Ongka 1, Kemis kaping 4 Januwari 1877

Punika Darmawasita inggih punika iwulang sae anggitanipun tiyang wasis ing jaman kina.

1. Manahipun tiyang dursila makaten limrah boten kadunungankawicaksanan, punapa dene malih kawicaksanan wau, boten manggen ing badanipun tiyang kang sampu kawrat tanpi dosa. 2. Kaadilan makaten boten saged sirna 3. Durjana makaten wekasanipun tan prayogi 4. Pejahipun tiyang utama makaten minongka pangenget-enget kang maedahi. 5. Tiyang ingkang lampah tingkahipun prayogi, punika sanadyan pejah dene wayahipun inggih maksa saged wilujeng 6. Kapinteran makaten ngatasing janma, kengin gkaibarataken yuswa panjang, dene lampah nirmala,punika kenging kawastanan yuswa panjang ingkang temen. 7. Pejahipun tiyang utama, sasat anatrapi ukum dhumateng ingakng lampah kadursilan makaten ugi, gesangipun tiyang mursid ingkang cupet, punika yayah angukum dhateng durjana ingkang landhung umuripun. 8. Pidosaning tiyang duraka,punika prasasat satrunipun pyambak 9. Pejahipun durjana punika boten anuwuhaken sungkawaning kang tinilar,lir upaminpun lampahing baita kapal ingjaladri, ugi boten atilar labet 10. makaten ugi pangeling-eling pejahipun tiyang awon, punika kengingkasanepakaken wewayangan, utawi kados panggemboringjanma, lajeng ical tan kapireng malih. 11. Punapa dene kenging ugi, kaibarataken lir ibering peksi ing ngawang-awang, boten mawi anilar labet 12. Utawi kenging kaupamekaken lampahingjemparingingkangdipun lepasaken wonteningkangkaawis, ing atrap bilih sampun lumepas amiyak awing- awang,awing-awang wau lajeng tepang malih, boten katawis marginipun jemparing. 13. Padamelan ingang awon limrah angleburaken nagari, dene lampah durcara agempalaken dhedhamparing ratu murka 14. Sawarnining purbawasesa ing ngalamdonya, ingkang away sani gusti Allah, sadangunipun kedah angggenahaken dhateng ngabyantaraning gusti. ======\======Surakarta Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 1 wulan punika jam 5 ing nagari Surakarta, sampunketingal uyeg-uyegan, kreta pinten pinten, para tiyang ingkang wontening ngalun-alun, sarta ing margi ageng, tanpa wilisan, inggihpunika awit ingkang sinuhun kanjeng susuhunan badhe tedhak pista dhateng dalem residhenan, kados adapt salaminipun kapinujon teang sonten ngantos sadalunipun mila sakalangkung kathah ingkang tiyang aningali, sakin ngalun-alun dumugi ing dalem residhenan, bibaring pista langkung saking jam tiga enjing. ======\======Sadangunipun uwit asem ing ngari Surakarta dipun rampasi, ing salebeting wulan ingakng kapengker sampun wontentiyang tiga, ingkang dhawah saking uwit asem wau, lajeng kapisanan.

Ing Surakarta samangke tiyang wade es jor-ejoran, anjalaripangaosipun mandhap dados nyadasa sen sa pun, juragan es sakingSemarang adamel wande ing kamar kretaning losemen, ing kampong Cina inggih dipun dekeki wande es, kok makaten lampahipun tiyang ngupaods kauntungan, sami rebat rinebat sarana anguman- uman. ======\======Ngayogya Kabar ingngayogya anggenipun ngetrapaken para sakitan ing padamelan paksa, boten netepi karsanin gparentah, para sakitan bilih kamanah kesel utawi isin anyambut damel katingal ingkathah, saged amocokaken dhaeng sinten-sintena ingakng purun, dene sakitanipun ayem-ayeman anggeripunwasis sami sarembag kaliyaningkang ngepanteni damel, atrap makaten wau prayogi dipun titipariksa ingkang keneng, sarta kapambengana. ======\======Kabar ing Ngayoygka badhe wonten kamar obat satunggal malih, ingkang ngadegaken tuwan Wane, Apoteker sugih ing Semarang, mendah mayaripun tiayngingkang gegriya ing bawah Ngayogya sabab limrah manawi barang prelu, kaddos jampi welandi,mongka dipun pyambaki ingkang wade, masthi bathinipun ingkang gadhah dagangan sakalangkung kathah, sabab ingkang sami numbas kajiyat dene yen ingkang gadhah dagangan wotnen ingakng nisihi, untungipun limrah ingkang numbas mayar, ingakng punika para ingkang wisma ing bawah ngayogya dipunpujekaken murih saged kalampahan tuwan Wane angadegaken kamar obat. ======\======Semarang Dereng lami wonten tiyang estri gegriya ingkampung Pring Gadhing, kengkenan anakipun estri umur 14 taun kapurih nunumbas jampi ing kampong Kranggan (Semarang) pengaos tigang dhuwit sedyanipun kadamel woworan jamu, sareng jam pitu sonten tiyang estri sarta anakipun wau tuwin anak jaler satunggal umur 7 taun sami ngyub jamu, dereng ngantos dangu sadaya samiluntak-luntak, lajeng sami ngombe toya asem, pun biyung saged mendha luntakipun, nanging anak kakalih boten tulung, malah lare estri elet tigang jam pejah, dene lare jaler enjingipun maksih dereng kenging kaajeng-ajeng sarasipun, ingkang wade jampi wau lajeng kacepeng dening polisi. ======\======Wingi sekaut anyepeng welandi militer ing baita prasman prabotipun cara mrdika, sedyanipun badhe angles malah sampun rumantos ngampil serat panumpa,ngangge nama colongan. Koran Betawi ======\\\\\\\\\\\======Asisten residhen Polosi ing Betawi, nalika tanggalkaping 17 anyepeng welandi sakit ingetanipun lajeng angrangsang dhateng asisten residhenanjalari sukunipun kasliyo. Koran Betawi Serat saking Betawiangabaraken bilih ing Anyer sesakit kolerah angsaya ngantebi, kathah pekampunganingakng kaprawasa. Koan Betawi ======\======Nalika tanggal kaping 17 wulan punika tiyangjawi anama Sairun sakit benter tis kesah saking made griyanipun ing kampong Lentheng, dumugi ing kampong Sunting malebet ing pondhokanipun para kuli saking banten, ing ngriku natoni tiyang 6 ingkang panuju tilem kang kalih anteb tatunipun, lajeng medal malih anatoni tiyagn jaler ing weradin kening pulung manahipun lajengpejah,nunten wangsul dhateng pagriyanipun ing ngriku natoni awakipun pyambak ngantos tatu 9 ingkang 7 prenah weteng, para dhokter amastai yen sairun sarta kuli kalihingkang dipun tatoni boten badhe saged saras malih. Koran Betawi ======\======kathah ingkang nyatur babkaontenaning kantor Openbareweken ing Betawi, dipunwastani kisruh botentata,sarta dipun togoraken dhateng inking jumeeng direktur Dhebrang samangke, punapa wonten ingakng mambengi, awit ingakng nyatur kawastanan pilih asih, ananging lupermen maksa angajeni dhumateng kanjeng tuwan dhebrang, sbab priyantun kang kathah lelabetanira sarta mumpuni kasagedanipun, dene ingkang kantor kagalih kisruh, punika titilaraning direkturingkang kagentosan, Koran Betawi. ======\======Telegram saking Aceh Angabaraken bilih raja Simpang Olim ing ngajeng ampun nungkul samangke miruda, mila dipun angggep kalungsur sakin gpangkatipun, ingkang saged anyepeng dipun gebang-gebang, dene tung kumudha angkasa, dipun cidra dening kengkennanipun Simpang Olim para tiyagn bumi tingalipun sami tata tentrem ======\======Cublikansaking Lokomotip angandhakaken bab amtenar kantoran. Ing ngriku anyariyosaken bab padamelanipun para mantra gudhang kopi, atrapipun anggenira numbasi kopi saking tiyang alit, bab kathahing damel langkungmalih bilih panuju dinten pekenan, bab kathahing sesertan utawi atrapipun angggenira ngebuki sadaya-daya maksa boten sged gilik kados atrapipun anampeni kopi bumi presil sapanunggilanipun ingkang dede kagunganing gupermen. Wasana gupermen sampun anglilani bilih ing mongsa Kopi para matnri gudhagn kalilan amendhet Bantu tiyangmurih amitulungi, smantenainggih maksa boten mikantuki, ngantos dipun apngi 5 sen sadhacinipun kopi, ignkang katampenanmurih amragadi konca ingkang sami tutulung, sanadyan punika inggih dereng saged sangkep, ing suraos par mantra gudhang kopi, karoncenen anggonipun anampeni kopi saking tiyang alit dangu-dangu amitunani, awit boten kasaid ing mongka preku damelipun yatra, mila ingkang sami angladosaken kopi, rehning cengcengklungen anggenipun angentos-entosi, asring amurang margi, serepipun kopi boten lumados ing gudhang gupermen, lah ing pundit dunungipun parentah ingakng asring asring dhawah sakng nginggil suraosipun sasaged-saged sarupining nalar ingkang ngawrati dhateng tiyang alit kapurih anyingkirna utawi anyirnakaken. Owels anget ingkantor direksi ing Betawi, boten karsa angajeni atraping administrai pasajan, dados asring dipun paiben lajeng amaringi wawaler pinten pinten ngantos boten saged anindakaken ingkang pancen perlu utawi amaedahi,pinten-pinten setat ingkang dipun karsakaken adamel lajeng dipun aturaken ing pengraos kirang kirangipun boten mundhut sujarahipun uwit kopi satunggal-tunggal matinipun pratelakaken bibit sakin gpundi, mindhakipun saben taun kathah kedhikipu nepang, pamedalipun wohabrit sapanunggilanipun, bok manawi yen makaten nembe saged andumugekaken ciptaning para amtenar ingakng kawogan angulat-ulataken ing salebeting kantor ageng. Nalika para mantra gudhang dipun paringi wewah tdhanipun 5 sen ing dalem sapikul kopi ingkang katampen murih amragadi kancanipun punika ing direksi binenlan sebestir, maksa andarbeni songgarugi, kagalih bokmanawa maksa taksih dipun sekathung mila lajeng akarya akal malih, para mantra gudhang kinen angebuki yatra presen wau, urut panampinin gkopi, kados ta bilih naming nampeni kopi sapun Amsterdham yarta presen ingggih kedah dipun wedalaken saking ngebukkepanggih 1/125 sen lah punika ingkang asrin gngruwedaken pangetangipun para mantra gudhang ing mongka awis ingkang memendhet dhateng etang, sanadyana putus dhteng etang, inggggih maksa anyumelangi, apesipun abingungaken panon. Menggah pranatan presen kopi ngantos dipun perang sapara satus selawe yen sen dipunbebahaken dhumateng para residhen,murih dipun titiya priksa manawi wonten senggang ing damel, lah punika kula apitaken, punapa wonten residhen ingkang anecegi pranatan perangan kang kados makaten, mangawi ingkang dipun rembag naming pedamelan kang kados makaten ing mongka sampun pinten pinten kathahing setatsetat, wasana boten maiben bilih kathah rpakawis ingkang prelu- prelu utawi anteb-anteb ngantos ketheher anggenipun ngrampungi, pijer anyaruweni ingkang ngenthang-enthang. ======\======Serat saking Surapringga angabaraken bilih nalika tanggal kaping 19 swaranin gmriyem amratandhani yen paprentahan nagari Surapringga kapasrahaken deningkanjeng tuwan Pan Sepal dhumateng tuwan Beiring, mnawi dherek punapa ingkang sampun kawiyos, nagari Surapringga kenging kapanembrama manggih lurah ageng kadi kangjeng tuwan Beiring. KORAN SURABAYA ======\======Koran Surabaya mungel mekaten tuwan Beiring kalebet kepiji dening Supermen, denepamanggih kula saleresipun, awit taberi sarta teguhipun ingakng amatoni, mila Surabaya kenging dipun wilujengi, katimbang bilih ngantos anurutana karsaning rad Pan Indi, sabab ingkang kapilih dening RadPan Indi wau gumantos ing Surabaya, tuwan Sekip Residhening Riyo. Dene tuwan Sekip kawan wulan sapriki, pamit dhaten gSindhanglaya, amargi gerah, ananging pamatawisipun tiyang, botn nalar gerah kemawon angggenipun anyelaki Sindhangya kaliyan ing Betawi. Wasana kabaripun samangke kanjeng tuwan Algemen Sokrataris Lepisongnorman, awit selehipun kanjeng tuwan residhen pan Sepal boten siyos enggal-enggal pamit dhateng nagari Welandi, sabab pengarsa=arsanipun badhe jumeneng rad pan Indi wungu malih, amargi ingkang mambengi ing ngajeng, ingggih tuwan pan Sepal, ing mongka sapunika tuwan Pan Sepal mantuk angegol- egoli, teka boten priyantun alit kemawon ingkang asring asring makaten sanadyan para luhur inggih boten beda, kanjeng tuwan Lepi sonnorman saangke saben tiyang wulan sapisan tedhak dhateng Bogor, sowankanjeng tuwan ingakng wicaksana gupernur Jendral. Koran Surabaya ======\\\\\\=-======Ingkang anjereng kawontenanipun taneman sata ing Blitar ngantos risak, punika silih nama Baratayuda, malah samangke sumanggem saged amastani satunggall- tunggal namaning tiyang kingking sagepok Koran Surabaya. ======\======Cublikan saking Lokomotip Kanjeng Tuwan Pansepal ing Surabaya Sanadyan para tiyang ing nagari Jawi sampun tuman amyarsakaken manawi wontenpriyantun ageng welandi prapta utawi jengkar, suprandene angkatipun residhen Pansepal kalebet kenging kaginem, dados awit kawontenaning paresidhenan ingkang dipun ereh, utawi ngatasing sariranipun pyambak, bokmanawi wonten ugi ingkang mastani, biloih reh-rehipun kanjeng tuwan Pansepal wonten sababipun punika kasinggiyan ananging nadyan wotnena, nalar wau kalebet anteb kenging kawradinaken. Ewasamanten dene pikajengan kula teka badhe amrinci lalampahipu residhen Pansepal sadangunipun angasta padamelan gupermen, sarta dede sedya kula badhe angalembana dhumaeng tuwan Pansepal tuwin ianimbang raos ngakas prakawis utawi tindak lampahipun ingkan sampun dipun tuhoni ing salebeting 30 taun anyuwita ing gupermen, naming sedya badhe anggelaraken bilih selehipn kajeng tuwan residhen Pansepal kenging dipun …….lengakan…nalar ageng. Tuwan Residhen Pansepal ing suraos sampun andumugekaken karsaning para ageng, sarta mundur saking ayahan badhe amulyakaken gunakayanipun pribadi, sadasadasa ngantos seleh padamelan nagari,murih sageda menthel, sarana pakaryan partikelir, kula mastani nalar makaten wau kalebet boten nyakecani, sabab anelakakenbilih gupermen sanadyan kuwasa akadi punapa, boten saged anggujengi abdinipun ingkang prayogi, damelipu murih amendhet asile, wewahmajir anyedhihaken manah, dene kawilujenganing tiyang sanegari awit saking selehipun residhen Pansepal prisasat dipun damel etoh anggen kula mratelakaken makaten wau boten kaladuken, manawi katitipriksa, ingkang sampun kaleksanan sadangunipun residhen Pansepal angasta panguwasa utawi bilih kaetang sawarnining padamelan ingkang dipun garap utawikarampungan awit saking tarekahipun. Wasana tuwa nresidhen Pansepal asring anyaruweni padamelaning karerehan, beda kaliyan sasamining residhen malahh asring angecaki pedamelan ingakng pancen kalebet tehnis ananging dipun galihya malih, yen residhen Pansepal kajibah punapa ing kawontenaning wewengkonipun, mila kapara dahwenan, punapa dene malih residhenPansepal anggenipun jumeneng lurah ing residhensi, boten kakilapan antebing tetanggelanipra kawewahan angudanei manawi ingngrika ngriki, radi wonten ingkang langkah utawi murang saking leres sanadyan atrap wau kapara kasangeten sarta boten masthi amikantuki, suprandene anggenipun nindakaken maksa kawastanan kenceng sarta prayogi, anjalari maedahi dhateng ing ngakathah, mila kenging tuwan residhen Pansepal dipun gelengaken cacahing residhen ingkang mojok ing wektu samangke, samantena boten kula damel yayah pintoning residhen sanadyan residhen Pansepal kalebet angekahi pranatan kina (Konserpatif) kenging ugi dipun jajarake ing ngajeng, awit saking sugihing budidaya ing salebeting paprintahan tuwin sakig teguh tanggonira. Samantena kula boten pisan amastani biih residhenPansepal kalebtnirmala, punika boten pisan anggenkula amracekani residhen pans epal tan beda kadimakluk tan lepat ing dosa, anggen kula nimbang raos wau, naming sadangunipun dados priyantun ageng, punika lajeng anglela, bilih residhen Pansepal sujananipun ingkang bangkit angerehresidhensi Surapringga, tata tenrem sarta resikipu npapan panggenan ingang tiningalan punika sami andedahaken sinen sujanmanipun ingkang ngasta pusaraning paprentahan ing pundit-pundi pusara wau ketingal ngegla, sumongga mider a panggenaning para ingakng wisma ing bawah Surabaya, saking inggilanipun dumugi ing kampong sarta sarupining bongsa, punika sami saur peksi, amrateandhani yen karsanipun residhen Pansepal ingakng dipun arsa-arsa sakin gsarupining ingkang wisma ing bawah Surabaya, naming anetepakana kuwajiban manawi boten anetepi, badhe kapatrpan punapa kang sampun kasebut ing pranatan negari, mila boten maiben residhen Pansepal sugih satru,malah wonten ingakng pancen aremen anyatur,badhe anelaraken awonipun residhen Pansepal suprandene ciptanipu angakeni, yen anggenira badhe anguman- uman wau,naming kebujeng ing sengit dhateng tiyaganipun ing mongka residhen Pansepal anggenipun anindakaken prakawis, boten mangwang tiyang, mung amangwang karaharjaning tiyangkathah, mila snadyan residhen Pansepal anuwuhaken gangsuling tiyang, watekipun botenpisan miturut awit saking temenira yen boten murang margi utawi langkah kuwajibanipun kanjeng tuwan Lepison Norman ingkang jumeneng sekretaris jendrl punika ingkang sampun nate nuhoni wah malih nalika kanjeng tuwan lepiison panuju panuju lereep ing surapringga, angrembag prakawis ewah-ewahaning pranatan siti dhusun (Konpersi) residhenPansepal tur nguningani dayanipun tuwan Lepison wau kalebet mitra, suprandene residhen Pansepal boten anyidrani watekipun bilih boten cecek kaliyan pamanggihipun. Mila sarehning residhen Pansepal terang resikipun anggenira nidhakaken damel, dados boten ewet anggenira mambengi tur naming dipun wangsuli anjungjung pamidhangan kemawon. Sumongga kagalihya nalika aponabakah bab kantor wosa punika. Ing ngajeng ingkang dados garaning udur botn liya, naming panyewaning kantor wau, badhe enggal ebot prajangjeyanipun kewewhan nalar nalar sanes ingkangboten kenging kapambengan kedah kedah angupados griya ingkang kengng kaangge kantor, boten pisan teka badhe anglestantunaken naming kadamela sulih kemawon, nalika samanten sumeta anggenipun ngrakit nanging dereng kenging katindakaken awit kaandhahaken dhaegn margi sepur ingkang meksih kagarap samangke, bilih nalar wau dereng kawentar, supandene pos mister anyerepi, yen nagari sasampunipun nganturi pratelan lajeng enggal anandangi, murih kapitulungan kalih dene nalika samanten boten sepen anggenipun angangsu panimbangipun para paprentahan ingkang darbe kuwajiban kadadosanipun pos mister kadhawahan ngenggeni rumiyin gedhong ingknagmaksih kangge samangke sabab punika ingkang prayogi, awit boten wonten papan sanes ingkang pantes sarta ingkang gadhah gedhong lenggana amiturut papacak ingakng katawekaken lah mila boten kengng dipun jibahaken dhateng parentah, ewadene boten maiben bilih kantor pos ing Surapringga pantes dipun ….panggenan ingkang sae, sabab parentah sampun anindakaken kuajibanipun nanging sumoandher karsaning kanjengparentah ageng, sasampuning karembag dening para pprentahan ig kakawogan ing mangke ingakng mesthi nindakaken putusanipun parentah ageng, punika dede residhen Pansepal suprandene manawi kantor sulihh wau naming kaanggep awer-awer , maksa cekap sarta amikantuki pantes dipun anambana, wah manawi amangmang papan panggenanipun, liyanipun punika, ing ngriku eembar ing pawingkingipun kenging kaegar bilihkawastanan gedhong utawi panggenan wau umes anjalariruginingpara ingkang nyambut damel ingngriku sarta amitunani dhateng sarupining kretas, lahwonten \a ingkang mrinci sarta amastanana, punapa ingkang kenging dipun damel mambengi nanging sampun teka amurah ingang pancen boten kenging dipun lampahi, sumongga ta dipun sisihaken kaliyan kantor ageng Algemene Sekretaris tur punika kantor pangageng ing mongka caket kadhatoning kang nguger indin Nederlanpunapa wonten bedanipun. Liya sakig punika residhen Pansepaldipun rengoni, anggenira angopeni damel waradinan, boten teka kula amastani yen sangkep kadadosanipun ananging kapasthekaken bilih sarupining weadinan samangke ngungkuli prayoginipun katimbang kaliyan nalika taksih ados tetanggelaning waterstat. Tembok tepining lopen saking semut dumugining penele mila saged rampung enggal inggih saking openipun parentah nagari, ing pundipundi residhen Pansepal anengeraken bilih temen-temen karsanipun suprandene wonten ingakng nanduki lah para dagang punapa sami iyeg remen dhateng residhen Pansepal. Wangsulankula gentos pitaken garanipun ing ngajeng punapa teka para dagang boten resep dhateng residhenPansepal ing pangraos boten ewed amangsuli residhen Pansepal angencengi pamanggihipun kantor pabeyan prayogi kaprenahaken anyelaki saganten sabab mila ing ngriku pantes sarta apikantuki tuwin badhe saged amambengi lampah salingkuhan timbangan kang makaten wau amratandhani kulinanipun salebeting nagari, tuwin anelakaken bilih kadununungan kawicaksanan sumerep punapa ingkagnprelu kangge utawi saged anjongka, punapa kadadosanipun praja Surapringga ing wawingkingipun, sadaya daya amratandhani bilih sampun karancang rumiyin rumiyin mateng panimbang ipu punika amelokaken yen terang ngatasing animbang nalar, tuwin ingkang dipun gulang nalar ageng, sabab manawi kaleksanan sedaya, ingkang dipun pamrih , nagari Surapringga saged dados panungguling nagari jawi, wasana pangelihipun kantor panbeyan wau smangke sampun katingal perlu dherek rembagipun residhen Pansepal sabab manawi botenmiturut badhe kacupetan papan boten saged ngelar, tondha dereng lami nalika anumbansi papan panggenan malah pangelih wau badhe anjalari, kathah ingkang gegriya ingngandhap ing kantor pabeyan wau, dangu-dangu saged tipang kaliyan kota lami, punapa dipun kinten yen pasiten jawi, boten kenging dipun tarekahi, murih kenging kaangge gegriya kados ing kitha Singapura. Lo punika ing kamurwani residhen Pansepal ngantos udur kaliyan para dagang, ing mongka dumugi samangke prekawis wu dereng singed sarta dereng kinten putusaning lurah anyar ananging meh kenging kapasthekaken yen ing tembe kathahingkang ngleresaken residhen Pansepal, benjing bilih margi sepur rampung, masthi para dagang kathah ingkang ngajok teka boten angrumiyini numas papan panggenan ignakng pengaos mirah, lampu dipun pendhet dhateng tiyang sanes nalaripun suthik dhateng barang anyar sarta lenggana amragadi kedhik mila anglampahi mambengi, ing pawingkingipun masthi yen kacuwan. Liya saking punika bab pranatan margi sepur, tuwan residhen Pansepal pantes dipun gumuni sarta kaalembana, ingmangka ajeng-ajeng an kaliyan marsekalek ingkang putus ngatasing sepur weh, sarta dipun iloni dening para dagang, suprandene boten gimiren anggenipun ngekahi, murih angelar praja Surapringga, tuwinmurih kamayaraning tiyang alit sanadyan kangeya samangke utawi ingpawingkingipun sadaya boten wnten ingkang langkungan dipun rembag, sanadyan residhen Pansepal botena dherek adamel punapa punapa suprandene anggenipun nyaruweni tiyang alit boten kenging kasasaban maksa katawis anglangkungi mali kabupaten Sidaarja, punika asru panrimanipun dhumateng residhen Pansepal awit saking pananeming tembako ingpundi-pundi karaharjan ingkang dipun pamrih, sarta residhen Pansepal anyerepaken terang, bilih tiyang alit botenipun kikiranganpengiyoman. Para welandi ingkang amrasudi pagunan kados ta mara ingkang darbe pabrik masthi yen sarasa pamanggihipun bilih residhen Pansepal ugi anyantosani kawilujenganipun para marsudi pagunan wau, tur boten amarengi yen wajibing tiyang alit ingakng masthi dipun cingkrangana. Para bongsa Cina samanten ugi, sami kajiyat anganggep lurah, ingkang nuwuhaken sumungkemipun para bongsa wau, awit saking teguh kenceng, kawewahan ambeg resik tanpa sisihyan mila manawidipun wangwang yayah priyayi gung ignkang boten kenging dipun memanisi, lanang sakojur tuwin priya awawaton ambek utama, residhen Pansepal ing saestu pantes dipun alembana sarta kinormatan. ======\======Seselan Nalika perang ageng wekasan ing Prangkrik sarta ing Prewisen wonten sersan stunggal bongsa Yaudi, ingkang badhe kaganjar tetenger, punika dipun taweni Kawitn eh ersan markus kowe kelilan amilih, apa arep dhuwit 25 taler, apa dhemen kruwis wesi. Sersn mangke ta tuan Kapitan pengaosing Kruwis wau pinten. Kapitan, pangajining kruwis wesi 1½ taler. Sersan bilih makaten kula nyuwun kruwis tosan kaliyan yatra 23 1/2 taler, sumerep kaoting pangaos. ======\======Ing kampong Kaparak tengen nagari surakarta kadhatengan tiyang lelona, sedyanipun ngupados pangupajiwa, sapikantukipun sareng ing wektu dinten setu kapengker punika pinuju pados pandamelan, amarengi ing radinan ageng kapra sawegmijah arta, jalaran sawancenipun kakajengan karsanipun ing parenah, sami kadhawahan nutuhi pangipun supados sampun ngantos ngayomi radinan, wau tiyang lajeng dipun ken menek sarana mawi dipun sukaning berahan. Wonten antawis dangu, wau tiyang dhawah lajeng kapisanan, boten mawi sesambat polisi lajeng titiparigsa katranganipun tetela manawi tiyangingakngpejahpunika pancenbaberah prakawis lajengkasigeg sangkiing dhawahipun ignparentah tiyagningkang berahakennamungkajibahan mragadi,tuwin sakwilujenganipun, kserat senen tnggal sapisan wulan Besar warsa jimawal sinengkalan Bayu Sirna ngesthi lalis,katandhan manguncarit. ======\======Wangsulan perlu sanget Sarehne prakawisipun mitra Jayengwiryana ingkang kasuwunaken sih pitulung panimbang dhateng mitra Manguncarita, sampunlami dereng angsal wangsulan, dados kula calak kedah mangsuli, naming saking dugi prayogi, utawi lupiyaingkang sampun kla lampahi, mengggah saking panimbang pmangihing manah kula makaten. Mila bekel kaparingan pikudhung saking parentah, sabab sampun kaleres menang, tegesipun sampun kuwsanampeni paosipun siti sajung, ingkangsumerep penyaur gebalan sapetangipun manawi derengpundhat boten kengng ewah, wasana lurahipun mundhut ngintirpaos utawi maliyan bekel suka kimawon namungjangji petangipun mindhak tikel, punika inggih bekel sae, ananging punika lepat sanget, kang ngawit boten angestokaken dhawuhing parentah pradata, kasebut ing pikudhung, dados punika kenging kawastanan kuwasanipun kabibrah, dipuniwahi sakingpanrimahipun pyambak, anangin bekel kok botenlastantun rukuniun sae, lajeng boten angladosaken maliyan punika inggih kenging kawastanan nyolong, dene serat pikudhung ugi ewah. Punika minggah karampungan, manawi prayantunipun dhistrik ingkang maringi leresan boten kenging ing mamanis,utawi boten kalintu pamanggihipun bekel wau kaleres kawon awit mahakainanipun pyambak,manawi mopo ing karampungan malah kenging kapocot waras boten angentosi wasana kula nyumanggakaken dhateng ingkang wigyapradata. Titi. Ing Basuki kaping 12 Dhesember 1876. Katandhan DhalonPanewu Lit Jaksa sipil. Jayaprakara ======\======Punika Serat Panji Sekar //Sarakara\\ pamurwaning risaspati manis, kaping pitulas ing wulan Arwah, Jimawal sangkala dene, indrinirnaga iku, kang winedhar lampahing ringgit, gedhog kangkalangenan, nguni jeng sinuhun, kang ping catur Surakarta, Kang ayasa ing mangkya winangun malih sinung sekar macapat.Mrih dumeling tata kangtiniti, nadyan buda karya tutuladan, ingkang sayogi lampahe, nahaningakng winuwus, nalika nya ing tanah jawi, rikang catur narndra, Jenggala pangayun, ping kalih nagari Daha, kang kapign tri Ngurawan ingkang mekasi, nagari Singasekar. Catur nagri kang umadeg aji, samya kadang rukun tan sulaya, nunggil saparibawane, marma kaojat agung, kaluhuran ing narapati, keringan parangmuka, dhaar ratu catur samya prawireng ngayuda, pamengkune mring wdya kinaptikapti, wit sumungkuning wadya. Kang punika sampun maradini, mangkya wedhar sugih putra garwa,meah ikaluhurane, yata ignakng winus, kang dumunung lampah ing ringgit, narpati ing Jenggala,lembu amiluhur, anlika anbebesanan, lawan ari srinaranata GEdhiri, sri Lembuamijaya.Putra Jenggala nama sang panji, putrid Gedhiri Condrakirana,punika dhinaupake, sampun antawis dangu, kapanggihnya putra lan putrid, raja putra Jenggala, samangkya mamangun, kutha Pandhak kasatriyan,babanjenganlam pura Prabu Gedhiri, cukup sawadyabala, Kadangkadeyan samya umiring, akukuwu munggeng nagri Daha,Brajanata pangiride, sumarma sridinulu, kukuwunge nagri Gedhiri,kanggenan paraputra,wewah arjanipun,mangkana ingkangwinarna, dupi miyosine banateng Gedhiri, munggeng ing sitibentar. Pepak sagung punggawa kang nagkil, kertid denign patih Jayabrada tuwinpara putra andher, munggeng ngarsa sang prabu, sang apanji sampun anangkil,lan arya Brajanta, arya wukir santun,wirun andana kartala, kang para risupenuhmunggeng ing wuri, busana sri kawruyan. Wiyosira narpati Gedhiri, amanggihi dutaning narendra, saking Makasar wijile, ppatih kang ing ngutus, paparabnya Srinarpati, Prabu Bramakumara, Makasar dibyanung, kasusra Prawirenging prang, pilih tandhing neng sabrang alelanangi, keringan ing ngamonca.Ingkang dadya duta kyana patih, apaparab sang Gunasaronta,munjuli kaprawirane, ngaguna kasab-lembut, praptanira rekyanapatih,sampun angirit wadya, pendhem wolungewu, titindhih dhaeng sekawan,karsanira sribramakumara aji, arsa nglelana aprang. Angayoni marang sang apanji, dene wus kasun kaonang- onang sang panji kaprawirane, ing batin….yen ngasorna marang sang panji, kawengku nagri jawa, magkana winuwus kyapatih Gunasaronta, kang sumewa marang sang prabu GEdhiri, kerit rekyana patya. Sareng nembah marang sribupati,kyana patih ngaturken nawala, duk winaos bubukane, pamujya mring deagung,s urat ulunkatur ramugi, rama prabu ing Daha,kang sampun linuhung, kasusilanin gnarendra, ambeg santa pukulun kangmugi-mugi sampun rengat ingkarsa. Ambanunuwun mring rama aji, arsa mangun tandhing kaprawiran, lanptra paduka mangke, pun panji Marabangun, duking nguni punka nglalis, dhateng kadang kawula, jalaran prang pupuh, narpati nungsa kencana, kasoring parnag ing mangke amba pupulih, arsa males palastra.Dhateng putra paduka pun….dene lamunajrih mring kawula, anungkula sawadyane myang warga baranagung, kairia sami sumipi, dene panuwun amba, mringjeng rama Prabu Paduka kendel kewala, sampun tumut tumut sampun murinani, wilujeng rama nata. Lamun rama prabu kalih runtik, datan wnde amba erangberang, tan sayogi wus…..punika kayun ulun, kadhawahana dhateng pun panjim wus titi kang nawala, sigra sang aprabu, akng surat sinungkenputa, sang apanji kadhadha raosing tulis, gya aken anunurat. Wewangsulanmarang sribupati, ing makasar tan adangu dadya kang nawala ijemane, yen methuk ingprang pupuh, besuk kapan sang prabu prapti, yata ponang kawala, pinaringken sampun, mring patih gunasaronta,nembah lengser prapteng jawi kyana patih, meset napak gegana.Samya cingakpunggawa gedhiri, patih Sabrang wigya angambara, amor lan mega lampahe, mangkana ingakng kantun, aturira wau sangpanji, mringama sri narendra, sayogi tinurut, sampun tumut mangun aprang, angamungna kang wadyanira sang panji,kang methuk parang muka.PrabuGedhiri ngecani kapti,nanging kyana patih dhinawuhan,kinen sadhiya wadyane, pendhem sajuru,away kongsi kuciweng wadi,gyajengkar srinarendra, kundur angadhatun, kang sewa kasamya bubar, sowang-sowang kyana patih wus ngundhangi, siyaga ing ngayuda.Sang apanji lankadeyan sami, kondur marangpura kasatriyan, pinethuk para garwane, ingkang mongka pangayun, retna galuh putrid Geri,lanretrna Surengrana, kalih sareng tundhuk, kinanthi ing kering kanan, para garwa pangrembe umiring wuri, miwah cethi pawongan.nadyan maksih satriya sangpanji, kaprabonnya wus kadya narendra, satata ngupacarane, duk prapta dalem agung, tata lenggah lan para rabi, mijil kang sasaosan, dhadharan anutug, ngiras samya paguneman, alon matur sang raja putrid Gedhiri, nilas warta mring raka. Dhuh pukulun paduka anangkil,kongsi dangu langkunging ngantara,punapa dadya wartime, sang panji lingnuya arum, rama prabulagya manggihi, cundakaning narendra, mawa surat katur,sangking nagara Makasar, bisikane sribarmakumara aji, ratu gung kinawasa. Dene bubuka kangmunyeng tulis, arsa mundhut ing panungkul ingwang,lir males ukum semune,dumehingnguni ingsun, amateni sumitra aji, ratu Nungsakencana, kang wus lina dangu, ing mengko rajeng mekasar, wuspunagilan ing Sun ngajakprang tandhing,angadu kaprawiran. (taksih wontencandhakipun.

Ongka 2, Kemis kaping 11 Januwari 1877

Surakarta Samangke ing Surakarta salebet nagari, karsaning parentah, sawrnining uwit asem urut margi ageng kinen nutuhi pangipun, awit kathah ingkang sol swuh rungkat kenging barat ageng, sabab ingakng kathah sami ngadeg pinggiring kekalen, ddos oyodipun asem ingkang sasisih boten gadhah cepengan utawi kikiyatan, samanten punika, sampun lepat nalika rumiyin-rumiyin, rikala pananemipun uwit asem, utawi padnameling kekalen, leresipun anggenipun damel kalen dipun tebihna sawatawis saking uwit asem wau. =====\======Kabar samangke kathah ringgit paleson, mila ingkang tampi yatra kedah angatos-atos. ======\======Ngayogya Nalika dinten Setu tanggal kaping 23 Dhesember, ing ngayogya karaosan wonten lindhu, danguning ebah kawan sekondhe, sangkaning ebah saking lerwetan nanging ngolah-ngalih. ======\======Kanjeng Tuwan REsidhen Japara sarehning angudaneni manawi ing juwana dedhakan, Klothok, Jepura, lan ing Tayu kikirangan kampong Cinakarsanipun badhe angelar panggenan.(Lokomotif) ======\======Wonten kabar bilih bupatiing Basuki, ingkang sampun kapansiyun raden adiapti Arya Prawiradiingrat, atilar donya ing Besuki. ======\======Ing mangke sampun andadosaken karsanng gupermen, militer bongsa Ambon bilih sampun dumugi 25 taun, panyuwitanipun nunten anyuwuwun rereh, badhe kaparingan tedha pansiyun sersan 300 kopral 240, Saradhadhu 200, sataun. ======\======Kabar bab bagiyan sisih wetan boten anyakecani, boten kenging dipun ajeng-ajeng saged bedhami, prabu Ruslan sampun andhawahaken pangandika, kinen jebahaken wadyabala tontra, jendral Goretsakop anjurungaken, ing kraton Petresbureh, sang prabu sampun anglairaken karsa dalem bilih Turki boten karsa auruti, punapa ingkang dados pamundhutipun Ruslan ingkang wajib, sang prabu badhe annadangi pyambak boten mawi amangwang kraton sanesipun, ila kraton seklaiya Ruslan akaliyan Turki, sami rakit badhe ajeng-ajengan, kathah ingkang astani bilih anggenipun bedhami boten badhe kalampahan, Ruslan anedha sirnaning dedamel ing praja Bosti, Hersegowinah, Lan Bugarei, pamundhut wau sakalangkung anteb.

Ing Ngayogya kecu sampun awit malih, nalika malem tanggal kaping 21 angrintenaken kaping 22, ing dhusun ngabeyan ler bawah Sleman kakecon, griyanipun bekel kami Kretawijaya, ingakng gadhah griya kalampahan dipun penthung, mawi kenthes lajeng jambu, tiyang jawi nami SEtrasetika ingkang panuju kemit inggih labnet dipun waos kenging dhadhanipun prenah tengen saengga amutawatosi, derng lami cina gegeriya ing dhistrik Gamping, inggih dipun kecu, ngantos kathah ingakng kasangsaran Cina ingakng gadhah griya saged oncat nanging barang darbekipun tumpes tapis polisi iyek anggenipun ngupadosi titik, nanging boten badhe mikantuki, sabab sampun asring asring kacetha, yen polisi ngayogya boten kuwawi anembadani para durjana kecu. (Porstenlandhen). ======\======Serat kabar Japabodhe anyariosaken makaten: Sampun wonten sawatawis dinten kula angabaraken bilih jendral mayor pankerkem boten anggadhahi panuwun anilr paprangan ing Ngaceh awit gerah, lajegn wonten ingkang maiben jendral mayor wau punapa estu awit sakin gpanuwunipun, punapa boten saking panuwunipun, anggenira kondur saking Ngaceh, mila prakawispunika kula lan tun aleripun, wekasan terang manawi jendral Mayur nalika dipun sasmitani dening inggik inggilaningpun kinen prasaben anyuwuna pamit kondur dhateng nagari Jawi, alenggana boten purun mituruti, awit rumaos jumeng Oper Opsir, sarta rumaos prajurit ing prang ing mongka ajeng-ajengan kaliyan mengsah ing timpo ayuda, boten pantes yen ngantos saha nilar glanggang, mila dipun pasrahaken dhateng kanjeng parentah ageng ing Betawi, punapa ingakng dados karsa. Kadadosanipun kanjeng parentah ageng, andhawahaken nawala, suraosipun bilih jendral mayor Wigrs Pan Kerkem katimbalan wangsul dhateng Betawi, ing salebeting nawala dipunsalusubing tembung, awit saking panuwunipun pyambak, atrap makaten wau wawaton prayogi, sarta dipun alembana, alus anggenipun nindakaken tapsileng karma, kanjeng parentah ageng, wagnsul tetembungan awit saking panuwunipun pyambak, punika kenging dipun maksudi, bilih jendral Wigres ingkang jumeneng prajurit perang, atilar gelanggang, mila pakewed kedah sami mendhet parentah ageng inggih leres,jendral mayuringgih samanten ugi, dene nalaripun mila jendral migres dipun sasmitani kinen pasrah paprentahan Ngaceh, awit jendral boten angrojongi karsanipun kanjeng tuwan igkang wicaksana gupernur jendral kinen ananggulang mengsah ingkang kenceng, ingkang dipun ugemi gelaripun jendral Dhenepe, sasedanipun jendral Pel, serepipun sakonduripun jendral Wigres saking Ngaceh, gelaripun Jendral Panswiten sirna awit jendral Dhenepe karsanipun cecek kaliyan Panswiten, Raja pandhita ing Ngerum asru sungkawanipun, awit sedanipun tiyang agung Antokeli, kardhinal Miister, inggih boten maiben, sasadd sad wijawaranata kecalan baunipun tengen, dene ingkang kakarsakaken anggentosi, jumeneng Sekertaris Pansetat, Kardinal Simeyoni. ======\======Punika anyariyosaken kedhik,lalampahanipun Litnan makmahon Taruna, putrnipun prasidhen Repiklik ing Nagari Prangkrik, sasampunipun litnan Makmahon atilar pamualngan kakulawisudha dados upsir, lumampah dolan ig kihta Werselye, besus mangangge mentering, sarta mawi dhasi anilar modhel, ing margi kapethukan sawijining kolkel lajeng litnan Taruna akormat, nanging dipun andhegaken dening Kolkel, sarta dipun dukani awit mangangge dhasi boten nurut adapt, linan enggal angaturaken karcisipun, sareng karpisanan, Kolkel kaget, dene boten semerep bilih upsir Taruna wau putranipun sang Presidhening Replik, lajeng anedha maklum upsir Taruna nunten gentos anyuwun karcisipun colonel awit badhe pirsa namanipun, lajeng mantuk soan ingkang rama, wasana sajam malih sakaliyanipun dipun paringi ukum Ares ngawandinten, ingkang satunggal awit sampun purun purun ngangge dhasi geseh sakin gmodhel, ingkang satunggal malih awit boten anetepi kuwajibanipun angtrapi ukum dhateng litnan Taruna. ======\======Lokomotip anyariyosaken prakawisipun kanjeng tuan Kolonel Panderhedhen akaliyaningkang dados juru pandedah ing Ngaceh.. Tuwan KolonelPandherhedhen jumeneng senapati ingLinyih sisih kidul wetan dunungipun ing lambaru juru pandedah anama Baim ugi wotnen ignngriku, angrangkep padamelan ddos telik, tiyangingkang makaten wau limrah, ing peperangan kedah dipun empanaken murih saged anyumerepi gelaripun mengsah, kalih dene tiyang ingkang mekaten wau sanadyan kathah balanjanipun inggih maksa kedah dipun ulat-ulati ingang kenceng, suprandene cariyosipun tiyagn ingkang makaten wau, inggih boten kengng dipun ugemi kathah-kathah,atrapipun kedahprayitna sadangunipun. Nalika samanten Nyaim wau anlampahi dursila mendhet barang kathah, sareng badhe kesah dhateng kampong jawa, griyanipu nlami, lajeng kacepeng, cihnanipun kepanggih nunten dhawahipun Kolonel kinen angunjara, sarta anglampahaken kumisi, manawi sampun terang parpiksanipun badhe kakintunaken dhateng asisten REsidhen Krusen ing Kotaraja. Wasana wonten ing kunjaran, enjingipun nyai nyuwun pamit badhe dhateng jawining benteng susuker, lajeng dipun lolani dening komandhenwak, dipun ater saradhadhu kalih kopral satunggal mawi sikep dedamel, kopral anglapurken bilih telik wau sedyanipun badhe miruda, mila dipun pejahi mawi kasanjata, dherek punapa ingkang dados surasanin gwangsit komendhan mayor Mekren lajeng ngaturi pirsa dhateng Kolonel Panderhedhen colonel enggal angaturi lapuran dhateng jendral mayor WikresPankerkem ing Kotaraja. Lo, punika sawantahipun prakawis, salajengipun wonten bongsa Arab satunggal anama Sayid Ali, plajengan saking mengsah dherek komeni, dados spiyun, punika angaturaken boten tarimah,colonel Panderhedhen dipunudur, aturipun bilih pun Nyaim dipun aken mejahi, ingkang dhawahikolonel Panderhedhen ing mongka boten mawi pronesdipun erut ing mriyem meteng, lajegn dipun astani pyambak dening colonel panderhedhen, yen estu makaten lampahipun kenging kasamekaken kaliyan atrapipun bongsa Basibasuk. Prakawis anglekara wau dipun anggep antep dening Asisten residhen Krusen laejng kaaturaken dhateng kanjeng tuwan Jendral mayor Wigres, nunten colonel panderhedhen dipun undang dahteng Kotaraja, ing mongka boten sumerep bilih wonten bancana, ingngriku dipun warteni dening jendral mayor, bilih Sepiyun Sayid Ali anatuaken udur ingkang boten nyekecani, tuwan colonel panderhedhen kaget, amireng aken pandakwa kang kados makaten atrapipun, punapa dene malih sakalangkung gumun semu rengu, samanten wau ingkang maiben sinten. Kolonel dipun suprih lerep ing Kotaraja, saemper kadi aretan, sarta kasanjagan bilih prakawispunika, badhe dipun titipariksa temen-temen ingkang dipun piji dados kumisi 1 litnan colonel Maher lurah setat 2Asisten REsidhen Krusen, mila kathah ingkang cacriyosan colonel panderhedhen teka dipun asereken makaten, ing mongka jumeneng Twesekomendhan. Kumisi lajeng dhateng lamburuhup Kwartiripun Kolonel ingkang samangke paksa dados tamunipun Jendral mayor, kapitan Panbar ingkang makili mayor mekeren awit sakit ,atatag boten purun nganggep kumisi wau, wah malih awit kumisi ingakng satunggal dede upsir, mila boten suka ngantosa angmiseni lurahipun colonel Panderhedhen, ananging kekendelan wau nuwuhaken patuwas, awit kabendon lajeng dipu natrapi setrengares kawan dinten dalasan para saradhadhu dipun titipariksa murih angugeri kalepatanipun colonel panderhedhen ingkang saklangkung dipun puji-puji. Sareng kalih dintennipun malih, kumisi mantuk dhateng kotaraja sarta angaturaken katerangan, bilih pandakwaning Sayid Ali dora tanpa wewaton, lajeng colonel dipun sukani pirsa bilih pandakwanipun Sayid ali tanpa dadosa, sarta dipu nlilani kondur dhateng Welamburu, ah punika dipun raosaken pyambak kados pundit panggalihipun colonel sareng sampu kapethukakenmakaten dene Sayid Ali naming dipun undur saking padamelanipun dados sepyun nanging dipun sakajeng sapurugipun, mila boten dangu lajeng wangsul malih dahteng Mengsah, ing mangke sampu pirsa kawontenaning wadya bala kumpeni, mendah angggenipun angomondaka dhateng mengsah, yen para komendhan asring asring amejahi Sepiyun masthi yen lajeng kagega boten beda, kaliyan angggenipun anggegani ing kotaraja, lo punika ingkang dados margi mila ingkang dados pangageng ing Ngaceh wnten ingkang kalintu panampinipun ing mangke punika. ======\======Lokomotip angabaraken makaten, wonteningakng cariyos ing Nayogya ngriki, awit saking parentah ageng, wonten dhawuh, ing sawargining siti dhusun kajawen, sanadan ingkiwatengening nagari, kinen anitipariksa kathah kedhikipun uwit Kopi, karsanipun anacah wau, badhe dipun pundhuti prabeya 10 sen sawulanipun, para tiyang alit mastani biih dhawah wau, mijil saking karsanipun ingkang sinuwun kanjeng sultan sanadyann boten anrjoni, suprandene ingggih badhe sa…pokan. Ingkang cariyos amewahi mekaten , sanadyan kabar wau, leres yen uwit kopi dipun cacah, kkula pyambak boten pitados bilih dhawah wau rentah saking pangandikaning kanjeng sultan sabab ingkang sinuhun kawicaksanan, yen ngantos sabar saha nyirnakaken tiang ananem guwuh kajengipun pyambak ewadene bilih maksa dipun tindakaken wekasanipun kapesthekaken, sawarniing uwit kopi badhe sirna utawi tanana kaopenan, sabab sinten kemawon ingkang saged asok pajeg kalih welas kethip sauwitnya taun, sumonga kagalihya, manawi sauwit saged awoh sakati, ing mongka dipun wade pangaos ingkang nyengka pisan 70 sen, inggih maksa taksih kapitunan 80 sen bilih uwit kopi satunggal kalih boten punapaha, nanging ingkang kiwatengening nagari Ngayogya, saben kampong wonten tanemanipun kopi, sadasa uwit utawi langkung, ila kapitunanipun kapetang kepanggih 5 dumugi 10 rupiyah sataun, lah ing mangke wonten ingkang reraosan, sinten ingkang kukudhung asmaning narendrapunika dereng terang, nangning kula tansah anatipriksa sabab prabeya kang makaten wau, ing mongka tiyang alit sampun kathah ingkang dipun rembat punika ambingungaken panon, wah ingkang dados sesanggenipun dhateng nagari pinten pinten aliya sakin gpunika saemper kyai lurah kang jeng tuwan residhen dereng anguingani, sabab kapesthekaken manawi sumerepa, lajeng kapambengan wasana bilih kula pikantuk kabar malih, enggal kula badhe miterangaken. ======\======Serat saking Betawi kaping 22 Dhesember suraosipun enjing punika kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral tindak amariksani pamualgnan ageng Gimnasiyum Willem III ipu npanembrama dening sawrnining guru sarta direktur, kanejgnt uwan mister DHekinderen amratelakaken dhateng kanjeng tuwan ingkang wicaksana menggah ageng ing penggalihipun saraguru, awit rawuh dalem amratandhani bilih kanjeng tuwan ingkang wicaksana amanjurunaken sarupining nalar ingkang saged anyekakaken pamulangan kanejng tuwan gupernur jendral mundhut pangaksama, awit katemben saged amariksani pawulangan ageng wau, laejng ngarsakaken anitipariksa trapipun sadaya ngantos anuwuhaken suka pirenaning pengggalih dalem. ======\======Panjurung Kabar saking Sampang Madura Ulam langkung saking ageng Nalika tanggal kaping 23 wulan Dhesember panggengipun ulam saganten karsa laledhang minggah dhateng gisik dumunung sacelakipun dhusun Gulbung, dhistrik kitha Sampang, dene ulam wau gemah wujudipun cemeng, agengipun manawi kadhepanan saking iring kang kiwa dumugi iringipun kengen watawis sakawan dhepa, deneten panjangipun kalih welas dhepa dhepanipun tiyang ingakng panjang. Wasana sang ulam kalajeng boten saged wangsul dhateng saganten malih, katarik saking agengipun tansh andadosaken pejahipun wondenten ulamipun sami kapendhetan para tiyang alit ing Sampang sadaya, paedahipun among kapendhetilisah ipun kimawon, dene wujudipun daging, sairip kados daging ipun babi, wondenten naminipun wau ulam boten wonten ingkang nymerepi, saking watawis kula, bokmanawi punikaingkang dipun wastani ulam Lodan. Sinerat tanggal ping 26 Dhesember 1876 Katandhan RAM JUKOK RAJAH. ======\======Surakarta Kula anyumerepi margi ageng wiwit tekukan margi ing Baturana mangaler dumugi saelering ngebuh ing Katangan punika dereng wonten lampooning lantera gantung, sarehning margi wau golonganipun caket kaliyan panggenan rungkud sanajan sampun wonten ingkang jagi patrol sarta wonten tingipun pal ananging taksih kirang amaedahi,mila asring wonten sang pujongga tuwin para tiyang awon ignang laledhang wontening margi wau, among sumedya badhe angrisak tatakrami, anddosaken mutawatosipun para ingkang lumampah wanci dalu, ingkang makaten punika kula anyumanggakaken priyagung pulisi ingkang amurbamisesa dhateng margi wau. Titi,Katandhan Pun MIntarja. ======\======Makatena prayantun pracayanipun tuwan D.Dh, awasta Dhar: Ja pinuju kekesahan mantuk kedalon, sareng dumugi ing wringin sekaran alun-alun ler, kaleresan wonten swara sakalangkung dening rame, sangking kidul mawi alok sarta ambubujeng mongka ingkang alok wau langkung sangking tiyang kalih dasa, punika andadosaken kagetipun tiyang kang wonten sakiwatengenipun ing ngalun-alun.,lajeng sanaya tiyang gupuh sami medal sikep dedamel anyegati sedaya margi, sakilening ngalun- alun tiyang ing auman kaliyan welandi ing slopretan, sawetning ngalun-alun tiyang bathangan kanthi welandi kang gegeriya pinggir margi, radinan ing gladhak prayantun kang jagi ing ngriku sampun angrenggeep dadamel. Ing wusana ingang dipun bujung wahu tiyangnyebrot dhuwung, ing ssarehning sadaya margi sampun kapepetan dados kacepeng tiyang kang nyebrot punika, dening prayantun sami ngungun, pangungunipun tikang nyebrot awarni bongsa Cina, nanging mangangge cara jawi, awit kawelengan menawi saestu Cina, iketipun kauthik ing landheyuan waos kuciripun lajeng katingal anglewer, sakelangkung tiyang kang sami ngrubung sami suka angggugujeng lan angelus elus kucir, pun nyebrot ragi manasi sarta wiring, dhuwung angsal-angsalanipun wah uka uncalaken dhateng ing wingking panggenanipun tiyang kang rubung punika, pinuju rahajeng boten angsal tiyang, yen menggah dhuwung wahu angsala tiyang saestu pun nyebrot lajegn karampok salajengipun kabekta ing pusara katur ing kapolisen. Katandhan parja ======\======Ing sarehning taksih kirang seserepan pas kula kawajibanipun para abdi dalem ingakng sami saos wonten ing pasowan ngalun-alun ler, anggenipun saos prayagung wadana kaliwon mangandhap dumugi jajar punika pinten dinten laminipun, saha ing pasowan ngalun-alun wau salah satunggil punapa sampun katamtokaken wontenipun abdi dalem ing angasaos saha malih gilir gumantosipun saos anggening nampekaken uraka katamtokaken wancinira awit asring asring kula amrangguli prayantun unduripun sakin gpasaosan bangun enjing sampun nebut saupacaranipun malah kathah ingkang kundur taksih kapara dalu, mongka prayantun ingkang kaleres anggilari utawi tampi dhatengipun saos ingngalaun-alun wanci jam sadasa utawi sawelas siyang, lo punika punapa sampun ing saleresipun. Mila kula anggelaraken kados ingkang kasebut ing nginggil punika, awit saunduripunprayantun saos wau ingngalun-alun sepen dados ingkang saupami wonten dhawah dhawah ingkan gprelu kedah katindakaken sami sanalika pinuju mongsa lowongan dereng wonten prayantunipun ingkang saos, lah punika sinten ingkang kedah anampeni dhawah wau salajengipun anindakaken ing saparlunipn. Pun Dereng mudheng. ======\======Darmawasita 1. Sing sinten ingkang ngopeni wulang sae, punika dipun anggep suci lalampahanipun kalih dene ingkang amrasudi, wilujeng stindakipun. 2. Kawicaksanan makaten, bagus upaminipun,s arta lepat ing sirna, tuwin remen angatingal kathah ingkang ngajeni, sarta purun dipun panggih dein gkang ngupadosi. 3. Malih kawicaksanan wau asring pethukan kaliyan ingkang mrasudi, sarta limrah ngaken pyambak. 4. kawicaksanan makaten kaiibarataken baboning kautaman dene kang kaupamekaken dados wekanipun budi alus,kasetyan, katemenan, katresnan, sumanak budi sumeh dugi prayogi, subasita, saurutipun. 5. Wondene tongga tepalihipun kawicaksanan punika warninipun tentrem, nirbaya, karaharjan, tata, miturut ing parentah, pagunan, tuwin sawarnining kawruh kamemetan. 6. Menggah guyubanipun kawicaksanan kawekelan adil, marasudha, kaprayitnan lan alim. 7. kawicaksanan makaten boten kacupetan tindak nanging lepas jangkahipun. 8. Kawicaksanan makaten dumunung dhateng janma ingakng alim mungkula ing Gusti Allah 9. Kawicaksanan makaten, boten agugon tuhon, lan boten cupet ingpangadel, nangng sadangunipun amresudi ing katemenan. 10. Kawicaksanan makaten boten nate anyingkangaken tiyang musakat utawi tiyang papa, malah kenging kaibarataken mitraning tiyang musakat utawi papa. 11. Kawicaksanan makaten wonteningakng manggen ing dharatan utawi ing lautan, tuwining pareden, punapa dene ing jurang-jurang, ananging karemenanipun anepi. ======\======Panjurung Pinandara dening kang artati, widadargadhamongin gparas, manik pangindriyane, nintya saparjeng ngulun, amawantu katur redhaksi, kang makistheng pawarta, bramartani lamun, sareju selaning papan, pangripta mba kapacaka bok supadi, wewah arjaning Koran. Kumadaya sedyarsa manggupit, nalikane gusti jeng suhunan, tedhak tepas wangunane, langen arja kasumbang, painggaran kanang karengi, ri sukra kaping sapta, Dulkidah ing taunah jiwawal sinangkalanan Samirana kenter samadyaning bumi, kawula mangasthawa. Nadyan makmum wogan aku mesthi, duk mamardika sidaning sedya, tan wansiddhipan delinge, kadedel asmareng kung, kongas ingkang waddhaka dening tan ketang kasangkaya, mun gpangesthiipun, nadyan tan mardaweng girta, babasane anilas sotaning resmi, tetep mastuti arja. Nahen wuryaning purweng palupi, ari sukra tambuh ping saptenjang, prawadya kusya kang dherek, sumahapsa biyantu, iyek ayon sengkut rumanti, andon samya samapta, tataneng lun-alun, ing sagegelenganira, apepandhan iriban kadya gelaring kitiran kanangkeba. Tan antara tengara kapyarsi, tondharsa sang nareswara tedhak, sing pura palungipine, sang srisupani Prabu, atumutur kering narpati, gota kawusa tata, sumaos neng ngayun, dyan tumerah sripamasa, oreg sagung partiwa bala umiring, deleng janma tumingal. Usreg sinreg tan ketang kapipit, piridane peksarsatupiksa,kuneng winarna amangke, wadyenggana myang wadu, abusana maneka warni, nadyan niskareng warna, awot tan wowor suh, langking mauyun lan kresna, sagelengan bajo banggeleng samya brit, tuhu langen kawruyan. Pengajure samas ajajari, , apanengran kang wadya kaparak, ngampil pocaraning rajeng, pantes dadya pangayun, bajobang lir bahni mawardi, arda angalad-dalad, lir meru katunu, katrontongan giwangkara, weh sumpeking pangaksi prabawa dening, lawenya sang raditya.Sang sumantri dhangah aneng ngarsi, pened dadya manggalaning wadya, wuri dragunder kaliye, tumedhaknya sang prabu, ginerbeg ing watradwi biting, asikep prajuritan, busanendah tuhu, nguyu- uyu kering kananing kareta pangirid ku drastha sami, jumlah ing warnanira. Wuri dragunder poncapangiring, sakamantyan asri kasat mata, tandyo marap swandanane, lumepslir andaru, kukuwunge mawa nayadi, mamba sangkalisara, aprawa sumunum sumirat sasananira, apudara sigek wuryanireng margi, rawuh tepas wangunan. Mawurahan karenan oreging, saniskara madyanign kalangran, pradongga umyang urmate, seseining swaranawung, gumredeging pratiwa kadi, sirat mahyang komara, binarunging angklung, miwah bangkilung kekenthang, maoteran sunggam biranireng sami, kang mentas don lalampah. Mandarsa nail karsabeng kasi, drawayanig kang swanita kentar, bigar nembang pamyarsane, ring sang lalangen umyung, sayahira ingong gakontit, rahaba subanggala, sosobaning ngriku, kinrawisdha sriningpura, amenuhi sarwa maneka tulsrih, srining wangun nat jendra. Pasemone ingpamadyan kadi, marsi sumungku ngeningken cipta, kumelun matras tutine, sasmitengga tumurun, tumerahnya lelatul kadri, luwar sing pamelengan, tedha kya sang prabu, lir santini sidyanggana, manurunken satya marto tameng budi, mawrajrah ning pantyama. Mawi letanse,nening pangaksi, pamiyaka tekyan citra capa, puwara paraneng tyase, turongga gaber muruh, rugingkarkat kadya wahyaning, maweluning wanita, pinaresen kakung, umerang basa srenggara, datan keguh kagunturan pamaladasih, asih reh katuridan. Ambangingeh mamba mangengani, rarasing reh kang asmara gama, kakung dahad sahrsene, tanpa epindanipun, kang udya nalir lata anglih, temah karoban warsa, tandya semi lumung, asri muyek ing pradapa, kang mineongka warsa tedhak ing sang aji, nadyan ingakng sadpada. Manambrama ing ulon mangringih, kadya sasmita angsung pambagya, mring balatontra kabehe, sumilir sang hayng bayu, mangampiri ruming widadi, sumebar gonad sumyar, balabur rum-arum sanadyan sasanengsunya, katambetan ing kamulyan angresepi, saha sakaryasmara. Taksih wonten sambetipun. Nagungkriddha ======\======Ing nginggil wungel gotaka,punika punapa boten kalentu, bokmanawi badhe nyerat gothak kawining titiyankapal utawi taksaka ageng, kalih dene malih kakathahen tembung kawi. REdhaksi. ======\======Redhaksi tampi serat pu Kawungkridha, suraosipun amratelaken kodheng ing manah dene panjurungipun bab tedhak dalem dhateng Langenarja, dereng dipun pacak dening redhaksi, ingkang punika redhaksi, dherek sungkawa, awit dereng saged anglegani penggalihipun kawungkridha, amargi saking kathahipun panjurung ingkang katampen rumiyin kedah dipun pacak, kalih dene kathah kabar prelu prelu ingkang maedahi kamirengan, mila sampun pisan anuwuhaken alit ing manah, sabab bilih panjurung ingkang pancen prayogi dipun waradinaken, redhaksi botenipun apiilih aslih. ======\======Punika cnadhakipun cariyos serat Gedhog lampahan Panji Sekar Singa kasor bineskup sakehing, garwa garwa miwah rajabrana, lir ning mongka jarahane, sumarma garwaning sun, kabeh padha den ngati-ati, den abisa suwita marang sang aji, darapon ywa sangsara. Yata matu raja putrid bali, yen suwawi lan karsa paduka, ambakang magut yudane, dereng ngulap pukulun, suengrana prawira sekti, mengsah ratu Mekasar, ing sagendhingipun, kawula susulne benjang, mring kadange ing nguni kang sampu lalis, sang panji angandika. Yayi dewi ing sapisan iki, ora kena sira anggegampang, Mekasar ampuh yudane, sumarma wekasingsun, becik padha den ngati-ati, nenedho amring dewa, kang amurweng tuwuh, yata sang liring kusuma, Sekar Taji aris anambungi angling, masyayi Surengrana. Ingsun wawarto mring sira yayi, dupi nguni latri sun supena, myarsa pepengete, kinen prayitneng kewuh, bakal ona babaya prapti, yen luput titikanya, sungkawa tinemu, ing mengko iki sanyata, lakinira popoyan ken nganti-ati, lir kinanthi mring suma. \\Kinanthi\\ Yayi dewi raganingsun,kadereng kudu nyelani, pakaryane lakinira, dadak tutur ipen mami, naru wuwus tan sayogya, dumadak kudu kapengin. Mangan who ketos kang arum, kang mateng mateng aneng wit, kang nyuadham karya rujakan, dhuh yayi tulungen mami, ing ngendi gone ngupaya, who ketos kang luwih adi. REtna Surengrana matur, dhuh kakang bokdene gampil, who ing ketos boten kirang, sakedhap angsal ngulati, mangke kawula utusan, paduka sareh rumiyin. Ngandika sang retna galuh, sira yayi sun poyani, tutuge supenaning wang, syara ingkang amengeti, layu-layu kapiarsa, aruming syadumeli. Yayah magnalap patuwuh, mangkoo ingkang kapyrasi, eh nini Condrakirana, pituhunen tutur mami, sira iku adhahara, who ketos tanduran mami. Nguni-uni iku during, ana ingkang angawruhi, manungsa tan kena mangan, among dewa widadari, rasaning who tanpa timbang, manis arum-arumbai. Sumrah segere manerus, prabawane angayemi, lan sirna sakeh lelara, warneng who lir sosotyadi, kembange lir mirah jingga, sineling ijolan kuning. Yen sira dhahar who iku, hyang jawata angideni, sutanira mijil priya, abagus prawireng jurit madeg nata wirutama, mangkono ujare yayi. Dene ta panggonanipun, who ketos kang luwih adi, jroning alas tikbrasara an ataman kan gpiningit, tankawruh andening jalma, bathara Darma kang kardi. Yayi dewi raganingsun, kumudu kudu ngulati, yen lilah alakinira, mas yayi ingsun lumaris, yata dewi surengrana, ngungun denira miarsi. REtna surengrana matur, marang sira sang apanji, pangeran lilah paduka, kawula arsa ngulati, who ketos ing tkbra sara kang pinundhut raja putrid. Rayi paduka pukulun, kadi kawula wetawis leres yen nyidham kaworan, angsal wangsit ing deadi, san panji aris ngandika, eh wruhan ta yayi dewi. Iku parmaning dewagung, sasmita anugrahani, marang ing bok ayunira, dene kang kalebeng wangsit ingsun nguni wus miarsa, saking sabdaning ramaji. Miwah eyang Sri Gathayu nalika amangunteki, jroning ngalas tikbrasara,manedha jumeneng aji, jeng eyang sinung uninga, warnane kang tamansari. Tuhu tan kena cinatur, lir tamaning sawargadi rarenggan sarwa kencana, kemabng kembange mepeka,miwah sakehing wowohan wit tumruna whoe dadi. Tan lunges selawasipun ana cungkup angerami, wawarnan kacungkup kembang, bathara darma kakardi, sirape pakembang pelokan, sesaka kembang sinuji. Blandar pangeret susunduk, kabeh kembangkang kinardi alum nora luwas kabaskaran ing salami, cungkup neng tengah telaga, wewening sinung botrawi. Dene who ing ketos iku, ngapit cungkup kanan kering, warna kadya gagar mayang, yata pragarwa miarsi, samya ngungun lan kasmaran, sang panji ngandika malih, Eh mas yayi yegti patut, ingsun dhewe kang lumaris, ngiras pantes ragaingwang,luluri jeng eyang suwargi, genya bias maged nata, tatapa ingkono yayi. REtna Seekartaji matur, pukulun lamun suwawi, sampun paduka tumindak uttusan kewala mugi, dene jeng paduka lagya, angalih amurweng jurit. Saestu langkung tan prelu, panuwun ulun puniki, sang panji mangsuli sabda ora dadi apayayi, ujar iki kaparengan, karsanta lan karsa mami. Sang panji sigra angutus, pawongan kinen nimbali, juru deh lawan prasonta, tan dangu sumiweng ngarsi, sang panji aris ngandika, kakang dhawuhana aglis. Sakehe kadang-kadangmu, ingsun arsa mring wanadri, babedhag pikat kukila, ing wuri den ngati-ati, kakang arya Brajanata, turana rumegseng puri. Bancak dhoyok sareng matur, lah puniku kadipundi, jeng paduka arsa kesah,badhe wonten mengsah prapti, ratu agung ing makasar, boten kenging ginampil. Mati sramanta sang prabu, lamun jen gpaduka sepi, boten arjoni kawula, sang panji rengu dera ngling, ayakakeyan saraba, lah wisdhawuh tan asami. Kabeh katemu dening sun bancak dhoyok sami ajrih, kakalih wus sami medal, kaeyan nus den dhawuhi, gya wngsul marang ngayunan, sumaos badhe umiring. Langkap jemparing sinambut, bancak dhoyok kang angampil, diwasaning diwangkara, kagaten padhanging sasi, sang panji pamit mring garwa, rumaras kang para rabi. Tinilar samya rawat luh, temah umatering kori,lir mangayubagyeng puja, sang kusuma Sekartaji, tansah denya bobodhetan, matrenyuh tyas asma tis-tis. Drawayeng swarnitya kumyus, yayah kadya martandhani,yen badhe manggih bebaya, denya kasemon sang panji, lumiring paminteng garwa,lir wawaler sang her nguni. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 3, Kemis kaping 18 Januwari 1877 Punika anyariyosaken tiyang males ukum sarana Ambegsanta Anenggih kreta latu prapta ing praja, H sang Bahnijantra kang netya dahana, lumaris anrajang pepeteng, tiningalan cumlorot lir daru, kendeling ngajengan kamar wak, kelep lajeng dipun tutup sang bahni lan toya kapepetan sang gundhaka wesi anggbres ambegania ngangsur, netya smuluh kadya dipun cancang rante, nalika samantenpanuju jam sanga sonten, kondhuktur anyawara mastani namaning panggenan artas arta ambikak kori, dene korining kreta ingkang nisihi kreta areng sela, ingkang bikak masinis pyambak,, malah lajeng awicanten dhateng ignakng jagong ing ngebit, tuwan sapunika sampun notok ing dhusun H. Tuwan ingkang wonten kreta boten mangsuli, dipun entosi maksa kendel masinis lajeng sanjang dhateng lurah ing setasiyun ingkang panuju langkung, o tuwan, saemper inspektur tilem, ing mongka timponipun kasesa, punapa aprayogi dipuh gugah. Lurah setasiyun mangsuli: eh iya gugahen. Masinis lajeng angembor inggih maksa botn dipun wangsuli, saksana lenteranipun kaprenahaken ing kreta, murih andilahi, masinis sakalangkung kaget aningali rupining lurahipun ingkang pinuju lampah pepriksa dhateng H, inggih punika ingkang dipu celuk wau, anjagong sesendhening pepojok kadi tiyang kalemper, sabab sirahipun tumungkul bau sumeleh kiwa tengening badan, masinis pancen kiyat insepektur dipun junjung kaadegaken badhe dipun bopong kawedalaken saking kreta, sarehning boten saged dipun pitulungi konca sepur, tuwan ingkang sakit lajeng dipun selehaken ing bangku,wadananipun nani tiyan gpejah, mripatipun mendelik aningali ing jejembar lajeng bebeka punika, wradin kadilampah ing latu, sakedhap kemawon kamar panggenaning srisakit kebek dening tiyang ningali, ejas kalayan beskatipun kabikak lah punika sawek kapriksanan manawi inspektur tatu, awit erahipunmancur saking cakiting dhadha, para tiyang sami ajrih giris anijali, sabab wonten kadurjanan ageng, para tiyang tanrim kathah ingkang gedhek tansah anginten-nginten darunanipun nalar wau, para tiyang judheg angraosaken duskarta kang makaten. Direktur lajeng aprintah sarupining kori kinen amepeti, sarta angundang konca polisi, nanging senadyan amrayogeni, suprandene kasep, sabab kathah paa nunpang ingkang sampun sami lajeng kesah, dhokter panuju wonten gya atumandang, tatunipun kablebet, sarta amratelakaken tatuniun badhe enggal mantun, s\wasana boten wonten barang ical, topinipun srisakit kapanggih ing pojok kreta, erloji sarta kanthong arta inggih boten cicir, mila dede nalar anyyolong ingkang dados wiwinih, sadaya sami rumun sarta amungse, sinten ingkang nglampahi kadurjanan wau, nangin gdereng wonten ingkang saged anggenahaken papriksan ing kreta mawi titi surti, inggih boten miyatani, nir pangintening tiyang sadaya, masinis matur bilih inspektur nalika wonten pakendelan kan gmentas dipun tuweni, awicantennan kaliyanpyambakipun lajen gmapan ing kreta kothong kados adat, mila kadurjanan wau kadugi linampahan, nalika sepur lumampah saking ngriku dumugi ing dhusun H, mila boten lepat ingkang anatoni, lepating konca numpang, inggih konca sepur, panginten kang wekasan wau ingkang memper, sabab bilih konca numpang, kathah sumelangipun bilih ngantos puruna ngali h saking panggenan malebet ing kreta sane sing amngke lampahing sepur sakalangkung rikat, kalih dene malih bilih konca numpang ingkang nglampahi kadurjanan, kedah manggen pyambakan, manawi boten makaten masthi badhe lajeng dhawah ing panggrayangan, saking B dumugi ing H, marginipun anrrowong redi, tegesipun kreta malebet ing lompongan, kados nalika samanten durjana anggenira ngleksanani lampah awon, tiyang sami pandeng pinandeng andarbeni panrekapyambak pyambak ajrih bilih dhawah ing panggrayangan anglampahi kadurjanan, yen raja pejah wau estu wadi pun hdawahaken dhateng konca sepur, boten liya ingang dados winih, masthi yen sakng sasatron sesengitan dhaten ginggil- inggilanipun, ewadene inspektur wau dipun ajeni sarta dipun resnani dhaten gsawiyah tiyang, karerehanipun sami ajrih asih, mila sinten ingkang sampun sami kulina, boten pisan anggadhahi panginten kang makaten, mokal yen tiyang ingkang sampun dipun tulung, purun angangkah ejahing lurah, ingkang sadangunipun angudhungi dhateng karetehanipun tuwin ingkang anjalari kawilujenganipun pantes yen dipun puji kapundhi pundhi dening andhap-andhapanipun, masinis amratelakaken bilih sarupining konca sepur, sami kumpul ing kreta panggenaning raja pejah, naming satunggal ingkang botn ketingal, awit saking R dumugi ing H samara boten kesah kesah, naming ingkang enem pisan kang kabubuhan kreta wau, punika kantun pyambak dhatengipun ewadene saderengipun kreta nrajang redi, konca sepur ingkang nem wau ketingal wonten ing ngriku, sadaya lajeng sami amandeng dhateng konca sepur wau, ing mongka jaka wau pangaktipun kondhuktur umur kalih likur taun anaking rondha papa, pupundhening jajaka wau, boten woten ingkang nacat kalih dene tebih sanget yen ta ngantos sapurun angawoni, sabab ingkang mirutulungi padamelan wau, lan liya inspektur ingkang tatu, mila sami sumlengeren sedaya. Lurah setasiyun lajeng pitaken dhateng kondhuktur, apa kan gkok kawruhi ngatasing prakara iki, Jaka lajeng pucet sarta nangis nunten mandhi tangan matur, Allah ingkang anyuerepi, kula boten semerep punapa-punapa. Apa ana kreta sepur liyane, ditunggangi mung wong siji Wonten kreta kalih utawi tiga ingkang isinipun naming nyatunggal Apa ana siji kang ora kok panglingi ing sakehe wongkang ana ing kene Kondhuktur lajeng angingetaken para tiyangiingkang kumpul ing ngriku, lajeng gedhek mratandhani yen botn wonten ingkang dipun wanuhi Apa para numpang ana kang kok wanuhi Pakaken wau ugi dipun selaki, mila peteng prakawisipun, trein lajeng dipun titipariksa malih, maksa boten wonten cihnanipun nunten lajeng kalampahaken kondhuktur neneman dipun simpen. Taksih wonten candhakipun. ======\======Surakarta Carik pitadosipun tuwan Operbek anama Wongsadiarja, ingang adudunung sakilening pabrik ing Ceper (kartasura) nalika dinten malem Jumungah tanggal kaping 12 Januwari punika, griyanipun wonggsadiarjakatamuwan tiyang durjana kecu 5 iji sami asikep dadamel warni bendho, pedhang, alu, sela, tuwin obor, rawuhipun kecu wanci jam 3, dalu, sampun sami baris ingngajenging griya, among abdhe sumedya angrisak tatakrami, sarehning kecu nggenira maratamu tanpa dipun larapaken kaliyan kang darbe wisma, dados lebetipun kecu lajeng sumalodho sarana anethek konten ngajeng, sareng kang darbe wisma miren ggarobyaging konten ing ngriku saklangkung yayah sinipi, jajabang mawi ngawinga, saksana lajeng asiyataing jurit tanpa rowang, naming angrasuk dadamel warni dhuwung kakalih, among sumedya amethukaken purun dhateng kecu, sareng kecu lumebet kalampahan lajeng atandhing palugon,ngantos acampuh udreg udregan wonten salebeting wisma, sami angaben pucuking curiga, sudk-sinuduk pedhang pinedhang, kepruk-kinepruk penthung-pinenthung, wekasan kang darbe wismakasoran juritipun sanalika ambrug lajeng angemasi, amargi mawi nandhang labet 4 dene kan gsaweg ungguljuritipun lajeng angles kondur kaliyan amberkat barang gadhahanipun kang darbe wisma sapikantukipun awarni dhuwung kakalih, arta kampilan 20 rupiyah, sarehning wongsadiarja wau golongan bote kasuwur sugihutawi cukup daddos sedyanipun sangkecu tatela among saking kapanasan sarta kasengitan kemawon sareng dintenipun jumungah polisi sampun nyepeng tiyang 3 iji sami gagriya ing dhusun Kujon katondha saking Cihna dhuwung kakalih ingkang kaberkat wau. Katandhan Surawesthi. ======\======Bok inggih sampunngumpet asma, redhaksi. ======\======Surakarta Wonten patrapipun tiyang jawi bongsa estri, sakelangkung agumunaken, nalika tanggal kaping 28 September tiyang somahan ing kampong jagalan, ingkang jaler kalebet ing kunjara sipir, amargi lampah akdursilan, ingang estri taksih nem ragi sae warninipun, pandamelan wade krupuk petis, acanthi anak satungggal watawis sawek umur satahun taksih nusu, makatena tiyagn estri wau sareng ingkang jaler kalebet ing kunjara lajeng medal manahipun awon, anakipun dipu npethot saking pasuwon dipun wewewehwoaken dhaten gtiyang kampong sekolahan, ingkang mongka lare wau estri warninipun sae kuning sarta mamelas, ingkang saupami botena wonten ingkang ngajengi mupus estu kadekek ing kretek, kang tanpa rencang, piyambakipun perlu badhe anginggah-inggahi tiyang jaler ing prawiranagaran lalampahan ingkang mekaten punika sadaya tiyang sami gumun sarta welas aningali dhateng lare kang dipun bucal wau. Pinuju wonten tiyang estri ing sekolahan ingkangpurun anampeni awit saking welas, sareng sampun katampen tiyang wau kaleres repot lajeng lare kawewehaken malih, dipu tampeni tiyang estri ing sekolahan malih, makatena tiyangipun kapinujon sakit beleken dalah saanak-anakipun dados susah sanget, lare tetep katula-tula, ananging pun lare boten wonten tangisipun tansah gumujeng kemawon punika andadosaken kawelasanipun tiyang kathah. Punika kula angyektosi lalampahan in glare kang angsal pitulung miji, wonten tiyang estri solahan kalebet cekap sawek manak sapisan larenipun pejah gela sanget sareng tiyang kang anakipun pejah wau cumerep dhateng lare kang katula-tula signet remenipun, lajeng gupuh lare katedha, dumadak sami lega lila,laejgn lare kabekta saha lajeng dipun busanani karengga cara pturaning prayantun, ing samangke lulus kamulyanipun boten kirang satunggal punapa, sabab katresnanipun sampun kados anakipun piyambak. Katandhan Pun Ngungun. ======Sawarnining serat kabar sakin gEropah anariyosaken, bab nalar ageng kraton ing Ruslan, akaliyan kraton ing Konstantinopel, sanadyan kabar wau boten pasaja, sampun katawis bili anyumelangi, yen badhe angeteraken sarupining dhedhampar, Ruslan katingl asumeta badhe amapakaken yuda, manawi boten dipun turut ing sakarsanipun, ingkang mongka inngkang kapundhut, boten andadosaken sarjuning para ingkang ngagem makutha ing tanahEropah dalasan Enggelan ingggih kaparak kewran, aningali tandukipun Ruslan, wonten ingkang mastani bilih Ruslan boten andadosaken sukarena, aningali Prowisen ingang samangke angungkul-ungkuli, ing mongka ngajeng ing suraos dipun emong dening Ostenrik, tiyang agung Bismarek sadangunipun udur, Ruslan akaliyan Setambul tansah animbang raos nanging boten katawis sabab ing batos rumaos sumelang, iba yen paranata boten saged rurukunan, mendah genjodipun negari Eropah utawi bageyan jagad sanes-sanes. ======\======Nalika ing dinten Jumuwah tanggal kaping 5 wulan punika, tuwan kaupsinder Polisi ing Bulu (Samarang) amesat sanjata, nanging kabilaen awit sanjata wau anjeblug anatoni epek-epekipun tuwan K. sawenga dipun beta dhateng romah sakit sareng kapariksanan ing para dhokter, kamanah prelu kedah dipun tugel tanganipun, salajengipun tandangi wi ujeng boten anyumelangi. ======\======Nalika ing dinten Jumuwah ping 5 wulan punika, kanjeng tuwan residhen Semarang, sarta kontolur sami tedhak dhateng kendhal, amariksani kretek bodring tuwin ing lepen Kutha, ingang nalika samanten anyumelangi awit katrjang ing toya ageng, malah kretek lepen kitha sampunjahat tingalipun. ======\======Ing ing Samawis dereng lami kadi saben kebanjiran, rumiyin wonten insinyur amastani, bilih banjir wau malah amigunani, awit angresakaken rereged Oalah dene teka wonten ingakng gadhah pamanggih makaten, iba yen insiyur wau saged anuhoni, bilih banjir wau ingakng asring-asring anjalari ngenes kathah ing kasusahan sarta murugaken sasakit ngantos kathah kang katiwasan. ======\======Lokomotip angabarkaken bilih wonten serat kakintunaken dhateng pelatungan medal epos kendhal ingkanng tanpa pustakaraja, asring-asring dipun angsulaken dening ingkang nglurah ing kantor pos ing Kendhal, awit kakinten ing pelatungan boten wonten ingang katanggenah nampeni yatra, punika kalintu panampi, sbab ing pelatungan ingkang dipun bebahi nalar ingakng manggepikan epos, tuwan dhokter, sata dipun paringi patuwas sawulanipun, mila ingkang dipun lepataken asring wonten serat wangsul saking kendhal tan liya lurahipun kantor epos ing ngriku. ======\======Lokomotip anyariyosaken bab pasamuwan ageng ing Pekalongan sarehning cariyos wau kapara panjang, ing mongka papaning pustaka Bramartani kaciyuten, mila samangke kula cubliki ingkang dados bebalungan utawi prelu prelu cekakipun ing cariyos tuwan seketaris Pakalongan, nalika tanggal kaping 27, angarsakaken kintun serat iber, suraosipun para ingkang wisma ing pekalongan,para amtenar Wlandi jawi, para upsir sapanunggilanipun, sami dipun suruhi akukumpulan ing dinten taun baru wanci jam 10, sarta kapurih angagema busana ageng kostim sedyanipun angatuarana panembrama dhateng kanjeng tuwan residhen, tujunipun boten siyos, awit lajeng wonten serat malih apratelakaken bilih boten estu pakumpulan jalaran jawah tan kendel saemper mila dipun sandekaken awit kathah ingkang sampun sami areraosan bilihkekerepen pista sarta mawi langenan senenan, punika anuwuhaken nama laratan, sumongga kagalih manawi panuju ing dinten Senenan pangaosiing rumput sapikul ngantos sarupiyah, sekar malathi ingkang kadamel oncon-oncen, pangaosipun dumugi 5, rupiyah satunggal, sakalangkung kathah ingkang anuntun dhateng kapituning para ingakng sowan senenan, mila manawi kagalih prelu anyumerepi punika ingkang kasebut ing serat kabar Welandi, para ingakng kapingin pirsa angupadosan Lokomotip ing taun punika ongka 5 bilih kirang terang aminta awredinipun dhaten ging liyan. ======\======Darmawasita 1. Sing sinten ingkang remen dipun wulang, punika sasat sampun gatra bilih kadunungan kawicaksanan 2. Sing sinten ingkang remen dipun wulang, punika inggih remen anyantosani wawaler,ingkang tuwuh saking kawicaksanan 3. Sing sinten ingakng tindak lampahipun suci, punika saat cacaketan ing ngabyantraning gusti. 4. sing sinten ingkang sih dhateng kawicaksanan, punika lir suraos dipun tuntun denign kawicaksanan murih saged angereh. 5. Sing sinten ingkang sengit dhateng kawicaksanan, punika sasat lumuh dipun ungkuli ing liyan. 6. Pangaosipun kawicaksanan makten kaupamekaken ngungkuli pengaosipun kancana, salaka lan sosotyadi, malah angungkuli pengaosipun sawarganin gdoynya, awit tindakipun kawicaksananpunika, anuwuhaken pakaryan ingakng langgeng boten saged sirna. 7. kawicaksanan makaten kengng kaupamekaken guru ingkang mojok pyambak punapa dene malih ing suraos, boten wonten bendara ingakng ngungkuli kawicaksanan saenipun 8. Punapa dene malih pelak ing warni, boten kenging kasamekaken kaliyan kawicaksanan, awit: 9. aluwung awon ing warni nanging kadunungan kawicaksanan katimbangkalilan ingkang pelak dhapuripun nanging kadunungan budi sembrana. 10. kawicaksanan makaten boten angatingal mawi busana ndah, utawi mawi rinengga ing kancana, salaka, utawi sosotyadi, malah ingkang remen dhateng kawicaksanan limrah pasaja busana sarta tingkah lampahipun. 11. kawicaksanan makaten ing pundit-pundi anggenira ngatingal sanadyan salebeting griya, utawi ing tengah margi,ingpasamuan sart ing panggenan sungkawa utawi ing panggenaning tiyang meskin tuwin ing panggenanipun para sugih, ing pundit-pundi kawicaksanan wau ngatingal temen tuwins awantahipun. ======\======Resik tata Menggah resik kaliyan tata wau boten susa, dipun prince, bilih murugaken kawilujenganing badan utawi amerwahi kautamen, mila leres anggenipun nyanepani pujongga Inggris manawi telasing sabun kengng kaanggep tondha, tatakramaning bonggsa, wasana sadaya ingkang tetingal ing jagat, sampun amratandhani yen sami sakajeng ngupadosi resik kaliyan tata, punika sasat panuwuh batas ingjanma, kados ta wewangunan ing gelas kang kawastanan kristal punika tanliya, amradinaken ingkang sami brenjul anyeringih, srta anyirnakaken ingakng taksih reged wonten malih kadosta sarupining reged ingkang sirna larut sanadyan tuwuh sakin gsato kewan utawi tataneman, utawi sirnaning maujud ingkang malih kados wani sanes punika ttela, kawontenaning jagad anggadhahi watek nedha resik endah punapa kadadosanipun jiaiming tiyang utawi wangkening kewan ingakng sakalangkung arus gandanipun, langkung mali ing tanah Benter, yen ta boten wontena pitulunganing buron galag utawi wrejit cacing awendran ingakng sami anelasaken jisim utawi wangke wau, sasat kados juru resik weradinnan utawi abiding polisi kang kuwajiban angreksa kawilujenganing manungsa,punapa wonten guru ingakng saged anyameni, rak punika ingakng andedahaken margi dhateng manungsa, mila bok inggihanindakaken murih amirib-miriba, piwulang kang katingal wau. Wasana para bongsa ngalamkina, tata esik punika dipun raketaken dhaeng sarengatipun, mila andedahaken bilih ingkang yasa panggeran sakalangkung anggenipun menggalih, bab resik kaliyan tata, sabab punika badhe anyantosani dhateng kautamen, ing tanah indi sarta peser resikan tata dipun damel prelu sarta kalebet ing panggeran , samantenugi bongsa Yaudi elmunipun boten suka yen dipun rereged dening kewan. Menggah kabtinaning manungsa, punika boten ngemungaken anjanwabi ingkalairan, sanadyan kalairan inggih anyawawabi dhateng kabatinan, manungsa ingakng ngalas watekipun punika boten otenipun saged resik watekipun mila resik sarta taberi ing tata, punika kedah dipu ngulang alit mirga, murih andadosaken barang prelu ngatasing janma, ingang punika kedah dipun rerengi watesan ingakng masthi, kados ingkang kasebut ing wawalweing bongsa Islam kalayan bongsa Yaudi, sabab manawi boten makaten asring asering dipun sarantosaken liyan dinten dangu-dangu kasupen. Mila murih angencengaken tata resik, tiyang gegriya ing salebetng kamar tilem kedah sabab ingkang limrah ing ngriku asring-asring boten dipun openi, mila tiyang sanes boten suka mlebet boten teka ngemungaken saru, ingggih punika wit asring kaling seman bilih rereged dipun kasipatan dening tyang sane. Dangu-dangu resik kaliyan tata makaten sasat jampi utama, murih anjeneakaken tiyang gegriya, ing mongka ing kalimrah boten ayem ing griyanipun pyambak asring ngupados kasenengan ing jawining griya. ======\======Candhakipun cariyos tedhak dalem Langenarja Tangeh rrinonca ing tulis, sangkeping pangupakara, sarwendah uparenggane, saniskara kang kawuryan, niscaya ngalapdeiya, sambada rarsing wangun, maweh dirganing panyipta. Tan rongka katrepan munggwing, dadya samadyeng kalngayan, sampad sapalakartine, tan ana ingakng kuciwa, nadyan barng samatra, kapering tan nalar lamun, meme ting pakirtyanira. Miwah uluking pangaji, caplak ceplesing pangrengga, lir kaswarga wahanane, sayekti datan madaya,kinarya loking praja, sung lalamen kang andulu, dumulur guyunira. Yayah srining puspajali, surasamane kawarna mandar wonten pipindene, kadya mas uring carita, parenggganing udyana, kitha babiloni dangu, dumunung Turki Asiyah. Seosing sarupengpuri, sapalanterping wangunan, dewong kang narmada gedhe, pun tegal pasawahan, nging bedaning punika punika, dadya wahyanng panyebut asriing tepa lengunan. Kuneng kang winarnamangkin, sarawuhnya sripamasa, lengggah paningrat kakilen, dumunung munggweng ing resban, parmat jendrane ngarsa, wangaawandasa sawandu, mabukuh pasilanira. Satata saya neng pasir, myang para partiwabala, aneng witanaimbangler, samapta sosobanira, sswakeng ngabyantara, samya konjem maring kelu, lumintu kanangkalbyan. Karenan salin sumalin, saliring pangreh raras, limut ing rapa myang cape, sanggyaning kabalakuswa, kakenan ing kalabyan tumutur kasmareng kayun, myat panjrahig puspitabra. Raras rame manawungi, rempek runtuning pradongga, kumenyut kayut angene, ring gendhing kanang tinembang, swara mandrakapyarsa, sarimpi matayeng lagu, susilastaning kuswala. Kanem wanita uyu luwih, respati sranduning ngongga, amrdapa lamun tinon, dhasar musthi keng dadyita, karengga ing busana, kongas wiragamarasmu, wilet lus sasolahira.Dhemes shedet marek ati, kadipratima ginubah, iribaning pangigele, kadya ganing bondayuda, ing ngaprang tatandhingan, ngadu prabawa mrih tanduk tatag amusthi warastra. Uruan sananireki, kontra pamilih in gpapan, amanduken brahastrane, ipundi kanang kawenang, andoning ngadilaga, dhprok kiniter sapangu, ngupadi kadayanira. Lumirig tumimbang liring, nihan sang lwir kawidhara, dupi nir sotanng tyase, brastha rerempuning wonda, tandang swarda rpagalba, gumilardalir gulagul, tangeh cinawi ing gita. Santi lelagoning gendhing,pathetan tinembang raras, sadha lelangening katong, tumrah mring prabasuyasa, yasan tepas wangunan, sunmalin karseng sang ulun anggebyaken titingalan. Mamrih sukaning wadya lit, parameyan warga-warga, oreg ingakng samya anon dupi kang angklung tinembang, lir sun dari kabajran, linut guguritanipun narestha nylameng wanodya. Ya ketes trilamcana eksi, saukiraning wadana, myanglulungiding pasemon, kalamun datan winarah,lumrahinaranan dyah, tan montra kalamun jalu, luwes susilang sung brongta. Karengga ing busanadi, dumadi wiraganira, badhut trimongka lulucon, sanigtyas bawaswara, sariguna tumanggap, ambawani inglulucu, cucut sawicaranira.Wicarane miyatani, mintokendoning lelewa, karya sukanign wadyakeh, linut laguning gendhengan, saparipolahira muhung anarik pangguyu, guyupe anuju karsa. Lengeng ramyaning pangaksi, lumintu boja sarasa, len ondrawina tan towong suka suka paripurna, mahatma sanghyang Ngarka, lumengsering tibralayu, kagantyan prabaning cahya. Sumorot pater tan wening, mawarna ujwa lamuncar senening lawenlumrenge, langen langening wonarga, kawistara angegla, kang lengkeh bambing sumurung, lwir gurita rinumpaka. Giyota kemambang tembing, imbanging sabranganira, munggul gandera anglawer, pandhayung santya sabawa, swara senthong guritan, maweh ascaryaning kalbu, kagebengi sukarena. Dupi pyang pratonggapati, wusi lemabah ancala, surem sunaring sosorot, wurgyaning kang cakrawala, anglwir mesimamala, maya maya tumurun truh, tumrahingkang ngimamatra. Adan mangkana dumeling, suprabaning salancana, angsung inggaring punang wong lawenya resep gumilang, tumama mring laleyan, luruning nala kaluyut, yuwana inggaring driya. Sudamana ra wung weing, wijanging sasananira, tambah asrining kalangon, lumalat sung ela-ela, dene saratri dahad, lalangen margyan lumintu, asri kadya roing kamal. Taksih wonten candhakipun’Nawungkridha. ======\======Punika candhakipun cariyos serat Gedhog lampahan Panji Sekar Prapteng bubutulan sampun, pragarwa wus kinen bali, keh solahnya kawistara, sang panji sampun umijil, bancak dhoyok munggweng wuntat, titisonya tengah wengi. CAhyanin gwulan mawelu, imamonda ana wengi, kadyagane sung sasmita, manglangyung nglayung weh resmi, wenes muyayah sungkawa, kesahira sang apanji. Gandrung-gandrung kapirangu, mangulangena prarabi, pindha cahyane sang wulan kukila keh samya muni, bebeluk dares lan dokan, munggeng mandira tepining. Magagung manguwuh-uwuh, nyayah kadya mituturi, dhuh eman sang jalma tama, kalunglun karsengpawestri, wit nid dadya papacangan, sang jawata nembadani. Mring pakaya kang tinurut, sereng sikuning dewadi, kukila gedhasih muhnya, timbangan manggasih asih, mranyang nguungong lir mawarah, eh tomolehha sang panji. Rikang kasasaaya kayun, dera pangupayeng sandi, sinamar semu ning coba, wratyenmijil ing pawestri wit kalingan sih siniyan dadya pamurunging sidhi. Yata ing ngantara bangun, sorot sumirat kaeksi, mimbaning hyang diwangkara, mungup mabarbangmanitih munggeng ujunging ngaldaka, angungkurken jalanidhi. Sng Panji lepas lampahnya, linggar saking praja manjing wanadri, ririhingreh gandrung-gandrung, sukanireng wardaya, non resmining lung gadhung manglung agandrung obah-obah kapuwanan, sasmita kadya mengeti. Dulunen sang jalma tama, ywa kalenan lamun kena ing ngeri pijer suka gandrung-gandrung, tan wrin bayaning ngongga, nadyan datan dadya pran menek rawuyh, wiseng ritan kauningan, pantareng dangu ngranuhi. Panjrahipun pitamekar, kang kawarsan ing mongsa catur asri, mangumenggah gandrung-gandrung, kataman ing maruta, silir silir sumilir gonad manempuh, rumaras naduki grana maweh ayeming lumaris. Kuneng ganti winursita, kang anyaris samadyaning wonadri, gugubah alajur-lajur, wadya bala Mekasar, pipiliyan prajurit kang wolungewu, titindhih dhaeng sekawan kalmia rekyana patih. Kang wus ta guna saronta, ingkang dadya cundaka duk ingnguni, dhaeng catur kanthinipun, karsa rajeng Makasar Kyana patih yen kasereng mring sang prabu, denya ngembani nawala, kinen laju mangun jurit. Pupucuk mangrureh praja, para dhaeng sinimpen jro wanadri, dene kang daya pangayun, wasta dhaeng Malobah, dhaeng Batokawis kasha sisihipun, lawas dhaeng batobara, asisih dhaeng makincing. Sekawan prwireng yuda, tinindhihan denign rekyana patih, gunasaronta gegedhug, tan kewwran repit agal, duk punku kyana patih nuju suwung, kesah nugmaring jropura, kipatih maling sinekti. Tankuningan solahira, kyana patih jalimetsiyanglatri, mrih waspada marang musuh, nahan inglampahira, sangapanji duk laju manjing wanagung, waskitha denira mulat, jro wana kanggenan baris. Sang raja putra ngandika, kakang bancaklah iku ana baris bayacundakaning mungsuh , songka nagri Maksar, wetarane kaya okeh mungsuh iku, ketara pakuwonira, anggegeng ingakng kaeksi. Ki Bancak kagyat gya ngungak, kirig-kirig sarwi mojar ngucemil, eh dhoyok nyata yen mungsuh, tan linyok ujaring wang, laku iki luru manuk nemu mungsuh, lah kapriye akalira, okeh temen ngong tingali. Mungsuh wis gelar sepapan, gegamane pating seladhang keksi, iki mijil matetelu, bedhugul karo tangan, dhoyok bekuh jemak matur mring gustimu, dadak kokeyan wangsalan, lumrah wong sok merem melik. Ki Bancak macucu ngucap, yen matur ra menek duka jeng gusti, sang panji ngandika arum, payo kakang tinerak, wus wiyae nemu boja ay mundur, dudu lakuning satriya, wediya sumengka tandhing. Ki Bancak gumuyu latah, jarku apa dhoyok ngamuka dhisik coba coba arep weruh, toge kasegtenira, yen pinenthung dhoyok kowe aja ngadhuh, lara thithik betahena, kidhoyok sumaur bekis. Es-es em gawe jajalan, wong amenthung pa dadak liirh- lirih, pesthi yen seru gumapluk, jamak wong jajal jajal, kowe dhewe endhas mu dimen pinenthung, adate kowe kendelan aku cilik mu la jirih. Wong roro patin gcukakak raja putra Jenggala gya lumaris, anerak barisan agung, yata wadya Makasar, kang pangarsa kagyat denira andulu, ana jalma alelampah mung tetelu nora luwih. Kang sawiji lir narendra, cahyanira mindha gebyaring sasi, wadya pangarsa agupuh, matur mring para lurah, lamun wonten jalma titiga lelaku, anenggel nerak barisan, tingkahnya tanpa kekering. Para dhaeng duk mirsa, kadgadeng tyas ngadeg nupiksa sami, dupi kawaspadan sampun, angling dhaeng malobah, lah dulunen iku jalma kang lelaku, dudu jalma pandarakan, pantes lajering nagari. Ketara ayeming tingkah, dhaeng batobara sigra nauri,lah iku panduganingsun, raja putra jengggala, kangpanengran panji inosurengkewuh, kipatih nguniwawarah, lamuun ing besuk si panji.Arsa marang wanawasa, lahkapriye lamunya ta sipanji, dhaeng malobah srumuwus,lah iya piker apa, laku iki sipanji ingkang rinebut, lamun mati dening sira, mindah sukane sang aji. Dhaeng Makincing srumojar, yen mangkono payo ribebut jurit, ingsun kang dadya pangayun, wong siji gondrapira, sigra dhaeng makincing mesat sumebut, mangah amegati lampah, sarya mojar briga-brigi. Eh babo wong ngendi sira, tanpa kering wani anerak baris, warnamu anom abagus, ngakuwa mumpung gesang, sang apanji kendel anauri wuwus, sun raja putra jenggala, aran Panji Kartapati. Balik wong ing ngendi sira,padha baris ana ngalas Kedhiri, dhaeng Makincing sumaur sarwi alincak-lincuk ingsun iki utusaning sang prabu, makasar Bramakumara, ngong aran dhaeng Makincing. Andele rajeng Mekasar kinen nyekel manturajeng Kedhiri, dene jebul sira tuhu, prapta mring wanawasa, eh nututa ngong aturake sangprabu, nora nemu patisira, kang pesthi ginawe becik. Sangpanji nauri sabda, ingsun wani mungsuh ratu praduli, yen ratu mu nora nungkul, murdane ingsun tigas, sun susul nen mring kadange kang wis lampus, dhaeng Makincing miarsa, ….beg anubruk wani. Tandange wru sgoraja, tinadhan mukane tinampiling, gumampleng tibana jrungup, tangi akeloyoran, cinakuhtak tinendhang tiba kagulung, cinuthat karang-karangkang, kibancak gancang nututi. Gulune ginegem tangan, kekencengan mandelik kempis kempis, kibancak sarya srumuwus, jare andel Mekasar, nora pecus meretan anganggo kuncung, mandelik karepe apa, Makincing den ilik-ilik. Ngulat-ulatake rogan, gya sinothong janggute bola-bali, bengok ki bancak lumayu, Makincing gya malumpat narik katga sarwi mojar beca-becu,kyai kenthol kena sibat, tadhahanakeris mami. KI bancak dhepes umpetan, mungup-mungup sarwi angiwi-iwi, sang panji tadhah sinuduk, curiga tinampan ngasta, sinendhal rinebutkeni.Binalikan tiji ngkah, tinamaken mring kang darbe pribadi, jumeprot wadhuke butul, dhaeng mangkincing niba, ngthang- athang mangap-mangap nuli lampus, para dhaeng kagyat mulat, de dhaeng makincing mati. Dhaeng Malobah srumojar, eh sipanji tuhu prawirengjurit, tan rekasa tingkahipun, mateni marang jalma, den prayitna kabeh kanca- kancaningsun, payo ginarubuh padha, awayna munduringjurit. ======\======

Ongka 5, Kemis kaping 1 Pebruwari 1877 Punika candhakipun cariyos tiyagn males ukum sarana Ambegsanta Inspektur manahipun skalangkugn kegiwang,lajeng malebet ing kamar lampah wangsal-wangsul ambekanipun ngansur,keketek ngantebi, swanitanira kumyus topi ingangminongka kacihna, kapajrah, pirsa yen dede darbekipun, dene teka kapinujon topi wau sumeleh ing growongan ngantos samanten laminipun, saempering ngajeng kabunang angina ing mongka kang gadhah namanipun nunggil kaliyan inspektur, saiba sengitipun ingkang darbe dene teka ngantos purun anglampahi rajapati. Emahipun inspektur lajeng apitaken: Olah iku apa ta sing diginem Pranse (punika namanipun inpekstur kala alit). Ora ana kang dak ginem e lisah, mungpanjaluku, aku aja kok arubiru. Lah topi iku dununge apa Mungguh dunung e topi aku ora dhenger, iki lo wacanen ana cirine, kang duwe namane padha karo aku, enggonenemu ing growongan H Sareng Mipro Seturem amariksani topi, anggembor sarta wicanten oallah dene ora sisip sarambut panrekaku, yaiku si Robert sanakmu dhewe, kang duwe laku kadurjanan. Wasana amethukaken ungsum badhidhing, kathah ingkang murugaken kasusahan tuwin amurugaken priatos, ing mongka kota ing H, prenahipun caket inglepen ageng, kathah toyakendhel ingkang keli amemedosi, kathah baita lit-alit sami kesah, boten wonten baita kapal satunggal ingkang kantun ing bengawan, nanging kathah para tiyang nem sepuy geng alit ingkang sami sukan sukan dolanan ing sainggiling toya kenthel ingkang gumilar lwir kaca, ewon ingkang sami adodolanan kadi adapt, kathah ingkang wasis anglampahakensekatse, saleong lampahipun angenceng, salong mawilelewa menggag-menggog, sakalangkung bingahipunpara ignkang dolan, wasana tuwan inpekstur Setuem inggih tumut kasukan malah wasis pyambak anggenira molahaken sekatse ing toya kenthel sampun saras babar pisan anggenipun sakit, malah toya es ingkang ngrampungi sarasipun awak ing mongka nem mila dados karemanipun adolan sekatse. Ing salebeting kasukan inpektur umiyat sanakipun, padagang ingkang kasebut ngajeng, ugi dolan sekatse akaliyan anakipun estri, ing sapantan inspektur kengetan kadurjanan ingkang sampu lalampahan utawi topi ingkang pinanggih,ing mongka awit samanten nembe sapisan punika, anggenipun pethukan padagang umurira kirang langkung kawandasa taun, rambutipun ketel sampun anyambel wijen wandanipun boten angresepi, alisipun ketel ktingal anggameng, prisasat dipun garisi bathukipun jangggut kapara anyandhuk mratandhani yen kadunungan budi awa, awak sakojur anengeri bilih teguh pikajenganipun, mitranira sakedhik naming anake estri satunggal ignakng dados kawiryanira, sadaya ingkang dados raos katresnan sapanunggilanipun, kumpul dhateng anak estri nama Susanah,solotipun benggang saking parakathah, sangsaya angencengi sihipun dhaten gweka,mung punika pupundhenipun, dene lare estri wau, ruruh pamanahanira, umur wolulas taun warninipun ayu amrekateni, kawentar endah ing rupi, wah watekanipun prayogi, reh pojeng boten pisan katempelan budi awaipunbapa, sakalangkung sanes swatekanipun, sumeh ing pitepangan asih dhateng sasaminign makluk, sanadyan saged angraketaken sarupining mimitra, suprandene wasis anidnakaken murih sampun anuwuhaken renguning bapa, punika ingkang murugken Susanah dipun tresnani langkung saking saben, sinten- sintena remen umiyat dhateng rara wau, anggenipun wasis adolan sekatse,lumarap lwir thathit tur mawi lelewa amilangoni, yayag wanoda wasis anumpak turongga, kadi boten ngambah siti, sarenglampahipun cumalorot anglangkungi pamanipun, sarta pisa yen bapakipun boten aningali, pamanipun dipun aturi tbe mawi manthuk mratandhani asihipun sarta anyasmitani manawi pun Susanah boten pisan dhrek-dherek bab ruwed-rentenging pamitran bapa kaliyan paman ananging ajrih anuweni pamanipun. Inspektur sampun ngiwa tebih sarta kendel ing sanginggiling es, wasana Susanah prapta cumalorot angid\teri pamanipun sarta alelewa, lajeng matur: dhuh paman sumongga sami banter binanteran amainaken Sekatse Iya ta beng dak turuti karepmu. Nuwun inggih nanging bapak sampun ngantos pirsa Eh iku aja suelang tabeng Saksana sami tumandang, inspektur sakalangkung bangkit anggenipun anglampahaken sekatse,kikiter kadipeksi kalangan ing tawang, kapenakanipun tan kantun acukat kadya kidang, andadosaken gaibing para kathah, sami aningali janma kekalih ingang sawek gaben kawijayan. Susanah meh kemawon anglancangi pamanipun kasaru aningali bapakipun ugi adolan sekatse,lajeng minger lampahipun awit sampu kacipta pikiring baya, anangin gsarehning kapara kabanteren lampahipun sekatse, sarta kaparakewran, dados anggenipun kalangan kajembraren anyelaki upaling papan toya kenthel, sareng makaten enggal Susanah mlumpat ing sainggilin ggempalan es ingkang mathuthuk wau sareng dipun lumpati, agenjot lajeng katut ing toya alon-alonan renggang saking umpaling papan toya kenthel anjalari wonten kalenan toyaning lepen mili, ing mongka punthukan es ingkang dipun adeggi susanah lampahipun mubeng. Para tiyang sami sae kabrata kalumpuk cakieting susanah, ingkang ngadeg ing punthukan es sangsaya nebih bapakipun gumeter sirna bayunipun boten saged amitulungi anakipun sawala sakalangkung kaget boten enjoh awicanten,mung culumikan kados badhe wicanten tanganipun suraweyan anedha pitulung, sageda amangsulaken anakipun, wonten igkang ngrembagi, ayo padha nglampati kalenan. Eh iku ora pisan kena dilakoni Nunten wonten priya taruna awicanten: apa ora pisan kena ditulungi,s arta angancang-ancang. E ora kena dipikir, sabab kalenan banget jerone, mungyen punthukan es iku bias minger lakune, anyelaki pinggir, lah iku bokmanawa kena dipitulungi, oallah melas temen bocah wadon iku, yen punthukan es iku pecah, masthi yen si rara iku bacut kelem. Bapakipun awicanten sarwi adarodosan apa ora ana uwot utawa tali, satus ringgit upahe, kang bias mitulungi. Saupining tiyagn sami pandeng pinandeng, sirna rembagipun, sadaya sami pruun amitulungi, yen ta kenginga dipun suwawa, dene teka caket temen pangggenanipun rare estri, suprandene anrawasi, papanipun kang dipun adegi amutawatosi, sakalangkung antebing sumelang, punthukan es sangsaya anebihi, kentir lampahing toya, yen boten ajur, ingggih tumut keli dhawah ing saganten. Lare estri tanpa bayu anjetung, sepatuning sekatse angencengi tumacep ing es, ingkang dipun pandeng tan liyan munbg bapakipun, tanganipun asuruweyan sasat anedha tulung,samenit menitipun sasat awindon, para tiyang inkang dipun sipati, gempalan es ingkang kentir, sarta dahteng bapa utawi anakipun estri, wonten ingkang bibisik oaalah kae ana punthukan es maneh kentir, yen kongsi nrajang punthukan kang diadegi bocah wadon pasthi yen tiwas, saksana wonten suwara seru eh sumingkira,lajeng para ningali cingak sarta sami miyak ingkang nyuwara wau tan liya inspektur ingkang kaprajayarujiyyin pamanipun masanan pun Rara sadangunipun inpekstur amolahaken sekatse, kalangan tan dukipun sedyanipun badhe malumpat saking papan pangggenan es dumugya ing pupunthuk ingakng dipun adegiing lare estri, ing pantara sung sudira prapta ing ngumpal anjejeg pinggiran malumpat ing panggenanipun kapenakanira, punthukan waulajeng agenjot malah toya sampun manjuluk lare estri lajegn asesambat oallah rama dene teka nguyang pati,eh menenga beng ung ditatag bae, kang paman lyar atiwikrama awit saking anebing pakaryan ,lajeng amangkurep ing punthukan, dene gempalan es ingkang anymelangi dipun singkiraken tanganipun kaamel welah mila sangsaya saged anyaketi papan ing toya kenthel, lajeng angadeg Susanah dipun gandheng sarwi mojar, eh ebeng dikendel sadurunge punthukan kang dak singkirake anyelaki, kudu oncat dhisik mlumpata kang wani, kathah ingkang sami giris aningali tandangipun Inspektur, sadaya samikamagilanen, bokmanawi lepat lumpatipun, sinten kang maiben girising bapa, ing suraos emeh sirna angenangenipun, mendah yen ta cidra pamredinipun amasthekaken anjalari pejah ing bapa, ingkangdipun pandeng smangke gentos sang sudira utawi anakipun ingakng dipun tingali, manahipun tarataban, kathah ingkang sami ningali muwus sarwi giris, Oallah dirikat-rikat bapakipun anjerit, dhuh gustiallah tulungana, inspektur saksna sampun malumpat rahajeng dumugi ingpapan toya kenthel ananging susanah lumpatipun tuna dungkap utawi anapak es ingkang tipis dados kalebet ing es, sarehning tanganipun pamanira dipun cepengi, mila pamanipun tumut kalebet ing es, ing samantara wonten lengen katingal inggih punika tanganipun inspektur ingakng miyak es ingkang satunggal ambopong kapenakanipun saingga saged agandhulan umpaling toya kenthel sedyanipun badhe menek, tanganipun kuthah rah, awit kenging toya kenthel inigkang nyaringgih, nanging boten dipun manah, lajeng angupadosi umpal ingkang teguh dipun gandhuli, boten pian kenging dipun pitulungi,s abab es boten niyat dipun adegi tiyang kathah, wasana inspektur manggih papan ingkang dipun upadosi para tiyang lajeng anyaketi, sami amitulungi, tujunipun kaleresan sabab inpekstur sampun sirna bayunipun meh ambrug ing ngandhap, saksana suraking para tiyag kadi ambengkahken bumi, sadaya sami asukawipujeng dhateng sang ambegsata, bapa ingakng meh kelangan anak pothet pangrangkulipun, lajeng asukapanrima dhumateng sang sudira, dipun aras larapanipun ingkang kuthah rah, sarta kumembeng eluhipun, awit rumaos dosa, dene ing ngajeng sampun nate anyidrani. Ing sonten punika ugi padhagang tutuwi dhaeng sanakipun sang sudira,s arwi awicanten: eh adhi tekaku kene sedya ngaturake panrima ku maneh, apuranen adhi kang wus kalakon muga-muga kabuncanga ing angina, swaranipun agumeter, wangsulanipun sang ambek santa, eh iya kakang dak apurakabeh, padagang mangsli: kowe kuwe adhi wong utama gedhe palimir mamu, anakku kok pitulungi saka ingpati, suprandene aku wus asring amitunani kowe, jiwa mu kok etohake murih amitulungi anak, ing mongka. Inpekstur lajeng anyaru basa, ing mongka ing ngarep aku wus tau kok cidra, padagang sareng myarsa tembung kang makaten lajeng pucet, boten saged wicanten. Inspektur anglajengaken akuwus dhenger kabeh, aja kok kira yen ora weruh iki lo ana topi kowe apa ora pangling, iki topi mu kang katriwal ana dalan trowongan sepur. Padagang mundur saklangkung kewranipun ollah atur pitobat. Inspektur terus anggenira ngacarani aja kakoyan kang kok piker kang, langgenga mimitran, iku pamales ku marang kowe, ya iku pamalese panutan krinten kang utama, lajeng kakangipun karangkul, saat salamnininggesang dereng wonten kang anyameni kamuktenipun, kajawi ing nalika samanten. ======\======Surakarta Wonten ingkang ngabaraken bilih pangeran Arya Prang WAdana putranipun kanjeng pngeran adipati Arya Mangkunagara, ing salebeting wulan Agustus ngajeng, jawi wulan Ruwah, badhe kakramakaken kaliyan putranipun putrid swargi Pangeran ARya Adiwijaya, mila badhe kathah pista, para bupati monca nagari, ingkang dipun suruhi cacahipun, 27, kawewahan kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral inggih badhe karsa rawuh ingSurakarta, sangsaya badhe angramekaken nagari. ======\======para tiyang wade rumput samangke anggadhahi akal, ing salebeting kranjang ngandhapin grumput, asring-asring dipun dekeki sela utawi sanesipun murih angawrati. ======\======Ing Surakarta samangke wiwit kathah jawah, sakalangkung amikantuki, ananging taksih sumelang punapa ngantos saged amitulungi dhateng sesabinan kabar saking redi kidul bab wedaling pantun boten anyakecani, malah wonten ingkang wewreti, bilih badhe krengga. ======\======Para tuwan ingakng majegi siti ing salebeting kagungan dalem kraton Surkarta, kathah ingang sami aponcabakah kaliyan kancanipun pyambak anjalari boten angresepi, dene teka perang sami sadherek, ingakng dados garan boten ajeg satunggal,kathah marginipun, nanging tuntumipun sami but ajengan rebatan bukti (tetedhan), liya sakin gpunika wonten malih ingakng anggempalaken mimitran anuwuhaken kekesing ciptanipun para ingkang majegi siti dhusun, dene ingkang dados jalaran, sawijining griya ingkang kapara wegig watekipun angungkul-ungkuli, kapinujon kadunungan daya sawatwis punika sring adamel wisuna, ngantos angehdapaken angenangening para tuwan ingang amajegi siti dhusun kawak-kawak, malah pakabaran wonten ingkang kapara enemeni serikipun manah, awit dipun tunggeng taya, ngantos angabritaken talingan, mandhak ngantos katur ing lurah ageng, anyuwun adil, nalar makaten wau teka boten anyakecani, ing mongka ingkang anjalarikarya wisuna, boten kecalan danah dulang, temah angrisakaken tata tentreming prasobatan, pamuhining ing kathah mugi-mugi, ingkang darbe misra amambengana, sampun ngantos kalajeng, sabab asilipun punapa,malah ambibrahaken mimitran ingkang mongka mimitran wau anyantosani nagari, yen kenging boten inggih anetepana paribasan cuplak andheng-andheng, yen mitunani, dipun cukila. (Klaten). ======\======Lokomotip anyariyosaken bab panelukipun praja ing Simpang Olim nagari Aceh. Serat kentheng saking nagari Jawi dhaeng Nederlan, ingkang ngabaraken panelukipun Simpang Olim dalasan Tanjung Semantoh, punika anjalari pangginemipun para tiyang ingkang mamelik amyarsakaken perang, ing Ngaceh, kalih dene para ingakng maos serat kabar ing Nederlan amasthi sukarena, anyumerepi panjing serapipun lalampahan punika, methik saking panjurung saking nagari jawi, minggah perang ing Ngaceh, ingkang sampun kapratelakaken rumiyin pamanggih kula amaedahi, manawi dipun urut malih murih dhamang. Babpanelukipun Simpang Olm sarta Tanjung Semantoh, punika kalebet nalar ageng, awit isining tiyang sampun kawentar sengit dhaten gbongsa Nederlan wondene panelukipun praja Pedhir, punika anglangkungi malih antebipun ,langkung malih sasampunipun Kotaraja dipun enggeni kmpeni, sumongga kagalih prenahipun Pedhir areraketan kaliyan Ngaceh, dene Simpang Olim sakin gNgaceh tebihipun 37 mil, ewadene kesinggiyan bilih Simpang Olim ambyantoni baita sarta micis dhaeng Ngaceh, anngingPedhir anuwuhaken daya, sultan Pedhir asring kumpul kaliyan mengsah, malah nate dadospanindhih, raja Simpang Olim boten tumut malah lerep ing wismanipun, mila isiing praja Predhir, sami saeka kapi ilon amengsah Nederlan punika sampun terang sanget, jalaran saking mimitran, terahi Pedhir akaliyan terahing Ngaceh, utawi tiyang buminipun Pedhir, akaliyan tiyang bujining Ngaceh sabab sultan Pedhir tuwan ku raja Pakis ingngajeng dados bapa marasepuhipun sultanNgaceh kang rumiyin, liya saking punika ing kina-kina mila kraton kalih punika sami anggendeng ceneng malah suraosing babad ingngajeng praja Pedhir sampun nate angrenggani praja Ngaceh, anangin gdipun lilakaken dhateng Ngaceh, awit sakingklebet akrab caket, sanadyan makatena, Pedhir taksi panggeng dipun aji-aji dening Ngaceh, ananging dipun lilakaken dhateng Ngaceh, awit saking klebet akrab caket, sanadyan makatena, Pedhir taksih panggeng dipun aji-aji , mila ing ngajeng yen ta perangipun sageda unggul sarta Ngaceh taksih ya teguh, bokmanawi yen boten wonten ignakng pantes anggentosi sultan ingkang seda, para tiyang sami sakajeng badhe amilih terah ing Pedhir, sanadyan samangke terahing Pedhir taksih pinundhi- pundhi, mila bilih kanjeng gupermen gantos angrsakaken ngadegaken sultan ing Ngaceh,badhe kathahpaedahipun yen amilih atedhakan saking Pedhir, sampunngantos amendhet tedhaking Simpang Olim sabab ing ngajeng para akraping Simpang Olim turunipun kirang etus, mila dipun wastani bilih panelukipun Pedhir, awit akrap caket kaliyan Ngaceh, langkung antebprelunipun katimbangkaliyan panelukipun praja ing Simpang Olim, wondene bab ingkang dados jalaran Pedhir teka ngantos ateluk sagagating taun punika makaten: jalaranipun boten teka awit sultan nembe terang, bilih kumpeni badhe angoyod ing Ngaceh. (Punika mila sampun pirsa lami nalika 1874), jalaranipun ingkang temen, sareng sumerep yen jendral Pel perangipun angesuk mila saeng sang prawireng prang ing suraos mijilaken karacabala, punika sultan lajeng terang menggah dayaning wadya bala kumpeni, sareng rumaos sumelang sultan pedhir lajeng angunduri, angukup kaprabon sarana purun angaken pangawasanin gnagari Nederlan,manawi kirang terang, dipun tandhing nalika sultan Pedhir andarbeni karsa badhe teluk, akaliyan nalika anglekasi badhe memengsahan malih. Sampun nalika Twrdeekspedhisi (wulan Mei 1875). Sawek wadya bala Pedhir kathah ingkang lebur, wonten kabar bilih sultanipun badhe tundhuk,malah wonten ingkang cariyos bilih sultandipun keker dening Panglima Polim sarta Imantobadatah, ing mongka putranipun jaler satunggal sampun ambudi,murih angluwari bapakipun sakin gpamaksaning Ngaceh, tuwin anjurungaken panelukipun dhateng Nederlan ananging sreng ekspedhisi dipun kendeli, sarta gelaripun amapan, dados ebra, mila boten awit saking remen dhateng Nederlan anggenipun badhe teluk inkang dados margi awit sakig kraos cingkrang sarta kajiyad denig dayaning dedamel kumpeni, ngantos anglampahin angrembag badhe teluk dahteng Nederlan dene raja ing Simpang Olim anggenipura teluk punika jalaranipun, boten awit sakin gkumpeni anindakaken gelar amapan ing nagari Ngaceh, sarta boten awit saking sabar kawanteaning kumpeni, utawi boten awit saking anggenipun sedya, angoyod wadya bala kumpeni, angentosi cumbuing tiyang bumi, ingkang dados jalaran ignkang temen awit kumpeni perangipun angesuk ngantos saged anggebag praja ing tanjung Semantoh, badhe nglajengaken ngaluruk dhateng Simpang Olim. Wasana sampun saderengipun dhateng ekspedhisi kang kaping kalih, raja ing Simpang Olim Tuku Mudhanya Malim sampun purun angaken paprentahaning Nederlan malah pakabaran sultan pyambak sedyanipun makaten, anangng tiyang alit mambengi, malah badhe dipun ringkes yen gantos sakarsa teluk, awit samanten raja simpang angekahi prajanira sakayangipun, sabablimrah para ageng kikiyatanipun ngantasing tiyang alit kirang, katimbang kaliyan kikiyataning para alit dhateng lurah wedananipun, ewadene sasampuning para alit kamusakatan salebetingperang, punika anjalari anggadhahi pikiran sanes badhe ateluk, kekendelanira kesud ajrih manawi dipun lebur nagarinipun, mila kendel anggenipun amambengi rajanipun badhe ngaturaken paneluk ing Kotaraja, sanadyan mekaten boten maiben bilih anggenipun anyiweri kumpeni dhateng Simpang, tuwin pasangrakiting politik, tumut angencengaken, ananging ingkang anyengkudaken paneluk wau, boten liyainggih punika pangesukipun kumpeni, anggenipun perang, yen botena dipun esuk kapasthekaken yen taksih dereng kalampahan mila samangkeing Nederlan kepingin pirsa kabar malih, ageng sukarenanipun amyarsa kabar, bab panelukipun praja Simpang Olim, ing basuka senengipun bilih prajalit alit sampun sami tundhuk sadaya, ananging ingkang mojok piyambak panelukipun praja Pedhir, ingmongka boten kawentar aken ing Nederlan. Menggah panelukipun Simpang Olim wau, angencengi punapa ingkang dados panedha kula, mung perang angesuk ingkang saged amurugaken wilujeng, mila murih engggale bar perang, mugi tan kendhata aperang angesuk, dene bilihpangesuk wau,kenging dipun byantoni denign nagari mtran langkung prayogi malih, nangin gbilih mengsahngantos boten nedya tundhuk, sampun kadangon aperang mapan yen ngantos anndakaken perang mapan malih mesthi yen simpang tuwin Pedhir ambalik sabab tuku Mudha Angkasa botenipun ingngajeng puruna teluk yen botena pirsa ing nederlan saged ambyantoni perang, botenipun ngantos purun ngagem pitulunganing kumpeniyenbotena terang pirsa bilih kumpeni yektos ateguh timbul sarta botenipun purun lawan dhateng simpang Olim yenbotena pirsa bilih ing simpang boten beda ajrih dhaten gdadamelipun kumpeni, tiyang bumining sumatrah sisih wetan sarta eler, utawi liya-liyanipun nagari sabrang botenipun purun tundhuk yen dereng terang bab kikiyataning Nderlan sarta kathah songgaruginipun yen mampang, tuwin suthik teluk yen dereng pirsa bilih Nederlan saged amasesa, sarta badhe amasesa yen kebek sun dukanipun, menggah anggenipun repen tata tentrem gupermen, utawi anggenipra marsudi karaharhaning nagari, punika sampun ngawruhi sadaya, sabab lepeyanipu boten kiran gyen Nederlan ambeksanta. ======\======\======Punika candhakipun cariyos serat GEdhog lampahan Panji Sekar Kang cariwis binandhem ing watu kena, lumayu nibatangi, kancane tumandang, kibancak ginebugan, amantengel ambijigi, singa kang kena, kalumah lan macicil. Kibarubut kibancak abiyang-biyang,megal-megol sirig, sindhen gulu molah, andhupak lan anendhang, anyikut napuk ambithi, alunjak-lunjak, kirig-kirig ambijig. Wong Makasar bingung usreg kamigilan, saweneh ana angling, lah iku wong apa rupane ora pakra, matane gek merem-melik, tn mikir kalah, apa kawongan belis. Anauri ki Bancak lah dhasar nyata, sibiyung wewe busik, bapak keblak buthak, mengko yen pdha teka, kowe pasthi amacicil,jalma Makasar, keh lumayu anggendring. Sira dhaeng Malobah asru angucap,panggene ting palencing,mungsuh jalma rucah, andadak nunjang-nujang, suraweyan anudingi,bapang tinunjang,kidhoyok amarani.Mundhuk-mundhuk dhaeng malobah ginetak, anjumbul tinampiling, mung serkaloyoran,ki Dhoyok nyikep dhadha.binanting tiba gumuling, gya tinunggangan, kibancak anulungi. Manggul watu sagenuk angincih pathak, gumlethak den antebi, malopor jepapang, malobah kapisanan, tandang dhaeng batoskawis, angikal pedhang, bancak dhoyok malencing. Raja putra Jenggala gya menthang langkap, bramastra alepasi,murub pesatira, batokawis kataman, pasha dhadhane trus gigir,biba wus pejah,bramastra kang jemparing. Sanalika kumantar dadya pawarka, narajang mring wadyalit, geger bilunglungan,larutan mongga pulang, sakarine kangngemasi,bubar lorodan, srinata kang den ungsi. Mangkana rekyana patya, Guna Saronta duk prapti, kang mentas jejep jro pura, kipatih wus tan kasilip,liring rehing Gedhiri, obah-osikingprajagung, ngaguna wus kawruhan, kipatih arsa bibisik, marang kancanira kang baris ing wana. Ki Patih napak gegana, dupi wau angungkuli, saluhuring wanawasa,kipatih kagyat ningali, bangke sungsun atindhih,pasanggrahan sampun suwung, lan sang panji katingal, kendel neng ngisor waringin, kyana patih anggarjita jroning nala. Iki kabeh kancaning wang, kang padha nemahi lalis, sipanji ingkang marwasa, tuhu yen sudibya sekti,dene mugn jalma siji,anglebur wong wolungewu, kancaning sun lalurah , dhaeng kapat duk ing nguni, padha suramara ta prawirengyuda. Tate angelar jajahan, mengkono ra anguthili, sipanji datan rekasa, denira mrih amateni, yata rekyanapatih, sawusnya micareng kalbu, krodha arsa umangsah ngayuda sedya pupulih, enget ing tyas lamundinuteng narendra. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 6, Kemis kaping 8 Pebruwari 1877 Panjurung Pasuruwan Priyantun kaalih. 1. Mas Kertawijaya wadana dhistrik Pandhakan Kabopaten bangil kaalih dados wadana dhistrik Jenggala ongka 3,kabopaten Sidaarja (Surapringga0 awit panuwunipun piyambak. 2. Mas Kertasetra adana dhistrik Gempol (angil) kaalih dados wadana dhistrik Pandhakan awit panuwunipun piyambak 3. Ngabei Ranadiwirya mantra Rosan ing dhistrik Pandhakn,kaalih dados mantra Rosan ing dhistrik Gempol.

Kaunduraken 1. Surajaya, Mantri Rosan ing dhistrik Ge,mpol kaunduraken saking kalenggahanipun ingkang kaliyan urmat awit sampun sepuh. 2. Ngabei Wirya Reja Asisten Wadana ongka 1 ing Kapulungan (gempol) kaunduraken saking kalenggahanipun awit kenging perkawis wados. 3. Saleksana patinggi arisPogar (Bangil) kaunduaken saking kalengahanipun, awit sampun purun purun nutup perkawis pulisi bab durjana pandung.

Kulawisudhan 1. Mas Niti SEtraasisten wadana ongka 1 ing Tasari dhistrik Tengger (Pasuruwan) kakulawisudha dados wadaa dhistrik Gempol kapatedhanipun balonja 200 rupyah pethak sawulanipun. 2. Raden Panji Dirjawinata, carik Kontrolur Angkal (Pasuruwan) putranipun Raden Panji Jaya Sudirja Pasuruwan ingkang saking Surakarta, kakulawisudha daos mantra ulu-ulu dhistrik Wangkal patedhanipun balonja 30 rupyah sawulanipun. 3. Raden Sumadirja mantra ulu-ulu dhistrik Pandhakan putranipun mas Ngabei Kertanagara, pepatih Bangil kakula wisudha dados mantra Rosan ing dhistrik Pandhakan kapatedhan balonja 45 rupyahpethak sawulanipun.

======\======Dhepostenlandhen ongka 9 angabraken kadi ngandhap punika. Menggah lalampahanipun polisidhistrik ing GEsikan bawah Surkarta teka kathah temen reraosanipun ing kang nglengkara, nalika tanggal kaping 1 Januwari ing pasiten CEthok kecalan maesa lajeng kalapuraken dhateng polisi ing GEsikan, wasana boten watawis dangu demang REjasa ingkang dados guyubaning polisi, dhateng ing cethok, anangn limrah maesa ingkang kacolong wau sampun boten wonten tuwin durjananipun inggih angles dening polisi wau sajroning boten kantun kawicaksananipun katimbang kaliyan sibagendha suleman ing Ngalam kina, boten pisan kewran amastani ingakng kalepatan lajeng amanggih, inggih punika ingkang gadhah maesa dipun wastani kainan lajeng dipun dhendha 10 rupiyah ing mongka sampun kapitunan maesa satunggal ingkang kadamel wawaton dene ngantos sembrana kenging dipun colong maesanipun ananging tiyang wau kapinujon boten gadhah yatra sadasa rupiyah, demang maksa boten kaweken, lajeng amendhet dhuwungipun tiyang ingkangkapandungan kadamel uger-uger yatra sada wau, wonten malih nalar ingang anggumunaken ingkang sinuwun kanjeng susuhunan sampun andhawahaken karsa dalem margi ageng ingakng dhateng kagungandalem tepas wangunan ing Langenarja, dumugi ing Bacem dipun taneman uwit asem utai turi, punika anjalari kepala dhisrik GEsikan angripta mupu prabeya, ing dalem siti sajung, dipun pundhuti arta 2 rupiyah, iba kathahipun ing yatra manawi kagungung, mila panampinipun tiyang bilih akrap kang makaten wau, boten badhe anuwuhaken parenging panggalih dalem dene teka dhawah pangandika dalem dipun tindakaken makaten Wonten malih ingkang ngeramaken ing sawewengkonipun dhisrik GEsikan boten bed kaliyan panggenan sanesipun asring wonten maesa utawi lembu pejah jalaran sakit utawi kaglundhung sapanunggilanipun para alit limrah bilih wonten nalar kang makaten kewan wau dipun pragat ulamipun kasade, sanadyana ulamipun yen pancen sakit boten amikantuki manawi katedha, ingakng punika cariyosipu kepala dhsitrik damel pranatan manawiwonten kewan pejah dipun pundhuti 1. Wacucalipun 2. Yatra satengah rupiyah wragading pelapuran 3. Catur baganipu pepajenganing ulam kang dipun sade.

Ingkangpunika pamanggih ing kathah, prelu yen pangarsaning parentah nagari, karsa anjejep lampahipun kapala dhistrik ing GEsikan murih amambengana lalampah anipun ingkang langkah kuwajibanira. ======\======Dheporstenalandhen ongka 10 anyebutaken Tuwan REdhaktur awit sakin gpakabaran ingkang tumrap ing Koran sampeyan kang katitimangsankaping 30 Januwari bab lampahipun polisi ingdhisrik Gesikan kula kedah tumut asung pirsa,yen kepala dhistrik wau boten miyambaki, anggenipun gadhah atrap kang makaten amupu beya ngalih rupiyahsajungipun asamudana kadamel mragadi pananemipun uwit asem utawi turi, urut margi ageng ingkang anjog ing Langenarja Pandugi kula piyambak prabeya wau dipun tindhihaken wrdin ing pndi-pundi, sabab reh kula tiyan gdhusun sanadyan boten ggadhah bubuhan margi dhateng langenarja wau,kula inggih kamsa asring asring nampeni seregan saking panewu dhisrik kKarangduren anama Mas ngabei Citra dilarsa, kapurih asika prabeya kang kasebut nginggil wau, mila manawi prabeya wau wradin, iba kathahipun sabab kagungandalem siti dhusun pinten pinten mengggah panampi sampeyan atrap kang makaten wau punapa boten reged. ======\======Surakarta Nalika ing dinten Setu tanggal kaping 3 wulan punika, jam sadasa langkung, wanci enjing, ing kota Surakarta, seratngajeng wonten cilakan ingakng girisi, jalaranipun makaten griya gedhong kawak gadhahanipun nyonyah Dha, Ka,dipun bibrah badhe kaanyaraken, sareng moloning griya badhe kajungjung mangandhap marucut dados dhawah menggandhap swaranipun skalangkung ngagetageti, ing sakedhap netra ngajeng wingkingipun griya jibeg dening tiyang ingakng ningali, paa tuwan ambyuk tujunipun naming tiyang jawi satunggal (kuli) anama Pak Tambeng dhusunPUrwasari, ingakng kadhawhan kajeng ageng kenging bathukipun sapengandhap, ing sakala tiyangwau kalenger, nanging boten dangu anjalari gumuning kathah dene saged menyati dipun rompa lajeng dipun wisuhi, kabekta dhateng dhokter, manawi boten lepat matanipun ingakng sisih kiwa tiwas suprandene boten sesambat. Lalampahan kang makaten wau, awit sakingkiran gdugiprayogi kenging kadamel kaca pawingkingipun. ======\======Sutarja ingngayogya kintun panjurung bab saradhadhu welandi kalihingkang mendhet yatranipu npareyalan awit karoncenen dados kalerepaken kalih dene malih nalar wau sampun wonten cucublakanipun mendhet saking lokomotip. ======\======Serat kabar mantaram angojahaken bilih dereng lami ing ngayogyakarta, wonten saradhadhu welandi kakalih angrayah yatra gadhahanipun parenyalan estri, ngantos dipun tandangi denign upas polisi karesidhenan, dene prakawis wau sampun kapasrahaken ing militer komendhan. ======\======Serat kentheng saking Ngaceh katitimangsan kaping 17 wulan punika ingkang kintun asistenresidhen Dheskemaker, medal jodhok kecil, angabaraken bilih bendara Nederlan sampun katanem, punapa dene paprentahan ing Pasei, Blangi, Mrebon lan Tanjung Semantoh, sampun katata, wondene papacaking paneluk kalebet pawedaling tanah sampun kasanggeman, mila ingnalika dinten wau ugi, bendara Nederlan kaparingaken kinarya pupundhen, sarta lajeng angluwari panyiwering prja ing Araundur, kalih tengah kumpeni sarta panindhih ipun mayor Burgres sampun wangsul dhateng Ngaceh, bab kawilujenganing parawadya bala ingSimpang Olim anyakecani ingpundi-pundi ketingal tata tentrem. ======\======kabar kawat saking Ternate anyariyosaken bilih danu babahasan kaicalan ilon, samangke angulondara ing wana wasa caket dhusun ing Maha. ======\======Punika wiwisik dhateng ingkang dados militer, tan pegat anggalihya, yen militer makaten tan beda, ingggih maksih jinis manungsa, dipun galihya bilih perang makaten rubedaning dunya ingakng ageng pyambak, wiwit jagat tinaneman ing janma, sarupining kawicaksanan tansah angrembag murih anyekakaken peperangan utawi angesud kasangsaranipun, ananging dalasan samangke pambudining para memet para saged para widakdya, dereng saged amigunani, boten pisan pisan saged anyirnakaken peperangan, malah perang samangke ingakng asring taker ludira, angucemaken pambudiing para saged wau, saenggga ambibrahaken rembag, malah amunadika. PUnaa nalaring aoncabakahpunika, boten badhe saged anyirnakaken, sakin gsayahing pamikir, teka amastani yen peperangan wau, sangsaya mawredhi, mandhak kanepson ingakng asring tuwuh, dipun santosani dening kawruh, badhe anggentosi leleresan, ewadene dede bubuhan kula ameca utawi amirid peperangan wau saged anjalari punapa, ananging wajib sawiji-wijinin gtiyang, sarta sakayangipun ambudiya murih angenthengaken kamlarataning tiyang apeperangan, samawana dados kuwajibanipun ingkang anglurahi perang, sarta wadya balanipun, ambudi sampun ngantos kaladuken, anggenipun anuwuhaken kamusakatan, awit prajurit perang makaten kedah ugi anggalihya, yenpyambakipun tan beda makluk allah, menggah tiyang ingakng kasusra sumbageng prang makaten boten maiben yen suka kapiyarsa, ananging bilih anggenira nindakaken damel, kacipratan ing lampah kanisthan asring boten badhe saged amasuh utawi anyirnakaken ingkanisthan wau. Wonten prajurit luhung kekalih anama 1. Tili, 2.WallenSetin, sanadyan kasusra kaonang-oang, maksa dipun cacad, lir upaminipun babadira, cinitreng mangsi abrit, amratandhani anggenipun amasesa ing mengsah, dalan yen amrangguli asmaiun lajeng kengetan dhateng anggenipun anjarah-ayah, anumpes tiyang sarta ambesmeni sarupining wisma, dangu-dangu anuwuhaken gila giris lajeng anyingkiraken serat babadipun priyagung kekalih wau. Ingkang punika mugi ingkang tinakdir anglampahi dados baya ita, andarbenana pangenget-enget yen militer makaten maksa makluk ing Allah. ======\======Wonten serat kakancinganing kanjeng gupermen katitimangsan kaping 22 wulan Januwari punika, ijemanipun anglengkara, awit anyebutaken bilih sesebutanipun reglemen bab pamadening apyun ing nagari jawi sarta ing Madura, artikel 23 dipun anggepa makaten, mungguh kang tinemu anyimpen utawa adol apyun peteng ora luwih saka sakati apyun candu, utawa rongkati apyun mentah, iku ora ginantungan ukum kan gwus kapratelakake, ananging kang darbeni, utawa kang kanggonan tuwin kang adol apyun peteng mau, saliyane dibeskup apyune, bakal kapatrapan, yen bongsa kulit putih kandhendha satus rupiyah utawa kinunjara ora luwih saka wolung dina, Manawa bongsa jawa sapanunggalane, kedhendha satus rupiyah, utwa katrapake pagaweyan peksan entuk pangan tanpa upah, ora luwih saka telung wulan, ing mongka ing ngajeng ukuman wau ginantungan dhateng ingakng anyimpen apyun peteng, boten langkung saking satail, dene ingkang simpen langkung saking samanten utawi ingkang wade apyun peteng, badhe katrapan dhendha 1000 ru, dumuginipun 10000 rupiyah, sarta ukum kunjara utawi kapatrapakenpadamelan pecan, sawulan dumuginipun kalih taun. Mila kula wastani serat kakancingan anglengkara, ingkang rumiyin awit anggempakaen suraosing reglemen bab pamajeging apyun, sarta amitunani ingkang dados Bandar, tuwin teka mawi kasebutaken yen ewaan wau, murih amambengi dagnagapyun salingkuhan kaping kalihipun awit papacak anyar wau, anunjang dhateng sawarniinig wewretos ingkang kawrat ing srat kabar, bablalampahipun apyun salingkuhan, inking ginantungan ukum suwiyah, kaping tiganipun awit meh sadaya nalar apyun ucul saking landrad, dipun putusi dening polisi rol sabab apyun peteng ingakng kacepeng, awis ingakng langkung saking sakati candu, utawi kalih kati mentah sanadyan kathah kang mastani bilih polisirol wau dipun puji dening badnar sarta deing direktur panpinansi (direktur uwang) suprandene pamanggih kula pyambak boten makaten, kula upamekaken putusan polisi rol wau boten anyantosani adil,mila yen polisi rol wau, kasirnakaken, badhe langkung sangkingprayogi, awit polisi rol punika asring anjalari sawiyah-wiyah. Lokomotip ======\======Lokomotip anyariyosaken bab pananeming uwit kina cecekakanipun makaten. Dereng sadasa taun sapriki, ing anah jawi sami anggugujeng, nalika wonten karsaning gupremen badhe ananem uwit kina, serepipun dipun mejanani, mongsa nunten saged thukul utawi amikantuki, wasana samangke kathah ingkang rertaosan bab sakingkathahing kina (sampun dados galepung), kawastanan bilih anyumelangi boten badhe saged bathi, awit kawade mirah langkung saking masthi, ananging ingkang mastani makaen wau saestu lepat, dhokter jobse ing praja Setutgaret tanah Dhitslan, ingkang putus bab pandameling kina, amastani makaten, kaupamekaken sanadyan ing sawarniing pareden ing tanah jawi utawi sumatrah, waradin dipun tanem mana uwit kina, inggih maksa taksih kikirangan kina, saking dening ageng sarta prelu angggenipun, sangsaya lami,sangsaya kathahpadamelanipun, kalihmalih sampun terang, sanadyan kina wedalan tanah jawi,s aged amade satengah pangaji katimbang pangajining kina wedalan amerikah, inggih maksa Amerikah boten angunduri, kathah kathah pratelanipun Upinspektur Pandhorkom bab pawedalipun wuit kina ing tanah jawi,s arta dipun wuwungu murih sampun ngantos asumelang, malah dipun santosaana ingkang temen, samangke tuwan dhokter Munse, ingakng kapitadosan angreksa pananeming uwit kina sapanunggilanipun badhe away salapuran bab wijang-wijangipun jejampi ageng wau, dipun pansthekaken bilih amikantuki. ======\======Punika sabdanipun tiyang agung Sesar Prajurit ing Ruslan nalika dipun unjuki atur, sampun nggantos anerang westhi, insun pasrah ingang dadi takdir, yeningsun wis tumekaingjangji, ora orane bias anyelaki, sanadyan ingsun karepake utawa ingsun wedeni, sabab ingkang murba wasesa karsane ora kena di singkiri, sartaiku kang amasthekake sedaningsun, anaanging bab atrape enggoing sun ngemasi, lah iku melu sakarsaningsun. ======\======Nalika palamanipun repiblik ing prajagung Prangkrik kathahpara wasdyabala ingkang anyupeti jiwa, mawi sanjata, dangu-dangu lajeng wonten parentah saking kedhaton, suraosipun makaten: penget ingakng dhawah pangandikaningsun konsul pangarsa, dhawuh amarang para wadyabala, dene karsaning sun temen sarupanngmiliter wajib anjujung sungkawaning dunya, sabab ingsun upamakake ora beda kekendelane, wongkang bias nyongga panggodhaning urip karo kang maju ing perang ngluluh geni ing ngarep ingmungsuh, wong kasoran dening sungkawa nuli anganyuti jiwa kaupamakake ora beda jirihe, karo wongkang nyolong glanggang, sadurunge campuh perang, Nalika nagari Milan ign tanah Itali kabedhah, dening Prines Onyasiyus saking praja Sapoyah, punika utusan dhateng komdhaning beteng ageng(Sitadhel) anama markis Dhelaploridhah, kasuprih teluk, manawi boten anuruti, ing alem kawan likur jam beteng wau boten badhe umur saprapat jam malih, sang Jayeng jurit Markis dhelaploridhah ayem anggenira mangsuli,aku wis taut ate angukuhi praja Patlikur iji, ingkang dak labuhi para ratu ku ing nagara Sepanyeh, ulane dak puji puji aku bias amati ing ping salawene. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Osiking driya mangkana, yen ingsun umangsah jurit, si panji iku prawira,lamun tan kasor ing mami, ingsun nemahi lalis, sapa matur mring sang prabu, wusnya angunandika, andedel rekyanapatih,mantuk marang Makasar margeng gagana. Yata ganti kuwuwusa, kang munggeng soring waringin, sang raja putra Jengggala, Bancak Doyok munggeng ngarsi ang Panji ngandika ris, kakang bancak sira weruh, prenah ing cungkup kembang, yasae dewa ing nguni,kangpinenernah jroig wana Tikbrasara. Ki ancak nauri sabda, sampun paduka anggalih, ngupadosi cungkup kembang, kang munggeng jro tamansari, estu wotnen ing nriki, Bathara Darmakaruhun, punika kang ayasa, lan garwa bethari Darmi, langkung pelak warnane taman punika. Myangkathah warneng taneman, sekar sekare mepeki, mesi ing selaminira, anaming kula miarsi, gawatipun nglangkungi,siluman datan kadulu, lan dadya pangalapan sintensinten kang udani, datan wande estu manggih dukacipta. Ing nguni nalikanira, putra nata dwarawati, kang ana ma Raden Somba, manahe nunten kagingsir, angremeni dhaten garwane kang raka. Sang prabu Taajutrisna, dadya prangagung ing nguni, wusana atutumpesan, tur sami kadang pribadi, punika dadya peling,dhuh pukulun sampun sampun, sang panji angandika, kakang ingsun wus ngawruhi, dirgamane ananging kudu ameksa. Wruh warnane cungkup kembang, lan ingsun wus nembadani, panedhane arinira, yayi dewi Sekartaji, endha who ketos adi, kang munggeng jro taman lulut, pangapit cungkup kembang, kadya kembar mayang asri sumarma wruh yayi dewi anyupena. Kadya dewa kang wawarah, ki Bancak dupi miarsi, gedheg- gedheg sarwi ngucap, lah dalah punika yekti,hyang darma kang mripeni, pandamele sok bebedhung,s ampun paduka gega, sikuyen nurut pawestri, sangapanji mesem sigra llumaksana. Laju mantengah mring wana, ing ngantara dereng tebih,s ang raja putra tumingal, gapura winarneng rugmi, pupucake ergeni, kabaskaran angunguwung, pangapiting gapura, gupala mas kang kekalih, kang pinindha sikara bondha upata. Puniku dewa reksasa, ing pintu pengarip-arip, gupala tinon lir gesang, binusanan sarwa adi, amakutha bukasri, sinung rambut prapteng jeng kuwok bris ngumbala- gimbal,siyunge sacarak sisih, ules tutul anenetra erbaskara. Kalih sami mandhiaa, papagere taman sari, akik ijo akik jenar, kinon dhalir pancaksuji, wengku selaka putih, pager ing ngideran ranu, tinurut kembagn-kembang, munggeng jembangan mas adi, titirah nya pnatik nila pekaja.Sang raja putra ngandika, kakang bancak ika keksi, satengahh ing wanawasa, tuhu lamun tamansari,lah kakang away wedi, payo pinaranan gupuh, ki Bancak saurira, kula boten weda wedi marma bebel angeman dhateng paduka. Ki Dhoyok nambungi sabda, si Bancak piker cariwis lalika lamun wong gerang, lahpayo padha umiring, lamun dhanyange prapti, angganggu marang gustimu, kathok mu uculana, dimene lumayu gendering, bancak dhoyok sareng gumuyu alatah. Semune sami karasa, sang panji sigra lumaris, prapteng ngajenging gapura, ngungun deira ningali,lengleng cengenga wengi, andulu sarwa ngunguwung, retna kang saragungan sumambarat maratani, lawan kongas gonad rum arum angambar. Kataman ing samirana, angina aris silir-silir,maweh ayem ing sarira, kacatur jro taman sari, lalatarira carmine, yen dinulu kadya ranu, sagung warneng tuwuhan, wayanganira kaeksi, kadya kembarngandhap nginggil katingalan. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 7, Kemis kaping 15 Pebruwari 1877 Panjurung pasuruwan Kulawisudhan 1. Atmasetra Asisten wdana ongka 2 ing Dayu dhistrik Pandhakan kakula wisudha dados asisten wadana ongka 1 ing Kapulungan (Gempol, bangil) patedhanipun balonja 100 rupyah pethak sawulanipun. 2. Prawira paja manri kopi Pandhakan kakulawisudha dados Asisten Wadana ongka 2 ing Dayu patedhanipun balonja 65 rupyah sawulanipun 3. ATmareja Carik Wedana dhistrik Gempeng kaula wisudha dados Mantri Ulu- Ulu ing dhistrik pandhakan Bangil patedhanipun balonja 30 rupyah pethak sawulanipun.

======\======Punika sratpanangkisipun Jendral I, Van Switen. Serat kabar saking praja Otreh wonten seseratan, kawastanan babading Aceh awit taun 1874 ingkang ngripta utawi anandhani minister Van Koloni sepuh mister W. baron Pan Goltin. Menggah serat kabar wedalan sakingOtreh wau, awis angggen kla amaos, punika ingkang dados margi, ngantos kasep angggenkula anyumerepi suraosingpanjurung wau, makatenna maksa kasep bilih badhe angintuni srat panangkise enggal-enggalan, mila nembe samangke saged kula anindakaken. Sawiji-wijining tiyang bongsa Nederlan kados boten kekilapan, anggen kula dipun kerubut sarta dipun dakwa nalika kula jumeneng komisaris ing gupermen sae senapati nign Ekspedhisi kaping kalih, anglurug dhateng Ngaceh, dalasan ssamangke dereng kendel dipun lepasi tetembugnan ingakng amranani ing kang punika sampun pisan anuwuhaken gumuning tiyang, dene teka kula tansah ayem-ayeman kemawon tegesipun boten kula rewes, sabab pamanah kula panrekaning tiyang ingakng asring kawrat ing srat kabar wau, ingakng ywa salepatipun mila panguman-umanipun para tiyang wau, ngatasing anggen kula nyenapateni yuda, punika naming anggepok awak kula pyambak, sarta kula anyumanggakaken dhumateng para bongsa Nederlan ingakng ngajeni kadadosanipunperang sapunika, utawi dhatengwekasanipun ing benjing. Wasana pangrangsangipun tuwan Van Goltin dhumateng kula, punika gadhah murad sanes, sabab anggenipun anglepasi Bramastracara, ing mongka laladhesan dayaning minister Vankoloni, ingkang katuju kormat kula,punika ingkang anjiyat dhateng kula, supados anakisa sakayang kula, sumongga kagalih. Menggah perang ing Ngacehpunika, kengingn dipun perang kadamel kalih perangan. Ingkang saperangan perang wau dipun lampahaken nurut pambudi sarta pepathokan kula ngatasing peperangan tuwinsadaya sampun dipun anggep saha dipun ugeri denign guprenur jendralLodhon utawi Parentah agung ing Nederlan, dene tegesipun parentah agung wau tan liya, minister VanKoloni, J.Dh, Pransen Vandhepute, sabiyantu kaliyan minister Rad utawi sampun terang karsa dalem sangaprabu, tuwin sasampunipun miyarsakaken rembagipun Rd Vansetate, ing mongka pambudi sarta pepathokan kula peang wau, wilujeng anuwuhaken tetembunganing jendral Pal nalika gupernur Jendral LOdhon badhe kondur dhateng Eropah, suraosipun makaten: paa wadyabala ing Ngaceh samangke sampun sirna sumelangipun, sasat Ngaceh kacepeng jantungipun sarta kenging dipun ladosi perang amapan. Deneperangan ingkang kaping kalih, tan liyainggih punika,nalika perang Ngaceh dipun tindakaken dherek papathokanipun minister W,Van Goltin sabyantu kaliyan gupernur jendral ingakng jumeneng sapunika Mister J.W.Vanlansebereh, kadadosanipun perangan weksasan wau, ambilaeni, litnan colonel Rosemongs sampun angebuki lalampahanipun perang Ngaceh wau, mila sawarnining bongsa Nederlan ignkang kepingin anyumerepi, kadadosanipun perang ingakng kalebet perangan kapingkalih, kula rembagi amaos sakaranganipun litnankolonel wau, wasana kula sakalngkung bingah saged anerangaken kenginga kangge samangke utawi sapanginggilipun bilih kula boten pisan dherek dherek dhaeng perang ingkang kalebet ing perangan kaping kalih punika, sartaprelu andhamangaken dhumateng sawarnining bongsa Nederlan bilih katrangan ingakng kasebut ingnginggil punika tuwuh saking panguman-umanipun minister sepuh,W.Van Goltin ngatasing weweka kula ing pepera. Dhenhah ping 24 Dhesember 1876 Katandhan I.Van Switen ======\======Punika panangkisipun LItnan Kolonel Dherosemong Wiyosipun minister Van Koloni sepuh, mister Baron Van Goltin, sampun amacak panjurung ing serat kabar Otreh, kang katitimangsankaping 19 sarta pign 20 Dhesember panjurung wau kinrya dadamel murih anyenyerongi karangan kula, bab lampahipun perang ing Ngaceh. Yen ta tuwan VanGoltin angenira amacak panjurung wau, mawi wewaton andakwa, amesthilajeng kula udur ngarsaign pradata, ananging tuwan Van Goltin sakalangkung wegig, anggenipun nindakaken damel amranani, ananging panjenenganipun boten kenging dipun udur ingngarsaning leleresan, mila kula boten saged polah malih, kajawi naming anangkis panguman-umanipun tuwan Van Golstin, Nalika tanggal kaping 12 wulan Mei, 1876 wontn rpiya satunggal ingakng anyarirani tiyang bumi, punika purun adorakaken karangan kula bab perang ingngaceh, ing mongka anggenipun wicanten ing ngarsaning pasamuwan ageng nagari, anjalarikula ngaturi seratan patikeman, katur dhumateng pangagengipun twedekamer setat jendral (pangadilan Luhur) suraosipun anyuwun mugi priya ingkang kasebut wau, adhawahana murih anerangna pandakwanipun ingkang kula wastani tanpawewaton. Twedhekamer amangsuli sarta asesendhen bab kaping 92 angger wawaton nagari, ing ngriku anyebutaken manawi ingkang jumeneng Lid ing Twedhekamer boten kenging dipun udur babpamikiripun ing kakalair ing pasamuwan ageng, lajeng kula ngaturi serat kaping kalih ijemanipun kula amratelakaken bilih kula inggih tan sepen anyumerepi yen ingkang jumeneng lid ing twedhekamer boten kenging dipun pradata, ananging kula pirsa utawi bilih sawijining lid ing twedhekamer maksa kandhah ing kuwajibaning silengkrama, boten kenging teka andakwa tiyang ngarsanign pasamuwan bilih boten pipak wawatonipun, salajengipun twedhekamer boten angarsakaken mangsuli serat aturan kula, ing mongka samangke tuwan Van Goltin arda amastani yayahg taksih jumeneng minister Ban KOloni, manawi pandakwaning priya ign salebeting pasamuwan ageng wau, dipun anggep anyireni, awon, mila atrapipun tuwan Van Golstin wau, mindhak angawonaken dhaeng panjenenganipun pribadi, sabab nalika tuwan Van Golstin maksih jumeneng minister, gampil yenbadhe anyumerepi leres utawi botenipun karangan kula, sok makatena anggenipun anindakaken wados badhe amewahi anggenira amitunani dhaten gkula, dipun tingali anampeg boten saged lawan kaliyan nalar pasaja sarta temen, wasana sareng samangke tuwan Van Golstin amastani pandakwaning priya ingkang anyarirani tiyang bumi, dipun samekaken lwir ciciri awon malah samangke wonten pitakennan tuwan Van Golstin pyambak sampun dipun cireni kaping pinten dene teka suwiyah angawonawon dhateng liyan, sumongga punika ownten lepiyanipun satunggal ing mongka kathah tunggilipun. Nalika pasamuwan ageng ing TWedhekamer, tanggal kaping 12 Mei 1875 ingkang dipun damel gegaman tuwan VanGolstin angawrati dhaten gkula panjenenganipun dipun sampekaken denign priyagung Oldhen Usgratema, ingkang jumeneng wawaakil ing tiyang bumi, yayah tiyang ingakng boten pasaja sarta tiyang ingkang angremuk pangawasa, tuwin kawastanan kadi minister ingkang mambengi paprentahanipun gupernur jendral Lodhon, tuwan Van Golstin boten susah anedha cihnanipun, awit priyagung Oldhen Usgratema sanalika lajeng kemawon amelehaken sarta anerangaken. Dhenhah kaping 25 Dhesember 1876. Katandhan J IHderosemong. ======\======Surakarta Ing Surakarta samangke bab kaparsuden pagunan sangsaya mindhak, sasasd saben wulan ing suraos, wonten kemawon ingkang kenging kapyarsakaken, kados ta ing dinten wingi, kkula tutuwi ing made prantos anyambut damel gadhahanipun tuwan Wit ing Surakarta, Kabalen, ing ngriku kapinujon ten Kretasasi, kagunganipun kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangunagara, ingakng dipun anyaraken ing salebeting made wau, sampun rakit nanging dereng katur, boten ngemungaken kula pyambak kang mastani, sawiyahtiyang ingkang sami mariksani, andadosaken suka seneng, dene ing praja surakarta, meh boten kantun bab dadamelan kreta, pamajang utawi pulasanipun anyekap, ing suraos boten susah manawi wonten ignkang badhe andadosaken kreta, dahteng liyan nagari, mila para tiyang ingkang kepingin ing ngali,kula rembagi aningalan kretastasi wau. ======\======Dereng lami wonten tuwan anama Ha, dhateng saking Salatiga, anuweni peken sedyaniun badhe tumbas kapal, dangu-dangu manggih kapal jaler ingakng dipun remeni, sami awis-awisan lajeng aksukakaken katumbas 95 rupiyah, ananging tuwan Ha mrajangji, kapal badhe dipun bekta dhateng Gondamanan murih kapriksaaken dhateng tuwan Dimonti, yen kapal wau kawastanan sae, ingggih lajeng badhe kabayar, yen ngantos wangsul boten siyos dipun tumbas ingkang wade boten wenang anedha apatuwas, lajeng kapal dipun bekta awit ingkang badhe numbas tuwan ananging saenggga sapriki boten wangsul. ======\======Telegram saking Ngaceh Kanjeng parentah ageng ing Betawi, anampeni serat kentheng saking Ngaceh, angabaraken bilihingkang jumeneng senapati amolahaken wadyabala, kolona nalika wingi (ping 28 Januwari) tepungkaliyan Kolona Panderhedhen medal pareden boten mawi tangled mila anggenipun giris para mengsah sangsaya ngantebi, anjalari dhusun lamuga nalika wingi kepanggih sepen. Ing dinten punika gnlurug dhateng Lambada, uger-ugering beteng tukupaya, inggih punika ingkang ngunduraken bataliyun VI lajeng dipun rangsang perang campuh dangu-dangu nungkul nunten dipun pajegi kumpeni, kapitunaning wadya kumpeni, ingkang pejah 4 sami tiyang alit, Istelitnan ping tatu baunipun, jajar, 9 inggih tatu, mriyeming mengsahingakng kabandhang kalih welas. ======\======Telegram saking Eropah Istambul, amarengi, karsa reerembagan kaliyani Kitah, akaliyan Prabu ing Montenegro, awawaton kawontenaning sapunika,s arta angulngaken tapel wates ingakng katedha, dene Turki kaliyan Sarpiyah dereng saged kepanggih rembagipun sabab turki mundhut tetanggelan. ======\======Dereng lami tuwan Te, ing Bogor kabilaen ketaton wontening pakawisanipun pyambak jalaranipun tuwan wau panuju lumampahign pakebonan dumadakan kadhawahan who duren saking uwit ingakng kapara inggil, dhawah ing sirahipun sakalangkung anteb tatunipun sarta kathah rah ingkang wutah, anjalari tuwan Te, kalenger ananging boten dangu lajeng enget malih, kienging kaajeng-ajeng enggal sarasipun, mila kedah angatos-atos bilih sesaba ing sangandhaping uwit duren ingkang panuju awoh. ======\======Wonten kabar bilih mantra Kopi ing Turen bawahmalang (Pasuruwan) anerangbaya, jalaranipun badhe anyepeng pandung, kancanipun kalih welas upas satunggal sarta lurah dhusun satunggal, ananging punpandung purun mampang sakalangkung teguh, dados kancanipun mantra sami bubardipun amuk, dados naming pyambakipun ingkang kantun, dipun suduk dening dursila saha dipun cuwung mawi bongkotan kajeng, dangu-dangu kapidhara, sirna byunipun, wasana asisten wadana sakancanipun dhteng tandang, punika ingkang anyepeng durjana wau, dipun ladosaken nagari, mantra ingkang tatu kaladosaken ing rumah sakit kancanipun mantra ingakng nyolong glanggang dipun ukum nyambut damel peksan lurah dhusun kapocot ananging bab kekendelanipun mantra anggenipun atatata-tatag teka boten kacriyosaken, mug-mugi nagari anguniganana sarta angganjara. ======\======Serat kabr Surabaya anyariyosaken warti saking Bojanagara, ijemanipun amratelaken bilih samangke sawrnining gredhu dipun dekeki ting sarta ingkang jagi sami tengen ing margi ageng awis wonten tiyang keplek, ingkang lampah dalu tanpa latu, dipun cepengm katrapan ukuman paksa, sawarniing kreta sapanunggilanipun bilih mlampah sasampuning serap kedah mawi dilah, konca patrol sami prayitna, boten kenigng dipun tangguh lampahipun, yen pranatan makaten wau dipun kencengi sadangunipun masthi yen amrayogeni, iba panrimanipun para konca bumi dhateng ingakng tas tapa ngawasa nagari. Ing bawah Surakarta sampun pinten-pinten dinten, kathah jawah, bilih sampun amethukaken sonten kapasthekaken yen jawah deres, saemper ing kiwatengening nagari, inggih samanten ugi, sabab lepen pepe asring-asring mrtandhani. ======\======Lokomotip ongka 31 angabaraken manawi para tuwan Kontolur, samangke kathah ingkang methukaken minggah ing kalenggahanipun, jalaran saking para tuwan Asisten Residhen ingang badhe nyuwun pamit kathahipun wolu. ======\======Wonten kabar bilih siti tebasan ing GEsangan boten badhe kenging kaangsur pamajegipun, awit pasiten wau prenahipun ing salebeting agdheling Salatiga, sarta kapipit dening pakopen gupremen. ======\======Serat kabar Mataram aceceriyos manawi tuwan Dherektter Dhewilte, ingkang nglurah I pabrik ing Barongan, gadhah seserepan saged anukulaken tebu, ing dalem saminggu wewah 3 utawi 4 kaki, inggilipun manawi yektos sarta timbang kaliyan pikantukipun gendhis inggih mayr mapet. ======\======Cupetiing pandeleng Mengahcupeting pandeleng wau, gadhah murad kekalih, ingakng sapisan ngagtasing badan, ingkang kaping kalih ngatasing kapinteran kados ta ingakng dipun wastani tiyang cupeting pandeleng (Pasuluhan) punika naming saged anyipati maujud utawi wokiran, ingakng kenging kasat mata, tegesipun ingang caket prenahipun saking ingkang cupet pandelengipun wau, ing mongka wonten ingakng gadhah mripat boten saged aningali langkung saking sekawan senti meter tebihipun, langkung kedhik sadim renlan, langkung saking punika tiyang ingkang cupet ing pandeleng wau, boten saged anyapati, mila cupeting pandeleng kang makaten wau,jalaran saking pasag rakiting soca, boten kados ingkang masthi, tegesipun dereng pajeg, nanging lami-lami saged ewah, lajeng andarbei soca ingkng pajeg salehipun, suraosipun cacading mata wau saged mantun dangu-dangu yen mindhak umuripun wewahawas, mila amatuwasi, kalih dene ingkang upeting pandeleng, manawi tanpa tesmak, punika langkung suka senengipun biih aningali damarsewu, katimbang kaliyan ignakng gadhah soca omber pandelengipun, awit ingakng cupet wau aningali dmar sewu ketingal dados satunggal tegesipun yayah aningali giri dahana, dene ingkang omber pandelengipun aningali dammar sewu sami anytunggal-tunggal boten saged kumpul, liya sakng punika ingakng cupet ing pandeleng wau, biih kikirangan saged kapitulungan dening tesmak bokmanawi langkung denig awaskatimbang kaliyan ignang omber pandelengipun, kejawi sakin gpunika kenig gdipun tarekahi, ing jejmpi pinten-pinten, cekakipun cupeting pandeleng wa kaupamekaken cacad ingkang saged mantun, sarta malih tiyang ingkang darbe cacad wau, boten amitulnani ing liyan, mandhak angasili dhateng ingkang dagang utawi yasa tesmak Mila kacapetaning mata wau, boten angrugeni dhateng ing tiyang kathah, utawi dhateng sasiki-sikining janma, ujer beda katimbangkaliyan kacupetaning pandeleng jalaran saking tunaning pamikir, tiyang ingkang cupet pikiranipun wau, yen ta jumeneng lurah ing paprenthan utawi lurah ing praja sapanunggilanipun, punika boten ngemungaken amitunani sanalika, sanadyan ing pawingkingipun ingggih angrugeni, pnten pinten lepeyanipun ingkang sampu ketingal yakin boten susah kapratelakaken malih, ingkang sami remen ing kawruh mugi andhidhisa dhaten ging pundit-pndi, menggah kasangsaran ingakng tuwuh sakin gpakaryanipun para lurah ingang supeting pamikir,mila ingkang cupeting pndeleng jalaran saking mripatipun punika solot-sootipun sageddhangan utawikenging kausadan nanging ingkang cuptip ing pandeleng jalaran saking tuna ing pamikir, punika sring sangsaya ngranuhi sarta ambilaeni, malah asring-asring boten purun ngaken mandhakipun satosani boten purun kawon malah sangsaya anggenipun angekahi, murugaken kapitunaning tiyang sanes utawi tiyagnigkang dipun bawahaken sarta ingkang menggepokan dhaten gcupeting piker wau, wasana cupeting pandeleng jalaran tunaing pamikir wau, asring-asring tuwuh saking kacupetaning kawruh, nanging ingkanglimrah tuwuh saking watek wangkal sarta sepening budi ingkang terang, mila cupeting pamikir kaliyan cupeting panampi, punika limrah areruntungan tegesipun boten uwal uwal kenging dipun upamekaken sadherek estri tunggil wadhah, nunggil dayanipun sarta amautawatosi ngatasing tiyagn ingkang kacengkerem denig sadherek kembar wau, malah ngantos anggempalaken dhampar utawi anjalari rengkanign bumi, dene wanudya kekali wau busananipun amoncawarnis arta manggen ing pundit-undi. ======\======panjurung mugi kaaturpanjenenganipun sumitra Mas PUspataluki. Ingkang nibya ma ing Praja Magetan. Ing sarehing kula sampu maos seratpanjurung sampeyan ingkang dumunung ing Pustaka Bramartani ongka 4, ijemanipun sampeyan cinada pamleha kathah-kathah dhumateng para pasaja tuwin cupet budinipun bongsa jawi, saking punika kula saklangkung nrimah sukur sartakula inggih maksa atur pangalembana wikya kadarum, awit sampeyan sampun ebyar saparing pituwahandadosaken pambikak ing nalaripun tiyang jawi ingkang kasinungan cupet budi kadya kula, jalaran makaten punika saking dhat cupeting budi kapeksa kumedah anyambeti panjurung wangsulan sawetawis. Ingkang punika saking panuwun kula yen andadosaken parengingkapti, mugi kagalihana ingakng panjang bilih manungsa punika kathah basanipun, sarta warni- warni rupinipun sanes-sanes pamanggihipun agaminipun ingggih boten leres kathah kemawo bongsa jawi ingakng sampun kadunungan widya pradana saking Eropah kawewahan kawruhipun piyambak tuwin saking agaminipun jer lajeng sampun saget piyambak anggalih nyirnakaken budi daya igakng boten kalebet ing kawruh tuwin agaminipun utawi ingkang boten sumbung ing tyasipun. Sumongga kagalihana mali yen pamanggih tuwin panyipta wau saged kasirnakaken among tata adapt wantahing bongsa ingangg boten saged sirna babr pisan inggih saged ugi nyirnanaken sawetawis nanging dangu-dangu enget malih, awit ingkang para kasorod dendening widya prdatna, kawruh tuwin ngelmi wau sami tiyang jawi, dumunungipun ingggih wontening Nungsajawi, langkungmalih leluhuripun inggih tiyang jawi kados pundit anggenipun saged nyirnakaken tata caraning bongsa nagari. Kula smpun asring nymerepi sobat utawi konca kula sekolah rumiyin tuwin sanesipun, ingkang sami bongsa Eropah ingakng turunan kalairaken ing Nusajawi, inggih sami manut adapt tatanipun tiyang jawi ssamikagungan panyipta kadinginggil wau, dening ek tekatipun kula boten terang, ananging saking pamanggih kula sadaya punika boten kok ek tekat meleng dhaeng lelembat tuwin wreksa, awit sampun sami gadhah panutan piyambak piyambak, inggih punika sami ugi kaliyan pamangihipun tiyangjawi, sarehning wonten cacriyosan buku inggih kedah dipunpirengaken denign yakin botenipun punika kula sumanggakaken. Kula miring ingakng sampun kawartos kados ta bongsa welandi, Jut, Rumes, Griprinir, benis sapiturutipun tur sami Eropah ewadening pamanggihipun sanes-sanes, utawi agaminipun inggih sanes-sanes adapt tata inggih benten, sarta sadaya wau sami angsal pituwah saking buku, nanging sasamuning ngangsal lajeng sami anggalih malih pagut punapa boten, yen kenging kasirnakaken ingggih dipun sirnakaken, sami ugi kaliyanpamanggihipun tiyang jawi, dados yen makaten sami dherek adapt tataning nagari utawi bangsanipun piyambak-piyambak. Mugikarsa anggalih malih yen manungsa jaman samangke kados pundit teka saged sumerep warnining lelembat, boten kaliyan tiyang jaman kina-kina ingkang sampun tinakdir trus ing tingal, kantos sagedwujudaken kitab utawi bible tuwin buku adi-adi, sumongga kula aturi yen karsa prayogi mirsani kitab tapsir kaliyan kitab Bulkiya, nalikanipun pandhita Bulkiya bikak pethi kencana lajeng manggih sasratan mungel asmaning jeng Nabi Muhammad lajeng kasmaran sigra anilar wisma tuwin nagari lumampah lelana lir suta katilar sudarma,lah punika saweg saged mirsa kawontenanipun lelembt jim setan pinangkanipun purwane dumugi wekasan, sanadyana ing kitab Sibir inggih kasebut jim setan,langkungmalih mugi kagalihana jim setan punka asnasiripunnamung 3 samenipun malaekat angina tuwins ato kewan jalara makaten punika raksa daya tiyangsampun nymrerepi tuwin sampun mangretos sanet yen wujuding setan boten wonten sarehning para treus ign tingal ig kina-kina sampun lairaken kitab tuwin buku, ingggih kedah dipun kapiarsa dening tiyang samangke, ananging ngeyakinaken ing pamelenging tingal dhaten gsetan toh boten, bok inggih sampunta nun mawi cinada mamelah makaten, mindhak mindhak andadosaken kridhanipun para sarjana, temahanipun papabentan padaya ing pustaka bramartani anglairaken ing lelempit sarta nyuremaken rengenging bramartani wasana andadosaken ruwida tuwin turidanipun tuwan redhaksi, margi badhe nyirepaken pawarti adi-adi igkang parlu kaaksi saha kapyarsakaken dening ngakathah, bokingggih manjurung kadarman supades andadosaken kaarsayaning ngakathah. Anjawi saking punika pamanggih kula kenging ugi mamelehaken dhumaengbongsa jawi, ananging yen nedya pamelehipun raden AryaPUrwalelana ingkang yasa buku PUrwalelana, tuwin tuwan Ole (Holle?) ing Garut ingkang yasa buku amongtani awit punika andadosaken gunapangupajiwa, tuwin ignakng yasa buku Darmawasita, darmasanyata saha panjurung drmawasita, ingakng kintunan sakin gtuwan Pridrik ing Surakarta, lahpunika kenging kaalembana sayakti, awit andaodsaken pambikak ing nalaring ngakathah lajeng sami dumeling sadaya, angindhakaken kautaman sampurna, ing mangke kula sarta konca taruna ingkang pethuk budi kaliyankula, saha ingkang sami yuswa, 27 taun sapangandhapipun sadaya sami atur saklangkung-langkung panuwun yakti sarta kapuji arja, dhumateng igakng sampun karsa anglairaken pamulang wau, tamat. Titi. Bangil tanggal kaping 5 Pebruwari 1877. Katandhan Sastramaliwis. ======\======Sanadyan panangkisipun sastra maliwis ingakng kasebut nginggil punika, pantes kapyarsakaken, suparandene redhaksikedah aceluk-celuk, sampun ngantos kadalurung kapigeganen mengah kawontenaning lelembat ingngalam smangke. Redhaksi ======\======katur mitra kula Nawungkridha. Sanaknawung, ngantos cecengklungen anggen kula badhe ningali saambetipun anggitan sampeyan bab tedhak dalem dhaten glangen arju, punapa sampeyan dereng kaur nyembeti, mila sru angajeng-ajeng awit kula pancenremen amaos angitan igkang pating clekuthik suraosipun, semantena bok sampun kablabanen ing pamong luwes, mindhak angesataken ingSurasanipun, rak ingggih ta, nun. Jayengwiryana. ======\======Kula mentas panggiyan pring konca kula ingkang sami tumbas serat kabar Bramartani, raosan bilih panjenenganipun tuwan ingakng ngedalaken serat wau saged anampekaken wonten ing dinten Kemis sonten, punika andadosakenbingahipun prayantunig nagari Surakarta, punapa dene panjenenganipun redhaksi, inggih sampu katingal anglegani macak sawarnining panjurung, punika anambahi bingahmalih. Arja Prayitna. ======\======Panjurung nginggil punika wonten emperipun kadi arja prayitna kapara kemerenmanawi ing tembe wonten prelunipun redhaksi badhe anedha katrangan, awit saking punapa arja prayitnaamastani, yen redhaksi sampun ketingal anglegani macak sawranining panjurung. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat GEdhog lampahan Panji Sekar Lawankocap jrocarita, wowohan ing taman sari, selaminira tumruna, lawan wohira andadi, nyadham-nyadham mateng wit, kumropokan pentil karuk, tan lunges datan lebar, pangwasane sang dewadi, rajaputra wus lajumanjing jro taman. Sangsaya leng- leng kacaryan ningali langening sari, kang karya munggeng wangsalan, kadi sekar mandheg nolih sekar panambang peksi, lawan sekr waja jamus,lan sekar anguliwat, lawan sekar panjang alit, lawan sekar wanita anganyut jiwa, Lan sekar kulineng toya, lan sekar sasoring wentis,lawan sekar wijah-wijah, lan sekar kurangrespati, sekar boning kapencil, lawan sekar jalma tuduh, sekar cacading ngawak, lan sekar loro sawiji, lawan sekar mindha amiseseng praja. Lawan sekar jalma liar,lan sekar uler babacin, lansekar lesa ing ubaya, lan sekar ngulem-ulemi, sekar jalma ningali,lawan sekar jalma sepuh,lan sekar wuluh wungwang sekar panglela rarya lit lawan sekar turongga rineh ing jalma. Wangsalan sinung tarbuka, giyanti mandheg anolih,menur panambang kukila, waja jamus sekar mlathi, guliwat wora-wari, ceplok piring panjang timur, pawstringanyut jiw,kang sekar larakedhati, pacar banyukang sekar kulineng toya. Sempol sasoring wentis, saruni kurang respati, wijah-wijah sekar , kenonga boning kapencil, telu kilo rosiji, regulokang jalmi tuduh,burbamisesang praja, raga inacacattdhiri, sun del malem kang sekar pawstri lipar. Puspa cidra les ngubaya, prabu seta uler bebacin, lemu-lemi sekar dangan, telengjalma aningali, wong sepuh mondha kaki, kang panglela sekar andul tulupan wuluh wung-wang, sekar pangreh ing turanggi, winastanan sekar tegari kasmaran. Sang Panji dangu ngideri,ningali langening sekar, kacaryanmulat rakite, tinat abebanjengan, munggeng jembangan gedhah, tumaruna wancinipun,s ekar mekar maweh gonad. Mimilih ing kang pinethik, ginonda sarwi lumampah, dene kibancak lan Dhoyok, bikut angundhuh wowohan, pinangan turut marga, nyamuk-nyamuk lan gumuyu, dhoyok tanduraning dewa. Legine kepati-pati, iki who jambu dresana, lahkaya madu rasane, banyune seger narambah, sumrah rasani gbadan, kidhoyok nauri uwuws, ingsun iki iya eram.lagi tumon woh ing wuni, rasane kaya pijetan, sidewa doyan bebadhog, yen gelema ingsun sambat,nandur kekeboning wang, rasa enak dimen tiru, kibancak sumaur sugal. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 8, Kemis kaping 22 Pebruwari 1877 Klawisudhan Surakarta Dereng lami ing Bramartani anyebutaken menggah kanjengpangeran kalih ing Surakarta 1 kanjeng Pangeran Angabei, 2, Kanjeng pnageran Arya Mataram, angggenipunjumeneng mayur utawi kapitan, kapara kalamen, wasana ing dintenpunika, tanggal kaping 19 panuju tingalan dalem taun Sri Bagendha Raja ing Nederlan, abdi dalem pangeran kekalih wau, karsaning kanjeng gupermen kakulawisudha ingkang satunggal kanjeng pangeran ngabei kajungjung pangkat litnan Kolonel, ingkang satunggal malih kanjeng Pangeran Arya Mataram, kaangkat dados Mayur sakaliyanipun dherek gegelengan setap, para tuwan sarta liyanipun sami sae karasasuka seneng amyarsakaken , mila nalika para pangeran sarta sawarnining priyayi agung-agung, dipun tindhihi kanjeng gusti pangeran adipati anom, ing dinten wingi enjing, kumpul ing dalem karesidhenan sarta angaturaken kawilujengan dalem srinarendra nederlan sagarwa putra dalem sadaya, kdos adat saben, punika kanjeng tuwan residhen ing Surakarta, wangsulanipun ngiras angpyakaken kawisudhan wau,s arta amratelaken bab sih temenipun sriBgendha raja, dhumateng pangeran kakalih wau, utawi dhateng kraton ing Surakarta Adiningrat, ping 20 Pebruwari. ======\======wonten kabar terang bilh kanjeng tuwan ingakng wicaksana gupernur jendral benjing salebeting wulan Maret ngajeng punika,badhe tindak dhateng Sumantra, sarta anuweni balatontra ingpabaratan nagari Ngaceh, dene ignakng kakarsakaken andherek tindak dalem kanejgn pangeran Arya Suryaatmaja, kolonel ajudan dalem knajeng tuwan ingkang wicaksana padamelan merunggan, rayi dalem sasiki ingkang sinuwun kanjeng susuhunan ing Surakarta Adiningrat. ======\======Telegram saking Betawi katitimangsankaping 21 angabaraken makaten. Seratkabar Fabodhe aawarti,bilih guprenur jenderal badhe tindak dhateng Singapura, benjing tangal kaping 6 Maret semper kados badhe rerembagan kaliyanguprenur ing Setrtsen Telemen, saking ngriku bdhe tindak dhateng Ngaceh, bokmanawi lajeng dhateng Padhang, kanjeng tuwan ingakng wicaksana badhe kadherekaken denign ajudan sakawan, sarta pakabaran dipun dherekaken kolonel ajudan kakalih, ngatasing padamelan mirunggan, punapa dene malih garwa dalem sang dyah Miprodhan lan Sebeih, sarta mMiprolepison ingggih badhe angrenggani lampah, telegram boten anerangakenpunapa kanjeng tuwan sekretaris jendral dherek punapa boten, dene ignakngbadhe kabekta, palwa perang titiga, musik sapontha gegelenganing bataliyun, 18 sarta kapaleri saplaton saking Bogor ======\======Surakarta Para kulasamngke saklangkung angkuhipun, manawi anedha berahan dede sapantesipun, prelu samangke dipun pambengana, leresugi bilih anggenipun angkuh para kuliwau, ingggih para tuwan pyambak ingkang marahi, sabab dipun sekajeng panedhanipun, sumongga dipun tandhing kaliyanbayaranipun kuli, ingkang anyambut damel ing pacinan, derenglami wonten tuwan gegriya ing Setratmukak, badhe aken bekta piyano dhateng panggenan sanes 6 tindak tebihipun, kuli sadasa ingkng masthi kanggge, lajeng awis-awisan umbalan, tuwan badhe anyukani agangsal sen satunggal kados adat lami, konca kuli maksa nedha nyadasa sen, manawi boten purun samanten mopo, malahing benjingipun badhe nedha umbalan langkung sakin gsamanten, tuwanbotenpurun angrisak kalimrahan, para kulilajeng dipun tundhungmantuk sami mundur agiyak-giyak, piyano lajeng dipun gotong dning para rencangipun tuwan pyambak, wasana kuli wangsul malih sarta sarta misanjangi yen samangke purun kabayar anggangsal sen nanging lajeng dipun tundhung malih awit sampun mantun damel, ingkang dereng dhnger kawastanan bilih para kuli lajeng samimantuk punika boten pisan-pisan para kuli anguduraken rehningngajeng sampun kadadosan badhe kabayar nyadasa sen ing mongka samangke sande, maksa para kuli anedha bayaran agangsal sen satungggal, saengga anuwuhakenbenduning tuwan ingakng dipun udur wau,lajeng katundhung malih, ingkang punika namung anddosna kauninganing ngakathah, bab ladakipun para knca kuli, pantes yen dipun panbengana, sarana dipun dekeki panggeran bab kathah kedhik kang umbalan. ======\======Ing Sokabumi caket redi Mrapi, wonten nalar nganeh-anehi,cempe kalihalit-alit turuning benggala,dipun susoni sgwon ignangsuku tiga, ing ngajeng bokkipuncempe, sasampunipun manak angsal gangsal dinten pejah, nalika smanten segawon wau ingggih anak-anak, nanging kirikipun sami dipun bethot, sagawon lajeng kaliweran angupadosi anakipun dumadakan amanggih cempekalih,ljeng purun anusoni, dalasan sapirki cempe wau taksihsami saras. ======\======wonten kabar kawat saking Surabaya,bilih panggebaging loteri yatra, Jongesweseninrihting, siyos benjing ing dinten Setu tangggal kaping 31 Maret ngajeng punika. ======\======kabar saking Wanagiri, (mangkunagaran) kebayan dhusunBanar,nama Onggatirta,kepangih pejah wonten ing wana dipun tubruk dening Kyai Jiwarowa, sanjangipun anak jaler ingkang sepuh, nalika tangggalkaping 1 Pebruwari, wnacijam kalihdalu, bapakira kesah aningali taneman jagung, sareng boten ketingal wangsul, sarta arit tuwin iketipun kepanggih, caket pagagan sarta wonten labetipun erah laejng kakinten manawi kabilaen, sareng elet kalih dinten panuju amlagar wana, Sakrama amanggihaken jisimipun Onggatirta, sampu ajur mumur, nanging taksih kenging dipun tingali yen jisimipun Onggatirta, saksana polisi lajeng angrakit badhe amejahi buron galak wu, saingga dipun sanjata ugi kapranan, nanging boten miyatani, para tyang dhusun Banar sami sarasa boten badhe ngendeli, yen dereng amejahi sima wau. ======\======Koran Surabaya katitimangsankaping 3 wulan Pebruwari, amratelakaken suraosing serat saking Surakarta, ing ngandhap punika, ungelipun: Menggah ingkng anebas siti dhusun ing bawah Surakarta ngriki, utawi ing bawah Ngayogya, inggih samanten ugi, sami boten saged ayem,langkung malih ingkang sami cupet boten saged anebas siti ageng,punika sangsaya aketer-ketir bab putusanning reglemen pamajegipun siti dhusun, dene anggenira sami kuwatos wau, wonten ingkang dados wawaton. Ing ngajeng sedyanipun para residhen badhe angsut pangawsaning para tuwaningang majegi siti dhusun, samngke kadadosanipun, namung para ingkang majgi alit-alit ingkang dipun prawasa, sabab samangke samun dipun damel wawaton, sawrnining siti tebasan alit-alit ignkang boten saged medalaken tutuwuhan pancen kenging dipun angge ing nagari sabrang, boten badhe kalilan angangsur pamakengiun, punapa dene pamajeging siti dhusun ingakng kirang saking 250 bau, boten badhe kaiden ing gupermen,mila pranatan kalih punika badhe anuwuhaken paadil, sumongga kagalih,ingkang sapisan bab pamedal ingkang kangge ing nagari sabrang, punika teteka sampu npinten pinten taun tanpa dipun catur, ingakng medal saking nagari, ing suraos manawi dipun damel garan smangke, sampun sirna dayanipun, bilih makten rak inggih wajib manawi para tuwan ingkang boten netepi pranatan wau, dipun engetna, murih amantuni, utawi anjejegaken ingkang ewah, manawi botenpruun amantuni,lah punika pantes dipun atrapana paukuman ingkang sampun dados wajibipun, sabab ing satemenipun bab paukuman sepen, ing reglemen boten kapratelakaken mila yen ngantos para ingakng majegi wau, boten kelilan angangsur, kenging kaupamekaken sawenang-wenang. Dene menggahpranatan ingkang ping kalih, boten kalilan amajegi siti dhusun ingnag kirang saking 250 bau ing saemper, kados amendhet suraosipun reglemen bab pamajegipun siti dhusun Artikel 11 ingmongka lidipun bab kaping 11 wau anglengkara sanget, lah punapa nagari Cina boten dipun wastani nagari sabrang, ingmongka uwos utawi kacang cina sapanunggilanipun sami dipun bektani dhaten gnagari Cina, aliyas saking punika wonten malihingkang dipun wastani tanpa adil, kadosta pasiten ing bawah Pajang utawi ing bawah Sokawati, rak ingggih bedanipun kathah, ing baah Sokawati saged amajegi siti dhusun mawi paitan sakenik, sareng bawah Pajang boten saged tumindak yenboten paitankathah, punapa karsanipun nagari para tuwan alit-alit kinen anyigeg anggenipun mangupajiwa, murih dipun keruk dhaten gingkng sami sugih kemawon. Ingkang makaten wau boten pisan anuruti liding reglemen ageng bab pangastanign paprentahan nagari, ing ngrikuamratelakaken bab angrebdakaken pamongani, kapesthekaken bilih boten pareng bineda-beda, sanadyan ageng utawi alite, wasana bilih badhe angesud pangawengsanipun para tuwan ingkang majegi siti dhusun ing saestu yen angewede- wedi. Liyanipun saking kasebut nginggil kathah malih ungel-ungelanipun weksanipun anyebutaken makaten: punapa dipun kinten bilih namugn tuwan alit-alit ignkang makewed tiyang dhusun, sanadyan ignakng kasebut tuwan besar inggih wonten ugi ingkang boten netepi reglemen. ======\======\======Dereng lami telegram angabaraken babkerepipun santana santun Grutpisir ing nagari Turki, Midat Pasa ing ngajeng jumeneng Prisdhen Ratpan...... , lajeng jumeneng Grutpisir, nunten kaundur dipun gentosi Edhempasa, Edhempasa nalika tanggal ping 11 Mei 1876 lajegn kakarsakaken dados wakilipun paprentahan ing Turki wontening Dhitslan sarta kasantosan denign Prabu ing Prowisen, kabar Edhempasa wau anggraita purun perangan, mila sajumenengipun lajeng nagari Turki kedah mampang, sabab sareng Midatpasa apaprentah kinen anyelehaken dedamel,kathah tiyangbumi ingkang gangsulmanahipun bokmanawi punika ingkang anjalari, Midatpasa dipunundur. Wasana ing salebeting kalih taun punika, wonten priyagung sakawan igkang gentos ginentosa jumeneng Grutpisir, kadosta nalika: 25 April 75 (1875) Grutpisir Husein Arnipasa dipun undur kagentosan Esadapasa. 23 Agustus, 75, Esadapasa nywyn rereh, dipun gentos simah Mudpasa. 10 Mei 76, Mahmudpasah karerehaken dipun gentosi Mukamad Rusdipasa 12 Dhesember 76, Mukamad Rusdi karerehaken dipun gentosi Simidatpasa. 5 Pebruwari,77, Midatpsakaundur, kagentosan Edhempasa, jumeneng Grutpisir, petangipun para Priyagung wau, namung jumeneng saben kawan wulan kirang langkunglajeng dipun gentosi. ======\======Pangajeng-ajeng Saking sangetipun kasengseming manah badhe anuju tingal kadadosanipun cariyosing sang narpamingitan santah mariyanah dhelopah, ngantos boten saged ananggulang murih angenepaken umriking pikajengan ingkang mahhyakaken garentesing wardya, awit tandukipun panengsem wau boten dhateng satungggal purug, kajawi kakenan denign wileting irama, ingih karonta-ronta lah badhe kados pundi lajengipun lalampahanipun grpmarselo, ingkang asih, nalikanipun kula wiwit aningali sambetipun kala anu punika, meh meh kemawon angraos badhe kalegan nguningai papanggihanipun sang prawira nom kaliyan sang retna ningayudyah Madhalenah, ananging wasana manawikapareng panjenenganing redhaksi, bok inggih dipun dugekna, saking pamanggih kula awit repen, cariyso ingakng angathahaken gita, wah aos punika pantes kadadosna jiilidan, supados bengkas sapanundhaning kasmaran, sumanten wau manawi boten wonten sabab sanesipiun. Katandhan Na Ka ======\======Punia anyariyosaken lampahanipun pangeran Sadsitan methik saking kondha Arab. Anenggih ing kraton Sadsistan Agenjod ingggih punika awit Aspahana, abdi dalem Pisiripun snag Prabu Sasadbah, ratu ing Sadsistan ambangkang purun dhateng ratunipun amethukaken mawi ngirid bala kathah, badhe angendhih sang prabu, ing mongka sang prabu, nalika jumeneng nata taksih taruna, sarehnin gdereng kagungan matek santosa, dados asring-asring amurang margi, anuwuhaken lampah siya-siya tanpa adil, ing pundi-pundi para tiyang sami boten tarimah, mila Pisir Aspahana, ingkang watek langguk lajeng anumpangi, purun dhateng sang prabu, dangu-dangu sangsaya ngrebda, sang prabu sirna dayanipun awit pisir kathah ilonira, dalasan ing salebeting nagari kathah ingkang byantoni, sadaya sami sarasa badhe anggepuk kedhaton, sang prabu kraos yen badhe kengser, angumpulaken barang pangaji, sarta ambekta bukti sawatawis lajegn anitih titiyan kanjeng ratu ingkang garwa anama baharsur, inggih tan beda dherek lamah ing priya, jengkar saking praja, sareng watawis kalih ejam sasampunipun sangprabu kengser, pisir Aspahana sawadyabalanipun prapta ing praja, lajeng dipun anggep ratu. Kacariyos sang prabu akaliyan ang dayita, mlajeng dhateng wana praptanipun amethukaken serap, sadalu amajang wulan, enjangipun ngrsakaken andhahar sangunipun nunten alumaris malih, amethukaken dalu, anignali pangggenan kadi patamanan wonten belikipun sarta kekajengan ing brikusang kawelas arsa leres dumadakakan jeng ratu Baharsur, ambabar putra jalu, lajeng dipun buntel mawi agemipun mantel baludiran endah. Iba sang prabu suka bingahipun bilih angggenipun miyos pangera dipati timur, sinembadan kamukten, mila sapinten ingmangke duh kitanipun, dene sang jabang bayi lair wonten ing wana, mila pangadhuing sang prabu, Oallah kaningaya teme dene kowe ngger, kongsi lair ana ing panggonan kene, apa iya kena dak gawa jabang bayi iki, ing mongka akeh mutawatire, mesthi yen ora bisa urip awit sakara kasa, apa prayoga dak tungoni angenteni saenteke sangu, anggenipun ngrembag tan kendhat, dangu dangu kepangggih pikiripun, rpayogidipun tilar, pangandikanin gsang prabu Allah mongsa kacupetan amaringi juru angluwar menyang jabangbayi iki, sarta bacut amulasara, yen aku karo kowe bok ratu, kongsi kawruhan ing kene, bakal dipateni kabeh, nanging yen amung sijabang bayi kang katemu, bakal dipulasara, lajeng dipun damelaken panggenan tilem wontening pasuketan dipun lemeki mentel baludiran adi, prenah mastaka dipun selehi kanthong isi dinar, sarta sing sim kadamel ganjaranipun ingkang manggih sarta amulasara. Sareng enjing sang prabu Sarimbit anilar atmajanira, lumaris awirandhungan sakalangkung turidanipun, sadanguning panggenanipun atmaja taksi hketingal, tan kendhat anggenipun oleh dhaten ggantilaning manah, sareng sampun boten katingal lajeng anyengkutaken lampah, ing mongka sang narendra putra kantun ing saengah ing wana gung liwang-liwung, ananging karsaning Allah boten ngantos dangu, tanpantara wonten begal pethut dhateng, badhe ambegal padagang sugih, ingakng masthi nglangkungi wana wau, telas barangipun, sareng sampun angutahaken rah, lajeng mirih ing panggenanipun jabangbayi wau. Sareng para begal sawek sami ngedum bageyan dumadakan aningali prenah pancuran wonten mantel baludiran mancorong katrowongan ing srengenge, lajeng andheluku ningali jabangbayi, sadaya sami gumun sarta cingak, saksana jabag bayi, mentel sarta singsimyang dipun pendhet dening pethuting begal, dene yara sakanthong dipun edum, jabang bayi dipun dulang kurma sarta peresan, dumugi ing griya dipun susoni ing abdi, nanging griyaning begal boten rupi griya, namung guwa ing pareden ingkang nepeni wana, punika ingakng dipun enggeni, ingngriku sasat menjangan ingakng nusoni, menyura ingkang ngodhori,akemul mega kandhang langit, angggenipun ageng sang narendra putra, ingangsaklangkung kawelas arsa, ingngriku saasat yun-yuning kang badhe anguger prraja ing sadsistan. Genti winuwus kocapa ingkang sami kaplajeng, pinten-pinten dinten anggenira lumampah tan kanggeg sungkawa, ngantos dumugi tepis wiringipun nagari Persi, dipun panembrama ing ratunipun sarta kinadang-kadang. Murih saged amitulungi tamunipun angrebat nagari Sadsistan, sang prabu Persi angarsakaken ngakit baris ageng, dipun irid dening san gprabu Asadbah, anjalari saged angratoni prajanipun malih, pisir Aspahana kajodhi ingperang keplajeng, para punggawa ingakng sami cidra ngubaya, tumut ilon dhaten gAspahana, sami manggih paukuman kisas dalasan pisir Aspahana, inggih dipun pejahi, awit kacepeng nanging badhe miruda. Wasana sadangunipun prabu Asadbah anglampahi kasangsaran boten seweng asilipun, sadangunira anglaut, kathah bathinipun amurih wasis angasta pursaranig nagari, sawangsulipun sang prabu andarbeni watek adil ambeksanta, ber budinipun boten wonten ingakng dipun ajeng-ajeng, namung kaslametaning kawulanira, malah dipun parabi prabu Darma, sawangsulipun sang prabu jumeneng nata malih, lajeng andhawah angupadosi putra ingkang katilaring wana, abdi dalem pisir basamah ingkang dipun bebahi angupados dipun sanggemi badhe kaganjar gedhong endah tuwin ara, yen ngantos saged amanggihaken gesang sang narendraputra. Sang pisir kinen angosak-asik wana,s arta anjajahi sawernining pareden, boten wonten satunggal ingakng saged anggenahaken,mengah guwaning begal punika badhe saged kadamel turutan, nanging boten wonten satunggal ingkang semerep prenahipun, ewadene wonten ugi larinipuningkang kawiyak, wonten tiyang dhusun gegriya caketing redi, anama Makrumbinroyal, andedahaken mantel adi dhateng Pisir, lajeng dipun aken kagunganing kanjegn tatu, ingkang nyukani tiyagnmonca ingkang kapitulungan dening tiyang dhusun wau, ewadene tiyangmonca wau alenggana mi sanjangi sangkanipun sarta dhateng pundi sedyanira, utawi griyanipun, suraosipun ical larine, ananging sang pisir panyiptanipun, apa aku bisa mulih tanpa anggawaraja sunu, lah gedhong endah sarta donya akeh, bakal ilang bae, makaten pangunandikaning Pisir, sanalika gadhah Pikiran anyidrani gustinipun. Taksih wonten candhakipun. ======\======Candhakipun cariyos tedhak dalem Langenarja \\Sinom\\ Tumambanging babang wetan, prabeangkara matalandi, sumuluh mring gnontariksa, tikeling sorot margani, pradaeng taruresmi, mueymi lis remu-remu, tuntung bayang-bayangan, tinanggapana ujwalaning, tirtawening maweh cahya moncar warna. Cumandhireng tarupala, tumranasemu kaeksi, bengis asmaraning cipta, wimbuh arsayaning galih, sayemprabanawungi, dumipengrat padhangipun, menak sarwa tumitah, mung minaka esi-esi, kasaladan lir ulading ngagniminglar. Amarasandi siluman kalinganing irim-irim, panjrah saengga pinajang, tinrajang minasumisih, lir kumbala cinandhik, myang palwa pan wus supenuh, ing tembing tinantambang, tatengran monca mawarni, tan tahen byas pambelah gya nya sendhonan. Saben kang palwa satunggal, pinasang cinawiiri, citraning kanang daludag, kamarutan angwelabi, momor ombaking warih lembak-lembak lir winangun, gangya ingkang kocapa, enjang samapta prasami, wdya kusmwa sumiwa neng ngabyantara. Mabukuh pasilanira, tembek-tembukweng ngarsaji, dhawuh imbalan narendra, karsa tehdak lumastari, kadadining kakaring, ring parang jara wawangun, delen para punggawa, ingkang kalilan umiring, sang pamasa karsawa anagiyota. Len para partiwabala, sangkepo careng narpati, tanduking kanang imbalan, tandya regswareng rumanti, ring karya siki-siki, kikiraban wadya kebut, sengkud doning panata mengkuhrikat ing pangrakit, iyek ayontanan ingkang kuciwa. Dyan tumerah srinarendra, sarimbit lan prameswari, sesining urmat sauran, winot ing sampan respati bedhol tumruntun sami, subamanggwala tinuju,kapyarsa ing mandrawa, kang swara katubing angin, tingcarengklung lir tabohan lokanonta. Mudhiking kanang giyota, binarung dening sasanti, pandhayung lawan pambelah, santya sabawa gugurit alwir sardula wikri, dintantuk bayanganipun, inggar senggak-senggakan, bebering lalayu asri, kasat mata tingkarethap ingkarelap. Kumitiring kang tatengran, kapwananlir pangawening, minton ken lir ing lalangyan, saurut pinggir imbanging, kanankering benawi, jalma tumingal matimbun, busanane kaarna, sigek wuryanireng margi, rawuh tekeng pasanggrahan parangjara. Wau kanjeng pra pangeran, kangsampun samya dhingini, mamatah rakit inglampah, pramukane kanjeng gusti, pangeran adipati, anom Mengkunagareku,methuk rawuh ing nata, sakadang kaddeyan sami, samya tarap neng ngarsaning wawangunan. Prajurit anujuraras, urmat rawuhnya sang aji, gupredeging balakuswa, sapangkat-pangkat respati, mimba cariteng nguni, sang ngaprabu Sasrabau, duk karsa mrikseng taman, pangaliyan sriwedari, nenggih saking agraning wukir untara. Tedhak lan narpaduita, ubekan dhomas kang putri, gumuruh aneng ngydytana, suka paripurna yekti, tan asangsayeng galih, lir amiyat wangunipun, kanangkuswalalita sampating sapalakarti, parangjarameh tumimbang langen arja. Taru anedheng tumruna, gumresbel ayom ngayomi, eyupe mirasengongga, kuneng mangkya sribupati, sawusnya tedhak saking, goyota tandya tumurun, kanthen lan padniswara lenggah paningrat andhaapi, wadya kuswa supenuh sosotanira. Ing wayah patang imbalan kapyarsa urmat elingi, oreging jawi gumerah, tahenta ingkang winilis, jeng pangran adipati, Arya mangkunagareku,kang sowan mring wangunan ngirid sang riswareng tami, sing ngayugja jujuluk jeng pangran Arya. Amangkubumi lon sarta, jeng pangeran Aryabumi nata dwi bupatinira, sagarwa jeng ratu angger kalawan rahadyan. Dyantumenggung danuningrat sagrwa jeng ratu neki, ayu ginerbeg parekan, upaara datan kari, sowan madyeng pandhapi, tuwin suyaseng wawangun, nyaosken subastawa, wau ingkang para tami, dahat sukarena kawistareng nitya. Dumulur mring parawadya, sumungku sukaningkapti, lir kakenan langen jiwa wayahning kanangeneni, wastu wisudeng titi, nahan sahantareng dhawuh, oreging wawangunan kundur mring sang grahan malih, langen arja pakurmatan datan siwah. Wangsul kadya tedhakira, sriing samadyeng benawi, tangeh rinonce ing gita, dalah kang tinamu sami, tumutur sribupati wahana giyota sampun umilir ting kerambang, wulinga ingakng umaksi, taruntunan barunging, kang parameyan. Pasemonne pasanggrahan lir slaga katunan manik tanpasrirarasing wreksa, kawula tlumalum manglih, malah ron rurusami, nbir senen ujwaleng mesum swara sarwa kapyarsa, yayah ngimur ngarihari, pangintere wiyoganing kang kawuntat. Taksih wonten candhakipun, Nawungkridha. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Gelem pisannenandhuri, kowe bakal ketiwasan, kebonamu ilangkabeh, pesthi bineskup mring dewa, kowe anmilu mangan, mara priye nggonmu jaluk, kaya iki jroning taman. Wowohane adi-adi, manungsa tan milu mangan pelem pirang pirang kuwe,kuweni pakel rambutan, manggis duran kokosan, kepundhung lan jeruk gulung, dhukuh bae saben dina. Aku ya gumun sethihtik, ora gumun babar pisan, dene kalong bajin gcodhot, ora na mangan wowohan,matane tinutupan, mring dewa dhingsok ambengsur sidarma jakakuwasa. Dhoyok apa kowe wani, atandhing ngadu kuwsa, karo dewa Dhing mengkono, kidhoyok gumuyu mojar, benere wani pisan, nanging sidewa tan luput, iki gone gawe taman. Gawe sukane ribadi, ora memasangi jalma, kaya mengkono karepe, dene manungsa sangsara, pakaryane priongga, alabecik bener luput, lah apa kelale sira. Wong roro pating cekikik, sang panji mesem ngandika, apa kang rinembug kuwe, lahkakang padha menenga, payo marang telaga, sarireng sun arsa adus, sang panji gya lumaksana. Bancak Dhoyokatutwuri, sapraptanireng telaga, katingal wening toyane,binatara wirinengga, pagere pandhan surat, sangpanji kuwasa dulu, ronpandhan kang munggeng ngarsa. Ana cirine kintaki,labet cinawi kenaka, gya sinugmeng nen unene, ciri kang munggeng ron pandhan, atembung prajangjeyan, hyang Darma lan garwanipun,luluse apa la krama. Miwah yen nala anitis,hyang Darma lan garwanira,marang manungsa dununge, umanjing putreng narendra, yen sampun winiwaha, anulya sinungan weruh, papanggihaneng jro taman. Sang putra lawan sang putri dumunung jro cungkup kembang, sihsiniyan sakaliye, punika karya wak-awak, kamulyane sang dewa, magkana sang panji dangu, kacathet daleming driya. Pangunandikaning galih, taman tan karya sangsara, dadya langen kasukane, sumarma nguni jeng eyang, tata pajroning taman, jinurung umadeg prabu, amengkurat tanahjawa. Yen mengkono sun luluri, san gpanji sedya nastapa, aneng taman sakadare, ngiras ngupaya kukila, jro wana bedhag pikat,misaya peg siber kutut, yata wus dngu antara. Sigra siram sang apanji, angracut busananira, sarya alon andikane, lah kakang padha adusa, bancak dhoyok asigra, kekalih nyemplung ing ranu, ciciblon alunjak-lunjak. Ki Bancak gumuyu angling, dhoyok iki ora talah, banyune wangi ambune, numusi sakojur badan, mambu wangi kabeyan, besuk lamun mulih ingsun, bokayumubungah-bungah. Banjur angrangkul nepithing, awaku ambune enak, marikaya wewus berok, kidhoyok gumuyu mojar, besuk kowe yen teka, bojo mu besengut nepsu, lunga bari garundelan. Mring pawon gulungan nangis, ki Bancak lo yageneya, ki Dhoyok sigra saure, kowe tinarka bedhangan, dewangwi ambunira, ki Bancak sigra sumaur, Ih aku pesthi supata. Mangkana wau sangpanji, lam-lamen denira siram, dene suraosing kang we, akarya sumreh ingongga, sayah lesune sirna, denira siram anutug, wus mimba ngrasuk busana. Laju minggah mariksani, langening kang cungkup sekar, dumunungkadya pulene, munggeng tengahing telaga, pintu gapura pandhak, sinung inep kupu tarung, rinungrum dening mas jingga. Papan selaka sinungging, angrawit pindha lunglungan, sinilih asih bang ijo, mubyar pasanging kencana, inebe kang wiwara, sinung gambar estri jalu, pinindha penganten anyar. Geng nya sinami lan jalmi, munggeng nginep kering kanan, kang priya bagus warnane, kang estri ayu angraras, kadya duksih siniyan, lir ngadeg munggeng ing pintu, arsa sira mring telaga. Ketara sami anyangking, kang estri angempit wastra,kang priya nyangking siwure, san gpanji ngungun tumingal,dene warnaninggambar, kadya kang jalma satuhu, tan montra-montra ketara. Taksih wonten candhakipun. Ongka 9, Kemis kaping 1 Maret 1877

Surakarta Nalika malem Akat angrintenaken dinten SEnen tanggal kaping 26 wulan Pebruwari, tokonipun tuwan Jonasportir enko, kapandugnan, durjana mawiamenek sainggiling kori ngajeng, dipun kekrek tebengipun, saemper sareng sampun memendhet lajeng medal kori, awit gampil pambikakipun, wadhah barang edi edi ingkang adhakan mawi tutup kaca dipun pecah, dene ingkang ical: 1 Rante jongga mas ageng panjang, 1Rante jongga mas ageng alit, 5 Rante Jongga salaka, mawi wonten cucuponipun sela, 2 Erloji salaka, mawi tutup rangkep, 1 erloji kuningan, 2 erloji prantos dipun bekta kekesahan pasagi,mawi slahwerek, 1 pendhil wangun bunder kuignan mawi sekaran, 1 Pendhil alit mawi slinger, 1 bumbung isi supe tuwan tuwan sadasa mawi sela.

Sadaya pangaos kiran glangkung 900 rupiyah. Lalampahan kadurjanan makaten wau sakalangkung andadosaken gumuning ngakathah, dene teka sangsaya ngrebda resahipunkang mongka ign caketipun panggenan kangkapandungan, wonten prajurit manggkunagaran ignkang jagi ngajenganing kantor lelang, saemper tiyangjagi wau sami tilem sadaya, bokmanawi boten wonten ignakng miketi. ======\======Lokomotip angabaraken bilihkanjeng gustipangeran adipati anom ing Ngayogyakarta, colonel Pansetap Ajudan Dalem Kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenur jendral ugi tampi dhawah, kakarsakaken dherek tindakipunkanjeng tuwan ingkangwicaksana dhateng Ngaceh. ======\======Serat kabar Porstenlandhen angabaraken makaten. Menggah reglemen bab panebasing siti dhusun ing bawah kraton kalih Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta, ngantos samangke dereng kateepaken, punika anjalari kapitunan, boten ngemungaken dhateng ingkangsami amajegi, awit ajrih anggelar jajahan utawiangangsur pamajeging siti, sanadyan para lurah patuh utawi tiyang alitipun inggih kapitunan ugi. Wonten lurah patuh ingakng nedya angangsuraken pamajegipun lenggah utawi gadhuhanira siti dhusun dhateng ingakng amajegi samangke murih saged anampeni yatra bebekten ait prelu damelipun, ananging ingakng sampun ageng pajegipun sarta kathah panedhaning yatrabebekten punika ingkang majegi boten patos angarsa-arsa turning reglemen, sabab sampunrumaos bilih anggenipun boten tumunten medal reglemen wau, awit badhe kaisenan papasak ingkang ngawrati dhateng para ingang majegi,boten badhe saged amedalaken asilipun siti dhusun ingang katebas wiwit wulan Oktober 1876 punapa dene malihrehning anggenipunamajegi taksih kantun sataun utawi kalih taun amurugaken kembaniun kang maegi, milaingkangdadospatuh dipun sanjangi bilih derneg saged anamtokaken bab pangangsur wau, wekasanipun para lurah patuh lajeng kablowok ingpanggenanipun para ingkang nglampahaken arta, dene tiyang alitipunsiti dhusun kang dereng katebasaken, adapt saben amitulungi dhateng lurah dhusunipun, tegesipun pun alit kawitunan ugi. Aliya saking punika teka kathah ingakng boten mudheng, sababipun dene reglemen wau sapriki dereng katingal, bokmanawi wonten ingakngmastani: mila dereng katingal awit derng rakit, ananging manawi katimbang bilih sampun cekap laminipun nggenira dipun timbang utawi dipun ripta,punika angwatoni masthi saged rakit, dangu-dangu leletipun wau, amitunani kathah, boten kenging dipun jangkah agenging kapitunan, ingkang bathi namungpara cethil anglampahaken yatra, sabab punika ignang nembong sareng ningali kabetahanipun para lurah patuh, sawiyah anggenipun ambubuti. Mila prelu sanget reglemen bab pamajeging siti dhusun wau, kasengkutaken ketepipun, sabab para lurah patuh, para ingang majegi sarta para alit badhe manggih kamayaran, ing pangraosan dyan reglemen punika, dipun isenana papacak ingkang awrat pisan tur boten dipun alup, inggih maksa prayogi, sabab terang kenging dipun damel waton anglajengaken nebas siti, utawi boten. ======\======Nalika ing dinten Senen tangggalkaping 19 wulan punika panuju pista raja ing dalem residhen Surakarta, kathah nalar ignkanganyenengaken katingalan utawi kapyarsa, kados ta pangangkatipun putra dalem kakalih, sarta pakabran ignkang anyarengi kamirengan manawi kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral bdhetindak dhateng nagari Sumantra,ajudan dalem kakalihkakarsakaken andherek,mila para ageng-ageng jawi ketingal suka bingah, ingakng kawastanan ajudan kakalih wau 1 kanjeng gustipangeran Adipati Anoming Ngayoygakarta, 2 Kanjeng pangeran ARya Suryaatmaja, rayi dalem ingkang sinuwun kanjeng susunan, dhasar Priyagung ambegsanta, linulutan ing ngakathah, wontenmalih ignakng mewahi suka seneng dipun tingali, nalika pista raja, inggihpunika kanjeng gustipangeranadipati anoming Surakarta, dene taksih timur sanget teka sampun luwes tindak-tandukipun ing pasamuwan, iba ingbenjing ipun, mila mugi mugi amanggiya wahyu jail duk samanten wonten ingakng kalenglengananginte-inte, ingngriku apyarsakaken jeng gusti kanggenipun imbalan wacana kaliyan para tamu tuwan tuwan sarta para pangeran, dipun sisihi dening sawijining tuwan ingkang dipun kulinani sanget saemper dipun piji kawenangaken ngereh sawatawis dhateng sang atmajendra wasana sang narpa putra angandika dhaeng tamupriya wreda, dipun tembung ngoko,pun wreda sanadyan karasweng tyas dipun sujanani boten pisan mesgul sagedamaranani isin ait guwuk kawruhipun sartarumaos sanadyan tindak tanduk tapsileng karma prelu kagem denig para luhur, suprandene jeng gusti taksih katimuren, ing sanalika tuwan ingakng dipun kaluluti wau, wskitheng tyas lajeng anyarukrami sang narpa putra dipun sasmitani tembung alus, lajeng kendel anggenipun tanpakrami, pun wreda pirsa ing semumanawijeng gusti kapranan ing wsita, sangsaya suka bingah dene sang calon narendra karsa miturut ing piwulang boten pisan katingal rengu, iba benjingipun manawi jumeneng narpati kapasthekaken manawi abondha-bandhu. ======\======Kentheng angabaraken bilih kanjeng pangeran Adipati ARya Suryasastraningrat ing Ngayoygakarta, akaliyan raden ADipati ARya Nitiadiningrat bupati ing Pasuruwan karsaning sribagendha raja kakula wisudha dados ridering Nederlan Seleyo. ======\======Dereng dangu Bramartani angabaraken menggah lalampahanipun polisi dhistrik ing Gesikan Demang REjasa, ingakng sampun purun-purun amupu dhendha 10 rupiyah, nalika ing pasiten tbasan ing Cethok kapandungan maesa, lajeng amundhut dhuwung kadamel gantosan, rehnng ingakng kapatrapan dhenda dereng saed amarnekaken arta 10 rupiyah wau. Wasana dereng lami andadosaken gumunipun bekel Cethok ingkang gadhah dhuwung wau, dene dhuwung dipun wangsulaken dening demang Rajasa, boten mawi anedha lintunipun yatra, sarta boten mawi dipun pakewed malih, sprandene ing ngajeng dipun incih-incih. Kalih dene samangke sarehning tuwan ingakng nebasi ing dhusun ing Cethok dipun tedhani tulung dening para tiyang buminipun ingkang asring-asring dipun pakewed dening kapala dhistrik ing Gesikan, mila sawarnining wacucal lembu utawi maesa, dipun pendhet pyambak sarta ambayar pangajining wacucal wau sapantesipun, wasana ing dhusun Baturan tanah redi kidul bawah GEsikan (Klathen) wonten maesa kaglundhung, saengga tatu anjalari dipun pragat, wonten malih lembu sampun sepuh sanget mila dipun sunati, lajeng wonten kengkenanipun lurah dhistrik Gesikan anedha wacucalipun, nanging tanpa dadosa, awit sampun dipun borong dening tuwan kang majegi siti dhusun, sasampuning bekel dhusun kakalih, inking gadhah reh dipun bibidhung kawan wulan laminipun boten kendel dipun udur bab wacucal kalih kang kasebut wau, lajeng prakawis dipun aturaken ing kabupaten Kelathen, nanging boten dangu lajeng dipun luwari, mila para bekel pangintenipun sampun boten sumelang malih rehning sampun ludhang, punika lepat sabab para bekel samangke dipun udur dening pakterklekek, awit dipun wastani anyidhem pajeging kewan kakalih wau, sarta dipun atrapi dhendha 25 rupiyah lajeng sosokan ingkang bayar tuwan ingkang nebas siti dhusun, malah wonten ingkang kojah, bilih tuwan ingakng nebas wau, dipun udur dening tuwan asisten residhe, awit purunpurun campur ing prakais nagari,lah punika kula radi gumun bokmanawi ingkang kojah kirang patitis anggenira wewreti, sabab bilih kapirid manawi ing ngajeng bekel angladosena wacucalipun kewan ingakng kapragat, amasthi boten badhe dipun udur, lah yen ngantosa kalampahan makaten punapa demang REjasa wau boten nalisir saking kawajibanipun tegesipun punapa badhe anetepi karsaning nagari, liya saking punika mirengan malih, bilih kapala dhistrik wau, manawi anyukani serat pralilah amade kewan asring mundhut yatra 40 sen satunggalipun, ingmangke ingkanglimrah naming nyadasa sen satunggal dereng lami bekel Jombor dipun pundhuti prabeya 40 sen serat satunggal dene pamanggihipun tiyang, kapaladhistrik wau boten wenang anginggahaken pangaos, mila sangka langkung prelu yen nagari ngarsakaken anitipariksa menggah lampahipun kapaladhistrik wau. Porstenlandhen. ======\======Bilih andadosaken kapareng panggalih ipun mitra kula Jayaprakara, kula kasumerepna menggah kawontenaning tembung Manira kaliyan Pakenira punapa sampun leres punika tembung Kadhaton sabab ing wektu wulan ttaun kapengker punika kula nembe akengkenan sadherek kula dhateng dhusun bawah Kapolisen kalathen prelu nurusaken badhe bekel tumrap ing pasiten kang sampun winajibaken ing ngriku meh kaawngsulaken dening sapukawating dhistrik Gesikan, wasta demang Jadikrama jalaran piyageming badhe bekel wau dumeh ngangge tembung Manira kaliyan Kenira kilap terang sangking kabupaten botenipun sakedhik sumerepan kula saupami teranga kados pundit dene sadherek kula teka dereng tampi dhawuh pranataning nagari, kang wenang ngangge tembung manira kaliyan Pakenira wau katondha taksih kathah ingakng sami ngangge badhe adamel bodhonipun kang sampun kalajeng ngatasing manggen bekel dhusun mila punapa boten prayogi kaleksanan atur panyuwun kula wau ingkang wenang ngangge tembung makaten awit saged dipun lestantun tetep badhe bekel wau kula mawi angsung pisungsung dhateng kyai sapukawat anamung Sa Ge Leng rampung, wasana atur kaurmatan kula ingkang tanpa wekasan katura ing sampeyan. Gajahan kaping 13 Pebruwari taun 1877 Katandhan Magangan Magersari, Pak Remik ======\======Panjurung punika kapacakan tanpa dipun ewahi, mil akapratelakaken awit boten mawi angugemi atraping padalingsa. Redhaksi ======\======Saking panuwun kula manawi andadosaken kaparenging galihipun tuwaningakng angarang srat pawarti, panjurung kula punika mugi kapacaka wonten ing Bramartani kawedalna ingkang tumunten. Sking esthining manah mugi panjurung kula punika saged anjalari sudaning kanisthan tuwin ardaning budi, inggih punika awit sakingpanginte kula nalika malem Salasa tanggal kaping 22 wulan Sura kapengker punika, wonten satunggaling priyantun kawajibanipun enuyepeng padamelan parlu (polisi) nama sesebutanipun Mas ngabei P.T. kawon kasukan Satoter wontening N.M. ngantos anilar gadhahanipun katimang intentuwinsengkang (Oallah mas Bei punika mangke gek barang gantungan sanes gadhahan sampeyan piyambak). Saibata susah sarta ribet ing manahipun amargikawonipun wau boten awit saking kojuring badanipun ananging awit saking dipun gadhung dening prayantun ingkang nyedhahi, la sarparlunipun aming badhe kacukur kemawon menggahparap angenipun badhenetheli wau makaten: sawarnining kartu ingkang kawastanan alit kados ta piton wolon punika sami kasuda panjang wiyaripun sangan dasan dumugi ngas among kasuda panjangipun kemawon dene kleweripun lastantun wetah boten kaewahan sanadyan patap sandi makaten wau kenging kalampahan piyambak ewadene mawi kanthi tiyang satunggal kalih tuwin tiga sakawan supados engggal saged anetepaken dhateng watek daya panggendenging arta busana. Ingkang kula erami nalika pangupadosipun akal ingkang makaten punika wau ngatosa saged rumangsuk sarta mradini salebeting rah sadaya, punika punapa sampun boten kadunungan wateking raos ingakng wonten salebeting jangtung sungsum utawi susumingkapala, patrap ingkang makaten punika masthi badhe kauningan ing sanes sarta kaanggep sajatining budyambekduringrat, wasana kula amumuhi sampun ngantos kalantur pratingkahipun ingkang makaten punika, badhe anggempalaken darjatipun sarta rarambahi witing gesangipun. Katandhan Byahatarlen. ======\======II Punika candhakipun pethikan Konndha saking Arab pangeran SAdsistan. Tiyang dhusun ingkangkanggenan mantel,punika gadhah anak umuripun kirang langkung sataun yoswaning raja putra inggih samanten pisir lajeng anyanggemi dahteng tiyang dhusun wau, badhe anyukani yatra kathah, manawi anakipun suka dipun pendhet tuwin kapenging cecriyos dhateng sanes, tiyang dhusun wau adarbe weka sakawan, dangu-dangu laejng dherek dados kancanipun pisir badhe angapusi, anakipun anama Saled dipun aturaken benjing badhe dipun paringi arta. Pisir lajeng asuka suka wangsulan dhateng nagari, dipun Panembrama dening sang prabu Sarimbit, dhasar mantel ingkang anyantosani, bilih lare timur punika, putra nata, dene sing sim dipun awataken ical, sang prabu sarta sang Dayita kasipi bingahipun boten pisan maiben, bilih punika putanipun, tiyang dusun wau inggih dipun timbale dhateng kedhaton, katanggap kojahipun, tujune wasis angomondaka sabab dipuncuruk dening Pisir, sarta angaturaken katrresnanipun dhateng lare wau, dipun anggep anakipun pyambak, malah asring-asring saged angrontok panggalihipun kanjeng ratu, ngantos muwun, sareng sampun lami lerep ingknag nagari sarta asring- asring sowan ing kedhaton tiyang dhusun wau lajeng mantuk kathah angsal angsaling ganjaran, Wasana sampun pinten pinten taun, prabu Asadbah langgeng anggenipun angrenggani praja, Saled sampun jajaka, nanging kanjeng ratu sampun surud. Kacariyos sawijining dinten wonten juragan marak dhateng sang prabu, dipu nlilani munjuk. Dhuh gusti, sampunwonten sawatawis dinten punika, abdi dalem kathah, alumampah medal wana ingkang dipun rersahi para begal,murih saged amapagakenpakewed abdi dalem sami asumeta asikep dedamel, inggih boten lepat ciptanipun abdi dalem, para begal lajeng anempuh, nanging abdi dalem kuwawi angandhakaken, satunggal ingkang lampus ingang satunggal kacepeng gesang, mongka taksih neneman anama Sair, ngaken anakipun Pethut namane Weinah jajaka wau abdi dalem bekta lumadosing ngarsa dalem cumadhong dhawah. Sang prabulajeng ngandika kinen nyowanaken pun Sair, sakala sang prabu lajeng kraos kanyut dhateng jajaka ingkang dhapur ngrespateni, sambada ing tingkah polah, ewed yen anguapos sisihanipun sarehnign umuripun taksih kirang, dados kaapunten dosanipun dipun ewokaken ing abdi tumbasan, nanging boten ngantos lami, lajeng dipun sekajeng,malah dipun kulawisudha dados prajurit sinelir, derneg sapinten laminipun Sair laejng kawentar bilih punika abdi kinasih sarta mitranipun pangeran Saled, putranipng Pethut boten ngemungaken pinter utawi memet ambekipun inggih utama, sarrehning sang prabu sangsaya lami sangsaya terang lampahtingkahipun Sair, mila angentosi wonten palengahan ingkang lowong ingkang sakinten cecek kalayan kawicaksananipun. Juru gedhong asring asring manggih kalepatan mila lajeng dipun undur, Sair ingkang gumantos kang mongka dereng sataun panyuwitanipun, sadangunipun anetepi kuwajiban saengga andadosaken seneng panggalih dalem sang prabu, mila solotipun kaelakaken dening sang narpati, anuwuhaken butajenaganing Pisir. Taksih wonten candhakipun. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar. Netrane retna kianrdi, kumenyar lir pigya mulat, miwah kulit wuwulone, kdya kang jalma uripan, lamun dangu sinawang, lir mesem nambrameng semu, wajanya kengis gumebyar. Mutiara wilis kinardi, kadya mentas denya mucang, renyep-renyep bang sunare, sang panji aris ngandika, lah iki kakang Bancak, gambaring wanita ayu, baya iku kang pinindha. Widadari kanglinuwih, dene lir urip temenan, akng tipis tipis ungase, westhi kalamun kagiwang, mulat warnaning gambar, ki Bancak nauri wuwus, puniku karya pasangan. Sumarmanipun duknguni, kang anama raden Soma, nalika mulat kasupen,malah ngantos kapidhara, nuntenipun wilutama, waranggana kang bebedhung, amungu mring raden Somba. Duk wungu den pituturi ingkang minongka usada, raden Somba subratane, lamung arwane kang rka, prabu Tarujutrisna warnane kelangkung ayu, angungkuli warneng gambar. Dyan Somba kinen tutwuri, marang dewi Wilutama anunten pinanggih ake, lawan garwane kang raka dadya witing bebaya marma padu dene mut sampun gung angraras driya. Sang apanji mesem ngandikaris, kakang raganing ngong, mongsa dadak tiru walabete, kaya raja putra Dwarawati, apa bocah cilik tanwruhpakewuh. Sawusira ngandika gya manjing jro cukup tumoton, cungkup sekar endah pangrakite, kadya papajangan ing swargadi, ingkang sarwa sri, wawarnaning cungkup. Karya sesaka sekar ing nanggit, jejeg tan mandhelong, belandare sekar uncen-uncen, pepayone atap sekar pelik, ceceplokan tuwin wuwung sekar sunduk. Sumarmanya gamdanya mrik wangi, puspita kinaot, datan alum salami-lamine, prabawaning cungkup singa manjing, kacaryan tan sipi, ras-arasen metu. Sang apanji dhasar wus kinapti, pantarengkaraos, sariranya sumrah sadangune, aneng cungkup kalbunira ening, lawan aningali kanan kering cungkup. Witing ketos ngapit apit kori, trumrun angayom kadya gagar mayang rakitane, roning ketos tinon moncawarni,bangijo lan kuning, pingul dadu wungu. Dene sekar lan who manut sami, lir warnaning karon, sang apanjing micarengkalbune, yayi galuh kang tinedha iki, tuhu yenwinisik marang idewa gung. Ngulat tan ing sanung sajawi, ketos kang mangkono, kongsi pukun yegti ora oleh, yentan antuk sih ing batharadi,mangkana sangpanji, karsanira dangu. Lamun siyang angupaya peksi, miwah sato-sato,lamun dalu aneng cungkup sare, mesusarira tnsah maladi,neng na tamansari, gantya kang winuwus. Ing Makasar kang umadeg aji, narendrakinaot, prabu Bramakumara namane, magsih taruna bagus kang warni, adedeg respati, pasariran lurus. Amberanyak tatag datan wigih, ladak ing pasemon, kasembadan punjul kasegtene, rpabu Bramakumara ngemperi, rajeng maos patiri sang Sasrabau. Papatih kalih srinarapati,s ami wirengkewoh, ingang sepuh kipatih wstane, Bramadenta agagah geng nginggil, warna lir rasegsi,wulune ngrembuyng. Patih Gunasaronta nisihi, papangkon patih jro, senapati kakalih wastane, kang satunggil arya Bagaspati,lan Bramadhedhali, sami wirengkewuh. Miwah antana keh surasegti,sumarma sang katong, kurang mungsuh nglelana karsane, arsa tandhing prang lawan sang panji, mangkana sang aji,lagya ngayun-ayun. Undaka kang marang tanah jawipupucuk pan onjok,kyana patih lami ing lampahe, srinarendra duk munggeng patani, para garwa selir, kangmunggeng ing ngayn. Miwah baya dapareka n cethi, pacara kaprabon, katalikaki patih praptane, gunasaronta napak wiyati, niyup jumujug inglataring kedhatun. Lungguh mungging sortaruki patih, wau sang akaton, dupi mulat kipatih praptane, gya ing ngawwekyana patih aglis, umajeng wotsari, wus sumiweng ngayun. Kyana patih ngaturken kintaki, tinampen winaos, serat wangsulan wit bubukane, sangking rajaputra sang apanji,kang sudibya segti,wirutameng kewuh. Dene suraseng srat amranani, amethuk palugon, besuk kapan sang prabu karsane, ngadu pragola tandhingkasegtin, lamun ora prapti, ingsun kang lumurug. Wusnya titi ngandika sang aji, patih ing samengko sira wus wruh si Panji warnane, kaya paran mungguh ing prang tandhing, lawan jeneng mami, papan tes sor unggul. Kyana patih umatur wotsari pukulun sang katong langkungprayonggi sedheng tandhinge, lanpaduka sami surasegti,myang ing dedeg sami, among kaotipun. Jeng paduka beranyak tan wigih, narendra kinaot, pun apanji luruh pambegane, wingit jegmika ayeming budi, estu mratandhani, yen prajurit punjul Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 10 Kemis kaping 8 Maret 1877

Surakarta Surakarta margi saking nagari dhateng Jebres mehboten kenging dipun ambah, saking jeblogipun sarta kathah ing luwangan asirng amutungaken pring kreta utawi bendi,mugi ingkang kuwajiban anguningana. ======\======Nalika malem Salasa tanggal kaping 20 wulan Pebruwari wonten Dursila badhe andhaku lentera ageng ing Pojok Setrat Blakang Surakarta, celak wismanipuntuwan W, Sareng kadengangan lajeng narik dhuwung mlajeng dhateng Setrat ngjeng (muka) badhe dipun tdhahi dhateng konca jagi ngajenganipun lurah lelang, pun dursila tan ajrih lajeng nempuh, sanjata dipun tampel prajurit meh kalumah, dursila lajeng ical boten wonten ingkang nymerepi tiyanganipun. ======\======Kumidhi ingkang kagelaraken nalika malem Rebo tanggal kaping 21 ingkimidhen Surakarta, sakalangkung angremenaken pancenlampahanipun prayogi kapyarsakaken wewah ingkang sami anyarirani wasis sedaya, wonten rare estri anakipun tuwan S umur kirang langkung 8 taun nanging dados jaler, punika sakalangkugn andemenakaken atrp sarta wasisipun, dados boten mawi lewa, pasaja saurutipun owel ingngajeng boten kapratelakaken ing tembung jawi lalampahan wau, kapesthekaken bilih kathah priyayi jawi ingkang rawuh aningali lampahan kumidhen wau. Benjing enjing Kemis sonten wonten malih kumidhen, sarehning kasesa dados boten saged anggenahaken lalampahanipn, anangng kapesthekaken bilih angremenaken, dene lampahan wau dipunwastani Posta kasandhung ing bebeka. ======\======Sampun kalih wulan punika para tuwan ingkang nebasi siti dhusun Mangkunagaran, taksih menadhek mangupa ngajeng-ajengiipun mengggah pareng botenipun pangangsuring panebas wau, nunten woten indhaking kamayaran badhe kapareng dipn angsur, wasana samangke sampun mayar babar pisan awit kanjeng pangeran adipati sampun amarengaken pangangsuring panebas wau, ing sapantesipun, anjalari kathah ingkang sami suka bingah ======\======Nalika ing dinten Jumungah sonten wancijam 8 tanggal kaping 23 wulan Pebruwari, ing pamulangan main tali ing Surakarta, limrah kawastanan Gimnastik Sekul, angepyakaken kawasisanipun para rare jaler estri, dipun jenengi dening ingkangdados kumisi utawi deningkanjeng tuwan residhen sarta tuwan Sepektur pamulangan welandi,lebaripun jam sadasa langkung, dene gedhong pamulangan wau dipun rengga pasaja nanging sae tiningalansarta mawi dipun iring ingmusik saking beteng ageng, ing ngriku para siswa anggelaraken kawasissanira, kathah ingkang mastani bilih mainan makaten wau sasat kumidhen angalap epah, punika boten pisan-pisan, ingkang dipun pamrih wewahing kakiyataning awak sarta anebihaken sasakit ambagusaken wonda sapanununggilanipun, mila sareng sampun lebar kanjeng tuwan residhen sarta tuwan Insepektur sami sakarsa angunjuk kawilujenganipun pamulanganwau, utawi ingkang dados guru tuwanJ. Palek, ingkang punika ingkang remen dhateng kawruh dipun aturi anuweni pamulangan main tali wau. ======\======Baita latu alit gadhah anipun ttuwan Buselar,ing ngajeng kambang wontening lepen pepe, caket griyanipun tuwan Dhelen ing Surakarta,nalikaning malem setu tanggal kaping 3 Maret ical saking panggenan sapriki dereng wonten kabaripun malih. ======\======Angkatipun kanjeng tuwan ingang wicaksana guprenur jendral dhateng Ngaceh siyos nalika tanggal kaping 6 wulan maret punika, sang dyah Miprolansebereh sarta Miprolepison sai andherekaken, dene bab pusaraning pangwasa nagari jawi, sapanunggilanipun kapasrahaken dhumateng kanjeng tuwan O. paris, ingkang jumeneng Dhisprsidhen Rad Pan Indi ======\======Nalika dinten Salasa tanggal kaping 27 Pebruwari, angkatipun pangeran ARya Suryaatmaja saking Semarang dhateng betawi, kakarsakaken dherek denign kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral, ananging pangeran Suryaatmaja medal dharat, awit ing plabuhan Semarang boten kenging dipun suwawa,kathah mutawatosipun awit saking ageng ombak. ======\======nagari tampi aturipun Naya Setika, saking dhusun Nglarangan bawah Klatehen, ingakng kaaturaken nalika tanggal kapign 2 Pebruwari, semahipun umur20 taun, kesah dhateng peken Pedan bekta wadeyan sawung sarta lombok ananging dalasan sapirki tiyangestri wau, boten wangsul nagari ngarsakaken kinen ngupadosi, inggih tanpa manggih titik, mila ingkang jaler sumelang manawi manggih bilahi utawi dipun ringkes, wonten malih mastani bilih tiyangestri wau dipun iwt dening tiyang jaler sanes sabab warninipun kapara boten kabucal. ======\======Derenglami ing dhistrik Prambabab nalika malem tanggal kaping 15 wonten lare jaler nangis, kapriksanan konca Agen Polisi, ngaken anama Sariman wedalan dhusun WEdhi, sarta boten gadhah bapa biyung utawi kadang, ing Wedhi boten wonten ingakng sumerep sinten ignakng anak-anak,mila samangke lare wau, karsaning prentah Klathen, dipun pasrahaken dhateng polisi. Tiyang jawi anama Asma Ngali, nalika badhe nyabrang sabrangan kedhung Gudel (Bengawan) taggal kaping 20 wulan Pebruwari kacemplung ing toya lajeng kerem, jisimipun boten kepanggih. ======\======Ing bawah Wanagiri wonten kacilakan, tiyang nami Pajaya saking dhusun Pakel dhistrik Irramaka, (Baturetna), panuju aso anggenipun anggarap damel sabin, lajeng minggah pereng nedya nglempakaken sela, badhe kadamel galengan, nalika samanten wonten tiyang estri anama bok pasmita, saking dhusun Ngujung, ngendhong anakipun jaler umur gangsal taun, pun Pajaya murih mayaripun sela dipun baling-balangaken mengandhap, dumadakan kenigng endhasipun lare wau, boten saged aningali mangandhap dhateng bok Pasemita utawi anakipun. ======\======Macan Kabar bab kacilakan awit pangamukipun kyai embah ing bawah Wanagiri, sangsaya amutawatosi, pun kyai samangke boten amangwang pangggenan, malah ingkang dipun tuweni dhusun ingang isi tiyangkathah, nalika tanggal kaping 6 Pebruwari, wonten kapal estri, gadhahanipun Ranasemika, saking dhusun Masaran (Baturetna) dipun pendhet dening sima saking kedhoganipun, wonten malih ing dalu wau ugi, lembunipun Sutika, saking dhusun ngreja dipun pendhet ing sima, ing salebetipun kalih wulan ingkang nembe kapengker, kiranglangkungtiyang sadasa ingkang kabilaen dipun badog ing buron galak wau, dene kathah kedhikipun kewan ingakng ical katedha ing sima,boten kenging kawilis, mila amurih mambengi penangkaring buron wana wau, prelu ambudinalar, ingkang punika prayogi sanget yen sami guyub ambedhag kapesthekaken yen kathah ingkang kadunungan remen amburu,puruna ambyantoni, dene tiyang buminipun sadaya anjurungaken ananging kedah dipun rerehaken saking padamelan nagari sawatawis, wonten kabar manawi boten kalintu, bilih ingkang dados lurah ing paprentahan sumongsa sampun tingkas, badhe karsa ngrakit ambedhag buron wana ageng-agengan, ing bawah Wanagiri,mugi-mugi kathahpakangsalipun sima, suprandene kyai Jiparowa angasili sawatawis, nalika tanggal kaping 8 wulan Pebruwari, wonten durjana anama Catika saking dhusun kepuh bawah Girimarta (Wanagiri), punika panuju anyambut damel, sareng kalih dintenipun malih pun durjana wau kepanggih sampun layon ajur mumur dipun badhoging sima, naming balungipun ing kang taksih ketingal. ======\======Ongka 11, Kemis kaping 15 maret 1877 Kulawisudhan tuwin sanesipun ing Mangkunagaran 1. Mas angabei Jayapuruita, Panekaring Wadana Lid mangkunagaran kaundur kaliyan Ormat saha teksih kalilan mangangge punapa panganggenipun wadana Panekaring Lid, tuwin Kapatedhan Pansiyun. 2. Raden Ngabei Cakradiwirya, wadna Lid M.N. Kaundur kaliyan ormat tuwin kapatedhan pansiyun 3. Raden ngabei Tirtapraja, wadana Lid, M.N. kaundur awit lepatipun pyambak 4. Raden Ngabei martareja wdana pulisi baturetna, kaelih dados wadana lid M.N. 5. Raden mas Cakrajaya, kakulawisudha dados wadana Lid M.N 6. Mas Angabei jayaandaya, Panewu Lid, kakulawisudha dados wadana pulisi Baturetna 7. Raden Ngabei Tirtadarma, panewu pulisi Baturetna, kaelih dados panewu Lid 8. Mas Angabei Sastradikara, Panewu pulisi Ngeramaka, kaelih dados Panewu PUlisi Baturetna 9. Mas Angabei Poncasentika, mantripulisi Nguntaranadi kakulawisudha dados panewu pulisi Ngeramaka. 10. Mas Angabei Arjaprayitna, Mantri pulisi Jurug kaelih dados Mantri pulisi Nguntaranadi.

======\======Kabar ing Surakarta Nalika ing dinten Setu sonten tangal kaping 24 wulan Sapar taun 1806, utawi tanggal kaing 10 wulan Maret punika, kanjeng pangeran Suryapura II, ing Surakarta sampun dumugi ing janji seda kondur ing jaman langggeng, ayoswa 36 taun petangan jawi, jalaran gerah kuning (Gilsu) andadosaken turidaning para kadang sanak sadherek, dene teka cupet temen ing jaman kabir, menggah pangeran wau ing ngajeng mantu dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ing Surakarta, ananging ingkang garwa seda, sampjun wonten tigang taun sapriki, sarehning sambada ing tingkah wewatekanipun mila pakabaran badhe kaparingan momongan putra dalem malih, wasana teka angoncati, dene ingkang nglayat para ageng jawi sarta para Santana para kadang saha para mitra sapannggilanipun pepak,sarehning kasesa anggenipun badhe anyarehaken mila boten saged wradin kasumerepan anjalari naming satunggil kalih para tuwan ingakng ngalayat sarta andherekaken layon, dipun sarehaken ing makam laweyan sarehing anyarengi Akad Legi dinten wiyosan ing Mangkunagaran, mila ingkang sami nuweni saking Mangkunagaran boten patos kathah, naming para Santana upsir sekawan ingang prapta. ======\======Sampun wonten pitu utawi wolung wulan sapriki, ing bramartani, ngandhakaken bab pethdet estri pethak mulus racakipun ngjeng cemeng, ingakng wingking pethak, pedhet wau samangke ketingal sangsaya bagus, dipunprenahaken ingpanularan surakarta, wasana dereng lami ingkang ngreksa nembe semerep bilih pedhet wau gadhah penthil tiga sisih dados nenem sadaya. ======\======Tuwan Asisten REsidhen Ponpaber, dipun pindhah sakng Bayalali9 SUrakarta) dhateng Pandhegelang (Banten) dipun gentosi tuwan Asisten REsidhen REtenbah saking Sragen, dene ingakng gentosi ing Sragen tuwan Pandheldhen Konrolur Irsteklas. ======\======kathah ingkang kapirengan bilih ing bawah Wanagiri para kyai gemah anglampahaken atrap siya, ananging sanadyan sawer mandon ing bawah Pajang inggih anggigirisi tindakipun. Bok bekel dhusun Saidan bawah Kartasura, karan Nyai Dipalesana, wanci jam sekawan siyang kesah dhateng panggenanipun kakekne ing dhusun Jethis Jenon, nedya nyambut yatra kadamel numbas wiji pantun, sareng ngajengaken serap badhe mantuk dumugi ing pasabinan dipun cokot ing sawer sukunipun, sanadyan sakitipun sanget sarta sukunipun abuh, suprandene bok dipalesana taksih saged lumampah mantuk, ananging dilalah sareng wanci jam sadasa dalu, jalaran boten kenigng kasuwawa wakitipun lajeng ajal, ingkang sami nungkuli ariyos bilih bok dipolesona wau dipun cokot ing sawer wana Mandos, owel teka boten dipun wastani namaning sawer. ======\======Kopi, 500 dhacin asal saking Ngayogya badhe dipun ladosaken ing gudahng gupermen Semarang, ingkang taksih kapinten, kabaripun kopi wau, dipu lebetaken ing gudhang Surakarta, ananging boten terang, bokmanawi cinaketan ing lampah awon, manawi estu makaten mongsa boten kewiyaka. ======\======Nalika tangal kaping 3 wulan punika, ratseketer Ngayogya, amradata prakawisipun Seketer gangsal, sami dipun dakwa anggantosaken gegadhuhanipun sanjata, putusanipun prakawis badhe mulur ing ngarsaning rat panjustisi Semarang, wasana murih sampun ngantos wonten atrap kang makaten malih, rembaging tiyang kathah, sarupining dadamel prayogi dipun simpen kados rumiyin ing salebeting gudhang. ======\======Derng lami ing bawah Bantul Ngayogyakarta, wonten lalampahan ingkang nuwuhaken turida, tiyang jaler ingkang sampun lami nandhang sakit benter tis nangng cadcadan, punika sareng ssesakitipun nuweni, lajeng nguyub jamu dipun campuri warangan sakedhik, saemper anggenipun ngyub kekathahen, sabab dereng antara dangu tiyang wau layon, bojonipun ugi sakit benter tis, tumut nguyub jamu mawi warangan, lajeng sakit mules tujunipun saged kapitulungan dipun tulak mawi toya degan pinten pinten, menggah sakit benter tis wau ngatasing para alit jawi, mila sring asring awet, margi saking kirang pangatos-atosipun ingkang nandhang sakit wau. ======\======Nalika tanggal kaping 5 wulan punika, tukulampasi saking Ngaceh, sakancanipun kalilan majeng sowan ing kanjeng ytuwan ignang wicaksana guprenur jendral, tuikulampasi angaturaken katemenan sarta setya tuhunipun, tuwin manawi wonten prelunipun anyuwun mugi dipun kduhungana ing gupermen Nederlan, wasana tukulampasi angaturi bibingah warni pedhang kakalih endah dedamelanipu tuwin warni sinajgn sarung sutra songketan mas. ======\======Ing wewengkon Betawi wonten priyayi mantra gagnal sami dhateng wana caket dhusun Pepanggo, nedya uru, rehnin gboten pikantuk punapa-punapa lajeng ngkang sakawan lerep ng griya alit, tiyang ingkang satunggalipun anama Ataman maksih angupadosi buron lajeng nedya anggugah kancanipun, anakipun ingkang gadhah griya nama Jaidan mendhet sanjata tumut dhateng Jaidan, ami ngupados andhapan, jaidan angrundhuk dipun pirengaken deing Ataman kawastanan andhapan dipu uculi mimis jebul ingkang kenigng pun Jaidan butul medal andheman, salaejngipun Ataman melajeng dhateng bapakipun Jaidan amratelakaken nalar sarta resikipun, Ataman lajeng dipun kunjara angentosi putusan. ======\======Menggah biyung kaliyan anak estri, boten masthi saged sae karasa sadangonipun, dereng lami ing wewengkon Betawi, wnten biyung akaliyan anakipun estri kerengan, saengga pun anak anyandhak dhuwung, biyungipun badhe dipun suduk, tujunipun kapambengan dening tiyang anama Tasmi, punika ingkang mitulungi ageng. ======\======Anggenipun badhe pista ageng ingkang kawastanan saparan ing redi Gamping Ngayogyakarta, nalika kaping 3 Maret sampun kalampahan sarta wilujeng, dereng wonten rumiyin rumiyin angungkuli agenging pista kadi ingkang wekasan punika, para tiyang ageng alit sami bingah asuka rena, titingalan utawi tetanggapa awarni- warni sarta pinten pinten ingkang sami aningali utawi ingkang dipun suruhi ing pista wau, boten iben teka ngantos saged anggelaraken bojana karma sapanunggilanipun kang kados makaten atrapipun, awit sampun kapara lami anggenipun angripta, dangu- dangu boten maiben sabab tanpa wilisan pawedaling redi Gamping, kang mongka caket nagari. ======\======Sadinten kalih punika saemper kiwatengening redi merapi kathah jawah katondha ing lepen pundit-pundi sami banjir, lepen code awis agengipun toya, kadi nalika ing Setu sonten tanggal kapin gmaret, tujunipun boten wonten kacilakan. ======\======Betawi tuku lampasei pengageng saking Ngaceh, ingkang sowan dhateng Betawi badhe caos bekti ingkang jeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral, kapondhokaken ing wismanipun seremoni mister, dene panggenanipun komandhan dhistrik III, Raja Barhanuddin ugi wonten tiyang Ngaceh ingkang mondhok, namanipun Tuku Mudha Osu, tuku Imankut, kaji Abdurrahman Yuku Kecitbradin sarta tuku Rayut. ======\======Nalika tanggalkaping 4 Maret para tuwan ing Betawi angrakit kumisi ingkang kapatah para upsir seketerei 1 tuwan margadhan 2 Gonggrip 3 Men, sami dhateng wismanipun tuwan Pansekrepen ingkang sampun seleh anggenipun jumeneng komendhan seketerei ing Betawi, kumisi angaturaken tondha pangenget-enget anggneipun tuwan Pansekrepen dados komendhan ing dalem salawe taun laminipun, dene warnining pratondha pedhang endah dadamelanipun, Menggah pedhang punika yasan ing Indi Nederlan mila sangsaya ageng pangajinipun katisbang kaliyan maujud dadamelan Eropah, wedalan saking pabrikipun tuan Panarken, ingkang sampun asring-asring angawontenaken barang endah ingkang tuwuh saking pamarsudinipun, wanguning pedhang cara pedhang kapaleri, ingakng dipun remeni denign tuwan Pansekretpen, dipun sinurwedi ing mas salaka. Menggah dadamelipun kebek pamor bongkot pucuk, yasanipun abdi dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ing Surakarta, pranyata yen ingkang dados empu pantes dipun alembana, blongsongipun ukir-ukiran sakalangkung edi, katutupan ing sesekaran amoncawarni, kasalusupan pita angaler pantes tiningalan sarta dipun ukir saseratan ungelipun para upsir seketerei betawi, katur inglurahipun komandhan LItnan Koonel Paksekrepen, ing madyanipun balongsong dipun dekeki ongka, 1851 – 1876 inggilipun kadekekan wapening nagaro Batawiyah, sisihipun malih dipun dekeki wapenipun tuwan Pansekrepen pyambak, pangrekanipun kenging kabasakaken meh tanpa tandhing, ukiranipun gdhing dipun pullet ing kawat mas sekrupipun pirantos aningseti, dipun entha-entha murdaning sima, mawi dipun selehi krun, sinten sintenna ingkang ningali, masthi yen gumun, awit punika tuwuh ing pamarsuden pangempon nagari jawi,s akalangkung sukarenaing pangggalih dene teka wonten tukang bongsa jawi, ingkang thukujl saking pambudinipun tuwan Panerken. ======\======Punika pranatan nalika angakatipun kanejng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral saking Betawi dhateng Ngaceh, tanggal kaping 8 Maret. Wanci jampitu enjing angkatipun sripaduka, tedhak dhateng Jahpadhsetateerbereh, dipun dherekaken kapaleri sa dhetasemen, ingkng sampun rwuh ing ngriku angentosi praptanipun kanjeng tuwan ingakng wicaksana Vice Presidhen saha para Liding RAd Indhi Nederlan Leger Komandhan KOmendhaning Lautan’Jendral Mayur Wigrespankerkem Presidhen Pangadilan Luhur Presidhen Algemenerekenkamer Direktur Openbarwerken, awit sepuh pyambak mila anyarirani kancanipun direktur REsidhen Betawi Kolonel Kom,endhan Irste afdheling Gupremen Sekretaris ongka 1 Lurah palabuwan (Apenmister). Dene ingkang kapatah andherekaken kanjeng tuwan ingkang wicaksana dumugi ing Baita Asep residhen Betawi, andheling Komandhan gupermen sekretaris, sarta lurah plabuwan, manawi baita selup sampun mancal, welkombaterei angungelaken mriyem kaping salkur, sanuran dening baita jagi ing plabuwan ingkang dados suraraket dherek tindakipun tuwan Besar, under upsir kalih, kopral sekawan jajar 44 sdaya bongsa nederlan sasaged-saged amilih para ingkang sampun kaganjar bintang utawi medhali, dipun tindhihi kapitan beiyen inggih punika ingkang tatu sukunipun nalika Eksepedhisi dhateng Ngaceh ngaping kalih, liya saking kang kasebut ingnginggil ingkang dherek aken lampah, dhokter Idsingga lenggahipun insepktur, wonten malih ingkang kakarsakaken andherek liyanipun ajudan sekawan sarta liyaning pangeran colonel arya Suryaatmaja ajudan dalem mirunggan. Kanjeng tuwan Sukertaris Jendral’Tuwan sol reperendharis kantor ageng’ Mayor bogs Arab saidmokamad bin Abukekre Ajudit Seremoni Mister Sayid Abdollah bin Mansur Alaidrus, sarta Demang Cibinong (Bogor) Raden Sena, Tuwan KOntrolur Irsetklas Rapensewai sadangunipuning Ngambahrawi (Ambarawa), derneg wonten asisten residhenipun, kakarsakaken amakili, anyepeng pangawasa. ======\======Kapitunan ing Ngambahrawa, jalaran saking banjir, dipun murwat kapanggih 6300 rupiyah. ======\======Ing salebetipun serat kabr Postenlandhen kapng 6 wulan Pebruwari ongka 19 wonten panjurung suraosipun makaten. Tuwan Redhaktur in serat kabr sampeyan kaping 2 wulan Maret punika sampeyan sampun amratelakaken bab risaking weradina ingkang dhateng Jebres, punika sakalangkung kasinggiyan, ingkang kawstanan risak sanget prenah griyanipun panji, punika leres ugi nanging taksih kathah panunggilanipun ingkang risak coba tuwan karsaha ameng-ameng dhateng Jebres lajeng katingal bilih margi ingkang wajib dipun rimati dening kang dados pangageng, inggih maksa jeblok, samanten ugi sampeyan badhe angudaneni, bilih up amtenar ageng ingkang sampun rereh kapansiyun botenkenging dipun wastani wasis dados juru damel meradinan kang mongka ngajenganng griya para mardika sami dipun reksa, kul adherek muji kaliyan tuwan, mugi nagari anyaruwenana bab weradinan wau ,boten teka naming panja kemawon, sanadyan sadhengah, boten mangwang tiyang ingkng boten netepi parentah dipun dhawahana malah yen wonten prelunipun dipun jiyada sanget pangajeng-ajeng kula, panjurung punika dipun seselna ing salebeting rat kabar sampeyan. Katandhan Panji E. Es.We. ======\======Serat saha ingkang tabe kaurmatan katur dhumateng inking saudara tuwan Jonasportir enko, ing nagari Surakarta Sasampuning kadya punika wiyosipun manawi kagalih prayogi saha sela ingpapan panjurung kula punika mugi kapacaka ing srat kabr Bramartani, wedalipun ing dinten Kemis kaping 15 maret punika. Awit saking tindakipun kanjeng pangeran ARya Suryaatmaja, ing Surakarta, colonel ajudan kapiji dening kanjeng tuwan aeng ingakng wicaksana guprenur General kakarsakaken dherek tedhak dhateng ing nagari Ngaceh, ing ngandhap punika lalampahanipun kanjeng pangeran nalika wontening margi awit bidhal saking Semarang.. Ing dinten Slasa kaping 27 Pebruwari 1877 wancijam ½ 7 enjing dumugi kitha Pakalongan wanci jam ½ 4 sonten, lajeng lerep sadalu nyipeng ing Losemen menggah ing dalu wau pakalongan panuju marengi capgomek Cina, kathah para Cina ing pakampungan sami adamel parameyan tatingalan awarni-warni. Ing dinten Rebo kaping 28 Pebruwari wanci jam 6 enjang bidhal saking CVarebon jam 4 enjing dumugi Bandhung jam 1 dalu laejng sipeng lusmen. Ing dinten Jumungah kaping 2 Maret wanci ja 12 siyang bidhal saking Bandhung dumugi Sendhanglayang pukul 10 dalu pnika bawah ing Priyangan lajeng sipeng ing lusmen. Ing dintenSaptu kaping 3 Maret wancijam 4 enjing bidhal dhumateng ing Bogor dumugi Bogor pukul ½ 12 siyang, lajeng jujug ing dalem ageng, sowan ing kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral kaparingan tabe sarta tondha suka pirenaning panggalihipun kanjeng tuwan Besar. Mangsuli saking cariyos kula, pramila kanjengpangeran wau saking Samarang dumuginipun ing nagari Batawi miyos dharat awit umpalipun toya ing saganten ageng sanget sakalangkung amutawatosi, dados kapasang yoga saking panggalihipun kanejgn pagneran anggenipun badhe pariksa ing kitha-kitha kang sampun sami kamargen wau, wasana sapengkeripun serat punika kanjeng pangeran ARya Sruyaatmaka, utawi para Santana kalih, Raden Mas Panji Purwasubrata, Rden Ms Panji Partaatmaja, sami ginanjar wilujeng boten kriang satunggal punapa. Titi Kaserat ing Bogor tanggal kaping 4 maret 1877 Katandhan Radne Mas Brataatmaja. ======\======Surakarta Sih parimarmaning ratu punika, anjalari kathahing wedalipun pamuji, katur ing gusti ingkang maha kawasa, kawontenanipun ing ngandhap punika. Ingkang sepisan, sampun radi antawis lami, ingang ngasta parentah nagari, anyuwun satunggiling Santana dalem, badhe kapriksa ing ngatasing prakawis wonten ing pasamoan pradata, saking dhawuh timbalan dalem, ingkang sinuhun kanjeng susuhunan boten anglilani, menggah ingkang dados parengipun karsa dalem, inggih kapriksa aprakawisipun, nanging wontena ing papan panggenan sanes ingakng pantes. Dhawuh timbalan dalem mekaen wau, tegesipun, ingkang sinuhun kanjeng susuhunan, karsa angaosi dhumateng par sentana dalem. Ingkang kaping kalih, inggal punika, para Rad pangadilan ing kadipaten anom, anyuwun siti sabekelipun lenggah ingparasantana dalem, ingkang sami kadhadhapaken dados panyauring ambutan, dipun suwun sageda gumantung wonten pangadilan. Saking dhawuh timbalan dalem boten anglilani, among paosipun siti, ingkang sampun kapaosan dhumteng para tuwan kimawon, kapundhutan pethukipun paos, kaetanga sapinten kathah ing sambutanipun, dados ingkang nampeni paos Siam Mulud, pangadilan ing kadipaten, salajengipun paos wau ingang sepalih kaparingaken tiyang ingkang sami anyambutaken, ingkang sepalih kaparingaken ingkang gadhah paos. Parimarmaning nata, ingkang makaten wau, anjalari kumeluning, pamuhinipun para Santana dalem ing Surakarta, sami nunuwun ing gusti Rabulngalamin, mugi mugi lulusa, luhura darajating kaprabon dalem, kasembadana sakarsa dalem sapanginggilipun. Katandhan Wongsanata. ======\======Salebetipun wulan Sapar punika para durjana pandung katingal ngrebda. Griyanipun Bok Mas Jaya Pakiringan, ingkang mentas rondha inggal, marengi darbe rencang lare, sami jagongan, tangganipun ingang caket kaprenah ngajengipun, antawis elet 5 tindak tebihipun, punika dipun lebeti pandung sarana babah, ingang kenging, pethi satnggal isi bathikan iket, 4 iji, arta, 21 rupiyah, dene ingang gadhah griya ugi jagong, sareng medal pun pandung mawi swara gamropyak ingkang darbe wisma inggal medal lajeng alok pandung, kakepang ing kathah lajeng ical, 3 raden mas Purwapandaya, sontenipun kesah ningali banjir, sareng wanci serap laeng mantuk, rehning ragi sayah lajeng tileman, marengi wani jam 7 sonten nuju garimis, mirengkleseting jawi naming kakinten sagawon badhe ngeyup, boten patos dipun manah, jalaran wanci tegsih sonten, boten dangu tangganipun medal sumedya badhe mriku, sareng caket kaliyan griya, pinuju wonten kilat, punika sumerep ing tretepan wonten tiyang, lajeng dipun sapa, sapisan kaping kalih boten sumaur, lajeng dipun lokaken maling-maling, boten saronta sang pandung mlajeng anunjang pager, lajeng bablas, boten kinanten lacakipu sareng dipun coloki babahan sampun meh butul, andadosaken gumuning tiyang kathah, dene wanci megsih sonten kok wontenpandung sampun purun babah, kesangeten temen anggenipun ngumbar kapurunan, sareng enjingipun kasayaban, ingkang kenging barng remeh kimawon kakinten pangaos 38 rupiyah, ingkang andadosaken eram kula wau sakedhik, yen barang kedah badhe ical, dalu boten siyos kabegta pandng, siyangipun kabegta bajingan. 24/2806 pun Gumun. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar

Pamuirdaning ngawuwuws, ela-ela angecani kalbu, ing pamuri pragarwa away prihatin, para putrid wolulikur, sami widagdeng pasemon. Temah samya kapiluh, pramukaning garwa alon matur, dhuh pukulun jeng paduka narapati, lahpunapa pendahipun, rumabasening palugon. Nadyan kathah minungsuh, ugi sampun satunggal puniku, raja putra Jenggala kang wasta Panji, tan kenging den arubiru, singadahwen pashi kasor. Sakedhik pamrihipun, jengpaduka sampun ratu agung, sugih brana sugih garwa para putrid,myang wadya bala wus agung, sedheng luhuring karaton. Myarsa mesem sang prabu, babon ni mas ywa sandeyang kalbu, apa ana manunga ngungkuli mami, kaprawiran ing prang pupuh, marma prang amrih kinaot. Ing besuk sira masku, lamun ingsun unggul ing prang pupuh, sira pesthi sinembah putrid sabumi, lah kariya mira ingsun, srinarendra sigra miyos. Para gara tut pungkur, umatering palataranipun, yayah kadya sedya anggeegendholi, lamlamen mulatmring prabu, warna bagus megsih anom. Tatag tanggon ing kewuh, pamulu jenar alus arurus, sawetara beranyake kaduk manis, pidegsa datan gung luhur, lamun dinuking pasemon. Sairip warnanipun, lir ing nguni prabu Sasrabau, ratu agung ing ngagari maespati, sri Bramakumara prabu, ing Makasar ratu mocol. Ing nguni kaolipun, ing Makasar panjenengan ratu mung kekalih nagri Tarnite satunggil, satunggil kitha sagaluh, satanah Mekasar paron. Ratu kalih tan rukun, ta atinaha selaminipun, ing Tarnite ratu sepuh den ajeni, mring Bramakumara prabu, tan arsa mukul prang popor. Yata wau sang prabu, dangu manembrama mring praharum, pati gunasaronta wus munggeng ngarsi, srinarendra mesat ngayuh, jumantara cumalorot. Prabeng Makutha murup, keneng sunaring baskara mancur, kadya kilat lampah nya srinarapati, kyana patih munggeng pungkur, lepas lampah nya sang katong. Ing marga tan winuwus, nagri Makasar sampun kapungkur, angungkuli jajahaninhg tanah jawi, asri kawuryan dinulu, saking mondrawa keh katon. Sang prabu gung adangu, ing wawarnan kandhaning praja gung, kyana patih samarga-marga jarwani duk prapta jajahanipun, ing Gedhiri sigra anjog. Niyup madyeng wanagung, karsanira anganteni dalu, lebetira dhateng jro kitha Kadhiri, yata ganti kang winuwus, kang amucu para sinom. Kang winuwus sang panji garwanipun, raja putrid Daha, kang anama Sekar taji, sakesahe kang raka tansah sungkawa. Retnagaluh, tansah melang jroning kalbu, dadya sang lir retna, yen dalu angggung semadi, animbali sagung para marunira. Raja putrid ing bali wus munggeng ngayun, retna surengrana, lawan retna Tisnasari, kang kaparek wuragil retna onengan. Para maru sedaya atap ing pungkur, samya sukan-sukan, keh warnane para ptri, sinangaja kinarya ceceegak nendra. REtna Galuh lir antuk wangsit ing kalbu aris angandika, mring sang raja putrid bali, dhuh mas Yayi Surengrana den prayitna. Kalbuning sun yayi kadyana kang tutur, mengko latri ni mas, ana duratmaka prapti, manjing pura duratmaka kang widagda. Datan keguh, jinaga sakeh wadyagung, wit luwih ngaguna, manjing ngagal rempit bangkit, margeng wiyat maling rorowong kadohan. Yata ngungun retna surengrana matur, dhuh kusumeng pura, punapa wonten kang misik, yen saestu paduka sampun sumelang. Inggih ulun kang alanglang magnke dalu, lan sayogi nira, kadeyan sinung udani, kakang arya Brajana Panji Mudha. Dagawirun, kartala sadayanipun, yata angandika, sang raja putrid kedhiri, arining sun lah den age undhangana. Kang saestu nadyan nora prapta iku, si maling aguna, ala apa mrayitnani, yata retna surengrana gya anduta. Mawa dhawuh kang saking kusuma galuh, pawongan umintar, wuwussen kang munggeng jawi, arya Brajanata lan para kadeyan. Lagya kumpul kang kaparek mungeng ngayun, andagakartala, lan raja putra ing Bali, kan gpanengran rahaden Kudanatpada. Jajar lungguh Panji Nom kalawan Wirun, dyan Kudasajana, jajar landyan wukir sari, kang ginunem sangapanji kesahira, Dene dangu den arsa tamiyan mungsuh, lintang karaya susah, lagya eca gunem piker, dumarojog pawongan kan gsangkingpura. Munggeng ngayun asigra denya umatur, mring sang Brajanata, atur nya lamun tinuding, sangking retna galuh ngaturi uninga. Mangke dalu wonten duratmaka rawuh, pukulun paduka, lan para kadeyan sami, ing ngaturan sampun kirang kaprayitnan, Yata ngungun sang Arya ngandika sru, spa kang wawarta, dene wruh yen ana maling, gya umatur sang apanji Carangwaspa. Dhuh pukulun kakang mas pandamelipun wateking wanodya sayekti geng mutawatir,jeng paduka mugi sampun kakilapan. Mongka pemut punika ing ngaturipun, ngindhaken prayitna, sang arya mesem ling nyaris, e pawongan matura marang sang retna. Ingsun uwus parentah prayitna kewuh, sagunging wanodya, ayana sumelang galih, ingsun dhewe kang anglanglang mring jropura. Ethi sampun wangsul lumebeng kadhatun ngaturken wangsulan yen jawi sampun rumanti, enengena yata ganti kawuwus. Panji sepuh kang lagya munggeng wanagung, kalintang kacaryan sasaneng jro taman sari, cipta lami yen dalu eng cungkup sekar. Anggung mesu ngeningken sariranipun, yen nalika siyang, mijil angupaya pegsi, bancak dhoyok kang kinengiring kukila. Sampun antuk kukila samya kinurung, miwah buron wana, rase kidang lawan kancil, lamun kundur karsa nimbali wong . Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 12, Kemis kaping 22 Maret 1877 Kulawisudhan Pasuruwan 1. Mertasetra Mantri Ulu-ulu dhistrik Gempeng (Bangil) kakulawisudha dados mantri Rosan ing dhistrik Pandhakan (Bangil) patedhanipun balonja, 45 Rupiyah sawulanipun. 2. Raden Cakradiwirya carik Wadana dhistrik Pandhakan kulawisudha dados Mantri uLu-ulu dhistrik Gempeng patedhanipun balonja 30 rupiyah sawulanipun. 3. Raden Pramuretmaja Magang kantor Kabupaten bangil kakulawisudha dados carik wadana dhsitrik Andhakan patdhanipun balonja 25 rupiyah sawulanipun. 4. Atmawijaya Mantri Ulu-ulu dhistrik Pandhakan kakulawisduha dados Mantri Kopi dhistrik Pandhakan ugi patedhanipun balonja 45 rupiyah sawulanipun. 5. RAden MertaAtmaja Mantri Kopi tulungan kakulawisudha dados mantra ulu- ulu dhistrik Pandhakan patedhanipun balonja 30 rupiyahs awulanipun. 6. Susmani magang kantor kabupaten Bangilkakulawisudha dados Opas kajineman Wadana Dhsitrik Pandhakan patedhanipun balonja 10 rupiyah sawulanipun. 7. Suraastra Opas kajineman wadana dhistrik Gempeng kakulawisudha dados carik wadana dhistrik Gempeng ugi patedhanipun balonja 5 rupiyah sawulanipun. 8. Wongsaatmaja Asisten wadana ongkan2 ing Bangkalan dhistrik Wanarejam kakulawisudha dados Asisten Wadana ongka 1 ing Tasari dhistrik Tengger, patedhanipun balonja 100 rupyah sawulanipun. 9. Mas Bei Adireja carik Kontrolur Winongan patedhanipun balonja 30 rupyah sawulanipun. 10. Raden Bei Suriya Adiwinata magang Kontrolur Winongan kakulawisudha dados Carik KOntrolur Wiongan ugi kapatedhanipun balonja 20 rupyah sawulanipun, putranipun swargi Raden Adipati Surapringga, keng rayi raden Tumenggung ing Lamongan. 11. Barat, magang kantor Pasuruwan kakulawisudha dados carik kontrolur wangkal patedhanipun balonja 20 rupyah sawulanipun, anamung sareng napakipandamelanipn pikantuk 4 dinten lajeng murida mantuk ing wisma nyatan mawi pamit, jalaran boten saged anglampahaken pandamelanipun, ing wingking lajeng kasusulan beslitipun kanjeng tuwan residhen kaunduraken sangking kalenggahanipun, lajeng kagentosan tiyang nami kamin. KAUNDURAKEN 12. Atmareja manri Ulu-ulu dhistrik Winongankaunduraken saking kalenggahanipun. KAELIH 13. Wongsaastra Asisten Wadana ongkang2 ing Pacarakling kaalih ing Bakalan, dados ing Pacarkling taksih lowong. Atur kula ing tuwan redhaktur, ingkang manawi andadosaken parenging panggalihipun tuwan saha kagalih prayogi, ing wingking kula gedhugi manjurung bab penggarapanipun radoinan ageng sapannggilanipun, andadosaken prayoginipun utawi pangenget-enget. Sastra Maliwis. REdhaksi sadangunipun suka seneng bilih wonten ingkang taberi manjurung, anggeripun maedahi sokur yen sasrta Maliwis saged amuruki pandameluing weradina car mank Adham. REdhaksi. ======\======Ing salebeting POrstenlandhen kaping 13 wlan Maret ongka 21 wonten panjurung suraosipun makaten. Tuwan redhaktur, ing sawatawis dinten punika, teka kathah temen ingkang ngumukaken bab para ingkang wmajegi siti dhusun anggenira gumeter angentos- entosi turning reglemen anyar bab pamajegipun siti dhusun ing bawah kraton kekalih. Sanadyan kula dherek pitados bilih reglemen anyar wau, wewah malih awit rendhetipun saderenge kalimrahaken, sangsaya amurugaken menganti-anti, suprandene nalar kang makaten wau, taksih tangeh yen ngantosa anuwuhaken pangongsa-ongsa, sarehning kula pyambak dherek anebas siti dhusun mila kedah masajani, boten pisan kula anyumerepi ingkang angongsa-ongsa, mila bilih manawi wonten ugi ingkang maksa aketer-ketir, ajrih manawi wonten papacak anyar ingkang angrugeni, punika sampun masthi, yen tuwuh saking tingkah lampahipun pribadi, ajrih dipun dadar leler. Wasana boten maiben yen sadhengah ingakng darbe melik ngatas panebasing siti dhusun wau, amastani ngenes dene reglemen wau dereng kinancingan, utawi dereng kasumerepan suraosipun, langkung malih karaosaken dening para tuwan ignkang amajgi utawi ingkang ngliyer pamajeging siti dhusun ingkang taksih dherek papacakipun reglemen lami, sabab ing salebeting kontrak mungel bilih ingkang amajegi sanggem badhe andherek punapa ingkang dados suraosing reglemen anyar, tur boten pisan-pisan dhenger, yen badhe wonten papacak ingkang angawrat-awrati. Sanadyan reglemen anyar ingkang kaginem punika, kathah paedahipun utawi kathah ewah-ewahanipun, suprandene kula boten maiben yen kathah sesebutanipun ing reglemen wau, ingkang nuwuhaken paiting raos, ananging kula pitados menggah karsanign parentah ageng ing Betawi ingkang utami, sarta ingkang ngiyomi lampahing amongtani, dagang sarta pagunan, utawi ingkang kagungan misra pribadi, ngatasing tata tnetrem tuwin kaaharjaning kraton kekalih, yen parentah ageng boten badhe amitunani panebasing siti dhusun ingkang pancen anuwuhaken pauntungan sakalangkungkathah, dene para ingkang majegi siti dhusun ingkang pancen utami sedyanipun murih kauntunganipun tiyang alit, dipun pujekaken, sampun ngantos reglemen anyar ingkang dipun arsa-arsa wau, wonten sesebutan ingang badhe amamebengi rembag ingkang sae, lah mila ingkang darbe sedya kangprayogi makaten, sarta ingkang mulur watekipun saged nganngen mongsa tuwin tan gadhahi pamikir liya, naming anindakaken amongtani ing salugunipun urup kaliyan kawontenaning praja ing kraton, kapujekaken, sampun ngantos reglemen anyar wau, kaisenan seesebutan inking badhe amambengi tiyang tetanen pramila prelu kanjeng parentah ageng ing Betawi, utawi sinten sintena ingkang pinatah angripta reglemen wau, angopenana ingkang temen, bab pranataning utawipapesthining pedamelan nagari ing bawahkraton kekalih, inggih ugi samangke sarupining kuwajiban ingkang dados sesanggeman, kenging dipun lontoni arta malah andadosaken suka senengipun ingkang ngumpulaken yatra, ananging menggah anggenipun ngetrapaken pamupu suwiyah-wiyah, punika boten kenging karaosaken, sabab boten mawi wawaton utawi boten kenging dipun ulut-uluti, suprandene tiyang alit dipun lampu ambayar yatra, kaliyan dipun atrapaken ing damel sawiyah, sabab manawi makaten badhe ambrug babar pisan awit boten kober angupadosaken pangupajiwa, mila punika ingkang dados nalar, para tuwan ingakng majegi siti dhusun sakawit lajeng anyanggemi angkat jungjunging tiyang alitipun kang mongka pyambakipun naming mendhet damelipun tiyang alit, kang kawastanan gugur gunung sapisan sawulanipun satengah dinten, nalika ing taun 1867 tebasan damel naming 12 rupiyah ing dalem siti sajung, samangke sampun mindhak 45 rupiyah malah wonten jungjungan ignakng bayar yara dhateng kapolisen,langkung saking pajegipun sataun punika rak boten saged langgeng dene tiyang alit ngantos kawraten makatenpunika, awit saking karsaning parentah kang rumiyin kagalih badhe angreksa utawi angasili tiyang alit, kantun kantun malah angawrat-awrati. Ing ngajeng saderengipun palaman residhen Kukengniyus, padamelan nagari sampun awrat nanging taksih kenging dipun sanggi, sareng palamanipun residhen kukengniyus sarta negari kataneman asisten residhen Sekawan sarta kabupaten dipun perang-perang dados dhistrikan, punika yatra kapolisen dipun indhakaken dados, 45 rupiyah, sajungipun, kalih dene ing ngajeng warnining padamelan kapollisen wau naming angrimat weradin ageng, lajeng dipun ewahi sarta kaperang murih amedali tenggak ing kunjaran kabupaten dhistrik utawi nagari, ing mongka dipun sempal babar pisan tegesipun sami gadhahi tetanggelan pyambak- pyambak, sareng wotnen asisten residhen sekawan sarta kabupaten dipun dekeki dhistrikan, punika kangjeng parentah ageng karsa anyaruweni dhumateng asisten residhen wau, tiyang alit kinen medali tenggak ing dalem asistenan tanpa bayar, lajeng sawarnining siti tebasan liyaning kejawen dipun dhawahi parentah, punika ingkang murwaniwonten wewahan padamelan nagari, ingakng kangge denig para assten residhen, ing mongka nalika samanten waktunipun sawarnining padamelan nagari ing tanah jawi dipun ringkes utawi kasirnakaken. Parentah wau ingkang dipun awataken medal saking kapatiyan lajeng kemawon anuwuhaken rengu, ngatasing kang sami nebassiti dhusun, malah ingwewwengkon Sragen lajeng sami rerembagan, para tuwan ingakng nebas siti, akaliyan asisten residhen tuwin bupatinipun akumpul wekasanipu asisten residhen trimah boten gadhah konca tenggak sarta konca alit boten kawewahan padamelan nagari. Taksih wonten sambetipun. ======\======\======Kabar terang minongka sambetanipun pratelaning lampahipun kanjengpangeran Arya Suryaatmaja, sarawuhipun wonten ing nagari Batawi ingngandhap punika cariyosipun. Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 5 maret punika, ing Batawi Pakurmatan ageng, wanci jam sawelas siyang wonten dhatengnan raja Aceh satunggal pulim kakalih sami sowan ing kanjeng tuwan Besar angaturaken pitobat sarta anyaosi pisungsung ingkang minongka tondha panunggkulipun satunggal warni dadamel kalewang pusaka, kalih rimongsongketan aden-adenipun nagari Aceh, ing ngandhap punika katranganing pakurmatan.

Kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral lenggahing Krunkursi, pradan kina, pangagemipun gruteni, ingkang ngadeg satengening palenggahan wonten ing talundhag nginggil algemene tuwin gupremen sekretaris talundhag ngandhap para sekretaris utawi para asisten pulisi, ingkang wonten sakiwaning palengggahan talundhag nginggil colonel apdheling komandhan tuwin colonel ajidan, kanjeng pangeran ugi nunggil wonten kiwaning palenggahan wau, dene talundhag ngandhap owresteh ajidan upsir sakancanipun lan owresteh plaskomandhan sarta upsir kang pinatah wah kanjeng tuwan besar lajeng utusan ajidan kang pinatah animbali residhen ing Batawi sarta kadhawuhan angirid raja Aceh, sadhatengipun wonten ngarsanipun kanjeng tuwan besar ajengkendel sangajenging krun watawis tebihipun saking palenggahan 24 pas ingakng tumut ngirid sereponi mister Arab utawi kontrolir kang ambekta saking ngaceh (Aceh), sawatawis ing dangunipun kanjeng tuwan besar lajeng paring sasmita dhateng residhen dhawuh dhateng raja Ngaceh kalilan matur punapa kang dados sedyanipun raja Ngacehlajeng matur tembung malajeng akathah-kathah cekakipun anyuwun pangapunten sarta ngaturaken pitobat mawi ngaturaken serat ingkang jeng tuwan besar ingkang nampeni gupremen sakretaris lajeng kontrolir liyong kang saking Ngaceh matur tembugn wlandi ingkang jeng tuwan besar ajarwani aturipun raja Ngaceh wau, kanjeng tuwan Besar lajeng jumeneng sangarsaning palenggahan andhawuhaken pangandika, awit saking atur panungkulipun raja Ngaceh kangjeng gupremen sampun anampeni saha paring panarimah,lajeng kalilan bubaran. Menggah raja Ngaceh wau warninipun boten angrespateni, gundhul panganggenipun cara koja, mawi rimong jene nyang kelit badhik-badhik, dene panglima kakalih panganggenipun kados tiyang malayu, menggah namaning raja tuwin palima wau kula dereng pikantuk katerangan dene tindak ipun kanjeng tuwan besar dhateng Ngaceh wonten ing dinten kemis tanggal kaping 8 Maret kadherekaken algemene sekretaris sagaarwa, riperendearis satunggal sajidan gangsal seremoni mister Arab satunggal mayor sayid tuwin jaksa ing Bogor satunggal ingakng dipun titi ibaita kapal partikulir awasta brama, prabeyanipun sadinten sadalu boten kirang saking 1000 sewu rupiyah, kadherekaken baita kapal prang tiga, ingkang ngreksa tuwan besar, onderupsir kang sampun iksamen, 12 iji, sarta ambekta musik 18 menggah laminipun wonten ing margi duugi ing Ngaceh, kakinten, 8 dinten mawi mampir dhateng Singapura, wonten nagari Ngaceh laminipun naming 7 dintenlajeng kondur dhateng ing Batawi dados laminipun mangkat utawi konduripun kalebet kampiripun wonten ing Singapura, boten langkung saking 24 dinten. Sinerat ing Batawi kaping 6 Maret 1877 Katandhan BRataatmaja. ======\======

Darmawasita 1. Menggah kawicaksanan makaten wonten lenga piyanipun ngantos amitulungi dhumateng tiyang Banisrail, nalika sami kairid medal dhasaring saganten abrit lampahipun wilujeng. 2. Ingmongka satrunipun tiyangBanisrail sami kelem wonten ing saganten dene para tiyang banisrail kapitulungan kaentas saking dhasaring saganten. 3. amila tiyang sae wau, sami wajib andhaku barang darbekipun para dursila, sarta sami angluhuraken asma paduka gusti, tuwin saeka kapti, amumuji wasesa paduka. 4. Sabab paribasan kawicaksananmakaten saged anjampeni tiyang bisu lajeng awicanten utawi ingakng sami kapetang lare, lajeng enjoh amicara. 5. Ingkang sami lumpuh utawi pincang, kakekahaken sikilipun ingkang sami wuta dipun lekaken ingkang budheg kajampenan saged miring. 6. Mila kawicaksanan ingkang anyengkudaken pakaryanipun tiyang Banisrail, alantaran astanipun kanjeng nabi Musa, ingkang watek suci. 7. Lajeng kairid ngambah wanawasa tanpa pangauban, mila lajeng adamel pepondhokan. 8. Ngantos saged lawan dhateng mengsah, sarta amales ukum dhateng para satrunipun. 9. Sareng kasatan sami anyebut asma paduka saksana kaparingan toya mancur saking sela redi. 10. Nunten saged amantunaken kasatan awit saking dayaning kawicasanan medal saking sela atos. 11. Mila ing suraos kasangsaran ingkang tuwuh saking padamelipun mengsahira awit dipun bibidhung punika anjalari ngetus dhateng bongsa Banisrail. 12. Ing suraos kadi bongsa Mesir nalika sakalangkung girisipun umiyat ludira mancur gentosipun toya inakng mili, makaten ukumipun awit sampun amarentah, kinen amejahi tiyang Banisrail, ing mongka samangke tiyang Banisrail kaparingan toya saking paduka dhuh gusti. 13. Mila sareng para bongsa Banisrail kabendon lajeng dipun ukum sarana katresnan, kawicaksanan ingkang bendu sarta angesi asat dhateng bongsa Mesir. 14. Para bongsa Banisrail karsaning kawicaksanan dipun anggep anak lan dipun engetaken sarta dipun ayoni, dene tiyang Mesir dipun siasat lir bendunng ratu wengis tuwin dipun supatani. 15. Sareng bongsa Mesir anymerepi bilih tiyang Banisrail wilujeng lampahipun sarana nala ingkang kadamel ngukum dhateng tiyang Mesir, lajeng angabekti ngaturken pitobat dhateng kang kaasa anggenipun purun anembah brahala.

Serat ingkang klayan urmat akathah-kathah, kaatur panjenenganipun tuwan redhaksi saha ingkang ngasta pangwasa serat kabar ing nagari Surakarta. Sasampuning kadya ingkang punika, nuwun-nuwun. Wiyosipun, kula anama Raden Saleh, griya ing Pakualaman (Ngayugyakarta) sarehning ngajeng kula sampun ngunjukaken 3 serat penuwun ingkangjeng gupremen katitimangsan tanggalkaping 3 pebruwari II maret 25 Juni 1876, ingkang supados kula sageda urmat pendamelanipun Gupremen Bab perang (Aceh) nglampahi pendamelan punapa mesthenipun, boten nyuwun satunggal punapa. Ing mangke karsaning kanjeng gupermen, kasebut serat beslit katitimangsan tanggal kaping 30 april 1876 nomer 9, kula katamtokaken nyuwun ing kanjeng tuwan Jendral mayor ingkang ngasta ing Ngacih(Aceh), samangke kula sampun ngunjukaken serat dhateng ngacih, katitimangsan tanggal kaping 23 Agustus 1876 klayan terang terang medal panguwasaning kantor, ananging serat panuwun wau sapriki kantor dereng tampi dhawah katrangan, ingkang punika seklangkung sanget andadosaken pangajeng-ajengipun ing manah kula, sangking bab punika ugi rumiyin, sampun nate kalebet ing kabar. Mila ingakng punika bilih andhangani kula, anenuwun paringipun sih kawelasan ing panjenenganipun tuwan redhaksi. Bab suraos ing nginggil wau nyuwun kalimrahna, wonten ing serat kabar, menggah kakuwatannipun kabar kula sumanggakaken ing panjenenganipun tuwan redhaksi, ingang punika nuwun sumongga, saha kula anyaosi tondha asta ing ngandhap punika. Ngayogyakarta kaping 6 Maret 1877. Saleh. ======\======Botenlangkung redhaksi naming anjurungaken manawi saestu nuwuhaken ing kasaenan mugi kubula Redhaksi. ======\======Wangsulan Kula maos serat Bramartani ongka 10 ing ngriku wonten panjurungipun putra kula Biyang madhul, angungun dhumateng adhi arja Prayitna, bab panjurungipun ingkang kasebut ing Bramartani ongka 7 sarehning wegdal punika, pun adhi arja prayitna saweg ginanjar sakit, dados ingakng kapurih mangsuli seratipun putra kula biyang madhul wau kula, mugi andadosna kauningan, sangking kanjeng ipun adhiarja prayitna anggenipun purun amastani ingakng panjenengan redhaksi, sampun katingal macak sawarnining panjurung, punika preluning kajengipun, among ngatingalaken suka bingahing manah, awit adhi wau, saben manjurung kerep kapacak, bokmanawi ingakng kalebetaken punika pinuju boten wonten sababipun utawi boten nyarengi ingkang parlu, langkung malih wonten paedahipun. Katandhan Dhanyang ing Puspakusuman Lami, Pun Arjapremana. ======\======Ing nginggil mungel wedal punika kajengipun waktu (Arab) bote kenging dipun …..redhaksi arda angengetaken, sampun ngantos kelajeng kelintu panggenan. ======\======Panjurung katur ing Bramartani nuwun pituwah saserepan. Ing pustaka Bramartani ongka 7 wntenkasebut cublikan saking serat kabar Mataram, anyriyosaken bilih tuwan dherekter Dhewilte ingkang nglurahi ing pabrik barongan, gadhah saserepan saged anukulaken tebu ing dalem saminggu wewah 3 utawi 4 kaki inggilipun. Ingkang punika saking dahad bodho kula kasmaran dene pangartiguna pangawikan enggal, saking punika kapeksa atur panuwun ing Brmartani, supados anuwunaken dhumateng pustaka mataram, ingkang manawi saestu pawartos nginggil punika, bok inggih wontena peparing sih pituwah anerangken menggah atrapipun kados pundit. a. Punapa tebu wau taksih wreni kethokan bibit (Kebiren) saderengipun katanemaken saged nukulaken 3, 4, kaki ? b. Punapa pabibit kethokan wau sasampunipun katanemaken lajeng nukulaken 3,4 kaki ? c. Punapa bibit kethokan among, 1 iji utawi , 1 wit kemawon ingkang saged thukulaken 3, 4, kaki ? d. Punapa ingkang kasebut ing a, b, saged anukulaken bibit sedhiyanipun ing dalem 1 bau saking 500 cekal (ru ) salajengipun ?.

Ing mongka punika saserepan saged kadya ingkang kasebut ing c, manawi kasagedan among minggah dhateng tetingalan kemawon, ingkang manawi saged kados ing d, lah punika menawi kenging kawastanan gunapangawikan langkung utama, prayogi sanget kaembanaken sarwi karumrum wonten ing pustaka Mataram tuwin Bramartani, lajeng kapyarsaaken wasana amewahi cahya regenging pustaka Bramartani, anyorodi dhumaten gingkang sami darbe panguwasa utawi kuwajiban amolahaken taneman tebu, saiba arsayanira. Awit salami kula dereng kpyarsa gunapangawikan kadi nginggil wau, ingkang sampun kula sumerepi tuwin ngalampahi piyambak, among saged nukulaken bibit rosan ing dalem saminggu 2 uutawa 3 ½ dim renlan inggilipun, inggih punika ing nagari kula mastani kecambah, tegesipun punika kethokan bibit saderengipun katanemaken dipun ukep rumiyin, suprihipun sampu kantos kathah-kathah pejahanipun yen katnemaken, ananging pangukepipun wau warni-wrni, sarta ingkang manawi kecambahan punika kantosa saminggu lamenipun, inggih kirang prayogi awit radi kasep kepanjangen, wasana katanemaken kathahpejahanipun, suprandene botensaged waradin inggilipun bibit kecambahan wau, ingkang kasedhiyakaken siti, 1, bau saking 500, ru, pesagi, anamung boten kula pratelakaken kathah-kathah rumiyin menggah atrapipun kawuningan kula wau, awit langkungprelu nuwun berkahipun gunapangawikan enggal ing nginggil punika. Dahad Angayun-ayun Sastra Maliwis. ======\======Serat Candhakipun Na Ka Pantes kawaos Sastra Maliwis. Wathah ah inggih punika utaminipun tiyang mawi anama Sastra, ubat ubetipun teka sanes tinimbang kaliyan pun cebol, kang mawi ing ngriku rak sampun wonten cuwilanipun tembung, jut rumes gripranir, benis, sanadyan katembungna dening kya suranata dhnyang ong Ilaeng siwah boja, miwah amiribi rerengganig ngendraloka janaloka tiyang cebol masa sumerepa, ananging kauningana mas Sastra,bilih serat sampeyan saadeg-adeg wau pancen anglegena, punapa mas Sastra mangretos tegesipun anglegena, Lo sampun ngalokro ma sewed pakewed tiyang ingkang pitaken naming pun jugul Na Ka, menggah ingkang mabuku-buku, mabebel-bebel maedi-edi, punika kados punapa sineh, bokmanawi paedahipun boten saged ngungkuli uran- uranipun tiyag ojogan ingkang ungelipun makaten. Prawne wong mangkuyudan, Sekar sinom salaejngipun dumugi kalih pada, punapa mas sastra dereng nyandhak perlunipun elah dalah kula inggih ngawon sampun bodhokaken dhateng kang sarira mugi ataman kitab tapsir kaliya kitab buliya, ananging manawi sampun tamat sampun kaangge omong kosong kemawon balik anerangna kados pundit anasir tigang prakawis. 666. Mas Sastra amaliwis mawi ngendika, kek nek andadosaken bendunipun para sarjana mindhak boten prayogi, punika sampun kula tanggeni mas, bilih wonten sarjana ingangsudi amasang byaha, amesthi dadosaken bathinipun para punggung, ananging sarjana ing mangke awis ingkang bares, naming tansah anggurenda kalam panurat, lah punapa badhe damelipun kalampanurat wau, pun cebol masa nyandhaka, menggah saupamiwonten udur magepokan bab ing ngelmi kodrad ingakng amamalad sudaning gugon tuhon kagetan, sarta ingkang angungalaken pandamingkawruh burring aramyang-ramyang mamba maripat lamur, pamanggihipun mas SAstra Mandardinalih anyuremaken tumejaning bramartani, punika kaliya karsa andika dados kodhang, kados panyeluking redhaksi ingkang dumunung sangandhapipun tondha nama sampeyan punika radi mak cepret saupami tiyang lesan makaten dhawah lengipun, dene ingakng jumeneng redhaksi saestu boten susah kados anggen sampeyan ngukur ukur, inggih saking nungsang buwana balik. Katandhan Ka Ka, Mitranipun Puspatalukilami, Namingsu, sampun kasupen. ======\======Wangsulan saking nawungkridha dhateng mas Jayeng Wiryana Andadosna kauningan sampeya mas, bilih kula rak sampun nyambetui, anggitan bab pasamuan tedhak dalem dhateng langenarja sekaripun sinom, kula wedalaken saking ngepos prangko ngalamatipun sumaos panjeenganing tuwan Jonasportir, ananging bekalami temen boten medal medal punika bokmanawi saweg kalindhih parlu saensipun, menggah saking kacingkrangan kula ngantos anglirwakaken dayaning surasanipun, punika naming kula borongaken priyantun kathah, bilih mupakat sayekti badhe kula unduri, sanadyan pangalemipun mas Jayeng Saweg saangkrakan ambanggel, inggih kula wangsuli ugi, bilih pangalem wau tumrapipun dhateng pun Nawung, pait. Nawungkridha. ======\======Kula ningali panjurungipun byaatarlen wonten ing Bramartani ongka 9, ing taun punika ingkang suraos angwedharaken lalampahanipun mas Ngabei P.T. kawon kasukan setoter wonten ing nagari N.M.. Atrap ingkang makaten punika mila pancen leres wah badhe mikantuki, nanging kuciwanipun wartos wau magepoki boten terang, awit aksararaning kesan, P.T. tegesipun punapa punapa Parta, utawi patih, sasaminipun dene N.M. punapa nagari Madiyun nagari Magetan nagari Malang, sasaminipun. Dene sadaya barang ingakng boten terang punika angirangaken daya, sarta anuwuhaken ing panggrayangan yen pawartos wau kathah suda wewahipun, tuwin anengeri pambekan kirang bares. Yen wartos wau gadhah teges naming prelu dhateng ingkang kapanduk piyambak prelunipun punapa, kawradinaken ing kathah. Mila kula nyuwun katranganipun sinten priyantun sarta ing pundit dunungipun ingkang tamtu, awit wartos ingkang kirang terang wau saged adamel seling serep, sarta anuwuhaken pandugi ingkang sepen yektinipun, awit aksara P.T. I N.M. Ingkang tegesipun boten mathok wau mencok ugi tetegesan pati nagari Magetan, inggih leres prayantun wau boten anglampahi nalar punika, sarta isining nagari tuwin tepang kaanuhanipun boten amastani jalaran salaminipun botena teka sukakan awit boten remen nanging saroning bramartani wau kawaos tiyagn kathah, sapintena ingkang sampun anyumerepi adapt kala kuanipun ingkang kagepok wau resik wangsul ingkang dereng, punika mangke lajeng amangunadika, andakwa dhateng prayantun ingakng suci,lo rak boten a prayogi, prasasat anyda pakurmatanipun prayantun ingkang boten punapa-punapa, magetan kaping 8 Maet 1877 Katandhan Mintajarwa. ======\======Punika candhakipun cariyos serat Gedhog Kang puniku sangpanji dupi panuju, mungggeng jawi taman, wus dangu mamasang pegsi,lagya kendel munggeng ngandhapingmandira. Yata tedhuh wonten kang jawa tarawuh, sangking ing ngawiyat, kang nama Sanghyang basuki, dupi prapta sang dewa ngadeg neng ngarsa. Sarya muwus babo sira putuningsun, kerasaneng wana, sira muliya dene aglis, mengolatri ana bebeka kang prapta. Yen katrucut bebeka luwih pakewuh, putu sira uga, yegti kataman priatin,bakal bosah-basih ing pawismanira. Yata ngungun sangpanji miarsa wuwus, sang panji anduga,lamun jawata kang prapti, sabab dene cahyane pindha basonta. Nembah matur sinten paduka pukulun, nedhakimring amba, pepenget ngajrih-ajrihi, anauri hyang Basuki araningwang. Kang rinatu, dening tagsaka swegung, prelu praptaning wang mung mir malansira kaki, sang ngapanji alon wau aturira. Dhuh pukulun, parenga ambanunuwun, mugi kapajara, babaya paran kang warni,hyang Basuki aris denira ngandika. Ing sun kulup tan jarwa mring sira tuhu,mung age kundura, mengko sira wruh pribadi, mring bebaya kang bakal karya ruhara. Yata ngungun bancak dhoyok prpteng ngayun, sami dhaplang-dhaplang, kang mentas angering pegsi, dupi mulat yen wonten jawata prapta.Anjelanggrung, ki Bancak wuwusnya sendhu, lah sinten punika, kirang tata wani=-wani,ngadeg nganyur munggeng ing ngarsa paduka. Boten urus lahmangke kawula jagur, yen boten alongsa,kethune kawula ambil, mawi jamang sumerep keneng larangan. Ngandika rum kakang jawata kang rawuh, ayuwa munasika, sakarsane sangdewadi, bancak mojar eh ta kalingane dewa. Dhoyok gupuh jireten sikile iku, gawekna kurungan, gawe oleh-oleh becik, dewa iku sok kesit bias ngambara. Guyu-guyu sang dewa nolih lingnya rum, bancak kaya bocah, guguyon pating belasik, apa dadak kowe ora milu susah. Gya sumaur susah apa kaya cenguk, mesem sang jawata, payo kumpulna tumuli, leh oleh mu yana karipikulan. Bancakmuwus, lo dewa monotanurus, lah ta ngendi ana, gawan pirang-pirang iki, eh ta dewa rewangana nyunggi ing wang. Menek ewuh kethu mu mengko yen remuk, kepenyet keranjang, titipena marangmami, hyang Basuki mesem aris angandika.Payo kulup aya kasuwen ing laku, iki wus antara, prapta apa dhasah iki, sang apanji nembah alon aturira. Dhuh pukulun kadi ing wetawis ipun, datan saget prapta, jroning kitha langkugn tebih, sangking ngriki sang dewa aris ngandika. Sira kulup sun ideni aglis rawuh, sang dewa sawusnya, pamit musna tan kaegsi,sng apanji lir megatruh kalbunira. Sang apanji sigra pangandikanipun kakang bancak dipun aglis, ingsunlumakyeng pituduh, sang panji gya mesat aris, kadya kilat cumalorot. Estu lamun antuk idiing deagung, sang panji ngungun ing galih, aningali lampahipun, sakedhap prapteng jropuri, lawan sang panji tan katon. Sisiluman tanpa montra tan kadulu, sangking karsaning deadi, kinarya kadya puniku,kang kapethuk sakeh jalmi, tan ana takon tinakon. Sang apanji karenan dadya nyalimur, ayun wruh bawaning puri, miranti denya dudulu, bancak dhoyok kantun sami,jalma ro pating barengok. Bancak angling eh dhoyok ika gustimu,lakune saengga thathit, idine sidewa mau, ingsun lawan sira kari, paran budimu samengko. GEgawane okeh temen tumpuk-tumpuk, who ketos kang prelu iki, kelawan manuk berkutut, tininggala muring-muring, pesthi wong roro binendhon. Adeneya sidewa nora angingus ora gelem angideni,kidhoyok nauri wuwus,jerk owe kang salah kardi, sidewa denjak guguyon. Dadi mutung lah ta iki jebuylipun, ki bancak gumuyu angling, lah aja maras atimu, ingsun dhewe kang ngideni, kari apa raganingong. Lan sidewa padha maka padha irung, pdha cangkempadha kuping, panggene ya nora pecus, payo jajalen den aglis, gegawan padha ginotong. Dhoyok nurut sakedhap sampu nkeakupl gogotongan mesat aglis, deni-deni beca-becu, pesthipesthi rikat mami, gegawan ku nora abot. Jalma roro sumebrung denira nusul, tan kantunlawan sang panji, nanging duk prapta kedhatun, jalma romatane arip, atuturon nuli ngorok. Kawuwusa wau sajroning kedhatun, puranira sang apanji, kuthapandhak langkung bakuh, kang rumeksa wus miranti, para kadeyan jawi jro. Arya Braja nata kang mamatah sampun, sagunging kang para putrid ngumpul ngarsane dyah galuh, prayitna tan sedya guling, sasamuran para sinom. Akasukan sukan ing sasenengipun dene ta sang raja putrid, surengrana wus angrasuk kaprabon sikeping jurit, akawaca abebadhong. Pekak madya satrepe nggen pedhang suduk, anyolthe patrem winangking, bajo dhuwung watra wulung, alancingan panji panji, jemparing wus munggeng ngendhong.Kawandasa prajurit putrid neng pungkur, sadaya sikepjemparing,retna surengrana dangu, aniideri jroing puri, wahu sang panji duk anon.Mring kang garwa mider alanglanging dalu, sang panji micareng galih, apa baya wadinipun, pratingkah mangkene iki, tuhu yen ana pakewoh. Marpeki sang panji mring garwanipun, nanging tan ana udani, dadya kikinthil dudulu, mring solahira sangputri,mring gunem amrih waspaos. Taksihwonten candhakipun. ======\======

Ongka 13, Kemis kaping 29 Maret 1877 Kulawisudhan ingMangkunagaran Surakarta 1. Raden Pani PUspa diwirya Irstelitenan Inpantri, kakulawoisudha dados mantra pulisi jurug, kaparingan nama Rden angabei ARjadiwirya, balonja ing dalem sawulan 50 seket rupyahpethak. 2. Mas Demang Suradimeja, demang cacar Wanagiri,kakuula wisudha dados mantra pulisi Purwantara (Wanagiri) kaparingan nama Mas Angabei Arjaprayoga, balonja ing dalem sawulan 50 seket rupyah pethak.

======\======Nalika malem Jumungah ingakng sinuwun kanjeng susuhunansagarwa putra miyosanedhaki sekaten, kadherekaken para Santana dalem sarta dergunder, ingang sinuwun nitih turongga, dene paraputri mawi kreta, owelipun dene ing ngalun- alun Kaleban toya, dados pakewed anggenipun anedhaki sawargining took utawiliyanipun tiyang wewadeyan, wasana pangaturing tarub tarub tuwin barang weadeyan, sareng sampun kadilahan dipun sawang ing dalu, sakalangkugn angremenaken, dereng wonten pangaturing tarub sekatenan ing Surakarta, ingakng bagus kadi sapunika, kapasthekaken bilih solot lami sangsaya wewah. ======\======Limrah manawi mongsa sekaten asring kathah reresah, saemper para dursila anetepi paribasan manawi toyanipunbuthek gampil pamendhetipung ulam, dereng dangu tuwan janbuselar ing Adipala dipun pandungi, ingkang kabekta ing durjana, kapal rakitan kakalih, ingkang satunggal wedalan prayangan, sarta lapak inggris sajodho,nunten tuwan JOnasportir ing Kedhungkuping, barng darbekipun kagadhuh dening dursila, anangin tanpa dipun tembung, warninipunkapal tumpakan satunggal akaliyan rodha grobak sapsang, boten kadosa kapurunaning pun reged, mila yen taksih mongsa sekatenan kedah prayitna sampun ngnatos weya. ======\======Ing mongsa sekatenan sapunika, karsa dalem ingkang sinuhuwn kanjeng susuhunan, sawarnining tarub-tarub, dipun prenahaken pinggiring ngalun-alun, murih sampun kasesa pambibrahipun, benjing grebeg, kalih dene badhe kathah paedahipun, ing ngalun-alun mindhak rame. ======\======Ingpamulangan ageng LImnasim Willem III, ing nagari Batawiyah, wonten kacilakan, jalaran saking padameling lare, wonten siswa kekalih taksih kirang umuripun, punika sami kasengsem kesah nyanjata kancanipun aningali paksi lajeng dipun lepasi, paksi kapranan dhawah mengandhap ingkang satunggal amalajengi sarta ambekta sanjatanipun ingkang meteng,kirng pangaots-atos pambektanipunngnatos pesat angenani dhateng kancanira, anjalari dados pejahipun, amurugaken turidanign para siswa liyaipu sarta para guru. ======\======Ing Surakarta bilih panuju ternag enjingm kapara kathah ingkang sami jalan jalan urut lepen Pepe, saking kamar bolah dumugi ngajengan dalem residhenan, ananging wonten nalar ingang boten anyakecani kasipatan kados ta pangungan pirantos musik ing ngajengan kamarbolah punika bilih enjing masthi wonten isinipun para bujang terkdhagn para kere ignkang manggen ngayb utawi jejagongan wonten ing ngriku, anuwuhaken tan prayogi,liya sangking punika urut lepen sisih eler sampun maasthi, yenboten banjir, kathahpara bongsa Cina ingkang sami adus, ing mongka atrapipun wuda ambalejed, saemper kapra ngumbar amurugaken regeding nagari, ingkang punika kathahingkang sami reraosan, atrap kang makaten wau, punapa boten pantes bilih dipun pambengi awit ing suraos wonte npusiring praja sasat angedhagaken tatakramaning nagari. ======\======Tuwan Semitbos Upsinder bawah Mangkunagaran ing Girimarta, saking kadreng badhe amitulungi dhateng karerehanipun tiyang alit, adamel pagugung anyepeng sima, ingkang sakalangkung anyumelangi, kdadosanipun saged pikantuk sima lorek kakalih, malah ingkang satunggal sampun lumados dhateng nagari. ======\======kabar Porstenlandhen kaping 23 wulanmaret punika, anyebutaken panjurung, suraosipun kadi ingngandhap punika. Nalika tanggal kaping 21 wiwitipun sekatenan ing Surakarta, punika pasukanipun tiyangbumi saben taun saderengipun bakda mulud, tanggalkaping 20 wulan maret ugi, wontenundhang saking kapatiyan manawi para bongsa Cina sabojonipun boten kelilan dhateng Sekatenan mawi numpak kreta,kejawi para lurah canak kapitan utawi Litnan sabojonipun, punikakalilanmawi kreta, para wekkister bojonipun ugi kelilan mawikreta, yen sesarengan kaliyanbojonipun kapittan utawi litnan Cina,papacak kang makaten wau teka nglengkara temen ing ngalam samangke, menggah wewaler wau wiyosipun nalika taun 1874 palamanipun residhen Kukengniyus, nuntenkanjeng tuwan residhen kukengniyus utusan dhaten gjuru basa, kapurih angrembagi dhateng rikbistir, murih dipun batalna wewaler wau, parentah ageng lajeng anyaosaken atur ing narpati, ananging ingkang sinuhun boten amarengaken, kanjeng tuwan residhen lajeng andherek karsaning sang prabu. Wasana para Cina atutuwi dhateng kula, sami nedha seserepan, punapa pyambakipun sarayatipun dipun anggep gelahh-gelahing nagari, dene teka para estri liyanipun utawi para cethetan, sami kalilan tuwi ing sekatenan mawi kreta, mila para Cina wau lajeng kula rembagi angunjukana atur dhumateng ingkang ngasta pusaraning negari, anyuwuna bilih mangggih wewatonipun, mugi wawaler kang kasebut ngajeng punika, dipun batalna. ======\======Postenlandhen anyebutaken makaten Tuwan redhaktur, andadosna pamirsa, sampun wonten tigang ngakad punika, ing celakipun Surakarta ngriki, wonten griya dipun galedhah, awit dipun wastani sisimpen barang peteng, wekasanipun dede barng peteng ingkang pinanggih, nanging wonten ugi ingkang kuwiyak, ing ngriku manggih endhasing srenggala pinten-pinten, menggah babaring lalampahan wau wonten ing panggenaning cina wade bakmi ing Cayudan panuju dipun tuweni dening sawijining pangeran ingkang sakalangkung kepinginipun dhumaeng dhedhaharan wau, punika boten watawis dangu ingkang andon tutuwi wau, karaos boten sekeca padharanipun ngantos kringeten aluntak-luntak lajeng wonten dhawah kinen anitipariksa salebeting griya, kepanggih cihnanipun endhas sagawon sasothongipun kepanggih gumlethak, lahpunika sampeyan piker pyambak menggah gegeripun nanging pun kucir sanalika musna, mugi-mugi polisi karsa akenceng angupadosi ngantos kepangggih, nunten amaringana ukuman ing sapantes pantesipun ingkang awrat dhuateng tiyang ingkang purun-purun angapus-apusi tuwin amitunani badaning tiyang. ======\======Ing Tulungagung Kedhiri samangke sampun wonten kantor telegrap ======\======Nalika ing wulan Pebruwari, lampahing sepur saking Kiyoto dhateng Osaka tanah jepang dipun kepyakaken sarta dipun jenengi dhaten gingakng jumeneng Nasa (Mikadho) nalika samanten sang Mikado badhe dipun cidra ing durjana, nanging lepat, pakabaran wonten tiyang 50 ewu, abdinipun pangeran ing Satsuma ingkang mampang purun dhateng nagari. ======\======Para kuli Cina ing Sigapura, kathah ingakng katuwenan cacar setan, saemper kapara amutawatosi. ======\======Dereng lami paprintahan nagari Cina, adamel prjangjeyan nyambut uwos, kathahipun 300000 dhacin, dhateng Jepang. ======\======Serat kabar Japang Bodhe angabaraken bab rawuh utawi panampinipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral ing Indinederlan, wontening pulo Sigapura,manawi kenging kagega anggenipun manembrama, kathah pakiranganipun, mila anuwuhaken gangsuling manah para bongsa Nederlan, dene teka para bongsa Inggris cupet anggenira anetepi susilengkrama, lepat lepat ingkang dados pengagengipun ing Sigapura, badhe karengon denig nkraton Enggelan, awit tedhakipun kangjeng tuwan ingkang wicaksana ing Sigapura, pancen dipun aturi dening gupernur ing Sigapura, wasana teka cidra ngubaya, murang saking tatakrami, punika kalepatan ageng, llimrah dipun teetah tiyang sabumi, sabab ingkang prelu, sanadyan tumrap ing bongsa alit susileng karma makaten kedah dipun tindakaken dening ingkang nyuruhi tamu, punika malih tumrap dhateng bongsa luhur,mongka tamunipun ngungkuli pangkatipun katimbang kaliyan ingkang dipun tuweni, sarta ing ngajeng mila dipun aturi tedhak, ing suraos boten saged yen angakena kirangpamariksa utawi kasesa, sabab tindak tanduk sarta tata krami makaten ageing bongsa luhur, malah dipun anggep sampun ngantos ajrih kasoran. Ing pundit-pundi negari Eropah samangke igkang dipun ginem selehipun krparbon Grutpisir mikat pasha ing negari Setambul, lajen gdipun singidaken pakabaran sujana wau dipun jerum dening Rulan, sarana picis utawi dipun satru denng para luhur ing ?Turki, ingkang sami kekah dhateng pranatan kina, tur pranatan wau kathahingang reged sarta nyumelangi, panimbangipun tiyang ing pundit-pundi, rerehanipun priyagung wau badhe anuwuhaken kisruh malih, sabab samikat pasha sasat bandhenging SEtambul saemper kados Kakrasana likadipun singkiraken sakingpeprangan, ajrih bilih anyumelangi pranyata yen mikatpasah priyagung tanpa sisihan dipun agem bebalunganing paprentahan ageng, wondene ingakng gentosi kalenggahan grutpisir, Ekempasah priyagung tedhakiing Turki kotos- kotos. ======\======Kabar Istambul Sarehning samangke ingakng dipu ginem utawi dipun rembag tan liya naming udur ageng ing jagad sisih wetan mila kula mastani kathah inking badbadhareman manawi sami dipun emutaken pangandikanipun swargi sang prabu agung Napoleyon BOnaparti Kaping I. Nalika samanten sang prabu agung ign Ruslan Sesar Iskandar, kitun serat dhumateng sang prabu ing Prangkrik, suraosipun makaten eh sang prabu, kula badhe angaturi pisungsung sisigaring Eropah sarta kula badhe ambyantoni karsa tuwin salaminipun budhe angreksa kekah kukuhipun anggen paduka angrenggani sapalih ing nagari Eropah, nanging kula namung nyuwun patuwas sapala, inggih punika margini sganten ingkang minongka uder- ugering kraton kula, sang prabu agung napoleyon sareng anampeni tulis uninga won\sing pikajengan, lajeng angliraken pamanggih, menggah aturipun Iskandar, ingkang badhe dados mengsahira ing pawingkingipun pangandikanipun sang prabu Napoleyon makaten: ingsun ameca, ing sajeroning wetara taun Ruslan bakal andarbeni Istambul sarta bageyaning Turki lan sanagara Yunani kabeh,iku wus sun pasthekake, yayah wus kaleksanan dene mungguhparikramane prabu Ruslan marang Panjenenganing sun, iku namung samudana anjaluk idi, murih bisaha anindakake pamecaning sun mau, ananging ingsun ora amarengake, sabab yen kongsi kalakon, mesthi yen nagara Eropah, anjomplang trajune. Yen ingsun turut lakune kan gmasthi ing saiki, nagara Turki bakal enggal tiba ing ngastane Ruslan, sabab para wogn bumine ing kraton Turki, kang akeh bongsa Yunani, padha adage karo bongsa Rus, ananging para nata gedhe, bakal angsul galiye, Prnagkrik Prowisen, lan Ostenrik yen kongsi klakon mangkono, bakal amalangi, ewadene Ruslan ora bakal kewran anggampangake bisa ilon karo Ostenrik sabab Ostenrik bakal di upahi nagara Serwiyah, utawa liyaning nagara kang wewatesan karo Ostenrik, liyane saka iku ingkang bakal bisa ambatalake karep, namung nagara Prangkrik ro Enggelan, yenloro mau wis saeka kapti, enjoh ambalekakepanempuhing satru, samono uga sanadyan Prangkrik Engggelan sarta Prowisen padha sabiyantu, maksa oira bisa tahan yen Ruslan sarta Ostenrik wis sae kakarya suraya sabiyantu, ana dene yen ing tembe Ruslan wus anglurahi ing Istambul enggal bakal amandhegani dagang ing lautan tengah nuli ajumeneng prabu udaya anguger lautan sarta andedel-dedel uluke wasaa bacut anjarak udur karo Enggelan, sarta angirimi wdya bala pilihyan pirang-pirang ewu marnag indi, sabab iku digampangake dening Ruslan awit abondha-abandhu, tuwin bakal angirimi wadyabala bongsa Kosak satus ewu utawa bala liyane, wekasane Engglen bakal kelangan nagara Indi, sabab padha padha ratu gegala, Ruslan dhewe kang amedeni, samawana ngatasing Negara Engglan banget wedine marang Ruslan. Mungguh saradhadhune bongsa Ruslan kawentar kasudirane angungkuli saradhadhu bongsa Ostenrik, sarta Ruslan enjoh amarnekake wadya bala pirakang dadi karsane, naming saradhadhu bongsa Prasmankang bias nisihi kasudirane, kabeh iku ingsun wus terang banget, mulane pamangih ingsun kraton ing Polen prayoga di adegake maneh, sarta diratonana dening pangeran Ponyatoski, kang wus kasusra kawanterane subanggerat, nanging Engglan amaido alengggana nuruti rembag ingsun, besuk satus taun maneh, akeh kang padha ambenerake pamecaningsun, samawana nagara Engglan iku banget engone bakal keduwung asesambat awal mulane, dene teka kongsi suthik milu pitutur ingsun, yen ing tembe nagara Eropah wus karoban dening bala becingah kang saka sisih elor, lah iku bakal akeh kang nyebut kasinggihyan sang prabu Napoleyon Bonaparti pangandikane duk kina. ======\======Kula ing sapunika sampun teranga sanget, yen kabupaten ing pUrbanagaran ingkang adamel ribed, lampahipun par amaosaken siti adi dalem mayor kapitan upsir sapengandhap, jaksa mas Ngabei H damelipun bombing bekel, tiyang punika yen sampun rukun sami trimah ipun, ingkang maosi sampun gedugi nyanggi, ingkang amaosaken samapun suka, sarta pandamelipun serat piyaem wau sangking ugeran bekel, mongka wonten satunggaling abdi dalem miji pinilih lengggahipun kula maosi, sampun suka sarta pandamelipun serat piygagem wau sangking ugeran bekel, mongka wonten satungil abdi dalem miji pinilih lenggahipun kula paosi, sampun suka piyagem sapratbotipun sampun kula tekeni sadaya, ugeran bekel sampun dipun ideni dhistrik, gadhah sambutan dhumateng satunggal tiyang nama Demang, sampun trimah ingkang gadhah yatra wangsul gadhahanipun yatra, ingkang nyambut sampun nyaraha utawi dipun ugeri wonten kabupaten sampun sami trimahipun, meksa adamel pakewed, boten purun ngelajengaken, mongka ugeran bekel sampun katanggel dening demang, pangettang kula sampun resik, punapa dumeh dereng nampeni presen bok inggih mundhut kemawon rak sampun, yen dhasar kirang anggenipun gnatung yatra lelangan ing danuwinatan kadamel gantos, yen makaten patrapipun badhe ngribedi kabupaten. ======\======IV Punika candhakipun pethikan KOndha sakngArab Pangeran SAdasistan Sair inggih angaturaken panangkis nanging kalangkung lemes tanpa waton, sabab naming angaturaken resikipun boten rumaos dosa, nalika wonten raja pejah, juru gedhong kaleres dipun undang bujana deningpisir Armah, malah wonten Dhahran ingkang dipun tedha, raosipun amupetaken panon, sabab sasampuning anedha, sair karaos kadi napsu, lajeng boten kengetan nanging sair angggadhahi penginten nalika mantuk dhateng wismanipun ing margidip sangsayaha ing janma. Phisir Armah utawi tamu liyanipun boten ngakeni,malah dipun wastani sair angomondaka, para priyantun wau maksa saged ngaturaken kalepatanipun sair, saingga anyirnakaken katresnaning aji, malah dipun anggep tiyang palacidra, lajeng dipun lungsur saking pangkatipun sarta kapatrapan ukum kisas. Yata boten kantos lami wonten tiyang sepuh wandanipun sarwa wadhag dhateng ingnagari, ngantos angangetaken tiyang kathah, tiyang monca wau meh boten saged angkung saking jejelipun janma, lajeng apitaken nalaripun kathah tiyang wau, wangsulanipun, apa kowe ora weruh kang wus di surupi sanagara, yen juru gedhong bakal di ukum kisis. Tiyang monca kepingin aniingali wandanipun juru gedhong, lajeng sesendheyan griya aningali kang sami langkung, nunten sakit tan ketingal dipun rante, sulakipun biyas endhas tumungkul, saksanane tyaning tiyang monca sumuluh, ketingal bilih asru duh kitanira, lajeng sakit tanpa lajengan dipun pancer nunten dipun acari o anak ku engger sair, sair dipun rangkul sarta dipun arasi. Sair muwus dhuh si bapa, lajeng kanthil ing guluning sudarma. Atrap makaten wau ngantos angresaken inknga sami ningali, dalasan singanegara inggih dherek pamukanahipun, tan dangu sang prabu inggih amyarsakaken wartos wau, awit karsa anjanengi ukum mila lumampah ing wingking, sang prabu Asadbah karsa aningali tiyang sepuh ingkang kawelas arsa,mila para tiyang kinen kendel. Tiyang monca anama Nuwirah ing ngajeng pethuting begal, sampun kauningan rumiyin dening sang prabu lajeng dipun bekta sowan, sarta dipun pangandikani. Eh anak muwus katemu maneh, sok mengkono kowe kang di sebut aran Nuwirah, kang sok disebut bapake si kurang trima, kang caiki bakal katrapan ukum kisas. Dhuh gusti inggih kula bapakipun pun Sair anak kula, ananging dede anak kula satuhu, anggen kula manggih wonten padaning aredi, lajeng kula pulasara, sareng ageng tumut ingpundi-pundi salampah kula, lajeng dipun cepeng ing padagang, ingkang kabegal dening konca kawula, ananging rehning manah kula bsaged amuja dahi, saking agenging tresna kawula dhateng lare wau, mila kawula anilar pakaryan durjana, jajah dhusun amilangkori, ngupadosi anak kula wau, boten wonten kepanggih titikipun asana teka kepanggih ananging wonten satepining kubur, dhuh gusti awrat temen sesangenipun, ananging paduka karsa angapunten, nipun paringa kagesang anak kula, sanadyan akenga kadi punapa pidomanipun, taksih wonten candhakipun. ======\======Punika candhakipun Cariyos BabTedhak Dalem Langenarja \\Pangkur\\ Sapraptaning pasanggrahan Langenarja tumedhak sribupati, sing palwa sigra tumurun, delen sangtinatamyang, taruntunan wang swandawa sawandu, jajari munging ngayunan, jumujuk pandhapeng warsi. Gumuruh kang para wadya, binarunging urmat asrang senggani, pradongga ngrangin tinuju, langen lamun kapyarsa, yayah antuk nabda jiwaning tumuwuh, sotaning kan gpara wdya, tumutur arsa yeng galih. Maryaning kang kawirenan, adan lenggah resban srinarapati, ing panirat pandhapa gung, satata lan jeng pangram, adipati Arya Mangkunagareku, neng ngetrun kang pinapajang, binara linusir lungsir. Pra pangram tarep neng ngarsa, amabukuh satepining pandhapi, mabanjeng lan …tinamu, imbanging dwi witana, tatabuhan lan wadya kusswa supenuh, sammapta sosobanira, sewakentg ngabuyantaraji. Dan wijiling pambojana, maradining ngantos tekeng wadyalit, boga andawina nutu, para myanwarna- warna, alumintu salwiring reh mararas rum, wuryaningkang lalangenan, maneka- neka sarwasri. Nahan danguning antara, tabuh ponca kang tamu wus rumati, madal ing pasilanipun, kundur mring pamondhokan, jroing kitha swandana suumaos sampun orek kang samya tumingal, sinawung urmat melingi. Lepas lampahing titiyan, datan kawis karengetnu samangkin, kang teksih wawareng wangun, wau srinaranata,andugekaken pambiseka sukeng kalbu pepek samapteng lalangyan, nganti anggagat saratri. Mandar dumugi rahina, jeng karireng sang hyang kalandarani, dumulur para myanipun, wanci tabuh sadasa, kang imbalan srinarpatpek sarsakundur, mring purakanang urmatan, tan siwah lir tedhakneki. Kawawas kapesan tuna, dadya minta aksa mamringkang sami, nupiksani ing panggelung, dedahad cumandhaka, saka mantyan cumipta nangu sweng kayun, mamrahskramaning ngukra, tan wrin lukita kang sindhi. Nawungkridha. ======\\\\\\\\\\\\\\\\\\ Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar. Enengena kang sampun prayitneng kewuh, wuwusena srinarapati, sang duratmaka sinunjul, kalawan rekyanapatih, samya nganti sireping wong. Dupi wanci sirep rare nuju teduh, lagya purnamaning sasi, masatrang wulan sumunu, sribramakumara aji, pangandikanira alon. Iki patih wus sedheng manjing kedhatun, nanging ingsun arsa uning, kadange sipanji iku, kang kasuba prawira sekti,sira cacaka palugon. Kyaana patih Gunasaronta umatur, pukulun ing ngaprang gampil tan ajrih amba pukulun, lawan kadange pun Panji, lah punapa boten jaroh. Menggah karsa paduka kang lampah alus, ngandika srinarapati, dene sira nguni tutur, darbe sesirep linuwih, yen wis prang tamakna mengko. Lamunya ta pesthi kabeh padha turu, senadyan tan ana guling, ingsun tan wurung malebu, kawangauran ora wedi, amongsuh lan wong semono. Kyana patih miarsa sigra umatur lamun mangkaten dewaji, ambasandi kaumagut, mangke paduka tingali, saking gegana kemawon. Wusnya ddya ing rembag gya mesat gupuh, napak madyaning wiyadi, kadya kilat lampahipun, sang prabu lan kyana patih, sampun ngungkuli pakuwon. Prabu Bramakumara denya dudulu, kadya jangkung miling- miling, myang ningali sakeh wangun, kawuryan kalintang asri, sang prabu kacaryan tumon. Myang ningali palataran jro kedhatun, akathah jalma pawestri,majeng sesongka yu-ayu, keh muka kataman sasi, purnameng wulan sumorot. Srinarendra wuwuh seseg jroing kalbu, lamun kasoran sang panji, estu boyongane agung, nora tuna laku mami, sedheng ante ping palugon. Wus dumugi sigra wangsul sang aprabu, mring genekangsamya kemit,kadang kadeyan supenuh, kang jinujug pintu jawi,kyana patih kinen anog. Mring tatarup kang munggeng lebeting pintu, gya tumurun kyana patih, sang nata megsih neng luhur, miranti genya ningali, lirt kasmaran sang atong. Guna Saronta apatih, mindha-mindha jalma dagang,kawengen duk arsamondhok,mundhuk-mundhuk lampahira, yata para kadeyan, kang samya munggeng jro tarup, nuju kendel denya langlang. Pepekan prayitneng westhi, asikep gegamaningprang, gantya mubeng gantya reren, kyana patih dupi prapta, anjujug dyan andagang, denya lenggah dereng dangu, kagyat mulat mring kipatya.Duk sinapa eh wong ngendi, bengi-bengi sira prapta, warna mu kaya wong seje, ki patih marrek mring ngarsa, dhadhok nauri sabda, kawula sujalma gunung, kadalon adagang minda. Pados sipengan ing ngriki, dyan andaga dupi perak, waspada marang warnane,kyapatih gunasaronta, dhokbris babrengos capang, netrane ngatirah pendul, ajarot busana mubyar. Pangakune tan arjoni, sang andagang wus anyana, yen duratmaka pratane, nyalimur ngaku wongdagang, andagang asru nabda,eh sira dudu wong gunung, lan dudu wong dagang minda. Papatut mu pethut maling, ketara mata mu abang, adhadhut walumu bewok, busananmu sarwa endah, bebadhong eje jamang, mongkalyan wong adol wedhus, nganggo clana cindhe kembang. Ki patih bekuh nauri, lo maido adhi lurah, wong jarot jarote dhewe, sandhangan nggen kula nyelang, ki patih wusnya mojar, raden andaga jinagur, kinayang kabener dhadha. Taksih wonten candhakipun.

Ongka, 14 Kemis kaping 5 April 1877

Surakarta Nalika sekatenan ing Surakarta, panuju malem Senen, wonten nyonya bongsa WElandi mudhun sakin gkreta badhe nuweni rumah makan, dipun graying dhadhanipun ngandhap piringmong, ananging tanganipun kakipataken, lajeng ketingal wonten kaji, inggih punika ingkang badhe anyebrot, pun gentho anginten bilih nyonyah wau ngangge prabot inten, nanging lepat, sabab pun nyonyah pirsa yen kathah sumelangipun, mila panganggenipun rupi inten utawi liyanipun boten dipun rasuk. ======\======Wonten sawijining sujana ing bawah kraton Engglan anama Meri seda, atilar donya (arta) kathahipun kawandasa yuta rupiyah tuwan Meri andarbeni pamelikan wesi ingkang ageng pyambak sarta jumeneng lid pangadilan ageng, menggah sujana wau anggenipun kasusra, boten teka awit dagang utawi pamarsudi, utawi ngatasing kalepasan ngasta nagari, anggenipun kaloking pundit-pundi, awit anggggenipun remen dhateng kapal, sakalangkung kathah kagunganipun titiyan, ing sadangunipun anggenira menang balapan gunggung 2 yuta gangsalatus sewu rupiyah . ======\======Portenlandhen amratelakaken malih, bab lampahanipun lurah dhistrik ing GEsikan bawah Klathen ing sapisan punika anggethok tular aturipun tiyang alit pyambak, mila kenging dipun anggep pasaja, sanadyan redhakturipun POrstenlandhen apitados bilih lurah distrik wau prayogi dipun singkiraken, suprandene para ingkang manggepokan dipun rembagi murih angupulaken sawarnining cihna supados wonten gegaranipun ingakng teguh wasana mugi-mugi wontena karsanipun nagari, andikakaken niti pariksa ingkang temen menggah lagehyanipun lurah dhistrik, bilih sampun kapariksanan teka maiben yen lurah dhistrikw au ngantos dipun anggep polaning priyayi kang tanpa lungguh utawi tedhan liyanipun. ======\======Kabar saking Aceh kaping 15 Maret Sareng Kanjeng Tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral rawuh sarta tedhak ing dharat, dipun pethuk dening Senapatiing peperangan, lajeng bidhal dhateng Kotaraja, nitih sepur, saking ngriku tedhak dhateng dalemipun jendral Mayur, saurutipun dipun jajari para wadya bala, ing pundi-pundi dipun rengga. Nalika rawuh ing Kotaraja, kanjeng tuwaningkang wicaksana dipun panembrama dening sangsana patining perang, sarta kapundhi-pundhi rawuhipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana, kanjeng tuwan besar karsa mangsuli tembung, sarta mratelakaken panrima tuwin amisanjangi, manawi angggenipun edhak dhateng Aceh, punika sampun lami anggenipun anarsa-arsa, pangandikanipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana makaten: eh tuwan jendral pamanggih kula, boten wonten malih ingkang mrayogeni, murih angayosi punapa ingakng sampun karakit, sarta murih amaringaken panrima kula awewaton asma dalem kanjeng raja sarta awewaton nagari, ngatsing anggen sampeyan labet anglairaken kewanteran secatuhu tuwinmurih anglairaken pitaya kula ing sampeyan dhumateng para tiyang bumi ingkang taksih sesatron, kejawi anggen kula nindakki pyambak punika. Wasana para kumpeni lajeng dhepilir ngarsaning kanjeng tuwan ingang wicaksana nunten resepsi ing dalemipun tuwan jendral, para raja raja kathahingkang sami sowan resepsi. Kanjeng tuwan besar nunten amariksani kraton lajeng kondur wangsul dhatengpalwa, para ageng-ageng dipun suruhi kakarsakaken dhaharan, sareng tanggal kaping 16 Maret tedhak nitih turongga dhateng pante Perak, ing ngriku milih papan panggenan rumah sakit ageng, ingakng badhe dipun yasani, kanjeng tuwan besar lajeng anuweni rumah sakit, sareng tanggal kaping 17 kanjeng tuwan besar anuweni kuburipun jendral Pel ingkang sedengrana, ing ngriku kanjeng tuwan besar anglairaken tembung, bab kawanteranipun sang suroyeng perang, sareng ngajengaken sonten kanjeng tuwan besar wangsul dhateng palwalih, ngarsakaken dhedhaharan malih,kaliyan para ageng- ageng. ======\======Wonten ingkang kojah, ing salebeting taun 1833 ing pamulangan Lomore bawah kraton Prangkrik wonten griya kabesmen anggigirisi, saksana wonten panjeritipun lare estri alit saking lebeting gedhong kang ketunu, ingkang sami tandang sekelangkung kaget boten saged tutulung, awit sami giris dhateng latu, urubipun melet-melet medal saking kori utawi jandhela, tan pantara wonten parawan satunggal dedegipun angrespateni srwa singset rambutipun panuju lukar awit kasesa, tiningalan amilangoni, boten patos amrabot, parawan wau amiyak tiyangkathah, sarta anguwuh, eh mangke ta kula ingkang badhe angrebat lare alit wau, nunten malebet ing gedhong ingkang kebesmen, para tiyang amegeng ambekan boten dangu Kenya ngetingal malih sarw ambopong lare estri alit ingkang meh ketiwasan anrajang urubing balatu, sareng sawatawis dinten malih, sang prabu ing Prangkrik Luis Philip angintuni medhali mas ageng dhateng sang sudireng kewuh, nunten wonten satunggaling kapitan wadyabala prasman kasmaran dhateng Kenya wau, dipun suwun lajeng dhaup, dene kapitan wau samangke jumeneng presidhen reipiblik ing Praja Pangkrik, menggah, menggah Kenya wau inggih punika garwanipun tiyang agung Makmahon. ======\======Serat saking Prabalingga wetan, angabaraken bilih ingkang bupati sampun aparing serat dhumateng wadana kota, katiti mangsankaping 19 Maret ongka 367, ijemanipun andhawahaken parentah, manawi wadana wau botenkalilan anumpak kreta yen badhe medal ngalun-alun utawi ngjengan residhenan, dipun suprih mudhuna ngantos tebih. Sarehning wadana wau anggenipun ngingah kreta, mawi ambayar pajeg satus rupiyah sataunipun, sarta kreta wau kangge ing damelipun nagari kang pancen awrat, mila kathah ingkang gumun sarta amastani teka anglengkara temen, kang bupati ngantos angundhangaken parentah kang makaten wau, bilih kabar punika sayektosipun, ingkang dipun telat, kraton kalih ing Surakarta, tuwin ing Ngayogyakarta. ======\======wonten kabar bilih kanjeng tuwan residhen Semarang sampun lekas angawiti, nindakaken suraosing serat kekancinganing gupermen kang katiti mangsankaping 3,1, dhsember 1876 babpananeming dhokter kewan, sarana kaundhangaken dhumateng ing ngakathah, sinten sinten ingkang nedya asowana dhateng lurah nagari, dene ingkang badhe mulang dhokter welandi dipun kantheni tiyang jawi satunggal kalih ingkang sampun kapara ngretos dhateng sakiting kewan, menggah para siswa badhe kaparingan tedha, 15 ru, ing sawulanipun, manawi sampun kinulawisudha dados dhokter kewan, badhe kaparingan tedha 35 rupiyah sawulan sarta dipun wewahi tedhan saben gangsal taun sapisan anggangsal rupiyah, kaping sakawan ngantos gadhah balonja 60 rupiyah sawulan. Wonten ingkang kalintu pamireng, amastani bilih para siswa manawi sampun cekap kasagedanipun badhe kaparingan ganjaran 60 rupiyah punika lepat panampinipun, dening ingakng badhe kaganjar 60 rupiyah wauy gurunipun, punika manawi paa siswa dipun titipriksa, sampun cekap menggah kasagedanipun, badhe anampeni ganjaran nyawidak rupiyah ing dalem siswa satunggal. ======\======Ing bawah Amerikah samangke wecucal baya kathah ingakng dipun samak kadamel sepatu sapanunggilanipun ing dalem sataun wonten baya 20 ewu ingkang kapejahan lajeng dipun seset kulitipun nunten kasamak. ======\======Punika seratipun ingkang nama Raden Saleh, katur senapatining paprangan negari Aceh, ingkang sapunika dereng angsal serat wangsulan. ======\======Punika serat ingkang sembah pangabekti,kahunjuk ingkangjeng sampeyan dalem tuwan jendral mayor saha ingkang angasta panguwasa, paprintahan salebeting paprangan ageng nagari Aceh. Sasampuning kadya ingkang sapunika, nuwun wiyosipun kawula bngsa jawi nama Raden Saleh griya ing Pakualaman (Ngayogyakarta) angunjuki priksa ing sampeyan dalem. Nalika tangal kaping 3 Pebruwari, 11 maret 25 Juni,kapengker punika, kawula sampun ngunjukaken, 3 serat ingparintah ageng kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral ing Indi Nederlan anenuwun sih pitulunganipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana, supados kawula sageda suwita wonten ing ngasta dalem, angsala pendamelan wonten ing nagari Aceh, anyumanggakaken medal saking kakuwatanipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana. Ing mangke dhawuh ing kantor awit serat beslitipun kanjeng tuwan ingang wicaksana katiten kaping 30 April 1876 nomer 9, sampun anglilani panuwun wau,kawula katamtokaken adamel 1 serat penuwun malih kaunjuk ing sampeyan dalem, supados sampeyan dalemlajenga tampi, ingkang sampun terang karsanipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana. Mila ingkang punika boten langkung kawula anenuwun sih kawelasan supados lajeng temtonipun saget andherek wonten ing ngasta dalem negari Aceh, ingkang punika kawula nuwun sumongga ing sampeyan dalem. Pakualaman kaping 23 Agustus 1876. Kawula bongsa Jawi Saleh. ======\======Surakarta Dereng lami kula langkung wonten sawetaning Kedhung Kopi, margi terusan ingkang anjog Jurug, sareng dumugi wonten ing Bulak panggenan Pandhanan, mambet gonad ingkang boten eca, sareng radi celak kula sumerep wonten sagawon kalih iji, sami ngerugi kuburan, sagawon wau saweg malebet sapalih, sampun saget mongsa sukuning dhasin, kagondhol mentas, kula lajeng nyimpang saking boten tahan gandanipun sareng ngajengaken dumugi margi ageng, kula taken dhumateng tiyang ingakng nuju wonten ing ngriku cariyos manawi ingkang dipun kerugi sagawon wau panggenan panguburipun tiyang pasakitan ingkang pejah wonten salebeting kunjara, utawi pejah sangking paukuman saben metak wonten ing kubur wau, pandamelipun kaluwat boten ngantos nyilepaken dhengkul. Sarehning margi wau saben dinten kathah tiyang ingakng sami ngambah, mugi mugi ingkang kawajiban amambengana lampahan mekaten wau. Kula pun Satemen. ======\======Wangsulan dhateng SAstra Maliwis ing Bangil. Kula mangsuli cacekan dhateng sampeyan, mila makaten supami kula mangsuli ingkang moncer ing ngatasipun sampeyan badhe boten amikantuki, mandhak dados empan empaning sulaya, awit para marsudi kawruh salamenipun asatron kaliyan para balui gugon tuhon. Udur punika warni kalih satunggal udur sumitra, kaping kalihipun uduring satru, udur sumitra punika tegesipun tunggil pambudi benten pamanggih, boten dangu sarta boten prelu ngangge pitembungan kathah slah satunggal lajeng ngalela leres lepatipun ing pundit ingkang sugih katrangan kalayan pratondha yektipunika ingkang menang, wangsul udur sasatron katrangan yekti tan adamelan rampung dipun gedhegi kemawon, temahanipun lajeng anuwuhaken udur seling serep saben sinabet tembung saru ingkang aminggetaken manah, wasana ngalentharaken nalar prakawis ingkang rinembag, adega-adgeing serat sampeyan ingkang kapisan wonten ingkang mungel mas Puspa taluki, wawaton punapa sarta wawenangipun sinten kula sampeyan wastani mas, awit pratondha kula naming mungel puspa taluki. Adeg-adeg ingkang kaping 2 inggih nuwun miwah prayogi. Adeg-adeg ingkang kaping 3 mila kula angwedharaken papucuking kawruh kudrat inggih saking anggen kula amanjangaken pamikir,s art sumerep yen wijang-wijanging nagari gadhah cara piyambak-piyambak, sarta wawatoning kawruh kudrat boten naming tumrap ing tiyang sajagat nanging dalah surya condra kartika ugi kagrayang watek kawontenanipun, Adeg-adeg ignkang kaping 4, limrah para gugon tuhon amastani adating tiyang kaanggeb kudrat tegesipun boten saged sampurna, saking wulang, limrahipun yen bongsa cobolo wicanten makaten (yen anaking uwong, sanajan tanpa piwulang iya pinter), nanging geseh kalayan para marsudi kawruh, karsaning gusti Allah anitahaken manungsa kanthi pambudi, supados kangge animbang raras ing laksitaning dumadi. Adeg-adeg ingkang kaping 5 prakawis tata boten kalebet ing kawruh, awit kathah wijang-wijangipun bongsa ingkang tugil kawruh, tatanipun boten benten. Adeg-adeg ingkangkaping 6 boten angger tiyangjawi gugon tuhon sanajan bongsa eropah wonten ingkang gugon tuhon. Adeg-adeg ingkng kaping 7, sampun terang sarta boten prelu kaucap kathah-kathah bab wijang-wijang ing bongsa gadhah cara, sarta agami piyambak-piyambak, nanging teranging pambudi badhe boten sulaya,nadyan agami selam kaliyan agami Kristen sanajan wawatoning agami wonten gesehipun nanging kateranganing pambudi amasthi badhe rujuk. Adeg-adeg ingkng kaping 8, saking pandugi kula tiyangjaman sapunika ingkang boten pirsa lelembat punika boten jalaan saking cupeting pandeleng (cupeting pandeleng warni kakalih) nanging saking lepasing pangawikanipun pratandhanipun para cubluk kerep sok nyalemongaken semerep setan. Kados leres panginten sampeyan yen serat serat anggitan ing jaman kina, nama Adi, tumrapipun ing jaman kina nanging ing jaman samangke satemenipun sampun boten nama adi, naming kenging kasebut cariyos aneh, kados ariyos bulkiya, yen mila punika sampeyan anggep adi, sampeyan angsal paedah punapa, menapa lelampahan aneh punika kenging katiru, sarta serat bulkiya punika ing ngatasing kapujanggan kalebet remeh, taksih kathah serat babading jagad ignkang langkung aneh, ewadene cariyos wau boten dados paugeraning kawruh, naming dados serat waosan kimawon. Kula boten sumelang katangkis para sarjana,malah pangajeng-ajeng kula supados para sarjana angejori pangawikan ingkang langkung terang saking saserepan kula, sarta uduring sarjana kados badhe boten anyuremaken bramartani, dene ingakng baleretaken bramartani punika ngadat panyalemongipun tiyang nyanyengit, sarta cubluk. Adeg-adeg kaping 9, wawatonipun punapa, ingkang kenging kadamel melehaken kacupetaning pambudi, naming ngangge serat purwalelana 02 tuwin Darmawasita. Sampeyan sampun amratelakaken kamemetaning pangawikan sampeyan ing bab serat ingkang sampeyan wastani adi (inggih punika anggitanipun tiyang ingkang pirsa lelembat lah sampeyan jawab pitaken kula ing ngandhap punika. 1. Sababpunapa wowohan tuwin yen wonten tiyang babalang, punika wowohan tuwin baling sami dhawah ing bumi teka boten malesat ing dirgantara. 2. Ing tanah pundit 6 wulan rainten 6 dalu, sarta sababipun punapa 3. Rob tuwin suruting saganten jalaran saking punapa 4. Yen PUlo Jawi mongsa katiga pulo Borneyo sisih ler mongsa punapa sarta sababipun punapa 5. Saking punapa wontenipun angina sarta sababipun lumampah kenging punapa 6. Gelap punika punapa, sarta paedahipun punapa 7. Pitaken kula ing nginggil punika ing ngatasipun sarjana remeh sanget lare ing Magetan ingkang umur 10 taun wonten ignakng saged anjawab: lon sampun pulintiran, suwawi sampeyan jawab leresipun rak boten kapeken awit sampeyan sugih srat adi, titi. Kaserat ign Magetan tanggal kaping 1 Maret 1877 Puspa Taluki. ======\======Sanadyan redhaksi sampu amatoni, boten anarjoni bilih wonten nalar ingkang badhe anuwuhaken ssatron arebat unggul, suprandene panjurung inggil punika dipun picak ugi,mugi-mugi ingkang sami poncabakah amanggihya budi ingkang terang, amaedahi ing ngakathah. Redhaksi. ======\======Akeh kang bias kondha arang kang bias nglakoni. Sampun dados watek wantuing pakareman manawi wonten tembung ingkang larapipun anglothang kedah anambung lampah, samanten wau inggih sampun kula wawrat, ingakng pantes katempuh. Biyang Madhul angojahaken kados ingkang kasebut ing Bramartani ongka 10 suraosipun dene teka boten aliyan naming angumbyung-umbyung mastani paiting legen thentheng, ananging rekane mawi amintoni ingkang kenyamipun angeres, sanadyan tembung ing liyan ingakng kapanggih manda lajeng angengkoki, bilih arja prayitna boten angon kosok, ananging punuking pranajanipun bok sampun kaindhik wonten githok, sanadyan dipun samuna inggihkatelak ugi, yen bok ne Madhul madhul madhul angetanipun, ingkang anggumunaken teka baud temen anuju masakala, E gupala mugi angengetana ing unge-ungelan (aguguyu lan amomoyoki wong cacad iku kapinterane wong gemblung) lo tumandukipun tembung mu sabiat punika punapa sampun leres, bok cobi kula aturi narbukani, dados pangrasukipun rasukan makaten tangkepipun boten wonten gigir, 1 babasane (wong golek iwak aja nganti buthek banyune, sing kena iwake) o sampeyan uluk-ulukna dumugi sapantoking pandeleng, inggih taksih nyuwun empan papan, kang mawi ing babasane pujongga rak wonten ingkang mungel makaten ta: (digugu ing pratikelan piwulangku, ananging aja anggugu lan aniru kalakuan aku), dados sekar gadhung saene nek kedhewe,malah yen gega cariyos kula pados ulam toya makaten, toyanipun kakebura ingkang ngantos dados bladher, ing saderenge ulamipun kenging, dados saged adamel Mainan. Katnadhan Na Ka. ======\======Panjurung wangsulan Ingkang mugi andadosna kauninganipun mitra Lulapak Remik dene kula boten tumunten amangsuli pitaken sampeyan tembng manira kaliyan pakenira, jalaran saweg kapambengan damelan ingakng parlu wajib kula lampahi, kajawi sakin gpunika menggah pitaken sampeyan wau andadosaken kodhenging manah kula, awit kapirit saking nalaripun radi nglengkara, sumongga ginalih, tiyang priyantun ing kampong Gajahan lakok pitaken tembung kedhaton dhateng tiyang ing Basuki. Ananging sarehne saking karsa sampeyan naming sumedya pitaken saupami kula wau angsal waton saserepan ingakng terang, dados kula namungngaturi ancering prelonipun kemawon ing babasan sampun wonten, (bener karo lumrah, iku wenang dianggo singlumrah) kados ta tembung manira pakenira, ing serat carakan jawi kawastanan tembung kedhaton,manawileresipu inggih kangge gineman wontening kadhaton kemawon, ananging limrahipun prayantun ing nagari, saben maringi serat piyagem dhateng bekelipun dhusun tamtu ngangge tembung manira pakenira, rak inggih tanun, ananging samanten wau kula nyumanggakaken para sarjana, wasana kula nyuwun pamit saweg anggarap pandamelan parlu sanget titi, ing Basuki ping 20 Maret 1877, calon panewu Lid Sipil Jayaprakara. ======\======REdhaksi ngrembagi dipun sigega anggenipun udur, redhaksi C.F.Philip. ======\======Panjurung Maedahi. Sanadyan ingkang jumeneng redhaksi sampu nkenging saha pantes, kaalembana jalaran anggenipun kerep anglenggani macak sawarniing panjurung, suprandene kula arda kedah amrayogekaken bilih anggalih supados anambahi regenging bramartani, manawi pinuju kathah priyantun ingkang manjurung, serat ingkang mawi tembung wau mugi karsa angendhakaken sawatawis rumiyin, amargi kula waspadakaken panjurung wau kathah ingakng kapara kasep pamacakipun, mila pamuhining priyantunkathah, ingkang mugi karsa amenggalih sayektos, mesthi andadosaken suka senengipun para priyantun sampun kok tansah amaneni kemawon dados angemperi serat darmawasita, saking panuwun kula serat punika sampun kasidhem, kula pesthekaken panjenengan sampeyan boten kaweken amangsuli Ing Tunjungpura pign 21 PUlud Je 1806 Katandhan Rahadyan Mas Suryasudhira. ======\=\\\\\\\\\\\\ Murih anglegani dhumateng Suryasudhira, panjurung ing nginggil punika nunten dipun pacak, awit sampun ngantos kawastanan bilih redhaksi ambau kapine, ananging redhaksi kedah ugi apitaken dhumateng Suryasudhira, anggenipun mawi tetembungan “sampun tekat tansah amanceni kemawon”, punika suryasudhira ngajeng punapa sampun anggalih bab awrat enthenging tetembungan wau, manawi sampun inggih sokur, dados redhaksi saged adamel gelaripun ingakng pancen kenging kaempakaken liya saking punika redhaksi kepingin dipun wulang dening Suryasudira, tetembungan ingkang pundit, kang dipun wanceni dening redhaksi, kalih dene manawi wonten ingakng dipun wanceni punapa wancenan wau ing saleresipun punapa boten. Wonten malih ingkang kedah dipun udhari bubundhelanipun, tembung tansah, punika ajengipun punapa, manawi panampinipun redhaksi, murad dipun tembung tansah mekaten, tanpegat, lah yen sampun leres makaten, punapa saben nomering Bramartani, wonten ingakng dipun wanceni. Kajawi punika redhaksi anggadhahi panginten bilih panjurungipun Suryasudhira kang kasegut nginggil boten tuwuh saking kalam panuratipun piyambak, panangkisipun redhaksi punika bilih-bilih yen wonten prelunipun wonten sambetipun. ======\======Nyumengka peksa atur memanis, sanghyang tabe atur kaurmatan, ring tuwan ridhaksi katyeng, jonasportir kang mengku, amengkoni sagung pawarti, kabar sawegunging rat, tinata pinatut, yawn pareng karsaning tuwan, ulun atur nututi kabar sakedhik, yawn pareng kangjeng tuwan. Inggih bokmanawa bokmanawi, wonten selana papan pawarta, mugi pinasanga mangke, kabar bramartaneku, den wijilnaing dinten Kemis, inggih ngajengpunika, ggustyamba sang ulun, kanjeng rahadyan dipatya, Arya Nitidiningrat Pasdhahan nagri, ing mangkyantak nugraha. Sangking kanjeng Bagendha Nerpati, maharaja Nedrelan Indiya, nugraaning kawulane, kang wekel parigel hyan,hyaning karya tata tiniti, ingmangkya pinaringan tatengrekang sestu, ridresinga ign Nederlan, ulun nyuwun pandunga dad maha suci,myang jeng nabi panutan. Netepena raharjaning bumi,bumi paepae karaharja, pragarwa putra wayahe, rahayu weng tumuwuh, away siwah ngarsa sakapti, nata taning praja mrih yuning tumuwuh, amunah ardaning dhustha, ulun tiyang alit badhe anglampahi eca sangyang anendra. Ulun nyuwun agsami gung maring, mring para gung sanesing nagara sampun sami salah deleh, boten gung- gung saestu, bekti gusti kawula ngriki, derakamawulengrat, rinaket tinengkuh,kukuh pangangkah ing tingkah, Jumngah Wage Trilikur Sapar Je warsi Manis cahyesthipraja. Amba dunung greba mantra kopi, apeparab pun Onggawijaya, dhistrik PUrwareja kang ngreh, risidheni kang mengku, Pasedhahanira kang nagri, mantra toya duk kina, gih purejeku,ugi ambatumut ngalap, Koran sakingSurakarta Bramartani, mila sru dahat minta. ======\\\\======Panjurung punika dipunpacak sawantahipun, redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat GEdhog lampahan Panji Sekar. Gumadhug kerasa sakit, Andaga ngadeg gya mojar, eh nyata simaling bewok, anglimpe ambithi dhadha, Andaga arsa nyandhak, kipatih minger anjagur, geng githok tinula-tula. Mung srekyana apatih, kapilengrden Andaga, gutgutten mumet panone, sigra winales tinepak, pok kupinge kipatya, gumampleng kipatih jumbul, lumba-lumba keloyoran. Ambekuh sarya sruangling, lah ingsun den kepruk apa, dene lir wesi tangane, tujune endhas pethingan, oleya endhas rucah, kang mangkene pesthi remuk, Andaga tuhu prawira. Dyan Andaga anauri, eh maling wong ngendi sira, lah dene weruh maringong, den atanggon aya uncat, sira prang lawan ingwang, kipatih nendhang lan muwus, during ungsum tanggon ingwang. Maling embuh aran mami, nglengkara dhek jaman apa, wong maling ngaku jenenge, kipatih sarwi mergagah, cawetan saya nepak, tepak tinepak abikut, adedreg dugang dinugang. Nanging rekyana apatih, yen dinugang kerengkangan, kalah rosa kerep kasor, Andaga lamundinugang, among minger kewala, kipatih getem agregut angruket anyikep dhadha,. Amithing sarwi ambanting, dyan Andaga nykep pundhak apeluk puletan okol dangu udreg ngaben kupat sortitih kyana patya, kena binanting kumabruk kalumaha ngayang-athang. Dupi arsa den tunggangi, kipatih tangi anjegal sang Andaga tiba lunggoh, kyana patih ngadeg sigra, sarwi anarik katga, raden Andaga sinuduk gumadul datan tumama. Gulu kinekrek tan busik,kyana patih aasru ngucap wong iki atos kulite, kalimpe rekyana patya, tangan kena cinandhak sirah tinepak mawantu, kyanapatih kelayaban. Meh rinangul kyana patiyh sigra matak ajinira, welut putih tandya lolos marucut kipatih uncat, nyalipet sigra mesat, mring gegana tan kadulu, kecalan raden Andaga.Semana kathah kang prapti, kadeyan tutulung samya gumerah takon malinge, ing ngubres datan kepanggya, datan wruh yen ngembara, wong kemit pating bilulung, katur mring sang Prajanata.Duratmaka estu prapti, tan pakekering sang dhustha, laju narajang prang rame, tinadhahan mring Andaga, tan kewran dhustha guna, mangkya musna tan kapikut, ing ngubres datn kepanggya.Sang arya ngungun miarsa, sigra utusan mring pura, amangsit kang para sinom, para putrid wus prayitna, lawan mangalembana, marang iku sumagaluh, dene waspadeng paningal. taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 15 Kemis kaping 12 April 1877

Pakualaman (Ngayogyakarta) Kaliyer saking ing pandamelanipun 1. Irstelitnan Inpanteri, Raden Riya Jayeng Prawira, kaliyer dados Irstelitnan Kapaleri. 2. Twedhelitnan Kapaleri, Ranmessumapranata, kaliyer dados Tyadhelitnan Infantri

Kaundur lajeng kaparingan pandamelan 3. Irstelitnan Inpateri, Radne mas Arya Kusumaningprang, kaundur sangking Irstelitnan, kaparingan pandamelan lelados ing lebet. 4. Twedhelitnan Inpanteri, Raden Mas PUrwadigdaya, kaundur saking Twedhelitnas, kaparingan pandamelan amedanani lelangen.

Wondene para priyayi, 4 iji wau menggah tedhanipun teksih tetep boten ewah kados ingkang wau-wau. K. Sutarja. ======\------ngayogyakarta Nalika sekaten para gentho alit pating sariwet anggenira angupados utilan kayektosan kathah para tiyang ingkang sami ningali awit kirang pangaot-atos, usap-usap ingkang dipun sabukaken sami ical, inggih punika jalaran dipun util ing gentho, sareng ing dinten akatipun wonten gentho alit satunggal kacepeng anggenira ngutil saptangan, kadugi umuripun 13 taun lajeng kaladosaken ing pulisi tumunten kakunjara, wondene nalika ing dinten garebeg ugi wonten gentho anyebrot kandelanipun konca Pakualaman wonten ing sitinggil, katujonipun boten ngantos kenging, pun gentho lajeng kacepeng, sarehning ingkang dipun sebrot kandelanipun wau kaleres dherek dados pun gentho naming kaparingan bithi ing tiyang kathah. Wredene ingkang radi kula gumuni para gentho ing wektu punika sami teksih alit-alit, kadugi punika ngumuripun 12 taun pramila sapunika manawi wonten tatingalan kedah ngatos-atos, para lare boten kenging dipun batos amargi gentho alit-alit sami anyalimur. K. Surtarja. ======\======Ngayogyakarta Ujungan waru ingkang aneh. Ing kampong Mregangsan sapunika wonten ujungan waru aneh, maujudipun sanes kaliyan ron waru sanesipun, wit satunggal anuwuhaken ujungan warni kalih, ingkang nginggil ronipun limrah ijem, wondene ingkang trubus ngandhap angrembuyung ronipun pethak saingga mori, pramila ing wektu punika pakampungan mergangsan katingal regeng, awit para tiyang jaler estri saking ngamonca dhusun kathah ingakng sami dhateng ing ngriku, ningali tetingalan ingkang nembe katingal ing ngakathah. K.Sutarja. ======\======Awit saking karsanipun kanjeng gusti pangeran adipati ARya mangkunagara sarehning kagunganipun pandhapi sawek kadandosan, mila anamtokaken benjing tingalanipun ing dinten akat legi tangal kaping 15 wulan April punika, boten mawi pasamuwan kados ingkang sampun kelampahan. Kalilan katandhan denign abdi dalem M.B.Purtir. ======\======Nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping 6 April kanjeng pangeran Kolonel AjudanArya Suryaatmaja, ingkang kakersakaken dherek kanjeng tuwaningkang wicaksana guprenur jendral dhateng Aceh wnagsul malih ing nagari Surakarta, dipun pethukaken dumugi ing gundhig dening ingkang putra kapenakan, kanjeng gusti pangeran adipati anom, sareng praptanipun ing setasiyun wingking Mangkunagaran dipun pethuk denign para pangeran sawatawis, menggah kojahipun kanjeng pangeran colonel ajudan wau dereng wonten ingakng rembes, bokmanawi sadinten kalih wonten ingkang kamirengan. Ping 7 April. ======\======Nalika wulan Pebruwari, sangprabu estri Enggelan kapinujon amilujengi tingalanipun taun ingkang wayah sepuh piyambak pangeran Pridrih (Friderich?) Wilhellem calon Krunprines ing Prowisen, tutup ayuswa 18 taun punika sang prabu Dayita karsa angulawisuda dhateng kang wayah wau, kakanjar ing riderpandhekoseban, wonten ingkang kakontha yen manawi ridher agung wau, naming priyagung 50, ingkang kadunungan, dene ingakng wonten salebeting nagari Dhitslan sawelas iji, ingkang nganehi pyambak, ingkang jumeneng Eyarama, sarta wayah, (Inggih punika ingkang sinuwun ing Dhitslan sarta calon ratu kekalih) sami ngagem ridhering kosenban, ing mongka ridher Ordhewau yasan ing taun 1346, sapriki dereng wonten lepiyan kang makaten. ======\======Punika angandhakaken tedhak dalem kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenur jendral dhateng Aceh, methik saking serat Koran nagari Jawi. Nalika tanggal kaping 19, 20 sarta kaping 23, Maret, kanjeng tuwan ignkang wicaksana, ngarsakaken pasamuwan rerembagan kaliyan para ingkang sami nyepeng peprenthan ing ACeh. Enjing tanggal kaping 20, Maret tedhak amariksani papan panggenan pacinan ing Oleh-oleh, sarta amariksani saarnining papan padamelan kagunganing gupremen, utawi darbekipunAnemer, ingkang sampun anyunggemi tedhaning wadya bala ing Aceh, tanggal kaping 21 mariksani pulo Beras dipun ubengi mawi baita setum ngirasmariksani palabuhan adi, prenah sisih kilen, kenging ing tembe dipun ethukaken kaliyan palabuhan ing Lambalei prenah sisih wetan sarana margi ingkang tebihipun boten langkunglalampahan 20 utawi 30 pinit ing mongka padamelipun saemper boten badhe rakaos mandhak kenging dipun damel ngambangaken baita, kathah paedahipun. Sareng enjing tanggal kaping 25 kapesthekaken badhe anampeni pisowanipun para raja-raja utawi para duta wikrama, ing dalemipun militer lan sipil bepelember, dipun irid dening kumisi, 1 asisten residhen ing kotaraja R.J.Krussen 2, ajudanipun kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenur jendral 3, Seremoni mister, sayidandullah Bin Mansur alaidurs, lajeng kasowanaken ingkangjeng tuwan Besar, ingakng kadherekaken para paprentahan militer dharan sarta lautan, tuwin para peprentahan sipil, ingkang sami majeng sowan abib mokamad raja pedhawa Besar, tuwan Kunya, Raja sipang Olim pocut Mokamad Raja lamkotarigas, tuwan Duimam, raja Tenom, Tokubait Raja Teluk Krut, Tuku Kejuruwan rajasabi (Ketapang PaseiI tuwan Ku Suleiman Atmajanipun kang sepuh rja ing Pedhir, tuku Mudha pasangan Atmajanipun kang sepuh raja ingperak, tuku kadimalikul Adil, mantra Dhongkol ing Aceh,lurahipun paprenthan mesjid raja, tukon lampasaai raja kluwang lurah pangarsaning Mukim IV sarta pasiten ing sisihipun kidul bawah ACeh, tukucubanrah ongka 2, Mukim IV, Tuku Iman MOkamad lurah ing Lepong, tuku Nyomokamad tuku Yukalan tuku Amsah, sadaya wau sami dados lurah bawah ing Marasa, ingkang kalebet dados utusan saking Pedhir,kapenakanipun Raja Pedhir, anama tuku Ibrahim, ing ngajeng dados lurahing Radwolu ing Penang, kang sampun kadhadhal. Salajengipun kanjegn tuwan ingkang wicaksana angandika dhumateng para raja-raja sapanunggilanipun wau, nuntenpangandika dalem dipun jarwakaken tembung malajeng denign asisten residhen Krusen, suraosipun makaten. Eh para raja-raja lan para lurah ing bawah Aceh, banget andadekna sukapirenaning atimanira, pekenira padha guyub kumpul ana ing kene, tedhak manira ing kene iki, dununge arsa amreratandhani enggon manira angajeni tuwin anglairaken katemenan, sarta mumurih pekenira kabeh bias amiyarsakake dhewe pangandika manira, kang dadi karsaning gupremen nederlan ngatasing nagara Aceh. Manawa pekenira utawa kancanira ana kang wus kabekjan amariksani nagara ing endi-endi, kang wus kareh dening gupremen Nederlan masthi bias terang pikire, yen parentah gedhe ora liya karsane, mung anyentosani adapt caraning nagara utawa ambaureksa sarengate lan anyantosani peprentahaning para raja-raja lan para lurah sarta maneh mesthi yen padha ngawruhi, yen sarupain gnagara mau, padha tata tentreem ingngiyoman dening paprentahan Nederlan prisasad ngiyub ing ngisoring wreksa mandira, lah mulane mungguh ing nagara Aceh, karsaning kanjeng gpremen ora beda,murih selameta lir nagara kang wus kawengku, pekenira padha manira karsa kake kumpul murih saeka kapti tuwin ambyantoni sakayange, bisaha anuwoni kamsud kang kasebut mau, kang pancen anuntun marang kebekjanira pribadi, sarta manira purih atepung rembug karo kang jumeneng wewakil manira ing ngaceh kene, murih anyurupna marnag nagara kang isih padha sesatron supaya aja kongsi kabacut enggone padha amampang, wekas manira para lurah kang misih padha dadi satru kena pekenira jarwanana, yen padha gelem nungkul ora ngemungake bakal manira paringi ngapura, malah bakal manira tetepake sarta manira santosani ing paprenthane karo dene maneh manira angarsakake ninggali pratondha pangenget-engete tedhak manira ing Aceh,lan wis dadi karsanira yen tindak manira iki bakal kinanthenan tondha liyane, kaya kang wus dadi jangji manira yen para raja sarta nagara wus padha nungkul, manira bakal kinen amulyakake masjid gedhe ing nagara Aceh mulane ing pamburine manira bakal adhedhawah kinen arerembugan karo pekenira kabeh, mungguh atrape angleksanani karsamanira mau, murih angabarake pratondha temening parentah ageng, mulane manira amasthekake bakal pekenira timbangi anetepake kapitayan pakenira marang parentah ageng. Wasana lajeng musik angungelaken gendhing winirsilanseblud, dipun sauri ungeling mriyem kaping sawelas saking Kotaraja, ing sahantaranipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana amaringaken: 1. Piyagem anyantosani raja ing Simpang Olim dipun anggep raja, 2. Bendara Nederlan dhateng para raja ing Rigas, tenom, telu krut lan ing Sabi, sarta piyagemipun bilih sampun kaanggep raja 3. Piyagemipun tukulampasei, kaanggep dados raja ing Kluwang, sarta piyagemipun kaangkat dados lurahing Mukim IV, lan bumi sisih kidul urut nagariAceh. 4. Piyagemipun tuku Kadlimalikul Adil anglurahi bumi masjid raja 5. Piyagemipun Tuku Nyamokamad katetepaken dados wakil lurah ing Marasalan Mukim IV 6. Piyagemipun tuku Cut Bantah lan Tuku Iman Mokamad, dados lurahipun Mukim IV sarta dados lurah bumi ing Lepong.

Wasana tuku Nya Mokamad dipun timbale majeng malih, kaparingan medhali mas pratondha anggenipun angladosi nagari, dherek labet asecatuhu dhateng gupremen Nederlan sadangonipun Ekspedhisi kan gkaping kalih, sasampunipun kajarwakaken ing tembung malajeng dening Asisten REsidhen Krusen pangandikanii kanjeng tuwan ingkang wicaksana wau, medhali lajeng dipun tempekaken dening jendral Mayur militer lan sipil bepelember, ding dhadhanipun tuku Nyak MOkamad salaejngipun kanjeng tuwan ingakng wicaksana amaring amaringaken sawarnining barang edi, kadamel tondha sih ing gupremen dhateng para raja-raja lan para lurah ing tanah Aceh, tiningkeman ing pangandikaning kanjeng tuwan kang wicaksana, sami dipun dongakaken mugi mugi gusti kang sipat kangyun amaringana yuwana dhumateng para raja-raja sapanunggilanipun. Sareng wanci jam satengah kalih welas kanjeng tuwan ingakng wicaksana lajeng tedhak dhateng Oleleh nupak sepur dipun dherekaken dening jendral mayor bepeleber, dumugi ing Sentolo, sasampunipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana rawuh ingpalwa anama Brama,s awarnining baita kapal ingkang sami kambang ing plabuhan sami angungelaken mriyem amilujengi dhumateng sang wakiling srimaharaja nederlan, kondur dhateng nagari batawiyah. ======\======Nalika kanjengtuwaningkang wicaksana gupernur jendral wonten ing Aceh, saklangkung anggenipun amrelokaken anitipariksa makamipun para militer sapanunggilanipun ing dhusun Pecut,kathah ingkang mumuji mugi mugi kanjeng tuwan besar karsaha andikaken nyantosani sawarniing nalar ingkang amurugaken kaslametaning para wadyabala, sabab ing suraos punika pratondha pangenget-enget ingkang endah pisan dhumateng swargi kanjeng tuwan jendral Pel, ingkang dipun aken mitra temen dening kanjeng tuwan besar, sadangunipun priyagung wonten ing papan peperangan Aeh, kathah ingkang kalair menggah karsannipun wau, sabab kayekten nalika anitipariksa makam ing dhusun Pecut panggenanipun ngubur para prawireng prang ageng alit, sarta panggenanipunmitra dalem inggih punika swargikanjeng tuwan jendral Pel, menggah pasareyanipun samangke naming dipun ubengi rurujen angentosi rakitipun tetenger ingkang badhe kadekekaan ing benjing prenahipun ing caketing kuburipun para karerehanira upsir ingkang sami etoh pejah saengkaliyan lurahipun,s arta ingkang dipun irid majeng ing perang nalika angrokbondawala pati kaliyan mengsah ing Aceh. Sareng kanjeng tuwan kang wicaksana anyaketi kuburipun kanjeng tuwan jendral Pel pangandikanipun makaten. Priyagung kang sumare ing dagan kene, ya iku kang diginem ana ing pasamuwan gedhe sarta diesahake, yen sedane pryagung mau, sasat kamitunaning nagara kang abot dhewe, mulane gon manira angemutake tetembungan mau, ora liya mung angyekteni apa kan gwus kinawruhan ig akeh, sabab jendral Pel kawanterane, iku kang wus ana lesi panguwasaning paprentaha nederlan ana ing Aceh, yen ing pamburine panguwasaning Nederlan bisa anangkarake ing bawah Aceh kene, ora liya naming awit saka panggawene swargi jendral Pel kang wus angetohake patine, mulane manira kacuwan banget dene ing tembe manira ora bakal bisa anungkuli pangetrape maejan kang lagi dirakit, ananging manira ora enjoh amujadahi sedyaning atimanira, amurih angormati ing pasarehane pryagung mau, dhasar priyayi kena manira gelengake mitra manirasatuhu, kang sarta aluse kang wus kamuksan manira arani amuwokake marang kang padha kari, murih asecatuhu marang sang ratu utawa marang nagara. Sasampunipun anglairaken pitembungan wau, kanejng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral, lajeng anyasmitani dhateng garwa dalem,murih anyelehaken sekar uncen-uncen ing rujenipun pasareyan, pitembungan dalem akaliyan atrapipun sang dayita anyelehakenpuspita, sami amurugaken dados suka seneng sarta pangenget-engeting para kang sami andherekaken sata kang sami wanuh dhateng swargi kanjeng tuwan Jendral dene teka boten kasupen komat dhateng makamipun sang suroyeng jurit ingkang cinupet sedeng ngalaga. ======\======Tuwan Redhaktur, sarehninging pamareng kula nagari mangke sangsaya angyektosi dhateng abdi dalem ingkang taberi ing damel utawiingkang boten, sarta karsa angganjar dhumateng ingkang netepi kuwajibanipun, mila kula teka cumandhak angaturi ewet dhumateng nagari,menggahlalampahanipun abdi dalem kaparak sangkrak nyana, anama mas bei Tamenggala kaceluk kyai Bleber, punika kapara kathah lalabetanipun mongsa kalilapana ingkang anglurahi, ingkang punika mugi- mugi ingkang ngasta kawasakarsa angulawisudha dhateng abdidalemkyai Bleber wau murih cekap anggenipun angingoni anak bojo, sabab terang manawilenggahipun sakikil boten cekap,kabar ing ngajeng tampi sakin gkantor, sareng kanjeng gupremen angarsakaken ananemi agen polisi, pun kyai Bleber ical bayaripun saking kantor samantena abdi dalem wau maksih ugi kaetrapaken ing damel bilih wonten prelu ageng, dene salaminipun dados kaparak sangkraknyana,pinten pinten durjana ingkang kacepeng dening kyai Bleber wau, ing mongka kang sampun sami tampi ganjaran kakulawisudha 1 raden Mas Panji Wongawilale,Mas Bei Sedira Prajangya, mas Bei Jaya Metaka 4 Mas Bei Kreamaduta, sadaya punika pakabaran nyapisan anggenipun saged anyepeng durjana,mugi-mugi nagari karsaha amaspaosaken, nunten rentah arih kawelasanipun. Bloka ======\======Irstelitnan Inpantri saha Ridheri MIliter Willem Seodhener Dheklas, W.J. Philip, dipun pindhah dhateng Ambahrawa. ======\======Lurah lelang ing Surakarta tuwan Makilapri, samangke saking panuwunipun kapariingan pansiyun awit sampun sepuh, ingakng gentosi dados lurah lelang tuwanAltir. ======\======Ing salebeting bramartani kaping 5 wulanpunika, ongka 15, wonten panjurungipun Suryasudhira, sarta wangsulanipun rehdkasi, ing ngandhapipun panjurung wau, amratelakaken yen bilih wonten prelunipun wangsulan wau badhe kasambetaningkang punika samangke redhaksi kedah angleksanani. Sampun asring- asring redhaksi anyumerepi, bilih kapara kathah ingakng maos serat kabar, dereng sami dhnger dayaning Koran salong dipun galih kenging dipun parentah, sarta dipun engkuk-engkuk sakajengipun, boten pisan nginten bilih Koran makaten manawi dipun sanepakaken pirantos yayahantru, saged anjujung sarta angantebaken, samantena bilih wonten prelunipun. Panjurungipun Suryasudhira, mawi anyebutaken bilih redhaksi kenging kaalembana, andadosna pirsa kisanak bilih redhaksi boten kepingin, dipun alembana deing suryasudhira, sarta malih wotnen sesebutan Kula arda kedah amrayogenging bramartani, andadosna pirsa kisanak yen rengengipun bramartani naming gumantung saking wulang rembugipun suryasudhira, mesthi yen lajeng kelip- kelip nunten sirna babar pisan. Wonten malih sesebutan Suryasudhira katawis saged amaspadakaken, punika punapa awit saking kadunungan sipat kayun punapa kados pundit, pamujining priyantun kathah, lo punika punapa sayektosipun kapujekaken denign priyantunkathah, punapa naming suryasudhira pyambak ingakng muja semedi, panjurungipun surya sudhira mungel saking panuwun kula serat punika sampun kasidhem eh Suryasudhira teka kalajeng wicarane sawek punapa suryasudhira anyumerepi, yen redhaksi nate anyidhem pramanem kajawi yen panjurung tanpa paedah sata suraosipun ajak sesatron utawi wadhag ukaranipun, samantena ingggih boten kasidhem sabab bilih wonten kang makaten redhaksilajeng amratelakaken kawontenanipun, swasana redhaksi angrembagi prayogi suryasudhira angingaha traju emas utawi traca inten kadamel anrajuwasana saderengipun kalairaken utawi kapacak ing delancang. Redhaksi. ======\======Ingkang serat saha ingkang tabe, miwah karengga rengga ing samudayaning kaurmatan, mugi kaatur ing panjenenganipun saudara, tuwan reedhaksi, ingkang angarang serat pawartos bramartani, ing nagari, Surakarta adiningrat. Sasampuning kadya ingkang punika, wiyosipun, ingkang boten sangking punapa, sangking pangesthining manah sukci, kula cumandhak, nuwun priksa, asmanipun ingkang sayektos ingkang saweg sasinglon nami Byaartalen, jalaran sangking panjurungipun ingkang kawrat bramartani nalika tanggal ping 1 Maret 1877, ongka 9 ing ngriku amertelakaken, bilih alika malem dinten salasa tanggal kaping 22 wulan Sura kapengker punika, wonten satunggalin gpriyantun kuwajibanipun nyepeng pendamelan perlu pulisi, nama sasebutanipun Mas Bei P.T. kawon kasukan setoter wontening N.M. ngantos anilar gadhahanipun katimang inten tuwi sengkang, saha kathah kimawon anggenipun nyariyosaken wonten ing Bramartani wau. O Allah inggih talah, saupami sayektos mekaten beja cilaka apan sampun kasanggi dhumateng ingakng gadhah barang piyambak, boten susah pun byaartalen anggalih pengarubiru, dahwen panasten kemaren ingkang sanes wajibipun. Mongka, saestonipun mas bei P.T. wau naming secatuhu anggenipun anglampahi kuwajiban P.T.N.M. saha dereng mudheng babar pisan bab lampah-lampahipun setoter punika, mekaen ugi, sasumerep kula, ing nalika malem dinten salasa tanggal ping 22 ingkang kasebut nginggilw au N.M. boten wonten riyantun kasukan setoter, punapa malih bab kasukan main kertu sanes-sanesipun ugi dados awisanipun ingkang ngasta penguwasa negari, sumongga katitika,pramila panerkanipun byaartalen kados ingkang kawrat ing bramartanipunika kadora, bilih kawuningan parapryantun ing monca nagari, ingkang dereng sumerep saestonipun badhe angicalaken kautamen tuwin agempalaken pakurmatanipun priyantun ingkang sasebutanipun mas bei P.T. ing N.M. kadosa pangkat kalenggahan kula, punapa malih anuwuhaken pangrudatos, temahan sumrambah dhateng anak rayat kula sadaya, ingkang tanpa dosa, awit kenging panginten inten kawon Setoter, kadi dene panerkanipun byaaartalen ing nginggil wau. Ingkang punika seklangkung sanget penangis kula, mugi mugi wontena sih pitulunganipun saudara, aparing katrangan menggah asmanipun byartalen ingkang sayektos perlu murih sirnanipun pangrudatos kula, jalaran sangking sih pitulunganipun saudara, waget dhamang, utawi tumonca, sinten tiyang ingkang purun purun nuwuhaken manah culika, anyeberongi piawon dhateng padatanipun tiyang sae, tanpa dosa, wah malih dahtengpriyantun ingkang kapiji biyantu tata tentreming kapulisen ngrembat pakaryan amrih kamulyaning nagari Magetan ping 9 Maret 1877 ingkang saudara, Patih ing Nagari Matetan Sasradiwirya. ======\======Andadosna pamirsa bilih tuwan Winter smpu nlami anggenipun nyelelhaken padamelan redhaksi Bramartani mila sawarniing serat prayogi dipun dunungaken dhateng redhaksining Bramartani, boten susah mawi kapratelakaken namanig kang dados redhaktur. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar. Wuwusen rekyana patih, ingkang mesat angembara, wus prapta ngarsa sangkatong, sang prabu dangu tumingal, solahnya dupi aprang, lamun kyanapatih agung, sortitih angaduyasa. Dupi prapta kyana patih, ngandika srinaranata, eh patih sireku kasor, sapa mungsuhira aprang, wong agegah pirusa, prakosa dhsare teguh, tan tumama dening braja. Kyapatih matur wotsari,emngsahulun pun andaga, tuhu pinunjul dibyane, ananging wantah kiwala,dereng miris kawula, sang nata gumujeng guguk, kumenthus mutan sembada. Dene kowe krep binanting, kalumah angathang- thang,engakumu nora kasor, kipatih malengleng nembah, yen ngaben kasantikan, ulun tankasor saestu, ngandika srinaranata. Lah sira baliya maning, amiliya tetandhingan, kadeyan kang rada repeh, kang ringkih nanging kang guna, ingsun arsa tumingal, kyanapatih nembah wangsul,niyup saking jumanten. Sapraptanira ing siti, laju manjing pasangggrahan, anyalimpet kalammor, kipatih gunasaronta, tuhu maling aguna, yata kadeyan winuwus, lagya tentrem sami lenggah. Kipatih dangu ngulati, raden Wirun nuju sayah, denira lenggah sesendhen, angantuk rem-erem ayam, kipatih dupi prapta, anggetak sarwi wawatuk, kilurah angenak-enak.Angantuk punapa arip, puniku mangke kainan, menawi prapta malinge, yata wiruna asrukagyat, mulat wong seje warna, wirun ngadeg sarya muwus, lah sira malinge baya. Kipatih sigra nauri, dhilurah dede kawula, wong ngriku tandang kemawon, raden Wirun sigra nyandhak, tangane kyanapatya, kipatih ngipatken asru,nging kukuh tan bisa uwal.REkyana patih ambithi, tangane malih cinandhak, lir lare leyek pasange, udreg asendhal sinendhal, rinangkus kyanapatya,bianting tiba kabentus, ing labor adheradhasan. Angengses lumayu mijil, prapteng jawi sigra mesat, ngambara kang kantun geger, opyak malih rambah-rambah, dadya saya prayitna, kadeyan prasami ngumpul, wuwusen rekyanapatya. Wus prapta ngarsa sang aji, sangnata mesem ngandika, sira kaya kalah maneh, dene babak irungira, kyapatih matur nembah, amba aprang lan pun Wirun, kawula boten anyana. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 16, Kemis kaping 19 April 1877

Panjurung Pasuruwan (Kaunduraken) 1. Ngabei Citradirja mantra Rosan ing Onder dhistrik Rembang dhistrik Gempeng (Bangil), kaunduraken sakng kalenggahanipuningkang kaliyan urmat. 2. Suma ATmaja Manri Rosan ing dhistrik Gempol Bangil kaunduraken saking kalenggahanipun.

Kaalih

1. Raden Panji Sudiradirja mantra Rosan ing dhistrik kitha bangil putranipun Raden Panji Jayasudirja ing Pasuruwan ingakng saking Surakarta, kaalih anggentosi dados mantra Rosan ing Onder dhistrik Rembang dhistrik Gempeng (Bangil). 2. Merta SEtra Mantri Rosan ign dhistrik Pandhakan kaalih dados mantra rosining dhistrik Gemol Bangil.

======\======Ing nagari Prangkrik wonten juru gendhing ageng tukang biyolah, punika sakit mripatipun ingknag kiwa, dhokter angrmbagi kinen anempeli lintah gerananipun sisih tengen pun juru gendhing kapara kirang pengatos-atos sabab pu lintah marucut lajeng malebet ing irung, dumugiing elakelakan tansah anggenipun angisep pun juru gendhing gadebugan dipun lepehaken boten kenging saking kanthilipun anggenipun anyerot dangu-dangu lintah tuwuklajeng dhawah piyambak sinaengan kasemprotakensaged medal nanging pu juru gendhing pejah sakala. ======\======Serat saking Temanggung Kedhu, suraosipun makaten. Kula dereng maos kandhanipun pista, kormatipun tuwan asisten residhen Wustef sagawa putranipun, mila kula pyambak kadreng amratelakaken ing serat Lokomotip. Menggah pista wau kenging kawastanan ginuyuban, tondha sadasa ewu rupiyahkathahing wragadipun, akaliyan ageng ing pista. Nalika malem tangalkaping 31 Maret ignkang sami kumpul ing sositeit Sumbing, kanjeng tuwan residhen Kedhu sarta para tuwaningkang sami wisma ing Temanggung ing Megelang, Semarang, Ngayogyakarta sarta ing Wanasaba, sami angentosi dhatengipun tuwan Wustop sagarwa putra, ingkang lerep ing dalem kabupaten dipun pethuk dening kang kapacak dados kumisi, kadherekaken dhateng sositeit Sumbing, saking kabupaten dhateng sositit sampun karengga ijem ijem sarta lalayu sapanunggilanipun, tan dangu ingkagn kaarak sami rawuh ginarebeg ingkathah, anglangkungi margi ingkang dinilahan obor,langkung saking 500 ingkang wonten ngajengmusikan sageleng, nunten gamelan kasambetan ing raden patih sahaprikananipun wadana kliwon mantra sapanunggilanipun, sadaya mawi anumpak turongga, sarta penggeman ageng, sasampunipun lajen gkreta kapal sakawan sami pelak wandanipun, kreta wau ingkang nitihi tuwan Wustop sagarwa putranipun, siningsetan denign para ingakng anjajari mawi titiyan kapal kados dene Erewak tiningalan sakalangkung endah. Sareng smapun anyelaki sositeir lajeng sekar latu bengggala dipun suled sinarengan ungeling mriyem, kanjeng raden adipati ing Tumenggung iya Olan Kusumadilaga, ingkang amresidheni,punika ingkang ngriid tuwan wustop sagarwa putranipun malebet ing made ingakng endah rerenganipun,s eseratan sasmitan boten kikirangan ing ngajengan made wonten ugel-ungelan kita oraang kasih slamet kapadha kanjeng tuwan Asisten REsidhen Wustop dan bilang slamat jalan. PanemBrama wau amasthi amurugaken suka bingahipun tuwan Wustop sagarwaputranipun pancen sareng rawuh inggih kathahingkang karaos, Sasampunipun sami tatalenggah, lejng wiwit dhansah, sareng wancijam satunggal dalu dhaharan, ing saantaranipun lajeng tuwan residhen adamel kundhisi, wilujengipun tuwan Wustop sagarwaputranipun, andadosaken suka senengipun ing ngakathah, kanjeng tuwan resihden amui lalabetanipun asisten residhen wustop dhateng kanjeng gupremen amratelakaken umbuling pakopen ing bawah afdheling Tumanggung pamujenipunmugi-mugi ingkang badhe pamit mangkat dhateng nagari WElandi, enggal amanggihya slamet kasarasan saha mugi salebeting kalih taun tuwan wustop sageda wangsul malih ing nagari Jawi, ananging jumenenga lurah ing paresidhenan, tuwan wustop lajeng amangsuli kundhisi wau, tembungipun arumaket, sasampunipun dhaharan nunten anglajengaken dhansah,dumugi gagat enjing. Sareng tanggalkaping 3, April tuwan Wustop sagarwa putra bidhalan, kathah ingkang sami andherekaken, ing ngepos Secang sampun wonten para mitra ingkang methukaken, ing ngriku lajeng ngunjuk Sampanye malih, amilujengiingkang sami bidhalan ingkang nglairaken tetembungan bupati ing Temanggung, saking secang surutipun dumugi bawah Ambahrawa taksih kathah ingakng angormati lampahipun wonten lurah dhusun sampun tigang dasa taun angggenipun ngeladosi ayahan, punika cesrityos, salaminipun dereng nate anyumerepi, asisten residhen ingkang bidhalan sarta ingakng dipunluluti dening tiyang alit kadi tuwan Asisten residhen Wustop, mila boten maiben manawi aningali kabupaten Tumanggung saged amrenekaken kopi 48000 dhacin saben taun punika amratandhani, yen tuwan Wustop kenigng kaupamekaken Mundriing Amtenar. ======\======Ing salebeting Bramartani ongka wonten panjurungipun bloka, angandhakaken bab lalabetanipun abdi dalem kaparak nyangkraknyana, kang nama Tamenggala, aliyas Kyai Bleber, ing ngriku anyemoni mugi-mugi nagari karsaha amaspaosaken dhumateng abdi dalem wau murih anemahana kawisudhan. Menggah makaten punika, kados nagari boten susah dipun engetaken awit nagari asoca bathara, sampun masthi anguningani kalih dene kula boten maiben, bilih abdi dalem kyai Bleber wau sampun kagalih dening priyayi agung murih kaparingan tedha langkung saking tedhanipun samangke . Pun Temen. ======\======Wonten ingkang cariyos bilih lurah dhistrik ing Ngajo bawah karanganyar, anglampahaken tindak anganeh-anehi, bilih wonten kewan kapragat lurah dhistrik wau mawi mundhut prabeya nyakethip sarta mundhut ulur tuwin ilatipun, lurah dhistrik wau asring-asring amundhut dhendha yatra sakingpara juru salingkuhan apyun,ingkang punika papanggihipun ingngakathah, lurah dhistrik wau pantes dipun kencengi sawatawis tan beda kaliyanlurah dhistrik Gesikan bawah Klathen. Porstenlandhen. ======\======nalika malem Rebo tanggalkaping 11 demang sawija ya ing Kedhawung, bawah baron Surakarta, dipun kecu kapinujon demang Niti Atmaja ajagonging ngriku dumugi wanci jam sawelas dalu sareng wanci pukul sekawan enjing korinipun griya demang Sawijaya dipun dedel purun andhawahi sawijaya panuju tilem ngajengan kori, sareng badhe menyat dipun thuthuk ing palu lajeng ambruk tungguk satunggalinggihkataton lajeng para ingkang wonten salebeting griya utawi ingakng sami kemit bubar sadaya para durjana kecu kathahipun kirang langkung 40 lajeng manjing ing griya, anglebur utawi amendheti barnag, pangaos kirang langkung 2000 rupiyah, sareng dipun pariksani denign pulisi, ingkang dhawahing panggrayangan lajeng kaceoeng 1 demang nitiatmaja 2 Ronggsura andya, 3 Riya Atmaasmara, ingmongka dhusun Kedhawung wau tebihipun saking nagari naming kalih pal, suraosipun para durjana samangke wiwit ing kapurunanipun pantes yen sapunika dipun pambengana ingkang kenceng. ======\======Nalika ing dinten Senen tanggalkaping 16 ingkagn marbolah, surakarta prenah wingking, para tuwan kang majgei siti dhusun gelengan ing wanagiri, ingkang kapacak dados kumisi sami kumpul angrmbag pangrakitipun reglemen anyar, bab amajegi utawi majegaken siti dhusun ign bawah kraton Surakarta, dene bab kadadosanpun pangrmbag wau, dereng kamirengan. ======\======Nalika tanggal kaping 5 wulan punika, ing dhusun Jenon Kartasura, wonten uwit kalapa rebah, pinuju dipun penek ing tiyang 3 ingkng sami anderes, ingkang kalih para salamet boten patos rekaos, deneingkang satunggal nama Ranadrana, ingkang dhawah uwit kalapa punika dhawahipun katenggor ingpayon griya, sareng kalih jammalih dados pejahipun. ======\======Kala tanggalkaping 7 ing bawah Kelathen wonten maling koyok, griyanipun demang Wiratanaya ing Kemalang, kathahing durjana sakawan iji, sami umpetan wingking kakajengan sareng pun demang malebet dhateng griya durjana lajeng dhateng pandhapi, sawek kemawon mendhet pethel ingkang panuju kantun ingpendhapi, pun demang kaliya adhenipun medal malih, durjana nuntenmalajar dipun tututi, nanging pun durjana saged amambengi mai bebalang sela, pun demang kenging janggutipun adhinipun kenging sukunipun mila dipun kendeli anggenipun ambujeng. Ing dalu wau ugi griyanipun Kasandikrama bekel Barongan kalebetan dursila pandung tiga, mendhet barang pangaos 30 rupiyah. ======\======Serat kabar Mataram ongka 26 angojahaken makaten punika anyariyosaken padata lampah lagehyanipun para priyayi jawi ing Ngayogya sampun wonten tigang dinten mangkin papara kakalih sami gramen sinjang bathikan langkunging ngajengan A, Da, Ra, reh Sindunagaran priyayi wau sakalangkungparikramanipun papara kakalih dipun undangmalebet sedyanipun badhe tutumbas sareng sampun wonten salebeting wisma, raden tumenggung angrembagi daganganipun Pawira wau, prayogi dipun loterekna, ugi dipun turuti awit ajrih, sapajengipun gramen sinjang dipu nloterkaken, ananging raden tumenggung kawon yatra, 18 dipun tagih sumados badhe dipun esahi mangke dalu, sareng wanci jam pitu sonten wanodya kakalih, ing mongka ingkang enem marginipun boten kuciwa, anama mas Ajeng, W.R., dipun suprih manjinga ing pakasutan, ananging sakaliyan anglenggana, sareng badhe dados mantuk pun priya anandangi pyambak ken W.R. dipun paksa purun kapriyambada kabekta ing panepen, enjingipun nemaged mantuk ananging sampun kapranan saksanaken, W.R. kusung-kusung sowan ing ngarsaning balemangu, ngaturaken boten tarimah dipun damel suwiyah dening priya wau, sarta dipun gugat angapusi tuwin anyanggara sima. Kabar gugat wau sampun konjuk ing sampeyan dalem ingakng sinuwun kanjeng sultan, kathah ingkang asru kapingin anyumerepi, kados pundit ingkang dados adil dalem angukmi, punapa badhe ngagem kitab bipun she sayid Anifah, punapa seh Sayid Afisi, sarta pasal ingkang pundit, manawi kapirid saking sengkutipun pradata balemangu, katawis bilih nalar wau kapara dipun angggep anteb. Mila dipun eling-eling, ta, para priya. ======\======ampun wonten pinten-piinten dalu, lurah ing Posepur Prambanan katamuwan konca polisi, sami ngabaraken bilih ing ngriku, badhe dipun kecu, kadadosanipun sepen, limrah manawi wonten kabar makaten wekasanipun adhem. ======\======Nalika malem Senen tanggalkaping 16 ing candhi SEwu celak prambanan kepandungan, lembu 4 ingkang kenging, ingkang kalih enggal kepanggih, ingkang satunggal malih let sandinten ananging ingkang kaping sakawanipun, naming kapanggih kikilipun kemawon. ======\======Nalika ing dinten Akat ing kota Ngayogya geger, jalaran maesa sampun kawade badhe dipun pragat wasana ucul kabaripun salah ton mila saged uwal saking dhadhung, sangkanipun saking jagalan Pakualaman medal kretek ageng, malebet ing pakawisanipun tuwan dhokter Bakus, ing ngriku nrjang lare alit ngantos tatu, lajeng nimbus dumugi pakawisanipun tuwan Kreh, saking ngriku lumjar dhateng peken, saemper ingngriku dipun pambengi, lajeng menggok ngidul dhateng ngajengan beteng, ageng, sareng aningali ingkang bujeng tiyang kekalih, lajeng minger mapan sarta tiyang kakalih dipun baledig, saradhadhu sapontha panuju baris inggih dipun udag, tujunipun boten wonten ingakng kabilaen, naming saradhadhu satunggal ingakng krengkangan saking ngriku maesa lajeng mlajar ngempret dhateng tugu, dalasan samangke dereng kacepeng. ======\======Ing Ngayogya para babah sapanunggilanipun, anggenipun gegriya asring angebek-ebeki weradinan ageng, awit boten kinten-kinten anggenipun ngelar jajahan utawi adhedhasar,mila ingkang ngasta panguwasa mugi amambengana. ======\======Panji ing Gamping dipun alembana ing ngakathah, anggenipun angreksa margi ageng, pratondha yen priyayi wau dhenger dhatengkuwajibanipun, sabab margi ageng ingkang dados betahanipun katingal mokok piyambak beda kaliyan ingkang dados bebahanipun abdi dalem upsinder margi, langkungmalih waradinan ingakng pancen kaangge margi grobag, kathah lembu ingkang pedhot ototipun. ======\======Polisi ing Ngayogya mugi anguningani atrapipun para Cina ingkang nanggel momotan borongan, punika saka lintang anggenipun langkung ukuran pa,ootipun, yen tapatitis pamangih kula, manawi kewan dipun kaningaya makaten wau, kalebet anerak pranatan kapolisen teesipun ingkang ningaya manggih ingkalepatan kadhendha yatra samurwatipun. ======\======Cina nama Tan Ong ing Ngayogya, ingkang kadakwa anyebrot yatranipun Yam Ping Wan nalika kasukan tepo pepetengan dipun kunjara kaewor panggenipun para kecu, durjana wau lajeng suka bingah, sakalangkung anggenipun ambibidhung dhateng Tan Hong, tan Hong ajrih akamigilanen kengkenan dhateng Sepir, nedha dipun eliha, sagah bayar 100 rupiyah, tuwan Dhepir asamudana pirsa ing sasmita, dipun parikrama,lajeng anyukani macanan satunggal dipun suprih dhateng panggenanipun cina Ko Hong Yong, anampeni yatra satus rupiyah wau, yatra samanten wau enggal dipun ulungaken kalih dene cina Ko Ho Yong inggih tumut dhateng, yatra dipun tampeni tuwan dhespir,nanging lajeng kaaturaken ing kantor, samangke lajeng kajodheran awonipun para gentho cina kakalih wau, sabab punika ingkang dhawah ing panggrayangan mendhet yatranipun kretas cina Yam Ping Wan 650 rupiyah, sarana dipun gunting esakipun rasukan. Mugi-mugi nagari angatrapana ukumaning sapantesipun, kalih dene pun Cina Yam Ping Wan ingkang sampun purun-purun adamel tepo pepetengan inggih pantes dipun ukuma, sanadyan ingkang dados lurah cina, inggihkedah dipun kencengi, awit tepo pepetengan wau, kabaripun lurah cina inggih sami anyumerepi. ======\======Para tuwan ingkang majegi siti dhusuning bawah Surakarta, sarta ing bawah Ngayogyakarta, sainten kalih punika, sami uyeg anggenipun anindakaken karsaning gupremen ngatasing pangiketipun reglemen bab pamajeging siti dhusun sageleng sgeleng kinen amilih sawung ingkang kenging kapitados anyarirani ingkang kathah benjing manawi pakumpuylan ageng ingkang badhe kajenengan residhen kakalih, ing Surakarta utawi Ngayogyakarta, pamilih ing sawung ing bawah Ngayogya, rehing wewengkon alit lajeng gilig dados satunggal tuwan tuwan nenem ingkang dipun piji, ing bawah SUrakarta kapara parenca, dados botn patos mayar pamilihipun. ======\======Ing Bayalali badhe angadegaken sositeit, samangke sampun kacawisan yatra 4000 Rupiyah tuwan Dhopal pyambak urud yarta sewurupiyah inggih boten maiben sabab ing bawah bayalali pawedalipun sakalangkung kathah, yen ta botenna kathahingkang bolong kopi saiba pandedeling kabupaten Bayalali. ======\======Ingkang kapilih dening para tuwan ingkang majegi siti dhusun ing bawah Wanagiri, kapurih dados sangu bab pangiketipun reglemen anyar tuwan tuwan tiga, 1 tuwan H.E.E. Isel, 2 Tuwan R.Panalpen, 3 Tuwan P W G Gaut, Kabar anggenipun pasamuwan ageng angrembag reglemen wau, benjing ing dinten Senen tanggal kaping 23 Jinenengan ing residhen kakalih wonten ing dalem karesidhenan ing Surakarta..

Kula Raden Mas Panji mangkuwidaya, sekretaris ing Suryaatmajan Surakarta, ingkang nandhani cariyos ing ngandhap punika, minongka sasambatanipun lalamapahnipun kanjeng Pangeran Arya Suryaatmaja colonel Ajidan nalika dherek ing Kanjeng Tuwan Besar Guprenur Jendral tindakipun dhateng Ngacih (Aceh), kula turutaken cariyos saking panjurungipun kadang kula Raden mas Brataatmaja, ingkang kapacak ing Bramartani ongka 1 Kemis kaping 15 Maret 1877 dumugi Bramartani ongka 12Kemis kaping 22 ugi wulan Maret warsa punika, saking panuwun kula dhumateng para priyantun ingkang sami mariksani, manawi wonten tuna dungkap utawi kirang patitising cariyos mugi dipun ageng pamengkunipun awit anggenipun amengeti kadang kula wau saingga wonten ing samargi-margi saben wanci kendel anggenipun angladosi kanjeng lajeng anyeratipun napa sakawontenipun ingkang dipun sumerepi kawontenanipun ing cariyos ngandhap punika. Sabibaripun kanjeng tuwan besar mentas amanggihi raja duta ing Ngacih, wancinipun pukul 12 siyanglajeng dhahar kanjeng ngasoing pondhok sareng wancipukul 8 sonten kanjeng katimbalan dhahar sareg akaliyan kanjeng tuwan besar, bibar dhahar lalenggahan sakedhap lajeng ngaso ing pondhok ing dalu boten kacariyos. Ing dinten Slasa kaping 6 Maret 1877 wnci siyang sabibaripun dhahar kanjeng tuwan besar katamuwan para Ran Panindi, dene kanjeng utawi para ajidan sami besiyar ningali kumidhi oprah kondur pukul ½ 1 salebetipun kanjeng wonten Bogor tuwin Batawi, manawi boten wonten pangageng ingkang nganthi nyonyah besar bilih majeng dhahar inggih kanjengpangeran, ing wanci pukul ½ 6 kanjeng Besiyar pukul ½ 7 lajeng sowan ing ngajengan pukul 8 dalu malem Rebo dhahar sareng kanjeng tuwan Besar bibar dhahar lalenggahan sareng pukul ½ 12 bibaran boten kacariyos ing dalu. Ing dinten Rebokaping 7 taksih anunggil wulan warsa, wanci pukul ½ 6 enjing, tehdakipun kanjeng tuwan besar saking dalem palis ing Batawi, panggemanipun Alpteni, nitih kareta kadherekaken ing Ngusar wingking 25 tindhah kaptin ingkang nunggil sakareta ingkang garwa kanjeng nyonyah besar, tuwin tuwan Rene, boten antawis dangu lajeng rawuh ing pasanggrahan ngebum mawi rinenggarengga langkung adi, ingkang sampun wontening ngebum para Idler, dhirektur, kumendur tuwiin komandhan jawi,s adaya sami anamBrama ing tedhakipun kanjeng tuwan besar, ingkang nganthi nyonyah besar, Vice Presidhen Tad Ban Indi, kanjeng tuwan Ofenris, kanjeng tuwan besar wonten ing ngebum lalenggahan boten dangu lajeng bidhal anitih baita kapal api alit awasta baita Bogor, ingkang andherekaken tuwan kumendur sakaliyan tuwan residhen ing Btawi, lajeng lumampah dumugi ing beteng sapinggiring saganten lajeng kaurmatan ungeling mariyem ageng ingkang kumendhir upsir, sareng badhe dumugi ing kapal ageng ingkang badhe katitiyan awasta Brama kauramtan ungeling mariyem ing kapal prangutawi sawarnining awak-awakipun sami suka surak surak kanjeng tuwan lajeng minggah ing kapal sagarwa, lajeng kakurnmatan para prajurit ing kapal Brama kathahipun 60 inpantri tindhih kaptin 1 upsir 1 sangkep sadadamelipun ungel-ungelanipun tambur salompret kajawi punika ambekta musikan, 18 tindhih sresan mayor, sarta mawi kadhertekaken ing kapal prang 4 para prajurit sakep sapirantos saha dadamelipun tindhih komandhan tuwin mayor, dene ingkang dhereek anunggil sabaita kaliyan kanjeng tuwan besar ngandhap punika pratelanipun. 1. Algemene Sekretaris Mister A.D, Lipingsonorman saha garwa. 2. Reperendharis, tuwan Sol. 3. Kolonel ajidan kanjeng pangeran Arya Suryaatmaja 4. Litnan colonel tuwan Rene 5. Kaptin Ajidan tuwan Rungkus’ 6. Kaptin kapal ajidan tuwan Semit’’ 7. Litnan Ajidan tuwan Nipi 8. Kontrolir Ngacih, tuwan Liyong 9. sepektur tuwan dhokter Itsinggah 10. mayor Arab Sayidadhet 11. Seremuni Mister Arab Sayid Ngabdullah 12. Sayid Maidin 13. Daksa demang Pena, ing Bogor.

Kanjeng tuwan besar tuwin sadaya ingkang sami dherek sasampuning minggah ing kapal Brama lajenglenggah ing ngedheg dene para walandi utawi kanjeng pangerankatamtokaken manggen wonten gagelenganign kamar nomer 1, satunggal satunggalipun kamar sampun marantosa babakasipun, para sayid utawi demang manggen wonten gagelenganing kamar nomer 2 satunggal-tunggalipun ingkamar ugi sampun mirantosa babakasipun, sadaya ingkang dherek manawi dhahar enjing siyang dalu anunggil kanjeng tuwan besar, menggah kapitan kapal ingkang ngawasani baita Brama, wasta tuwan Dhiyong, kancanipun 100 iji kalebetan trus sapanunggilanipun baita wau kanjeng gupremen nyewa, ingakng anggadhahi matsekapei, (maskapai) sewanipuns aindten sadalu 1000 rupiyah,kalebet dhahar minuman tuwin tedhanipun ingkang dherek sadaya, dene ingang ngladosi kanejgn tuwan besar bekta abdi piyambak ingkng jaler 16 enci koki 1 estri 2 tukangkunci1 wasta tuwanPermirse Jipro wasta nyonyah Sopi rencang-rencang kang dherek sadaya 26 iji. Sareng wanci ing pukul 6 dalu mancal sakin gpalabuwn Batawi mawi urmat mariyemkapalingkang jagi, baita Brama lajeng lumamph angleresi malem Kemis. Ing dinten Kemis kaping 8 anunggil wulan warsa, wonten ing kapal manawi dhahar dalu pukul 8 manawi enjing pukul 7, dhahar buterham, manawi siyang pukul 12,, katrangan menggah panjanging baita Brama 170 tindak wiyaripun 50 tindak cacahing gagelengan kamar ingkang nomer 1 30 kamar,nomer 2 16 kamar, kamar mandhi 3 pakiwan 4 inggih punika baita ingkang kanggenan tiyang sungsun, 5 kalebet dhetg utawi panggenan bakakas, kanjeng tuwan Besar utawi para pangageng manggen kamar sungsun tengah, ngandhap piyambak saradhadhu, menggah ing lampahipun dinten kemis wau wnci pukul 3 siyang, awit katingal ingkang kiwa pulo Palembang, ingkang tengen pulo bangkah, lampahing baita ngilen leres,malem Jumungah hdhar utawi pangasonipun kados adapt bilih sonten pukul 7, musikan mungel pukul 70 kendel boten kacariyos ing dalu. Ing dinten Jumungah kaping 9 anunggil wulan Warsa, taksih lumampahing lautan anglangkungi katingal pulo Riyo (Riau), ing malem Sabtu menggah patraping dhahar tuwin lalenggahan kados adadt botenkacariyos ing dalu. Taksih wonten candhakipun. ======\======Bab pandung angeramaken. Nalika dinten Slasa dalu ngrinakaken tanggalkaping 27 wulan punika, ki Mertadrana, abdi kapedhak ing Purwadiingratan, gegriya sawingking dalem, rehning sanget mutawatos jalaran peteng utawi jawah ngareceh, celuk celuk tangganipun ingkang caket, nami ki Nayawijaya, boten dangu ki Nayawijaya sumedya medal badhe langlang angubengi griya, sareng badhe celak kori kajeglong ing babahan lajeng dhawah, lajeng alok bilih kalebetan dursila pandung,katitibarangipun boten cicir, ki Nayawijaya lajeng nuweni griyanipun anakipun kaprenah saler wetaning griya, antawis tebihipun wonten saking 25 tindak, sareng dumugi ngriku katingal babahan kaprenah sakilen kori katiti barnag ingkang kabegta naming kendhil tembagi satunggal,s areng sampun sami mantuk lajeng sami reraosan bab kapurunanipun pandung, dene babah griya kalih ingkang boten tebih letipun, sareng enjing ki Mertadrana iiingkang kasebut ing ngajeng, wau alok en griyanipun kababah ingpandung, kaprigsa ingkang kenging naming sinjang wiyar, 2 iji, tangganipun tiyang nami Tir 2 nami Resa ugi sami kababar, naming boten ngantos kenigng ngantos kenging barangipun, pangindhung ingkang geggriya ing sabin inggih kapandungan naming kenging barang remeh, ingkang dados gumuning akathah, dene sawawengkon tumenggungan kababah ing dursilapandung ngantos griya 6 iji, sami sadalu kaangetaen pandung anggenipun nyalunthang. Kaserat ing Surakarta Kemis kaping 28 Mulut Je ongka 1806 Katandhan Punakawan ingkang caos pun Ladiya. ======\======REdhaksining Bramartani atampi serat medal pos mawi dipun selehi edres An Den Toewan C.F.Philip REdhaksiBromartanie te Soerakarta. Dereng dipun bukak sarta dipun serepi ingkang kintun serat katawis watekanipun ingknag gadhah tulis, sumongga sanadyan para lare saged animbang rasa, punapa wonten tiyang adamel edres kados makaten manawi dereng mesthi leres lepat bok inggihcara bodho kemawon dipun serat: Kapada Toean Philips. Soerakarta. Mila lajeng melok bilih ingkang kintun tiyangremen dagang tembugningkang boten pisan kasumerepan sareng serat dipun bikak katingalan manawi ingkang nandhani Rahadyan mas Suryasudhira, Elah punika sapinten ta kagetipun redhaksi, dene teka seratipun bandara juru tukar wondene suraosipun kathah kathah, kengkeng angangge leresipun pyambak, bokmanawi awit saking kajalu, ananging serat wau ingkang ngempanaken tondha nama, dede ingkang dipun jalu rumiyin, kalih dene rehning dunungipun serat boten macung dhatengreddhaksi, mila bote patosa dipun galih, sabab redhaksi ingkang dipun ladosi para sujana sarta para tiyangkathah tuwin sami saras-saras rembagipun punapa dene malih redhaksi boten wanuh sarta boten kapingin wanuh kaliyaningakng ngeget-egeti mawi asma Rahayadyan Mas Suryasudhira, mila andadosna pamirsa yen seratipun priyayi wolu wau boten badhe dipun tampeni malih, sabab redhaksi sutik kaularan ambeg doyan padu, wonten paribasan: aluwung ngladosi tiyang saras kenem,katimbang kaliyan angladosi tiyang satunggal. Redhaksi. ======\======Redhaksi sampun tampi panjurung saking mas Demplok (nama Selangan) mangsuli panjurung ingkang sampun kapacak ing Bramartani, bab bongsa cina ingkang boten kalilan numpak kreta waktu sekatenan, cucublikan saking serat kabar Dheportenlandhen ijemanipun panjurung saha langkung ngronce,malahkapara naggepok dhaten gkormating tiyang ingkang tanpa dosa, kados mas Dhepok sampun rumaos pyambak yen panjurungipun kapara anggares sarta kapanjangen mila anggahahi panuwun dhateng redhaksiningPostelandhen kapurih anyubliki.Samangke redhaksining Bramrtani rumaos boten kuwajiban amacak panjurung wau, utawi anybliki, sabab larapipun panjurung, mesthne dhateng Posrtenlandhen, dados redhaksining Bramartani serepipun lepas tangan yen bilih mas Dhepok sedyanipun panjurung wau dipun borongaken dhateng redhaksining Bramartani, itu lain cerita. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan panji sekar. Dene jalma andhap alit, waget ambanting mring amba, ulun katanggor ing tembok, amba tendhang boten ebah, gumujeng srinarendra,lah sira nyata kumenthus, payo age wetokena. Sisirep mu kan gpramati,arsa anyegteni ingwang, kyapatih nembah nulyage, sidhakep amatak montra, aji pangaribawa, katarima ing dewagung, prapta rikang bayu bajra. Lesus meses awor riris, gumaludhug ing ngwiyat, sauran geter patere, yata sisirep tumama, sagunging wadya bala, myangkadeyan samya rubuh,ninda sgengen kewala. MIwah ing sajroning puri, kataman pangaribawa, parekan nendra geleseh, yata kang para kusuma, retna galuh ngandika,mring satung kang para maru, kabeh sanaksanak ingwang. Padha den angati-ati, cundaka pangaribawa, duratmaka sisirepe, wus prapta sajronig pura, dene simaling guna, ing saiki wis lumebu, anjajah ingpasangggrahan. Kang kemit wus padha guling, tan ana kang munasika, yata para putrid kaget, sadaya tan sedya nendra, nanging pangaribawa, ning patih kalangkung ampuh, datnkena sinayutan. Keh solahnya jala estri, kang sumeja datan nendra, ana brambange dhineplok, ngusapken sakehing mata, pedhes anjungkel samya,laju anendra dhengkukul, miwah dewi surengrana. Kang langlang lataring puri, sareneng ngisor cepaka, kalawan pawongane, yata dyah condrakirana, dupi wau tumingal, yen para dyah kabarubuh, sang retna ngrasuk busana. Angagem busana kalalis amangking patrem pabelan, dyah galuh anyipta layon, nangng dyah condrakirana, punika waranggana, bathara Surya susunu,tan tumameng pupucungan. REtna Galuh karuna daleming kalbu, nunutuh sarira, katuwone awak mami, during tutug denya dadi lelampahan. Dhuh dewagung, pulungen sarira ulun, estu tan kuwawa,nandhang cobaing dewadi, lalampahan kang bahe sruduka cipta. Paran ulun lamun kongsiya kacakup, mring sang duratmaka, suka lila prapteng lalis, panjingena jro kawah condradimuka. MOngka ukum druakengngongga tan uwus, dhuh dewa bathara, tingala kasembah mami, tangis ulun dhuh dewa piyarsakena. Denya ulun ing salamine tumuwuh, munggeng madya padi tan supe ing bataadi, miwah datn lampah cidra lan culika. Amba sampun pinaring karma binagus, lumakyeng pangayanya satata sujalma estri, rehning dama ing lepat datan uninga, Mila among nuwun agsama pukulun, dyah condrakirana, teras trenyuhing panggalih, satemahan waspadres mijil ing netra. Para maru agantya gantya winungu, anging atan wigya, dhungu tan wigya ngalisik, etna galuh sru anungku cipta-cipta. Yata wau sang panji ingkang winuwus, kang magsih siluman, wus dangu aneng jropuri, aningali mring solahing para garwa. Tansah ngungun mijil kaprayitnanipun sang panji nalika, ningali kang samya guling, sor cepaka kang garwa dyah Surengrana. Marpak gupuh tinitik lir yitneng kewuh, snagpanji graita, baya iki ana maling, sapa baya kang sedya cidra maringwang. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 17, Kemis kaping 26 April 1877

Kulawisudhan, Surakarta Sakin gparengipun karsa dalem, ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan amisudha kados ingkang kasebut ing ngandhap punika. 1. Raden Kertataruna, Magangan Kabopaten Kaparak Tengen, anggentosi bapakipun, jalaran sampun sepuh, kakinten sampun umur 80 taun dene naminunggaksemi, Raden Ngabei Jayasudira, tetep dados abdi dalem mantra pinilih. 2. Gusamadi, anakipun Ngabei Jaya pakiringan ingkang sampun ajal kakarsakaken gantos sibapa, nami nunggaksemi, ngabei Jaya Pakiringan, tetep dados abdi dalem mantra Kanoman. 3. Ngabei Wriyaduta, ingakng wau angembani kapenakanipun mantra anggandhek, ing mangke tampi nugraha, anggentosi kalenggahanipun ngabei Secaduta, nami inggih ngabei Secaduta, menggah abdi dalem prayantun mantra tetiga wau, sami gagelengan ing kabopaten Kaparak tengen, nalika mupakataken wontenpasowan srimanganti, amarengi dinten kemis tangal kaping 6 wulan taun punika. Klilan katandhan Manguyubagya.

Kulawisudhan ing Mangkunagaran nalika Akat Legi kaping 15 April 1877 1. Raden Mas Arya Jaya Atmaja Mayor kapaleri Panstap kaelih ing pandamelanipun dados wadana kaliwon Liding pradata dalem ing mangkunagaran, kapatedhan balonja 200 kalih atus rupyahpethak ing sawulanipun. 2. Mas Surapati Twedhelitnan Inpantri kaelih ing Pandamelanipun dados demang Pakopen ing karangpandhan, patedhan balonja 50, skeet rupyah pethak, sarta kaparingan nama Mas Demang Poncawirata. 3. Raden Mas Panji Atmasugonda twedhelitnan inpantri kawisudhan daods Irstelitnan Inpantri 4. Raden Mas Panji Atmadilaga, sarsan POlenterinpantri kawisudhan dados twedhelitnan inpantri 5. Mas Jagasumarta Onder Ajidan Inpantrei kawisudhan dados twedhelitnan inpantri.

Ja, Ta Sa ======\\\\\\\\======Pangggelar ageng ing Paris Para tuwan agung agung ingkang sami golong piker angliga kumisi ing Betawi, angrembag samukawis nalar ingakng maedahi benjing pagelaraan ageng, kang kawastanan WEreltentunseteling ing praja gung Prangkrik ing taun 1878 mundhut Bantu dhateng redhaksining pustaka warti Bramartani, murih amradinaken sedyaning kang samijumeneng kumisi wau, dhateng para isiing tanah jawi sapanunggilanipun, supados guyub amarsudiya, amrenekaken sawarnining maujud utawi barang rupi- rupi, tutuwuhan saking kamirahaning siti, tanem tuwuh among tani,sarta tuwuh saking bubudi angwontenaken barang pagunan ingkang edi-edi, tuwin peni-peni sapanunggilanipun, boten teka amasthekaken yen kintunan ingkang angal sakin gtanah jawi, badhe tampi ganjaran sadaya, utawi badhekaalembana, nanging murih aningalaken yen mundrining bumi inggih punika tanahjawi sawewengkonipun, boten kantun anggenira ambudi pamarsudinin gpagunan pantes kasawangbenjing panggelar agenging Paris wau.REdhaksining Bramartani rumaos kawajiban sarta kabentel amituruti pamundhutipun para ingkang jumeneng dados kumisi wau. Ing pangrayos redhaksiboten susah amijang-mijang, punapa dunungipun utawi maksuding panggelar ageng wau,s art malih bote susah amarinci barang warni ingkang maedahi kakintunaken utawi kagelaraken, awit redhaksi sampun amasthekaken bilih ing tanah jawi sapanunggilanipun sampun sami andugi, punapa warnining barang maujud ingkang pantes kauningan ing nagari liyan. Kalih dene redhaksi anyumerepi bilih ingkang jumeneng kumisi sampun akintun serat dhumateng para pangagenging nagari, paresidhenan satunggal tunggal sarta amijang-mijang sasat boten wonten ingkang kelangkungan pnapa ingkang dados elidipun kumisi wau, boten woten barang nalar ingkang boten dipun wastani, sarta mawi kaserep-erepaken satunggal tunggal, punapa pawarnining barang tutuwuhan saking tanah jawi, utawi ingkang mijil saking kamemetaning manungsa, dalasan ingakng rupi dadamel utawi pirantos sata pipinton griya sasaminipun inggih boten kantun dipun pratelakaken, malah panggarap pangatur, utawi pangikteting barang maujud ingkang nedya dipun gelar, inggih kaserep-serepaken dening kumisi ageng, murih anyantosani utawi wilujenga ing lampah. REdhaksi angraos badhe anumpang so,bilih amedharaken satunggal tunggal punapa ingkang dados karsaning kumisi ageng, awit sampun kajarwakaken piyambak,liya saking punika redhaksi kuwatos bilih mindhak ametengi ing pnampi, mila samangke redhaksi acumanthaka arda angrembagi dhumaten gpara isiing tiyanging tanah jawi, ingkang pancen majeng sat ambudi kasusraning tanah jawi, utawiingkang pancen majeng dhateng ing kalepasan guna pangawikan, mugi sami tepanga rembag akaliyan para priyantun welandi jawing tanah indi nederlan murih saged angleksanani sedyanipun. Dene karsaning gupremen nederlan tan liya, naming nmundhut anggenipun sae kakapti para isining indinederlan, murih angujudaken tutuwuhanipun nagari jawi sapanunggilanipun ingkang mijil saking among tani,taberen utawi kamemetan sampun ngantos kuciwa urunanipun, mila sinten sintena ingkang darbe pakaryanutawi kadunungan kawruh sapanunggilanipun,mugi sami ambyantoni kntunan saking tanah jawi sawewengkonipun dhaten gpanggelar ageng ing Paris wau. Wasana redhaksi anyanggemi,bilih wonten prelunipun utawi pitakening para ingkang darbe sedya anggelaraken barng ing panggelar ageng wau,s arena pustaka warti Bramartani, redhaksi badhe kenceng ambyantoni, sarta amangsuli. Ingkang punika sinten sintena ingkang darbe kuwajiban utawi kadunungan ing kasagedan sarta kawruh kalepasan tuwin adarbe barang edi utawi maujud ingkang anuwuhaken gumun sasaminipun, mugi sami sae kapraya suraya sabiyantu kaliyan para lurah paresidhenan utawi susulihipun. C.F.P. ======\======Telegrap saking Eropah angabaraken, bilih kanjeng gupremen Nederlan indi, sampun angarsakaken mundhut numbas, margi sepur waking Betaswi dumugiing Bogor, dipun tumbas gangsal miliyun rupiyah punapa dene malih gupremen sampun andhawahaken parentah, angrilani ywasasepurweh saking Ngayogya dumugi ing Cilacap sarta saking Surakarta dumugi ing Madiyun, tuwin dipun sanggemi ing dalem kawandasa taun saremaning yatra anggangsal rupiyah ing dalem satusipun sataun. ======\======Magetan Ing salebetipun wulan Maret kapengker punika ing wanci dalu jam 12, wonten tiyang pasakitan kathahipun 13 iji sami miruda sakng pakunjaran, sarana barobos ing urung- urung toya, sareng lurah kajineman langlang sumerep pratingkah ing durjana ingkang sedya oncat saking pakunjaran wau lajeng dipun cepeng sarta dipunpitakeni durjanaingkang kacepeng amratelakaken yen kancanipun sampun kesah 12 lurah kajineman lajeng nitir gundhala, boten dangu utusan tiyang dhateng sikep dadamel sarta bekta obor kados padatanipun yen wonten bencana. Kanjeng tuwan Asisten residhen sarta kanjeng bupatos anenggalani piyambak dhateng para priyantun tuwin para pulisi ingkang samingupadosi durjana saking kathahing pulisi ing wradinan prasasat boten kenging kawiyak obor mubyar padhang kados rainten, mila ingkang pancen dereng parimpen anggenipun singedan para durjana wau kacepeng sakal ngantos 5 kunduripun kanjeng tuwan aissten tuwin kanjeng bupatos ngantos jam 5 enjing nanging para pulisi lastantun pangupayanipun. Siyangipun ingkang bupatos lajeng andhawahaken parentah dhateng para priyantun tuwin angundhangaken sok tiyanga sinten ingkang saged anyepeng pasakitan ingkang sami miruda wau badhe karoban ingsih miwah kawales ing kabingahan. Ing wasana let 10 dinten durjana wau sampun kacepeng, 5kantun kirang tiyang 3 atrap panyepengipun wonten ingkang nganeh-anehi kados ingakng badhe kula cariyosaken ing wingking. Ing nalika tanggal kaping 18 ingkang bupatos karsa damel pista badhe ababingah dhateng para priyantun tuwin tiyang ingkang sami nyepeng durjana wau ing pasamowan wau mawi wonten ingkang dados kumisi 5. 1. ingkang bupatos Presidhen 2. Mantri gudhang Kopilid 3. Mantri Guru Kopilid 4. Juru serat kabupaten Lid 5. Raden Wiratmeja

Dhawah ing kabingahan miwah tondha tarimakasih mawi katata pranataning kumisi wau animbang awrat andhenging lalabuhanipun para ingkang angsal damel kados ing ngandhap punika

Bab 1 para priyantun Ongka 1 Raden Mas Panji Sastrakusuma, Asisten Wadana Dhawuhan Ongka 2 Mas wongsadikrama, Asisten Wadana Sadon Ongka 3 Raden mas Sasradimeja Wadana Magetan Ongka 4 Mas Ngabei Kusumasarja, Asisten Wadana WAru Ongka 5 Raden Bei Tirtakusuma, wadana Balepanjang.

Bab 2, para lurah dhusun miwah Narakarya

Ongka 1. Sutawikrama, kuli dhusun Langkrongan dhistrik Kadhiri, kabupaten Samarata. Ongka 2 . Drana Kuli dhusun ing Jagaraga kabupaten Ngawi Ongka 3 Semeja, ingkampung Kebon Dalem (Magetan) Ongka 4, Sameja ing kampong Kebon Gusten Magetan Ongka 5 Manguntana, Jagakarsa dhawuhan (Magetan) Ongka 6 Bekel ing dhusun Ngrandhu (Magetan) Ongka 7 Bekel ing dhusun Arum (Magetan) Ongka 8 Bekel ing dhusun Bathang (Magetan) Ongka 9 Bekel ing dhusun Gusten (Magetan) Ongka 10 Bekel ing dhusun Dhadhangan (Magetan) Ongka 11 Bekel ing dhusun Bondalem (Magetan) Ongka 12 Bekel Dipataruna kuli, bOndalem (Magetan) Ongka 13 Bekel Sadrana Jagabaya SEdran (Magetan) Ongka 14 Bekel Carik Bathang (Magetan) Ongka 15 Bekel Jagabaya (Magetan) Ongka 16 Bekel Samenggala Ngiliran (Magetan)

Ing wanci jam 8 dalu para priyantun miwah tiyang ingkang kawrat ing nginggil sami sowan ing kabupaten mawi kinurmatan ing ngungeling gongsa, lalenggahan sakedhap lajeng sami adhahar kembul babar dhahar ingkang bupatilajeng kundhisi, tembungipun kados ing ngandhap punika. Eh konca priyayi miwah sanak sanak kabeh pasamowan iki pratondhapakurmat kulan panrima ku marang kowe kabeh, gonmu setya tuhu anglabuhi kateberen kasayan miwah lara pati,arga nggon mu amalui tata tentreming nagara Magetan iku antarane kowe kabeh condhong lan aku padha sae kapraya sabaya pati sayengan angabdi kanjeng gupermen amrih angluhurake asmane kanjeng maharaja ing Nederlan mungguh bungah sarta tarima ku ing kowe kabeh tangeh yen kena dak lairake, marga aku kaweken ggon ku ngupaya tembung kanggo anyithak galuneking piker ku kang patitis,mung ngelingana nggonmu padha mangan kembulan aku iku minongka pratondha kang wus dak ecapi kang ggo salawase anetepake pamitran ku sanyata lank owe kabeh mulane panjaluku supaya pamitran mau saben dina kapatrenana ing lalabuhan setyatuhu ing sabarang panggawe becik kang anarik karaharjaning nagara, supaya mamitran mau dadi raket kongsi ora katara yen sambungan, eh sanak ing desa kabeh ngandela marang wicaraku, aku temen ra anggonku dadi mitra mu kang sanyata, aja wediwedi yen kowe duwe kabungahan apa apa kang kena dak pitulungi, mitra mu bakal mitulungi. Wasana lalabuhaamu kang becik iku ora dak tulis ing kartas, ananging dak tulis sajronine saubariku kang dak lingling saben dina tamat lajeng surak. Ing salajengipun lajeng nayuban ingkangjoged rumiyin wiwit ing ongka satunggal urut ngantos telas kanjeng tuwan asisten ugi anjenengi pasamoan wau. Dene ingang kula wastani nganeh-anehi punika, tiyang wasta Sameja ongka 3, punika kautus anyepeng anakipun jaler saged kaleksanan sutawikrama ongka 1 sarta Drana ongka 2 tiyang sanes nagari teka tumemen anggenipun tatulung, mila pamoncol ing lalabuhan wau karoban ing sih miwah kabingahan titi. ======\======Panjurung Saking Malang Ing nalika dinten saptu tanggalkaping 7 punika wanci siyang jam 12 kula sadaya sami miring ungeling penthongan tinitir, mila kadalih manawi wonten babaya, wekasanipun boten wonten kawis-kawis, inggih punika sakin gpandamelipun tiyang dahwen ingakng saweg sumedyeng lampah angleresi dumugi ngajeng ing pajagen teka nulih ing wuntat ningali api baludhukan langkung ageng, kakinten griya kabesmi, ing dhusun lowok Waru, pramila enggal anitir, penthonganipun griya pajagen, sarehne sampun adamel pratingkah ngaget-ageti lajeng kacepeng dhateng pulisi, sarta kalapuraken dhateng priyantun ingkang ngasta kuwajiban. Ing dhusun Karamengan wonte tiyang neneman ingkng ambeg kumapurun anidra asmara dhumateng rayatipun tiyang tanggine, ingkang saweg dhaeng wana upados kajeng, teka maksih madyaning nendra, ingkang jaler wau dhateng saking wana sareng ningali manawi kacidra ing tiyang napsu ngondra-ondra gipih narik berang, tiyang neneman kang eca tilem kaguco sirahipun ngantos malopor, ewa samanten ingang jaler inggih maksih dereng saged nahan kanapsonipun, tiyang neneman piningkalih sinabed ing sukunipun ngantos kawal-kawil, ing nalika punika ugi lurah dhusun niti pariksa saha nyepeng dhateng tiyang kakalih, lajeng kalapuraken ing parentah, denten tiyang ingkang kataton wau boten saged anginten gesang utawi pejahipun. Anjawi saking punika, manawi tuwan redhaksi suka seneng kula inggih badhe purun jebeni ngaturi cacriyosan pawarti, ing panjenengan sampeyan. KatitiMalang kaping 9 April 1877, Raden Panji Sastrapranata. ======\======Sinten kemawon tiyang rumaos gadhah wawengkon mongka dipun jamah sawenang- wenang, saestu yen kados cariyos nginggil punika, pacangan berang, apesipun tiyang remen bedhang angebo peron, badhe kalapuraken dhateng pulisi sarta dhateng inggilin-inggilanipun mawi kapratelakaken nama tuwin pangkat, lan badhe kapacak ing surat kabar, sababpandamel rusuh narutuh. ======\======Redhaksi bingah sanget manawi raden Panji taberi angintuni kabar ingkang maedahi, redhaksi. ======\======Nyuwun sih pitulung ing panjenenganipun tuwan redhaksi Srat kula punika kapacaka ing srat kabar Bramartani Dhistrik bawah kabopaten nagari madiyun, sapunika sampun wonten pamulangan jawi gupremen sadaya, saha kathahlarenipun ingang sami lumebet sekolah, sekolah ana nagari Madiyun wulan punika wonten lare 250 iji, sekolahan dhistrik CAruban wonten lare 126 iji, sekolahan dhestrik mas Pati wonten lare 75 iji, sekolahan dhestrik Kanigara wonten lare 69 iji, sekolahan dhestrik Ngutran wonten lare 38 iji, sekolahan dhestrik Bagi wonten lare 47 iji, ing dhestrik ngutran saha Bagi wontenipun sekolahan saweg wulan punika mawon, mila larene teksih sakedhik, saha ingkang dados lidipun inggih para wedana ngriku, punika pratondha manawi ingang nguwasani nagari ngriku sanget pamretekipun dhateng para neneman bongsa kula tuwin sanesipun. Ananging cacadipun naming dhestrik caruban kanigara, ngutran saha Bagi, punika kanjeng gupremen dereng ngiyasakaken griya sekolahan teksih nyewa mawon. Makaten ugi para mantra guru wiwit wulan dhesember 1876 sabe tanggal kaping 16 masthi dherek kempalan (Kumrengsi) wonten pandhapi kabopaten, ngrepotaken bab kawilujenganipun para lare ingakng sami sekolah, saha ngrepotaken bekakas ingakng risak tuwin manawi gadhahpanyuwun sanesipun, mila para mantra guru sapunika radi awrat, pintena ingakng dados wonten kitha tuwin ingkang celak kitha, sareng ingakng saking kitha tebihipun 14 pal inggih radi lemes bangkekanipun. Ananging saking panyuwun kula ingkang nguwasani nagari ngriku tuwin kanjeng gupremen punika manawi para mantra guru ingakng lamine sampun 4,5,6,7 taun sapangginggilipun mongka dereng nate manggih prakawis utawi kacacad para lurahipun, punika kaparingana minggah pangkatipun asantun pandamelan sanes sapantesipun, dados kajengipun ingkang wingking sengkut, awit kula ningali para mantra guru sapunika semunipun lajeng uler kambang saja, kanjeng gupremen ugi sampun paring dhawuh klayan serat dhateng para mantra guru, manawi sapunika saget minggah pangkatipun saha santun pandamelan sanes, nanging sapamireng kula dereng wonten ingkangkalampahan, punika punapa saking begjanipun para bongsa kula ingakng dados mantra guru, saderengipun lair kados sampun kanas, naming samanten bekjanipun titi Patiyankaping 17 April 1877 Suka Sungkawa ======\======Wangsulan dhumateng NAKA, inggih pun Juru ngarang erang, awit kabaudanipun angempakaken pangerang-erang sewoten. Kanjeng sampeyan ingakng lumepas dhateng SAstra Maliwis punika ingkang sami maos gampil mangretosipun, ananging satemenipun angel tinangggapan, kula sampun saeka rembag kaliyan sumitra ingkang conthong pambudi, sanadyan Naka piyambak ingggih athobiyung, bilih dipun ethungana tembung ingkang saiyeg iyek makaten sakeclapan temen angagetaken sangket, nanging dangu-dangu kemba, elidipun kothong, trepipun naming dhateng pangerang-erang, mila sampun leresa upami ingkang sarira kula upamekaken pamengunging gangsingan bumbung, mongga kados pundit, kauninganamas NAKA, pamanggggih ing sanes dereng kenging sampeyan lepataken dene jandika sangsaya boten mencok dereng dumugi, kawruh ing liyan sumeja sampeyan untut punika sayekti boten kenging, awit bokmanawi taksih nglelegi mila cekakipun leres ing ongel-ongelan garap pakuwajibamu dhewe-dhewe. Anggen sampeyan niti satembung satembung punika rak naming angsala babahan badhe anguwus-uwus: O Mas mesthi kemawon kathah menakipun malah ngungkuli, dhateng manah inggih padhang aerawang, Elo sastra sampeyan purih nerangaken anasir ingkang tigang prakawis masa puruna, dhateng sipat ingkang sampun sulaya ing pambudi, tamtu badhe tanpa damel, mila leres tumrap pipun dhateng ingkang sarira amastani omong-omong kosong, sanadyan naka inggih pranjrah omong kosongipun malah thukulipun dahad ngrebda, ngantos angalingi pathokaning pamikir ingkang leres, semantena boksampun kados tamu, mawi namur anyamuntondhanama, ingkang sampeyan umuki sinten, punapa kula sampun sampeyan kiyas boten unigna bilih NAKA punika temenipun Nawungkridha, lahpalingukan punapa boten sampyn mastani gumaip gaib temenipun saking gambuh kula dhateng galibet sampeyan. Sasampunipun rampugn pangujiwat kula ing nginggil punika angraos kaduwung, awit nawungkridha pancen kabaudanipun ambanggel sarta adad saben boten kenging kacocog ngepen sakedheik lajeng kemawon amingkis rasukan, lah mitra pakareman sampeyan ingakng anu punika mugi karacuta, saderengipun anguningani lalampahan nganlam dunya punika walesan kemawon. Titi Ingkang manjurung punika Sugyarja. ======\======Candhake seratipun NAKA minongka panjawab pitakenipun Puspataluki PITAKENIPUN 1. Saba punapa wowohan tuwin yen wonten tiyang babalang, punika wowohan tuwin baling sami dhawah bumi, teka boten malesat ing dirgantara. KAJAWAB. 1. Mila boten saged malesat ing dirgantara, awit saking daya panggendenging bumi awit siti makaten angadhahi daya panggendeng, tegesipun bumi anggendeng utawi anarik samukawis ingkang wonten ing ngriku, supados sampun ngantos saged uwal sakng ing bumi, milanipun samukawis ingkang kaumbulaken dhawah malih ing siti, ingakng saupamibotenkapalangan ing bumi, samukawis ingkang dhawah wau sampun tamtu ambles dumugi telenging bumi. 2. Ing tanah pundit nem wulan rahinten nem wulan dalu, sarta sababipun punapa. KAJAWAB. 2. tanah sacelakipun PUlerlan pul kidul sababipun nem wulan tansah rainten jalaran ing dalem nem wulan wau kasorotan padhanging srengenge, awit kaaling-alingan belendhuking bumi. 3. Yen pulo jawi mangsa katiga, pulo Burneyo sisih ler masa punapa, sarta sababipun punapa KAJAWAB. 3 Yen pulo Jawi masa katiga, pulo Burneyo sisih ler masa sedheng (semining talrulata) awit soroting srengenge dhawahipun dhateng tanah tembing ngeleripun pulo jawi boten asipat gantung. 4. Rob tuwin suruting saganten jalaran saking punapa KAJAWAB rembulan ingakng dados jalaran rob tuwin suruting saganten sumanten malih robinbg saganten ugi sabab kumocorinng samukawis ing siti suruting sganten sabab saking pangukusing toya ingakng minggah ing ngawang-awang amargi kados jujutan sarta. 5. Saking pnapa wontenipun angina sababipun lumampah saking punapa. KAJAWAB 5 Angin punika hawa ingkang ebah utawi lumembaking awa kawastan angina kawontenanipun sakin gsoroting surya, manawi srengenge sumorot tumenggel dhateng peperanganing bumi ingang masa benter, awa ing ngriku dados entheng, inggih saking pamanduking sorot wau awa lajeng andedel mumbul tumunten kaleban ing awa asrep ingakng wonten ing tanah sedheng, ing sahantawisipun papereangan ngriki adumulur lumimbakipun ngantos gumrebet , sarta 6. Gelap punika punapa, sarta paedahipun punapa. KAJAWAB 6. Gelap makaten Daya, menggah daya wau upaminipun kadosta: pangagaran ingakng lajenjg medal kayaktosanipun, naming paedahipun NAKA dereng pikantuk katrangan.

Anggen kula ngaturi saserepan pamanggih nginggil punika sadaya badhe sigek, awit ing ngatasing siswa wajibipun kedah naming pitaken dhateng priyagung sarjana, boten teka kumiriwik kados panglinduring beyo, mindhak boten saged tambah ing Pangawikan mila ingngandhap upnika kula agahan angandhar pataken dhateng inakng kula anggep guru inggih punika sang Puspataluki, awit manawi kasembadan pun NAKA saged amahyakaken sotanign driya, pitaken punika badhe kathah sambetanipun inggggih saemper gumeleng dhateng Elmu kodrad utawi Palak kemawon, boten pisan maepokan ing kasambawan. 1. Sabab punapa kukus tansah angukus minggah ing ngawang-awang,teka boten mangandhap ing bumi, amanten malih bangsaning wit lunglungan manawi sampun marmbat pucuking elungipun teka tansah tumenga ing ngawiyat, angesl katelukaken madhep ing siti. 2. Manawi wanci jam sakawan utawijam gangsal enjing, kula mieng swara kumaruwuk gumrahipuning titiyangkawastan rijal punika wateking punapa, paedahipun punapa 3. Kados pundit katranganipun santuning masa katiga dhateng endheng, rendheng kagentosan katiga, 4. Satunggal satunggalipun soroting srengenge mawi anggadhahi watek katranganipun kados pundit, sarta maeahi punapa 5. Sababpunapa masaning terang terkadhang lami, terkdhangan masaning jawah ingkang lami 6. Ing tanahpundi layung repet repetipun wonten saking 96 jam 7. Sampun naming punika kemawon rumiyin puspa taluki, kula siswa sampeyan lami nalika ingkang sarira taksih tetluka wonten bathangan.

Ingggih pun NA KA ======\======Pamedhar kangkasebut nginggil punika dhasar smaedahi anangin owel dipun cooooco,sabab gegelenganing kamemetan, yen swargi dulatib taksih ya wonten, dugi- dugi punika ingkang mambengi, murih sampun ngantos kecer kajawiing salebetipun pamulangan, ewadene mugi kang taberi umuruita mendheta misranipun Redhaksi. ======\======Panjurung saking jebeng somarata, anandhakaken swanodya sajuga ana manyaisa, Sa Ma Ta, panuju ameng-ameng ingpategilan payah jam sakawan siyang dipun tubruk dening kawanuhanipun jajaka wasta pun Da pun estri sakalangkung kaget kawastanan buron galak ananging pun Da tan kewran wanodya idpun senggara sima, s\wasana kadengangan dening ingkang darbe kuwajiban, punDa lajeng nguculaken bayanganipunlumajar ngenthir menggah tumuru ran curing, anusut wanagreng, ngantos babak bunyak prakawis katuraken nagari, ingkang panbarung amewahi piwulang kados makaten. Mul-mula prataruna, 2 awyana kang adarbeni 3 kayatnan nangkatwaka 4 yakti durpa ageng dhiri 5 myang malakangpinanggih 6 tangeh yen manggih ayu 7 balik padha ngukihi, 8 ing bumi swaja kalewih 9 waswalamun prasidha tinugu arja. 1, sanadyan mene wus lumrah 2 karepara sujanmi, 3 priyanom ingkang den ucap 4 tan liyan mingdamgundhukning 5 tan wrin sangsareng wuri 6 bingesthinikmate lulut, 7 kusisip ciptanira, saeh eling eling den eling, 9, pruita ha ing wardaya amrih mulya. Ngrancang purajebeng ping 4 april 1877 Mas Panji ngrikleginika asmara]Nyamleng. ======\=\\\\\\\\\\\\\\\ Punika candhakipun cariyos serat gedhog Gya sinambut, kang garwa binenta kundur, retna surengrana, sinarekaken in gpanti, sawusira wangsul aningali garwa. REtna Galuh, katonton denya rawat luh, lan salin busana, anganggem busana lalis, sang apanji driya nya kadya ginubah. Meh kalimput, arsa ngaton gya sinayut, ayun uningaha, kadadyaning maling segti, sang apanji wus mirantipanjejepnya. Kang kawuwus, rising duratmaka prabu,lan rekyanapatya, kang magsih aneng wiyati, matur nembah apatih Gunasaronta. La pukulun punika kayektenipun ing kadibyan amba, sinten kang waget nadhahi, yen paduka ing mangke adarbe karsa. Ayun mundhut,pejah nya mengsahpukulun, lah bongga punapa, amejahi jalma guling srinarendra mesem aris angandika. Dudu laku, amateni wong aturu, kangjamak prawira, yen mungsuh katemu guling, ing ngantenan ginugah yen uwis dandan. Sedheng pagut, ora mungsuh wong angantuk, gumuyu kin gpatya, manembah umatur raris, sampun leres anaming panuwun amba. Jeng pukulun, estu utameng kaprabun, sanes lawan amba, tegsih kedah memanasi, mring punirun miwah dhateng pun andaga. Ulun ukum tangan miwah sukunipun, arsa ambajonjang supados benjing yen jurit, nyda wawrat tuwi sagung prakadeyan. Kang gegedhug, sampun na sami paruthul, andaga karla, brajanata surasegti, srinarendra ngandika lah iku aja. Payo mudhun, ing sun arsa mring kedhatun, ywa carewet sira, sigra niyup sribupati, kang jinujug panggenan para tadeyan. Dupi rawuh kipatih anggung dinangu, wastaning kadeyan, kang sami eca aguling, kyana patih ngatur ken menggah ing nama. Lan umaturt, menggah kaprawiranipun, andga kartala, wirun miwah wukir sari, myangpanji nom tanapi Kudanatpada.Ragi kaduk kipatih meloto patut, ngaturken kartala, winastan lir gajah wesi, tan tumama tapak palu myang gurenda. Yen angamuk, ambanting wong tigang puluh, sapisan kewala,jalma tridasa babarji, kaping kalih punika gugung suwidak. Paran lamun, entheng sinanggi prang pupuh, mesem srinarendra, ngandika eh sira patih, apa kilap marnag kaprawiranin gwang. Kabeh iku, wuwu ati kel sepuluh, kaprawiranira, dadya sukane tyas mami, sedheng silih atandhing padha prawira. Yata laju, lampahira sang aprabu,prapteng gedhong seta, caket pintuning jropuri, padununganira arya Brajanata. Dupi dalu, sang arya tansah manekung, datan milya nindra, ing pangaribawa kalis, ambegniku tan kasor kagunanira. Sangprabu, tumingal ngandika arum, patih iku sapa, manungsa kang ora guling, dhadhahare balengah pantes mrina. Nembah matur pun Brajanata puniku, estu yen prawira, kadang sepuh mring panji ambegniku lepat ing pangaribawa. Ngandita rum mengko iku lamun weruh, menek dadi gendra, ki patih matur wotsari, boten ewet amba kang darbe paekan. Patih gupuh, marepak mantraning pintu, minepsanalika, pintu kumunci pribadi,pintu pura sadaya wus sami menga. Sigra laju narendra maning kedhatun prapteng palataran,lelataring ki jropuri, gya kapethuk ming sang panji kang wus yitna. Nging sang prabu, datan uninga satuhu, mring sang raja putra, denya siluman tan keksi, sang apanji waspada marang sang nata. Dupinulu, sangpanji sigra tutpungkur,mring sang duratmaka,s ang nata laju umanjing, mring kedhatun ayun ngathi mring sang retna. Dupi prapta jro kedhatun, sang duratmaka sinekti, tumingal marang wanodya, angangge busana jisim, tannendra kadya mumuja, pandam kurung kang pinusthi. Alon ngandika sang prabu eh apatih sapa iki, wanita kang nora nendra, anganggo busana mayit, ora mandi sirepira, pratondha okeh tan keni. Kipatih waspa adulu,umatur sarwi bibisik, pukulun inggih punika, kang anama Sekartaji, putrine narpati Daha,kang kagarwa mring pun Panji. Dupi miarsa sangprabu maspaos ken mring sang putrid, lalulengleng limut ing tyas, mulat cahyane kanglagi, semadi kasongan pandam, amindha gebyaring sasi. Wadana katon sumunu, anteng mrat ati amanis, sang nata angusap jaja, amicarajroning galih, dhuh-dhuh ya dewa bathara, kalamun wurunga panggih.Kalawan sang murtining ngrum, lebura sajroning jurit, spa kuwasa tumingal, ing warna kang kaya iki, sang nata ririh ngandika, marng ing rekyana patih. Eh patih paran budimu, pakewuh goning sun ngambil, dene sang retna tan nendra, umatur rekyana patih,pukulun ewet punapa, jengpaduka narapati. Taksihwonten candhakipun. ======\======

Ongka 18 Kemis kaping 3 Mei 1877

Wonten kabar terang bilih Wetbok menggah ukuming tiyang nagariJawi, ingkang sampunkatembungaken basa Jawi dening juru basa tembung Jawi ing surakarta, punika dipun galih boten patitis angggenipun medharaken Jawi, salaejngipun gupremen andhawahaken pangandika, raden adipati ing Kudus ARya Condranagara, dipun piji kinen amurwani anjarwakaken tembung Jawi ingakng patitis sampun ngantos kegning dipunmaksudi sanes suraosipun Wet wau. Sareng radenAdipati sampun angleksanani karsaning gupremen Wet buk tembung Jawi wau dipun kintunaken dhateng Surakarta, knen anitipariksa leres botenipun,lurah nagari lajeng amatah priyantun walandi satunggal ing Surakarta, ingang cekap kasagedanipun ing ngatasing tembung kalih welandi Jawi. Sareng Wet wau dipun walik katembungaken tembung Nederlan, lajeng geseh suraosipun kaliyan babonipun Wet, anggadhahi suraos sanes, mila samange dereng pertamtu punapa ingakng dados karsaning kanjeng gupremen menggah pretaling tembung Jawi wau. ======\======

Telegram angabaraken manawi kanjeng raja Nederlan sampun andadosaken karsa dalem angulawisudha dados Ridhering Militer Willem Seordhedherdheklas, 1 Opreste Enggel, 2 Opreste Meiyer, 3, Mayur Dhipenhim, dados ridhering militer willem Seodhepirdheklas, 1 Litnan Kolonel KOmendhan Barisan Sumenep, PangeranArya mangku Adiningrat, 2 Litnan KOlonel Pansiyun Jeltas 3, Mayur Pantein, 4 Raden Ariya Suryaningrpang, 5 Kapitein Meiyer, 6 Dheman, 7, Pransen, 8 Semuling, 9 Bekman, 10 Bos, 11, KapiteinLaut Kraperpanbuggarten, 12 Kapiten barisan Kyai Jayeng, 13, Irstelitnan Laut Paei, 14 Twedhelitnan Inpantri, Walepot, 15 Sekuter, 16, Raden Arya Citrakusuma, 17 UPsinder Egedhus, 18, Ajudan Onderupsir mewesen, 19 Ajudan Onder Upsir Arteleri Gletkeitse, 20 Sersan Budhing, 21 Sersan Antese, 22 Sersan ARteleri Elegres, 23 Jakobse, 24 dheaset, 25 Sersan Minir, Benjaminse, 26 Sikepaderceping, 27 Kopral Wallen, 28 KOpral Wager, 29 SErsan ARtileri Smitse, 30Joreh 31 Orenbelaser, Antonise, 32 Plangkirmansikse, 33 Dhepille, 34 Ketelse, 35 Klen, 36 Kapaleri Dhewin, 37 Kanokir Tra 38 Siken Upaserbeliger, 39 matrus Akemanse, 40 Welop, 41 Stukreder, 42 Mali. Wasana ingkang dipun paringi Eresabel 1 Mayur Barisan Bengkala Raden mayangkara, 2 Kapitan Inpantri Enggelar, 3 Sero, 4 Irstelitnan Muniksidhejong, 5 Terbik, 6 LItnan Artelerijonghir Tindhal, 7, Tal. ======\======Koran Mataram angabaraken makaten, menggah kapurunaning durjana ing ngayogya sangsaya ngrebda, dereng dangu tiyang kampong ing Mangunagaran dipun tuweni dursila tiga, sareng sampun malebet ing griya,anjujuk patilemanipun tiyang jaler kang gadhah griya, lajeng dipun erut kaliyan amben-ambenan, durjana satunggal angincih- incih pangot, nunten tiyang ingkang dipun tangsuli kapitakenan suprihan dedahaken barang amalipun bilih boten purun badhe dipun gorok,lajng dipun akeni, durjana satunggal maksih nenggani mawi lading wau, kancanipun sami mendheti barang ingakng dipun remeni,lajeng sami kesah bekta amal, durjana satunggal dipun aken nenggani,manawi sakinten kancanipun sampun tebih kenging katilar, sareng makaten lajeng pangotipun sukakakaken dhateng ingkang dipun sasakit suprihana tasi tangsulipun piyambak nanging mawi kapancenan bilih kaenggalen anggenipun cerek, masthi yen boten badhe umur, pun tiyangkarjiyan mila ngantos dipun entosi satengah ejam sareng nedha tulung para durjana sampun tebih plajengipun, suprandene kampong mangunagaran wau caket kaliyan beteng kraton, wonten malih ugi ing kampong mangunagaran punika, inggih dipun tuweni pandung, sareng durjana malebet ingkang gadhah griya estri, panuju nusoni lare umur 6 taun, bayi lajeng dipun rebat, dipun ajrih-ajrihi badhe kapejahan sakalihyanipun, bilih boten dipun pasajani panggenaning barnag amal, sareng sampun dipun bektani barngipun pangaji, ingakng gadhah griya jaler estri, sawek kemawon saged anedha tulung, nanging kasep, kangmongka griya wau ingih ugi caket beteng kraton, mugi-mugi polisi karsaha angencengi murih angresikaken reresah. ======\======Nalar ingkang mambengi margi kang dhateng Patuk Ngayogya, punika sirnanipun awit saking taberenipun ingakng kapasak dados Wekmister, inggih punika tuwan J.A. Dhiwuksedan, kabyantonan raden tumenggung Gondakusuma. ======\======Pasanggrahan ingmanvingan bawah Ngayogya dereng dangu ambruk, bokmanawi katrajang ing angin ageng, mila samangke boten wonten panggenanipun lerep ing Mancingan. Ing kampong Bintara Ngayogya, pakawisanipun twuan Eller samangke siyang dalu maina ageng, dados sakalangkung anyumelangi para tuwan ingkang awisma ing cecaketan ngriku, awit kathah barangipun ingang gampil dipun dhaku utawi kacolong mugi-mugi nagari karsaha anitipriksa. ======\======Weradinan ingkang dhateng gamping (Ngayogya) samangke wonen ingkang kiran gprayogi, bilih ingkang kapacak dados panji amariksannana masthi yen enggal kadadosan. ======\======Derng lami ing Ngayoyga, wonten lembu badhe kapragat, lajeng uwal nedya ngamuk, malebet ing pakawisanipun tuan dhokter groneman sarehning sumelang bilih aniwasi,lajeng dipun pejahi dening tuwan Groneman mawi pistul, ananging teka anglengkara sanget, ngantos dangu boten wonten ingakng ngaken gadhah lembu wau. Para tiyang ing kampong Danuningratan sami ngangluh menggah kathah ing durjana pandung, kecu utawi culeng sapanunggilanipun juru dhaku, sadalu kemawon wonten griya, 5 ingakng dipun tuweni sarta kapandungan, boten wonten satunggal ingkang ketitik. ======\======Porstenlandhen ongka 34 angojahaken bab babaripun Konferensi ing Suratarta, angembag bab reglemen amajegaken siti dhusun ing bawah kraton kalih, Surakarta akaliyan ing Ngayogyakarta, ing nalika smanten kapratelakaken bilih gupremen badhe boten amarengaken manawi ingkang nebas siti dhusun ananema pantun, ing mongka kanjeng tuwan residhen kalih ing Surakarta, tuwin ing Ngayogyakarta, sakalangkung anggenipun angajengaken pananeming pantun, ing suraos para ingakng majegi siti dhusun ingakng dados juru panuntuning tatakrami, amethukaken sumelang, sarta badhe kapambengan sagedipun amitulungi, tiyang alit bilih wonten paceklik tedhan. Sanadyan kaetanga prelu yen pananemin gpantun sampun ngantos kaanggep taneman pangajeng dening para ingakng majegi siti dhusun, suprandene rakaos sanget bilih pananeming pantun wau, dipun awisi babar pisan anjalari amberakaken sitikathah, sabab weh saben pasiten wonten, ignakng sitinipun naming kenging kasabin awit papanipun embes utawi prenahipun rakaos bilih kataeman tanem tuwuh ingkang sampun kalilan, wonten inking pastenipun kagengen manawi dipun tanemana sadaya, kaliyan tanem tuwuh ingkang kangge ing sabrang, lajeng pasiten ingkang torah wau dipun malihaken dhateng tiyang sanes panggenan, wonten malih nalaripun prelu kataneman pantun, kados nalika rumiyin ing ngayogya, sareng tom boten ngantos dipun erit kaping kalih, sami pejah,boten wonten paedahipun yen dipun sulamana, milalajeng taneman tom wau dipun bedholi, dipun santuni taneman pantun murih angsal misrinipun sampun ngantos angawrat-awrati kapitunanipun ingkang majegi siti. Wontenmalih prelunipun siti kataneman pantun, para ingakng majegi siti ingakng ambudi sae, punika kawajiban amarsudi murih gadhah ibit pantun ingkang prayogi, sabab limrah tiyang alit awis ingkang angopeni wiji pantun ingkang sae, manawi sampun waktunipun anyebar, inggh wonten ugi wiji pantun sae, ananging pangaosipun anggigilani, awit punika dipun dagang, tiyang alit boten kawawi numbas, mila kathah ingkang nebasi siti, sami anyadhiyani bibit sae, dipun sambutaken dhateng tiyang alit tanpa bathi, lah saking pundit sagedipun pikantuk bibit ingakng sae, manawi pananeming pantun dipun pambengi. Pangajeng-ajengipun tiyang kathah, cekapa ingkang kasebut ing nginggil wau sarta prelu sanget pananeming pantun dening kang netasi siti dhusun kalulusna, sanadyan murih anuwuhaken kauntunganipun pyambak utawi murih anjageni tiyang alitipun, dene bilih wonten ingakng ceceriyos,para cina ng bawah Betawi, kang sami darbe pasiten, angrisakaken tiyang sitinipun punika boten kenging kadamel waton utawi gegaran amambengi pananeming pantun ngatasing para kang nebasi siti dhusun ing bawah kraton kalih. Ing nginggil anyariyosaken paeklik tedhan, wonten gangsal taun sapriki ing bawah Sokawati kirangan tedha ing dhusun Kajawen, nagari naming saged ambyantoni sakedhik ing mongka mawi rakaos, ing siti dhusun kang sami katebasaken boten pisan sumelang, sabab dipun pitulungi dening ingakng majegi, sareng masa tanem taksih torah pantun kadamel bibit dipun edum tanpa anyambut nyambut dhaten ging liyan, mila manawi para inakng nebas siti dipun awisi pananeming pantun, ing mongka kakirangan tatedhan masthi yen nagari kawraten tetanggelanipun bokmanawi botenpisansaged anadhahi. Mugi-mugi gupremenkarsaha animbang raos saderengipun kalajeng, sabab manawi kelajeng ing mongka wonten ingkang pejah kaliren ing siti tebasan punika nagari badhe kajibah. ======\======Serat kabar Mataram anyariyosaken bilih Raden Tumenggung Mangkudipura ing Ngayogyakarta, ingkang kabilaen kenging dadamel ing samangke dados ajalipun, menggggah raden tumenggung wau wayahipun swargi pangeran Singasari, dados buyud kasepuhan, dene pangeran singasari punika, sedanipun ingggih ugi boten jalaran saking ferah sarira, sedanipunjalaran saking adhahar samongka ing margi, nalika wnagsulipun saking Surakarta, angrembat ayahan dalem kanjeng Sultanwowohan samongka wau dipun bektani murih kadamel jampi kasatan, ananging wonten ignakng cacriyos bilih semongka isinipun sanes jajampi temen ingkang dados jalaran boten beda anggrong pasanakan anyumur gumuling. Asring-asring mungel ing Lokomotip manawi konca grobagan kaleres tilem ing grobag lajeng dipun dhendha yatra sarupiyah sapisan, punika amaedahi awit konca grobagan lajeng mantun anggenipun sembrana, sarta yata padhendhan wau kenging dipun anggo andadosi margi ageng, mila ing Surakarta ngriki, bok inggih pun tindakaken kados ing Semarang sabab asring asring konca grobagan bilih anglampahaken grobag dipun sambi tilem sanadyan wonten ing salebeting nagari, malah asringasring grobag pinten pinten sami angebegi margi ageng,ngantos boten kenging dipun selani. ======\======Kula kapinujon maos serat panangisipun sujana ingkang putus dhateng padamelan dhokter, utawi liyanipun kamemetan, ing ngriku kula manggih sasmita, bilih para inya (babu) utawi embaning lare, manawi badhe anilemake momonganipun kathah akalipun, ingkang mitunani sa sanget sarta asring katandukaken juburing lare dipun seseli galindhingan tike, punika lare sasadipun sirepi lajegn tilem,babulajeng kesah punapa ingakng dados sedyanipun ananging janturan wau amitunani dhateng lare, inakng punika para biyung ingkang kuwajiban dipunatos-atos. ======\======Danu babahasan ingkang maksih damel resah ing ternate, angaturi maksi dewata dhateng nagari, pratondha tundhuk angaturaken pitobat. ======\======Gupremen badhe angintunaken piswa titiga, dhateng negari welandi, saking pawulangan jawi ing Megelang kalih, saking padhang satunggal, murih dipun wulang dados guru. ======\======Ing Ambahrawa wonten OnderUpsir kakalih kesah nyanjata, rehning boten angsal punapa-punapa, rekanipun badhe nyanjata paksi, ananging lepat angenani tiyang estri kapara anteb tatunipun lajeng pejah. ======\======Ing nalika tanggalkaping 14 wulan punika tuwan Blume,Kontrolir ign PUrwadadi, karma angsal nyonyah Yosinerenira, putranipun tuwan Ponsemit ing Madiyun ingkang dados saksinipun tuwan Kotrolir 1 kanjeng tuwan resdhen 2 kanjeng tuwan asisten magetan 3 kanjeng raden Mas adipatiARiyasuraadiningrat bupati Magetan punika aneh kados wiwit ing nungsajawi wonten priyantun walandi karma saweg nembe punika wontenpriyantun jawi lumebet dados saksi dene ingang dados saksinipun Nyonyah Yosinerenira, 1 tuwanPuteng,2 tuwan Milerkuntelir kadhaster, 3, tuwan Poler, titi. ======\======Ing Caruban wonten tiyang manggih yatra 80 rupiyah salajengipun kaladosaken dhaeng pulisi punika inggih aneh, tiyang manggih yatra wotnen ngalebuh tanpa kaserepan ing tipong teka lajeng petrek-petrek dhateng pulisi,punapa boten wajib kapuji kawasisanipun wadana caruban awit saking prayogining pranatan ngantos anangekaken dhateng kautamen. Magetan kaping 19 April 1877 Katandhan Puspataluki Tiron. ======\======Panyalemong kula ing ngadhapupnika sadaya, boten wonten parlunipun ing ngatasing priyagung sarjana, sumanten malih dhateng guru kula Puspataluki, saking kintenkula malah dadosaken ewaning panggalih. Iyahmare tebih tebihya, manawi wonten ingkang ambeg ladak saestu lajeng anamakaken landheping kalamipun panurat, sanadyan makatenipun Na Ka boten niyat mundur sacengkang, awit babalunganing kajeng amarsudi indhakiipun ing pangawikan. Ing mangke pun Na Ka arda anyundhul atur dhateng puspataluki, dene teka tumrecep sastra maliwis teka kapurih anjawab pitangledan ingkang nem bab punika punapa boten kenging kaewokaken priyantun remen anyengkolong, tiyangpitaken wau saleresipun rak ingkang temen dereng mangretos wangsul niyatipun puspatalukipunapa naming gsumedya amemelehaken dumeh cariyos sugih adi-adi, lah manawi keplasipun kadamel kekebaran dhokdhok punika sangsaya angumunaken e inggih wonten raosipun sakedhik pancen priyantun atula anggutuk apilamur, pangajeng amasang kalajepat, raracutanipun saking nggening karem angeceraken esem saking pamanggih kula pitangled sampeyan wau kenging dipun paribasani uyah kacemplung sagara, uyah ngibarat kawruh, sagarangibarat papan wiyar pangawikan kang katandukaken dhateng wujud ingkangsampun kawistara sulaya makatenupaminipun dhek amun-amun kabuncang mrign papan wiyar, utawi uah kacemplung sagara, sirnanipun tanpa karana, ananging sampun kagalih sagara di uyangi uyah sawuku, Iyah naming sampun kaejegan pandakwa lo,mangke dinalih angggen kula petrek-petrekpunika kasumerepaken pangrakit gelar, punika boten awit baresipun Na Ka rak taksih jugul, suprandene rekane kumaki badhe angsung katrangan saking pitakenipun puspataluki, ananging cekakan kemawon, awit ing sayaktosipun kula boten patos remen angatokaken kapiragan utawi danalelewa, ingggih saking cekuk balilet, nanging inggh wonteningkang kula senengi, manising ulat makaten sampun kaeler aneneng wadana, balik dipun gubah aminongka rerengganing pranaja dados boten kirup ing babasan : gl;undhung suling, sarta saged angwisudha namaning manungsa kanthi pambudi. Taksih wonten sambetipun Katandhan Na Ka, Siswanipun PUspataluki. ======\\\\\\\======Panjurung wnagsulan dhateng Na Ka Sampun kados pundit tinakdir dene gusti Allah boten kalawan dhateng umatipun dene usiking manahkula kumedah amanjangken nalar teka angsal wiring, inggih sampun kados pundit among nyebut Bastigperinalaamasabirin, o sampun ingkang kadya kula botena angsal wiring, nabi wali kenging sikuning Hyang Widhi. Kulanuwun mas Na Ka sanadyan suraosing serat sampeyan anyalekitaken manah tur kirang prayogi tumrapipun ing Bramartani, awit saking angggen sampeyan amameraken kamepetan sampeyan,w asana kalepataning tatembungan tuwin sastra kula sampeyan gelar angisi-isin kaliyan tembugn sreng ing bramartani ongka 10 sarta 12 suprandene kula inggih maksa atur saklangkung panuwun mas awit saking punika anuwuhaken ing ngandhap punika. Nuwun sewuduka mas Na Ka, pun punggung akaji purun atur pamrayogi ing panjenengan mas menggah ingkang dados kalangenan sampeyan, angurenda kalam ingkang sampun katamakaken dhateng kula, kauninganing raosipun taksih sumlekit dereng natoni mila prayogi kalajengaken anggurenda ingkang kantos lancip sakitdn ing tembe katamakaken ing liyan lajeng natoni, anamung anggen sampeyan ngumetaken gurenda kemawon sampun kantos kasangetan umetipun bokmanawi kalam sampeyan dhawah tumancep ing samakanipun angger pulisi taun 1872 ing Bab VII, $II pasal 282 salajengipun temahan putung pucukipun wasana putunganing kalam wau saletik manginggil tumancep dhateng parlunipun bab III, III ing pasal 96 salajengipun oba winang pun sampeyan taksih jinurung sasab dane dene Hyang Widi. Anjawi saking punika mas menggah pandangu sampeyan kathah-kathah punika boten prelu kula jarani, anamung ingakng kula parlokaken negesi sasaged-saged kula, among tabsir tigang prakawis kadi ing ngadnhap punika. Anasir tiga prakawispunika makaten 1 latu dunungipun nepsu, 2 toya dunungipun manah 3 Angin dunungipun ambekan, mila para malah katsasanipun boten katingal awit anasiripun among punika anamung kula sumanggakaken para sujana menggah leres lepatipun nuwun gung pangaksama. Mila kula nyuwun gungpangksamaning sujana awit kula ngengeti sasebutan, wonten bodho langkung bodho malih, wontenpinter langkung pinter malih, wonten agung langkung agung malih, wonten kuwasa langkung kuwasa malih, sasaminipun utawi kula upamekaken bab ngelmi kadosta: sarengat tarekat akekat makripat, utawi kula dhawahaken bab pakaryan nagarikadosta: mantra pulisi, mantri kopi mantra cacar,mantra guru dene manripulisi alimipun saking anggenipun ngupados katrangan babpulisi mantra kopi alimipun saking pangolahipun taneman kopi,mantra cacar asaking panybliking cacar, mantra guru alimipun saking sasastra sasaminipun ingakng sampun limrah kawulangaken dhateng para siswanipun, anamung boten kantun pamarsudinipun ing liyaning kawruh, sumongga sampeyan raosaken lajegnipunpunika, sarehning sampeyan ngaken sarjana. O nuwun sewu dukanun bilih kula boten kalintu, maknanipun sarjana punika lantip menawi kenging dipun muruti gayuh sadayaning kawruh utawi putus ing kawruh, lenggahipun nyumrepi awon lan sae kadunungan budi sareh kula wangsuli malih kalipun kawruh punika tanpa wekasan kadospundi teka saget ngaken gayuh sadayaning kawruh utawi putus ing kawruh, lah ing ngandhappunika sampeyan jawab soalipun kesot angidrei jagat, among saipret, sarehne sampeyan ngaken cebol anggayuh langit yen kula laras saking cebol wau saessmper smpeyan sampun gayuh dhateng raosing ngelmi akekat. 1 pinangkanipun bongsa ingkang kasinungan nyawa, medal saking lapel punapa kurub punapa, tuwin kados pundit wijang-wijangipun sarta dunung saking pundit, lan damelipun punapa maha suci anitahaken wau. Wasana sadaya ingkang kasebut ingnginggil punika bilih wonten kalepatanipun mugi wontena pangapuntening para priyantun sarjana bramartani. Sastra Maliwis ======\======Katurpanjenenganipun mitra kula pak Remik sakaliyanpanjeenganipun mitra kula Arja premana, manawi sami kapareng dhangan kula aturi batang cangkriman ing ngandhap punika. //Mijil// Saking tanah sabrang asli mami, sitipurwaningong, warna-warna mungguh geng alite, atanapi ing dhapur myang warni, ing jawa tan sepi,manira pinangguh. Sasracatur ingkang angarani, panengeraning ngong, kang kekalih ing ngarsa wstane, ingakng adi pakuwating aji, lamunt anpa mami, tanpa daya wastu. Lawan malih wau sastra ngapti, kakalih pinanggoh, neng srat pawukon tigang dasane, mwang kaprahing surakarta nagri, arane sawiji,bongsa sapelemipun. De sastrane kangkalih ing wuri, aranign sawiyos, ingkang pisah-pisah lanmutuhe, marga sakingjinaragutawi, saking tiwas tuwin ing sabab lenipun. Tuwuhira wau aran mami,s aben prelu kanggo, ng jro wisma mwang pasamuane, pangggarap mringngong kedah kanthi, ngati-ati awit,ringkih raganingsun. Kula ngabei Wiryasudarma. ======\======Kula nyuwun saserepan ing panjenenganipun redhaksim menggah ingkang winastan Oriparsapumeri, punika ing nagari Surakarta punapa sampun wonten ingakng sade, manawi dereng wonten benjing punapa dhatengipun ing Surakarta Orisawau, saking watawis, kanga pit para prayantun kathah ingakng sami kapengin badhe sumerep warnenipun, kula Ngabei Wiryasudarma. ======\======Redhaksi angrmbagi amanggih ana tuwanJonasportir masthi yen kapanggih ingkang dipun sedya. ======\======Sampun asring-asring redhaksi angengetaken dhumateng para ingkang taberi ngintuni panjurung, mugi amendheta garaning cariyos ingkang maedahi, sanadyan kalebet dongeng, angger pantes kasumerepan, malah aluwung dodongeng katimbagnkaliyaningkang manjurung, aponcabakah rebat unggul ngaben sutik saningkalampanurat, suprandene boten tedhas maksa taksih sami amingkis rsukan anguyeg jaja, anuwuhaken turidanign manahipun redhaksi, kados ta panjurungipun nawungkridha sarta sastra maliwis utawi suryaja,punika sami kenging dipun pendhet asilipun, nanging ing salebeting bramartani, dede papanipun angaben lulungidan, murih sampun ngantos redhaksi dipun dakwa ambau kapine utawi anyidhem pramanem kados pangandikanipun priyayi bendara raden mas arya Suryasudira panjurngipun priya tiga wau dipun pacak ing bramartani, anangin bilih awit ing dinten punika, boten kasigeg redhaksi boten badhe aken amacak panjurungipun ingkang suraosipun nganben yasa kalepasan. Ingkang punika manawi amareng para taberi bok inggih angintuni panjurung ingkang pasaja utawi kang mikantuki, boten teka amanjurung manwi wonten saseratan ingang kenging dipun waoni, kajawi yen wewaos wau amaedahi ing ngakathah, samantena inggih anglampahna paring karma, sabab taksih kathah marginipun utawi tetembugnan manis ingkang kenging kaambah sarta kaagem kinarya anangkis prakawis utawi angikalbu Redhaksi P D ======\=\\\\\\\\\\ Panjurugn saking Caruban Madiyun katandhan Suka Sungkawa, anyibutaken kathah- kathah, bab pamarsudinipun wadana sapunika, raden mas Cakraamijaya, amurugaken kauntunganing nagari utawi tiyang alit, redhaksi dherek suka bingah, ananging dhistrik sanesipun Caruban punapa inggih kantun kados boten beda, manawi mangwang kawicaksananipun ignkang jumeneng bupati. Redhaksi. ======\======Panjurung sakign Pacitan katandhan Karya Niti, anyariyosaken manawi Asisten wadana pringkuku, kengkenan anyaruken dhuwung dhateng Surakarta, ingakng dipun suprih damel sarungan tiyangjawi anama priyakrama, samangke gegriya ing timuran mangkunagaran mawi dipunpasrahi dhuwung sakapuran tosipun sarta epahan yatra 1 rupiyah wasana dipun pakewed boten dipun sarungaken malah kecalan yatra ingakng 9 rupiyah wau wah tudhung satunggal dipun dhaku dhateng priyakrama, manawinitik saking uruting kojah tiyang ingakng dipun aken asisten wadana wau, kathah sembrananipun, awit purun amasrahaken barang pangaji, tanpa ugeran tujunipun naming kecalan yara 9 rupiyah sarta topi (todhung) pun Priyakrama dipuns amekaken turunipun babon tekong. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji sekar. Pinten kadare puniku, wanita sampun kapipit, jengpaduka wedalena, pangalembaneng pawestri, ing tembugn murda piluta, amikut driyaning putri. Muarsa mesem sang aprabu, sigra ambenerken sami, sampurwastra prajuritan winingkis celana gegsi curiga nging serngiringan, trap makutha lan lumaris. Wau sang kusuma Galuh, kumepyar dupi ningali, muriring tyas terataban, sigra patreme tinarik, sang retna sampun anyana, yen duratmaka kangprapti. Anangis samroning kalbu, kang sinamnbat mung sang panji, dhuh sang panji lakiningwang, punapa tan wonten prapti, jeng paduka tan supena yan babayang neng kang prapti. Dhuh sinten ingakng tutulung, mring dasih kang kawlasasih, nguni umatur kawula, mring paduka gegendholi, dhuh samangke kayektosan, cethi paduka midlalis. Paran kagepoka ulun, mring pun duratmaka segti, estu yen patrem punika, tumameng ngongga pribadi, ulun jrih durakeng dewa, mila llunemahi pati. Yata tumingal sang prabu, kang geg mulat mring sang putrid dene patrem wus liniga, tumiyung kulunging galih, sang nata ririh ngandika, mangrepa mangasih-asih. Dhuh gusti pupujaningsun, sosotya nagri Kedhiri, musthikaning bumitara, mirahywaandeyaeng galih, sedya ayupraptaningwang, ing ngarsanira mas gusti. Yan katambetan pandulu, ingsun narendra linuwih, paparab bramakumara, ing Makasar surasegti, dhuh gusti sumarma prapta, awit pakoning dewadi. Kang kasih angsung putduh, kinen sumewa wakmami, marang ing sariranira, lawan ingsun wus miarsi, kabar kang uwis kaojat, yen sira putri linuwih. Kacetha guruning ayu, retuning manis prak ati, retuning raga keranane tranta kang lindri- lindri, pindha kenyaring sosotya, ing mengko ingsun yegteni. Uninga mring sira mast ku, tuhu yen pun juling bumi, midera sewu nagara, kadya tan antuk tumandhing, kang kadi raras rumira, sanadyan ing suranadi. Cahyeng waranggana welu, mring cahyaniira sortitih, supraba lan wilutama, ratih patut anyenyethi, sira kumareng bawana, nora larang den labuhi. Tinuku madyaning wuwuh, toh pupug gempuring nagri, tombok jiwa sanegara, puwara samodra getih, dhuh mas mirah sarungena, patremira den aririh. Ngrasuk busana luhung, yang agong busana jisim, eman temen warnanira, nari kalbu lirinujit, kalbuning sun lir sinendhal, rontokrantaas rontang ranting. Karantan jur kumur-kumur, sira katon amlas asih, dhuh mas mirahh ingsun wegca, kadereng kudu angabdi, marnag ing sariranira, angger pindhanen pekthik. Sakarsanira anurut, nora etung awak mami, ratu agung binathara, sugih bala surasegti, byatning kasmaran mring sira, tulusa ingsun ngengeri. Mangkana kusuma galuh, katgana sigra nauri, aririh tembugning sabda, nanging pedhes amranani, eh sira sang duratmaka, kalingane narapati. Makasar kawijil lamun Bramakumara wawangi, ngaku ratu kinawasa, apa mamak tan miarsi, yen ingsun nora lelegan, pagene sira ngengeri. Sira ratu numbuk numbuk, tan panut kramaning bumi, sira manjing duratmaka, prapta mu ing ngarsa mami, kang jamak narendra dibya, yen arsa marang pawestri. Kang wus ana lakinipun, pinurwa madyaning jurit, yen lakine wus palastra, garwane tinawan nuli, mangkono ratu widagda, sireku retuning juti. Mamak mesum anjalebut, nora wani adu rai, anguthuh ngregedi jagad, sapa wani ta kang sudi, marang parah upanira baya sun pilaur lalis Tan arsa tumingal ingsun, mring jalma culike bumi, lakiku bagus prawira, yen sira kongsiya panggih, pinanah gulu mu pegat,mongsa gagapa basuki. Yen sira misesa mring sun, mung patrem kang ingsun pusthi,mila lu prapteng ngantaka, tan rrsa sedheng mring laki, eh prabu Bramakumara, ya mungkur ing kramaniti. Sang prabu dupi miarsa,mring sabdanya sang retna sekartaji, lir tinepak mukanipun, asru denira nabda, babo babo sipidhir dene kumingsun, pan ingsun monggsa kasora, aprang kalawan si panji. Yen sira lumuh maringwang, pesthi lamun sira sun karya lalis,sabab eman lakuningsun, adoh datan patuwas, tuwas sayah prapteng ing donor a urus, amis bacin kang ginarap, eh dulunen sekartaji. Nauri kusumeng daha, payo nuli lekas sena sang aji, duduratu kang satuhu, yen tan mateni mring wang, yegti jinis wong ngulandara pipikul, pan ingsun datan kumedhap mulat mring sira tan sudi. Sang prabu garjiteng driya, sun pegso ha wong iki prapteng lalis, mangsul nabda manis arum, dhuh dhuh mas mirah ingwang, ya mangkana angger musthi kaning ayu, dulunen panangis ingwang, aprasetya awak mami, Lamun wurungpapanggiya, lawan sira datan acipta mulih, yen mulih asarireng sun, sayegti brongta ngarang, rangu- rangu kelingan mring sira masku, kang mindha retna pakaja, mirah welas mring dasih. Dhuh dhuh gusti lamun sira, estu arsa pun kakang andedasih, sagung garwa garwaningsun, dadiya cethinira, nadyan ingsun dadi abdinira masku, among aran ingsun raja, yen kala mijil tinangki. Yen uwis marisi neba, yegti seba marnag ing sira gusti, saksarsanira anurut, jroign nagri makasar, barana dikang tumpuk angungdhung- undhung, karyanen sasukanira, tanana ingkang malangi. Kebon kebon kembang kembang, titirahen kancana sosotya di, dimen ujalane murub, nugmeng ngujalanira, kang ngapindha purnameng wulan sumunu, lan nenyaring wajanira, kadya mutyara ing nganggit. Lan lindrining netranira, liring kadya pesating warastra di, tumibeng jaja angadhuh, dhuh-dhuh dewa bathara, tulungana mumudhari ati puguh, anggah-ungguh away panggah, age ageya nyaguhi. Dhuh masmirah sarirengwang, praptanignsuning tanahjawa iki, kadereng arsa prang pupuh, lawan sipanji iya, nuju suwung sun jarag manjing kedhatun, sumarma ywa dalih sira, yen ingsun culikeng kardi. Nauri kusumeng daha, eh sang prabu basanira kang uwis, karungu ing karnaningsun, datan akaryalejar, malah karya buneg retuh jroning kalbu, jer sira ratu dursila, gelahgelah ing sabumi. Budhug mumuk tana ngrasa, piker pijer apa kaworan baring, kagyat marsa sang prabu, mring sabda kang mangkana, sanalika supe marang purwanipun, malengleng asru ngandika, eh eh babo sipanyakit.Pangucape seleweran, baya baya manungsa bosen urip, katgad sira sang prabu, marepak arsa nyandhak, yata wau sang panji kang aneng pungkur, waskitha sadangunira, mring tingkah nya sribupati. Myang mantepe garwanira, sang ngapanji mangalembaneng rabi, mangkana dupi sang prabu, arsa nyandhak kang garwa, sang apanji tanggginas anyandhak gupuh, astane srinaranata, sinendhal binegta mijil. Taksih wotnen candhakipun. ======\======Ongka 19, Kemis kaping 10 Mei 1877

Pakualaman (Ngayogyakarta) Kulawisudhan 1. TWedhelitnan Inpanteri, Raden Mas Arya Suryaputra, kakulawisudha dados Irstelitnan Inpanteri. 2. TWedhelitnan Inpanteri, raden Mas Ntaatmaja, kakulawisudha dados Irsterlitnan Inpanteri 3. Purir Infanteri, Raden Mas Jayeng Irawan, kakulawisudha dados Tya Dhelitnan Inpanteri.

======\======Surakarta Dereng lami lepen pepe sakilen dalem Cakranagaran wonten lare estrikekalih sami adus boten dangu lajeng ical boten kantenan, kocapa tiyang ingakng tunggil adus ing lepen ngriku, lajeng bengok-bengok nedha tulung, bilih wonten lare keli kekalih, salajengipun tiyang pakampungan Bujanagaran sami tutulung sedya ngucali lare ingkang keli wau,lepen lajeng kacemplungan tiyang kathah, boten dangu lajeng kapanggih wonten sangandhaping deling ori sakilen plataran cakranagaran ingakng satunggal pinanggih gesang satunggalipun sampun kapanggih pejah kilap ing salajengipun awit kula lajeng kesah boten tahan aningali. Katandhan E.S. Andaga ======\======Tuwan Mister Bagine ing Surakarta, ingkang asring bombing prakawising tiyang ing pradata, nalika ing dinten jumuwah tanggal kaping 4 April ajal ing rumah sakit Surakarta, jalaran kewuron. ======\======Nalika ing dinten Kemis tanggalkaping 3 Mei wonten tiyang sabrang kekalih 1 Abubakar, 2 Amin, dipun tarik ngarsanign pradata residhen Sirap ing Surakarta, kadakwa ngapus-apusi, tampi barnag warni sengkang sarakit, badhe kabayar mawi apyun ingkang dipun taweniapyun kepingin bathi, sengkang dipun ulungaken wah yatra 80 rupiyahnangng apyun boten muncul, sengkang dipun wade dhateng raden tumenggung purwadiningrat, katumbas kalih atus rupiyah, sarta mawi tondha tangan, wasana kadengangan bilih barnag peteng, dipun pundhut ing prentah, sareng ing ngajengan pradat residhen Sirap ternag bilih tiyang sabrang kalih wau tetep dosanipun, kapatrapan ukum, krejan paksa tiga tengah taun tanpa rante sarta barang kanwangsulaken dhateng ingkang gadhah, ananging ingakng jomblong, raden tumenggung PUrwadiningrat, kenging kaupamekaken kasandhung ing rata kabentus ingngawang-awang, punika ing ngajeng inggih sakalangkugn pangatos-atos mawi anedha serat pangesah yen barang resik, suprandene kejeblos, teka kados pundit kemawon akalipun tiyang wade tinumbas murih sampun kasanggkut ing prakawis kados pundit watesipun kenigng utawi boten dipun katumbas, manawiingkang wade tiyang monca prelu dipun tedhani serat pratondha resik, lah yen ingkang wade tiyang temen sarta sampun nate tepang, kados pundit rekanipun, dene raden tumenggung wau ingggih sampun nate wanuh kaliyan tiyang sabrang kakalih, suprandene kelebet ing ngapus. ======\======Nalika malem /senen angrintenaken Salasa tanggal kaping 7 Mei, griyanipun tuwan JOnasportir ing Kedhugn Kuping, katuwenan ing durjana pandung, ingakng dipun akeh kapal tumpakan pangaos kawan atus rupiyah malah sampun dipun edalaken saking gedhogan, nanging lajeng kadengangan mila sandeka bekta, dene kapal wau ingkang gadhah tamunipun tuwan POrtir. Ingkang dados gumuning kathah dene griyanipun tuwan Portir wau, dipun apit ing gredhu, suprandene wonten kadurjanan kang makaten atrapipun, amarandhani bilih para durjana boten pisan giris dhateng polisi, aliya saking punika, kathah ingakng sami raraosan punapa nalaripun polisi ing kedhugnkopi teka boten awis macelak ing ngriku sabab ingkang dipun wismani samangke ing kapatiyan , punika dados tana damel,mugi mugi kanjeng parentah ageng karsa angewahana. ======\======Punika anyariosaken pasamuwan ageng, nalika kanjeng pangeran adipati Suryasasraningrat, pangagenging Pakualaman tampi ganjaran kakulawisudha dados ridhering Nederlan Seleyo, methik saking serat kabar Mataram. Anenggih nalika ing dinten Rebo tangal kaping 2 wulan Mei punika lampahing pethukan saking Pakualaman dhateng dalem karesidhenan ingkang dados pangajeng kanjeng pangeran Arya Suryaningprang, pangeran ingkang sepuh pyambak sarta prenahe yangipun kanjeng pangeran adipati Suryasastraningrat, pepak sawarnining upacara. Sareng sampun dumugi Pangeran Sepuh wau ignakng kapatah amangku patadahan mas sinasaban baludru ijem tinepi ing renda mas, isining patadhahan inggih punika bintang Nederlan Seleyo saprabotipun kakersakaken bekta dhateng Pakualaman sesarengan kaliyan tindakipun kangjeng tuwan residhen, dene nalika kapasrahaken bintang wau ing dalem karesidhenan sineksen dening kanjeng gusti pangeran Adipati Aom kanjeng raden dipati, Danureja , tuwin para priyantun agneg, saha para upsir wah para amtenar sedaya sami mengagem Mungrutennu. Sasampunipun lajeng bidhalan lampahipun lon-alonan, dhateng ing Pakualaman kreta ngajeng ingkang nupaki pangeran arya Suryanignrprang amangku patadhahan isi bintang bitnag saprabotipun sarta naala dalem srimaharaja, wingkingipun kreta setasi Pakualaman, dipun titihi, kanejng tuwan residhen, kanejgn gusti pangeran adipati anom, sarta pangeran Arya Mangkubumi, wingkipun malih kreta kathah, katumpakan dening tuwan militer komendhan, saupsiripun tuwin para amtenar walandi, kanejgn raden adipati sarta para pangeran kratonan wotnen malih katingal andherekaken lampah, para pangeran ing Mangkunagaran dipun panungguli dening kanjeng pangeran Mayor Arya prabu Prangwadana, calon mangkunagaran kaping V. Awit saking kretek lepen Code, dipun jajari langsir sarta gendera walandi, ing ngalun-alun Pakualaman sampun sami baris, umyung swaraning pradongga. Sareng dumugi ngajengan pandhapi Pakualaman, grebegan kendel patadhahan isi bintan gdipun tampeni mawi kinormatan kadicaraning priyantun jawi. Jeng residhen sarta kanjeng gusti pangeran adipati anom, dipun pethuk dening jeng kang pangeran aditilitnan colonel Suryasastraningrt dumugi ing undhak-undhakan,lajeng dipun dherekaken kaprenahaken ingpalenggahanpara tamu sami tatalenggah,ingakng sisih satunggal, kanjeng tuwan residhen, kanjeng gusti pangeran adipati anom para upsir beteng, para amtenar walandi, para pangeran kratonan, sarta para pangeran mangkunagaran, ingkang sasisih malih, kanjeng pangeran adipati litnan colonel suryasastraningrayt sarta setapipun ginarebeg dening para mtiranipun tuwan tuwan walandi, sami mengageman pameran asri tinignalan, rujuk kaliyan rerengganing pandhapi, langse pinetha olan-olan bendera triwarna, rinakit kadiridhder sal, kajenengan gambaring narpati, srinederlan. Sareng kanjeng tuwan residhen jumeneng, enyat sadaya dherek ngadeg sarta cep boten wonten sabawa, lajeng angandika, bbilih kanjeng tuwan tampi dhawah pangandikaning kanjeng tuwan ingkng wicaksana guprenur jendral kakarsakaken amaringaken dhateng knjengpngen adipati litnan colonel komandhan Suryasastrraningrat ganjaran dalem ingkang sinuhun kanejng maharaja waniridhering Nederlan seleyo saprabotipun piyagem sarta nawala lajeng dipun waca salajengipun juru basa winangsitan kakarsakaken anembungaken jawi, ing sadangunipun kanjeng tuwan residhen ngandika, anuwuahaken suka senengipun ingakng kinulawisudha utawi ingkang sami sinuruhan tembungipun pasaja tanpa sesekaran ananging temen sarta mantep amratandhani yen sami kasumerepan wredenipun. Sasampunipun juru basa anembungaken jawi, kanjeng tuwan residhen amrepeki sarta anemplekaken bintang ingkang dipun pralambangi, pirtus nobilitat, tegesipun kautaman angluhuraken kawijilaning sarira, ing pranajanipun pangeran adipati litnan colonel SUryasastraningrat. Wasana lajeng mriyem mungel kaping 9 musik sarta pradongga umyung asauran, gongsa monggang tan kantun amratandhani bilih kanjeng pangeran adipati suryasasraningrat saking kasaning sangprabu nederlan sampun kapanjingaken ing salebeting odernederlan seleyo lajeng sami tata lenggah malih, kanjeng pangeran adipati gya majeng umatur angaturaken sungkemipun dhateng gustinira, Sri Nederlan alalantaran kanjeng tuwan residhen para ingakng sinuruhan sami tiron jeng residhen angaturaken wilujeng dhateng kanjeng pangeran adipati Litnan Kolonel Surya Sasraningrat prajurit pakualaman lajeng Dhemilir nunten sami mangun suka dene lajengipun pista anyumangggakaken dhateng ingakng samikarsa anggupit kintunan panjurung. C.F.P. ======\======Salebetipun serat kabar Mataram, wonten pitakenan mengggah anggenipun ngupaya sagawon kadamel tedhaning sima ing krangkeng, punika punapa boten wonten atrap sanes liyanipun sarananipun penthungi, ing ngatasipun alam mangke kirang utamenipun. Sawijining tiyang sepuh ngayogya akokojah, bilih ing kina, lampahing grobag ingakng dhateng ngetan punika medal margi Gandamanan lajeng nyabrang lepen malah samangke taksih wonten tilas ing margi, manawi dipun budi boten patos rakaos kenging dipun mulyakaken,lampahing grobag anrajang bong pakebonanipun kaptin Cina, malah samangke kadhang kawis taksih wonten grobag ingakng medal ngriku. Ingkang punika tiyang sepuh kang kasebut ngajeng wau, araraosan menggah margi kina punika punapa boten prayogi dipun gesangaken manawi saestu dados margi ing Bintaran badhe methukaken kamayaran. Menggah pamanggih kjula gampil andadosi margi kina wau, ananging mesakaken lembunipun grobagan sabab bilih saestu margi ngebok gesangaken dah punapa mayatipun sakin glepen manginggil kados kathah lembu pedhok gurungipun kalih dene pikangsalipun punapa, manawi grobag maksa taksih medal anra nagari. REmbag kula pasaja, prayogi anggenipun angreksa margi ageng kemawon, dipun santosani matam. ======\======Kala tanggal kakping 30 ing wulanapril kapengker punika, ing dalem pangabeyan katingal regeng, ingggih punika angleresi tingalanipn kanjeng pangeran bei ing dinten Senen legi, ananging kaarsanipun kanjeng pangeran bei mawi kasarengaken kalayan mangggihaken panganten abdi punakawan lucon, menggah panggihipun panganten wau, wonten ing griya payon platsangajenging pandhapi. Ing griya punika mawi karengga dening tutuwuhan sarta rontek sapanunggilanipun sampun kadi dene pethanipun amanggihaken panganten dilah gantung sarta dhepok kasuled sadarya amubyar para abdi lurah jajar, demang dhusun sabekelipun sami lenggah kupeng ing sakiwatengenipun papajangan sara sadhatengipun para abdi wau,mawi kaurmatan cara balen mila para ingkang sowan mongka dereng miring ing karsanipun makaten punika, anggenipunlumampah ing plataran jangkahipun kathah ingkang sami dhompo saweneh lajeng andharesel kemawon sareng kinten ngajengaken jam 8 pagnantenlajeng kaarak dening para abdi lurah sajajaripun amurugi panganten estri dhateng ing tamtaman sarta mawi kajajaran dening obor, sawawratipun ing waktu punika germis suprandenepra ingang ningali sauruting radinan inggih kalebet kathah, sawangsulipun sarta sasampuning kapangihaken pagnanten sakaliyanlajeng kalenggahaken ing papajangan sarta anglampahi punapa saparlunipun, sabibaring dhadhaharan panganten sarta para lurah jajar, demang sabekelipun wau sami nayup sadalu tansah sengak saha surak mawantu-wantu, swaranipun ageter pater, dhuh bekja banget sipanganten dene dalasan para gusti kathah ingkang karsa anuweni saupami niyatakatiru,kados boten badhe saged kalamapahan kados makten. Katandhan pun Sanget Kapengin. ======\======Punika anyariyosaken pist, nalika kanejng raden adipati ing Pasuruwan anampeni ganjaran saking srimaharja nedrelan kakulawisudha dados Ridhering Nederlan Seleyo. Anenggih manawi badhe angejahaken pista ing salebeting wewengkon pasuruwan saemper boten wonten ingkang saged anisihi ageng rowanipun kadi pista ingkang dados pisungsungipun tuwan tuwan sapanunggilanipun ing bawah Pasuruwan dhateng kanjegn raden adipati, KOmat nalika jumeneng ridering nederlan seleyo. Ing ngajeng nembe kemawon kamirengan sarana kentheng bilih kang bupati katrimah dening sang narpati kaparingan tenger, watgatakanan kering sami nerbuka condhong ing piker sarta sarasa, murih angriyariya sihing nata ingkang rumentah mawi asuka-suka, tandangu kumisi anglingga, sarta angideraken serat kalowongan murih angumpulaken yatra kadamel wragad pista ageng pangraos dereng sakenyeh, sampun pikantuk sesanggeman yara pinten pinten ewu ingkang tuwuh saking katemenaning para mitra dhumateng kanjeng raden adipati. Wasana kaamtokaken tanggal kaping 12 April anggenipun ambabar pista ageng pangulunging sih ing narpati warni Ridhering ederlan Seleyo dhumateng ingakng kinulawisudha, ewon para tiyang alit ingakng sami kumpul ing ngalun-alun badhe andherek bingah sarta anyipati pista ageng wau. Ing ngalun-alun sisih kidul dipun adegi made ageng pepangungan rinengga sarwa endah ingngriku para ageng-ageng welandi ng bawah pasuruwan tuwin paresidhenan ingkang cecelakan sami kumpul sareng wanci jam 9 enjing kanjeng tuwan residhen ginarebeg ing priyantun sapanunggilanipun tedhak dhateng kadipaten saking ngriku lajeng sasarengan tindak dhaeng made ageng wau kadherekaken ing Erewah ngajeng wingkinging kreta, kapasangan kuda nenem tinitihan dening kang sawek kariya-riya, sasarengan jeng residhen tuwin jeng tuwan upinspektur Pangorkom nunten kasambetan para wadana dhistrik kapatah dados darewah wingkingipun sawarnining upacaraning kang bupati. Sareng dumugi ing made ageng, sang bupati dipun tampeni para lid ingkang pinatah dados kumisi salaejengipun wiwit atata lenggah, kanjeng tuwan residhen nunten asung pirsa dhumateng kang bupati maksuding pista punika, lajeng tuwan sekretaris kakarsakaken maos nawala dalem ingakng sinuwun srimaharaja Nederlan, suraosipun manawi sang prabu sampun andadosaken pareng ing panggalih dalem angulawisudha dahteng raden Adipati Bupati pasuruan, kadaosaken Ridhering Nederlan Seleyo, sasampunipun kawaka, kanjeng tuwan residhen lajeng amilujengaken dhumateng raden adipati ing tembung malajeng, dhasar baut jeng residhen anggenira anglairaken tembung arum amanis. Residhen mawi amratelakaen menggah kawijilan luhur ngatasing priyantun jawi, ngantos saged mijumenenga bupati, ananging dipun wedharaken ugi, lalampahanipun murih anuwuhaken kaluhuraning sarira, saengga dipun ajeni ngantos anampeni sihing aji kaparingan tetenger ridhering Nederlan Seleyo ingkang pancen sampun dipun pralambangi tembung, pirtusnobilikat (tegesipun kautaman angluhuraken kawijilaning sarira) punika sampun amerdei maksudipun tatenger wau. Kanjeng tuwan residhen boten kasupen anggenahaken bilih raden adipati, awit anggenipun jumeneng bupati ing taun 1833 tan pegat angleleraken bangkitipun jumeneng priyayi agung, mila sareng ing taun 1846 dipun kulawidhaha angkata jumenengaken adipati sareng ing taun 1876 gupremen angarsakaken maringi medhali mas sang adipati saurutipun tan miket anggenira anindakaken katemenan dumados kauningan ing sang prabu saengga ing mamangke kaparingan ganjaran ingkang sakalangkung kalinggamurda dening para kawula dalem sadaya.Dene kathahing tiyangngantos tanpa wilis, walandi jawi saking ing pundit pundit ingkang sami dherek ningali kasukan, punikaha amratandhani bilih bupati ing pasuruhan dipun kaluluti sarta dipun aji-aji deing para ageg alit, wekasanipun jeng residhen apitajeng, manawi kang bupati maksih ya langgeng anindakaken lalampahan utami ingkang makaten murih ing tembe asmanipun kenging kadamel waris ingpra putra ing saantara pangndika lajeng kanjeng tuwan upinspektur Panorkom jumangkah anempelaken ridher wau ing pranajanipun kang bupati, siningsetan ungeling mriyem pitung rambahan tuwan Panorkom lajeng angaturi wilujeng dhateng raden adipati tembang Manuwara, lajeng para ingakng sinuruhan sami anyugengaken sang bupati ketingal kaprana katawis anggenipun seret amangsuli tetembunganipun jeng residhen, sarta angencengi anggenipun badhe seca tuhu dhujateng gustinipun, salajengipun sag bupati binayang kare, dipun arak angubengi alun-alun kairing ing musik utawi pradongga, ingakng sami bingah asurak surak nembe kendel sareng sampun prapta wangsul ing dalem kadipaten para bupati moncanagari kathah ingakng boten prapta naming bupati ing siti bondha ingkang wonten. Sareng sontenipun pista dhansah ing Sositeit Dhe Harmoni, dipun kinarawis dhaing sujana satunggal asri tiningalan saking mandrawa, ing pangaos lir made ageng pangggenaning para rider ing ngalam kina, ing sawarniing pilar pilar rinengga ing bandera, ombak toya ijem ijem angresepi, ing madyaning made kapasangan krun, pirantos panggenan anampeni para ageng, lajeng rerenggan amralambangi dadamel perang, mawi kadekekan ciciri sarta gagambaran amrataelaken wredining ordhenederlan seleyo, nalika anyipati sawarniing pralambang wau, teka kathah ingakng kagagas jiniyat amarinelu saking wingitipun tujunipun kathah ingang ngrameni utawi ingkang dhansah, kawewahan para Kenya para arum ingkang sami ngrasuk busana digagrag wekasan caraning praja gung Paris punika ingkang mitulungi rame, malah saengga wali-ali angengetaken manawi sampun wancining dhaharan, sowang-sowang adandos murih sampun kuciwa bilih lenggah dhahar panggenaning bujana krama ing made sanes ngajeng ngajenganipun sositeit 250 ingkang sami lenggah dhahar, kanjeng raden adipati sarta garwa, jeng residhen sagarwa, tuwin tuwan upinspektur Pangorkom sarta ingkang nglurah isetat sepur weh matsekapei, tuwan marskalek miwah Presidhening kumisi, ukumkup sapontha, presidhen lajeng anyarirani para ingkang wisma ing pasuruwan amilujengaken dhumateng ingakng kinulawisudha lajeng dipun wangsuli sarta asung panrima, pista wau ngantos dalu, malah dumugi gagat enjing kathah inkang kasesa asalin prabot murih aningali susukaning para tiyang bumi, ingkang sampun kapasthekaken ing pranatan, wasana anggenipun ngaben-aben sima kaliyan maesa, boten siyos bokmanawi rehing simanipun kasoran ing prawaning singa Nederlan, ananging boten kacuwan, awit kasantunan suka sukan sanes kados ta balapan utawi menek pucang, ingkang anggujengaken sanget, nalika rewonda satunggal ucul malebet ing pepanggungan, bokmanawi dhokter Darwin purun kapitunan bilih tinakdir saged amaspaosaken pragosa wau, nalika …..sanginggiling pepanggungan. Sareng dalunipun malih ing ngalun-alun anyumet sekar latu, ing ngajeng sumelang mendhung, dangu-dangu terang kaleresan musik sekater saking Surabaya, punika ingkang anggendhingan ing panggung sanadyan papanipun omber suprandene boten cekap awit sakingkathahipun igngknag sami miyarsakaken kathah ingkang lerep ngantos dalu pisan sami seneng areraosan murih ayem sarta enjingipun malih, sageda amiyarsakaken gendhing araras rum ing sositeit ingkng sakalangkung anuwuhaken bingah marwata sunu. Wasana sang dwijawara ing pasuruan dipun pinta sraya dening para tuwan ing wewengkon ngriku, murih anyarirani, ngaturaken wilujeng dhumateng ingakng bupati kanjeng raden adipati ARya Niti Adiningrat kenging kapasthekaken bilih pista ageng wau boten badhe kesupen, samawana ing ngatasing kanjeng raden adipati pyambak saha putra santananipun Ingakng methik redhaksi, C.F.P. ======\=\\\\\\\\\\\\\\ Kasmaran bukaning ngarsi,katur panjenenganira, tuwan redhaksi yaktine, kang ngasta serat pawarta, bramartani ranira, surakarta prajanipun, tanlenme engsun miminta. Lamun kapanujen jkapti, paduka mlasi mariwang, apan punika srat ingong, pinacaka Koran tuwan, dahat sru pamintamba, kananggi nupit panjurung, mung angger kanjeng rahadyan. Adipati guysti mami, ariya natadiningrat, ing Malang iku radyane, panwus skeet juga warsa, denya nyuwiteng nata, mring Nederlan sangaprabu, tanana kuciwanira. Saking sihing reng narpati, dadya ginanjar nugraha madhali mas lan rante ne, wunya tan antara lama, nuli ginanjar malywa, songsong jene paringipun, srinaranata nederlan. Wusnyeng nampi nugrahani,mangkya jangkep skeet warsa, denya suwiteng sang katong, bagendha kang maharaja, kalawan mantep karya sang narpa tumrun sihipun, Gustyamba ginanjar mulya. Inggih pratondha sawiji, ginantungan bintang ranya ridre Nederlan seleyo, mangkya mbayun amedhara, purwanuyiteng nata, rikala maksih atimur, yuswa gangsal welas warsa. Dadya prajurit sinelir, lit nan oneng malang praja, tan pegat nanggulang ireh, barandhal sajajarira, pan ngantya bondayuda, tan winarna solahipun dadya asalah karya. Sawusnya litnan prajurit nulya jinunjung rad demang, demang dadya wedanane, sasedanira kang rama, apan tuk gantenanana, dadya bupati tumenggung, tumenggung mangkya dipatya. Punika wijanganeki, wus ygya amba mumuja, minta sihireng hyang manon kang murbeng jagat sahana, lan jeng nabi panuntan, nayakaning ngrat tumerus tumanem granireng driya. Dimen aparing bsuki, mring kanjeng radian dipatya, wah garwaputra wayae, kang maksih gumelar karsa,muga tinurutan, dening hyangkang maha agung, lawan kang sumare uga. Ginantungan swargadi, mring gusti kang maha mulya, lannepasi sisip linorod myang arjanngreng nagara,ing malang mugyantuka,wus lasdha mangkya m banuwun, maring sagung kang anuksma. Yar darbe salah pakarti, wit ma stud datan gungung,maring gustya mbayaktine, angowah amuwuhana, punika datan pisan, tan lena pakurmatan katur, mring tuwan redhaksi mangkya. Amba miwiti amuji, anebut namaning sukma, kang murahing dunya mangke, tembe asihing ngakerat, kang pinuji tan pegat, mugya donya linebur, sanggya kang wus kalampahan. Sinrat ing Malang duk ari Senen tanggal kaping sanga, wulan April taune, sewu astha tus pitungdasa, kalawan pitu uga, ambakang asru mangungkung dyan panji sastra pranata. ======\======REdaksi tampi panjurung saking surakarta, katnadhan biyang Mandhul, sakng boten pisan maedahi, mila dipun lerepaken manawi katedha wangsul inggih kenging. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar. Prapteng jawining wiwara, nuju palataran sajroning puri, san gpanji sampun kadulu nguculken sinarendra sarya abda eh bramakumara prabu, mamaktan bulakusira, dudu tingkah ing narepati. Culika tan panut karma, ngunisira tur suratmring ramaji, ubaya ngjaka prang pupuh, lawan sariraning wang, mengko nguthuh manjing duratmaa mumuk nglilimpe sepining jalma, yata sang prabu miharsi. TEtela lamunkang prapta,yen sang panji Pabu Marepak aglis, gambira tatag sru muwus babo noa kejamak, si apanji prapta nuli angamun-amunmangunhdati tanpa karma, marang ing sarira mami. Praptaning sun manjing pura, wus sun jarag sumeja aprang tandhing lawan sira nuju suwung, tyas ing sun liwat cuwa, katemuwa arsa sun tigas murdamu, rabi musun karya tawan, payo mangko padha siji. Sandhangen bramatyanngwang, sira nglalis marang sami tra mami, ingsun wajib males ukum prabu bramakumara, panabdane lan tumuding astanipun, larase tatag tan uwas, dhasar ratu surasegri. Sembada bagus warnaya,s arwa sing set baranyak ngrespateni, sang panji nauri wuwus, lah payo tekakena, krodhanira kaya tan gumingsir ingsun, sang prabu gya menthang langkap, pasang tindaking jemparing. WEtara doh ing lolongkang tan kacuwan lelancaran jemapring, lan terang purna manuju, sang prabu asru nabda, den prayitna eh panji iki patimu, sambat ta maangkang yoga, acipana panah mami. Senjata dhapour trisula, duk ing nguni pamunah surasegti,lumepas sanjata mamprung, uculnya pareng senggak, srinarendra tangkeping prang kaduk besus, jongga manglungngungak ungak, astane kering malangkrik. Gandhewa tumumpang pundhak sang apanji tajem denya nadhahi,jemapring dupi tumanduk, agya tinampen ngasta sang aparabu waspaa denira dulu, yen jemparing nya cinandhak, gumujeng angentrog wentis. Eh panji tuhu widagda, sedheng silih tandhing pang lawan mami, bias nyandhak panah ingsun, iya sun pindhosira, sang aprabu ngembat langkapira gupuh, ngagem jemparing bramastra, pucuk bedhor mawani. Agni kumyus wor lan wisa, yen tinampan wiseng agni mratani, lumepas senjata sampun sang panji wus waskitha, mangsah nulak nglepas ken sanjata sindu,lumepas kang barunastra, tempuh samaning jemparing. Suh pupug datan dadya srinarendra mulat gya menthang malih, hrunaraca kang winangun, sarya ngowani tindak, wentis malang akuwat pamamthengipun, sarwi anggedheg gandhewa, sigra kang naraca mijil. Barubal anekawarna, sangapanji agya denya nimbangi, samya naracama tempuh,jibeg ing jumantara, kadya riris sanjata panduk pinanduk, kang yuda sami prawira, srinata taruna kalih. Sang prabu Bramakumara, sukaning driya tansipi, antuk sisihing ngayuda, ngandika srinarapati, eh panji aparng ngiki tyas ingsun rada kaduwung, dene sun tan anyana, yen sira bias nimbangi, dibyaning sun weruh alamn mangkana. Sun murwani ing prangtata, pantes munggeng rata manik, ginarbeg ing wadya bala, susuraken dhangsaruni, katonton deing dasih, mendah baya sukanipun, iki rada kacuwan, prawira tana angawruhi, sang apanji sigra anauri sabda. Eh Prabu Bramakumara panggawenira kang pasthi, wruhanira srinarendra, yen sira tiwasing jurit, iya sawenga iki, kaliwat nisthaning ratu, patining duratmaka, dudu patining narpati, srinarendra miarsa ngunguni driya. Rarasanira kagagas ing lampah tuhukasilihp,gya mijil kadiranira, cipta tan kasoring jurit, asru denya nauri, babobabo dene ingsun apa ratu gorekan,prang lan sira kongsi mati, awuwuwh asatus ingkang kaya sira. Nora ngel sariraningwang, anglunas mring sira pasthi, payo malesa marangwang, yen sira arsaudani, marng kadibyan mami, sang panji gya menthang gupuh, jemparing rong dracondra,lumepasa ingga thathit srinarendra tatak tarampil atadhah. Jemparing tinampen ngasta pinuter sarya sru angling, lah ta iki panahira, kang arsa nglalis mring mami, dene tan angudhili,marang ing sariraning sun, yata dangu antara, denya lancaran jenmparing, ngdu yasa amijil kenpangawasa. Jemparing kang neka warna,jibeg kang ngebat-ebati, sangprabu Bramakumara, gya mijilaken jemparing, grutak saka mawedhi, geng panjenag wisa sumembur, galak molah kumelap, sang panji mangsah anangkis, amijilken jemparing gagendratama. Purpupug datan padadya, sareng sirnanira kalih, tutug ing sakarsa karsa, tanana kasoran kalih, tuhu samya linuwih, lir tinandhing yudanipun, raras kadya tinimbang, pantese ngadoni jurit, sami awas sira sami rikatira. Myang wangun sami sembada, sing setapans ariran gilig, dedegya kalih pidegsa, ing yuswa wetara sami, mung kaotira kedhik, sang panji kapara ruruh, prabu Bramakumara, amberanyak ngrespateni, kalihira laelaning pramudita. Taksih wonten candhakira.

Ongka 20, Kemis kaping 29 Mei 1877 [Error: PNRI filed as 18770519, but all this must be an error for 17 must be Mei,so I’ve changed the file to 18770517]

Bupati ing Ngrawa Raden Mas Tumenggung Gondakusuma, kaundur saking kalenggahanipun Bupati ing Ngawi Raden Mam Tumenggung ARyakusumaningrat, inggih ugi kaundur saking kaleneggahanipuningang kakarsakaken anggentosi, bupati ing samarata, raden Mas Tumenggung Bratadiningrat. Tuwan Altir ingkang kakulawisudha dados Lurah lelang ing Surakarta, boten siyos anglampahi padamelan wau, igakng kakarsaaken anggentosi tuwan Wilkense, samangke sajung juru basa tembung jawing Surakarta ======\======Serat saking Eropah anyasmitani, murih amradinaken dhateng sarupining tiyang sampun ngantos angangge lemek warni babut, ing ngandhapipun limrah dipun usar- usari wisa,kajengipun ingkang damel babut wau, murih anebihaken renget utawi liyaning gremetan ingakng asring-asring ngrisakaken barang ingakng sumeleh ingnandhap ananging tiyang ingkang asring tansah anyelehaken sukunipun ing babut wau, ing mongka adapt ing tanah jawi kapara matuh anyelehaken suku tanpa mojah utawi sepatu, punika sakalangkung anyumelangi, sabab wisa wau anjalari lumpuh, mila kedah priyatna. ======\======Porstenlandhen anampeni kabar kentheng katiti mangsankaping 12 wulan punika, suraosipun. Nalika wingi redi Lamongan anyemburaken pasir,ngantos langkung 3000 kakiinggilipun ing Prabalingga, taneman tembako ing Lumajang boten kapitunan ing dalu punika ing Surabaya jawah pasir. ======\======Serat kabar Walandi amradinaken jampi kasrepen utawi benter tis ingkang kapara matuh boten mantun mantun, sakalangkung pasaja sarta gampil, ingngandhappunika pratelanipun sarem wuku sagegem dipun kumbah resik lajeng kagoreng a ing sangan ingakng taksih anyar ngantos kapara sulak jene, kados kopi gorengan manawi badhe kangge tiyang sepuh (dede golongan lare) mendheta sasendhok dhahar dipun esokna ing toya benter sagelas dhepok lajeng dipun ombya anget-anget bilih kenging katelasna, anggenipun ngombe wayah enjing ing dinten towong, tegesipun yen panuju sakitipun boten nuweni,bilih sakitipun kapara sanget angentosana kalih jam sasampunipun satipun ical,menawi badhe ngombe saderengipun sarapan utawi wedangan sapanunggilanipun sasrehning ingkang limrah manawi sampun nginum jampi, lajeng kasatan mila kedah dipun singkiri nginum sawatawis, sasampunipun 45 jam limrah ingkang sakit wau lajeng kraos ngelih, punika inggih kedah dipun apiki, anedha pitik utawi tetedhan ingang sawatawis boten anteb, ing sadangunipun ingkang sakit wau kedah angatos-atos sampun ngantos kenging pileg. Kojah ing serat jampi pasaja wau sakalangkung amikantuki sasakit boten wangsul malih. ======\=\======Wonten pitakenan punapaha dene tembung Istingarah, asring asring dipun kramekaken Istingawis. ======\======Manawi amirid saking regi STer Kantor, patiken ing Pakualaman sampun lami kasirnanaken, ananging sadangunipun teka maksih ambekan kemawon sabab taksih wonten ingakng wade geleng kalih dene malih ing pojok peken Tanjung, inggih wonten petikenipun tanpa piyagem, pajenganipun kapara laris ananging dereng terang pitaken wau, punapa bandarpunapa juru salingkuh ingang darbeni, mugi-mugi ingang ngasta pangawasa nagari, anguninganana Mataram. ======\======Serat kabar Mataram anyatur bab kamar bolah ing Ngayogya samangke awis adamel pista dhansah, margi papanipun boten wonten dipun kakahi ingpirantos kumidhi, ing mongka kumidhi inggih awis-awis sarta sampun katudingan papan pyambak. ======\======kampong Wirabrajan Ngayogya, kathah ingkang ngangluh bab panglibeding dursila pandung, sami anyolong palawija,boten teka anyolong awit betah, naming ajarah- rayah,menggah kampugn wau awis ingang nisihi pandeleyanipun, mila mugi wonten mitra asanjanga dhateng raden tumenggung Gondakusuma. Mataram. ======\======Wonten kabar bilih tuwan Karli badhe amencar tokonipun dhateng Surakarta Mataram. ======\======Nalika tanggal kaping 28 April wdana Kedhu damel pista amikramekaken anakipun kathah para tuwan sarta para dyah nyonyah sapanunggilanipun ingkang dipun surahi sugatanipun boten kuciwa skalangkung seneng anggenipun amangun suka dumugi jam sakawan enjing, wasana wnten ingkang dados beak sami atatatangkisan wicara, boten pantes kapirengaken ing mongka wotnen ngajenganipun wadana, dangu-dangu adamel cuwaning manah ingngajeng manawi wotnen prelunipun kerengan bok inggih anisih, boten teka adamel pintron. Mataram. ======\======Kramajaya griya ingkampugn BIntaran Dhudhan-Dhudhan, nalika tanggal kapign 28 kekesahan griyanipun dipun ine sarta dipun kancing mawi rante sarta selot kamanah sampun cekap anyantosani barang darbekipun ananging cidra, sareng mantuk ketingal barangipun sadaya ingakngkenging kacangking sirna, dalasan rante sarta selot uwuk. Ingkang kojah boten misanjangi, punapa polisi ambudi kacepengipun dursila punapa boten, Kaji Mohamad Adam dipun kulawisuda dados lurah Panakawankaji ing kraton kaparingan gadhuhan siti tigang jung ing mongka siti kejawen. Mataram. ======\======Cublikan saking Lokomotip Suraosing eglemen pamajeging siti dhusun ing bawah kraton kakalih, ingkang mentas dipun iket, bab kaping sapisan sampun awit angendhoni, sabab eglemen ingkang taksih kalampahaken samangke anyebutaken bilih ingang kalilan amajegi siti dhusun sarupiningtiyang, anggeripun boten kalebet abdi dalem ing Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, ing mongka reglemen anyar sesebutanipun para abdi dalem wau, kalilanmanawi amajegana siti dhusun, tan beda kaliyan bngsa kulit pethak wedalan tanah jawi utawi ingkang sampunkalilan agegriya ing tanah jawi, punapa dene malih ingkang kalilan amajegi, para bathon ingkang dudunung ing Nederlan utawiing Nederlan Indi, ingkang dipun awaki utawi kaereh ing bongsa kulit pethak sarta ingakng dipun sarirani dening bongsa Eropah ing salebeting kraton Surakarta utawiing Ngayogyakarta, alalandhesan serat partisara, ananging bongsa Eropah utawi babathon bongsa ERopah wau maksa boten kalilan majegi siti dhusun bilih dereng kaparingan idining guprenbur jendral kalih dene boten wonten wakil ingkang kenging kaanggep esah anidnakaken prakawis bilih boten anyanggemi, yen pyambakipun badhe ananggel tumindakipun prajangjeyan ingkang sampun rujuk kadamel dening ingkang dipun wakili sarta amajegi siti dhusun akalayan ingkang amajegaken. Dene papacak ingkang anganyar-anyari sarta ingakng anteb samangke boten kelilan amajegi siti manawikirang saking 250 bau ang 500 engkal paagi etangan reilan wiyaripun utawi sitinipun wonten ignakng kaslempit ing pasiten kangdipun pajegi ing tiyang sanes. Malah pasiten ingang suda wiyaripun awit wotnen ignakng ebot pamajegipun ing mangke boten dipun angsur, sainggamangkeret kriang saking 250 bau, punika inggih badhe kadhadhal kajawi bilih ingkangmajegi saged angela malih dumugi 250 bau ing salebetipun kalih taun laminipun, bilih manawi kalampahansiti wau kadhahal tegesipun pameajeging siti dhusun kaleres ebra, jalaran ingkang majegi boten saged agenepingantos 250 bau wiyaripun, punika ingkang majegi sirna wewenangipun boten kenging nedha lintunipun yatra pajeg ingkang sampun kabayar utawi anedha tetempah wragading griya sapanunggilanipun utawi liyaning kapitunan. Menggah cekak landhungipun pamajeg punika taksih kados lami kapesthekaken boten langkugn saking kalih dasa taun, manawi ngangsur inggihboten kenging langkung saking kalih dasa taun laminiing pamajeg. Menggah piyagem pamajeging siti, bilih badhe anyantosani, kedah kaidenanan dening residhen manawi anyuwun idining residhen wau, kedah landhesan tondha tangan dherek pola ingkang badhe dipundamel sarasa kaliyan paprentahan jawi. Menggah reglemen ngawisi dhumateng ignkang majegi siti dhusun pananemin gpantun, punika punapa murih angasili dhateng ingkang mulasra siti, utawi ddados untungipun tiyang alit, kalih dene awisa wau punapa awit saking kekathahen wedaling pantun tatanemanipun tiyang alit mbak ngantos anjalari sumelang manawi torah, yen dipun sisihi pananemipun pantun deing para ingkang majegi siti dhusun,punapa kirang lepiyanipun bilih sataun taunipun pinten-pinten ewudhacin uwos ingkang dhateng saking Siyem sata saking nagari Cina utrawi liyanipun suprandene saben taun meh, ing bawah Surakarta utawi ing Ngayogya karta maksa taksih kacupetan uwos,mila manawi ngantos kalakuan dipun awisi sakalangkugn rakaosipun para ingakng mulasara siti dipun jiyat amberakaken siti, ignkang boten kenging dipun tanemiliyaning tutuwuhan kajawi naming dipun sabin, liyanipun punika awisanwau badhe amitunani ngatasing tiyang alit,mila para tiyang sakalangkung anggenira mungseng ngupadosi nalar ingakng saged anjurungi awisan wau. Liyaning saking punika wonten papacakingkang miakntuki, inggih punika empingan yatra kathah ipun langkung saking pajeg sataun punika manawi kaleres dados perkawis boten dipun tampeni, utawi boten kenging kaanggepaken etang, punapa dene malih wade tinumbaspethuk pajeg inggih kaawisan, sarta etang etangan utawi serep sinerepan sambutanipun para patuh, inggih boten dipun lilani atrap makaten wau prayogi, sabab badhe ha anglampen elengipun ingkang samipurun adamel ruruwed ananging saemper manawi katindakaken, rekaos, sarta boten badhe saged resik babar pisan, ananging kados pundit kemawon rekanpun, sagede nyirnakaken mila ingkang pinatah angarang regleme wau, dipun alembana dene angopeni samukawis ingkang badhe amiturani ngatasing panebasipun siti dhusun. Wontenpapacak ingkang pancen sampu mungel salebetipu nreglemenlami, suraosipun ingkang majegi siti dhusun kawajiban sasaged-sagedipun anglurahana pyambak pasitenipun ingkang katebas, pamanggih kula papacak wau kenging dipun seretaken sakedhik sabab tetembungan sasaged sagedipuning nginggil wau, kengign dipun ulat- ulat wredinipun langkung malih manawi dipun raketaken kaliyan candhakipun tetembungan ingkang mungel para ingkang majegi boten kalilan amasrahaken pangerehe pasitenipun bilih dereng kaidenan dening residhen dene prelilah wau boten badhe kaparingan liyanipun bongsa Eropah igkangsampun kalilan agegriya ing tanah jawi,s arta ingakng masthi agegriya ing pasiten ingkang apajegan, manawi makaten surasaning papacak wau, gampil amituruti dangu-dangunguculaken maksudpun ingkang temen. Wonten kang mastani bilihmanawi ingkang majegi agegriya ing tanah liya utawi bageyan jagad sanes, punika kagalih amitunani dhateng pakaryanipun utawi dhateng tiyang alitipun wonten ungel-ungelan: ing pawingkingipun anyempalaken pikajengan tegesipun ingkang ngereh siti tuwin ignkang dipun ereh boten kumpul sedyanipun sabab ignkang ngereh naming amrasudimurih kacelakna deing ingkang majgi, ingmongka ingkang majegi wau gegriyaign panggenan sanes dumados ingkang ngereh naming angrembag wewahing pamedaling siti, boten pisan amikir pawedal punika anjalari dados pamupu suwiyah-wiyah, wekasan ingkang dipun reh pirsautawi kraos bilih pasitlanwau boten dipun damel ngenthengaken sesanggenipun,dangu-dangu kalas kaliyan ingkang majegi, pamanggih kang makaten wau sanget patitisipun samawana manawi kaetrapaken ngatasingbawahkratonan kakalih, dene ingakng amajegi wau sareng sampu mukti, sugih katurutan sasedyanipun gegriya ing Eropah, limrah susumbaripun manawi amuntira wis masthi yen anyipta lepen igkang mili mas rajabrana, saking pasitenipun tebasan, mila ingkang ngereh pasiten wau tansahdipun ujegi kinen kintun yatra, menggah pikajenganing reglemen para babrikan gendhis utawi liyanipun kawajiban angereh pyambak pasitenipun, punika anyawabi ngatasing tanah jawi, awit solotipun badhe angwontenaken kathah para tuwan tuwan igkang sugih dipun rubung ing bongsa jawi, dangu-dangu angutahaken pamedalipun wangsul dhateng konca alit dene bilih kuwajiban wau dipun sakajeng kathah yatra ingkang bahe dipun eceh ing nagari liyan anjalari kapitunanipun bongsa jawi ngatasing barang darbekipun utawi ngatasing kautamenira,kila pamangge kula amangsuli tembung prelu sanget ngatasing nagari kakalih ing Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, kajawi manawi pambeng saking sanget lah punika ingkang majegi siti dhusun kenging dipun sulih ing tiyagn sanes, sabab pitunan ingkang tuwuh saking siti dhusun ingkang dipun tilar kaereh ing tiyang sanes, punika meh boten kenging dipun pambengi sandyan dipun reksaha kados punapa Taksih wonten candhakipun. ======\======Wangsulan cekak angemu raos katur dhumateng PUspataluki Nuwun sampun andadosaken runteking panggalih sampeyan nun, mila panjurung sampeyan ing Bramartani ongka 4, kula sambuti suraosing Bramartani ongka 7, punika, boten tuwuh saking arjaning manah, sakin gusiking manah among mencarken nalar, sami ugi kaliyan pamanggih sampeyan, amrih kagalih dhumateng para priyantun sarjana ing bramartani tuwin sanesipun, awit priyantun punika awarni kalih 1 priyantunipun kanjeng gupremen 2 priyantun bawah ing karaton dalem ingkang sinuhun kekalih, wonten ingkang angsal wonten ingakng boten anamung sami ugi kanthi pamarsudi ing kawruh bab kapujanggan ngelmi sejati, kaarjaning praja tuwin kawilujenganing para alit ing bawahipun pyambak pyambak, dene ingakng angsal punika anggepoki dhateng pamle sampeyan bab ingkang nyepeng gelap, ingakng boten angsal punika kadi pun kula inggih agepoki ugi awit pamleh sampeyan kaantepen, yen kararas sakin gsuraos dangu-dangu kaetaning manungsa dhawah dhateng kaengetaning segawon ajag, punika rak boten prayogi sanget awit manungsa ingkang pinter tuwin bodho punika rak sami ugi kadunungan sipat esa, o, mila kula lajeng anyambet tetembung prelambang amrih angayomi ing suraos sampeyan bab wau nanging owel sakedhik sulaya pamanggih lajeng anggepak liya babagan, inggih kula wangsuli ugi pendangu sampeyan sagayuh-gayuh kula,. Mila sampeyan kula nguwuh mas tuwin nuwun miwah prayogi, wewatonipun among anedhaken pangesor kula anjanjung sampeyan awit pamanggih kula pun cubluk, sampeyan punika rak sanes bongsa kuli, bilih kula raras saking suraos sampeyan, pantes suraosing priyantun mantra guru mulang dhumateng para siswa, sarta saking dugi kula sanadyan sanes priyantun, atasing serat kedah ngangge tembung andhap asor, awit sapisanipun serat punika panggenanipun seling srep, kaping kalihipun atasing sesame punika prelu angranggan mugi prayugi, acanthi rerukun sarana gumantung ing katresnan langkung malih ingkang sami maos pustaka bramartani boten ngemungaken para priyantun alit –alit kemawon. Menggah suraos sampeyan ing adeg-adeg kaping 7, 10 tuwin 12 punika punapa ampun sayektos sampeyan agneyakinaken panggalih makaten, sarana anangkis anyirnakaken suraosing serat kula ing adeg-adeg kaping 7 tuwin 8 wasana kula sampeyan mastani gugon tuhon punapa saking dereng sampeyan galih kemawon saking parlunipun serat bulkiya tuwin sapanunggilanipun wau, bulkiya punika rat prelambang rasaning ngelmi sejati, teka sampeyan tan arsa kula wastani adi, kalipun manungsapunika perlu sanget anggalih sekawan perkawis, 1 tatakrama, 2 ngupajiwa, 3 kawilujengan, 4 raos putusing tan biatulekram, inggih talah kula ingkang kalepatan dene anyariyosaken serat adipunika, boten kula lajengaken sak raosipun inggih punika anuwuhaken sulaya ing pamanggih kaanggep suraosing serat kula tanpa paedah,nun prayogi pitaken butang ayan sabitah pidhanaraga. Ing mongka panggalih sampeyan angeyakinaken suraos sampeyan wau ing amngke kula kendel among anyebut sukur alkamdullah awit sampeyan sampun cuthel pamanggih kirang sakedhik kula kapitunan malih, temahan agetunaken manah kadi wangsula kula bab anasir dene pendangu sampeyan nem prekawis bab kapujanggan punika kadiing ngandhappunika bab 1 milanipun wowohan tuwin baling boten saget malesat ing dirgantara, amargi katarik dhateng awa kakiyataning bumi Bab 2, 3, tuwin 4 punika kula radi kasupen piwulang ing guru Bab 5 saking kawontenaning angina punika medal saking soroting surya ingkang benter Bab 6 gelappunika medal saking sumuka upamekaken kados again. Sampun among punika ingkang taksih kula imuti lamat-lamat bilih wonten ingkang kalepatan mugi wontena pangaksama, awit sakng sumbrana kula kantos kasupenpiturwah guru, ingkang mawi saking karenjeting manah boten niiyah dados mantra guru, sukur sampun pirsa inggih sampun wasana kula anuwun pamit luwar saking udur punika titi. Kaserat ing bangil kaping 27 April 1877, Sastra Maliwis ======\======Panjurung nginggil punika wekasanipun perangsasatra, redhaksi. ======\======Dereng lami redhaksi tampi serating keman saking nepos ananging dereng dipun bayar wragadipun pmila redhaksi boten purun ananmpeni, lajeng kawangsulaken dhateng ngepos sawemper ing kakintunan liya boten genep kakalih benddra radenmas ….bilih mencok panggrayangipun redhaksi, teka anggumunaken sanet anggenipun angoyog, ing mongka redhaksi sampun masajani bilih sathik wawanutan, amantena dene dereng dhenger bilih serat Ongefrankeerd awis ingkang purun anampeni, bok inggih anganggsu seserepan rumiyin. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan panji sekar Rentenging jagad wriyawan tumonton kanga prang tandhing, eman onoha palastra, ilang kumaraning bumi, lamun ing tanahjawi sang Panji bagus pinunjul, dene ing tanah sabrang sri Bramakumara aji, wus kasumbung abagus tan atuk lawan. Ngunikocap ngcarita kawijilanira kalih, sang prabu Bramakumara, trah Bramajawata agni dene sira sang panji, panjalma Bathara Wisnu, kalih sinung pangwasa, luwih samaning narpati, karteng dewa tinandhing amangunyuda. Sumarma nalika aprang keh jawata niningali, miwah sagung warangana, angudanaken wawangi rum-arum narambahi, ing ngawiyat kadya tedhuhm mukaning waranggana, muwuhi terang ing sasi, mirmeng ngaprang aya kongsi katuwuran. Ingmangkana wengi ulan binekteng maruta tebih yawn peteng kasamaran, denya lancaran jemparing pawana aris prapti silir sumilir hyang bayu sung ngayem ing ngayuda, yang kongsi kabranang runtik, yata wau wuwusen kang yuda Brata. Riwusnya dangu antara, risedheng arsa mungkasi, sang prabu Bramakumara, kacariyos animpeni, jemparing kang linuwih, hyang Brama paparingipun, pusakeng ariloka, kang adhapur catur warni, ing ngaranan pamunah sanjata uwa. Kang sampun manjing babasan, tan ana kelar nadhahi, yen luput sanjata uwa,manusa punjul ing bumi, dene warneng jemapring, senjata uwa puniku, manut sakarsanira, marang ingkang anggadhuhi, kang terkadhang awarna rante kencana. Kadhang warna tagsacakra, terkadhang awana peksi, tuwin awarna pusara, punika srinarapati, sumarmi piloih tandhing, ciptanira sang aparabu, mongsa silih kasora, aprang kalawan sang Panji, kasamaran yen sang panji wisnubrata. Mangkana srinaranata, nungku cipta acemadi, tan antara nulya prapta, senjata uwa kang saking, samadyaning wiyadi, cumalorot lir andaru, panedhanya sang nata, awarna kang rante rukmi sirah sarpa macalar kadya kukila. Sawusnya kageming ngasta, srinarendra nabda aras, eh Panji Sira den yitna, iya ing sapisan iki, antakanira pasthi, yen keno asira iku, nungkula marang ingwang, ingsun seja gawe becik, sun tetep ken marang kaluhuranira. Sang panji sampun waskitha, kalamun srinarapati, angagem sanjata uwa, sang panji anyipteng galih, kang wigya anadhahi, senjata uwa puniku, tanantara gya prpta, tumurun sakin gwiyati, kang awasta sang jemparing Sirutama. Anguni kang wus kacetha, sang Arjuna kang gadhuhi, pan among sang Sirutama, punika dadya panangkis, yata denira jurit, sareng denira tumanduk, nglepasken kang warastra, gumebyar lir darukalih, sarutama ragi inggil pesatira. Pesating senjata uwa, keras arsa mrawasani, rikate sang Sarutama, anamber sangking wiyati, senjata wau wakuntit, pinatuk wasane murub, kadya konang sumebar, kaprawasa ngolang-aling, tandana ut mring sang rudrasarutama. Sang Sarutama mawi dagda, tan kadsoran surasegti panaute tinadhahan, pinatuk sirahe keni, adreng megsa katitih, puteran lir daru campuh, laweran gebyar gebyar sang Bramakumara aji ngungak angukna lisng senjata uwa. Panabdanira mangkana, lah apa wadine iki, teka pajer aliyeran, tan tumeka mring siPanji, yata ign silih ungkih, wus dangu antaranipun sang ruda sarutama kumilat mangah mungkasi, sang hruhu wapinatuk rantene pegat. DAdya trisu…kalaran, musna mesat mring wiyati, senjta uwa duk prapta ing luhure sribupati, anyuwara mengeti, eh Bramakumara prabu, sireku kurang awas, amet lawan ing ngajurit, ingsun iki sangsara anggeng sun pegat. Panatuk ming sarutama, musthi keng rodra sabumi, ingsun pamit marang sara, mulih mring kayangan mami, wus sirna tan kapyarsi, sribramakumara ngungun, nangis sajroning nala, tyas narajana prapra nyawih, ambeg dibya sumeja gambuh ingyuda. Marepek sang prabu, sarya ngenengi busaanipun, raja putra jenggala sigra nimbangipagut …angaben kencenging otot.Prang ruket ganti weluk, udreg puteran sami gumregut okol ukel sendhal sinendhal makangsi, aganti tepak tinapuk, mrawaseng ken asta karo. Karosanira tutug, tatahg tetek aganti sor unggul, agula-agul sedhenge kabranang runti, gutguten ing aprang riwut,kaadiranten wonten kasor. PUter deder agelut, gebang dugang dinugang anekuk, ngangkak-angkak acengkah punter pinuntie, ganti buwang sareng wangsul, kadyan daka lan angrimong. Jawata kang dudulu, neng ngawiyat sasanti gumrumung, ngigel-igel nglelater suka ningali, ramene kanga prang pupuh, kalih nya jalma kinaot. Winong wong mring dewa gung, umres ngudanken kang arum arum bineta mring bayu sami rana milir, kumebyar maledug arum, kataman saenggon-enggon. Ngawiyat temah tedhuh keneng prabawa sumuking bendukilat thathit lir susuluh maratani, geter pater gumarumung, kang pratala kadya genjot. Girindra manggut manggut, dhedhet angganter munya lor kidul peksi peksi abarungan samya muni, swarane kang peksi beluk, kekablak abengok-bengok. Isthune nguwuh-uwuh, dhuh emanen sang jalma lunuhung, ywa kadereng denira prang mamrih pati, ywantanpa titis kasiku, duduhung gyanign kinaot. Peksi dares anyendhu, lir wawarah dening kang sinendhu, eh eh beluk ya gene ngaget-ageti, weh kesaring aprang riwut, pangemanira kaslayo. Mrakyang ngngong abarung lir reeasan rarasing prang rusuh, emane manjalma madi samya kekasih, kaswasiha Onggarapuh, pakarya ingkang mangkono. Wus nora kurang luhur, sinungka mulya mengku praja gung, dadak kudu angugung angosak-asik, angulisik luru wuwuh, wahya during oleh pakon. Gemak munya angungkung, auleming suara amelang melung, sapatulung kang waringuten kasilap sumelaning kalbu butu, katutup menek kabendon. Gedhasih layu- layu,kapiluyu kapilut pandulu, barnag katon tontonen wskitheng wethi, darapon amrih rahayu, kayungyun manuting pakon. Pengeting kutu-kutu, sang ayu dabu teng tan rumungu, ing reh samya sudira tansedya kungkih, ukih ingukih adangu, tigang jam dereng kaleson. Suramara taliwung, kadya saradula kalihipun prawekasan aganti banting binanting, buwang binuwang gya wangsul, puteran agantya enggon. Reh kasudiran tutug, ing wusaneng yuda kaparunggul, rehning prabu Bramakumara sademi, wantah kamanungsanipun, sang panji jaata tunon. Panjalma sang hyang wisnu, raja putra jengggala lunuhung, srinarendra kasayahen temah kuntit, sang panji ajeg tan surut, datan lirip teteg tangon. Taksih wonen candhakipun.

Ongka 21, Kemis kaping 24 Mei 1877

Wonten kabar terang bilih raden Adipati Samarnag, nyuwun reereh sking padamelan saha panasiyun manawi amaengi karsanign kanjeng gupremen, ingkang kasuwunaken aggentosana, mantunipun Raden Adipati WAdana ing Prabuwan. ======\======Sanadyan ing ngajeng sampun anyebutaken namaning para ingakng sami kaparingan ganjaraning sampeyan dalem srimaharaja Nederlan suprandene murih anerangaken namaning para priyantun jawi ingakng kaparingan ganjaran wau, kapratelakaken malih ing ngandhap punika Ingkang kaula wisudha dados Ridhering Willemse Odherpirdheklas Pangeran Arua , mangkuadiningrat litnan colonel komendhan barisan Sumenep Mayur Raden Ariya Suryaingprang, ing barisan Sumenep Kaptin Jayenglaga, ing Sumenep Twedhelitnan Raden Ariya Citrakusuma, ing Sumenep Ingkang kaparingan ganjaran Eresabel: Mayur Raden Mayangkara ing barisan Bangkalang ======\======Serat ingkang klayan urmat akathah-kathah, kaatuyr ing panjeenganipun tuwan redhaksi, saha ingkang ngastapanguwasa serat kabar ing nagari Surakarta. Ingkang kadya tuwan redhaksi, sisih punika seratipuntuwan Juru basa, dhateng raden tumenggung Sasrapanata, bab penuwun kula dhateng Ngacih btoen angsal pramila ingkang punika menggah pamacakipun wontening serat kabar nuwun sumongga. Pakualaman kaping 14 Mei 1877 Saleh. ======\======Serat sarta ignagn tabe akathah-kathah tuwan Pandhenbereh jurubasa sepuh ign nagari Ngayugyakarta, dhateng ingakng saudara Raden tumenggung Sasra panrata, saha bupati patih ing Pakualaman Sasampuning kadyapunika awiyos trang dhawuhipun kanjeng tuwan residhen sareng serat punika kula ngintanaken dhaten gsaudara serat kekancinganipun kanjeng tuwan jindral ing Ngaceh, katiti mangsan tanggal kaping 23 wulan April; ingakng kapengker punika ongka 321 dene suraosipun serat kekancingan wau yen bab panuwunipun raden saleh nuwun dados carik wontening Ngaceh boten angsal ingakng punika serat kekancingan wau saudara dikakna maringaken dhateng raden Saleh,s arta kadhawuhan bayar pengaosipun serat segel 60 sen dene arta segel wau saudara kintuna dhateng kula. Ngayugyakarta kaping 9 Mei 1877 Katandhan O. Van Dhen Bereh ======\======Ing nalika malem Rebo angrintenaken tanggal kaping 16 Mei punika, para congcun ing Ngepakan Klathen 1 Babah Tyongsinceong, 2 Babah Salekuk aliyas Koswi, kanthi polisi Agen satunggal, sami nyegat apyun peteng ingkang badhe langkung wonten ing dhusun Merbung, margi wonten kabar bilih ing dalu punika badhe wonten apyun langkung, ing wasana antawis jam 9 dalu, wonten tiyang tiga lumampah saking kidul mangaler, saking kintenipun pun Congsun inggih punika inggih sami bekta apyun,lajeng anyelaki ingkang samilumampah wau, sarta kasapa e sapa kuwi tiyangingkang kasapa wau lajeng bucal buntelanipun pun Congcun sumerep bilih bucal buntelan lajeng katubruk ingkang satunggal kacepeng ingakng kalih mlajeng boten kantenan, sareng buntelan dipun pendhet dede apyun ingggih punika gunting kaliyankonang pirantosipun tiyang mandung, selajengipun tiyang ingakng kacepeng wau kaaturaken ing parentah. Klathen TEgal Sekenogn kapign 16 Mei 1877 Katandhan Yektyarja. ======\======antawis sapriki sampun wonten sawulan laminipun, wonten satunggal tiyang nami pun Sutagriya ing dhusun Wedhi, bawah dhistriking Gesikan, gadhah belo sakit, sarehning kajampenan pyambak boten waged saras, pun Suta wau lajeng nedha tulung kalih dhukun nami Amat Karya Slamet ugi sami ing Wedhi, kapurih jampeni balonipun ingkang sakit wau, Amat karya Slamet ugi sagah jampeni, sareng antawis dinten belo kajampenanlajeng saras, anangng belo boten dipun antukaken ingkang gadhah, lajeng kabekta dhateng ing Mlijon baah dhestrik ing kitha klathen, kalintokaken baon (ayam) kalih tiyang nami SAdikrama, pun Sadikrama inggih lajeng ajeng kimawon, ayam lajeng kabekta mantuk dhateng WEdhi, belo katampenan kalih pun Sadikrama, saha mawi gumuyu agleges sarta suka-suka, sareng antawis dinten ingakng gadhah belo knedha kalih amat karya Slamet, ananging wangsulanipun sang dhukun ayem kimawon olah kepiye ngger belomu wis dak ijolake pitik marga aku kepengin arep mangan iwak pitik, ingkang gadhah belo lajeng kimawon ngaturi pria ing parentah, sareng pun dhukun kadangu ing parentah ugi matur bilih belo sampun kalintokaken ayam kalih tiyang mlijon nami sadikrama, parentah lajeng animbali sadikrama,kadangu inggih temen manawi amat karya slamet ingkang gadhah belo kalihntokaken ayam dhaten gpyambakipun, selajengipun prakawis kainggahaken ing polisi rol pun dhukun kaparingan paukuman kejra paksa satigang wulan pun sadikrama inggih tigang wulan, ingkang dados gumunipun ing kathah punika pun Sadikrama wau, ing ngajeng suka suka manggih belo, ing wasana amanggih sangsara dipun krakal, wah mawi kecalan babon, o inggih tiyang punika manawi kirang saserepanipun asring asring amanggih makaten punika. Ing Sekalekang kaping 18 Mei 1877 Kula pun Jaya. ======\======Ngayugyakarta Panjurung Kabar Nalika ing dinten tanggal kaping 21 Mei 1877, ing kampong Ngadiwinatan griyanipun Mas Citrapada wonten satunggal tiyang jawi wasta pun Praya, asring- asring gadhah penyakit ayan badhe mendhet toya nimba wonten sumur boten antawis dangu penyakitipun wau angot lajeng kacemplung sumur dhawahipun nunjem lebetipun sumur kadugi 40 kaki, dene lebeting toya 5 kaki, tiyang kathah andugi yen sipraya peah sabab boten purun cerek cerek nedha tulung lajeng wonten tiyang ingkang tetulung nami pun Sadameja, tumedhakipun nurut gayahan timba,sareng dumugi tengahing sumur gayahan wau pedhot pinuju boten ngebruki ingkang wonten ngandhap punika kenging kabasakaken tiyang badhe neja tetulung, wusana dados tetulungan tumunten tiyang ingkang sami priksa wau sami tetulung, tiyangkalih wau dipu entasaken lestantun sami gesang, naming gsakit babak bundhas sirah pating penjutu kulit sami biru erem. Katandhan K Wongsa pun Ledhok. ======\======Cublikan saking Lokomotip Dereng lami wonten serat iber-iberipun tuwan direktur Binenlansebestur, suraosipun sampun angggalih bab kathahing seseratan ingkang medal wangsal-wangsul, wewengkonipun binenlansebestur wau, karsanipun badhe dipun ringkesaken, sasat kinen ngupadosi panggenaning ama, ingggih punika ama tulis ingkang kakarsakaken anitipariksa tuwan Upinsepektur Pan Gorkem. Ing samangke pangraosing kathah, ama wau boten badhe sirna yen makaten tandangipun bilih kaupamekaken asakit, dhokteripun kalintu anggenira mastani panggenaning mala, sasat boten dhenger pisan pisan dhateng sasakit wau, dangu-dangu lir kandhaning alam kina, wonten dhokter ngupadosi atining tiyang iing sisih tengen, ing mongka dunungipun wonten ing sisih kiwa, emperipun kados dodolanan ananging mongsa sangantosa makaten suprandene agumunaken dene sasakitipun dipun upadosi ing sajawining kitha Batawi, rak inggih naming ing ngriku panggenaning ama ing sawarnining kantor ageng, sadinten- dintenipun ing kantor ageng wau, anggenipun anggugulang mewah ing seseratan utawi angreka setat-setat. Wondene menggah par aasisten residhen para kontrolur, para wadana dhistrik sarta liyanipun, punika inggih asring sami angguyubi ngathahing tutulisan, karsanipun nagari jawi badhe dipun ereh mawi kalam panurat sarta mangsi kemawo, ananging anggenipun tumut tumut kendel nulis wau katularan saking kantor ageng ing Betawi saking ngriku sangkaning latu, sadinten dintenipun anggenipun angreka padamelan seratan, malah dipun wastani dosa yen boten manggih akal amewahi dadamelan tutulisan, mila ing kantor ageng ing Betawi, sataun taunipun ngantos langkung 20 ewu nomeripun serat ingakng medal, saemper kados jor-joran, mila bilih temen nagari karsa apringkes paamelan seratan, dipun kawitana ing kantor ageng rumiyin, sampun ngantos amblebegi seseratan satasetatsetat dhateng para amtenar sedaya, samantena manawi badhe angrikngkesaken babar pisan kados boten saged, mila naming sasolotsolotipun ewadene bilih para residhen sarta para asisten residhen dipun sasmitani kinen apapanggih yen rerembagan kaping kalih sawulan, sarta par asisten residhen tuwin kontrolur kinen apapanggihan ngrembag prakawis nagari saminggu sapisan, kados kados ing pawingkingipun badhe amikantuki sarta angesut wedaling seseratan kajengipun pyambak dados ingkang badhe dipun garap mawi serat naming prakawis ingkang prelu-perlu sarta ignakng boten kenging dipun serantosaken rampungipun liyanipun punika, bilih para amtenar ageng alit asring apepanggihan ngrembag prakawis negari, bahe kathah paedahipun ennggala anyumerepi dhateng samukawis ingkang prelu prelu ngatasing pangastanipun nagari, wasana samangke dereng kenging dipun pikira malih awit taksih kathah ingkang masthi dipun ginem ananging ingakng jumeneng direktur Binenlansebestr kanjeng tuwan Eni, kenging dipun puji, awit lajeng anyueerepi yen amtenar kawratan padamelan seseratan, sarta sampun ngawiti ambudi badhe angringkes padamelan. ======\======Pangenget-enget. Ing nalika malem Senen tanggal kaping 16 wulan April kapengker punika, wonten 5 tiyang sami griya dhusun Kasiman bawah Onderdhistrik Sukareja dhistrik Gempeng (Bangil) sami katuwenan durjana kealih sareng sadalu kadi ing ngandhap punika. 1. Pak Srinten barang inkang kapendhet pandung taksir pengaos: 15 rupiyah 2. Pak Muharam barang inkang kapendhet pandung taksir pengaos: 6 rupiyah 3. Pak Ismail barang inkang kapendhet pandung taksir pengaos: 20 rupiyah 4. Nur barang inkang kapendhet pandung taksir pengaos: 4 rupiyah 5. Sridin barang inkang kapendhet pandung taksir pengaos: 4 rupiyah

Menggah malebet medal ing durjana bikak korining griya. Saking kencenging tiyang pulisi angupadosi katrangan, let sadinten lajeng nahan 2 tiyang nami 1 Tarimin griya dhusun Kasiman, 2 Salika griya dhusun Sebandhung sami (Sukareja) sarta saking luwesing papirsaning pulisi, pun Tarimin ngaken leres sampun mandung wau barang rencangan Salika, sarta barang sampun kaedum kalih, pandumanipun tarimin pinanggih wonten astanipun pyambak, dene salika tksihkekah pamungkiripun. Sareng sontenipun malih sang durjana kekalih tuwin pulisi sami asonendha, ing ngriku wonten satunggal kajineman sepuh awasta Surajaya, saking sangeting sayah lajeng cuul badhe ngleyeh wasana dhuwungipun kaseleh sanginggiling bantal kaungkuraken, dene pun Surajaya majengaken salika, kaliyan kapirsa, sadanguning papirsan Salika lajeng ngaken leres sampun tumut mandung wau barnag, pandumanipun kaumpetaken ing sangandhaping nanas, saking sanget bingahing pulisi kathah anilar prayitna, sang salika lajeng jumeneng sakin gpalenggahanira, anyander mendhet dhuwungipun Surajaya kaunus sarana kasudukaken sanginggilipun srerapun pyambak, ananging tatunipun oten pranah awit enggal kacandhak astanipun kaliyanpulisi kathah, yen ta boten tumunten katulungan sayektos wetengipun sang Surapati butul angemasi kabar ing sapunika sampun radi dhangan tatunipun awit pikantun berkah ing griya sakit, dene tarimin ing sapunika taksih tapi wontening kunjara. Wonten malih ingkang anggujengaken dene polahipun Surajaya ing sanalika punika ningali dhuwungipun kasaot dhumateng sang Surapati, ngaleresi Surajaya iketan astanipun kekalih cake ting mondholan, sarta wedananipun awarni kadya delancang dubang angemberet mecoco angemut susur. Titi. Pun Lena. ======\======Punika ginemipun Jaka kakalih ingkang kapiyarsa Mondra: anudhi kowe apa wis lawas enggonmu mulih saka Sala Swara: Enggon ku mulih saka Sala kang, ora elet lawas saukurmu, dak kira elet satengah taun aku banjur mulih ing desa kene. Mondra: Lah apa wus katemu kang kok sedyarkaake Swara: Oalah kang, ngatase aku karo kowe, surasane wong sudra, ing mongka duwe ambek cocak nguntal lo, wekasane dadi ora bias maju dak gayuh-gayuh ora kuwagang. Mondra: Kang dadi bundhelane apa bae Swara: kang dadi bundhelane akng, ora liya mung kang dak ginem rina wengi ora pedhot pethot karo kowe, iya iku bab rusake tembung jawa ing ngalam saiki, ing mongka enggonku utawa enggonmu tarutulan angguguru ora sipat bayi anggere baut amumulang, iya dak jaluki wuruk jebule ing saiki ora ana undhake, awit dudu babagan sabab kang dak sedya, enggone dhuwurt, golongan para bendara kang kagungan pengageman utawa para sarjana, samono uga aku ya isih wedi tatakon anjaluk wulang. Mondra: Ora Dhi dene teka kapatipati temen enggonmu kacuwan kang dadi bundhelane tembung jawa ing saiki akeh kang kewalik sarta camboran dislusubi tembung pirang-pirang, tembung malyu, cinawelLonda, sacandhak-candhake bae, dadi tembung jawa kaya unine layanglayang kuna kang kok kalumpukake, ora pisan di piker utawa dig awe tutuladan. Mungguh kang mengkono iku dhi, panemumu apa kang dadi marga, mantesa rak sang aya bagus utawa alus, lir tembung liyane, tuture tuwan Y Tembung Eropah ing mengko banget gesehe karo alam kuna, mundhak bagus cekak sarta cukup tuwin manis, lah kuwi karepku tembung jawa iya aja kasoran utawa aja eda, bias amundhak bagus sarta pepak. Swara: Lo iku ya kang dak ginem sarta andadekna gumun dene salawase aku ana bawahSurakarta,limang taun lawase, sabisabisa ku dak titipariksa, gethok tular ing tongga taparo, upamane lalara, dak salusur panggonane kang lara ing ngendi suwe suwe ketemu, iya iku mulane tembung jawa, akeh kan gbubrah, awit asring asring ana kapriyayen kang di selani deing konca pasisir, ing mongka kang lumrah dununge priyayi mau, yen ora ing kantor gedhe iya ana ing kantor kapatiyan sarupane laying kang miyos saka kantor gedhe mau dianggep sah, dalasan sesebutane iya di anggep sah, lah iku para taruna para bocah, sarta para punggung, padha kasengsem atiru-tiru, ddinengguh wus bener, suwe-suwe digawe waton,lo iku mulane tembung jawa sirna luluwesane. Mondra: Lo tutur mau apa wis samono bae, karoluluwesaning tembung jawa ing nagara Surakarta, apa wis sirna babar pisan, apa isih ana kang tulen. Swara: E mengko ta kang, munguh srinane babar pisan ora, kang dadi ginem iku para kang kendel nulis, iku meh ngilangake sipate luluwesan, dene ing kratonan saweruhku isih ora owah, samono iku iya ora werata, sanadyan kraton kang wis metu saka cepuri, iya wis geseh karo aturan kuna, ananging ana uga kang dak tengeri tulen jawane lan turut tetembungane, sanadyan wis metu saka kraton patue awit enggone ora sahsahwan ing jero, kayata priyayi gedhe wis manecerak ngalun alun kidul prenah kulon iku amring amring aku mrangguli laying kirimane, utawa liyane sastra kang metu saka priyayi mau, tulisane ngetumbar aresik cetha, tetembungane jawa tulen titis atentes renyah surasane, mangsine anjanges, lah iku karepku mengono wa kabey, ora teka kaya priyayi liyane kang amring dakwa capang iket ing anggitan utawa laying laying liyane, ora pisan pisan andhemenaakem aku krungu terang ska piturturing mitra, kang kena dak gugu ana priyagung gedhe ing Surakarta, iku ngandika e tembung jawa ing ngalam saiki surasane meh ilang watone, saking nalisire saka wawaton, bareng aku krungu mengkono, baget cuwa ku sasad sirna gambiraku anggoleki undhak ing kawruh ngatasing tembung jawa, ewadene pamuhiku anaha wektu kang nekani pawungune para jamhur sarta para luluwih kabeh supaya padha amambengi sirnanetembung jawa kang tulen sarana angresikake, tegese aja tan lenggana tembung jawa digarap saka rep karep utawi salusubing tembungliyane, yenpancen ora prelu banget utawa pancen ora ana tembunge jawakang kena id gawe sulih karo dene maneh sabisa-bisane, pangiketing ukara, aja kongsi nganggo cithakakn tembung Mlayu dicithak kacithakan jawa, dadi tulen jawane. ======\\======Punika candhakipun cariyosserat gedhog lampahan Panji Sekar. Nalika relut, srinarendra wus raos lesu, temah kukih mustika dinauteni, rema ing ngukel kapilutm jinukelakenmangisor. Sang Prabu wus ngalumpruk sirna sangung ing kadiranipun sanalika narendra anyipta pati sang panji ngandika rum, eh paran karsa sang katong. Ingsun utameng mungsuh, datan arsa lamun laku rusuh, karsanira apa urip apa mati, sang nata nauri wuwus, eh sang Panji sariraningong. Durung ambuwang ingsun kautamaning narendra agung, kasor ing prang sayektipilaur lalis, lamun nungkulajalebut, payo untapna samengko. Mung ingsun anjejaluk panjang marang ingkang welasamu, ingprantingkahiki ya kongsi kawingkis, kauningan ing wadyagung,lebur ren kuwndaningngong. Sirnakna dadya awu, sira ingsun pupuji satuhu, ing dalahan manjinga sudarawedi, sang Panji miarsa wuwus, angeres daleming batos. Gya narikat gagupuh, Kalamisani namaning dhuwung, yata dupi nata arsa den larihi, parmeng hyang wasesa rawuh, nyadhah kang samya kawuron. Ngakasa gumaludhug sanalika peteng riris anglut, angina nandis guntur gumuntur kang wukir prakempang udayeg ranu, prahara prapta sumerot. Wus sirna sang prabu, binegteng ngangin datakadulu, tiniba ken jro wana srinarapati, karaning jawata agung, pinanjang ken kanglelakon. Sang Panji ingkang kantun, sirneng peteng wusana kadulu, lamun musna sri Bramakkumara aji, sang panji kalangkung ngungun, wskitheng unduring kewoh. Kawarnaha raden arya Brajanata, ingkang lagyasemedi munggeng padunungan,pangapiting wiwara, ing wahu ingakng kinunci mring kunapatya, sang arya duk udani. Lamun pintukinunci kalawan montra, waskitha sang wawasi, yen sang duratmaka sampun manjing jropura, krodha jinejeg kang kori, sakalabujad dyan Brajanata aglis. Manjing pura lampahira nut ing dhustha, nyalimur dingkik- dingkik,kyapatih tan wikan, yen kinodhol inglampah eca sendhen pipikori, ngiras ta tengga, marang srinarapati. Kyana patih dangu ngantuk aregotan dyan Brajanata prapti,medal saking wuntat duk perakan kyapatya kadugeng tyas lamun maling, gya tinandangan kipatih tinampiling,LInandhesan tutuping pintu gumebrag, anjumbul kyanapatih,langkung kagyatira,anglumba kaloyoran,numbak saka tiba linggih, tangi malumpat ing palataran jawi. Ngulap-ulap ki pati ngusapi mata, wruh lamun kang nampiling, arya Brajanata,kyapatih Krodha mangkrak, capengkrena matek aji,mikis busana, babrengose pinuntir. Malang kadhak anudingi asru mojar, eh eh si wong panykit, sira Brajanata, dudu trahing prawira, satriya culikeng jurit, teka mrawasa, wong ngantuk miwah guling,. Ingkang jamak lamun tuhuning widagda,mungsuh yen wis miranti, sedheng ngadu yasa angetognaprawiran, arya Brajanata myarsi,mangsah marepak, sarya srudenira aling. Eh sidhustha ya gene ingsun culika, ingsun nora miwiti, sira ngunci lawang,mumurih salingkuhan, sireku maling ing ngendi, lah away oncat,kipatih anauri. Aya tambuhya ingsun guna saronta,Makasar praja mami,payo Brajanata, sun antiteping jaja, angrokba dawalapati,dya Brajanata, katgada andhatengi. Kiya patih sigra mrak anjangkah sarya,bithi jajanitir, winales malumpat, prapteng wuri andugang, sawi gigithok binithi, kinayang-kayang, mung serekyanapatih. Arya Brajanata bingung datan wigya,arsa males ambithi, kipatih malesat,kesit kerepmalumpat, yen bali ambithi gigir,myang nepak sirah, sang Arya langkung runtik. Kapilengen janggilengan sarya mulat, tingkah nya kyanapatih, gya mangangkah angkah, duk bali kyana patya,tinadhahan tinampiling, pok kuping kena,s umaput kyana patih. Tiba linggih dinugang kontal kalumah, kipatih den kakahi, gulune tinekak,kyana patih garonjal, jarundhul anjegal sikil, asru anyendhal, sang arya kabjumpalik. Tiba jengkeng kipatih duk arsa nendhang, dhadhane sru binithi kyanapatih kontal, bekuhkerasa lara, malumpat anubruk wani, gapyak atadhah, peluk asilih ungkih. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 22, Kemis kaping 31 Mei 1877

Ngaceh (Aceh) Palapuranipun Kanjeng tuwan Jendral ing Ngaceh, suraosipun makaten.

Sisih Wetan Sasampuniun pasiten ingkang kapulasara dening kompeni alit dipun reresah sapriki, boten wonten pangarubiru malih, nalika tangal kaping 3, wulan Mei, kompeni tiga batalyon wolu, ingkang nglurug dhateng langgar sartadhateng ing Majapait sedyanipun abdhe katungkulaken paprentahan Nederlansarta murih angresikaken reereged awit ing ngriku panggenanipun dhelik para durjana.

Sisih Ler Beteng ing Setli samangke sampun rakit sarta ingakgn kapatah dados Asisten REsidhening ngriku, sampun ngalh, ing ngajeng ing kitha Mredu sampun dipun lilani, balih rainten kenigng dhateng saganten amendhet ulam, pralilah wau pamurihipun supados anuwuhaken pamikir ingkang prayogi ngatasing tiyangalit, kantun kantun anyidrani, sababpara juru belah purun anyanjatani baita setum ingkang nyelaki baita belah wau. Nalika tanggal kaping 25 April Tungku Ibraim, ing ngajeng dados presidhenipun Rad, kang kawastanan Rad Wolu, ajal ing Pedhir jalaran sakit kasrepen.

Sisih Kilen. Nalika kaping 25 April ugi, para lurah ing bawahLohong saha para pethakan sarta kamisepuipun sami dhateng ing Kotaraja ngaturaken pitonbat purun nungkul, sasampunipun sami ngaturaken sumpah ing ngajenganing makamipun swargi Tuku anjung ing kampong Jawi, sarta mawi dipun estreni pantes panungkul wau lajeng kula tampeni, sata para lurahing mukim tiga,1 ing Blame, 2 ing Kerung, 3 ing Kalilohong, nunten kula paringi piyagem, sasampunipunlajeng sami mantun kairid lurahipun kajuron ing Lohong, samangke dados kula lilani ngedalaken mriyos medal sganten ananging kedah katindhihan serat pas saking Kroungbaba, manawi ingakng kangge ing lepong kanggenipun saking ujung biting dumugi ing ujung pulut, ingkang kangge ing Lohong, saking Ujung Pulut dumugi ing Si Dhaub, ingkang kangge ing kuwalajawa, saurutipun ujung Senega dumugi ing Gunung Pasir Luson, ingkang kanggge kuwla Lambusi, saurutipun gunung Pasir dumugi ing Kruikan,sarta mawikula pacaki, bilih gramen liyanipun dereng kula lilani nanging manawi medal dharat kula lilani ugi, ananging medala urut beteng Kraungbaba, tuwin amawiya serat pas sakin gKontrolur ing ngriku. Menggah panyiwering kitha kuwala unga, saking Kraung dumugi ing Ujung Aragg taksih kasantosan. Nalika tanggal kaping 1 Mei bendera Nederlan dipun tanem ing kitha Tenon, mawi dipun komati, beteng anyar ing Anlabu, dipun reresah ing mengsah ngantos kaping kalih, ingakng sapisan nalika dalu tanggal kaping 25 angrintenaken kaping 25 April mawi anggrumung sekilwak kumpen sewelas ingkang pejah pitu, ingakng tatu sakawan, ingkang kaping kalih, mengsah itu bosa Aceh, sami andedel malebet tangsi,lajeng amejahi tiyang satunggal sarta anatoni tiyang sanga, bogsa Aceh igkangpejah kalih, satunggal ingkang tatu. Liya punika raja ing Analabu sarehning tan kuwawi, amekak tiyang ing bawah Mrebu, nyuwun tulung mugi dipun si asat sarrta katungkulaken, kumpeni kalih ingkang kapatah angleksanani.

Ing Kitha Aceh Para emngsah sami ayem ing dhusun dhusun sampun wiwit kathah tiyang ignakngsami mantuk mangggen, malah tiyang alit ingkang saking Langkruk nyuwun wanggsul manggen caketi dhusun Lamprit, dene menggah awanipun samangke saka langkung benter meh boten saged atahan. Pethikan saking Koran ageng. ======\======Tiyang agung bahadhur patih lebetipun Prabu ing Nepsul deren glami seda, sakalangkung anuwuhaken sungkawaning nagari Jenggala. Kacariyos garwanipun titiga, tankarsa kantun, anetepi wuwulang ing kina, karsa labuh tumangan, dene tiyang agung Bahadur wau sasat bebanthenging nagari, tuwin baunipun tengen paprentahan Enggelan,nalika perang ageng ing Benggala sampun wotnen tandhanipun, mila dipun ganjar pangkat baronet sarta kakulawisudha dados Grutkuwising Batordhe tuwin Suwiderkruwis, titularanipun arta kirang langkung skeet yuta, liyaning mas salaka sosotya di, sang bahadhur wau kasusra Gurma pinilih tan pasisihan, wonten ingakng cariyos bilihsang Bahadhur sampun amejahi simakiran glangkung 1000 iji, ingara-ara Terei, ingngriku anggenipun dherek akenbebujeng, kanjeng gusti pangeran adipati anom ing Enggelan nalika rawuh ing tanah Benggala,. Nalika sang bahadhur tindak dhaten glepen Balonute, saderengipun serap nedya siram lajeng asembahyang, areng sajam malih dipu caketi para abdi, kepanggih sampun layon, wonten ototipun ingang pedhot amurugaken sedanira, sareng tanggal kaping ` Maret layon badhe kaarehaken, anangng garwa titiga badhe tumut bela, boten kenging dipun pambengi, wondene pancakanipun mawi kasandhingan kajeng tunu sandhel mila amrik gandanipun para dyah lajeng sami siram nunten amumuji, tuwin amaringi dana dhateng para bremana, ipenipun kakung satunggal dipu nsasmitani sabarng ingakng prelu prelu murih wilujengipun sarta tata tentreming nagari,lajeng angluwari pasakitan saking kunjaran, sasampunipun sami tatag minggah pancake layonipun sang Bahadhur, dipun lumahaken garwa ingkang sepuh mangku mastaka, garwa ingkang kalih wonten daganing kakung, katumpangan suku, kanan kering dipun ubengi kekajengan ingkang gonad, wandanipun kakungn ingkang kapancer, dene ingakng nyumet kajeng tunu putra kakung, dahana mulat akantar-kantar, sajam malih among kantun awunipun, ingkang dados gumun dene kados lalampahanipun prabu Salya, nalika seda ing Bratayuda. Lalampahan makaten wau boten pisan kenging dipun pambengi dening wuwulang temen, ananging sami samining lalampahan ingkang manut ilmu, sarta ignang kapemutan sataun taunipun boten wonten ingakng mranani pyambak, kadi ingkang anetepi wuwulang bab rondha ingkang kedah bela alabuh pejah gesang. Ing ngajeng paprentahan nagari Enggelan, sampun nate anyaruweni, murih anyirnakaken ilmu Sute, ananging bongsa Hindhu lajeng kelintu tampi, dipun wastani bilih parentah teka campur ngatasing panutan ing mongka ngajeng parentah sampun anyanggemi boten badhe angarubiru, wonten brehma ingkang andedahaken ungelingkadis, sah kaliyan pamanggihipun pujongga Inggris wasta Kolenbruke, ingkang sakalangkung putus dhateng tembugn Sangskrita, suprandene parentah Enggelan kedah anggalihprelu anyirnakaken panutan sute, ing pundit-pundi pangggenan kang sampun malebet roting Enggelan. Dereng lami kewiyak wdosipun bilih wewaler ingkang dipun anggep masthi dening bngsa Hindu, babpangobong ing bojo ingkang tinilar kantun, punika mangggen ing seling serep utawi awit saking klintuning tembung satunggal, pujongga tuanWilsen sampun angesahaken bilih tembung Agre (Misbyah) dipu santuni tembung Agni, pamanggihipun pujongga tuwan Wilsen wau sampun mupakat sarta sinaidan dening pujonga tuwan maksemulir, mila ing salebeting wuwulangwrediinpun ingkang leres makaten manawi wonten layon para estri ingkangdede rondha, nanging andarbeni bojo ingkang lampah utami, kenging anyelaki sarta ambekta lisah utawi metega, ananging ingkang sampun darbe weak, punika kelilan anyaketi Agre tanpa angadhuh utawi tan pangrentahken eluh, kelilan mawi aprabot sosotya di, dangu-dangu lalampahan kang kasebut nginggilpunika, abela tunu, pinten pinten windu laminipun, naming awewaton serling serep utawi kelintuning tembung satunggal, dumados awon para estri ingakng sami obong sanadyansakingkajengipunpyambak utawi mawi kajiyat, ngantos anuwuhaken pangenget-enget tanpa wekasan. Boten dangu malih ing Surakarta badhe katuwenan bongsa kulit pethak pangkatipun Prapeser,sedyanipun badhe amameraken kasagedanipun anumpak ting mumbul ing tawang, yen ngantos kaleksanan iba kathahipun janma ingkang badheha ningali. ======\======kaangsaran Surakarta Nalika tanggalkaping 21 Mei ingakng kapengkerpunika,kampong Kratonan wawengkon ing Ngamongwijayan wonten tiyang awasta Nur, anankipunjaler sawegngumur 5 taun pejah kacemplung suwakan ingkang boten tebih saking griyanipun, jalaran kirang yitna ingkang sepuh, bapak pinujunambutkarya buruh mejak biyung saweg ngaratengi tetedhan ing wektu siyang punika, dene wiyaring suwakan 3kaki pesagi lebetipun toya, 2 ½ kaki, wau rare kasatmata sampun kampul- kampul menggah riribet ing ngatasing bapa biyung boten susah kacriyosaken. Bramartani ======\======Perlu nunten Kawedhar. Ingmangke marebenter, sakathahing margi salebeting kitha sami kaleban ing lebu, bilih kaserang ilininig awa utawi kaprabawa ing ebah ingkang amawa daya lajeng oncat saking pangggenan ambaledug sangsaran ing ngrika-ngriki, kados wateking kukus kadedel awaning bumi, temahan saemperanglimputi kaananing kodrat saha pambaleduging lebu angengingi maring patraosipun sumlenget saengga kecolok mangaktenpunika saestu angrisak kasarasan atasipun paperanganin gbadan ingakng edi sarta ringkih piyambak. Manawi boten kalintu ing waunipun pangreh nagari sampun andhawuhaken parentah dhumateng titiyang kampung, bilih masabenter mangkaten punika sami anyiramana margi celaking griyanipun piyambakpiyambak ananging parentah ing nagari ingakng sampun kacina mikantuki sapunika boten lastantun tumindakipun awit saking kabalela dening pakempalaning kataberenipun bongsa kula tiyangjawi tuwin tiyang Cina. Katandhan Kong Guru ======\======Ing nalika dinten Jumungah wage wulankaping 27 rabingulakir taun 1806 anak kula lare estri wasta Pun Rinem, sawek umur kawan taun ing wanci asar pinuju dolani ical boten kantenan inkangmongka boten wonten sumur, utawi babaya sima, ing watawis ical kabekta ing tiyagn,punika sawat lajeng kula ulari ngantos sapriki dereng kapanggih, denemenggahlare wau kuning, cirri burik yen wontena kang manggihaken saiba pamuji kulaprasasat pitulung gesang,katandhan bapakipun lare kang ical, Setradrana,ing dhusunBarong kabupaten Klathen. ======\======Nalika rumiyin kula myarsa wuwulangmanawi tiyang badhe ngaturi serat konjuking tiyang ageng, sanadyan ijemanipun prakawis prelu, utawi anyunyuwun, punika kedah dipun resudi pepakipun, saliyaning aturan, kedah angangge dalancang pethak mangsi ingakngcemeng, ulesing serat ingkng prayogi, kancingipun kedahleres ing tengah tengah, ananging nalar wekasan punika, samangke meh boten kangge,, awit sampun wonten pirantosipu pyambak ulesing serat, dene ingkang prelu sanget manawi badhe ngaturi serat dhateng tiyang ageng, sampun ngantos mawiya dipun uwur-uwuri pasir, sababpunika amrattandhani kirang kormatipun prisasat age-age rampunga. Malah nalika rumiyin wonten panjenenganipunkanejng tuwanigakng wicaksana guprenur jendral andhawahaken pangandika mawi serat iber-iber, suraosipun paa residhen kadhaahan manawi ngaturi serat, sampun ngantos seseratanipun kauwur-uwuri pasir, murih enggal aking. ======\======maksiyat Ing salebetipun wulan April kapengker punika pulisi ing dhistrik Gempeng 9Bangil) sampun mangggih jabang bayi estri kinten umur 4 utawi 5 wulan kabucal ing curah dhusun wanakreta (Gempeng), wasana pulisi angsal katrangan jabang bayi anakipun tiyang estri ing dhusun Wanakreta, patutan anakipun bedhangkaliyan priya ing dhusun ngriku ugi biyung tuwin priya samikalapurakening nagari lajeng sami kaganjar griya gedhong saha angsal tedha saking nagari inggih punika naraka dunya, jalaran angetutken budi nyedur. Pangilon ======\======Jawah Awu Ing dinten Jumuwah tanggalkaping 11 Mei punika ing salebeting bawah kabupaten bangil wonten jawah awu, pinangkanipun saking kidul wetan prenah ing redi Semeru bawa Pasuruwan warning awu kados pasirpethak ingkang lembat kawora lebu inggih punika awunipun kawah Brama dene awiting jawah wancijam 9 enjing saenggga jam 12 siyangkendel sarengjam 4 langkung 5 menit jawah malih sawentawis deres dumugi jam 7 sonten kendel margi kairidane sang Agni lalampahira mengaler wetawis katinjokaken ing pulo Madura, wondene kandeling awu wau saprewolonig sada. Anamung saking pangomongin gpara nujum,punika jawah au ing tembe wonten lamatipun, saking pamanggihkula boten liya jalaran saking kasebut ing nginggil wau, bilih saking kathahing urubing walirang anjalari medalingkukus langkung kathah katemuph ing lesus, umbuling sang maruta ambekta awu tuwin pasir sakiwatengening kawah wau, anamungkula inggih dherek nuwun pituwah maksudipun wau ing priyantun sarjana Katandhan Bodhestu. ======\======Kula ngaturi uninga para kadang sarta priyatun ingkang sampun wanuh in gkula, prelunipu makaten, nalika wektu wulan kapengker nanging taun punika, kula kaicalan rare jaler, 1 iji, umur 15 taun ules cemeng, rema jlamprah, dedeg andhap mripat buket nami pun Sakiya, sangking oncat tanpa pamit ingkang boten babekta barang, sanajan, ewadene ngatasing rare wau sanggem angrisak pathokaning tatakrami amila kedah kapirenga ing ngakathah murih amambengi dursila ing tembung, sawab bk manawi karsa gelaraken mamanis sarana ngaken taksih dados wawengkon kula saengga kukudhung mongka tembe, nyambut barnag sasamining kang saged angwengakaken jalaraning bilahikula estu badhe anuwuhaken sasekaring prakawis saking ponis. Katandhan abdi dalem Mantri Gedhongkiwa, Ngabei, Kitawikrama Punika panjurung dipun pacak tanpa kaewahan, mila redhaksi anyumanggakaken, naming kedhik ingkang melok boten saget turut, kados ta tiyang umur 17, taun punika boten kenging kaewokaken rare. ======\======Panjurung MMurka Dereng dangu wotnen satunggaling tiyang wasta pak Gimin griya ing dhusun Kedhungbata dhistrik Kitha Bangil, ing sawijining dinten ngaleresi nyeser ulam wonten ing toya rawi ngriku ugi, ananging seseripun wonten ingkang bedhah, sareng seser kalampahaken kalebetan, 5 iji welut, ingkang satunggal welut ragi kapara ageng, sirahipun anelole ing bedhahan wau, saking owelipun lajeng mrucut,seser dipun plintir, saking pangintening pak Gimin pun welut badhe kapejahan kacakot sirahira, ananging sareng ngengakaken lisanipun sang welut lajeng nelosor lumebet pyambak, sambatipun angresken manah, dhasar bongsa madura, mate kok setiya, mate kok setiya, tujunipun bedhahan seser boten anyekapi agenging welut, yen ta anyekapi sayektos kaleksanan sejanira martapi ing guwagarba. Katandhan Visscher. ======\======Sanajan sastra Maliwis anedya ngudhari sangking prakawis ngelmi kudrat ingakng boten pisa kula ngraos dipunpamiti, ewadene teka calak dhateng sastra maliwis anglaksananana atur pitangledt kula ingakng makatenungelipun, sastra maliwis kula mugi kaparingana wijang-wijangipun asli sangking pratelan sampeyan ingakng nembe dumunung ing pabaratan ongka 20 ingkang boten liya bab ngelmi sejati, wonten ngelmi sejati kala jaman pnapa sangking punapa wonten ngelmi sejati, yen boten sababpnapa kaucapaken, ngelmi sejati wau prelunipun punapa, saha maidahi punapa, yen kapara temen sababpunapa maidahi sarta sabab punapa wonten prelunipun, tegesipun ngelmi sejati kados pundit, saupami wujud punapa sipatipunyen kapara wujud sabab pnapa, yenboten punapaha, ngelmi sajati punika saupami kinuwasan sinten ingakng ngasta panguwasa, sarta upami anggen-anggen sinten ingakng katamtokaken ngangge, ngelmi sejati makatenpunapa kengign kadamel sangking piranti, bilih kenging sabab punapa lah sabab ipun kula nyuwun piwulang awit dereng nate nguningani bab ngelmi sejati aeg punika, nanging cacadipun boten sagedangwangun pitembungan ingakng pantes katur saking sampeyan mila ingkang agung ing pangapura wasaa engggal nyuwun wangsulan. Kampung Slebaran kaping 11 Jumadiawal Je ongka 1806 Katandhan ipenipun Pak Bun Ramak Garewal. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahanPanji Sekar Okol-ukel udreg dedreg ngaben kuwat, gutguten kyanapatih, mangap nyokot pundhak, geget sarwi anekak, arya Brajanata angling,s arwi amengkang, simalig kaya anjing. Nyakot pundhak iler mu adeleweran, jember anggugubrasi, apa anak buta, sarya winengkang wengkang, cangkem rinogoh tinarik, lambe sinendhal, uwal minger angalih. Kyanapatih nyakot githok nekem sirah, andhingkluk sang wawasi, anyakuti dhadha, kipatih tan rinasa, kupinge dinaut keni, dupi sinendhal, kenger rekyana patih. KUping pedhes anglumba mangsah sarosa, nyengkah tarik tinarik, udreg lirupapan, ganti sendhal sinendhal, nanging kyana patih kuntit, kerep karangkang, biuwang kajumpalik. Rema udhar kipatih tangi mergagah, sarya sru denirengling, iya Brajanata, den tanggon rpang lan ingwang, narik kuntakyana patih, ing ngagar-agar, munggeng ngasta kumitir. Lah dulunen tan wurung sirapalastra, katiban kunta mami, arya Brajanata, sigra narik curiga, sareng denya marepeki, jangkah jinangkah samya mamrih kasliring. Lamun pagut uthik aperang pinerang, ukel tidnak anangkis, kuntalan curiga, dangu dangu kipatya, taledhor jinojoh keni, wadhuk sor jaja, gumadul tan nedhasi. Nanging ampuh curiganira sang arya, rumabrekyanapatih, bingung kelayaban, Ongga kerasa panas, maripate mundar-mandir, apundirangan kipatih dupi eling. Osiking tyas sun tutugna pesthi kalah, aprang lan si wewasi, gusti srinarendra during panggih lan ingwang, kipatih jegreg tan angling, dyan bajanata, gupuh denya mrepeki. Duk jinangkah arsapinindho ingkatga, malumpat kyana patih anamakaken konta, pungkuran pinarwasa, gumadhug datan nedhasi, rekyana patya, nitir saking ing wuri. Arya Brjanata tan busik angganya datan karaos sakit, kipatih angucap, eh apa ora lara, katiban ing konta mami, dene wakingwang, keras mu tibeng kulit. Panas temen awakku kerasa rumba,lah iki kunta mami,tumiba ing sira, dadak nora kerasa, mongka duk ing nguni-uni, singa katiban, pasthi lamun babar ji. Arya Brajanata tan busik angganya, datan karaos sakit, kipatihangucap, eh apa ora lara, katiban ingkonta mami, dene wakingwang, keras mu tibeng kulit. Panas temen awakku kerasa rubab, lah iki kunta mami, tumiba ing sira, dadak nora kerasa, mongka duk ing nguni uni, singa katiban, pasthi lamun babar ji. Arya Brajanata anauri sugal, ssi maling aceriwis, rusuh tingkahira, tan wani adu dhadha, teka anyuduki gigir, kiptaih ngucap jer ingsun kalah becik. Aja sira narka yen rusuh culika, dhasare ingsun maling, angrang nganggo akal, eh iya Bajanata, yen sira ingsun temeni, mongsa bangkata,nging during ungsum iki. Lah ing besuk yen metoni ngadilaga, amangrurah prajadi, sira metonana, tandhig maneh lan ingwang, arya Branajata aglis, rekyana patya, jinangkah anguncati. Amalesat tebihing ngantaranira, arsa asor rumiyin, ciptane kipatya, yun ngulati sang nata, nanging lumpate kipatih, tumibeng dhadha, ki Bancakmocung guling. Lagi mujung, ki Bancak kepati turu,munggeng ing talundhag, datan uninga kipatih, lumpatira lamun tumiba ing dhadha. Bancak Jumbul, kipatih lunga jerunthul, nalesep singidan,ki Bancak datan udani, bekuh-bekuh tangi sarwi geragapan. Ngunggat- ungggat angucap lah apa mau,kang tumibeng dhadha, kukulung baya binithi, mring si Dhoyok jer mau atine panas. Angririmuk pakel mung siji jinaluk, mangkane ngengeyan, bakal ngong pangan pribadi,lah ing mengko pakel ku ilang temenan. Pesthi lamun, sidhoyok ingkang anjupuk, iya rasakena, sun wales jer sok miwiti,mundhuk-mundhuk ki Bancak marani sigra.prapta nganyur ki Dhoyok jepapang turu, ngaledheh malumah, ki Bancak ngancang-ancangi, bithi dhadha tangan loro lir kothekan.

Ongka 23 Kemis kaping 7 Juni 1877

Sedan Sampeyan dalem kanjeng Ratu Nederlan jujuluk Sopiyah, PRedrikah, matildhah, Prinse ing Wurtembureh, sampun dumugi ing jangji, kondur dhateng jaman kamuksan, yuswa dalem meh 59 taun sabab wiyosan dalem kaleres tangal kaping 17 Juni ing taun 1818. Tigangdasa wolu taun jeng ratu anggenipun jumeneng rerengganing kraton ing Nederlan sadangunipun pinundhi-pundjhi ing abdi dalem bongsa Nederlan sarta sasamining para putrid anglela pyambak pantes dipun sungkemi. Nalika perang ing praja Prangkrik jeng ratu dahat anggenira murinani dhateng praja gung wau, kang sakalangkung kasangsaran, utawi dhateng terah ing kasunanan, ngantos kanjeng ratu karsa anggelar pamanggih dalem nalika perang ing taun 1870,dumugi 1871, anjalari dados aken turidaning akathah, ing suraos naming sapindhah punika, ingkang na wengi sarira dalem, wondene kautamenipun tanpa wilis iba kathahing kamirahan dalem kawewahan panjenengan dalem kanjeng ratu andareni santabudya manis naya mutusing kamemetan sarta pagunan sampun kacetha yen gusti kanjeng ratu anteb anggenira nandhang sungkawa, ananging kathah ugi ingkang keparingan pangiuyoman, mengggah sang dayita wau, punika ingakng anyantosani, sawarnining kawruh, sarta ingakng mungokaken ing kawicaksanan, ing kraton pundit pundit jeng ratu nederlan pun Komati bineda kaliyan sesamining putrid, ing mangke sanadyan kamuksan sukmanign kang lalis luhur pyambak sarta pinuji puji, mila sedanipun kanjengratu anteb sesanggenipun boten ngemungaken tedhaking kraton nederlan ingkang kecalan pengadi-adi, sanadyanngatasing bongsa nederlaninggih ugi sakalangkung antebing dhendha. ======\======Panyuka kabar Para mitra ingkang sami maos serat kabar Bramartani, kados dereng kesupen kandhanipun gedhong papingitan kang kaceluk Santah Mariyah Dhe Nopah, ing praja Plorensah tanah Itali, ingkang nembungaken jawi tuwan C.F.Philip amtenar sepuh ing Surakarta, pupucukipun kondha wau, sampu kapacak ing Bramartani ngantos kaping XX nanging tanpa kasekaraken, sdyanipun ingang ngarang murih anyumerepaken menggah lalampahan wau,s arta murih ajojo-jojo, supados kengieng kasumerepan punapa cariyos waukathah ingakngremen utwi boten, sadangunipun kapacak ing Bramartani, kedhikingakngmratelakaken remen dhaten gkondha wau, awit bongsa jawi taksih mathok remen bilih kondha wau mawi dipun sekaraken, dene nalaripunsakalangkung cepak kenging dipun dudugi, mila samangke tuwan Philipamarsudi sabiyantu kaliyan raden Panji partakusuma Primward ing Surakarta,lalampahan wau dipun bangun sinawung ing sekar macapat sarehning sampun kaiwitan sarta kauingan ing para ageng jawi, tur sami remen dados kula manah amrayogeni, bilih cariyos wau dipun pameraken kapacak ing Bramartani, murih kauningan ing ngakathah,ingwingking punika kawiwitan dipun pacak sedya kula badhe kaurutaken ngantoskaping 3 utawi 4 murih kapriksanan deign ingkang sami maos seerat bramartani, ing pawingkingipun kula badhe ngubengaken serat kalowongan murih pikantuk mitra ingakng sami karsa anumbas awit bilih wilujeng kontha wau agengipun saseratan Menak Malebari Jonasportir ======\======Wiwahan Samangke sampun kapesthekaken bilih kramanipun Kanjeng Pangeran Aryya Prabu Prang Wadana, pangeran dipatenipun Kanjeng Gusti Pangaeran Adiapti ARya mangkunagara, dhaup kaliyan raden ajegng Kusmandinah, putranipun swargi kanjeng Pangeran Arya Adiwijaya, manawi boten wotnen cegah, benjing tanggal kaping 13 wualnAgustus taun 1877 utawi etangan Jawi, benjing ruwah taun Je 1806. Dene ingkang maleni putrid wau, Kanjeng Pangeran ARya Adisurya, awit punka ingkang sepuh pyambak turning swargi Adiwijayan Sepuh, menggah raden ajeng Kusmadinah wau, kaleres putra kapenakanipun kanjeng ratu Pakubuwana sapunika. Wonten malih ingkang ngabaraken bilih kramanipun Kanjeng Pagneran Anabei ing surakarta, dhaup kaliyan putrid Mangkunagaran raden Ajeng Sujati, benjing ing salebetipun wulan Pebruwari taun 1877menggahkanjeng pangeran mayu Arya Mataram putra dalem ingang panenggak ing Surakarta, kabaripun ingggihenggal kadhaupaken kaliyan rade ajeng Kusretna mancaniyah, putranipun kanejng pangeran Kolonel Arya Purbanagara, patutan saking ingkang garwa swargi Kanjeng ratu angger. ======\======Tiyang jawi Wongsadrana dhusun majegan bawah Klathen damelanipun andhudhuki sumur, dipun undang dhateng karangkanom kapurih ngresiki sumur,s areng badhe dipun udhuni kraos sumingeb lajeng dhawah mandhak anjalari dados pejahipun, Oallah awrattemen anggenipu ngupados pangupajiwa, wekasan puput. ======\\======Apyun peteng Nalika tanggalkaping 29 Mei ing wanci dalu, upagen polisi anama singadiwirya, dipun utus dening tuwan Asisten residhen Klathen, sasarengan kancanipun kinen angandhek apyun peteng ingkang saking ngayogya,ananging sareng tumandang kabilaen dipun tatoni dening juru salingkuh tatunipun kapara anteb, dene durjana lajeng oncat sarta bebektanipun apyun peteng, ananging inggih tatu ugi kasabet ing pedhang rainipun bokmanawi engggal katawis sarta kenging kecepeng. ======\======Kacilakan Tiyang dhusun in gpereden limrah asring dipun reresah ing andhapan tatanemanipun, mila dipun pirantosi bamboo kalincipan lajeng dipun tanem mawi dipun bengkung, bilih ebah sakedhik saged anjepat sarta anatoni, yen boten anjalari pejah ingggih tatu. Dereng dangu pirantos kang makaten wau dilalah anjalari dados pejahipun lare jaka nama Kethuk umur 15 taun ing dhusun Jajakan bawah jawirana, ing ngajeng badhe brobos pageripun tongga, nedya ambil godhong gedhang, saweneh mastani badhe papanggiyan kaliyan anakipun estri tetongga wau, dumadakan sareng meh dugi, wonten pasangan bamboo anjepat sarta anatoni jajaka wau, kenging dhadhanipun lajeng klenger ing enggen, cekak dangunipun boten pirsa nanging sareng enget pun kethuk lajeng brangkang mantuk, sareng wolung dalunipun dados ajalipun. ======\======Kere Serat saking Bekonang angabaraken makaten: wingi kula maos kabar ing salebeting porstenlandhen menggah lampahipun para kere ing peken Bekonang, sarta enggenipun angresahi, sakalangkung seneng kula aningali, bilih lampahipun kere wau badhe dipu pambengi, anangin gmurih andhamangaken dhateng nagari,mugi panjurung punika kapacakaing serat kabar. Manawi panuju pekenan kaliwon bilih ing peken sampu nkawit wonten tiyang wewadeyan punika para kere lajeng ambyak in gpeken Bekonang wau, warni-warni cacadipun giginudi pun tingali, wonten igkang bubrah wonten ingakng dhengkleng, sarta ingakng lampahipun anggremet, sadaya sami anindakaken bratanira anyeler utawi angrampas sapanunggalanipun lampahipun makaten: sumongsa wonten ingkang dhasar pun kere lajeng marak sarta priman punapa ingakng dipun karemeni, bilih dipun sentak utawi boten tinurutan lajeng kemawon anglampahaken rodapaksa, punika ingakng dhasar bilih boten patos patos kasangeten inggih diun sakajeng murih enggala kesah, sabab sinten ingakng purun anandangi tiyang bibrah kang makaten wandanipun, bilih wonten ingkang kesahan anunumbas dhaeng peken katingal angungupaken yatra, olah punika lajeng dipun rubung ing parakere, sami pariman dene yen boten enggal dipu sukani punika para kere lajeng anggendholi kacepeng rasukanipun ingang badhe nunumbas wau, sarehning sumelang manawi katularan sasakitlajeng dipun uncali yatra, sarta anginggati, malah dereng dangu wonten nyonyah walandi, punika panuju dhateng peken Bakonang nedya nunumbas, sawek kemawon nguncali kanthongipun arta, lajeng dipun seba sarta dipun kepang denin gpara pekir sarta para caacad, anggilakaken wandanipun, malah wonten satunggal ingakng nyangking cumplung, rekanipun kados anggiggilai murih enggal pikantuk sangu, sareng boten enggal dipun sukani yatra, nyonyah wau mangkirik awit kraos dipun graying rasukanipun mila lajeng anawuraken yatranipun nmurih uwal sakin gpanggrumungipun para bubrah wondene ingkang asung kabar wajib apitaken dunungipun pakeren ing Kedhung kupi punika punapa, sampun kula nate angengetaken dhumateng polisi, ananging tanpi damel, kados kados awit saing boten anyekapi patuwasipn anyaruweni. Pandung kewan inggih ugi meh sabendalu, wonten saminggu panuju wayah enjing kula kaget miring swaraning tiyang kathah, saking dhusun grogoljalaran pandung lembu tigang ii ing Bekonang inggih samanten ugi kapandungan lembu panggenan kula inggih sampun dipun kekrek pagering kandhang, tujunipun kadengangan denign konca kemit, lajeng para durjana angles asring anggen kula misanajngi dhaeng ingakng sami kepandungan kapurih lapur wangsulanipun sami sarasa, boten purun awit kamanah tanpa damel barang colongan mongsa saged wangsul kalih dene lapuran makaten wau mindhak andedangu sarta kathah wragadipun yen durjananipun boten kapanggih ingkang kaicalan asring asring dipun tundhung mantuk sarta dipun sangoni bebendu sakisa, para alit amastani plok wonten tuwan wasisten residhen sarta wonten polisi dhistrik punika kadurjanan kapara andados. Wonten malih ingkang wawarti bab kawicaksananipun polisi ing Karang Duren priyayi punika sasat sagd ilmu amerangmerang ujud, wasis anyipta mas utawi yatra, sabab kayekten dereng sapinten laminipun lajeng saged sugih wonten ingkang sanjang bilih sawarnining kewan colongan punika pamragatipun kaseksendening polisi wau, nanging sarehning kula derng nyepeng cihnanipun dados misiih dipun anggep kabar angina. Premilanipun boten prelu, polisi ing Karangduren kaparadipun jangkung. Porstenlandhen ======\======Sawer Ampuh Menggah ing pasabinan wonten ugi saweripun ingang ampuh wisanipun punika samangke kapara yektos pun Jakiman ing dhusun Getah baah Kartasura, punika ingkang sampun anglempahi, ing ngajeng Jakiman wau sawek nyambut dame ling pasabinanipun lajen gdipun cokot ing sawe dumung jempolipun, sakedhap kemawon lajeng abuh sukunipun sadaya anjalari dados pejahipun. ======\======Ukum-ukuman Serat saking ngayogya katitimangankaping 1 Juni suraosipun makaten: para kecu ingkang badhe dipun ukum kisas ing benjing enjing, inggih punika durjanipun ingkang ngecu ing Tondhanagaran sataun sapriki, ingmongka raden Riya Tondhanegara punika, ing ngajeng dudunung ingsalebeting beteng kraton, wondene pethut wau wasta Tondha REja, wedalan dhusun Tegalreja, inggihpunika dhusun sananipun swargi Pangeran Arya Dipanagara, Tondhareja wau anakipun jaler mas Riya Tondhanegara, patutan saking bojo selir. ======\======Pethikan saking Koran Dhahblad Dereng lami woten lurah nagari akaliyan militer Komendhan sulaya ing panampinipun anjalari ruwed saengga ngantos dipun sapih dening kanjen g parentah ageng ing Betawi, jalaranipunmakaten: Wonten residhen rawuh ing sawiining kabupaten ingkang wonten prajuritipun kumpeni punika ingkang jumeneng komendhan boten purunada amilujengaken rawuh utawi boten nedya tutuwi, dhaten gresidhen ngantos konjuk ingkang jeng parentah ageng, kadadosanipun woten serat iber-iber saking Legre Komendhan dhumateng para militer komedhan, tuwin serat iber-iber saking direktur binenlansebestur, dhumateng para residhen (Wadi) suraosipun serat wadi wau makaten, dereng lami wotnenlalampahan, militer komendhan pangkatipun mayor, boten purun tutuwi dhateng residhen nalika prapta ing krajan Afdheling dunungipun militer komendhan wau, suprandene militer komendhan wau, sampun dipun sukanipirsa, manawi residhen badhe prapta, sabab dipun manah bilih residheningkang wajib angrumiyini tutuwi dhateng militer Konthan, panampining komendhan kang makaten wau klentu, sabab kanjeng parentah ageng karsa amancasi, bilih nalar kang makaten wau boten susah tebih supados kalimrahanipun mila murih tata-tentreming panggenan, ingkang ngandhap kedah angrumiyini tutuwi dhateng ingkang inggil, tegesipun ingkang dados lurah paresidhenan pangkatipun ing sanginggiling militer komendhan. ======\======Wonteningkang cariyos manawi turning BaronRotskil wonten inkang nuwuhaken medal jalu ing praja Wegen, ingkang dados pangagenging bongsa Rotskil wau, lajeng amaringi yatra satus kalih dasa ewu rpiyah kadamel ganjaran, dhateng para karerehanipun ing kantor, yatra samantenpunika, saminipun pawedalipun sadinten turning Rotskil, ingkang dipun pasthekaken satus skeet ewusadinten, sumongga kapetanga sawulanipun pinten. ======\======Telegram saking Surapringga angabaraken manawi nalika tanggalkaping 4 wulan Juni punika sepur sampun kalampahaken dumugiing dhusun Waru, kanjeng tuwan residhen sarta liyanipun kathah ingkang sami nitihi. ======\======Praja Karem wewngkon Turki dipun kepang ing bongsa Ruslan, praja Yunani anyantosani wadyabalanipun. ======\======Wonten kabar bilih RadenAdipati ing Semarnag sampu karerehaken saking panyuwunipun pyambag sarta keparingan pansiyun dene kanjeng Gupremen anyakajeng, mantunipun Raden Adipati lurah dhistrik ing Prabuwan ingkang ginantosaken. ======\======Panjurung: Cremin Wonten satunggal kamituwa ing dhusun Kitiron dhisrik Kitha Bangil, ngaleresi garap sabinipun, sareehning sabin wa kalebet pasiten rawi, penggarapipun kaliyan wuda, wasana lenging pejaleranira dipun lebeti lintah satunggal, sanalika sangsung kawasirna bayunipun, tujunipun prayitna enggal mantuk ing wismanira, aken ngobong merang dipun pendhet landhanipun sarana kauyup boten dangu sang memongsalajeng miyos saking kori alit wau, warniipun gemelong-gelong, dene sang prayitna sareng luwar saking kasunggkawn cahyanira amranang. Katandhan Bloedjuiger, ======\======Mas O.W. ing Gr. (P,) Kula kantos uwngkuk anggen kula kepingin maos panjurung sampeyan anggen sampeyan amurwani bab rerengganing ridre ing Pasuruwan, bok inggih sampeyan sambeti ingkang ronce, tur pantes murwani amungkasi. Itranta: Pak Ironongga. ======\======REdhaksi sampun nampeni serat panjurunge Ngabei Mardiman saking Kartasura, suraosipun amratelakaken lalampahan reged ingkang masthi anuwuhaken dados kaliliping nagari, mila ingkang dipun ajeng-ajeng dening redhaksi, sageda asring tanmpi kabar ingkang makaten wau, sarta ignakng temen temenwawaton saleresipun sabab bilih sawarniing tiyang sregep angaturaken gelah-gelah ing nagari, kapesthekaken badhe ngenthangaken pangreksaning polisi, tuwin atutulung dhateng nagari, ananging redhaksi saklangkung kasupen dene boten saged nunten angleksanani kinen macak panjurunge ngabei mardiman, awit panjurung wau boten mawi dipun praboti pratondha cap, mila manawi saestu prelu kapyarsa ing ngakathah sarta ing nagari, ngabei mardiman kapurih akintuna serat dhateng dhireksi, murih anyantosani panjurunge, sarta mawiya pratondha cap. Redhaksi. ======\======Panjurung saking Prawirasudira, weismanipun boten kapratelaken angabaraken bilih kathah carik dhusun ignkang manggih kalepatan aniru tondha tangan ngantos manggih paukuman anteb punika pamanggihipun ignkang kintun panjurung, jalaran saking boten dhengeripun dhateng suraosing ager Nederlan awit boten dipun wulang dening gurunipun, panuwunipun ingkang kintun panjurung mugi tiyan gageng maringana aparentah, supados para guru pamulangan kadhawahana kinen wuruhita dahteng para siswa bab suraosing angi ngatasing paukumanin gtiyang nglampahi awon, ingkang punika sumongga karsanipun ingkang kuwajiban. ======\======Panjurung saking Klathen katandhan Nyoktun boten dipun pacak awit para juru set boten wonten ingakng kadugi ngungelaken sabab seratanipun boten pratela, kalih dene malih menggah kapala agen polisi, ingkang ketaton sampun wonten ingakng ngabaraken ing serat kabar porstenlandhen mila dipun pethik ing Bramartani ongka punika. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog Lampahan Panji Sekar Tangi ngadhuh, ki Dhoyok abekuh-bekuh, iki ana apa,ujug-ujug ambitheni, baya baya si Bancak kawongan edan, . bancak muwus, ora edan-eaning ingsun, kowe ulas-ulas, ora ngaku amiwiti, bithi dhadha nyolong pakel banjur lunga. Apituru lah ana ngendi pakel ku, age uncalena, ki Dhoyok sumaur jelih, nyata edanngarani kang ora-ora. Lah pakelmu menek ilang neng Delanggung,ora nyolong ing pang, ki Bancak sumaur bekis, yen runtuh apa pakelku mesthi karasa. Lagi udur, ki Bancak Miarsa wuwus, arya Brajanata anguwuh-uwuh mring maling, Bancak angling eh Dhoyok sira menenga. Aku krungu ana swara beluk-beluk baya maling ika, kang cineluk lagi dhelik, dhoyok nyentak, si Bancak ngindur kelingan. Lah pakelmu mung siji jer ora patut, lamun kemalingan ki Bancak Bekuh nauri, ora nglindur ingong wus melek temenan. Selangsurup dudu pakel kang jinupuk ika bebelukan, pesthi lamun ana maling, dhoyok bekuh si Bancak nglindure daa. Gya jinagur, ki Bancak lunga angadhuh, jarunthul uninga, kumlebat rekyana patih, mring lilindhuk, andhodhok neng pojok bata. Munduk-undhuk,Ki Bancak minger mring pungkur, kasilipkipatya, tan anyana lamun jalmi pengrasane asu anggondhol kukusan. Gegem watu mojar sicing aja jugug ki Bancak asigra, tinubruk rekyana patih, ngrangkuldhapure yempluk, mata seret abang,kipatih githokne jegrig, rada gila nyana keblak salah karya. Sigra muwus setan aja ngrangkul gulu, uculena ingwnag, ki Bancak kukuh ambanting ,kyana patih mangkurep gya tinunggangan. Angalugur, githoke ginegem kukuh, bancak nguwuh sora, dhoyok tulungana aglis nyata maling saiki uwis kancandhak. Gya sumaur kidhoyok unine sokur,malinge kecandhak, ingong tan gelem nulungi, gawe apa jer dhadhaku ijeh lara. Sira jagur kumarutug ping rolikur, anjeleh ki Bancak Dhoyok –dhoyok, tobil-tobil, gage-gage malinge selak marojal. Bekah- bekuh kipatih ngulet markungkung, aliya malumah ki Bancak magsih nunggangi gerayangi mukane ekyana patya.Sarta nguwuh dhoyok krungu, maras sarwi nyangking alu, prapta ngagag-agag, ki patih moar ngririntih, mengko paman iarsakna wuwus ingwang. Lamun ngsun ucul lena yegti angsung, reyal karo gelah,lan luwih piutang mami marang sira besuk sun wuwuhi sira.Dhoyok muwus, bancak uculena gupuh, okeh teme eman, reyale jaluken nuli menthung endhas mongsa dadak oleh reyal. Bancak bekuh,lah ora penthungen gapluk, kipatih angucap paman sira sun tuturi, jalma cilik manek anak putunira. Iku besuk ye nglakoni kaya ingsun, sira anelosa beaben gaweya becik doyok angling eh Bancak areacuna. Bancak sendhu, koe pijer kena bujuk oleh penthungen enggal, wororo pijer cariwis, katalika kang dhandhang dyan Brajanata. Taksih wontencandhakipun.

Nalika malem Slasa ping 4 Juni 1877 wanci jam ½ 11 dalu kanjeng pangeran Riya Mandurareja, sedakundur ing rahmattulah, sinten ingakngnyambutaken amratelakna dhumatengkanjeng pangeran Ariya Dipakusuma II, Kanjeng PangeranAriya Pamot,ingkang dados kumisi tatilaran ingMandurarejan sintening angmratelakaken langkung saking 40 dinten saking titimangsaning serat punika,badhe boten angsal panyaur. P Arya DIpakusuma P. Arya Pamot. ======\======Tuwan C.G.H. Bir. Ing Surakarta kaliyan tuwan C.N.H.Panlawik Panpap ing Ngayogyakarta, aside Loterei yatra, ing nagari Bogor, satunggal lot regi 10 rupiyah

Ongka 23a, Kemis kaping7 Juni 1877

Punika wewahanipun Bramartani ongka 23 Kemis kaping 7 JUni 1877

Punika cariyosipun gedhong Pamingitan Santah Mariyah Dhelkofah. \\Dhandhang\\ Amurwani sekar dhandhanggendhis, ing tumpak pon as dhalikurcondro, Rabingulakir warsa Je, sangkala rasauluk, ngesthi tunggal taun walandi, Mei ping kalih welas, ongka taun sewu, wolungatus pitungdasa,langkung sapta, sang wreda kalih hyang gusti, sasaneng Surakarta. Kang sajuga nama tuwan Pilip, priyayi wreda ing gupremenan, dene ta sisihane, dyan Panji Priya sepuh, Partaksuma ingkang wewangi, sekung ing tyas kalintang, yun marisi estu, mring sutawayah nya samya lo wung benjing sinimpen karya palupi, tilaraning dwiwreda. Pangecapan medharken mamanis, dahat langkung geng paedah kubra, mupangati sakalire, yata ingkang winuwus, bognsa luhur sudibyeng westhi, ertohbortoki nama, andarbei sunu, wanodya endah kangwarna, apanengran Mahdhalenah Rosah adi, sang putra punjuling rat. Warna kadya hyang-hyag sawargadi, data nana sarune samendhang, sambada lan kagunane, kawicaksanan putus, amupuni susileng estri, mahambeg santabudya,tembung manis arum, ruming swara awletan, lantip ing tyas tan kewran sarwa patitis, widagdeng ciptamaya. Ingkang rama sang Hertobertoki, dahat kewran denya tan kawawa, amardi marang putrane, dening sang retnaning rum, sabalire, wus sarwa bangkit,ardeng driya tinilar, seda mring kang ibu, sang Hertohbertoki nabda, putrningsun Mahdhalenah sira gusti, nuten mring karsaningwang. Rehning sira wus diwaseng wanci, ywa katuan mring kawicaksanan, utameng dyah mrih putuse, away meliksinebut, sadudibya yen tan sayekti, ugere ing ngagesang, ya ta bongsa luhur tarkuntap dening sesame, banoraga wani kalah baranadi, lambaran ing kagunan. Sang retna yu mesem matura ris,dhuh pukulun jeng rama kawula, sumanggeng karsa estune, jrih druakeng hyang agung, yen mopo atuduh sudarmi, sirik sinereng dahat, mring gusti jeng Yesus, ginunggung wanodya pugal, ingkang rama mesem kalane miyarsi, gya kianthi kang putra. Lumaksana sang Hertobertoki, sedya marak mring sang dwijaretna, mring sanggar pamingitane, panggenan para arum, ingkan gsamya umanjing sukci, dene namanig sanggar, nguning kang kasebut, Santah Mariyah Dhelkofah, salebeting kitha Florensah piningit, tanah Itali Praja.Kang jumeneng dwijaretna putrid, apeparab Dewi Piktoriyah, Braksikakno panengrane, yuswa tridasa taun, citranira ayu respati, kedhep prabawa dibya, wus sinebut luhur, mangkana sang dwijaretna,nuju lenggahamumulang para utri,kang manjing kasuciyan. Unggyanira rising wreda supi, munggeng singangsana nawaretna, luhur pribadi prenahe, yata kang prapta ngayun, risang tamu Hertoh Bertoki, ngacaran kinen lenggah, sang Hertoh andheku, akarsa ngesorkenraga, nadyan sepuh dumeh ta sang wreda supi, wuspangakt kaluhuran. Gya anembung sang Hertoh Bertoki, mring sang dwijaretna aturira, dhuh sang wreda supimangke, kawularsa nunuwun, ngaturaken rinta sang putrid, kula datan kawawa, amardiya sunu, reh tinilar ibu seda, sumarmanya ambasumageng sang putrid, yan pinuju ing karsa.Mugi-mugi angger nembadani, panedhang ulun bab puruita, boten manjing ken kasucen, angger namungnunuwun, ingk pamulang lantip ing budi, waskitheng cipta maya, widagdeng pamengku, luruh lereh tanduk tinadak, wicarar ris manis kaya marekati,mumuri kaluhuran. Ulun sampun pracayeng jro galih,mongsa boronga sang dwijaretna, wulatena watekane, rina kang kawlasayun, sampunta aapaduka mardi, yata sang dwijaretna, duk miyarsa tembung, nora gamanis ngrarepa, entyarseng tyas mesem anauri aris, yawn panedha paduka. Kang makaten sampun wulanggalih, mugi rising amurbeng baana, nembadanana kasane, sang dwijaretna dulu mring citranya sang dyah liniring, sang Mahdhalenah, tuhu ayu punjul, kayungyun dedeg pidegsa, cahyanira mindha purna manisi, mrabani pasamuwan. Sakathahing sagung para putrid kang dumunung munggeng pipingitan, kuntapkucem ujwalane, kadyenggane kairup, nadyan silih sang wredasupi, sortitih ujwalanya,myang sakaliripun, raras rumeing sarira,Mahdhalenah rosah estu anglangkungi, mring sagung kang radyah. Yen sinawang citrane sang dewi, Mahdhalenah lir puputran retna, aketel memakremane, dhanandhanyekar bakung, pelarapanya nyela cendhani, alis angroning imba, ngimbangi tumurut, liyep lindrinin gpaningal, liringira lir pesating warastradi, kadya pandamkanginan. Idep dakung sumengkeng wiyati, lurus ngraras rurungi ing grana , pipi pantes kumenyare, wajanya yen kadulu, lir sosotya kang den sunduki, jongga lumung mimbeng gyan, baulus ulusrus,jajanya welar awijang, soring jaja nyudenta sengkeran kalih, lambung ngapus bramara. Sapengandhap tan ana winanci, yen lumampah kayungyun sinawang, gandrung-gandrung nut membate, lir yang yanging swargagung, sakathahe kang para putrid, sami resep tumingal, kacaryan andulu, sanadyan sang dwija retna, sengsem miyat amicaeng jroning galih, si Mahdhalenah roseh, Tuhu lamun retuning respati, sasolahe agawe wigena, sarwa pantes lelewane, pasemon wingit luruh, manis ulat amratandhani, yen punjulin gkagunan, sudibyeng pamengku, tankontap wingiting cipta,wong manggkono bejane kang darbe krami, yata sang dwijaretna. Taksih wonten candhakipun. ======\\\\\\\\\\\\\\=- Ongka 24, Kemis kaping 14 Juni 1877

Porstenlandhen ngabaraken bilih putra dalem putrid, ing ngajeng dados garwanipun pangeran Arya Puspakusuma, badhekatrimakaken dados momongan dhumateng raden mas Tumenggung Purwanagara, putranipun kanjeng Raden Adipati Sasranagara, manawi wilujeng kalampahan dados putra kapatiyan kakalih ingkang kaparingan momongan. ======\======Benjing dinten Akat ngajeng punika tanggal kaping 17 para Lid dipun sositeit badhe pista sampanye amilujengaken kretek ler kamar bolah. ======\======Minaustraliyah Dereng dangu kanjeng tuwan residhen ingSurakarta, anampeni kintunan saking tuwan Maknil Enko ing Samarang, dados agenipun pranata Nederlanse Indhie sesetumparetmatsekapi, minda tigang iji 1 jaler, ingkang kalih estri, sakalangkung ageng-ageng sarta bagus warniniipun, sangkanipun saking Ostraliyah, dipun purih angatuaken dhateng ingang sinuhun kanjeng susuhunan, minongka kormat pratondha anggenipun wangsul wilujeng baita kapalipun matsekapai wau, ing mongka katemben punapa dene malih supados kauningana ingkang sinuhun, mengggah kadadosanipun tiyang marsudi bab angindhakaken bagus ing kewan. Pangajeng-ajengipun para tiyangkathah, mugi-mugi ingkang sinuhun karsa andhawahaken pangandika, ing salebeting kraton dalem, dipun prasudiya murih angwontenaken minda ingakng makaten wrenining pun Kapesthekaken yen badhe saged ameali, iba ing benjing kasusranipun, Sinten sintena ingkang remen dhateng panangkaring raja kaya, dipun rembagi supados sageda anyipati minda titiga wau, wedalan sakingOstraliyah. ======\======Wonyten tuwan ingakng majegi siti dhusun araraosan bab rendhetipun ing bale mangu, anggenipun angrampungi prekawis sarta angenipun angandhek andhek seksi, ing salebeting nagari, adatkang sampun kalampah, para sekti wau, dipun dhawahi sowan dhateng nagari, wolung dinten utawi sadasa, saderengipun dipun titi pariksa, lajeng dipun andheg wolung dinten utawi sadasa dinten malih, awit anggenipun mariksani, boten kasengkutaken, ing mongka para saksi tiyang jawi, ingkang nyadhong tedhanipun, ingkang majegi siti dhusun, sakaliyanipun yatra, ingakng majegi, kecalan damelipun para seksi wau, ingkagn sampun dados bebahanipun ing dhusun, ngantos tigang akat utawi sawulan laminipun. Ingkan gpunika aturipun ingakng raraosan wau, punapa ayrap kang makaten punika, boten kenging dipun pranata, ingakng mikantuki ngatasing leleresaning nagari, tur ingkang boten badhe mitunani dhateng ingkangmajegi siti dhusun, bilih manawi para seksi wau dipun timbale kinen sowan angrumiyini sadinten saderengipun prekawis dipun pariksani, kados kados sampn badhe kathah mayaripun. (mataram). ======\======Para alit amastani, yen raden tumenggung mangkudipura, ingakng ajal manggke punika, gesang malih, jalaranipun miladipun wastani makaten awit kaluwatipun dipun pariksani, kapanggih menga, sarta layon singna, ananging sayektosipun boten makaten, ingakng temen nalika makamipun katiliki, kapanggih ambleg, awit kajawahan deres. (Mataram) ======\======Akaling Juru Salingkuh Dereng dangu ing Jawana wonten baita saking ngembang badhe mangkat dhateng Buleleng mawi amot wrakas wadhah lisah petroleyun, kathahipun 800 sarta karunggoni 600 iji, manawi boten kalintu, barang makaten wau ing ngajeng dereng k\nate nate dipun bekta dhateng Bali sanadyan ingkang sawek kasebut wau, inggih tan pidamel bilih yektos badhe dipun angge pasaja, yen karung goni ingkang anyar wetah, masthi yen boten maiben kanggenipun ing bali, nanging goni ingkang kacriyosakening nginggil wau, boten badhe kangge ing damel sabab sakalangkung bobrokipun, dene menggah wrakas wadhah lisah petroleyum ingkang kasebut nginggil botenipun teka badhe anyulihi epot sekaran utawi badhe kanggge denign tukang wrakas kadamel dadosananes, sanadyan kanggeya inggih maksa kekathahen, bilih badhe dpun iseni lisah klapa ingggih boten, dangu-dangu paangusunging barang kang makaten wau, dene lampahipun juru dagang ingkang pasaja,bilih dipun urut ingkang temen-temen sampun masthi kenging dipu pitajeng, manawilalampahan kang makaten wau, badhe angwontenaken gelaring saklingkuhan apyun ageng- agengan, awit kang sapisan momotan kang kasebut nginggil wau, ingakng gadhah kongsi Cina, ingkang mathok anyalingkuhpakaryanipun ingkang kaping kalih, tetela manawi badhe lampah peteng, awit ingang dados juraganing baita, samnpun misuhur dados kancaning juru salingkuh ageng, malah kapara kaloka awit angggenipun lampah sandi asamudana saking Bali dhaeng ing pagatan. Menggah juragan wau sampun asring asring dipun serepi ing jawana utawi ing panggenan liya, bilih dhateng saking anggggenipun layer mawi ngampil serat pas ingkang kangge sataun, ing ngriku dipun pratelakaken manawi pyambakipun mangkat saking bali dhateng Pegatan sarwi amot apyun mentah dhacinan, suprandene manawi dipun titipariksa, para awak awak ig baita boten wotnen ingkang mrantandhani nyilih sampun nate dhateng pagatan (Borneyo), samantena jruganipun sakalangkung bangkit saged asnasabi wados angaturaken manawi momotanipun saestu kasudhahing pagatan, dados paturaning awak awak baita dipun gega dening para lurah pabeyan ing buleleng utawi ing liyanipun panggenan. Menggah ayunmentah wau sarehning badhe dipun bekta dhaeng panggenan ingakng boten kabawah ing gupermenan prenah kidul utawi kilening borneyo, dados dipun lilani pambektanipun, nanging pun Juragan pirsa yen ing panggenan wau boten wonten paprentahan Walandi, mila pamanggih ing kathah wrakas wadhahpetroleyum ingkang kasebut nginggil wau, engggal badhe wangsul mallih isi candu, dene karung goni badhe mantuk malih isi apyun mentah, ing nyali dipun awataken badhe kabektla dhateng Borneyo, ananging kadadosanipun kasudhahing tanah jawi. Wasana meh kenging katamtokaken bilih lampah salingkuhan wau badhe mrucut boten kenging kacepeng, awit sampu nping pintenpinten wonten lalampahan makaten, ing sadangunipun boten kadengangan iba kathahipun prakawis apyun peteng alit alit an ignkang abdhe kapethukaken, saben dinten rol polisi badhe kebek prakawis apyun pinten pinten tiyang ingakng badhe kesungkut utawi kadakwa kanggenan utawi sade apyun peteng, kathah tiayng ingknag badhe kaukum sanadyan dosa utawi awit saking sepening saksi lajeg kapatrapan, saben dinten badhe anggaledhah griya griya tawi liyaning panggenan, para estri dipun balonjodi ngantos ngewakaken pamanggih, manawi kepanggih cihnanipun lajeng dipun anggep durjana, suprandene ingkang jumeneng pethut sugih ingkang nganjingaken apyun spinten penten dhacin salebeting tanah jawi, lepat ing penggrayangan, malah sinuba suba kaormatan dening para tuwan ageng-ageng, sami amarikelu, dipun jak bojana karma ondra winasa dintendintenipun tuwin dipu sasmitani prasobatan temen sarta dipun wilujengi mawi unjuk unjukan kapujekaken slamet,lo punika kados pundit. Kuneng menggahpirantos ingkang kangge amambengi lampah salingkuhan saestu yen boten nyekapi, ewadene taksih kathah ugi ingkang kenging dipun tamakaken ananging saestu yen boten badhe torah,manawi badhe angrakit gelar ngatasing salingkuh ana apyun, taksih pinten pinten rarekah ingkang kenging dipu empakaken mawi temen-temen sartas antosa, dene sadangunipun teka boten kalampahan, punika awit saking lemesing kapolisen, ewdene manawi bab anyirnakaken lampah salingkuh anbabar pisan, punika ing samangke maksa dereng wancinipun, sarta kalebet ing kamokalan, kajawi bilih sawarniing pasisidipun reksa, ing mongka sapunika boten dipun santosani,naming dipun ulatulati tiyang sagtunggal kalih, para awak awaking olisi kirang bakuh,sarta kirang kathah, dene ingkang sampun wonten, lepat anggenipun manahaken sarta nirdaya awit boten gadhah kareehan tuwin boten darbe baita ingakng santosa, ingkang kenging kadamel ngupados juru salingkuh sarta lajeng sageda kacepeng, kawontenaning sapunika boten wonten ingkang nyameni, saking para kiranganipun kapolisen, ngantos anjalari wonten juru salingkuh apyun ingkang tanpa kengingng bukak took ing Plabuwan, apyun ipun dipun wade kenceng, sapinten kajengipun ingkang numbas, ing mongka saben wulan yatra ewon ingkang kangge, boten wonten ingakng mambengi, sebutipun yen wisma lebu ora bakal metu maneh, mila yen apyun sampun saged malebet prisasat mayar awit kabyantonan denig para lurah dhusun pinten pinten, punika inggih ugi kenging dipun pirantosi, malah sampun asring dipun dedahi atrapipun, anggeripun ingkang purun nerak pranatan dipun ukum panjalin, punika para durbrata ingakng sami aling-alingan badhe kawiyak, apesipun boten badhe pikantuk konjuk susulih anglebetaken apyun peteng, ing mongka samangke sakalangkung gampil ambujuk bongsa jawi utawi cina ingkang kacupetan, dipun pituwasi yatra sakedhik kapurih mingkem sanadyan ginantungan ukum nrakal, anangng ingkang prelupyambak manawi badhe mambengi salingkuhan tanliya panglebeting apyun saking plabuhan utawi saking gisik sanes, manawi punika saged angamndhahaken nembe badhe saged angarsa-arsa umbuling yatra pajeg sawulan wulanipun sasarengan kaliyan umbuling pagngaosing apyun bilih ngantos kalampahan awis pangaosipun badhe anjalari sudaning panyeret tan beda kaliyan usadanyirnakaken mala, ingkang badhe anglebur tiyang bumi Pethikan saking Lokomotip ======\======Lokomotip angabaraken bab Kanjeng Tuwan Sekretaris Jendral anyar Menggah pangangkatipun kanjeng tuwan Seprengerpanek dados skretaris jendral, punika ing ngajeng sampun meh kenging kapesthekaken, sanadyan wonten kabar bilih tuwan Bul ingkang badhe anggentosi kanjeng tuwan Lepisongnorman, inggih maksa tuwan seprenger ingkang badhe dados sabab sarawuhipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral sakalangkung anggenipun pitajeng tanpa sisihan dhateng tuwan seprenger nalika samanten sampun dados direktur panpinansi (wang) kawewahan dipun biyantoni dening kanjeng tuwan Pisepresidhen Rad pan Indi, mila boten maiben tuwan Seprengerlajeng dipun celakaken ingkang jeng tuwan ingkang wicaksana, sarta dipun karsakaken dados juru rembug. Menggah ingkang piniji dados sekretaris jendral makaten punika limrah panggenaning patangkenan utawi ingkang andilahi prakawis ingkang peteng, sadinten-dintenipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana kedah arerembagan kaliyan sekretaris jendral ngatasing paprentahan nagari utawi bab wiyosing angger –anggeran, manawi wonten ingakng kenging dipun damel bau ingakng jumeneng sekretaris jendral kedah janma ingkagn pantes saha kenging dipun andel dening kanjeng tuwan ingakng wicaksana. Awit ingkang jumeneg sekretaris jendral wau, sadinten-dintenipun kedah papanggihyan rembagan kaliyan ingkang jumeneng guprenur jendral,s arta saged angaturi titimbangan sadereng- derengipun mila ing suraos boten wonten amtnar ageng, ing salebetipun nagari jawi, ingkang nisihi budidayanipun kadi ingkang kapatah dados sekretaris jendral wau, ananging boten maiben yen inking jumeneng presidhen rad pan Indi, panekaripun guprenur jendral kagungan panguwasa ageng, ingakng boten pisan yen kadunungaken ing sekretaris jendral ewadene yen ingkang jumeneng vicepresidhen wau, boten darbe prabawa pyambak sarta kawicaksanan inking anjalari tuwuhing kikiyatan ngatasing kang jumeneng guprenur jendral, amasthekaken bilih vise presidhen wau maksa badhe kanthi kaliyan ingkang kapatah dados sekretaris jendral, mila ing samangke priyagung kakalih wau, 1 vise presidhen rat pan indi, sarta sekretaris jendral badhe sae kabrata, sabab boten wonten ingkang nisihi ceceking panggalih sarta pamanggih, utawi ceceking cipta, kados kangjeng tuwan Panris sarta kanjeng tuwan seprenger, Priyagung kakalih punika badhe kaconggah andadosaken sabarang damel langkung saking rumiuyin nalika kanjeng tuwan seprenger, taksih jumeneng direktur panpinansi, suprandene tuwan seprenger wau, sampun kadunungan panguwasa,langkung saking kuwajibanipun pyambak, meh boten wonten aturan ingakng kapra anteb sangkanipun saking kantor ageng sanes ingkang boten katawekaken dhumateng direktur wang wau, temen bilih ingkang dipun rembag naming bab ingkang manggepokan wedalin garta, ananging meh sadayaning aturan mawi manggepokan arta, mila tuwan seprenger bilih wonten pandangu, bangkit anggenipun atanggap ngullah prakawis murih amyambaki, kaweweahan anggenipun ngatrapaken pamanggih tuwan seprenger, boten mawi atrap susileng karma, mila lajeng kenging katamtokaken asseing asring badhe wawanwawan kaliyan para lurah amtenar ageng-ageng, sampun ping pinten pinten ingknang kalampahan bab anggenipun ujungan pamanggih, ingkang sanget pyambak nalika tuwan seprenger aprakawisan kaliyan kanjeng tuan mister dhedhauli direktur justisi, mawi ngaben tik kasuwaning kalam panurat, ngantos kanjeng tuwan kang wicaksana karsa anengahi, dumados para priyagung kalih dipun paringi serat cabinet (wadi) kinen angempakaken atrap susilengkrama, ngatasing serat ingkang manggepokan padamelan nagari. Wasana sareng samangke tuwan Seprenger Panek Jumeneng Sekretaris Jendral, manawi kintun serat dhawah, boten badhe sakarsanipun pyambak sabab sadaya serat miyos saking karsaning guprenur jendral, manawi wonten rembagipun sekretaris jendral ignkang bade abesem maken songsong, punika badhe dipun panglup dening kanjeng tuwan ingkang wicaksana, sabab kanjeng tuwan besar ignkang badhe ngasmani, anangn gknajeng tuwan besar kedah prayitna, sampun ngantos anuwuhaken gangsuling manahira para ingkang nampeni serat dhawah.. Mila saking punika pamilihipun kanjeng parentah ageng tuwan seprenger, dipun dadosaken sekretaris jendralkathahing kang ngrojongi, sanadyan tuwan seprenger taksih kikirangan bab kawontenanipun nagari, utawi sanadyan angggenipu angreksa kagunganing gupremen arta, taksih kathah ingakng kenging kawaonan, suprandene boten kenging dipun tukupi, bilih tuwan seprenger satuhu memet kapinteranira sarta jembar kasagedanipun. ======\======Panjurung kabar Wonten satunggaling bakul anama den ngaten Wiryadimeja amnggen ing kampong salebeting beteng karaton sakalangkung julig amatrapaken upados kadamel ambalilu,menggah upados wau kewes manis tuwin aruming basa, saengga titiyang sugih ingkang dipun rungrum sirna pakeweding manah saha kasujananipun wekasanipun agahan mitados dhateng den nganten Wiryadimeja, kapurih anyadekaken barangipun mas tuwin sosotya ngantos pangaos kathah, sarta dipun ken anganakaken arta, wasana raden ngaben Wiryadimeja oncat sakin gpadnununganipun adamel pitunanipun titiyang ingkang mitados ing piyambakipun ngantos awon. Tamtaman kaping 17 Juni 1877. Ktandhan Sunyata. ======\======Nyuwun lumunturing sih Aturkula ing panjenenganipun redhaksi tuwan, C.F.P. ingakng mugi karsa andhanganaken paring pitulu, dumugekaken methik candhakipun porstenlandhen ongka 21 maret kaping 13 kasebut ing bramartani ongka 12, suraos para ingakng majegi siti dhusun.Utawi methik candhakipun vublikan sakin glokomotip kasebut ing bramartani ongka 20, kemiskaping 17 mei suraosing reglemen pamajeging siti dhusun ing bawah kraton kakalih, ingkang mentas dipun iket, kalih bab punika manawi panjenenganipun redhaksi kaparenga lega ing panggalih, nyelakaken macak wonten ing Bramartani, tamtu andadosaken sukapirena bingahing manah kula, saha sakelangkung nuwun sanget,bilih panuwun wau saged kasembadan bokmanawi kathah para prayantun ignakng lega dhangan panggalihipun, ang awit parluning paedahipun ageng sanget, samanten wau ngatasipun prayantun ignakng galih bab punika, titi, ingakng dhepok wonten bale Sidaarja,kyai Ngabei Wiryasudarma. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog Lampahan Panji Sekar. \\ndra\\ Arya Brajanata amiarsi, bancak dhoyok dangu garejegan, san garya gupuh praptane, sarwi anguwuh-uwuh, apa iku malinge keni, kipatih duk uninga, yen sang wasi rawuh, ki patih GRojal sarosa, tangi agya malesat marang wiyati, Bancak tiba kalumah. Dhoyok gupuh arsa anutui, sinampar sikil marang kipatya, dinungang tiba andengkeng, tangi pating palinguk, sang wawasiprapta su angling, aendi malinge baya, ki Bancak macucu,sidhoyok wongkena lanat, kena bujuk pinenthunga baeuwis, andadek melik reyal.Kyana patih kang munggeng wiyati,ambergagah sarwi sumbar sumbar, payo nusul den age, yen nora bis anusul, ora padha kalawan mami, tongong wong nagri Daha, prange dhemen gelut, lah ing besuk yen wis mongsa, titenana yenmijil kasegten mami, brastha wong sanegara. Wus andedel rekyana apatih, sedya ngulati marng narendra, bancak dhoyok amecoco,dyan brajanata muwus, gusti nira ana ing ngendi, apa ta milu prapta, ki Bancak sumaur, wus prapta ingsun tan wikan, panggonan e yata kenjing,s ang panji mijil lenggah. Munggeng pandhapa datan tanpa kanthi, arya Brajanata duk uninga, marepak lunggyeng ngarane, sarya lon denya muwus, sira prapta duk maubengi, ingsun prang lawan dhustha, papatihing ratu, kang ngaran guna saronta, ing makasar tan karenggep denign mami, bias anapak gegana. Sang apanji anauri aris, paduka prang lan patih ira, kawula prang lan retune, bramakumara prabu, kirang kedhik kacepeng lalis, anunten saged musna, marma tyas mangungun, kakang paduka mijila, dhawuhana kadeyan den ngati-ati, tan wande mangun aprang. Ambasayah anentremken dhiri, arya Brajanata sigra medal, bancak dhoyok ing sarenge, praptaning jawi gupuh, para kadang wus den dhawuhi, lawasi sinung uminga, yen sang panji rawuh, yata ingang kawuwusa, sang apanji kang lengggahmunggeng pandhapi, eca sesendhen saka. Datan arsa kundur marang puri, para garwa nalika uninga, lamun sang panji rawuhe, esaha lenguk-lenguk, para garwa angumpul sami, ngarseng kusumeng Daha, wau etna galuh,uninga semuning raka, yen kacihna duk sang duratmaka prapti, retna galuh ngandika. Yayi Surengrana paran iki, lakinira tan kundur mring pura, apa kang dadi wadine, baya sariraningsun, yayi dewi ingakng ginalih, sarju lan duratmaka,nalika ing dalu, mas yayi sariraning wang, temen-temen tan arsa sedheng mring laki, tohjiwa tansuminggah. Dene kudu karsa amastani, puluh puluh yayi raganngwang, kudu mangkono dadine, dyah surengrana matur, yen pangeran kedah mastani, amba kang datan suka, suka prapteng rengu, ambaseg si kang sanyata, purun atohjiwa ing reh mratandhani, yen salah ing panarka> Mesem myrasa retna sekar taji, yayi dewi sun tuturi sira, jalma priyatoto dhene,lamun sawiji iku, tinanggunga mring wong sakethi, yen wun darbe panerka, yayi ora kengguh, away mungguh lakinira, sang apanji wong agung, widagdeng wadi, tan kewran liring kasa. Yegti ngayut tuwuh ing sun yayi, lumuh mring gelah milh antaka, dyah sureggrana ature, pukulun kang saestu, yen mangkatenkarsa sangpanji, sayegti leleburan toh jaladri marus kawula kang boten lila, yen paduka lalis tan bela sakethi, merang pun surengrana. Yata para maru anambungi, gumrumungkang atur prasetya, sabiyantupanedhane, mesem kusuma galuh iya liwata rima , mami, marang prasetyanira, muga saeng dewagung, pitulung mring kawlas arsa, yata retna oneng ngan dangu miarsi, rarase kang rinembag. REtna onengan saksana mijil,mring pandhap amanggihing kang raka, duk prapta gya ngrangkul age, sarya lon denya muwus, kakang panji lah sir iki, apa kang dadi sabab, teka nora kundur, mring dalem manggihi garwa, pijer lenguk-lenguk munggeng ing pandhapi, enak sessendhen saka. Sang apanji mesen anauri, yayi ragil kuning sarirengwang, ora ana kedhah-kedhah, sariraning sun sumuk, mentas lunga sayah tan sipi, marma linggih pandhapa,sumilir hyang bayu,maweh ayeming sarira, dyah oenengan narik astane sang panji, kakang payo kondura. Aya sira angowah-owahi, ingsun tutur kakang marang sira, para garwa rembugane, ora enak rinungu, karya ngresing jro dirya tistis, kang bok galuh sangsaya, tikbraning tyas giyuh, kagayuh widagdeng nala, lelejeme migena lega weng lalis,prasinom nuting karsa. Marma kakang panji sira, payo kundura tumuli, yen kadurus bokmanawa, anelongsa sira benjing, sang panji mesem angling, kang ora ora rinembug, dhasare padha tuman, wong ala den biyyantoni, sakarepe tan praduli raganingwang.Yayi ywa sungkawanira, wong ayu kondura dhingin, ingsun ing mengko kewala, yen wus ayem nuli mulih, sang retna ragil kuning, lengser kundur mring kedhatun, sapraptanireng pura, dyah surengrana ling nyaris, yayi ragil kuning paran rakanira. Umatur retna onengan, kakang bok pun kakang panji, marma dangu neng pandhapa, wau kawula takeni, lagya angisis dhiri, sarirane langkugn sumuk, denya mentas kesahan, kula ingggih angaturi, murih kundur ambakinen rumiyana. Pun kakang mangke kewala, yata retna SEkartaji, mesem anambungi sabda, yayi sira tan udani, rakanira sengadi, sumuk apa wanci bangun, mas yayi surengrana, panyuwuning sun ing nguni, who ing ketos iku kinarya pratondha. Mengko wruh wedining karsa, sirayayi ragilkuning, mareka maring rakanira, ingsun suwun ena yayi, wohing ketos kang ngadi,kang saking jro taman lulut, apa baya antuka, lengser retna ragil kuning, mring pandhapa kapanggih lawan kang raka. Sang panji mesem lingingra, sira yayi balimaning, apa ana kryanira, retna onengana nauri, dhuh kakang awak mami, ing ngutus kakang bok galuh, nuwun marang sira, who ing ketos ingakng saking, jroning taman apa oleh sira kakang. Taksih wonten candhakipun. ======\=\\\\\\\\\\\\\\\ Ongka 24a,Kemis kaping 14 Juni 1877

Punika wewahanipun bramartani, ongka 24 a Kemis kaping 14 Juni 1877

II Candhakipun cariyos Gedhong pamingitan Santah mariyah Dhelnopah.

Sawusira ngalembaneng batin, sigra nabda manis awiletan, mring sang Hertoh wangsulane, dhuh rising bongsa luhur, jeng paduka ywa wancak galih, dhateng putra paduka, yayi basa ulun, Mahdhalenah kang prapcaya, ugi amba ingkang muulang lungiding, kagunan pasang cipta. Myang luwesing tindak laku singgih, kadi amba datan kakirangan, myat putra paduka mangke, reseping tyas saestu, kadi kadang sayayah bibi, bingah ulun kalintang, kanthi sang retnayu, sang Hertoh Bertoki myarsa, mring sabdane sang mumpuni wredasupi, dheku narimeng driya. Risaksana lengser nyuwun pamit, sang dewi Jakurrmat sawetara, marang sang Hertoh undure, yata ignakng winuwus, ing ngantawis sampun alami, sang dwija Piktoriyah, Braksikano nuju,mumule sanggar pingitan, kang para dyah sumiwi munggeng ing ngarsi, tata palenggahira. Sang dewija retna alenggahi, kadi saben munggeng singasana, luhur pribadi prenahe, kang munggeng keringipun, retna mah dhalenah tan tebih, lan dwija PIktoriyah, Braksikano wau, wonten kang satriya prapta, langkung pelak cahya kumenyar nelahi,bisikanyakang prapta. Grap Marseloportoh satiya di, trah ing luhur tanah Italiyah, ageng a inggil dedege, yoswa salawe taun, maksih timur tinelar lalis, marang kang ibu rama, mila sakelangkung, sugihira tanpa timbang, grap marselo terah ing andana warih, ujwalanya gumebyar. Karsanira wau sang ngadhekik,sedya tumut anunuhun saha, mas paosken sakalire, raja branakang agung, kang ginelar sanggar pamingit, peni-peni sarwendah, sumrrambah ing ngayun, kapinujon praptanira, sang adhekik dereng kathah janma prapti, sang Grap marselo nulya. Manggen celak lankang para putrid, madyeng prenah manjing ing garejam andhepel ing rurujen, karsanya sang binagus, darapon saged miarsi, raras rumekang swara, ing pangidungipun, sagung e para kusuma, mrih waspada, denya mawi dilah lilin, geng- ageng langkugn terang. Pandamel lilin celak misbyah sami,s akathahe kang warni kancana, kang samya isi jimate,mimbuh ilangenipun, prabani kang nawaretnadi, tinon lir sasrawarna, sorot retbat lluhur, lawan senen ingkang pandam, gebyaring kang sosotya amaradini, wonten kang karya ebat.Anggumunaken dhateng pangaksi, awit saking endahe kang warna, punika nguni wastane, ganaruksmi bramurub, gambaring sang wanodya luwih, nirmala dewi Maryam, umi gusti Yesus, sang umi ngagem makutha, nawaretna astanira ingakng kering, ngemban putra sudibya. Kanjeng gusti Yesus kang sisilih, katelah gusti sang nabi Ngisa, sampu nmashur riwayate, putra sang maha agung, kang amurba ing rat sakalir, kanjeng nabi ginambar,kala maksih timur, ngageman makutharetna, tinaretes sosotya kangngadi-adi,kanthi titiraha bra. \\Kinanthi\\ Ujwalanira ngunguwung, makuthanira jeng nabi, estu tankeni ing ngetang, pangajine sosotyadi, lawan malih ing ngageman, kakalung dhedhasar rukmi. Tinretes ing Inten mancur, lir baskara anelahi,warneng kancana prapatan, ginantungan ingakng ngisi, ing lebet ngisenan tatal, wreksa di nalika nguni.Sedanira gusti Yesus, kakaole para musanip, sesendhen kayu prapatan, katelah ing wuri-wuri, tilas sandhen dadya jimat, nadyan sasuwil pinundhi. Myangkaole para jamhur,ingkan gngibu kanjeng nabi, astanira ingkang kanan, rineka anggegem mimis, kancana kang tinetesan, sindu sesepaning uni. Tritetes inglebetipun, mimis kancana sinandi, salintangira kang gambar, peni jro sanggar pamingitan, kacaryanira tan sipi, lalulengleng limut ing tyas, yayah tenggeng en pangaksi.MIngak-minguk lir sumaput, kongsi kasupen datan wrin, yen sampun kathah kang prapta,katungka dhaene malih, iman satunggal kang nama, inya siyomapanuli. Ngajenging misbah puniku, kadherekaken para estri, marbot modin myang pethakan,nuli ratus den suledi,kukutug kang raratusan, gandanira amrik minging. Sumamburat arum-arum,lebeting sanggar pamingit, kaebeken dening gonad, akarya sumrah ing dhiri, anulya buka warana,kang warni baludru abrit.Sajro rurujen kadulu Grap marselo aningali, dhumateng sang dwijaretna, ing ngayab kang paa putrid, sang pekik cengeng tumingal, sadaya katon yu luwih. Kadya apsari supenuh, busane endah maratani, sedayanya maksih Kenya, pra tuwin sang wredasupi, wus yuswa tridasaarsa, estu dereng mangunkrami. (taksih wonten candhakipun). Ongka 25 Kemis kaping 21 Juni 1877

Surakarta Nalika tanggal kaping 6 Juni 1877 tiyang nami Bok Resadikrama, kalihrare nami sadiyah umur 12 taun sami ing dhusun Tempel dhistrik kathithang (Kartasu) rena saking dhusun Tapang, kancanipun tiyang, 8 badhe mantuk dhateng ing griyanipun sareng dumugi ingbenawi dengkeng dhistrik Bendha (Kartasura) numpak baita timbo among kancanipun ingkang kalih boten tumut numpak, dene ingkang nglampahaken baita wau rare alit satunggal umur 10, taun ingkang satunggal umur 13 taun, sareng dumugi satengah ing benawi baita kerem ing toya, tiyangingkang 6 iji waged nglangi saha lajeng mentas ing dharatan, rare kalih ignkangnglampahaken wageet gondhalan timbulipun baita, among bok Resadikrama,kalayan sadiyah, kalajeng kerem kaupadosan boten pinangigih, injing ipun pulisi dhi dhistrik bendha lajeng papriksa, wasana bangkenipun sadiyah kapanggih, kasanggsang ing dhapuran deling sapinggiring banawi, dene bangkenipun bok Resadikrama, pinangih wonten ing kedhung Srengenge, taksih kentir ing toya, o inggih talah kang kula ngeresi warisipun dene bok REsadikrama wau saweg meteng 4 wulan, dipun pegat ingkang jaler jalarankakinten angggenipun ngremban wasana lajeng nemahi lalis. ======\======Kretek Kathah ingakng mastani bilih panggarapingkretek lepen Pepe, celak kamar bolahingSurakarta,naming 1500 rupiyah wragadipun, sanesipun kajeng jati utawi tosan kedhik-kedhik, punapa dene malih dipun umukaken manawi yatra samanten wau, ingkang maringi utawi medalaken nagari, sarehning kula remen dhateng ing pasaja, sarta sampun amitunani utawi anyingkrangi, dhaeng sinten sienna ingakng wajib dipun cacad utawi wenang dipun alembana, mila kula kadreng amratelakaken, Manawa wragading kretek wau ingkang kathah medal saking kanthongipun para bongsa cina ingkang sami gegriya ing pacinan, sabab ngatasing bongsa cina kathah paedahipun kretek wau, mila purun kapundhutan prabeya, ananging wenang menawi dipun alembana, purun byantoni murih karaharjaning nagari. ======\======Ing dinten punika akat tangggalkaping 17 anggenipun miloujengi kretek lepen pepe, mawi ngunjk anggur sampanye pethingan, sarta dipun pirantosi tarub sawatawis, kaliyan gamelan sarigitipun taledhek, para tuwan sarta priyantun jawi satunggal kalih lajeng sami ngunjuk, sarta angundhisi, samantena cuwa sanget dene tuwan Bikar panuju pambeng sakit, dene teka dumadakan sanget, sabab wingi sonten taksih bregas boten kraos pnapa-punapa, kalih dene malih nalika kumpulan, ketingal kemba, kados kados saking sepinipun sae kapraya surasabiyantu, kula sumongga. ======\======Panewu polisi ing Bendho,namanipun boten terang, angsal damel ageng, saget anyepeng pethuting durjana kecu anama POncadhali, ing dhusun Ngrendheng, wondene poncadhali wau ing ngajeng sampun nate kacepeng sarta kinunjara, nanging saking juligipun saged ucul jalaran anglembuk polisi, bokmanawi sapisan punika,kenceng pangreksanipun sampun ngantos saged babal malih. ======\======Kusir sewan ing pacinan Surakarta,limrah bilih ngantukaken kareta, lenteranipun kapejahan, dene atrapmakaten wau awit pakonipun ingkang gadhah sewan utawi saking kajengipun kusir piyambak awit ngagkah tugelan lilin, punika boten ternag,nangng yektos bilih kareta sewan wau, manawi dalu antukipun tanpa dilah, sakalangkung amutawatosi. ======\======Wonten kabar kentheng bilih layon dalem kanjengratu Nederlan badhe kasarehaken ing makam agengkitha Dhelef, para tiyang sami rerembagan saeka kapti, badhe angormati lampahing layon, kados angungkul-ungkuli rumiyin rumiyin, awit swargi panjenengan dalem kanjeng ratu, dahat dipu pundhi pundhi dening para kawula dalem ageng alit. ======\======Nalika tangggal kaping 8 Mei1877 tiyang wasta Mertayuda, bekel ing dhusun Blimbing, dhistrik kihta Kartasura, pukul 12 dalu, nyambangi tanemanipun klapa, sareng dumugi sawetan dhusun Ngluwang, dhisrik kitha Kartasura, sumerep tiyagn rubung-rubung wonten sapinggiring lepen-lepen, kinten tiyang 12, iji, dipun sapa dhateng Mertayuda, tiyangingkang sami rubung-rubung mangsuli songar, miwah susumbar sarta misuh-misuh, mertayuda badhe kabjung malajeng, lajeng gugah tirtawijaya, bekel ing Ngluwang, awit punika sampun kawentar sawatawis cekap,s analika tiyang dhusun ngluwang lajeng sami amirantos,anjageni griyanipun Tiryawijaya wasana dalu wau botenwonten satunggal punapa, injingipun Tiryawijaya anuweni tilas panggenan tiyang rubung-rubung wau, kapanggggih obor miwah boring deling, mila sami gadhah kinten bilih kang rubung-rubung wau pryagung kecu badhe nuweni griyanipun Tirtawijaya, awit sanget tresnanipun. ======\======Panjurung kabar Wontenbenggolkecu anama martareja,martadikrama, sanget kawentar julig anglampahi kadurjanan warni-arni, anggenipun ngecu sampun langkung kaping 5, saking panginten martareja punika kancanipun ingkang anama Poncadhali inggih pangagenging kecu juligipun anglangkungi martareja,nalika martareja kinunjara wotnen ing Bayalali lajeng oncat tanpa wonten labetipun mila andadosaken gawokipun ing kathah, malah wonteningknag kadunungan pamikir bilih martareja gdhah aji-aji panglimunan, wondene sapunika Martareja kenging kacepeng dening utusanipun kanjeng parentah ageng, ingkng kadhawuhan angupadosi Martareja wau, kacepeng ipun pinuju saweg anepi wonten ing astana, kala Martareja kapriksa denign prayantun jaksa, mawi kadangu sabab punapa dene nepi dhateng astana, saking atur wangsulanipun supados gangsar anggenipun angupados tedha Katandhan mangunpawarta

Griyanipun tuwanBiselar ing Ngadipala, sampun kasade dhateng kanjeng raden Adipati SAsranagara, katumbas 65000, rupiyah, ananging wonten ingkang sanjang malih, manawi ingkang ngarsakaken numbas kanjeng ratu ageng, ingkang katumbasaken ingkang wayah kanjeng gusti pangeran adipati Anom Pangaos 2000. ======\======Porstenlandhen awawarti,bilih kramanipun kanjeng pangeran angabei kaliyan putrid ing Mangkunagaran Raden ajeng Sujati, samangke kasandekaken, jalaranipun boten terang. ======\======Wonten kabar benjing pasamuwan ageng ing Mangkunagaran salebetipun wulan ruwah ngajeng, karsanipun kanjeng pangeran adipati, para karerehanipun bongsa welandi, badhe kaprabotan kustim nunggil warni, dene atrapipun dereng terang, ananging meh kenging kapasthekaken bilh amrayogeni. ======\======wonten kabar lsenthing-slenthing manawi ingkang asring damel tombolah ing Surakarta, mawi preisuceng (sepi)boten pasaja, mila pamanggihipun tiyang, prayogi dipun awisi babar pisan. Porstenlandhen ======\======Manawi tiyang badhe marsudi atrapipun andadosi margi ageng dipu rembagiameng- ameng dhateng jurug,ing saprenahipun pal, 2 punika weadinanipun dipun selehi selaagengipun kakang adhi kaliyan endhasing rare, ibasakecanipun para ingkang numpak kareta medal ingpanggenan wau. Porstenlandhen. ======\======Kabar saking Semarang ungelipun makaten menggahpanggarping masjid sapriki derneg sged gilig, ingngajeng sareng panggarpaipun kaborongaken dhumaeng rden adipati Dhongkol kawastanan badhe inggal rakit, nanging lepat bokmanawi awit raden adipati sampunkapara wreda, dados kawraten anjujung padamelan wau, ananging sareng samangke dipun gentosi priyantun neneman, wajib kaarsa-arsa yen bupati punika badhe anyantosani angreksa para tiyang bumi ingakng sampun dados babahanipun, bokmanawi panggarapipun masjid wau boten saged rampung enggal awit kacupetaning prabeya sadangunipun, ananging bokmanawi bupati sapunika, saged amranata, mesjid ageng wau dipun resikana papanipun,samawona bilih jumuwahan, ing mongka nalika tangggal kaping 8 wulan punika, mesjid wau katingal sakalangkung reged anjalari kathah muslim ingkang sami wangsul mantuk,kawewahan gelaran lampit ingkagn mesthi cumawis kadamel jagong, boten kasedhayakaken, wasana ignkang wawarti amewahi pamuwus apa wong mengkono iku ora wedi benduning Allah. ======\======Gapura Nagari dipun suwun mugi anguningana, gapura kilen Pakualaman punika mawi buh benthetipun sanget boten ngadeg ing tales naming taksih asesendhen ing tombok sasisih kemawon, kang mongka kreta saben dinten medal ing ngriku wnagsul-wangsul genjoting siti boten badhe mitulungi, malah anyumelangi, lepat lepat manawi sampun mongsa,badhe aniniwasi ambrug, dene ingakng sami langkung numpak kareta sakedhik mutawatosipun ingkang dipun kuwatosi, para tiyang ingkang malamppah dhateng utawi saking sepur atus-atusan punika bokmanawi kabregan, manawi boten lepat gapuyra wau, anggenipun yasa, nalika jumenengipun kanjeng gusti pangeranpanulam kaping san, mila bilih saestu gapura wau dipun adi-adi, prayogi kabibraha tumuntenlajeng kasantunan ingkang bakuh, sarta wawaton igakngsantosa, bilih boten wonten kaolipun, prayogi dipun bibraha pisan, marginipun kadadosan, murih kengng dipun ambah kareta (mataram).

Nila Ing pasiten Ngemplak bawah Ngayogya, boten wotnen taneman tom,suprandene bekel dhusun Kalisara, saben dinten saged damel NIla, 12 gendhong kathahipun, kathah ingkang apitaken bekel kalisara wau punapa boten asring mendhet tom tanemanipun pitibedhoyo, Nilanipun bekel wau aassring dipun sade ing peken Munthilan dipun iringaken tiyang kirang langkung 14 iji. (Mataram) Pangeduming margi ageng Pangedumipun padamelan margi ageng asring anglengkara, bokmanawi parentah walandi dereng anguningani atrapipun kadosta pasiten Badhoyo, punika kabageyan margi saking kali Kuning dumugi wates Ngemplak, pasiten ngemplak kabage an margi bawah Kalasan saperang, pasiten pakem dipun bebahi margi saking ngemplak dumugi Pos Genthan. Pasiten Mandira tuwi Bulus, kabageyan margi saking Genthan dumugi parujakan, mila manawi kagalih prelu, sumongga angilingana gambar karet Ngayogya, murih saged dhamang menggah anehipun ing pambage wau. (Mataram). ======\======Kambengan sarta Klengkek Nagari dipun suwuni mugi anguninganana, bab Bandar apyun ing Ngemplak, punika bilih rahinten kambengan sawung, manawi dalu botohan, ingkang punika punapa sasap pun ternag saking nagari, kalih dene panatus Kalijeruk, punika makah dados pak Klekek punapa ceecek kalian pranatan ing nagari, yen sampun terang ingkang wenang anyukani serat prelilah sinten, manawi pun panatus piyambak ignkang badhe mragat. (Mtaram) ======\======Margi Resah margi agengkilen beteng caket peken, punika sampun rumiyin milakapra resah,mila anyamari, asring-asring ingngriku wonten begal lan kalaning dalu mila kathah ingkang ajrih ngambah dalu boten pirsa genthonipun ingkang sok dhelik ing ngiku pamila punapa nagari boten andadosaken paengipun manawi ing panggenan wau dipun selehi lentera ingkang mawangi yen dalu, sata amewahi gredhu tunggalmalih (Mataram). ======\======Leskar Menggah leskar makaten ing tanah jawi, sampun lami kasirnakaken sata padagang ing tiyang dipun awisi kenceng, mawi ginantungan ukum suprandene ing nagari Jawi teka taksih wonten lalampahan aside anak, malahing bawah Yogya ugi wonten tiyang anempuraken wekanipun nanging saemper, nagari boten anguningani, milakula badhe awawarti, manawi karsa amyarsakaken nalika setu ingkang nembe kapengker wancijam 5 pun mangun Mangun menggala kaliyan bojonipun dhusuning padhuanpunika anakipun estri umur sataun dipun wade, dhateng mangunsemita, dhusun ngasem saleebting beteng, kula boen maiben bilih bayi wau boten badhe kapinten ing tanganipun mangun Semita, malah badhe nipun anggep gotrah ananging manawi wonten angger angger ingkang sampun kawiyosaken pangrangos kula kedah dipun santosani, dene manawi kawastanan yen lare dipun anggep anak dening ingakng numbas boten mencok sabab anggenipunnyade wontening panggenan Ngeblag, sasadipun dhasaraken Mataram. ======\======Nalika malem Kemis kaping 14 ing Karangdures bawah Peken geng, kakecon lit- alitan.

Ingkang dipun kecu nama Pak Sipah, pinuju jagong dhatengpanggenaning tongga, sareng wanci jam kalih dalu wonten titir, pun Sipah lajeng mljar mantuk, dipun wastani tiyang sanes ingakng dipun tuweni konca kecu, kantun tan tun pyambak ipun pyambak mila sakalangkung kaget, bojonipun kapanggih klenger, barng dipun dhakuing durjana pangaos kirang langkung 1500 rupiyah, paa tiyang sami gumun dene teka griyanipu pak Sipah ingkang dipun tuju, ing mongka caket kaliyan griya pajagen biyang Sipah angaturaken manawi durjana La, ingkang sami mlebet ing griya. Mataram. ======\======Sarehning kula rumaos cineda wontening Bramartani kadhapur kakandhan dening priyantun ingakng boten amalehaken asmanipun milanipun kula rumaos wajib amambengi pamanggihipun priyantun wau, awit sok tiyanga saged anggagas bilih panjurung ingakng makaten samanten wau ambukapine, sarta saged anyabet kendhanganing karma temahan amutahaken runtik kula pitaken dhumateng sampeyan punapa naming titiyang ing Surkarta ingang kaduungan tembung jawi tulen titiyang pasisir koncatan dhatng tembung wau,lahpunika kang boten sampun malih titiyang jawi botena saged anggayuh tembungipun piyambak ingkang remen tiyang bongsa Eropah kathah ingkang widgda dhaeng temening tembung jawi tulen punapa jandika kawon kulina, punika boten dene anggenjandika gramang gramang punika jlarnkwon sumrmabah ing kawruhjandika utawi bokmanawi saking bodho sampeyankula sampun sampeyan kiyas sarta sampun sampeyan ina ing ngatasipun kasagedan kula tembung jawi, punika kula sampun ngaken piyambak bilih dereng paja-paja dados pangungakanign kathah, anangig kula sumerep sarta saged anggagapi ingkang keneing winstn saged dhateng tembungjawi, sarta kula saged amastani bilih ing masa punika boten wonten pujongga jwi punapa boten wonten pujongga, punika wonten jandika upaya piyambak mila kula ngantos botsen ing saben sabenipun bramartani angato wonten ingkang ngucap (para sarjana) ing Surakrta sanadyan dipun byakana bongsa kula pasisir punika sampun saestu boten saged anglindhihaken ajinipun tembung jawi, lengketipun tembung jawi punika upaminipun wayangan dhateng maujudipun boten kenigngsampeyan cathat utawi kasirnakaken kajawi manawi bumi langit jawi jemblong, sampeyan sumerepa bilih suwargi raden ngabei Ronggawarsita ingkang gandanipun arum kaingsep deneing par mudha ing jaman mangke, punika dereng widagda angetrap tembungjawi tanpa sekar tinimbang suwargi Risang Kuncara ing jadatg jawi tuwin Rider Karel Predherik Winter juru basa ingnagari Surakarta lahing mangke sampun tatela manawi ing ngatasipun sawiyah ing tembung boten wonten tiyang kang saged sampurna ananging ngatasing tembung sarta kawruh punika boten sirna kadospangresula sampeyan malah tumangkar angreda saged anutupi ongga sampeyan ingkang ngantos boten saged angsal awa ing dalem saprapat jam. Ing Sastrarenggan kaping 28 Mei 1877 Pun Seh Sadali

REdhaksi amemuti,mugi raden Rangga ugi sampun rengat ing panggalih bilih kalintu serep, sdaya panjurung sampun samikagalih prayoginipun. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar

Lamunoleh paringena,mringkakang bok Sekartaji, kalinang angarsa-arsa, cecengklungen siyang latri, sang panji anauri, mas Yayi ya oleh ingsun, who ketos ingakng endah, nanging sira sun tuturi, ingsun lir walana nailika angkatingwang. Lumakukaraya-raya, tan etang drigameng margi, suprandene ing sun prapta, kusung- kusung tanpa kardi, wohketos karya sedhih lamun angulungna ingsun marang bok ayunira dudu benere mas yayi, ragil kuning miarsa lara karuna. Nrawayan ngusapi waspa, aseret denira angling, ya mangkono sira kakang, becik paringna tumuli, kakang bok Sekartaji, putrid waskitha mring semu, lantip ing pasang ipta wruh karsa kang mawa wadi, nora wurung yen nemahi duka cipta. Mau rembugane padha, para garwanira sami milalu nunggaling krsa, sumedya padha nglabuhi, jengkar kang bok sayekti, nora sedheng mring sireku,mantep praptengngantaka,lalabete mratandhani,lamun resik putrid susileng bawana. Panggene ya sirakakang, satriya widagdeng wadi, benere tan kasamaran, dadak kaya bocah cilik, dhuh kakang atur mami, abecik kundura gupuh, angsungapanabrama away angowah-owahi, sirnakakena kang amawa duka cipta.Menek lamun kadrawasan, boknalongsa sira benjing, sang panji mesemlingira, ora kaya sirayayi, kapati nggonmu merdi, lah uwis muliya gupuh,ujaring sun aturna, mring bok ayu nira yayi, away sira kuwatir mring raganingwang. Lengser kusuma onengan, samarga wapa ne mijil, sapraptaning dalem pura,labeting waspa kaegsi, mesem dyah ekartaji, dhuh pagene ya wong ayu, teka sira karuna, yayi ywa milu prihatin, paran yaayi who ing ketos kang sun tedha. Umatur retna onengan, kakang bok kula wetawis, pun kakang sakit kandhuhan, lelagune kathah salin, who ketos den kukuhi, tpasung kawula suwun, makaten wuwusira, yayi who ing ketos iki, sun ulung na dudu benere wakingwang. Mesem sangkusumeng Daha, nangign kalbunira rujit, aris denya angandika, yaya surengrana iki,tan wus sariramami, amila lunga nyut tuwuh, yayi sun rasa-rasa, lelakon mangkono yegti, nora kena pulih ing salawasira. Yayi ingsun lilanana, arsa amnggon tamansari, angeningake sarira, darapon oleha mami, pangapureng dewadi, dene yayi jro kadhatun, ingsun pasrah ming sira,mangpara garwa sakehing, dene bias away owah kadya saban. Yata retna surengrana, jajabang lir metu geni, sumung-sumung wedananya,kumejot pardoning lathi, sigra denya mangsuli, pukulun kakang bok galuh, estu bela sayuta, yen sang panji meksa dalih, andaluya kawula mongsa sudiya. Taksih wonten candhakipun. ======\======Awit kaing karsanipun kanjeng gusti pangeran adipati Aruya mangkunagara,s arehning kagunganipun pandhapi sampun rampung anggenipun dandosi dados benjing kaleres tingalanipun ing dintenakat legi tanggal kaping 24 wulan Juni punika, karsa mawi pasamuwan kados ingkang sampu kalampahan. Kalilan katandhan dening abdi dalem M.B.Purtir. Punika wewahanipun Bramartani ongka 25 Kemis kaping 21 Juni 1877

III

Candhakipun Cariyos Gedhong pamingitan Santahmariyah Dhelnopah

Manisingongga kadulu, amangagem-agem sukci,lenggahnya luhur pryongga, Grap Marelo aningali, micara sajronig nala, iku guruning pra putrid. Sang pekik tyasira ngungun, nulya malih aningali, kalenggah kering sang dwija, retna Mahdhalenah keksi cahyane amindha wulan, ing warna ayu pribadi. PIndha yangyanging swargagung, sang dwija retna sortitih, kawuri sakalirira, Grap marelo tyas mutistis ningali mring Mahdalenah, saka malinglu sang pekik. Kapirangu sru margi yuh,manebut sang murbeng bumi, dhuh sinten ingakng kuwawa,myatwarna sang raja putrid, lah sapa namane baya, trah ing luhur bogsa ngendi. Sang pekik jetung tumungkul, yata kuneng paraputri, lekas mujya kikidungan, aruming swara kapyarsi, yayah puja kunjuk marang, sang amurbeng bumi langit. Liyep lurus ing kikidung,pantes neng byantareng gusti, karya muringing driya, kawistara sang ngapekik, denya tansah kalenglengan, yayah pasrah jiadhiri. Denya lenggah marikelu,mamangun eninging galih, ardeng swara amrwasa, karya rudah tyasang pekik,mangkana ingkang cinondra, lelagon sang dwija putrid. SAwatawis warna ayu, prabawa kedhep pra putrid ,wigya olah kaluhuran, widagdeng tyas datan kengis, ing ngagal rempitan kewran, mumpuni kagunan luwih. Dhasar darah ing ngaluhur, sugonda sang dwija resi, sinung parab Piktoriyah Braksikano putra ragil, ginulang mring kasukciyan, awit duk timur sang dewi,mangkya sinung pangkat luhur, misesa sanggar pamingit, wit prabawane kang rama, sanadyan sang wreda supi, wus mangangem pasukciyan, ananging batining galih. Sepisan kya budya tuhu sru margi yuh,manebut sang murbeng bumi, dhuh sinten ingakng kuwawa,myatwarna sang raja putrid, lah sapa namane baya, trah ing luhur bogsa ngendi. Sang pekik jetung tumungkul, yata kuneng paraputri, lekas mujya kikidungan, aruming swara kapyarsi, yayah puja kunjuk marang, sang amurbeng bumi langit. Liyep lurus ing kikidung,pantes neng byantareng gusti, karya muringing driya, kawistara sang ngapekik, denya tansah kalenglengan, yayah pasrah jiadhiri. Denya lenggah marikelu,mamangun eninging galih, ardeng swara amrwasa, karya rudah tyasang pekik,mangkana ingkang cinondra, lelagon sang dwija putrid. SAwatawis warna ayu, prabawa kedhep pra putrid ,wigya olah kaluhuran, widagdeng tyas datan kengis, ing ngagal rempitan kewran, mumpuni kagunan luwih. Dhasar darah ing ngaluhur, sugonda sang dwija resi, sinung parab Piktoriyah Braksikano putra ragil, ginulang mring kasukciyan, awit duk timur sang dewi,mangkya sinung pangkat luhur, misesa sanggar pamingit, wit prabawane kang rama, sanadyan sang wreda supi, wus mangangem pasukciyan, ananging batining galih. Sepisan kya budya tuhu lawansepi titi ngadil, remenya ulah kawiryan, barangkarsa tanparirih, angluluri lampah pagelah,tan ayut ing tyas darengki. Dadya eman warna ayu,lane man pangkatnya wingit,nanging patrap kang punika, ing amngke dereng kawikis, yata malih winursita,Grapmarselo sang apekik. Waspaos genya dudulu, marang sagung para putrid, kang wus manjing kasukciyan, tuwin ingkang para putrid, kang maksih palara- lara, dadya saponthaneng wuri. Dereng amanganggerukuk,ing wuri ingkang nambungi, putrid kang sawek suwita, dadya sapontha pribadi, yata Grap marselo mulat,mring mahdhalenah sang dewi. Kawaspadan kang saestu, yen dereng umanjing sukci, sang pekik tyas katuwuhan, ing bab kang duwi prakawis,sapala tyas kabingahan, kaping kalih tyas makingkin. Wredeng bab sukaning kalbu, denya sang pekik ningali, marang retna Madhalenah, estru dereng manjing sukci, wredeg dirya priatinan, mulat endah engkang warni. Tur nalika kang rumuhun, adapt darbeni pangggalih, kadadak nandhang kungimang, mulat ayune sang dewi, mahdhalenah duksemana, yuswanya wolulas warsi.Sang pekik sangaya ngalyung, yungyun mandeng sang suputri, adangukenmahdalenah, karaseng tyas den tingali, gya tempuh ujugan tingal, kang mandeng satriya pekik. Lawan liniringing semu,pastrah wibawa mukti, sang retna mojaring driya,lah iku satriya ngendi, apelak maksih taruna, pamandenge tanpa uwis. Taneman warnane bagu cacade tanpa kekering, dudu lu nora pasaja, sijenat anggarit ati, bias agawe wigena, sang retna sakala brangti. Sangpekik ciptaning kalbu, dhuh ya gene putrid iki,warnane ayu utama,lan pantese sarwa wasis, dene kongsi kalampahan, manjing ing sanggar pamingit. Yen papantese wong ayu, pinanggungwibawa mukti,iyng ngayap para pawonganmendah dene liwat asri, dhuh ya gusti muga-muga, kaleksanan ing benjing. Yata kang wawan pandulu, sang putra lawan sang putrid,duk sareng ujungan tingal,lir pagute kilat thathit, suh rempu driya kalihnya, rumaras pyuh amranani. GRap Marselo saya liwung, kadrawasan ing pangaksi, temah supe ing riringa, pamandenge anemeni, sang retna yu Mahdhalenah netya rengu sawatawis. Srumerang tansah tumunggtul, sang Pekik tan angendhani, byatning tan kaawanongga, mulat manise sang dewi, ing wasana kawistara,marang ing sang wredasupi. Sang dwija waskitha dulu, Grap Marselo langkung pekik, ujala katon kumenyar, prabeng muka anuluhi, estune sang wriyadibya, sang dwija tyasnya kagingsir. Mangkana osiking kalbu, wongikis triya ngendi, taruna bagus ing warna, dene lir kapadhan kapti,kalawan si Madhalenah, asuwe sawatan liring. Eman-eman wong abagus, yen nora jodho lan mami, tangeh oleh sun ngupaya,kang kaya satri iki,mangkana sang dwijaretna, kengis ardaning panggalih. Para ignang remen miyarsakaken cariyos nginggil punika,kaaturan manggalih wawatekanipun guru wanodya, sarta angenira nandukaken dedamel,murih kadugen panggraitanipun, nanging sujana kagalih Grap marselo akaliyan dewi Mahdhalenah boten pisan kanthah. Redhaksi Taksih wonten candhakipun Ongka 26 Kemis kaping 28 Juni 1877

Surakarta Wonten gapit Brajanala Kidul, meh saben dinten wonten paben udur dedreg ngantos saru kapyarsa ing priyantunkathah, jalarankemit bumi anggenipun ngawisi tiyanglangkung sanget resah sawenang-wenang, mongka tanpa maw waton ingkang pantes kaangggep temen, samantena purunipun kok naming dhateng tiyang alit ingkang bussuk kemawon, sareng wonten priyantun patrap panganggenipun boten leres kemit bumi wau boten purun ngengetaken utawi ngawisi, lo punika kados pundit, utawi ing Brajanala kang ler inggih makaten ugi, punika mugi parentah kang kuajiban amambengana kalayan kenceng,murih sirnaning reresah kemit bumi sadaya wau kaparingana serat planggeran tuwin plekad saengga ingga pura sekatenan dados para ingakng langkung sami sumerep lepating patrap panganggenipun, utawi badhe maedahi kathah sanget titi. Kawula abdi dalem ingakng ngluhurken kaprabon angaji- aji karaton. Kyai Ngabei Wiryasudarma. ======\======Dereng lami ing serat kabar salompret malajeng nyariyosaken menggah tiyang estri satunggaltiwas pejah margi ing awakipun kelebetanlintah sareng kula manggih pakabaran makatenkula lajeng kintun panjurung dhateng salompret malajeng wau raosipun sukarembag menggah akalipun manawi wontenmalih tiyang manggih pakewed nguwatosi makaten, ingggih ugi sampun kapacak, ananging pangraos kula prayogi nglimrahaken malih menggah rembag punika, supados mindhak kakathah malih tiyang sumerep ingkang dados akalipun,menggah pratelanipun makaten ing pundit angsalipun kelebetanlintah ipun lajeng kasusulan toya sarem ingkang kapara kenthel inggih sarem kapara kathah kaejur wonten ing toya, saupamilintah ipun lumebet ing cangkem ngantos sadumugiing gorokan utawi ing wadhuk lajeng ngombetoya sarem wau, utawi mamah sarem dadosa ngantos sasendhok ageng lajeng ngulu toyanipun, yen sampun boten karaos panyakotipun mongka derng medal jalaran nuntak praygi lajeng nedha sarat tuntak ngantos sawedalipun, makaten malih yen ingakng kalebetan sanes panggenan toya sarem wau kalebetena mawi semprot ngantos sasamantuning panyakotipun, rembag punika katranganipun makate dene menggahlintah punika yen kengingsarem lanjeng lemes awakipun boten saged nyakot yen kathah malah ngantos pejah mila manawi wonten lintah tumempel ing awakipun tiyang, mongka kapurih regelipun naming kadekekan sarem sawatawis ing endhasipun lajeng ucul. ======\======Dalem Asisten Residhen

Ing Wanagiri (mangkunagaran) sampun dipu lekasi yasa dalem Asisten REsidhenan, kados kados badhe enggal rampung, ingakng yasakanjeng Pangeran Adiapti Arya Mangkunagara, malah wonten ingang criyos manawi benjing sampun dados, gedhong wau badhe dipun aturaken lir pisungsung dhateng kanjeng gupremen, ananging kanjeng parentah ageng ing Betawi,sakalangkung tarimakasih ipun boten karsa anampeni kanjeng pangeran adipati, dipun karsakaken angrampungaken anggenipun yasa, bilih sampun rampung, kanjeng parentah ageng betawi badhe karsa mundhut katumbas 35000 rupiyah, kadi dening taksiran ngajeng, wasana pandameling dalem Asistenan wau, dipu tebas dhateng Arsitek mangkunagaran tuwan I manawi boten lepat badhe kathah bathinipun. ======\======Telegram saking Londhen katitimangsan kaping 21 JUni angabaraken makaten panguburipun layon dalemkanjeng tuwan Nederlan ageng apkormatanipun, ingkang sinuhun kanjeng raja, para kanjeng pangeran kratonan utawi parakangjeng pangeran saking nagari Dhitslan, sami ngetut wingking kunarpa dalem, panjenengan dalem kanjeng ratu Engglan sakalangkung sih dalem dhateng kanjeng ratu ingkang sampun kamuksan, karsa amratandhani katresnan dalem angintuni pralambang sekar mawar pethak kadhapur angitan, pangaosipun sekar sapala, nanging wrediipun sakalangkung wingit kalih dene malih anggitan wau murih taksih ya seger dhatengipun ing kitha Segrapensehahe, kakintunaken mawi baita agem dalem pribadi, punika kemawon sampun pinten pinten pangosipun, wondene ingakng pinataha ngaturaken sekar anggitan wau, kapasthekaken bilih duta dibya, tanpa wilis kathah ing tiyang ingkang sami dherek aken layon dalem kanjeng ratu utawi ingkang aningali. ======\======Serat kabar Eropah angojahaken bab aslinipun jendral Turkijujuluk Nebibasah, yoswanipun samangke 45 taun, nalika perang ing Serpiyah jumeneng lurahing SEtapka bawa abdulkarim, menggah Nebibasah wau, mila sampun kaweca bilih misuwur ing bawana, dene wanda utawi tingkahipun tan beda saipret lir upisir walandi, mumpuni susileng kramai, dedegipun geng aberawa, watekanipun sumeh boten purun dherek adapt makina, malah kathah emperipun dherek solah tingkahipun pujongga ageng swargi Polter, anggenipun muruita nalika timuripun ing Eropah, sasampunipunktam anggenipun maguruing praja Brussel tiyang agung wau, lajeng amulana dhateng pangkrik, Enggelan sarta ing Italiyah,sareng kondur ing Istambul lajengkrama wanodya asli saking Prangkrik. Sadangunipun peanging Sogowinah, kapatah angampingi Dherwisbasah, ing ngriku Nejibbasah sampun amratandhani baut sarta ageng kasudiranpun budi lan setyatuhu,ngantos kapasrahan amengkoni wdyabala sabregada, saeng wangsul malih ing praja KOnstantinopel sang Basah lajeng dherek ilonmurih angendelakenprabu Abdul Asis, sareng Prabu Murad jumeneng nata sang Basah dipun kulawisudha dados Penir (Jendral Divice) nalika amanten angggenira anindakaken wdya bala Turki, perang ing Sopiyah, kabyantonan upsir setap sakawan kaliyan kapitan kalih sami gegelengan infantri. Menggah serat kabar wau ugi angandhakaken babandhentipun wdya bala Ruslan ignkang jumeneng Operbepelober, tiyang agung Nikolas Grutepores, yuswa 46 taun agneg inggil awijang karadedegipun sakalangkung kikiyatanipun badan dhapurira anjayeng palugon, malah emperipun kadi terah romonowa, paangkatipun pinten-pinten, jendral jeni, ajudanjendraling sang prabu Ruslan, inspektur jendral gagelengan jeni, sarta kapalari sinelir upkomendhan dhisrtik militer ing kihta Petresbreh, presidhening upkomite ngatas pranataning wadyabala, komendhan residhmen Granadhi res, sarta residmen dragonder ing Asrakan, tuwin residhmen usariskandar, sarta Sawirbasa layon satunggal bongsa Kokoasus, komendhan Usar bongsa ostenrika nomer 2 komendhan resimen Kungasir bongsa roris,mila tiyang agung Nikolas badhe keweken bilih Ruslan ngantos sacrah kaliyan Ostenrik yen ngantos saka lampahan makaten bokmanawi tiyang agung Nikolas, kabentel angluluh resimenipun piyambak, menggah jendral Pontatlebeb, ingkang sampu misuwur nalika perang krim punika ddos ajudanipun tiyang agungnikolas jumeneng dados lurah ing gelengan jeni dene ingkang kapatah dados pangarsaning setaping dhistrik Petresbureh Litnan Jendral Sekuwalop, ingkang nglurahi Artileri Prines Masslaki. ======\======Kandhanipun tuwan Seprengerpandak akaliyan tuwan Dhero, Lokomotip angabaraken makaten: Sakalangkung amrelokaken anggen kula nupiksani cariyosipun tuwan Seprenger, ingkang pacak ing serat kabr Betawi, manawi anggen kula anyaruweni kapara kasep, punika sampun kagalih deleya, punika boten pisan ingkang dados jalaran mila ngantos angembenaken wedharing pamanggih kula wonten ugi. Menggah nalar wau pamanggih kula sampu nterang sakawitipun kaginem, sakalangkung gumun kula dene ngantos parentah ageng lepat tindakipun igkang nglengkara makaten, mila pangintenkula kanjeng tuwan ingkang wicaksana lajeng karsa anakeni kalintonipun nunten ambikaka pangangkatipun tuwan Dhero, dados sekretaris Rad Pan Indi, utawi ddos gupremen sekretaris, sapangkat pangkatipun anggenipun mapanaken. Menggah ingkang dipun udur punika sampun sami kasumerepan dening para ingakng maos serat kabar, dene watonipun panggeran paprentahan suraosipun boten amarengi bilih amtenar kalih, 1 Skretaris Jendral 2 Sekretaris guprenemen, sami klebet pripeyan. Para ignkang maos pratelanign anggen kula medharaken pamanggih, sampun anguingani, panampinipun para Koran ing Betawi sarasa kaliyan koncakula juru kabar ing Betawi pamanggihipun,mila pasajanipun nagari kapara katawengan suraosipun bab 18 watoning panggeran paprentahan, mila kawastanan bilih paprentah agenglajeng anetah piyambak dene atrapipun agenira karsa angewahi kalepatan sampun amratandhani bilih nagari anetah piyambak mila sanadyan kula amanjurungi, yen nagari ajib kinarya tutuladaning para tiyang, anggenipun nyantosani surasaning panggeran suprandene kula rumaos ugi pakiranganing makluk ngantosa kujla purun purun amaoni kalentunipun parentah ageng, ananging sangsaya anggenkula kaderng nyuwun mugi parentah ageng andarbenana ambek santabudya, nunten karsa amasani yen pancenlepat pamanggih kula kalintu, manawi nagari angekahana kalepatan murih anyantosani wasesanipun malah pangraos kula sangsaya anipisaken pangawasa bilih nagari ngantos karsa apapaes adil miyos margi alilit uwi, botenbadhe dipun andeling tiyang kathah ingkang boten pisan kenging dipun wadeni udhet samantena kula inggih rumaos bilih parentah ageng kaweken yenngantos pasaja,langkungmalih manawi anguningani kathahing kang sami sukansukan acekakakan bingahamirsani paentah ageng kapranan ananging kamanaha yen isining nagari boten watek sesongaran sadaya, malah kathah ignakng sami sumungkem bilih anyipati yen parentah ageng anidnakaken berbudi karsa angakeni sesiku. Wsana bokmanawi wonten ingkang mastani punika sampun kalimrahan, sanadyan kula piyambak inggih kadugi tumut mastani makaten, ananging saemper ngari kekah boten saged uwal saking wuwulang awak suraosipun parentah ageng kedah sadangunipun nindakaken ambeg roda paksa sadudibya amumpuni sabarang damel boten karsa amrejengaken yen cingkrang pamanggihipun nalar utawi tindak tandukkang makaten wau, prayogi dipun agem deing parentah juru roda paksa,ingakng mayak mayuk jumeneng ing dhamparipun tegesipun parentah reged, bilih ngatasing masakala samangke, para ageng ingkang nyaweni parentah, tuwuh saking isining tiyang alit ing beningipun bibr damel wangsul dhateng alitipun malih,botenlampah mila yen atraping polatik kang makaten wau, alam sapunika, sasat watek tanpa isi, anrawang ketingal batinanipun, botenkenging kalajeng-lajengaken tanpa dipun uman uman ing ngakathah.Menggah pasamudananipun parentah ageng, murih amulas pranatanipun supados dipun wastanana wawaton temen, punika boten necegi kaluhuraning parentah ageng, kalih dene malih kirang pepak bab pangangkatipun tuwan Dhero, punika pancen kalentu tanpa wawaton, sanadyan dipun wolak-walika, kawastanan mawi wawaton inggih maksa boten mencok, dangu dangu atrap makaten wau, kula wastani agugujengan kaliyan panggeraning nagari, ing mongka ingkang gugujengan paentah ageng pribadi, ingkang kedah ngekekah ingpanggeran wau, mila kula angaturi pangenget temen- temen, yen bilih makaten atrapipun, parnetah ageng piyambak suraosipun ingakng anempuh panggeran dene bilih parentah ageng kekah amastani manawi anggenipun angoncati kalepatan kawastanan bangkit,kalebet atraping polisik luhur, ing pawingkingipun boten badhe kalebet olo, manawi amtenar alit alit badhe tiru-tiru angandhahaken pranatanign panggeran. Katandhan C.S. ======\======Ipenipun Pak Bun Ramakgarewal. O saampuning tamat pamaos kla ing Bramartani ongka 22 anuwuhaken gumujenging manah. Dene teka tumut arda amundhut raganing rasa sejati, kawuningana sanadyan inga ngajeng panjenengan redhaksi sampun matoni, utawi kula sampun anuwun pamit suprandene boten tega,nangng acanthi nuwun lilah tuwin gung pangaksapaning redhaksi. 1. Wontenipun ngelmi sejati jaman alam arwah 2 saking wontenipun tuwuh saking lapel ansinusiriwaanasiruhu, 3 prelunipun sediyakala, malalukmaot, 4 paedahipun lapel 7 ingkang kadunungan 5 sabab wontenipun jalaran kadunungan kurup alip ha mim dal sapanunggilanipun 6 ngelmi sejati tegisipun kumpuling sampurnaning ngelmi Allah ayal Nisah sasaminipun 7 wujudipun sipat diritejali 8 sababipun kapara wujud kadunungan panguwasaning saibulguyup 9 ingkang kadunungan panguwasa nutf wastanipun 10 dene ingakgn wajib ngangge jisi mulatif 11 sababipun keigng kadamel piranti tuwuh saking dayaning sipat rahman. Lah mugi katampenan rumiyin, dene pencaripun wau, kasarehna ngantos si saruni rising cebol anggayu, langit nawungkridha menggah leres lepatipun anuwun gung pangapura sampeyan, tuwin sarjana BRamartani. Sastra Maliwis. ======\======Ewahan Candhakipun cariyos sanggar pamiwitan kaping III wewahanipun bramartani ongka 25 wonten lepat utawi kaltuning pangecapipun, kadosta: pada 3 garis, 7 saking nginggil mungel sakama,leresipun, sakala, pada, 12 garis 6 saking ngandhap mungel kawikis, leresipun kawingkis, pada 19 garis 10 saking nginggil mungel pantrah leresipun pantestra, pada 20 garis 12 saking nginggil mungel bagu, leresipun bagus garis 4 saking ngandhap mungel sujana kalih leresipun suna kakalih. Redhaksi. ======\======\\Pocong\\ wonten telik sajuna ingakng winuwus, ing tatkala siyang, angangrak bangsat sawiji, amlampah sru, sarwi mawan wastra basah. Kyai telik ngunadi kaingtyasipun baya sinjang ika, ngukden papekang darbeni, sinalingkuhaken dening punang bangsat. Sumarmane kyai telik Tanya gupuh, eh bangsat mandhega, atutura kang sayekti, paning ngendi gonmu olehi kuwastra. Bangsat pajar arum manis tembungipun, elah enggihkakang,sing duweni jarik niki, tiyang cinawis maing kkampung nglawiyan. Lamun kakang pinuju seneng ingkalbu, peken iki sinjang, ananging ulun prajangji, away sira bekta in gang marang prepntah. Kyai telik langkung sugal nuwusipun, aku gelem ngalap, jarik kang ko gawa kuwi, ngingwang pasthi nglarak sira marang prentah. Sadangune samya peperangan catur,telik tan prayitna, kerisnya kang sinangkelit mapan kena sinebrot dening pun bangsat. Gya lumayu tan karungwan paranipun telik winursita, kantun anjombong berdhiri, dheleg- dheleg lamun arsa nututana. Wasanane kyai telik sigra mantuk,klawan bonda tangan kliwir-kliwir sanget isin, saiba tata suwane atinira. ======\======Punika candhakipun ariyos serat gedhog lampahan panji sekar Milalu tumut paduka, para maru anambungi, sadaya datan sulaya, miliya marang tamansari, ingngampah datan keni, asarana prapteng lampus, yata kadadyanira, sadaya tilar jropuri, retna gauh wus lumengser marang taman. Para maru atut wuntat,miwah ban parekan cethi, retna onenegan tinilar, tinungkulake sang dewi, duk prapteng tamansari, pintune kinunci gupuh, sagung para kusuma, mamangun eninging galih,enengena gantya kang gambuh ing karsa. Sang panji kang winusus, dupi tumingal mring dalem agung, sepi datan wonten banening pawestri,sang panji anulya kondur, estu sepen jro kedhatun. Gegetun mingak-minguk, sigra mintar mring andhok duk rawuh, retnargil kuning kepanggih aguling denya sarekukup mujung, katon sungkawa sang sinom. Parekan embank babu,s amya atengga mring gustinipun, sang apanji gya andangu marng cethi, kowe kabeh apa weruh, dene suwung jro kedhatun. Iku ta ariing sun, wayah mene teka sare mujung, dingarene nihinya matur wotsari, gustiring paduka dangu,s akenjing muwun kemawon. Netrane kongsi balut, wit tinilar mring sang retna galuh, lawan sang kang para garwa umiring, mangke manggen tamansantun, pintu kinunci pitados. Sang panji sigra wangsul, sapraptanira ing taman luut, pintu taman tinebah kang datan aris,lah ya apa karyanipun,kabeh andhelik ing kono. Tan ngembet ambet ingsun, yata kapyarsa sakiing jro pintu, retna surengrana krodha gya nauri, eh sapa wong arsa masuk, mengko pesthi ajuramoh. Tan lega atiningsun,lamun nora pareng ajur mumur, lan wong ngunguh delap delape marani, wong wadon sundel jalebut, sisa maling sakeh wadon. Aja sira malebu kabeh putrid p[adha budhug mumuka, sisamaling pignselawe saben bengi, wus nora praduli ingsun, ngenger jalma kang mangkono. Yata kang para maru, gumarumung anambungi wuwus nguman-uman ngoso oso gumariwis sang panji miarsa gidhuh cengkelak wangsul ngedhaton laju anandra mujung, data nana sasaosanipun sru kalapantanana kang graratengi, renteng tyas asmu kaduwung, cigek kang murweng lelakon. Gantya ingkang winuwus, prabu Bramakumara duk dangu,nalika nya bununca tibeng wanadri, tanpa wadya sang aprabu, dumadak kodheng sang katong. Bingung tyas asmulimut karsanira mijil wungsal-wangsul dupi tita kalih ari tigang ari, narendra tyas sira mupus, dadya kendran mring dewanon. Wana kalangkung singup, kang dhinahar ing saarinipun, barnag kang who narimeng titah dewadi, ujub manjing nastapeku, kuneneg ganti winiraos. Kadya mangsuli wuwus, yekti sareng lampahanipun, ingkang kantun ing makasar kyana patih Bramadenta patih sepuh, kang wus pinarcayeng kewoh. Taksih wonten candhakipun, ======\======Punika wewahanipun bramartani ongka 26 Kemis kaping 28 Juni 1877

IV Candhakipun CAriyos Gedhong pamingitan Santah mariyah Dhelnopah

Ing Rehtan kawawanayut, brantanira mring sang Pekik, dadyarsa kaya pitenah, pratingkah ngalang-alangi, wus rinakit jroning driya, masangkala wredasupi. Kang badhe dadya pangmulut, sang pekik ya kongsi pangggih,lan sang retna Mahdhalenah, sang dwija amasang sandi, kekeran kang tan sayogya,kang estu den leksanani. Grap marselo tan ngrempelu, yen badhe pinasang sandi, among wingwrin sawetara, piinandeng mring weedasupi, dene sang dwija wanita, ing pasemon kadya runtik. Annyana lamun kasiku, kawanguran ing pangaksi,brantanya mring mMadhalenah, dadya tumungkul sang Apekik, sinamur arsa tetanya mring janma priya satunggil. Kang ngadeg celak sang bagus, nalika dinuking giring, janma kang ngadeg punika, muka mesum ajeng gigis, raga kuru ulat kithal,ngalebi katutup topi. Dadya kendel tan saestu, denya tatanya sang pekik, kalawan janma punika, pamandenge amucicil, amancengreng pulirikan, sang pekik grahiteng galih. Amicara jroning kalbu, apawadine wong iki, mring ingsun apulirakan, kaya tingkahe wong gething., yen gettinga iku mokal, dene pangkat merbon putih, Nanging patraping pandulu, wong iki anggarit ati, sawarsa mongsa ilanga, jro kalbusinereng sandi, prana anukmengs wardaya,patrape wong nginggiit-inggit. Apa baya janma iku, darbe mitra madhawarni, angemperi sarireng wang, nanging wong mangkono pasthi,norta darbeni watekan,kang lambaran padha asih. Neng na kang anuksmeng semu, kasaru kang para putrid, mangun malih kikidungan,mumuji luhuring gusti, yen sus kang katelah isa, lan umisang nirmaladi. Dewi maryam wusnya dangu, yata rising wredasupi, kundur marang pamingitan,miwah sagung para putrid, unmiring sang dwija retna, nadyan sang pindha apsari.mahdhalenah milya kundur, sadaya wus tan kaeksi, san gpekik dupi tumenga, wus sepen kang para putrid, tyasira langkung kacuwan, tan wigya tumingal malih. Marang ing sang murtiningrum, kang daadya teleng ing galih Grap Marselo sanalika, sumaput tanpa ningali, jiwa lir pecatan raga, tbyatan wigya anaeni. Mulat manis seng sang ayu, yata dupi remrempitik,anglalu liwunging driya, tan ana liya kaeksi, mung kusuma Mahdhalenah, cumanthel ing netra kalih. Gumantung mun geng jajantung, wiletnya amulet ati, sang pekik angesah-esah meh supe tan wrining dhiri, yata ingakng kawuwusa, inya siyo kyai santri. Waskitha sadanguniipun, mring solahe sang apekik yen brongta mring mahdhalenah myang duk kewran ing panggalih, denira arsa tetanya,janma mesus kebek wenang. Inya sinyo wlas tumingal, sigra cineneng sang pekik, binekta linggar pyambakan, pisah lan gyan janma juti, Inya Siyo ling baris dhuh sinten dika wong bagus, lir trah ing wityaredya, sinten sinambat wawangi, asli pundit sinten kang darbeni tedhak. Kalamun abduka weca, mangke kawula jateni, wanodya kang dados karsa, kang mindha haygn swargadi, kula waskitha ugi, paparapira sang ayu, myang namane kang rama, kawula inggih udani, Grap marselo POrtah kagyat duk miyarsa. Sinawang kang amicara, pamulune sarwa becik, ing wau nalika kagyat, meh sereng denya nari, dupi waskitha yekti, dadya aris sauripun, kiyayi purun kula, aweca nama myang asli, yen andika purun tan medhar ken rahsa. Ki yai santri lingira, yen makaten dika inggih, kawula purih sampaha, lan medharna kang moyani, yen dika anyagahi,mangke dalu dika wangsul, kula kang manggihena, kalawa sang retna dewi, yen tan wangsul estu jijirih andika. Sang pekik saksana mojar, kiyai kula puniki, wsta grop marselo POrtah, asli ing tanah Itali, sampun tinilar lalis, denign rama miwahibu, dene prapta kawula, duk wau tan darbe kapti, among sedya nuwun lan myatsakena. Raras ruming kikidungan, para dyah kang manjig nsukci, lan ulun arsa uninga, pupundhen sanggar pamingit, wusnya waskitha yekti, wusana kagyat undlu, wanodya ayu endah pindha hyangyang suwargadi, ulun ngungun dene ta dereng diwasa. Sang retna wonten jro sanggar, eman warnane sang dewi, cupete kang dabe putra, dupi kawistar yekti, sang kusumaning adi, dereng ing nggeman rukuh, daddya derengpunika, sang retna manjing ing sukci, apuwara tyas ambaestu kagipih. Byatni geng nandhang kurimang, ngantos kasupen sakalir,kedah ningali kewala, marang kusumaning adi, nunten ulun yun uning asline sang murtiningrum, ulun arsa tatanya,, ketanggor sujanma juti, mamak mesumancereng mulat mring amba. Marbot kang ngadeg ing ringan, lir darbe panas jro galih, dadya mbatane astutanya, inya Siyo duk miyarsi, wuwusira sang pekik, gumuyu sukalon muwus,kang makaten punika, ki bagus den ati-ati, solahira saestu yen kawangduran. Sumarma kula wewarah, yen tan wangsul dika jirih, jrih mrih janma panasdriya, lah empun andika mulih wangsula mangke latri, kawula jateni tuhu, mijila bubutulan, ing ngriku kula anganti, Grap marselo sigra lengser saking sanggar. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 28, Kemis kaping 12 Juli 1877

Kabesmen Nalika tnggalkaping 26 Juni, 1877, punika watawis tabuh 10 dalu, ing kampugn prajuritan kalebeting kitha Madiyun, wonten subawanipun tiyang acerik-cerik nedha tandang tulung, angantawising bilih ing ngriku wonten bancana, lajeng sawarninipun kundhala ingakng wonten ing griya pajagen sami tinabuh, pnapa dene ing beteng ugi animabngi ngungelaken tengara murih mirantosa prajuritipun, ing sanalika kathah tiyang amonca warni sami dhateng atandang tulung, ananging boten mikantuki, amargi sampun meh kasep, dados mulad mulad ing brama sampun andados temahan ngantos ambrasthakaken griya kakalih, nalar makaten wau ignkang sami dipun lepataken tngga tepalihipun sabab kirang rikat dhatengipun, wondene jalaraning kantun wau boten sabab saking weyanipun tongga tepalih, ananging sami ajrih dhaateng ungeling tengara beteng,margi sareng miring dharedheting tambur lajeng agegancangan sami nglempak boten amerlokaken tetulung. Menggah ingkang gadhah griya piyambak inggih boten sumerep jawinipun margiing waktu punika angleresi pajagenipun dados griya wau dipun suwengaken, mila pamangsanipun brama boten taha-taha Kondhestu ======\======Wiwahan Benjing tanggal kaping 26 Juli 1877 ngajeng punia, pmireng kula kanjeng Bupatos madiyun bdhe kagungan damel angramakaken putranipun wnudya, ignakgn sampun pinaangaken akaliyan wayahipun kang jeng bupatos ing Bujanagari Wondene gerahipun sapunika sampun meh kenging katembugnaken dhangan babar pindhah. Kondhestu. ======\======Serat saking Kaliwungu (Kendhal) anyariyosakenmakaten

Lalampahan raja pejah ing bawah dhistrik Boja, sapriki sampun kalih taun laminipun nembe kewiyak sapunika, jalaran pangocehipun bojonipun ingkangnglampahi kadurjanan, mula bukanipun makaten: wonten para kesah saking Semarang dhateng Boja,nglangkungi dhusun Glagah,kamper dhateng griyanipun ingang dados lurah, kagalih parimmpen awit bekta amalkathah, kyai luah sakalangkugnbingah, dhasar bojonipu kalih tuwin sanget anggeipu madati, mila lajeng ananggapi tuwin dipun sugatani pinten-pinten boten mangwang pangaji, anjalari nyirnakaken songarungining nyai para dhateng kyai lurah sarta semahipun kalih, saingga dipun dedai daganganipun inten inten sarta liya-liyanipun boten pisan darbe sumelang, lajeng tilem boten badhe anjanggelek malih. Ing salebeting tilem Nyai paradipun pejahi dening lurah dhusun wau barag daganganipu kadhaku, jisim lajeng dipun pendhem ing cacaketanipun griya, kyai lurah amekani murih anyidhem raja pejah wau,boten ewet sarehning tanpa seksi naming bojonipun kalih,mila pangadilan boten saged enggal malih eleripun, dumugi sapunika sawek kapingkis, awit bojone boten tarimah menggah pengeduming barang durjana wau, tuwin awit saking panyikaaning bojonipun mila estri wau lajeng kesah lapur dhateng wadana ing boja, saksana polisi enggal anitipariksa, pendheman regedipun dhuwuk nunten manggih cihnaning kadurjanan anyantosani aturanipun estri sapriki justisi taksih iyek mariksani, dene estri anginten sampun ludhang boten badhe katempelan punapa-punapa lajeng lampah ramban dhateng satunggaling tuwan sarehning kapara ayu warniipun katampen karengkuh semah sangsaya anggenipun anginten manawi badhe lepat saking udur, ananging kalintu panampinipun sabab sapunka pun estri kapundhut deign justisi,lajeng kaladosaken. Koran Surabaya. ======\======Para tiyang ingakng badhe minggah kaji, kedah aningalaken serat pikekah sakinglurah dhistrikipun murih saged tampi serat pas saking nagari salong wonten ingang dipun damel wawato angupados pirtuwas ing bawah Semarang kacariyos carikipun sawijining asisten wadana, boten purun anyuani serat pikekah ingkang dipun tedha dening tiyang ingkang badhe minggah kaji, bilih boten asok yatra sasemat dene ignakng boten bayar saanggris punika dipun dedangu pinten pinten dinten, wangsul ingakng bekta yatra tiga tengah rupiyah punka lajeng kemawon dipun sukani serat pikekah. Koran SEmarang ======\======Ing bawah Prayangan wonten pengulu, anglampahaken sakama-kama, menggah pamendhetipun jangkat panedhanipun sadasa baga ing dalem satusipun ======\======Kintunan Punika wewatonan ngatasing rengrengan reglemen amajegi utawi amajegaken siti dhusun ing bawah kratonan kakalih, kadi ingkang sampun kalairaken ing lokomotip ongka 107. Lokomotip amastani menggah reglemen wau bubukanipun sampun mratandhani yen karsanipun ingkang ngiket angendhori, jalaran bongsa jawi kalilan anebas siti dhusun manawi kula piyambak amastani lepat sumongga kagalih,punapa ingkang ngarang reglemen wau boten amikir, yen nalar makaten punika, badhe anjeblagaken konten dhateg bongsa cina, saged angukup siti tebasan sarta anundhung dhateng bongsa kulit pingul,lokomotip amratelakaken malih, bilih ngantos kalajeng,paracina nunten gampil panyambutipun nama ngangge namaning mitranipun bongsa jawi, ing pangraos makaten wau boten susah sabab pun cina lajeng kemawon kuwajiban anebas siti dhusun, atrapipun makaten: Manawi cina sampun sampun ngedegaken kongsen lajeng milih bangsanipun cina satunggil kalih, dipun aken dados jawi, dene manawi bade bakuhi babar pisan mendhet cina satunggal dipun aken minggah kaji dhateng Mekah, ingkang mragadi inggih kongsi wau, sareng sampun surbanan cina wau lajeng wangsul sarta amrsudi badhe nebas siti dhusun punika boten badhe kapambengan sababpunkaji lajeng agegriya ing dhusun dados abdi dalem dene paitanipuunn boten badhe kacupetan saged nganjoni pajeg sarta yatra bebekten, malah saged agel muk para patuh murih sampun suka, sitinipun kapajegan deing tuwan tuwan, supadosa boten saged anjangkepi, 250 bau,ingkang sampun kadamel pepesthen, suprandene papesthen langkung saking rekaos, bilih nedya ambambengi, sampun ngantos amajegaken utawi angonjotaken, inggih ugi gampil awit pun kongsi sampun mirantos. Menggah kaji wau oten ewed amasajani, yen kadangu bab ing paitanipun amulasara siti, lajeng saged amangsuli, anggenipun nyambut dhateng cina utawi kongsi, sabab sasemerep kula dereng wonten pageran ingkang mambengi bilih tuwan kaji wangur nyambuk paitan dhateng Cina Opito, utawi liyanipun, mila lokomotip anyasmitani, iba mutawatosi pun bilih pranatan wau kelajeng. Salajeng ipun lokomotip mastani, bilih ingkang ngiket reglemen wau, boten gadhah sumelang, awit kagalih, boten badhe dedel tiyang jawi purun amajegi siti dhusun , lah yen saestu boten gadhah sumelang, punapa ateka amumungu nalar ingkang boten prelu. Menggah pamanggih kula nalar prelilah wau, boten tuwuh saking rembagipun kanjeng tuwan residhen kakalih, sangkanipun saking kantor ageng Betawi, mila maiben yen panjenengen kakalih, ngantos amarengana pranatan anyar anyaran wau, sabab kanjeng sultan Ngayogya sampun anguningani, awonipun bilih bogsa cina kalilan amajegi siti, tandhanipun nalika swargi raden tumenggung Cina Secadiingrat panuju ing taun 1858 utawi 1859 kalintuan bayar arta, surpandene raden tumenggung secadiingrat wau, kathah lelabetanipun dhateng kanjeng guprenemen Inggris utawiliyanipun, dene lintuning bayar yatra dhateng Ahli warisipun raden tumenggung wau, manawi boten kalintu, ngantos sapriki taksih lestantun. Kuneng kang sapunika genti cinariyos menggah ingkang sinuwun kanjeng susuhunan, ageng utawi boten palimarmanipun dhateng bogsa Cina, punika boten kenging kadamel wawaton, aananging kapasthekaken narendra kakalihs ampun sami andugi, menggah kadadosanipun, manawi wewahan anyar ngantosa kalajeng dipun tindakaken. Wondene menggah aglilani dhumateng bebathon ing nagari jawi utawi ing Nederlan, amajegi siti dhusun ing bawah kratonan punika pamanggih kula inggih mitunani ngantasing bongsa Jawi, awit bilih ingkang kapatah dados administrator, asring dipun sukani ganjaran anggenipun medalaken misra, punika anjalari para admiistraturt badhe anindakaken sakayangipun murih angathahi pawedaling siti dhusun angangge sakama-kama langkugn saking masthi, kang mongka bilih siti dhsuun wau dipun idegi pyambak denign kang maegi, boten badhe makaten ecakipun sabab ngowel dhateng karerehanipun tiyang alit, langkung malih manawi bebathon wau dunungipun ing Eropah tebih saking panggenan siti dhusun tebasan kapasrahna sadaya dhateng administrator btoen kenging dipun ulat ulati,sarta administrator boten kenging dipun ulat-ulati sarta administrator sakalangkugn cethilipun. Wasana amurih nyantosani pamanggih kula kang wekasan wau,kula anirokaken tetembungan ingkang kapacak ing serat kabar semarang, katitimangsankaping 17 Mei ongkan 114 angojahaken bab pasitenipun kumpeni alit ing pulo edi suraosipun kathah kathah ekakanipun anyariyosaken menggah cethilipun ingang ngereh pasiten ing Edi punika, dangu- dangu ingkang dados administrator angudi lintuning yatra dipun dhawahaken dhateng bathon utawi dipun antebaken dhaeng tiyang alit. Liya saking punika manawi amajegaken siti dhateng bathonan wonten malih ingkang mitunani, inggih punika awit gontas-gantosipun administrator, utawi ingakng ngedegi, kula saged amastani siti tebasan satunggal, punika ing dalem14 taun sampun gantos administraytur kaping sinten ingang maiben bilih siti tebasan wau sakalangkungkaptiunan, awit saking gantos-gantos ingpranatan boten saged nunggil anjalari kathahing sitining tiyang ingakng sami oncat saking dhusunipun suprandene kula boten wajib anyanyerongi dhateng para administrautr wau, kajawinipun namungsatunggal dhok sadaya serepan kula sami santosa santosa, ananging sampun limrah ingakng sasisih pamanggihipun makaten ingakng sasisih mali makate botn anunggil dangu-dangu amitunani tiyang alitipun, sabab limrah administrtur anyar badhe ngonjoni ingkang kagentosan, nanging sarehning dereng mudheng cara caranipun dados anindakaken sakajeng- kajeng, anjalari kathah kapitunanipun. Taksih wonten candhakpun. ======\======Panjurung Pepethikan saking sert wuwulang sunu basa Nederlan anyatakaken dhateng panyina uning kawruh kasarasan.

Saestu sakalangkung pralu yenhawa ingang kula serot punika resik garing tuwi seger awit bilih botenmangkaten amasthi boten saged damel sumyahsaha andayakaken sarira, hawa ingang resik garing punika anarik wekel dhateng padamelan sarta anambahi luwr, temahanipun anikmataken tedha, miwah angaglesaken tilem sareng tangi ing wanci enjing sarira karaos seger, lajeng mempeng anyambut damel. Hawa awon reged tuwin hawa ingkang kawastanan risak punika angalumaken sarira, anjalari aras-arasen anyeblehaken cahya anukulaken sasakit warni warni ingkang adamel tiwas, dados sampun tatela hawa sae punika amigunani sanget ing atasipun manungsa, kados dene toya wening tumrapipun dhateng mina, mangkaten ugi sanajan sipating tataneman ingakng tumancep ing siti loh, tuwin sato kewan ingakng piniara kaliyan boga ingkang sae piyambak ananging kaoncatan hawa pipiliyan tamtu boten saged gesang utawi nandhang kasarasan, saibata bingahing manah manawi mentas dangu wonten ing griya supeg, mongka nunten ngisis dhateng hawa neblak karaosing sarira rak seger sanget, menggah sabab ingakng andadosaken risaki ghawa punika,bilih titiyang sami kalempakan wonten ing griya supeg langkungmalih manawi titiyang wau sami tilem punika angrisakaken sanget hawa ingakng wonten ing ngriku wondene upaya murih saening hawa ingkang lumembak salebeting griya mangkaten, saben ing wanci paletheking surya tuwinsonten jandhelaning griya kedah kawengakaken supados ingngrikukaejegan hawa tigas lajeng anundhung hawa ingakng awon, kajawi kukusing tiyang ingkang medal saking poriyening sarira, kukusing dilah punika inggih angrisakaken hawa, supados adamel saening hawa mangkaten punika kedah angescuraken cokak wontening selabentar 9kabesmi). Sinten ingkang tiles wonten satunggalin gdunung mongka ing ngriku wonten sinjang teles sumampir punika asringamanggih kasangsaran awit saking kenging sasakit ingakng kawastanan ing tembung Nederlan berurte, saha anjalari sakit ngelu ingkang bote kenging katahanaken. Hawanng sekar ingkang anggonda sanget punapa malih griya cetcetan tuwin laburan enggal punika inggih adamel piawon dhateng kasarasan. Tiyang ingakng dereng kawiyak engetanipun amasthi ngremehaken kasebut inggil punika. Katandhan OlanSeidhe. ======\======REdhaksi amumuji mugi-mugi Olan Seidhe, ingang sapunika timbale lepasing kememetan anglajengna kawruhipun ngatasing ngelmu ingakng pancen amikantuki, sarta ignakng pancen dunungipun wontening para dhokter, murih amitulungidhateng para tiyang kathah, tuwin angenthengaken pakaryaning para ghokter, manawi amarengaken sampun ngantos ngagem tembung monca kadosta: moriyen,kajawi manawi kalambaran bausastra. ======\======Panjurung Ing sanadyan panjenenganing redhaksi sampun andhawuhaken kados ingkang sampun kasebut Bramartani ongka 18 punapa ing saparlunipun kula sampun mangretos terang, malah ingkang kedah kla pemutipun punika pantes kapethik tuwuhipun katuridaning redhaksi,ananging manawi kapareng saha pantes pun Nawungkridha nyuwun ugungan sapisan punika ngiras andum wilujeng kaliyan Sastra Maliwis. Sampun kula ecam rumiyin manawi wangsulanipun sastra Maliwis badhe salah serep,sumongga para condhong pambudi rak temen angel bilihtembung ingkang ngodhe wau kasamun malih, awit sapisan rumasuking engetan boten kenigng kapeksa, ingkang kaping kalih ingggih lampah wau yen sampun lumengket ing balung sungsun, temahansinaruwe sakedhik angraos dipun ceda, lajeng anyengkalani ksrepaken ing salwi wiring, suwawipara condhong pambudi punapa sampeyan anggalih parlu sajarahipun sastra Maliwis ing jaman malebari dumuginipun demak uka andhar, Lah kauningan nama sastra pun Naka boten pisan-pisan mangujiwat bab tembung tuwin lenggah ing Sastra, awit badhe kangleweren,kaliyan iba sapinten kemawon angggen sampeyan kumrengseng, mila kula ingggih boten maiben manawi ingkang karaosaken cemlekit andadosaken kuwuring pambudi, sanadyan ignakng kapara landhung, ananging gleaning manah kula dene sasastra maliwis kapra anggan andarwalepa, sumantena kenging dipun batang, punapa awit aras-arasen punapa saking sulaya pambudi punapa papancen, o manawi sababing malekat botenipun katingal naming para bot ignakng makaten kemawon wrethel kauningana pun cebol dereng doyan awit boten timbang kaliyan kawicaksananing sang murbeng Alam Ing sasaged saged tembung ingkang nglanthang sampun sampun boten kula wangsuli, awit ambosenaken akaliyan larikan kaping pinten ingakng nyebutaken kula ngaken sarjana. Lah ing ngandhap punika wonten tondha yektinipun manawi sastra maliwis anungsang gumantung awit makna ning gayuh dipun samekaken putus amila ing mangke kula kapeksaha narbukani, saking salinggalingga,menggah cebol wau pamanggih kula dedeg endhek (cacad) ngibarat bongsa jugul tuwin bongsa asor, gayuh,rumangsang, kumlawe, ngibarat mrasudi, langit wang-awang, ngibaratkamemetan, kajengipun tiyangjugul teka ngong kaongkamrasudi ing kamemetan, dados selenca kaliyan sampeyan lempoh ngideri jagad, ing amngke sastra maliwis kinten-kintenipun punapa taksih kodheng, yen makaten kula biyak malih, saupami tiyang amancad onda putus wau sampun dumugi untu ing nginggit, wangsul gayuh sawektu mandang angancik untu ngandhap piyambak lah kados pundit nun, wasana pitaken sampeyan ingkang saipret boten parlu kula wangsuli, bokmanawi saking remehipun. Katandhan NA KA, inggih Nawung Kridha. ======\======Panjurung nginggil punika, sampun alngkugn sawulan lebtipun ing pangecapan ing ngajeng dipun andheg murih sampun ngnatos angurubaken latu malh, nanging ingkang kintun kadreng panedhanipun supados panjurung wau dipun lairna, malah redhaksi dipun incih kawastanan bau kapinya, mila sapisanpunika dipun turuti, sammantena redhaksi kedah kedah amedharaken pamanggihipun owel temen tiyang sugih tetembungan sarta kalam landhep pedhes gatel manis pait, teka dipun ceh-ceh. Kadamel perang sastra kemawon bok inggh citaning wardaya sadinten-dintenipun ignkang sakinten amaedahi, dipun wahyakaken boten teka yen wonten ingakng medalaken pamanggih kemawon lajeng dipun tempuh satengah pejah. Redhaksi. ======\\\\\\\\\\\\\\\\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Ingkang minongka titindhih, marang cawangan punggawa,pinarcaya mring sangkatong, satunggil wasta Pratama, Pratistha kang satunggal, kakalih prawireng wuwuh, kadipaten mantra magang. Kinasihan mring sang panji, pratama lawan pratistha, agagah-gagah dhapure, kadi Kakrasana kembar, kacatur kalih kadang, trah setiaki ing dangu, satriya ing Nglesanpura. Sumarma sudibya segti, kang sepuh wasta Pratama, kanggenan pdene, wasiyat awarni gada, ngunikagunganira, Arya SEtyakipuniku, pparingira hyang Nrada. Sumarma samya tinuding, cinobra prawiranira,lembu miluhur karsane,lawan sangprabu Benggala sampun miarsa warta, yen parangmuka geng rawuh, kang sakin gnagari sabrang. Sri nambumi luhur aji, ing wuri tata gegaman, akarsa tindak badhene, kuneneng mali kang winarna, patih gunasaronta, kang munggeng tepi wanagung, lan Arya Prajalena. Duk samya uninga kalih wonten wadya lumampah prang, sang praja lena rembage, kedah pinaguting yuda, kadereng arsa wikan, angayoni yudanipun, tan sedya kunduring aprang. Arya Prajalena asru wuwusira,lah daweg kyana patih, pinaguting yuda, kula arsa uninga, kyana patih anauri, sakarepira, iya ingsun lumiring. Sigra aryarajalena munggeng ngarsa, bergagah tenga margi, cancut capengkrena, brengos pinuntir capang celananira den wingkis, pedhang pinasang, warnane memedeni. Kyana patih angadeg liyanga wregsa, tangane malangkerik, yata wadya bala jenggala sampun rpapta, prenah nya kang ngadhang margi, mantra pangarsa kapethuk asru angling. Eh wong Batur sapa kang ana ing marga, dudu wontg jawa iki, layak mungsuh sarabg, belasak ambebegal, takonana den agelis,lamun wong sabrang, banjur rampogen becik. Arya Prajalena myarsa wuwusira tan kongsi den takoni, mojar palenglengan, nudingi suraweyan, baya mantra kang ceriwis, lah salah karya, nyata wong sabrang mami. Sira arsa angrampog payo tekakna, nadyan owng roro mami, ora wedi ingwang, mung suh kikirik jawa, mongsa mecahena ranti, matri pangarsa myarsa kalangkung runtik.Kumawawa sibaring mahambegsura, payo rampogen nuli, wadya sareng mangsah, surak agiyak-giyak prajalena tan gumingsir, gyanarik pedhang, rinampog tan nedhasi. Ginarumung towok paserlan talempak, wulune datan gigrig, ngamuk nyambet pedhang, jalma rakep ropagas,lumpte kesitlir thathit, singa tenerak, dhahdal tan monggga pulih. Bilunglungan keh longe ingkang palastra, wau ekyanapatih ingkang ngeca-eca mulating kahing yuda, katungkul rekyanaptih, pinukul gad marng mantra pangarsi. Saking wuri sirah nya gumampelneg kena, anjumbul kyana patih, asru denya ngucap, ingsun tan milu aprang, andadak pinenthung bindi, lah rasakena mengko wewales mami. Kyanapatih malumpat angikalkunta tinandukaken aglis, kang mantra pangarsa, pasha dhadhane tatas, anibas sampun ngemasi, wadaya uninga, lan mun mantrane mati. Geger larut giris denira tumingat, kyana patih angungkih lawan praja lena, ngamuk kagila-gila,anigas nuweg ngakahi, kadya regsasa, krora memongsa daging. Wadya alit ing ngelun lumayeng wuntat yata magangkekalih, pratama pratistha kagyat denya tumingal, sigra wadya atur uing, lurah punika, bebeka wonten margi. Jalma sabrang among kekalih belaka, angamuk ngobrak-abrik, mantra muka pejah, wadya lit karisakan, jalma kalih kadya belis, singa tinerak, boten gagap basuki. Sang Pratama Pratistha dupi miarsa, sareng denya mangarsi, udhun sakng kuda, marpeki kangayuda, pratistha asru denya agling, eh jalma sabrang, away ngrampet wong cilik. Iki silih pratama lawa pratistha, ingkang dadya titindhih, pamengkunig nwadya, ingkene payo aprang, padha ro ingsun kembari, lan sira sapa, ngakuwa mumpung urip. Anauri ingsun aran praja lena, punggawasurasegti, ing ngendel mring nata, Prabu Bramakumara, kang siji rekyana patih, Gunasaronta,lajer pamugariing. Ngadilaga balik sira iku sapa, warna gagah respati, apa lungguhira, aneng nagari Daha, Ki Pratama anauri, ingsun wong magang, mring gusti sang apanji.Araningsun Pratama lawan Pratistha dudu wdya Gedhari, songka ing jenggala, Bantu mring nagri DAha, praja lena asru angling, lah ora asab, mungsuh wong magang mami. Ki Pratama maleleng jajallen uga, sira prang lawan mami, mengko sun purupurak,lah age payo aprang, praja lena gya merpeki, angikal pedhang, gya prtistha mangarsi. Angalingi prtma nadhahi pedhang tatag datan gumingsir, sinabet ing pedhang, pundhak kering katiban, gumandul datan nedhasi, pinindho kena, bau kakan tan busik. Abergagah pratistha lan malang kadhak, payo tutugna enjing, dene tan kejamak, mongsa brang poilih lawan, dene kaya kirik gudhig, gering di dugang, kurukur ngolangaling. Praja lena anitir denira pedhang, sarya srudening rangling, lah payo malesa, jamak padha prawira, prtistha gya marepeki, sang prajalena, tinepak poking kuping. Kapilengen sumaput apalenglengan, mayug-mayug boyori, pinindho dinugang, kalumrah nathang-athang, cinuthat malesat tembih, aburangkangan, kyana patih amarani. Praja lena jinagur gigire bentak, lah ya gene kipatih, wong wis burang kangan, teka muwuhi lara, gumuyu rekyana patih, payo baliya, aja uncating jurit. Mungsuh maga lamun kalah omgsim wroamg. [raka ;ema a,nelos. Aj ,amgle saledja[. Uata wadua kemgga;a. surak e awanti-wanti, wong ika modar, kaya pedhet dagangi. Ongka 29, Kemis kaping 19Juli 1877

Kabar saking Aceh

Nalika tanggal kaping 18 Juni, kula ameningi pista atraping militer tulen anjalari lebet pamanggih kula boten saged kesupen, mila sekunging tyas badhe amedharaken pamangih wau ariringkesan, sarehing kula pyambak boten ilon-ilonen mila bokmanawi tuwan redhaktur andadosaken parengipun amacak panjurungpunika.

Anenggih wayah enjing panuju tingalaning taun bedhahipun kitha Waterlo, bataliyun 2, 3, lan 8, infantry, sarengan artileri, kapleri tuwin Sapir, ingkang sami mangggen ing Kotaraja, kairid dhateng nesu, sareng jam satengah pitu, wadyabala sampun sami sumet abebanjengan.

Andadosna kauninga tuwn redhaktur, bilih kanjeng tuwan jendral Dhimong sampun karsa amilih dinten tangggal kaping 18, wau badhe angrengga pandeling bataliyun, 3, sinukarta ingmiliter Willemse Ordhe, bataliyun punika, awit Dhesember 1875, dumuginpun wulan Maret 1876 sakalangkung angggenipu mratandhani kasudiranipun lawan kaliyan mengsah, sarta malih badhe amratelakaken yen bataliyun wau tuwin bataliyun 9, salaminipun eksepedhisi ngaping kali, boten kesah saking Ngaceh, mila pandelipun bataliyunkalihpunika, badhe karengga ing medhali.

Saisining kraton sasat kebut sdaya, sareng waci jam ptiu leres kanjeng tuwanjendra prapta ing papan baris dipun dherekaken setapipun, ing sanalika tambur nya bawa, sadayasamirakit awit badhe anglekasi sepeksi, ing sadanguipun jetng tuwan jendral anitipariksa musik asesendhonan gegentosan sakalangkugn asri dinulu awit para wadyabala sami ngrasuk busana perang, jarot-jarot boten anguciwani, dene sawrgining pandel kublebet akelap-kelap sing akancana pralambanging dayanign nederlan angujwal si norotan ing Baskara.

Sareng sawarnining bataliyun sampun kaideran, jendral tumedhak saking titiyan, pandel bataliyun, 3,sarta bataliyun 9, tuwin para priyaingkang badhe kasinungan tenger, kinen amajeng, kanjeng tuwan jendral lajeng anyeluk sora, namaning kang sami badhe tampi ganjaran saangunipun musik amradongga, para sudira tuwin pandel bataliyun, 3, lan 9, dipun praboti ing tenger mililer Willemse Ordhe, tuwin medhali Ngaceh (Aceh). Sasampunipun kaimbar, para sudira dipun panembrama denig kanjeng tuwan jendral tembungipun sakalangkung amrajuriti, ngatasing kang sawek sinukarta,kawistara semuning ulat. Dene tembungipun jeng tuwan jendral ing ribipun meh kados kang kasebut ngandhap punika. Eh para upsir, Onder upsir, koprallan para wadyabala kabeh, kang saiki saka karsa dalem ingang sinuhun kajeng maharaja, ratu gung Kalinggamurda, wus kaganjar tenger jalara sking kawanteranira, pambudi lan kasetyanira, salawase saperang awit ing wulan maret, 1875 kongsi ing wulan dhesember taun 1876 banget anuwuhaken suka senenging ati, dene manira kanugrahan, kinen amaringena peparing dalem ganjaran mau, gedhe banget tuwin anuwuhaken seneng, tibane ganjaran mau, luwih maneh pangajine, rehign jinurungan ing sarupanign wong, ingkang ngawruhi yen ganjaran mau pantes dununge ana ing pekenira, sarta maneh ganjaran mau, amratandhani, yen sira padha enjoh anggelarake kawajibanira, ign sajronig pakewuh, yayah prajurit utama, kena ginawe tutuladan, minongka kaluhuranewdyabala tontra ing Indi Nederlan, sarta anuwuhaken kasugengan dalem lan praja Nederlan.

Eh para sudira, tan beda suka pirenaing atimanira, lagi anempelake tetengermau,manira asung slamet marang peknira kabeh, dene wuspadha pinaringan ganjaraning narendra, pamuhi manira dilestari enggonira anglakoni ayahan kng wus pakenira leksanani sara kang wus kasusra, di awet enggonira kinarya rerengganing wadyabala tontrakang dadi gegelenganira, lah ingjengandika tuwan Opreste Meiyer, sapinten ta suka senenging atikula, saged angulungaken ganjaraning ratu, ridher Kruwising militer Willemse Ordhedherdheklas dhasar pranataansakalangkung endahe. Menggah lurah makaten kang pancen asih, yen kapinujon saged aganjar dhateng karerehane, sanget suka senenge, wah malih manawi ganjaran wau, kaparingaken awit saking pangandika alalanjbran asma dalem ingkang siuhun kanjeng raja, punapa dene lurah wau sangsaya angajeni, yen ganjaran punika, dununge dhateng priya kang kados tuwan ingkang sampun asring asring anglairaken katemenan dhateng nagari, sartakayekten ing pranaja ing jengandika kang sampun rinengga, muga-muga ijengandika awet a nemahi senengan punika pamuji kula. Lah pekenira para OPsir, Onder Upsir,lan KOpral tuwin wdyabala gegelengane bataliyun 3 manira asung slaset miyos saka eneing ing waradaya, awit bataliyun mau, wus katiban bekja, pandele saka karsa dalem kaganjaring ridher ing WillemSen Ordhe. Wus asring asring sajeroning telung taun bataliyun 2 saha jok ake ing perang Aceh, saurutekang padha dadi gegelengane Bataliyun mau, wis anglairake kawanterane, ora kuciwa ing ngaranan prajurit utama, mulne lalakon kangmangkono ora kekilapan kudu dilapurake mandhuwur, iku kangdadi jalaran,kajabane siji loro kangmojok dhewe tandange, anganjar tetenger marangbataliyun telu kabeh, kadunungake ing pandele. Mungguh kang ing sinuhun kanjeng raja, ing sarehning wus anecegi, amarengaken aturane kangkonjuk ing sampeyan dalem, anjalari manira kinen angulungake ganjaran dalem mau. Wasana amurih maringi tetenger, yen bataliyun 3 lan bataliyun 9 awit ekspedisi kang ngaping lore ing Ngaceh ora pegat ana ing peperangan, sampeyan dalem ingakng sinuwun kanjeng raja, wus andadekake karsa dalem amaringi tondha medhali, mulane manira kudu asung slamet marang pekenira kabeh, kang padha dadi gegelengane bataliyun loro mau, pamuhi manira pekenira animbangana sih aktresnaning narendra kang wus rumentah, aega enggone secatuhu anglakoni kuwajibane sowing-sowang. Ing salajengipun anyariyosaken kasusranipun bataliyun, 3 utawi 9, ing sadangunipun wonten Ngaceh, boten kaconggah yen angojahna sadaya, lalabetaning bataliyun kalih w2au, ananging kanjeng utwan jendral bangkit angggenipun mratelakaken, yen bataliyun 3 awit saking taun 73 boten kendel kendel anggenipun angluhuraken kraton dalem ing Nederlan, dipun pratelakaken malih, bilih rerenggan ingakng samangke katempelaken ing pandel punika prisasat kadunungaken ing sawarniing wadyabala, ingkang tumut dados gegelenganipun bataliyun 3. Sasampunipun bataliyun 3 sarta 9 dipun tata, anggenipun mrenahaken pandel kakalih, tuwin para ingakng sami sinukarta, kapara tebih,lajeng sawrnining wadya dhepilir angormati, salajengipun kanjeng tuwan jendral inggih ugi kinormatan nunten bataliyun 3 dipun iring sawargining bataliyun sanes sarta Artileri dumugi ing panggenanipun pyambak. Sadangunipun paradhe, wonten ingkang ngrakit damel gapura kormatipun bataliyun 3 antukipun para wadyabala, sami medal ing gapura wau,s areng sampun sami wonten ing sisihipun gapura, lajeng tata baris malih, ahepolir sapisan engkas ngajenganing pandel kakalih. Lah punika sakalangkung anuwuhaken suka pirenaning kang sami anyipati boten badhe kesupen, sadaya sami sae karasa kaliyan tetembungan ingkag kalairaken kangjeng tuan jendral sareng sami sur paksi wilujeng dalem kanjeng raja, punika sangsaya ambal-ambalan surakipun kadi ambengkahaken bumi, ewadene pista wau dereng kendel samanten, bataliyun 3 sarta bataliyun 9, sami kinen kumpul mali, dipun pistakaken mawi tarub ageng,awit saking pangretinipun para kumisi, sanadyan kikirangan wragad suprandene saged asri dinulu, rinengga yayah ridher sal, ing pundit-pundi pun etrapi bandera alit alit, wonten ingkangkinndha ridher militer Willemse Ordhe, ing ngubengan sekar anggitan tuwin dipun etrapi paris kapratelakaken namaning panggenan ignkang sampu nsami teluk dhateng bataliyun 3 awit saking taun 73 sampun boten saged telas manawi angojahaken suka seenngipun para militer. Sasampuning kanjeng tuwan jendral saha para ingakng dipun suruhi, sampun sami manggen pandel kalih dipun baying kare ing panggenan pista, kaprenahaken ing panggenanipun, ingngajen gpara militer sampun sami asuka suka, suprandene taksih pinekak ing paugrean samangke boten mawi mangwang paugeran sangsaya muntabipun para wadya bala sami biingah marwata suta, pandel kekalih nalika manjin ging tarrub dipun umbulaken ingkang ngiring sami giyak-giyak sawiyah wonten ingakng tiron ppanantang perangipun mengsahing Ngaceh karo parewang pangrasang ing baluwarti nunten jeng tuwanjendral anyawara: Eh para konca dununge bojana karma iki alalambaran pamitran, iku jalarane awit gancaran gedhe paringe ratu marang bataliyun 3 iya iku ing saiki kabusanan ing Ridhering militer Willemse Ordhe,mulane manira arani gedhe lalambaran kormat, sabab kabeh sae kabrata angupaya ganjaraning rarendra mau, dhasar ganjaran luhur iku, kumpule kangdiarsa-arsa marang sawijiwijining militer, bias akatekan kongsi angyuangaken pati uripe, lah iku kang diame-ame para upsir, para onder upsir, sawadya balane, kang dadi gegelengane bataliyun 3 nalika di ajokake ing perang awit dheseber 1875 kongsi ing wulan Maret taun 1876 ing ngendi bae kang ditempuh deing bataliyun mau mawud, mulane ewuh amilihya kang kena di ganjar utawa kang ora, wasana lah kae apa pandelira, pralambange katemenan lan sake kapraya suraya sabiyantu, murih kaleksanan karepeku melapa ing dirgantara, ingakng ora uwal luwal salawase,iku pralambange kang dianggep mitra satuhu denign para militer,sarta kang disungkemi, gelem ambelani angetohake pati uripe, ya iku pralambang daht endahe, kongsi par wadya bala arsa kumemit ambaureksa, mulane pandel mau sasat darbene para wadya bala bataliyun 3 apa kang wus tinemu, yayah dumunung marang wadaya balane, ing pangrasa ora ana ganjaran kang angungkuli ngatsing bataliyun 3 kajabane nguyang pati urip kumpul ana ing pandel mau, samono uga sawarnaning balatantraning Nederlan ora beda milu bungah sabab sawiji-wijiing militer kudu milu seneng, yen amyarsakna, mitrane kaganjar sapantese, karo dene maneh akeh para konca kang wus padha sumebar ana ing ngendi-endi, kang maune dadi gegelengane bataliyun 3 ana uga kang wus lalis babar pisan amarga sedeng perang, utawa awit saka kataton, lah mulane payo padha amujekake kang kamuksan awit kabeh padha sae kakapti kongsi anuwuhake pengranggane pandel gusti Allah amaringana marga kang padhang, langggenga dadi pangenget-engete kang padha isih ginanjar slamet mulane sanadyan isih sathithik karine kang padha nempuh perang tinungkulan ingpandele, manira kudu kudu asung slamet, muga-muga sangsaya anuwuhake kawekelanira, murih anuhoni kuwajibanira dadi militer, sarta murih anyantosani masuwuring bataliyun 3 sapandele lan tengere Rider militer Willemse Ordhe, sarana ing kasudiran bubuden lan kasetyanira, pamuhi manira pekenira padha agedhe atine, awit krasa anglakoni ayahan tinukulan ing papelira, piemthekna yen pamuhi mau ora bakal cidra. Wasana kabeh kan gpadha bujana karma ing wektu saiki, manira rembugi aja kasikelen panjenengan dalem ingkang sinuhun kanjeng raja, kn gora kendel kendel enggone kars aganjar marng kawula dalem, sarta karsa anguni-uni enggonira padha labet, lah mulae padha estranana, anginuma wilujeng dalem ingkang sinuhun kanjeng raja, lajeng sami saur peksi ambal-ambalan sami nginum kanugrhan dalem. Salaejngipun komendhan bataliyun tiga, angaturi wangsulan kundhisi katur kanjeng tuwanjendral nuntenkanjeng tuwan jendral jumeneng karsa angideri, tanpegat ingkang sami surak sungrak angormati jeng tuwan jendral nunten kondur, ing pangraos bataliyun 3, boten ngemungaken bangkit kalurugaken peran ganadyan ing pista inggih ugi saged angulaj jaya. Ngayogyakarta kecalan abdi dalem satunggal sanadyan dede priyayi ageng, suprandene rakaos ngupadosi gentosipun nalika ing dinten rebo pon wancijam 6 sonten tangggal kaping 29 jumadilakir Je wanci ing Cepit bawah bantul saking karaning allah kasigegan ing ngalam donya, pinundhut dhateng jaman kailangan layonipun kasarehaken ing dhusun MOnang Ngayogya, dene raden Panji Jayeng Semantri wau, sakalatung wekelipun angalampahi kuwajiban, punika kenging kawstanan ambeg santabudya, sampun dumeh priyantun alit, suprandene kathahpara ageng ingakng rumaos kecalan bau, ngatasing pamitrn raden panji kenging kawastanan mitra utama, mila kathah ingakng asih tresna, sabab ambegipun andhap asor sakalangkung para sadherek para kadang, para mtiranipun raden panji, ingkang tumut prihatos margi yuh sami rumaos kapitunan. Ingkang punika kula masthekaken sanadyan kathaha, ingkang sinuhun kanjeng sultan ing Ngayogyakarta, ing saestu kapitunan abdii dalem satungggal ingakng setyatuhu manawi kaleresan pamireng kula raden panjiingkang ajal punika darbe anak jaler, sampun kasuwitakaken dados abdi dalem kapesthekaken bilih jajaka wau ingkang badhe anggentosi kalenggahan bapa pamujining tyang kathah mugi-mugi nagari anglajengna karsanipun badhe aganjar dumunugna dhateng anak jaleripun raden panji jayeng Semantri, tuwin pamujiipun para mtiranipun mugi ingkang lalis kasampurnaknapidosanipun ing ngalam donya, mangggih ya margi padhang ing dalem kubur. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Duk ing mau tandange lir asu edan, sakeh wong den cakoti, bareng padha lurah, ngathether megap-megap, lah arep lumayu isin, apundirangan, lir kukur-kukur gudhig. Kipatih Gunasaronta, duk pinelak agya denya ngalingi ki Pratama dupi dulu, yen salin mungsuhira, kipratama sigra denira mangayun, angalingi ki Pratistha, ayu-ayunan lan patih. Ki Pratama sara mojar, payo patih sira kalawan mami, nadyan silih maganging sun, yen prajurit jenggala, tandhign lawan patih sabrang nora arus, nadyan silih ratunira besuk ngsun kang ngembari. Ki patih nauri sugal, didedos un angucap ratu mami mengko sun tigas murdamu, sigra rekyanapatya,mangsah nepak pratama tadhah tan keguh, jinagur datan karsa, kiptih gya tinampiling. Anglumba kerasa lara, duk pinindho kipati tiba linggih, tangi sigra denya naut, ngruket anyikep dhadha, ki Pratama binanting tiba kajrungup, tinendhang tangi malumpat, rekyana patih binithi. Kulunging ati kakena, tiba kongsep duk arsa den kakahi, ki paih malesat mabur, anguwuh prajalena, lah uncata aja tangggaon menek lampus, iku rupane wongjawa, sira uwis angrasani. Ora kena gina gampang, yen prang kasap abot sinongga tandhing, prajalena sigra mabur, sumusul mring kipatya, ki Pratama Prathistha prasami ngungun, dene mungsuhira aprang, kekalihmusneng wiyati. K patih Gunasaronta, lawan prajalena niyup wanadri, angulati ratunipun, pratama lan pratistha, sami laju kalawan sawadyanipun wus manjing nagari Daha, kabur maring sribupati. Yen Bantu saking jenggala, ki pratama Pratistha kang nindhihi, salegsa cacahing wadulan katur dupi aprang anengng wana Pratama pratistha ungggul, mengsah papatih ing Sabrang, suka myarsa sribupati. Dene Pratama Pratistha megsih magang wus katon surasegti, sigra dhinawuhan sampun ngumpul mring kasatriyan, yata kyanapatih sabrang kang minuwus, lawan arya Prajalena, kang niyup saking wiyati. Laju mring ngisor mandira, pinggir wana sayah reren kipatih, rare angon sami dulu, duk mudhun saking wiyat, rare angon angumpul alok gumuruh, eh mong batur iku apa kang mudhun songka wiyati. Rupane kaya manungsa dene teka mudhun sakin ging nglangit apa ta retuning manuk, marma bias ngambara, payo padha bandhilana kinarutug,mupung padha lulunguhan, mengko menek mibur maning. Ki patih bengok anguwuh, dhuh kulup aja aja, ingsun iki manungsa lah dudu manuk, kulup padha marreneya, enya sun wenehi picis. Rare angon myarsa ngucap, lan rowang nya iku uwong sagyekti, rare angon prapta rubung, gumeder sapocapan, wong ing ngendi keh wulune dhiwut-dhiwut beda kelawan wong jawa, kuyana patih anauri. Eh kulup padha menenga, ingsun iki sanake dewa sugih sumarmane bias mabur, lah enya picis ingwang, padha dumen lan Manawa sira weruh, tunggal ingsun sanak dewa, ilang lawas sun ulati. Warnane bagus taruna, busanane mubyar cara narpata, rare samya guyu-guyu, suka angedum arta, ana muwus eh sanak dewa sun tutur, ing kono sajroing wana, e suk sore anakegsi. MUbeng-mubeng ora bisa, arep metu bali mantengah maning, marnane kaya tutur mu busana murup muncar, lahing kana kapernahe en katon lunggguh, mara age paranana, rare samya anudingi. Ki patih dupi mirsa, lawn Prajlena manjing wanadri, manut tuding kng dinujug, kiptih dupi prapta, rabu Bramakumara duk lenguk-lenguk sesendhe uwit in wwregsa, sayah kendel bolabali, Kiaptih marekya nembah, lawan prajalena sareng wotsri kyanapatih sarya matur, pukulun jeng paduka, ing ngaturan mring rama paduka prabu, Bramasegti ig manila, myan graka srinarapati. Ing Siyam mondrasaraba, mangkuya sampun makuweon in gpasisir, lawan kyana patih sepuh, ngirit waday mekasar, prabu kalih wdyanipun langkung agung, among ngntos jen gpaduka, denira samurweng jurit. Sang prabu Bramajumara, duk miarsa langkugn sukaning galih, aris pangndikanipun, ingsun iki wis lawas, aneng kene ora bisa metu metu, mubeng komet saben dina, umatur rekyanapatih. Pukulun denya paduka,bok inggih amedalna pakwiyati, sang prabu mangsuli wuwus eh patih wruhanira, ingsun kaya tinenung tan bisa mabur, wit ing sun wus kasor ing prang neng jro pura lan sipanjiKyana patih matur nembah amba inggih ing latri rame jurit ugi wonten jro kadhatun mengsahpun Brajanata, marma estu awrat sinanggi prang pupuh, yen boten lawan paekan tangeh kasora pun Panji. Watawis rama paduka, lawan raka paduka tan ngalngkungi, dhateng paduka pukulun, ki Arya Prajalena,gya nambungi kipatih ulun umatur, punika meh praptanira, ratu Bantu surasegti. Sang kalana surya datwa, kanthi kadang putrid langkung sinegti, prajotisna prajanipun lawan sugih punggawa, ing samangke sampun angambah ing laut, kadi mangke praptanira, narendra taruna segti. Sang prabu Bramakumara langkugn sukanireng galih, sigra mesa ting ngembara, prajalena lan ki patih, mesat samya umiring, ing gegana tan winuwus, rikat lampahing nata, tan antara sampun prapti, samya niyp manjing maran gpasanggrahan. Prabu siyemlan manila, waspada denya ningali, yen prabu Bramakumara, rawuh lan rekyana patih, tedhak sang prabu kalih, amethuk sareng tumundhuk prabu Bramakumara, taklim mring sri Bramasegti, sabab prenah paman arinekang rama. Taksih wonten candhakipun. ======\======Kula rare mas Ariya mayor Brajanata, wedananipun para satriya ing Mangkunagaran, ingkang saking Kanjeng gusti sapisan utawi kaping kalih, suka uninga dhumateng, para tuwan para priyantun tuwin para bongsa sanes sanesipun nalika ing dinten kemis paing tangggal kaping 5 wulan Juli taun 1877 raden mas angobei Endrawinata, tilar ing donya mantuk dhateng kalanggengan igakng punika menawi wonten ingakng sami nyambutaken salebetipun tigang wulan awit titi mongsa sedanipun raden mas angabei Endrawinata, samiya suka pratela dhumten gkula, menawi sampun dumugi wates tigang wulan, mongka wonten ingakng suka pratela nusuli dhuamten ging kawadanan utawi anggugat dhumateng pangadilan kasatriyan badhe katulak gugatipun awit sadaya barang sampun kawaris, dene ingkang sami nyambut, inggih anyauri. Sakin g panedha kula ingkang sami maos serat bramartani ingakng medal kala kemis kaping 12 juli 1877 sampun sami andadosaken panggggalih, awit saking dereng terang angggen kula ngturi pratelan. Klilan katandhan mangun Praseca. Ongka 30, Kemis kaping 26 Juli 1877]

Nalika ing dinten Jumungah Paing tangggal kaping 9 Rejeb utawi tangggal kaping 20 Juli wanci jam satengah nem enjing, ingkang sinuhun kanjeng sultan ing Ngayogyakarta, sampun dumugi ing pasthi seda kondur dhaten gjamankailangan, jalran gerah untarren ing wingking mastaka dlem, wonten ignakng mastani kasep kauningan denign dhokter. Ing dinten Kemis tanggal kaping 19 Juli sanadyan ignakng sinuhun sampun kraos gerah sanget, suprandene taksih karsa ngandika utawi andangu dhtengipun penganten putranipun wanodya raden adipati Blora, ingkang badhe kapundhut mantu, malah boten karsa dhahar angentosi panganten wau, wanci jam pitu sonten ingakng sinuhun sampun nyupekaken, penganten sowanaken naming saged anyiptati kemawon, enjingipun wancijam santengah nem ingkang sinuwun surut. Menggah kagetipun tiyang sanagari Ngayogya, punika boten kenging dipun raosaken malih, sinten-sintena ingkang sampun kadunungan bekja nte sowanutawi wanuh dhateng kanjeng sultan amasthi rumaos kaecalan papundhen, margi yuh tanpa timbang, kanjeng ugpremen kapitunan, mitra agung kan gambeg sanbya budya, nagari kaecalan ratu berbudi lila ing dunya, garwa-garwa putra dalem kapitunan nata ingkang saklangkung geng katresnanipun, kula rumaos boten saged anyitra sakathahing kasaenan dalem mila nayumanggakaken dhateng ing tiyangsanes ignkang langkung genah utawi bangkit mangiket kandhanipun narndraignkang nembe kamuksan, sbab ingkang kula wedharaken naming ingkang kula sipati nalika badhe anyarehaken layon dalem. Sareng ing dinten Setu enjing wanci jam 8 ing kraton prenah lering pandhapi ageng sampun jibeg para tuwan-tuwan militer utawi sipil dene kanjeng tuwan residhen pancen sampun boten kenging mingser saking kraton, ing pandhapi ageng kebeg denign para ageng-ageng, kanjen ggusti pangeran adipati anom inggih ugi nenggani, bandhusa ing ubengan para Oliya, para kanjeng ratu tawi para gusti sapanunggilanipun para wanodya, sami anglosot wonten ing ngandhap ngajengan Purbayasa, ing pundit-pundi kamirengan pamuwun utawi panjeriting para wanodya tuwin lare lare, sareng jam 9 kanjeng tuwan residhen sarta tuwan tuwan sadaya anyelaki pandhapi, ing ngriku tatalenggah kados saben kanjeng tuwanresidhen pinarak ing dhampar, sisihipun tengen kapara tebih, kanjeng gusti pangeran adipati anom amengkunagara, sareng ingkang sami dhikir sampu kendel, kanjeng tuwan residhen ngandika, manawi awit saking seda dalem ingakng sinuhun kanjeng sultan amangkubuwna kaping 6, samangke karsaning parentah ageng, paprentahan kraton ngayogyakarta, sumeleh dhateng kanjeng tuwan residhen dene bab wewengkoning kadhaton punika kapasrahaken dhateng ingkang putra, kanjeng gusti pangeran adipati anom menggah paprentahan sajawining kadhaton punika kabebahaken dhateng raden adipati Danureja, kanejng gusti pangeran adipati anom lajeng anyuwara dunungipun dhteng kanjeng tuwan residhen, suraosipun angkeahi pngndikanipun jeng residhen nunten kanjeng gusti andhawahaken dhateng embah dalem raden adipati punapa ingkang dados pangandikanipun kanejng tuwan residhen salajengipun raden adipati amradinaken pagnandika wau, dhaten gpara karerehanipun bupati wadana sapanunggilanipun,s areng maktenlajeng awit ngrakit panjunjungipun bandhusa, ingkang ngrembat dmugiing ngandhap ing pandhapi para putra putra dalem utawi sadherek dalem sarta Santana ignakng caket caket sareng sampun wonten sandhaping tratak rambat bandhusa taksih kapanggul murih kenging kasurupan dening para garwa putra putra wayah-wayah dalem sadyaa, nalika samanten kathahingkang ngrntahaken eluh, aningali tingkahing para putrid utawipara wanodya, sareng bandhusa kalampahaken alon badhe miyos alun-alun kidul para kanjeng ratu sarta para garwa putra putra dalem angetutaken sawatawis, kanjeng gusti pangeran adipati anom ingkang ngirid, watawis tigang dasa tindak, para kanjeng ratu sapanunggilanipun awit pangerehipun putra dalem jeng gusti, lajeng mingeretan ngantun ing kadhatun, layon lajeng lampahipun gegentosan ingakng sami angrembat dumugi ing sajawining beteng sisih kidul, ing pundit-pundi layon dipun kormati drel, para tuwan tuwan kathah ignakng dherekaken dumugi ing Tungkak, salong wonteningkang dumugiing Ngotho, kanejng tuwan residhen sarta para ageng, lajeng anggenipun gentutaken bandhusa, sareng sampu medal kori ingkang sapisan, kanejgn tuwan residhen, kanejgn gustipangeran adipati anom utawi para ageng kendel, para tuwan liyanipun anglejengaken lampah dumugi ing sajawiing beteng sisih kidul. Menggah ingkang sakalangkung kawlasarsa, ignakng bdhe pinenganten dene teka kaningaya temen lalampah ing pepesthen, ing mongka kakirang akekat malih mstheni pun damel, saiba susah cuwanipun raden adipati Blora sagarwanipun, dene amethukaken layon, wonten ingkang cariyos, bilih panggih ingpanganten kakalih, pangeran Surya putra kaliyanputranipun bupati ng Blora, pangeran dipati Yana (kdipaten) dhaup kaliyan putranipun raden tumenggung Sasranagara patutan saking kanjeng ratu angger, dipun undur nanging dereng kapesthi, kados manawi sampun wonten panjenengan anyar, badhe saged amyarsakaken kramanipun pangeran kakalih wau. ======\======Wonten kabar manawi sakng kiwa tengenipun kitha ageng ngayogya,s arta redi kidul kathah tiyang wade apyun peteng ageng aengan ingggih estujuru salingkuh dipun odhol ing sakayangipun, boten kikirangan sepyun ingakng kasebar ing pundit-pundi, ananging tanpa dadosa wonten ingkang kacepeng satunggl kalih, samanten punika kedah lantaran sepiyun, suprandene juru salingkuh lestantun anggenipun nyambut damel dagang apyun peteng igkang bathenipun kathah, malah para bongsa jawiingang asal sarta ingakng kininten boten purun campur, awit saing kalenggahanipun maksa rebah tumut ambyantoni lampah salingkuhan wade apyun peteng. Lahpunika kados pundit dene teka wonten nalar kang makaten wangsulan kula gampil, mila parapriyantun ngantos purun lampah makaten, dipun manah masthi yen boten badhe kawingkis, ign mongka patuwasipun sakalangkung kathah, mongka tanpa rekaos enggal anampeni untung. Dangu-danguu teka boten saged sirna lampah kang makten wau. Porstenlandhen. ======\======Ing dhusun Kuwadungan bawah SRagen wonten srisakit, tiyang jawi boten terang namanipun kapanggih gumantung ing genter salebeting griyanipun tiyang nami cadikrama, saputanganipun katingall kasuwek-suwek punika ingkang kinarya kendhat,lajeng ngadeg ing lesugn, sapreng kolongan sampun kaprenahaken ign gulu, lajeng lesung dipun cengkah awakipun gumantung, boten wonten igkang ngaken wanuh dhateng jisim wau, naming niti sedira aturipun nate prisa dhateng ingkang nganyut jiwa,sampun nika sanadyan boten mangangge anyar anyaran, suprandene kapetang mangangge ugi, ing salebeting kanthogn rasukanipun kapanggih wonten yatranipun 25, sen salajengipun katitipariksa, jisim lajeng dipun kubur. ======\======Mengggah pangangkatipun patih, mas Ngabei Sumadirja, kadadosaken budpati ing tulung Agung bawah Kedhiri, punika kapesthekaken manawi pirsa mengggahlalabetanipu abdi dalem papatih wau kathahigakg sami suka seneng amyarsakaken. Sampun wontlung taun laminpun angggenipun kakarsakaken ddos Onderregen ing Blitar, dene anggenipun temen-temen angrembat ayahan punika sampun kacetha ing medhali salaka sarta medhali mas ingakng dados ganjaranipun mas angabei Sumadirja. Mengggah priyayi wau sakalangkung dipu ajrihi denign para durjaa, sanadya wonten ing wanagreng panggeaning sima para durbrata sami erig, sabab para durjana boten saged andhelik, priyasaasat wontea salebeting leg widheng,maksa mas Ngabei Sumadirja saged amanggihaken, suprandene priyayi wau gadhah budi alus lan kairahan anjalari dados mitranign tiyang kathah sakalangkung ageng dananipun dhateng kamusakatan, ing pangros wismanipun mas ngabei patih, kinarya pengiyubaning para ignkang dhawah ing papa, kathah ingkang dipun biyantoni pamurung ing antaka,boten mangweang bongsa, ingakng pancen kamusakatan jalaran saking garising makluk. Nalika praja blitar katempuh ing banjir lahar, awit saking KRudhaning redi Kelut gantos ambadhangke kajengan utawi sela ageng-ageng anggigirisi, punika abdi dalem mas patih Sumadirja panuju ing dalem Asistenan sakalangkung kathah pitulunganipu margi saking tatagta boten mawi gugup dhateng par tiyangjaler estri, utawi dhateng para lare, ingkang sami ngungsi ing ngriku, riringkesanipun raden ngabei sumadirja pantes kaweka dening sudarmaningra, ignakg winiji ing gupremen sinukarta ing medhali awit saking kasudiran lan temen, wekasan saking panyuwunipun pyambyak purun angrembat ayahan kautus dhateng panggenaniing mengsah ing Ngaceh (Aceh) ingkang panuju muntab anjalari ngetohaken pejahipun. Ing ngajeng kathah kang mastani bilih kawijilanipun mas ngabei Sumadirja, ingakng kapara mambengi sged dipunmindhak ing pangkat, sanadyan kathaha kados punapa lalabetanipun ananging lepat mila kanjeng parentah ageng ing betawi dipun puji-puji dene samangke kawingkis yen parentah aeng boten karsa agugonen malah anyasmitani dhaten gpara asal yen cirining tetenger kang kasebut kautaman anuwuhaken kasatriyan punika lepas maksudipun bote kenging dipun samekaken balung tanpa isi, ing pangraos inggil lenggahipun tiyan galit ingkang saged mingggah awit sakin gbubuden utama, katimbag kaliyan ingkang pancen turun ageng kakulawisudha dados bupati utawi priyantun ageng. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan panji sekar

Lan Raja mondrasaraba, sasamana prasami taklim, prenah nem rajeng Mekasar, nging kkaraton angungkuli, wus laju lenggah sami, sasaman dhampar mas murup sawusnya manembrama, kumrubut kang para patih myang punggawa nembah marang ratunira. Laju sumiweng ing ngarsa sumenuh kang prabu pati, kdya girindra kusuma, punggawa kang tigang nagri, wadya lt winitawis,kalih kethi malah langkung, samya keh kang rerasan, pasthi nagaa kedhiri, ing sapisan iki nora wurung bedhah. Nadyan ratu tanah Jawa, ngumpula dadi sawiji, mongsa silih ambangkata, mungsuh lawan ratu katri, sukamanahing dasih, mangkana kang para ratu,lekasa samya bujana, ngiras samya gunem piker, angandika sri Bramasegti Manila. Naka Prabu Bramakumara, parantingkahign ngajurit, lan si Pani kasatriyan, lah apa tuhu sinegti, dene wus kasup nguni, tan kena kasorprangpupuh, PrabuBramakumara, mesem sarya matura ris paman prabu pun Panji tuhu widagda. Pantes sumbageng bawana, sembada warnanom pekik, cahyane mindha basonta, amba eram tan sinipi, ayeme ing ngaurit tan rekaos tingkahipun, kawula kadhungsangan angantep nungsang jempalik,sakehing kang kagunan datan pakarya. Meh kirang kedhik kewala, kawula nembahi lalis, anunten tanrinusana, binucal tibeng wanadri, sang prabu Bramasegti, gumujeng lan manthuk- manthuk, patih gunasaronta, apa tan tutulung jurit, gya umatur sang prabu Bramakumara. Pun patih aprang piyongga, aneng pelataran jawi, mengsahlan pujn Brajanata, leres kadangnya pun Panji, pun Patih ingggih tobil, kongsi babak irungipun, bathukbenjut samaja, lumajeng aniba tangi, katujune gesang saget angembara. Gumer kang sami miarsa, anglingrikmaang kipatih, labet tatu dereng ngical garundelan kyana patih, mandheleng denira ngling, lah aja geguyu-guyu, ing besuk rasakena, sira nora wurung tobil ujer kabeh ora luwih saking ingwang. Gumujeng rajeng manila, astane sarwi malangkrik, barengos dhawuk acapang,ing ngusap pinuntir-puntir, eh anak prabu yegti, si apanji tandhingipun, yen dudu sarirengwang, mongsa nakelar nadhah, bramasegti ratu kawag sugih montra,. Lah ing besuk tingalan yen aprang kalawan mami, sapira segtine baya, sipanji pesthi sirnanting, mongsa padha lan mami, entek iki ana iku, tek iku ana ika sipanji tiba gumlinting, angalokro otot bayu padha sirna. Kang ana among mamela, ngririntihan jaluk urip, wus pesthine teka gampang, pasrah Brana garwa nagri, yata srinarapati, makasar suka umatur ananging ulas-ulas, ing reh angecani galih, ing batine sandeya dereng prcaya. Mangkana ing aturira, pukulun jeng paman ajrih mongsa borohga paduka, rehing ulun wus kajodi sang prabu Bramasegti, angangkak angentrok pupu patih gunasaronta deninra dulu macicil, tukup irung, mengo ngucap garundelan. Si mangkono manehdadak, bisowa nguwisi kardi, wong dhawuk doyan bdhogan, wadhuke ngabot-aboti, baya besuk yen jurit, during kongsi bisa jagur, selak wadhuke rumba, kurang isine sathithik, otot kendho ngalokro gek niba dhawak. Mantrane mongsa kabula, jer kakeyan tomis-tomis kipatih gunasaronta guyune sarwi nyekiki, lathine den tutupi, kipatih sepuh anyendhu, eh adhilah bok aja, gawe weleh mrih ngombagi, lowong-lowong gawe kanthi orabayar. Nauri gunasaronta, jer niku dereng udani, pun panji kadibyanira, kasusu selak kumaki, patih sepuh lon angling, wis menenga sira iku, bokmenek kapiarsa, mengko temah ora becik, kang miarsa sami mesem ngon iriban. Lagya eca paguneman, kasaru gegering jawi, wonten wadya gung kang prapta, mentas saking jalanidhi baita warni-warni, aselur tembak kadulu, sang raja Suryaddwa, kang rawuh lawankang rayi, putrid adikang nama Kenaka Wulan Wus minggah prapteng muhara, utusan atur udani, cundak agya tur wikan, mring sagung para narpati, rajeng Mekasar nuli, kipatih kinen amethuk lawan para punggawa, sribramakumara aji,lanpranata methuk jawining taratag. Sang kalana Suryadadwa, laju sarira pribadi, sang retna kenaka wulan, megsih kantun neng jeladri, duk prapta sribuati, ing pamethukan tumundhuk,lan sagung para nata, tetabeyan sampun kerit, tatalengggah sasamn munggeng dhadhampar. Papatih miwah punggawa, tinata miwah wadya lit, paanggrahan sinaosan, miwah pakuwon san gputri, sinaosan amencil, atebih lolongkangipun, mungggeng sukuning ngarga, pakuwon kalintanga sri,kinakembang duduk wuluh myang telaga. Yata sampun tentrem sagunging wadyagung, antara ing sapta ari, denya andaddyaken rembug, mangkana sawusnya dadi, gya undhang kang para katong. Mring papangkon badhe magut ing prang pupuh, tinangaran gubar beri, kendhang gong maewu-ewu, budhal pangarsaning baris,lir gurniteng samodra rob. Kalih legsa wadyagung kang dadya cucuk, sakawan para bupati, makasar dadya pangayun, sang Arya Brama dhedhali, ingkang pinarcayeng kewoh. Sakep ingkang kaprabon sikep prangpupuh, papandhen awarni-warni, bandera miwah lelayu punggawa kang dadya tindhih, sadaya sami tetapong. Mangku ngupacara tutunggul papayung, lumrah wah ana turangggi, kendhang saruni tinabuh, dene pangarsaning baris, salompret sewu gorawor. Ing Makasar tangkeping wadya gumreggut, punggawane pekik- pekik,apasttesa prawireng pupuh, mengggah patraping lumaris, wdya Makasar paparon. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 31,Kemis kaping 2 AGustus 1877

Methik saking serat kabar POrstenladnhen ongka 58 Surakarta kaping 22 Juli 1877

Wiyosipun tuwan redhaktur, kula sukakabar ing dhusun Uter, utawi NGuter, bawah kabupaten Sukaarja, wonten ingkang umadeg rongga, punika ngingah patopan ageng, meh saben dalu dipun sab ing suwiyah tiyang, mawi dipun segah arak sarta tike, dene rongga wau pangakenipun dados abdi dalem, ngingah gamelan saringgitipun wucal, nanging satemenipun rongga punika boten darbe padamelan liya,kabaripun kathah para tiyagn ingag ngajeng saged nyandahng tedha, samangke dados tiyagn ubengan awit kalebet ign patopaning rongga, malah dereng lami kula dipunw artosi, wonten satunggiling tiyang tani watekipun temen mongka gadhah weak kathah saklangkung taberi ngantos saged andarbeni rajakaya sapasang, wasana dipun unang dhateng Rongga, boten pisan andugi yen badhe anyelaki kamlaratan mila lajeng dipun turuti, dipun ejak selikuran, boten antawis sejam tiyagn sepuh wau lajeng gloyoran mantuk sakin gpanggenan botohan wau, barnag darbekipun telas dipun damel toh mai, awit dipun galembug dening gamelan mawi kawuronan sarta dipun sereti, wonten tuwan satunggalin langkung ing panggenan wau bekta sanjata dipun ampiraken boten dangu sanjata ical kabekta ing durjana Demang taman adhinipun rongga ingakng dhawah ingpanggrayangan nyolong, awit saking pakenipun rongga kathah ingang mastani polisi punapa boten nyerepi, punika klentu saestunipun pilisi inggih dhenger ananging rongga dipun sakajeng, awit dipun manah rongga punika dados abdi dalem mila kula raraosan punapa kanjeng tuwan residhen boten kagungan purbawasesa, yen polisi jawi boten kawawa, mugi mugi panggenan pantopan kngmakatenpunika, sampun ngantos amewahi lampahing kadurjanan kecu. Liya saking punika kula awawarti, sampun kapara dangu angggen kula nypati, yen kathah barang colongan ingakng katitik,boten ngemungaken ing panggantosan ingpatiken ngiras pagantosan ingggih asring katitik brng ipun coongan ign saemper dereng waradin kasumerepan punika saliyanipun anggenira lampah salingkuhan, asring asring anggenipun nyebar congcun kadamel samudana ana sabiwadosipunjuru patiken wau, saemper kados atrapipun pandung ingkang dipun oyak mlajeng aceluk- celuk piyambak “MALING-MALING. Pamanggih kula Bandar ingkang purun purun anampeni barang liruning tike sapanunggilanipun punika wajib dipun ebrugaken dhateng pakter,sarta dipun ukum a ingkang anbtep sabab manawi boten makaten anjalari jarahrayah.Liya sakig punika kaandadosna pirsa, in bawah Sukaarja dereng dangu kathah griya kabesmen,punapa dene plencatan wonten sesakit palenthing ingkang ketingal Katandhan Ji ======\======Nalika dalu tanggal kaping 16 angrintenaken kaping 17 ing dhusun Krang dhsitrik Kalisoga, griyanipun tiyang estri nami Biyang Sonadi, kalebetan pandungkoyok, barangipun telas sadaya, pangaos kriang langkung 2500 sasampunipun mendhet barang, griya dipun obong sareng kadurjaan wau kaaturaken ing kabupaten Kalathen, tuwan Asisten Residhen panuju seweng, dhateng Kertasura jenengi polisi Rol, dene tumenggung polisi panujubadhe bidhalan sowan pasamuwan dhateng nagari, awit tingalan dalem taunan, sarehning tuwan asisten residhen boten wonten, dados raden tumengung kaweken boten wonten ingkang dipun ejak rerembagan, sabab pranatan nagari, saliyanipun sakit para kawula dalem ingkang dados priyantun boten kalilan yen ngantuna, ananging raden tumenggung saged andugi bilih nalar wau ingakng prelu kedah dipun prelokaken mila sanalika lajen gkintun serat kentheng katur ing parentah ageng nagari, amratelakaken kadurjanan ingakng kasebut ngajeng, nunten mangkat dhateng dhusun karang ingkangkapandunganmaling koyok, gya andhawahaken parentahkenceng kinen anitipariksa ing sarehning sami boten anginten bupati sanalika dhateng dados saged anyepeng ingkang dados pethuting durjana anama SSinting, ugi gegriya ing dhusun karang puna sinting wau sampun lami anggenipun sesengitan dhateng bok Sonadi, mila terang bilih kadurjanan punika, wiwinih saking amales ukum, mugi-mugi pun Sinting dipun atrapana ukum enggal ingkang pantes sarta anteb yen boten makaten rekaos anyirnakaken kadurjanan kecu, Liya saking punika kula kedah amratelakaken angalembana dhateng bupatiign Klathen ingkang kendel amrelikaken kuwajibanipun angedhagaken pranatan sawatawis, mila mugi-mugi para priyantun sanes ageng alit anulada atrap kang makaten wau. ======\======Kabar ing Ngayogya prenca-prenca wonten sesakit dhengkel malih, nanging boten amutawatosi. ======\======Wanci dalu angirnytenaken dinten kemis tanggal kaping 19 Juli jam satengah tiga, ing dhusun Serangan ngayogya, wetan lepen winongaa, griyanipun mas lurah Guntur Madu dipun kecu boten Kendal anggenipun nyeluk asu celeng, lajen gandedal kori, malebet ing griya,mendheti barang rupi-rupi, sakalangkugn para durjana anggenipun daridhis ngupadosi baran gpangaji, nanging lepat sabab ingkanggadhah griya sakalangkung kawatosipun, mila barang amalipun dipun titipaken ing panggenan sanes, dene piyambakipun sarehning kraos yen badhe methukaken pakewed medal kori butulan dhelik wonten ing sesamaran salajengipun para durjana sami mundur kados badhe anrajan ggriya sanesipun. Samangke kekecon sampun anglekasi malih. Porstenlandhen. ======\======Guguyubaning para tiyang ingkang kadunungan bekja sampun wawanuhan kaliyan tuwan Asisten Residhen Polisi Semarang nama Tuwan Pansetraten, punika wonten satunggal ingkang samangke dunung ing Ngayogya ing ngajeng gegriya ing Semarang, nama Aulilo, sampun nate dipun ukum krakal tigang wulan, nalar kadakwa lepat dhawah ing panggrayangan, ananging Cina wau saged anyingkiri paukuman, malah saged mayeng tanpa wonten ingakng mambengi. Sampu nkapara dangu pun Cina punika alerep wonten ing Ngayogya, ngiyub dhateng Bandar apyun dados congcun, dene ingkang mranahaken dhateng ngaygoya cina sugih ing Semarang, punika ingggih pirsa ugi bilih Auilo dhelik wontening ngayogya, serepipun cina sugih wau dherek reged anyimpen durjana. Para tiyagn sami amujekaken supados nagari anguingana lalampahan wau, sarta dipun tindakna, murih pun cina sageda angesahaken sambutanipun ukum kalih dene malih para cina ing semarang sarta para cina ing Ngayoyga, sageda dhenger manawi polisi ing Ngayogya bangkit anyantosani surasaning pranatan nagari, tuwin wasis anyepeng tiyang ing gatan. Mataram. ======\======

Punika seratipun kanjeng gusti pangeran Adipati ARya Mangkunagara kaping IV dhumateng ingkang putra kanjeng Pangeran Ngbei, putradalem sinuwun sapunika, mila kapacak awit sampu nkalilan, sarta kamanah kathah paedahipun ngatasing kang marsudi wiramaning utawi lulungidaning sastra. Kisis waking rumenggeng nwarna, roda mala kang luminting, sinom sekaring pustaka, ronanggi sangkaning ngardi, kalawan salamami, mring sira siwayeng ulun, wilangan luwih tridasa, candrama tanggaping warsi, pangram bei, Atmajengdra Surakarta. Wicara wimbaning nata, kukila seta piningngit, wiyose ngger putraningwang, rondhon wangi nuksmeng warih, nalika jeeng mami sebara manta sang prabu, patralesah ing kisma nata wredaing PIrkari, dhinawuhan ing sajroning sasi saban. Pambajeng sridasarata, raja weda warsa tiwi, ramanta jeng srinarendra, arsa aningali pabrik, pathi rembesi sari, iingkang aran Tasikmadu, patih kembar Blambangan, atmasrikurandha agni, angkatira ramanta mundhut prayoga. Kangpatra alum ginongsa, duta prabu Kusumaji, iku kula yen sembada ing karsa jeng sribupatiwuwung pangarak panti songka ingpanuwuning sun kramajangkah ing tepa, jawataning sitaresmi, atindaka, ing ditya triwelas condra. Parabe sang dwijawara, nanmanir dayaning kapti, kang iku mongka sabodhowa, konjuking jeng sribupati, werugeng sekar wangi, wasana pamintaning sun, mring sira narpatmaja, pusara winudhar gampil, ngara arsa kang dadi wangsulanira. Ken atmasridanardana, kawining kangpandhansari, titi wedharing kintaka, parabe sri salya aji, cinitra soma ari, purwawijiling siteng su,pign songa likur tanggal jawata asalah warni, kang sengkala tata,luhur ngesthiraja.

Sinten ingkang remen sastrajawi, mesthekaken rumaos bautipun ingkang ngripta srat nginggil punika, redhaksi C.F.P.. Nalika ing dinten Jumungah kapng 27 Juli wanci dalu, ing Wangabehan Surakarta, amangun suka, rawit kangjeng pangeran kars anampeni para tamu, ingkang sami anuweni resepsi, ngiras ngormati tingalan taunipun kanjeng pangeran,s ampu nkawentar bilih ingakng kagungan dalem saklangkugn bangkit manawi anampeni tamu, mila para ingakng sami sinuruhan bilih boten pambeng ingkang temen, sami mrelokaken dhateng pengabeyan, duk samanten kaliyanipun ingang sinuwun, utawi kanejng tuwan residhen sarta kanjegn gusti pangeran adipati anom, ingakng rawuh kathahpar tamu liyanipun ingaknggupuh sami dhateng. Sareng sampun sami tatalenggah, ingkang sinuwun ngarsakaken kasukan kartu, saksana para tamu sami mapan main, gongsa mungel mawi kinidungan dening para wasis wasis kapyarsakaken saking tetebihan sakalangkugn anyenengaken manah, dhasar baut pangruktinipun, mila sadaya sami sukarena, kondur dalem ngajengaken jam kalih dalu, lajeng para tamu wonten ingkang kantun asuka-suka dumugi enjing langkung jam sakawan, wondene anggenipun nganggit panembrama kanjengpangeran beu, ing ngandhappunika warninipun, Panembrama Sekar kinanthi.pangidungipun linuting gongsa, katawang raras maya, pelog pathet nem barang binukanan Sekar ageng retnamulya, 12, 4, 8. //REtnamulya// Angrarengga, kusumadiretnamulya, mongka dadya, tondha tur pangabiwada, mring sanggyaning, kang rawuh ngriki sadaya, marmanawung, kidung winoraras maya. \\Kinanthi\\ Punika wiluejngipun ingkang sami rawuh ngriki, mugi sami lestantuna, prasobataning salami, winantuwa ing raharja,winimbuhaning basuki Amba mung saklangkugn nuwun, paringing hyang kang maha luwih, mugi tuwan bantenana, kawiyaning aneng nagri ywa pegat wimbuh kamulyan, susila anrusing ati. Winantuwa nugrahagung, sumrik rumesep mring dhiri, kabanjiraning sarkara, tinunu puspita minging, sinawuran burat wida, ardanign driya mimbuhi. Wimbuh sesengming rum-arum, arumrum sukmring dhiri, gung kataman srukaonang, kacipta yang mahasukci,kang paring rahmting donya, tumekeng ing ngawalakir. Dene sak langkung asokur, tedhak dalem sribupati, ugi sami byantonana, wiluejnging nagri jawi, widada saterahira, rumaksa Surakartadi. Tuwin para tamu-tamu, praputra kadang myagn abdi, mugi samilestantuna, suwita marang narpati, tanpegat ing latri rina, kanjeng pangram angabei. Titi pangriptaning kidung, jumungah wge ing ngari, pinembelas sasi rajap taun Je ingakng marengi, angkaning warsa ing ngetang, sewu wolungatus nulsit. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan panji sekar

Kang saparo kawan legsa mungggeng ngayun, papangkon rekyana patih, Bramadenta patih sepuh, kang separo munggeng wuri, sri Bramakumara katong. Amekasi wuri pisan lampahipun, ing tengah kang para aji, susuruhan kang sumambung, wadya gung kagiri-giri, bumikambah lir mandhelong. Suara kadya gorareh guntur gumuntur, bandera katiyup angina,kadya wanarga lelaku, myang busana sarwa rugmi, sumaburat katon abyor. Surem shyanghyang diwangkara rehkalimput, buwana reg gonjang- ganjinglebu melek kadya tedhuh, kambahkeh ning kang lumaris, pinarcodhang maruta lon. Sorot siraat suminglar mimbaning lebu, katon papangkon paraji, samya nitih gothaka gung, ginarbeg upacara sri, warneng kancana sotya byor. Tinon saking mondrawa amyang ngunguwung, lumrahkang para narpati, makuthabuka srimurup, agagelang anting-anting, apepending abebadhong. Lampahing kang wadya gugn sampun anglarug, arerep kalaning latri, enjangnya malih lelaku, meh parek kikising nagri, kendel akarya pakuwon,. Kawuwusa nagri Kadhiri misuwur, babantune mengsah prapti, tan pawilis wadyanipun, kadya robingjalanidhi, dyan atur uningaeng katong. Prabu lembumijaya nimbali gupuh, mring raja putra sangpanji,myang Brajanata tan kantun katriarya wukirsari, myangkipatih wus manjing jro. Dupi prapta nembah ngusapadeng prabu, narendra ngandika aris, kulup mungsuhira rawuh, aturing bupati tamping, patang praja para katong. Ing samengko jaban kutha wus kukuwu, ing ngara-ara kemuning, sadina lelakon tutug, dohe kalawan nagari, wadayane lir samodra rob. Kulup paran kang mungguh sariranign sun , sang panji matur wotsari, lamun parenga pukulun, amunga amba pribadi, ingkang amethuk palugon. Jeng Paduka kendela tengga kedhatun, kulup liwat water mami, mungsuh patang nagri iku, tur padha prawirengjurit,kabeh padha abot abot.Arya Brajanata gya nambungi atur,paman prabu yen suwawi, wadya kadhiri puniku nyalimura nunggil baris, lan wadya dipun mirantos. Lan paduka mugi utusan gupuh, tur uninga mring ramaji, jenggala myang Singasantun, ngurawan Bantuwa jurit, nanging keketep kemawoon. Ingkang ngaprang amunga putra pukulun, lan kadeyan anadhahi, ing batos kawula estu, paman dereng darbe miris, mengsah sekawan prakatong. Yata sukang srilembumijaya prabu, wus dadya kang gunem kawis mamatah ingakng denutus, cundaka mawakintaki, gambuh lumagsaneng pakon. Yata ganti winuwus pakuwonmesah kang baris tugur, para nata akasukan siyanglatri, ngiras gunem ing prang pupuh, sayoginekang linakon. Ngandika sang aprabu, Bramasegti mring kipatih sepuh, eh apatih apa sira wus miarsi, telik kang anugmeng mungsuh, kasidane ing prapopor. Dene pangrunguningsun, ingakng bakal methuk ing prang pupuh, iya among sawadyane si apanji, kalawan sakadangipun, eh apatih yen mangkono. Kang dadi rembug ingsun, ayo nganggo ing prang ginarubuh, reh sathithik mung angudu prang tinandhing, lamun angadu wadya gung, mungsuhira yegti repot. Jer dudutandhingipun, kehing wadya lir tikel sepuluh, nadyan ratu kedhiri miluwa jurit, during timbagnpesthi kungsul, sadhela bae macethot. Ki Bramadenta matur, estu leres pangandika prabu, ignakng methukingggih among pun apanji, wit tetep ubangginipun, lanputra paduka katong. Eca imbalan wuwus, kasaru wadya jro wijilipun, katon kediri ing dinulu langkung asri, pangkat mantra mring raja putra dyan panji, marma samya apepayung, dhasar wus prawireng kewoh. Ing wuri kang sumambung, para kadeyan adulur dulur, awahana amangkuwadaya pribadi, tetenger bandera paying, myang tabuan kang kendhang gong. Kang nindhihi ing pungkur, arya Brajanat ngarseng wirun nulya raja putra jenggaladyan panji,s asaman wdya bala gung, busana tan carup bawor. Upacara ing ngayun, ing wuri pisan igakng sumambung, kang nyalimur raden Arya wukirsari, wdya kadhiri pinangku, mindha kanomankemawon. Yata narendra mungsuh, samya suka denira dulu mungsuhira tiningalan langkung kedhik, arempeg dadyaning rembug, mung nimbangi sapepakon. Pranata munggeng tarup, winantara tebih celakipun, wdyabala kang kathah tansinung mijil,mung tinimbang kehing mungsuh, lawan parnetah prakatong. Wadya lit ywa prangpupuh, among para punggawa panguyun, ingakng ngaprang adya lit kinen nyuraki, sang panji nimbangi sampun, tata ingkang badhe miyos. Sang Bramasegti prabu, ngatag marang punggawa gegedhug, kang awasta dhanyang Lobahgungna inggil, wokbris polatane sirung, andel manila kinaot. Payo cacaken gupuh, ingsun arsa wruh tangkeping mungsuh, dhanyang lobah sigra nembah sampun mijil, dharat sarwi mandhilimpung, prapteng papan gembor-gembor. Susumbar nguwuh-uwuh,payo papagen ayudaningsun, iki andel rajeng manila sinegti, mider sarya ngikalimpung, kumitir prayoga tinon. Wdya jrokang amengku, arya Brajanata gya anuduh, mantra anom pratistha wus kinen mijil,nembah sigra nyandhak limpung, nimbangi mungsuh kemawon. Pratistha tatag tangguh, dhapur gagah asingset tur bagus, lampahdharat ayun-ayunaning jurit prabu Bramasegti dulu, pangandikanira alon. Sapa kang mijil iku, dhadhapure gagah tatag patut, apa baya iku kadange si panji, ki Guna saronta matur, dene punika sang katon. Taksih wonten candhakpun. Ongka 32, Kemis kaping 9 Agustus 1877

Serat kentheng ngabaraken bilih Kanjeng Tuwan REsdhen ing ngayogyakarta sampun ampi dhawah saking kanjeng parentah ageng ing Betawi, manawi pangangkatipun sultan amengkubuwana kaping VII, ing Ngayogyakarta, katamtokaken benjing ingdinten Senen tanggal kapign 13 wulan Agustus punika, manawi boten kalintu, ing kraton badhe pista ageng, owel sakedhik dene teka badhe tumbuk kaliyan pista ing Mangkunagara. ======\======Sampun sawatawis dinten ing mangkunagaran ketingal oreg asumeta malah kabaripun sampun wonten para bupatiing moncanagari,kang dipun suruhi, ingkang sami dhateng,mendah agenging mangunsuka. Ingkang badhe dhateng ta……saking pundit- pundi para greji ing Semarang utawiing Surakarta,meh boten saged ngaladosi wewelingipun para tuwan utawi para dyah Inyoh ingkang sami badhe anuweni pista. Saliyaniun onta, ingkang sampun katingal aken kathah kewan aneh-aneh, ingkang sami kapurugaken badhe kadamel titingalan wayang cina sapirantosipun asal saking Singapura, kabaripun ingggih sampun sami dhateng, badhe katontonaken ing Mangkunagaran. ======\======Pakabaran kathah para bajingan saking pundit-pundi, sami dhateng ing Surkarta, utawi ing Ngayogyakarta, badhe anyambutdamel ing sdangunipun kathah pista, manawi andhahar atur, para polisi mugi karsaha anyantosani pangreksanipun. ======\======Ing Ngayogya para tuwan tuwan ingkang nebas siti dhusun sarta ingkang rumaos niyat awit saking palimirmanipun swargi kanjeng sultan amengkubuwana kaping VI sami golong pikiripun saeka kapti, badhe aken aya satenger, tilasing kamirahanipun swargi kanjeng sultan malah mangke sampun saged amrnekaken yatra kadamel wragad kathahipun tigang dasa ewu rupiyah, suprandene taksih kathah ingkang badhe urun arta, wondene ujud utawi warnining tetenger, punika dereng katamtokaken, ananging kapesthekaken endah tanpa sisihan ing ngatasing nagarijawi, sedyanipun para tuwan ingkangmakaten wau, sampun boten kalebet dupara, awit swargi kanjeng sultan ingang dados daruna, anuntun dhateng kasugiyan. ======\======Ing nalika malem Akat dados angrintenaken tangal kaping 5 Agustus punika, tiyang nami kaji Kasan griya ing dhusun Sarawaden, ingkang estri gadhah anak medal 4 iji, sadaya sami jaler, ananging ingkang kalih pejah, ingkang kalih lestantun gesang ngantos ing dinten punika, katingal teksih sami seger, denten tiyang sepuhipun ugi kawilujengan boten kirang satunggal punapa dentening dhusun Sarawaden wau bawah Kadhestrikan ing kitha Klathen. Kaping 7 Agustus 1877 katandhan Walagita. ======\======Punika pranatan (Programa) panguburipun sanmpeyan dalem Kanjeng ratu Nederlan, jujuluk Sang Sopiyah, Predrikah, matildhah, tedhakan saking kraton Wurtenbureh, ing dinten rebo kaping 20 wulan Juni 1877 wanci enjing jam 10. Bageyan Sapisan Bab pranatan ing salebeting Dalem Ha, ing dinten Pambektanipun bandhusa, layon dalem kedah sampuna katebela, kaselehaken panti ing Oranye Salpa pdalema ing kitha Bos. Na, priyantun ingkang kapatah anindakaken damel nyrteni layon alem ingngandhap punika pratelanipun. 1. Lurah ageng seremoni Mister 2. Para tuwan ageng ingkang kapatah anyongga pucuking rurub jamus sakawan, 1 graparanwek, Grutmistering dalem ageng ing ngajeng sampun nate ngladosi ayahan dalem kanjeng ratu 2 Grapanlimburehstirum operjagermister 3 baron Klipport Operopmarskalek,4 JOngker Geprespansimonsehappen Omarskalek, sampun nate nyuwita ing sampeyan dalem kanjeng ratu. 3. Kawanlikur kamirhir (priyayi kadhatonan) kapatah anjungjung kagungan dalem bandhusa 4. Ken grugmisteres para arum kadhatonan sarta abdi dalem paradyah ingkang piniji 5. para abdi dalem wanodya ingkang asring ngladosi cecelakan

Wonten malih cacawisan Onder upsir lautan utai dharatan 24 cacahipun punika ingkang badhe amyantoni paamelanipun para kamirhir,manawi jungjung bandhusa, atrapipun ngrembat para Onder upsir wau ing sisih tengah, para kamer ir ing sisih jawi.

Bageyan kang kaping kalih Pranatan lampahing bandhusa

Sa jam saderengipun layon dalem kaangkataken para priya utawi dyah ingkang sampun sami kapacak ing damel kedah sampun cumawis ing dalem ngebos, amanggena ingpanggenan kan gsampun kaprenahaken. Para Grutopsir sarta para priya kadhaton (Kamerhir) dipun sadhiyani agem-ageman mantel tuwin sarung asta, dene para abdi dalem kratonan liyanipun badhe dipun serepaken ing pundit anggenipun ngrasuk busana wau. Lalampahing layon makaten Ha, ingkang dados pangajeng 3 eskadron Usardherdheresimen sak setapipun satandhar ret kedah wonten. Na, 1, bataliyon Seketter salebeting residhensi, katututan ing Bataliyon satunggal sarta bataliyon tiga, Grenadhirjager sasetapipun utawi Pandel. Seketer kitha Segrapen sehage, punika badhe tumut gelenganing lamah dumugi ing bariyer margi ingkang anjog ing Reiswek dene ing kitha Dhelef bade sampun rakkit para seketer sakorep ingkang badhe kumpul. CA, 1 Oporir sarta abdi kapalan kalih Ra Kamerhir seremoni Mister numpak kreta kutsekruttonan, kadherekaken abdi dalem kalih kiwa tengen. Ka para priyayi kratonan sarta para abdi dalem kanjeng gusti pangeran Predrik paman dalem abdi dalem kanjeng gusti pangeran Hendrik rayi dalem, abdi dalem kanjen ggusti pangeran adipati anom Prines BanOranye, sarta para abdi dalem ingang sinuhun kanjeng raja, sdaya mageageman jamus meles topii mawi tenger, pasang rakitipun ngalih ngalih, ingkang pngkt anem kaprenahaken ngajeng. Da, pryayi eraut satunggal kapalan tenger Nederlan, dpun rumiyini ingkang ngampil Mapen dalem. Ta, kagungan dalem kreta kutasenenem kapasangan kapal rakitan ngalih, punika anyadhiyani para Kamerhir ingang kaptah ngrembat bndhusa, sarta kreta kutsekratonan satunggal kapal sakawan sadhiyanipun para ageng ingkang ngampil pucukipun lurub, kadharekaken abdi kiwa tengen. Sa, OPerseremoni Mister, nitih kreta kutsekratonan rakitankalih psang, kadherekaken abdi kalih kiwa tengen. Wa, Priyayi ERaut satunggal kapalan tenger purtembureh, dipun rumiyini ingkang ngampil Wapen dalem. La, Kreta layon dalem rakitan wolu, tinusanan lurub jamus, satunggal tunggaling rakitan dipun ampingi kusir nyatunggal, makutha dalem sumeleh ing babantalan buludru, tuwin sawarniing tetengering kaprabon dalem kanjen gratu, punika kaprenahaken ing lurub ingkang nsabi bandhusa, pucuking lurub bade kaampil dening para ageng ingkang kapratelakeken ing Aksara Na, Afdheling satunggal. Pa, Sampeyan dalem ingkang sinuwun kanjeng raja, kadherekaken putra dalem kanjeng gusti pangeranadipati anom prines Oranye, kanejeng gusti Pangeran Aleksander Kanejng gusti Pangeran Hendrik, sadaya nitih kreta Kutse, rakitan wolu, kiwatengen kadherekaken abdi dalem leki tiga sisih, litnan jendral ajudan dalem Makleyod inspektur wadya bala infantry, jendral mayor Weitsel komendhan Irstredhipisi infantry, sami nitih-nitihyan ing tengen dalem litnan jendral ajudan dalem jongkirpan panhis sarta jendral mayor pantol guprenur residhensi, sami nitih titiyaning kiwa dalem. Dha Kanjeng gusti pangeran Predrik Dhenederlandhen kanejgn gusti pangeran Albret pan prowisen kanjen ggusti pangeran priyens Nikolas panOldhenbureh, kanjeng pagneran panwid sadaya sami nitih kreta kratonan rakitan nenem abdi Lakei tiga sisih, sarta kadherekaken ajudanipun para gusti wau. Ja, para duta wikrama sakin gkraton liya, sami nitih kreta kutse kratonan kalih, rakitanny kaan satunggal, kadherekaken Lakei kiwa tengen. Ya, para Grutopsiring kang sinuhun lajeng raja nitih keta kratonan tiga, rakitan ngalih pasang kadherekaken lakei kiwa tengen Nya, para marskalek kratonan sarta para marskalek kipun para gusti, mawi kreta kut sekratonan rakitan kalih, sinisihan ing lakei. Ma, Para tuwan ingkang hdrekaken para rajaraja sanes nagari, mawi kreta kapal kalih lakei kiwa tengen Ga, Abdi dalem dhokter piniji anama dhokter Pringhisen, mawi kreta kapal kalih, lakei kiwa tengen Ba, Kalih bataliyon GRanadhir japras satunggal eskadron user saking residhen tiga, tuwin palbaterei artileri. Menggah lampahing trein medal wradinan leidhasesetrtweh, kortewurhut, turnowipel dheipresbereh, plates, uhsrat, kleingrunmarek, finsrat wagensrat eigenseplein, eigensrat, lajeng anjog waradinan reswek. Sasampuning prapta ing bariyer, par tuwan ingakng kaptah ngampil pucuking lurub jamus, sarta pra kamerhir ingkng kaptah jungjunglayon dalem nunten amanggena ing kreta ingakng cumawis denelampahing rteinlestantun medal weadinan dhelep dumugi ing dhelepipun. Saksana para maerhir ingkang ngampil puuking lurub, sarta para kamirhir ingkang ngrembat bandhusa nunten amanggen malih celak ing kreta layon. Trein nunten lampahipun medal weradinan odhedhelep kretegk greja, Twedhedhelep malih anmokni wesetrat medal dhehal wingkign setadhis urut upwak ngalngkungi pekenagung anjog greja anyar. Sareng dumugi ngajengan greja, para wdya bala ingkang kasebut ing Ha, Na, bageyan kalih ngajeng, sampuna rakit Inbatalye. Sangsaya neseg praptaning trein ingkang sami nitihketa tumedhaka uruta anggenira malebet ing greja. Para adi kratonan utawi ingang kaptah damel, samiya jajar dados kalih rarik, ingkang anem prenahipun caket kori greja, surutipun dumugi ing panti kang kasebut ekur. Para upsir sarta Grutupsir, sami jajar ugi, ing tengah badhe kamar gen layon dalem. Para herut sapangampiling wapen dalem manggen kiw tengening kaluwat dalem. Para kamerhir kawanlikur cacahipun kabyantonan dening para onder upsir kawanlikur iji, punika ingakng badhe ngembat bandhusa kapurugaken dhateng kaluwating para narendra, sareng sampun dumugi layon kaselehaken ingpanti, nunten sang dwija pandhita sepuh pyambak anama molen nam aanyidikara, sasampunipun kadonganan oper seremoni mister anyasmitani,sawargining tetenger dalem dipun pendheti kakonduraken lajeng kapasrahaken dhaten gpriyagung GrutmistergrapPanranwek, Operintendhaningkraton lajeng ananggapi kagungan dalem makutha, kasimpenan,. Tabela lajeng dipun ulapi urubipun kaprenahaken ing kaluwat, sasampunipun tabela wau lajeng dipun kancing mawi kaselehan cap ageng kratonan deneing minister panjustisi, sineksen dening sekretaris jendral katungkuln dening grutmislergrapan ranwek, tuwin Oper Kamerhir, sarta Opper seremoni mister, dene minister panjustisi sasekretarisipun angrumiyiinana dhateng greja. Sasampuning tebela kakaning lajen gdipun lurubi malih, kaprenahaken ing ngajeng, saksana priyantun Herut tenger Nederlan, lajeng anyawara sora mratandhani yen komating pangubur layon dalem gusti kanjeng ratu Sopiyah, Predrikah, dayitaning Nederlan tedhakan saking kraton Nurtebereh sampun kaleksanan sarta wilujeng. Saangkatipun layon akin gkedhaton dumuginipun ing kaluwab punika ing kitha segramensehage sarta ing kitha Dhelep saben samenit angungelaken mriyem.

Bageyan iga bab pranatan liyanipun

Sawarnining krea ingkang badhe kagem kedah rakit ing ngalun-alun ngjenging dalem geng ing ngebos, uruta kadi kang sampun kapratelaken ngajeng, saha sami medala weradinan Utsenweh prenah kidul. Para Seketir infantry utawi kapaleri sarta artileri, samiya mapan kados kang sampun kasebut ngajeng. Sawarnining gentha ing kitha Segrapenhage, idhelep sarta ing wasenwar, dipun tabuh awit sakign jam 9, enjin gdumugi sumelehipun layon dalem ing kaluwat. Ing dalem ageng Tenbos dipun pacakan Erewak supados angreksa, ing nglebet dalem utawi ing jawining dalem liyaning punika bilih wonten prelunipun kadekekan Erewak, sarta piket kapaleri sumebara ing pundit-pundi, murih angreksa wilujenging damel. Ingkang kapacak dados komisarising kaluwat dalem kedah angrukteni pambikak utwi pangancinging kaluwat abdi dalem Arsitek kedh sarasa kaliyan ingakng kapatah dados komisaris wau, menggah pranatan panyelehing layondalem mila kedah sami praptaha ing greja saderengipun dene ing ngajengan kori grja kedah dipun dekeki wak militer awit saking pambikak ngantos pangancingipun kaluwat. Menggah prantaning ngelbet greja, sampun ngantos ikirangan punika kabebahaken dhateng ingakng nyepeng paprentah ing kitha Dhelep. Para Buremister sarta Wet Ode ring kitha Geng Seegrepensehage, samiya wonten ing Bariye prenah waradinan REswik angentosi langkungipun layon, dene para Burgemister sarta para Wet Ode ring kitha Dhelep samiya cumawisa notoging layon ing kitha Dhelep. Ingkang kapatah dados Kamerhir seremoni mister, kabyantonan denign seremoni mister Bantu, sami kabebahan angreksa tata sarta kawilujenging damel. Irstestalmister ajudan dalem kanjeng raja, punika ingkang kapatah mranata utawi angebahaken sarta angendelaken Trein, wenang anindakaki ing pundit panggenan kaprelu, sarta dipun byantoni wah mister kapaleri kakalih, dados Ordhenanse. Para Grutopisir sarta upsiring sang prabu utawi para upsiring para gusti pangeran sarta parapriyayi ageng nagari, mawi busaa Grutkustim, lancingan jamus para upsir militer grutei atetenger sungkawa, dherek pranatan. Para abdi kedah prabot pamera ageng,mawi tenger sungkawa jamus ing lengen kiwa. ======\======REdjaksi sampuntampipanjurungipun Sugiyarja, sanadyan panjurung punika sakalangkung wingit suraosipun, maksakagalih ewed yendipun pacaka, awit dununging serat wontening bapa akaliyan weak, boten prayogi yenkawentarna, kajawi bilih ingkang ysa serat piwulang utawi ingkang kaparingan wulang angarsakaken murih dipun pacaka Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan panji sekar Jalma magang trah kuru, nanging sampu pinarcayeng kewuh, wastanipun pratistha tuhu sinegti, sri Bramasegti ling ya sru, ora timbang yen mengkono. Si Dhanyang Lobah iku, punggwan del manila gegedhug, mungsuh magng sipratistha pesthi kuntit, rekyana patih gumyu dhuh pukulun kng sayegtos. Mangke paduka dulu, dhayang lobah pnika gungluhur, yen prang lawan pratistha sayegti tobil, mongsa kanggeya samenut, boten wande amasethot. Sri Bramasegtirengu, yata kuneneg kang sami umagut, wus nyatanya tinaya kang ngarpang tandhing, sigra pareng muter limpung, jangkah jinangkah mrih kasor. Dangu puteran pagut, ki Pratistha kalamunlinimpung, among na kistan arsa male anggitik, yaa limpung sareng putung, mangsah caruk alirugon. Si Pratistha jinagur, wanti-wanti tan gigangsarambut, para nata mungsuh eram aningali, suraking wdya gumuruh, yata kang ngayuda karo. Tita dening rajagur, dhanyang Lobah tanganira kiyu, asru mojar eh pratistha awak wesi, payo malesa den gupuh, padha segti ingsun tanggon. Duk marepak neng ngayun, dhanyang Lobah mukae tinapuk, poking kuping anjubuli bakuwalik, kelayaban mayug mayug, mung seri niba anggeloso. Wong Jenggala gumuruh, surakin gwadya lir langit rubuh, prabu Brmasegti ngungun aningali,ki Gunasaronta gupuh, ambapang sarya lok alok. Wong ika mendem gadhung, endhase ika baya wus remuk, nyata sekti wong manila dhasar silit, ayeman pijer ngelugur, olehe prang sambi turon. Sri Bramasegti sendhu, iya mengko dulunen ya ingsun,kyana patih mengo riyak sarwi linggih, yata kang ngarang winuwus, dhanyang lobah tangi gupuh. Ki Pratistha ginaelut cipta mongsa kasora yen gelut, sabab dhanyang Lobah menang ageng inggil, amulet mullet ambekun, andrendengkeng megal-megol. Kang banekuk akukuh, datan obah bergagah abakuh, wusnya tita ki Pratistha malejenggit rambute ena dinaut jinangkelaken mangisor. Gumrepek gigir dheluk, ngathuk bener ing ngadu lan dhengkul Danyang Lobah sumaput naba gelinting, kalenger tuwameh lampus, cinathat sikil tibeng doh.Jepapang dhawul-dhawul, surakin gwdya lir ruging gunung dhanyang lobah ing ngundurken wus macicil, para nata sami ngungun dene gegedhuge kaor. Rajeng Manila gupuh, ngatag punggawa andelaprang pupuh, Kraengnaba gunging gil sosoran patih, mukareget kebek wulu, memper rekasasa yentinon. Mung kaot datan siyung, mangsah dharat gadane pinikul,prapteng papan gada pinuter manginggil, binuwang gadane muluk, udhune sinonggatanggon.Ki Pratama duk dulu, sigra mangsah pratistha ken mundur Prabu Bramasegti atetanya aris, sapa kang umagut iku, lan kang mungkur kembar tinon. Ki Patih Gunasaronta sigra matur punika magang kalih, pun pratama wstanipuhn, kadange pun Pratistha, Prabu Bramasekti angandika rengu, si apanji murangkrama, mring sun tan angajeni. Ing kene parap unggawa, pipiliyan tenamungden tandhingi, batur magang ora urus, ki patih matur nyentak, lah punap amawi tobil wong gegedhug, tinandhignan jalma magang, mangke niku tobil malih. Nadyan silih jalma gang, pun pratama yen mengsah ratu ngriki, pengrasane mengsah kuthuk, ngathether keneng jawah, prabu Bramaekti mangotan sumaur, yata kang ngayun-ayunan, Kraengnaba asru angling. Eh ungsuh saparanira, wani mapak marang ing yuda mami, pendhe cilik sira iku, ingsun gung abirawa, sun pukula ing gada sepisan remuk, pratama sumaur sugal,eh mungsuh sugih cariwis. Sira anyilih arupa,buta cehleng jungkir raora wedi yensira tambuh maringsun pratama araningwang, lahjajalen sira tandhing lawan ingsun, Kraengnaba latah-latah, paoegsansi Belis cilik. Ingsunpunggawa pamungkas, kraengbnaba rasakna gada mami, sigra muter gadanipun, ki Pratama mergagah, malang kadhak tangan kanan sarya nambut, ngikal gadane wasiyat, kang saking arya Sentyaki. Gadane keraengnaba, duk lumarap sinarengan ginitik, kataman suh ddya bubuka, karigaran kewala,kraengnaba janggilengan minggak-minguk, sinurak ambal-ambalan, kraengnaba gya ginitik. Ing Gada marng pratama, sirah ajur sapisan tan mindhoni, kraengnaba samun lampus, yata rajeng amnbila prabu Bramasegti meranglangkung bendu,umadeg gya menthang langkap,ngembat jemparing dhedhali.Sang panji wskitheng driya, yen pratama kang ngarsa jinemparing, sangpanji gya menthang gupuh, jemparing aliprawa,anyarengi pesating dhedhali wau, cumarorott kadya kilat, senggak prabu Bramasegti. Srya sru denya ngandika, eh apatih dulu nem panah mami, wongika tan wurung luluh, yen mungguh tanah jawa, mongsa ana bias nangkis panah ingsun, ki patih Gunasaronta, umaur sarya ambekis. Lo paduka dereng wikan, lamun menggah punika tanah jawi, dodolanan lae kuncung, dhedhali tanpa karya, jeng paduka mangke lingsem lamun umblug merang sang prabnu manila sarya ningalijemparing. Dupi prapta ing palagan aliprawakang prapta andhingini, sru dhadhali gya sinaut, sirah kataman pecah, piningkalih angening dhedhali sumyarti bngkis maham mancala, dadya pawaka mawerdhi. Ali prawa gya mancala, daya warih pawaka den tungkebi, tan antara sirna sampun patih Gunasaronta, ngadeg bapang pancake gulu manggut manggut, menyanyi melok adawa, ewa bilih sida babarji. Sang prabu Bramakumra, anudingi sipatii iku baring ngasta camethi sangprabu patih gunasaronta duk uninga Dheradhasan anjerunthul, mesem kang sami tumingal, duka prabu Bramasegti. Taksihwonten candhakipun. ======\======

Ongka 33 Kemis kaping 16 AGustus1877 Ing dinten Senen Legi tanggal kaping 13 Agustus dhaupipun Kanjeng Pangeran Prabu Prangwadana, akaliyan raden Ajeng Nusmardinah, putranipun swargi PangeranAdiwijaya, pasang rakitipun sakalangkung mepegi,boten kaconggah bilih angojahaken satunggal-tunggal, sareng dalunipun pista dhansah mawi dhahar, manawi boten lepat ingang sami dhahar kirnag langkung tiyang gangsal atus dene ingakng sami wonten pandhapi ageng Mangkunagaran samawana ingkang sami nigali pista, punika tanpa wilisan, kabar dereng wonten pista ingakng agguunaken agengipun kados ing sapunika,ngajengan mangkunagaran prisasad sekatenan malah pengaturipun prayogi ing Mangkunagaran awit sarupining papan panggenan tiyang wewadeyan sapanunggilanipun sami dipun pasang rakiting, anangingpara ingakng manggen sami bayarpanyewa, mila medal misranipun. Ing sonten punikaalem Rebo badhe wonten badhaya, ingakng sinuhun Kanjeng Susuhunan Pakabran badhemiyostidnak dhateng Mangkunagaran. Liyanipun bupati moncanagari ingkang sami wonten ing pista kula aningali pangeran mayor Arya Prawiranagara Tidher militer Willemse Ordhepirdheklas sarta bupati ign Pamakasan Pangeran Arya Sasrawinata, rider militer Willemse ORdhepirdheklas. ======\======Menggah sebrotan inggih botenkiirangan wonten ingang kecalan kanthong yatra, iket salendhang sapanunggilanipun, sakalakung suka senengipun para kadhet. ======\======Nalika malem Jumuwah tanggal kapig 10Agustus griyaniun tuwan Gunepel ingkang nebas siti dhusuning menjing kabesmen,jalaran pandamelipun durjana, pakabaran telas sadaya, tujuniun bote ngantos ngrangsang ing gudhang pantun. ======\======wonen kabar bilih ingkang badhe gumantos jumeneng residhening Surakarta, kanjeng tuwan panbak samangke jumeneng resdhening Kedhu, wondene kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbureh karsanipun badhe pamit dhateng nagari Walandi. ======\======Sulapan ingkang kagelaraken ing griya kumidhi Surakarta,nalika ing malem tanggal kaping 9 utawi 10 Agustus, punika sakalangkung anuwuhaken gumuning tiyangkathah ingakng mastani tiyang aningali tandangipun lelembat, saking alokipun. ======\======Sajuenengipunkanjeng sultan kaping VII ing Ngayogyakarta, tuwan l>W. tampi nugraha dipun paringi reh, angeeh ingsiti pangasih ngatasing pawedalipun kopi, jalaan saking temenipun anggenira saged nywita, inggih boten maiben. Mataram. ======\======wonten ingkang bibisik bilih pangeran Mangkubumi, ingkang rayi kNajeng Sultankaping VII, samangke ing Ngayogyakarta, badhe kaangkat dados Wakil Pangeran Adipati ano, salong wonten ingkang cariyos manawi ingkang badhe kajungjung dados wakil pangeran adipati putranipun kanjeng sultan ingkang sepuh miyos kalangenan anama Pangeran Dipatiyana, ananging sapamiren gkula ingkang wawaton temen, parentah ageng Betawi samangke dereng kagungan karsa anjungjung pangeran adipati anom awit kanjeng sultan dereng kagungan putra kakung ingakngmiyos saking ngajeng, ananging temen bilih garwa dalem kanjeng sultan raden ayu adipati, samangke sampun kaangkat kajumenengaken ratu anama kanjeng ratu kancana. POrstenlandhen. ======\======Ing bawah Ngayogya pakabran kathah culeng ing salebeting dhusun dhusuninggih ugi boten kenging bilihdipun wstani durjana kecu, nanging estu yen kathah pandung mawi rosapaksa, sanadyan mandung kewan utawi mandung barang warni. Porstenlandhen. ======\======Ing serat kabar POrstenladhen mungel angalembana enggalipun saged ngumpulaken arta kadamel yasa tetenger pangenget-enget kamirahan sarta adilipun swargikanjeng sultan kaping VI milamurun apitaken bilih wonten prelunipun angyasani gedogn sapanunggilanipun ingakng pancen maedahi, kados ta gedhog gimnastikpirantos gugulang main tali, punapa ingggih boten badhe beda, saregepipun angumpulaken wang, awit punika badhe amurugaken prayogi ngatasin gpara lare, ing mongka watersetat boten kenging kadamel adi-adi, wasaa ingkang sami maos sampun pisananginten bilih tetembungan punika tuwuh saking iloni-ilonen. ======\======para ingang jumeneng kumisarising pista Mangkunagaran angaturi pirsa dhumaten ginakng sami maos serat punika, bilih ing dinten Rebo tanggal kaping 14 sarta ing dinten Jumungah kaping15 wanci jam 8 sonten, ing Mangkunagaranbadhe resepsi,kabar mawi sugata dhdhaharan. ======\======Pethikan saking Mataram, pangangkating Sultan kaping VII Wiyosipun ing ngajeng para ingkagn maos serat kabar punika, katitimangsankaping 6 wulanpunika, sampun kaaturan kabr,manawi kanjeng prentah ageng ing Betawi,sampun andhawahaken parentah miyos kentheng dhaeng kanjeng tuwan residhening Ngayoygkarta, kinen amiuwuraken ingakng bahe jumeneng nata ing Ngayogyakarta, wonten ugi ingkang dudunung sajawining nagari amastani bilih kabar wau boten wawaton temen,wasana samangke pamaiben wau kasigegan sarta anuwuhaken suka senengipuning ngakathah, awit kanjeng gustti pangeran adipati anom, nalika ing dinten wingi, sampu kajumenengaken sarta taka undhangaken dados sultan ing kraton ngayogya,kadi suraosing undhang-undhang ingkang kasebut ngandhap punika. Undhang-Undhang Penget ikilayang manira undhang, kanjeng tuwan residhen ing Ngayogyakarta paring wruh marang sarupanng wong, Manawa ing sakiki wus anddekake karsaning kanjeng tuwan ingng wicaksna gupernur jendral ing indi Nederlan, sasedaning ingkang sinuwun kanjeng sultan Ngayogyakarta Amengkubawana Senapati ing Ngalaga, Ngabdurahan SAyidina Pantagama Kalipatollah kaping VI, panguwasaning pusara kraton kapasrahake dhumateng putra dalem pangera adipatiAnom amengkunagara Sudibya raja putra Narendra Mataram ing Ngayogyakarta, kang mengkono iku,kanjeng tuwan ingakng wicaksana amratandhani sihkatrresnaning kanjeng gupermening Indi Nederlan dhumatengkraton ing Ngayogyakarta, dene kanjeng tuan ignkang wicaksana sakalangkung amasthekake pangastaning parentahkanjeng sultan kaping VII bakal anuntun marang kawilujenganing para Santana tuwin kawula dalem sadaya sarta bakal amewahi karaharjaning kraton ing Ngayogyakarta. Mulane ing mengko manira kanjeng tuwan residhen ing Ngagoygakarta, awit saka paringing pangawasa kanejng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral lalandhesan asmaning kanjeng gupermen Indi Nederlan wus anangkat marang pangeran adipati anom mau, manira jumenengake sultan ing kraton Ngayogyakarta, anama Amengkubuwana Senapati kalipatollah kaping VII, sarta manira amasrahake pangastaning kraton awit ing samengko karo dene ingkang sinuwunkanjeng sultan wus karsa anyanggemi badhe anetepi surasaning prajangjeyan kang wus kadamel dening maranata-nata ingkang jumeneng ing Ngayogya. In gmangke iku manira kanjeng tuwa pasiten aparing parentah marang surapaning kawula dalem ing bawah ngayogyakarta, manira purih angakuwa ingakng sinuwun kanjeng sultan amengkubuwana Senapati ingNgalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping VII, kanggepa ratunira sarta asumungkema sapatute. Dhawah ing Undhang ing Ngagyoyakarta kaping 13, wula Agustus, 1877 utaawa tanggal kaping 3 wulan ruwah ing un Je, angkaning warsa 1806 Katandhan residhen Ngayogyakarta Watendhorep

Kaping 14 Agustus ======\======Punika anyariyosaken kramanipun kanjeng Pangeran Arya Prabu Prang Wdaa, akaliyan RAde ajeng Kusmardiyah,methik saking Porstenladnhen. Nalika ing dinten wingi senenkapng 13 Agustus jabipun panganten ing Mangkunagaran, saklangkung langkung agenging wiwaha, naming para amtenar sarta para lurah militer inking dipuns uruhi, nalika ijabipun wanci enjing jam sadasa, bokmanawi kirang pantesipun bilih paramardi kadipun suruhana, wanci jam sadasa angaktipun pangeran prabu saking dalemipun dipun rumiyini prajurit inpantri samusikipun sarta kadherekaken ngupacara, tuwin dipun iring deing Erewak, ingakng kapatah para karerehan mangkunagaran bongsa welandi, mawi nupak kapal wulu abrit utawi Bragemsadaya, tuwin kasantosan uppsir kapalleri lesiyun Mangkunagaran dene para prajurit kapalan sarta para lansir ingakng ngrapeti jajaran, menggagahlampahipun miyos Adiwijaya anjoging margi ageng, ugneling mriyem tan kendhat, sareng dumugiingpandhapi agengmangkunagaran panganten amanggen ing panti, ing ngriku lajeng wiwit pangijabipun sasampunipun pangeran penganten lajeng kondur dhateng dalemipun srengjam gangsal sonten margi saking kaprabon dumugiing Adiwijayan jejeling tiyang ningali, punika angawiti arak-arakan kados wau enjing, dipun pucuki denign edane ddanan skeet cacahipun, wanci pukul nem pangeran panganten anitih kreta kapal nenem sami wedalan Sidni, dipun sisihi dening tuwa Asisten presidhen Surakarta, dumulur dhaten gMangkunagaraningngriku sampun pinten-pinten tamuignakng sami ngentosi, panganten lajeng kapethukpangeran sepuh kakalih, kakanthi dipu prenahaken ing panti, sareng ing nglebet ageng sampun sangkep atata sadaya, pangantenputri ampun awit jumeneng amethukaken, punika pangeran panganten lajeng lumaris sinisih andening pangeran sepuh kakalih amethuakaken garwa, san dayidtas asampunipun nyasmitani babalanan antal ngadhepek nyembah kadi adating titrah ageng angisuhi sukuning kakung wonten ing paringgitan, lajeng sang dayita kakanthi, kabekta malebet ing dalem ageng, sami pinarak ngajengan pajangan kang rinengga sarwa endah, ing ngriku panganten dibya kakalih, anampeni panembrama ningparaingkang dipun suruhi,nunten para tamu sami musdur badhe dados angedali pista dhansah sarta bujanakrama. Dereng ngantos dangu para tamu sami prapta, sakedhap kemawon pandhapi ageng, Mangkunagaran sampun jejeling tamu,s ang saya dangu sangsaya katawis bilih pandhapi ageng wau meh kacupetaning papan saking kathahing tamu utawi ingkang ngladosi, dereng nate – nate intg Surakarta dipun tuwan Nisaramonca kados samangke treinsepurweh kebeg dening tiyan gpangaosing kreta sewa anggang sawelas rupiyah salampah, suprandene boten saged ngunduraken kang sami dhaeng ingpista, saking Ngaoyga ngantos ngalamaken Ektratein awit pinuju ing ngayogya anetepaken sultan mila para ageng ing Pakualaman sami prapta mawi trein murgan wasana sareng badhe nedya dhansah,katingal ngewed-ewedi saking jejeling tamu,mila sareng salong sampun wonten kang sami mundur mantuk punika nembe katingal wonten papanipun dhansah, sreng bdhe tatlengah dhahar sawiyanipun korsi 400 punika nembe mirsa yen kacupetan panggenan kathah, dumados parapriya igkang tanpa kanthi dyah, punika ami ngawon kesah saking enggen dipun aturaken dhateng warahendyah, ananging andadosaken cuwaning manah wonten para neneman ingkang sami nganthi para arum-arum lelegan, malah kenging kabasakaken lare, sami amanggen ing meja ageng, boten mawi rumaos bilih punika meja sadhiyanipunpara lurah nagari utawi para sugih sawmawana sadhiyaning paradyah ingkang sampun sami gadhah priya mila sakalangkung mayar tiyang sugih makaten. Menggah dhadhaharanipun sakalangkung pepak sangkep saisinipun manekawarni, malahkapara kasep kedhik, nanging kanjeng tuwan residhen baut anyurteni kundhisi dipun sengkutaken mila enggal bibar dhahar, lajeng awit dhansah malih, jam tiga enjing sampun bibaran wonten para tamu tuwan tuwan kirang langkung gangsalwelas iji, ingkang sami nandhul ngantun ing pandhapi, agraita agenging pista, wondene ingkang boten nuweni badhe boten saged terang kojahipun awit kathah ing nalar ingkang pantes kasumerepan, dhasarpandhapi tanpa sisihan ageng bagusipun rinengga sarwendah kasoron tan ujwalaning pandam pinten pinten atus, kawewahan busananing paradyahpara arum ingkang samya ebat inggil, wonten upsir satunggal gelengan wadya baloa ingg saksis utawi priya sarjana satunggal wedalan saking Belgi, dumunung ing kitha Senewah ing bawah Switserlan punika anggumunaken dene calaina budheg tuwin bisu, suprandene baut anggenipun imbalan sasmita sarana sastra, kawewahan wasis genara ngetrapaken susila karma. Wasana ing sontenpunika malem Rebo,ing kang sinuhunkanjeng susuhunan badhe miyos tedhak dating Mangkunagaran benjing rebo sonten sepsi,malem kemis pista dhansah malih, malem setu resepsi sapisan malih bening ing dinten setu sasampunipun sowan kadhaton ing dinten setu sasampunipun sowan kadhaton panganten sudibya kakalih nembe saged mirih kondur ign pranwedaan mugi-mugi lulusa sapanginggilipun. ======\======Perang Kabar peran bongsa Rus akaliyan bongsa Turki, sangsaya ageng, Turki anyariyosaken sareng wonten upsir Rus dhawah kapisanan, lajeng dipun karutug denig bongsa basibasuk badhe ngiris irung utawi kupingipun lepat, sabab bongsa Rus tandangipun anyepag dumados kathah ingakng sami nungkul, wadya bala Turki aneh tandangipun peang, ing pangraos boten mawi mikir dhateng mriyem yaanipun Krup ignkang kasusra dadamelanipun, asring-asring wdya bala Turkiunggul panempuhipun dhateng bongsa Rus ananging alit-alitan kang mongka kapitunaning wdya Turki sakalangkung kathah,w asana seng ajeng-ajengan ing kitha Sedikan punika Turki katiwasa ageng kathah kapitunanipun, para bogsa Turki ing ngajeng dipun sakecani ing wartos, mila sareng samangke kayekten manawi dipun apus krami dening nagari, para bongsa turki sami anjepluk netah dhateng parentah,anguman-uman dhateng Edhip Basah sarta Mahmud Dhamad, malah anguma-uman dhateng sultan Setambul, kadi dipun tundhung-tundhuna saking keprabonipun para priyagung panekaring kanjeng sultan ingggih dipun sosotakenm ingngajeng kawastanan manawi kraton benthet sirna suhipun, ananging boten, awit kanggjeng sultan boten karsa uwal saking abdi dalem ingkang kinasihan,malah minister perang sangsaya napsu dhateng para ingkang sami netah,kinen angukum kathahing kang sami dipunsileming lepen Bospongus utawi dipun sedani sarana kendhat wasana kangjeng sultan gerah kapara anteb. Nalika bedhaipun ARdhahan kapyarsa, Grutpisir lajeng sowan aririhana ing kadhaton ananging kabar kentheng kareka dipun ewahi, amurih sampun ngantos ngaget-ageti panggalih dalem, kanejng sultan amyarsakaken kabar susah wau, tanpa anyarukrami, ananging ketingal biyas kadya tugu pawatesan amandeng dhumaen gGrutpisir pandulu dalem anglentrih, Grutpisir Edhembasah tan saged angarubiru sungkawa dalem tansah angentos-enthosi dhawah wangsulan dalem,w asana kanjeng sultan angebahaken srira, mandheg mangu tindak dalem karsa dhateng kagungandalem kamar, ing ngriku lajeng dhawah kapidhara, kalih ejam danguipun sareng enget tan dalem wangsul malih, kanjeng sultan aluntak erah, sakalangkung pamarsudining para dhokter murih sampun kalajeng, sabab bilih ebah kedhik kimawon anjalari kambuh sarta badhe aniwasi. Wasana adegipun kraton Ngustenrik ngatasing perang ageng wau, anyumelangi ing salebeting Eropah, kathah pikabaran ingkang nyariyosaken anggenipun badhe anyaruweni pandredahing kraton kakalih, kathah ingkang ngabaraken bilih Ngustenrik tansah angggenipun ngrakiti wadya bala ing BOsniyah utawi ing Montenegro, kenging dipun emper emoer manawi Ostenrik kapara sumelang, para bongsa slawiyah kathahipun gangsal welas yuta punkaingakng dados reksan manawi bognsa Rus ngantos dumugi ing ngriku, badhe anyumelangi ageng, ing mongka manawi badhe anempuh dhateng Ruslan Ostenrik boten kacongggah, sabab Ruslan sakalangkugnkiyat saha santosa, sapalihipun bognsa Turki,sarta sapalihipun bongs Ostenrik, sami ilon dherek Ruslan yen Ruslan boten katurutan kajengipun badhe ambilaeni. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Gumreget arsa tumindak, nyarirani mrawasa ing ngajurit, sri Bramakumara hupuh. Megati angrerepa, dhuh pukulun ing samangke dereng ngungsum, lamun angaben sarira, tegsih kathah prabupati. Anggereng prabu Manila, sigra lenggah sigra tinat ganti, prabu Siyem gya anuduh, punggawa kinawasa, wastanira Ketut Jantir gung aluhur, sang prabu Mondrasaraba, ngandika eh Ketut Jantir. Tumpesen wong ing Jenggala, wetokena hruwisatatabahni, Ketut Jantir nembah magut, sarta mandhi musala, mangsah dharat suraking wadya gumuruh, wruh yen gegamben kang angsah, prayoga dhapur respati. Yata arya Brajanata, dyan andaga tinuduhan nadhahi, Ketut Jantir yudanipun, mangsah raden andaga, wadya balaJenggala surak gumuruh, suka kang sami tumingal, pantese kang angng tandhing. Tan kuciwa samya gagah, among kaot ingggil sang Ketut Jantir, kedhik tetandhingan mungguh, kenceng raden andaga, dupi mangsah ngliga pedhang cara wangsul, duk panggih ayun-ayunan, Ketut Jantir asru angling. Saparaan mu wong Jenggala, sira pantes tandhing prang lawan mami, Raden Andga sumaur, ing sun aran andaga, kadang tuwa mring sang panji mara bangun, balik sira iku sapa, angaku wa mumpung urip. Nauri ingsun punggawa, andeling prang siyem sun Ketut Jantir, eh andaga payo gupuh, apa kang aneng sira, tamakena pedhangira marng ingsun, nauri raden andaga, payo pareng rebut pati. Sigra reng denya tandang, Ketut Jantir ngikal musala ngukih, duk lumarap meh tumempuh, tinangkis lawan pedhang, ganti caruk ukel tindak uthik pagut, tangkis tinangkis prang tatag, Ketut jantir sru anggitik. Musala tumameng wedhar, pedhang putung musala datan lirip raden asinurung, ing ngagag ginagila, eh andag nora wurung sira lampus, katiban musalaningwang, apa sira karya tangkis. Lah payo ngambila pedhang, ingsun anti padha prajurit luwih, sun pedhanga sira lampus kauri dyan andaga eh dodoun age tamakna maringsun, Ketut Jantir gya anjangkah nanduken musala aglis. Dyan andaga tadhah jaja, duk katiban musala datan bucik, Ketut Jantir asru ngungn, dene datan tumama, duk ing nguni musala luputing teguh, dadya manitir matula, sangking ngarsa saking puri. Wus tita datan tumama, Ketut Jantir winales tinampiling, poking anjumbul sumaput, anjungkel gya tinendhang, Ketut jantir kalenger sru mungur- mungur, duk enget sigra malesat malengleng kuping kimitir. Sarya sru denira ngucap, iya sepisan iki sira pasthi, anggenira dadi awu Ketut jantir sagsana,mijilaaken wisa sangking netranipun, anglandeng kumukus abang, wisa agya andhatengi. Mring angganya dyan andaga, angenani pasha kang wisa mandi,a ndaga angganya rapuh, markutuk sanalika sru gumeter jegreg tan antara rubuh, Ketut Jantir girang-girang midering papan sisirig. Kagyat arya Brajanata, dyan karta lakinean tutulung jurit, sang kartala mangsah gupuh, sarya amandhi gada, prapteng rana duk angayat gadanipun, Ketut jantir dupi mulat, kartala pinandeng aglis. Kataman ing Bahni wisa sang Kartala ongga rapuh ngranuhi, gumeter annuli rubuh, gumebrug ngathang- athang, wdyabala mekasar surak gumuruh, sang prabu Mondrasaraba, suka sarya nentg wentis. Ngandika lah kabehna, wong Jenggala tan wurung tumpes tapis, mangkana waspada dulu, raden Kudanatpada, putreng Bali darbe pangwasa tuhu, panulaking Bahni wisa, kang karya kunduring jurit. Kacarita rahaden Kudanatpada sumarma andarbeni, montra Bahni wisa, sangking wuwulangira, linggot bawa patih, rahaden kuda, natpada mangsah aglis. Prpateng papan umatek kang Bahni wisa, mijil sing netra kalih,kumukus wedalnya, tempuh samiing wisa, kagyat sira Ketut Jantir, dee wisanya ana bangkit nimbangi. Dadya dhedhet wisa ngrebda lengulengan, Kudanatpada aglis, ngambil toya marta, saking ing ngastagina, kinepyuraken tumuli, marnag kartala myang andaga tan kari. Kalihira tan antara sami mulya, gumregah sareng tangi, langkung krodhanira, dyan andaga gya nyandhak, mring baune Ketut Jantir, bau kang kanan, katala nyandhak aglis. Bau kering ssareng denira anyendhal, sira sang Ketut Jantir, bau kalih sempal, ingga pinuwuh gada, anggalepung runtang-ranting, surak gumerah Ketut jantir wus mati. Langkung duk sang prabu Mondrasaraba, pangandikanya, wengis, lagak tan magtiya siKetut jantir ika ing ngaprang denebut katri, sigra angatag sekawan pra bupati. Pipiliyan kang sami gagah pirusa, satunggal dhanyang muslik lan kerajanggar gamyang Ketut Batukasah, kapat dhanyang kotar paris, sareng umangsah prapteng papan wus pangggih. Ing jenggggala mung katri linawan kapat, dyan Brajanata aglis, ARya wukir sekar, kinen tutulung agya, mangsah jangkep milih tandhing, rame denya prang, wonten malih nusuli. Kyana patih Bramadenta ing Mekasar mangsah angundha bindhi, arya Brajanata, waspada tingalira, sigra mangsah nyarirani, surak gumerah, kadya nengker wiyati. Prabu Bramakumara sigra angatag, gunasanronta aglis, lawa prajalena, kinen angimbangana, water marang kyanapatih, kalih wus mesat, anapak ing wiyati. Srikelana suryadatwasigra ngatak, mring ngariraja putri, dyah kena kawulan kinen tutulunging prang, eh yayi tumpesen aglis wong ing Jenggala, tan kena gawe becik. Sigra retnakena kawulan umesat, nyiluman raja putrimunggeng jumantara, sarya ngembat gandhewa, mangkana ingkang ngajurit, dyan Brajanata, tandhing lan kyanapatih. Bramadenta asru denira anabda, sira sapa nadhahi, marang yudaning wang, apa tas ira raja, dene dhapur mu respati, dyan Brajanata, sigra denya nauri. Eh ya tambuh ingsun arya Brajanata, lelajer baris iki, patih Bramadenta suka denira mojar, sedheng tandhing lawan mami, sun bramadenta, patih lajering jurit Taksih wonten candhakipun Ongka 34, Kemis kaping 23 Agustus 1877

Cucublikan saking serat kabar Mataram,kaping 13 Agustus 1877

Ing dinten punika wanci enjing, kanjeng gsuti pangeran adipati anom, kaangkat kajumenengaken dados sultan ing kraton ngayogyakarta Adiingrat, para lurah antenar utawi militer, para tuwan ingkang nebasi siti dhusun sarta para sugih sapanungilanipun sami sinuruhan anekseni jumeengipun kanjeng sultan, sadaya wau sami kumpul ingdalem karesidhenan sakng ngriku lajeng dumulur kadi adapt lumris dhateng kraton. Sasampunipun prapta ing kraton atata lenggah,nunten ingkang badhe gumantos ing kaprabon tedhak dhateng siti inggil kakanthi dening tuwan asisten residhen sarta katututan deing kanjeng tuwan residhen binayang kare ing para abdi dalem sami ngampil upacara kaprabon, ing ngriku kanjeng tuwan residhen lenggah ing hdampar kancana, pangeran adipati anom alenggah ing panti, tuwin para ingkang sinuruhan ugi sami tatalenggah, salaejngipun kanjeng tuwan residhen anyasmitani dhateng juru basa, kinen amaos nawal kakancinganing kanjeng parentah ageng ing Betawi, suraosipun residhenkaparingan pangawasa kinen angangkat anyamenengaken sang calon narendra, kadadosaken sulatan ing Ngayogyakarta, dipun tembungaken walandi, lajeng kajarwakaken tembungjawi,s alajengipun sang calon nata, awit saking asmaning kanejng gupremen indi Nederlan kajumenengaken dados sultan ing kratonNgayogyakarta Adiningrat. Saksana asiste residhen dipun sasmitani dening sang wakili gparentah ageng, kinen anganthi narendra anyar kadhrekna dhateng dhampar kanjeng tuwan residhen kanten angepyakaken bilih samangke pusaraning parentahan kraton ing Ngayogyakarta, sampu kapasrahaken dhumateng sang narendra anyar, sinidikara ing tembung manis arum tur santosa. Jurubasa lajeng anjarwakaken tembugn jawi punapa ingakng sampun kalairaken dening kanjeng tuwan residhen nuntenkanjeng tuwan residhen anemplekaken bintang tetenger dalem narendran ing pranaja dalem mawi sinantosan ing mriyem saking beteng ageng kaping 19, sarta edrel tigang rambahan. Salajengipun undhang pangangkating ratu dipun waca deing jurubasa, nunten kawaka malih dening raden adipati ign tembugnjawi,sarta para abdi dalem dipun paringi pirsa, manawi Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Hamengkubawana kapign VII, saking karsa dalem kanjeng gupremen ing Indinederlan samangke kakarsakaken ngangep ratu, twin sumanggema punapa ingkang dados karsa dalem,s alajengipun para pangeran sarta raden adipati tuwin para abdi dalem sami caos bekti ngaras utawi sasalaman. Sasampunipun makaten kanjeng tuwan residhen lajeng adael kundhisi, 1 wilujengipun sampeyan dalem kanjeng maharaja Nederlan 2 wilujengipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur jendral 3 wilujeng alem inakng sinuhun kanjeng sultan kaping VII, kanjeng sultan amangsuli kundhisi wilujengipun kanjeng tuwan residhen kanejgn tuwan residhen lajeng mangsuli kundhisi karaharjaning tanah jawi pangulu wadana lajeng andongani, ewon kang sami ngamini swaraning janma lwir ampuhan. Sasampunipun rakit ing siti ingih ingkng sinuwun lajeng kndur ngadhaton, inarak kadi adapt ig bangsal kancana nunten tedhak dhaeng prabayasa, sasarengan kaliyan kanjeng tuwan residhen kadherekaken dening militer komendhan, asisten reishden jurubasa punapa dene malih kanjeng pangeran adipati suryasasraningrat, ing ngriku alerep sawatawis ejam adamel sarta angasmani prajangjeyan, sasampunipun lajeng kaormatan edrel dening para wadya prajurit dalem, nunten wangsul malih dhaten gbangsal kancana, ing ngriku lajeng anjumenengaken garwadalemkadadosaken ratu anama ratu “Ncana” nunten kajeng tuwa residhen angunjuk wilujengipun kanjeng ratu salajengipun wangsul malih dhateng prabayasa amanembrama dhaten gsan gdayita ing ngriku lerep sakedhap lajeng tdhak wangsul dhateng bangsal kancana,s asampunipun tatalenggah, kanjeng tuwan residhen sapanunggilanipun pamit lajeng sami kondur panuju wanci jam kalih siyang menggah pangarakipun benjing dinten kemis kaping 16 wulan punika dalunipun badhe pista dhansah sarta dhahar ing kresidhen , benjing kaping 25 wulan punika ugi ing kraton badhe pista dhansah sart dhahar. Sareng garwa dalem kanjeng sultan kaping VII ing Ngayogyakarta kaangkat jumeneng ratusarta ngagem nama ratu kancana garwa dalem ingkang sinuwun swargi kanjeng ratukancana santun asma anama Kanjeng ratu Mangkubuwana. ======\======Cublikan saking kabar Mataram kaping 16 Agustus

Menggah pagnarakipun kanjeng sultan ing Ngayogyakarta sampun kaleksanan ing dinten punika, wayah enjing ing ngalun-alun sampun jibegi tiyang niningali, punapa dene ing margiprapatan inggih kebek deign tiyang murih saged aningali caketan, wanci jam 9 para ingkang dipun suruhi, sampun sami kumpul ing dalem karesidhen dipun rumiyini dening kanjeng pangeran adipati Suryasasraningrat sasetapipun dipun dherekaken ing dregonder. Salejengipunkanjeng tuwan residhen sartapara amtenar upsir utawi para ingakng sinuruhan lajeng tedhak dhateng rkaton dipun dherekaken denign erewak kanjeng tuwan anitih kret kutsekratonan sareng prapta ing kraton kadi saben lajeng tatalenggah ing dhapar kancana jajar kaliyan ingkang sinuhun kanjeng sultan boten let dangu lajeng bidhalan lampahipun kadi adapt lami, dumugiing tratak rambat ingakng sinuwun akaliyan kanjeng tuwan residhen lajeng nitih titihan dalem kreta setasi, dipun bayangkare dening erewak, para wadyabala kumpeni sami jajar arng-arangan awit saking kamar bolah, dipun sambeti dening prajurit Pakualaman dipun awiti saking margi ing ler dalem residhenan menggah ing rerenggan ingakngsami dherekaken bten susah kacariyosaken naming kula damel riringkesan murih dhamangipun kang sami myarsakaken sareng pucuking pangarak katingal langkung, dumuginipun praptaning kagungan dalem titiyan kreta punika eletipun satengah jam sawarniningn pakormatn militer dipun tindakaken kadamel ngormati ignkang sinuwun ing kamar bolah para tuwan kumpul sami nglairaken suka bingahipun surak kaping tiga swaranipun kadi ampuwan atrap kan makaten punika, boten suwuntg ing tegesipun jalran sakng bingahing para tuwan sajumeengipun ingkang sinuwun sanadyan makaenw au dede atraping bongsa jawi, suprandene ingkang sinuhun anguningani, bilih kathah para bognsa kulit pingil ingakng tumut byantoni, arak-arakan wau angubengi loji alit sarta beteng ageng dumugi jamkalihwelas nembe wangsul malih ing ngajengan kamar bolahiring kidul lajeng wangsul dhateng kraton. Menggah arak-arakan wau, ingkang sami putus dhaten gpasang rakiting tatakrami jawi, dipun wastani sakalangkung anyekapi, dene erewak ingkang kasebut gardhedhonkur, ingkang ambayangkare kagugnan dalem kreta, punika kenging dipunsawang sarta dipun alembana saking pantes prayoginipun tuwin kaengga ing busana, suprandene wonten ingkang anyuwani sakedhik, wonten bupati satunggal saking bawah Kedhu, punika purun awor mawi busana oposihil kaliyan para priyayi kraotnan pamanggih kula bupati wau sakalangkung kalintu tindakipun, sabab bilih saestu badhe tumut dhedherek panggenipun ingkang temen sawingkingipun pangeran adipati Suryasasraningrat awit bpati wau boten wajib angakena katawengan, yen panjenenganipun jumeneng upamtenar jawi,s arta abdi dalem kanjeng gupremen Indhinederlan tuwin angrengggani palenggahan langkung inggil katimbangkaliyan samining kancanipun para bupati ing bawah kratonan kalih, ingakng sami numpak kapal sadaya, kang mongka dipun kembuli dening bupati.Wasana bokmanawi kapara antep anggen kula anyatur, ananging amasthekaken bilih boten wonten amtenar ing gupremen satunggal ingkangnarjoni tindakipun buapti wau. Menggah lampah-lampahipun arak-arakan wau wilujeng sadaya, amratenadhani yen ingakng mranata sakalangkung baut anggenipun angrukti, naming sakehdap wonten ingakng ngarubiru jalran upsir pakulaman amambengi tiyangingkang badhe nerak barisan nanging pun Sudira lajeng ngunus wangkingan dipun tandukaken katangkis mawi pehdang dumados duwungipun kesingsal lajeng dipun thuthuk ing pedhang githokipun tujunipun pun durcipta sagd oncat enggal manawi botena makaten kados kados arangkranjang tatunipun, mugi-mugi polisi sageda anyepeng durjana wau. ======\======Mandung timbangan Anenggih wonte nsawijining tiyng Cikaran kontrak mamrat tebu ing pabrik,sarehning piyambakipun mendhet kontrak mawi katimbang mamratanipun lajeng tuwuh panyipta: anakipun jaler satunggal umur 8 taun dipun bekta amurih sudaning mamratan inggih ing mripat timbangan, menggah pambektanipun anak wau kaumpetaken dipun aling-alingi dhadhuk, sarta sampu kalampahan 3 wulan laminipun boten kadenangan. Saksana sawijining dinten dumdk pun lare anginte, yen ing panggenan timbangan kathah tiyang, sakig ajrihipun kadenangan, lajeng malebet ing salebeting gulungan dhdhuk, saeng bapakipun nguncalaken tebu tuwin dhadhuk anakipun katut, awit pun bapak kesupen beta anak mongka sarenganipun cikar kathah sami numpuk dhadhuk, ddos pun lare katindhiyan dhadhuk tujunipun tumunten kepanggih, yen ta boten tumunten sayektos badhe lepas bathi anak lalis. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Kyana patih Bramadenta ngundha gada, pinuwuhaken aglis, arya Brajanta, anangkis sami gada, rok puter babit bianbit, sami rikatnya, tan ana kang ngenai. Dyan Kartala andaga Kudanatpada, myang Arya Wukrisari, sami tandhing priyongga, rame angaduyasa, dereng wonten kasor jurit, yata saksana, retna Kenakasasi. Anglepas ken senjata bujongga pasa, saking madyeng wiyati, mijil sanalika, warna sarpa lilima, tumurun laju muleti, marang kanga prang, wira Jenggala keni.Kang bujongga naracak geng nyasapucang, karimatan bisosik, kabebet angganya, wates pundhak mangandhap samya budi tanpa uthil, wusananira, kalmia rubuh malih. Wadya sarbang surake ambal-ambalan suka para narpati, arya Brajanata, kartala lan Andaga,miwah Arya Wukirsari, Kudanatpada, prasamya den pukuli. Gada kunta miwah lembing ngalugara, tan wigya amalesi, karya sukan sukan, tutug sakarsa-karsa, nging saking wuleding kulit, datan tumama, merem tan angulisik. Yata wau srang-srangan kang sami mulat par kadeyan sami, wirun lanjejetan, miwah kuda sarjana, panjinom krodha tansipi, ngadeg sadaya, arsa tutulung jurit. Raja putra jenggala waspadeng tingal, yen rusaking wiyati, kang awana sarpa, sang panji manggsah sigra, mangekapada nglepasi warna briawan, lumepas kang dhedhali. Sang dhadhali briawan angiri braja, sindhung riwut mawedhi, keras mawakilat,tumamweng naga pasa, sorkadiran kang muleti, sang nagapasa, kataman rontang-ranting. Sirna gempang sanalika sami luwar, kang kasangsara sami, arya Brajanata, langkung bramantyanira, kibramadenta binindi, pun dhake kena, niba kantakeng siti. Dupi arsa pinindho likut sirahnya, agya rekyana patih, snag Gunasaronta, lan Aryaprajalena, angrebut saking wiyati, ki Bramadenta,binagta mumbul aglis. Dene ingkang sakawan punggawa sabrang, kidhanyang Kotarparis, lan Kerajanggarga, binethot sirahira dyan andaga kang mejahi, sang batukasah, kalawan dhanyang Musli. Den antebi ing gada marang Kartala, kalihsampun ngemasi, yata kawuwusa, etna kenaka wulan, kang nyilumaneng wiyati, mangekapada, arsa ngelpasi malih, Dupi mendhang gandhewa sanglir kusuma, rikatiira sang panji, nglepasi senjata, sarasa hrupawana, kataman sang raja putrid, kuntal kabuncang, palesatira tebih. Mateg montra sang retna kenakawualn, nanging megsa sortitih, malah tibeng kisma, anging megsih nyiluman, kelaran sang raja pturi, lesu angganya balung lir den lolosi. Undurira sang retna sarwi karuna, jumujuk ing ngarsaji, raja Suryadatwau wruh yen kang rayi prapta, bibisik yen kasor jurit, kalangkung duka, arsa ngawaki jurit. Sri Kalana surya da waduk anyandhak, gada, arsa ngawaki, Sri Bramakumara,ngadhangi munggeng ngarsa angrapu dhuh yayi aji, dereng punika, ungsum anyarirani. Nulya kendel sang aprau Suryanadwa, wau rekyana patih, kang rinebut prapta, patih Gunasaronta, patih Bramadenta nuli, sampun katanggap aturira dumeling. Sigra prabu Bramakumara angatag, garubuh ing ngajurit, estu tan kuwawa, lamun pang tetandhingan, kyanapatih gya ngundhangi, nembang tengara, wadyabala kinerig. Wijilira wdya kang munggeng ing wuntat, muntap kang pirang kethi, lir robbing samodra, dadya wadya Jenggala, jitus tandhingi ngajurit pamahernawa, kalinemujeladri.Arya Brajanata kenembang tengara, nadhahi ing ngajurit lan para prawira, kinen ngawaki yuda paran dene kang wadya lit datan sumelang, wruh gustine sinegti. Dupi munya tengara sareng umangsah, gumrudug rebut dingin, merwasa mangrempak nanging kakeyanlawan angammuk ngamuk kabalik, para kadeyan, sareng samya ngawaki, Sang Andaga Kartala lan Brajanata, kadya kang liman wesi,ngamuk lawan gada, wirun lawan natpada, miwah arya wukir sari, keh amarwasa, singa tinerak ngisis. Kadya singa magalak para kadeyan, rampak munggeng ing ngarsi, wdya ing Jenggala, eca tutwuri samya, antuk papan marwasani, wadya ing sabrang, ing ngamuk boosah-basih. Suaraning kang yuda lir akasa gograg, lor pangawuhing kanin, surak lir ampuhan, lah mira cak racak, wus keh longe kang ngemasi, para prawira kasmaran ing ngajurit. Wadya sabrang bosah-basih, sagunging para punggawa, keh kairas palastrane, dene arya brajanata, Kartalalan andaga, panji nom tanapi wirun,myang arya Wukirkusuma. Sang raja putra ing Bali, rahaden Kudanadpada, anggung denya mijilake, wisa baruwang agnrepda, singa kataman rebah, putra balambangan bikut, rahaden Kuda sarjana. Jejet tanambangan tuwin, sadaya para kadeyan, rampak katon prawirane, yen menggah tandhing ing aprang, tikel saijabijab, parandene prange unggul, wadya sabrang karusakan. Larut kang munggeng ing ngarsi, ing wuri jejel mangarsa, mangsah amnggsah anggeleseh, papati tan pawialngan, puwara samodra rah, akasase kalatewuy,marbabang sunaring mega. Kacatur denira jurit, demari dereng luwaran, nalika tandhingan prange, kawan ari laminira, yen dalu masanggrahan, kalih ari pranggarubuh, yen dalu sapih ing yuda. Enjing nya atangkep malih, lumindhih amilih papan, kan gdhahas ningkiri bangke,myang remukan ing gegaman kadya boring angrarap, lalayu lan umbul-umbul, kintir lir sarah kumambang. Yen dalu para prajurit kalintang denira sayah, ngenes myarsa lawehane, gumriwis memmongsa bathang, suka nginum-nginum rah, yata prang wekasanipun sagunging narpati srabang. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 35 Kemis kaping 30 Agustus 1877

Nalika pista ing kraton ing Ngayogya, sarjana tuwan Dhelir wedalan saking Belgi inggih wonten ing pista, sarehning pujongga wau calaia budheg sartabisu, dados kathah ingakng klintu tampi, tepangipun dhateng sarjana saemper kados dipun bebeda, nanging ingakgn purun indakaken makaten wau, terang yen cupet pandulunipun, utawi boten kilak warta bilih pujongga ageng wau boten ngemungaken sugih pancen pantinipun ing nagari Eropah, ing pasamuwan ageng, anggenipun mu….angubengi jagad mawi ngapil serat parisaranipun para agung kados ta tiyang agung Makmahon presidhen Repibli ng Praja gung Pangkrik suraosipun sawarnining kongsul ingkang kabawah Prangkrik ing pundit kemawon kinen ambyantoni dhaten glampahipun pujongga ageng wau, anadyan kangjeng tuwan ingang wicaksana guprenur jendral ing indinederlan inggih ugi bektani serat iber dhumateng para residhen sapanunggilanipun kinen andhanganaken lampahipun sarjana tuwan dhelir, sapinten ta cuwanipun ingkang purun purun anggarap mirah,bilih sumerep adeging pujongga wau ing salebeting pasamuwan ageng ing praja pundit-pundi. ======\======Kabar saking Ngayogya pista ing kraton nalika setu sonten sakalangkugn ramenipun sarta pepak samukawis pratondha yen ingkang kapatah dados komisaris ing pista sami baut baut tuwin boten pisan katawengan anggenipun ngrukti samukawis ingakng prelu prelu, mila pista wau ngantos gagat enjing nembe bibaran, wasana para tuwan ing Ngayogya darbe sedya, badhe angaturi kormat pista, dhumaten gingakng sinuwun kanjeng sultan malah sampun sami anglempakaken yatra kathahipun nem ewu rupiyah, ing saemper ing ngayogya badhe boten wonten kendelipun pista, awit putra dalem sarta sadherek dalem sami badhe dipu kramakaken naming angentosi wulan kemawon. ======\======Kabar malih babpista ing kraton Ngayogya, mila sakalangkugnrame, punika ingkang dados jalaran kaliyan ing pambektaning nagari nyrambahi, dhumatengisining tiyang, awit parigelipun tuwin kaleresan ingkang kapatah dados komisaris, 1 tuwan Lawik sepuh, pancen mojok bab pranatan, 2, tuwan Opresteim sekerek priyagung sampun tautate, 3, tuwan Kapitan Bos, baut anggenipun ngabani dhansah kebat acukat, 4 tuwan A.Raf, kasusra menggah wasisipun lir sikatan anggenira ngaladosi, kawewahan ing kraton pancen sampun kagungan, ingkang kapasrahaan sawrnining bekakas dhahar sapanunggilanipun anama dyah I dhasar wanodya peng-penga, boen maiben manawi pirantosing meja, sendhok porok salaka, sarta lading garan gadhing, sami manceret kados kaca, kawewahan bekakas gelas piring, utawi wadhah sesekaran rerenggan meja, sakalangkung endah meh tanpa sisihan kathah para ingkang sinuruhan ebat anggenipun dulu, dene dhadhaharan ingakng warni ageng, tanpawilisan sarta sae-sae, liyane dhasharan tumrap ing meja, meh kumebul kukusaking benteripun, pranyata ingkamandhegani boten katemben anggenipun ambawani pista. ======\======Wonten kabar bilih prakawisipun raden gedong ing Ngayogya, kang dipun dakwa sampu nanyikara lare saengga ngantos pejah, samangke badhe wonten wolak- walikanipun jalaran raden gedhong, kadugi mrasahaken lenggah sarta bayar yatra 2000 ewu, yen prakawis wau dipun ebrakaken. Sanadyan boten pisan pisan kenging kamanah jaksa Pakualaman badhe keguhan anggenipun mariksani prakawis anteb punika suprandene prelu bilihnagari anguingani enggal lampahing udur wau, awit biyangipun lare ingakng tiwas sumelang manawi kadaluwarsa. ======\======Ing Ngayogya wonte ningakng nyuwun dhateng polisi, mugi dipun uninganana menggah lampahipun kreta sewan, punika sakalangkung kasangetan anggenira anyangsara kapal rakitan, saking antebing kreta jalaran anggenipun mamrati wonten ingakng dipun tumpaki tiyang 8 dumugi sadasa, menggaha ing Seamrang, kusiripun kreta sampun lajeng wawanuhan kaliyan buwen. ======\======Wonten kabar terang ing bawah Ngayogya wonten tuwan igakng nebas siti dhusun kaceluk pasiten ing Ba, kang mongka kapara ageng, punika manawi sampun bot panebasipun, ingkang gadhah lenggah boten badhe suka kaangsur pamajegipun, dados manawi boten lepat tiga utawi kalih pasiten ingakng badhe kasigeg panebasipun, ing Surakarta inggih ugi wonten siti dhusun tebasan ing mongka siti kagungan dalem pamajegan ingkang boten badhe kapareng dipun ampil kaangsur panebasipun. Nalar ingkang makaten wau ingkang dados daruna, boten lintang atrapipun tuwan ignkang majegi pyambak sakalangkugn gumampil utai kacupetan dugi prayogi, boten anginten bili ingkang darbe lenggah utawi ingakng ginadhuhan amemuti sawarniing tindak lamah tidnak tandukipun ingkang majegi,ing temah sareng sampun kaslepetgen ing damel sakalangkung karepotan sedyanipun ingkang majegi kecing-kecing dipun raupi, nanging sampun kasep bantheng banjarwaning Sonya, sapinten kaduwungira ing ngajeng boten pisan dipun rembak, kenthela lit kang sabeng siti, lir kinjeng tanpa sotya. ======\======Tuwan Kundrad Wilkes dereng dangu kakulawisudha dados lurah lelang ing Surakarta, samangke nyuwun wah lel ignkang kapatah dados wakil lurah Lelang, tuwan Inen Gripird residhensi ing Surakarta. ======\======Seratkabar saking Surapringga wonten ungel ungelanipun, suraosipun amanceni kang dados sedyanpun para tuwankang majegi siti dhusun ing bawah ngayogyakarta, sami gupyak angalempakaken arta, kang badhe kangge wragad kadamel ngyasani satunggaling tetenger kawastanan Monimen kinarya pangenget-enget sih kamirahanipun ingkang sinuwun swargikanjen gsultan kaping VI. Mila purun amanceni sababipun galih bokmanawi para tuwan ingkang sami darbe sedya angripta damel monimen wau, dereng semerep bilih ngatasing agama Islam boten kenging yen ta ayasa arecas apanunggilanipun ingakng awunuhaken pinuji puji, kados tadipun slameti, dipun sidhekahi, utawi dipun koyahi, mekaten punika suraosing kor,an dipun awisi, dalasan dadolanan catur, bilh miturut suraosing kitab boten kenging yen mawi kapetha pretima angendha-entha manusa sapanunggilanipun ingkang kadunungan gesang, kathah kathah anggenipu anyerep-nyeepaken ingkang kintun panjurng, suprandene paratun ingkang sami angrancang yasa tetenger wau, dereng saged anyecepi wulang wau, malah ingakng kintun panjurung dipu uman-uman kawastanan kapiopenan awit dereng neges punapa ingkag dados sedyanipun para tuwan kang majegi siti dhusun, teka lajeng dipun sandhung dening tiyang, menggah moimen ingkang badhe kaadegaken punika dereng kinenten warninipun teka ing kang kintun panjurung amanceni kajeng, mila dipun wastani keganasen anggenipun openan, bilih ing wingkingipun sampun katamtokaken bokmanawi badhe andadosaken suka senengipun ingkang amanceni wau. Wasana wonten ignakng urun rembag ing Ngayogya, sarehing samangke wonten ingakng manceni panguwasaning tetenger rpayogi dipun aturaken dhateng igkang kagungan kuwajiban pareng botenipun dipun leksanani damel Monimen. ======\======Punika wulang pantes dipun turuta: Sakathah-kathahing sasakit ingkang anjalari dados pejahipun tiyang boten wonten satunggal ingkang waradin amewahi cacah, kadisakit cekek sapanunggilanipun, limrah kawastanan Longtering. Dalasan samangke para saged dereg pikantuk jampining sasakit wau,mila among anidakaken usada, murih amayaraken tuwin angalndhungaken umuripun kang kaganjar sakit wau kemawon, ing pundit-pundi waradin bilih ingkang sakit, dipun purih ngalih angupadosi panggenan igkang awaipun anget, yen katiga dipun purih lerep ing ngriku, celakipun wana witdhen (menggah ing nagari Indi: jati) sabab ing pajaten wau, ahanipun amayaraken dhateng tiyang ignkang sakit Lontering, suprandene boten saged waradin, sabab sakathahing tiyang, boten sadaya ingakng saged ngalih panggenan nilar anak rabi sapanunggilanipun mila punika ingkagn kula tuju sata kula aturi wuwulang. Mula bukanipun ing kitha Brusel (Eropah) ingkang anyumerepi,lajeng weadin ing pundit- pundi, bilih etir punika, mmahatanipun kajengdhen kathah paedahipun dhateng ingkang sakit Longtering, ing pangraos punika kemawon, anyekapi murih aniti pariksa jajampi wau, mila kedah tengen manawi sasakit wau katingal lajeng anganggeya jajampi punika, sabab tiyang ingkng kasrepen utawi katampek ing angina awon limrah anjalari sakit cekek,milakedahkapara rikat panganggenipunjampi wau, yen katingal sakit wau timbul mawi watuk, dipun emutake awit limrah ingkang sakit boten pisan anginten yen badhe anjalari sakit cekek, dipun kinten bilih naming pileg kemawon. Menggah tir wau pangombenipun kados the, ing ngajeng mawi dipun awor toya, kalebetaken ing gbyas ageng dipun gojogi ping kalih sadinten ngantos saminggu laminipun, saderengipun dipun inum suprandene raosipun boten sekeca. Samangke jampi tir wau sampun kadamel anes warni, ing pundit-pundi kamar obat awade jampir tir punika, dipun namani kudron dhegiyot kadhapur warni inuman likir, punika bilih badhe ngangge mayar sanget sabab lajeng sage dipun ombe kadi the arum gandanipun. Manawi badhe nginum amendheta toya sagelas ageng, katetesana tir likir wau,s atetes utawi kalih, sakalangkung mirahipuning regi, awit sagebyas alit isi tir likir pangaos sarupiyah, cekap damel campuranipun toya 10 utawi 12kopi, dene ing sagebyas gebyasipun dipun sukani cathetan panganggenipun tir likir wau,s ampun ngantos kalintu. Jampi tir likir punika anggunaken pikantukkippun ngatasing kang sami kaganjar sakit cekek ing pundit-pundi panggenan. Aliya saking punika murih anggampilaken ingakng sami badhe jajampi, tuwan Giyot ugi damel reka, tir wau dipu npetha ing panganan kados opak alit-alit ingkang dipun sadhiyani, paraingkang sami boten kolu dhaten gyuyb-uyuban utawi ignkang asring asring kekesahan, panehdanipun naming kalh utawi tigang iji, saderengipun sarapan, sagebyas tir liki pangaos sarupiyah,s apintenipun sawidak iji opak-opakan alit mila kawastanan sakalangkung mayar sarta mirah. Bilih badhe ngenggalaken saras, jampi tir likir sarta tir opak kenging kalampahaen sareng, ingakng satunggal ngajengaken nedha, ingakng satunggalmalih bilih badhe tilem. Wasana ing tokonipun tuwan JOnasportir ing Surakarta, wonten jampi tir likir utawi tir opak wau, nanging pangaosipun mindhak. ======\======Panjurung Kula smpun ayektosaken menggah pananeming tebu,ingkang kathah pejahanipun, utawi kathah panyulamipun, inggih punika jalaran sakingpananemipun kasarengaken kalayan blothong kacang. Inkang sampun kalampahan ing dalem sabageanipun tiyang alit utawi sababunisun, pejahanipun paliyan para tgan, awit blthong tumemplek ing mripat utawi wuku ngedaleken oyot, amambengi panggendeng daya pangggendeng ingkang langkung samara, leres ugi blothong kacang wu ugi anggandhai daya panggendeng anamung benter, langkung malih panyiramipu ajrih klomoh, toya boten sagedejuraken blothong temahan anjalari kapitunan. Kula boten maiben bilih ing siti rawi utawi ngembes sanadyan semanen inggih maksa kirang prayoginipun yen saderengipun tuwuh umur, 3 utawi 4 wulan sapaninggilipun dumugi ing wanci kendel awit taksih wonten marginipun jalara kadhamel saening taneman mila parlu sanget angrumiyinaken panggendenging siti,kawewahan bakdanipun kadhangir sawetawis lebetipun gumantungaken bibit, ing ngriku lajeng dhangiran kasorodan surya siti ngandhap kaisenan hawa enggal Katandhan Angling Byakta. ======\======Ingkang manawi andadosaken parenging panggalihipun priyantun sarjana, kula anyuwun ptiuwan ingakng dados paedahipun peksi breutut ingkang mungel wanci dalu, wonten ing wiwitan utawi ing salebeting wisma. Ktandhan data angayun-ayun Bodhestu. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Sekar Tuwin kang para pepatih, anjenengi munggeng wuntat, samya mijilken kasegten, keh warnane pangawasa, akng saking para nata, jemparing naraca brubul, kadya jawah saking wiyat. Myang jemparing neka warni buron galak ewon leksan, warak priming miwah bantheng, andhanu wuru myang liman, tagsa kamyang waraha, kadeyan kang ginarumung, gung kalegak langkung kewran. Dene naraca jemparing, nibani wadya jenggala, busekan puwara geger, keh longe ingkang palstra yata sang raja putra, dyan panji umangsah gupuh, nglepasken sanjata dibya. Naraca dadya panangkis, miwah panji carangwaspa,mendha sanjata kinaot, mijil naraca tumangah, tempuh madyeng ngawiyat, jemparing kang para ratu, sortitih prabawanira. Myang sanjatane kawarni sadaya wus katimbangan, puwara sareng sirnane, sang raja putra jenggala, sigra amesucipta,s aking cipta jroingkalbu, sadaya mengsah linggara. Kalamun dereng pinesthi, kasore gnarpati sabrang, mung keng sreawing wrantyase, sumarmanira mangakna sang panji panedanya, wit karaseng jronning kalbu, sumelang mring garwanira. Kusuma yu Sekartaji, ing nguni kang wawan karsa, manawi nglampus dhirine, tuwin ingakng para garwa, belatyas ngong saongsa, sang panji tyas nyamargiyuh, yen sareng lan yudabrata. Katarima ing dewadi, captane sang rja putra, tan antara panedhane, prapta riakng bayu bajra, gumludhug ing ngawiyat, prahara geng gya manempuh, mring sagung narpati sabrang. Miwah mring wadya kang jurit, pisah kadya sinaringan yata ingang para katong, uninga keneng prahara, samya matek panlak, nging prahara datan wangsul, tulus prasami kabuncang,. Kumbul madyaning wiyati, kalawan sawadyanira, yata sirna sedayane, tumibeng doh ing muwara, nguni pasangggrahanya, duk tumiba ting talebuk, akeh kang samya kantaka. Ngungun kang para narpati, dene sorkadibyanir, wusnya tentreem sadayane, kumpul kang para narendra, tuwin para punggawa, andadyaken gunem rembug, angupaya budidaya. Ing ngaprang rereh rumiyin, anglampahaken utusan, ngupaya sraya kinaot, sang resi Bramanakondha, kang tinuju ing rembag, yata genti kang winuwus, pabrisan ing jenggala. Sasirnane mungsuh sami, raden Arya Brajanata, miwahkadang kadehane, samuya mundur pakumpulan munggeng ing pasanggrahan samya anacah ken wadu, kang palastra jorning yuda. Mung triewu kang wadyalit,myang lulurahpitung dasa, kadeyan tan ana kalong, dene mungsuh pepatinya, watara kalih leksa,lulurah watara sewu, sanes mantra myan gpnggawa. Sigra kondur sang apanji, ginarbeg ing wadya bala manjing kitha sadayane prabu Lembu Amijaya sampun miyos neba amanggihiputanipun, kang kundur saking payudan. Rawuhira sang panji, laju ngusyapada nata, gya ing ngaras lungayane nulya arya Brajanata, myang kadeyan sadaya, sinuba bujana nayub, narendra mangalembana. Sampun dumugi lampaahans edalu wondene candhakipun winastan lampahan Panjiraras. ======\======Ongka 36 Kemis kaping 6 September 1877

Nalika ing dinten Akat Legi, tanggal kaping 2 September ing kapatiyan Surakarta pasamuwan ageng, ingkang sami rawuh saliyanipun kanjeng tuwan residhen 1 kanjeng gusti pangeran adipati anom 2 Kanjeng pangeran adipati Arya mangkunagara, tuwin para kanjengpangeran kidulan sarta leran utawi para tuwan tuwan mardika, lurah cina, tuwin lurah bongsa wetan dene pasamuwan wau dunungipun angormati supitipun wayah ingkapatiyan titiga 1 putranpun pangeran Arya Sryabrata II, putranipun Raden Mas Angabei PUrwawijaya, 3 putranipun Raden Mas Tumengung Wriyadiningrat.Sareng sontenipun bujana, ingkng sami sinurahan sarasa kokojaipun bilih dhaharan wau pantes dipun tulat sakng pepakipun samukawis ing pundit-pundi ketingal resik gemrining, pratondha manawi ingkang kkabebahan boten keemben lepasing pandulu anecegi panedhaning atrap alam sapunika. Sampun rumiyin mila kula asring-asring ngojahaken manawi pasamuwan ing kapatiyan Surakarta, pantes dipun tiruwa, saking rentesipun tur bten mawi kasesa, terang bilih ingkang dados ngajeng sasat anumingpundi-pundi surpandene boten ketingal naming kawontenanipun ingkang kayekten. ======\======nalika SEnen sotnen tanggal kaping 3 September ing dalem asistenan Surakarta, wonten pasamuwan ageng kawsatanan, kalaresepsi, kormatipun kanjeng tuwan residhen Lamrespantorenboreh sagotrahipun, ingkang nyaosi kormat para tuwan tuwan sapanunggilanipun ing bawah Surakarta, amratandhani sih tresnanipun dhumateng kangjeng tuwan residhen sagarwa santananipun. Wondene dalem Asistenan wau karengga ing wangsalan sekar, tuwin dipu pralambangi ing pundit paresidhenan ingakng sampun nate dipun ereh, utawi pralambanging bitnang Nederlan Seleyo, ingakng sami rawuh, ingkang sinuhun kanjeng susuhunan, kanjeng gusti pangeran adipati Anom tuwin para pangeran kratonan, kanjeng pangeran adipati Arya mangkunagara kaping IV sarta para pangeran eleran punap adene para tuwan ingang nebas siti dhusun saha para mardika sapanunggilanipun, sareng ampun waktunipun lajeng adamel kundhisi ping kalih 1 ingkang nglairaken sabda ingkang kapatah jumeneng presidhening pista tuwan Asisten Residhen Mates, 2 tuwan Residhen ingakng ngaliraken Kundhisi, asung timakasih katur ingkang sinuhun, kanjeng gusti pangeran adipati Mangkunagara, saha dhumateng para tuwan ingkang sami mamitran, ingkang sami tumut wonten ing pista daumugi abujana sarasa anggenira ngalembana suka senenging pista, suprandene wonten inang anjalari cuwa,kados ta bote swarninin gtiyang saged angedalaken prabeya urun pista punika, upaminipun sawiiing juru serat kantor ignakng aksih tumaruna, wasisa kanggep ing damel sarta ketengen tuwi sinisihan praiyalit wau boten saged manjing ing pista, awit dipu pambengi wragad kedah urun arta 15 rupiyah, ing mongka blanjanipun naming, skeet sawulan torah sarupiyah kalih rupiyah kaamel anjageni pakirangan priyalit wau inggih lajeng tansah anjentrung bokmanawi pangreh makaten punika, ing batos boten anecegi kaliyan maksudipun kanjeng tuwan residhen pribadi,kula sumongga. ======\======Ai ting dinten wingi salasa tanggal kapin g4 September kanejng tuwan residhen Lamres sagarwa putr mangsanggrahan ing wismanipu tuwan Dhabo ing Surakarta, wingi sotnen kathah igakng sami sowan tutuwi, malah ngantos ngarsaaken mradongga, kabar mawi ringgit taledhek sadalu muput, punika sakin gpangruktiipu ingkang darbe wisma, sabab bote kikirangan sangkep samukawis. Enjing punika rebo kanjeng nyonyah lamres saputra bidhalan dhateng Semarang, kathah mitra ingkang sami dherek jujuk dhateng sepur weh setasiyun, ping 5 September. ======\======Cublikan saking POrstenlandhan katitimangsan kaping 31 Agutus Sakalangkugn cuwa kula amyarsa cariyos nalika wingi, bilih atraping kang kapatah dados komisi benjig senen ngajeng pista kormatipun kanjeng tuwan residhen Lamres pantorenbureh ing dalem asistenan komisi wau anuwuhaken msgulin gngakathah ingkang ami awisma ing Surakarta, awit minuman sapanunggilanipun ingkang badhe kanggge ing pasta punika kumisi andhatengaken saking seamrang pyambak ados ingkang sami bukak took ing Surakarta, badhe dipun tumbasi, punapa ingkang badhe kikirangan ing pawingkingipun, sasatipun damel tambal sulam kemawon, wonten ingakng wiwisik mila indakaken lampah makaten awit wonten ingkang dados lidingkumisi, punika dipun saggemi dening took ageng ing Samarang, badhe dipun sukani patuwas manawi wonten pista ingakgn kados makaten. Sanadyan kula boten saged ambakuh acariyos wau, suprandene sainger-ingeripun kula boten saged manjurungi tindak kang makaten, sabab ing sarehing ing Surakarta kathah took,mila yarta ingakgn tuwuh saking tuwan-tuwan ing Surakarta, kadamel ngormati residhen ing Surakarta, kedah dipun ubgneaken ing Surakarta ugi. Liya sakig punika kula boten saged aginem malih, naming sakalngkugn dherek owel amyarsa atrapipun kumisi, sabab ngatasing ingkang tinatah, yen kenignga bok inggih anindakaken lampah sanes ingkang samanten wau. Saking Semarang wonten kabar bilih boten lami kanjeng tuwan residhen Panderkaba panyuwune reh dhahar pensiyun ingakng cariyos dherek opel sarta aptiaken ing pawingkingpun kados pundit kemawon parapriyagung agung ingakng mojok ing damel samikejiyan mundur sakin gayahaning gupermen awit dipun pakewed denign amtenar ingkang boten pisan pisan sami kaliyan endik- endhikipun parapriyagung agung wau, punapa boten prayogi amtenar ignakgn makewed warudi dipun cuplaka sampun ngantos angrisak dagangan katimbang kaliyan kecalan para priyagung agung ingkang sampu nsami kasusra ing damel bilih kula pyambak wangsulan kula, prayogi amtenaringakng nuwuhaken susah wau kasingkirna engggal suprandene kula sumelang, kados kados amtenar ingakng damel wisuna wau engal badhe kaparingan bintang Nederlan Seleyo., Makaten kawontenanipun ing ngari jawi samangke mila ngeneaken Postenlandhen. ======\======Redhaksining porstenlanden dipun pinta sraya murih ngaturaken dhateng nagari bab tindakipun Mantri gudhang kopi ing Surakarta, anjalari dados susahipun tiyang alit bawah Mangkunagaran. Nalika tangggal kaping 27 wau mantra boten purun anampeni kopi ingkang badhe kalebetaken sabab dereng jangkep satus dhacin mila dipun samadosi dumugi tanggal kaping 1 september. Tiyang ingkang sami ngaldosi kopi wau bokmanawi gegriya 30 pal tebihipun saking nagari, kang mongka dipun jiyat dening mantra gudhang kinen ngentosi kawandinten ing pangggenan kang sarwa awis sadaya, kaselak boten yen mantra wau ingkang anyukani cadhong ing para tiyang kang sami nyipeng amanten dangunipun. ======\======Nambahi nalika kabesmen bawah kabupaten Sewu Nalika kaping 21 AGustus taun punika, salebetipun latu sawk dados wonten tiyang jaler 2 iji, lumajeng mawi bekta barang suwek sarta sendhok mamas, lajeng kapethuk deing mas Ngabei wongsapranata, kalampahan lajeng kacepeng, nanging ingkang satunggal boten kacepeng, awit malaejng katranganipun wau tiyang sapunika sampun katur ing Kanejng Parentah Ageng, wondene namenipun tiyang utawi griyanipun kla boten terang awit kula lajeng mantuk Katur kaping 24 wulan Ruwah taun Je 1806 Kula pun Karyabrama, Kemis. ======\======Pracekaning angina kaliyan mega ing masa punika. 1. \\Kinanthi\\ Ing masapunika mumpung, terang sumilak kang rawi, supraba lumreng udaya, tikeling sorok ngenani, sumuluh mring ngantaraksa, sung cahya maneka warni. 2. Andungkap ping tibra layu tumbng trancangig wayi, nintya sasotaning griya, uyang saranduning dhiri, nadyan ing katarulata, kawula tlumaluh anglih. 3. Nirt senen uwleng mesum, labet kaprabawan dening, tarontong pinggawangkara, saha risupelet kadi, tuhu sojaring babasan, lir keneng upayasandi. 4. ……maning tuwa uwuk, satataingkang kapusthi pasanging reh kalarugra, me….wotnen kan gmaripih, dening lumimbakin gapa, marangmringngong gsumribit. 5. Sumyh ngrasantuk pitulung, neme kendhating kang angina, dirgantara kaat mata, prepet prepet anglelentrih, mendhung panjrah alimengan, meh saemper aprang tndhing. 6. MIntoken kadayanipun, tumiyung ruma mring kadi, ripunanduken kamayan sayaning wisaya wedthi nging saderengipun tumrah pratondha ungguling jurit. 7. selak kadenganan wastu, dening hyang prattongapati, muntaptriwikramanira, kamunah ing reh duryakti, mawa prabapurbangkara, wimbuh panaseh sinipi. 8. Tumenggel asipat gantung, apa kapanduk tan kokih, dumulur lumimbanira, kapyarsa gumrebegngidid, sakin dang u goraswara, riwut pancawora tarik. 9. Mesesa engga pinusus,menthung kapracondhang ngisis, kerut larut panglarasan, kontit atandhing kasektin, puwara ing jumantara, sumilak lawenya wening 10. Sung inggari priya kambuh, anon lalangening langit, tangeh kalamun rinipta, mung kanangkarya upami, wuryaningkang cakrawala, katawanga wengna- wengi, 11. Pantoking tingal mangkeluk, lir lamting pasasanti, bok sapih kang bondawala, ywa kadarung andon jurit, makter saisining rat, paran puware kang dadin 12. Samya anandhang margiyuh, titising tyas mong wiyadi, pareng menget kwistara repsirep kadya miarsi sambating para dumdya, nimbra mawon dasumilir, 13. Yuwana arsa yeng kalbu adan sumurup gya tawi tumama maring ancala laernya tandya kaeksi, sesiking rat kasaputan, papeteng temah nglimputi, 14. Santining gita panggelung, ing kadipalanujwari, anggara kanang candrama, ping slawe lek Arwah, warni Eje Ongka sinangkalan sada sirna esthiningjami. Kadhung Kridha.

======\======Katur ign Sumitra kula Bodhestu Nadyan dede sarjana kang mijil sarta, tan tinakon nanging kedah ngturi terange, waton serat pirasating paksa, tangguh miwah jampi sakehing brekutut. Ingkang yasa serat duk ing nguni cethaing wiraos para resi kang mateng tapane, kang sinebut pasthi talikuwih, sidik ing pangaksi, sinawung ingkidung. Lamun peksi sore-sore mukti wasta ngineb gedhong ngalamati ngaken donyane, llan ngathahken tedha ingkang suci, sugih beras pari ngasu ingkang ngangu. Yen kitiran esuk sore muni, nglamati pun awon, dugangira pnika, ene manggu tukar lawan anak rabi, adoh kang rijeki,luh nyakerep mucu. Dene manuk yen muni ing wayah esuk, sareng medal surya sae pirasatipun, arep gedo mengo aku den inguwa. Tegipun ngisonidun puniku, mas picis lan arta, rahayu kangidungeksi, rada manawi peksi tengah wengi munya. Ngalamatipun pan awon sabarang laku durga ngungrehnya, kang ngingu panarag geni, sarta suda rejeki wah kasusahan. Dene lamun peksa mungel manic dalu, wonten ing wit-witan sami ugi wonten panti nanging boten dados sabab kan gpunika, Wasana mung sumongga mitra bodhestu leres tuwinlepat, awit sedya kula naming sanget asih dhateng samarning ngagesang. Mantra Kanoman kapara Kliwaakir, Kyai Ngabei Surabrajawa. ======\======Redhaksi tampi tulisan saking tuwan ingkang majegi siti dhusun bawah Kraton Surakarta, suraosipun makaten: WEkasanipun kula tampi wertos, bilih mas Ngabei, W gegriyaing dhusun Lumbukerep samangke kacepeng ing polisi, awit kangge barang pandungan amal saking para kecu, mila polisi samangke terang sinten ingakng amring-amring anyingitaken barang amal reged, mila kathah ingkang muni cihna wau anyekapana, kadamel wawaton angatrapi ukum dhateng Ngabei wau, sampun ngantos dipun rarap mirah kadi saben kawastanan kurang terang nunten kaluwaran sabab pun ngabei wau sampun taunan anggenipun anindakaken lampah awon, malah sataun kalih taun wekasan punka, sangsaya andedel jalari enggal saged menthol andadosaken gumuningkathah, yara ewon iingkang kalampahaken dening ngabei wau, ingpundi- pundi mendhet gantosan siti dhusun, utawi ambekeli dhusun mawi ngejogi yatra, wekasanipun ingkang darbe lengah siti, dados kapotangan, mawi dipun pacaki lenggah utawi gadhuhanipun, boten kenging bilih katebasna dhumaten gwalandi, kalih dene malih ms bei W, wau sampu ketaun anggenipun bekeli dhusun jumeneng tanah gantungan, awit ingakng gadhah lenggah sampun ajal lami, dereng wonten ingakng gumantos, dene dhusun wau sakalangkung kasusahan, sabab sampun kalih taun boten angsal toya, jalaran saking lepatipun mas ngabei, W, punika ingmongka kula boten dherek yen atrap kang makaten wau, andadosaken kanjeng parentah ageng, malah pamanggih kula tikel kang anuwuhaken kasusahan makaten kedah lajeng dipun undurna sampun ngantos dipun tanem dados bekel malih sabab ing pundit-pundi anuwuhaken ama ageng angrundhetaken tiyang alit. Wasana tiyang sampun boten kaweken amastani yen Ngabei wau anggenipun sugih jalaran saking amal reged punka kenging dipun angep yakin, malah wonten lurah polisi ingggih amastani makaten, mila samangke, sakalangkugnprelunipun, anitipariksa ingakng rempitkenceng, sabab ngabei W punika ing ngajeng sampun nate gegriya ing Masarand ados jagal kewan colongan, saemper ipenipun gegriya dhusun ngremden anama mas Bei W, inggih pirsa ugi tindak lampahipun durjana kang kasebut ngajengpunika, sabab dereng dangu wonten kecu kacepeng ing griyanipun mas Bei W ing Ngreden boten mawi anggepok dhateng ingkang gadhah griya. Pamanggih kula prelu ngabei kakalih, wau katitipariksa saha sarta kinen amraatelakenajalaranipun dene saged sugih tanpa karana. Tuwan Majegi siti dhusun. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhoglampahan Panji Raras. \\i\\ Kadya wruyanimpuna mamanis, sripamasa lembuamijaya, kacaryan myarsa ature, srijajangga kumedhung, kang tinanggap kaen amarni, nalika mangun yuda, tinurut agalur, kongsi prapteng ing wusana, ungguling mring tetela saking sang panji, kang nyirnakaken bebaya. Yen sampuna wonte sang panji, estu lamun sortitih, ingngaprang witkagunan para katong, nadyan tan kasor tuhu, yekti kathah sangsara pati, wit mengsah tanpa timbang, ijab tikelipun, rpabu lembu amijaya langkugn suka paring ganjaran mawarni, prapta warastrabrana. Mring sadaya kang ungguling jurit, ing sapangkat pangakt ingkang wadya, pekathik myang peratine, weadin monca wdu wontenmalih ingkang nglangkungi,r aras ingkang ganjaran, nguni kang wus kasup, pratama lawan Pratistha uw denengkas akrap ming nateng kedhiri, yen cawangan punggaa. WUsnya diwasa hyang Bagaspati, luwaran denira bujana, nata kundur andedhaton, kang nangkil sadaya wus, bubar mantuk wismane sami, sang panji kang winarna, nalikanya kundur, saraptane wura pandhak, magsih suwng pragarwa tanana mijil, sana naming geng taman. Dadya trenyu tyassira sangpanji wngsul mijil dumuung seban bujana lankadehena, karanira nglilipur, na nging datan linggr sru kingkin,kuneng ganya winarna sang kusuma galuh, kang maksih munggeng grotman, ginarumung para maru angaturi, nyirnakna graing driya. REtna Galuh tytas tan keni kungkih ginagas-gagas saya karasa,lelakone sarirane, metek sangsaya nglayung,laluy lalis ingkang kaesthi wus nirpangidhepira, ing nalika dalu, sang retna tansah udrasa, kang sinambat jawata kangmurbeng bumi mangkana sebdanira.Dhuh Hong Hyang Hyang Pamudya kang ening, tumanduk mring sang amurbengrat, dhuh tingalan dasih o,kang nandhang kawlasayun, tamat temen pun sekartaji, tan kandel ing rpasetya, jeng paduka muhung, kang tan kilap sabuwana, sang retna yungening ken paningal jati, mrih sampurneng antaka. Retna Galuh kongsi tigang ari, datan sare miwah tanpa dhahar, para maru sru tangise, denya welas andulu, panglayung nge dyah Sekartaji dadya wayang wuyngan sagung para arum nadyan cethilan pawongan, siyang dalu gumarumung samya nangis, mung gusti nya sinambat, Enengena jronign tamansari, kawuwusa kangmunggeng pasowan, sang pnji lan kadehana, mangun buuja mawantu, gantya gantya raras ing gendhing, prasami snendonan, kang wasis ing tembung, sang apanji carang waspa, swaranya rum waleting swara wor gending, suka kang amiarsa. Lamun saya ingkang anambungi, kang sesendhon arya wukir sekar, manis arenyah pyarane, dyan arya wukri santun kaduk besus wirageng dhiri, agung molah kenjora,liring sebrang sebrung karya sukane kang mulat mung sang panji jro kasukan tan sayegti, yen kadeyan marwata. Data nana uninga ing wadi, among bancak dhoyok kang uninga, sinamur lan lulucone, ki Bancak asru muwus, dhoyok payo ngambila aglis sesamben penayuban, arak karo anggur, larih gentinum-inuman dhoyok angling kiraka rak premati, jare banyu kelapa. Neng jro genthong sinung tai besi, yen anguyup lalabed delima, ki Bancak sumaur jengek, lo arak iku duedu, kang mengkono jarene, loti ski dhoyok mojar sugal dudu lotis iku, basalotis binuntelan,godhogedhaliniting ginarung geni, pepesan sinunggal. Kae Bancak sumaur ambekis dudu lotis kang mangkono uga lamun iku pespesane, jarene cucur bawuk dhoyok angling lo geseh maning basa cucura jangan woing tela gantung banyu wrak aren kaworan,lombok uyah iku cucur kang kumici, ki Bancak saurira. Dudu iku cucur kang kumisir,lamun banyu aren rinajangan who tela gantung jenenge, dhawet rupane biru, kineceran lan sentenanil, udur apandhelengan, gya prapta kerambul, sebul palet lincak lincak, sebul angling wong gerang padha cariwis, menenga rungokena. Angu wingi mentas meleceti botoh kawak gegedhug pengpengan wong loro tak gadhuh ijen mulih padha berundhul, dhoyok angling lo bocah iki, apa kabisanira, kan gsiranggo gadhung, dene botoh kawak kalah sebul angling kabisan ku gadhung pei, sak jeg wis ora kalah. Sapa mungsuh karo aku blandhis, bancak ngucap lah payo binujan, wong telu karo sidhoyok wetokena kertumu sebul gupuh guuh nguculi,kandhutane buntelan, kertune wus bawuk tinatak sutanira, bolabali sarwi den iling-ilingi,tinata munggeng tengah. Anjebebeh tangane sawiji, kang sawiji tuding tetengeran dadya …pacake wus rakat samya …kasebul miyating dhangini, bancak dhoyok gya ….bancak bener ratu dhoyok patih prenah kanan sebul anyak paran dene angaduma kertu unyik malamah. Yen benere patih kang ngedumi, ngiki sebul manthelutan suka, bancak dhoyok nu bae, yata wus ganep ngetung sebul unyak suka tansipi, pelompong unyik ira, nyekel tambu telu, liyane cawang telu las, nyele sijaki sebul abekas-bekis, gadhunge kedhewekan. Kang jalma rocekelane becak sami suka duk lekas memangan, sedhangan lawankarepe among sebul bassengut, jaluk kasumrih dadya bunci nalika katurutan sebul bukak kasut, bungah bungah unyik alang amales mungsuhe de uring- uring, bubar lir mas kumambang. Enengena kang suka bujaneng jawi, gantya kawuwusa kusumayu sekar taji, kang tansah mangun udrasa. Kapanujon para maru lagya sepi wanci samya siram munggeng telaga botrawi, adangu antaranira, Ongka 37 Kemis kaping 13 September 1877

Pethikan saking serat kabar Betawi Awiyos kula enggal suka kabaripun ing Samalangan (Ngaceh) bokmanawi tuwan dereng myarsa anggenkula miring saking serat ignkang kula tampi, dene kabar punika ing panggenan wau kumpeni tangled, kathah upupsir ingkang tatu, ing ngajeng kumpen ibadhe anggepuk benteng, ananging karumiyinan deing mengsah dipun lambung, anjalari kumpeni sakedhap ngaloko, nalika smanten ngantos kaweken para sakit tan sarta sawarniing kuli ingkagn sami tumut trembat dipun aken nyikep dadameling para kumpeni ingkang tiwas utawi tatu, kapurih ambyantoni lawan sadaya sami sudira amitulungi, mugi mugi para sakitan wau pikantuk apura, colonel Pander Hedhe ingkang ngirid kumpeni, sareng wonten ngajenganing mengsah lajeng angabani torem nanging kumpeni tan purun majeng punika anjalri klonel Panderhedhe kurda tedhak saking ttiyan badhe anidnakaken artileri, dumadakan maripatipun ingkang kiwa, kepletingkan beling, anjalari wuta, dados maripat satunggal sirna, suprandene boten dipun rewes, sang suroyengprang cungkelak lajeng nitih turangganipun boten pisan kewran sakedhik-kedhika, sarta boten angedhagaken kuwajibanipun sareng sang colonel anguningani, para kumpeningendhelong manahira, lajeng titiyan kakerapaken majeng, murih dados ruladan tanpa katara para karerehan sami sarsa methukaken mengsah sami silih ungkih dangu anggenira takeran ludira,lajeng surak ambal-ambalan tanpa bentenging mengsah kcakup tujunipun ingkang ngirid skalangkugn wnter, sabab mengsah angajrih-ajrihi pang rakitipun , sasampunikpun makaten sangprawireng prang kolenel PanderHedhe, saweg amikir sariranipun kinen amariksani tatu, maripatipun kelajeng ical satunggal nanging rahayu boten aniwasi. ======\======Saking Surapringga anyariyosaken makaten. Wonten tiyagn jawi nama Pak Dasiman ing kampugn Kemayoran, punika kenigng dipun apus karma awit kamigugonen, ignsawijiing dinten pak Dasiman katamuwan Bangsanipun nanging dereng wanuh, pun monca mawi ambekta menda gibas dipun pasrahaken dhateng pak dasiman sabab pun moncamudana badhe tutuwi mitranipun sarta dhateng pekennumbas tedhaning menda wau, pak Dasimankapurih angopeni, awit mendapunika sakelangkung awis sarta kathah pengaosipun. Sawek kemawon pun monca kesah, menda gibas ambubucal reged sareng kepriksanan ketingal melik- melik, ing reged wau wonten kethipipun, ingngajeng medal satunggal nunten kalih, tiga, sekawan, dangu-dangu kakumpulaken kepanggih 15 kethip, Sareng pun menca mantuk lajeng apitaken dhateng pak Dasiman mendanipun punapa boten angwontenaken ingakng anggumunaken, pak Dasiman nunten angandhakaken kethip ingakng awor reged pun Monca api-api boten angrewes,dipun songga ayem malah amangsuli, o niku pun saben dina mawon pak dasiman lajeng kepingin sedya dipun tumbas, ingkang gadhah asamudana boten pisan-pisan yen nedya anggisir, mendanipun ingkang kathah asilipun makaten dangu-dangu awis-awisan, dipu nkawiti 50 rupiyah lajeng menggah 100, 200, dugi 300 rupiyah putusing regi 600 rupiyah lajeng dipun kenceng, yen tiyanga sanes boten pisan sukaha, sarehning pak Dasiman sae tangkepipun mila dipun uculaken samanten sareng sampun nampeni yatra 600 pun monca lajeng angles sapriki boten kamirengan malih. Wasana sareng sadintenipun malih anggenipun bubucal menda wawarni kethip ngawis-awisi, saeng sadintenipun malih, lajeng mampet babar psian anggenipun medalaken pun Dasiman naming saged bathi yatra, 7 rupiyah nanging pun punggung maksa boten pitados kawastanan ing nlebeting wadhuk taksih kathah salaka lan takan menda numten dipun pragat pun dasiman anjetung nembe prisa yen dipun apus karma, kecalan yatra kathah wah dipun bebeda dening tongga tapalihipun mateng. ======\======Pujongga tuwan Griyoletdhegir, sasampunipun anitipariksa sawarnining nalar kang manggepokan kaliyan kamedatan samangke badhe minggah ing redi lawu, sakalangkugn anggenipun kuwuhaken pangeram-eram. ======\======Wonten kabar saking Semarang, nalika ing dinten tanggal kaping 2 wulan punika bupati Semarang angumpualen para bongsa Arab bongsa KOja, malajeng sapanunggilanipun ingkang sami gegedhug sami kumpul ing kabupaten dipun ajak rembagan murih saged angrampungaken amulyakaken masjid ageng, ingakgn punika kapurih ambyantoni supados angedaleken pekah, ingkang bupati pyambak karsa ki karya tutuladan lajeng urun arta sewu rupiyah laejng para ingkang samikumpul boten anguwawani, nunten sami amanjurung yatra ing sakuwawanipun mila ing samangke pangajeng-ajeng ing kathah,mugi sageda angrampungaken pakaryanprelu punika ing saemper mongsa lepata sababingkang dados pangajeng priyagung pengpengan. ======\======Kandhaning tiyang sugih-sugih Tiyang agung Roskil dudunung ing Praja Paris ignkng nembe tilar donya punika titilaranipun arta 500.000.000, yatra samanten wau saben tun anuwuhaken saretman 25 miliyun rupiyah, kapetang anggangsal rupiyah satusipun, dene tuwan rotskil wau, sagotrahipun sami sugih-sugih sadaya, kawewahan amaris titilaran kang samanen kathahipun mila kadadosanipun, badhe wonten rotskil malih, ingkang darbe yatra 500 miliyun rupiyah. Wonten ingang kojah malih Marnis ing Wesminter (Enggland) kagn sampun tilar, punika pamedaling arta kapetang, 1600000, sataun, wonten malih ingkang cariyos naming sapalihipun sabab pasitenipun kathah ingkang kawratan ing pagantosan mila bilih yatra samanten punika, kalampahaken tampi sareman anggangsal rupiyah sataun, dados saged anuwuhaken bingahan 1600000 samantena taksih wonten ingkang ngungkuli ngatasing kasugiyanipun,s abab ing Engglan taksih anglampahaken pranata Mayorat, tegesipun manawi wonten ingakng tilar, ingakng kuwajiban maris kathah, anak kang sepuh pisan dumados tilaran wau kumpul. Ngatasing Eropah, kasugiyanipun prigagung wau, kenging dipun damel kojah, samangke kula aturi angiling-ilingi ing bawah Amerikah, kang prelu sanget ing Kaliporni sarta ing Kpangdhah, kang samangke sakalangkung gemah sarta reja loj jinawi,kang mongka panggenan wau dereng 40 taun sapriki dereng darbe lurung, sasat taksih jaman kuthila, smangke panggenan wau sampun sugih margi sepur ngajeng wingking kiwatengen, mila dipun wastani panggenan mas picis, ingakng sami bathi amal pinten pinten nalikaning dalu, enjing nipun amal wau sirna, ananging isining tiyang ngriku boten watak gimiren tan kendhat angggenipun marsudi ngupados yatra saliyaning siti kancana, wonten malih siti salaka, mila wonten ingang kasebut redi Salaka, tigang taun sapriki untungipun tiyang agung Jones ingakng jumeneng Senator, saking memilikanipun ing Kepodhah, dipun taksir, gangsal miliyun ringgit kasugiyan samanten wau awis ingkang saged tumpul ing saumuring tiyang, suprandene tiyang agung Jones taksih kasoran kaliyan tiyang agung Makai, punika kauntunganipun pamilikanira ing Kepadhah saben taun 13750000 ringgit pangaosipun pasitenira sadaya kapetang, 275000000 dalasan saremanipun. Manawi kapetang pawedalipun para tuwan wau, ing sawulan, ing sadinten ing saejam utawi ing samenitipun, badhe angawontenaken parini kados ingngandhap punika.

Tiyang AGung WEsminter Tiyang agung Jones

Paitan 202.000.000 240.000.000 Sataun 10 200.000 12.000.000 Sawulan 180.000 99.000 Sadinten 25.800 33.000 Sajam 1.080 1.400 Samenit 18 24

Rupiyah

Tiyang agung Rotskil Tiyang agung Makai

Paitan 480.000.000 660.000.000 Sataun 24 000.000 33.000.000 Sawulan 2.000.000 2.700.000 Sadinten 72.000 90.000 Sajam 3.000 3600 Samenit 48 60

Rupiyah

Wasana kula amewahi satunggal malih ingkang sakalangkung sugih, inggih punika panjenengan dalem sinuwun ing Ruslan, wedaling arta saben dinten, kapetang sawidak ewu rupiyah mila bilih kaurutaken panggenanipun ing sahantranipun Jones kaliyan Rotskil dangu-dangu tiyang agugn Makai ingkang sugih piyambak ings alumahing bumi, sabab kauntunganipun saben samenit wewah yatra 60 rupiyah kang mongka dereng 30 taun sapriki tuwan Makai wau taksih klanthang-klanthung ing nagari Irlan dereng 20 taun sapriki angideri Amerikah sisih eler lampah dagang, dereng nembelas taun sapriki bangkrut suprandene sapunika tuwan Makai, yoswa 45 taun andarbeni pamelikan sakalangkugn ageng meh tanpa wekasan. ======\======Naming andadosna kauninganipun para priyantun ignakng sami nuju tingal panjurung kula ingkang sampun tumrap bramartani ongka 36 kemis kaping 6 september tau 1877 punika pangecapipun wonten ingkang kalintu,leresipun kados ing ngandhap punika, cirinipun wiwitan teka mungel pracekaning angan kaliyan menang,leresipun mungel, pracekaning angina kaliyan mendhung pada kaping 2 larikan kaping 2 saking pada ongka1 mungel wanyi, punika leresipun mungel wanci, dhari, leresipun mungel dhiri pada kaping 3 larikan kaping 2 saking nginggil mungel Gawangkara leresipun mungel giwangkara pada kaping 4 larikan kaping 1 saking nginggil mungel Pramaning leresipun mungel Sramaning pada kaping 4 larikan kaping 2 aksaraning sami bureng leresipun mungel Rudra, mene, manrang pada kaping 4 larikan kaping 3 aksaraning sami bureng leresipun mungel ngongga, sumribit pada kaping 5 larikan kaping 1 saking nginggil mungel neme leresipun mungel nembe pada kaping 6 larikan kaping 2 saking nginggil mungel Gumiyung leresipun mungel tumiyung pada kaping 6 larikan kaping 3 saking nginggil mungel wei leresipun mungel Westhi pada kaping 7 larikan kaping 2 saking pada ongka 6 mungel muntaptriwikramanira, leresipun mungel muntaptiwikramanira pada kaping 10 aksaranipun wonten ingkang bureng, leresipun kalamun rinipta. pada kaping 11 larikan kaping 2 saking nginggil Makater leresipun marketer

Menggah anggen kula angaturi katrangan wau, supados sampun ngantos andadosaken salahserepipun ingakng karsa nupiksani, kajawi ingkang kasebut ngingil punika, saking pamanggih kula sampun leres sadaya. Nawungkridha. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Raras Sabab wusnya siram samya ngunduhsari, ngenggar-enggar rema, dadya retna Sekartaji, priyonggan tuk kaladesa. REtna Galuh den nyare nekakaken kapti, ciptane sang retna, estu arsa nganyut dhiri, sigra manjing pasareyan. Busananya san getna samegteng lalis, agegondawida, sigra tumangkep kang sami, sang retna ngening ken cipta. Kan tumanem marang ing hyang ngutipati, kusuma ing Daha, tangise munya jro tulis, dhuh-dhuh ya dewa bathara. Jeng paduka kang tan samara mring sakalir, ulun tingalana, tumemen dhateng ing laki, tan sedheng prapteng antaka. Laki ulun suprandene sru anampik, mring atur kang wedca, dhuh ya dewa mugi0mugi, yen amba prapteng antaka. Ulun sagsi, Surya condra bumi langit, punika tan samara, mring solah amba ing latri, dene yen linyok kawula.Panjingen nagara kakapign sakethi, yen resik kawula, sumanggeng jawata luwih, kendel puji mring bathara. REtna Galuh saya sru metaking galih, enget ibu rama, dhuh pukulun jeng ramaji, tuwin ibu prameswara. Cacad temen kawula pun sekartaji, jeng rama paduka, kalawan jeng ibu sori, amongmong dhateng kkawula. Awit timur prapta diwasa ing wanci, pukulun kawula, dereng kongsi mangsulaken sih, kaselak prapteng antaka. Wit sangsara gelah-gelah sekartaji, dhuh nuwun agsama, paring pangestu ning lalis, mung sembah ulunkatura. Mring jeng rama tuwin marang ibu sori, yata sanglir retna, sangking sru rujiting galih,sumaput temah kantaka. Sariranya lenyep wus kadya ngemasi, dangu ing ngatara, pungun-pungun sang dyah nglilir mangungun lan salin cipta. Enget marang lakinira sang apanji, dhuh-dhuh lakiingwang, kantuna wibawa mugti,cethi paduka mit pejah. Nanging ulun tumemen tan sedheng budi, wit saking cilaka, lacut babana mring laki, satemah manggih sangsara. Sumarmanya ing mangkya ulun lampahi ambatan ngresula, wit saking ulun pribadi, kang datan panut ing karma. Kawada kadudukaning batharadi,mung pamudya amba, pun galuh yen sampun lalis, benjing prapteng ing delahan. Inggih magsih paduka ulun ngengeri, kalamun manjanma, tumurun dhatengipun di, kawula den dasih ena. Yanta dereng paduka ngapureng dasih, sanadyan kawula, tumemen mring Btharadi, saestu tan katarima. Boten wandena raka sigsa kang prapti, ukuming bathara, wanodya druakeng laki, sumarmi panuwun amba. Salin cipta enget katresnaning laki, dhuh- dhuh lakiingwang, paduka satriya pekik, sembada prawirengyuda. Ambeksanta parimarta sih ing dasih, limpad ing wiwika, wingiting cipta mranani, kawula boten anyana. Dene kongsi kasamaran ing pandalih, apa mung kinarya, las ulas reh wus tan asih, yata snag kusumeng Daha. Saput malih kantaka snag raja putrid, sruning ruditeng tyas, nalika wungu sang dewi, wus nirmrang pupunggkuran. PUtenging driya magnrabda, lan kasesa Manawa selak prapti, sagunging kang para maru, yenta mumurung karsa, kadrawasan patrem pabelan wus konus, meh tinanduken pranaja, lir pangregsaning dewasih. Astanira sang lir retna, sanalika capetan wigya mosik, pinegsa sang saya asru, asta tanpa gulawat,retna galuh kantu malih kongsi dangu, temrah karya gara-gara, reh sang retna sujalmadi. Prapta rikang bayu bajra, angina gora gumulung anampiki, wregsa sol ingkang katempuh, prahara aru-ara, lir pinusus agraning wukir maledug, lebu tedhuh ngampak ampak, jugur kang jalanidhi. We mullah umob walikan, alun ageng pindha girindra basmi, anempuh marang sumapur, geter pater wurahan, munya dhedhet ERawati pyah gumuruh, wasana sang saya ngrepda, prapta udan riwis-riwis. Jinjang sang naga pratala, keneng gara-gara kungkih mawwedhi, ngakak krora prabawa sru, ngadeg pethi tya molah, kadrawasan bantala kadya ginulung, lindhu gunjing kelap-kelap, tidhar sakilat lan thathit. Katawur sumyar wurahan, isen-isen wana miwah jaladri, arga rug guntur gumuntur, keh jalma kasangsara, pirang praja tanana uni ngong rembug, kadya gabah ing nginteran sato-sato miwah jalmi. Wuwusen jogringg salaka, widadara kalawan widadari, keneng prabawa margiyuh, wurahan bilunglungan, kawah condradimuka umob sumembur, bathara kaneka putra, keplok-keplok sirig-sirig. Marek mrign hyang Girinata, magsih tebih sebawa abaribin, adhuh-adhuh adhiGuru, peleleke tiwasan, celek bingung ambregundung gawe gendhung, tan wurung kadhung sangdhungsang, kasurang kawalik walik. Jempalik dhengkule babak, gawe beak bubuk ngdi-adi, dumadi pengung kalurung, dhiGuru paran karsa, yata mesem ngandika bathara Guru,lah kakang andika inggggal,lumagsona andhawuhi. Pun Suryalah bubuhan kareksane pun galuh away kongsi, kabanjur mangudi lampus ujerpuniku kakang, kangpinasthi ing besuk turun tumurun sigalih baboning nata, yen matiya nyupet wiji. Gumujeng sang hyang kaneka, gih prayogi lamun yayi marengi,kula badhe paring kukum, ingggih dhateng pun sruya, dimen brengkuk jer si Suryadewa besur, soknya lemur mring manungsa, wekasan kadi puniki. Mesem rising giri nata, sakarsan takakang angger lestari,hyang kaneka mesat gupuh, sakedhap nulya prapta, ing kayangan hyang Surya kapanggya lungguh, munggeng singangsanaretna, panekar dewa sumiwi. Hyang Narada dupi prapta, sru manguwuh astane anudingi, eh Surya den enak lungguh, ingmengko rasaknena, bebendune hyang girinata, kang dhawuh mongsa rampunga sawarsa sandhangen den ngati-ati. Bathara Surya miarsa, dherakalan muwun sarya wotsari, gumeter gupuh umatur, pukulun kadya paran, denya ulun tan wrin lajeng manggih bendu, punapa kang dadya sabab, hyang kaneka anauri Taksih wonten candhakipun.

Ongka 38 Kemis kaping 20 September 1877 Nalika ing dinten Jumungah tangggal kaping 14 September wancijam 9 pusaraning paprentahan paresidhenan ing Surakarta adiingrat kapasrahaken dening kanjeng tuwan residhen Lamres pantorenbureh, sumelehing ngastanipun Kanjegn tuwan residhen Jekel anggenipun masrahaken utawi anampeni, wonten ing dalem residhenan, nalika samanten kanjeng tuwan reishden Lamres pantorenbureh,anglairaken wacana ing tembugn Nedrelan nunten kasantunan ing tembugn malajeng, irib-iribanipun kados kang kapratelakaken ing ngandhap punika.

Kanjeng gustipangeran Adipati anom Amengkunagara, Kanejng Pangeran Adiapti ARya Mangkunagara, para amtenar Walandi, para pangeran ing bawah kasunanan, sarta ing bawah mangkunagaran, Raden adipati Sasranagara tuwin kancanira bupati kaliwon sapanunggilanipun, para tuwan tuwan mardika, punapa dene malih para lurah cina sarta para lurah bongsa tanah sisih wetan. Mugi dipun estranana tetembugnan ingakng kula lairaken sapunika,] Wau tuwan Asisten residhen ing Surakarta, sampun kula suprih amaos nawala dalemkekancingan kanejng tuwan ignakng wicaksana guprenur jendral wondene ijemanpun sampun sami kapiarsa, bilih kula samangke, awit saking panywuun kula pyambak pamit rereh saking padamelankla jumeneng residhen ing kraton surakarta adiningrat sarana kormat, dene ingkang kakarsakaken gumantos gumeneng residhen ign Surakarta, kanejng tuwan Jekel ingngajeng jumeneng residhen ign Begelen. Nalika kulamyarsa kabar manawikanjeng tuwan Jekel ingkang kapiji anglurahi paprentahan ing paresidhenan surakarta,manah kula kratos ayem boten teka awit anggen kula sampun nate wanuh utawikulina kaliyan kanjeng tuwan Jekel mila anuwuhaken bingah wawaton kanjeng tuwan Jekel sampun kasusra mengggah ing tandak-tandukipunsarta putus ing sastra tuwin ing tembung jawi, mila kanjeng parentah ageng ing Betawi dipun pujui anggggenipun karsa amiji dhumateng kanjeng tuwan jekel, kajumenengaken residhen ing Surakarta. Sanadyan sakalangkugn anggen kula badhe anglajengaken sedya kula, ngembat ayahanign kanjeng gupremen, suprandene rumaos boten kuwawi,mila angupados pangayeman,samantena meksa anuwuhaken sakalangkung cuwaningmanah, ananging wonten ignakng angayemaken ing pamikir,awit pusaraning paprentahan nagari Surakarta badhe tumimbal ing ngastanipun priyagung teguhingakng kenging dipun etohi kangelan,mila sarehning kula badhe oncat saking ngriki, sakalangkung sanget tarimakasih kula dhumateng para priyagung alit walandi jawi, utawi dhumaeng para mitra ingkang sami manggepokan sarta sami sakapti angenthongaken pakaryan kula, ingkang punika pamuji kula,mugi-mugi sami amethukaken akas dhangan anglestantunaken sedyanira, karsaha ambyantoni dhumateng kanjeng tuwan residhen jekel murih anuwuhaken mayaring ayahan tuwin reja gemahipunkraton ing Surakarta Adiningrat. Aliya saking punika sanadyan kathaha, wonten nalar malih ingkang sakalangkung prelu boten sged angikibi,kedah ugi kula lairaken sabab punika ingkang dados babundhelaningpamikirkula, dene nalar prelu wauy tan liya, babpamajegipun utawi amajegi siti dhusun ing bawah kasuannan sarta ign bawah Mangkunagaran. Para priyantun ageng alit sami tan kilapan bilih nalar wau skalangkugnprelu, yatra pinten pinten yuta ingakng medal saking tanganipun paa tuwan igkang nebasi siti dhsuun sumebar ingbawah Surakarta, sadaya sami sregep amarsudi,murih angedalaken mingsraning pasiten boten pisan mangwang ing yatra utawiajrih dhateng kangerlan dangu-dangu pamarsudi wau anjalari dados kauntungan ageng, dumunung dhateng ingkang sami kagungan siti utawikang darbe lengggah tuwin kangg ginadhuhan, punapa dene malih angasili dhateng para alai ting dhusun. Ingkang punikapara priyantun ageng alit kula aturi angggalih, bilih para tuwan ingakng majegi siti wau, kaliyanipun anuwuhaken paedah ageng,s asadherek anuwuhaken santosaning nagari, mila sakalangkung agen kula anitipaken para tuwan tuwan wau dhateng para priyagneg alit murih sami sarasa anindakaken saekapraya suraya sabiyantu sanadyankula kesah atebih saking surakarta sasat manah kula sadangunipunlerep wontening Surakarta ngriki, mila pamuhi kulamugi mugi kraton ing Surakarta adiignrat anemahana wilujeng sapanginggilipun sarta pamuhi kula paramitra kula ageng alit sami ginanjara yuwanawilujenga sadangunipun pinanjang na ingakng yuswa amethukna suka lan kasenengan sartkatebihna saking poncabaya. Ing puwara samangke kula amratelakaken dhmateng para priyantun ageng alit, manawi pusaraningpaprentahan paresidhenan surakarta adiningrat sampun kapasrahaken sumelahing ngastanipun kanjeng tuwan reidhen Jekel samantenatur kula. SAdangunipun kanejng tuwan residhen Lamres anglairaken wacana, adegipun wonten ing sisih tengening kanjeng tuwan residhen anyar, sareng sampun amasrahaken paprentahan nagari,kanjeng tuwan residhen lamres lajeng mingser panggenan jumeneng ing sisih kiwanipun residhen anya saksana kanjeng tuwan residhen Jekel lajeng lekas angawiti pangandika, ing tembung Nederlan sasampunipun lajeng kasantunan ing tembung jawi,s arehning nalika samanten kula dumadakan kapambengan sakit endhas kula, dados kacuwan boten saged nilingaken pangandikanipun kanjeng tuwan residhen Jekel ewadene bilih oten lepat cariysoing mitra ingkang sami miyarsakaken, wangsulanipun kanjeng tuwan residhen Jekel kados kang kasebut ing ngandhap punika. Kanjeng pangeran Adipati anom kanejng pagneran dipati ARya Mangkunagara, sarta para agung jawi sadaya para tuwan tuwan upsir para tuwan tuwan amtenar walandi ageng alit, raden adipati Sasranagara, ingkang sami kumpul ing ngriki. Wau tuwan Asisten REsidhen ing Surakarta,s ampun amratelakaken ijemanipun nawala dalem kakancingan suraosipun sampun dados kaparengipun kanjeng parentah ageng ing Betawi,kula kakarsakaken gumantos ing gentosi kanjeng tuwan residhen Lamres jumeneng reishen ign Surakarta. Nalika kula tampi serat partisara sangkingkangjeng gupremen pamiking kula rumaos badhe amethukaken ayahan ingkang sakalangkugn anteb ngatasing awak kula, awit rumaos dereng cekap angasta pusaraning nagari ageng ing Surakarta adiningrat, ananging sareng kula manah malih manawi ingkang badhe kula gnetosi priyagung kalok ing kawicaksananipun ila lajeng rumaos ayem sababkapesthekaken badhe mayar pangastaning papretnahan awit sadaya sampun kapanggih karukti, kantun anglajengaken kemawon punapa ingkang sampun dipun purwaning denign priyagung kadi kanjeng tuwan residhen Lamres. Ewadene sanadyan kula rumaosa kamayaran anggen kula kakarsakaken dados pangrsaning paprentahan nagari Surakarta, suprandene ngaken boten anyekapi, bilih boten kabyantonan dening sawarniing priyantun walandi jawi, ingkang sami badhe manggepokan dhateng kula, mila pangajeng kula sanget, mugi mugi sadaya sami sarasa murih angandhengaken karyeng ratu, amitulungi andhangaken rerembatan kula ayahaning kanjeng gupremen nederlanse Indi. Ingkang punika samangke kula mratelakaken bilih pusaraning paprentahan paresidhenan Surakarta, sampun kula tampeni saking ngastanipun kanjeng tuwan residhen Lamrespantorenbureh. Dereng pantara ing beteng ageng anyabawa mriyem arambah-rambah mratelakaken bilih paprentahan nagari Surakarta sampun kapasrahaken dhumateng residhen anyar nunten bibarran nanging sami lerep wonten ing Galdri angentosi wangsulan saking kraton, sasampunipun lajeng kanjeng tuwan residhen sakaliyan saha para upsir utawi liyanipun ingkang sami kumpul lumaris dhateng kraton, papanggiyan kaliyan ignakng sinuwun kanjeng susuhunan ing ngriku lerep kiran glangkung satengah jam,lajeng sami pamit mudnur nunten sami dhateng Mangkunagaran, ing ngriku kepanggih sampun sumeta, lesiyun Mangkunagaran sami kepanggih tatabaris, nanging boten mawi dhepilir, saking panggenan lenggah dumugi ing undhak-undhakan ngajeng dalem kagelar babut ingkang badhe kaambah dening kanjeng tuwan residhen kekalih,s areng sampun sami susilengkrami, musik anyabawa, mrataandhani bilih para upsir ing Lesiyun Mangkunagaran badhe prapta ing pandhapi atur kormat, lajeng sami amapan,s alajengipun musikan tansah asesendhonan raras rum, sinarengan pasugatan inuman utawi dhedhaharan kados adapt saben,nunten para tamu titiru ignakng kagungan kuwajiban sami ngadeg sadaya imbalan wacana sarta gugujengan asuka- suka, salajengipun lajeng bibaran dalunipun wanci jam 9, para mitra kathah sami adamel serenadhe angormati dhateng jeng residhen Lamres dipun kawiti saking beteng ageng, kairid dening tuwan militer komdhan Operste Setukret, kabaripun saklangkung asri tiningalan, enjingipun dinten setu angkatipun kanjeng tuwan residhen Lamres nitih sepur nomer satunggal sakalangkung kathah ingakng sami kkormat jujug dhateng setasiyun salong kathah ingkang sami jujug dumugi setasiyun ing Gundhig saking ing ngriku kanjeng tuwan residhen niti kreta dhateng Grobogan tutuwi dhateng ingakng putra ingakng wisma ingbawah Grobogan. ======\======Nalika angkatipun Kanjegn tuwan REsidhen Lamrespantorenbureh, wonten tuwan tuwan pitulas ingkang sami andherekaken dumugi alter ing Gundhig ingpundi-pundi andheging trein, wonten sabawa sesendhon araras rum, punika saking pangrakitipun tuwa baren Bander Edhe, tumut jujug dhateng gundhig mawi bekta musikan sabregada, kawuryan nuwuhaken suka seneng, sareng sampun dumugi ing Gundhig, tuwan Asisten REsidhen tuwin bupati ing Grobogan kapanggih sampun angentosi methuk, nunten para tuwan sami adamel kundhisi malih mawi ngunjuk sampanye, ingakgn anglairaken kundhisi tuwan JOngkir Panispen dhasar baut micara ulem suraosipun amikantuki, kanjeng tuwan Lamres kawistara bilih kapranan panggalih sarta para mitra ingakng sami jujug ingggih karaos manahira, sami kumembeng aningali lurah kang badhe oncat, sareng kanjeng tuwan sampun nitih kreta anekuk nembe kendel anggenipun sami surak amilujengaken lampah mawi ngebutaken kacu. ======\======Kanjeng Pagneran Arya PUrbaya ing Ngayogyakarta, putra dalem swargi ingakng sinuhun kanjeng sultan Aengkubawana kaping VI karsaning kangjeng gupremen kacepeng lajeng kinunjara, nunten dipun singkiraken medal sepur dhaten gSemarang, masanggrahan ing kabupaten angentosi karsaning kanjen ggupremen. ======\======Tiyang jawi anama Setramengala dhusun margareja caket margi sepur, padamelanipun Grobagan, punika nalika ing dinten jumungah kang sawek kapengker manggih kapal wulu sekar duren ing banjar pakawisanipun sarta lajeng kapasrahaken dhateng polisi, polisi engggal anitipariksa tuwin amradinaken, ananging dalasan samangke dereng wonten ingkang ngaken gadhah. ======\======Nalika malem Akat angrintenaken dinten Senen, wonten saradhadhu badhe minggat, lajeng kajrungup ing jagang beteng anjalari pejahipun. ======\======Wonten ingkang ngabaraken saking REdi Kidul manawi wedaling palawija cidra babar psian awit ketiga landhung, tujunipun samangke dereng gadhah sumelang kirangan tedha, ewadene nagari sarta para ingkang nebas isiti dhusun kedah awas amambengi tiyang alit sampun kadalodoken anggenira nguyangaken pantun, limrah tiyang alit asring kacupetan nalar, boten ngumbag pawingkingipun, manawi aningali badhe bathi kedhik kemawon pantun lajeng kawadeboten kinten-kinten. ======\======Griya Kabesmen Nalika ing dinten malem Kemis tangggal kaping 5 wulan Ramlan punika, ing kampong PUspawijayan sakidulkilen ktuha ing nagari Surakarta, wanci jam 10 griyanipun tiyang alit wasta Singakarya, karan anak pak Sakir,kadhatengan durjana pandung, sarana anguger kontening gray dipun tangsuli kekah sanget,lajeng kabesmi telas griya 3 iki sami gadhahanipun piyambak tujunipun Singakarya wau saged jebol gedheg ing konten anjalari saged medal saking babaya dados naming kecalan barang griya kemawon sadaya pangaos 93 rupiyah slaka. Nalika malem Jumungah tangggal kaping 6 ugi wulan punika ing kampong Jayaatmajan bawah kadipaten mangkunagaran, ing griyanipun Mas Ngabei Jayawiyata, abdi dalem mantra guru sampun pensiyun kacilakan kabesmen telas griya 3 iji, jalaran saking latu dilahipun piyambak awit ingkang dipun angge wau lisah petroleyem mongka pirantosipun sami risak anjalari latu ngebus, lajeng mraman dhateng gedheg, samantena kok pinuju, mas Ngabei wau saweg sowan ing nglebet ageng, dados boten sumerep pratingkah punika wau kapitunanipun katepsir 787 rupiyah salaka titi. Kula wangsanipun Mas Ngabei Suraprabaw, mantra kanoman kaparak kiwa pu Kartawiryana, ingakng griya sakilen dalem ing Bratakusuman. Inggih Sindusenan. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji Raras. Lo sikuthuh tan rumongsa, iki gara-gara geng ngliwati awit saka pakaryamu, kadewan kongsi rusak mindah ayam dya pada ddi bubuk, kumur-kumur songka sira, hyang surya matur wotsari. Amba sumongga ing karsa, awit saking pun Galuh kang manawi, hyang kaneka manthuk-manthuk, lah age tumuruna, ya si Galuh purihena away kebanjur, denirarsa suduk jiwa, gya hyang surya den bisiki. WEdhare kang lelampahan, saturate kusuma Sekartaji, hyang Surya kadhadha sampun, nembah sigra umesat nmung sakedhap netra tan antara rawuh, prenahe kusumeng Daha, denirarsa nglampus dhiri. Sarawuhira hyang Surya, munggggeng ngulon ulonira sang putrid, ananging kusuma Galuh, duk panuju kantaka, tan uninga yen bathara Surya rawuh mangkana bathara Surya retna Galuh wus den ambil. Winadhahan astagina, sang haying Surya sigra anyipta warni, sekar cepaka kawinangun, dadya layon sang retna, sinung biting tumancep lir patremipun, tumanduk prenah kulungnya, warna lir lalis sayegti. PUnika cariyos buda, kang tinulat prapta ing jaman mangkin, jalma yen mati pageblug, utawa mati kalap, kinabarken sinalinan jisimipun, raga binakta wantahan, sumongga reh tan utadni. Mangka bathara Surya, wusnya ngambil mring retna Sekrtaji, umesat sigra dumunung, anyipta padhepokan, mungggeng wana celak lan bengawan agung, wasta lepen pelabuan, sanghyang Surya salin warni. Mindha resi amartapa nanging dhapur gagah angrespateni, wancine satengah tuwuh, dhepok pindha sawarga, yata neng naka sampun mancala wiku, wuwusen kusumeng Daha, kang pinindha sampun lalis. Kunarpa agilang-gilang, mungggeng tilam patrem pabelan manjing, tumancep munggeng jejantung, prenah kulunging manah, yata kuneng wuwusen kang para arum samya kundur saking siram, anata sinom angrawit. Tan ana uningeng warta, sagung ingkang para putrid, sapraptane made tengah, tan katon dyah sekartaji, sigra sang raja putrid, sureng rana manjing gupuh, mring tilam pasareyan, lagse winiyak kaegsi layonira kusuma condra kirana. Patrem tumancep nengjaja, labet ing rah anggubrsi, salebeting pasareyan, dyahsurengrana sru anjrit, tangisira tan sipi, sasambat angawuh-awuh, kapyarsa mring para dyah, gumarubyuk sami manjing, pasareyan, dupi waspada tumingal. Yen lalis kusumeng daha, para putrid sreng anjrit, tuwin maekan babuban karuna datan sinipi,lir grah swaraning tangis, ruhara sadalem magung, keh sambating karuna, layu-layu amlas asih, para cethi goraya agugulungan. Rambut udhar reyab-reyab, sasambate anruweli, weneh ngadeg lunjak-lunjak, gedrag-gedrug jemplang-jempling, mata marebes ngolik, kamicicilen gya ambruk, kumaruk tibeng rowang, andheluk-anjelih jelih, gya jinenggkang kalumah angathang-athang. Tinapuk agugulungan, wastra rusak bosah- basih,lali marang kawirangan, away mangkono ngaurip, nadyan silih wong nangis, ywa supe kalantur-lantur, ya tinggal ing duduga, ananging angel pinurih, yen karuna kinen anget mring duduga. Tegese kang sapa bias, karuna tan kongsi lali, mongka geng kang dadya sabab, parandene nora lali, iku wadon linuwih, mumpuni wigya amengku, ngeker suraseng driya, widagda Sura kalindhih, wus cinetha tetep manjing kautaman. Bantu-bantu kang karuna, tan kena lamun sinapih, mangkana dyah Surengrana, enget lamun kang dadya wit, sedanira sang putrid, ginalih wit saking kakung, sang panji kang akarya, amidosa dereng yekti, surengrana kagagas temah bramatya. Jajabang mawinga-winga, sang panji dununging runtik, ngandika dyah surengrana, kabeh maru-maru mami, padha mindela dhingin, piyarsakna wuwus ingsun, iki data papekas, yen pijer sira tangisi, lah dulunen wite kangkarya palastra. Lakimu dhewe kang karya, sedane sang rajaputri, wus tita panyiptaning wang,marang laki mu sang panji, tanpa tresna mring rabi, lah iku kusuma Galuh putrid punjul sajagad, wedi bekti marng laki tementemen tan singular barang pitukas. Liring karsalinegsanan, nastiti angatiyati, ambeg alusan tya budya, cakep amengkujro puri, mimitra tulus asih, sumeh datan darbe sendhu, maruri nengkuh kadang, cipta nungggal patiurip liyaiku ing warna ayu utama. Sejagad mongsa onowa, kang kaya dyah Sekartaji, paran dene lakinira, sang panji tandarbe asih, ketara prapteng lalis, aja mungguh kayaingsun, wanodya kurang karma, wagu bodho sugih runtik, mongsa dadak sang Panji darbeya trresna. Eh sagunge maruningwang, padha kariya kang becik, ngladeni mring lakinira ingsun pamit arsa mulih, marang Negara Bali lamun ana luput ingsun, marnag sira sedaya anedha ngapura mami yata sagung praputri dupi miarsa. Kendel denira karuna, sasarengan denirangling, dhuh pukulun dhatan rena ambaka tilar neng ngrki, pejah gesang umiring, dhumateng paduka tuhu, amba malih kanggeya, nyenyethi dhateng sang panji tanpa tuwas angenger sariya moyang. Andung kang para lulurah sakawan dadya pangarji, kenceng tan keni tinilar, temah sedayanya gilig uyata sang rajaputri surengrana tyas margiyuh, wusana angandika, yen mangko sira sami, kudu melu agambuh mringraganingwang Eh sagung maruningsun , payo kabeh dandana den gupuh, nanging besuk yen ana seregan prapti narsanira dhewe iku, atut wuri marang ingong. Dyah tisnasari matur, ingggih sampun sumelang pukulun estu badhe tan wonten ngempet embeti, ananging sayoginipun umarek jeng rama katong.Daya seksi pukulun, miwah jeng ibu sori puniku, lawan malih ngiras pantes atur uning, yata sagung para arum rempek aturipun golong. Taksih wonten candhakipun. Ongka 39, Kemis kaping 27 September 1877

Ing dinten punika Senen tangggal kaping 24 wulan September ing ngajengan kantor ageng Surakarta, ketingal kathah tiyagn sami uyel-uyelan, dangu-dangu kapyarsa bilih kantor lelang, ingkang dipun dunungaken ing kantor ageng, kapandungan arta kathah, kabaripun langkung saking saleksa mawi bikak pethi wesi kaliyan sorokipun pyambak, ingkang kepanggih sumeleh sainggiling pethi wesi wau, sarta wonten cirinipn seratan malajeng aksara Arab, suraosipun slamet tidhur tuwan I (tuwan I punika ingkang manggil dados lurah lelang,)wondene ngajeng wingking utawi kwa tengening kantor lelang wau, boten mawi wonten labetipun kedhik-kedhika, bilih dipun babah utawi kaparusa saemper kadurjanan wau anggenipun nindakaken nalika wayah rinten panuju sepen, awit tuwan I wau, bakonipun dados gripir residhensi Rad bokmanawi panuju kekesahan utawi sowan dhateng lurah wedananipun, ing mongka sorogi pethi wesi wau limrah dipun simpen ing salebeting meja panyeratan ingkang kenging kakunci, kados kados durjana sampun pirsa panggenaning sorok wau, kalih dene malih kantor lelang wau pancen kantor ing gripir residhensi Rad,mila kathah ingkang melebet medal boten kendel mugi-mugi enggal manggih titikipun, ing wasana teka anglengkara sanget lampahanipun lurah lelang ing Surakarta, ing ngajeng dipun adegi denign tuwan M ngantos pinten-pinten taun boen wonten kawisipun sakedhik resik muklis sadangunipun, lajeng dipun bibidhunging kathah kacacat makaten makaten tanpa wawaton, dangu-dangu bok wesi giligan dipun kikir inggih mempan, kedadosanipun tuwan M wau dipun paringi rereh awit sepuh,lajeng kagentosan tuwan A, nanging boten purun majeng awit giris lajeng tuwan W ajung jurubasa ingSurakarta ingkang bnyuwun padamelan wau, sarta amarengi lajeng dados,dteng ngantos kalih wulan tuwan W, nyuwun kendel amegi kathah ingkang kamanah nuwuhaken ribeding pamikir, inggih dipun turuti, kawakilan tuwan ingkang kasebut nginggil wau, kathah anggenipun methukaken babaya dipun sujanani dening tiyang, ingkang samikatampik boten suka tutumbas ing leng-lengan, anyingkiri pakewed ing pawikingipun, kantun kantun samangke wonten bilai ageng, dipun pandungi kecalan yatra ewon, punika ingkang anggumunakendene tuwanM sepuh sanadyan sepuh taksih majeng dhateng padamelan lurah lelang, mila sanadyan kedah nungkul nanging gangsul manahipun sabab angggeninpun kamantunan dados lurah lelang, tanpa waton ingkang prelu. ======\======Serat kabar japang bodhe anyariyosaken kedhik bab lalampahanipun jendral Turki anama Mehemed ali, ingkang gentosi Jendral Abdulkerim, menggah jendral Mehemed ali Basah wau, ingkang sawek ungggul juritipun perang kaliyanbongsa Rus, pancenipun bongsa Kristen, wiyosanipun ing Prowisen anakipun musik Mister sapriki taksih gesang, nalika umur 10 taun kapetang lare, sring dipun bekta sowan ing Palisipun (PUrbayasa) ingkang jumeneng wakilipun sultan agung ing Turki kang dudunung wontening Berlin (Prajaning nagari Prowisen) nalika sang wakil aningali rare wau lajeng remen dipun pundhut kapulasara, dangu-dangu dipun kasihi, kados kadosa lajengipun sareng sangg gesan kondur malih dhateng Turki, pun rare kabegal lajeng manjin gdados bongsa Turki, malah ing saleting taun 1876 sang jendral Mehemed Alibasah apalakrama, dhaup kaliyan wanodya wedalan Prasman. Wasana samangke sang Prawireng prang wau, sakalangkungkapitajeng sarta ketengen dening sultan agung ing Turki utawi dening nagari, ananging jendral wau boten cecek, kaliyan ingkang jumeneng Grutpisir Mahmud Basah ======\======Serat kabar Betawi anyariyosaken bilih kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenur jendral mister Lansebereh, samangke gerah lerep wonten ing Bogor. ======\======Ing sawarnining serat kabar anyariyosaken bab jumenengipun kanjeng tuwan Sepengerpanek dados sekretaris jendral kawastanan Anglekara sanget sarta anggepalaken wet ageng. ======\======Nalika tanggal kaping 17 wulan punika, panglelangipun pak Apyan ing Betawi, sareng dipun tawekaken naming sataun pangepakipun boten wonten ingakng ngawis, saeng katawekaken tigang taun,dipun eman dening mayor cina ing betawi, purun utawi botenipun cina loseng wau, amajegi samanten dereng kinten. Dangu-dangu panglelang wau wonten emperipun kumidhi (samudanan) tetela yen para cina sami sae kabrata damel kongsi, kajengipun badhe ngrisak pajenganing pak sart anjiyat dhateng gupremen suprih anguculaken sanadyan kapajegan mirah, ingkang sami ngyektosi atraping kongsi punika, anginten bilih-bilih anak mantunipun Bobyacowan Semarang, litnan Cina Lim Go Wan Siyu, ingkang badhe nrajang ngawis kantun kantun saemper kados kaglembug dherek ilon kaliyan kongsi ingkang mungel nginggil wau. Manawi makaten parentah ageng kepon sanadyan saged pikantuk Bandar saking pitulunganing para cina ingkang bapoh, utawi saged pikantuk konca kongsi liyan, inggih maksa kathah bondakalanipun alawanan kaliyan kongsi ageng makten ingkang nedya jiyat. Sampun kasinggihyan bilih saweneh tiyagnbilih boten wonten cacadipun boten wajib dipun tulaking salebeting pangwis ananging bilih para lurah cina sami guyub anindakaken nalar ingkagn anjalari rugining gupremen punika pamanggih kula dede lampahipun ingang masthi Javabodhe. ======\======Serat kabr Semarang anyariyosaken makaten dereng sawulan laminipun para lurah jaksa jawi dipun engetaken punapa suraosing serat iberipun kanjeng twuan prakurur jendral, kang katitimagnsankaping 3 September 1868 ijemanipun para amtenar Openbar ministeri, (para lurah utawi jaksa landrat kalebet) dipun awisi anyidhem prakawis sabab punika asring-asring wonten sanadyan tindak makaten punika, ginantungan ukum, kunjaran 3 wulan dumuginipun 5 taun maksa ketingal yen boten karewes, ing salebetipun sawijining afdheling, kojahipun makaten: Wontenkadangipun jaksa landrad nyambut rante erloji pangaos 250 ru, dhateng anakipun priyantun anama S, janjinipun ing dalem sadinten kalih, badhe kawangsulaken malih, nanging ingkang nyambut kasupen (rekanipun) dipun tembung pign tiga ping sakawan maksa boten kawangulaken. Salajengipun raden S angaturaken serat gugat dhateng jaksa, suraosipun anuwun mugi ingakng nyambut wau dipun serega sarana purbawasesa. ======\======Jaksa boten anuruti panyuwun malah serat dipun kaandhek ingkang gugat kinen nyarantosaken, ugi dipun turuti,ananging sareng sampun langkung 25 dinten sirna sabaripun lajeng katur ing Asisten residhen, Asisten residhen lajeng utusan kienn anyepeng tiyang ingakng nyambut wau, anangni nembe kaleksanan ing dalem 6 dinten asamudana tuwin dhateng tiyang sepuhipun ingakng gegriya 25 pal tebihipun, dene tiyang punika boten mawi kacepeng sarta boten mawi kinunjara, awit malebet kadang kaliyan jaksa. Sareng rante ingakng dados prakawis dipun pasrahaken dhateng jaksa raden S, dipun undang rekanipun badhe kasumantakaken uduripun kabujuk tan kinten sarta dipun incih-incih, kinen nguwukaken uduripun dangu-dangu dipun dherek jaksa lajeng kusung-kusung sowan dhateng asisten ngaturi pirsa bilih gugatipun raden S samangke dipun ebrakaken. Bilih anggenipun angrampungi perkakawis wau kula boten maoni, ananging bab pangandheging jaksa anyidhem prakawis dugi 25 dinten laminipun yen kawastanan cecek kaliyan sumpahipun kan gsampun kalair, lah punika kula paiben. Koran Semarang. ======\======Serat saking Bojanagari dhateng Koran Surapringga, suraosipun kados ing ngandhap punika. Yektos bilih ing bawah tubin sarta ing bojanegari, wedaling pantun awit kapethatan jawah, cidra boten dados, mila boten maiben manawi anjalari kirang tedha, malah wonten ingkang mastani, punika nalaripun samangke kathah tiyang sade kajeng peteng ing Krajan ingkang sami sade konca tubin. Wonten malih pamireng kula, kathah brayat bawah Bojanagari, ingkang sami tilar pemahan ngupados padamelan anyingkiri kalun, malah wonten dhusun ingkang jemblong babar pisan kantun konca polisi kemawon. Makaten punika tuwan Asisten residhen punapa pirsa, sartakanjeng tuwan residhen punapa sampun dipun lapuri, lajeng konjuk manginggil ingparentah ageng Betawi, yen dereng kasangeten, mila karembagan prayogi tuwan Asisten angyektosaken piyambak, punika langkung badhe mikantuki,katimbang pinarak ing wingking ngadhep meja panyeratan sabab serat palapuranipun ngatasing teedhaning tiyang alit ing ngalam mangke, kedah awewaton temen-temen, mendhet saking anggenipun anyipati piyambak, boten teka anggethok tular saking tongga tapalih. ======\======Koran Semarang akokojah makaten Bupati Semarang anggenipun badhe ngrampungaken pamulyaning masjid Seamrang, dipun santosani sanget, nalika tanggal kaping 10 wulan punika ang bupati angumpulaken para priyantun jawi sarta para pethakan ing masjid ageng, murih angriyariya panyeleh ing sela wiwitaning pilar 36, ingkang badhe kaadegan ing salebeting masjid wau, sang bpati pribadi lajeng anyangking cethok anyelehaken batang salarik ing tatales sisih eler kilen, lajeng dipun tiru dening raden patih, nunten dening lurah pengulu,lajeng tumimbal paa priyantun sarta para kaji-kaji, salajengipun sang bupati anglairaken tetembungan sarta mratelakaken bilih panggarping masjid wau, kabubuhaken dhumateng tukang batu Ngabei Karma, dipun bawani ing lurah pengulu landrad ali Bagus Sam. Samangke sampun wolung dinten laminipun anggenipun anggarap damel, kangmongka sampun wonten pilar kalihdasa, ingakng rampung talesipun, yatra ingakng medal sawek 130 rupiyah awit dereng wektunipun tumbs bata, manawi sengkuting panggarap boten kantu kenceng makaten, kapesthekaken bilih enggal rampung, ing mongka ngajeng pinten-pinten taun boten majeng-majeng. ======\======Punika ambakuhi watak ing tiyang bumi ing tanah jawi, ngatasing sidhekahan utawi kurban amumule ingkang sami sampun tilar, dipun tepangaken kaliyan awakipun piyambak benjing yen kamuksan ingpulo Ondras samangke kathah tiyagn bucalan kiran glangkung 600 iji, punika sami gadhah panyuwun dhateng ajung jaksa mugi kaaturna dhatengingakng kapatah dados direktur ing pulo Ondras wau, manawi kapareng bayaranipun 21 sen sadinten punika kacowoka, 1 sen tiyagn satunggal murih kakampulaken kadamel sedhiyan manawi panuju badhe sidhekahan, ajung jaksa manjurungi, sarehing direktur boten mambengi, pranatan wau lajeng dipun lengkasi, dene yatra tandhon wau, ingpawingkingipun badhe kangge anyidhekahi, kiran glangkung anggagsal rupiyah salampah. ======\======Serat kabar kawat saking Betawi 26 September 1877 tuwan Kulonel Pandher Hede, kakulawisudha, dados kumendur militer Willem Ordhe. Kala wingi sonten, tuwan Kolonel Pandher Hede nuntak mawi katutanmimis, ingakng manggen ing sirah kala kenging prang Naceh, ing sak punika andadosaken mulya gerahipun. ======\======Surakarta Kahanipun kawastan anetepi ujaring kawruh nagari mangkaten mindhak asring sarta raharja, punika saged katondha saking kanyataanipun, ing pundit-pundi wonten wawangunan inggal ingkang prayogi, mila bilih dipun raosaken saestu kapanggih etukipun resikin gpanata, kadadosanipun masa sageda ngaberaken ulukin gasmanipun ingakng wajib kadunungan pangalembana, ingkang kulapratelakaken sagutheki alun- alun ler pagelaran satengah ing wringin rakit tuwin sangjenging pasowananipun para ingakng buapti, ing ngajeng-ngajeng boten wonten lanteranipun ageng sampun kapara lami anggenipun masangi lantera aeng, sanadyan cacahipun suda, inggihmikantuki asri sapunika, punapa paedahipun ngemingakenmanawi dalu kemawon murih amadhangi para tetiyagn langkung punika boten ing waktu siyang ugi mewahi kukuwungin gpraja,makaen malih pasowanan kapatiyan sampun kawangun saklangkung prayogi,mila babasan sangkep panruktinipun boten anglonthang, tangeh bilh kaucapna sadaya,malahing sapunika pasowanan kabupaten edhong kiwa tuwin kabupaten panumping anggenipun dados simeh ambabar, sampun kasat mata andadosaken asrining paningal. (Nawungkridha). ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji raras.

Gya angundhangi gupuh, parekan cethi siyaga sampun, bathithitan pawongan sadalem puri, sawiji tan purun kantun, mungparekan jro kedhaton. Cethinya retna gAluh, among puniku kang datan tumut, embanira retna Galuh gegendholi nanging datan anakenggguh, wusnya rakit sareng miyos. WEdalnya gumarubyug, retna Surengrana munggeng ngayun,lampahira angagembus aneng jurit, parekan prajurite sewu, gegamanira mirantos. Lawan sinungan dhawuh, bokmanawi sang panji kapethuk, aneng marga yenkarsa ngalang-alangi,lajeu kinen angarubut, aywakengguh prang rerempon. Lampahira wus laju, kuneneg sang panji ingkang winuwus, karsanira tutuwimring taman sari, arsa anglilipur bendu, retna Galuh lan pra sinom. Duk prapteng taman lulut, kasaengan lawan wijilipun, paraputri sang panji kagyat ningali, bancak Doyok munggeng pungkur, anjawil sarya lok alok. Lah nika para arum, sida minggat sarengan gumrubyuk dipu nyitna weetawise sami runtik,katawis paekanipun, gegendhong pating bareyot. Sang panji gupuh-gupuh, retna Surengrana kang pinethuk dupi parek sang retna menthang jemparing, kalawan parekan sawung, mangarsa angembat towok. Sang Panji tyasnya kadung, angandika eh ta garwaingsun, ana paran dene kabeh padha mijil, den reereh baliya gupuh, ingsun sung ana pawartos. Yata kusumaning rum, sureng rana wengis denya muwus, sira sapa angadhangi laku mami, nyimpang a ayuana ngayun, yen tan nyimpang ajur-amoh. Ingsun wong budhuk mumuk, sundel si samaling saben dalu, para putrid welanyahan maling sekti, yen ta nyimpang sira iku tadhahana panahingwong. Yata kang para maru, gumarumung sareng sami ngambal, tan riringa dnira ngjar-ujari, sang panji ngungun prajetung, sehdakep astane karo. Wruh yen garwane bendu, bancak dhoyok nawuri macucu,jar ku apa sida dhudha ing sakiki, dhoyok payo padha melu, tan wurung weteng ku kothong. Apa kang sira puluk, kang ngingoni kabeh mawut-mawut, dhoyok angling ya wong mono yen sok purik,ngadi-adi nemu jebul, lkenger-lenger dhelog-dhelog. Sang panji dupi emut, nympang palarasan lampahipun, para putrid wus laju denya lumaris,prapta ing pasowanan agung, lampahira para sinom. Wijilira aselur, yata kangmungggeng pasowan agung, samya kagyat anyana yen wonten kardi, aryeng Brajanata gupuh, nuduh marigsa kangmiyos. Cundaka wus tumanduk, retna Surengrana kang jinujug, prapteng ngarsa duta umtur wotsari, pukulun amba ing ngutus pinurih nuwun pawartos. Agya manjing kedhatun, para kadeyan sedaya tumut, dupi prapteng pura kendel neng pandhapi,anganti kang dadya dhawuh, desang panji dereng miyos. Yata malih winuwus, lampahe sagung kang para arum, laju marek mring ramanateng Kedhiri, wus panggih lawan sang prabu kanthi prameswari katong. Esmu kagyat sang aprabu, ningali kang para putrid, dene marek sadayanya., dyah Surengrana ngabegti, mring rama angusya pda, tuwin marang ibu sori. Ganti-ganti para arum, ngabegti marnag narpati, gupuh ngandika sang nata, eh mantuku kabehprapti, apa ingkang dadya karya, agawe kegyaring ngati. REtna Surengrana matur, ngaturken kang dadya kardi, ing Purwamadyeng wusana,lampahnya dyah Sekartaji, nalika tamiyan dhustha, sribramakumara aji. Katur solah bawanipun, ing mangkya nemahi lalis, kusumacondra kirana, suduk jiwa wau latri, awit datan kapacaya,katemenan mring sang pani. Dina lih lamun saarju, lan duratmaka sinegti, sang nata dupi miarsa, anglengger ngunguning galih sang prapmesarikaruna, udrasanira tan sipi. Dyah Surengrana rinangkul, adhuh babo anak mami, apa tan mambengi sira, bokayu mu nglampus dhiri, retna Surengrana nembah,jeng ibu amba tan uning. Tuwin sagung para maru, nuju siram dhteng beji, cethi tuwin babuinya, kangngadhep samya tinuding, pinrih ayuawna uninga, dupi sepen gya dhatengi.Lah punika purwanipun sang prapmeswari miarsi,ngungun saarwi tebah jaja, ngandika lah iku nini, tekone bokayunira, wong bodho cugetan ati. Yata ngandika ang prabu, eh bokmantu sira iki, de agepadha balaya, bok laki mu mengko runtik garwane siji palastra sirakabeh tan kaegsi. Surengrana nembah matur, pukulun jeng rama aji, amba punika sadaya, badhe pindhah saking ngriki, amntuk mring nagri kawula, sowing- sowang para putrid. Narendra kagyat jro kalbu, dahat denira mambengi, lankathah paring wuwulang, nanging sagung para putrid, among angecana driya, wusnya sadaya ngabegti. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 41, Kemis kaping 11 Oktober 1877

Nalika Jumungah sonten angrintenaken dinten Set, tnggal kaping 6 Oktober kanjeng ratu kadhaton garwa dalem swargi ignakng sinuhun kanjeng susuhunan Pakubuwana kping VI, ing Surakarta, dados putra dalem kaping VIII sampun dumugi ingjangji, surad jalaran gerah sepuh, ayuswa langkung saking 70 taun ing dinten setu enjing layon dalem kabekta mawi Ekstrasepur trein dipun sarehaken ing pasareyan ageng Imagiri. ======\======Surakarta kulawisudhan

Awit saking timbalan dalem ingakng sinuhun kanejng susuhunan, anarengi ing dinten kemis tanggal kaping 19 wulan Siyam taun Je ongka 1806 ing salowongipun abdi dalem kaliwon gedong tengen raden Ngabei Suradipura ingkang sampu tilar dunya, ingakng kakarsakaken gentosi putranipun jaler nama rAden mas Pani Suraatmaja, kapateehdan nama Raden Ngabei Suradipura. Ing salowongipun abdi dalem kaliwon kadipaten anom raden Ngabei Yasadipura, ignakng kakarsakaken gentosi abdi dalem panewu jaksa ugi ing kadipaten anom Mas ngabei Sontapradata, kapatedhan nama Raden ngabei Sontadipura. Ing salowongipun abdi dalem kaliwon panegar raden Ngabei Suranegara, ingkang kakarsakaken entosi putranipun jaler nama Raden Ngabei Sontaturongga, nama taksih lulus raden ngabei Sontaturongga. Ing salowongipun abdi dalem kaliwon gandhek tengen raden ngabei PUrwacundaka, ingkang kakarsakaken gentosi abdi dalem Panji ing Kadipaten anom Raden Mas Panji Ran Asmara, kapatedhan nama Raden Ngabei PUrwacundaka. Katandhan Longgotbawa ======\======Serat kentheng angarabarken bilih ingkang kaulawisudha dados residhen ing Basuki, siyos tuwan Jongkir Panalpen,Asisten REsidhen Ciyanjur. TElegrap angabaraken bilih bupati Lamongan, kakulawisudha dados Adipati. ======\======Kabar telegrap kapitan Cina ing Surakarta, Lim JiBO saking panyuwunipun piyambak, kamantunan anggenipunanglempahi dados kapitan cCina, kaliyankormat, sampun tigalikur taun angggenipun dadoslurah Cinaing Surakarta, boten kikirangan punapa-punapa. ======\======Kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral mister Lansebereh, karsanipun panjenengan dalem srimaharaja Nederlan kaparingan bintang luhur Grutkuwis Nederlan Seleyo ======\======Kabar kawat, Kanjeng tuwan Kolonel Ka, PanderHeidhe, kinulawisudha malih, jumeneng Ajudan DAlem Srimaharaja Nederlan padamelan mirunggan. ======\======Tuwan Tuweisel komis NOmer stunggaling Surakarta, kakulawisudha dados sakretaris ing Sumatrah, bokmanawi saged enggal wangsul malih dados sekretarising nagari Jawi. ======\======Wontenkabar manawi kanjeng gusti pangeran aidpati anom ing Nederlan Prinespanoranye, kagungan karsa badhe tedhak dhateng nagari jawi, iba oregipun yen ngantosa kelampahan. ======\======Ing Surakarta samangke wonten tiyagn parinman prabotipun cara kaji, punika sanadyan taksih bregas purun atarutusannenedha, malah asring-asring purun laju dhateng pakawisaning tiyang ing wingking, saemper nagndhut sedya juti,pakabaran tiyagn wau sakalangkung wasis manawi ambedhok pitik sapanunggilanipun. ======\======nalika dinten Jumuwah tangggal kaping 5 griyanipun Mister pawulangan ing Surakarta tuwan P meh kabilaen ageng, jalaran inggil loteng dipun aken ngetir, dipun pirantosi panggodhog saha rengipun, ananging panuu wutah sarta kawoworan lisah,lajeng amempanmulat mulat, ewed panglampedipun, dumados ingkang darbe griya saisinipunlare sekolah sami geger umyung, malah salong wonten ingkang dhawah klenger saking giris kagetipun, rahajeng boten ngantos mempan dhaeng kekajenga lajeng latu pejah. ======\======nalika ing dinten Salasa tanggal kaping 2 Oktober wanci dalu, griyanipun tiyang jawing Laweyan kang panuju kappondhokan Walandi, dipun babah wanci jam 4 durjana 4 ingkang malebet ing griya, malah mawi anggangsir tigang kaki pasagi wiyaring gangsiran, wonten lare jaler kang panuju melek dipun incih ing lameng yen puruna cerek, saesmper durjana mawi angempanaken isarat ingkang muroni, sabab pun tuwan dipun galundhungaken boten mawi saged melek, lajeng sami amendhet pethi isi satus rupiyah, kathah mastani bilih ingkang kapondhokan kaji ingakng pancen kacetha lampahipun regedpunika tumut padamelan kadursilanw au, polisi lajeng dipun aturi pirsa, nanging dereng katitik. Nalik ing dinten Kemis angrintenaken Jumuwah, ing Surakarta wotnen griya kabesmen panggenan tiga sareng kemawon 1 ing caket Kauman, 2 ing prenah wingkingipun tuwan W. sabrang lepen, 3 ing Gandhekan, saemper kadi sami semadosan, badhe andon resah. ======\======Ing pasiten tebasanipun tuwan Nohus ing Pundhong Ngayogyakarta, manggih barang pendheman asal Buda, warni golek alit, ingkang satunggal amratandhani yen tulen kinanipun, dene warninipun 1. gagolek estri salaka, mawi asma bau, sumeleh ing palangkan gongsa, ananging kapara bendhet, 2.Golek nunggil warni, nanging terang tironan sarta kirang cethanipun yen asal jaman Hindhu, barang edi wau badhe katuring gupremen ngatasing panuntuman barang edi utawi kawak ing salebeting Genutskapankunstenwetenschappen, amasthekaken yen badhe bathi ageng. ======\======Ing tanah Jawi ngrka-ngriki sami nganglu bab katiga landhung sarta badhe awis dering sarta palawija ingkang kenging kadamel bukti, mila para alit-alit prayogi dipun engetaken dipun kapara atos-atos, sampun kadolodogen anggenira madeni pantun, tuwin sami amikira palawija, sasaged-sagedipun. ======\======Saking REdi Kidul ingakng bawah Surakarta, wonten ingakng ngabaraken makaten Ing samangke saya lami sangsaya angenesaken manah, sekar kopi sami aking lajeng rigol, dupados anyinakaken pangajeng-ajeng, salong uwit kopi kathah ingkang pejah, dene ingkang maksih gesang dipun beda dening rayab, kang sami medal awit saking benter, yen boten enggal kapitulungan jawah, anyumelangi ageng, sabab tedhaning rajakaya inggih kacupetan kula miring saking tongga tapalih kula, gadhahanipun lembu kathah kang pejah kaluwen, , tujunipun konca kula dhusun dereng wonten ing kesah, ananging bilih awet katiganipun kados inggih boten badhe sande sami angles. Ingkang punika tuwan redhaktur, bokinggih ingkang kerep anggen sampeyan mratelakaken ing sert kabar prelu sanget angawisi wedaling uwos dhateng panggenan sanes, dene kula piyambak sakuwawi kula, amambengi, sampun ngantos para alit amadeni pantun tanpa kinten-kinten, sanadyan badhe bathi kathah, gudhang kula pantun taksih kula pepeti murih saged amitulungi dhateng para alit bilih paceklik. Wasana kula gumun sanget dene teka wotnen ingakng darbe pikiran suprih ngwisi dhaeng para ingang majegi siti, boten kalilan ananem pantun, kang mongka konca kula alit apancen sampun anata boten mikir pawiingkingipun, kantun kantun gupremen karsa angawisi pananeming pantun ing papan panggenan kang kenging dipun tanemi,sarta anyukanana wiji ingkang prayogi, yen ngantosa kelajeng gupremen rak badhe wajib dipun jibah angagengaken paceklik, tujunipun wonten ingakng anyandekakaken nalar kang saru makaten, mendah puna. ======\======Kabar ing nagari Siyem sampun kathah jawah, anjalari boten patos sunmelang ngatasing tetedhanan uwos, ananging dhawah ing nagari kinen amambengi wedaling uwos dereg kalorod karsanig nagari, kinen anyastosaken rumiyin, wondene nagari Siyem punika, sakalangkung mirah ing tetedan sakin gsuburing pasiten kenging kabasakaken nagari Siyem lumbung layering jagad, ingpangraos pananeming pantun tanpa amulasara leleran. Wonten kabar bilih gupremen cina, utusan dhateng Siyem kinen angaturaken bulubekti kados adapt lami, sabab sampun wonten kalih dasa taun boten mawi asok pajeg, prabu Siyem mangsuli ayem-ayeman dipun lampu perang ngantos ajur akumur- kumur, boten pisan karsa kabawah kaprentah dening nagari Cina. ======\======Sarawedi Welandi wedalan saking Paris. Ing sadinten kalih dinten punka, kula nembe anyumerepi panggenan sarta dadamelanipun sawijining tuwan Asidhe bongsa Prasman, padamelanipun kemasan tuwin anyarawedi, gumun kula kathah ing pirantos wesi utawi liyanipun yasan Eropah, utawi kathah ing kikir-kikir sarta lading alus jontrawesi pirantos age pengaken sarta maradinaken mas salaka lan tambaga, conto-conto meh koten wonten pirantos ingkang suwung, sadaya anyekapi, ewet bilih amratelakna satunggal- tunggal, mila sinten ingkang karsa tuwi kepingin aningali utawi mariksani pirantos tuwin angggenipun angempakaken, kula rembagi atutuwiya piyambak sampun boten yen kemasan utawi sarawedi jawi saged animbangi tandangipun tuwan alsidhe wau, sakng memet tuwin wasisipun ing damel edi punika, barang jena utawi salaka mawi salaka inten alit-alit dipun dadosi cara Eropah, lajeng ketingal mubyar sarta ageng- ageng, sela ingkang benthet saged angrapetaken sarta anasabi lajeng boten ketingal, kalih dene malih wasis anyelehi cirri aksara panunggilanipun ing ngemas salaka utawi wesi. Menggah ingakng dipu nengggeni sarawedi wau, griyanipun tuwan Pritklering Setratmak ing surakarta, sarehning tuwan Absidhe wau taksih anyar dereng gadhah kawanuhan mila ingkang nanggel anyimpeni barang edi ingkang badhedipun dandosaken inggih tuwan Pritklaring wau. Kula sampun aningali pyambak dadamelanipun sarawedi ingkang kasebut wau, mila inggih gumun kamemetaning tiyang, tuwin sangsaya pepekipun nagari Surakart, saupami wontena ingkang karsa kadamel jojo-joo, andadosaken barang edi, kados ta selut utawi kretep sapanunggilanipun, dipun wangun cara Eropah pangaturipun lah punika saged terang kamemetaning sarawedi prasman wau, dalasan sela inten samrutu-mrutu ing Suraos, sageed anerapaken tur mubyar sart bagus, awit pirantosipun pepak sadaya. Dene menggah prabeyanipun katimbang boten beda kaliyan epahaning kemasan utawi sarawedi jawi, enggalipun prayogi kasipatan pyambak. ======\======Kulanuwun sewu mitra Bodhestu 1. Menggah anggen sampeyan angrakit wangsulan panarima kasih, bab paksi brekutut ingkang nembe sumorot dhaten gkisanak ngabei Suraprabawa, kajawita yen namungkangge isen-isening pustaka, anangingpunapa boten kanthi seeming wardaya. 2. E mekaten malih anakmas ngabei suraprabawa, saenggga kapara menep saestu ambutulaken pangalembana, dene teka saged angrawati sarta angampet gandina esem, sanajan kula pancen boten tumut mikul prakawis punika, parandene meksa kabronjol, inggih saking boten kuwawi kula amepet wahhyaning wuwusingkang pating balengkrah, tur sasampuning katruut ingggih piduwung ta, mila ing kalih kalih ipun wau mugi sampun karsa angikal sabaring panggalih engeta swara awon sae pantes dados isen-iseing jagad.

Kartawikrama ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras

Taksih sekar//Sinom\\ Cacade pijer karuna, yen ilang wuleding kulit, reh sira ka kangkang karya, pagene teka prihatin, sang panji mojar wengis, onengan away gadebus, netra mutanwaspada, bokayu mu nora lalis, amunglagi duduka mring raganingwang. Pinrih agandrung asmara, onengan mintara aglis, barang warneng kalangenan, miwah ingon-ingonpeksi, wulaaten kang abecik, dimen ya muwuh ing bendu, anglignretna onengan, kakang ya supe ing galih, aya mikir salah cipta ora-ora. Sang panji mengotan mojar, layoninig garwa den lali, kinusyagya kikidungan, larasing kidung angirib, carita duking nguni, nalika sang abimanyu, ngimuri mur mring garwa, kusuma siti sundari, suara arum sinekaran maduretna. Mesem kang para pawongan, bibisik pating kalesik, dhuh gusti ku kadya paran, yen kabanjur andaleming, eman-eman wong sigit, yen kongsi ya turut lurung, sandhinge ana ngucap, kaya-kaya kanjeng gusti nora kongsi lamun nemahi mengkana. Lumrah wong kapaten garwa, duk wayahe padha atih, pesthi yen mangkono uga, iku yen oleh salin, garwa kang animbangi, marang gusti retna Galuh, sayekti yen waluya, limbuk jemblem gya nambungi, aku biyang muga dadiya susulam. Lirune gusti sang retna, mindah kaul ku ing benjing, sun kekepe telung dina dimene angolang- aling, sandhinge ana angling, mongsasudiya gusti mu awakmu wadhag kasap, ambumu kaya balenyik, baya lamun kok sandhing temahan luntak. Limbuk jemblem asru mojar, padadak kurang piranti, lulur kunir sak keranjang, dimen akuning mencening, belonyo lenga wangi, nadyan entek karongsuku, angger atiku lega, aja ngina marang mami, lah dulunen mengko yeningsun busana. Mencep kang sami miarsa, ni embank asru denyangling, carewet padha menenga, datan pangrasa si anjing, bok ibaha lon angling, dhuh ni embank tingal ingsun, gusti mu sanglir retna kaya tan tuhu ngemasi, layonira dinulu kadya duk nendra. Apa deleng ku priyongga, apa lumrah kaya mami, ni embank aris saurnya, padha bae lawan mami, dhuh muga-muga gusti, ya kongsi kalajeng lampus, oleh apitulung hyang gumarung mungkang nambungi, para ceti kang samya akudhangdhangan. Sang apanji kendel angrerepi, salin tembung aminta aksama, angerepa sadangune, nengna kang gerah gandrung, rawuhira natengKedhiri, kalawan prameswara, laju mring kedhatun, kadang kadyan kang sowan, arya brajanata kang dadya pangirit, umiring mring narendra. Sang apanji dupi aningali, yen kang rama rwuh lawan grwa, dyan methukaken lampahe, ngngkasupen ing kalbu, megsih ngemban layoning rabi, cumundhuk datan nembayh, mring kang rama ibu, sang nata jetung tumingal, prameswari nata sru denira anjirt, sumaput meh kantaka. Para babu samya anjagani, srinarendra gya ngandhi kang putra, sarya aris andikane,eh kulup putraningsun, garwanira uwis ngemasi, becike turokena, dimene sinambut, marang kadang kadangira, samegtane sabu sananing ngemasi, sang panji aturira. Dhuh pukulun jeng rama narpati, putra paduka datan palastra, lagya kepati asare, prabu mangsuli wuwus, putranign sun emuta kaki, aya salahpaningal, garwanira iku, wus satuhu yen palastra, arya Brajanta sigra anambungi, yayi sira nuruta. Payo nuli selehna den aris,nadyan garwanira tan palastra, yekti yen saru dulune, neng ngarsa rama prabu, tanpa karma angemba rabi, yata para kadeyan, keh samya sumambung, sang panji enget gya lenggah, sinareken layone dyah Sekartaji, sarya sinawang-sawang. Dangu kendel kalbunira rujit, supen nabda dhuh-dhuh mirahingwang, tega tilar mring dasihe, puwara lara gandrung, sapa ingakng angusadani, yen sira tulus mugsa, mongsa kari ingsun, kalamun ingsun kariya, temah baring daleming tuturut margi, nirka satriyaningwang. Bancakdhoyok gumuyu denya angling,lah ya kuwe wong anom prawira, mengkono kedadehane, dene ta nora pecus, binalithuk nuli kagingsir, prandene sok ungungan, bungah kang balithuk,megal-megol dhoyok inggal,lah balangen kethune dimen kuwalik dhemen sok gawe gendra. Sanghyang Surya mantheleng nudingi, bancak mathengtheng amalang kadhak, hyang Surya oncat gya lengser layone etna Galuh, pinasangan sumbaga dhesthi, sang panji duk katman, sanalika rubuh, kantaka nungkemi garwa, retna ragil kuning nangis kontrang-kantring, tsnyu tyasnya narendra. Prameswari kantaka gumuling, abusek an sakehing kadeyan, sang nata supek galihe, lir gring kapit sang prabu dhingin putranira ngemasi, kaping kalih kang garwa tankenirinapu, kerep denira kantaka, yata bancak uninga yen narapati, katresan kalbunira. Kyai Bancak umarek bibisik, mring narendran ririh aturira, pukulun dulunen mangke, yen ibu sori wungu, pirsakena layon sang putrid, amba kang malehena, darapongya wuyung, narendra aris ngandika, paran kullup karsanira sun turuti,nging ingsun during duga. Waadine ujarira iki,bancak gumuyu kiyahi nata, lir putra timur samangke, mungpaduka pukulun, lanjeng ibu mangke udani, tuhune kangpalastra, lawan botenipun, ki Bancak sigra ambuka, kadewatannir manungsa narapati, sanalika tumingal. Marang layone dyah sekartaji, e\yen saestu kang Sekarcepaka, sigra sidhakep sangkatong, wusnya waspada tuhu, sirna sagung ardaning kingkin, nanging para kadeyan, sadaya tan weruh, mesem sang narpati Daha sira bancak rinangkul kinempit kemoit, ngungun para kngmulat. Data nana sumerep ing wadi, tan antara wungu prapmeswara, tansah drawauyan waspane, yata wau sang prabu, prameswari wus den bisiki, pamedhar saking bancak, prameswari dulu, layone kusumeng Daha, snalika kegsi yen satuhu sari, ngungun mangusap jaja. Taksih wotnen candhakipun. ======\======Ongka 42 Kemis kaping 18 Oktober 1877

Koran Mataram angabaraken bilih wonten priyantun lenggahipun tumenggung, mantu dalem swargi Kanjeng Sultan Kaping VI nalika ing dinten Senen tanggal kaping 15 kacepeng lajeng kakunjara ing beteng ageng, darunanipun dereng terang. Koran Mataram angojahaken makaten menggah bongsa jawi bab sugih yatra, sanadyan para ratu utawi pangagengipun kalebet anglengkara, mila bilih wonten ingakng kadunungan sugih kengingdipun cariiyosaken saking awisipun. Dene ingakng kalebet kenging kakanthekaken inggih punika swargi ingkangsinuhun kanjeng Sultan kaping VI, ing Ngayogya. Wonten ingkang cacariyos titilaran dalem, kaliyanipun raja brana mas salaka sosotyadi, ingkang pangaos ayutan, wonten ingakng warni yatra kenceng, kathahipun 700000 yatra samanten utawi rajabrana wau,kabaripun badhe dipun bage dhateng waris dalem. ======\======Postenlandhen sampun tampi serat kentheng pyambak angabraken bilih inakng kacepeng ing ngaoyga lajeng kinunjara, badhe kasingitaken punika estu raden mas tumenggung Danuningrat putranipun Kanjeng Pangeran Litnan KOlonel Arya Suryadiningrt sadherek dalem ingakng sepuh swargi aknjeng sultan kaping VI, rade mas Tumenggung au dados mantu dalem momonganipun awasta kanjeng ratu anom, kabart badhe kaselong ing Ambon, nalaripun nunggil kaliyan kanjeng pangeran Purbaya, inggih tallah, mugi-mugi sampun ngantos anwuhaken ruruwed. ======\======Punika rembag sae kenging katiru. Sawarninigin sasakit ingkang aniwasi ing sadinten-dintenipun boten wonten ingkang mradini kadosa sakit ingakng kawastanan, longtering, punika ingkang anjudhegaken tiyang sabrayat. Dalasan samangke kamemetaning kawruh, dereng manggih usada amambengi sasakit wau, mila ingkang dipun empanaken naming ingkang sakit sageda manggih kamayaran sakedhik sarta angular gesangipun sarana pangatos-atos sanget. Sampun limrah ing pundi-pundi, bilih ingkang nandhang sakit, rembaging dhukun kinen titirah ingpanggenan ingakng benter, sakenign-kengingipun acelakana, wana kajeng Dhen (menggah jawi jati) awit awaing kajeng wau amikantuki ngatasing guruing tiyang, ananging kuciwa ingakng sami sakit Longtering wau, boten sadaya saged ngalih saking panggenanlah ingkang makaten punika, kang kula rembagi. Menggahkayektosanpun ingngajeng wonten ingpraja Brusel nunten amaremen ing pundit-pundi, yen etir makaten ingkagn pancen medal saking mahatanpun kajeng Dhen, punika asring andhanganaken ngatasing tiyagn sakit Longtering, saweg punika kemawon sampun awit amumungu dhateng ignakng sakit murih anitenana dayaning etir punika, mila kedah angopeni, manawi katingal wonten sasakit kang makaten engggal lajeng angempakaken jampi wau, awit sasakit pileg sakedhik kemawon yen kalajeng saged malih dados sakit cekek, mila boten susah kapratelakaken prelu jampi wau, enggala dipun angge, kalih dene malah dipun engetaken, sabab limrahignakng tinuwenan sakit boten aneges kagalihnamungpileg kemawon utawi watuk kang mongka saestunipun sakit longtering sampun awit gatra. Menggah tir wau ingngajeng dipun obe kados toyaning tir, pangombenipun mawi toya dipun dekekaken ing gregeleg nunten kawoworan etir,dipun gojog kapingkalihsadinten saminggu laminipun, kadadosanipun toya awor etir, gunanipun boten saged anunggil, raosipun getar sarta boten sakeca, dene samangke atrap makaten wau sampun ical, kasantunan jampi ing pundit-pundi panggenan kamar obat, kangkawastanan Likirdhe Giyot, punika bilih kawoworan toya, enggal saged angwontenaken toya tir ingkang arum gandanipuns arta eca raosipun. Wondene panginumipun, toya sagelas inuman, dipun esokaken etir sasendhok eteh utawikalih snedhok, cekap lajeng amradini toya wau darbe gonad arum kang mongka sakalangkugn mirah pangaosipun sagebyas alit cekap dipun damel woworan toya sadasa utawi kalihwelas kopi. Menggah badhe anyumerepi pamahatipun jampi wau, gampil sanget, naming amaosa kemawon cirri ingakng dipun sarengaken ing gebyas. Lingkirdhe Gujrongdhe Giyot wau, ingakng sakalangkung kasusra ampuhipun sampun kayekten ingpanggenan rumah sakit pitu, ing praja paris ing Brusel ing Wenen tuwin ing Lisbon. Aliya saking punika tuwin Giyot gadhah akal malih damel kapsul warninipun kados pil, dipun sarungi galatinah isinipun etir tulen sakingpraja Nurwegen mila kapetha makaen ingakng dipun sadhiyani sinten-sinten ignkng boten doyan uyub0-uyuban, utawi ingakng asring kekesahan. Dene panganggenipun, kapsul tir wau, kalih utawi tigangiji, saderengipun nedha, anyameni tir likir sagebyasipun pangaos kalih tengah prang, isi sawidak kapsul, punika kemawon sampun amrattandhani mirahing reginipunkapsul dadamelanipun Giyot bilih tiyagn sakit pileg sampun kapara matuh, atawi biih nedya enggal dhangan, punika tir kasul kaliyan tir likir kenigng dipun empakaken sareng, manawi makaten, dipun etrapna yen badhe tilem utawi badhe anedha, dene yen panganggenipun jampi wau kasarengaken, boten susah ngangge jampi sanesipun, ingkang limrah pisan ping kalih, lajeng kraos dhanganipun. Sasampunipun kapratelakaken kang kasebut nginggil punika, para mtira dipun aturi pirsa bilih ing nagari Surakarta, ignakgn wade tir likir sarta tir kapsul damelanipuntuwan Giyot, ingkang tulen dede titiron, naming tuwan JOnasportir enko awit tuwan wau boten maha, dipun parsudi dening tuwan Giyot kapurih amadekaken jampi kang kasebut wau, tuwin dipun kintuni, sarta dipun sasmitani bilih kathah kingkang angrubeda aniniru jampi wau, ananging tuwan JOnasportir sampun kasumerepaken wadosipun mila saged ambeda-beda ingkang tulen kaliyan ingakng titiron. ======\======Serat saking Madiyun angabaraken makaten. Dereng lami wonten konca santri kalih welas asal saking Begelen abdhe dhateng pasantren ing sepanjang Surapringga, sareng dumugi ing Krajan ngawi, dipun andheg dening tiyangjawi kakalih, ingkang satunggal amreyayi polisi, ingkang satunggal rewa-rewa ponakawanipun, prabotipun inggih bineda, inakng rewa-rewa lurah polisi wau lajeng amisanjangi dhateng para santri, bilih priyambakipunkadhawahan kinen amariksani barang bebektanipun para tiyang langkung, punapa dene malih prelukinen anitipariksa yatra ingkang pinanggih,jalaran ing kantor wang ing Ngawi kecalan arta. Konca santri rehning ajrih wontening monca, sirna kekendelanipun mila dipun sakajeng, lajeng sami andedahaken sanguning yatra, wonten ingakng bekta 30 dumugi 60 rupiyah, polisi tiron lajeng muwus, dhuwit iki anyalawadi temen,mulane kudu dak andheg bakal dak aturake ing nagara dhisik ngenteni parentahe tuwan Asisten REsidhen mulane dak seba dhisik,konca santri ngetut buri ponakawanku iki,mengggahjebulng kondha lajeng gampil amecah, pun Jurubalithuk lajeng angles,ponakawanipun iinggh wasis anyimpang margi ical anututi kancanipun ananging konca santri nglajengaken lampah, lapur dhateng nagari. Polisi kenceng anggenira anyuaruweniprakawis kadursilanp unika, mila boten elet sawatawis dinten durjana kekalih kacepeng,malah kecepeng nyinani pun kapara kathah, sareng dipun pradata inglandrad putusanipun pancen para ignakng kadakwa lepat ambegal ngapus-apusi, kaukum kreja paksa, 5 taun mawi rante. ======\======Nalika tanggal kaping 2 wulan punika, ing salebeting radpanjustisi Betawi, Twedhekamer, awit amariksani prakawisipun kapitan prau kapal asep H.C.Prelup, ingkang nunjangaken baitanipun asep nama Jendral Krusen caket Stratlagundhi, dipun sampekaken kados anglampahi raja pejah wawaton kirangan pirsa, sarta tuna pengatos-atos tuwin sembrana. Rad ingkang prasidheni Mister Dhegeldher, sarta para mister kakalih jumeneng Lid ingakng jaksani Mister Grobe, Gripiripun mister Pansepestin ingakng bombing prakawisipun kang dinakwa, apokat mister Heni, seksinipun kang dakwa sarta kang dinakwa, kirang langkung 30 sadasa ingang boten sowan awit pambeng sakit utawi kekesahan, mila aturanipun serat kinureban supaos ingkang dipun tawekaken ing salebeting rad, dalasan samangke dereng miring putusaning pradata. ======\======wonten konca kumidhi Opera ing Betawi, kecalan wadhah ses, isi wang kretas 15 angalih atus rupiyah, icalipun wontening panggenan mrabot, ngantos sapriki dereng ketitik ingkang gadhah purun ngepahi yatra 200, rupiyah dhateng ingkang mangggihaken, bonggan temen teka dahteng kumidhen ambekta sangu samanten kathahipun. ======\======Surakarta bab kasangsaran Nalika dinten malem Slasa, anginakaken tanggalkaping 2 wulan Siyam ingkang mentas kapengker punika, tiyang cina ingkang gegriya skidul patrolan ngajeng kabopaten kaprak engen, wanci jam 2 medal saking griya, sumedya badhe bebucal,sareng dumugi ing nglatar lajeng kacidra ing tiyang, labet sanginggiling cethik ingkang kiwa, snadyan labetipun boten patos lebet, sanalika cina lajeng ambruk,boten saget tangi, kapriksa ing pulisi aturipun boten sumerep tiyagn ignakng mawa damel, naming pun cina mratelakaken manawi bojoipun dipun bedhang kaliyan tiyang nami Jayasonta, malah nalika dalu punika, pun estri ugi boten wonten griya, kesah pepanggiyan kaliyan jayasonta wau, wonten griyanipun Ki Jakarna,ingkagn boten tebih kaliyan griyanipun cina wau, sanalika pulisi lajeng dhatengipragiyanipun Jayasonta, teksih tunggil sagriya kaliyan bapakipun wasta Ngabei jayadimeja, kaprigsangakeni bedhang rayatipun cina lamenipun sampun 4 wulan, kagledhah pinanggih pedhang suduk pucukipun bengkung, sareng enjing Jayasonta lajengkaladosaken dhateng kapulisen kartangaran, sak pehdangipun ingkang dados nyina Jayasonta lajeng kalerehaken wontening kunjara, kantos samangke dereng kinantenan lelajenganipun. Kaserat ing kampong kaparak tengen tanggal kaping ….Sawal taun Je ongka 1806. Katandhan Sastradirengga. ======\======Panjurung mugi kapacaka ing Bramartni Nalika malem Kemis kaping 18 Oktober 1877 wanci jam ½ pitu sonten sak nginggiling pakampungan kilen dalem mangkunagaran. Wonten warni cumlorot saengga daru saking nginggil, dhawah mangandhap lajeng ical, wonten inking mastani bilih punika naminipun teluh braja, adad manawi wonten teluh braja soklajeng kathah tiyang sakit. Salajengipun yektos sareng enjing sakiwatengen ignkagn kadhawahan teluh braja wau, kathah tiyagn sami awit ginanjar sakit bemtertis pating galereng. Dhasar wegtu punika hawanipun boten sakeca, awit saking terang boten jawah pangetang kula sampun 7 wulan, pramila sebutipun tiyang, dhuh besuk apa ana udan. Punapa dene tiyagn amongtani, antara tanah Pajang boten saged lemu tetanemanipun jalaran kakirangan toya Ngandhensari kaping 18/10/1877 katandhan Rudita Dinama. ======\======(Sambetan) serad saged surud utawi wirenggang lalowahan sahantawising wujud makaten saged surud inggih punika srad dipun karentetaken sarana kapetel tuwin katindhes, samanten malih sadaya wujud punika ugi kenging karingkesaken wonten ingkagn kathah wotnenignkang naming sawetawis. Sampu kayektosan denig pirantos ingakng kadamel angrapet anindhes sawarnining maujud, kadostakajeng ignakng kadayanipun kaemperaken tosan kaangge paku keeling, supados sampu inggal risak, rumput garing kapas, tuwin roning tembao, ingakng wawratipun dahat entheng, manawi badhe kaemotaken ing baita kapal, kedah dipun ringkesaken rumiyin, sarana pirantos panindhesan, punika kadadosanipun sampun sampun saengga kajeng, paedahipun boten angebak-ebaki papan. LUmengketipun serat boten ngemingaken saged ringkes kemawon, saupamikakenan ing panas seradipun dados renggang, awit panas pancen saged anduwapamoring serad serad, ingkagn saking punika saestu lajeng wonten ingkang pitaken sababipun samubarang manawi kacelakaken latu tuwin kaepet mangkeret (ngulet) punika inggih leres ananging mangkaten wau rak wujud ingkang ngemu toya, kados ta kajeng wacucal sinjang sasamenipun bilih kasorotan benter temahan entheng, angungkuli alika taksih teles, awit hawa pancen sakelangkung alus saged nalucu sera ting lebet wangsul nalika wujud wau kabenteran toya angukus medal punika nalaripun dados mangkered (ngulet). Oncating toya wau kenging dipun lalar sarana pangastan smukawis ingkng kenging kaanggep manawi sampun wiwit karaos anget kabikaka, kapesthi sampun angemutoya, punika nunten kaselehna ing panggenan asrep sirnaning toya, sampun tamtu wujud wau pulih malih, awit daya asrep ingkang angrapetaken pamoring serat. REngganging serat saking panas mangkaten kengin gdipun budi sarana pirantos murih andhamangaken, satunggal kawatosn tembaga tuwin sanesipun ingkang kenging kadhapur gagelangan ingkang boten anguciwani kadamel margining anceripun bili kawat wau kapara benter boten saged terus ing gagelangan,s agedipun lumampah manawi sampun radi asrep, tukang besi ingkang amngretos manawi damel karhaing roda,pancen dipun damel kapara alit, lajeng kabenteran kakendelan sawatawis, sanadyan taksih panas prayogi dipun pasang, punika rodha saged manjing leres naming manawi sampuna srep suda kawujudanipun punika sakelangkung rapet jalaran mangkeretwekasan boten saged oyag samanten ugi rodha tumut tambah santosa. Ngadipala tanggal kaping 1 wulan Sawal taun Je ongka 1806 nawungkrida Taksih wonten candhakipun. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras Lawan sokur mring Brahara luwih arsa umatur wusananira, narendra ngampah ywa coreh, ing reh karseng dewagung,lelampahan magsih piningit, kendel sang prameswarangandika sang prabu, eh ta kulup brajanata, karsaignsun layone arinta iki,nuli sira labuha. Aya kongsi andedawa kingkin, mupung arimu magsih kantaka, mengko yen wungu temahe, sikulup panji iku, yen tan asung susah tan sipi, yata dyan rajanta, kalangkugn saarju, gya matag para kadeyan,lanpawoengan angrakit busaneng lalis, tandang nguwus samekta. Sri narendra mtah kang inuding, kang umiring layone san Gretna, kipatih lan sakancane sakawan pratumenggung, tigangewu wadya prajurit, mawi saglar sapapan, lan pawonganipun babu inya miwah embank, kerig datan wonten kang sumedya kari, rehing nandhang asmara. Yata retna ragil kuning, umatur mring rama nata, keah umiring lampahe, rehning sru katresnanira, narendra dahat nyegah,nging dyah onengan berung tan kena lamun den nampah. Narendra anyasmitani, marang arya Branjanata, dyah Onengan kilayune, Brajanata aturira,lelina ju kewala, sang nata sigra amundhut, punggawa ingkang prawira. Kinen umiring ngampingi, rehning prek lawan mengsah, sakelitang kuwatire, sigra Arya Brajanata, nuduh kang umiringa, pratama pratistha sampun, pracaya tan walangdriya. Sang nata pnujweng galih,miwah kadayan iintah, rumegseng wuriya dherek, pikukuh dyan brajanata dumunung jroning pura, sang nata ngandika arum eh aryaprabata sekar. Sira aywamulih-mulih, tunggguwa mring kakangira, ya sembrana sirakuwe,lah taiya ngendi ana,s akeh wong bilunglungan, sira dhewe mangruk mangkruk, pijer ngucel-ucel gemak. Lan jagone den lilithing, yen metu banjur gamelan, jojogedan angleleter, kalebu wong murang tata, dyan arya wukir sekar, manembah asru umatur, asantak wijiling sabda. Pukulun jen grama iji, paduka kang kailapan, kawula ing sadangune, kakang mas gerah asmara, ambatumut sungkawa, malah malah ta pukulun, kawula sanget priyongga. Supenehda miwah guling, goling goling boten ginggang, sring kaluwen anglentere, ambabetahken kewala, rehning kabyatan tresna, dadak tan wonten umatur, sareng matur ngundhamana. Mesem kang samya miarsi, ngandika srinaranata, sira bias angetepres, meloto mutan sembada, gumerkang amiarsa,ngandika malih sang prabu, payo kulup Brajanata. Arimu angkatna nuli, away kongsi kelayatan sang arya Umatag age, bandhu saasampun den angkat, pacara munggeng ngarsa, retna Onengan neng pungkur, lan sagung para pawongan. Kang jajari kanan kering, rpajurit sinepta lempak, rinangkepan tameng towok, lelayu miwah bandera, cenglak ngapit bandhusa, rekyana patih neng pungkur, kanthi kekalih punggawa. Sakawan para bupati kang kekalih munggeng ngarsa,kang minongka panajenge, prama lawan Pratisdha munggeng ing ngarsa pisan, asri tinon lampahipun, rinengga ngupacarabra. Srinaranata Kedhiri, lawan presmwarinira,ngiras kondur ngaterake mungggneng wuri nitih rata, dene narendra putra, sangpanji asmara bangun,magsih denira kantaka. Dereng montra-montra nglirlir, sang panji datan uinga pratingkah pangrehinglayon,dadya sagung prakadeyan, samya dpinatah patah,rumegsa prasami tugur siyang dalu tan linggaran. Yata bandhusa dukmijil, Oreg sanagari Daha jalu estri anenonton, ngungun samya arerasan, dhuh aduh gusti nignwang dadak seda nganyut tuwuh, tega tilar mring kang raka. Mendahane gusti panji, pesthikaribronta barang, sandhinge nambugn sabdane, wretane dhasar jinarag, prakara gegesehan, dinakwa nora satuhu, iku wite dadya seda. Keh solahe papara estri, denira gegetun mulat nengena jalma nenonton, yata lampahing bandhusa, wus mijil saking kitha, natong kedhiri wus kundur lawanprameswarinira. Bandhusa wus nglarug tebih, uju kang umiring sayah, masanggrahan samya reren, pakendelan pinggir marga, ganti kang winursita, sagunging narendra mugnsuh, kang magsih munggeng muwara. Nuju kumpul para aji,bujana ngiras rembagan, amrihpupulih kasore,lagya eca paguneman kasaru telik prapta,arya praja lena mattur,mringprabu Bramakumara.ngaturken solahing nagri yen seda kusumeng Daha, suduk jiwa kamulane, wawan karsa lankang raka, mangkya kadadyanira, kang ponang layon linabuh, mring bangawan palabuhan. Kyana patih kang umiring, miwah punggawa sekawan, among trinembang wadyane, pawongan sadalem pura, samya dherek sadaya, lan retna onengan tumut, ing mangke tegsih neng marga. Yata kang para narpati, kapanujon karsanira, rembag rinebat layone, jinarah sagung wanodya sokur etna onengan, kalamunkeni kacakup, untung lir bedhah Negara. Yata sawusira gilig, rembage kang paranata, sigra urunan wadyane,watara wadya salegsa, titindhih kyana patya, bramadenta kang tinuduh, kanthi wowolu punggawa. Kangmongka cucuking baris, wadya kuda kang sanembang, dhaeng makanjar tindhihe, kalawan sang Dhaeng PUrba, kalih samya prawira, tinangaran budhal sampun, kapungkur ing pamodhokan. Gumerah lampahing wadya, lan samegta sagung gegaman jurit, wadya turongga kang sewu, kiien andhinginana, away kongsi lampahing layon kabanjur, sigra sang dhaeng makanjar, lan dhaeng PUrbah dhingini. Lampahing kuda ginelak, sasaderan tan adangu wus prapti, kapethuk dupi anuju, layon sampun lumampah, tan anyana lamun cinegating mungsuh, kyana patih Jayabadra, eca magsih aneng wuri. Taksih wonten candhakipun.

Ongka 43, Kemis kaping 25 Oktober 1877

Wonten tuwan ing Surakarta gadhah parencangan estri kesah tanpa pamit mawi nilar sambutan 12 rupiyah lajeng dipun aturaken dhaten gparentah raden tumenggung polisi ananging sarehning raden tumenggung saklangkung kathah igkangdipun rembuk sarta ingakng dipun grap mila udur alit punika kinen angrampungi dening sosoranipun,panewu raden beiPUspapranata, samangke sampun wonten tigang wulan tansah dipun rampungi, manawi katuwenan wangsulanipun boten gumathok, kang mongka bojonipun tiyang estri wau, kados dipun ajani, mila purun susumbar, sintenkang purun angroda paksa dhaeng bojonipun ingakng punika tuwan igakng kasebut nginggil punika, anungsung prisa atrap kang makaten punika punapa aneegi kaliyan karsaning parentah ageng, alliyas saking punika aturipun tuwan wau, taksih kathah prakawis ingakng nunggil makaten dereng karampungan mugi-mugi kauningana. ======\======Serat kabar Semarang anyariyosaken makaten Raden mas Tumenggung Danuningrat mantu dalem swargi kanejng sultan ingkang surud mangke punika, puranipun pangeran Suryadiingrat,lenggahipun bupati nayaka ing Nayogyakarta,naloika wingi siyang dhateng ing Semarang numpak sepur, dipun irid kadi Erestan, badhe dipun singkiraken nunggil kaliyan sdhrek ipenipun kanjengpangeran PUrbaya dhateng Menadho Menggah priyagung wau dipun selong sinarengan kaliyan ingakng garwa kanjeng ratu angger sata putra gangsal,bab ignkang dados darunanipun kasingidaken sakin gkadhaton ngayogya punika taksih ginaib, ananging wonten ignkang kekondha bilih panyelong wau, awit saking panyuwunipun kanjeng sultan samangke dhateng kanjengparentahageng ing Batawi. Andadosaken pamirsanipun ingkang sami maos, bilih anggenipun mratelakaken asmanipun kanjeng ratu angger ing nginggil punika lepat ing aleres masthenipun kanjeng ratu anom. ======\\======sok sinen-sintena anyuimeepi bilih tiyang sakit pileg sapanunggilanipun manawi sampun matuh, ewe jampunipun sampu npinten-pinten dipun pirantosi warni uyub- uyuban utawi setrup murih ammabengi sasakit wau, tanpa damel, kalih dene malih sampun terang, yen pileg makaten manaiboten dipun openi,asring aniniwasi maleh dados sakit Longtering. Pinten-pinten kayektosanipun bilih etir wedalan saking nagari Nurwegen, ingkang tulen mahatanipun ampuh sanget kadamel jampining sasakit wau, anagin etir punika susah bilih dipun ombeya tanpa dipun wowori, sarta sakalangkugn aliket, ingkang punika anjalari ing praja Paris wonten apoteker ageng, nama tuwan Giyot, punika gadhah reka amirantosi etir wau dipun petha ing pil katapihan ing gelatine, gampil pangelegipun, gelatine wau bilih sampun malebet ing wadhuk lajeng ucul pyambak isinipun etir lajeng saged rumasuk atumandang. Manawi abdhenedha anguntala epil kalih utawi tigang iji,lajeng kemawon amayaraken sarira entheng, asring-asring saged anyirnakaken sakit cekek. Lah punika sampu amratelakaken manawijampi wau saged amambengi sakit tering, bilih empanipun makaten jampi etir wau ambengi pecah ing prentul, sarta tinulungan ing kikiyataning kang sakit piyambak enggal saged sars,milajajampi wau boten sgd tuwuk dipunalembana, dhasar ampuh sarta mirah pangaosipun, sagebyas pil isi 60 iji naming pangaos sarupiyah langkugn, dados sadinten naming ngangge jammi pangaos dereng sakethip tuwi anyingkiraken jampi sanesipun, amurih sampun ngantos dipun apusi, ingkang numbas kedah anitenana cirining grbyas punika tondha tanganipun tuwan Giyot mawi mangsi t.gang warni Aliya saking punika kasumerepana, ing Surakata ingakng wadejampi wau sarta ignkang tulen, tuwan Jonasportir enko,awit tuwan punika dipun parsudi pyambak dening tuwan Giyot tuwin kakintunan jampi wau, sarta dipun sasmitani wadosipun. ======\======Wonten kabar terang bilih kanjeng tuwan direktur pamulangan sapanunggilanipun, badhe tedhak dhateng Semarang anjenengi pambikakipun pamualngan ageng, karsanipun boten ngamungaken pamulangan ageng punika ingkang dipun tuweni,ignakng prelu sanet karsanipun badhe mrsudi isarat murih angagengaken umbbaling pamulangan jawi ing Surakarta,kathah igakng mastani badhe anuwuhaken asil bilih ngantos imbalan rembag klaiyaningkang sinuwun kanejgn susuhunan sabab dahat karsa dalem badhe amaringi biyantu. Menggah kanjeng tuwan direktur wau, badhe kadherekaken tuwan inspektur pamualngan jawi Hdeklerek sarta tuwanGrunepel lenggahipun reperendheris. C.F.P. ======\======Koran mataram angabaraken sanadyan kula boten saged nanggel yektosipun kedah kedah angaturaken warti, supados kauningana denign parentah nagari. Ing dhusun Malathi wonte griya gedhogn kathah igakgn damel bongsa cina sarta tiyagn jawi, dipun saasak utawi mawi trataban papan, ing ngandhapwotne kaluwatipun omber,punika dipun pirantosi urung-urung wiyar terus dhatengmargi ageng, dene kaluwatwiyar punika pirantos simpen barang utawi kewan colongan, sarta dipun purak wonten ing lebeting kluwat wau. Menggah atrap julik anyar punika,murih ametengaken pramriksaning polisi, kabaripun sakalangkung amayari ngatasing para dursila, sarta polisi dereng anguningani lulurung aneh wau, mila boten gumun sawarnining barang colongan awis katitik. Ingkang punika manawi dipun prasudi kepangggihipun lampah kadurjanan punika, punapa boten badhe amikantuki. ======\======Koran Semarang ngabaraken bilih Ranmes tumenggung Danunignirt ingkang kasingidaken dhaeng sabrang dipun balonja ing alem sawulanipun 35 rupiyah, tujunipun garwanipun boten kacupetan, tuhu dayita utawi dene ngantos karsa nglabuhi methukaken papa amengkeraken kawiryan saking tresna dhateng ing priya. ======\======\==== Kabar ing bawah Kedhu, sampun wonten kintunan jawah kedhik ======\======Kabar saking ingkang nguwasani loterei yatra ing Samarang, panggebagipun loterei wau benjing tanggal kaping 17, wulan NOpember ngajeng punika. ======\======Nalika kemis kaping 18 wonten konca pajaten dhistrik manggar anama Ngoreja kalebetaken rumah sakit (Statsepreben) ignkang sampun manggih bilahi dipun tatoi mawi klewang deing tiyang dhusun ing ginggatani, meh sempal bayar pisan wangipun, dene durjananipun samangke sapun wonten polisi ing Demak, kasusra pethut pandung kajeng jati, sarta asring dipun pambengi dening pun ngoreja wau, menggah kawontenanipun sri sakitpunika, anyumelangi. ======\======nalika Kemis dalu tanggal kaping 18 wulan punika, tuwan Asisten residhen polisi ing Seamrang, anyepeng apyun peteng ing Banymanik bawah Semarang, ingakng bekta Walandi satunggal sarta tiyang Jawi kalih, sami numpak kreta, ananging lajeng saged angles, apyun ingkang kacepeng 4 blek isi 80 utawi 90 katicandu, menggah lampah- lampahipun makaten: Nalika kemis sonten upas polisi nama Kecil kapethuk glindhing satungggal wonten ing ngalun-alun, dipun tumpaki walandi satunggal tiyangjawi 2 sami iyeg anyimpeni blek kawan iji, dipun sasabi kadud, pun upas sarehning kiyat pangandanipun lajeng anginten bilih punika apyun,s areng anyelaki glindhing pun Upas lajeng dipun sampluk mawi senjata ingakng panuju dipun cepeng dening walandi upas nunten malajeng gegancangan matur dhateng tuwan asisten residhen punap ainganng pinanggih wau, juru salikuh pirsa yen kapanguran, lajeng enggal dhateng pasewan mendhet kreta sakin gtuwan tiklenbereh, barangipun kaelih ing kreta nunten mangkat badhe dhateng Ngaran nanging dipun tututi denig Asisten residhen meh kacandhak ing banyumanik, ananging kuciwanipu ungeling selak kamirengan atitir, sampuna makaten kapastthekaken yen juru salngkuh kapanggih, salajengipun ical boten kapanggih. ======\======Surakarta Bojonipun tiyagn neneman anama singkir griya ing kampong Sontakusuman awit saking eru kaliyan lakinipun purik manggen ing griya ning sadherekipun ing kamung Atmapiradan, salebetipun wonten pamurikan bilih wanci dalu kerep katuwenan dening pun Singkir, patrapipun papanggiyan kados tiyagn bedhangan sakin gpikajenganipunboten purun kamannungsan manawi wonten sabawa swara, utawi kalebating tiyang pratingkahipun singkir salingkuhan lajeng anyingidaken badanipun wotnen ing papeteng, angemperi durjana anglampahi piawon nanging reksa ing kampong Atmawiradan boten maelu dhateng tiyang lampah dhedhemitan wau, watawis dinten pawestri dipun ajak mantuk kang jaler boten purun sanajan kanthi tarungrum ing tembung, ewadene boten andudut manahipun sang pawestri teka tansah amongkak-mongkak boya nembadani panedhaning kakung, captaning san ganom pran baya kandhutane bojo ku iki, (wangsulan manawi bojo andika darbe kasmaran wotnen ing pamurikan dene ngengpon, kacariyos salebetipun wulan sawal punika wanci dalu pun Singkir kaku sekel manahipun lajeng dhateng ing kampong ATmawiradan sumedya ngroda sarta amlaksana dhateng estrinipun ingkang angingit-igit manah, sadumuginipun ngriku kang estri katon sakin gpanginjenan saweg linggih sarwi angganten wonten salebeting dalemipun ingkang kagungan capuri, nunten dipun celuki dening pun singkir, nanging sang pawestri boten ngrewes ing kakung, among kaupamekekaen sagawon anjugugi rembulan dipun pilalah angganten nyamuk- nyamuk e ya jagad ya bathara, ing ngriku pun singkir signet ing nepsunipun manahipun angantar-antar kados ing ngobar,lajeng nentog kdayanipun badhe aperang tandhing, boten taha pun Singkirandedel konten lumebet ing griya, kang estri dipun ukel rambutipun kaglandhang, nedya kawedalaken saking griya, pawstri sambat makaten adhuh biyung saiki aku mati, wasaa wonten tiyang ingkang nyumerepi patrap sawenang-wenang makten boten saronta alok-alok e tulung aa maling ana maling. Titiyang ing ngriku sami boten sumerep bubukanipun nalar wau, sareng miring swaranipun tiyang alok pandung lajeng oreg geger apuyengan sami kapita murugi panggenan rame rame asikep dadamel badhe anandukaken sanajata pitulung, kocapa tiyang neneman anama WEgangsulanjani ambekipun wanter ing nalika punika suma ab kados prajuirt ing ngabanan mangrurah satru, enggal lumebet ing griya anyikep pu singkir ingkang sinengguh durjana regejegan kuwelan ngantos dangu, nanging pun Singkir kalindhih ig karosan temahan katiti ing yudanpun nunten kawedalaken saking griya dipun tadhahi deing titiyang igkang sampun siyaga pakewed wonten ing jawi, astanipun singkir lajeng dipun panembrama ing dhadhung kados ayam katlikung, sahakaladosaken dhateng pulisi. Sareng babestan kapriksa dening pulisi, angaturaken purwa dumugi wasana, nanigng anggadhai atur boten narimah, dene piyambakipun mawi kabesta kados durjana, kedah nyuwun ukumipun tiyang ingakng ambesta babestan dipun serepaken dening pulisi, sanajanpiyambakipun boten mandung, ugi anama durjana, sabab anerak ingkang boten kawenangaken, sareng pamireng kula sareng prakawis dipun rol pun Singkir kapatrapan ukum anyambut damel peksa. Ktandhan Ahramarkata. ======\======Mangontha kulanthe, mangsuli rekane,katura mring putraningwang, kang kasebut mas ngabei, Suraprabawapilungguh, mantra kanoman jarena, gelengan kaprak kering, kiplakson kalawan ing sanyatane. Ya kredat si ranger, su darmanta dhewe, apa sira kakilapan, duk wawaan sabda ingnguni, menewang kakenaningkung, nadyan pikun geng kapere, cupet pangawikan sindhi, gupuh punggung tan wrin daya kapenake,. Sun palaur angger, tan tanatan tan umandang neh, tan isin den token marang ing ngesemaning sujanmi, janajan makanang langguk, iku pasnus karemane, amumurung tekat becik, ingsun temah kebo nusu gudele.anguk endi priye, nak mas Hurta angger, tinetepken wangkoting wang, amarsudi ingpambudi, kete-kete datan wurung, angurbaya sun cacake, semben bokmanawa kongkih, katekan ing sasedya kakaremane. Duk ramanta angger, lingling surasane, pustakan taka nang mawa, panjarwa lamating peksi lumarap mring dyan bodhestu,kapinujon sasenenge lalangen manggunging peksi, angiwassdu pun bapa cingkrang tangguhe. Amitemah anggger, amarsudi ing reh, pun anak apeparinga, pandaming wardaya kingkin, sing dahat adreng atengsun kkapengkok copet kawruhe, pantan kaya paran ugi, apa dhangan trusing galih sabaresa. Lamun sarju tangger sun andheremngke, anenging ngabyantaranta, talanjer emenging kapti, nging pamintaning ang naming, yen wonten talompene, ya ganas majanjan angling, luput kedhik den agungpangaksamane. Cangklekan siengger, ya panggene ing reh, tatanya ujar sapala, kan gtan pened piniarti, kadya tarisang bodhestu, katemben den tangarani, kataman roga benter tis, mirib mataka anane jaman mangke. Raksa ruta angger,begja sayektine, yan pambatang datan murang,baliklamun ngoncati,bokmanawa kanang rapuh, onggatariybai priye, kuwala teka agulipat, iku padu-padune kaparak dhewe. Kemeren si angger, satemah panasten mring mitra kang tan kataman, ing Rogarddabenter matis, anjadha-jadha kumruwuk, nigng yan tregal \-tregol waneh, wawenang mu sakangendi,lah karpanan pandung gengwang pasemone. Ya tragal-tregel maneh, wawengnang mu saka ngendi, lah kapranan pandugeng wang pasemone.wiweka mu angger, kurang pilepase,nuruti reh kalarodra, panas burananging kapki, eman-eman gunanipun, pangawikan apa dene sasat datan angawili, yen den enggojajailan upamane.Lamun sira angger, kadunungan maneh, karejet angujiwata, mring liyane mugi-mugi, katepakna yektinipun, kalawan siranta dhewe, dadi driyanta awening kawenangan yen wus dadi becik tembe. Lah maninge angger, during pasthi ing reh, bodhestu tan jankep cara, wit planggeraning sujanmi, pira papalanganingsun, kang sinandhangaken dene, yogya jebe amaklumi, dera datan inggal angsung wawangsule. Lah ta ping pindhone, ngunguningsun maneh,layange kartawikrama, emengwang saya ngranuhi, embuh pun bapa kang jugul tan birsa naggapi rose, embuh pancen morak- marik, surasane tis lingkrang ura mangkelet. Kelot wagu cebleh, sing karsanta raden, apa sira anukarta, bodhestu sumitra mawi, wangsulane sira dumuk anyamur kurang barese ingpadakangkapingkalih, kasangsayanipunbapa kodheng pikire. Angunipun angger, mratikelken ing reh masbei Suraprabawa, away inggal moitajengi denign layinge bodhestu, digalih pangonggrong kanthi, ngumeh elatan elate let mas raden. Pangripta pamane, yen dudu masane, ingaranan tanpa ngrasa, ambeg guku mingis kengis, agyaning jana kang gemblung, tur mung juga iku bae, bias ngodhengken ing galih, sarjana tridasa kan gputus ngelmine. Katandhan Longgotbawa. ======\======Punika cnadhakipun cariyos serat dehog lampahan Panjiraras. Yata prajurit Mekasar, gumarubyuk kuda sewu megati, sarya kenhange tinabuh, salompret mawurahan, kang pangarsa alok sarane umuruh,lah wong batur rampasana,ikimungsuh wong Kehdiri. Pangarsa sareng tuadnang, mambuh ing prang tanpa taya mangukih, angangsah tanpedhang amuk, narjangaken kuda, wadya bala Kedhiri kayatsinurung, kalenan ing reh mampah, pnedhang akeh ngemasi, Dhasare wdya makasar,pipiliyana racak agenginggil, keh wkbisa engadiyu, goraya ngamuks ura, lir reksasangobrak-abrik ngiwatiwut,keh bauranas pinedhang, myang gegembung tigas pacing. Ing wuri saya gung prapta, wong kKedhiri bingung males tan uthil, ing ngiles kuda maleduk, bubrah rakiting weadya, bilunglungan swaraning kang ganti nguwuh,kang saweneh ngujar-jar, eh sisetan ambuh jurit. Anganmuk nora saronta, dudu tring prawira kang sayegti, bergundng lir asu bingung, nyakoti wong tan yitna, yen mangkono asu edan ora urus, wong Makasar asesumbar, pao dandana wong baring, Taledhor lah pijer apa, baya pijer nyenyaang muilang-miling,keh wong wadon ayu-ayu,mulane dhaplang-dhaplang, lelebeya sambi nginang nyamuk- nyamuk,lambene jinewe abang, tabet nginang kurang gambir. Tasinglera bedhek iya, kang dinakwa muncereng anudingi,lah dalah wong iku nglindur, nerka kang ngora ora, gremet gremet tangane anggegem watu, kang nunggang jaran binalang,kena bathuke jengkelit. Kancane kan gnunggang jaran, anulungi kang baling den cegati, inedhang saking ing pungkur nglumba kupange kena, dawir sigar lumayu sarwi jerunthul, kuda ing wuri keh prapta, myan gwadya dharat wus prapti. Laju ana punging yuda, surak umung tengara wanti-wanti, wdya kedhiri maledug, larut ngungsi mring puntat, kyana patih Jayabadra miarsa wus, kang saking mantra pangarsa, yen mengsah nyegat neng margi. Wadya Kedhiri wus dhadhal, kyanapatih kampita gyanimbali, bupati sekawan kumpul,myang Pratama Praptistha, kyana patih sigra amamatah gupuh, layone sang lir kusuma, mawah sagung para estri. Kinen nimpang manjing wana, sapatelon wadya lit kang umiring, kalamun tan bias lju, kinen wangsul mring kitha, kang tinuduh punggawa prawireng kewuh, awasta gajah lautan kanthi mantra wolu sisih. Pratama lawan Pratistha,kinen tumut umiiring para estri, wus rakit gbudhal gupuh,minggol manjing ing wana, ririkatan bok selak kuning ngan mungsuh, dipati Gajah lautan wus laju manjing wonadri. Kang kantun rekyana patya, angundhangi samya ngantep ing jurit, reh ning karoban ing mungsuh, sagung para prawira, para mantra myang bupati munggeng ngayun, sigra anembang tengara, sareng umangsa ing jurit. Kalih atus mantra muka, nitih kuda sikep lawung ginodhi, sandhok wesilintang kukuh, yen sinabet ing pedhang, godhi wei estu dadya tangkisipun, titindhih kalih punggawa,s aeng mangsah ngamuk wani. Rampak angikal talempak, tinadhahan samya luhur turangi, sareng campuh rok tumuruh, sagung mantra ing Daha, antuk papan ngeneni paguting lawung, wong Mekasar keh palastra, tinumbak lamun kalesi. Medhang tinangkis landheyan, godhi esi pinedhang datan lirip, dhasar mantra ne keh teguh, tangumama pinedhang lamun numbak jumeprot wadhuke butlul, wadya sabrang bilunglungan, kasulayah bosah-baseh. Suraking bala gumirah, wong Mekasar wuris aya gugn prapti, singa kang mangasarubuh, riwut paguting yuda, mantra Daha akuat denira ngamuk., bupati kali hpraira, samya ngawaki ngajurit. Satunggal arya citragsa, kang satunggil arya wisatha tagsi, nedheng karya surengkewuh, ngiwat-ngiwuk anumbak, wadya mager sari dharat kawanatus, angampingi kering kanan kekete angamuk wani. Wadya kuda ing Mekasar, larut dhadhal giris denya ningali mantra Daha tandangipun lumrah lir ngrimongkrora, ngangngah angahan dulu memangsanipun, yata pati bramadenta, waspada denya ningali. Yen parajurit kuda bubar, kasulaya tankena den sayuti,lawan wonten kang umatur, lamun para wanodya,miwah layon sami nimpang mring wanagung, watawis wangsul mring praja, rehing mungsuh amegat. Kyana pati bramadenta, gya anduta mantra kinen dhawahi, wadya kuda kang pangaun, kinen nyimpang anyegat, marang wanaparestri kinen angrebut, miah layone sang retna, duta lumaksana aglis. Amangsit Dhaeng Makanjar, lawan Dhaeng Purbah wus samya ngrti kyana patih karsanipun sigra ngundhangi wadya sakarine wadya kuda ingkang lampus mundur nimpangmarang wana lir gambuh tingkahing jurit. Wadya Daha kang kang ngamuk samya kagyat denira andulu, dene mungsuhira minggok mring wanadri, wusnya nayen arsa ngrbut, marnag layone sang sinom. Yata sareng gumulung anututi kasusu manempuh, yata patih bramadenta gya ngudnhangi amambengi lampahipun pinagut supaya keron. Mantri mekasar agung, wolungatus mangsah, gumarudug, wus kacegat laju campuh ing ngajurit, srang sinerang rok curuk samya sura ing prang tanggon. Rolas bupatinipun wadya bala salegsa gumrudug tengarane salompret kendhang gong bari, surake lir gunung guntur wadya Daha langkugn repot. Wit karoban ingmungsuh, wadya Kedhiri mung tigang ewu, nadyan silih keh mantra kan gsurasekti, kinarubut jisepuluh para marga wigya tanggon. Ngamuk ngamuk kawangsul yata arya Citragsa mangayun, ngagem gada rehing mungsuh, anikeli,mobat-mabit ngalor ngidul, ginarumung kineroyok. Taksih wonten candhakipun Ongka 44, Kemis kaping 1 Nopember 1877

Bab perang ageng ing Turki akaliyan nagari Ruslan sadangunipun gentos titih, ananging asring unggul juritipun, bongsa Turki, kaping pinten-pinten wadya bala tontra ing Ruslan dipun papagaken sarta dipun usir dening wadya bala Turki, awit ingngajeng Turki kapara dipun ina, kantun kantun medal kasudiranipun suprandene derne gkenging dipun sanggi ing ngayem sabab ruslan sanadyan asring katitih, sakalangkung kandel wadya balanipun. Wasana samangke wonten kabar kawat saking Singapura katitimangsankaping 22 wulanOktoher punika, suraosipun makaten wadya bala Ruslan campuh perang kaliyan wadya bala ing Turki, wotnenign Alajanah, Senapatinipun Ahmad Muktar Basah, nanging Turki kandhap juritipun, ingakng kabandhang dening Ruslan nalika samanten, mriyem 32, Basah, 7 sarta barang perang kathah jendral Muktar Basah kaplajeng onat dhateng praja Kares, kabar ignakng saking Turki ugi ngyektosaken kabar wau. ======\======Tuwan Kumer ing ngajeng dados guru pamulangan calon guru jawing Surakarta, samangke kakula wisudha dados ajugn Insepktur pamulangan Jawi. ======\======Tuwan P. Lawik LItnan Ajudan ingSurakarta, dipun pidnhah daheng Betawi, ingngriku cumadhong karsanipun Dhepartemen PanOrloh. ======\======Serat wacan Inggris angandhakaken bab kawontenanipun bongsa Turki ing salebeting wisma, ingakng cacariyos wanodya bognsa Inggris, Menggah wanodya Turki ingakng dede guyubanipun sudra, punika limrah tandak- tandukipun ater sarta suthik anyambut damel, bilih wonten ingkang anyipati kula anyambut kardi, punika sakalangkugn anuwuhaken gumunipun, lajeng apitaken, punapa tiyang jaler kula watekipun angrodapaksa, sanget anggenipun rekaos anyere- nyerepaken manawi anggenkula anyambut damel, punika saking pikajengan kula piyambak. Para dyah boten wonten malih damelipun sadinten-dinten naming anampeni tamu utawi tutuwi, limah ngantosa bedhug utawi satengah dinten,sadangunipun boten kendel anggenira ngombe kopi utawi udud ing sahantaranipun wanodya Turki wau mawi angemah rupi balendok kabaripun murih ambagusaken untu, watakipun sakalangkung gungan kathah aneh-aneh ingkang dipun atrapaken murih ngendahaken sarira, pucuking dariji limrah dipun pacar anangnging jinis kuning, lambenipun dipun jingga,ngandhaping soca dipun puas pethak murih angungalaken gilaping soca, ingakng nganeh-anehi pisan imbanipun mawi dipun bubuti ngantos jalaripedhes, lajeng dipun santuni mawi pulas an dhrek jinising rema, pulasipun sakalangkugn paliket, parawan ingkang dereng ngangge rukuh rambutira dipun abrit, agamanipun anyebutaken kinen asring sriama, mila sakalangkugnkathahing pasiraman liya sakingpunia sanunggil wisma meh darbe pasiraman toya anget, bilih dipun pirid kawastanan yen wanodya Turki sakalangkugn resikanipun, ananging ing salebeting wisma boten pisan katingal gemrining, abdi jaler estri kathah suprandene resah pangaturipun sabab limrah para dyah watekipun sungkanan boten saged mranata dameling abdi. Ing suraos para abdi naming dipun damel papaesan dalem prelu ngatasing kapriyantunan kedah darbe abdi sarta tiyang tumbasan kathah, manawi ingpadalemaning priyantun kathah ingakng ngaladosi sarta kapirantosan, wonten juru pupa, tukang eses, juru damel kopi, utawi pinten pinten ingkang kapetang boten mathok damelipun, tuwin pangiring-iring, tiyan gtutumbasan utawi abdi panganggeping bendara boten kikiangan, sanadyan kedah dipun sungkemi, suprandene tiyang tutumbasan sakancanipun dipun sakajeng malah kapara tanpa subasita. Sumangsa ingkangjumeneng priya anampeni tamu, punika ingkang garwa boten wenang bujana nunggil sameja, manawi kapinujon makaten gara wau angenipun dhaharnunggil kaliyan para sunu, utawi para tutumbasan wontenpapanipun pyambak, dene papan wau bilih ngajenganing kori katingal wonten sepatunipunpara dyah, boten wenang dipun tuweni dening ingakng jumeneg priya, menggah sepatu dipun selehaken ingngajengan kori wau, suraosipun anjageni sampun ngantos angregedi babut prang wedani, ignkang sakalangkung kathah pangaosipun, babut sarta bangku ageng ingkang asring kapapanaken caketing tembok, punika limrah prabotipun kamar Turki, manawi ing padalemanipun priyantun ageng, punika asring wonten prabotipun sanes, kados ta meja korsi sarta lamantun, ananign kang masthi kangge, pangggenaning tilem limrah wonten ing jambrah, sagotrah, mawi kajang sirah, bilih nedha wonten ing meja andhap. ======\======

Serat kabar Sematang kaping26 Oktober ongka 252 angbaraken cariyos sakin gNgaogyakarta, bilih ing salebeting kadhaton wonten lalampahan sarta ingakng cumawis, yenngantosdipun uningani denign lurahingparesidhenan amasthekaken badhe anjalari kedah anyingidaken priyantun ageng kalih tiga, murih tatatentreming nagari. ======\======gugontuhon Baah kadhestrikan kutha Kelathen dereng antawis dangu, wonten sanunggaling tiyang, setri wasta bok Atma, griya kampugn Sidawayah, punika badhe tirakat pados kasugiyan salajengipun wonten tiyang kekalih sangking monca dhateng anami bok Setrakrama, kalih nami bok ronce, ananjangi dhateng bok Atma wau, ora susah engger kowe golek kasugiyan aku dhewe bias gawe sugih naming janji kowe bias golek dhuwit tindhih, 12 rupiyah, sarta mori sekacu, klenthing anyar siji, dene yen kowe jaluk nyatane sak iki aku iya bias, lajeng pun Ronce punika idu, medal kethip gangsal iji, bok Atmawau sareng sumrerrep kayungyun utawi bok Atma bingung ngupados arta 12 rupiyah samori sekacu kalenthing anyar, sareng sampun angsal lajegn kasukakaken dhateng pun Ronce lajeng dipun dungani, dipun mantrani, tuwin angobong dupa, bitten mawi kendhat-kendhat punika pun ronce melin gdhateng bok Atma, klenthing kang katutupi mori aja kok bukak bukak yen during jam lima, sabab iki mengko metu dhuwit rupiyah keton sareng sampun meling bo ronce pamitan mantuk sareng jam gangsal kabikak salebetipun kalenthing wonten suwara kumrisik kakinten kalenthing sampun kebak yatra pethak. Ing pusaka, sareng kasuntak among isi yatra sen binggol wolu las dhuwit bokatma wau sakkelangkung getun gaduwung satengah pejah, sareng sampun emut bok atma sadaya wau, lajeng ngaturaken ing parentah kapulisen among gumuning manah kula denten celak griyaning panatus demang mangunprasaja, sadhukun kok baten ajrih, bokmanawi mas demang badhe kayngyun kados kang kasebut nginggil wau Ing Tawangreja, Suraji. ======\======Panjurung Surakarta Boten ngamungaken Gusti Allah kemawon ingkang karsa kaniaya dhateng para tiyagn tatanen ingkang awrat angundhet pangresah e bok tumuli ana udan miren gkula sasambat makaten wau, kula pinuju laledhang wontening pasabinan tumunten miring swaraning tiyang amangsuli pagresah, obiyang, tumeka asewu taun yen during ngrungu unining rijal masaonoha udan, punika wawaton punapa, pangloyong kula naming salebeting bawah, Kalathen wiwit in gpeken ngwedhi, sawatawis jam kula lumarek dhateng padhusunan kang celak lepen ingkang pancenkangge ing pasabinan, ing ngriku kula ngraosaken welas dhateng bingunging para tiyang, ingkang boten mesthi nampeni ukuman dening gusti Allah, naanging bokmanawi sangking pandredahing tuwan ingkang nguwasani pabrik gondhang, akaliyan ing grogolan, udur punika anjalari pabrik gondhang amampet ilining toya, ingakng sangking kabar, prakawis wau ingggih sampun nate karampungan ing pangadilan pabrik gondhang kaleres nguwalaken panyumpeting toya, ait kasabet sebawaning tatatentrem atasing kapitunanipun para sabin gadhu, ewadene kawegiganipun pabrik godnhang meksa katarima, tandhanipun toya kerep kapampet saben karpiksa ing parentah sabab ing kapampet gondhang saged amangsuli, mila kapepet punika toya dereng anyekapi sadaya pasabinanipun yen sampun sampeya marepreluwa ilinin gtoya kasungsungaken, kalampahan angggenipun sami kawlas asih para tiyang alit, awit pancen gadhon dados tadhahan, mongka sabin ingkang kasarakat wau 50 jung minggah kabaripun,w asana pamujiningtiyang alit ngriku, mugi-mugi ingkang ngasta pangwasa pangeduming tatatentrem anggaliya sampun ngantos wonten gadhungan aliya gusti Allah piyambak manawi kasangetan ingggih badhe tuwuk pangrundeling umat ingkang maloto. Ing Lokaprasita kaping 17 sawal Je ongka 1806 Katandhan Kyai Ragawasesa. ======\======Wawaton pnap agusti allah dipun wastani anganiaya, redhaksi. Sinom makaton ngrembaka, candaning kang para mantra, tan tebih pirasatira, yen pekik iku prayogi, kaya liyep amanis, mathentheng tan katon mesum srigakparigel tandang, tur kathah antepnya dadi, sadarsananira kangpara sujana. Tinepatingnelatelat, lelabuhan trus berbudi, agung pitutur mring konca, laku patrap ingkang becik memanis ingkang jerih, angendhak ingakng mirunggul, amuruk ingkang mudha, anglejaraken prihatin, nirkaewa panastenan iku setan. Angajap sukaning kathah, arja tentreming tyang alit, mangya awal mongsa kapat, ulun dumadya mumuhi, ring hayng kang murbeng urip, tumuntena paring jawuh, tani tumanem pala, doh lapa mirah ing bugti, wijah-wijah nara karya asesawah. Myang kang wisma jroning praja, renatan abaya agni, sapele mung pradurjana, susah boya ntuk ngapusi, dupyarsa ngintip intip, mamaling thinuthuk pestul, adhomantos danguwa, durcipta ingggal kacepit, ulun lurah jaga paing ler pacinan. Satru Arum. ======\======Lepating panyipta Lah pikantuk brekat ing mitra kula kyai Suraprabawa, lepat ingpanginten sakit benter tis, awit sapraptaningsih lir trang gaa amadhangi sanubari, kaleresan kapambengan ing kawajiban kesah ing liya gagari angupadosi katrangan bab pulisi, antuk kula meh sawulan,jalaran punika amambengi suraosing serat ingkang dumunng ing Bramartani ongka 40 anuwuhaken nuwun sewu duka, ingngajeng uga rumaos amesthi amethuk ki dedukan, anamung dukaning guru dados boreh, temahan anuwuhaken kaduwung ing driyanira, wasaa gumantung ing katresnan acanthi langgeng ngadatya sumitra sadanguipun Bodhestu. ======\======Garebeg Ariyadin bangil Sampun kayektosan ing nalika dinten Slasa Pon tangggal kaping 9 Oktober punika dhawahipun ariyadin Sawal

Ig pinggiring margi ageng, awit saking loji dalem Asisten REsidhenan, saingga ing alun-alun kabupaten sampun rakit dening gendera rontek, angurmati praptanira tuwan G,H,C, Panseldheyong Asisten residhen dhateng dalem kabupaten. Ing pandhapi lebet karengga denign palisir gendera abrit pethak cemeng, ing ngandhap kagelaran dening pramadani (Babut). Sareng wanci jam 8 injing, para priyantun jawi ageng alit, awit saking mas ngabei patih Raden Onderkolektur, jaksa wadana dhistrik, tuwin sakancanira dumugi lurah dhusun, sami kumpul wonten ingpasowanan alun-alun dene mas ngabei patih, raden Onderkolektur, sakancanira wau dumugi para carik wadana, lengggah ing pasowan sisih wetan, para lurah dhusun lengggah ingpasowan sisih kilen sarta sadaya sami ngagem basahan sikepan ageng (kustim) dene para lurah dhusun basahan sikepan sangkelat cemeng, anamung sadaya punika tanpa nyuriga. Sareng jam ½ 9 ingkang bupati utusan opas lebet andhawuhaken timbalan dalem ingkang bupati dhateng mas ngabei patih, para priyantun sadaya kedikan malebet lampahira priyantun kasarengken ungeling pradongga, jujug ing pandhapi kadi kadat. Sareng jam 9 para tamu tuwan tuwan Amtenar walandi, para pabrikan, sapanunggilanipun, punapa dene malih litnan cina, lurah Arab, malajeng tuwin pra sugih bongsa cina saaya ngalempak ing gadri. Sareng jam ½ 10 ingkang bupati pamit dhateng para tamu itih kreta cumaos ingloji asisten residhenan, atur pyarsa parapriyantun tuwin para tamu sampun kumpul. Sareng jam 10 tuwan asisten residhen tuwan wakil kontrolur, tuwan aspiran kontrolur, nitih sakreta, kreta kalih lampahira alon, sarta kadherekaken 12 lurah dhusun tinindhih dening asisten wdana sukareja, asisten wadana Rembang (Gempeng) sadaya sami numpak kuda, sapraptanira ing dalem kabupaten, lajeng sarsan mayor walandi sakancanira jayengan, angungelaken tambur, sarta angideri pandhapi rambah kaping tiga, lajeng kendel sangajenging pandhapi, angajengaken tuwan asisten residhen. Lajeng tuwan aissten residhen, angirid para tamu sadaya tedhak dhateng pandhapi, binayang karedeing adi dalem angampil upacara, tuwan aissten residhen jumeneng sangajengipun krosi kancana, tanpa dipu lenggahi, ingkang bupati litnan cina,lurah Arab, tuwin para sugih cina, jumeneng ing tengipun tuwan aissten residhen, dene tuwan wakil kontrolur tuwan aspiran kontrolur tuwin para Amtenar walandi,s apanunggilanipun, tuwan-tuwna pabrikan,jumeneng wonten ing kering. Ing ngriku tuwan asisten reishen, sarta ingakng bupati sami mingser ajeng-ajengan, lajegn tuwan asisten residhen anglairaken wacana, sapisan angaturi wilujeng dhateng ingkang bupati sagarwa putranira, 2 aparing wilujeng dhateng mas bei patih, raden onderkolektur sagarwa putranira, tuwin anglajengaken dhateng para priyantun sadaya, saanak rabinira, 3, aparing tarimakasih dhuamteng ingakng bupati sakarerehanirapriyantun dumugi lurah dhusun, anggenira tumindakaken ayahaning kanjeng gupremen, ignakng kaliyan sucining wardaya sumanggem ing kawajibanira, sarta anglairaken tuwuhing cuwaning panggalih, dene boten tegegg amongmong dhateng para priyantun sadaya, dumadak kagungan karsa nuwun mundur saking kalenggahanipun jumeneng asisten residhen ing bkabupaten bangil sarana kurmat, nedya ngupados pengayeman kamayaraning kauntungan, anamung wonten ayeming panggalih, awit anilar kabupaten bangil raharja gemah. Sasampunipun lajeng kasambet deing ingkang bupati amangsuli wacana kathah- kathah, akaliyan tembung arum manis, angaturi saklankung panuwunira, punapa dene malih parapriyantun sadaya sarta angliraken tuwuhign katuridaning driya, dene punapa ingakng bupati tuwin para priyantun sadaya, dereng tetag anggenira nyiwta, wasana badhe kecalan lurahingkang sujana, oncadingpurah tanpa minggah kadrajatan anamung dhanganing panggalih nadyan lepating drajat, kaleksanan sedyanira, indhakingkauntungan, prasaat kadrajatan ingggih anglajengaken pamuhi kathah- kathah, dhasar priyagung lepas ing pamicara luwes suraosing tembugn, kapyarsa angresakaken manah, among punika pamireng kula saehning radi tebih anggen kula nigali ngaken, lajeng sadaya sami atur pikekah, sarta kekancingan deign sampani, surak gumrah awor guranang, lajeng wangsul mali ing gadri atata lenggah, sarta angunuuk utawi dhedhaharan ,bakda lejng tuwan asisten residhen tuwin para tamu pamit. Saunduring tamu, ingkang bupati tedhak pinaraking pramadani, ing ngriku mas Ngabei patih sakancanira sami atur bekti ngaras utawi salaman, nunten bubaran. Saunduipu sakig lebet para priyantun wadana sapengandhap sami atur bekti dhateng kolekturan lajeng dhateng kaptiyan Bahe wonten candhakipun bab watangan salajengipun. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panji laras Singa tinerak mawut, arya Citraksa angamuk liwung, gadanira mobat-mabit anibani, rangkepat binabit remuk, Citraksa pra wirengkewoh. Nging sayah ginarumung, ing ngudananpasertowok limpung, mehkacakup kyanapatih aningali, Jayabadra gya mangayun tutulung mangsah anyerod. Myang punggawa tetelu, sareng denira ngamuk gumulung, aprang ruket aganti ukih ing ngukih, neng nakang ayuda caruk, yata genti winiraos. Kang nimpang lampahipun, umiring layon manjing wanagung, adipati lautan ingkang umiring, manri nembelas neng pungkur, lampahnya caketan layon. Pratama munggeng ngayun, lan Pratistha myang sawadyanipun, ing wurine sagunging kang paraestri, prama rumegseng kewuh, tumemen mring parawadon. Dadya kang sepuh sepuh, babu embank sareng lampahipun, lan pratama ngrias samya gunem piker, ing lampah amrih rahayu, parestri keh samya golong. Meh kumpul munggeng ngayun, yata katupiksa saking pungkur, yen parestri kumpulan pratama sami, dipati lautan bendu, but ajengane kawiyos. Anyanalaku kuthuh, ki pratama kang dinakwa rusuh, yata nuju kendel neng tengah wanadri,kilautan sigra ngutus, nimbali pratama gupoh. Lan Pratistha ywa kantun, ponang duta wus dhawuh ken wuwus, kipratama pratistha wus samya kerit, prapteng ngarsa lagyalunggguh, lautan micaradhoso. Eh Pratama wong bagus, kang wus pinarcaya deing kewuh, dhasar surasekti sugih bondha wani,lah sira apa lungguhmuy, pinarcaa sakeh wadon. Dudu sirapangayun, ana punggawa ingkang tinuduh, ambakoni sakehe pangggawe iki, sira sumalonong mengku, dudu gawe mu mengkono. Baya ta sira rusuh dhemen gonjak lan wanodya ayu sumarmane ana ngarep malang kmilang miling adol bagus, rinubung sakeh wong wadon. Kang mangkono tan wurung, pesthi sira bakal ingsun ukum, yata kipratama kalane miarsi,mring lautan denya muwus, salah ucap lir kawuron. Grahita jroning kalbu iki but arepan marang ingsun, ki Pratama sigra denira nauri, eh lautan sira iku, bupati salah ngacemong. Pandakwanira luput angarani mring sun laku rusuh, eh lautan baya sira during myarsi, yen pratama nguni uwus, pinarcayakinen momong. Mring sakeh wanodya yu, wit kuningan katemenan ingsun, gusti raja putra panji wanengpati, tan kilap mring ala ayu tan kaya sira mengkono. Bopati sasar susur, putih putih den arani biru, eh lautan ywa kabanjur angarani, sun iki darma lumaku,mung rumeksa mringpakewoh. Yata pamyarsanipun, wuwusira pratama anyendhu ngundhamana ambeg suranyenyampahi, lautan malengleng bendu, jajabang kadya maledhos. Asru denira muwus, eh si setan wani cula-culu, lali lamun trah mancore kethip-ketuip, ingsun punggawaning ratu, bupati prawireng kewoh. Mengko sun pancas parung, eh ta pothar apa panggawasamu, yata kipratama dheleg amiarsi, sidhakep tyas asmungungun, kirpatistha winiraos. Myarsa sadangunipun denya lautan anguwus-uwus, ki Pratistha murina sira mangarsi, malengleng denira muwus eh lautan gya mengkono. Sira bupati agung, becik weruh bener lawan luput, jebul salah ucap kaya wong daleming, pratama dudu baturmu,mundur ana kang akongkon.

Eh lautan aja dumeh kinawasa, kok kira ingsun ladeni, yata lautan, mawi ngawi ngawengis. Ngadek rkodha saryaanyandhak talempak, eh eh sipidhir baring, away siraoncat pratandhing lawan ingwang, kipratishta ngadek aglis, sarwi bergagah, payo tibakna anjing. Yata ki pratama kalane tumingal, agya denying mangarsi, angrangkul pratistha, adhi aja dinawa, dudu laku kaya iki, sira elinga, mring jeng gusti sang panji. Ora kinenponcakara padha orwang, mungsuh mu yen miarsi, mendah sukanira, binadhe wongJengggala, entheng orana wong becik, anggondrapira, yen lnawan ing jurit. Ki Pratistha sarya ginendang astanya, enget gya mundur sami, lan ngundhangi wadya, ywana lumakyeng ngarsa, umiring neng wuri tebih, yata wadyanya,s adaya wus mring wuri. Lir kikinthil mamanu kilampahira, yata ganti winarni, prajurit makasar, turongga kang sanembang, sasanderan sampun prapti, kang munggeng ngarsa,laju anempuh jurit.Saha surak giyak-giyak mawurahan, eh eh sagung pawestri,lahpadha nututa, mengko rahayu sira, yen lumayu pesthi mati,para wanodya, puyengan sami nangis. ADipati lautan sampun uniga sigra ngabani dasaih,myang mantra prawira, kinen tumangggah ing prang, tengaranira tinitir, arya lautan, nitih kuda ngawaki, Ngembat lawwung sedya ngantep ingngayuda, dadya kang para mantra, wruh bupatinira, nedya nganteping yuda, gumarudug paramantri, samya mangarsa, gumulung anadhahi. Wadya bala mekasar anempuh ing prang, sareng lan para mantra, aserang sinerang para mantra anumbaka, wadya makasar anangkis kalawan pedhang mungggeng luhur turangggi. Ruket caruk ungkih ing ngungkih tan kodal, rehning para titindhih, abakuh tan kandhah, pinelak saking wuntat, singa mundur den lunasi, marma kang aprang, tanana toleh wuri. Wadya alit wus keh longe kan gwalastra, yata kang para mantra, sakala sumahab sareng denya narajang, mobat- mabit amedhangi, keh baupagas, miwah gulu manguwir. Kiwir-kiwir wadya Daha kasulayah, ing reh karoban tandhing, dipati lautan, sigra magnsah mangarsa, ngamuk watange kumitir, singa tinerak, mandhelong keh ngemasi. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 45 Kemis kaping 8 NOpember 1877

Nalika dinten Setu angrintenaken Akat ing dhusun ageng laweyan tebihipun kirang langkung 3 pal saking surakarta, kakecon ingkang dipun kecu tiyang jawi sugih, derne gterang namanipun ingkang sami kapendhetan barang edi, masinten ingkang asring- asring dipun eletaken manawi wonten panganten, kabar ingakng ical kirang langkugn pangaos 40000 rupiyah ingkang gadhah griya dipun ningaya, ngantos anggumunaken dene teka taksih kepanggih gesang. ======\======Ing dinten pnika salasa ping 6 Nopember wanci jam satengah 5 ing kampong Balong (surakarta) kabesmen celak pasewanipun kreta cinten tyangsing, griyanipun kusir nami setrawirana, sakedhap kemawon cacah wungwung 30 ingkang dados awu, kabaripun latuning kadurjanan, kapitunanipun kamurwat kiranglangkung 4000 rupiyah. ======\======Nalika tangggal kaping sapisan wulan nopember sepur lokomotip amiwiti lumampah saking Surapringga, dhateng pasurwan, mendah ramenipun dhasar nagari ageng meh tanpa sisihan. ======\======Ing Surakarta sakiwatengening nagari, manawi siyang benteripunmeh boten saged anyawawa, kathah ignakng sami sasambat boten kiyat, sirna rembagipun, kathah ingkang kojah, bilih benteripun angungkuli kota Semarang, kang mongka ing Semarang sampun nate thermometer (tengering bentertis), mumbul dumugi satus grap mugi mugi ingkang kawasa amaringana jawah engggal iba ing dhusun par aalit-alit panangisipun suprandene wonten ingakng mangun suka angeceh bondha, boten pisanmikir kasusahan ing sudra, sarta duh kitanipun ingkang sami nandhang sakit kasiya-siya. ======\======Ingkang pacak dados komisaris pista ageng ing Ngayogyakarta, angormati kanjeng Sultan, benjing tangggalkaping 10 nopember dalu amratelakaken para ingkang sami urun panjurung, ingkang nedya bekta rencangipun, punika dipun purih anedha tetenger dhateng ingakng kapacak dados komisaris, dene ingakng boten mawi tetenger, boten badhe kalilan ngaladosi ing pista, ibaramenipun. ======\======Ing dinten akat tanggal kaping 4 Nopember wancijam 4 enjing tuwan C.F.Winter ing ngajeng jumeneng jurubasa ageng tembungjawi,ing Surakarta, sampun dumugi ing jangji, seda kondur dhateng jaman kailangan, jalaran gerah sampun kapara lami ananging ingkang rekaos pisan saweg kawandinten saderengipun seda. Menggah ingkang lalis wau putranipun swargi kanjeng tuwan C.F. winter, ugi jumeneng jurubasa ageng ing tembung jawi, wah priyagung pinardi kengrat lepas ingpambudi kasusra ing pundit-pundi, mila boten saged katawengan ing warsa, awit swargi kanjeng tuwan Wuinter wau, dhasar ing ngageman bintang Nederlan eleyo, jalaran anggenipun labet dhateng kanjeng gupremen sarta angasili sabarnag damel ingkang manggepokan dhateng kasusastran mila ing ngajeng dalem karesidhenan Surakarta kadunungan recanipun swargi kanejng tuwan wau. Wasana boten maiben ingkang nembe lalis, sakalangkugnkathah para mtiraputra Santana, ingakng sami dherekaken layon dhateng astana, para priyantun jawi agung- agung inggh kathah ingkang karsa anjujugaken kunarpa, sareng wonten ngajengan kaluwat bandhusa sampun kaselehaken sang dwija walandi amajeng, saa nglairaken tembungan, lampah-lampahipun swargi tuwan jurubasa Winter, sakalangkung angreswacananipun anjalari kathah ingakngngruntuhaken supatra. ======\======Boten wonten sesakit ingkang nuwuhaken pamarsudiing usada, kados sakit ampeg, ananging jampi ingkang dereng kantenan ampuhipun,punika sasat kalingan taun tegesipun boten kaopenan, ewadene jampi etir ingakng tumonja dhateng gurung, utawi dhateng lelendher, anjalari pandadar pinten pinten dangu-dangu kawatonan bilih jampi ingkang ampuh pyambak dhateng sakit ampeg wau etir epilipun tuwan giyot, ignkang limrahmanawi kauntal kalih utawi tiga, ngajengaken nedha, lajeng anuwuhaken sakecaing badan, kula amewahi wewarah, bilih mamala ingkang sampunkapara matuh,punika kedah dipun talatosi kapara dangu panedhanipun epil wau, kalih dene malih manawi ingkang sakit enggggal karaos entheng ing sarira, limrah boten purun ngendhani saderengipun dhatengan babar pisan, atrap ajajampi wau sakalangkugnmirah wragadipun, petangipun kapanggih nyakethip sadinten. Wasana amurih manggih epil ingkang tulen kan ganumbas anedha agebyas ingkang kacirenan mawi tondha tanganipun tuwan giyot mangsinipun tigang warni. Ing Surakarta ingkang kadarbe dagangan etir epil wau, tuwan jonasportir enko. ======\======Pun cilaka ing Klathen ngabaraken bilih anakipun Rondha bok REsakorok umur 8 taun panuju dhateng radinan ngupados asem, dipun tunjang ing kreta saking ler mangidul ignkang numpaki satunggaling tuwan mister, lare wau dhawah mengkurep kegiles ngantos penyet, tujunipun boten anjalari pejah, nangng rakaos sakitipun, nalika samanten inakng pancenlepat konca kusir utawi kenek, punika limrah bilih sampun ngelampahaken kreta kados sawot ical dugi prayoginipun, lare utawi tiyang sepu, punapa dene ingakng calaina, kang panuju wonten ing margi limrah boten dipun sawang lir tiyang, mila ingkang kuwajiban mugi karsaha andhawahaken parentah, sampun ngantos anglampahaken kreta ignakngmakaten atrapipun, malah yen kawatonan lepatipun kusir utawi kenek mugi kapatrapan ingkang pantes kadamel pepinton. ======\======Sak punika kutha ing Klathen sakelangkung raharja, radinan ageng ktingal wiyar resik manawi dalu sami kapasangan dilah ting tutur margi ageng dinten priyantun pulisi rundha giliran boten wonten kendhatipun saha mawi kaambuhan parundhanipun lurahagen pulisi sak kancanipun sadasa iji, mengangge cara welandi, mawi sabet panjang numpak kapal rundha sak lebetipun kutha, tuwin rundha dhateng pabrik pabrik dhateng dhusun-dhusun sabendalu, boten wonten kendhatipun sabab lurahipun agen sakelangkugnkencceng, angggenipun ngetrapaken kuwajibanipun pulisi. Ing Mlijon Suratun ======\======Kbar ing nagari Surakarta Dereng angu ign kabopaten Kaparak tengen, katamuwan prayantun sagen, sata bekta para congcun ing Ngepakan, sumedya gledhah prakawis apyunpeteng, sareng kagledhah pinanggih warni tike kiran glangkung 60 geleng, ananging pinanggihipun wonten dhapuran deling ori, ingakng kaprenah pinggir rdinan ageng, kaprigsa ngabei Jayapuspita mungkir boten rumaos darbe tike kados kasebut ing ngajeng wau, ananging ngabei jayapuspita pinuju tegsih nyepeng tike antawis 1 warat karpigsa wau tike asli ngepakan, sumedya badhe dipun tedhapiyambak lajeng katedha dhateng prayantun agen kadamel tondha, sanalika ngabei jaya Puspita lajeng kairit katurparentah kantor, lajeng kakintunaken dhateng kapatiyan, ngabei Jayapusita kalilan mantuk dhateng balegriyanipun, ananging dereng kinanten menggah kang dados katranganipun. Mila saking pangajeng-ajeng ing ngakathah, ingkang mugi mas ngabei jayapuspita wau, dipun ganjara ignduduka ingkang sanget, supados sampun ngantos ing tembe nglampahi pandamelan igakng dede leresipun,sarta ingkang sampun dados awisanipunnagari, andadosna tuladha ing ngakathah. Kaserat tangggal kaping 16 Sawalk taun Je ongka 1806 Sastradirengga. ======\======manawikapirid kados kang saksebut ingnginggil punika, boten pisan kacariyosaken biih ignakng kanggenan apyunpeteng, estu ngabei jayapuspita, bilih dipun turut raosing tembung, ingakng kgledhah sakabupaten Kaparak Tengen. REdhaksi. ======\======Kabar ing Surakarta

Antawis sampun sawidak taun lamenipun, anggenkula dedunung wonten kampung Kaparak Tengen, dereng nrenjui katiga panjang kados taun punika, para tiyagnpakampungan kathah ignakng sami ngrsula, jalaran saking awising toya, sakathahing sumur awis ignkangwonten toyanipun sakaki lebetipun, dene para tiyang ingakng samimendhet toya arebut dhucung solahipun, wanci jam sakawan enjing sampun wonten sabawanipun tiyang nmba pating galerod, awit manawi ngantos kapajaran surya, bok bilih boten uman,s inajan pikantuk inggih toya butheg, dene karang kitri katingal nglelentrih kados suda kakiyatanipun jalaran sanget kaparag ing benter, wit kalapa utawi wit jeram, delingapus, wit kopi, srikaya, wit pisang, kathah ingang sami pejah, saking kalamen angggenipun boten wonten tinantunan jawah, nalika senen legi sampun wonten sesungut garemis, mratandhani manawi kyai poncatoya badhe tedhak saking dirgantara, karsa badhe lelangen wonten pratiwi, badhe angiyomi barang tanem tuwuh spaanunggilanipun. Sareng dinten satu sonten ing dirgantara katingal ngendhanu, boten antawis dangu lajeng jawah, talethiking toya sakalangkugn ageng-ageng, naming boten dangu lajeng teang, ananging raosipun dhateng badan sansaya sanget sumukipun, bokmanawipunika prabawanipun bdhe wotnen jawahignkang ngareceh. Mila sangking pangajeng-ajeng ign ngakathah, kyai poncatoya wau inggala tumurun dhateng ing Pratiwi, sampun kadangon pijer kumruwuk wonten ngontarigsa, mindhak damel pangantak-antakingpara kang sami ngajeng-ajeng, tuwin mesakaken ingkang smi amongtani. Surakarta ping 21 Sawal Je 1806 Sastradirengga. ======\======Nlaika kaping 27 September tau 1877 rare nami Pendhek umur 14 taun putunipun tabong saking dhusun palar dhistrik Gedhongan (Klathen) dhawah saking angggenipun menek uwit dhuwet, ngantos anandhang tatu ugel-ugelipun kiwa pepes balungipun medal jepat dhteng jawining kulit, panjang ¼ dim, pupu kiwa ugi pepes, lambe ingakn ngingggil abuh nanging boten anemahi pejah. Nalika kaping 11 Oktober taun 1877 rare nami Buyahmin umur 3 taun anakipun Panlawe Kasan Anom, ing dhusun Ngeboran dhistrikKatithang (Kartasura) pejah kacemplunging blumbang,jalaranipun makaten,Buyahmin dipun keloni bapakipun, Buyahmin dereng ngantos tilem karumiyinan tileming bapakipun,wasana sareng antawis dangu bok kasan Anom badhe adus ing blumbang sumerep bilih Buyahmin sampun pejah kemampul wontening blumbang au, suwawi kagaliya kagetipunbok Kasan Anom Katandhan Lenggotbawa ======\======Madiyun Tyang Ngendhat Ing nalika dinten Minggu ingkang kapengkerpunika wonten 1 tyan gjaler nami Ka mangggen sartagegriya ing dhusun Suratmajan dhistrik maospati, wau yang wanci anggadhahi sakit kirang lepas engetanipun, anuju ing dinten wau pun Ka kesah dhateng kebonan sawingking inggriya, lajeng menek ing wit-witan, klayan bekta tambang, ananging boten nnten satunggal tiyang ingakgn sumerep, kakinten saeng dumugi ingnginggil kakajenganlajeng wau tambang ingkang sesisih katnagsulakening nepang, utawi ignkang seseisih katangsulakening gulonipun, wesana lajeng andhawah saking nginggil naming boten waged dumugi ing siti, awit tamabng wau wanci boten patos panjang, mandar wuledipun tambagn boten waged pedhot ign salajengipun sing set gurawalan gumantung kadi dene tiyagn kagantung, antawis taksih saged sambat, naming boten wonten ingkang miring salajengipun sawang kunarpa. Ing nalika semanten nuju-nuju ingkang estri dhateng kebonan punapa malih sumerap ing nginggil laejng wonten tiyang gumantung, sartaboten supe manawipunika ingkang jaler, kang estri lajeng jerit-jerit saengga kamireng saking tetongga kiwatengenipun punapa malih ahli warisipun sami dhateng umyung swaranign tangis. Sadhatengipun pulisi mriksa amriksani, saha angedhunaken bangke, trang yen wau Ka pejahipun sakikng enamelipun pyambak, awit teksiran saking adapt nalika gesang anggadhahi sakit enyeng. Katandhan Tenaya Adi ======\======wonten panyerating tetembugnan ingkang awis kapireng, nanging dipun sakajeng sabab ingakng majurung tenaya Adi REdhaksi ======\======Ing sarehning kula sampun pirsa pyambak serat saking kanjen gupremen, nalika taun 1875 paring dhawuh dhateng sadaya mantra guru jawi, manawi salaminipun anglampahi dados mantra guru boten nate manggih kalepatan utawi damel gleaning penggalihipun para ingakng nguwasani nagari ngriku, punika kenging santun padamelan saha minggah pangkat sapantesipun, ananging ngantos sapunika kula miring naken dereng wonten ingakn manggih sih kawelasan santun padamelan saha minggah pangaktipun, punika awit saking punapa, mongka kula miringaken para mantra guru punika inggih tulung dhateng padamelan pulisi, punapa malih para mantra guru ing dhestrik bawah kabupaten Madiyun, manawi tandang tulung dhateng padamelan pulisi anggening remen saha pratingkahipun buta cakil, lo samanten wau inggih mawi mawi ingkang kajibah nguwasani dhsitrik ngriku. Mila panyuwun kula Dhaeng para mantra guru ignkang laminipun nyuwita sampun 4,5,6 taun salajengipun la bok inggih manawi wontenlowongan priyantun, asisten wedana, agengipun dhteng wedana utawi kolektur, bok inggih gadhah panyuwun dhateng kanjeng gupremen, anyuwuna gentosi padamelan wau. Wondening kaparinan utawi boten punika begjanipun, sok ugi boten kainan, dados katingal manawi remen dhateng padamelan sanesipun utawi boten ajrih kangelan miwah sakit. O para pawongmitra manri guru sadaya atur kula nginggil wau sami kagaliha, sampun kok lajeng kamidilepen, ngantos dhiklu tansah dados mantra guru mawon, punika tondha manawi kesete tulung dhateng pdamelan sanesipun utawi ajrih kangelan miwah sakit, dados ingkang nguwasani nagari ngriku, utawikanjenggupremen lajeng boten galih babar pian. Patiyankaping 29 OKtober 1877 Kula pun Dahatmangayunayun. ======\======Ing Bramartani ongka 41 Pundi wonten tiyang nandukaken manah ewa teka mawi baradhat namaning mitra iingkang condhong pamikir,ngunguning manah kula boten kenging kasuda, eh mitra kartawikrama palsu, kapanggih pinte nprakawis nun pnapa ingakng dados dosa nunten kababara, dene gampil anggen jandika sumlenggrengpunika memper kados methok yekti bdhe boten gumiwang, sarta tanggap anyawangi ingkang tumadhah enguing mitra kula ngabei Suraprabawa, 2 mitra kula bodhestu dahat dupara, hem eca miwah nikmat inggih nun tiyang remen agecsu nama mekaten sila samangke kula teksa ngelih ing nama Jadika, prayogi anenggih durwikrama, tegesipun dur, reget, wi luwih, karma tembung dados nak dherek kaliyan bonggol kampak, sanajan jember- jembering praja boten kirang ingkang darbeni nama kartawikrama, ananging talapakan kula kataton, bokmanawi dangu sarasipun yen boten katupukaken dhateng talingan jandika ingakng ngantos nukulaken sekaring delahan, iyah boksampu atetameng sadane, kados tamu, mindhak akarya rendheting wangsulan jandika, suwawita kapara rikat ingakgn samang\pun tilar pasanging awkalo sisip sembir bilih nemahi kawirangan, sawab kacihna saking tateembungan jandika layak kewakne ngriki boten samara,malih abulus ijo, msa dadak panginga. Ing LOkapratita, kaping 10 Sawal Je 1806 katndhan Sinduraga ======\======Nyuwun Saserepan Ingkang kaurmatan akathah-kathah, mugi katur parasarjana, ingakng sami kapareng lelangen wonten pasamoan bramartni. Ri sampuning kadya punika kawiyosipun, igkang mugi para sarjana pinarengnaingpanggalih, aparing berkah ingakng dados kodhengiipun manah kula, ing ngandhap punika pratelanipun. Wonten sadherek kekalih ing kang sepuh estri, medal saking bojo sepuh, ingakng enem medal jaler, saking bojo enom, anak sepuh wau darbe anak estri, punika saking kajengipun ing biyung kedah dipun dhaupaken kaliyan sadherekipun wau, pun sadherek inggih sampun anyondhongi, ananging akrap saking bapakipun lare ignang badhe laki paman wau, sami boten anarjoni, jalaran pamanipun deles, menggah rembag kasebut nginggil wau sami adrengipun. Punika ingkang kula suwunaken berkah, saking dhawahing sarak punapa kenging ,paman ngrabeni kapenakakanipun ingkng ugi-mugi praantun sarjana aparinga pitedah menggah leresipun, punapa leres ignakng adreng, punapa leres igkang mambeng, saklangkung pangjeng-ajeng kula bab peparing ngangsulan katrangan wau, katrapnaign Bramartani wedalipun kemis ngajeng pnika, margi badhe andadosaken pirena kula. Sinerat tanggal kaping 16 Sawalk taun Je ongka 1806 PunMintasayegti. ======\======Kula sakalangkung anayogyani dhateng nawugnkridha, bab anggenipun anggelaraken elmu kodrat wonten serat kabar Bramartani, sabab saking cariyosipun tiyang marsudi kawruh, yen elmu kodrat punika ageng paedahipun. Salaejengipun kula kapiadreng kedah amratelakaken bilih kula rekanipun inggih kadunungan sedya anggayuh elmu kodrat wau, menggah seserepan kula dhateng elmu kodrat boten wonten malih kajawi pakantuk wewedhar saking sarjana ignkang kenging kaanggep medem seserepanipun dhateng elmu kodrat ananging teka andadosaken runtik dene saasampunipun kula tampi wuwulang sakedhik mongka tataraning panggayuh, kula boten saged anglejengaken amiyak piyambak ingkang dados wawdosipun lalampahaning kodrat awit saking kakethulen budi kula boten kaconggah katandukaken ing werit. Awit wontnipun sabab ing nginggil sarehning kula amanggih lalampahaning kodrat ingkang boten kula mangertosi wadosipun manawi nawungkridha marengaken kula nyuwun seserepan wondene lalampahaning kodrat ingkng kula panggih kados ing ngandhap punika 1. Sabab sakingpunapa wontenipun swara 2. Sababipunpunapa, yen teken kalelebakening toya katonipun coklat 3. Sababipun punapa yen tiyang wonten ing toya badanipun karaos enheng 4. Sababipunpunapa yen jam tabuhan pnika bolong samasa kathuthuk swaraniun irih

Amung pnika ingkang kula suwunaken wewedhar dhateng nawungKridha, ktndhan Dumadi K.W. ======\======Lah mara talah marata, punika saemper badhe dados laku jer kodrad di uthik- uthik, kan gmongka wonten paribsan aja anggunem prakara kang memet yen nora neges watone, punika yen dhasar saged nawung kridha kedah aneangaken wredinipun Atum sarta monokulen saurutipun Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat Gedhog lampahan Panji Laras Paramantri Daha nembelas belaka, mekasar para mantra kehe wolungdasa, apa margane menang, sanadyan kulita wesi, otot kawat lemes denuli-uli. Mantri Daha kinepung kinalang-kalang, sinawat gadabindi, bangkolang serampang, jemparing kadya udan,mantrinembelas keh mati, kantun sadasa, wus datan bias esik. Adipati lautan magsih sudira, singa tinempuh ngisis, dyan Dhaeng Makanjar kalawan Dhaeng Purbah, sareng denya anggulangi, pagut marepak, Dhaeng Makanjar angling. Eh wong daha ngakuwa saparanira, apa sira bupati, dhapur mu sembada, nauri sang lautan, eh away tambuh ya mami, aran lautan, bupati ing Gedhiri. Kang wus kasub kaprawiraing ngayuda, pinarcayeng narpati, balik sira sapa, roromapag maring wang, Dhaeng Makanjar nauri, ingpun lu gurah, Makanjar aran mami. Kang sawiji Purbah yuni sisih ingwang, tindhih wadya turanggi, eh babo lautan, angung sira nungkul,masrah nala yon san gputri, mring jeneng ingwang, miwah sgung parestri. Lamun ora mangkono sira palastra paran gonmu nadhahi, marang yudaning wang, tikel saijap-ijab, wolung puluh mantra mami, padha ungarad, during sayah ing jurit. Mantrinira amugn sepuluh belaka, wus padha mempis mempis, pucet pun dirangan, lautan dukmiarsa, malengleng asru nauri, eh setan pothar aja sira cariwis. Wuwuha namung suh telugn mono engkas ingsun tan sedya wedi, Makanjar srungucap, eh apa Gathotkaca, sayo numbak kadena glis, arya Lautn, ngembat lawung kumitir.Duk lumarap Dhaeng Makanjar trengginas, kuda pinuter ngering, landheyan pinedhang, pagas tumibeng lemah, landheyan binuwang aglis, arya lautan curigane tinarik. Karya tangkis pamedhangira Makanjar nanging curiga kuntit, rehkang pedhangpanjang, panangkis tuna dungkap, duk sinbabet saking kering, tangane kampat, sigar seleng dariji. Gobrah-gobrah tangane arya lautan, curiga tibeng siti, suraking ampuwan, suka wdya Makasar lurah nya ungguling jurit, Dhateng Makanjar gigiro ngarseng puri.Lautan apundirangan, reh katresan ing ngaprang tanpa tangkis,lawan tanganira keju, sira Dhaeng Makanjar, lawan Dhaeng Purbah sareng denya muwus., eh lautan lumayuwa, sun pedhanga sira mati. Tinggalen layon sang retna, lan wanodya gyana ko gawa siji, kilautan dupi ngrungu, sigra nginger turongga, lawan mantra sedasa sareng lumayu, wadya lit sadaya bubar, mungkantun para pawestri. Tuwin layone sang retna, wus tnilar myang retna ragil kuing, wadya mekasar angepung, wanodya biunglungan, apuyengan tangise umyung gumuruh, sesambat abiyang-biyang, dhuh-dhuh kaya paran iki. Jeble dadi boyongan, dhuh gusti ku sang retna rgil kuningparan yen binoyong mungsuh, tuwin layon sang retna angurbaya wongwadon semene iku, kabeh barenga palastra, ajana kang urip siji.kang saweneh kitrang-kitrang, wong Mekasar pedhangen ignsun iki, away nyekel sira iku, pesthi tanganmu kasab, dhedhapur mu gegilani kaya munyuk, kang saweneh sambat sambat, adhuh bapa kaki nini. Kang wus anaingjaratan tulungana cilakaing sun kaki, sira udanana watu, kabeh bala Mekasar gae gage tangiya sira kibuyut, suwe temen pijer apa, kang saweneh anauri. Wongmati mongsa tangiya, jamak jaluk tulung mring dea luwih, yata wadya kang angepng, sangsaya amaepak, anggigila mobat-mabit pedhangipun kang saweneh ngemas-emas, mindha ngungrum rih-arih. Kang rinungrum kamigilan, rebut tengah uyel tindhih-tindhih saya druwili mimisuh, mring dipati lautan, yata kuenng Pratama kang aneng pungkur wus tetelapamyarsanya, yen lautan kasor jurit. Lumayu angungsi gesang, manjing wana tinilar para estri,ki Pratama asru muwus, payo adhi Partistha, atutulung lebu geni magut mungsuh, yen basuki pirabara, dadiya labet mring gusti. Kapan ujon ki Pratistha, sigra ondhang tengarane tinitir, wadya umangsah mangayun, Pratama lan Pratistha, nitih kuda turongga sinabet asru, supaya ingggala prapta, kasesarehning prestri. Bok selak binandhangmengsah, wadya bala kantunneng wuri tebih, Pratama Pratistha sampun prapta nggeignwanodya, kan gkinepung meh kedhik samya tinubruk, puyengan abiyang-biyang, dene retna ragil kuning. Wus narik patrem pabelan ciptanira sang retna ragil kuning, yen estu cinepeng mungsuh, yekti asuduk jiwa, datan ara tinawan milaur lampus, sumarma babu myang embank, sedya bela angemasi. Kuneng Pratama pristha, duk umulat mring retna ragil kuning, yen arsa anganyut tuwu, Pratama lan Pratistha, sigra mudhun, saking kuda mangsah ngamuk, kalihira ngagem gada, kangepung pinupuh wani. Rangkep pat binabit rebah kang katenggel remuk bangke manguping, Pratama Pratistha sengkut, malumpat ngeringanan yata wadya Mekasar sekala bingung wruh kancane keh palastra, akng kari panggah nadhahi. Gumrudug ngangsahken pedhang, paser towok tanapi gadabindi, kumrutug sainggga jawuh,Pratama lan Pratistha, sudireng pranglir singagalak manempuh, tan gigrig ktiban braja, pangamuke ngobrak-abrik. Singa kang tinerak rebah wong Mekasar giris denya nngali,kiwul-kiwul kabarubuh, bangke sungsun atumpang, sanalika laurt mirut wus maledug, palayune nunjang nunjang, keh tiba saking turanggiSakalangkung ngepung sirna, para esri suka asreping galih,s amya mumuji kumrusuk, dhuh-dhuh dewa bathara, lah reksanen Pratama pristha iku, dene wong roro kewala,bias bubarake baris. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 46 Kemis kaping 15 Nopember 1877

Surakarta Kanugrahan Raden Rongga SAstra sarana abdi dalem mantra Carik jaksa ing pangadilan dalem pradata ageng kinulawisudha dados abdi dalem panewu ngajeng kapatiyan akalayan lenggah siti 4 jung, kapatedhan nama sarta sesebutan RAden Ngabei Wiramandaka

Raden Rongga Sastra sumarja ugi abdi dalem mantra Carik jaksa ingpagnadilan dalem pradata ageng kinulawisudha dados abdi dalem mantra kaparak kiwa akalayanlenggahsiti 4 ¼ jung, kapatedhannama sarta sesebutanRaden ngabei Suradikewuh.

Raden Ronggasastra Pratignya inggih abdi dalem mantra Carik jaksa ing pangadilandalem prata ageng kinulawisudha dados abdi dalemmantri ageng akalayan lenggah siti 5 jung kapatedhan nama sata sesebutan Raden Ngabei Purwadiwirya.

Prayantun titiga punika putranipun raden tumenggung Jaksanagara

Raden mas Sumadi putranipun raden mas ARyajayadiningrat igakng sampun anglampahi magang wonte ingkantor kapatiyan kinulawisudha dados abdi dalem manri kaprak kiwa, akalayan lenggah siti 4 ¼ jung, kapatedhan nama sarta sesebutan raden ngabei Suraatmaja.

Raden Panji Truna Widagda upsir prajurit dalem Grunasura, inggihpunikaputanipun Raden Tumenggung Suryawinata, kaangkat dados abdi dalem mantra ageng, akalayanlenggah siti 5 jung,kapatedhan nama sarta sesebutan RAden Ngabei Purwawidagda,

Mas Ngabei Karya Sudira abdi dalem mantra Gowongkadpatiyan kinulawisudha dados badi dalem mantra kalang kalayan lenggah siti 6 jung, kapatedhan nama sarta sesebutan mas Ngabei Singamargongsa. Ing dunung sepi tanggal kaping 14Nopember 1877 ======\======Kabar Surakarta Ing kampung Balong, bawah kapulisen kaprak tengen nalika dinten Slasa enjing wanci jam 4 marengi leking tanggal kaping 29 kapengker punika, sakathahing griya sirna kabrastha ing dahana,jalaran saking panganiayanipun kanglampah juti, ingakng dados bubuka griyanipun tyangnami Taira,kusiripun babah Kun Sing, griya dhapur kampugn payon atep, ingkang kasulet emper ingkang kidul wetan. Ubaling dahana tan kenging dipun pambengi, jalaran papanipun rumpil griya wau pipit sanget mila kenging ing sgutheg ngriku katembungaken dados karangabang, dene griya ingang sirna griya payon sirep, 2 iji, payon gendheng 3 iji, payon atep 23 iji, gungungg 28 iji, cacah wuwung kantun griya satunggal ingakng boten tumut kabesemen, anangingsampun risak sanget awit dipun rebahaken kalayan taksa, pitunanipun katepsir kiran glangkung 4800 rupiyah pethak, mila sakalangkugn anuwuhakenturida, dhumateng para kadang warga ingakng sami nglayad. Sinerat tanggalkapng1 Dulkangidah Je sinengkalan Ras Sirna Ngesthipati Ktanhdn Sastra direngga ======\======Serat kabar Surapringga 3 Nopember ongka 28 wonten ungel-ungelanmakaten: paprentahan pamong sanak.

Anenggih uing bawah Madiyun ignakng kedahdipun ulat-ulat, ngatasing paprentahan pamong sanak, residhen tingalipun sakalangkung anggenipun remen dhateng para priyantunjawi ingkang mojok piyambak dhatengbupati ing Ponaraga. Samanten wau boten wonten sarunipun, ananging kedah mawi ukuran dugi prayogi, kang dumunung ing ngastanipun lurah paprentahan, karsaning nginggil kedah rujuk kaliyan para priyantun jawi, wawatesipun mila wonten sanadyan ngatasing kekancan utawi ngatasing damel utawi pamitran, ingakng badhe kula ginem namung gatasingpadamelan nagari, dene ngatasing pamitran kajenge, saseleh-selehipun. Wonten sawatawis wulan bupati Ngawi dipunundur saking kelenggahanipun , dipun gentosi bupati ign Somarata, ananging somarata botenktaneman bupati, dipun ewokaken dhateng Ponaraga, wasana bupatiing Madiyun sampun langkung sataun angggenipun gerah boten saged anindakaken damel, simper badhe boten saged mantun malih, kedah dipun paringi wagel utawi kapansiyun, bilih ngantosa makaten kinten-kinten ignkang badhe gumantos palengggahan ageng wau sitnen. Bilih kula piyambak boten saged andumuk, ananging kedah kedah badhengaturi pamanggih, mug-mugi paentah ageng ing Betawi anguningana , sampun ngantos kaisenan santananipun bupati ing Ponaraga, sabab saemper karsanign residhen inggggih makaten langkugn prayogi manawi bupati PInaraga, dipun pindhaha dhateng Madiyun, sabab santananipun ing bawah Ponaraga sampun kakathahen kang mongka taksih kaparsudi dipun wewahi, dene ingakng gumantos ingPonaraga amilih abupati utawi papatih saking sanes rsidheni, badhe sakalangkung kikantuki. Murih adhamangaken ing ngandhappunika, kula amrinci para priyantun bawah Ponaraga, ingkang kelebet santananipun kang bupati Sata kabawah putranipun bupato Ponaraga Cakradipura, patih Ponaraga; Cakraamijaya, Wadana Caruban;Cakrawijaya, Asisten ;Wadana Kota Ponaraga; Cakratanaya, Asisten Wadana Pujahl; Cakra Aiisena, juru serat kantor residhenan

Putranipun Bupati Ponaraga Suradirja, wadana Maespati; Padmadipura, wadana Temayang

Putra kapenakanipun bupati Ponaraga Citrakusuma, wadana Balipanjang; Wiryadikrama, wdana Gendhingan; Sastrareja, Asisten wadana sowa; Kariyapura, asisten wadana Kemiri; wongsadipura, palang dhusun Singkil punika sadherek. Wah malih mantra gurujawi pinaraga, semahipun kapenakan ingkang bupati, jaksa panaraga semahipun kaleres kapenakan kaliyan den ayu pati, karya kusuma asisten wadana Jeruksing, ing ngajeng ipenipun den ayupati, mila sadaya meh kumpul dados oyod kan gmongka sawanganipun boten badhe kendel samanten sabab samangke ngrebda kathah para sunujalu sarta wayah jalu, dereng sami malampah damel sadaya sami magang padamelan kawedanan utawi asisten kawedanan. Dene manawi bupati panaraga kapindhah dhateng Mdiyun pantes yen bupati Ngawi dipun rancanga kadamel gentos dhasar priyantun kasusra kamemetanipun ing ngajeng boten patos narjoni dipun pindhah saking somarata, manawi kedadosan makaten, ingakng kenging kadamel gentos: Papatih ing Ngawi, lah punika parentah ageng ing Betawi badhe angwontenaken kapujudan ingang seger ing bawah Madiyun, sarta saged angarsa-arsa kamemetaning para priyantun jawi, kalih dene malih pantes bupati Ponaraga kang sampun jumeneng adipati amandhiri ing Madiyun. Mugi-mugi parentah ageng ing Betawi karsaha anggalih nalar kang sakalangkung prelu punika sabab sanadyan parentah ageng pribadi, amasthi kagungan panggalih, yen paprentahan among sanak kados kang kasebut ngajeng wau, anuwuhaken tan prayogi ngatasing ayahan Katandhan O ======\======Nalika tanggal kaping 9 ing Ngayogya wonten tiyang estri dipun tunjnag ing kreta, sakanipun saking nagari badhe dhateng setasiyun sepurweh, kabaripun ingkang ngusiri, inggih tuwwan ingkang gadhah kreta, jalaranipun tuwan wau kawuron, rakitan sampun mamprung, nanging maksa dipun labrag satengah pejah, boten pisan ngrewes bilih ing margi wonten janma langkung, lah punika kados pundit karsaning polisi. ======\======wonen kabar saking Ngayogya, ingkang kekondha sawijining pangeran kang mongka aneges bilih anggenipun mjegaken siti dhusun ing bawah Pakualaman dhateng para tuwan-tuwan, punika anuwuhaken dredahingkang kapara anemeni, sabab wonten putra Santana ingakng boten anarjonillenggahipun dipun pundhut sarta kalintonan. ======\======Kabar pista ing kamar bolah Ngayogya, nalika dalu tanggalkaping 10 sakalangkung rame ngantos jam sakawan enjing, pista wau dunungipun ngaturi kormat dhateng kanjeng sultan sareng dalunipun manggih ing ngalun-alun wonten sekar latu, ingkang ngaturi kapitan sarta litnan Cina, aannging tuna dungkap sabab kabaripun boten patos anuwuhaken suka, bokmanawi awit saking keseling para ingkang nuweni pista ageng wau. ======\======Kapal wedalan Kedhu sakit katitipaken dhateng tuwanPogel badhe kajampenan, griyanipun ing Surakarta, ngajengan Gondasewayan,nalikaning dalu dipun colong dening drusila pandung, polisi enggal dipun aturi uninga ananging pamanggihipun kathah bokmanawi boten saged katutuan, kados yen kapal wau, sampun kapurak ing Karanganyar, sabab ing ngriku makina-kina panggenanipun amragat kewan colongan, sakalangkung papajenganipun. ======\======Serat kabar saking Eropah awawarti, meh makaten suraosipun: Kirang langkung sewu pitungatus upsir, kalebet balatantraning Nederlan sami sae kakapti Ayasambul, dipun pratandhani tondha tanganipun satunggal tungggal, kaunjukaken ing sangandhaping sampeyan dalem minongka tondha secatuhu tuwin katemenanipn para kawula dalem wau, kagema pethuk angggenipun sampeyan dalem gedhong pakumpulaning para abdi dalem upsir ingakng sampun rerehing damel kaparingan tedha pansiyun pakumpulan ingkang kaparaban pakumpulan ratu. Wondene ambul wau wiyar ciyutipun sakertas kebetan ageng, mawi kaluruban baludru wungu, jawing samak kinarawistha salaka makutha milki, pojokan sakawa ninggih dipun rega ing rontak sajati walandi (Eik) kacirenan mawi sastra endah carikan, suraosipun makaten: ======\======Dhuh Gusti Tondha paringing sang mahamulku, ingkang sampun andadosaken parenging panggalih dalem, sinung dhumateng gedhong pakumpulaning para kawula dalem, sawarnining upsir ing wadya bala tantraning Nederlan kang sampun kapansiyun, sarta kawewahan sih kawelasan dalem karsa jumeneng pangagenging pakumpulan wau, punika gusti, para kawula dalem sawarnining upsir ingkang taksih sami lumampah angrembaat ayahan dalem, ing salebeting wadyabala tantraning Nederlan tuwuh kaniyatanipun, amakiwuwuh angunjukaken sakalangkung panuwunipun, konjuka ing ngayunan dalem, awit panjenengan dalem sampu anglairaken parenging panggalih dalem amaringi wewah pratondha katresnan dhumaeng sawarnining nalar, ingkang manggepokan anuntun kawilujengning abdi dalem wadya bala tontra. Ingkang punika sang prabu, para abdi dalem angunjukaken setyatuhunipun dhumateng ing Sarira dalem. Kawula para abdi dalem ingkang sami sowan makiwuwuh ing ngarsa dalem, lajeng dipun salehi gondha namanipun katurutaken aksaraning ngajeng. Cirri ingakng kasebut nginggil wau, sarta sawarnining tondha tangan dipun renga ing sesekaran carikan, amralambangi sawrnining wawening wadyabalatantraning Nederlan, ingkang yasa satunggiling kawula dalem upsir ingkang misih mlampah damel, serataning cirri mawi aksara mas, salalakan aksara abrit, sinukarta ing sesekaran cithakan, agraning cirri ketingal anglel: kagungan dalem Wapen. C.F.P. ======\======Wangsulan Katur mitra dahat Mangayun-ayun. Kula sampun maos srat paduka ingkang kapacak wonten ing srat kabar Bramartani ongka 45 wulan NOpember 1877, ing ngriku paduka mratelakaken bab para manri gurujawi dereng wonten ingakng saget antun padamelan saha minggah pangkatipun punika awit saking punapa, sadaya wau inggih leres, nanging kawuningana saderengipun utawi sasampunipun paduka suka enget ingakng makaten wau, kula sampun miring, manawi wonten lowongan priyantun Asistten wedana ongka 1 aengipun dhateng wedana utawi kolektur, ugi sampun wonten manri guru ingkang klampahan gadhah panyuwun, supados sageta gentosi padamelan wau, nanging kanjeng gupremen paring wangsulan teksih kasemadosi kemawon, sampun paduka galih ajrih kangelan utawi sakit,punika boten pisa-pisan, O ya Talah, kliwat saking angggene sami kapengein saget antun padamelan miwh minggah pnagkatipun ngantos kemeceripun kados wanudya nyidham, Inggih namungpunika atur wangsulan kula ing paduka Mitra paduka ingakng wonten ing Gunung Pandhan. Bedhot. ======\======Ing kampong Jayengan wonten tiyang sugih wasta Kartasemita, anggenipun semahan sampun lami dereng gdhah anak mongka pinangggih jakarara, ingkang jaler inggih sampun nyelir ananging meksa boten medali, sareng sampun sawatawis taun ingakng estri gadhah niyat setiyar, lajeng nedha lilah dhateng ingkangjaler, bilih sami kaparengipun badhe nyambut bojonipun bok mas Prayadimeja, supados sumerepa pundit ingkang gabug aos, punika lajeng saged kalampahan sami trimah lilah sadayanipun, ananging saestu boten sged gadhah anak, waana anggenipun nyambut wau kalajeng sami remenipun, punika lajeng nuwuhaken ngudur, tujonipun boten ngantos panjang,jalaran kartasemita jaler tumunten saged dhaup kaliyan bok mas prayadimeja, dumadakakan prayadimeja lajeng kasrakat kasangsara, Kartsemita wau sugihipun sangsaya sanget mongka mbok mas Praya punika rumiyin kalam rarat busuk sareng kamengku kartasemita ko lajeng saged punika kados ingakng kabasakaken adiling Allah. Jayeng Wiryana. ======\======Sami murinani mitra nanging naming sapisan punika. Kula sareng mentas ningali seatipun Gus kentholinggot bawa ingakng tumanduk dhateng mas Ngabei Suraprabawa, kalih ingkang dhateng kartawikrama, sakelangkung gumun pangunguning manah kula, dene sanget temen angggenipun ngundhad-ngundhamana, ngantos mrojol saking paugeraning tatakrami, saking panimbang kula bilih leatipun naming mekaten kemawon kados dereng pantes kapatrapan tembung ingakng sarunipun samanten , ing ngatasipun naming murinani mitra, sumongga para priyantun kula aturi sami anggalih, lenggotbawa punika manawi kula pirit saking wasisipun dhateng kassusastran kados prayantun sarjana, sareng kulapirit tembungipun ingkang dhateng kartawikrama mungel (angyaning jana kang gemblung) kok inggih netepi tembungipun piyambak rak inggih tan eh, lo lo sampun mancereng gus lenggot, wong kula clathu sawentehe mawon sing miwiti sampeyan dhewe clathu gebacuten eh gene panjenengan redhaksi rambah-rambah ngengetaken menawa andika kasupen gus, manawi sampeyan mangsuli serat punika, kula inggih mangsuli malih,saaged sagedipun, awit panjenengan redhaksi boten ambau kapine, Kartadikrama, ing Sreten. ======\======Limrah, ejun ingkng kandhit ing tiyang, isi toyanipun lukak amesthi kocak-kacik, makaten ibarating solahsabdaning manungsa ingkang esiripun suwardi wardya kinarubut ing pangalembana, wonten iribuipun kadi lenggotbawa, nalakane anglobak kados mina ingkang rumaosipun ageng sarta wigya piyambak ombaking toya ngantos angentasaken ulam uceng alit tur pilek inggih punika mitra kakalih ingkang sami sulap anggening kasorotan gebyaring bramartani ongka 43 dene boten kadosa mongka limrahipun sampun malih ingkang sinebut sudarma, bok inggih nama mitra awanuhan sarawungan kemawon kados kados dereng kolu, angempakaken tembung siyang wateng ing lyan, liuya wonte nsabab ingkang badhe gepok kan gsarira, suwawi ta kagalihana, saking wateking tawon yen boten kagodha, yekti tandarbe kretkat angantup, mongka kang sarira boten binedhung maksa angentup, manawi makatenpunapa tawon ingakng lagya wuru satengah , mila kinten kula kangelaan angara dipun eringi para punggung, awit wahyaning pamulasara boten milih papan witne kang sarira sampun jumeneng sudarma makaten ingang tamtu saged anyebar wijinin gdugi-dugi, botenipun punapa sami kemawon kaliyan ingkang saceret kawruhipun wangsul sunu kakalih,taksih patut kirangatatakrami tuwin ing reh sampun kanyathan, ananging kang sarira sampun ngnatos kaljeng ngembrari, ingakng ejun isi toya sacangkir tan binekta ing tyang meksa wutah, lo sampu maengut, lo sampun mesem lo mangketa sampun enggal mundhut kalam panurat, kula pasthekaken jerng rama langkung bramantya, inggih lumajengnun, boten niyat males, Pun Goragodha. ======\======REdhaksi tampi serat saking Jarapah ing Ngayogya, bilih panebasing siti dhusun bawah Pakualaman denign tuwan tuwan, punika sapriki dereng sami rakit malah enggal badhe anjalari dredah ignkang punika redhaksi angrsa-arsa kabar igakng terang sarta ingkagn awewaton, supados kenginga dipun waradinaken lantaran jurumartani, murih anyingkirana pringgabaya. ======\======REdaksi tampi serat saking Ngawi, sartapanjurung katandhan panjakudawanengpati, dene serat pangiring wau igakgn kintun kalebet dwija, suprandene wonten dirganipuningakng mungel, latur panjenenganipun tuwan redhaktur saking serat pustaka warti Bramartani. SAdereng-derengipun redhaksi apitaken mas dwija punapa sampun anggalih menggah atrapipun tembugn saking nginggil punika, leres botenipun, sabab redhaksi darbe pamikir, bilih mas dwija ingkang wajib nangkaraken kawruh, tembung sakin gpunika, punapa boten awit kwlandinen utawi kamlajengen sumongga kagalihya dene mengggah suraosing panjurung, punika sumongsa-mongsa, rdhaksi piyambak sasaged-sagedipun badhe amratelakaken pamanggihira, owelipun kedhik ingkang miyosi sayembara dene priyantun liya nagari, tegesipun dede priyantun ignang wajib ananggulang, kuwatosipun redhaksi bokmanawi sangsaya amuungu, mindhak angawrati priyantun agung ingakng kapara dipun sandhung. ======\======Punika cadnhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras

Tuhu yen jalma widagda, pantes lamun sinihan mring jeng gusti, ya kayasi asu bunting, lautan nunjang-nunjang, mlayu ngunthul bupati patut pinerung,mung ajure kabrabeyan, ing wusana aniwasi. Para babu miwah embank, myan gparekan prasami melajengi,mring pratama nguwuh unguh, nak dikakendela, kang sakedhap andika anginum ranu, tuwin andika mucanga, tentremna dhirinta dhingin. Pratama lawan Pratistha, anauri nya ing mangke rumiuyin, dtelas mengsahipun sanadyan kula sayah, prapteng pejah dadosa wawales ulun mring gusti sang raja putra para emban samya nangis. Welas mulat mrign pratama, kalihira anggganyakathah getih, pratama pratistha gupuh, sreng denya umangsah, mring prenahnya nggen lurah arsa tinempuh, yat sang Dhaeng makanjar, lawan Dhaeng Purbah yudi. Kagyat denira tumingal, wadya ingkang ngepung sagung parestri, sadaya bubar maleduk, saweneh wonten prapta, ngarsanira Dhaeng Makanjar srumuwus, eh pagene padha bubar, endi denya amboyongi. Kang tinaya aturira, dhuh ki lurah dika den ngati-ati, punika wonten kang ngrebut, wanodya tnkajarah kang angrebut pamuke lir gajah sewu, lamun amupuh mring jalma, kang di anggitik cicindhil. Konca batur tutumpesan, singa majeng bangkene tiyng saluwir, sumrmi samya lumayu, dhaeng Makanjar ngucap ana pira kehe mungsuh kang angrebut sumaur kalihbelaka, makanjar mojar nudingi. Dodounsi setan belang, mungsuh jalma roro dadak malencing, kasinung ujar sumaur mangke andika cobak, kula peling yen sirah dika maledug, yata lagya sapocapan, kasaru pratama prapti.Samya dharat lan pratistha, mandhi gada solahe ngrespateni, wong kang matur sigra muwus, lah dalah niku prapta, kang angamuk rupane abagus bagus Dhaeng Makanjar sru ngucap, saparan mu won Kedhiri. Dene liwat kinawasa jalma roro sira wani nadhahi,wadya sanembang maledhuk, pratama sigra nabda, eh ya tambuh pratama panengraning sun, ingkang sawiji pratistha wng Jenggala ingsun iki. Balik sira ikusapa, gya nauri dhaeng Makanjar mami, Dhaeng Purbah sisihingsun, padha lungguh lulurah, eh pratama away mungsuh lawan ingsun, sun eman angur ngturna, sakehe para pawestri. Pratama mantheleng ngucap,ya cariwis rah payo age jurit, sanadyan wuwuha satus, kang kaya rupanira, nora ulap dhaengMakanjar sru muwus, e iya si raden yitna, tadhahana pedhang mami. Denya mangsah sasarengan dadya tandhing siji sra sami siji, ki pratama tandhingipun, lawan Dhaeng Makanjar, ki Pratistha dhaeng Purbah kang pinagut, dhaeng Makanjar marepak, pedhang ing ngikal Kumitir. Pratama sinabet pedhang, agya nangkis binabit lawan bindi, pedhang tikel temah rempu, dhaeng Makanjar kampattangan remuk kudane kasampe rubuh, dhaeng makanjar malumpat dupi praptane ing siti. Pinupuh sirahe kena, sirah sumyur dhaeng Makanjar mati, dhaeng Purba minger magut, pratama gya pinedhang saking wuri pundhak kang kena gumadul, tanpa sah amindho jongga, nangign megsa tan nedhasi. Pratistha sigra anjangkah, dhaengPUrbah pinupuh sakn gkering, binabit gigire putung, niba saking turongga, pining kalih sirah pinupuh galepung, kakalih sareng palastra yata ingkang para mantri. Ing ngamuk sru kasulayah, kang katiban gada datan mindhoni, wusana giris wus mawut, bubar asasanderan, sawuseira sirna sadaya kangmungsuh, sagunge para wanodya suka samya ngusap weni.

Pratama lawan Pratistha, sayah prasamya alinggih, aneng ngisoring mandira, yata sagung para estri saking prusukeng galih,kongsi supe ing sisiku, gupuh samya marepak mring gene pratama sami, amigena ongga kang kktuhah ludira. Cakut cukat ing ngusapan, ponca temben kang kinardi, yayah lumiling mangrepa, la daweg kula aturi, andika nginum warih, darapon mantun nalesu, yen wus anginum toya, andika mucang den aris,kang saweneh angsung bokor isi toya. Sarya sru denri amojar, jemak padha den wisuhi, aja piijer rurubungan, ni embank gya marentahi, tenong juputen nuli, ladekna saisinipun , dhuh engger ki pratama, andika tutulung urip, dadya pran kongsi ya binoyong mengsah. Pratama alon saurnya, nyai kapula puniki, sayekti darmi kewala, awit pangawasing gusti, kula ngungun tan sipi, teka gampil solah ulun, karya sirnaningmengsah,, tan rekasa naglampahi, kang saestu sawabing gusti kangprapta. Yata eca kendelira, sinambi prasami bugti, lirpunagi solahira, mangkana ingkang winarni, kang magsih rame jurit, patih Jayabadra liwung, lawan mantra punggawa, tanana kang sedya urip, reh karoban ing tandhing sru karepotan. Patih sabrang Bramadenta babintune kthahprapti, sumamrma mantra ing Daha, sedaya wus kempis-kempis, nanging sampun kapikir, tan arsa lamunlumayu, kalamun lumayuwa musthi samya den telasi, dening nata tiwas kirang wewek. Yata kang ambeg alastra, wonten pitulung kang prapti, ing nguni Bathara Surya, kang amindha-mindha resi,katingal lagyaprapti, mring gene kang aprangpupuh, wau bathara Surya sigra dhatengaken angina prahara geng anyapih kang yudabrata. Wadya sabrang sadayanya, sirna binuwanging angina, tinibakaken muhara panggenanpara narpati, tan wruh purwane sai, paa nata sabrang ngungun, kang kari wadyeng Daha, patih Jayabadra, gupuh denya melajengi lan sagung mantra punggawa umaek marang sang resi, dupi prapta ingngarsi kyanapatih ebat dulu, cahya ne sang pandhita, dene lir purnamasidi, kyanapatih ulap sigra denya nembah. Miwah kapara punggaa, myang mantra samya ngabegti, kyana patih matur nembah pukulun sang maharesi, tigas kawuryan keksi, sinten paduka pukulun, tutulung kawlas arsa, paduka paring basuki, ywanta sapun makaten estu palastra. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 47 Kemis kaping 22 Nopember 1877

Kulawisudhan ingSurakarta

Usada anakipun mas Ngabei Arjadimeja abdi dalem panewu Mantarama, kakula wisudha anggentosi bapakipun ingkang sampun ajal kapatedhan sasebutan nama Raden Ngabei Arjadimeja, kaparingan gagadhuhan lenggah siti dhusun 3 ½ jung.

Arjasonta anakipun Ngabei Onggasatata abdi dalem mantra gedong tengen, kakulawisudha anggentosi bapakipuningkanng sampun ajal kapatedhan sasebutan nama Mas Ngabei Wriya wardaya, kaparingan lenggah gagadhuhan siti dhusun 5 jung.

Wiryareja lakinipun Ngabei Wiryareja abdi dalem mantra Gedhong tengen, kakula wisudha anggentosi bojoipun ingkang samun ajal, kapatedhan sasebutan nama Mas Ngabei Wriyareja, kaparingan lengggah gagadhuhan siti dhusun 5 jung.

Ing dinten Senen tangggal kaping 13 wulan dulkaidah taun Je ongka 1806 ======\======Kulawisudhan ing Mangkunagaran Nalika ing dinten Akad Legi tanggal kaping 11 Nopember punika 1. Raden Mas Angabei Kusumaningrat, gripir ing pangadilan Kastriyan, kawisudha dados panewu gripir pangadilan Kasatriyan 2. Raden Angabei Surasumaya mantra gununging salebetipun kitha, kawisudha dados panewu gunung ing Banarata. 3. Raden Mas Panji Prawiraningrat, Irstelitenan Infantri, kaelih pandamelanipun dados mantra ing Salebetipun kitha, sarta kapatedhan nama RAen Mas Angabei Prawiraningrat. 4. Raden Panji Atmawardaya, Irstelitnan Infantri, kaeelih pandamelanipun, dados manri salebetipun kitha, sarta kapatedhan nama Raden Ngabei Atmawardaya. 5. Raden Panji Wiracitraksa, Irstelitnan Infantri, kaelih pandamelanipun dados mantra Gunung salebetipun kitha,sarta kapatedhan nama Raden Ngabei Danuwijaya 6. Raden Panji Prawirasubrata twedhelitnan Infantri kaelihpandamelanipun dados demang pamaosan, sarta kapatedhan nama, raden demang POncasupadma. 7. Mas Sadarman, bekel langentaya, kawisudha dados demang cacar ing Baturetna, sarta kapatedhan nama mas deamng Padmasarana.

Kawisudhan Lisiyun 1. Raden Panji Citradiwirya, twedhelitnan Infantri kawisudha dados irstelitnan Infantri. 2. Raden Panji Surasasmaya, twedhelitenan infantry kawisudha dados Irstelitenan infantri. 3. Raen mas Panji Darmasugonda twedhelitenan inantri kawisudha dados irstelitenan infantry 4. Raden Panji Saksadewa, Ondher ajudhan infantry kawisudha dados twedhelitnan infantry 5. Raden Mas Panji Prawira ksuma, sersan mayor infantry kawisudha dados twedhelitenan infantry 6. Raden Panji prawira atmaja, sersan mayor inantri kawisudha dados twedhelitnan infantry 7. Raden Mas Panji Siswawinata pulir infantry kawisudha dados twedhelitnan infantry.

======\======Serat saking surakarta dhateng Koran Surapringga, kapacak ing lokomotip awewerti makaen suraosipun. Panyiptaning manah bab prabeyaning siti jungjungan inkagn badhe kalampahaken ing Surakarta, anuwuhaken kapara genjot dene pawedaling prabeya wau ingkang badhekangge anyantosani kapolisen siti jungjungan wau badhe dipun perang undha- usuk dados tigang wijangan ingakng kabebahan amijang para asisten residhen dipun kantheni utawi kauntun tuwantuwan kakalih kanng majegi siti, sarta priyantun kalih ugi. Yen pamijang punika atrapipun resik sarta prayogi, tuwin pawedaliing siti wau dumunungipun benjing dhateng panggenan kang bening, ngantos anjalari polisi boten badhe ddadosaken riribeding tiyang alit, punika masthi nunggil tiyang badhe sakalangkung trimahipun, ananging dupara, sabab pamijang kang kasebut wau sakalangkung rekaosipun sami ugi gawatipun katimbang kaliyan angeneng-enengi, kapolisen ing bawah Surakarta. Kathah kang mastani bilih ingkang dados daruna atrap wau, inggih residhen Lamres pantorenbureh, punika ingkang kinen anganyar-anyari adamel prabeya ngawrati dhateng para ingkang majegi siti dhusun dumados anjalari lukak pamujinipun dhaeng tuwan residhen wau. Liya saking punika bab anggenipun anyingkiraken pangeran Arya PUrbaya sarta raden Tumenggung arya Danudiningrat, punika nagari deeng pisan kenging kawastanan sampun anyirnakakenkelilip, ingkang dados ama ageng, ingakng boten pisan eman dhaen gpara bongsa kulit pingul sarta ingakng boten pisan atatabeyan tanpa awijik resik saking sengitipun, ama wau taksih ngadeg santosa. Bilih nagari badhe ngresikaken kraton ing Ngayoyga, punika nagari kedah prayitna, angunduraken sudarma sasununipun kakalih, dene yen nagari kewran namanipun dereng nyumerepi, andanguwa dhumateng residhen watendhorep dipun turutana pamikiripun residhen wau, punika badhe anjalari nagari boten badhe kapitunan upamtenar ingakng sampun asring-asring anglairaken kawicaksananipun ing salebeting kraton Ngayogyakara Adiningrat. ======\======Koran Surapringga tampi serat saking Surakarta, kapacak ing Koran Semarang, suraosipun bilih residhen Wattendhorep badhe seleh kaprabeon awit dipun cocok dening parentah ageng Betawi. Menggah jalaranipun sasampunipun pangeran Arya Purbaya sarta Raden Tumenggung ARya danudiningrat kasingkiraken, punika nagari dereng pisan anyrinakaken kalilip, priyagung ingang sengit dhaten gbongsa kulit pingul, malah ingakng asring-asring mundhut wijikan bilihsampun atatabeyan agegem gineman asta, punika taksih dereng mingser aksih wetah, ing ngajeng esidhen boswat dipun tutun dening priyagung wau, anangin residhen watendhorep boten kenging dipun apuskrami sadaya kedah anyumerepi pribadi, wasana sareng samangke sultan Amengkubawana kaping VII, sampun jumeneng, dipun pupuji priyagung wau angereh apusaraning nagari, murih ayem tentrem punika boten pisn malah angubalaken dredah,mila residhen Watendhorep ndarbeni pamikir,bilih ing panggenan liya ingkang kapara tebih, punika badhe amikantui ngatasing prayagung kang kasebut wau, ananging parentah ageng ing Betawi lenggana, dereng karsa anyondhongi pamikiripun residhen, anjalari residhen sutik karumiyinan badhe oncat wondene residhen ingang badhe anggentosi, punika badhe amethukaken ayahan sakalangugn antebipun. ======\======serat kabar Dheportenlandhen ongka 91 amratelakaken kados kang kasebut ing ngandhap punika Ing serat kabar Postenlandhen wonten panyuka kabar, bab arta langkungan pistanipun Kanjeng tuwanr esidhen Lamres sagarwaputra, punika sedyanipunkang kapatah dados kumisi, badhe dipun edum, princinipun inggh kapratelakaken, bilih para ingkang sami urun arta boten andadosaken dhanganipun dipun suprih amratelakna ing dalem 14 dinten, laajeng badhe dipun petang, murih amangsulaken bageyanipun ingakgn boten anggyubi wau. Serat pannyuka kabar punika,s adereng-derengipun boten anuwuhaken sarjonipun para ignakng sami wisma ing Surakarta. Ing ngajeng nalika para ingkang dados kumisi sampu anglingga, sampun anjalari gangsul, awit ingkang dados kumisi sami sakajeng ngadeg pimbak boten mawi kapilih deing kang sami urun yatra, tindakipun anyupeti tiyang akekancan sawarniinng barang ingakng masthi kangge ing pista, boten pisananumbasa I ing surakarta, dipun lampu numbas saking utawi anguntungi dhaeng tiyagn sanes panggenan, wasana ing sapunika amewahi anggenipun sakamakama, yatra turahan badhe dipun edum sakajeng-kajeng, boten pisan anantun dhateng ingkangsami gadhah wajib utawikang sami urun yatra, malah boten pisan amangwang dhateng susilengkrama, mawi amratelakaken, sinten sintena ingakng boten trimah dhaten gpangedum wau, kapurih kapratelakaken ing dalem 14 dinten kapetang saking titimangsanipun panyuka kabar, salajengipun badhe kapetang murih amangsulaken pandumaning yatra. Ing ngajeng kula basakaken tan mangwang dhateng susileng krami, saestunipun yen tanalar punika botena manggepokan kaliyan kanjeng tuwan Lamres sagarwa putranipun, bokmanawi kenging dipun tembungaken sanes, ingkang Tan nyakecani tegesipun. Kula sami boten saged angrujuki sedyaning kumisi ngatasing pangedum, mila sanadyan badhe anuwuhaken gangsuling kumisi, kula kedah amedharaken ingakng dados rentenging pamikir.

Bab pangeduming yatra dhateng para pekiringkang panutan progestin utawi rumini, kula boten maoni, kados sampun leres angggenipun ambeda-beda, ananging ngatasing pambagenipun dhateng sanes-sanes, punika kula sakonca kla boten anarjoni, sumongga kagalih, kumidhen ing Surakarta badhe kabageyan kathah dene gedhong panggenan mulasara lare, ingakng pancen dipun ajeng-ajeng anuwuhana janma utami, naming badhe kaeduman sakedhik, punapa dene malih awit saking punapa para militer ing Surakarta mawi dipun badgehi, sampun masthi biih yatra boten badhe katampik ananging manggih pinten prakawis para militer dipun ujuri yatra turahan sakingpista mangunsuka bilih kamanah bab angggenipun badhe angawrat-awrati konca ing tanah jawi, madnhak badhe anuwuhaken kalintuning panggalihtegesipun bokmanawi ingkang sami jumeneng liding twedhekamer ing Nederlaning tembe badhe andarbe lenggagaran, para konca ingkang wisma ing tanah jawi, kapurih asok pajeg, awit kagalih yatranipun kathah, ngantos wutah wutah dipun awud-awud, dumdos saged angujuri dhumateng wadyabalatontra.

Kaping tiganipun, punapa kang dados daruna, kumpulaning bukbuk, kang kangge dening para lare, dipun wastani Kinder Bebliyotik, teka bten badhedipun ujuri, punapa idpun kinten pranatan kang makaten wau,anyenyamah dhateng bongsa satriya, kang umadeg ddados kumisi, ingkang timbul saking kanjengipun piyambak, tanpa guguyuban. Kaping sakawanipun, dhokter konelisen sampun anyukani sandhangan dhateng para lare ingakng kacupetan,menggah sangkanipun boten woten ingkang dhenger, malah makaten wau, punapa boten pantets yen yatra turahan pista kang kasebut nginggiil dipun penthet 500 rupiyah kadamel anjageni panumbasing sandhangan para lare sekolah ingkang kacupetan. Wasana parakumisi sampun andadosaken masgul, dene kula ngantos purun angeleh- elehakenkula inggih dhenger yen kaduk anggen kula anglairaken tembung, ananging kauningana, para kkumisi awit anggenira lumingga dugi sapriki boten wonten malih ingkang dipun udi naming leresipun piyambak kemawon, ingakng punika kuya sadaya namung saged angrembagi, sampun ngantos ing pawingkingipun ngaping kalihi tindak kang makaten wau. ======\======Lah marata lah marata,ing ngajeng sampun kathah igkang sami maoni, atrapipun ignkang kumingsun jumeneng kumisi, anilar maksuding pista, suwiyah-wiyah anggenira sami tumadnag, boten pisan anglirik dhateng ingkang kapara kacupetan lah samangke biih wonten panetah kang kados nginggil punika, kdos pundit punapa boten kenging kawstnanpara kumisi agabul pulut. ======\======Serat kabar Porstenlandhen anyebutaken makaten: Ing ngajengan alter PUrwadadi wonte npasabinan kalih utawi tigang kedhog, bawahMangkunagaran, punika dipun adegi pakampungan sapanunggilanipun, dene pasiten wau sampun pinten-pinten taun tumut pasiten ingkang dipun pajegi ing Pringwulung, sabenkalamongsa inggih esok pajegipun. Wonten emperipun papan pangggenan wau, badhe dipun angkah kadamel besmi banon utawi kadamel los anyambut damel, mila dipun ajeng-ajeng sampun ngantos kabawah ing mangkunagaran, dhereka ing kasunanan awit gampil anggenipun badhe andhaku, pamrihipun piyambak. Ingkangpunika ingkang nriik irik wau, sanget angggenipun ninndakaken peka, ngantos para ingakng amajegi pasiten wau, gotrah ipun swargi tuwan M, dipun ajrih- ajrihi, badhe amethukaken pringgabaya, yen boten purun nututi, amasrahaken pasiten wau, lambaran aparingkrama. Wanodya satunggal ingakng darbe wajib boten pisan giris dipun memedi, ayem wangsulanipun bilih siti punika dede siti kasunanan, dherek mangkunagaran nanging juru pangroda boten anggega, malah nedha pirsa piyagemipun, nanging wanodya ingkang gadhah wajib boten pisan agimirsandi senggarasima, kengkeng boten pisan mikir badhe andedahaken seat piyagemipun kamanah yenjuru paksa wau boten darbe wenang,w asana wonten emperipun, bilih ingkang maksa wau, dereng dhenger, manawi konca waodya ingakng sami dhedhekahing Pringwulung, salaminipun ayem tentrem pancen kapra kanugrahan ing iyoman denign, ingkang sinuhun kanjeng susunan. Sareng para wanodya dipun tembung, kengi npunapa nalika sempeyan dalem tedhak ameng-ameng ingpadhepolkaniun, sasarengan garwa dalem sarta putra saktana kang mongka tedhak dalem anuweni ing padhepokan wau, teka boten dipun unjukaken ing sampeyan dalem wangsulanipun boten saged awit bokmanawi anuwuhaken susahipun ingkang angrodapaksa, kalih dene sanadyan boten kaunjukaken inggih boten wande kamirengan ing sampeyan dalem. Ingkangpunika prayogi sanget bilih serat kabar bramartani anyaruwenana nalr wau murih ingkang sinuwun anguninganana atrap kang makaten wau, Sarehning redhaksi ning bramartani dherek angrojongi pamanggihipun kang kintun panjurung nginggil punika, mila tan langgana katurutan, alantaran panjururng wau dipun santun katembungaken jawi,urih warang dina sarta sageda amambengi tindak sakama-kama. ======\======Punika angandhakaken tiyagn agung Mehemed Alibasah, Sennapati anyar ign prajagung Turki.

Tiayng agungpunika naminipun ignang saestu, kala taksih timur Kareldhekrowa, kang rama ing ngajeng dados musikan gegriya ing praja Brelin, kalairanipun tiyagn agugn wau ing Mahdhenbureh, ing ngriku malebet ng pamulangan kang karandhompekul, Kareldhekrowa wau boten remen ing guguru, remenipun angulondara, milalajeng mengkeraken wuwulang, malebet dados awak-awak baita daggang, ing ngriku dipun sasakit dados boten kraos,sareng baita waudumugi ing plabuan Konstantinopel alabuh jangkar, Kareldhetrowa anglampahaken tekadipun gebyur badhe nganyut tuwuh, ananging boten estu, lajeng mentas dharatan, sasarengan asingidan kaliyan jurudhayung, nanging kawanguran lajengkecepeng kinunjara. Ing salebeting kunjara sakalangkugn angggenira musakat saengga dumugiing antawis sagedadamel sera ting gembung Prasman, kaserat mawi potlut katuringpanjenenganipun Alibasah, ingakng jumeneng minister binenlan sesaken sarta Grutpisir, salajengipun Kareldhretowa kaluwaran sarta tinimbalaningngarsanipun Sang Grutpisir, tiyang agung lajeng sih dahteng lare wau, kaabdekaken lajeng dipun akenmulang ingpamulangan militer, sasampunipun manjing sarengat Islam tuwin kaparingan nama Mehemed Ali, ing pamulangan ngriku angggenipun aneges pun Dhetrowa, dhateng lulungidaning tembugn Turki. Saking pamulangan alit wau, lajeng dipun elih dhateng pamulangan militer ageng, sasampunipun anecep lajeng kakulawisudha dados upsir boten dangu ing praja nrimbedhah upsir tarunan nutnen saged anglairaken kawasissanipun nalika nanggulang ingperang wonten ing wultditsa sarta dhestate, saingga tampi ganjaran sepur (tetenger) nunten gangsar minggah ing pangkatipun kaping waliwali Mehemed Ali tinuding angrakit ayahaning ratu, sapisan boten sisip anggenipun nindakaken ing kamemetanira putus sarta kalepasan. Nalika ing taun 1870 Kareldhetrowa, yswa saweg 40 taun sampun jumeneng dhipisijendral ingtaun 1873 Mehemed Ali kakarsakaken dening angari kinen dating tepiswiring Tesaliyah sarta ing Epurus dikakaken angebutaken para durjana begal,namugn sawatawis dinten rampung sirna sawarnining durbrata. Wasana pambudining Mehemed Ali, nalikaing praja Bulgari perang ageng punika ing kadhaton konstantinopel anuwhaken pamikir, anuding dhateng prajurit ageng wau,s alajengipun andadosaken karsaning nagari, Abdul karimbasah, sarehning asring ngaloko, dipun undur angggenipun jumeneng senapatining perang, ignang kakarsakaken anggentosi tiyagn agung Mehemed Ali, dipun timbale sowan ing kadhaton, sart kaparingan sakathahipunipun tondha kasenengan dalem, malahmanggih kanugrahan ing ngatasing adapt kraton sisih wetan, dipun krsakaken dhahar sareng dening sang prabu ing Turki, tuwin kalilan amedharaken pamanggihipun bab peang ageng punika, lajeng pinaringan Odhering sehsayidna Usman mawi inten karonyok, sarta pedhang Turkiingakng pangaos kathah, wah kaparingan malih turongga kakalih tedhaking wajik Arancer, dene ingakng amewah- mewahi, tiyagn agung mehemed Ali dipu nparingi wewenang, dereng nate-nate wonten, kinuwasakaken, kadi anyariran karsa dalem piyambak wajib amaringana ganajaran ridher Ordhe sarta liyaning ganjaran tuwin angulawisuda para upsir, dumugi palenggahan jendral dhipisir, punika tiyang agung mehemed Ali weangn angulawisudha,malah pinaringan panguwasa mawi takeran, angunduraken priyayi saking kelenggahanipun, sarta nayantosani karampungan ukum kisas. ======\======Wangsulan saking Nawungkridha dhateng K.W. Kula sampun ningali seratipun K. ingkang tumrap ing Bramartani ongka 45, suraos kula pun Nawung Kridha kadakwa anggelaraken elmu kodrad, amila K.W. lajeng minta saserepan inggih kanos dene ingkang sampun kapratelakaken, ing sanadyankula boen patos mudheng, saha oten saged ananggapi dumuluring pandakwa, bokmanawi kabekta saking paitan remen rekanipun dhasar kenceng amarsudi angindhakaken ing pangawikan dados mangretos paedahing pandakwa wau, amila samangke wonten papanggilanipun K.W. kedah ananduki pajuning paulatan kula ingkang angwontenaken sasodoran pamanggih, dadosa rama legalineganan, lah manawi kalegsanan mangkaten sagadug-gaduging ngapunggung inggih badhe krengkang-krengkang anganakaken pamanggih, awit pangawikaniun ancen taksih anguciwani boten anyekapi bilih kadamel anguluri kabetahaning liyan, amila ing mangke kula angraos kabegjan sanget awit K.W. sampun pikantuk wuwulang saking sarjana ingang sampun kaangge medem, dados netepi ujaring babasan, pamarsudining kawruh acanthi pangweruh, unika mesthi badhe amaedahi dhumateng ingkang sumeja amanjangaken pambudi, telah pnapa bon wonten bentenipun ing ngrika-ngriki asasambat karaos cape ngantos boten gadhah karkat anggayuh ing kamulukan panggresah wau wonten saking kajirihan, wonten ingakng awing-awangen manawi kasepak dening para ambeg panastenan ananging pamanggih kula dhateng babakan pamurung tekat ingkang makaten bok sampun kawangwang, awit tiyang sampun kanyatahan boten saged amiminta papangktanign kamanungsan, aluwung angengetana lawiyaning tumitah kawogan amardi angwirawaran sarana anggugulang, aninimbang, sawatawis ignakng amikantuki, saking pundit sagedipun ambedakaken kaambawan kaliyan kasambadan manawi pangruruhipun tanpa kadarma tuwin kasatyan, wondening ing ngatasing pamilih sahantawisipun wau gumantung wonten kajating para titiyang, awit wenang anandukaken ing kaniyatan ananign uleding pamilihipun dene katindakaken dhateng ngkang sambada, o manawi kaprinciya kakodhenganipun K.W. bokmanawi saweg dumugi satunggal bageyan saking saparadasanipun kakodhenganing Nawung Kridha. 1. Pamanggih kula wontenipun ungel jalaran saking getering ebahipun jaujud dene ingang dados sababing ebahipun punika sampun wteking maujud, sarta pananduking maujud satunggal kaliyan satunggalipun. 2. Mila teken manawi kaelupaken toya, kajeng inakng wonten toya katingal mangkelut, punika awit sorot tumandukipun dhateng mripat boten asipat kenceng, amargi kaanggapan ing toya, wondene dening kupami anggenipun mawas wau asipat gantungteken boten katingal bubar pisan dene ingang katingal naming pentholipun ingakng wonten nginggil. 3. Mila tiyang wonten ing toya angraos entheng, jalaran saking panganggening swasana ingkang kadamel ambekan, mongka wateking awa langkung entheng tinimbang kaliyan toya, temahan kedah tumimbul mila manawi tiyang slulup ing toya mangkaten kedahana anglampahi hawa ingkang saking badan, ingkang saupami tiyangingkang wonten salebeting toya wau ambekan, mesthi karaos pandheseking toya ingkang dhateng ing badan. 4. Pitaken sampeyan sababipun punapa yen jam tabuhan punika bolong samasa kathuthuk swaranipun ririh, wangsulan kula, awit saking bolong andadosaken sumreseping awa medal ing babolongan temahan kakirangan daya panggetering swasana, sumentukipun dhateng kendhanganingpamireng nyelot aber.

Lah ing sarehning panjenenganipun K.W. sampun kapretek ingpiwulang, dados pn kula naming anetepaken ubanggi, sakin gpanginten mitra kula masa kawekena paparing barkahing ngatasipun punika, awit pun kula baresi pun dereng pikantuk saserepan kula budi piyambak tan sah buyar kemawon, ewadene bilih panyurun kula ngandhap punika boten pikantuk katranganlangkung prayogi kula pamitan pisan, sampun murang boten anggunem kamemetan ingkang makaten awit saking pangraos sanadyan angetokaa pambudi wekasanipun teka naming dados pandhasaring pangewan-ewan.

Pratelaning pataken 1. Mugi wastanana papantananipun mahujuding makluk satungal-tunggal, kados ta ingkang maujud ing awing-awang, ing dharatan, tuwin ing salebeting siti. 2. kados pundit sabat katranganipun kumandhang 3. Kados pundit sabab katranganipun yen ing wanci palethek tuwin suruping srengenge teka lawenipun moncawarni, satungal-tunggaling sorot maedahi punapa. 4. Kados pundit sabab katranganipun dene pucaking ardi ingakng inggil awanipun langkugn asrep katimbang ing tanah ngare. 5. Mugi anerangna dayanipun Elektrisiteit kawontenanipun sababing claret gelap tuwin rijal.

Eh sampun kendel samanten kemawon rumiyin mas K.W. mugi kaselakna paring pamedhar, kula ajeng-ajeng sanget sampun ngantos lebar lalahan, mugi anglagangna engetan. Nawungkridha.

Wangsulan dhateng redhaksi Rumiyin kula sampun ananggapi suraosing saseratanipun juru set ingakng dumuung sangandhaping tondha asma kula wonten Bramartani ongka 40 suraos kula katedhanan babaring katranganipun tembung walandi, atum tuwin monokulen, ananging dumugi sapriki satemenipun kula boten purun mangsuli, sampuna katungka panyaruwenipun redhaksi, kajawi kapinujoning masakala, awit ingkang saupami kula kuwasa saged angudhari bubundhelanipun teksih kirang mufangati dhateng ing sarira, wasaa redhaksi kadereng karsanipun acanthi katemenan mila nawungkridha cangkekan anglairaken sotaign wardaya, saana irib-iriban ingakng kapara alus, tumanten wau bilih edhaksi rujuk dhasar saged aneangaken wredinipun tembung sangskrita Anu punika manawi sampun kapanggih bokmanawi dados uwoding pangupaya, amancorken wisaya kajawi punika saseratanipun redhaksi ingakng tumrap sangandhapipun tondhaasmaning K.W. wonten sasebutanipun ingkang elok mungel punika saemper badhe dados latu manawi boten menggok amesthi kabatang ugi bilih ingkang kaemperaken dados latu punika boten aliya nawungkridha sabab sakig punika supads kauningana bilih kula botendados latu, mawa kelip-kellip kemawon boten saking kuwatos bilih anglabeti mila lajeng kerep adus. Nawungkridha. ======\======Panjurung ing nginggil punika ktandhan Nawungkridha, redhaksiing ngajeng boten anyumerepi saemper anggenipun ngintunaken kajujug dhateng pangecapan awit nawungkridha gdhah kakandhutan sumelang bilih boten katampen dados alampah silip sarehning redhaksi sampun manggihdadosipun mila tanpurun angunduraken ananging ing samangke sampun wanci nawungkridha kedah dipun pethukaken piyambak denig redhaksi, kasumerepana, bilih sampun asring-asring rehdaksi dipun tetah dening para priyagung ing Sruakarta, dene asring temen ing salebeting bramartani, tiyang sami awawan-wawan ngaben pucuking kalam panurat, dados serat kabar wau ing suraos nyebal sakin gwredinipun tebih, kebeg denig ntiyang rebat unggul redhaksi amangsuli o saudara punika ingkang ober ing pamengku,awit ingkang ngintunaken panjurung dereng lami anggenipun lepas sekolah, saweg dados priyayi alit sarta taksih kapara brai anggenipun necep kasagedan ing pamulangan bathangan dados kedah ugi kapameraken awit manawi panggeng dipun kandhut sakalangkung gansulipun, mila dipu utah-utahaken. Wasana samangke nawung kridha sangsaya anggenipun amenthengkelek, badhe anjalari kapitunaning serat bramartani, mila redhaksi kedah rangkep pangatos-atosipun, sampun ngantos dipun pengkeraken priyantun kathah, pijer angladosi rare saweg ngaben kalepasan anggenipun nguyang saking paguron. Redhaksi ======\======

Wewahanipun Bramartani ongka 47 Kemis kaping 22 Nopember 1877

Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras.

Sang wiku mesem ngandika, eh patih sarira mami, wong dhudhukuh pinggir alas, kalebu wong ngiras pasthi,bumi milu Kedhiri, pinggiring bengawan iku, sun resi andakara, tata pasangkaning cilik, ing smaneko ubengan pakaryaningwang. Away sira ngunguning tyas, dumeh atutulungmami, iku karsaing jawata, kang wajib amitulungi, mring layone sang putrid, ingakng bakal sira labuh, ing mengko tutugena, gonira ngalbuh sang putrid, wis kariya mung mengkono ujar ingwang. Yata REsi Andakara, mintarsa kedhap tan keksi, kang kantun rekyana patya, dupi arsa amurugi, mring nggen layon sang putrid, kasaru mantri mangayun, mantri nekiLautan, ing nguni kang kasor jurit, papalayon mantri sigra matur nembah. Pukulun atur uninga, menggah layone sangputri, meh tiwas binanthang mengsah,myang sagungparapawestri, wit pinethuking jurit, wadya mekasar kng magut, pun dipati Lautan, umangsah kasoring jurit, kaprawasa tatu asta kenging pedhang. Myang mantri kathah palastra, tuwin sagunging wadyalit, sapratigan kang palastra,ing yuda lajeng kalindhih, kipatih dukmiarsi, kagyat angandika asru, ing mengko kadya parat, mungguhlayone sang putrid, mantri matur pukulun magang Pratama. Kakalih lawan Pratistha, panggah umaguting jurit, kasor wadya ing mekasar lurah kekalih ngemasi,myang kathah para mantri ing ngamuk jurkumur-kumur, anunten mengsah bibar, wilujeng layo sang putrid tuwin para estri tan istu jiarah. Kipatih suka miarsa, pangandikanira aris, siPratama lanPratistha, tuhu yen jalma linuwih ping pira pira uwis, katonton prang e sokunggul, yen ayana Pratama,pesthi yen nemu ilahi, ora kayaLautan bupati edan. Andadak mundur uripan, dumeh tatu wedi mati, iku wong patut tinendhang, lulungguhe den salini, sang duta matur malih pukulun ing wahunipun, Pratama lan Pratistha, prasami dipun dukani,mring Lautan kirang kedhik tinalempak. Pratama lawan Pratistha, tanpurun anglalawani, lajeng mundur atut wuntat, kikinthil sami anebih, yata kang gunem kawis, kasaru badnhu sarawuh,myang sagung prawanodya, Pratama ingakng umiring, kyana patih kasmaran denya tumingal. Ki Pratama lagya prapti, riangkul mring kyana patya, sang nayndya mantri delinge, dhuh putraningsun Pratama, kalawan ki Pratistha, sun pupuji sira kulup, gonira unggul ing yuda. Para aywana sireki, ingsun sayegti dinukan, terkdhang ilang umare, sumarma saijab-ijab, gunge piutang ingwang, dhuh kulup pamales ingsun, ora bakal marang sira. Pratama dheku mangsuli, pukulun badan kawula, darmi pangestu sang katong, tuwin gusti raja putra yata kang lagya eca, nambrama imbalan wuwus, kasaruLautan prapta. Lan sagung kang para mantri, lagya lungguh kiLautan,kyapatih ewa semune, malengos sarya ngandika, ehadhpakeira, becik mondhok ing cungkup, reh tangan mu lagilara. Lautan merang tan sipi, tumungkul netyane pucat, kacethikan pratingkahe, kipatih malih gandika, eh ta anak Pratama, nguni wasite sang wiku, layone sang lir kusuma. Kinen anglabuh tumuli away kongsi kelayaan, bok kapindhon kaya kiye, lah ta payo budhalena, sigra denira undhang, ginelak asmu kasusuwus budhal agegancangan. Serang sinerang ing margi, tan antara sampun prapta, munggeng sapinggiring lepen, sigra sang mantri wase, angrakit sagung sarat, rinengga bandhusanipun, ing nginggahaken mring palwa. Sinungbandera tulyasri, jangkep caranign palastra, pawongan umiring kabeh, sami atawan karuna,miwah retna onengan, tumut munggeng jro perau, tankena sah lan bandhusa. Para wiku lan maharsi, gumuruh manjurung puja, lawan angladeng dupane, pepak sinungsung kamulyan yata wusprapteng tengah, ing ngagkat bandhusa sampun, arsa pinanjing ken toya. Wonten gara-gara prapti, langkugn geng kang poncarudra, resi ana pakaryane, kang sajati sanghyang surya, kang akarya prabawa, prapta gurnita jumegur, bangawan molah prakempa. Lesus mulek anglimputi, peteng dhedhet alimunan, geter erawati dhdhet, bantala gunjing kumelap, muya sakehing ngarga, swarane guntur gumuntur, bingu sakeh ing manungsa,. Makater kekes sru matis, wusana supe ing purwa jalu estri tridhikul kabeh, tuwin kang mantri punggawa, tanana wigya panggah, sedya panggah kabarubuh, burbuwah sagunging palwa. Wuwusen sang mindha reksi, sira sang bagawan anda, tan antara ing praptane, layone condrakirana, semana wus den alap, paripurna sekar tuhu, pinanjing aken ernawa.Dene retna ragil kuning, ing nambil mring sang pandhita, sagsana tinunggilake, lan retna soncrakirana,munggeng jro astagina, ingnguni pangwasanipun,menggah jroing astagina. Yayah kadya sawargadi,papajangan srikawuryan, sangkep wening botrawine, mesikebon sekar sekar, gandanya mrik angambar, ingnguni sang retna galuh, sinung kanthi waranggana. Mangkana dyah ragilkuning, dupi panggih lan karangka, dyah galuh angrangkul age, nanging sang retna onengan, jetung tan saget ngucap, lir supena ciptanipun, adangu tanwrin ing purwa. Wuwusen kang aneng jawi, ing sawusira mangka, ponang pepeteng sirnane, tuwin sagung gara-gara, sirna wus wangsul padha, sakehe manungsa bingung, sadaya samya waluya. Uninga sawiji-wiji, dupi wau katupigsa, retna onengan sirnane, sagunging cethi pawongan, ngulati tankapanggya, wusana tangis gumuruh, wus katur mring kyana patya. Yen musna dyah, ragil kuing winatawis icalira, saestu sarenglan layon kyanapatih dukmiarsa, ngungun atebah jaja, mangunadika ing kalbu, iki kapidhon babaya. Taksih wonten candhakipun. Ongka 48, Kemis kaping 29 Nopember 1877 Kulawisudhan ignnagari Ngayogyakarta

Gusti PangeranArya Puger,kalih Gusti pangeran Arya Sryaputra, sakaliyan sami angsal pangakt klilan angagem cara Grutupsir mayor Pansetap Salawongipun andi dalem bupati Nayaka Bekel Jawi wadana Panubak anyar, ingkang kakarsakaken gentosi, raden Tumenggung Purwadiingrat kapatedhan llenggah sabin 42 jung, bayar 105 rupiyah sawulaningangwau bupatiwadana punakawaning kadhaton. Salawongipun abdi dalem bupati anom wadana prajurit sinelir prawiratama, ingangkarasakaken gentosi, raden riya suradireja, kapatedhanlenggah sabin,12 jung, bayar 52 ½ rupiayh sawulan sarta pangkat nama Raden tumengugng Suradireja, ingkang wau bupati Wadana Nem jaksa. Salowongipun abdi dalem bupati wadana nemjaksa, ingkang kakarsakaken gentosi raden Panji Mangudilaa, kapatedhanlenggah sabin 9 jung, bayar 40 rupiyah sawulansarta tapang kalema raden Riya Suradiningrat iakng wau kapala dhistriking Kajabon, Tanggal kaping 20 wulanDulkangidah taun JE ongka 1806 Kusumawicitra ing Ngayugya. ======\======Esamen Ing nalika idnten Rebo tanggalkaping 21 wulanNOpember punika, ingpamulangan dhestrik Caruban (Madiyun) para siswa dipun titipriksa kados adapt saben ing ngriku para siswa amintokaken ing kasagedanipun, wondene ingkang anjenengi papriksan wau. 1. Kanjeng Tuan Presidhenipun Komisi Pamulangan 2. Kanjeng Tuwan Skretarisipun Komisi Pamulangan 3. Raden Bei Sumawinata Lid Komisi Pamulangan 4. Raen Mas Cakraamijaya Lid Komisi Pamulangan

Saha para priyantuning dhestrik ngriku sadaya, sami dherek mriksani Ing sabibaripun papriksa laejng amaringaken ganjaran dhateng para sisswa ingang masthi tama, kadosta: buku awarni-warni, pethen alit wdhahpulas pethen alit wadhah bekakas ukur tuwin agambar, lading pengaretan, saha bekakas panyratan sapanunggilanipun. Muridipun wulan punika naming wonten 173 iji, inking tampi ganjaran murid 78 iji Madiyun kaping 24Nopember 1877 Kula pun Sukawawarta. ======\======Panjurung Nalika kaping 2 Oktober 1877 Wongsadrana ing dhusun Kedhunglengkong dhistreik Sima (Ngampel) kesah sumedya nagih anggenipun nyambutaken yatra dhateng Trunadiwirya tuywin kartawijaya ing dhusun gandhik (Karanggedhe) sarengkaping 4 Oktober wau wongsadrana sampun pinanggih pejah wonten ing pakopen dhusun sirah sarta anandhang tatu kadosta, ing temban embanan, lebetipun 1. ½. . panjang 2, ½ dim, ing kempol lebetipun 1 ½ panjang 3 dim irung, lambe, sartakuping, ical sami labet dadamel landhep sasampunipun kapriksa ingpulisi panewudhistrik Sima, bangke lajeng kabekta ing warisipun kapetak ing astana Kedhung lengkong, sapengkering bangke pulisi tansah anggagas sinteningang sampun amawa damel dhateng wong sadrana, ciptanign manah ipun dereng sumedya mantuk manawi dereng sagednyepeng durjananipun sanalika trangginas ambandjrengaken lampahipun ngupados katrangan anjujug griyanipun trunadiwirya saengkagledhah kapanggi gelarangedheg sela,arit alu tuwin delingiun sami agupak rah, mila trunadiwirya lajegn kacepeng katindakaken prakawisipun, lah punika pulisi mantes dados tatuladan. Nalika kaping 16 Oktober 1877 waciu dalu sadrana ing dhusun Demungan dhistrik Sartaka bupaten ngampel angendhang mitanemipun jagung, trunadrana ugi ing dhusun demungan inggih ngendhangi tanemanipun katela sarta ambekta dadamel sanjata, boten dangu Trunadrana sumerep gremeng-gremeng sarta grusek-krusek wonte satengahing pajagunganipun sadrana sacelaking patelanipun trunadrana, panggraitanipun Trunadrana menggah ingkang krusek punika kainten bilih celeng, mila boten saronta lajeng kaanjata, wasana sareng dipun celaki dede celeng, ananging sasrana ignakng ngendhangi jagungipun wau sampun pinanggih mecati, amargi radi kaleresan ingkang kenging bathuk pipi sarta gulunipun, kathah mimis ingkang lajeng anjrak wonten ing sirahipun sadrana andadosaken pejahipun. Nalika kaping 11Oktober 1877 wanci siyang kramawijaya ing dhusun Geneng dhistrikBendha Daleman (Kartasura) menek uwit pelem anggenipun nebas gadhahanipun Tanu Menggala ing dhusun Kranggan kalenan pamenekipun lajeng dhawah pejah sakkal. Wiwit kaping 24 Oktober kapengker ing bawah dhistrik Kranggedhe (Ngampel) sampun kararaban jaah sawatawis deresdumugi kaping 10 Nopember punika boten kendhat kendhat ananging taksih plencat kidang, ewasamanten sampun andadosaken sudaning pangresahipun para tiyang ing ngriku jalaran sampun iwit saged tatanem bangsanipun palawija ing tegil, sarta damel gadhangan pijenan ing sabin. Nalika kaping 30 Oktober 1877 wanci siyang sagata, ing Bayalali menek uwit nongka kaplesed pamancadipun lajeng dhawah pejahing ngenggen kalayan annahang tatu baunipun tengen putung, balungipun ngnatos medal ½ dim Nalika kaping 31 Oktober 1877, wanci siyang kanawi ing dhusun Pundhung (Kartasura) menek pelem badhe katedha ngirasingngriku, sareng badhe ngrangsang dohipun dereng nantos angsal epang ingkang dipun enciki sempal kanawi kapilayu kalajeng dhawahipun anemahi putung namungminongka plaksananingpangranyahipun. Nawungkridha. ======\======kabar bab Tyang Kacilakan Nagari Surakarta Nalikamalem Setu ngrinakaken tangggalkaping 4 wulan punika, wanci jam 11 kula miring sebawane bendhe ingkang tinembang ngungkung, mratandhani bilih wonten raja-raja, sarehning kula sawek kapambengan nyerat kaliun ragi perlu, dados kula naming nglampahaken kengkenan kemawon,sahantukipun kengkenan kula mratelakaken yen kampong Nirbayan kabopaten Kaprak Tengen, wontentiyang dipun niaya, katranganipun kados ingkang kula andhar ing ngandhap punika. Mas jayeng Udaya abdi dalemrajurit Jayengaastra, gagriya kampong Karangasem bawah kadipaen mangkunagaran, ing wanci sonten antawis jam 7 kesah sangking griya, lajeng aningali klenengan, dhateng pakebonan gondariya, kabar pasanggrahanipun babah buyut dhempok, atmajanipun babah Lim Ji Ba, sareng wanci jam 10 mas Jayeng Udaya wau sumedya badhe mantuk,sareng dumaugi ing radinan ageng lajegn kaprawasa ing tiyang, tatu bathukipun utawi lambe, sanalika mas Jayeng wau ambruk saingga layyon, dene tiyang ingkang niaya,lajeng boiten kantenan, sarta boten wonten igakng waget anerangaken, mila sangking pangesthiing manah kula, tiyagn ingkang kadunungan ambeg sawenang-wenang wau, tumuntena kacakup sangkign kuradhanipun pulisi, sata kaganjara pangangge warni pusara, binayanga kari mawi denurung-urungi waos ligan, iba suka senengipun para kadang warganipun mas Jayeng Udaya wau. Sinerat kapung Kaparak Tengen kaping 9 Dulkangidah Je ongka 1806 Sastradirengga. ======\======Koran Semarang ngabaraken bilih kanjeng rden ayu pangeran Arya Purbaya, sasarengan priyantun wanodya kalih, abdi jaler, 3, abdi estri 3, sampun sami mancal saking palabuhan Semarang, dhateng Menadho angetutaken ingkang raka kanjeng Pangeran ARya Purbaya. Dene ignakng anjujugaken dumugi ingpalwa, ignkangrama pyambak,lajeng pagneran Arya Suryadiningrat menggah sungkawaning panggalih, nalika sudarma pegat saking atmajanipun, punika ing suraos boten kaconggah angojahaken, kajawi yen anungkuli piyambak sarta darbe sunu murih saged angraosaken anteb-entheng ing duhkita. ======\======Kabar saking Ngayogya kapaak ing lokomotip suraosipun makaten: Saking kadhaton amiyosaken utusan dhateng mancingan caket sagantenkidul, murih sidhekah sasedanipun swargi kanjeng Sultan, dhaegn ingkang ngreksa saganten ngriku. Wontenmalih utusan ingkang dhateng redi Lawu bawah Surakarta, dunungipun anyunyuwun dhateng Inghyang Brama ing tanah jawi, murih lilih apenggalihipun, para alit anemen-emen kapasthekaken bilih anjalari badhe enggal wonten kintunan jawah O Allah ======\======wonten bongsa jawi kalebet priyantun deles, punika kasukan bobotohan arerempitan kawon kaliyan Cina, yatra kathah ipun 300 rupiyah, sareng boten saged bayar pun babah anedha pikekah ngantos dumugi sah ing sambutan wau, nojonipun priyayi wau dipun tedha mujangan, saking pakeweding manah pun priyayi anyanggemi badhe enggal wangsaul ambekta semahipun, lajeng estu dhateng amasrahaken bojonipun dhateng pun babah, boten dangu pun semah wangsul ing wismanipun cina angudi dipun tedha wangsulipun esrti punika,nanging boten kadadosan, malah dipun wangsuli tembung, utange bojo ku rak wus dak rapeti sasat tikelan, samangke tiyang estri wau sedyanipun badhe rapak, nanging yen saupami dipun batalaken badhe mulur katuraken panadilan manginggil. ======\======Serat kabar Lokomotip ongka 276 anyariyosaken methik saking serat kabar Mataram, suraosiiipun makaten: Ing ngajeng kula sampun anangkis wewreti ingkang kapacaki ing seat kabr Surapringga, katitimangsan kaping 17 wulanpunika, dene ingkang kintun panjurung wau, lampahipun amarasandi, tegesipun atotopengan, ing nriku anggepok sariranipun priyagung, tanpa wawaton. Samangke kathah ingkang sami wisma ing Ngayogya kang sarta darbe kuwajiban amintasraya dhateng kula, kinen asuka pirsa dhateng kang marasandi, kados ngandhap punika. 1. Bilih ingkang dipun sanjanagaken dening kang marasandi, punika sadaya dora 2. Pamanggihipun para ingkang nangkis,anggenipun manitra pun marasandi, punika tan liya awawaton marsudi angering-erang dhumaeng priyagung wau. 3. Para ingkang nangkis amastani, bilih catur wau tutuwuhan saking sengitipun janma satunggal, bokmanawi, awit ingngajeng lampahipun kang marasandi, anjalari dados boten parengipun priyagung ingkagn kasempyok wau. 4. Pamanggihipun kang nagkis tetembugnanipun kang marasandi, sakalangkung wadhahk sarta ambesemaken songsong. 5. Ingkang angkis panantangipun, kang marasadi sampun ngantos atedheng aling-aling, tegesipun amsajanana namanipun 6. Supadosa kang nangkis sageda alawan sarana seratkabar Mataram punika, lantaran paaja ugi, sarta murih sageda andhamangaken bilih suraosing tulisipun, punika anggenipun adamel damel piyambak, kebeg dening durcara. Wasana panedhanipun para ingkang nangkis, sawarnining Koran mugi anyublik kawangsulan punika, kinarya panambak dhaten gpun marasandi anggenipun boten mangwang, angapuskama dhateng para isining tanah jawi. Puwaranipun ingkang ngarang serat kabar mataram inggih ugi dheret mastani, yen anggenipun kokojah pun marasandi, sapamirengipun saaya tanpa wawaton.

======\======Koran Semarang tanggal kaping 19 Nopember angabaraken wawarti ing Nagari Jawi, punika cublikanipun. Menggah tata-tentreming nagari tanah jawi tingalipun teruh, langkung malih ing bawah Semarang ngriki, ing ngajeng bab kekeconnamunging bawah Kraton kakalih ingkang sok wonten, sanadyan ing semangke dipun ambaha, inggih boten pintena sarta awis, ing samangke ing dalem 14 dinten sampun wonten ingkang kekecon ping kalh, 1 cina ing Kedhugnjati, 2 satunggaling lurah dhusun ing bawah Boja, telas barang amalipun sadaya, sanadyan krajan ing Semarang, manawi anggega kabar angina dipun bedru, sarana serat sandi dunungipun dhateng kanjeng tuwan residhen sarta dhateng para bongsa mardika. Dene bab paninonipun para dara-dara kecu punika, kathah kang mastani saatawis kenging dipun pirengaken, yen para pangajengipun durjana, sajumenengipun kanjeng sultan sapunika, ingkang ngencengi pusaraning nagari sami kalimputan ajrih, mila anyambut dame ling panggenan sanes, samanten ugi menggah kekecon kalihpanggenan wau, teka boten mawi lambaran serat panyuka kabar, ingkang asring suka kabar saking boja aawarti, manawi badhe kathah tunggilipun kecon, awit para alit kawraten damel pakopen, enjing dumugi sadinten muput oten saged angupados pangupajiwa, dumados anglampahi kadurjanan memandung utawi ngampak. Sanadyan nagari sampun dipun aturi pirsa, samanten ugi dereng kagega, anglamahaken panitipriksa samenggeah rakaosing konca alit wau, saemper kados badhe dipun andhemi sakayangipun, suprandene giriing tiyang ing Seamrang manawi badhe tinuwenan durjana, punika dumadakan amikantuki,para patrol ingkang dipu nlampahaken dening polisi sarta prajurit kapaleri (Kapalan) ngantos sadalu natas, punika amambengi lampahan kadursilan begal ngayah ingkang katindakaken denign para saradhadhu Bugis ing salebeting sawatawis dinten punika. Wasana sareng samangke reglemen anyar bab amajegaken utawi amajegi siti dhusuning bawah Kratonan andadosaken suka-enengipun para kang majegi siti dhusun utawi ingkang ambratoni, makaen pamanggihipun rancangan reglemen ingang saweg konjuk manginggil, punika lajeng anuwuhaken sedya angelar jajahan amajegi siti, tandhanipun pangeran Pakualam ing nayogya, samangke karsa amajegaken siti dhusunipun badhe kataneman tebu, kang mongka ing ngajeng boten kagungan karsa angulungaken siti dhusun, ewa dene teka punika katemben boten pisan, nalika sargi kanjeng pangeran adipati kaping II, sampun nate anebasaken siti dhusun dhateng swargi tuwan P ing ngajeng amtenar pansiyun ananging morot awit kathah kapitunanipun ddados pasiten kawangsulaken malih, awit botn kadugi ngereh konca alit, lajeng kanjeng ratu garwanipun kajeng pangeran adipati anglairaken ujar sampun ngantos kalampahan malih anebasaken siti dhusun dhateng para tuwan, ujar wau ngantos dangu dinten taun dipun santosani sarta pinuji puji areng palasmanipun kanejgn pangeran adipati kaping III pangandikaning sang dayita wau sasat katawengan, sabab nalika samanten wonten tuwan tuwan kakalih ingkang purun anebas siti Pakualaman dipun tanemi tembako pantes pinten ewu ingakng medal kadamel amulasara siti, igkang marsudi sakalangkung segep anyambutdame aningali tanemanipun prayogi wedalanipun sakawit kakintunaken dhateng nagari eropah, nanging meh boten paejeng, sabab tembakonipun sanadyan ketingal bagus, boten sae kadamel rontapih sarta boten patos mempan latu, dene kabar wau kapinujon embako ingkang taksih wotening jejeran ketingal sakalangkung bagus malih, nanging karseng Allah dumadakan, wonten jawah deres boten wonten kendelipun, ing pangraos naming sakedhaping netra, aneman embako wau, sampun maleh dados samodra, lajeng kemawon pasiten wau dipun kendelaken, kapithunanipun kathah sanget, wasana pangandikaning kanjeng ratu ingkang kasebut nginggil timbul malih,malah dipun anggep kadi sasmita. Salajengipun kadalwarsamalihlangkung saking sadasa taun samangke kanjeng pangeran adipati ngapingnigani karsa naebasaken siti dhumateng tuwan-tuwan, punika anjalari kathahing ang seneng, awit ing Pakualaman sitinipun taksih wiyar, kenging dipun pulasara kataneman tutuwuhan ingkang maedahi, dumadakan mali wonten ingkang dados pambengan, kathah para patuh ingkang boten narjoni, sitinipun katebasaken kalih dene malih saemper tiyang alitipun ewed pangerehipun, bokmanawi saking panyebulipun para lurah dhusun kakinten sirna mingsranipun bilih siti dhusun katebasaken dhateng para tuwan, mila boten dadosaken trimahipun, dipun wastanana bilih tiyang alit sakalangkung jugul, inggih kenging suprandene dhenger ugi, yen mayar bilih kapra dipun umbar, katimbang katiliyan dipun pambengi, ewa samanten uduripunpaa patuh bokmanawi boten saged tumindak sabab adapt pranataning nagari, ingkang jumeneng ratu, wenang adamel sakarsanipun ngatasing kagunganira siti dhusun. Wasananipun malihingbawah Kraton Surakarta, menggah paprentahan nagari, ngantos kataneman para asisten residhen inggih ereng saged gilig,tandhanipun mangke punika,ing bawah Bayalkali karaos kacupetan tdhan kapara amuawatosi, punika ingkang dados lurah dhistrik lajeng lapur dhateng kanejng parentah ageng, anyingkiraken asisten residhen dumados ingkang jumeneng lurah paresidhenan anggenipun miyarsa kabar wau saking serat Koran salajengipun tampi lapuran saking kapatiyan, sabab nalika Koran semarang tampi kabar bilih ing Bayalali wonten tiyang 1500 ingkang kacupetan tedhan, punika lurahipun afdheling Bayalali dereng miyarsa kabar, saemper ign Surakarta taksih wonten paprentahan Walandi, ignkang anyelani paprentahan Jawi sabab dalasan wengkunipun paprentahan kalih wau maksa teksih seweng. Katandhan E.P.G. ======\======Bramartani ongka 45 acariyos sakingkampung Paraktengening Surakarta, bab dereng wotnen kitunan jawah, sanadyan ing Surakarta, bab kintunan jawah,bab tanem tuwuh,s arta bab sumukingsarira, namungbab sumur radi beda, amargi meh saben pemahan wonten sumuripun jalaran gampil paamelira sarta cethehk anggenipun dhudhuki tanah, kalih dedeg utawi tigang dedeg toya salebeting sumur silep dhengkul pasitenipun padhas kaworan wedhi, pramila bening toyanipun Wondenten ingakng perlu kula cariyosaken ngadat ingkang sampun kalampah, srengenge yen mongsa tumbuk malethek saking wetan leres jawahkintunan sampun asring utawi rdi deres yen srengenge sampun lerek mangidul laron wiwit medal dene bogsa among tani sami matun gaga,dhangir utawi bubuti rumput ing sapunika tanem gaga meh wradin sami Kabul garing. Nalika malem akat wage wancijam satengah sadasa tangalkaping 27 wulan sawal wonten jawah kitunan watawis saengah jam nanging dumugi dinten punika dereng wonten jawah malih, bokmanawi jalaran saking bantering lesus utawi mididing maruta, dados ngetasaken mendhung menggah swaraing galudhug sring magentura nanging tanpa riris ngadat yen sampun mongsa kanem maruta ingkang ngidid radi lerep gumantya toya saking ngawiyat rumenta dhaeng tanah, anemabi seger tarulata saaya semi, Slasa kaliwon kaping 14 wulan Dulkangidah taun Je ongka 1806 Kusumawicitra ing Ngayogyakarta. ======\======Ing sarehning minta sayegti, kapara prelu nedha sabyantu katrangan, bab paman ngrabeni kapenakan, saking pamanggih kula atasing sarak rasul dipun santosani ingkang amambengi, awit nadyan paman liya biyung, ananging nunggil pancer waris wali jaler, punapa dene malih boten ambatalaken wulu, miwah lepat sabsah ing paningkah. Wsana leres lepating atur kula punika, nuwun sumongga mintasayegti Bodhestu, dede sarjana. ======\======Katur mitrakula 1. Mas Ngabei Suraprabawa 2. Lenggotbawa 3. Sinduraga

Ing ngajeng kula sampun atur pyarsa menggah kodhenging manah, bab prekawispulisi, ing tembe mikantuk pandunga sampeyan sadaya, jalaranipun kdya ingngandhap punika. Nalika tanggalkaping 3 NOpember punika, sampun nyyepeng 2 dujrna, 1 wasta Slaman, 2 PakRaminten, trangmadnung, 1 lembu kebinca pengaos 0 rupyah, darbekipun Karmidin griya dhusun Rembang, tangggal kaping 14 lembukapanggih gesang wonten astanipun jagal gempol, ing tanggal kaping 17 durjana kacepeng, 1 ata tanong boten kinanten balegriyanipun, dene yatra ning lembu nedya kaentasaken remenanipun tledhek bawah Majakarta,ananging dereng kantos, nunten kacepeng, ing sapunika para sang durjana kalebetaken ing gonjara. Mitranta bodhestu. ======\======Dayawarna tresileng dumadi, tuhu byati lamun den wor rena pineksa nunggal karsane, mrmanta dipun agung, sujana yawn nyebar aksami, dimene saya karasa pratresneng bektigung, yogya santara pinardya mamrih tilas pawingking bok dugyeng lalis, nityasih kasmaran. Parandene pun sudra puniki, tan rumongsa gumampang tur wikan dupi kesisan panyampe, nira sabda wor ngungun sinekungmring karta wikrami, yanenggih lenggotbawanta supriya bek luhung, kanangsidik waskitheng yyas mungwandhaka akarsa ngarang sasami, merang yawn tunambatang. Isthanipun kabengkas prayogi, sumbageng tyas suci sri kawuryan lwir boma sirnadigdane, nirkaduk imba tinemung, kaparaket wasiteng redhaksi, nguni gelak supeng peka, tinrapken prapuunggung, jana jubra salah tompa, sregep begal mambengi brata utami, midrediyitneng prana.Marma ulun maksih kodheng tampi, ngunging tyas karana mitramba, wasta kartawikramane, kalalilipustaka duk, tnadya gita kumepyaring kapti, nyana yawn kaliseman, wit asmanya estu, cinidr ing duratmaka, pan kiniya pandaya ngawut tan wigih, sarana tembugn nya lingkrang. Amranani ring mitras mas bei, suraprabewa kaparak myang mitra sang bodhestune, wasana panuwunipungsun, yogya triywawlang galih, pun sudra adreng kalintang, mung murih lestantun, sasawatan angling rahmat tuntung ejar myang pandaming naya adi, mamba lwir wreksa cendhana. Sakathahe reh sabdaring nguni, yadyan sisip lun suwardi wardya, tembe sempuh dudukane, wit embung leg wengkalbu, uywa kadriyanan ngumpaki,uyekti tresnengpasaja, yawn pareng sedyangsun, malah arsa puruita, kawruh kanang widagda ngwening ken kapti, miwah mrgeng pramarta. Mitranipun Kartawikrama kang temen, Panajiwa. ======\======Sekar durma panjurung amba punika,mugi tuwan redhaksi kapacaka Koran.Bramartani kang medal, kemis ing ngajeng punika, kasebutngandhap, aneh kabar puniki. Ing nalika risoma tanggal ping gangsal,nupember kang lumaris, pitungdasa sapta, wancinya jam sakawan, ratri ajengaken enjing,ign bawah kitha Klathen panwonten maling.Wismanira madnor pawirataruna, ing dhusun Srego alit, kalebetan tiyang, juti sarana babah ig sawetanipun panti, witng konangan, wotnen swara gumlithik. Kaleresanmandhor parira taruna, anglilir genya guling, sedya badhe medal, wit tan sakeca tyasnya, arsa anggugahtyang jagi, kang samya nendra, bence teka kapra sami.Munal ganter wonte nsawetaning wisma, pan dereng ngantos dugi, pawira taruna, anggening gugah tiyang, jagi ingkang samya guling, aneng pandhapa, anulya wonten maling. Mijil saking babahanjrunthul mangetan, denuya lumajeng gendering, ampun bekta barang, ngrambuyung ginen dhongan, tinututan tiyagnjagi, kalih prasamya alok pan wonten maling. Gantya wau mandhor pawirataruna, denya nututi aglis, apan sikep pedhang , lir campuh bondayuda, tiyang jagi den lancangi, palajengira tan etangmargi rimpil. Nekuk ngidul palajengnya tyang durjana, yata mandhor nulya glis wunrng wurinira lan plajeng nya durjana, pedhangnya ing ngikal aglisnulya dhmaah, ing ngangganya sang juti. Kuping kanan pipikanan pinedhangan, pupu myang lengeneki, samya kaparwasa ludira gobrah-gobrah, ambrak guulinging siti, labet pinedhang, mas mandhor sangkingwuri. Tan graita mandhor pawirataruna, kalamun rising juti, kadngnya priyangga, kaleres bok ayunya, tunggil yaya myang sudarmi, asambat sambat,lir mastimbuling warih. Lah arisun minta urip awak mami, Pawira Taruna away age amedhangi, ingsun bok pawirareja. Bok ayu mu pribadi pan ingsun niki,ing wedhi kangkungan wis wus tobat awak mami, iya sapisan punika. Apan ora ingsun pindho maning-maning, dhuh-dhuh ariningwang, bokayu ta minta urip, wau pawirataruna. Amiyarsa sasambat kang melas asih, ing bok ayunira, derawasan waspa mijil, ing tyas lir sinenggrang macan. Sanget getun ign salebeting renggalih, de bok ayunira, pinarwasa den tatoni, lawan dedamelnya pedhang. Kang pngkalih gagetunira tan sipi, pan bok ayunira, darbe tingkah nalar juti, sewu isin seu nistha. Kuneng tiyang jagi kang mlajar kekalih miwah tiyagn tandang,myarsa lamun durjana estri, pinedhang sampun kacandhak. Ganter0-ganter inggih denya nabuhi titir,jam pragoginoyang, bendhe ngungkung jroning pabrik, arame lir atandhing prang. Barang ipun pawirataruna negggih, kang sampunbinakta dhumaeng sang durjanestri, sapun kapanggih sadaya. ARta itungrupiyah miwah erluji, tuwin sinjang-sinjang, rasukan gunggung pangaji,s awidakkalih rupiyah. Pan kaweken pawirataruna nengggih wau bakyunira, ciptanira jroning galih, apa ginawa apulang. Iya ora den ladekakenmaring dhistrik, yen ta linadekna, kaya priye awakmami, wus kawruhan jalma tandang. Sayektine yen tan ngong ladeken maring, printah kadhistrkan, dinakwa nyidham wakmami, iya prkara durjana. Risaksana bok pawirareja nuli,kinalungan tamper, binaska sampun lumadi, ing parintah kadhistrikan Sikalekan kaping 12 NUpember 1877 Kula pun Gustiwar, inggih WEsa. ======\======Seratipun Wigyatresna aking Surakarta, boten kengng dipun pacak awit suraosipun angpok sariraning tiyang sarta anguman-uman, kalih dene malih ingkang wajinb amyarsakaken wangsulan tanliya kajawi redhaksi ning Koran surapringga, ananging wigyaresna sampun katawengn bilih suraosing panjurung manawi dipun udur sged anjalari dados prekawis ageng, kapasthekaken biih dados prakawis kriminil waaton anindhihi bawaning priyantun ing salebeting ayahan gupremen ukumipun sakalangkung awrat lepiyanipun sampun kathah sanget dene yen igyatresnakadreng murih macak prayogi kapacaka ingkoran Surabaya,s anadyan tembungipun jawi, kenging kawlandekaken. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras. Undhang kumpula pra bupati, tuwin mantra myang Santana, wus winartan sadayane, yen musna retnaonengan, sadaya ngunguning tyas, arempeg dadyaning rembug, nuwun marek mring sang tapa. Ing nguni kangmitulungi akarya unduring mengsah, reksi andapa parabe, wusnya gilig rembagira, gya mentas saking palwa, sadaya tanana kantun, jalma priya lan wanodya. Kyana patih mungggeng ngarsi,lampahnya nurut bengawan,nguni sang waku delinge, dhukunya pinggir bengawan, sumarma linagsanan, anjujur lepen mindhuwur, tn antara katingalan. Gapura munggul kaegsi,kang pupucak erbaskara, nawaretna salimpete, saking doh ujwala mubyar, kataman deing surya, prabanira nguwung-uwung, yayah kang pagsi srengkara. Kyanapatihkagyat aningali tuwin sagung kang mantra punggawa, dereng andugi kalbune, wawarnan kang kadulu, nyana dede dhukuh sang reksi, mokal dhepok pandhita, wiwaranya mungkul, dadya rembak pinarpekan, ayun mulat mring gapura kang ngebati, sagsona sareng budhal. Dupi parek sadaya umegsi, jro gapura gedhong Naaretna, sarwa sutra palisire, katon kumenthung kenthung, kang linungsir ijo bangkuning, kadya kandhaning sanggar kancana binatur, cineplok dening sosotya, sumamburat kadya lintang maratani, lataring gedhongretna. Mesi tutuwuhan warni- warni wancinira duk lagya tumruna, nedheng andadi uwohe, myang sekar sekar agung, turut pinggir ingpancaksuji, sinung jembangan warna, akik bangmyang biru, dadu seta miwah jenar, rinungrum ming masjingga sinilih asih, puspa nedhene mekar. Tuhu lamun tankena winanci,pamepokanira reksi anda, kang sarwa mas busnane, angkara kara murub, keh kadulu ambelerengi, kacatur sang pandhita, denira dhudhukuh, acanthi poncapalwaga, kang satunggil wrepingul kocap jro tulis trah sang pawana suta. Agengira sami laan jalmi, nanging datan wigya baajalma, mugn sasmita saserepe, wrekang kapat winangun pindhapindha tataning cantrik sami sinung busana celana myang kethu, nyangkelang kudhi terantang, solahira sinung mangrutiingjalmi, nanging taniyga ngucap. Pakaryane sami ngalladosi lamun sang wiku attamuwan, , myanggilir jaa pintune, mangkana kangpinuwus, prpatanira retkyana patih, prapteng jawi gapura, lan sakancanipun, arsamanjing jro wirara, wreak kalih kanjg jagi pintu ngadhangi, malenglengne traira. ULat galak untune maringis, tanganira sami suraweyan, lira ken kendel isthane, sadaya kang andulu, sami cingak ebat tan sipi, anyana yen wanara, cantriknya sang wiku, katara busana jalma,kyana patih mesem denira ningali, pasemon wus kadhadha. Sigra kendel rekyana apatih,lenggah munggeng jawining wiwara, wuri wadya laba andher, wusnya sang preha gupuh, marek marang sang mindha reksi, sasmita tur uninga, tingkah mundhuk-mundhuk, kadhepek anulya nembah, katingalan sakehjalma tukup lathi, katemben denya mulat. Yata sang wiku wus lenggah mungging, madyengpandhupangarsaning sanggar, singansana lelamke, sasmitanya sang wiku, kyana patih kinen nimbali,lawan saadyabala, aywana kang kantun, wreak kalih sigra mintar, kyanapatih sinasmitan sampun kerit, laju sakancanira. Sang wreak pat kangmunggeng ing ngisi, solah gupuh gupuh samya gelar, babut wiyar lemeke, sasmita akenlungguh, kyana patihmajeng wotsari, tuwin para punggawa, ngabegti kumrubut,s ang retksi alon ngandika, eh apatih ingsun ya uwis udani, kang dadi praptanira. Away sira sungkwa jro ngati, mungguh ilange retna onengan bareng lan layon isrnane, sira muliya gupuh umatur rama rangsag sang aji, yen wangsit sangking ingwang, karseng jawatagung, pinusthi tankena ginggang,balik sira menawa tan gelis mulih, bokmenaek katututan. Sang pandita sigra nyasmitani, mring waranara kinen asasegah, tengginas kapat ponang wronggambil sagung susuguh, raratengan mawarni-warni, miwah sagung wowohan, wit pangasanipun, sira sang bagawan anda, tanpa wilis sugata amaradini, tuwuk lan sakeh wdya. Ngungun jalma jalumiwah esrti, ddya sakelangkugn ajrihira, wusnya tuwuk sadayane,anulya kinenmundur, kyana patih wus lengser saking, ngarsane sang pandhita, lan sakancanipun, lampahira gegancangan, yata eng na kang sampun samya basuki, gantya kang kawuwus. Estu sareng lampah karya ganti, sang apanji kang magsi hneng pura, katengga sagung kadange, yata nalika emut, wungu sangking kantaka nguni, wus suwung tan uinga, mring pratingkahipun, layone condra kirana,sang apanji pungun-pungun waspa mijil,lan anggung tebah jaja. Bancak dhoyok kangmunggeng ing gnarsi jalma loro dahat angrerepa, kibancak alon delinge, eh dhoyok lamun ingsun, yen ta darbe bojo ngemasi, pinikri gawe apa,undhak saya bingung, wong mati mongsa baliya, aben-aben angur amikir rarabi, nora kurang wanodya. Dhoyok gumuyu denya nauri, bener bae iku ujarira, ananging yen wong kapaten, wajib becik pinupus, sabab nora kena pinikir, beda sebarang susah, kang patut rinembug, angupaya amrih dhangan, lumrah bae mung kelingan sabab asih, urung kanthi utama. Sang panji miarsa wuwus, mengo e wataningali, rehing driyanya kataman, tumanem niring pangagsi, barang katon kapiarsa, wus kasupen tan pakardi. Tansah mangu gandrung-gandrung, drawayanaspanelesi, lumuntur praptengjajanya, gya umembarrekulingling, linglingsen langening sekar, karya panglipuring kingkin.Mulat diwangkara welu, ktaman ing ngima putih, sorot sumirat marbabak, kan gtumameng ngrindragiri, ngungun sang gandrung asmara,ngeses ngesah tyas muringring. Taksih wonten candhakipun. ======\======

Ongka 59 Kemis kaping 6 Dhesember 1877 Panggebagipun lotrei yatraing Samarang nalika tanggalkaping 1 Dhesember 187y7 ing Surakarta ngriki ingkang sampun katingal menang andhawahi angsal 500 rupiyah slaka,anama Sutareja carikipun tuwan F.H.Jaspres, daweg pinuju gadhah untung Ktandhan Kapirawan ======\======KoranMataram ongka 89 anyariyosaken makaten: wonten ignkang nyanten bab panampining tamu nalika pista ign kraton panuju tingalanipun taun kanjeng sultan, sanadyan kang ngarng srat punika boten saged mastani bilih wonten kang kuciwa, suprandene purunanuruti yen pancenipun inggih wonten nalar kang nuwuhaken makaten, anangng bilihpunika, ingang gadhah lepat sinten, dene ingkang ngarang srat punika gadhah panginten, bilh punika lepatipun ingkang anyanten piyambak, manawi tiyagn malampah dipun ajeni, punika kedah amiwiti angajeni dhateng ing liyan rumiyin dadosipun kosok wangsul, awit ignkagn sinuwun utawi ingkang ngarang srat punika,boten kelilipan bilih kathah para tamu ingkang mundur saking pista kangmongka kanjeng sultan taksih pinarak ing pista, bilih tiyang boten angormati dhateng ratu ingkang kacaosan mangunsuka, tiyang ignkang ayingkrangi susilengkrama wau, inggih boten pisan wajib yen ngudiya dipun kormati. ======\======Punika angojahaken pamendhetipun Ulam Trubuk Tuwan Grembereh ngajeng dados sekretarisign Sumatrah sisih wetan, samangke maksih dados sekretaris ing tanah Lampung, punika amedharaken kawruhipun ngatasing ulam Trubuk dhaar panggaota kalebet ageng ing gnatasing tetedhan ign tanah indi, smawana kadamel gramen ing tanah Indi, tuwan GRembereh amratelakaken sarta ngurut kandhaning Trubukan wau, pamendhetipun sarta japamantrane, anggenipun cariyosaken dhamang, dumados kedah kedah pantes kapedharaken dhateng ing ngakathah. Menggah pamendheting ulam Trubuk wau, panggenanipun ing Browresetat caket lepen Siyak, etukipun ing praja Bengkalis (Pulo), ing bukit batu caket lepen Browresetratwonten malih panggenanipun mendhet kadosta: ing parit, Burubakul, sukabakan caket Siyak sanadyan ingpakampungan caket bengkalis inggih wonten ugi para alit ingkang pakaryanipun amendhet ulam Trubuk kadosta: ing Sungi alam, Senggara, Klapapati, pangkalan Batang, Sibau, Maskum, Paeki, ingkang pangarsa kalih wau, ignakng ageng pyambak kathah papajenganipun. Menggah pamendheting Trubukpnika, ingngajeng kathah pranatanipun prabeya, sarta kathah ubat tubetipun mawi ngangge kormatan,punika ingkang amitunani pakaryan wau, ngantos anuwuhaken mujangan, Dene pakarya npunika sampun makina-kina, malah nalika alam buda akanipun sampun wonten ,m sarta sampun winatonan ing wawaler, katondha ing pakormatan bilih panuju anjapamantrani pamendheting ulam wau, atrapipunpunika ingkang dipun damel ggaran anyariyosaken. Ewadene atraping pajeg ingkina, punika boen sagetangjahaken saking sepining kondha, anangin kenging dipun emper-mper,bilihing kinanipun botenpatos kathah wedaling Trubuk pnika, katimbang kaliyan ing pawingkingipun, sareng nagari dipun rehing ratu Islam ing praja Siyak langkugnmalih sareng musnaning kaluhuraniipun kina, sarta icaling maspicis rajabrana Tuwan Grmbereh anggenpun mastani makaten wau, amirit saking kokojahipun kang wekasan, ing ngriku amratelakaken anggenipun tebaken prabeyanig Trubuk punika,dipun walik dados pajeg sayektos jalaran ratu kacupetan bondha, saengga ngawrati dhateng juru belah sart ngesutaken pakaryan. Punika awitipun sasampune taun 1823 sababpujongga tuwan Anderson ngangojahaken ing serat kandhaning Sumantrah, yen pamendhetingTrubuk nalika smanten mawredhi, saben taun kriang langkung 14 utawi 15 miliyun ulam kang kenging, dipu npendhet denign juru belah, pajegipun saben taun 72 ewu rupiyah, katur ing sultan. Para dagang Trubuk ingkang sami ngusungi kabekta dhateng Malaka utawi dhateng preden padhang, punika sami bayar prabeya Sasewunipun tigan Trubuk ignkang pethingan 4 ringgit Sasewunipun tigan Trubuk ongka 2 , 2 ½ reyah Sasewunipun ulam Trubuk 2 ½ reyal Dene pangaosing ulamnalika samanten Sasewunipun tigan pethingan 20 dugi 22 ringgit Sasewunipun tigan ongka 2 6 dugi 7 ringgit Sasewunipun ulam gereh 8 dugi 10 ringgit

Dene cacah ing baita utawi krakat ingkang kangge, sakalangkugn kathah, jurubelah boten bayar pajeg ing pangaosipun ulam kang kawade,kamurwat kathah kedhikipun prabeya ingkang kapupu.Wasana isining nagari dRedah, saweneh tuwuh saking cengkah ing Santana pyambak, utawi saingkarerehaning ratu, ingkang mampang, nedya luwar saking paprentahaning sultan Siyak anjalri kraton ign Siyak kesut kaluhuranipun wah kasugiyane, murih anyantosani misraning ratu, lajeng dipu pranata kinenbayar pajeg, pamupuning prabeya dipun uculi, pajeg anyar punika sakalangkung ngawrati dhaeng para jurubelah, awit saking samanten, kesuting pamendhetipun Trubuk, utawi wiwiting kacupetaning tiyang Siyak, sabab sangsya sultan lukak pangawasanipun, solotipun andados anggenipun makewed dhateng konca alit tanpa adil. Dene prabeyaning ulam Trubuk wau atrapipun kadi monopoli (tegesipun dagang andheweki), para juru kelah kedah ngaburi Trubuk satus iji ing dalem swunipun dipun pangaosi nyatengah regi, dangu-dangu prantan wau dipun ewahi, sakathahing ulam ingkang kenging dipun krkat kedah kaladosaken sadaya, nyatengah regi, sanadyanpranatan pnika sakalangkung antebipun suprandene para juru belah kamsa taksih kadugi angupados bathi, yen ta boten adipun reresah dening para utusaning nagari, punika sami mundhuti pakantuk ing Trubuk yatra dipun sindheti boten kaulungaken kalih dene malih para jurubelah dipun pinapingin kusukan botohan, saengga nyirnakaken barang darbekipun wah dados mujangan, punika lami-lami anjalari para jurubelah sami ngililiyan pulo-pulo, utawi dhaten gMalaka sarta dhateng Singapura, kadadosanipun saliyaning jurubelah, kathah isining nagari ingkang sami morot ngungsipanggenan sanes, sabab konca Siyak inggih kathah kang sami kesah, anyingkiri pajeg ingkang sakalangkung anteb anjalari dados meskinipun konca alit tur ingkang jumeneng sultan boten saged sugih. Sareng kraton Siyak Sri Indrapura , dipun sampiraken dhumateng kanjeng gupremen nederlan indi, ting taun 1857 (Kontrakipun taun 1858) punikapranata malih ngatasing ulam Trubuk, wonten pakampungan utawi dhusun jurubelah, ingkang kapijikadamel sengekran pakantukipun katur ing sultan, baita satunggal ingkang medal kedah bayar prabeya, 8 ru, yen panuju ungsum ulam, bilih dede mongsa, baita satunggal kedah asoka prabeya 2, ru, 70 sen, dene yen badhe nyuwun serat pas kangge sataun bayaripun 6 4 ru 80 sen. Prantan wau ingkang ngremukaken pamendheting Trubuk ingkang pancen sampun kapara alum sabab pajegipun awawaton kapasthekaken wangsuling mongsa ulam tuwin wawaton kapasthekaken bekja, dados para jurubelah kedah boten masthi asok pajeg samanten. Makaten kawontenanipun ing taun 1863, nalika gupremen angliyer pajeging Trubuk sarta pameadenipun apyun ing praja Siyak, dipun lontoni yatra saben taun, lajeng pajeging greubukipun kesut kadamel 40 ru, 40 sen sataun, dene reresah ingkang tuwuh sakin gpara lurah utawi utusan dipun pepet, anangin gpara jurubelahs ampun sakalangkung so bekipun dados boten saged ngelilir, kalih dene malih sami kawus dipun pepetel dados sirna kekencenganipun, pajegipun sanadyan suda kathah, ingggih maksa boten saged asok enggal, para juru belas lestantun meskinipun. Amurih jungjung dhateng para alit, kanjeng gupremen karsa angesut pajeg malih dipun damel naming 20 ru, 20 sen sabaita sataun,punika inggih maksa boten saged amulyakaken pajeg maksa rekaos asokipun. Wasana samangke sawarninin gpakewed sampu sirna, sabab awit ing taun punika, kanjeng gupremen angarsakaken ngliyer sawarnining prateyanig nagari, kalintonan yatr saben taun dhaten gpara raja utawi lurah ing Sumatrah sisih wetan, anjalari timbanging prabeya, sarta anyirnakaken sakathahing taker tedhak ingkang asring mambengi padagang utawi ngawrati tiyang alit, sarehning sampun tetela yen pajeging Trubuk wau amitunani dhateng liyanign pakaryan pamendhetipung ulam,mila pajeg Trubuk wau amitunani dhaten gliyanign pakaryan pamendhetipung ulammla pajeg trrubuk punika lajeng salampah dipu luwari, kagentosan prabeya sanes, inggih punika sarana anyengkakaken pangaosing sarem sawatawis sabab sarem punika kapara kathah kanggenipun dhateng Trubuk utawi tigaipun, mila panggaota wau samangke saged ngrebda malih,s arta angaliliraken para ingkang alum budinipun, makaten kojahipun, ing pawingkingipun ingkang ngikt kondha badhe anyariyosaken pamendhetipu ulam Trubuk. ======\======Sanadyan sampun kapra kasep angggen kula nyerat punika, raosing tanah kula boten dados punapa, awit prelunpun taksih sami ugi Sarehning kula sampu aningali salebeting serat pawartti Bramartani kang katitimangsan tanggalkaping 23 Agustus 1877 ongka 34, awit cublikan pawarti mataram , nagandhakaken pangarakipu kanjeng sultan ing nagari ngayogyakarta wotnen ungel-ungelan (suprandene wonten ingkang nyuwani sakedhik, wonten bupati satunggil saking bawah Kedhu, punika puru awo tmawi busana pisiil, kaliyan para priyayi kratonan, sangking pamanggih kula, bupati wau, saha langkugn kalintu tindakipun, sabab bilih saestu badhe tumut dhadherek panggenanipun ingkang temen ,sawingkingipun pangeran adipati suryasasraningrat, awit bupati wau boten wajib angakena katawengan yenpanjenenganipun jumeneng upamtenar, jawi, sarta abdi dalem kanjeng gupremen ing Indiya Nederlan, tuwin angrenggani kalenggahan langkung inggil katimbang kaliyan samining kancanipun para bupati ing bawah kratonan kakalih. Wasana bokmanawi kapara antep anggen kula anyadhur, ananging amasthekaken bilih boten wonten amtenaring gupreme satunggal ingkang narjoni tindakipun bupati wau. Aningali suraosing serat nginggil punika, kok ketingal ingkang bupati ingkang dipun lepataken, mokal pisowanipun kang bupati dhateng Ngayogya wau boten kapapanaken dhateng sasepuhing nagari ngriku, yen bupati wau kaangep inggil katimbang klayan bupati bawah kratonan kakalih, sabab dene punapa pamireng kula para bupati bawah gupremen, ingkang sowan ing kraaraton kakalih, kalenggahaken sawingkingipun bupati nayaka ingkaratonan wau, mongka ing karaton jawi kakalih, wonten ugi amtenar gupremen ing kang wajibn mragata, inggih punika kanjeng tuwan residhen, saha raden adipati, pramila sarehning makaten, panggemipun bupati nayaka bawah kratonan kakalihh ngaken inggil katimbang kalayan bupati bawah gupremen, yen karaos, s\pangaken makaten lepat, awit kang sapisan bupati bawah gupremen anggenipun marasowan ing karaton kakalih wau, nama mara tamum kaping kalih dede panunggilan saha kancanipun punapa dene boten kareh dhaten gbupati bawahkratonan kakalih wau, bokmanawi rumiyin kala tanah gupremen taksih kabawah dahteng kraton jawi, sareng sak punika sampun sruwa ewah samubarang. Pramila saking pamanggih kula, yen kaasoraken bupati bawah gupremenan katimbang kaliyan bupati nayaka kratonan kakalih, raosing manah kula asor-asoripun sami, babag. Naming saking kawiryawanipun bupati gupremenan paningal kula angungkuli bupati bawah kratonan punapa dene saboteipun tiyang jawi kabawah dhateng ratu jawi kanjeng gupremen sampun anglilani ingkang kajibah dados sirah ing agami jawi inggih bupati, punapa dene adatanipun sarengat jawi bupati ingkang sampun winenang, pramila sakathah-kathahipun atur kula wau sadaya mung saklangkugn langkugn welas kula dhateng bupati bawah kedhu wau, dene tiyang ageng upamtenar gupremen, teka dipun cacad saklangkugn kalintu tindakipun. Boten langkung cekakipun kula nyuwun sumerep bupatinipun kanjeng gupremen punapa langkung andhap yen kawawrata kalayan bupati bawah kratonan kakalih, punapa padene kaliyan para pangera ing kratonan kakalih, yen bupati gupremen kaandhapaken sabab punapa, lan punapa wonten pathkan saking setatblad, gupremen wondenign yen boten wonten, wonten sabab punapa para bupati lan para pangeran ign kratonan wau ngaken inggil ngungkuli bupati bawah gupremen, mugi-mugi para ingkang saged paring sumerep aparigna pitedah. Kaserat ing Kasatriyan tanggal kaping 6 wulan Dulkangidah taun Je ongka 1877 Katandhan Panjikudawanengpati. ======\======Redhaksi boten saged anglerepaken serat panjurung kang kasebut nginggil punika,langkung saking wanci, kuwatos bilih dipundakwa pinilih asih, suprandene ingkang masthi mangsuli saleresipun redhaksining Koran martaram, sabab ing ngriku kuda runanipun ngajeng, annaging sarehning kudawanengpati ingkang dipun resepi, serat Bramartani, mila sasaged-saged kedha dipun pethukaken dening kang kawogan, ingkang punika andadosaken pirsa bilih ing Ngayogya kathah ingkang darbe pangakt bupati anem, lenggahipun bilih ing Surakarta,Kliwon sapanunggilanipun lah sinten ingkang pirsa,bokamanawi bupati kang sinandhung mungel nginggil punika, nalika amanten awor kaliyan parabupati anem,ananging sanadyan awora kaliyan para bupati nayaka, inggih maksa kagintu panggenanipun awit ingkang sampun jumeneng dados bupati ing tanah gupremenan punika pancenluhur, malah karsaning parentah ageng Betawi sinudarakaken dening kanjeng jumeneng lurah ingparesidhenanmila bilih sowan ing kraton kakalih kedah anyumerepi piyambak kaluhuraning kanjeng gupremen dene yen sowan partikeliran, karsa dipun prenahaken sawingkingipun bupati nayaka, punika sakajeng-kajengipun, bokmanawi ingkang jumeneng wau kaleres sanak kadang sepuh, awit ingkagn asring-asring sowan inggih punika ingkang darbe kadaing Surakarta utawiing Ngayogyakarta, suprandene sumerep kula, boten wonten ingang lenggah mapan ing sawingkingipun bupati nayaka, yen ing jajaripun bupati nayaka lah punika asring wonten tur sapantesipun dereng patos lami bupati ing Sa Ra bawah Ma samangke kapindhah ing Nga , sowan pasamuwan ing kadhaton lenggahipun ingggih jajar kaliyanbupati Nayaka, dadossane kaliyan kanjeng radern adipati patih dalem sabab punika manthereng madya. Dereng dangu kanjengpangeran Arya Sasrawiunata bupati ingpamekasan sowan ing kraton ing ngagyoyga, praptanipun sasarengan kaliyankanejng pangeran adipati Suryasasraingrat ngantos asesalaman kaliyan ingkang sinuhun sultan,panggemanipun upisi il sinukarsa ing bintang bintang lan sawarnining tetenger kasudiraning perang, malah mawi mojah sarta ngagem sepatu,punika inggih boten saru, cekakipun biih rare alit kenigng dipun prenahprenahaken, sareng tiyang sepuh kang mongka priyantun ageng kedah anyumerepi piyambak boten susah dipun tuntun, yen sowan partikeliranbupati gupremenan ngantos karsadipun prenahaken ing ngandhap punika minatan, kalih dene boten badhe saged molah awit wonten ing arsa dalem karubung ing priyantun kathah, sareng ing pasamuwan oposiil ingmongka lumuh dipun andhapken punika atedhagaken kaluhuraning kanjeng gupremen, mila benjing bilih manggih nugraha panji kudawanengpati, saged jumeneng bupati ing tanah gupremen, prayogi dipun engeta, sampun ngantos katawengan biloih gupermenan makaten ing tanah jawi saewengkonipun boten wonten ingkang ngungkul-ungkuli, Waana redhaksi sakalangkugn jurungi, dene kudawanengpati, darbe ambeg amarasudha dhumateng satunggiling bupati, dene anggenipun pitaken bedanipun pangeran akaliyan bupati, dipun suprih mratelakakenpunika anjudhegaken pikiran, mila prayogi angangsuwa rumiyin imbalan wacana. ======\======Kula sampun maos seratipun Dahatmangayun-ayun ing Bramartani ongka 45 wulan punika suraosipun angojok-ojoki dhatengkonca mantra guru ingkang rumaos boten nate manggih kalepatan utawi damel gleaning panggalihipun para ingkang nguwasani nagari kanglaminipun anyuwita sampun 4:5:7 taun wawaton serat kakancinganipun gupremen nalika taun 1800, 75 datmangayun-ayun asuka pirembag samongsa wonten lowongan priyantun asisten wadana, agengipun dhateng wdana utawi kolektur supadosa miya nyobi anyuwun dhateng gupremen anggentosi padamelan. Ingkang punika inggih kasinggiyan wa samantenkula apitaken rumiyin menggah para mantra guru wau punapa kaewokaken sadaya angger mantra guru, punapa mawi mawi, awit wontenipun ing jaman sapunika wonten mantra guru ingkang dadosipun boten mawi kawulang ing pamulangan calon guru, wonten ingkang jalaran mawi kawulang ng pamulangan calon guru, yen ta kaewokaken sadaya pangraos kula anyulayani karsaig gupremen rawas-rawas kasebut ing serat kakancingan ugi, dene suraosipun manawi boten kalintu, para guru ingkang sangking pamulangan calon guru, wonten ingkang jalaran mawi kawulang ing pamulangan calonguru yen ta kaewokanaken sadaya pangraos kula anyulayani karsaning gupremen rawas-rawas kasebut ing serat kakancingan ugi, dee suraosipun manawi boten kalintu, para guru ingkang sangking pamulangan calon guru boten kalilan lajeng kawisudha sanes padamelan yen dereng kaundur sangking padamelan mantri guru. Dene ingkang pinanggih ing kula suraosipun samongsa wonten mantra guru ingkang sangkingpamulangan calon guru kapengiin nyyepeng padamelan sanesipun inggih nyuwuna mundur rumiyin lajeng magang ing pundit prayoginipun, yen sampun katrimah amelipun nem beak wisudha padamelan sapantesipun, ewadene inggih kok maksa dereng urup kalayan karsaning gupremen awit saiba ta kathahipun gupreme anggenipun ambagdhani para calon guru meh kados bapabiyung dhaten ganak- anbakipun, ngibarat kijurutani anyebar wiji sawatawis amurih mradinana pasabinanipun ingkang Dahat jembar, punapa boten angajeng-ajeng ngukulipun sasampuning thukul punapa boten ngajeng-ajeng wohipun makaten salajengipun saengga tangkar tumangkar, mokal yen boten makatena, e konca mantra guru, sami kaetangapyambak kemawon pinten kahtahe utang jengandika dhateng gupremen kalaonten ing pamulangan saenggga sapunika dhasar jengandika wais dhateng etang, yen menggahha ing kula tanpa wicalan pinten banggi saged nyaur, mila yen tak siya ngajeng-ajeng padamelan sanes ngejawi kaindhakaning balonja tuwin mama teka sapele temen panrimahipun anelakkaken kadunungan pambekaning manungsa, tan layak sinebut mantra guru, malah-malah yen ta kula kinawasakaken ngatasing pamulagan jawi sadaya, yen wonten mantra guru ingkang sangking pamulangan calon guru, sanajan sampun anyuwun mundur inggih boten kenging kacepengan padamelan gupremen ajeng boten ingkanggih mantra guru, lngajawi wonten sabab ingkang prelu, awit prasasat badhe ngrenah gupremen, awit saupami tansah kalampaha saged apikantuk padamelan sanesipun amesthi badhe memengin kancakancanipun ingankg dereng pikantuk dalasan ingkang taksih wonten ing pamulangan wekasan anukulaken kemba-kemba tan mungkul ing wajibipunb, tangeh yen kenginga kaalap barkahipun dhaten gmurid muridipun,punapa padamelan mantra guru boten sakeca, gupremen paring balonja punapa boten murwat langkung malih pamiren gkula yen estu kaindhakan saking f75 dumugi f150 kalih ening malih punapa boten merang guruning gupremen ngantosa katungkulan denign kautamen tuwin kamursidanign guru santri, njan samiya inggih taksih nistha, jer guru santri madosa sandhang tedha pyambak sampun teka pijer slwengan angangge lalabuwaning dursila, punapa boten badhe numusi dhateng murid muridipun? Punapa sadinten-dinten boten bra-abraok amulang maos lalabuwaning manungsa, jer ingpamulangan sapunika serat waosan angundhung-undhung, yen makaten na lir paksi beyos saged tata jalma, lir sona anjugug rembulan, panggrayang kula wau boten si dhateng sadaya mantra guru, ananging pandugi kula kathah, samanten kemawonyen kula roncekaken mindhak ngebeki bramartani, prayogi kamanah manaha ingkang temen malah mandaryen temen pinanggih madunipun. Wondening para manri suru ingkang dadosipun boten jalaran kawulanging pamulanan calon guru dalasan para kekwakeling, lapunika kapantes amituruta kadi pangojok- ojokipun mitra kula Dahatmangayun-ayun para pagnaageng nagari bongsa Walandi boten badhekakilapan samanten wau kedah sampun anilar wawaton ananagih tanpa potang, saestu mesakaken saupami kalajeng-lajeng kadi kang sampun tan kagalih pikantukipun padamelan sanes, jer ageng alit sami ugi punggawaning ratu, sami ugi nglampahi ayahan ingkang dados jalaran karaharjaning ngakathah, lan sagedipun pikantuk padamelan samanten awit sangking katemenanipun tan amitunani dhaten ggupremen malah amitulungi, yen sampun tetela katemenanipun tan amituna ni dhaten ggupremen malah amitulungi, yen sampun tetelakatemenanipun pantes kaparingan padamelan sanesipun angalngkungi para magang utawi para priyantun sanesipun ing sapantesipun, yen boten makaten a kula purun mastani tan jejag adiling ratu prasasat ngukum tanpa dosa,jeng gupremen mongsa kalimpiya, among pangageng nagari bongsa jawi inakng kirang titipariksa wekasan baukapine, pramila kula miren ging pundit-pundi kathah inakng tan purun nyepeng padamelan wau dalah murid wonten kang tanpurun ngajawi ingkang tumungkul sepatu menga sepi, la dereng tambtu anyekapi, jer kalimrahanipun among darahing praiyantun ignakng majeng ing damel lan dipun ajrihip dening murid muridipun, saupami criyos kula wau katindakna saleresipun manawi tumunten dados jalaran ajenging pamulangan jawi ingkang anuntun ing karaharjan sadayanipun awit pangraos kula sami sami kakaberen pamulangan ingkang pangajeng, yen ngantosa kaoncatan tumunten sageda dados jalaran rengkaning jagad langkung malih ngatasing tanah jawi bawanign kathah tiyangipun tur bongsa warni-warni makaten ugi tekadipun pramila ing jaman kina jagad tansah ewa-eru awit sangkign sepenipun pamulangan ing saleresipun jer uwiting tekading anunga awon saeya panganggepipun dhateng ratu miwah dhateng sasaminin gtumitah tan liya jalaran saking pamulangan. Wondening salira kula pyambak sapunika saestu boten makaten among angandelpitulunging pangeran kang maha agung, kula sanes mantra guru sangking pamulangan calon guru, lami kula nyepeng damellangkung 11 taun, sasaged-saged rumaos tumemen ing wajib aprasasat saengga supe dhateng salira, kayekten dados jalaran ajenging pamulangan ing tanah kula ngantos kaungsi sangking amonca, kula rumaos asring dipun pundhatipitulungan dhten gpara pangageng nagari nalar prelu dalah ingkang remeh tan ngetang kangelan lan boten mitunani dhaten gkuwajiban kula pyambak, derne gnate manggih kalepatan tuwi damel gleaning para pangageng nagari nalr prelu dalahingkang remeh tan ngetang kangelan lan boten mitunani hating kuwajiban kula pyambak, deng g nate manggih kalepatan tuwin damel gleaning para pangageng malah kaalem saawratipun e wadene sapunika samenthang boten cipta yen badheya gadhah atur panyuwun dhaten ggupremen pikantuk kapadamelan sanesipun, awit sangsaaya mindhak sepuh sangsaya mindhak remen kula dhateng padamelan mumulang sasaged-saged leres lepatipun WALAUALLAM….. nanging ;;;;;;;;; yen mitra kula Dahatmangayun-ayun anedha lajengipun inggih samosa saamonsa kula lajeng ngaken, samanten kemawon pantesipun sampun anyandhak. Banget kula salami tumuwuh nembe sapisan punika kula leledhang ing Bramartani,s angking kumedah anglegani panedhanipun mitra kula Dahatmangayun-ayun. Titi Sinerat ing ngargadumilah ping 22 NOpember 1877 Katandhan Manri Guru MUkamad Ngisa ======\======Kula boten pisan-pisan grantes saengga kacoba ing duduka ingkang mawantu, sarta bingah tampi pangalembana, ingkang saking panjenengane redhaksi, sarehning sampun karsa ngaliraken panutuhipun para priya agung ing Surakarta, awit sakedhik renanipun biloih saben saben anupiksani bramartani mesthi mrangguli bathanging kalam panurat akuthah ludira, tilasipun kangge pandaya suebaring poncadriya ingang boten maedahi ing para pugung, sawab tekating sujana pangawicaksanan sami katelah saregep abebingung supados sampun wonten ingkang putus anerangaken punika sampun dados pathokaaning kasenengan aja na wong kang padha mangreti bener luputing sabarang wawwaton balik angamungna aku dhewe mila kauningan na sarta kalilana kla angunculaken ungelingrare bibisikan makaten kayata: panjenengan e redhaksi iku rak dhalang upamane, ugere mungnngobahake wayang, ora prelu melu jaguran, anjagur ginagur dhewe, wonten malih ngucap makaten lah dene Nawungkridha, wayang upamane, ora rumasa walulang, gampang dadi ing krupuk, yaiku yawn kabanjur megung dudukaning redhaksi, naming punika pamireng kula Suhiryas. ======\======Panjurung nginggil punika, ingkang saestu kintunanipun Sa Da Ma, samantena redhaksi dereng wanuh, suprandene dipun pacak, sabab bilih boten kapacak bokmanawi kawastanan baukapine, sumongga katimbanga ingkang mimeos rak boten wonten ingkang urut satunggal-tunggale kaupadosan ign wangsulanipun redhaksi, bramartani ongka 49 punapa wonten tembugnan kang makaten masthi mrangguli bathang ing kalam panurat salaejengipun. Kalih dene malih wonten tembugnan, kaya ta panjenengane redhaksi saurutipun punika dunungipun kados pundit yen ta redhaksi boten amambengana tiyagn tutukaran ngrembut balung tanpa isi,lajeng dipun unduri para ignakng numbas seat bramartani,lah ignkang badhe kapitunan sinten punapa Suhiryas punapa ingang darbe pangecapan, wonten malih, suhiryas amratelakaken bilih sampu dados patheokaning kasenengan ajana wongkang padha mangreti, saturutipun lo punika kados pundit teka wotnen budi kang makaten, yen badhe anawekaken nalar ingkang ruwed utawi tanpa waton dene teka mawi ngungsi ing serat kabar paedahipun punapa. Redhaksi. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras Lampahira gandrung-gandrung, tganpegat nganguk-anguki, ngungak anilingken karma, miarsa swaraning pegsi, berkutut munggeng gantangan, dumeling mangungkung bening. Kumejot sang amonggandrung, manguneng menggah jrogalih, garuneng wijiling sabda, dhuh yayi mas Sekartaji, pagene tan arsa mulat, iki meh satengah ari. Pijer kalangen agandrung kapiran langen ta pegsi, lamun suwe kabaskaran, angorong gurungre garing, maweh sudanign suwara, eyub na enggonkang ngisis. Darapon wuleding wulu, sumrambrah kena ing nangin, ora dadekake pilar, larut kali sing gegering, garuneng mengo gudandap, puspa menur katon putih.Agya mintar andrung-gandrung, puspa mekar wus den liling, aririh nabda mangrepa, dhuh arimas sekartaji,lah iki karemenira, puspa menur tan den ambil. Eman bok kasuwen alum, kadingeren sira yayi, saben urun umun sigra, bangking conthong wadhah sari, ing mengko tanana prapta, apa duk sira mring beji. Mangsah mamba gandrung- gandrung, prapteng prenahing botrawi, mamring sepi tan katingal, mangu kadungkesah malih, dinalih kusumeng Daha, kalangen sor nagasari.Sarira alayung- layung, tumonb trunaning nonsari, anglayung ngayom ngrambaka, sangandrung nalika prapti, wrin Sonya sumpeging driya, nir deya sekala linggih. Seseg dhentit lan pitekur, enget yen garwa wus lalis, wijiling wuwus kawdhar, laru laras angranuhi, dhuh mirah pupujanign wang, sosotya nagri .Weh sangsara gandrung-gandrung, tega tilar marang dasih, karimoyang karungrungan, angger manjalma mring ngendi, pulungen sariraning wang, sanadyan mring suranadi. Tan wurung abdi sumusul, dhuh mas puruna manganti, nadyan tumameng babaya, ywa pisah kalawan abdi, yen kasereng during mosa, der arsa nampani kangsih.Temah angganta kasiku, sapa ingkang anglabuhi, bubuwan manjing jro nraka, abdinira pun apanji, sira nemuwa wibawa, mamikti jro suwargadi. Sumaput sang among gandrung sedyanirarsamungkasi, gumuling sor nagapuspa, yata wulu cumbu kalih, Bancak Dhoyok duk uninga, gupuh samya marepeki.Sang panji sigra sinambut, sinundhang kundur mring panti, sinarekening jarambah, jalma rotengga ngebuti, dangu denya kapidhara, raja putra sang apanji. Tan antara sigra wungu, pungun pungun gnandika ris, kkang Bancak arinira, yayi jugut ana ngendi, undangen ywa nanggo rowang, kabeh kadang kadang mami. Aywana siji kang milu, undhangana ngati-ati, babncak Dhoyok sigra medal, panji nom wus den dhawuhi, kerit sareng lampahira, rpapteng ngarsamangabegti. Sumungkem angusya suku, sarya waspanira mijil, wit ningali mring kang raka, guwaya alum ngelelentih, kadya gerah wus sawarsa, sawusnya konjem neng ngarsi. San gpanji ngandika arum, yayi marma sun timbale, lamun kasembadan karsa, apapurun sira yayi, atut wuri marang ingwang, lumengser sangking angari. Manjing nom miarsa wuwus, ing raka amelas asih, denya mrih kadherekena, lir manger pangarih-arih kadya tan saraneng prentah, lan ta mangereh mring ari. Panji carangwaspa ngungun, drawayan waspanya mijil, nembah seret aturira, dhuh punika kados pundit, jengpaduka angandika, panantun murih umiring. Tindak paduka pukulun parane yen amba nguncati, dhmateng karsa paduka pukulun den prapteng lalis kawula mongsa ingganga, ing karsa estu umiring. Jeng paduka kadang ulun, leres sepuh tuwin gusti, dununging sembah kawula, galantine jeng ramaji, paran kalamun sumnggah, yekti duraka pinanggih.San gpanji miarsa wuwus, nenggak waspa amangsuli, sumarmanira yayi mas, kudu sarat ing sun tari, menawa sira nelaongsa, tutwuri marang ing mami, Reh ingsun amurang laku, sumusup ing pringgasepi, driya nirda tanpa daya, lir mangayam-ayam lalis, ngulari panjalmanira, rakantaputri Kedhiri. Estu anemahi lampus kalamun nora pinanggih, yayi pamurih manira, kalamun ingsun ngemasi, sira yayi ngawruhana, bangke tunanen lan agni. Ki Bancak Dhoyok macucu, miarsa sabdaning gusti, ki Bancak anyaru sabda, lah niku piker punapi, teka tan ngeman sarira, supe lamun satriya di. Yun angunthul anjarunthul, lah adene kang wismati, bok iya tutur belaka, away karya bosah-basih, satriya putraning nata, benere sugih nastiti.Sang Panji mengoling nyarum, yayi mas yen wis narjoni, mengko bengi angkat ingwang, aywana jalma udani, panji nom matur sandika, kadya mumucung ing latri.

Ririh sampun, smegta busaneng laku, sagung nign gegaman, among kaagem sapalih,Bancak Dhoyok jemparing langkap sinandhang. Madya dalu san gpanji umijil sampun, nuju tanging wulan, maresik tanawengi, riyem-riyem sumunar kenyaring condra. Mangu kadung, denya tumindak kasandhung, reh dahat kasandhung, tanana dhanganing galih, mijil gelah angawuh tansah kadhudhah. Kang sumunu, cahyeng wulan kang dinulu, dumilah amindha cahyane putrid Kedhiri, dhirilesu wijilira bubutulan. Kang kapranggul kadeyan kang tunggu pintu, mendhak wus waskitha, mring karsanya sang apanji, samya kendel kewala tannaru sabda. Yata laju, lampahnya sang among gandrung, panji carangsapa, caket kang mungggeng ing wuri, Bancak Dhoyok angampingi kering kanan. Tandya sampun, lepas lampahnya sineru, umambah ing marga, anulya jawing margi, minggoknimpang ngambah margait padesan. Wanci bangun, keh munya kukila barung, bebeluk landokan,merak nyang ngungong nimbangi,lir nambra mamring sng anggadrung asmara. Pegsi engkuk, angetes munya neng pucung, pucang kang ajajar,timabgnan pegsi kudhasih, ngasih – asih ngesah wrin jalma utama Taksih wonten candhakipun Ongka 50 Kemis kaping 13 Dhesember 1877 Ing salebetipun Bramartani ongka 48 redhaksi sampun martelakaken bilih panjurungipun wigyatresna boten kenging dipun pacak awit suraosipun anggepok dhaten gpriyayi ageng ing salebeting padamelanipun nagari, panjuruurng wau pamangihipun redhaksi badhe dados mamala, bilih boten dipun sirnanaken sarana dipun suwun wangsulipun sakig pangecapan sabab bilih ngantos keringsal lan dhawah ign ngastanipun ingang dipun uman-uman mesakaken ing kang kintun panjurung jer saemper derng dhenger dhateng anteb-entheng ing udur, among anuruti dhateng kanepson kemawon. ======\======Nagari Surakarta Adiningrat Saderengipun wonten jawah, meh saben dintenkula kekesahan, jujug kula ownten Bagelaran, perlu naming ngungsi ingkang ngisis, amargi ign Bagelaran wau awanipun asrep, tumrap bipun dhateng badan sakeca sanget utawi dhateng paningal omber, sarta angresepaken manah, punapa dene nguignani sakathahingpasowanan kuwatangan kawangun inggal dumados sok aras-arasen mantuk yen sampuna kapambengan kasaput ing alu ,naming kuciwa pasowan kekalihing kang dereng timabg kaliyan kanan keringipun, pasowan kaparak tengen risakipun sanget pancen sampun boten pantes yen griya sampun sepuh mangakten manggena wonten kagungan dalem alun- alun, jalaran badhe ngungupaken panggrayangan, pambekanipun ingkang kaleres ajibi, dene pamireng kula samlebetipun kalih taun punika, sang bupati kathah anggenipun tampi arta mirunggan, antawis anyelaki 24 ewu, kok boten karsa merlokaken, manawi pamanggih kula piyambak, pasowan kawatangan wau kula anggep pupundhen, mila mangkaten ingggih ugi prabeyanipun medal sakin gkabopaten, naming tetep dados kagungan dalem, manawi wonten perlonipun kula tegsih kalilan ngenggeni, mangkaten malih sakin gpakabaran, ing ngajeng sampun wonten wiyosipun dhawuh pangandika dalem, saancenipun pasowan sami kadhawahan bangun ingkang prayyogi,benjing wiyos dalem garebeg mulut tau Dal sampuna pinanggih rampung saaya, mila saking pamuhi kula rainten dalu, sang bupati wau trubus sapanggalihipun ingkang santosa, anggagahi rampungipun ingpasowan wau, supados nyingkiraken mutawatos, dene ing wingking panarikipun prabeya saking panekaripun, kados boten wonten prakewedipun, sumongga dipun galiya atur kula punika. Kaserat tanggal kaping 27, Dulkangidah taun Je ongka 1806 Sastradirengga ======\======Panjurung Salebetipun kalih dinten punika ing madiyun saben jam skawan sonten wiwit mendhung amrepet sanajan dereng kalampahan jawah deres ewadene dhawah ng garimis andadosaken sakecaning awa sawatawis, pangajeng-ajeng-ajenging kathah wiwit ign wulan nopember punika kenging a kaanggep masa rendheng, saha miraha jawah kados rendheng ingkang sampun kapengker ing dinten punika regining uwos ing dalem sabathok (bathok tiga sadangan) kalih likur dhuwit mirah mirah ipun utawi nyangalas dhwit,pamuji kula benjing tengah tengahipun rendheng regi ing uwos sampun ngantos kekathahenlumangkahipun sakng egiing sapunika.. ======\======Wangsulan katur mtira kula, ignakng jujuluk Bondhestu Kula sampun nupiksani srerat paduka, ingkang tumrab bramartani ongka 48,ingkang medal kemis kaping 29 NOpember 1877 ingang suraos aparing berkah, anedahaken ingkang daos kodhengipun manah kula bab salaki rabi, paman badhe ngrabeni anak kapinakanipun punika andadosaken suka pirenaning manah kula, kanthi panuwun saha panarimah sanget, dene paduka aparing padhang ing ngapeteng wasana atur pamuhi kula sagunging karaharjan lan basuki sadangonipun sumarambah ing garwa sewaya,mugi-mugi lastantuna dadospanaming ngapeteng, ingkangbodho kados pun kula. Sinerat tanggal kaping 27 dulkangidah taun JE ongka 1806 Katandhan mitra paduka, Mintasayekti. ======\======Panjurung Sampun kapara lami redhaksi ning bramartani amratelakaken bilih wonten mitranipun jawi ingang dereng andugimaksuding pustaka pawarti amila saking panginten boten wonten awonipun saupami kula sumeja angaliraken pamanggih sawatawis bab paedahing serat pawartos ing sanadyan taksih kathah kairanganipun saking pandugi bokmanawi kenging kadamel gagaran analusur ing pigunanipun Koran Antaws sampun kawanatus taun sapriki,para sugih ing salebeting nagari Eropah, anggenipun wiwit angowntenaken pamanggihpandameling pangecapan, sasampunipun saput amirantos samapta pangimpuning pakabran salebeting praja awarni-warni, mandar ngantos anglanjak pawartosing nagari liyan pinten pinten jajilidan tuwin dalancang ingkang kasadhiyakaken ing pangecapan, sareng sampun dados Koran lajeng kalimrahakening ngakathah priyantuningkangkarsa mendhet pawartos wau mawi babbayar ing samurwatipun, wangsul ing sapunika sampun kathah ingkang ngedalaken wonten ingkang medal saben dinten wonten saminggu kaping kalih tuwin wonten ingkang sapisan, sarta,,,,,kados: bilih wragad prabeyanipun ing pangecapan kasebutna: ewon, saupami kacocokaken kaliyan kawontenaning pirantosipun tur ingkang kula sumerepi ngemingaken pangecapan satunggal ing Surakarta, nalika samanten saking pawartosipun saweg sawatawis taun kemawon lajeng kacihna bilih pangecapan mangkaten kathah paedahipun kajawi angindhakaken kaluhuraning nagari, awit kautaman tuwin katawising indhakipun pambudining manungsa punika amasthi gumantung wonten ing kapratelan, ingkang dados pamanggihipun piyambak-piyambak, mongka naming pangecapan prasasat marginipun amencaraken kakarangan, temahan amoneraken ing pambudi tuwin pamanggih, kadadosanipun sengkuting para titiyang anandukaken pamanahipun sangsaya angsal babahan pamarsudining gunapangawikan, tumanggaping pangretos sarana angatulaken panimbang, saestu badhe boten kalorop kados ingkang kirang sumerepipun, awit pangaranging prakawis tuwin lampah-lampah wau ingkang tamtu kasumerepan ing nalar nalaripun rumiyin, menggah babaring kawruh mangkaten lajeng saged anutumaken pamikir, ingkang amamalad sudanig ngugon tuhonipun titiyang ait sarana angsung pratikel ingkang mikantuki. 1. Menggah paedahing serat kabar mangakten ingkng rumiyin supados para titiyang salebeting nagari, ing dhusun dhusun tuwin ingkang dudunung tebih, sageda kawradinan ing pawartos warni-warni, sinten-sintena ingkang karsa maos prasasat anungkuli tuwin sampun anjajah dhateng nuswa ingkang boten dipun dunungil, saha ingkang dereng dipun sumerepi, dados karaos saged jembar ing pangawikan. 2. Manawi wonten pamanggih kadadosanipun pandameling para ahli budi, ingkang angungkuli pigunanipun kaliyan atrp ingkang sampun kalampahan supados para titiyang saged anulad wasana saged ambedakaken ingkang rpayogi sking ingkang awon, awit rak boten gampil sagedipun pikantuk kawruh. 3. Sinten-sintena ingkang ingkang karsa amundhut serat pawartos wau kadamel anyambeti kasenenegan, sasampuning anggalihkuwajiban ingkang parlu, ing saderengipun sre amaos Koran anguningani lalampahan ingggal tuwin prakawis ingkang nembe kasumerepan. 4. Priyantun sarjana saged anandukaken gugubahanipun ingang amaedahi, kadamel amamalad seeming ngakathah, sami kapupurun amardi ing pambudi, supados alusa ing panggalih, tuwin anuwuhaken kalakuan ingkang sae, wondene manawi wonten inakng lepati ing suraosipun iinggihnaming dadosa pamusawaratan, salajengipun amesthi kaleresaken denign priyagung ingkang kasagedan utawi kawruhipun amunjuli, awit kathah pajunipun ngakng ngatasing pangawikan, dados boten badhe sirna nyaruken wonten ing kakandhutan tuwin pasimpenan, manawi larapipun lumuh kauningan sayekti kawruhipun wau tanpa paedah. 5. Supdos para titiyangingkang sumeja anglampahi ipiawon badhe amitenah dhaten ging liyan anyandekna ing kaniyatan wawangaplaksananing dunya tuwin ing ngakerat utawi kalampahan kalebet ing Koran boten sande kawiyak ing ngakathah, prasar sinaksenan patraping pamitenah. 6. Mongka priyagung ingkang angedalaken Koran boten katlompen angisep-isep cariyosipun ing reh kanyatahan sawatawis bab lampah-lampah ing nagari, tuwin patraping titiyang ingkang kawastan nistha, madya , utami, samanten wau inggih taksih katimbang timbang ingkang pantes tumrap, wartosing barang dadagangan anyblik serat kabr sanesipun, naming ingkang parlu-parlu kawedhar, supados para priyantun ignangkarsa maos boten anggalih cuwa, saged anyumerpi pakabaranin gnagari liyan. 7. Wonten malih ingkang tunggil jinising serat kabar, ananging kabedakaken ing nama, sabab sakin gkapanjangen tuwin kalebeten ing suraosipun, wasana kirang prayogi manawi kapacak ing serat pawartos dados kadamelaken papan piyambak piyambak wonten ingkang kawastan jajilidan ing kayat tuwin kitab kitab, kados ta ingkang nyariyosaken bab lampah-lampahing nagari, bab agami, bab pamulang, bab ngelmi padhukunan, bab lampahing kriya, bab lalayaran, babpamong daang, anaming tumanggaping pamaosipun ingjijilidan ing kayat tuwinkiyab-kitab wau rak boten wonten bentenipun prasasat maos Koran Koran ing saben dinten, manawi niyat kacanthelaken ing engetan srana angangge budi, inggih lajeng caluluk piyambak agenging pigunanipun awit jalaran saking wulanging tiyang sanes sagedipun pikantuk ing pangawikan, salajengipun ginulang katitimbang piyambak inghdakipun dhateng ing kabudayan, manawi ing wedal smangke boten wonten ingkang saged jlektan pasangkan manawi boten mawi pangwira-waran tuwin tatuladan, o bok inggih ingkang kasebut jam hur ing jaman kina inggih boten tilar piwulang, salajengipun kaesahaken dhateng ing kasutapan, (*)Ikayat mangakten ugi saemper serat cariyos sanes pameca dhateng babakan ingkang badhe kalampahan kula pun Nawungkridha, awakpendhek budi ceblek.

======\======Lah dalah punika wotnenmalih kamemetanipun nawung, nanging samangke teka mawi dipun wewahi asmanipun, dipun embel-embeli, awake entdhek budi ceblek, suraosipun Nawung sampun ngarsakaken angiket posipun pyambak sami sami si aat ketingal entheng nanging saestunipun awrat piyambak, tiyang ingkang adamel ponisipun pribadi, nama ingang dipun agem wau, para wegig saged amirid kadamel ukuraning pambekan, e wadene panjurungipun nawung inggih dipun turuti kapacak sabab botkmanawi anyumramrbahi kawasisanipun dhumateng ngakathah, samanntena bab atrapipun Koran meh sadaya lare ingkang sampun kadunungan bekja, nate tuwin ingang pamulangan dhupremen, sami dhenger darunanipun boten susah kawedharaken ing Koran, mindhak angubal-ubal, sumongga kayektosanana, kula purun totohan, yen masthi pun tunjang dening lare sanesingkang wegig, anangng redhaksi badhe lepas tangan, suprandene bilih sampun ruket sarta amutawatosi tuwin amemetengi, inggih kedah kedah dipun sapih. Redhaksi ======\======Wangsulan dhateng Nawungkridha. Nalika kula anuakrta seratpunika manah kula saklangkung semplah, temahan wenganng engetan kula sert labet kaparibawa dening cuwanipun piker, dene badhe wonten sabab ingkang adamel boten renanipun nawung kridha, ewasamanten sarehne kla rumaos kajibahan nandhegi seratipunnawungkridha, dados boten ketang kaliyan sempah pamanduk kula lungiding kalampanurat kula lajeng ngaken, wekasanipun badhe roping gagating cipta, kados ing ngandhap punika. Kula sampun maos wangsulanipun nawungkridha kawrat ing bramartani ongka, 47 asuka katrangan bab wadosipun lalampahaning kodrat ingkang kula pitakekakening mangke cepakin ggarejed kula kedah angwedharaken panarimah dhateng nawungkridha, mongka pamangsuling sih anggenipun sarju amituruti panedha kula, ananging nawungkridha sumerepa, sapunika kula taksih kwagugen amratelakaen punapa panerngipun dhatng pitaken kula sampun rujuk kalih pamanggih kula, saderengipun kula raos-raos rumiyin ing reh kula punika tiyang kethul ingmanah boten sagd andungkap tumunten dhatneg saarrang wiraos ignakng makaten punika nawungkridha saestu sampun nyandhak dhateng eliding pitembungan kula, wasana kula sampun sinengguh angular ukara kotong jatinig raos sarta angikal basa nedya kula angge dadameling udur, enering manah among kedah anglairaken kandhutaning gaba kula, bilih kula punika temenipun tiyang wantah ing budi, boten remen anjunjungaken tembaken saha anyenkolong liyan kadosta, saupami kula anedhaseserepan ingbab sadhngahh dhateng B punika kula pancen dereng sumerep sayektos boten pisan-pisan anggadhahi sedya badhe anjajagi sendhangng kawruhipun B mangkatenugi manawi kula dipun tdhani seserepan dening B ingang sakinten kula saged inggih kula serepaken tanpa,,,,,,,,,, yen boten saged kula boten merang angatingalaken kabodhoan kula, amargi kula angengeti ungel-ungelan mangkaten, Manawa kowe tinitah bodho den sregep sinau ajawi yanging ngati, Manawa kowe tinitah wigya aja angwadika nuyisanmu,menggah panampi kula tiyang cubluk punika wajib sinau samukawis ingkagn dereng dipun sagedi, sampunisin kawiyak balilunipun dene tiyang ingang tinitah wigya bilih dipun tedhani seserepan dening sanes akaliya temen-temen sampun adamelk wados kasagedanipun awit kapinteranpunika yen kasidhem wonten badanipun piyambak manawi pejah temahan sirna,mila prayogi kalimrahaken dhateng ingkang wajib angudi. Wondene nawungkridha gentos anedha seserepan dhateng kula kados ingkang kapratelakaken punika sanajan angrentengaken sanubari inggih kula laksanani, ananging sarehne kula ing ngajeng sampun amalehaken yen kula tiyagn kethul ing piker, dados paneng kula msthi boten patitis sasab medal saking pangawik athik glura, leres kula kumapurun anggelaraken anggsal wuwulang saking sarjana ingkang kenging kaanggep medal seserepanipun dhateng elmu papasthen samantena murid punika rak awis ingkang anetepipangajeng-ajeng ing gurunipun taksih maewu-ewu wuwulangingkang dereng kalebet manahing murid dados panduginipun nawungkridha yen kakodhenganipun langkugn kathah tinimbang saking kakodhengan kkula punika boten yekti, o mas nawungkridha,kakodhenganipun K.W. tanpa wangkid yayah garising madya amndhala, aluwung kakodhenganipun Nawungkridha ambok bilih anggadhahi anggreg-anggreg. Menggah panerang kula dhateng sapakenipun nawungkridha boten anjangkepi kasebut ing ngandhap punika. Pataken ongka 1, sadaya ingkang tinitahaken dening maha kawasa sapunika paperanganipun kadosta: bongsa kewan bongsa tataneman bongsa pepelikan barang tanpa gesang, dene isen-isen dirgantara kajawi ingkang kalebet paperanganing barang tanpa gesang wonten ingkang kawastanan ing tembung Nederlan Natuurverschijnselen, inggih punika kluwung, teluh braja tuwi andaru. Pateken ongka 2 getering swara ingkang kabekta denign alunign hawa punika sami kemawon kaliyan aluning saganten asring-asring mangsul dhateng enggen pinangkanipun bilih pinuju kapalang dening sabab, manawi tiyang wicanten wonten ing greja utawi wonten paan wiyar masthi miring kumandhanging swaranipun menggah sabab wotnenipun kumandhang rarancaganipun mangkaten, samasa alunig saganten katekta dening angina ananggor parang utawi gigisik punika swaranipun boten lajeng kendel naming wangsul anuju enggen pinangkanipun lahing ngriku tiyanglajeng amireng kumandhang. Pataken ongka 3 kula derengpikantuk seserepan kula manahmanah tansah ngalenthar Pataken onga 4, mila hawapucaking ardi punika matis awit saking botenpegat hawa ng dharatanpunia sampun masthi kemawon anget sabab saking tipis. Pataken ongka 5 dayanipun elektrisiteit punika angawontenaken gara-gara tumuwuh ing eletrisiteit saking wakteing sipat mili kakalihingkang dumunung sadaya wujud salebetipun elektrisiteit wonten wujud botenamrabawa, bilih boten saking kasabab. Manawi tiyagn angaben sela latu kaliyan waja masthi medalatunipun menggah sababing claret tuwi gelas pun kethul ingpikir dereng angsal seserepan dene pataken sampeyan rijal punika saking kinten klaswaranign ilinipun hawa santeringang tetempukan. Saehning saben dinten lalampahaning kodrat ingkang dados kakodhenganipun manungsa wewah-wewah milanipun ing mangkekula nedha seserepan dhateng nawungkridha bab wadosipun lalampahaning kodrat kados ing ngandhap punika. 1. Sabab punapa manungsa boten saged angbahaken kupingipun 2. Suryapnika wujud punapa dene watekipun benter 3. gludhug punka punapa 4. Sababipun punapa yen btiyang nyuwara wonten ing griya ingkang kathah rerengganipun teka bneten swarnipun kaliyan manawi wicanten wonten ing griya ingkang tanpa rerenggan 5. Anerangna purwadumugi wasana ing bab dumuginipun swara ing kendhangan karma 6. anerangna wates pamerngipun wujud 7. papadhang punika kenging kawastananwujud pnapa boten

Wasana mugi Nawungkridha sampun ngantos mangsuli mangkaten yen K.W. dereng bias aweh katrangan babar pisan dhateng pataken kula, kula boten gelem anjawab patakone, o bilih tndheg samanten kemawon kasa pundit, rak mindhak angeboseni. Katandhan K.W. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan Panjiraras

Tan tinemu, ya tuman-tumanem luput lepat pangrahita tan wrin karseng jawatadi, dadi keron karantan satriya dibya. Sudibyanung, mungkasi sakehing riwu, putus mring weweka, teka kaaman kasliring, ring riringatansah anggandrung sarira. Yata sampun hayng ngaruna mungup-mungup, ujunging ancala, barbabak prabenuluhi, lampahira nunurut pinggir tegalan. Palanuju, meh wanci smya den undhuh jagung myang katela, kimpul kenthang tales linjik, angendhanu andhendheng asri kawruyan.Dulur-dulur, jalma mijil saking dhukuh, estri miwah priya, cangkingane tinggok senik, bagor kacang kanglanang nyunggi karanjang. Tanrap lungguh, cingak katemben lagya wruh, mring sang alelampah reh dhukuh tebih lan nagri, winggir wana arang srawungan satriya. Siji bakul wulanjar warnane ayu ayun aneebas mring pala kang den undhuhi,mulat marang kang lumampah ruruntungan. Sebrang sebrung, ulate katon nunuju,kang tinuju datan, praneng semureh geng kingkin, bok wulanja rewa-rewa awecana. Umun-umun wong papat padha lumaku kang loro nyatriya, kang loro padha cecedhis janug gunung semut bangkang ceconthongan. Wong angrangkung arang kadingaren muncul, kangngarep priyongga, bagus cahyane nglelentrih, apa angluh yen angluh mongsa mintara. Netra bal;ut apa kaderesen ungu, tumantan rewesan, iku kang anaing wuri, bagus anom pepatute sok burancah. Pala agung,kebek katga kulitipun yen gelem lerena, eman-eman wonga sigit, kekayalan lumaku tanpa turongga. Kula angsung,turongga saprabotipun, yen andika arsa, kampira ing wisma mami, boten tebih puniku caket katingal. Wisma bagus miranti sakalir patut papane prayoga, isining wisma mepeki, mung cacade tan wonten jalamane priya. Mila suwung, laki lalis tansunu, dhuh dika nyatakna,mangke yenprapta ing panti, estu manggih sabarang sarwa gumelar. Mancuk-mancuk kibancak saya srumuwus, eh jungut mandhega, payo padha den ampiri, ngarah apa wong kesel sinungan kuda. Nora jaluk dhasare kan gwewehayu,pepatute baya, wong mangkono iku sugih, ketarane busanane sarwa mubyar. Mesem muwus panjinom sarwi tumungkul kakang salahkarya, sira mampira pribadi, ingsun wedi mijile slamun dinukan.

Bancak gedruk gedrug kedheppanguthipol lah aja mengkono, becik mampir ngong iki kaluwen,nunut milu sarapan sathithik yen uwis malenthi, gampang mengko nusul. Lamun ingsun mampira pribadi, temahan salah ton mau nganggo cedhis pangucape becik kowe gawe aling-aling, mengko iku pashti, susuguh abikut. Nadyan nora nyikut mung ngalinggih, mesem dyan panji nom bok wulanjar myarsa garunenge,muwus sarwi nandukaken liring, ehpaman cecedhas,matura gusti mu. Yen ing mengko paman karsa mampir okeh opahing ngong, marang sira tampanana dhewe, picis putih kang sepuluh ringgit, jarik ragi bali, kancing kathok sabuk. Padha anyar sampiran sumampir, patut sira anggo, lawan pamane aman leladene, iwak akeh lan segane putih, nyamikan sumaji, eman-eman nek mambu. Bancak myarsa panji nom jinawil, payo padha minggok, ngarah apa mugn sehdela bae, mengko lamun sira den dukani, ingsun kang madoni, jer wong luwe ingsun. Sangpanji nom mesem tan nauri,ki Bancak mecoco, sarya laju umiring lampahe, kang kamargan sakeh jalma estri, mandarngujiwati,mesem meh kilayu. REh katemben tumon jalma sigit,cahyane sumorot,uthu beda lawan jalma akeh, angkah angkuh es satriya adi. Pasemone wingit, sarira lus lurus. Nahan kang samya kandhuwan branti,kang nandhang wirangrong, sampun laju lumepas lampahe, meh andungkap tepining wonadri, tumonton resmining kang sarwa tumuwuh. Pinggir wana puspakeh kaegsi, gambir menur abyor, tunjang tutur kalakenangane, cepaka pingul argula putih, prabu set saruni, dhendheng angendhanu. Yayah ambra making gerah kikin, sumadya salah ton, reh kataman gonad mamekare, puspa panjrah pinarcondhang angina, tyas sira sang panji, kepyan among gandrung. Nolah sarya ngandika mring ngari, eh yayi panjinom, rakanira manalma ing kene, pratamndhae gonad nya mrik minging, yata sang ngapanji, carang waspa matur. Dhuh punika gandane kang sari, dede sanglir sinom, dipun enget paduka ing mangke, karsa manjing wana bokmanawi, drigamengmawarni,mantun grah gandrung. Sang apanji kendel tan nauri,yata kagyat anon, lunging gadhugn lir angawe-awe eh bah kapuwanan reh sumampir, ngaweri neng pinggir, sangpanji andulu. Gudandapan agya amurugi, duk prapta anjongok, ngungak-ungak melongok mengleng, dyan panji nom gupuh anututi, umatur wotsari, dhuh sampun kedurus. Punapa kang paduka tuweni, kang raka lingnya lon, rakanira yayi ngawe-awe, asta katon ingsun nora pangling, anglayung mlas asih, pijer gandrung-gandrung. Ywan ta jaluk tulugnmarang mami, sigra sang pnji nom, lunging gadhugn cinandhak rinanggeh, dhuh punika lunggadhung sayegti, dede raja putrid, sangpanji tumungkul. Kawaspadan yen estu kasilip, angandika alon, payo yayi mantengah den age, bokmanawa rakanira nganti, suwe prapta mami,Yan ta wuwuh rengu. Nulya laju denira lumaris, tn pisah aggalong, ambelasak nasak wona gedhe, tan riringareh sang raja siwi, wus nir ingpanggalih, kepyan gandrugn-gandrung. Tankarasa kataman ing ngeri, mulat satos-sato, tan riringa dahat wus kasupen baran gkaton tuwin kapiarsi, dinalih sang utri, kang tansah anggandrung. Taksih wonten candhakipun. ======\======Ongka 51 Kemis kaping 20 Dhesember1877

Kulawisudhan Wontenkabar kawat saking Betawi bilihingkang piniji jumenengresidhen ing Samarang, kanejng tuwan Van Derh Hel, samangke jumeneng residhen ing madiyun,dene ingkang gumantos residhen ing Madiyun dereng terang. ======\======Ing salawongipun abdi dalem mantra kabupaten Sewu, ingkang kakersakaken anggentosi pamagang kabupaten raden Onggadimeja, dados putranipun mantu raden mas tumenggung Arungbinang, kapatedhan nama tuwin sasebutan Raden angabei Wongsadireja, lenggah siti 5 jung, kaping 13 Dhsember taun 1877 ======\======Mupakatan ing Ngayogyakarta Nalika dinten Senen kaliwon tangggalkaping 4 wulan Besar taun Je ongka 1806 1. Putra Dalem Ingkang Sinuwun Suwargi Kapign VI, Gusti RAden Mas Jendral kapatedhan pangkat nama Gusti Pangeran Arya Anom 2. Putra Dalem Ingkang Sinuwun sapunika kekalih, bendara RadenMas Suwardi, kapatedhan pangkat nama Bendara pangeranARya Adikusuma 3. Bendara Raden Mas Widayatdi, kapatedhanpangkat nama, bendara pangeran ARya jayakusuma.

======\======Surakarta Ing dinten punika kemis wanci enjing, inglebet kraton pasamuwan ageng para agung jawi sami sowan, utawi kanjeng tuwan residhen sakarerehanipun, para upsi beteng ageng utawi kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, saputra Santana ingkang lenggah militer sami andherekaken, wondene dunungipun pasamuwan wau, anjenengi pikramanipun putra dalem putrid, radne ayu PUspakusuma, katrimakaken momongan dhumateng Raden Mas Teumengugn PUrwanagara, abdi dalem bupati nayaka, ingkang ngirid dumugi ingpandhapi ageng, ing ngarsa dalem, liyuanipun raden adipatiPapatih dalem, wonten pangeran gnagsal utawi nenem, kyai pangulu sampun sowan rumiyin ing ngarsa dalem, kabyantonan denig para karerehanipun ngulami, ing ngriku anggenipun ngijabaken, tiningalan sakalangkugn winged, sasampunipun lajeng klilan mundur, mangke sonten wanci jam 5 panggihipun temanten dipun bawani ing pangebeyan, mawi amangun suka, kathah ingkang sinuruhan, murih anjenengi panggihipun temanten sajodho, dene rerengganipun pantes bilih boten badhe kuciwa skedhik-kedhika,mugi-mugi wontena ingkang mangiket lampah lampahipun mantu punika, ingkan gkathahipun ingkang kenging kapyarsakaken ingngakathah, utawi ing ngamonca. ======\======wontenkabar bilih ing sadinten kalih punika, isi tirawi wonten wadyabala, cacahipun kirang langkung 40 punika sami miruda, nanging dereng erang menggah atrapipun saged miruda ngantos samantenkathahipun, dene litnan satunggal ingkang dados pangageng, utawiingkang ngirid samangke kajibah. ======\======Ingkampung Muwadiningratan Surakarta, nalika malem rebo angrintenaken dinten Kemis, wonten raja……ingkang dipun takoni bongsa Cina, 4 malah wonten ingkang pejah satunggal, darunanipun bebedhangan redhaksi derneg tampi pakabar terang tampi kabr terang mula bukanipun. ======\======Ing dinten Kemis punika ingkang sinuwuhun kanejng susuhunan badhe karsa amikramakaken putra dalem raden ayu PUspakusuma,katrimakaken momogan dhumateng radenMas Tumenggung PUrwanagara, abdi dalem bupati nayaka, wondene ingkang bawani, putra dalem pambajeng kanjengpangeran litnan colonel Pansetap angabei, mawi mangunsuka, benjing bilih bakda mangunsuka, boten menawi redhaksi saged anungsung warti lajeng angabaraken lambaran pustaka punika. ======\======kabar anggenipun mikramakaken pangeran ARya Suryaputra ing Ngayogya dhaup kaliyan putranipun putrid raden mas ADipati ARya Cakranagara ing Blora,benjing salebetipun wulan Januwari ngajeng. Bongsa ina makaten limrah dipun sebut anaking kadewatan, saking kathah kabegjjanipun, kados ta lotrei yatra ingkang wekasan, punika ingkang kadunungan preis aga ageng, para bongsa cina sedaya ignkang satunggal 50 ewu ignkang narinci cina ing Betawi, ingkang satungal malih ugi 50 ewu cina ing madiyun, ingkang kaping tiga, Preis 20, ewu, ingkang narik cina parencanganipun tuwan Oplan. ======\======wonten kabar bilih kanjeng tuwan mister Dherkindharen, badhe karsa pamit kondur dhaten gEropah, nanging dereng kenging kapasthekaken. Kanjeng tuwan direktur Pamualngan sappanunggilanipun, kabarripun sakalangkugn anggenipra anyantosani, mengggah majengi damel, samangke ingkang katitipariksa,pamulangan ing bawah Bandhung, mugi-mugi lestantuna. ======\======Ing bawah nagari Cina teka nglengkara signet, sawarnining padamelan utawi priantos kareta latu, samangke karsanign nagari dipun lebur, boten pisan-pisan remen datentgmargi sepur, bongsa cina sakalangkung wasisipun angremuk dadosan. ======\======Menggah perang geng ing jagat sisih wetan, bongsa Rus akaliyan bongsa Turki, punika sandyan sadangunipun gentos titih, suprandene samangke kabaripun, Turki sakalangkung tan kuwawi anembadani, ing ngasiyah (Asia) bongsa Turki sampun kengser babarpisan perangipun,balatrantranipun Basah Muktar ing Kapres sarta ing Eserum kakentharaken, sami mundur dhateng Trebisondhah, ingkang kalebet tanah Eropah, bla Turki inggih tan beda kandhap juritipun, ingkang dipun wastani glangan wesi ing praja Plewna dipun kancing, Basah Seket kaplajeng, bongsa Kosak samangke ambyuk malih ing Balkan sisih kidul sawarnining isarat badhe angrebat praja Plewna malih, sampun kajudhegan, kadadosanipun angencengi panginten, awit wonten kabar kentheng, bilih praja Plewna bedhah, sarta Basah Oman katelasan ing sarat tuwin sirna kasudiranipun lajeng nungkul, saemper bongsa Turki dipun rosani pamarsudinipun murih angekahi praja, sabab wonten ingkang ngabaraken mkaten sakringkraton Konstantinopel suraosipun: samangke karsaning sangprabu badheanidnakaken ing sakayangipun murih amitulungi BasahOsman ing Plewna, dene ingkang tinuding Basah Mehemed Ngali, punika kang dipun gadhang saged angentasi, nanging tindakipun kakikibi rempit sanget, malah dipun kabaraken badhe majegn dhaeng Hersegowinah utawi dhateng Bosniyah, serepipun kasalimur, murih sampun kantos kadengangan ing bngsa Rus rumiyin, ing pundit anggenipun badhe papanggiyan kaliyanBasah mehemed ngali, dene balatantranipun anyekapi, malah ing mustapi taksih wonten nadhungan wdyabala, sarta ing konstantinopel, taksih wonten sumadhiya wdya bala, 50 utawi 60 ewu,ignakgn lajeng badhe kenigngkalurugaken wontenignkang ngabaraken bilh anggenipun ngandhut sumelang ngatasing praja Plewna,punika kapara kasangeten. Menggah anggenipun ambendrongi prajaing Plewna, taksih sarenti ananging dipun lemesi, saben dinten utawi dalu dipun uncali miis granat, ingkang ngacungi jendral totleben, inggih punika prajurit agung ingkang sampun kasusra kasudiranipun, menggah balatantraning Rus sakalangkung guyub samis aekapti, tedhanboten wonten ingkang kacupetan kedhik-kedhika. Wasana boten tebih saking ngriku, wewengkoning Basah Osman anggigirisi, awit saking agenging kamlaratan kathah para saradhadhu ingkang pejahkaliren utawikikirangan, dene ingkang ngrampungi perang ing Plewna wau, sarta ignakng kalok, Grupores NIkolas Jendral Tokleben sarta Prines Karel Pan Rumini. ======\======Ing Ngerum sasedanipun sang dwijawara sakalangkung oreg, ngantos sapriki deren sami gilig ing rembag, sinten ingkang badhe kajumenengaken dados dwijawara pandhita. ======\======Nagari Surakarta Adiningrat Nalika tanggal kaping 11 Dhesember taun punika, wonten tiyagn Cina wsta babah Tipan metamu dhaten ggriyanipun priyantun nama Sang, pun Cina sanjang yen wade barang mas inten, pangaos kawanwelas ewu, banag wau ngaken katumbas dhateng priyantun ageng ing mangkunagaran, pun Cina asengadi nedhi tulung aken damelaken serat pethuk dhaten graden Panji Sa, cina sagah ngepahi griya dhteng raden Panji srehing melik lajeng enggal anggenipun damelaken pethuk, sareng pethuk sampun dipun tampeni dhateng Cina, lajeng pun cina pitembung nedha erloji gadhahanipun Raden Panji, sagah dipun wadekaken murih kathah bathinipun, tujunipun raden Panji weweka boten suka, yen suka asaestu erlkoji lajeng ngical, sabab pun cina tetep yen badhe ngapusi kemawon, sabab sanjangipun sedaya wau kasidikaken sedaya dora, den Panji among getun kalih gumun. Katandhan dipun ngatos-atos. ======\======Ing dinten Setu wani pukul 5 sonten, tanggal kaping 15, Dhesember punika, wonten bajingan saklangkugn saking kendel, nyebrot sengkang wonten sakilen kagugnan dalem siti inggil, ingkang kasebrot abdi para nyai ing kagengan, wasta bok Mas Demang ign , sareng kasebrot lajegn jerit-jerit, ing wsana abdi dalem Walandi Dragunder, miren gpanjeriting tiyang inggal medal saking tengganipun A lajeng sami ambujung wau bajingan, kacepeng lajeng dipun pusara, dhten gwalandi sakawan wau, ananging wau barang boten kapanggih, antawis dipun bucal ing salajengipun wau bajingan kaladosaken dhateng ing Kartanagaran. Ugi sareng sadinen-dinten kang kasebut ingnginggil wau wonten satunggiling tiyang cina wade cao utawi rokok wangen ingkang gegeiya sakiduling prapatan cayudan, nami Babah DAhek, dipun tumbasi rokok ing bajingan, anggenipun madeni retntah satunggal, ingkang wae saweg tumungkul mendhet rook ngakng rentah wau, pun banjingan lajeng karsa anyebrot wadhahipun arta, isi kalih rupiyah,s areng sampun anggsal arta malajeng, dipun tututi saha katungkep ing kathah, lajeng kapulasara ign cina kathah, ugi kaladosaken dhatne ging Kartanagaran. Katandhan Pamujiarja. ======\======Kabar ing nagari Surakarta Nalika ing dinten Senen wanci pukul 2 siyang,pinuju tanggal kapign 11 wulan Besar punika,kula kaleres badhe kakesahan dhateng ing Riyaatmajan sareng saweg dumugiing sangajenging Purbanagaran kula sumerep tiyagn rubung-rubung,ing wasana kula pitanglet dhateng prikonca kula ingkang mentas aningali (E mas ingkagn dipun rubung punika tiyang punapa) saking wangsulanipun prikonca kula ingkang kula pitangledi, anu mas punika tiyang geret grobag angusungi rabuk badhe kabegta dhateng ing Bratawinatan, wasana ign sarehning kirang pangatos-atosipun lajeng dhawah saking anggeniun geret grobag, wau tiyang lajeng kaplindhes ing rodha, ngantos anemahi pepes baunipun saha nglenyam pilinganipun lajeng kadhabyang dening prikoncanipun dhusun ingkang sami tumut geret grobag wau, ng wasana wau tiyagn wilujeng. Kajawi ingkang punika ingkang kula ngunguni among sakedhik, dene prikancanipun ingkang sami tumut geret grobag wau punapa boten sumerep dene wonten prikancanipun ingkang dhawah wau, kok ngantos anemahi nandhang kasangsaran kaplidhes ing rodha, saking mosiking manahkula ing salebeting kabatosan, kaengetan ujaring paribaan ( E apa iki sing kena den arani: lagi pinuju tumibaning ngapes), saking pakabaran tiyang wau sami abdinipun bandara raden mas Mayor Ariya Bratawinata Kaserat tanggal kaping 13 wulan Bsar ign taun Je ongka 1806 Katandhan KIyai Darmawiyata ign Jatipitutur ======\======Bab wangsulanipun redhaksi, dhateng Panji Kudawaneng pati.

Kula mewahi dongeng, ngadad ingkang kula sumerepi, manawi wonten para bupati saking nagari mona dhaten ging nagari Ngayogya, sampun rambah-rambah wetawis kiranglangkung 40, taun, boten wonten ,apahing kang pakewet lestantun sae. Dene patrapipun bupati saking monca wau, yen pangkat adipati wonten nemipun papatih dalem yen pangakt tumenggung wonten nemipun bupati nayaka. Pandugi kula saka witipun ing patrap sampun dipun rujukaken sakaliyan ingkang ngasta panguwasa ageng, mokal yen dereng angsal pralilah, anangin patrap kadi bupati Magelang, ngadad mila dereng wonten kajawinamung saweg dherek wiyos dalem,kikirab mubeng beteng. Bab parapangeran putra dalem utawipara pangeran Santana, sanadyan saens peranganipun kaliyan para bupati, ananging yen pinuju pasamuwan ageng tuwin kukumpulaninggih kedah wijang. Para pangeran utra dalemkajawi ingkang dipu piji, wonten nemipun papatih daleh dene para pangeran Santana, kajawiingkang dipun piji, wonten nemipun bupati nayaka. Punika ngadad ingkang kula sumerepi, rumiyin pangeran Purwanagara ing Samarang dhateng Ngayogya,sapriki wetawis, 20 taun lenggahipun wonten nemipun bupati nayaka. Wasana Panjikuwanengpati ngecupi, yen para pangeran tuwin para bupati bawah krton, ngaken inggil ngungkuli bupati bawah gupremen cipta ingkang mangkaten wau amasthi boten mencok kul aboten nayogyani, bok sampun kalajengaken mindhak ngeget-egeti pangggalihingkang ageng pisan langkung sae ingkang ngatut runtut dados tantun rukun tiyang alit lereb manahipun wit karenan mangeksi. Kusumawicitra. ======\======Susulan Panerangkula dhatengpatakenipun Nawugnkridha ingkang ongka 4 punika kalimput leresipunmankaten mila hawa pucukinng redipunika matis awit saking boten pekat hawa ing dharatn punika sampu nmasthi kemawon anget sabab saking pekat. Wondene tembugn pekat punika tegesipun kandel utawi rentet Katandhan K.W. ======\======Kula sampunmaos srtipun MUkamad Ngisa, ingkagn kapacak wonten ing Bramartani ongka 49, wulan Dhesember punika, amangsuli dhaten gdahat mganyun-ayun ingngriku mUkamad Ngisa mratelakaken kathah-kathah dheng dahatmangayun-ayun bab para mantra guru punika kula radi gumun mukamad ngisa ngantos kawedal pamicaranipu wonten ing srat Bramrtani kados makaten wau, punapa radakekathahen anggene dhahar,,,,,,,,ta: saderenge ejngandika medharake makaten wau, para mantra guru kados boten manawi kasupena dhaten gsih kawelasanipun kanjeng gupremen ignang sampun dhumawahing jasatipun, punapa malih anggene paring wragat nalika teksih sekolah, ngantos dumugine dados mantra guru, eh hem, kula emper jengandika dimeco kirang pisan, tandhanipun, mawi ngundhat-undhat dhateng mantra guru miwah mulang dhaeng kanjeng gupremen. Lah cobi jengandika lajeng ngaken bab caritane Babat Tanah Pajang Serut kaping 8 Dhesember 1877 Katandhan Bodhan ======\======Redhaksi sampun anandhing serat anggitanipun MUkamad Ngisa, akaliyan wangsulan kang kasebut nginggil punika, dene pamanggihipun redhaksi, wangsulan punika, dereng kadunungan garan ingkang saged antgremuk pamanggihipun mukamad Ngisa,bokmanawi saking kirang memetipun ignkagn mangsuli, utawi saking kekahipun anggenira analesi pamanggih mUkamad Ngisa, wasana redhaksi keda-kedah anawekaken nangsulan wau, murih kasumerepaningMukamad Ngisa, samantena redhaksi kedahugi apitaken,punapa ingkang kintun panjurung punika, sayektosipun anama Bodhan, utawi masthinipun Bondhan awit sawerepipun redhaksi, bohdanmakaten boten darbe teges, bokmanawi saking dereng sasumerepan redhaksi anyumanggakaken dhumateng MUkamad Ngisa. Redhaksi ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog lampahan PanjiRaras Salewengan anggung poyang-paying, dadya sang Panjinom,ingang tansah asru rumegsane, kerep munggeng ngarsa atur margi, bancak dhoyok sedhih, tansah denya ngadhuh. Madyeng wana limengan awerit, marnani buburon, kidang sangsam duk milar sumenger, wit jrih mulat mring jalma lumaris, ngulas-ulas nebih, sang Panji andulu. Pangrasane retna Sekartaji, les ngajak sisiwo gudandapan nututi karsane, dyan Panji nom gupuh angadhangi, sarya matur ririh,menggah ngadhuh-adhuh. Sato galak daringak ningali, angrimong anggero gerreng-gereng malorok netrane, paran dene arsa den parani, ki Bancak abekis, niku retna Galuh. Ingkang arsa andika purugi,matane menorong, ayu temen jebul malih lorek,niku mangke yen garut niwasi, Dhoyok paraniki, payo marem mungkur.

Kuneng kang gerah asmara, kawuwusa lampahing telik julig, kanejng limet rinten dalu, kiarya praja lenu, ing samangkya wus waskitha solahipun, mring raja putra Jenggala, estu yen anglugas dhiri.Mintar manjing wana wasa, lan uninga kalamun sangaPanji, wus sanget denira liwung, yayah kunjana papa, arya praja lena sigra mesatmabur, sumedya atur uninga, marang sagung para aji. Keras inglampah wus parpta, ing pakuwon banjaran ign pasisir, praja lena wus jumujug, mringpatih Bramadenta, gya binegta majegn mring ngarsa sang prabu sagunging para narendra, nuju kumpul bujanadi.Salaminya datan aprang, gugn kasukan lan amrih metakasilip, yata praja lena matur, mring sribramakumara, ngaturaken ing salampah-lampahipun, yen rija putra Jenggala, ing mengke liwung tan sipi. Wus les manjing wanawasa, tanpa wadya mung Panji nom umiring, lan kakalih wuwu cumbu,supami pinukul prang estu gampil reh sang Panji lgya gandrung, kadi nir kang pangawasa, yata kang para narpati.Sadaya suka miarsa, rembagilig sedya tinukup jurit, sigra ken ngundhangi gupuh, sagugn para punggawa, para mantra sapalih kangkinen kantun, lampahe kang para nata, datan ambegta wadya lit. Lancaran wahana kuda, kang umiring punggawa miwah mn\antri, tan antara budhal sampun kiarya prajalena,munggeng ngarsa kang uninga purugipun,pinelak agegancangan, tan antara sampun prapti. Mringgen kagn gerah asmara, katupigsa mring sagung para aji, yen sapanjang estu liwung, sigrakang para nata, amematah punggawakangpireng kewuh, urun kang badhe tumandang, dene sgung para mantra. Kinen angepung kewala, away kongsi sang Panji wigya mijil, punggawa kang arsa magut, sadaya sinuhun undhang, lamun keni sang Panji ywa kongsi lampus,miwah Panji Carang Waspa, pinurih keniya urip. Gya binagi amarapat, kawuwusa kang lagya agringkingkin wus tan wrin marang pakewuh, kasupene andadra, tanpa daya pijer menggah gandrung- gandrung, yata panji Carang Waspa, waspada denyaningali. Yen wonten gegaman prapta wus anduga lamun pinreping jurit, pakaryane ratu mungsuh, nabda dyan carangwaspa,kakang Bancak iki anemuu pakewuh, panjalmane satru teka, kakang den angati-ati. Tunggunen bendaranira, ingsun ignkang tumanggahlara pati, wussedhenge ignsun labuh,yawn ta dadi kakawal,bancak angling away sumelang atimu, manuta kang darbe titah, sanadyan prapta ingpati. Patitis niring bebaya, tekat bener nemu kamulyan luwih, sang panji nom myarsa wuwus, madega suranira, ingakng raka siningitken prenah singub,sigra anyandhak gandhewa,mengsah prapta den prepeki. Nuju punggawa Makasar, kang sapontha kagyat dupi udani, wrin panji nom arsa magut, gambira sakin gdriya, tinandhingan sami siji yun andulu, mangsah dhaeng Yunus Mangkrak, sarwi pedhange tinarik. Pinuter munggeng ing ngasta, eh panji nom babo nunuta aris, ora mati sira iku, yen bongga pesthi tiwas, jalma siji pinarbutan pirang puluh, trekadhang ingsun kewala, padha siji anguwisi. Panji nom nauri sabda, sira sapa amapag gung cariwis, sumaur sun Dhaeng Yunus, andelnagri makasar, sang panji nom nabda tekakna karepmu, Dhaeng Yunus gibrah-gibrah, mubeng denya angayati. Pedhange dupi lumarap, san gpanji nom agya denya nginggati,malumpat mangsah anapuk, pok kupping pinarwasa, Dhaeng Yunus kalenggakni sumaput, tangi mungser kaloyoran, panjinom medhang jemparing. Sanjata sigra lumepas, Dhaeng Yunus kukulunge kang keni, jumeprot niba gumegrug jepapang wus palastra Dhaeng kasha trengginas mangsah tutulung, duk marepeki linepasan, jemparing pasha ngeneni. Tumancep munggeng in gdhadha, Dhaeng Kasah nglumba niba jempalik, mangkurep annuli lampus, ebat wadya Makasar, aningali panji nom tangkeping pupuh, ayem nanging kebat cukat singa mangsah jinemparing. Tan kongsi prapta ingngarsa, brag-brig tiba keh punggawa ngemasi, arya bagas pitidulu, titindhih ing punggawa, Arya Bagas Patiwiru tameng kewuh, gagedhug nagri makasar sudibya ngungkuli patih. Wrin tingkah ing prapunggawa, among kudu wani kurang dudugi, arya BagasPati gupuh, umangsah munggeng ngarsa, sarya nabda eh mengk away kesusu, mungsuh mu sudireng yuda, temah saya keh ngemasi. Punggawajrih ing ngadhangan, samya kendel gya arya bagaspati, amenthang gandhewanipun ginedheg ngejawantah, tan antara wijile jemparing brubrul bibani dyan carang waspa, krep kataman ing jemparing. Tan tumama angganira, nanging sedhih sigra mangsah nimbangi, naraca balama tempuh, pur pupuk aliweran, Arya bagaspati waspada ing tangguh, kalimpene Carangwaspa, nanging tan sedya ngunduri. ARya Bagaspati ngundhangi punggawa,kinen sareng ngembuli, lan aken tengara, gong berine tinembang saha surak wanti-wanti, para punggawa, gumrudug angebyaki. Taksih wonten candhakipun, ======\======Ongka 52, Kemis kaping 27 Dhesember 1877

Kabar ing nagari Surakarta, ingkang minginaken Raden Mas PUrwaseutra, Atmajanipun RAden Angabei PUrwadipraja, ingkang kamantu raden tumengung PUrwadiningrat, sarta ingkang sampun nglampahai magang wonten ngarsa dalem, kapiji dados abdi dalem panewu punakawan pesngul, ing mangke pikantuk nugraha, nalika dinten kemis tanggal kaping 7 wulan punika, katetepaken dados mantra nyang Kranyan kaparak tengen anggentosi kalenggahnipun ngabei Onggaadipraja, ingkang sampun lowong lami, sarta kapatedhan nama RadenAngabei Purwadireja, gagadhuanipun siti dhusun 4 ga (4 jung) kapinujon kaliyan ingkang rama nunggil sakabopaten sarta ingkang bawahaken ingkang rama marasepuh, iba suka senengipun ingpanggalih kados tanpa sisiyan. Sinerat tanggggal kaping 16 Besar Je ingkang sengkala Rara muluk saliratunggal. Katandhan abdi punakawan inggal, pun Beja ======\======Kasangsaran nalika dinten malem Kemis Cina wasta singkeksing, ingkang sampun kacariyos wonten Bramrtani ongka 42, ingkang medal kemis kaping 18, Oktober, 1877, saluwaripun sangking prakawis ngajeng, nalika dipun cidra ing tiyang wanci dalu, ingkang ngestri lajeng dipun pegat, singkeksing lajeng kesah ngalih panggenan, ingkang ngestri tegsih kantun wonten ing griyanipun, dene rencangipun bokipun, kaliyan adhenipun jaler wasta babah Singliyong sagundhikipun tuwin adhenipun malih, estri, sareng sampun pisah antawis 3 wulan, singkeksing wau nglamaphaken kengkenan galembuk ingkang ngestri, sedya dipun ajak kumpul malih, ingkang ngestri boten purun amrgi badhe imah-imah angsal cina sanes, sarta pikantuk kabar manawi cina badhe bojonipun sampun asring-asring dhateng ing ngriku,pepanggiyan kaliyan tilas bojonipun sareng miring mangkaten sang Singkeksing medal kasudiranipun duka yayahsinipi amengkeraken pringgabaya, snalika andhatengi panggenanipuningkang ngestri, sarta sikep dadamel warni peso jepan, sareng wanci jam ½ 9 sonten lajeng anedha konten, dangu boten dipun wengani lajeng anarik katga, anatas tangsul wenganing konten lajeng lumebet griya, kagetipun babah Singliyong ingkang wonten salebeting senthongan sumedya badhe medal, saweg jumangkah kasarengan tanduking katga, mrawasa gulu irig ingkang tengen, untawis narang\tas gurung, antawisipun boten mawi sesambat lajeng pejahing ngenggen. Gundhikipun lajeng jerit jerit nedha tulung, lajeng dipun prawasa tatu sirahipun ingkang kaprenah wingking, tuwin tatu lengenipun, dene bojonipun utawi adhenipun estri sak biyungipun sami medal sesingidan, pun Cinba ingkang ngamuk medal saking griya sumedya madosi ingkang ngestri megsih begta dadamel ligan, saeng dumugi ing radinan lajeng katandhukak nyang canggahipun tiyagn patrol lajeng rebah, sareng tangi mlajeng wangsul dhateng panggenan wau, sarta katoni tiayng tandang lengenipun butul,lajeng kabyak ing kathah, kataman canggah kekalih lajeng rebah, lajeng kabusanan sakathahing pusara, sanalika para parentah jawi lan para parentah cina sami dhateng titiparigsa, wanci jam 11 sang busana pusara, kaladosaken ing kunjara, ingkang anggumunaken singkek ingkang ngamuk wau, ing dalem 4 wulan sampun kaurmatan ungeling bendhe rambah kaping 2 titi, Kaserat ing kampong kparak tengen nagari Surakarta tanggal kaping 16 besar warsa Je sinengkalan rasa ilang ngesthi pati. Sastradirengga ======\======Manawi mangiket prakawis ingkang anggigirisi mekaten prayogi lugasan, sampun teka mawi dipun sesekari tetembungan kadosta: kaurmatan ungeling bendhe, sapanunggilanipun, sabab anyuwani boten urup kaliyan susilaning nginggil: kasangsaran nalika dinten kemis’ Redhaksi ======\======Surakarta Kula sampun rambah-rambah anyumerepi tiyagn tuwin lare ingkang badhe katunjang ing kreta wonten ingprapatan Cayudan, jalaran sakin gkathahipun tiaygn wadeyan ingkang pancen boten manggen, dados manawi badhe wonten kreta malampah tempukan tiang ingangnyaengi malampah sakalangkung bingung anggenipun badhe sumingkir, dalasan dados sami tunjang tinunjang sami sarenganipun malampah, terkadhang ngantos nunjan gtiyang ingkang sami mande ing ngriku. Ingkang punika saking atur panuwun kula dhaeng ingang ngasta panguwaa ing ngriku kula aturi amernata sawatawis, awit badhesakalangkung amutawatosi, sabab boten ngamungaken ing cayudan kemawon sadaya praptan mehmakaten ugi. Sinerat tagggalkaping 13 wulan Besar taun Je, ongka 1806 Katandhan Pamujiarja ======\======Gumuns anget, mieng saking tiyangkathah, kawontenanipun pandamelan kapulisen, bawah kabupaten prawrianegaran, kaliyan kapulisen bawah kabupaten mangkuyudan, punika sanesipun sanget, kados ta pandamelan parondhan kapulisen prawiranegaran, punika sampun mesthi ing dalem sadalu mubeng kaping kalih, ing salamenipun, tuwin tiyang patrol ing margi ageng punika ingggih sumanten malih, sampun mesthi sami melek dumugi sadalu pisan, kenging kasebutaken tumemen saa nestiti dhumateng pandamelanipun nagari, boten kirang satunggal punapa, mituhu dhawah kabupaten. Namung prayantun pulisi kabupaten Mangkuyudanpunika sampun mesthi pandamelan parondhan wau kerep kerep pipun gangsal dinten sapisan, punapa dene tiyangpatrol boten wonten ingkang sami melek dumugi sadalu kados patrolan bawah prawirnegaran, bilih kabupatenipun Mangkuyudan wau mokal yen ta boten andhawuhna kenceng, pancen saking sembrana boten angemenakenpandamelan nagari, ======\======Nalika wanci enjing tanggal kaping 21 wulan punika, ing Surakarta angadegaken lesan sanjata, mapan panggenan ingkang kapilih ing sawingkingipun paanggrahaning an gaprabu,ing purwadadi, ingkagn samanpun kapara boten kagem, ing ngriku dipun tata kadekekan tarub cekap kadamel amangun suka, kiranglangkung, 380 pas dipun pirantosi tanggul ingkang dipun atrapi lesan, ing madyaning tarub kadekekan meja, sawarnining ganjaran kaprenahaken ing ngriku, ganjaran ingkang ongka 1 warni jam ingkang kenging kabekta lampah tebih sarta endah dadamelanipun ongka 2 camethi mawi bonggol rukmi, punika kalebet preis ingkang mojok dene ingkang kagolongaken preisesoran, gregelan mawikendhit salaka, sajodho, dene ingkang klebet preisosoranipun malih, gelas inumanmawi salaka. Ing wanci saengah pitu enjing para ingkang sami katuran sampun sami prapteng panggenan kanjeng tuwan residhen sagarwanipun inggih ugi rawuh sinambetan dening tuwan militer komendhan, saksana kanjeng tuan residhen ingkang karsa murwani pambikaking lesan punika mawi anglairaken wadana, ing ngriku kanjen gtuwan amedharaken paedahipun sinaon lesan wau utawi pakumpulan kang mikantuki makaten boten angemungaken kangge ing bongsa upsir, ingkang nanggulang tanpa panyikep sanjata, sasad anerang westhi, sanadyan tatas ing paramrediya, inggih amaedahi, samawana ingkang remen ambubujeng. Pangandikanipun kanjeng tuwan residhen tangeh yen sageda anireokaken sadaya, cekakipun sadaya anggarit manah murugaken suka-seneng. Saksana lajeng amiwiti nglepasaken mimis rebat unggul purwanipun lir mingkem- mingkema, sanjata boten saged pesat, namungpreis ingkang golongan tiga, ingkang pikantuk, raden panji citradiwirya, nanging ngantos ngaping gangsali, dangu-dangu wonten ingakng mencok malih tuwan litnan dherilpikantuk preis ongka 2 dene litnan Dhelinyak punika unggul piyambak ikantuk preis ongka 1 jam ingkang kenging kabekta lampah tebih, dene camethi bonggol jene, inkang tampi raden mas Prawirabisana. Sasampunipun lesan mawi ganjaran lajeng lesan totohan, nalika samanten ingakng asring menang ugi tuwan irstelitnan Dhelinyak, punika sakalangkugn wasis arta patitis, lajeng tuwan militer komendhan stuket ingkagn kawogan ambage preis, awicara suraosipun sanadyan opreste asring asring nglairaken wiraos kang boten anyakecani, suprandene samangke salangkung suka senengipun, saged amahyakaken wiraos ingakng ambingahaken inggih punia bab pambagenipun preis dhumateng para titis ing lesan, ingkang sampun anglairaken ing kawasisanipun, pangarsa-arsanipun tuwan Opreste, mugi-mugi lesan wau, analesi mengga wontenipun kasukan lesan ing Surakarta kang murugaken suka seneng, wasana pamanggihipun, masthi yen anjalari wewah sukanipun para wasis ing sanjata, bilihpreis wau ingakng ulungaken para priyantun wanodya kang sami prapta ingngriku lajeng sang dayita miprojekel kaaturan anampekaken prais ongka 1 jam nunten kaaturaken dyahmipro, lajeng kaulungaken dhumaten gtuwan litnan Dhelinyak, mawi dipun acarani tembugn panuwara, pangarsa-arsa kula tuwan Dhelinyak, mugi-mugi jam pnika ing pawingkingipun saged anudingi wancinipun, benjing bilih tuwan saged anangalaken ing kasudiranipra, tandhing kaliyan para satruning nagari. Menggah preis ongka w ingkang nampekaken dyah morp Opreste, preisongka 3 ingakgn ngulungaken miopro kaptin buning, preis ongka 2 golongan pangarsa, ingakng nyukakaken jiprotusaslar. Sabakdanipun lajeng sami ngunjuk sampanye, nunten bibaran nanging anuweni griya kantine, ing ngriku sampun kaa…pinatut, lajeng sami miyarakaken araras ruming para pasindhen. Ing puwara kedah kedah ngarturaken panrimah dhumateng para dyah nyonyah ingkang samikarsa angulungaken preis sadaya, dhumaen gpara parigel dhateng sanjata, punapa malih amanembrama dhateng tuwan kapitan buning, sarta litnan wigres punika sanadyan awrat ing padamelan suprandene kadugi angaturngawontenaken kasukan lesan wau, pranyata saged amurugaken suka seneng dhumateng ignakng karem anjata. ======\======ing sapunika pandhandhangipun sadaya tiyang ing naari Surakarta, bab nalika sanget benteripun kacupetan daya menggah dhaeng tanem tuwuh, ing samangke sampun kapitulungan jawah ageng, mugi sadaya kang sami andhandhang wau kalajengena anyuwun mantunipun jeblog sakathaipun margi salebeting nagari amurih mayaripun tiyang lumampah rinten dalu, sabab nalika petengan susah sanget margi jeblog lentera pinuju boten dipun sulet. Katandhan pun Gesah. ======\======Surakarta Kala wingi kula pinuju langkugn margi ing kang anjok dhateng sepiran, kapethuk arisan ngantos 4 utawisanesipun dinten inggih kerep kemawon kula kapethuk aris tan bawah kasunanan tuwin bawah ing Mangkunagaran, owel temen manawi boten sumerep mula bukanipn ing nalar kadurjanan, bilih wontena ingkang karsa amanjurung kabar, saiba regengipun ing pustaka bramartani, saha badhe amewahi indhakipun pangatos-aots punika paedahipun Katandhan pun Mugi-mugi. ======\======Soal nginggil punika kasumanggakaken, ananging redhaksi,kapara bingung, anggenipun mratelakaken dosaning sakittan satunggal-tunggal, punika atrapipun kados pundit,punapa kedah dipun cireni sakit tan satunggal-tunggal,murih kenging kasumerepan denign kathah. Redhaksi. ======\======kabar anggumunaken sanget Nalika ing dinten Kemis sonten, badhe panggihipun panganten ing Pangabeyan, abdi dalem prayagung bupati jawilebet sowan sere king griya srimanganti sakarereeyanipun, punapa dene abdi dalem bupati pulisi tuwin pamaosan, sangking ing dhawah pranatanpangageman gerbegan, sangking pakarban raden ngabei ronggakartawirya, kaliwon gladhag ing sukawinangun, punika aneh piyambak panganggenipun bebedan sabuk mawi bara, rasukansikepan cekak kuluk cemeng,s asat badhe jagong dhaten gdhesrikan, saeng lumebet dhateng srimanganti medal ngandhap ingkang sisih eler, kados sumerep panganggenipun prayantun kathah sami busana pameran, dereng ngantos minggah ing ngemper cangkelak nunten wangsul medal, lajeng boten katingal ngantos sadalu pisan. Ingkang andadosaken gumuning manah kula makaten, deneprayantun sepuh, kadununganpakat ageng tengahan, tur sampun lami anggenipun suwita ing ratu, antawis kirang langkung 40 taun lamenipun , anggenipun dados kaliwon, teka kecer tatakramonipun dhateng karaton, punapa dene punapa boten katamuwan tuwin kabanjiran, ing serat pranatan, bab lampah-lampah, mokal sanget yen kalih bab wau sepena ing salah satunggal, oya talah dene teka kasandhung lampah ingkang bten mikantuki, ingkang sampun inggih sampun, ing tembe wingking kimawon prayogi dipun angkah-angkah sampun ngantos kasupen, ing wasana kula ngaturi wilujeng sarira sampeyan, sinerat saleebting baluwarti, Surakarta kaping 15 wulan Besar warsa Je ongka 1806 Katandhan Jayengwaskitha. ======\======Tampi kabar saking nayogya, bilihtuwan Jurbasa tembungjawi, Opandhenbereh, nedya badhe seleh padamelan inggih samanten wau boten maiben, sabab sanadyan pangkat wau, mawi kadunungan busana bludiran suprandene boten timbang kaliyan balanjanipun saben wulan. Manawi ing salebeting damel, dipun sebutaken yen jurubasa wau, damelipun naming anjarwakaken tembung, walandi dhaten gjawi, jawi dhateng walandi, ananging kawujudanipun boten ngemungaken punika, ingkang dipun garap, ingkang dipun garap swarnining prakawis kang manggepokan amajegaken utawi amajegi siti dhusun, punapa dene malih bab polisi, justisi, tuwin sawarniing nalar ingkagn manggepokan kaliyan para tratu utawi para agung jawi, cekakipun kedah anggarap sawarnining prakawis alita kadipunapa,ngatasing bongsa jawi, punika sadaya dipun garap ing kantorjurubasan, malahkenging kagolongaken guguyubaning kantor binenlanskesaken. ======\======Ing pundit-pundi bawah Ngayogya, kathah sasakit benter, sarta sakit weteng ingkang asring gegidhuh tiyagn alit, samanten punikaingkang dados jalaran gentosing mongsa punika, ======\======Punika anyariyosaken kedhik bab kina

Nalika taun 1580 nagaro Portegis kumpul kaliyan nagari Sepanyul, anjalari bongsa Nedrelan ngkang sesatron kaliyan Sepanyol, kajiyat amurugi barang dagangan piyambak sakin gtanah indi, ing ngajeng Nguyang dhateng bongsa Portegis, bongsa Nederlan lajeng angankit praibadi, murih angelar kawruhing ilmu bumi utawi palataran, dene ingkang marsudi para memeka kalih , ….anama Pebrusplansiyun 2 anama Merkator, sami priyantun putus ing Ilmu palak, wonten ignakng nama yanugenpanlinsekoten, punika sampun nganggit anggenipun lampah saganten dhateng praja ing Gowa. Sareng taun 1585, 1595 para bonga Nederlan sami amurani, layer dhateng imdi, murih manggih marginipun ingkang dipun kikibi dening bongsa portegis ingkang dipun kawiti murih semerepa talecering margi medal saganten urut sisih eler saking Eropah dumugi ing Ngasiyah (Asia). Ing taun 1595 para padagang ing kitha Amterdham sami guyub ayasa baita kapal pinten-pinten (pelut) murih saged ananemi bongsa Nederlan ing tanah Indhi. Saeng taun 1596 pelut wau sanadyan kadugen ing lampah sarta ngantos saged anyumerepi panggenan pinten-pinten ing tanah Indi, suprandene mangsul kathah anggenipun etoh jiwa, kan gmongka pakantuking baan ggramen wedalan saking indi, naming sepal, dene ingkang dados jalaran awit saking lepat atrapipun bongsaNedrelan pyambak dhaern gpara bognsa tnah indi kawewahan saking agenging kanepsonipun ingkang jumnapangisa knelis Dhehutman, kacupetan manah omber. Salajengipun ing salebeting aun 1597 ing kitha Amsterdham lajeng arakit kompenimalih, dipun awot kaliyankomapeni kang sakit, kaparaban kompeni panpere. Taksih wonten candhakipun. ======\======Punika candhakipun cariyos serat gedhog.lampahanPanji raras

DyanPanji nom ta nginggang mahambegsura, suka prapta ing lalis, gya narik curiga, gadhah ginarubuhprang, singaparek denlarihi, ingkang kataman, ing katgatan mindhoni. Pinabatan sinosogbiring talempak, atanmontra nedhasi, pedhang duduka prampag, kupel uleng-ulengan, yen supek malumpat aglis, amurih benggang tansah marjaya ganti. Punggawandel Makasar Dhaeng baritma, mangsah saking ing wuri, ngangsahaken gada, pinupuhaken pndhak, panji nom kapileng runtik,milar malumpat, baritma denlarihi. Kaprajaya aniba sampun palastra, wonten umangsah malih, saking kering kanan, pinandukaingngingeran, kinata dhatan mindhoni, tingkahing ngaprang, yayah arita nguni, Dananjaya putra duk prang bratayuda, liwung mawuru getih, sangsaya manenga, ngener ungyaning nata, panji nom ciptaning galih, nadyan palastra, wor suh lanpara aji. Sanalika prapta unggyaning apatya, bramadenta udani, lamun tinarajang, sigra nyandhak musala,panji nom pinanduk aglis, dening musala, jajatan anendhasi. Dyan panji nom arsa namaken curita,marang rekyana patih, dupyarsa jinangkah, patih siyem nanggulang, aran patih MOndrawesthi, tangginas nyandhak, panji nom den godheli. Astanira akukuh sigra kikipat, uwal gya den larihi, mondra westhi pasha jajanya kaprajaya, aniba sampun ngemasi, narendranira, rajeng siseyem udani. Lamun patihira pejah kaprajaya duka yayah sinipi, srimondrasaraba, malumpat ambegsura, panji nom tinubrukena,udreg sarosa, panji nom anguwati. Krodhabudi uwal sang nata kiatga, jajanira kang keni, gumadulan pasha, saking ampuhing katga, sang nata kantakeng siti, sigra rinebat marang parabupati. Kyana patih Bramadenta duk marepak, ginebugan dhewadi, kyana patih kuntal, duk arsa tinututan arya prajalena aglis, amendhang langkap, sakimadyeng wiyati.Sang panjinom linepasan ing trisula, kasilip tan udani, pundhak ingkang kanan, cumeples krasa panas, tumenga marang wiyadi, wedananira, tinuju ingjemaring.Duk kacundhuk kagyat sru bramatyanira, ngekapada mungkasi, dhadhali pinenthang, lumepas kadya kilat, ayaprajalena keni, jajanya pasha, terus maang ingg gigir. Lumba-lumba karasa anyiptta pejah, pinecat kangjeng jamparing, sigra narik pedhang cipta sampyuh ingngaprang, gya niyup saking wiyati, ngingsel kapejah gumebrug tibeng siti. Anjepapang prajalena wus palastra,kgyat denya ningali, sribramakumara, dearya prajalena, kongsi anembahingpati, rajeng Makasar duk umangsah glis.Sarya minger umangsah saking ngiringan, duk arek nubruk wani, udreg deder dhupak, pok apokahpinokah, samya saronya kalih,dangu tan benggga akol ukel makangsi. Raja Surya dawa tutulugn wus prapti, sinikep den but kalih, reh dyan carangwaspa, sayah danguing aprang, lesuningwongga kajodhi, wus pinusara, pinanjing gedhong wesi, Sukasagung punggawa lan wadyabala, surak gumuruh atri, nanging kathah susah, kang rowang nya kabranan, tuwin igkang angemasi, para narendra,ngungun gambuh ing galih.

Yta kan glenguk-lenguk, panji sepuh ing sadangunipun, ingkang rayi ginarumung ingngajurit, wus kasupen srunig liwung, pijer ningali anjombong. KiBancak asru muwus, kadipunapa boten tutulung, rayinira panji nom sampun kajodhi, wikan pejah gesangipun, tekapijer dhelog-dhelog. Nuruti ati bingung, kalurung pengung tan wruh ing rembug, eh ta Dhoyok gustimu jawilen nuli, dimen eling Dhoyok gupuh, anjawil meneng kemawon. KI Bancak amecucu, gedheg-gedheg kepriye akal ku teka jebul mengkene dadine iki, eh Dhoyok paran rembugmu, yen kowe manut maringong.Lah jajal payo nutut, pasrah tangan padha kinalikung, kaya paran mengko yen kari pribadi, tongga galihe gustimu, apa ijeh dhelog-dhelog. Ki Dhoyog gya sumaur, kang mengkono ingngong nora rembug becikngamuk tetep rumegsa mring gusti, nganggo jajal jejel brengkut, angungkruk pijer melokpong. Malah-malah karepku, payo metok tekad dibyan punjul kira-kira wong loro bias nguwisi, mungsuh lawan patangratu, mung amrihbengggganga adoh. Ki Bancak mojar sendhu, kang mengkono iku ora ungsum, becik nutut dadi nora amaoni, karepe sidhalang pengung, bibingung gawe lelakon. Yata kang lagya udur, wadya makasar katon barubul, ingkang arsa amusara mring sang panji, ki hoyok anyandhak gupuh, mring Bancak ginendeng playon. Mrepeki gening mungsuh, ki Bancak katut angadhuh-adhuh, wusnya tebih lan prenahe sang apanji, ki Dhoyok bapang aanguwuh, payo kembulan ingong. KI Bancak sigra nyendhu, ehkemaki becik payo nutut, Dhoyok bekuh wong Mekasar selak prapti, angubung samya dudulu, tingkahe kang rembug rayon. Pijer pating barengkuh wong mekasar siji ana muwus, lah wong ngapa dene rupane wong cilik, pepatute iku batur, gene embuge mengkono.kang sisi ngajak ngamuk, wani mungsuh lawan patangratu, iku siji ngajak nutut den taleni, kancane mekasar muwus, payo jajallen den gupoh. Cekelen tinalikung, wong mesar sareng gumarubyug, Bancak Dhoyok tangane wus den cekeli, Bancak Dhoyok bea-becu ngipatke kangkang ngeroyok. Kuntal pating talebuk, kang sinondhol binijig mrkukung, yen sinikep kirig- kirig anyikuti singapareka jerungup kang dinugang kuntal adoh.REngkeng-rengkeng angadhuh, wong Mekasar ebat denya dulu, gumarudug namaken gagaman jurit, rinampok talempakduduk biring pedhang miwah towok Taksih wonten candhakipun. ======\======