan-tuwan, sumeja kula amurih lunturing penggalih sampeyan ingkeng kanthi wdaling penggalih ingkeng lantip wusana badhe kladukan penampi punika toh boten, pramila mekaten sabab sampeyan mawi ngairaken pengendika, ingkeng kados dene mekaten. Pra priyayi ingkeng karsa paring pratondha astha ing Jurumartani , mugi ngestantuna, sampun pisan anlagwa dhateng pitembunganipun, Puspanirdaya, bok manawi Puspanirdaya punika, teksih kodheng, bilih Daya punika wontenipun sangking biyantu, la, punika boten nun, kok lajeng kakinten kemawon, ing kali pundaya punika kamakna kekalih, menggah panjarwaning daya wau, ingkang sapisan maikna, kuwat ingkeng kaping kalih makna, tanpa damel la, punika pundi ingkeng sampeyan angge tamtu, kapirita sangking warganing, okara. Lan malih kula kapurih ngrembak ingkeng memet saderengipun suka pangungggung tuwin panacat dhateng ingkeng sami ambiyantoni saha anyantosani wontenipun serat Jurumartani, sangking atur kula inggih saklangkung nuwun. Dene ingkeng dereng dados candhonging manah kula tuwan, inggih pitembungan sampeyan ingkeng mekaten wau, saderengipun sampeyan paring prtikel ingkeng makaten wau, inggih tamtu sampun kula memetaken saha kula tintingi, sabab anggen kula mespaosaken sabarang pitembungan sampeyan sarta sampun dangu anggen kula maos serat Jurumartani, boten toh kados sampeyan punika, amargi rujuk kalayan asma sampeyan Wigyapanitisastra, yen samp[eyan punika tiyang lantiping penggalih saha trang sabarang pamriksa sampeyan dhateng basa, saseratan , wusana sareng sampeyan andibyakaken pangandika kados ingkeng kasebut ingnginggil wau, wekasan badhe anilar nama sampeyan dados badhe boten netepi, nama sampeyan Wigyapanitisastra, ing tembung jarwa, pancen Wigya saget wekasan Wigya makna bodho, paniti panjarwaning pun trang, wekasan paniti , makna bureng, sastra sampun makna, dados sampeyan punika sampun tamtu kula wastani kirang trang anggen sampeyan amriksani sasera- tan kula ing keng kapacak Jurumartani, ongka 19 wau, boten pisan sampeyan punika anggalih ya pengalih ingkeng rendhah (renthah), lan kula kakinten remen sanget dhateng bab udur, la, punika boten nun, ingkeng kula purih wedalipuning kalantipan sameyan yen andadosaken ing penggalih, ing wusana teksih mingut-mingut kema- won kula inggih nyusun sareh. Dene yen sampun sareh penggalih sampeyan saha netepi nama sam- peyan kula inggih dereng anyepenaken pangajeng-ajeng kula dhateng pamacak sampeyan ing Jurumartani, pramila samangke, sebarng kalantipan kaindhakaning nalar boten langkung saking kabar kinabaraken, mila sampeyan kula purih sanget, dene yen boten karsa inggih sampun tuwan-tuwan, wusana kula sumongga penggalih sampeyan. Puspanirdaya. ======Tuwan Jaspres enko badhe anumbas seratm Jurumartani ing taun

1864, tuwin 1865, ing mangke panedhanipun tuwan Jaspres, sinten ingkang gadhah serat Jurumartani wau, manawi karsa made, mugi karsa amade, mugi karsaha kapanggih kaliyan tuwan Jaspres. ======Benjing ing dinten Jumungah kaping 7 wulan Juni punika, badhe wonten elang ing griya losmen Surakarta, dene ingkang kalelang barang warni-warni. Benjing dinten Sabtu kaping 22 wulan Juni punika, badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan P.Swager, ing Surakarta, dene ingkang badhe kalelang griya los kadamel saking deling mawi payon kajang, jarambahipun mawi sasak tuwin kepang, sarta barang sanes-sanesi- pun. ======

Pawartos warni-warni Raden Demang Kusuma Adiwijaya, wadana ing Majalengka kaparaban Juru mejahi Sima. Ngantos lami ing Majalengka resah andening sima sawatawis, maesa utaw kewan sanesipun asring ical katedha ing sima, sanadyan kapasangan bekukung tuwin sanes-sanesipun boten wonten simani- pun ingkang saged kenging ing Bekukung, malah tansah sami angu- bengi tanah ing Majalengka. Kala tanggal kaping 19 wulan April ingkang sampun kapengkerwonten maesa katedha ing sima, andadosaken susah anggalihipun wadana ing Majalengka, mila wadana punika lajeng boten urun kendel saderengipun saged amejahi sima wau. Salajengipun wadana lumampah dhateng panggenaning bathang maesa, sarta lajeng andekekki kalak ambing ing daginging maesa wau, kadadosanipun sima anedha daging punika, awit katondha saking pangamuking sima ing dinten enjingipun sakalangkung anggeniun angajrih-ajrihi. Sareng wadana aningali bilih sima ngamuk sima lajeng kasanjanta kenging saha tatu sakawan ananging dereng pejah, sarta mundur sawatawis tebihipun, wadana lajeng angesuk sima kalayan ambekta waos tumunten sima kawaos ngantos andadosak- en pejahipun. Elet kalih dinten wonten sima malih ingkang anedha daginging maesa pejah wau, kadadosanipun sima pejah ngenggen, ing wekasani- pun sareng sampun angsal sima kakalih wau, sapa wingkingipun boten wonten maesa tuwin kewan sanesipun ingkang pejah katdha ing sima. ======wonten tiyang ngamonca mireng ungeling mariyem saben sonten manawi srengengeipun Serap, lajeng apitaken dhateng tiyang nagari ing ngriku, punapa tegesipun ungeling mariyem wau, wangsulanipun ingkang tinakenan makaten: punika saben serap srengenge ingggih mungel makaten, nunten ingkang pitaken wau amratelakaken gumuni- pun saha awicanten makaten: punapa srengebge ing nagari ngriki manawi serap mawi amungel sora makaten. ======Dereng lami ing Limah wonten kaangsaran ingkang ing gigirisi, prtelanipun kados ing ngandhap punika. Ing Limah wau panuju wonten komidhi, sareng rana kabikak sapisan lajeng titiyang ingkang wonten panggenan amain komidhi sami udreg awit wonten kucing stunggil lumebet ing panggenan wau, menggah lebetipun kucing wonten panggenan ing ngriku, punika tiyang boten sumerep, sareng makaten kucing lajeng kagusah medal mawi kagebag, boten saronta kucing lumebet ing kamarripun tiyang estri ingkang tumut mainn komidhi, kucing punika lajeng dados ewah, andadosaken sakalangkung kagetipun ingkang sami ningali komidhi. Tiyang estri wau panuju badhe medal saking kamaripun badhe dhateng panggenan main komidhi, supados amain komidhi wonten ing ngriku, ing waktu punika kucing angrangsang dhateng tiyang estri, kacakot ig tanga- nipun tengen, ananging tiyang estri punika boten anglagewa ing panyakoting kucing , saha lajeng anglampahi pamainipun komidhi ngantos rampung , sareng ing dinten enjingipun malih amain ko- midhi, tiyang estri ingggih tumut main, ananging dereng ngantos sangu anggenipun medal tiyang estri wau dhateng pangggenanipun amain komidhi, lajeng dhawah ing siti saha anjerit, pitembungani- pun makaten: padha goleka urip dhewe-dhewe, mengko kowe tak

cakot, ing wekasanipun tiyang estri wau amung gesang sawatawis dinten lajeng pejah jalaran saking sakit kados kacakot ing saga- won ewah. ======kala tanggal kaping 21 wulan Pebruwari ingkang sampun kapengker Raden Wadna ing Pathi anumpak kapal langkung ing kareteg ingkang kirang santosanipun sumedya atiti pariksa sabin tuwin pager- pagering dhusun, sareng dumugi ing kareteg wau, kareteg ambrug saha Raden wadana lajeng kacemplung ing lepen sakapalipun, meng- gah para tiyang ingkang andherekaken lampahing raden wadana, sampun sami angemutaken bab kirang santosaning kareteg anaring raden wadana boten maelu dhateng pangemut wau. Sareng petinggi dhusun ing dengkek aningali, manawi lurahipun kacemplung ing lepen saha kabekta ing toya ingkang sakalangkung santer, lajeng anggebyur ing lepen amitulungi dhateng lurahipun wau, kalampahan lurah p[unika kacandhak lajeng kabekta mentas ing dharatan, manawi wadana wau boten kapitulungana dhateng petinggi, amasthi badhe anemahi pejahi kabalabak. ======Candhakaning wangsulananipun Abdulatip dhateng Sukamulya. Sambetaning wangsulanipun Sukamulya kawrat ing Jurumartani ongka 22 boten sanes amung amupakati panyerat kula kasebut ing Jurumar- tani ongka 14, ingkang mungel makaten: Mbokmanawi para tiyang sepuh wau sami gadhah cipta, yen kadrajatan punika sampun masthi kasukakaken dhateng bongsa naluri, sanadyana boten nate dhateng pamulangan tuwin boten saged ambedakaken aksara, ha, lan na iggih dados priyantun ugi. Dados sakathahing ungel-ungelan sampeyan Mas Sukamulya amung anetepi panyerat kula wau: mawi kawatonan pratondha yektos inggih punika sakathahing lelepiyan bab pangulawisudhaning pantun ing- kang turun tumurun dhateng anak utaw kadang warga, ingkang sampeyan sebutaken ing Jurumartani. Manawi boten lepat ing pan- gingling kula lamas Sukamulya ragi sumelang anglairaken pamang- gihipun ing sayektos mila mawi anindakaken paribasan gutuk lor kena kidul. Pikajengan sampeyan makaten: pranatan bab ngulawisudhaning priyantun ingkang turun tumurun wau anglumuhaken tiyang alit wah bongsa priyantun anggenipun badhe ngupados kawruh. Wonten dene ing Jurumartani ongka 14 kula sampun amratelaken yen panyipta makaten punika emperipun leres, sabab ing jaman sapunika ingkang dipun upadosi amung arta tuwin pangkat ageng, Agalipun mila makaten, alusipun rahgi lebet ing panjajag, kados ta ing tanah Eropah kathah kemawon tiyang alit ingkang sami padhang pikiripun amargi saking rumaos kabetah, manawi boten wonten pamulangan. Ing tanah jawi kawontenanipun boten makaten, dalasan bongsa priyantun inggih boten patos praduli dhatng kasagedanipun anak. Panyiptanipun makaten, sanajan anakku bodho adi kaya apa, iya wus masthi dadi priyayi agenteni aku. Pamanggih makaten punika dados kosok wangsul tinimbang akaliyan pamanahipun tiyang alit. Tegesipun bongsa priyantun boten purun ngaos amargi sampun tamtu menggahangsalipun kadrajatan, wangsul bongsa alit inggih ugi lumuh dhateng ing pamulangan awit noten tamtu dadosipun priyantun. Dados kenging kabasakaken bilih nalar kakalih andaosaken temahan satunggal, inggih punika anggenipun sami lumuh amarsudi dhateng kawruh.Bilih tiyang alit gadhah

pamanggih kados makaten punika taksih kenging kaanggep leres, wangsul priyantun teka nunggil cpta akaliyan tiyang alit lumuh ngupados wuwulang punika ngodhengaken. Abdulatip. ======Kurmatana sujana ingkang wajib pikantuk pakurmatan . Ing serat Jurumartani ongka 22 kula sampun maos serat pamacakipun tuwan, C.F.Winter, ingkang wau dados Juru basa ing Surakarta, ananging sapunikanipun sampun pensiyun, bab tatenger pangenget- enget minongka pakurmatan ingkang rama swargi tuwan Karel Pred- herik Winter. Sareng kula maos serat sampeyan tuwan kula kok lajeng rumaos kumacelu sanget sumedya amangsuli. ingkang punika kula ngaturi sakalangkung ing panrimah kula, dene panjenengan sampeyan karsa macak serat wau wonten ing Juru martani, awit kula rumaos manawi bongsa jawi sadaya kedah suka sokur dhateng rama i jengandika swargi. Asmanipun tuwan Karel Predherik Winter saestu badhe boten saged ical ing salami-laminipun, amargi saking tapak astanipun ingkang dumunung wonten ing serat jawi, prasasat sampun kondhang ing triloka. Wondene kula timbang boten wonten pikantukipun, bilih kula nglairaken sakthahaing cipta, mila pitembungan kula wau senadyana cekak mugi kaanggep pamedal saking eklasing manahsuci, tuwin kula amung sumedya kedah aken bilih bongsa jawi ugi wonten ingkang boten saged kasupen saha amundhi dhateng lalampahanipun ramai jengandika swargi, sabab ngantos sapriki kados dereng wonten bongsa tuwan-tuwan ingkang kenging kaangep pujongga ageng ing ngatasipun sastra jawi: saha deeng wonten ingkang anganggit serat sakalangkung kathah kados dene swargi tuwan Winter sepuh. Ingkang punika mugi mugi lalampahanipun wau dados satutuladan dhateng para bongsa walandi tuwin jawi. Abdulatip. ======Panuwun kawula, saudara, mugi kapacak kawonten ing serat Jurumar- tani. Kula angaturi kabar mitra kula, ing sanes, ngari, ingkang karsa, mundhak serat Jurumartani,ing sapunika raden Ngabei danukrama, abdidalem. Panewu Pasratan ing Danurejan, kapundhut wonten ing ngarsa dalem, kaangkat jinujung dlajat, karsa dalem kaparingan nama Eaden Lurah Mangun Atmaja. Wondene ingkang dipun kersakaken wosiing dados abdidalem, panewu Pasratan, mas Panji Mangundigda, abdi dalem, pulisi dhusun, Dhestrik ing tanggalan. titi. Kula ingkang suka tondha 'Ta' Suryamandura. ======Ingkang serat saha ingkang tae kaurmatan, ingkang kathah-kathah, Raden Lurah Mangun Atmaja, katur ingkang saudara, tuwan Jaspres enko, sasampuning ingkng kadya sapunika awiyos menawi adhangan ingkang penggalih serat kula. Tekan Suryamandura, punika kapacal wontening serat Jurumartani, mila sapunika, kula, sampun rambah- rambah tampi serat saking sanes negari. asring klethun nama, ingkang punika kula sumangga. Saudara, kaping 29 1796 Lurah Mangun Atmaja. ======

Cariyos saking Redi Kidul tanah ing Pajang kados ing ngandhap punika gancaripun: Dereng ngantawis lami ingkang kacariyosaken wonten kaum dhusun ing ngriku, awasta Kiyai Nur Ngali, punika darbe anak mantu tiyang abritan saking nagari, awasta pun Diman, anakipun kiyai Resadongsa, sareng pun Diman sampun dados mantunipun Kiyai Nur Ngali, lajeng dipun suknai nama sepuh pun Nur Resa, lalampahani- pun makaten. Kaum ingkang awasta Kiyai Nur Ngali, punika sampun misuwur wawatekanipun langkung gemi boten nastiti, kasebut ing babasan tiyang cethil angruwil, ing wkasan botn rujuk kaliyan anakipun mantu pun Nur Resa wau. Saking kayektosanipun, Kiyai Nur Ngali andhudhuk uwi, pun Nur Resa kinen ambekta dumuginipun ing griya, sareng pun Nur Resa sampun mantuk dhateng griyanipun piyambak, lajeng kengkenan semahipun, kapurih anedha bageyan uwimentah kemawon badhe kagod- hog piyambak, wangsulanipun Kiyai Nur Ngali makaten, bojomu anjaluk bageyaniku dudu benere, rak wis lumrah mantuiku anglakoni pakoning maratuwa, bojomu amung dak kon anggawauwi marang ngomah bae teka anjaluk bageyan iku ora bener, pun Nur Resa estri lajeng mantuk sanjang dhateng ingkang jaler manawi wangsulanipun Kiyai Nur Ngali makaten, pun Nur Resajaler sanget ing pangungunipun, nunten ingkang estri dipun kengken malih, kapurih anedha asi- rahipun kemawon badhe dipun tanem, Kiyai Nur Ngali amangsuli makaten, teka andharidhis temen bojomu iku, basa endhas uwi mono rak bakal dak tandur maneh, pun Nur Resa estri mantu sampun sanjang dhateng bojonipun, pun Nur Resa jaler ragi rengun tyani- pun, ingkang ngestri kinen wangsul malih, anedhaha kulitipun kemawon kemawon asengadi badhe kadamel karamas, winangsulan dhateng Kiyai Nur Ngali, manawi kulit uwi badhe kaangge karamas piyambak, pun Nur Resa estri antukipun wicanten dhateng ingkang jaler makaten, si ramak iku wis tita kekede kaya wong luput ing pati, ingkang jaler amangsuli tembung samudana makaen, ramakmu Kiyai iku dudu aran wong kumed, amung kasebut sugih itung ora bisa ontung, mengkono iku awit seka bodhone ora tau gelem tatakon titiron, wekasane dadi wong ora umrah. saweg kendel samanten wicantenipun pun Nur Resa, katungka Kiyai Nur Ngali kengkenan anyukakaken uwi sadaya dhateng pun Nur Resa, wicanten- ing kengkenan, lah daweg uwi gatel, ramak dika Kiyai Nur Ngali empun boten sudi nedha uwi, sabab kulite wau didamel karamas anggateli sirah, wicantene ramak dika Kiyi Nur Ngali makaten, lah enyah uwi iki wehena si Nur Resa kabeh, aku wedi mangan uwi iki, sabab kulite bae dak enggo karamas endhasku gatele kapati-pati, kang mesthi uwine iki iya gatel, sareng uwi sampun katampen, kengkenan wau lajeng mantuk, sapengkering kengkenan ,pun Nur Resa wicanen dhateng ingkang estri, lah iki tetelane yen ramak mu Kiyaine bodho banget, rak wis lumrah kulit uwi yen maksih mentah digawe karamas amesthi gatel, uwine yen wis mateng ames- thi iya enak bae, sasampunipun makaten uwi punika lajeng kagodhok sami dipun tedha eca kemawon. Ingn ngantawis lami pun Nuur Resa nyambut pacul dhateng Kiyai Nur Ngali boten angsal sarta mawi kauman-uman, mila kalampahan pun Nur Resa jaler estri ngalih griya dhateng Luwur, celak kemawon kaliyan griyanipun kiyai Nur Ngali, ananging sanes dhusun, ing nalika punika pun Nur Resa angsal pambudi badhe damel pangrekadaya angapusi dhateng

marasepuhipun, pun Nur Resa lumebet dhateng nagari, anyambut aggen-anggen car walandi dhateng pawong mitranipun angsal sapan- gadeg, lajeng angupadosa sambat tan upas satunggal mawi kasukanan pituwas ing sawatawis, upas wau dipun wangsit badhe pangrekadaya- nipun pun Nur Resa, lajeng sami mangkat dhateng griyanipun Kiyai Nur Ngali, dumugi ing ngriku api-api mendem gedrag-gedrug wonten ing kori, wicantenipun makaten, witlengankuken, kiyai Nur Ngali kajrih sanget, ulat biyas badan wel-welan, pitaken dhateng upas, anak upas, kanjeng Tuwan punika mundhut punapa, wangsulanipun upas, yatra ing celeng ngandikakaken mendhet, Kiyai Nur Ngali lajeng mendhet yatra ingkang wontn ing celengan, kaaturaken sampun katampenan dhateng upas, pun Nur Resa ingkang mimindha walandi wicaten malih sarwi gedrug-gedrug, Rasringankuppen, kiyai Nur Ngali pitaken dhateng upas, anak upas kanjeng tuwan punika mundhut punapa malih, wangsulanipun upas, uwos ing padaringan dikakaken angukup, kiyai Nur Ngali lajeng angkupi uwos ingkang wontening padaringan sadaya, kasedhiyakaken ing kranjang mawi rembatan pisan, pun Nur Resa wicanten malih sarwi gedrug-gedrug, dhograngkud bonekellen, Kiyai Nur Ngali pitaken dhateng upas,Anak upas kanjeng tuwan punika mundhut punapa malih, wngsulanipun upas, tigan ing parangan dikakaken angrukud, babonipun dikakaken nyepeng, Kyai Nur Ngali lajeng angrukudi tigan ing patarangan, sarta anyepengi babon sami kasarimpungan dipun tangsulaken ing rembatan wos, sasampunipun makaten pun Nur Resa mantuk dhateng Luwur, upas angrembat uwos dalah ayam tigan wau punika, ujpas dipun sukani yatra uwos ayam tigan, kinen angantukaken pangangge cara walandi dhateng mitranipun. Kacariyos ing sapengkeripun Nur Resa, Kiyai Nurr Ngali dipun layat dhateng tongga tepalihipun, dipun pitakeni bubukanipun kadhatengan walandi mendem, Kiyai Nur Ngali boten saged mangsuli, tansah gedheg-gedheg kemawon, kala samanten wonten tiyang amang- sit manawi ingkang mindha walandi punika mantunipun iyambak pun Nur Resa, ing ngriku kiyai Nur Ngali madeg suraning driya, sume- dya bahe males damel pangreka daya, lumebet dhateng nagari anyam- but pangangge cara walandi angsal sapangandeg, nyambat upas angsal, lajeng sami dhateng Luwur, dumugi ing griyanipun pun Nur Resa Kiyai Nur Ngali mendha-mindha walandi mendem, nanging pun Nur Resa boten kikilapan yen ingkang amindha walandi mendem punika mara sepuhipun, sareng kiyai Nur Ngali gedrag-gedrug sarwi wicanten makaten, witlengankukken pun Nur Resa api-api ajrih taken dhateng upas, winangsulan, yatra ing celengan kapendheta, pun NUr Resalajeng parentah dhateng ingkang estri, wong wedok celengani Kiyai jukuken arep dak aturake kanjeng tuwan, kiyai Nur Ngali jelih-jelih amenging, wicantenipun makaten, uwis-uwis, pun NUr Resa pitaken dhateng ngupas dipun wangsuli manawi boten siyos sampun ngantos mendhet celenganipun Kiyai Nur Ngali, nunten kiyai Nur Ngali kang mindho walandi wicanten sarwi gedrug-gedrug malih rasingan kuppen, pun Nur Resa api boten sumerep, pitaken dhateng upas wangsulan kinen angukupi uwos ing padaringan kuppen, pun Nur Resa api boten sumerep, pitaken dhateng upas winangsulan kinen angukupi uwos ing padaringan, punapa salajengaken dhateng ingkang estri, wong wadon direikat berase kiyaine jukuken marene arep dak aturake kanjeng tuwan, kiyai Nur Ngali wicanten uswis- uswis, nunten wicanten sarwi gedrug-gedrug malih, dograngkud Bonekellen, pun Nur Resa api boten sumerep atataken dhateng upas,

winangsulan tigan ing parangan kinen angrukud,babonipun kinen anyepeng, pun Nur Resa lajeng aken dhateng bojonipun, wong wedok endhoge kiyaine sababone padha gawanen mrene arep dak aturake kanjeng tuwan, kiyai Nur NGali wicanten, uswis-uswis sarwi kesah, pun Nur Resa lajeng wicanten dhateng ingkang estri, lah kula bete wong lumuh takon tiron, Kiyaine iku sedayne arep malesi nanging amung anirokaken kang wus kalakon, dadi kaweleh bae solahe, mulane sabarang pamales iku becik metu saka ing jalaran liya, dadi ora katara ing pamalese. ======

Ongka 25, 20 Juni 1867 Lindhu kala ing dinten Senen kaping 10 Juni 1867 Kala tanggal kaping 9 angrintenaken tanggal kaping 10 wulan Juni punika titiyang ing Paresidhenan Cirebon Pekalongan Banyumas Bagelen Samarang, Ngayogyakartatuwin ing Surakarta, sami karaos ebahing siti saking dening lindhu ingkang sakalangkung sanget, ngantos adamel karisakan sakalangkung kathah. Salebeting kampung Pacinan ing Pakalongan wonten griya banon satunggil ambruk, sarta angrebahi griya gedheg satungggil ingkang kaprenah celak kaliyan griya banonwau, ngantos kaplenet babar pisan, dene ingkang ppejah karebahan ing griya punika tiyang estri kalih rare kalih, sarta ingkang kataton tiyang titiga. Dalem paresidhenan iung Banyumas pisang salirangipun, punapa malih kantoripun tuwin griya yasaning nagari sami karisakan sanget. Salebeting kampung pacinan ing Purwareja parsidhenan Bagelen kathah griya-griya ingkang sami ambruk, punapa dene griya-griya partikelir ing ngriku sami karisakan sanget, ing Sapuran bawah Ledhok griyanipun Kontelir tuwin gudhang kopi sami ambruk, wah griyaning wadana ing ngriku inggih kathah ingkang risak, punapa malih sakiing pawartosipun pabrik teh ing Tanjungsari inggih ambruk. Dalem Paresidhenan ing Samarang tuwin tangsinipun prajurit jayengsekar sami bengkah. Beteng Willem kaping sapisan tuwin kampemen ingkang celak ing ngriku amung kari sakan sawatawis kemawon, ing Banyubiru tangsin- ing prajurit ingkang sampun boten dipun engggeni sami jugruk ing nginggil. Ing Ngayogyakarta meh boten wonten griya ingkang boten karisaka, menggah ingkang sami pejah kaebrukaken ing griya bongsa walandi, jawi sapanunggilanipun andadosaken kasusahaning ngakathah, dene gedhong sandawa tuwin tangsi ing Ngayogyakarta ing nginggil sami karisakan kathah, malah wonten prajurit walandi kakalih sami kataton. Wasana ing Surakarta boten wonten cilaka saking dening lindhu, anjawi bengkah ing griya-griya amung sakedhik kemawon. ======Pawartos saking nagari Surkaarta, panjurungipun tuwan jurubasa sepuh C.F.Winter ingkang sampun pensiyun katutur tuwan ingkang ngarang serat jurumartani. Sareng sampun umum bilih kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantoren Bures antuk nugraha dalem kanjeng maharaja ing nagari Walandi, kakula wisudha dados Ridder Ordhe Nederlan Senleyo, para tiyang ing tanah salebetipun saha sajawining nagari jawi, punapa malih para tiyang ing Surakarta awit saking bingah sami angaturi wilu- jeng dhumateng kanjeng tuwan residhen wau, para walandi ing Surakarta tumunten sami kaklempakan angrembag bab patrap ingkang prayogi piyambak anggenipun badhe angaturi pratondha sukaning manah awit lumunturing nugraha dalem kanjeng maharaja wau, saha yen sami angaosi ing sariranipun kanjeng tuwan residhen Lamres pantorenbureh.Kentheling rembag anamtokaken badhe amradinaken serat kalowongan panjurung, sapiten angsal-angsalanipun arta badhe kadamel wragad pista dhansah tuwin dhahar eca, ingkang kapataha ngawontenaken pista punika komisaris walandi wolu, wondening ingkang kapilih dados prasidhen tuwan Bosower, tuwan

Swaher ingkang kalebet dados komisaris anyumangggakaken griyani- pun lalahanan dhumateng komisi, supados kaanggeya panggenan pista, sabab papanipun wiyar piyambak, boten ngantos lami klempaking arta panjurung gunggung sawatawis sewu rupiyah, kalet panjurung saking para mitranipun kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbureh, ingkang sami gagriya ing Batawi, Samarang, Ngayo- gyakarta tuwin ing Ngawi, pangintuning panjurung medal saking pikajenganipun piyambak, sareng kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh kaaturan badhe dipun urmati pista, sanget pareng saha karaosing galihipun menggah dinten badhe kalampahaning pista kasumanggakaken ing sakarsanipun kanjeng tuwan residhen, ananging pista punika kasumenekaken ing sawatawis dinten malih, sabab kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh nalika badhe kondur anggenipun martamu ing dalemipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, saweg miyos saking pandhapi badhe nitih kareta: kasangsaran dhawah ing siti, kalampahan sukunipun kongsul rekaos sanget, sanadyan kanjeng Tuwan Residhen anggenipun gerah dereng senggang waluya, saking karsanipun pista pakurmatan wau kalampahana tanggal kaping 25, wulan Mei wanci sonten , ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, para Kanjeng Pangeran sawatawis Tuwan Militer Komandhan saha para opsir, punapa malih para mitranipun kanjeng tuwan residhen ingkang andhatengi saking panggenan sanesipun sami kaaturan anjenengi pista wau, inggih ugi kalampahan kalayan renaning galih. Ing nalika pista wanci sonten kanjeng tuwan rsidhen Lamres Panto- renbureh kapethuk dening komisaris tiga, sami sowan ing dalem paresidhenan anumpak kareta pameran katarik ing kapal sidi cemeng tigang rakit kagunganipun kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara. Sareng Kanjeng Tuwan Residhen badhe tedhak ing pista, anitih kareta wau, sawarnining jajaran sami mirantos angurmati. Ingkang lumampah wonten ngajeng prajurit Musikan ing beteng, anggenipun angaturi para opsir. Ingkang sadangonipun pista Musi- kan punika angungngelaken gendhing gentosan kaliyan musikan sanesipun, ingkang lumampah sawingkingipun prajurit musikan wau, jajaran kaurmatan cacahipun, 18 warni-warni wlandi mardika tuwin opsir sawatawis sami anumpak kapal saha amangangge endah, mawi tondha koncar pita abrit kaanjingaken ing rasukan sanginggilipun pundhak kiwa. Tumunten kareta ingkang katitiyan ing kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh, kadherekaken dening komisaris tiga wau sami nunggil sakreta, tuwin kaampingan dening komandha- nipun jajaran kaurmatan, sawingkingipun kareta punika wonten jajaran kaurmatan malih, warni priyantun jawi sawatawis ing sakiwa tengenipun mawi kaampingan dening abdi jaga astana ing mangkunagaran sami ngangge serban abrit tuwin brengos godhek janggot dedamelan angajrih-ajrihi, lampahipun sami anyangking obor, tindakipun kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbureh saking dalem paresidhenan kadherekaken ing jajaran sadya wau, medal radinan ingkang ler anjog dhateng beteng ing Surakarta, saking ngriku lajeng tedhak dhateng ing plataraning griya pangge- nan pista, katingal sakalangkung sa, sareng kanjeng tuwan resid- hen mios saking kareta, lajeng kaaturan wilujeng dening presidhe- nipun ing komisi, ingkang sulih tuwan mister Deabo, sabab tuwan punika pambengan sakit boten saged dhateng ing pista. tedhakipun

kanjeng tuwan residhen dhateng pinarakan ingkang sampun kasad- hiyakakn mawi kadherekaken sarta kaupeng dening para komisaris. Griya panggenan pista saplataranipun ing ngajeng sadaya sami kapasangan dilah sewu angresepaken manah. empering griya ingkang ngajeng rinenggga ing saseratan ungelipun: kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh mugi lestantuna ra ajeng, sanginggiling pinarakanipun kanjeng tuwan Residhen ingggih mawi rerenggan seratan ungelipun: pratondha angurmati ing kanjeng tuwan residhen Lamres pantorenbureh,: ing sangandhapipun seratan punika ginan- tungan entraning ridderdhe Nederlan Seleyo. Sarampunging wdalipun pasugat ingkang kawitan para ageng saha para tamu sawatawis sami karsa mlampah-mlampah. Ing waktu punika para wanita ing Surakarta kaliyan kang saking sanes panggenan awit saking endah ing warni saha busananipun sami anengsemaken manah, para tiyang ingkang karem dhansah tumunten sami ambukani dhansah wales, kanjeng tuwan residhen saha ingkang sinuhun kan- jeng susuhunan tuwin para tamu ageng tumunten sami angarsakaken kasukan kartu. Para komisaris kalilan amranata lampahing pista ing salajengipun. Sakathahing tembok ing salebetipun griya panggenan pista sami rinengga kalangse, warninipun anyameni gandera walandi. Ing pandhapi wingking kasadhiyanan meja pancen kangge pinarakan dhahar priyantun, 275 bakakasipun wadhah dhadhaharan sami kristal sarta porselin sakathahing serbet rinakit sae, pucukipun mawi kadekekaken sekar mawar, serbet punika lajeng kadmel ngusap lathi dening para wanita, sarta para sujanma kakung kathah ingkang ajeng dados susulihing serbet, Bab komisi sarta satunggil-tunggiling komisaris anggenipun anampani, angladosi, tuwin anyegah sakathahing tamu, anggenipun anyawisi inuman warni-warni, wah toya kenthel ingkang kadhaten- gaken saking Samarang, punapa malih tuwan Komisaris Magilapri anggenipun anyambuti griyanipun kaliyan sukaning manah, kadamel panggenan kasukan kertu utawi pinarakan sadaya punika boten prelu kacariyosaken wiwijanganipun mindhak angathahi saseratan. Antawis pukul kalih welas dalu wiwit dhahar, ing waktu punika komisaris ingkang sami kapatah angawontenaken dhaharan katingal bilih angemenaken kuwajibanipun sabab dhadhaharan ingkang pancen kadhahar taksih panas wedalipun lumados ing meja inggih panas kadosta ingkang warni sop kenthang, pastel warni-warni, boten dangu tuwan Bosower ingkang dados pangajengipun para tamu ing salebeting pista, angaturi wilujeng ingkangjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh, bab kabegjan ingkang dumunung ing sarira- nipun awit kakula wisudha dening kanjeng maharaja kadadosaken Ridder Ordhe Nedelan Seleyo, punika minongka pratondha kang ageng piyambak ing ngatasing lelabet utami, kayaktosan saking lalamah saha padamelanipun kanjeng tuwan residhen ing salaminipun suwita ing kangjeng gupremen mila lumunturan ing nugraha ingkang katin- gal ing ngakathah. Tuwan Bosower tumunten angaturaken kawontananingpratondha angaosi ing kanjeng tuwan residhen mawi amratelakaken bilih kanjeng tuwan residhen kagungan wajib kaaosan awit saking lalampahaning pasuwitanipun ambek utami, putus dhateng kasusastran sumerep trang bab adat wawaton ing tanah jawi, kalampahan kanjeng tuwan residhen salaminipun dados priyantun pangkat warni-warni amaedahi tuwin angiindhakaken kauntunganing nagari, mila lelabetipuj

ginanjar kalayan tatenger adi ingkang katingal ing ngakathah, lumuntur saking sih dalem kangjeng maharaja, sarta katawis saking serataning bintang ingkang dumunung ing jajanipun kanjeng tuwan residhen suraosipun makaten, kautamen amisudha nama, ingih punika ingkang dados pratondha, manawi kanjeng tuwan residhen awit saking lelabetipun ingkang kanthi ambek kasudarman kaluhuraken ingkang asma, sampun wajib saha kekah ing salaminipun. Kalih dening malih tuwan Bosower mawi anyariyosaken bab tedhak dalem dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan tuwin kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, bab rawuhipunpara mitranipun kanjeng tuwan residhen wah para nyonyah, punapa malih tuwan militer komandhan para opsir, sarta para tamu saking nagari sanesipun ingkang sami angaosi ingkanjeng tuwan residhen, sala- jengipun tuwan Bosower angaturi wilujeng tuwan residhen mawi kanthi pamuji, mugi-mugi kanjeng tuwan residen anggenipun ngagem bintang kalampahana tataunan laminipun ngantos angsal pangkat ingkang mindhak ageng, saha mugi anjumurungi pitembunganipun tuwan Bosower, saha sadaya tumunten sami angunjuk inuman. ======Panuwun kula kalayan urmat dhateng tuwaningkang ngarang serat jurumartani, mugi karsaha amacak serat kula wawangsulan dhateng ingkang nama Puspanirdaya, kados ing ngandhap punika: Menggah pitembunganipun Puspanirdaya, kasebut ing serat jurumer- tani ongka 23, kula kaaken mitra sae saha kaundi: tuwan, ing mangke wangsulan kula, bab anggenipun angaken mitra sae, sana- dyanna kula dereng nate atetepangan malah dereng nate kapanggih sapisan-pisana kaliyan ingkang nama Puspanirdaya, ewadenten sakalangkung panrima kula dhateng Puspanirdaya, bab anggenipun angaken mitra sae wau, sarta kula ingggih makaten ugi purun angaken mitra sae dhateng Puspanirdaya, awit sampun kalebet ing babasan, manawi pandamelipun awon mengsah satunggil angungkuli kasaenanipun mitra satus. Wondening angggenipun angundang tuwan Puspanirdaya dhateng kula, punika dereng kula anggep, amargi tembung puika taksih anggad- hahi mkna kalih, upaminipun weksacandhana kaliyan wreksa tai, wreksacandhana punika: kurmat, wreksatai pangerang-erang, sareh- ning Wigyapanitisastra boten gadhah pangkat nama: tuwan, mongka kaundang tuwan, punika ngadatipun manawi boten angunggulaken inggih mesthi angsoraken, ewadenten pun Wigya panitisastraboten bingah kaunggulaken saha boten susah kaasoraken dhateng Puspanir- daya, dene pangerang-erangipun Puspanirdaya dhateng para priyan- tun ingkang sami suka panjurung pawartos ing Jurumartani, punika sampun dhumawah dhateng badanipun piyambak, awit Puspanirdaya boten sumerep menggah karsanipun para priyantun wau, bilih sami ambiyantoni ing lestantoning wontenipun serat jurumartani, sampun ngantos kendel ig wedalipun, kalampahan kula sukani katerangan bab kawontenanipun daya puniika saking biyantu, ananging Puspa- nirdaya boten saged anggayuh pitembungan kula wau, malah kula kawastanan ragi masgul, pnapa malih kawastanan bodho tuwin bu- reng, kadadosanipun ing mangke sakathah-kathah ing pitembungani- pun Puspanirdaya kula anggep sampun cundhuk kaliyan watek tuwin kasagedanipun ingkang boten limrah ing titiyang kathah, mila pamanggihipun ingkang medal saking watek utawi kasagedanipun wau kedah kaange piyambak, sanadyanaboten limrah ing ngakathah. menggah pamanggih wau makaten: manawi Puspanirdaya bodho utawi

bureng, tiyang sanes ingggih makaten ugi sami bodho utawi bureng, mila watek tuwin kasagedanipun Puspanirdaya kenging kacundhukaken ing babasan punika: gendul ingkang isi toya amung satengah, pnika tegesipun: kocak kacik, punapa Puspanirdaya sampun sumerep ing- kang kocak kacik punika punapa, o, mas Puspanirdaya sampeyan ing ngajeng sampun kula aturi ngrembag ingkang memet rumiyin sadereng ipun kawedal pitembungan sampeyan, kadosanipun ing sapunika snadyan sampeyan lepato boten kenging kalepataken, malah tansah kekah angugeri leres sampeyan piyambak, awit sampun kabekta saking kocak-kacik wau. Menggah pitembunganipun Puspanirdaya ngkang kawrat ing Jurumarta- ni ongka 19 anyebutaken makaten: ing sadangonipun kula maos serat jurumartani, boten wonten pantesipun ingkang suka tondha asta, anjawi namung 1 Ngabdulatip ing samarang, 2, Wigyapanitisastra, ing Kudur. Salajengipun akathah-kathah anggenipun gadhah pagng- gung dhateng wigyapanitisastra, Abdulatip tuwin Puspawilaga, ing mangke kula sumongga dhateng para priyantun ingkang sami maos serat Jurumartani, punapa wangsulan kula ing ngajeng lepat, ing ngriku Puspanirdaya kula wastani bokmanawi taksih kodheng, anag- ing sapunika Puspanirdaya tetep ing kodhengipun, awit piyambaki- pun estu boten sumerep, bilih serat jurumartani punika pamrihipun amung amikantukaken pakabaran saking nagari ing pundi-pundi, mila kawastanan: Jurumartani, awit sampun anggadhahi makna ing dameli- pun, para priyantun ingkang kawastanan tondha astanipun boten wonten pantesipun, sadaya sami asuka panjurung pakabaran utawi cariyos wonten ing serat Jurumartani, wangsul Wigyapanitisastra amung asuka panjurung bab udur kemawon, mongka kalampahan Wigya Panitisastra kagungggung akathah-kathah, para priyantun wau kapoyokan dhateng Puspanirdaya, punika kados pundi ing kajengani- pun, awit saking punika punapa Puspanirdaya kenging kawastanan tiyang limrah ing ngakathah, kala samanten sampun kula angggep pangungggungipun dhateng kula, ananging mawi kula sukani sambet- an, bilih panganggep kula wau awit saking Puspanirdaya kula manah remen maos maos bab prakawis udur, ananging piyambakipun boten saged anggayuh suraosing pitembungan kula wau, sarena andadosaken kurdanipun, mila kurdanipun punika kenging kaangep jalaranipun saking kocak-kaciking toya ing gendul wau. Puspanirdaya anjarwani tembung daya, manawi tembung punika angga- dahi makna kalih, saha apitaken dhateng kula, pundi ingkang kula angge tamtu, kapirita saking warganing okara, ing mangke wangsu- lan kula cekak kemawon: kula remen bantah saben dinten kaliyan tiyang ingkang limrah, awit badhe wonten pikantukipun, katimbang kaliyan abantah ing dalem sataun sapisan kaliyan tiyang ingkang boten limrah, mindhak katularaken kocak-kacik, awit ingkang nama Puspanirdaya punika taksih tangeh anggadhahana seserepan dhateng kawruh, mila prayoginipun ginauwa rumiyin bab warganing okara, awit ukaraning seratipun dereng kenging kawastanan sae, saha piyambakipun dereng anggadhahi olan seidhe sakedhik-kedhik, ewadenten purun-purun angangge tembung walandi: toh, punika upaminipun kados peksi ingkang saged wicanten boen mangertos ingkang dipun wicantenaken, Ing wekasanipun kulla anyumanggaken dhateng para priyantun ing- kang sami maos serat Jurumartani, punapa kula lerespunapa lepat, punapa malih mas Abdulatip ingkang gadhah pambeg sumakeyan kula aturi angrembag prakawis udur kula punika kaliyan PUspanirdaya,

mugi karsaha andhawahaken ing karampungan kawrat ing serat Juru- martani. Kudus kaping 10 Juni 1867, wigya Panitisastraw. ======Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani sampun atampi seratipun Kertasari, mantri Lid ing Caruban ingkang boten nate tumut-tumut ing bab uduripun Raden Tumenggung Mangkupraja kaliyan Raden Tumenggung Rajaniti, mila amangke tuwan ingkang ngarang sert Jurumartani asuka katerangan bab ingkang anyawadi dhateng raden Tumenggung Rajaniti ing salebetipun udur kaliyan Raden Tumeng- gung mangkupraja, punika ing sayektosipun priyantun ing Surakarta ingkang samppun ngangge nama Kertasari, mantri Lid ing Caruban, kayektosanipun dados dede Kertasari, mantri Lid ing Caruban leres. ======

Ongka 26, 27 Juni 1867

Pawartos ingkang dhateng kantun bab lindhu kala ing dinten Senen tanggal kaping 10 wulan Juni punika, makaten pratelanipun: Ing Pekalongan ebahing siti saking dening lindhu sakalangkung sanget, salebeting kampung Pacinan ing ngriku wonten griya sa- tunggil ambruk, saha angebruki tiyang kathahipun kalihwelas, menggah tiyang samanten wau ingkang pejah tiyang estri tiga rare kalih, dene ingkang pitu amung sami kataton sanget utawi kataton amung sakedhik, Ing Magelang ebahing siti saking dening lindhu inggih sakalang- kung sanget, sarta dangunipun wonten saking gangsal menut, griya- griya banon ing ngriku sami karisakan, ananging bab kasangsaran sans gnatos ing dinten punika dereng wonten cariyosipun, amung ing prapak wonten tiyang tiga kapelenet saking dening kurugan ing banon, punapa malih ing Bandhungan gudhangipun kopi bengkah, saha wonten ingkang ambruk. Ing Bagelen lindhunipun inggih sanget, beteng ing anasaba karisa- kan sanget, sarta kantoripun kanjeng tuwan asisten residhen tuwin tngsining prajurit ing ngriku karisakan sanget ngantos boten kenging dipun enggening babar pisan, malah ing ngrika- ngriki wonten titiyang samipejah, andadosakenkasusahaning ngakat- hah, celaking Ngadireja gudhangipunkopi rebah sapalih, sarta bengkahipun siti ing ngriku ngantos dumugi tebih, wah witanipun kathah ingkang esol, menggah pabrik teh ing Tanjungsari prenah celak ing Saparuwan punika ing tengah ambruk, dene pinggiripun kalih pisan boten kirang punapa-punapa, saha taksih umadeg sae, ing Purwareja griya-griyanipun sadaya sami karisakan, saha kathah ingkang ngantos boten kenging kaenggenan babar pisan. Wondening pawartos ingkang kantun bab lindhu amratelakaken manawi ing Teegal, Pamalang, Brebes Samarang, Surabaya, Madura tuwin sanesipun panggenan ing tanah jwi boten sami anandhang pitunan malih anjawi ingkang sampun kapratelakaken. ======Menggah cariyosipun lindhu ingkang sampun kapratelakaken, wonten malih susulanipun ing pawartos bab lindhu wau, pratelanipun kados ing ngandhap punika. Tiyang tiga sami kaebrukkan griya banon ingkang ambruk wonten kampung Pacinan ing Pekalongan, kacariyosaken sami kataton san- get, punika ing mangke pejah ingkang kakalih. Sakaning tembok dalemipun bupati ing Pekalongan karisakan san- get, dene temboking pos ing sembung tuwin Kadha Wetan sami beng- kah, sarta dalemipun kanjeng tuwan residhen karisakan sakedhik. Salebeting paresidhenan ing Banyumas ngrika-ngiki ara griya yasaning nagari tuwin griya griyanipun titiyang partikelir sami karisakan sanget, ing Banjarnagara griya panggenan prajurit tuwin griyaning inspektur sami ambruk, makaten ugi pager banoning griya panggenan paranteyan inggih sami ambruk sadaya, wah griya-griya prajurit ing Cilacap inggih abruk ugi, Menggah titiyang ingkang sami pejah kaebrukan ing Banjarnagara inggih wonten, ananging dereng angsal pawartosipun ingkang terang. Paresidhenan ing Bagelen kantoripun kanjeng tuwan asisten resid- hen ing Wanasaba, tuwin temboking griyanipun para opsir, wah tangsining saradhadhu sapawonipun sami karisakan sakalangkung sanget.

Ing Kithaarja karisakanipun saking dening lindhu boten patos sakathah. Ing Ngambal dalemipun bupati tuwin griyaning konte- lir, punapa malih pisang salirang ing dalemipun kanjeng tuwan asisten residhen wah griya-griya los ing peken kathah ingkang sami karisakan, ing Kebumen griya-griya yasaning nagari sami karisakan sadaya, saha gudhang nila ing ngriku ambruk sapalih, punapa dene ing Karanganyar griya-griya sami bengkah wonten ingkang sanget utawi amung sakedhik. Ing Ngayogyakarta kreteg-kretegipun sami boten kenging kaangge sadaya, sarta marginipun ageng ing ngrika-ngriki sami bengkah, manawi kajagan ing teken ngantos gangsal kaki lebetipun, punapa malih pabrik-pabrik rosan tuwin nila kathah ingkang sami ambruk. Salebeting karatonipun ingkang sinuhun kanjeng Sultan tuwin ing dalemipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam sakatha- hing griya sami ambruk utawi boten kenging dipun enggeni malih, menggah kathahing titiyang ingkang sami pejah ing ngriku kados ingkang saweg kapratelakaken wonten saking wolungdasa satunggil. Salebeting Paresidhenan ing Banten Kedhu, Basuki, Pasuruwan Madiyun tuwin Kedhiri titiyang inggih smi karaos ebah ing siti saking dening lindhu. Ing Kedhu dalemipun kanjeng tuwan Residhen ing Magelang wonten panggenan sawatawis ingkang bengkah, pisang salirang ing dalemi- pun bupati ing ngriku karisakan kathah, saka tembok ageng-ageng sami bengkah, dene tembokipun kunjaran ing ngriku sampun katingal badhe ambruk, meh sadaya griya-griya yasaning nagari sami karisa- kan, griya-griyaning titiyang partikelir satunggil kalih badhe kajugrugan awit saking anandhang karisakan gudhang-gudhang kopi tuwin sarem ing tanah Kewdhu ingkang sami karisakan kathah, sarta kathah ingkang boten kenging dipun angge malih, menggah pepeja- hing salebeting paresidhenan Kedhu kados ingkang sampun dipun sumerepi, wonten tiyang sakawan, dene ingkang kataton tiyang sawatawiscandhi Barabudhur amung karisakan sakedhik, ananging Candh Mendut sisihipun sadaya samai bengkah, manawi sitinipun ebah sakedhik kemawon, Candhi Mendut amesthi lajeng ambruk. Ing Paresidhenan Madiyun betengipun tuwin gudhang nila wah griya los pos sami karisakan sanget, punapa dene salebeting palataran dalemipun bupati wonten griyanipun los ingkang ambruk, ing kam- pung Pacinan pager banon sawatawis sami ambruk, sarta griya- griyaning titiyang partikelirr ing Madiyun sami karisakan. Ing Pacitan griya-griya yasaning nagari kathahipun sawatawis sami bengkah, dalemipun kanjeng tuwan asisten residhen ing Panaraga wonten tembokipun kakalih tuwin balok baloking loteng sami am- bruk, ing kampung Pacinanipun meh awis-awis griya ingkang boten kaisakan, pabrik nila kakalih sami karisakan sanget, wonten malih pabrik nila satunggil, griya-griya gerdhu, griya-griya los pos tuwin epal tembok uruting margi ageng sami ambruk sadaya. Ing Sumarata wonten griya los pos tuwin pabrik nila sami ambruk, sarta griya-griyanipun kontelir karisakan kathah. Ing Paresidhenan Kedhiri griya-griya yasaning nagarituwin griya- griya partikelir sami anandhang karisakan, punapa dene ing Tulun- gagung tuwin ing Trenggalek inggih makatena ugi, malah ing Treng- galek wonten tiyang pejah sawatawis awit saking kaebrukan ing griya. Griya-griyaning kontelir ing Tulungagung tuwin ing Treng- galek wah wah kunjaran ing Trenggalek sami karisakan ngantos boten kenging dipun enggeni malih.

======pawartos saking Ngayogyakarta ingkang medal saking telegrap kados ing ngadhap punika: Pabrik rosan ing Padowan, barongan kaliyan ing Plered, utawi pabrik nila ing Selakan, Suragedhug, Tanjungtirta tuwin ing ngatas sami ambruk sadaya, dene pabrik rosan ing Kanjang miwah ing Bantul, punapa malih pabrik nila ing Dumanga, jati tuwin ing Rewulu ingkang ambruk amung sapalih, nebggah pabrikipun tuwan Wengseng amung kantun kalih ingkang boten ambruk, sanesipun punika sami ambruk sadaya, pabrikipun tuwan Kelari wonten tiga ingkang ambruk, dene pitunanipun tuwan Wengseng kamurwat langkung saking gangsal tengah kethi rupiyah, menggah pabrik-pabrik sane- sipun wonten ingkang karisakan kathah utawi amung sakedhik. Salebetipun nagari Ngayogyakarta tuwin sakiwa-tengenipun titi- yang pejah sampun kapanggih gangsalatus, tiyang samanten puika walandinipun amung kalih welas, dene kathahing tiyang ingkang sami kataton, punika dereng terang. Menggah ingkang sami anand- hang karisakan langkung sanget punika ing Ngayogyakarta sisih kidul, ewadenten wonten ingkang andadosaken gumuing ngakathah, dene teka boten wonten wit-witan satunggil-tunggila ingkang esol, margi ageng ingkang dhateng Surakarta sami bengkah, malah ngrika- ngriki wonten bengkahipun sakalangkung lebet saha botten jajag kalebetaken ingkang panjang, dene wiyaring bengkahipun kalih kaki, ewadenten tiyang kekesahan anumpak kareta medal margi ing ngriku taksih saged kemawon, wonten sendhang-sndhang ing pangge- nan sawatawis ingkang lajeng asat toyanipun, sarta wonten pangge- nan sawatawis ingkang sami katimbulan ing sendhang enggal, kala wiwitipun lindhu toyaning lepen sawatawis sami panas saha gadhah warni abrit, toyaning lepen ing nalika samanten ageng, siti wonten ingkang sami bengkah sanget saha wonten ingkang amblek, punapa dene ing meguwa amblek ing siti ngantos kawan kaki, sarta kathah siti dados mandhukul, malah wontensiti ingkang pandhukuli- pun angombak tebihipun kawan epal ing panggenan sawatawis medal umbulipun ladhu panas, sakiduling dhusun Kembang ing nalika wonten lindhu lajeng wonten umbulipun ingkang mili toyanipun kados lepen, sarta toyanipun wau asrep, umbul punika salajengipun boten mili-milih, ananging ing panggenan umbul taksih wonten toyanipun, wiyaripun kaukur ing tengah kirang langkung saking kalih elo, saha lebetipun saelo. Anglangkungi ing Tangkisan kaprenah celak ing tandhem marginipun ageng kathah ingkang bengkah, manawi wonten kareta lumampah kedah medal ing lepen minggah ing bendungan. Griya pos ing Prambanan ambruk, makaten ugi pasanggrahanipun ingkang sinuhun kanjeng sultan inggih ambruk ewadenten griya pos ing Sambilegi boten kirang punapa-punapa, mongka ing Ngayogyakar- ta karisakanipun sakalangkung sanget, kampung Pacinan ing Ngayo- gyakarta titiyang sampun sami amanggih jisis kathahipun 66 dene tiyang ingkang sami kataton ing ngriku skalangkung kathah. Meng- gah titiyang jawi ingkang sami pejah, punika dereng terang, ananging ingkang sampun dipun sumerepi bab titiyang pejah ing pasar gedhe kitha matawis punika wonten tiyang 236, dene para walandi ingkang sami pejah Nyonyah Seneder kaliyan anakipun taksi rare satunggil, Nyonyah Enger kaliyan anakipun jaler taksih alit satunggil, Nona Budhing, tuwan Pandhaik kaliyan anakipun taksih rare satunggiltuwan Dhom klaiyan bojo tuwin nakipun taksih rare

satunggil, tuwin nyonyah rondha Bestel Meiyer, dene ingkang sami kataton: tuwan Busken ut kaliyan bojo tuwin anakipun taksih rare satunggil, punapa malih nyonyah Id. ======Lindhu ing Ngayogyakarta para tiyang ng Ngayogyakarta amesthi badhe botenenggal supe bab wontenipun lindhu kala tanggal kaping 10, wulan Juni punika, andadosaken kagetipun tiyang ingkang sami tilem, menggah para tiyang sepuh ing Ngayogyakarta dereng nate sumerep lindhu ingkang ngantos dangu tuwin sanget kados makaten. Kathah griya ingkang sami bengkah, karisakan utawi ambruk, sarta kathah tiyang ingkang sami pejah tuwin katatos saking dening kaebruki griya, menggah karisakaning karaton ing Ngayogyakarta pratelanipun kados ing ngandhap punika: 1, siti inggiil bangsa witna, 2, bangsal mandhungan, 3, bangsal srimanganti ingkang kilen, 4, bangsal manis, 5, bangsal magangan, 6, bangsal mandhungan sns, 7, panggung, 8, gedhokreta, 9, gedho- gan, 10, surambi masjid ageng, punika sadaya sami ambruk, dene kareta kagungan dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan ingkang wonten ing gedhong kareta wau, kathahipun pitungdasa, sami bibrah babar pisan saking dening kaebrukan ing banon. Menggah santaninaniun kanjeng Sultan ingkang sami pejah kaebrukan ing griya, putri gangsal., dene wadana Mangkuwerdaya putung sukunipun satunggil, punapa mali raden tumenggung Wiryanagara pejah kapelepekan saking dening kaurugan ing jugrug banon. Ing siti dhusunipun Raden Tumenggug Sasranagara tuwin Ronggawong- sa kathah griya ingkang sami ambruk. Salebeting kampung Pacinan krisakanipun sanget piyambak ing ngriku wonten jugrugan griya ing ngandhap kathah tiyangipun ingkang sami pejah kaurugan banon. ======Pawartos bab lindhu kados ing ngandhap punika. Supados sampun ngantos anesaki panggenan, ing mangke kula suka pawartos bab lindhu, pratelanipun kados ing ngandhap punika: Ing Tuban titiyang sami karaos ebahing siti saking dening lind- hu, wanci enjing ngajengaken satengah gangsal, ebahing siti saking ler kilen mangidul ngetan, sarta dangunipun samenut. Ing nagari Pekalonan wonten tiyang estri kalih tuwin rare kakalih sami pejah kaplenet saking dening kurugan banon, sarta ingkang sami kataton kathahiun sawatawis, sanesipun panggenan ing pare- sidhenan Pekalongan boten wonten kasangsaran malih. Pabrik-pabrik sakiwatengenipun ing Klaten bawah Surakarta kathah karisakanipun, dene beteng satangsinipun prajurit ing ngriku sami bengkah, sarta griya pangggenan jampi ing ngriku ingggih karisa- kan sanget ngantos boten kenging kaangge malih. Saking Ngayogyakarta kula tampi pawartos bab lindhu kados ingkang sampun kapratelakaken, ananging susulaning pawartos saking ngriku amratelakaken, manawi cacahing para walandi ingkang sami pejah samangke kapanggih tigawelas, wasana kula amratelakaken pawartos anggen kula mentas tampi bat krisakanipun pabrik Plered bawah Ngayogyakarta, kados ing ngandhap punika: Menggah taneman Rosan ing Plered satanah Ngayogyakarta ageng piyambak, pabrikipun punika anggenipun damel kala ing taun 1862, sarta kenging kaalema bab saening gedhong-gedhong ingkang smi wonten ing ngriku, tanemanipun Rosan salebeting taun punika

katawis ing medalipun saha sampun kenging kkarembang, malah sampun badhe amiwiti giling, ananging ingkang maha kawasa sakar- sanipun sanes. Kala tanggal kaping 9 wulan Juni punika kula ingkang nyambut damel wonten pabrik ing ngriku, wanci pukul sadasa dalu mantuk, ing nalika samanten ragi mendung, saha boten wonten angin, tiyang boten saged andugi, bilih badhe wonten kasangsaran, kula lajeng tilem sakeca, sareng wanci pukul sakawan enjing kula kaget saking dening panjuguging sagawon kula alit, kalampahan kula medhun saking patileman, pamanah kula bokmanawi wonten piawon, sarehning kula boten aningali punapa-punapa ingkang badhe damel awon, kula lajeng tilem malih, anaging sagawon boten kendel ing panjugugipun, sareng makaten anggen kula tilem dereng ngantos wonten satengah jam dangunipun, kula lajeng kaget saking dening karaos kados kaoyog, malah kula ngantos dhawah saking patileman, kasarengan dhawah ing tembok ingknag andhawai dhateng kula, makaten ugi empyaking griya tuwin balok ingggih andhawahi dhateng kula sdaya, ing nalika samanten kula badhe kapalepekan, saha anyipta manawi boten saged gesang, ananging ing waktu punika karosan kula wewah kathah saha angeram-eramaken, sasaged -saged kula ngupados margi sagedipun medal saking anggen kula kauugan banon tuwin kajeng wau, sasampunipun rekaos sanget angggen kula ngupados margi medal wekasan kula aningali bolongan alit, ing ngriku kula lajeng saged medal, saha lajeng saged angunjal ambe- kan sareh. Sarng kula sapun dumugi ing sajawining griya, kula ambruk sakedhap awit saking rekaos tuwin kaget kula, rumaos kula kados lempoh-lempohja, ig sanalika kula boten sumerep wonten sumerep wonten punapa, sanadyana kula anandhang tatu, ewadenten kula boten karaos sakit, wasana kula lajeng saged ngadeg, tumun- ten kula sasaged saged lumampah dhateng griyanipun Administratur, kala samanten kula sakalangkung bingung, sareng kula dumugi celak ing griyanipun administratur, kula boten mireng sasamabtaing titiyang utawi tangising anak kula ingkang wontening ngriku, griya unia inggih ambruk. Ing nalika samanten sakalngkung giris si manah kula, saha kula meh botn saged lumampah majeng, wah boten saged aningali punapa- punapa awit saking petengipun , sareng makaten kula lajeng anin- gali tiyang ambekta obor saking katebihan, boten saronta kula amurugi tiyang ingkang ambekta obor wau, sarta oboripun lajeng kula rebat, sasampunipun obor kenging ing kula, ing ngriku kula lajeng dhateng griyanipu Administratur. Kados pundi raosing manahipun bapa, sareng angupadosi anakipun ingkang taksih alit wonten urug-urugan banon tuwin kajeng, mongka wiwitipun boten saged kapanggih , sanadyan obor wau sakalangkung padhangipun kula boten aningali labeting panggenanipun babu kaliyan anak kula, ewadenten kula upadosi ugi, sareng makaten kula saged anyingkiraken gempalan tembok, wiyaripun saelo pasagi, sangand- haping gempalan tembok punika kula aningali sirahing babu ingkang meh ical sipatipun awit saking gubrusing rah, sirahipun anggigi- risi dhateng ingkang sami aningali, ing bakaraosipun manah ing bapa ingkang anginten badhe amanggih anakipun kaplenet ing banon. Menggah badaning babu tuwin anak kula kala samanten dereng katingal, amargi saking taksih kaurugan ing banon nunten kula anyingkeraken banon ingkang angurugi jisiming babu kalayan angatos-atos, sareng makaten wekasanipun jisiming babu kapanggih

saha lajeng kula wedalaken, dene anak kula inggih wonten ing ngriku, lajeng kula wedalaken wilujeng taksih gesang, saha boten kirang punapa-punapa, menggah jalaranipun anak kula taksih gesang, punika awit saking dhadhanipun babu ingkang sampun anang- gulangi kaplenetipun anak kula.

PUNIKA WEWAHANIPUN SERAT JURUMARTANI KAPING 27 JUNI 1867, ONGKA 26

O, sapinten bingahing bapa biyung sareng amireng anakipun malih ingkang sampun kakinten pejah, mongka wilujeng boten kirang punapa-punapa. Salebeting kamar ingkang ambruk tembokipun, inggih panggenan anak kula wau, titiyang saged amanggih jisiming babu sanes ingkang kaplenet, wonten malih babu ingkang putung sukunipun, punapa malih jaka satunggil ingkang pepes sukunipun saha lajeng pejah. Sareng kula sampun anyingkiraken anak rayat, kula lajeng wangsul kaliyan administratur dhateng griya ingkang ambrukwau, boten dangu lajeng padhang ing rainten, sangajenging urugan banon kula amanggih sirahing tiyang jawi, ingkang mesat saking gembung, tebihipun kalihwelas tindak. Menggah pabrik ing Plered kadadosanipun ing sapunika ical sipati- pun, amargi tembokipun sadaya sami ambruk, malah boten wonten banonipun ingkang taksih manjing, sadaya dados urug-urugan ======Pawartos saking Cilacap bab lindhu kala tanggal kaping 10 wulan Juni punika pratelanipun kados ing ngandhap punika: Menggah ingkang andadosaken prelu saha kenging kamanah, wah pantes kawartosaken, punika amung bab lindhu ingkang sakalangkung sanget, kala tanggal kaping 10 wulan Juni punika, ing wanci enjing pukul satengah gangsal. Ebah ing siti saking ler mangidul, lajeng gonjingidul angilen lampahipun alon, antawis dangunipun 2 1/2 (2,5) menut ebahing siti angombak saha boten ajeg, tumunten amubeng, andadosaken para tiyang boten saged angadek jejeg, menggah ingkang karisakan kathah, punika griya tuwin praboting griya. Gudhang kopi kangunganipun kanjeng gupremen ing sapunikanpun kawatawis kathah piyambak karisakanipun, griyanipun tuwan ku- mendhan karisakan sanget, meh sadaya tembokipun bengkah. Ebahing lindhu inggih karaos ugi wonten ing baita-baita kapal ingkang sami wonten muhara ing Cilacap, ngantos sakalangkung sanget, para titiyang ingkang wonten lebeting baita kapal ing nalika samanten sami nginten, manawi baitanipun kapal sampun kandhas ing dhasaring saganten, beteng-beteng ing Nusakambangan saking pawartosipun amung karisakan sawatawis, dene sabawaning wana ing Nusakambangan sakalangkung sora, ngantos ambrebegi kuping. Para opsir ingkang sumerep kapal wonten lindhu ing Ambahrawa sami amratelakaken mupakat, bilih lindhu ing Ambahrawa wau dereng paja-paja timbang ing sangetipun kados lindhu kala kaping 10 wulan Juni punika. Ing Demak tuwin salebetingparesidhenan Japara sadaya titiyang sami karaos ebah ing siti saking dening lindhu, sakathahing pawartos ingkang saking tanah ing ngriku samangke wonten pawar- tosipun ingkang saking Kudus, kapacak ing serat pakabaran,

pratelanipun kados ing ngandhap punika. Ing Kudus ebahing siti saking dening lindhu wonten sangetipun, kala wonten lindhu wanci ngajengaken pukul satengah gangsal enjing, kula tilem lajeng kagetkaraos kados dipun oyog sareng makaten kula enggal medal saking griya, saha lajeng dhateng pabrik, sitinipun taksih ebah, wonten mandor satunggil ingkang ngadeg wonten ing dhingklik kaprenah celak kaliyan gilingan, lajeng dhawah kontal, dene isining kulah ingkang wonten ing wetan tuwin kilen sami wutah saking dening kocak-kacikipun, wonten ingkang andadosaken gumuning titiyang, sarehning sanget ebahing- siti, teka margining kukus ing pabrik boten kirang punapa-puna- pa, malah para wirantosing pabrik boten kengser saking panggena- nipun, mengggah kasangsaran kula boten amireng, sarta kapitunan ageng ing saubenging tanah tembing wetan sadaya boten patos wonten. Pawartos saking Surabaya ingkang medal saking telegrap, pratela- niopun kados ing ngandhap punika: Ing tanah Tembing Wetan amung sakedhik kasangsaranipun, sanadyan meh sadaya saubenging ngriku ebah ing siti saking dening lindhu sami karaos, ing Kedhiri wonten tiyang pejah tuwin kataton gangsal, pabrik ing Majapang- gung karisakan sanget, celaking Tulungagung marganipun ageng bengkah, saha medal balethokipun, redi Kelud boten anyabawa, dene redi Brama, weliran tuwin redi Semeru sami amedalaken kukus amung sakedhik, punapa malih ebahing siti saking kidul kilen mangaler ngetan. Menggah pawartos bab lindhu saking Pekalongan, Tegal, Pamalang, Brebes sadaya sami sae, titiyangipun boten sami anandhang pitunan ageng. ======

Ongka 27, 4 Juli 1867

Ambubujeng sima INg sakiwatengenipun tanah Lumajang Paresidhenan Prabalingga wonten tuwan anama Akerman ingkang gagriya wonten ing ngriku, tuwan punika asring remen amemejahi sima, sarta pambujengipun sima wau sakalangkung ing kapurunanipun, menggahpambujenging sima tuwan Akerman andadosaken kauntunganipun, awit ing sawatawis wulan laminipun tuwan punika asring tampi arta langkung saking kalih atus rupiyah, sumerep ganjaran saking kantor bab anggenipun amejahi sima. Manawi tuwan Akerman ambubujeng sima ingkang lampahipun anguwatosi sanget punika boten nate anandhang kasangsaran, malah tansah pikantuk bekja kemawon ananging kala tanggal kaping 21 Mei ingkang sampun kapengker tuwan Akerman manggih cilaka, sarta meh andadosaken pejahipun, pratelanipun kados ing ngandhap punika: Tuwan Akerman ing wanci enjing lumebet dhateng wana, saha lajeng aningali tapaking sima ingkang taksih enggal wonten wana ing ngriku, andadosaken bingahing manahipun, nunten tapak sima punika katurut kalayan ambekta sanjata buwis satunggil, kalampahan anggenipun anurut tapaking sima ngantos ing dinten enjingipun malih, tumunten simanipun kapanggih panuju saweg ngombe wonten ing jurang. Menggah sima wau lorek, saha sakalangkung agengipun, sareng makaten tuwan Akerman rumaos bingah ing manah, awit badhe saged angicalaken kaliliping tiyang tanah ing ngriku, nunten tuwan Akerman amurugi sima ingkang saweg ngombe ngantos saged celak sanget, sima lajeng kasanjata kenging awakipun, kadadosanipun sima boten pejah, amargi boten premana ing tatunipun, punika andadosaken cilakanipun ingknag anyanjata. Sampun kathah kemawon sima ingkang sami kasanjata dhateng tuwan Akerman amung kasanjata sapisan lajeng pejah, ananging sima ingkang kasanjata panuju saweg ngombe wau boten pejah, kawatawis manawi wulet umuripun angungkuli sima sanesipun, mila tuwan Akerman ijg waktu punika enggal angiseni sanjata- nipun, suppados sageda anyanjata malih dhateng sima wau, ananging boten ngantos dumugi anggenipun angisesni sanjata, tuwan Akerman selak kabujeng ing sima ingkang sakalangkung liwung pangamukipun, sima lajeng anubruk dhateng tuwan Aker- man, kalampahan tuwan Akerman agelud kaliyan sima wau, ngan- tos satengah jam dangunipun, sarehning tuwan Akerman pan- glawanipun dhateng sima kalayan sanjata ingkang kadamel anangkis ing panyokoting sima, mila sima lajeng kesah. Tuwan Akerman tatu ing pundhakipun tuwin ing kempolipun kacakot ing sima, aliya saking punika tatunipun kacakar, kalampahan tuwan Akerman sanget anggenipun kataton, ewadenten tuwan Akerman taksih gadhah kabanteran tuwin engetan, angla- jengaken ing pambajengipun dhateng sima. Manawi tiyang saweg manggih cilaka punika asring wonten sandhunganipun malih, makaten ugi tuwan Akerman, sareng ing waktu punika sasampunipun angiseni sanjata lajeng ambubujeng dhateng sima, lampahipun anarajang bondhotan, sareng makaten platuking sanjata kasangkut ing bondhot, andadosaken ungelng sanjata yambak, sarta angengingi darijinipun tuwan

Akerman, wekasanipun tuwan Akerman boten saged anglajengaken ing lampah, saha lajeng ambruk ing siti, awit saking katha- hing wedalipun rah, kraos sayah tuwin sakiting tatunipun, punapa malih awit saking luwe saha angelakipun, amargi tuwan Akerman boten anedha ing dalem kawan likur jam. Sasampunipun wonten mitranipun tuwan Akerman anama tuwan Setap kaliyan tuwan Keres, punika sumerep bab lalampahanipun tuwan Akerman kaliyan sima, kados ing kang sampun kapratela- kaken ing nginggil wau, nunten tuwan kakalih wau sami tung- gil pikajengan badhe ambelani mitranipun, mila lajeng sami angupaosidhateng sima ingkang sampun anatoni sanget dhateng tuwan Akerman, menggah anggenipun angupadosi sima tuwan kakalih punika ngantos dumugi wanci sonten, ananging simani- pun boten kapanggih, sareng ing dinten enjingipun sami ngupa- dos si sima malih, wekasanipun sima kemnging kasanjata dening tuwan Setap, sima kataton permana lajeng pejah, saha kabekta mantuk dhateng griyanipun tuwan Akerman. Ing wasana tuwan Akerman sareng edal pawartos wau, ing sapu- nikanipun ngangkat saras tatunipun, saha wonten pangajeng- ajengipun badhe enggal saras babar pisan, wah badhe enggal saged ambubujeng sima malih, supados andadosna kabegjanipun para tiyang tanah ing ngriku sadaya. ======Ing ngandhap punika sambetaning pawartos saking nagari Sura- karta, ingkang wiwitanipun sampun kapacak wonten ing serat Jurumartani, ongka 25. Kanjeng tuwan Residhen amaringi wangsulan pandikanipun terang, patitis boten rakaos sarta angresepaken ing manah, sanajan kanjeng tuwan residhen angungun ing galih, para tamu sami eram amirengaken bab rigen tuwin teranging pangandikani- pun anggenipun ambasakaken ing tembung mlajeng sae: punapa ingkang sampun winuwus aken ing nalika kaparing wilujeng saha panrimah, andadosaken renaning galihipun para ageng jawi ingkang sami tedhak ing pista, kanjeng tuwan residhen sanget karaos ing galih, anguningani kaurmatan ing ngakathah, mi- nongka pratondha yen sami asih saha rumaket dhumateng kanjeng tuwan residhen, sasampunipun ngandika malih amatedhani panri- mah dhateng komisi, awit angemenaken anggenipun angestokaken kuwajiban kanjeng tuwan residhen kaengetan ing tuwan komi- saris Dhe Abo, ingkang kala samanten kapambengan sakit boten saged dhateng ing pista, ananging angaturi serat ingkang tuwan residhen minongka pratondha anggenipun angaosi sarira- nipun mawi kanthi muji raharja. Kanjeng tuwan residhen tumun- ten amatedhani panrimah dhateng jajaran kaurmatan sakomanda- nipun wekasaning pangandika, angunjuk wilujengipun para welandi ing nagari Surakarta, tuwin wilujengipun para tamu ingkang wonten ing pasamuwan, sadaya tamu sami tumut ngunjuk sarwi surak para musikan sam angungelaken gendhing kasarengan ngeling mercon bom damelan Cina ingkang gumleger swaranipun, saben ngunjuk wilujengan saha sakendelipun surak mawi kasau- ran ungeling mercon bom damelaning cina wau. Tuwan Lawik tumunten angaturaken wangsulanipun komisi ing ngatasing pangandikanipun kanjeng tuwan residhen wau, suraos- ing wangsulan makaten: sanadyan kuwajibanipun komisi ingkang linampahan punika boten anyakecakaken manah, para komisaris

ugi sami bingah sanget saha rumaos kajen, sabab kuwajiban wau manggepokan sih rumaketipun titiyang ing Surakarta dhumateng kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh, ingkang setya tuhu ing ngatasing kuwajibanipun saha saged amengku praka- wisipun paa tiyang ingkang boten nyepeng padamelan nagari, kanjeng tuwan residhen punika sampun lami angraos manawi galihipun: kadunungan seratan ingkang ungelipun kautamen amisudha nama. Nanging kayaktosanipun ing mangke katingal wonten ing jajanipun. Tuwan Lawik yen botena karumiyinan dening aturipun tuwan Bosower ingkang sakalangkung prayogi, amesthi kathah aturipun bab pratondha kang urmatan punika, ing mangke atur wau lajeng kacekak kemawon suraosipun maka- ten: komisi angaturi panuwun dene anggenipun nglampahi kuwajiban katrimah ing kangjeng tuwan residhen atur punika mawi kanthi pamuji, kanjeng tuwan residhen anggenipun suwita ing kangjeng gupremen angasta paprentahan wonten nagari Surakarta mugi lestantuna sawatawis lami malih, minongka pangagenging kitha angayomi titiyangipun ingkang tansah kenging, wenang, sarta badhe anganggep mitra ing salaminipun dhumateng kanjeng tuwan residhen wekasaning atur angunjukwi- lujengipun mitra ingkang kaurmatan ingggih punika kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbureh, ingkang tansah kapundhi- pundhi ing ngakathah. Boten dangu tuwan Offestelatur angandika, pitembunganipun tumunten sarta prayogi, salajengipun asuka panrimah dhumateng para welandi ing Surakarta, dene sami angulem-ulemi dhateng tuwan offester tuwin sawarninipun ofpesir, kapurih anjenenga- na pista pakurmatanipun kanjeng tuwan residhen. Pamujiniun tuwan Offeste, pista ing dalu punika mugi dadosa jalaran tepangipun sae para offsir kaliyan para welandi ing Surakar- ta, ing wusana tuwan offeste angunjuk wilujengipun para walandi ing Surakarta. Tuwan komisaris J.A.Wilkes amangsuli pangnadikanipun tuwan Offestelatur. Sanadyan wangsulan punika boten mawi kamanah rumiyin ugi angresepaken galih, wondening suraosipun tuwan Wilkes angaturaken panuwunipun para Welandi ing Surakarta dhumateng tuwan Offeste tuwin warniing opsir, awit sami karsa anjenengi pista, sarta ambiyantoni ingkang andadosaken kabin- gahan wontening pasamuwan, sasampunipun tuwan Wilkes anjumu- rungi pamujinipun tuwan Offerste kados kag sampun pratela- kaken ing ngajeng wau, tumunten angaturi ngunjuk ing wilu- jengipun tuwan Offerste tuwin para offiser ing beteng Sura- karta. Sakendhelipun dhahar, kanjeng tuwan residhen kaliyan ingkang sinuhun kanjeng Susuhunan tuwin para tamu sawatawis sami karsa mlampah-mlampah, sareng kanjeng tuwan Residhen saha ingkang sinuhun sampun pinarak saha angandika kaliyan para tamu gagentosan lajeng wonten ingkang sami wiwit dhansah malih. Kondur dalem ingkang sinuhun wanci pukul sakawan enjing. Kanjeng tuwan residhen taksih karsapinarak ngantos pukul ganggsal enjing, kala samanten para tamu kerep angun- juk angaturi wilujengipun kanjeng tuwan residhen sareng kanjeng tuwan residhen karsa kondur, sawarninipun musikan sami anjajari wonte sangajenging kreta ingkang katitiyan ing kanjeng tuwan residhen, komisaris sawatawis andherekaken

nunggil sakreta kaliyan kanjeng tuwan residhen. Komisaris ingkang taksih kantun lajeng sami nusul dhateng ing dalem paresidhenan sarengan kaliyan para tamu kathah sarta para offiser. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya mangkunagara inggih tumut tedhak dhateng dalem paresidhenan kadherekaken dening para offiser ing Lesiyun mangkunagaran, sarawuhipun kanjeng tuwan residhen wonten ing dalem paresidhenan lajeng kapondhong kabekta lumebet dening welandi sadasa, kapinara- kaken ing sowang. Awit jabhebg tuwan residhen karaos ing galih anggenipun kaurmatan punika, kendel saantawis boten saged ngandika, ananging boten dangu lajeng angandika malih amatedhani panri- mahing galihipun dhumateng para tamu. Sanalika segah inuman sampanye kaubengaken para tamu sami ngaturi pamuji sasarengan suraosipun: kanjeng tuwan residhen Lamres Pantoren bureh mugi lestantuna raharja. Tuwan Offestelatur kala samanten angandika malih, anyariyo- saken anggenipun suwita ing nagari laminipun sammpun sangali- kur taun sarta atepangan kaliyan priyantun kathahing ngatasi- pun padamelan, tuwan Offeste anguningani yen lelabet tuwin pikajengan ingkang sae, wonten ingkang boten kaaosan malah asring kaundhat-undhat menggah kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh anggenipun suwita nagari sakawit mawi pangkat warni-warni, sapunika sampun lenggah priyantun ageng, saha ganjar tatenger adi ingkang katingal ing ngakathah, sarta minongka pratondha manawi lelabetipun kanjeng tuwan residhen katrimah ing kangjeng maharaja. Tuwan Offeste inggih ugi angaosi lelabetipun kanjeng tuwan residhen ingkang tansah dipun urmati saha kaanggep mitra dening tuwan Ofeste, sala- jengipun tuwan Offeste angaturi wilujeng dhumateng Kanjeng tuwan residhen awit anggenipun dados pangageng amengku titiyang ing nagari Surakarta, sabarang ingkang kadhawahaken tuwin ingkang katindakaken kapundhi-pundhi ing titiyang wau, katawis saking sih rumaket saha pakurmatipun dhumateng kan- jeng tuwan residhen wontensalebetipun pista ing dalu punika, kalih dening malih tuwan Ofeste asuka wilujeng dhumateng para tiyang ing Surakarta, dene kanjeng tuwan residhen ingkang dados pangagengipun sanget amarlokaken sarta amikantukaken ing prakwisipun titiyang wau, pamujinipun tuwan ofeste medal saking esthining manah, para tiyang ing Surakarta mugi lestantuna lami anggenipun andarbeni pangagenging nagari ingkang sapunika jajanipun sampun rinengga ing seratan ing- kang suraos kautamen amisudha asma. Tuwan Ofeste tuwin para Offiser inggggih anyonthongi raosing manahipunpara tiyang ing Surakarta anggenipun angaosi dhumatng kanjeng tuwan residhen dados pangagenging nagari, saha anggenipun sami anganggep mitra, punapa malih ugi anunggil panggaliyan kaliyan kanjeng tuwan residhen anggenipun angayomi dhateng titiyang ing Surakarta. Tuwan Ofeste inggih sanget angurmati dhumateng titiyang ing Surakarta, mugi wilujenga ing salaminipun pama- nahipun para offiser inggih samanten ugi, mila ingkang dados pangajeng-ajengipun tuwan Ofeste, dalu punika mugi andadosna jalaran rumaketipun sarta anggenipun sasedherekan malih para welandi ing Surakarta kaliyan para Offiser. Tuwan Ofeste lajeng angrangkul ing kangjeng tuwan residhen minongka pra-

tondha yenpangandikanipun sadaya wau temen wah kanthi pamuji: titiyang ing Surakarta mugilestantuna kawilujengan. Tuwan Komisaris Lesiyus tumunten angaturaken wangsulanipun para welandi ing Surakarta, pitembunganipun prayogi. Para wlandi ingkang sami wonten ing dalem paresidhenan lajeng anyambeti wicanten sasarengan suraosipun makaten : Tuwan Ofeste tuwin para offeiser mugi lestantuna raharja. Sasampu- nipun tuwan Ofeste ngandika malih, para tamu lajeng pamitan mantuk sarwi suka-suka awit wonten salah satunggal ingkang wicanten sora, anyunyuwun mugi nagari ing Surakarta salamini- pun kawengkuha dening pangageng ingkang nyameni kangjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh. Kanjeng tuwan Residhen sakalangkung karaos ing galih ngantos angrentahaken waspa. Sawangsulipun para tamu dhateng griya pangggenan pista, tuwan Ofeste kaliyan ingkang garwa lajeng nitih kareta badhe kon- dur. Para offiser tuwin para welandi sanesipun sami andher badhe andherekaken konduripun tuwan Oferste, ananging sareh- ning kapal rakitanipun tuwan Ofeste sami gilap sarta amberot dados lampahipun para tuwan waukantun saweg sami dumugi tengah-tengahaning margi, tuwan Ofeste sampun rawuh wonten salebetipun beteng wanci pukul nem anjing sabibaripun pista ingkang ambingahaken manah kalawan pantes tuwin angraketaken pitepangan sarta annggilaken pikajengan para tuwan lajeng sami mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak. ======Atur tabe pakurmatan kula akathah, kaatura ing panjenengani- pun tuwan ingkang mangarang ing serat jurumartani, ing nagari Surakarta Adiningrat. Panyuwun kula ingkang mugi panjenenganipun tuwan akarsa amacak serat kula punika ing dalem pustaka jurumartani. Pitaken ingkang sawantah. Kula satunggiling tiyang ngindhu, adudunung griya ing sale- beting kitha alit B.N. darbe panyuwun aliyan karana Allah, dhumateng para sedherek ingkang asring sami karsa amencaraken kawruh utawi pamanggih, asarana kawrat ing dalem serat juru- martani, dene panyuwun kula punika boten kalebet ing kawaji- ban ananging estu andadosaken suka pirenaning manah, sarta sanget panuhun kula, saupami wonten ingknag karsa paring katengan, menggah ingkang kula suwun wau, kados ingkang kula pratelakaken ing ngandhap punika. Sinebut ing dalem serat wulang ngreh, Brataatmaja, anggitan dalem ingkang sinuhun kanjeng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, ing Surakarta. Kathah wawaler utawi prasapanipun para ratu, para ageng tuwin para luluhur ing nguni-uni, kadosta: 1.Wiwitan ingkang prasapa Kyai Ageng ing Tarub amaleri ing satedhakipun tan kalilan ngagem dhuwung utawi waos ingkang apangawakwaja, dading lembu datan kenging dhahar, lan tan kenging ngingah ing tiyang ngandhap. 2.Kyai Ageng Sesela, boten anglilani dhumateng satedhakiun ananem waluh wonten ing ngajengan sarta wohipun datan kenging dhahar. 3.Panembahan Senapati, tan anglilani dhumateng satedhakipun anitiha kuda napas tuwin kuda kang kokoncan surenipun sarta dhahar amengkeraken kori, wingking datan jinagenan.

4.Kanjeng Sultan Agung Mataram aprasapa tedhakipun tan lini- lan nitih kuda kang bendana: yen ajurit, lantar kenging ngagen waos lamun linandheyan wergu, sarta tan ing ngaken darah yen tan saget tembang kawi. 5.Kanjeng Susuhunan Pakubuwana kapisan tan linilan ing satedhakipun lamun ana kang anitih adipongga 6.Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat prasapan ing satedhakipun tan linilan ngujung astana ing Betah, sarta datan kenging angagem wangkingan tanpa ngagem kandelan yen nitih kuda. 7.Kanjeng susuhunan Pakubuwana kaping 2, aprasapa tedhakipun tan linilan klebon apyun asarana kases utawi kadhahar. 8.Kanjeng Susuhunan ingkang kaping 3 tedhakipun tan linilan damel andeling jurit dhateng titiyang ingkang sanes jinisi- pun. 9. Tedhak ing Demak winalaran angagem busana dhuwung: lan anyamping londhang ugi winaleran. 10.Tedhak madiyun datan kenging ngagem songsong dhandhan abang. 11.Tedhak madura, datan kenging ngagem poleng, parangrusak. 12.Sang Dananjaya ing dangu, waler datan kenging lamun angam- baha, ing wana Krendhawahana. 13.Tedhak Matawis winaleran apa para ing wana lami tan kena. 14.Tedhak ing Kudus datang kenging daging lembu dinahara 15.Tedhak ing Sumenep datan kenging dhahar ajang piring watu, wah tan kenging dhahar kidang dagingipun ajang godhong plasa ugi tan linilan. Bab prasapa ingkang kasebut ing ngajeng wau sadaya, kados pundi katranganing sabab sabab utawi purwanipun ing nguni- uni, dene teka andhawahaken wasiyat papaweh, saking pangga- gasing manah kula, sampun tartamtu, yen wonten darunanipun ingknag prelu, mila dahat kapiadrenging manah kula, sumerep ing bubukaning prasapa ing satunggil tunggilipun. Ingkang atur tondha raden Ngabei Tirtakusuma. ======

[This fragment is undated. It is probably from Jurumartani of 11 July 1867]

======Panuwun kula, ing saudara, kabar kula ing ngandhap punika mugi kapacaka ing serat Jurumartani Kala dinten Senen kaping 10 wulan Juni 1867, wanci jam 1/2 5 enjing, ing tanah Getas bawah karesidhenan ing nagari Surakarta, wonten lindhu, ingkang langkung sanget ebahipun siti, ananging boten dangu, menggah kawontenanipun lindhu wau, boten andadosaken kamlaratanipun tiyang padhusunan malah andadosaken bingah tuwin kauntunganipun tiyang ingkang tetanen, margi ing tanah Getas kathah pareden alit-alit sami rengka: ing ngandhap reden wau sami medal sumberipun saha toya tuk wedalipun sakalangkung kathah. MOngka saderengipun wonten lindhu. Ing tanah Getas sakalangkung sanget ing kamlaratanipun tiyang ingkang sami tani, margi kaki- rangan toya kathah sabin ingkang apus, sareng wonten lindhu, andadosaken kauntunganipun tiyang ingkang sami sabin ingkang kataneman pantun, awit badhe boten andadosaken pitunanipun tiyang tani, jalaran saking lindhu. Sinerat ing Getas kaping 20 wulan Juni taun 1867 Panewu pulisi ing tanah Getas Raden Ngabei: Suradipura ======Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, ingkang mugi serat kula punika kapacak kang wonten ing Jurumartani Wangsulan dhateng Raden Lurah Mangunatmaja Kula sampun mirsani, seratipun Raden Ngabei Danukrama, ingkang kasebut wonten ing Jurumartani ongka 24, suraosipun, Raden Danukrama, asuka wuninga, yen samangke, kapundhut wonten ing ngarsadalem, kaangkat jinunjung drajat karsa dalem kaparingan nama, Raden Lurah Mangunatmaja. Ingkang punika, kula ngaturi pamuji sokuring ngallah, mugi les- tantuna sapangginggilipun. Anami wonten gelanipun ing manah kula sakedhik, dene seratipun raden lurah ingkang kasebut ing Jurumar- tani, kirang terangipun, sarehning jaman sapunika, kathah ingkang kasebut panjenengan dalem, punapa malih karsa dalem, punika mugi katerangna, punapa saking panjenengan dalem ingkang sinuhun, punapa panjenengan dalem kanjeng Rahaden ADipati, punapa karsa dalem para kanjeng pangeran dipati, utawi para kanjeng pangeran ingkang ageng-ageng. Ingkang kaping kalih, sasebutan, kaangkat jinujung dlajat kapa- ringan nama Raden lurah wau, punapa namung lurah nami kimawon, punapa mawi wonten ingkang dipun lurahi, menawi wonten ingknag dipun lurahi, dados lurahipun priyantun punapa wastanipun. Anjawi saking punika, kula nyuwun katranganipun mawi wonten sasebutan tondha nama kalih, 1, Suryamandura, 2, Mangunatmaja, punika teranganipun kados pundi anggen kul kodheng wau, menawi boten kalintu, sasebutan nama kalih punika, kados tekenipun priyantun satunggal, anggen kula kedah nyuwun katerangan punika, sabab kula inggih sami ing Ngayogyakarta, samangke wonten Batawi. sinerat tanggal kaping 19 Juni 1867 Katandhan Alip dhokter Mangkusemedi. ======Cariyos prasapanipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus. Kala rumiyin kanjeng Susuhunan Kudus amanggih anak sima taksih alit, embokipun sampun pejah wonten pakiteran ing wana, sima alit

wau lajeng kabekta kondur dhateng Kudus, kapulasara ginumatenan lulus ngantos ageng saged cumbu angidhep dhateng kanjeng Susuhu- nan Kudus sampunn kados manungsa, sumerep ing cipta sasmita anglampahi sapitedahipun Kanjeng Susuhunan Kudus, Sareng ing ngalami-lami kanjeng Susuhunan Kudus karsa tedhak dhateng lepen kaliyan garwa, sima wau tinanggenah tengga putra bayi ingkang wonten ing bandulan, sapengkeripun Kanjeng Susuhunan Kudus wonten ssawer ageng sanginggiling bandulan badhe anyaut bayi punika, saking rikat tarampilipun sima wau sareng sumnerep lajeng anyarap sawer, kenging sirahipun ponang sawer lajeng pejah, bangke dhawah saking nginggil tansah dipun cokoti ing sima, ing nalika punika cangkeming sima gubras erah lajeng nusul dhateng lepen, manawi sageda wicanten kajengipun angaturi uninga wonten sawer bahde anyaut putra, ananging sampun kapejahan, kala samanten kanjeng Susuhunan Kudus sareng sumerep cangkeming sima gubras erahing sanalika salah pandalih, saking pangintenipun ingkang putra sampun seda kamongsa ing sima, mila simanipun lajeng kasuduk pejah, sareng kondur dumugi ing dalem uninga manawi ingkang putra taksih wilujeng, sarta aningali bathang sawer wonten sandhinging bandulan, Kanjeng Susuhunan Kudus dalah ingkang garwa sami angungun asmu kaduwung anggenipun mejahi sima wau, sampun rumaos manawi kirang titi pariksa, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten pangandikanipun, tumbak keris gaweyan ing Kudus aja ana mangsah maring macan. Sareng ing ngala lami-lami cariyos malih Kanjeng Susuhunan Kudus, anuju badhe dhateng Matawis anema amedal wana ing Krendhawahana, saking panyobaning Allah ta ala, Kanjeng Susuhunan Kudus kala samanten bingung boten sumerep ing ler kidul, salewbeting batos tansah analongsa nuwun pangaksama, parmaning Allah tangala duma- dakan kanjeng Susuhunan Kudus amiyarsa swaraning gentha, sareng dipun purugi kapanggih ingkang kapiyarsa wau gentha kalunging lembu wonten ing ngara-ara, sareng sanalika Kanjeng Susuhunan Kudus mantun bingung, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten pangandikanipun, saturuningsun ing wuri padha anuta ora mangan daging sapi, karana ing sun kang ramake dening prasasat atuduh marga dadi jalaraningsun mari bingung, Milanipun ngantos dumugi ing mangke tedhakipun Kanjeng Susuhunan Kudus boten kenging dhahar ulam lembu. ======Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang ing Surakarta kala ing wulan Maret 1867 sami kaemutaken ambayara sambutanipun saderenging utawi satelasipun wulan Juli punika, manawi boten angleksanani ing pambayar wau, badhe katagih medal sakng panguwasaning pangadilan. Surakarta kaping 1 Juli 1867 King Kanguwasani kantor lelang Katandhan Bosower. ======Tuwan Jaspres enko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi sapunika mentas tampi ing tokonipun pirantos anyerat warni-warni, bahe kasade sakalangkung murwat ing reginipun, pratelanipun kados ing ngadhap punika: Kertas walandi pethak ingkang pagasan utawi boten, kertas pelin pethakan ingkang kandel utawi sedheng, kertas pelin sampun kagarisan, kertas kerdhus tuwin kertas ingkang kadamel anggarin-

gaken seratan, kertas pos pehak, biru, ijem kuning sapanunggila- nipun ing warni, saha ageng tuwin alit, ules serat, kalam;lar, pen waja warni-warni, garan pen gelas, gadhing tuwin garan pen ingknag limrah kemawon, wadhah mangsi, lak, cap, Aowel, blendok kadamel ngancing serat, kawadhahan ing gebyas, mangsi abrit, cemeng, biru,ijem, kkuning tuwin wungu, potelot cemeng, abrit tuwin biru, punapa dene sanes-sanesipun. Utawi malih tuwan Jaspres enko inggih tatampi ing tokonipun pirantos agambar warni-warni kadosta: Kertas gambar kandel, kertas gambar ageng, pamadenipun elon, sinjang pirantos anurun gambar, jongka sapanunggilanipun kadekekaken ing dhus, pulas, sikon gelas tuwin kajeng, karet sapanunggilanipun, kapur cemeng tuwin kajeng, karet sapoanunggilanipun,. kapur cemeng tuwin abrit kadamel agambar, potelot kadekekaken ing dhus mawi wonten la- dingipun alit sapanunggilanipun, potelot kadekekaken ing dhus warninipun ngantos kawan likur. Wasana tuwan Jaspres enko mentas atampi ing tokonipun tromel tuwin pethi panyeratan dadamelan Inggris, ukuran, serat kadamel andekek gambar-gambar sorot ageng alit, plangkan gambar sorot, wonten ingkang praosan, Lei sela marmer, waterpas ageng tuwin alit, lading pangaretan tuwin gunting damelan Inggris, Termome- ter, pisis mutiara dadamelan cina, kertu walandi tuwin sanes- sanesipun akathah. Barang komisi: Wadhah kinang pethakan Berlin satunggil, Orgel ageng, sarta lapender AO warni-warni sami kagadhahan ing gebyassae-sae. Katandhan Tuwan Jaspres enko Menggah regining serat Jurumartani ingkang taksih dereng kabayar, kathahipun 12 rupiyah ing dalem sataun mugi sami kabayara sade- rengipun telas wulan Juli punika, manawi boten kabayar, pangintu- nipun serat Jurumartani badhe kinendelan. Surakarta kaping 10 Juli 1867 Katandhan Tuwan Jaspres enko ======Benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 11 wulan Juli punika, wanci enjing badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Leisiyus ing Temulus bawah Surakarta, menggah ingkang badhe kalelang barang warni-warni gadhahanipun Nyonyan Leisiyus. Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 12 wulan Juli punika, wanci enjing badhe anglelang wawenanging pamaosipun siti dhusun ing Temulus wau, wonten gedhong panglelangan ing Surakarta. Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 13 wulan Juli punika, wanci enjing badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan R.Singer ing Jebres Surakarta, dene ingkang badhe kalelang barang warni- warni. Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 14 wulan Juli punika, wanci enjing badhe angenglang dandosan griya warni-warni, wonten griyanipun tuwan Litenan Pan Switen ing Surakarta. Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 15 wulan Juli punika, wanci sonten pukul wolu, badhe angenglang serat-serat tuwin gambar warni-warni, wonten ing Sositit Dhe Harmoni ing Surakarta. ======

Ongka 29, 18 Juli 1867

Pawartos warni-warni Serat kintunan ungelipun kados ing ngandhap punika: Menggah prelunipun Kanjeng Gupremen karsa andhawahaken wonteni- pun griya pagawen, punika saking panginten kula, supados andados- na pitulungan dhateng tiyang ingkang sami kabetahan arta, anang- ing manawi kados lampahipun pak Gadhe ing Madiyun anggenipun anggagantos, saking panginten kula boten andadosaken pitulungan, awit panyepengipun barang kamurwat sakalangkung andhap saking reginipun, anjawi saking pamireng kula ing kandhaning titiyang, bab panggantosipun barang-barang pakgadhe ingkang amurwat panga- osing barang barang ingkang kagantos wau sakalangkung andhapipun, kula piyambak inggih sampun sumerep, kala ing wulan September 1865, pak gadhe anggentosi kang mas mawi inten sarakit, ingkang sampun katapsiraken dhateng kemasan titiga, sami amurwat regi 90 dumugi 110, rupiyah pak gadhe punika boten purun anggantos seng- kang wau, 20 rupiyah, purunipun amung gangsal welas rupiyah, mila ing mangke manawi kados makaten lampahipun pak gadhe anggenipun anggaantos barang, kamurwat sakalangkung andhap saking pangaosi- pun, mongka wonten tiyang dhusun ingkang badhe angangge arta kadamel tumbas maesa, punika kedah gadhah barang ingkang ngantos regi 4000 rupiyah, supados sagedipun anggantosaken angsal 60 rupiyah. ARta 60 rupiyah punika upaminipun badhe katumbasaken maesa sarakit ingkang sampun kenging kadamel malujeng sabin, amesthi boten saged angsal, manawi titiyang badhe atumbas maesa kakalih ingkang sampun kenging kawalujengaken wau, punika kedah ambekta barang ingkang badhe kagantosaken, sakedhik-kedhikipun kedah pangaos 600 rupiyah, supados cekapipun kadamel tumbas maesa kakalih wau. Pamatawis kula sakedhik sanget titiyang alit ingkang gadhah barang ngantos regi 600 rupiyah, sanadyan kapal dhusun sanesipun gongsa inggih sakedhik ingkang anggadhahi barang ngan- tos samanten wau pangaosipun, dene pak gadhe manawi anggantos barang anyukani arta tembagi. Menggah pak gadhe punika manawi ambekta arta tembagi saking griya pagadhen dhateng peken ing- kang celak saking griya pagadhen wau, punika boten andadosaken rekaosipun awit saking celakipun, ananging ingkang sade maesa manawi ambekta arta tembagi, mantuk dhateng griyanipun, punika sakalangkung susahipun, awit saking kathah titiyang sade maesa griyanipun tebih, punapa malih andadosaken susahipun titiyang ingkang sami anggantosaken, manawi atampi arta tembagi, awit bok manawi ingkang sade maesa anedha arta pethakan, ingkang angganto- saken wau kedah anukaraken artanipun tembagi angsal arta petha- kan, sarta asring ambaseni ngantos tigang dhuwit ing dalem sarupiyahipun, manawi boten anyukani arta pethakan, panumbasipun maesa asring sande. Punapa boten prelu sanget anamtokaken, sapinten panduman saking reginipun tapsiran barang ingkang badhe kagantos dening pagadhe, manawi panggantosipun barang kapasrahaken dhateng pakghade, saestu pakgadhe punika remen anggantos barang kasakedhikaken ing pangantosipun, sarta mindhak kathah anakipun, ananging badhe andadosaken kamlaratanipun titiyang alit ingkang sami angganto- saken barang. Wonten ingkang cariyos bab panedhanipun anakan pakgadhe, punika wonten Cina ing griya pagadhen, punapa saking reka-reka kemawon

punapa sayektos bodho, utawi salah pangetangipun, anggenipun anedha anakan manawi saweg kalih wulan panggantosipun barang, lajeng anedha anakan tigang wulan, ingkang punika pamanggih kula piyambak, prayogi manawi sera titir gantosan kaserata ing sastra walandi, saha kapratelakna ing ngriku titi mangsanipun, awit manawi wonten tiyang anggantosaken barang badhe sumerep lamini- pun, punika boten susah amintokaken seratipun dhateng tiyang ingkang saged maos, punapa dene sakalangkung prayogi malih, manawi para bupati anyukanana serat pratelanipun anakan kados ingknag sampun katamtokaken dening kanjeng gupremen, supados andadosna gampilipun titiyang alit, sarta sageda pikantuk kater- angan saking wadananipun piyambak. ======Kecu ing tanah bawah Surakarta Serat saking tanah Sukawati bawah Surakarta, katitimangsan kaping 24 Juni ingkang sampun kapengker, amratelakaken kados ing ngand- hap punika. Awit saking susahing manah kula kedah suka uninga, manawi tuwan ingkang maosi siti dhusun anama Pansetrallendhorep ing dhusun Janglot, kaprenah celak ing pinggit banawi Surakarta, kala malem Kemis tanggal kaping 20 Juni ingkang sampun kalampahan, dipun kecu, menggah lebeting kecu punika ing wanci dalu pukul kalih welas, dene kathahipun tiyang 30 utawi 40 ingkang sami ngobrak- abrik salebeting griya, tuwan Setrallendhorep ing waktu punika tilem wonten salebeting kamar kaliyan bojonipun, dene ing kamar sangajengipun punika tuwan Sekol ingkang basero ing pamaosipun siti dhusun Janglot kaliyan tuwan Setrallendhorep nuju tilem wonten ing ngriku, tuwan Sekol wau amarengi saking nagari dhateng dhusun Janglot, sarta badhe wonten ing ngriku saking sawatawis dinten laminipun, antawisipun boten tebih saking griyanipun tuwan Setrallendhorep, amung enget 50 tindak kagriyanan Opserenderipun tuwan Setrallendhorep ingkang kaprenah kapenakanipun piyambak. Sareng makaten ing waktu punika wonten sanjaata mungel sapisan, sarta angengingi bekel ing katelan ingkang dalu punika panuju jagi wonten ing griyanipun tuwan Setrallendhorep, bekel wau pejah ing ngenggen, saha tatu pitu, boten ngantos dangu rangganipun tanah ing ngriku dhateng badhe tandhang tulung, ananging lajeng kawaos dening kecu, ngantos tatu kalih, inggih kalampahan pejah ing ngenggen. Salajengipun tuwan Setrallendhorep medal saking kamar panggenani- pun tilem, sareng aningali kecu kathahipun tiyang kalihdasa wonten salebeting griya, lajeng angundang dhateng tuwan Sekol kancanipun Basero wau, ananging tuwan Sekol punika sampun tangi, ing sanalika medal saking kamaripun, saha lajeng lumajeng, tuwan Setrallendhorep ing waktu punika mundur angundang bojonipun ingkang kapurih anggrendhel kamaripun saking ing lebet, sasampu- nipun lajeng lumajeng. Kecu kalih dasa ingkang sampun lumebet ing griya wau sami anyemeng rainipun, saha ambekta dadamel sanja- ta tuwin waos, nunten para kecu lajeng anempuh kamar patileman ingkang kawadungan, Nyonyah Setrallendhorep lajeng minggah dhateng loteng, saha ambikak tutuping loteng ingkang sakalangkung awratipun, tutuping loteng punika inggih lajeng kagrendhel saking lebet, wekasan Nyonyah Setrallendhorep ambikaki sirap, lajeng saking ngriku dhateng payoning griya, wonten ing ngriku Nyonya Setrallendhorep lajeng umpetan wonten ing talang saanawisipun

empyak kakalih, talang punika sareng katingalan wonten bolonga- nipun kalih panggenan, labetipun kawaos saking ngandhap, ananging wilujeng boten angengingi Nyonyah Setrallendhorep. Opsinderipun tuwan Setrallendhorep ingkang gagriya celak kaliyan griyanipun tuwan Setrallendhorep sareng mireng sabawaning titiyang kathah wonten palataraning griyanipuntuwan Setrallend- horep, lajeng anyelaki titiyang kathah wau kalayan ambekta sanja- ta, ananging Opsinder punika lajeng kasanjata dening kecu, wilu- jeng boten kenging, mimisipun alangkung wonten sangajenging rainipun, ing nalika samanten tuwan Opsinder males anyanjata dhateng kecu ananging Opsinder boten saged sumerep punapa angge- nipun anyanjata angsal punapa boten, sanadyan ing dalu wau kaleres padhang wulan, ewadenten Opsinder aningali kecu kakalih anggotong kancanipun satunggil, sareng sanjatanipun Opsinder mungel, para kecu lajeng dipun ken dhateng kancanipun, kapurih angrampog dhaateng Opsinder, ingkang lajeng lumajeng mantuk saha angungsekaken anak bojonipun. Sarehning sampun boten wonten ingkang lalawan malih, para kecu lajeng sami lumebet dhateng kamar-kamaring griya, sawarnining benet sami kawandungan sadaya, sareng sampun menga isinipun kapendhetan sadaya ngantos telas, ing nalika samanten sasampuni- pun kesah para kecu, katingal wonten Orgel ingkang sakalangkung sae glumethek ing jrambah, saha sampun bibrah dados sawalang- walang, sakathahing kajang sirah sami mawut wonten ing jrambah, klambu patileman kasebrak saking patileman, peti sanjata karemuk gumlethek ing siti, isinipun sanjata sampun boten wonten kabek- ta ing kecu, kestul repolper saget mungel kaping nem inggih kabekta ing kecu, cekakipun sadaya karisakan, dene arta ingkang kabekta ing kecu, kathahipun 350 rupiyah, kalampahan tuwan Se- trallendhorep kaliyan Nyonyahipun sabibaring kecu sami boten gadhah sandhangan sanesipun anjawi ingkang kaangge ing dalu kala wonten kecu punika. Menggah salebeting kamaripun tuwan Sekol inggih karisakan sanget, punapa malih barang-barang ing Galdri wingking karisakan sadaya pundi ingkang boten kenging kabekta ing kecu. Sasampunipun para kecu angririsak salebeting griya, lajeng sami anumpuk bantal wonten ing bangku, kathahipun sadasa utawi gangsal welas iji, bantal punika lajeng kasulet ing latu, anang- ing latunipun enggal kapejahan dening para tiyang ingkang sami tandang. Sakalangkung aeng dene wonten kecu sami amecahi gelas tuwin dilah-dilah ingkang wonten sisih ing tombok utawi ingkang wonten ing pojokan, manawi para kecu sageda, amesthi boten purun amecahi barang barang gelas wau, awit badhe anatoni sukunipun. Menggah benggoling kecu punika anama Truna Dongsa ing dhusun Swatu, tuwin pauda ing Longkong, kabawah ing dhistrik Kuwu tuwin ing Wirasari tanah Grobogan paresidhenan Samarang. ======Ing tanah Amerikah wonten tiyang salebeting kunjara sakit sanget dadakan, para dhokter ingkang sami anjampeni sadaya boten sumerep ing sasakitipun sayektos, wasana ingkang dados sasakitipun wau katingal, badanipun sakojur ingkang sakit katimbulan dom, punapa dene ing gulu tuwin ing dhadha kathah domipun ingkang sami timbul, sareng ingkang sakit dipun pitakeni menggah ingkang dados sababipun, ingkang rumiyin boten purun angaken, ananging sareng ingkang sakit rumaos manawi boten saged saras malih, saha sampun

celak ing pejahipun, punika lajeng purun ambalakakaken ingkang dados sababipun wau, pratelanipun makaten: padamelan kula ingkang wau tansah ngupados serep dhateng sakathahing piawon, manawi kula sumerep dhateng piawon punika, tiyangipun ingkang damel awon lajeng kula ancam-ancam badhe kula cariyosaken pandamelipun awon wau, bilih boten purun angepahi dhateng kula. Sareng makaten antawis sampun wonten wolu utawi sadasa taun laminipun, tukang uwang ing tanah Amerikah kapandungan, kala mireng bab anggenipun kapandungan wau, tumunten kula angupadosi kapanggih kaliyan pandungipun, ing nalika samanten kula gadhah pamurih supados dipun kena ambekta arta angsal-angsalanipun dhateng kancanipun pandung, kathahing arta sawatawis ewu ringgit, kalampahan tulak pitadosan ambekta arta wau, ananging sareng arta punika sampun kula tampeni, boten kula sukakaken dhateng kancani- pun pandung, lajeng kula pendhet piyambak. Salajengipun kula kacepeng dening para pandung ingkang kula apusi wau, pikajenganipun kul abadhe kaukum, mila kula lajeng kabesta saha dipun wudani, sareng kula sampun wuda, para pandung sam anyublesi dom mangangah ing badan kula sakojur, sasampunipun waradin anggenipun anyublesi dom panas wau, para pandung lajeng angancam-ancam dhateng kula badhe kasakitan malih, manawi kula taksih purun anyariyosaken piawon, kados ingkang sampun kalampa- han, saha kula kapurih supaos ingkang sakalangkung awrat. Salebeting taun ingkang ampun kalampahan kula inggih katiwasan malih, jalaranipun makaten: kula sumerep titiyang sawatawis ingkang sami adamel arta kertas, sarehning titiyang wau sami sumerep, manawi kula saged angukirsae, saha saged anelad tondha asta, para tiyang punika lajeng badhe amendhet sraya dhateng kula kadamel konca ing lalampahanipun adamel arta kertas, ananging kula boten purun, saha lajeng anedha bayaran sawatawis atus ringgit, sumerep pituwas anggen kula badhe boten amiyak wawadosi- pun awit saking punika kula lajeng anandhang tiwas, para tiyang wau sami anandukaken apus krama, ing wanci sonten kula kabekta lumebet ing griya, wonten ing ngriku kula lajeng kabesta saha katangsulan suku kula ngantos boten saged ebah, tumunten talapa- kan kula kailik-ilik, ing waktu punika kula boten tahan karaos- ing kakenipun badan kula sakojur ngantos boten emut, sareng kula sampun enget malih, tangan rai tuwin badan kula sakojur kacuble- san ing dom mangangah, sanadyan kula sumerepa dhateng titiyang ingkang sami anganiaya dhateng kula, ewadenten kula tansah ajrih anyebutaken namanipun. ======Serat pawartos saking tanah Prasman anyariyosaken ing sayektosi- pun bab serating sarjana ing Marseile bawah tanah Prasman ing ngriku, serat punika amratelakaken manawi sarajana sampun angsal pamanggih saged adamel panunggilanipun latu ingkang kawastanan Latu Grik, latu punika manawi kaangge salebeting paprangan, boten wonten panulakipun latu anggenipun adamel karisakan, menggah ungeling seratipun sarjana wau makaten: manawi badhe anerangaken bab dayanning latu Grik pamanggih kula, punika kula suka pratela kalayan mawi pratondha ing kayektosanipun kula saged ambesmi- kaliyan latu Grik wau balaning mengsah kathahipun 100000, saking panggenan tebihipun 1000 elo, ing dalem gangsal menut amesthi sampun sami kabesmi sadaya, manawi badhe anempuh kitha, kula saged ambesmi kitha punika dalem sawatawis menut, amesthi telas

sadaya, punapa malih manawi badhe paparangan ing saganten, kula saged ambesmi baita kapal satunggil ngantos telas sadaya ing dalem saprapat menut, manawi badhe anempuh palabuhan, kula saged ambesmi kithanipun ingkang kaprenah celak ing ngriku tuwin be- teng-betengipun saking panggenan tebihipun mimising mariyem saged dumugi, sakedhap kemawon kabesmi ngantos telas sadya. Menggah tiyang perangan manawi ngangge latu Grik, amesthi boten susah ngangge bataning paprangan, ingkang menang tuwin ingkang kawon amesthi boten saged mantuk saking paprangan, sami tumpes sadaya. ======Ing dhusun Kalinyamat bawah ing Japara, wonten wit pisang satung- gal ingkang medaling uwohipun 479iji. Bab jinising pisang boten kacariyosaken, manawi punika ingkang kawastanan pisang sewu, dados boten patos saha ngeram-erami. ======Ing dhusun Kalinyamat wau ugi kacariyos wonten babon satunggil ngantos tigang taun laminipun boten purun anigan andadosaken cuwaning manahipun ingkang gadhah, ing wusana babon punnika anigan namung satunggal iji, agengipun tigan angeram-erami, sareng babon angagremi tigan wau netes tiga iji. Kuthuk tiga punika pratingkahipun cancingan sarta kendel sanget. ======Layang kakancingan ingkang katitimangsan kaping, 10 sasi Pebru- wari taun 1852 ongka 2, kapacak ing setatseblad ongka 15 ing saiki ginawe batal, ing mengko kang katemtokake, sakehe aturan bab arep amacak angiser lan amocot priyayi utawa lulurah jawa ana saroning utawa ana sajabaning tanah Jawa tuwin Madura, lumadine kudu metu saka tuwan dhirektur kang bekel sakehhe prakara ing sajroning nagara. Samono iku kang kajabakake mung priyayi kang duwe kalungguhan sangisoring lurah dhistrik lan kang ora anyekel pangawasa ======Loterei kareta Amerikah, kaliyan kapalipun kalih rakit ingkang sarakit mawi pakeyanipun. Kauntungane loterei wau kapratelakaken ing ngandhap punika: Kauntungan ingkang kapisan warni kareta wau sakapalipun sarakit wah pakeyanipun. Kauntungan ingkang kaping kalih warni kapal sarakit. Cacahing lot 150 iji, ing dalem salotipun pengaos sadasa rupi- yah, wondene pamainipun mawi dhadhu titiga kabucal kaping tiga, sinten ingkang pikantuk ongka kathah piyambak badhe angsal kauntungan ingkang kapisan dene ingkang angsal ongka sakedhik piyambak punika wajib anggadhahi kauntungan kaping kalih. Ing sak derengipun loterei punika kamain yatra pangaosing lot sampun kedah kabayar rumiyin Dinten pamaining loterei badhe katamtokaken ing tembe. Katandhan Tuwan Jaspres enko ======Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 19 wulan Juli punika badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan P.Swager, menggah ing- kang badhe kalelang barang warni-warni. Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 22 wulan Juli punika badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan A.Nunas, dene ingkang badhe kalelang griya tembok satunggil, barang-barang pethakan sawatawis dadamelan Walandi, lapak-lapak pakeyan kareta tuwin

sanes-sanesipun. Benjing ing dinten Slasa tanggal kaping 30 wulan Juli punika badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan G.W.WInter, menggah ingkang badhe kalelang griya tembok gangsal gadhahanipun swargi tuwan G.F.Lukardi Surakarta kaping 17 Juli 1867 Ingkang nguwasani lelang katandhan tuwan Panlingen. ======

Ongka 30, 25 Juli 1867 Pawartos warni-warni Saking pawartosipun Raden Mas Samingun putranipun Pandhadha swargi Kanjeng Pangeran Ariya Condranagara, Bupati ing Demak, ing sapunika angsal pangkat saking Kanjeng Gupremen , kadadosak- en Wadana wonten ing dhistrik bawah kabupaten Juwana Pareshidenan Pathi, saha kaparingan nama: Raden Mas Panji Sasraningrat. Ing mangke para priyantun prayogi samiya suka ingkang sakalang- kung sukur dhateng Raden Panji Sasraningrat wau, bab anggenipun sampun pikantuk pangkat tuwin kalenggahan, sarta samiya amumuji ing kawilujenganipun, utawi sageda enggal minggah ing pangkat tuwin kalenggahanipun, amargi pambekan tuwin sola pratingkahipun Raden Mas Panji Sasraningrat punika kalebet sae. Kala tanggal kaping 11, wulan April ingkang sampun kapengker ing kitha Paris tanah Prasman, wonten tiyang pejah anama tuwan Yan Grepel, umuripun sangadasa kalih taun, menggah titilaranipun arta kathahipun sawidak yuta rupiyah, dene tuwan Yan Grepel punika ing kitha Paris kasebut sugih piyambak, sarta budinipun sakalangkung sae, gadhah kawelasan dhateng para tiyang malarat, kala taksih gesang panuju ing dinten taun baru kapenakanipun kakalih sami dhateng ing griyanipun, badhe asuka wilujeng ing taun baru, sareng kapenakan kalih sampun sami suka wilujeng, tuwan Yan Grepel amangsuli makaten: Aku aweh panrima marang kowe sakaeonw, anang- ing sarehning aku ora sumurup apa kang bakal dak wenehake marang kowe, supaya andadekna kasenanganmu, kang iku muinongka lirune kang bakal andadekake kasenenganamu mau, saiki aku ewah marang kowe wong siji-sijine 150000 rupiyah. ======Kalantipanipun tiyang Cina kang nyepeng pangadilan anama Sohangan siao. Ing dhistrik Piyong tanah Cina kala rumiyin wonten tiyang Cina ingkang nyepeng pangadilan wonten ing ngriku anama Soangan Siao, punika sampun mashur ing kasagedanipun angupados katerangan ing ngatasipun dhateng bongsa prakawis. Ing satunggiling dinten kaleres jawah wonten saradhadhu paben kaliyan tiyang partikelir, prakawisipun arebatan songsong satung- gil ingknag sami kaaken gagadhahanipun, ingkang nyepeng pangadi- lan wau lajeng angrampungi kadamel cekak kemawon, punika adadha- wah dhateng abdinipun, kinen anyuwek-nyuwek songsong ingkang dados prakawis, sarta ingkang sami gadhah paben kalih pisan lajeng katundhung mantuk, sareng saradhadhu tuwin tiyang partike- lir sami kesah, dumuginipun satengah ing margi, tiyang partikelir wicanten dhateng saradhadhu makaten: Aku ora praduli wong anyu- wek-nyuwek payungmu, abdinipun ingkang nyepeng pangadilan angod- hol lampahipun saradhadhu tuwin tiyang partikelir awit saking dhawah ing bendaranipun, abdi punika mireng wicantenipun tiyang partikelir makaten wau, lajeng enggal wangsul saha matr dhateng bendaranipun bab pitembunganipun tiyang partikerlir dhateng daradhadhu ingkang sampun kamirengan, ingkang nyepeng pangadilan enggal dhadhawah animbali wangsul dhateng saradhadhu tuwin tiyang partikelir, sareng sampun sami dumugi ing ngarsanipun ingkna gnyepeng pangadilan, lajeng wonten dhawahipun kinen agebagi dhateng tiyang partikelir, sasampunipun kagebagan, lajeng kapaksa anyukani songsong sanes dhateng saradhadhu, sumerep lintunipun

songsong ingkang kasuwek-suwek wau. ======Pangingahipun ulam gurameh Menggah pratela bab pangigngahipun ulam gurameh, kaseebut ing serat pawartos ingkang kawastanan: Bintang Timur, kados ing ngandhap punika: Ing Bagelen tiyang ngingah ulam gurameh wonten ing balumbang ingkang kadamel bibit ulam gurameh ingkang lema sawatawis rakit, saha sageda nigan kathah ing dalem sataun utawi kalih taun. Ulam gurameh punika kedah kaingah wonten panggenan toya ingkang sae, supados ecaha ulamipun manawi kaingah toya buthek saking kathahing baladheripun, punika raosing ulamipun inggih mambet baladher, sarta ambet wau ing salami-laminipun boten saged ical, mila ingkang prayogi piyambak gurameh punika kaingaha wonten ing toya ingkang bening, punapa dene ing toya wau kadekekan kajeng apu kangkung sapanunggilanipun, supados pikantuka ayomi- pun, punapa malih gurameh punika doyan kangkung, dados minongka patedhanipun, ulam gurameh wau katedhanana sekul tuwin roti, punika dados kakaremanipun. Manawi anakipun gurameh sampun sami sadim agengipun, punika ulamipun gurameh ingkang dados bibbit wau kaeliha saking baluum- bang panggenaniong anak-anakipun, awit gurameh ingkang ageng punika sring anedha anakipun piyambak, manawi badhe anyepeng gurameh ingkang ageng wau, kaserok kemawon kenging. ======Bab Sela Inten ingkang ageng piyambak Dereng lami wonten komisi ing tanah Dhitslan amariksani wawrating sela inten ingkang kalebnet sakalangkung awratipun, sela inten punika kanamanan: Plorentin, sareng kawawrat kapanggih, 133185, karat, dene pangaosipun kamurwat kalih yuta tiga tengah kethi rupiyah. ======Kala tanggal kaping 4 wulan Juni ingkang sampun kapengker tukang Sepir ing Bondawasa amedalaken para pasakitan saking kunjaran, gentos-gentos ing wedalipun kados ngadat ingkang sampun kalampa- han, supados para sakitan punika sageda ngisis sakedhap wonten sajawining kunjaran, tukang sepir ing nalika samanten amanggen kaliyan titiyang jagi kunjaran wonten ing kamar kaprenah celak kaliyan kamaripun pasakitan, pikajenganipun manawi sampun dumugi anggenipun sami ngisis para pasakitan, badhe lajeng kalebetaken malih dhateng kunjaran. Ing nalika samanten tukang sepir boten gadhah panginten pisan- pisan, manawi badhe kagedhong satitiyangipun jagi dening para pasaakitan wonten ing kamar ingkang dipun enggeni wau, sareng para pasakitan sampun sami wonten sajawining kunjaran, tumunten anutup korining kamar ingkang dipun enggeni tukang sepir sati- tiyangipun jagi, saha lajeng sami lumajeng, ananging saderengipun lumajeng angluwari rumiyin dhateng kancanipun para pasakitan sawatawis, sadumuginipun wonten korining kunjaran ing ngajeng para pasakitan anggebagi dhateng titiyang ingkang sami jagi wonten ing ngriku, kalampahan titiyang jagi wau ngantos kasakitan sangetr, saha ngatos sami kajampenan ing dhokter. Menggah katha- hing pasakitan ingkang sami minggat wau wonten tiyang kalihdasa, ngantos sapriki dereng kapanggih malih. Wondening para pasakitan ingkang taksih kantun wonten kunjaran

ing ngriku sami anelad lampah ing kancanipun ingknag sami minggat wau, badhe medal saking kunjaran, saha sami surak-surak gumeder sakalangkung auyegipun wonten salebeting kunjaran, anang- ing sareng kanjeng tuwan asisten residhen dhateng ing kunjaran, para pasakitan punika lajeng kendel ing sanalika amargi sami ajrih aningali dhateng kanjeng tuwan asisten residhen, mongka dhatengipun ing kunjaran amung kadherekaken upasipun satunggil, waktu punika ing kunjaran lajeng tentrem. ======Jendral Presman amratelakaken, manawi wonten dadameling prang enggal ingkang sakalangkung adamel karisakan, dadamel punika awarni mariyem ing lebet mawi kadekekan wuluh mubeng kados wuluh ing sanjata, inggih ugi kaisenan mimis sanjata, wuluh-wuluh wau kadekekaken salebeting mariyem, mnanawi kaungelaken mimisipun sanjata sami amencar wiyaripun ngantos nembelas elo ing dalem 600 elo tebihipun, saha pamencaring mimis mawi elet, meh sami tebihipun ing satunggil-tunggiling mimis, menggah isining sandawa mariyem wau sampun kaetang, sageda ambucal mimis kakalih saking satunggil tunggil wuluh, dados mariyem ingkang kados makaten pandamelipun, munggel sawpisan saged ambucal sareng mimis kat- hahipun 32 iji, amesthi badhe saged anyembahi papan ingkang kaadegan ing tiyang seket dados kalih tharik, titiyangipun ing ngajeng kenging sadaya, manawi butul inggih angengingi dhateng tiyang ingkang sami wonten sawingkingipun ing tharik kakalih, Menggah angggenipun ngungelaken mariyem wau tebihipun 600 elo. ======Sapriki sampun antawis lami wonten juru sabin satunggil sugih griyanipun ing kitha Limbureh amarsudi badhe mikantukaken pangin- gahipun ayam tuwin anglemakaken gadhahanipun celengan, juru sabin wau gadhah pasiten wiyar dipun pageri mubeng, sarta kaumbaran babon cacahipun langkung saking 2000 iji. Babon semanten punika dipun tedhani ulam kapal kacacah lembat kadadosanipun sami anigan sakalangkung kathah, tiganipun kasade kakintunaken dhateng nagari Inggris, mekaten ugi sawarnining babon ingkang sampun boten saged anigan malih, nanging babon punika saderengipun kasade, mawi kakungkung sarta katedhanan tuwuk dados sadaya pepajengani- pun kathah, aliya punika saben pitung dinten sapisan jurusabin wau amragat kapal kalih utawi tiga iji, ulamipun kagodhog ing jedhing ageng, kaedekekan toya mawi kamomoran galepung sawatawis lajeng katedhakaken dhateng ingon-ingonipun celengan kathahipun satus iji, tatedhan mekaten punika katawis yen mikantuki sanget, celengan wau sakalangkung karemipun sarta tumunten saged lema. ======Ngayujakarta kaping 8 Juli 1867 Serat kula punika kapacaka wonten ing serat jurumartani. Pawartos ingkang dhateng kantun bab lindhu kala ing dinten Senen tanggal kaping 10 wulan Juni punika, makaten pratelanipun. Bab nagari dalem Ngayujakarta, menggah karisakaning karaton. 1. Sitiinggil bangsal witana, 2. bangsal mandhungan, 3, bangsal srimanganti ingkang kilen, Raden Riya Purwadipura, kebrukan pejah, 4, panggung, 5, bangsal abrit, 6, gedhong prajurit mantri lebet, 7, gedhong prajurit ketanggel, 8 bangsal magangan kidul, 9, bangsal mandhungan kidul, 10, bangsal siti inggil kidul, abdi dalem prajurit prawiratama, 1, kebrukan pejah, 11. Surambi ing masjid ageng, 12, gedhong kareta, 13, kestalan ing Ratawijayan

ingkang sisih ler, punika sadaya sami ambruk, gedhong jene, gedhong ambul, namung benthet sapunika, karsa dalem karombak sadaya, gedhong pasedhahan, gedhong pateyan, gedhong kraton watan, ugi sami janglar. Dene kagungan dalem kareta, ingkang risak namung, 27, iji, kagun- gan dalem titiyan rakitan, 2, iji, pejah, Dene ingkang pejah kebrukan banon kelir, saler gedhong jene punika, abdidalem punakawan bedhaya jaler, 1, nama Raden Mas Subeki, putranipun Bendara Pangeran Arya suryawijaya 2, nama Den Mas Sapar, putranipun Kanjeng Pangeran Arya Cakrakusuma, lare kembar, nama Den Mas Yunani, 4, nama Den Marjaman, anakipun Raden Tumenggung Tirtanagara, 5, Punkemar, Den Wadana Mangku WErdaya sukunipun ingkang tengen putung, gebayan sugiya, awakipun gebru- kan sepalih, pun Jaka, awakipun kebrugkan tatu bathukipun, 3, punika taksih sami wilujeng, ingkang pejah wonten bangsal penga- pit ler ingkang wetan kebrukan banon cagag, tratak rambut punioka karaden Tumenggung Wiryanagara, tiyang ingknag pejah, nglebet nagari, 43, ii, ing kitha ageng, 313 ii, bawah Bantul, 5, iji bawah Kalasan 26 iji bawah Sleman, 3, iji, gunggung tiyang pejah 310. Ingkang punika, kula sumongga saudara, tuwan Jaspres, enko, Kula ingkang suka tondha Mangun Carita. ======Tuwan Redhaksi. Andadosaken sapinten renanipun ing manah, sabibaripun kalindhon menggah wujut wewangunanipun alun-alun Panaraga, cekek angrese- paken ing manah. Awit nalika wonten lindhu inggal punika, pager banon ingkang angubengi alun-alun sawatawis mneh ambruk sadaya, delasan gapura- nipun masjid ugi ambruk, ing mangke wau pager banon sampun kada- dosan malih, malah mandar ingkang boten ambruk inggih sami karom- bak kadamel sae sadaya, mawi wangun inggal nilar ingkang sampun, inggiling pager banon 13 kaki, kandelipun 1 kaki, malanging pager banon mawi kasukanan pilar; watawis, 1, ru panjangipunn, wau pilar kapulas dening cemeng, ing nginggil mawi kaelis, kareka mawi jongga tuwin sirah, wau sirah pinulas cemeng, jongga utawi tembok pager banon saantawisipun pilar, kasikat dening gamping mawi nila ing sawatawis wujuding sikatan pethak semu biru, sareng kasawang anggenipun katingal lenceng gengeng gandheng, wah malih wilar ingkang katingal cemeng awisipun sami, sareng kasawangan jentrek kados prajurit ajar, ggenning marik-marik, tatingalan ingkang kados mekaten wau sayektos angresepaken ingkang sami ningali, ananging ingkang kula enrami pager banon ingkang angu- bengi alun-alun wau, amung bageyanipun bendara Raden Mas Wadana Panaraga piyambak ingkang wujud sanginggilipun genes, bageyanipun wedana ugi sae, nanging namung sagenes kemawon dereng sanginggi- lipun. Dening gapuraning Masjid tuwin pager banonipun Wringin Sekaran ing mangke saweeg kadamel sae, nanging dereng dados dados sapu- nikanipun, kula dereng saged mratelakaken kas pundi wujudipun. Mila katranganipun sareng kula cecekaken ing manah, dados sampun tetela menggah karajinanipun dara wedana wau, kados ingkang sampun kacetha ing jurumartani taun 1866 bab pangaturanipun kapulisen. Citra Praceka.

======Cariyos Prasapanipun Kanjeng Kiyai Ageng Sela. Kala rumiyin Kanjeng Kiyai Ageng Sela nuju angeneng-enengi ptra- nipun beka, sakenjing putra wau boten kendel kendel anggenipun muwun, mila lajeng dipun candhak ingkang rama kaemban dhateng panggenan wauluh ingknag katanem wonten ing ngajengan dalem, kala samanten Kanjeng Kyai Ageng Sela nuju angagem nyamping cindhe paningset wala kemawon, wonten ing ngriku putranipun kendel awit saking dipun rengeng-rengengi kidung rerepen, boten dangu wonten tiyang ngamuk, kawartos sadherekipun ki dhalang Bicak, abdi ing Sela kathah ingkang pejah tuwin kataton, tiyang ngamuk lajeng anarajang dhateng panggenan ipun kanjeng Kiyai Ageng Sela, badhe anyuduk Selak katangkis ing Deling cagak pager wuluh, tiyang ngamuk pejah ginebagan, ing sadangunipun kanjeng Kiyai Ageng Sela udreg-udregan kaliyan tiyang ngamuk, sukunipun kanjeng Kiyai Ageng Sela tansah kasarimped ing lung waluh, saha agemipun nyamping cindhe kalorod ngantos lukar kantun lancingan kemawon, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten pangadikanipun, saturuninngsun ing wuri aja ana kang anganggo bebed cindhe tanpa sabuk, lan aja ana kang andandutr waluh ana ing ngarepan. Sareng inga lami-lami kacariyos malihKanjeng Kiyai Ageng Sela nuju dhahar jangan waluh lajeng gerah pating benyinyih sarirani- pun sadya, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten pangadnikani- pun, saturuning sun ing wuri aja ana mangan woh waluh, mundhak ambedhelake kulit. Dereng ngantawis lami kacariyos malih kanjeng |Kiyai AGeng Sela nuju sare wonten ing guug, kalangenanipun kucing sekar asem anusul minggah dhateng gubug, sareng anglilir kanjeng Kiyai AGeng Sela kaget, kucing punika dalih sima, lajeng dipun ecis ing wekasan kucing pejah, sareng dipun tingali wangke punika dede sima, Kanjeng Kiyai Ageng Sela sanget kaduwungipun, wangke kucing kapetak wonten ing pasareyan, enjingipun andhawahaken prasapa makaten pangandikanipun, saturuning sun ing wuri aja ana kang angingu kucing kembang ngasem. ======Punika susulan cariyos prasapanipun Kanjeng Kiyai Ageng Tarub, makaten pangandikanipun, turuningsun ing wuri-wuri aja ana kang ngamangan iwak sapi, karana iku wus prasasat dadi biyangingsun, ing nalika ingsun lair ibuningsun putri ing wandhan seda, ingsun banjur den inyakake ora pakoleh babu susu, duk samana ingsun dadi kaombenan suhan sapi bae bisa urip kongsi sapa rene iki. Lan maninge turuningsun ing wuri-wuri aja ana kang angawulakake wong wandhan, karana ing sasedane ibuningsun putri ing Wandhan, pare- kane saha abdine ibu kathah ora ana kang gelem den andheg ana ing , kudu padha mulih maring Wandhan kabeh, rama Prabu Brawijaya kongsi dadi dukane, mengkono kandhaning wong tuwa-tuwa kang padha weruh sedane ibu. ======Benjing ing dinten Jumungan tanggal kaping 26 wulan Juli punika badhe angenglang griya tembok kalih, gadhahaning ahli warisipun swargi tuwan M.Ponsetrakah, wonten gedhong panglelangan ing Surakarta. Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 27 wulan Juli punika badhe wonten lelang ing dalemipun swargi Raden Tumengung Mangku- reja, menggah ingkang badhe kalelang lembu, menda, kapal maesa

tuwin gongsa Carabalen. Benjing ing dinten Selasa tanggal kaping 30 wulan Juli punika badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan G.W.Winter, dene ingknag badhe kalelang griya tembok gangsal ijiu, titilaranipun swargi tuwan G.F.Lukardi. Benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 31 wulan Juli punika badhe angenglang wawenanging pamaosipun siti dhusun ing Temulus wonten gedhong pangenglangan ing Surakarta. Surakarta kaping 24 Juli 1867 Ingkang nguwasani lelang katandhan tuwan Panlingen. ======Loterei arta minongka kauntunganipun Kamar Bolah Kongkordiyah ing Surakarta badhe kamain benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 31 wulan juli punika wonten ing komidhen wiwit pukul wolu enjing. Mbok manawi wonten dinten pamainipun loting loterei dereng pajeng sadaya, kauntunganipun badhe dipun suda katimbang kathahing lot ingkang dereng pajeng, makaten malih manawi pamainipun wonten lepatipun loterei wau badhe kamain sapisan malih. Dumugi ing dinten Akad tanggal kaping 28 wulan Juli punika tiyang taksih kenging tumbas lot wonten griyanipun tuwan jurubasa, H.K.H.Wilkes. ======

Ongka 31, 1 Agustus 1867 Pawartos warni-warni Menggah cariyosipun kecu ing dhusun Janglot kados ingkang sampun kapratelakaken ing mangke wonten sasambetanipun, awit saking taberinipun pulisi ing Surakarta benggoling kecu sapunika sampun kacepeng wonten ing dhusun Swatu Dhistrik Kuwu tanah Grobogan, naminipun Ranayuda, punika sampun angaken, manawi sampun kalempa- kan kaliyan kancanipun ngantos kaping tiga wonten ing dhusun Swatu, sami rembagan wonten ing ngriku bab anggenipun badhe ngecu dhateng dhusun Janglot, sareng sampun kalempakan kaping tiga, lajeng kalampahan para kecu anamtokaken dinten tuwin wancinipun anggening badhe lumampah ngecu dhateng dhusun Janglot wau. Ingkang nguni kasampun kayektosan bab kandhanipun tiyang, menawi ing tanah bawhah Garobogan wonten panggenan kalempakanipun titi- yang awon, wondening kecu ingkang kenging kasanjata dening Opsinderipun tuwan Setralendhorep wonten ing Janglot awasta Surakarta, ingkang wau dados bekel ing dhusun Teges bawah Grobo- gan, pun Surakarta wau kala rumiyin sampun nate anyolong maesa, kalampahan kapatrapan paukuman bucal, sareng sampun mantuk saking bucalan, pun Surakarta lajeng adamel reresah ing dhusun, mila pangajeng-ngajengipun para tiyang, pun Surakarta wau sageda tumunten kakapokaken ing pandamelipun kadurjanan, ananging dereng wonten pawartosipun bab kacepengipun Surakarta wau, anjawi saking kandhaning titiyang, manawi pun Surakarta kala kataton wonten ing Janglot lajeng kabekta ing kancanipun dhateng ing dhusun Swatu, sareng dumugi ing dhusun Swatu, pun Surakarta kapupu dhateng bekel ing dhusun Sambilegi bawah Grobogan, lampahipun katumpakak- en kapal abrit nem, saking ing dhusun Sambilegi pun Surakarta lajeng kaantukaken dhateng griyanipun ing dhusun Nganjo inggih ugi bawah Grobogan, sarehning pulisi sampun pikantuk katerangan ing bab punika wau, pangintenipun amesthi boten ngantos lami pun Surakarta badhe kacepeng. ======Pawartos ingkang kasebut ing serat pakabaran anama Salompret Malayu, pratelanipun kados ing ngadhap punika: Kala ing dinten Akad ingkang sampun kalampahan ing Kudus para tiyang sami uyeg, awit wonten tiyang ingkang amartosaken, bilih benjing ing tanggal kaping 3 utawi 4 wulan Juli, 1867, badhe wonten lindhu malih, ingkang langkung sanget kados ingkang sampun kalampahan kala ing wulan Juni kaping 10 ingkang sampun kapeng- ker, malah kawartosaken pitung jam dangunipun, kalampahan para tiyang ingkang pitados dhateng pakabaran wau, sareng ing malem Kamis sami ajrih wonten salebeting griya, kadosanipun ing kala samanten titiyang sami uyeg, wonten ingknag nyalametaken saha wonten ingkang sami dhikiran, supados minongka apa kulaking kasangsaran ingkang badhe andhatengi, wekasanipun boten wonten punapa-punapa, sarta para tiyang lajeng sumerep manawi dipun apusi dhateng titiyang ingkang sami angabaraken bab wontenipun lindhu wau, wasana para titiyang ing nagari Kudus sami tentrem malih kados ing waunipun, dene para tiyang ingkang angabaaken bab wontenipun lindhu, sami kacepengan sadaya, saha lajeng kalebetak- en ing kunjaran. ======Lindhu kadamelan pamanggih enggal. Manawi tiyang ing Kudus saged adamel lindhu, amesthi inggih badhe

anglampahi adamel, supados sampun ngantos katawis anggenipun badhe adamel bodho dhateng tiyang. Kaleresan kala samanten tiyang dereng pikantuk pawartos, manawi sapunika wonten tiyang ingknag manggih akale enggal saged damel lindhu tiron, akalan punika sampun thukul ing manahipun tiyang ingkang awon, mila boten wonten awonipun bilih kasumerepan dha- teng para mitra, supados sami sageda angreksa badanipun piyambak- piyambak, sampun ngantos katiwasan. Wonten mitra satunggil kintun serat, asuka pawartos, manawi piyambakipun katamuwan tiyang saking Ngayogyakarta, wonten tiyang kampung kauman ing Ngayogyakarta angandhakaken, bilih salebeting benteng kasultanan ing Ngayogyakarta sasampunipun wonten lindhu kala tanggal kaping10 wulan Juni ingkang sampun kapengker, punika wonten pandung ingkang sakalangkung juligipun, awit pandung punika sareng badhe lumebet ing griya adamel babahan kakalih, wonten panggenan kaprenah celak amben ingkang katileman ingkang gadhah griya. Sareng babahanipun sampun rampung, pandung anyepeng amben saking jawi, sarta lajeng kaoyag-oyag kados wonten lindhu, sareng maka- ten ingkang gadhah griya lajeng medal saking griya, lampahipun enggal-enggalan, sarta alok-alok wonten lindhu, malah wedalipun ingkang gadhah griya wau ngantos anjegluk sakaning emper, amargi ajrih manawi griyanipun rebah. Sareng ingkang gadhah griya sampun medal saking griya, pandung lajeng lumebet ing griya, saha amendheti barang-barang ingknag sami wonten salebeting griya, sasampunipun lajeng kesah. ======Ambek Kaprawiran ingkang meh tanpa tandhing. Ing Serat Arjunasasra, manawi boten lepat anyariyosaken piwu- langipun patih Suwondageni dhateng para punggawa, saking bab tatapa ingkang utami, punika boten wonten ingkang aanyimaki kadi tapaning kaprawiran, rehning kula dereng dhamang utawi dereng pados genah, menggah lalampahan ingkang kenging kaewokaken dha- teng kaprawiran, mila kula kadreng amratelaken saking bab - betanipun swijining bongsa luhur ing ngalam kina, salebeting tanah Eropah, kala samanten wonten ppriyagung sajuga, anama A.B. wau priyagung rehning dados babanthenging praja, mila asring- asring kinen benjeling rana, saha sampun kenging kapesthekaken, yen badhe unggul ing juritipun, saha kapesthekaken yen mengsah badhe katawan deningg priyagung wau, dene para ingkang sami teluk punika lajeng kinen anyugatani saha amulasara ingknag prayogi, ingkang darbe lenggah inggil utawi tedhak turuning luhur, dipun anggep utawi dipun aken mitra temen, mila sakalangkung para mengsahipun ingknag kapotangan kasaenan, lan sanget ing asihipun dhateng priyagung ingkang nama A.B. wau, prasasat boten saged amangsuli ing kautamensaha ing tatepangan ingkang tanpa tandhing. Wasana nagarinipun priyagung wau, kadhatengan mengsah ingkang satuhu awrat ing ssanggenipun, priyagung A.B. tan genti sakedhik- kedhika menggah kasudiranipun nunten magut ing prang, ananging ing sapisan punika kengser ing juritipun dados amurugaken suka bingahipun ing mengsah, rehning nembe sapunika ungguling jurit, wah saling wonten ingkang asru ing gethingipun dhateng priyagung A.B. wau,, mila inggal angersakaken ngrembag saking bab ing paukuman ingkang badhe kapatrapaken dhateng priyagung wau, kadadosanipun pinancasan yen priyagung wau kedah kaukum kisas,

sarana kalebetaken ing luwang, nunten kaurukan, saingga kados ing sedanipun, rehning para mengsah sampun angrojongi, sanadyan mawi nilar ubaya, rehning priyagung A.B. salamenipun boten maka- ten tepangipun dhateng mengsah, dados sadaya sami andherek. Priyagung A.B. sareng kaaturan serep menggah ing karampunganipun para mengsah, lajeng mesem saha gumujeng ing batos sabab para mengsah kaupamekaken seweng bab ing watek-watek prawiran, nunten amangsuli makaten, Ya becik ingsun kawales pati, yen pancen wis dadi karepmu, ya dak lakoni, nanging ingsun jaluk sumene, 9 dina bae, dene sajroning 3 dina, ingsun ayun angrakit pakaryaning sun dhewe, 3 dina ingsun arep kakumpulna ro putra garwaningsun, dene sajroning 3 dinane maneh, ingsun ayun muji lan sumiwi saha ra- raketan ing ngarsaning gusti, dene ingkang ingsun karya gegadhen ya iku tembung ingsun ingknag suci, atae tedhak rembesing utama. para mengsah lajeng asurak agiyak-giyak kawastanan yen badhe samudana kemawon batosipun ajri ing pati, ananging salong ingkang wiwicalan ambekipun utami, lajeng amrayogeni, rehning sampun dhamang yen priyagung A.B. ingksng katawan wau, boten badhe ambesemaken songsong, manawi sampun wonten kasagahanipun, sanan terang yen boten badhe mlesed ing ubayanipun, dangu-dangu para mengsah anuruti, lajeng priyagung wau kinen mundur, sarwi dipun isin-isin yen badhe boten wangsul ing panggenaning mengsah. Sareng priyagung rawuh ing wismanipun, lajeng kapethukaken dha- teng garwanipun sarwi amondhong putranipun kakung satunggal yuswa nembe 3 taun, ingkang garwa sanget anggenipun mangun oneng, rarangkulan sasad tan kenging gindhal. Priyagung lajeng awewerti dhateng ingkang garwa, mula nyukani pun saged wangsul, ingkang gerwa sangsaya sanget ing pengrempa- nipun, kasuprih sampun ngantos wangsul malih dhateng para meng- sah, dherek tatanipun tiyang ngayuda brata, lan sanget angres sambatipun, priyagung ugi tan kenging kaampah, saha angandika makaten: sanadyan babasa iku , ingsun selehake ing panggonaning mungsuh, ya ewis kaudane nideni dening kang murub ing ngalam, mulane ingsun ora wajib agempalaken ubaya, lan ingsun kudu bali ing panggonaning mungsuh. Ingkang gerwa lajeng asru anggenipun gagendholing, inggih meksa boten kagega, sareng sampun tumapak ing ya, dintenipun, ingkang garwa amerepeki, sarwi ambopong putra kakung, saha muwus makaten: gendholan kulup wong ngatuwamu, aja kongsi tedhak wangsul ing panggonaning mungsuh, rehne karsane anglengkara banget ingsun bakal kinarya rondha, kowe bakal lola ngger, sadaya ingkang sami amirengaken babasan makaten lajeng sami anjerit saking angresipun ing galih, priyagung tansh kenceng anggenipun ngugemi ing babasan ingkang sampun ginantosaken dhateng ing mengsah, lajeng pethal saking pengrangkuling gerwa saha pamuleting sunu, nulya atindak dhateng panggenaning mengsahipun, ingkang garwa lajeng gadhah tan emut. Duk samanten para mengsah sampun sami angentosi praptaning priya- gung wau, salong wonten ingkang mestani mongsa dhatenga, sarwi amimirang dhateng kancanipun ingkang sami amrayoseni wangsulani- pun priyagung wau. Para mengsah sami ambeka slompret saha tambur suling sapanunggil- anipun pirantos musik, ingkang badhe kangge kasukan yen priyagung A.B. sampun pejah, musik wau inggih tansah mungel saha purugipun dhateng ing panggenan luwang, ingkang badhe kangge amejahi dha-

teng priyagung A.B. Sareng pinuju suka-suka, agiyak-giyak saha mimirang, rehning prayagung mlesed ing janji, kasaru rawuhipun priyagung wau, saha anguwuh-uwuh makaten: mendhega menenga, aja sira angunekake musik, sabab prajurit luhung rawuh karsa anebusi pocapane, sarneg para mengsah mulat dhateng priyagung, sanalika lajeng acum guway- anipun saha samya giris lan kingkin ing galih, dene wonten lalam- pahan ingkang anglangkungi prawira makaten, lajeng para mengsah kraos kawirangan saha kasoran ing kautamen, nulya sami angringak- en dhateng priyagung, lan samya kurmat, boten wonten satunggal ingkang purun wiraos saking ajrihipun, lajeng samya atut andhere- kaken dhateng panggenaning luwang, sareng sampun dumugi ing panggenan, priyagung nunten amariksani, cethek-lebeting luwang, cekap botenipun, para mengsah sangsaya gumun melih, malah kapara cuwa, dene sampun kalajeng anggenipun badhe amejahi dhateng bongsa luhur A.B. wau, sareng kawatawis sampun cekap, nunten priyagung anjlok dhateng luwang, sarwi adhedhawah, andikakaken ngurugi, saengga sasedanipun, para mengsah ingggih andherek punapa sak dhawahipun, nanging boten wonten satunggal ingkang wicantenan, sarta sami kumembeng waspanipun, nembe sapisan punika para mengsah, angrentahaken eluh awit saking kautamening satru. Lah punika ingkang kula aturaken dhateng para mitra ingkang sami maos serat Jurumartani, lalabetanipun priyagung wau ingkang nama A.B, punapa boten kenging kaewokaken dhateng wawateking kapraw- iran ingkang tanpa tandhing, saha punapa boten kenging kairibak- en kadi wateking prabu Yudhisthira, lila ing dunya legewa ing pati. Ngayogyakarta, kaping 30 Juli C.F.P. ======1. Manisingangkang. Beter ongka siji Depandherpin angsaring sarira, ngencengen otot kulite, kuwat ing karon lulut, ingkang wajib akarya jampi, yen sampun yuswa kathah, onom dereng mungguh, panasing hawa: kalintang, kengingipun yen sanget lesuning dhiri, angunjuk sawatara. 2. Ongka kalih dera manengrani, maken beter dene kang kinarya, tanah anglen empon-empon, anggi-anggi kang langkung mupangati deres ing Sarip, turas kalising gerah, kejulinukerut, sanadyan angunjuk kathah, tanmuronide yen ngunjuk kang prayogi, manawi dungkap dhahar. 3. Ongka tiga beter panengran ora nyajuk-ajukan para, pangeran ing Nederlan yen, lenggah sositit nuju, lan prahagung ing Sea- pati, langkung nikmat ring abadan, anulak grah sagung, krekes- krekes mrinding panas, yantimirut karut katamaning anjampi, ngunjuk srap ing surya. 4. Ongka sakawan bomrangan sepri, tes beter kang kinarya piliyan, yodo-yodan kang pakoleh, wedalan ngrus cinandu, den campuri oyod matari, lan suluring candra maha gung sawabipun, kinarya andon asmara, tan reka sawinan tuwa ing jinemrik, tambah karya se- mangtyas. 5. Ongka gangsal bune kambetering, dhedhangkelan isi kang kina- rya, myang klikaning wit kang angya, ing Paris nokilipun, prayo- gane ngunjuk ing latri, angejurken mangkelang, kalis gerah balung, cethik ngicalaken marang, sakeh amajro badan krumsa ing kulit, sirna kari waluya.

6. Ongka nenem iya den arani, depo mranse beter kang kinarya, yod-doyodan samodrane, lan wong ing jurang tejung, myang jro wona damelan pruwis, nyegegken badan lesah, lan sarira lesu, karya eca lamun dhahar, wolung persi kang karem beter puniki, tan kena katowongan. 7. Sapta Grun Beter lentik ta wilis, depupusinge ron kang kina- rya, lan epoling wit campure, karya tranging pangrungu, amad- hangken tingal sayekti, angendhaken kuwaya, adresken ring wadu, kang rongga sendhet papethak, ngencengaken kang kendho karya rapeting, otot balung kang renggang. 8. Astha Sitrun Beter kang kinardi, srenging jeruk ing Dhitslan winoran, szri-sari sapantese, sarwi ni prawiranung, samya karem angsaring jampi enthengan ring pakaryan, kalis panas ngukut, sanadyan panastis ilang, karya logro mring cekoh swarane bening angendhakaken riyak, 9. Songa rumatis Beter kinardi, isining wowohan winor lawan, balendok wit kang pinileh, pinahat gya cinampur, balendoking sela kinardi, angejuraken dhugal, ngalisken grah wudun, gudhigen turuk bon ilang, kukul dheyot borok buras sami kalis, nora nana tumama. 10. Sadasa Cinas Beter kinardi, jejer mligi oyoding baskara, anggi-anggi campurane, empon-empon kang patut, yodo-yodan lan kulit-kulit, pupus isi wowohan, balung kuwat budhal, kidang tutul tanah jepan, ingkang kawaklan otot mina jeladri, sung sum peksi tawang. Kang wus pinilih cinandum sami, lan pinahat rinatus ing dupa, prinasudi semadine, ing Taiping kang gadhuh tanpa timmbang kik- mating jampi, amanjangaken yuswa, rongga tan tumanduk, ngencengk- en otot sadaya, sak sarandu ing abdan nganomken kulit, singgat tan keneng tuwa. Weweg kiyat sarira kumrisik, trang pamyarsa, padhanging paningal, anyakecakaken sare, anguwatken lumaku, sarta jenak kalamun ling- gih, wus nora karasa, sayah lungkrah lesu, wus purna mung bagas waras, ring sanggama den buta prawan sadhusin, salatri saya kuwat. Sakyeh Beter kang kawuryan iki, wus tinengran ing sajuga-juga, mring sarira pikantuke, yogya nuli aminum, ing sadhengah dipun karsani, sampun awancak driya, kaul kang satuhu, yakin kanggo para tuwan, lan prahanung: Dyamba kang kedyarsa nganggit, mantri ing Gedhongkiwa, "i". ======Culikan kaping 18 Juli 1867 Mugi saudara macaka ing Srat Jurumartani, sumerep panutup kaca Kula sampun ningali srat Jurumartani, ongka 24 ingkang katandhan Suryamandura katranganipun kados ing ngandhap punika: Ing mangke Raden Ngabei Danu Krama, kinulawisudha dados abdi dalem lurah bedhaya, ing Purwaretna, kaparingan tedhan dalem nema, Raden Lurah mangunatmaja, punika pamuji kula sokoring ngallah, mugi lestantuna sak pengginggilipun, sampun wonten kawis-kawis, sarta dinugena sak kajengipun Raden Lurah wau, jinurunga dewa kang linuwih, O sareng kula ningali srat Jurumas- tani ongka 28 raden lurah wau kula purih mangsuli sratipun Mas Mangku Semedi, ing Ngayogya ing mangke wonten Betawi kula su- mongga raden lurah. Kula ingkang suka tondha pansiyun, Danuwijaya.

======Loterei kareta Amerikah, kaliyan kapalipun kalih rakit ingkang sarakit mawi pakeyanipun. Kauntungane loterei wau kapratelakaken ing ngandhap punika: Kauntungan ingkang kapisan warni kareta wau sakapalipun sarakit wah pakeyanipun. Kauntungan ingkang kaping kalih warni kapal sarakit. Cacahing lot 150 iji, ing dalem salotipun pengaos sadasa rupi- yah, wondene pamainipun mawi dhadhu titiga kabucal kaping tiga, sinten ingkang pikantuk ongka kathah piyambak badhe angsal kauntungan ingkang kapisan dene ingkang angsal ongka sakedhik piyambak punika wajib anggadhahi kauntungan kaping kalih. Ing sak derengipun loterei punika kamain yatra pangaosing lot sampun kedah kabayar rumiyin Dinten pamaining loterei badhe katamtokaken ing tembe. Katandhan Tuwan Jaspres enko

Ongka 32, 08 Agustus 1867

Pawartos warni-warni Awon pikantuk kabegjan. Tiyang ingkang suka tondha asta: Na, wonten ing serat pakabaran anama: Salompret Malayu ongka, 28, anyariyosaken kados ing ngad- hap punika: Wonten tiyang anama Pe, ing dhusun S, wanci dalu pukul satengah sawelas kaleres petengan, punika amandung lumebet ing griyanipun tiyang, menggah lebetipun ing griya pandung wau medal ing payoning griya, ambikak gendheng, lajeng mudhun dhateng loteng. Kala samanten ingkang gadhah griya panuju suwengan boten wonten- ing griya, amung semahipun kemawon ingkang wonten ing griya. Semah punika ing saben dalu katilar wonten ing griya piyambak dening lakinipun, awit ingkang jaler wau daben dalu kesah melan- cong dhateng ing pundi-pundi, andadosaken sakiting manahipun ingkang estri, kalampahan ingkang estri dados kera awit saking boten patosa doyan anedha utawi tilem, wekasan saderengipun pandung dumugi ing loteng tiyang estri ewau gadhah cipta badhe anggantung badanipun piyambak, inggih lajeng kalampahan ing sanalika. Wondening pandung ingkang mudhun dhateng loteng wau salajengipun badhe mudhun malih saking loteng dhateng salebeting griya, kaleres kamaripun tiyang estri ingkang anggantung badanipun piyambak ingkang dipun lebeti, sareh pandung angidak balandaring griya, aningali maujud sumampir ingkang kakinten sinjang, lajeng badhe kapendhet. Sareng maujud ingkang sumampir wau katarik ing pandung boten kenging saha sakalangkung singsetipun, lajeng kakekrek ing gaga- man, kadadosanipun maujud punika dhawah wonten salebeting kamar, ,menggah maujud wau sayektosipun bengkung ingkang kadamel anggan- tung tiyang estri kados ingkang sampun kacariyosaken, amesthi kemawon dhawah ing bengkung gumabrug, andadosaken ajrihing pan- dung, ingkang sanalika pandung minggah dhateng payon malih, lajeng kesah mantuk dhateng griyanipun. Boten antawis dangu lakinipun tiyang estri wau dhateng , lajeng lumebet ing kamaripun ingkang estri, sarehning ing kamar punika peteng, ingkang jaler amendhet dilah, kadadosanipun ingkang jaler aningali bojonipun angathang-athang wonten ing jrambah, saha meh anandhang pejah, sareng makaten ingkang estri anyariyosaken punapa ingkang sampun kalampahan, ananging boten sumerep sinten ingkang sampun angekrek bengkung kadamel agantung badanipun wau, ingkang punika sampun dados karsaning gusti allah, bilih tiyang estri sampun ngantos kalampahan pejah awit saking pikantuk pitu- lungan. Sareng enjingipun pandung dhateng griyanipun ingkang kapandungan, saha anyariyosi dhateng ingkang gadhah griya ing sayektosipun punapa ingkang sampun kalampahan, kadadosanipun ingknag gadhah griya lajeng anyukani punapa ingkang dados kikiranganipun pandung awit saking gadhah griya pambekanipun sae saha sugih, kuciwani- pun purun anganiaya dhateng bojo awit saking saben dalu katilar wonten ing griya piyambak, ananging wiwit kala samanten ingkang gadhah griya lajeng boten kekesahan dalu malih. ======Kawruh tuwin pigunan

Minongka tondha rikatipun tiyang damelaken, punika kacariyosaken wonten ing serat pakabaran saking tanah Dhitslan, pratelanipun kados ing ngadhap punika: Wonten tuwan satunggil atotohan, manawi wuluning menda ingkang kakerok wanci enjing pukul gangsal, wanci sonten pukul sanga sampun saged dados jasken satunggil, pukul sakawan sonten wolu menda wau sampun kagarap dados laken, saha lajeng kasukakaken dhateng greji supados kadamela jas satunggil, sareng pukul nem sonten langkung kalihdasa menut, jas sampun kaangge dhateng tuwan ingkang tohtohan wau, wasana mendanipun lajeng kapragad saha kaolah, ulamipun kasukakaken dhateng titiyang ingkang sami anyam- but damel, lajeng sami katedha, dados ing dalem 13 jam langkung, 20 menut sakathahing prakawis bab pandameling jas satunggil sampun rampung sadaya. ======Minongka tondha kasugiyanipun kapal wanan tanah Amerika(h) kidul, kacariyos manawi wonten tuwan satunggil atumbas kapal wanan dhateng tiyang ingkang gadhah pasiten wonten tanah ing ngriku, mawi serat prajangjeyan bab anggenipun badhe anglebeti kapal wanan kathahipun kalih leksa, karenggenan kirang langkung saking kawandasa sen ing dalem satunggil tunggiling kapal, menggah wragadipun anyambeleh kapal satunggil kaliyan pambektanipun amung tigang dasa sen, dene ingkang kapendhet amung wacucal tuwin taracakipun kemawon, dados wacucal satunggil kenging kaetang regi 60 sen, salajengipun wacucal punika sasampunipun garing kakintu- naken dhateng nagari walandi, wonten ing ngriku kaade wacucal satunggil pajeng kirang langkung saking gangsal tengah rupiyah. ======Wonten titiyang Japan amung sawatawis kareh dening Walandi anama tuwan Semit sapunika sami dhateng ing Samarang, titiyang wau sami saged adamel solah kagunan awarni-warni, sarta sampun kaping kalih angenipun angatingalaken solah kagunanipun wonten ing Samarang, sakalangkung adamel pangeram-eraming ngakathah, salami- nipun dereng wonten titimbanganipun bab solah kagunan ingknag kados makaten wau, mila ing mangke kedah badhe kapratelakaken menggah solahipun kagunan saatawis kados ing ngandhap punika: Ingkang sapisan, iburing kupu. Tiyang Japan satunggil anyuwek kertas sacuwil kadhapur kupu kakalih, sareng kertas sampun adha- pur kupu, lajeng kaebahaken kalayan kepet sakalangkung rikat lampahipun, dene iburing kupu kakalih boten amung katingal mencar kemawon, inggih ugi katingal kados gesang, kajejer wonten sale- beting tarub, titiyang ingkang aningali mesthi sami badhe amasta- ni kupu gesang sayektos. Ingkang kaping kalih, tiyang Japan ingkang damel kupu wau amendh- et keras malih, sarta lajeng kasuwek-suwek ngantos dados sawa- lang-walang, sareng makaten kertas punika kabucal lajeng dados pinten-pinten elo panjangipun, Ingkang kaping tiga, pita wau sareng kabucal, lajeng dados songsong damelan Japan satunggil. Ingkang kaping sakawan, tiyang Japan satunggil sanesipun amendhet deling ageng satunggil panjangipun tigangdasa kaki, deling punika kaadegaken ing pundhakipun boten mawi kacepengan amung kasanggi ing pundhak kemawon boten saged rebah, sasampunipun kasangi deling wau kaadegakening siti, sarta lajeng kapenak dhateng tiyang Japan punika ngantos dumugi ing nginggil, wonten ng ngriku tiyang Japan wau adamel solah kagunan ingkang sakalangkung

anggenipun angeram-eramaken, ngantos titiyang boten saged anyariyosaken solahipun kagunan wau sadaya. Ingkang kaping gangsal, tiyang Japan sawatawis sami mendhet uwos sakarung wawrat 137, pon, uwos sakarung punikka kadamel uncul-unculan kados barang alit sanget. Ingkang kaping nem, tiyang Japan satunggil malumah, sukunipun kakalih kajengataken, lajeng kadekekan ondha panjangipun kalih dasa kaki, boten mawi kacepengan ondha ngadeg leres boten saged dhawah, nunten rare Japan satunggil amenek ing ondha punika, inggahipun dhateng untuning ondha medal lumebet wonten saselaning untu ondha kados lampahing ulam sidhat, sarng dumugi ing nging- gil, rare lajeng adamel solah kagunan warni-warni, andadosaken girisipun ingkang sami aningali, sabab solah kagunan makaten punika ingkang saestu amengamengan nyawa. Ingkang kaping pitu, angubengaken gasingan punika sakalangkung rikatipun ngantos adamel pangeram-eram, ingkang ngubengaken gasingan punika anguncalaken gasinganipun manginggil, dhawahipun katampen ing deling, kalampahaken alangkung ing gegeripun, katu- rutaken tangsul sapanunggilanipun tansah taksih amuwer kemawon. Wassana wonten tiyang Japan estri taksih nem sakalangkung ayuni- pun, punika adamel solah kagunan wonten sanginggiling tangsul ingkang kendho ing pangencangipun, saking pawartosipun, wonten titiyang cina ing Batawi, punika sampun wening arta kalih leksa rupiyah, badhe kasukakakaen dhateng tiyang estri Japan wau, manawi piyambakipun purun kapendhet bojo, ananging tiyang estri punika boten purun. Ing mangke pangajeng-ajengipun ing ngakathah, menggah para tiyang Japan ingkang saged damel solah kagunan makaten wau, mugi samiya saged dhateng ing surakarta awit saking karsa tuwin pitulungipun para bongsa luhung ing Surakarta. ======Bab pamerdi tuwin pamulanging lare Ing ngajeng kula sampun anglairaken pamanggih kula bab pamulang- ing lare jawi ing tanah kula jawi ngriki, ing sapunika kula badhe mratelakaken menggah ing pamerdinipun lare wau. Saking pamatawis kula boten susah katerangaken malih, bilih saantawisipun tembung pamulang tuwin pamerdi kathah bedanipun. Sanadyana para lare sampun pikantuk kasagedan ing ngatasing kawruh kadosa punapa, inggih ugi dereng anyerkapi yen pamerdini- pun taksih kirang, cekakipun bilih para anem boten pikantuk pamuruk ing ngatasipun kautamining lalampahipun ngagesang, inggih punika pamuruking mardi, saestu sakathahipun kawruh ingkang dipun serepi, boten badhe amiyatani satemenipun. Kathah kemawon tiyang sepuh ingkang boten darbeni pikir patitis menggah ing pangulaenthah ing anak, ugeripun sampun kalebetaken dhateng pamulangan salajengipun boten patos sagumatos dhateng kasudibyaning lare ing ngatasing panitisastra: \ing samangke pratelan kula punika badhe kula terangaken aklawan lalepiyan ingkang sampun asring kula alami tuwin raosaken. Kadosta para putranipun bongsa luhur, punika alit mila sampun kinurmatan dening abadinipun utawi tiyang alit sanesipun ingknag sampun sumerep dhateng kaluhuranipun, kadadosanipun para putra wau, wiwit anggadhahi manah gungan, tuwin boten kenging kapancenan ing sasanesipun dalasan guru inggih sumelang anglertesaken lepatipun, awit bokmanawi muridipun wau kawedala ujaripun ingkang gangsul.

INg wusana manawi para putra wau boten mindhak ing kasagedanipun mongka sampun kawulang sawatawis taun laminipun, tiyang sepuh lajeng angresula saha anglepataken dhateng guru, kawastananan kirang gumatosipun, dene ing satemenipun ingkang gadhah kalepatan inggih punika tiyang sepuh. Suprandene ingkang sami maos serat kula punika saestu sumeja anjawab bilih pakurmatan ingknag kula aturaken wau sampun kalebet ing ngadat tur sampun kapasthekaken, akurmata dhateng sintena ingkang wajin pikantuk pakurmatan. Samanten wau kula inggih dherek, ananging para putra punika boten inggih kasupriana nilar kauluranipun bilih wonten ing pamulangan. Sabab ing pamulangan amung guru piyambak ingkang gadhah kuwasa, amung guru ingkang kedah kagega, katiru. Kacariyos kanjeng ratu ing nagari Cina manawi pinuju alangkung ing gedhong pamulanganing putranipun tuwin aningali guru saweg mulang dhateng ing putra, punika lajeng ambikak topinipun sumneja angurmati dhateng guru, dados sampun tarsondha yen sang aji anggalih kangelaning padame- laning guru, mila kaurmatan saha kaparingan wawenang anggurudadi bilih wonten gedhong pamulangan. Kadadosanipuyn ingggih saka- langkung dening prayogi, murid saged angajeni dhateng guru, wangsul guru sumerep terang ing pangagenepipun dhateng siswa, ing tanah jawi ngriki taksih cotho sanget, menggah ing pranatan- ing pamredinipun lare. Ingkang sampunkalampahan lare wau kale- beaken ing pamulangan utawi kawulangan wonten ing griya. Dene tiyang sepuh ing salajengipun mungkur gangsir, amung guru ingkang dipun pasrahi benjaning anak ing ngatasipun kasagedan tatakrama sapanunggilanipun, ing sapunika kula badhe pitaken dhateng para tiyang sepuh, punapa inggih nalar makaten wau, dados margi ingkang amurugaken dhateng kabegjaning anak. Samarang 20 Juli 1867. Katandhan Ba. ======Adil Atasing Piwulang Dhateng Sunu Para nata utawi bongsa luhur ing tanah Eropah, punika ingkang liimrah karsa anggurokaken para putra kakung timur dhateng waudya ingkang putusing kawruh, saha turuning ageng, amurih alus menggah ing solah pratingkahipun. Kacariyos ing negari geng Englan, ingkang jumeneng nata anenggih prabu Esthi, jujuluk Piktoriya, dene ingkang raka, anama Prines Albret jujuluk ERtopan Koburehgota, priyagung sudibyeng rat ambek palamarta dhasar bagus wenenipun: kala samanten ingkang putra jeng Pangeran Dipati anama Prines panwales, nembe yuswa 6 utawi 7 taun, taksih kaperdi dening abdi dalem wanudya linuwih, sarehning jeng pangeran dipati kinasiyan ing ibu rama, dhasar bagus ing sakamukawisipun tur landheping pangrestosipun, dados inggal sumerep, yen ing tembe badhe angratoni negari tiga, Englan, Slotlan saha Irlan: jeng pangeran dipati wau, pinuju kaperdi dening gurudyah, nanging semunipun tan karsa kawuruk, karehning dyah guru kauwajiban anjiyat ing sawatawis mila semu sereng anggenipun angaturi kapurih ngaos, nanging jeng pangeran dipati meksa tan karsa tindak: sareng kapara nesek ing pangetakipun guru wanudya, lajeng ptura nungbat jumeneng sarwi menthengkelek angan- dika kathah-kathah, saha angandika makaten, sampeyan boten kuwaj- iban anjiyat dhateng lare ingkang badhe angratoni negari 3 Englan Slotlan saha Irlan, dyah guru lajeng karaos kasoran. Kala

samanten jeng pangeran Elbret ingkang rama jeng pangeran dipati, pinuju wonten ing pakantoranipun celak ing panggenan pawulangan ing kadhaton sareng jeng pangeran Albret amirengaken gora sabda, lajeng tedhak dhateng kamar pawulangan, saha dangu punapa ing- kang dados nalar, dyah guru nunten matur wotsekar, yen gusti pangeran dipati tan karsa winuruk dhawahipun makaten sampeyann boten kawajiban anjiyat dhateng lare ingkang badhe angratoni negari, 3 Englan Slotlan saha Irlan. Jeng Pangeran Albret sareng miyarsa satatembungan makaten, asta tengen lajeng ngroggoh sak agemipun tsukan saha mundhut jiwaran pasagi alit ingkang pancen kacangking, nunten amrepegi ingkang puta jeng pangeran dipati, saha lajeng kacandhak dipun palasa ing ga sanget sarwi ngandika makaten. Isi tangeh gonira bakal ngratoni negara 3, sadurunge sira iku isih ana ing ngastaningsun lan durung anduweni panguwasa sathi- thik-thithika. Lajenbg andikakaken jagong ing krosi, wontwn ing pojok kamar, tuwin dipun dhawuhi makaten: sira boya ingsun lilani ngadeg saka krosi iku, yen durung ana panuwunira maklum saha lilane dyah gurunira. Lalampahan makaten wau, sampun kapasthekaken yen anuntun dhateng kawruh, saha agamapilaken pakaryaning guru. Ngayogyakarta kaping 2 Agustus 1867 Katandhan C.F.P. ======Klayan Urmat, kaatur panjenenganipun tuwan ingkang mangarang srat jurumartani, nagari Kedhiri wonten, 1 tyang nganeh wonten dhusun Sumber Band- hung, dhistrik Warujayeng kabuapten Berbek, wonten, 1 tyang ngaken nami mas Agus Jakamurtala, aliyas Panembahan Sunu, Sunan Waliyollah, Iman Sampurna, Bancerollah Pangeran Tumpak Dholo Kiyai AGeng Pendhapa Ardingliman, Raden Gimbal ngaken dhemit Lodhaya, ngreh sakathahing Sima, Dados tiyang dhusun ngriku kathah meguru pyambake, sarta yen wonten tiyang sarang nganak pyambake sagah damelaken anak, wah utyang teksih umur, 20 taun, ing manke sampun kacepeng dhateng pulisi, margi kadakwa bebodho tyang, Kedhiri ping 20 Juli 67 kawula Klanthungbekus. Tambahan. Ing kina-kina ugi sampun wonten ananging kados dereng kapacak ing jurumartani, yen ing dhistrik Klodhoya afdeeling Blitar, sima kang sima tulung lampahing pulisi, kadi ing ngandhap punika. Ngajenging distrik ngriku wonten 1 jimat bendhe nami Kyai Pradhah kasangggar ing ngriku saha ringgit krucil warni menakjingga, dados pupundhening tiyang ngriku sadaya, yen wonten tyang gadhah barang kang kathah reginipun sakinten kuwatos ing dursila lajeng kasanggar ing ngriku, 40 dinten lamining, lajeng lujengan wonten ing sanggar ngriku, tembungipun mekaten nuwun, Kyai Pradhah abdi sampeyan pri konca sima, mugi sampeyan dhawahi, supados rumeksaha dhateng barang kula ing slamenipun barang punika, pawartosipun sampun wonten kang klampahan kapandungi ing dursila santri kadi- dening nonto mekaten, kedah sumrap kabudayanning, barang lajeng kabekta dhateng panaraga, baranggriyanipun kaobrak-abrik sima, mila ngantos sakpriki ing Lodhaya priyantun kang nyepeng pulisi baten sangsara, margi awis dursila, kajawi tukar pabentenah kapitenah remenan liyaning pamdung barang. ======

Tuwan Ilebran suka uninga dhateng para priyantun manawi piyam- bakipun ing mangke angadegaken pasewan kreta wonten kampung Pacinan ing Surakarta