
Ongka 1, Kemis kaping 4 Januwari 1877 Punika Darmawasita inggih punika iwulang sae anggitanipun tiyang wasis ing jaman kina. 1. Manahipun tiyang dursila makaten limrah boten kadunungankawicaksanan, punapa dene malih kawicaksanan wau, boten manggen ing badanipun tiyang kang sampu kawrat tanpi dosa. 2. Kaadilan makaten boten saged sirna 3. Durjana makaten wekasanipun tan prayogi 4. Pejahipun tiyang utama makaten minongka pangenget-enget kang maedahi. 5. Tiyang ingkang lampah tingkahipun prayogi, punika sanadyan pejah dene wayahipun inggih maksa saged wilujeng 6. Kapinteran makaten ngatasing janma, kengin gkaibarataken yuswa panjang, dene lampah nirmala,punika kenging kawastanan yuswa panjang ingkang temen. 7. Pejahipun tiyang utama, sasat anatrapi ukum dhumateng ingakng lampah kadursilan makaten ugi, gesangipun tiyang mursid ingkang cupet, punika yayah angukum dhateng durjana ingkang landhung umuripun. 8. Pidosaning tiyang duraka,punika prasasat satrunipun pyambak 9. Pejahipun durjana punika boten anuwuhaken sungkawaning kang tinilar,lir upaminpun lampahing baita kapal ingjaladri, ugi boten atilar labet 10. makaten ugi pangeling-eling pejahipun tiyang awon, punika kengingkasanepakaken wewayangan, utawi kados panggemboringjanma, lajeng ical tan kapireng malih. 11. Punapa dene kenging ugi, kaibarataken lir ibering peksi ing ngawang-awang, boten mawi anilar labet 12. Utawi kenging kaupamekaken lampahingjemparingingkangdipun lepasaken wonteningkangkaawis, ing atrap bilih sampun lumepas amiyak awing- awang,awing-awang wau lajeng tepang malih, boten katawis marginipun jemparing. 13. Padamelan ingang awon limrah angleburaken nagari, dene lampah durcara agempalaken dhedhamparing ratu murka 14. Sawarnining purbawasesa ing ngalamdonya, ingkang away sani gusti Allah, sadangunipun kedah angggenahaken dhateng ngabyantaraning gusti. ==============\================== Surakarta Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 1 wulan punika jam 5 ing nagari Surakarta, sampunketingal uyeg-uyegan, kreta pinten pinten, para tiyang ingkang wontening ngalun-alun, sarta ing margi ageng, tanpa wilisan, inggihpunika awit ingkang sinuhun kanjeng susuhunan badhe tedhak pista dhateng dalem residhenan, kados adapt salaminipun kapinujon teang sonten ngantos sadalunipun mila sakalangkung kathah ingkang tiyang aningali, sakin ngalun-alun dumugi ing dalem residhenan, bibaring pista langkung saking jam tiga enjing. ===========\============== Sadangunipun uwit asem ing ngari Surakarta dipun rampasi, ing salebeting wulan ingakng kapengker sampun wontentiyang tiga, ingkang dhawah saking uwit asem wau, lajeng kapisanan. Ing Surakarta samangke tiyang wade es jor-ejoran, anjalaripangaosipun mandhap dados nyadasa sen sa pun, juragan es sakingSemarang adamel wande ing kamar kretaning losemen, ing kampong Cina inggih dipun dekeki wande es, kok makaten lampahipun tiyang ngupaods kauntungan, sami rebat rinebat sarana anguman- uman. =================\======================= Ngayogya Kabar ingngayogya anggenipun ngetrapaken para sakitan ing padamelan paksa, boten netepi karsanin gparentah, para sakitan bilih kamanah kesel utawi isin anyambut damel katingal ingkathah, saged amocokaken dhaeng sinten-sintena ingakng purun, dene sakitanipun ayem-ayeman anggeripunwasis sami sarembag kaliyaningkang ngepanteni damel, atrap makaten wau prayogi dipun titipariksa ingkang keneng, sarta kapambengana. =================\==================== Kabar ing Ngayoygka badhe wonten kamar obat satunggal malih, ingkang ngadegaken tuwan Wane, Apoteker sugih ing Semarang, mendah mayaripun tiayngingkang gegriya ing bawah Ngayogya sabab limrah manawi barang prelu, kaddos jampi welandi,mongka dipun pyambaki ingkang wade, masthi bathinipun ingkang gadhah dagangan sakalangkung kathah, sabab ingkang sami numbas kajiyat dene yen ingkang gadhah dagangan wotnen ingakng nisihi, untungipun limrah ingkang numbas mayar, ingakng punika para ingkang wisma ing bawah ngayogya dipunpujekaken murih saged kalampahan tuwan Wane angadegaken kamar obat. ================\==================== Semarang Dereng lami wonten tiyang estri gegriya ingkampung Pring Gadhing, kengkenan anakipun estri umur 14 taun kapurih nunumbas jampi ing kampong Kranggan (Semarang) pengaos tigang dhuwit sedyanipun kadamel woworan jamu, sareng jam pitu sonten tiyang estri sarta anakipun wau tuwin anak jaler satunggal umur 7 taun sami ngyub jamu, dereng ngantos dangu sadaya samiluntak-luntak, lajeng sami ngombe toya asem, pun biyung saged mendha luntakipun, nanging anak kakalih boten tulung, malah lare estri elet tigang jam pejah, dene lare jaler enjingipun maksih dereng kenging kaajeng-ajeng sarasipun, ingkang wade jampi wau lajeng kacepeng dening polisi. ====================\==================== Wingi sekaut anyepeng welandi militer ing baita prasman prabotipun cara mrdika, sedyanipun badhe angles malah sampun rumantos ngampil serat panumpa,ngangge nama colongan. Koran Betawi ===============\\\\\\\\\\\=========== Asisten residhen Polosi ing Betawi, nalika tanggalkaping 17 anyepeng welandi sakit ingetanipun lajeng angrangsang dhateng asisten residhenanjalari sukunipun kasliyo. Koran Betawi Serat saking Betawiangabaraken bilih ing Anyer sesakit kolerah angsaya ngantebi, kathah pekampunganingakng kaprawasa. Koan Betawi ================\======================== Nalika tanggal kaping 17 wulan punika tiyangjawi anama Sairun sakit benter tis kesah saking made griyanipun ing kampong Lentheng, dumugi ing kampong Sunting malebet ing pondhokanipun para kuli saking banten, ing ngriku natoni tiyang 6 ingkang panuju tilem kang kalih anteb tatunipun, lajeng medal malih anatoni tiyagn jaler ing weradin kening pulung manahipun lajengpejah,nunten wangsul dhateng pagriyanipun ing ngriku natoni awakipun pyambak ngantos tatu 9 ingkang 7 prenah weteng, para dhokter amastai yen sairun sarta kuli kalihingkang dipun tatoni boten badhe saged saras malih. Koran Betawi ==================\==================== kathah ingkang nyatur babkaontenaning kantor Openbareweken ing Betawi, dipunwastani kisruh botentata,sarta dipun togoraken dhateng inking jumeeng direktur Dhebrang samangke, punapa wonten ingakng mambengi, awit ingakng nyatur kawastanan pilih asih, ananging lupermen maksa angajeni dhumateng kanjeng tuwan dhebrang, sbab priyantun kang kathah lelabetanira sarta mumpuni kasagedanipun, dene ingkang kantor kagalih kisruh, punika titilaraning direkturingkang kagentosan, Koran Betawi. ===============\================== Telegram saking Aceh Angabaraken bilih raja Simpang Olim ing ngajeng ampun nungkul samangke miruda, mila dipun angggep kalungsur sakin gpangkatipun, ingkang saged anyepeng dipun gebang-gebang, dene tung kumudha angkasa, dipun cidra dening kengkennanipun Simpang Olim para tiyagn bumi tingalipun sami tata tentrem =================\=========== Cublikansaking Lokomotip angandhakaken bab amtenar kantoran. Ing ngriku anyariyosaken bab padamelanipun para mantra gudhang kopi, atrapipun anggenira numbasi kopi saking tiyang alit, bab kathahing damel langkungmalih bilih panuju dinten pekenan, bab kathahing sesertan utawi atrapipun angggenira ngebuki sadaya-daya maksa boten sged gilik kados atrapipun anampeni kopi bumi presil sapanunggilanipun ingkang dede kagunganing gupermen. Wasana gupermen sampun anglilani bilih ing mongsa Kopi para matnri gudhagn kalilan amendhet Bantu tiyangmurih amitulungi, smantenainggih maksa boten mikantuki, ngantos dipun apngi 5 sen sadhacinipun kopi, ignkang katampenanmurih amragadi konca ingkang sami tutulung, sanadyan punika inggih dereng saged sangkep, ing suraos par mantra gudhang kopi, karoncenen anggonipun anampeni kopi saking tiyang alit dangu-dangu amitunani, awit boten kasaid ing mongka preku damelipun yatra, mila ingkang sami angladosaken kopi, rehning cengcengklungen anggenipun angentos-entosi, asring amurang margi, serepipun kopi boten lumados ing gudhang gupermen, lah ing pundit dunungipun parentah ingakng asring asring dhawah sakng nginggil suraosipun sasaged-saged sarupining nalar ingkang ngawrati dhateng tiyang alit kapurih anyingkirna utawi anyirnakaken. Owels anget ingkantor direksi ing Betawi, boten karsa angajeni atraping administrai pasajan, dados asring dipun paiben lajeng amaringi wawaler pinten pinten ngantos boten saged anindakaken ingkang pancen perlu utawi amaedahi,pinten-pinten setat ingkang dipun karsakaken adamel lajeng dipun aturaken ing pengraos kirang kirangipun boten mundhut sujarahipun uwit kopi satunggal-tunggal matinipun pratelakaken bibit sakin gpundi, mindhakipun saben taun kathah kedhikipu nepang, pamedalipun wohabrit sapanunggilanipun, bok manawi yen makaten nembe saged andumugekaken ciptaning para amtenar ingakng kawogan angulat-ulataken ing salebeting kantor ageng. Nalika para mantra gudhang dipun paringi wewah tdhanipun 5 sen ing dalem sapikul kopi ingkang katampen murih amragadi kancanipun punika ing direksi binenlan sebestir, maksa andarbeni songgarugi, kagalih bokmanawa maksa taksih dipun sekathung mila lajeng akarya akal malih, para mantra gudhang kinen angebuki yatra presen wau, urut panampinin gkopi, kados ta bilih naming nampeni kopi sapun Amsterdham yarta presen ingggih kedah dipun wedalaken saking ngebukkepanggih 1/125 sen lah punika ingkang asrin gngruwedaken pangetangipun para mantra gudhang ing mongka awis ingkang memendhet dhateng etang, sanadyana putus dhteng etang, inggggih maksa anyumelangi, apesipun abingungaken panon. Menggah pranatan presen kopi ngantos dipun perang sapara satus selawe yen sen dipunbebahaken dhumateng para residhen,murih dipun titiya priksa manawi wonten senggang ing damel,
Details
-
File Typepdf
-
Upload Time-
-
Content LanguagesEnglish
-
Upload UserAnonymous/Not logged-in
-
File Pages336 Page
-
File Size-