Ki Kasidi Hadiprayitno Jejer I. Ngalengkadiraja Tokoh
PAKELIRAN PADAT LAKON SASTRAJENDRA1 Disusun oleh: Ki Kasidi Hadiprayitno2 Jejer I. Ngalengkadiraja Tokoh: Prabu Sumaliraja ya Prabu Mangliawan, Jambu Mangli dan raja sewu Hong Ilaheng awignam astunamas siddham mastu mring Hyang Jagad Karana, siran tanda kawisesaning busana, sana sinawung langen wilapa, hestu maksih lestantun lampahing budaya, jinantur-tutur katula tela-tela mrih tulad labdeng paradya, winursita ngupama prameng niskara karanta tumiyeng jaman purwa, wisudha trah ingkang dinama-dama pinardi tameng lalata, mangkya tekap wasananing gupita, tanduping pralambang matumpa-tumpa, marma panggung panggeng panggunggung sang murweng kata.Hoong. Hanenggih pundi ta kang kinarya bebukaning carita ing mangke ingkang kaeka adi dasa purwa, eka marang sawiji, hadi linuwih, purwa wiwitan. Sayekti kathah titahing ngabathara ingkang sinangga ing pratiwi kasongan ing akasa, kagebeng dening muhara, kapadhangan sanghayang Surya dineksenan sanghyang Candra, nanging kathah ingkang sami anggana raras, lamun kaupaya nadyan sewu mboya jangkep sedasa, satus datan saged angaturaken kalih, hadi-hadining garba gupita mboya kadi negari Ngalengkadiraja. Mila kinarya bukaning carita hawit sinebat panjang punjung pasir wukir gemah ripah kerta lan raharja. Basa panjang marang dawa punjung dhuwur, pranyata negari Ngalengka dawa pocapane luhur kawibawane dhasar jero tancebe. Pasir samodra wukir harga, pranyata tata rengganing negari kinapit ing samodralaya kinupeng ing harga ageng ngananaken pasabinan ngeringaken pategalan hangajengaken bandaran ingkang langkung.
[Show full text]