0ngka kaping: 1 Kemis kaping. 4 januwari 1882 [printing error for 1883] Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Para ingkang sami angemin serat bra martani. Kula aturi ambayar sambutanipun punapa malih ingkang taksih waled bayaranipun wiwit tahun 1880. Dumugi sapejahipun tahun punika. Kados sampun urup sanget bilih bayaran wahu karsanipun sami katanjakaken kalayan wedalipun serat punapa inggih ngantos kalampahan kalingseman.

Surakarta Khasiyat

Tiyang jaler nami soma dongsa. Ing dhusun sanggung karang kilen bawah pangrembe. Dhistrk gathak kathithang kartasura. Nalika ing dinten akat tanggal kaping. 20 wulan sapar tahun punika. Ing wanci serap surya. Kesah saking griya. Upajiwa ngupados ulam loh sarana mecak dhumateng lepen ing pusur. Antukipun saking lepen pusur tengah dalu. Tur sampun angsal mina sawatawis kathah. Ananging pun soma dongsa dumadakan kadunungan manah murka. Awon nganggur mampir dhumateng lepen jebol dipun manah boten kesukonjalaran kamergen ancasipun sageda angsal wewah. Sareng pun soma dongsa sawek nyemplung sukunipun karaos amideg sarpa sajariji. Anyakot sangadhaping polok kang tengen pun soma dongsa kaget tumunten mentas sawer uwal ngelem ing toya. Pun soma dongsa lajeng mantuk ananging boten saged lumampah. Dados angesok kemawon sanadyan namung lelampahan satunggal epal ewadene antukipun lingsir dalu dumugi griya byar enjing. Suku metung dumugi ing dhengkul tiyang tongga tapalihipun sami ngrubung saha pitaken soma mratelakaken kawontenanipun sambat weteng karaos senep napas seseg bok soma. Sareng mirsa ingkang jaler ngathang-ngathang wonten ing latar tur sawang kunarpa. Sanget kageting manahipun lajeng bengok udrasa kados dene sampun kasripahan kapinujon lurahipun dhusun punika nami paneket mirya dimeja. Gadhah satunggal supe soca. Wujudipun cemeng. Agengipun saklungsu sujendhul kaembanan jene dhapur bandhilan sapamirengipun inggal sumedya nandukaken sanjata pitulung. Wahu supe dipun useg-usegaken dhateng sukunipun ingkang sakit sareng ngleresi ingkang tabet untu sawer. Inggih sangadhaping polok wahu. Pun soca lajeng kekanthil abuhing suku sanalika lajeng katingal suda. Suda. Suda. Kimpes supe saged gregeli rentahipun saking kulit kados lintah ingkang mentas nampel mangkaten. Criyosipun pun somadongsa. Nalika kataman ing soca wahu. Tatunipun karaos kados dene dipun cucup seneping wetengipun waluya temahan lega. Sakala kemawon soma dongsa saras sakitipun lajeng saged nyambut damel malih sarwi rengeng-rengeng kados ngandhap punika. Agye lurah dipun arsa mikir. Kang dadi prihatining driyanta. Ana ora ana keneng. Sinirnakaken iku. Ingkang kena sabab punapi. Koprihatin kenora. Budi biratipun dene lamun nora kena. Prihatinta pakolehe iku dadi. Wuwuh ing kasusahan. Sampun bok endib.

Sela makaten wahu dipun wastani masthi kasawer. Kula mireng rumiyin ingkang ugi kagungan sela makaten wahu. Suwargi kangjeng pangeran arya surya amijaya. Ananging prayoginipun bilih kala wahu mentas dipun tamakaken sasampunipun rentah lajeng kacemplungna ing pohan sawatawis dangunipun supados wisa ingkang amanjing sageda tuntas pohan kapendhema. Bilih boten makaten sela taksih angemi wisa. Saha saged ical dayanipun. Juru ngarang

Wonten saweneh ing kaji anama drahman gagriya ing kampung kauman pakaryanipun amung ambubujuk para tiyang estri ingkang sami imah-imah wlandi. Pambujukipun kalayan sabda tembung manis mila

1 kalampahan para nyahi nyahi walandi ingkang lajeng kasupen dhateng semahipun ananging lajeng tumut kaji drahman wahu. Siang dalu andon lulut amangun suka numpak kareta. Punapa punika kaji ingkang nalika minggahipun kaji dereng dumugi mekah. Saweg dumugi ing margi kadosta dumugi jedah. Singgapura. Lajeng wangsul rikma kacukur amangangge serban katitik saking kalakuhanipun saupami sampun dumugi mekah anetepi panganggepipun kaji tamtu boten makaten awit anyulayani adat. Sanadyan ingkang sampun dumugi ing mekah. Ugi kathah ingkang angsring anandukakensulayaning patrap bilih dhateng bongsa liyan punika panganggepipun sanes jinis gadhahanipun ing liyan angsring kaanggep barakatolah. Juru ngarang

Ruslan Jendral ingatip tilas mantri ing praja ruslan kapikut dening gupremen rus ananging para tiyang boten anyumerepi ingkang dados jalaranipun wonten tiyang wiraos mila jendral wahu kapikut amargi badhe anjalari tuwuhing sulayanipun gupremen rus kalayan dhitslan. Gupremen rus apirembagan kalayan gupremen enggris suka pirena sanget saupmi gupremen turki ambaluhi kawontenaning paprangan mesir. Gupremen ruslan sampun amratitisaken piraboting wadya bala saha tumpakanipun pranatanipun kados sedhiya badhe mangsah yuda. Ananging pundi ingkang badhe katempuh sarta ingkang badhe daddos mengsahipun sadhengah tiyang boten saged terang.

Ing kitha siberi punika taksih kalebet ing tanah asiyah. Bawahipun gupremen ruslan ing kitha wahu panggenan pambucalipun para tiyang ruslan ingkang sampun tetep dosanipun ananging saben tiyang bucalan manggen ing siberi punika sakalangkung sangsaranipun sanajan nalika pambucalipun mawi wangenan ananging sampun tamtu boten saged wangsul dhateng nagarinipun. Ing mangke wonten saweneh ing tuwan-tuwan ingkang ahli dhateng agami. Dhateng panggenan bucalan wahu sarwi ambekta kitab injil sakalangkung kathah sarta kasade dhateng para tiyang bucalan wahu. Supados tiyang ingkang sami kabucal sageda marem manahipun sarta saged gadhug menggah ing tekatipun ingkang sarana kalayan menkering pambudi.

Persi Panjenenganipun siyah ing persi. Sampun amratandhani bintang dhumateng panjenenganipun sri maharaja ing nederlan bintang wahu kapetha surya utawi singha. Kalayan pinatik ing inten nila widuri. Ingkang sakalangkung kathah arginipun wondening bintang wahu minongka pratondha ing kahurmatan.

Amerikah Praja amerikah sakalangkung kathah griya pamulangan wondening pratanipun ing ngriku sadaya rare jaler estri tamtu kalebetaken sinahu ing griya pamulangan wahu dene ajaranipun kasami kemawon amargi pundi ingkang sampun cekap kasagedanipun sanadyan tiyang estri lajeng angsal pandamelan gupremen tiyang estri ingkang sampun anyanggi pandamelan gupremen kinten-kinten sampun wonten kawan ewu tiyang. Dumunung wonten ing kantor pos utawi sanesipun. Ing kitha neyoyoreg tiyang estri ingkang malebet ing griya pamulangan kinten wonten. 20.000. Ing griya pamulangan ing kitha welesle. Tiyang estri ingkang sampun kakinten sampun cekap kasagedanipun 300 iji. Saweneh ing nonah sampun langkung kasagedanipun sapunika dados adpokat juru ambombong prakawis. Nonah yusi baker. Ing indhiyana polis saweg ngumur wolung tahun kalantipanipun dhateng tembungipun tiyang bongsa grike boten wonten nyameni. Ingkang anggumunaken tiyang ing tanah amerikah wahu kagolong waradin amoncol ing kawicaksananipun boten angemungaken tiyang jaler sanadyan tiyang estri sami kemawon.

Prasman Wonten saweneh dhokter anama faipel ingkang sampun misuhur kawigyanipun anyariyosaken sampun anyatakaken kawontenanipun tiyang kenging mimis ingkang tembung jawi kawestanan angrem kados ing ngandhap punika. Kala wula dhesember tahun 1870. Wonten sawenehing suldhadhu ingkang mentas perang. Kenging mimis sirahipun amargi sakalangkung lebetipun sanalika mimis wahu boten kenging kaudi wedalipun kajawi amung kausadan murih kuwawinipun tiyang ingkang anandhang. Sareng antawis 10 tahun langkung 2

2 wulan mimis wahu saged medal piyambak. Nalika prang ing artin wonten saweneh ing juru anyukur gagriya ing kitha paris anama fran sowah kenging mimis sangandhaping mripat sanalika wahu lajeng kausadan para dhokter. Ananging para dhokter boten saged amestani nyatanipun bilih mimis taksih angrem utawi boten juru anyukur ugi boten saged amastani piyambak salebetipun 10 tahun juru anyukur wahu saben-saben gadhah sakit karaos sirahipun sarta mutahaken ludira kaworan tugelan balung. Juru anyukur lajeng andhatengaken dhokter faipel kapurih angusadani. Sareng dhokter dumugi ing ngriku sampun kapratitisaken sakitipun darbe panginten bilih sasakit wahu kaangreman mimis samargi sahantawis ing tatu wonten katingal wujud biru. Ananging dhokter boten saged amijilaken amung lajeng kasukanan unjuk- unjukan ingkang saged anjalari saged watuk saha mutah. Sasampuning katamakaken antawis 3 dinten juru anyukur lajeng sakit watuk saha mutah rah. Inggih lajeng anjalari saged amijilaken mimis ingkang wujudipun geseh kalayan mimis ingkang kalimrah. Dumugi sapunika kalajeng mulyanipun.

Ostenrik Tuwan pongap dhirekturing pamulangan ageng ing kitha wenen badhe dhateng kantor bang sarwi ambekta arta kathahipun 21. 500 rupiyah. Kabungkus ing kertas amargi arta wahu badhe katitipaken ing kantor bang. Sareng dumugi kantor bang. Bungkusan arta wahu ical boten kantenan ing ngrika tuwan dhirektur sakalangkung gugup lajeng mantuk angupadosi sinten ingkang saged manggihaken badhe kaganjar arta. 2.250 rupiyah. Ingkang punika wonten saweneh ing tiyang anama karbair. Manggih bungkusan kertas wonten margi ananging isinipun boten sumerep sanalika bungkusan lajeng kasukakaken dhumateng tiyang ingkang jagi griya pamulangan tiyang jagi lajeng angaturaken dhateng tuwan dhirekur. Wasana yektos wahu bungkusan artanipun ingkang ical sanalika punika karbair lajeng kadhatengaken ing ngarsanipun tuwan dhirektur. Kasukanan arta ingkang sampun dados punaginipun 2.250 rupiyah. Karbair saking kageting manahipun boten sumerep dumunungipun arta wahu. Sareng sampun katampen boten saged wicanten ajombelong ananging lajeng sakit sarta kalajeng palastranipun wonten ing ngriku.

Amargi konca kula juru gubah wonten ingkang pamit amargi sakit mongka sasanggenipun boten kenging dipun sulihi. Dados wedalipun serat bra martani wonten kasepipun ingkang punika panuhun kula mugi sampun ngantos andadosaken cuwaning panggalihipun para ingkang maos. Juru ngarang.

Bra martani ingkang medal kala kaping. 28. Dhesember punika ongka. 52. Kacariyos wonten toya pancuran sampun katitik dayanipun saged anyirnakaken sadaya sasakit kula nayogani karsanipun ri sang juru ngarang. Sabadyan sampun mupakat bongsa kula tiyang jawi boten saged angipataken gugon tuhon awit saking karaketipun kalayan badan prasasat wujud akaliyan wayanganipun ananging sayektos anggening toya saged nyarasaken tiyang gudhiken punikia boten amung kalepetan watek gugon tuhon kemawon katranganipun sampun tatela. Siram toya ingkang sugci punika nyakecakaken dhateng sarira. Dados boten amung toya ing nirmala kemawon nun ingkang nyegeraken bayu ongga. Sanadyan kiwa panengenipun ing bayalali bok manawi inggih boten kirang toya ingkang narik dhateng sengsem anjalari kasarasan mongga ta kagaliya. Ing platongan utawi ing pablengan anggening toyanipun kenging kaangge usada. Panginten kula mirid gumelaring cariyos makaten sapisan panggenan sae tur toya ingkang mentas tumanduk ing sarira saged tuntas toyanipun sugci tur gilar-gilar bening kados kaca punapa malih katanting hawaning siti ngriku kalangkung sae tinimbang sanesipun dados saupami ing nirmala wahu kados cariyosipun ing pablengan bok manawi boten longka. Kenginga kaangge usada, namung sumelangipun manah. Manawi atundha bima. Siripun sumedya nyirnakaken mala. Malah kagremetan kruma. Inggih punika bilih kados ing lepen katipes. O saestu badhe kados paribasan makaten raup malah jlebut pupu malah benjut grahut malah barut. Inggih kala pun cebong ing ardi tama. Enere saras teka nganggo mampir. Inggih saestu benjut. Juru gubah.

Wangsulan Serat sinaroja ing sarwa taklim mugi katampen saking renaning panggalihipun mitra kula ingkang paparab kusumaning ayu dyah oyeg. Wiyosipun satampi kula pustaka warti. Tahun punika ongka. 49. Wonten suraosipun karsa panjenengan sampeyan sarjuna [ ] dhumateng kula. Bubukanipun anembrama manis arum prasasat wemaya marta sung ganda. Wujudipun inggih eis setrup mawar. Dene gatosipun panjenengan andangu dhumateng kula. Kawontenanipun kados ing ngandhap punika. 1. sastra ukaranipun mawi tembung ingkang 2. Nanging. 3. Liring. 4. Saha. Bebasan ukara. 5. Punika.

3 Saking pamanggih kula ingkang punika. Kraminipun tembung. Ming. Sing. Jing. Angsring manggen wonten pataken ingkang pundi. 2. Nanging. Kraminipun tembung ning. Angsring manggen yen badhe ngleresaken boten abrit nanging pethak. 3. Liring. Kraminipun tembung. Teges saking. Angsring manggen basa luhur. Lire ing. 4. Saha. Kraminipun tembung. Sarta. Lan angsring manggen tatembungan kang mawi kanthi. 2. babasan kodrat. 2. Wirodat Saking pamanggih kula. Kodrat kuwasa. Wiradat karsa. Manawi inggih kuwasaning karsa. Ambok bilih ingkang kedah dipun lampahi miturut saking dad sipatipun yen manungsa. Sagedipun kuwasa saking kajeng lumampahing damel peksi suwiwi sato rumangkang. Mina angsang. 3. ambicara. Bener. Kalayan patut. Saking pamanggih kula. Ingkang teksih kados dene mangadhep karsaning bandara boten saged tilar salah satunggal anglampahi sidhang siring pantesipun ing leleresan dados matra kilasa. Punapa usumipun. 4. pralambangipun satunggal tiyang cekap saweneh ing dinten anggening bukti kaleresan tuwuk sanget kenging dipun westani ngantos kemlakaren inggil-inggilanipun paring sih katresnan dhaharan langkung eca adi sanget namung anggenipun nedha wahu sampun tuwuk. Saking pamanggih kula. Supados mupangat dhateng badanipun bingah ingkang peparing ingkang sampun tuwuk wahu wajib mratelakaken pasaja dhumateng nginggilipun yen kenging ngadipun tedha saking sareh. Awit mulangipun nginggil paparing punika sampun amratandhani asih. Menggah saking pamanggih kula ingkang sampun katur ing ngajeng wahu sadaya. Mokal yen nyamelenga ingkang cepak nalisir. Saking mupatipun para saged amung kaanggepa dados jalaranipun ing pamitran kemawon kalih dene bebasan kula manawi wonten ingkang manggepokan kirang sumosor. Mugi-mugi sang dyah angapuntena. Margi kula dereng mirsa lugunipun sasebutan sampeyan sokur ing wingking karsa nelakaken saestu sanget bingah saha panuwun kula. Wasana ingkang kula puja-puji ing pasamohan bra martani. Kathaha para manjurung saking monca praja. Ingkang maedahi ing tiyang kathah. Tebiha para paben srana rebatan inggiling pangawikan ingkang pancen boten kaangge. Ngawula utawi upajiwa. Ti ti. Kampung ler pepe surakarta ping. 30. Wulan sura tahun ehe ongka warsa. 1812 sangakalanipun kalih kula murti paduka. bok endib

// kang pinocung. Serat saha taklim ulun. Ingkang binuratan. Dening gonda amrik mingis. Cinampuran sagung rum angambar-ambar.// mugi katur. Ing mitra kang sampun putus. Salir kabangkitan. Tan agulang keh pintasih. Sang nyata sudibya buja kirana.// wiyosipun. Hamba minta jarwanipun. Miwah wijangira. Tembung ing ngandhap puniki. Kados lamun mitra datan kakilapan.// Maratapa. Banguntapa. Sarta aparinga sumerep wastaning lintang. Ingkang nembe miyos bangun rahina. Amangsuli bab ringgit walulang. Kados pundi jarwanipun paparabing pandhita ing banjar malathi. Dene anama. Bagawan sekel indralaya. Anjawi punika reteging manah. Tansah angajeng-ajeng pustaka wangsulan leres lepatipun anggen kula amijangaken bab kawontenanipun ingkang sami anganggit sekar macapat mila mugi kaparenga kagandheng kalayan badhe panjarwa atur kula ing nginggil sanget ing pangajeng-ajeng kula. Jaka tanya. Sambetanipun cariyos sudagar dinuta ing ratu. Sang prabu turki sanget emeng ing panggalih. Amirengaken aturipun ki sudagar. Anggening sumungkem ing gustinipun prasasat tanpa upami. Mila sinuhun ing turki sanget rentahing tresnanipun dhateng sudagar. Kala samanten sinuhun ing turki lajeng amrasajakaken pangandikan akathah kathah dhateng sudagar. Suraosipun anggening sinuhun ilansah kagungan sedya anglamar putranipun kacondhongan sanadyan kagarwaha enjing utawi sonten sinuhun turki boten suwala ing karsanipun sinuhun turki lajeng amatedhakaken nawala. Ingkang minongka wangsulan dhateng sinuhun ilansah. Suraosipun nunggil parlu kados ingkang kadhawuhaken dhateng sudagar. Sarta amratelakaken kanthi pisungsung awarni-warni raja barana ingkang sarwa adi. Kacariyos sasampunipun sadaya katampen sudagar pamit mundur. Gampiling cariyos lampahipun sudagar sampun dumugi ing nagari ilansah. Kaleresan ingkang sinuhun sawek pinuju siniwaka. Siniwi mantri drengki titiga. Sadanguning imbal wacana. Kasaru dhatengipun sudagar saking nagari turki. Sanget suka pirenaning panggalih. Amung mantri drengki titiga ingkang kucem mukanipun awit lepat pambatangipun kacariyos ki sudagar lajeng munjuk saparluning dinuta. Sarta angunjukaken nawala kanthi pisungsung. Ingkang minongka wangsulanipun sinuhun turki. Sareng sang prabu ilansah amaos nawala. Sangsaya sanget dhanganing panggalih. Saha lajeng dhawuh dhateng wadya balanipun sami mirantos saparlunipun awit sinuhun ilansah badhe krama angsal putri ing turki.

4 Taksih wonten candhakipun

5 0ngka kaping: 2 Kemis kaping. 11 januwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Para ingkang angemin serat bra martani. Kula aturi ambayar sambutanipun punapa malih ingkang taksih waled bayaranipun wiwit tahun 1880. Dumugi sapejahipun tahun punika. Kados sampun urup sanget bilih bayaran wahu karsanipun sami katanjakaken kalayan wedalipun serat punapa inggih ngantos lampahan kalingseman.

Surakarta Kala malemipun dinten senen dados angrintenaken tanggal kaping. 28 wulan sapar punika. Wanci jam. 1. Dalu kangjeng pangeran arya cakra diningrat atilar donya kondur ing kalanggengan jalaran gerah benter namung. 8 dinten ing dintenipun slasa wanci jam. 10 siang. Layon bidhal sangking dalem cakra diningratan sumarekaken dhumateng astana tilas kadhaton kartasura. Mawi kauntapaken dening para agung sawatawis menggah renggan pakurmatanipun semuwa. Kintuna.

Kudus Nalika tanggal ping. 20 wulan oktober ingkang kapengker. Sarehning ing nagari ngriku kakirangan jawah. Pramila naib dhistrik ing kitha kudus sarta para kaum kabiyantonan pangageng ing nagari. Sami salat istika dumunung ing ngara-ara satepining lepen ingglis wondening salat istika wahu amiminta dhumateng ingkang murbeng alam mugi tumunten kaparinga jawah. Ing ngri sareng para kaum sarta naib sampun anglempak ing ngara-ara. Para patinggi pangageng dhusun sadaya. Sami ambekta rampadan wilujengan lajeng dados kalih gagelengan ingkang sagagelengan para naib ngulama kaum sami sembahyang istika sarta dhikir. Ingkang sagagelengan para patinggi lurah dhusun sawawengkonipun sami ananggap wayang purwa lampahan watu gunung. Cariyosipun tiyang ing ngriku kawastanan istijab tandhanipun sabibaring salat istika lajeng wonten jawah dumugi sapunika. Mila kabul panyuwunipun kyahi naib.

Samarang Nalika malem dinten senen wulan punika. Wonten saweneh ing tiyang banjar anama emcik anang bin tamin ing kampung kranjangan wanci dalu wonten wismanipun pinuju maos kuran ing ngriku pun encik paben kalayan semahipun mawi dadamel sareng estrinipun kenging dadamel sampun palastra. Pun encik kaken manah sarta miris tyasipun lajeng padharanipun kasuduk ing dadamel pedhang piyambak dados pralaya. Sanalika tongga tepalih sarta pulisi dhateng. Ananging sampun boten kenging dipun tulungi.

Wonten malih tiyang nama sarban ing kampung surayudan darbe sakit panas wektu punika sareng pinuju kumat sakitipun jangganipun sarban katangsulan kalayan pengereting griya. Sanalika kadados pejahipun sareng tuwan dhokter dhateng pun mayit taksih benter. Lajeng kabedhel padharanipun ing gnriku dados mulyanipun boten kalajeng palastra.

Batawi Wonten sawenehing pawestri anama raden yantin ing kampung riyu mentas awaweka. 20 dinten nalika malemipun tanggal kaping. 9 wulan nopember ingkang kapengker. Dyan yantin anendra. Sarwi anyandhing atmajanipun ingkang jabang. Wasan enjingipun atmaja wahu sampun pinanggih palastra. Jalaran katindhihan anggenipun nendra nalika ing dalu. Mila embokipun sanalika lajeng karaos dados ewah engetanipun. Lah punika kaangge tuladha para waweka alit sampun ngantos kasandhing tilem amargi tiyang tilem wahu kathah ingkang kasupen.

1 Ing kampung buru wonten sawenehing tiyang sugih. Sanadyan sampun katingal kasugihanipun ewadene taksih sakalangkung katingal cethil dhateng ingkang katedha sadinten dintenipun kenging kabasakaken salaminipun amung anedha kalayan sarem kapinujon pun sugih sanget para warisipun anenggani ananging kaupadosaken dhukun boten suka. Amargi mindhak mawi ambayar waragat sampun pinareng kalayan taksir anggenipun sakit dados pralaya. Punika andados ginemipun tiyang kathah. Ananging saestu warisipun dados mulya amargi ngukub barang tatilaranipun.

Indhiya enggris Sawenehing juru rumeksa wana ing indhiya enggris nembe punika sampun saged amikut satunggal dipongga wonten ing wana wahu. Wondening dipongga punika ingkang sampun misuhur sakalangkung galakipun mila para tiyang ingkang gagriya ing gnriku. Sarta ing pereden sacelaking wana wahu. Sakalangkung kekes dhateng pun dipongga. Kala rumiyin sampun kalampahan tiyang ing ngriku anggropyok dhateng wana. Ngantos angsalk dipongga 24 iji. Amung dipongga ingkang galak wahu boten saged kapikut malah ngantos wonten dipongga 19 iji ingkang pejah. Tiyang tiga iji ingkang pejah. Mila sareng dipongga galak saged kapikut samangke saged tentrem.

Weltepredhen batawi Dereng dangu ing kampung pacenongan wonten sawenehing tiyang islam anama buwang. Estrinipun sawek awawrat sepuh. Ing ngriku sareng awaweka jabang bayinipun sawek lahir sampun katingal thukul untunipun ingkang inggil andadosaken pangunguning tiyang kathah.

Aneh aneh ana Wonten saweneh ing tiyang anama singa resa ing kampung bubutan ing salaminipun kerep sulaya kalayan semahipun singa resa sakalangkung sungkawa bilih angengeti wawateganing estrinipun sampun awaweka satunggal sampun tamtu lajeng kapegat kimawon sareng sampun awaweka dados saupami lajeng kapegat awelas dhateng atmajanipun sareng sawatawis laminipun singa resa sampun angsal pamanggih saksenipun. Saweneh ing dinten singa resa dhateng sabin asasarengan mitranipun ingkang sampun tunggil budi anama tatruna ing dhusun kalangan salebetipun gineman sami macul wahu singa resa lajeng nyambi damelipun mangkaten. He tatruna kowe iku kok awet temen dhudha. Apa ora rikuh ing atase wong dhudha. Embok ya rabi dadi ora dadi pocapan tatruna mangsuli. Enggih kang satemene enggih rikuh sanget kaya ta wong mulih saka sawah sayah-sayah boten onten sing godhogake wedang. Ananging kok angel kang wong ajeng rabi niku. Singa resa mangsuli. O mesthi ora basa angel wong arep rabi iku wis rekasa ati nganggo rekasa dhuwit nanging ing atase dhudha padha padha dhuwit arep digo rabi niku kok kurup banget ora duweya utang cina jangji gelem limalasan tikelan rak ya oleh ora bisa nyahur bubar gawe omahmu dilelang iya nglakoni. Jangji sakgedhagan kono katon prawira. Tinimbang kowe dhudha mongka duwe omah dhewe gawok- gawok mesthi bebeser dhuwit arep ngakuwa gemi yen wong dhudha mesthi boros. Tatruna mangsuli. Lo boten mengkoten kang. Sing kula arani angel niku kok saka waragat boten. E pangestune si kakang yen isih slamet parine lemu rak enggih pinter rabi. Mung pilihane wong wedok niku angel coba sampeyan pikir tongga-tongga kula niku akeh prawan namung mung kari jenenge mawon prawan lugune enggih empun lanjar jaman sakniki kok ngoten mula luwih becik oleh rondha pisan kang becik atine empun jaragan. Singa resa mangsuli. Kapa sang yoga mengko bubar macul padha rembugan karo aku. Manawa takdire. Sareng sampun rampung anggenipun macul lajeng sami rembagan cekakipun tatruna kedah badhe dipun purih angrabeni estrinipun singa resa piyambak amargi singa resa aningali estrinipun watekipun boten kaconggah amung welas ningali atmajanipun sanalika tatruna kaget manahipun sareng sami ngatingalaken temenipun tatruna apitados lajeng anyanggemi. Ngantos sawatawis lami singa resa anggenipun amaripih estrinipun sagedipun dhaup kalayan tatruna. Sarta maripih mara sepuhipun sareng sampun pratitis pratikelipun dangu-dangu sampun sami gathuk ing rembag ing saweneh ing dinten singa resa kanthi tatruna. Sarta mara sepuh sami dhateng griyanipun naib angijabaken bok singa resa angsal tatruna. Amung atmajanipun bok singa resa kedah katampekaken singa resa jaler. Ingkang gentos dados dhudha. Duymugi sapunika kalampahan saenipun. Wato rukun nun juru gubah.

Manila Nalika tanggal kaping. 20 oktober ingkang kapengker ing nagari ngriku wonten samerana ingkang sakalangkung agengipun wondening samerana wahu wiwitanipun saking wetan mangilen lajeng mangaler.

2 Ingkang katrajang sakathah ing wit-witan saha cagak kawat telegram sami rebah. Griya griya salebetipun 4 jam ingkang sami rebah katepsir karugiyanipun sadasa yuta rupiyah. Ing samangke para tiyang ingkang kalajeng boten gadhah hgriya amargi kabuncang ing samerana wahu. Gunggung. 150.000 tiyang. Sakalangkung amelas arsa.

Kantor bang ing sapunika kaangge pangungsen sakathahing tiyang. Amargi boten tumut kabuncang ing samirana. Kantor ageng sarta gudhang-gudhangipun tuwan martin beke enko. Amung sawatawis ingkang kabuncang ing samerana. Sadaya bahita ageng alit ingkang dumunung ing palabuhan ugi kathah ingkang kabuncang ing samerana.

Bandhah Nalika wulan oktober. Ing bandhah wonten lindhu. Dangunipun ngantos 6 menit sadangunipun bantala ebah wahu tritaning samodra ngantos kocak-kacik ulam-ulam isen-isening samodra sami katunjang ing dharatan pinten pinten kathahipun sakendeling lindhu ulam wahu boten saged wangsul dhateng samodra malih andadosaken kabingahanipun para tiyang ing ngriku. Para santri sami katingala sungkawanipun amargi angesthi wahananing lindhu. Saben dalu sami angubengi pakampungan sarta adhikir maos salawat. Wektu punika wonten sawenehing ulam samodra ingkang sakalangkung aneh. Agenging ulam wahu. 3 dim. Panjangipun 20 dim. Wujudipun abrit sirahipun kados sirah cecak tiyang ngriku dereng wonten ingkang nyumerepi naminipun wondening ulam wahu saben milar saking samodra. Sadumugining dharat badanipun dados toya. Amung kantun erinipun kimawon bilih wangsul dhateng samodra saged pulih sawujudipun malih. mila sakalangkung andadosaken pangunguning para tiyang kathah. Kajawi punika wujuding ulam warni-warni kakathahen bilih kapratelakna sadaya. Dados tatela isining samodra wahau sakalangkung kathah warninipun.

Amirikan Ing kitha sikili. Sampun wiwit anyobi nanem teh. Wiji saking nagari cina. Wondening pananemipun kabiyantonan dening juru ananem ing indiya enggris ingkang sampun misuhur moncol kasagedanipun saking bangsaning taneman wondening pananemipun samangke sawek angsal 11.000 uwit. Tuwan saperio. Kalayan tuwan dhe aniko. Ing kitha sikili. Sampun 3 tahun punika anggenipun anyobi ananem uwit teh. Wonten ing celaking kitha masine. Sarta sampun kamupakataken wedaling taneman teh wahu badhe onjo piyambak boten kaungkulan kalayan sanesipun.

Mugi para sarjana karsa amaring katrangan ingkang kula pratelakaken ing ngandhap punika. Wedalipun almanak ing tahun 1883. Ngajeng punika. Ingkang kaecap ing samarang kalayan ing wonten sulayanipun kadosta ingkang kaecap ing samarang. Wiwit tanggal sapisan dumugi tanggal ping 4 wukunipun wugu. Tanggal kaping pitu dumugi kaping tiga welas wuku wayang. Saurutipun wondening ingkang kakecap wonten ing yogyakarta. Tanggal sapisan dumugi tanggal ping pitu wukunipun kulawu. Tanggal kaping wolu dumugi kaping kawan welas wuku dhukut wah malih ingkang wedalan ing samarang. Bilih kula boten kalintu wonten lepatipun malih. tingalan dalem jumenengan pancen dhawah wonten ing wulan jumadilakir kaping. 27 punika dhawah wonten ing wulan rejeb nunggil tanggal. Pangajeng ajeng kula para ingkang lantip ing budi karsa aparing jarwa pundi ingkang kenging kaanggep leres sulayanipun pawukon ingkang kasebut ing inggil wahu. Katandhan kaki busuk

Pangresepan katur mitra kula cebong He mitra kula kang panengran cebong. Sampun dados panggalih lo. Kula kok kapencut sanget amaos pustaka warti panjurungipun mitra kula. Bab pancuraning mala. Luwesing tembung anggenipun nyameleng. Saking kapencuting manah anggen kula sumedya mimitran kalayan sampeyan ananging kula taksih melang-melang ing sarehning sisilih nama cebong wahu kalaras kakung punapa putri. Bilih sampun tetela rarasing sisilih nama wahu. Kula pancen kapengin badhe nyarengi dhateng nirmala. Ananging kula nyuwun saserepan rumiyin mitra kula angocapaken ingkang saged anyarasaken sarira punika jalaran tuntas katanting hawa. Lo. Ingkang kawestanan hawa wahu punapa hawaning tirta punapa hawaning tirta ingkang sampun mijil amancur. Amargi saking pamanggih kula tirta pancuran wahu ingkang sampun mancur kados sampun boten gadhah hawa. Jalaran wijilipun saking siti sampun lajeng botenb katabag ing sanesipun ewadene kang agung pangaksamanipun mitra kula cebong. Katandhan dyan rara kutuk

3 Bilih andadosaken kaparenging tuwan redhaksi. Saha selaning papan kula aturi neselaken panjurung kula kados ing ngandhap punika. Sangking adrenging manah kula kedah badhe. Amadhangaken pepetenging manah kula. Mugi para sarjana aparinga barkah anjarwani. Saha tumrapipun dhumateng badan kados lelampahan ingkang kula aturaken ing ngandhap punika. 1. kadosta brata sena. Amadosi toya wening. Kang kabasakaken susuh ing angin. 2. Bratasena blengkrah gunung reksa muka 3. Bratasena gebyur sagara. Lajeng dipun cokot ngula. Wahu sawer dipun kuwek kuku ponca naka lajeng pejah. Toyaning sagara lajeng abrit saking rah sawer. 4. Bratasena lajeng kapanggih dewa ruci. 5. Bratasena kapurih malebet guwa garbanipun dewa ruci. Margi saking talingan kering. 6. Lajeng kapanggih ingkang dipun padosi. Kang kawastanan trita wening. Saha susuh ing angin bratasena badhe boten purun medal dewa ruci boten kapareng. Kados ing ngandhap punika. 7. // yen mangkaten kawula tan mijil. Sampun eca neng ngriki kewala. Boten wonten sangsayane. Tan niyat mangan turu. Boten arip boten angelih. Boten ngrasa kangelan. Boten ngers linu. Namung nikmat lan mapangat. Dewa ruci ngandika iku tan keni. Yen tan lawan palastra.// 8. // bratasena. Santun nama werkudara. Saha kaparingan pangenget-enget warni kampuh poleng bang bintulu. O saiba badhe bingah ing manah kula. Yen panjenenganipun para sarjana. Karsa aparing barkah jarwa ingkang kalayan nyamleng. Prasasat aparing jimat dhumateng tiyang balilu kados pun kula. Kaping. 28. Sapar ehe. Ongka. 1812 kodheng.

Wangsulan katur mitra kula kang sisilih nama cebong // pustaka warti ongka. 1. Wonten panjurungipun mitra kula ingkang sisilih nama cebong ing ardi tama. Kasebut panemenaken dayanipun tirta pancuran nirmala ing tampir. Sagedipun anyirnakaken mamala amargi saking sugcining tirta sarta katanting hawa. Katimbang kalayan lepen katipes ingkang nembe misuhur sapunika. Menggah punika punapa mitra sampun anyumerepi piyambak kasebut pancuran nirmala wahu. Saupami mitra sampun anyumerepi punapa wujuding tirta onjo sanget weningipun katimbang kalayan umbul-umbul sarta etuk ingkang mitra [ ] la sampun nate anyumerepi. Bilih weninging tirta wahu wonten ingkang ngungkuli ituk umbul sarta pancuran pundi. Ingkang ngungkuli weningipun wahu gadha daya punapa. Ewadene sarehning supados sampun ngantos kirang tatela anggen kula badhe mangsuli panjurungipun mitra cebong kula laksanani amratitisaken rumiyin kala angleresi dinten jumuwah ingkang kapengker punika kula sumedya dhateng pancuran nirmala wahu. Ing samargi-margi tansah botren kendel pangungun kula. Kathahing tiyang jaler estri anyela blekithi.babektanipun sopi gendul miwah kendhi. Sasarengan sami badhe dhateng nirmala wahu. Sadumugi kula ing ngriku saya angungun malih ing satepining pancuran sampun jejel para tiyang jawi cina jaler estri kula ngantos niyat badhe adus boten saged kalampahan jalaran saking kathahing tiyang. Kajawi sareng para tiyang sampun sami mantuk kula sawek saged anyipati wujuding tirta wahu. Ananging sampun angajengaken seraping diwangkara. Kula ilajeng adus katranganipun saking pamanggih kula bilih weninging tirta boten sanes kalayan umbul sarta etuk sanes-sanesipun amung hawanipun karaos asrep piyambak amargi mijiling etuk boten saking sangandhaping wiwitan ananging amung saking padhas curi. Dados pamanggihipun mitra cebong kula dereng patos anyondhongi. Bilih saking pamanggih kula sarehning bodho sampun anayogani karsanipun ri sang juru ngarang kimawon dados sadaya tirta wahu panecn gadhah daya piyambak-piyambak pancuran nirmala wahu pancen wonten dayanipun ingkang saged anyirnakaken sadaya sasakit mila bilih mitra cebong pancen dereng amratitisaken piyambak prayoginipun anggatekaken mariksani. Ananging sampun ngantos kanthi mitra jengandika precil dados mitra kula lajeng saged animbang-nimbang wujudipun tirta. Bilih mitra kula cebong sampun karsa mratitisaken piyambak embok manawi tambah senenging panggalih. Aningali untaping para tiyang jaler estri ingkang sami dhateng. Dhasar papanipun banar tur jrmbar angresepaken. Ananging kauningana mitra sanajan gugon tuhon kedah kula lahiraken dhumateng mitra kula. Nalika kula dhateng ing ngriku salebetipun kula dereng angsal enggen kula lajeng papanggiyan kalayan saweneh ing tiyang sepuh ing ngriku naminipun kula kasupen amargi boten kula catheti. Cariyosipun teka aneh sanget mangkaten ing desa tampir niku klebu aneh saben onten uwong lananga wedoka sing niyat omah ing ngriku. Wiwit teka nganti sajrone setahun niku mesthi duwe lelara. Kayata ngeres linu. Bengkoyok sapapadhane. Apes-apese lara kadhemen utawa panas titenane pundi sing sajrone satahun niku kuwat anglakoni lara enggih niku mesthi kuwat mangge ngriku dene bisane mari enggih yen sampun adus ngriku

4 ping pitu. Awit sebdane kyahi dhukuh sing akal bakal ing tampir dhek jaman kuna. Dene pundi sing empun mari banjur ngulih ulihi nylametake nyaosi dhahar kyahi dhukuh. Mulane banjur bisa misuwur niku jalaran ing ngarep ngarep wong ngriki kang padha nglakoni. Lo mitra cebong. Menggah cariyosipun kaki sepuh wahu saupami temen punika sangking pamanggihipun mitra kula kados pundi. Kok saben tiyang gagriya ngriku kedah nglampahi sakit rumiyin sarasipun bilih sampun katetesan tirta nirmala wahu. Bilih mitra cebong dereng saged paring katrangan kula aturi nyuwun barkah saserepan dhateng mitra kula kang panengran ri sang jaka tanya. Sokur-sokur saged kapitulungan sangking sendhang tretes kaluhuran bilih kasaruwe satriya ing ngarga caturi sang buja kirana. O. saiba badhe cumeplong ing manah. Sinerat ing giri madya ping. 29 wulan sapar warsa ehe. Sangkala tinengeran. Pamyarsaning janma kang ngesthi mulya. Katandhan endhang pracimasana.

5 0ngka kaping: 3 Kemis kaping. 18 januwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Para ingkang angemin serat bra martani. Kula aturi ambayar sambutanipun punapa malih ingkang taksih waled bayaranipun wiwit tahun 1880. Dumugi sapejahipun tahun punika. Kados sampun urup sanget bilih bayaran wahu karsanipun sami katanjakaken kalayan wedalipun serat punapa inggih ngantos lampahan kalingseman.

Surakarta Kula wisudhan Mas arja sudira guru bantu ing pamulangan jawi surakarta. Dados wakil mantri guru ing pamulangan jawi sragen. Mas ajiman ugi guru bantu ing pamulangan jawi surakarta. Dados wakil mantri guru ing pamulangan jawi bayalali. Panjurung

Maling prigel Ing dhusun kayen sukaharja. Wonten rondha satunggal nama bok prawira reja. Kala malemipun dinten jumungah kang kapengker griyanipun kalebetan durjana pandung. Rehning tiyang estri tanpa kanthi. Dados boten kadugi yen mikuta ing dursila wahu. Mila namung jelah jeleh nedha tulung ing tongga tepalih. Wondene pun durjana nalika kaelokaken boten pisan yen nedyo alumajeng. Nanging malah amimisuh saha ngundhat undhat ngundhamana. Kalampahan para tongga tepalihipun ingkang badhe tandang. Sami kandheg wangsul ing margi. Jalaran kainten bilih bok prawira reja paben kaliyan akrabipun kasembuh panjelehipun bok prawira reja apegat pegat margi swaranipun sampun erak dados tansah kaluhuran dening sabdaning durjana. Ingkang makaten wahu saya gumeleng pangintening para tongga tepalih. Kalampahan pun juti saged oncat saha anyenyangking barang gadhahanipun bok prawira reja. Kintunan

Ongka wiyu Sanadyan sampun rambah rambah kagelar ing pustaka warti kawontenanipun ongka wiyu ing masjid jatinom ewadene kula taksih kedah angabaraken malih. amargi saya katingal kathah sarta saening rarenggan. Nalika tanggal kaping. 18. Wulan sapar punika. Ing masjid jatinom angleresi ongkawiyu. Pangunguning manah kula dene tiyang ingkang aningali sarta ingkang tumut semabhyang sakalangkung kathah ewon tiyang monca nagari jaler estri ugi sakalangkung kathah. Wondening rarengganipun anggen kula mastani saya sae wahu. Ing satengahing blumbang masjid kadunungan griya wadhah apem griya wahu kawangun masjid karengga ing bandera sarta sekar apu. Kakubengan dilah sewu pandamelipun sewu ugi aneh. Deling salonjor kadunungan wadhah sumbu. Ing dalem saeros sumbu satunggal dados ing dalem deling salonjor wahu pinten pinten atus dilah. Sareng sampun bibar anggenipun sembahyang jumuwah. Tumunten sawenehing pradikan manjing ing griya wadhah apem kadunungaken ing sanginggiling blumbang pambagining apem boten resah. Amargi sadhengah tiyang boten saged anyelaki griya wahu. Kajawi amung manglung ngulungaken astanipun anampeni apem wondening kala rumiyin saben ongkawiyu apem boten saged ambage. Amargi lajeng rebatan jejel asilih ungkih. Pawartosipun salebetipun wulan sapar punika anggenipun ongkawiyu kalih rambahan ingkang sarambahan kala tanggal kaping. 11. Sanadyan tamtunipun dereng leresipun ongkawiyu ananging sarehning ingkang dhateng tiyang sakalangkung kathah kakinten sampun mangsanipun ongkawiyu. Ewadene ugi katurutan andak ongkawiyu. Kintunan

1 Lepiyan Nalika badan kula teksih lare. Umur 11 tahun ginanjar sakit katrapen pathek wonten saweneh tiyang sepuh suka cariyos supados inggal mantun kula kapurih kesah tirah dhumateng ing dhusun pablengan wangsulan kula boten saged angleksanani. Margi kula sampun lumampah ing dalem nagari. Kula pitaken pakantukipun tirah dhateng pablengan punapa. Wangsulanipun tiyang sepuh wahu mangkaten ing pablengan iku tanahe adhem banyune bening tur angemu rasa asin yen kowe ora bisa iya uwis manganggowa pratikeliku bae minongka isarat ing saben dina kowe adusa kaping pindho. Esuk lan sore. Nganggowa banyu warna loro. Kang siji banyu lumrah kuwe bae. Sawise resik bilasana banyu seje. Iya iku banyu kang niru ing pablengan mangkene. Banyu sawiji jembangan cemplungana uyah digerus kang lembut pengaji karo sigar gedhene segobang. Ing dsaben adus aja lali. Sawise resik bilasana banyu asin iku. Kula anyagahi. Tiyang sepuh cariyos malih. sarehning kowe lara katrapen kang mulasara ibumu apa wis katrapen wangsulan kula dereng. Wicantenipun tiyang sepuh saratana. Supaya aja katularan pathek tukokena remnpelu kebo. Digaweya kramas ing sirah utawa diborehake ing rahi sarta badane sakojur iku kabeh sawuse rata banjur didusana ing banyu kang resik sakolehe ora katularan pathek kula sagah anglampahi pitedah sadaya wahu. Kayektosan anggen kula katrapen inggal mantun 60 dinten resik kalebet awitipun 100 dinten. Ibu kula yektos boten katularan ngantos sapunika. Kula tiyang sepuh anak-anak anak wahu cacahipun enem sami ngangge isarat kramas utawi konyoh rempelu mahesa wahu. Gulat guletipun dadolanan lare sami katrapen kok inggih kalis boten katularan pathek tatela cariyos boten jalomprongan. Wonten malih kojahipun sanes tiyang sepuh. Manawi wonten tiyang utawi lare. Kenging latu. Kawutahan wedang sasaminipun bongsa benter. Supados boten malendhung utawi boten malonyoh. Manawi gadhah lingsah salira. Botenipun tintah panyeratan punika kemawon inggih kenging. Kakonyohaken utawi kaleletaken tabetipun kulit ingkang kenging latu wahu. Sarehning anak-anak kula sami besur besur. Dados inggih asring-asring. Ananging wilujeng saking jampi punapa isarat wahu. Milanipun kula cumanthaka kami purun mratelakaken wonten ing pasamohan sanadyan remeh ugi. Ananging ewonipun paedah. Bilih wonten ingkang ngalap saha teksih setijab saestu kagungan panarimah dhumateng ingkang gadhah kojah. Katur tanggal kaping. 8 wulan rabingul awal ehe 1812. Reka reka mawi sengkala. Dhesthi kula kantun punika. Bok endip

Boja nagara Nalika tanggal kaping. 11. Wulan punika. Pradata rat sampun amutusaken prakawisipun pasakitan ingkang badhe marjaya dhumateng kangjeng tuwan asisten residhen ngriki. Ye mile mister. Sareng kapriksa ing pasamuwan pradatan pun pasakitan matur balaka kimawon dhasar sampun kaangkah angkah sangking griya nedya badhe kasedani. Kalayan dedamel waos jalaran sangking sakiting manahipun karoban pakaryan praja. Saengga ngantos meh boten saged ngupados tedhanipun anak rabenipun dados kinten-kintenipun sasakitan manawi tuwan asisten residhen anggal lah ing ngriku pakaryan praja badhe mayar. Malah sasakitan andarbeni aturan makaten. O kula getun sanget badhe marjaya tuwan asisten residhen lepat ngantos sapriki manah kula taksih ngonja- onja. Pungkasanipun sarehning pasakitan pangakenipun gamblang. Saha bares para niyaka pradatan sami animbang. Pantes pasakitan manggih kalepatan ginantungan paukuman babucal 20 tahun tuwan presidhen pradatan mangayu bagya saksan kadhawahi pirampungan kados ing nginggil pasakitan matur sendika saha taksih andarbeni bingah. Nalaripun pasakitan kawedal ginemipun ah tak arani digantung. Dene kok mung dibuwang bae. Dados nalar kang makaten wahu sangking pamnggih kula. Wahu tiyang kawical tiyang nekat. Andadosaken bingahing manahipun para tiyang ing boja nagara. jalaran dinten punika ing kitha ngriki sampun wonten musikan ingkang adamel rarengganipun alun-alun saha susitet bojanagara. Para tuwan- tuwan walandi saklangkung bingahipun jalaran lajeng sami nayuban. Salebetipun wulan januwari punika sampun. 7 tiyang ingkang nandhang labet sarana kaperjaya tiyang. 1. Lurah dhusun penganten dhistrik pelem kaperjaya sarana dedamel waos labet. 2. Boten pejah. Kintunan.

Wangsulan Sareng kula mentas amaos serat bra martani. Ingkang anyariyosaken dayanipun pancuran nirmala ing tampir. Saged anyirnakaken sasakit punika wonten emperipun boten saking gugon tuhon ananging saking dayaning tirta. Kula kaengetan nalika kula lelana. Adus dhateng etuk sanga sukuning ardi rebabu kang sisih kilen kabawah ing magelang. Sangandhaping etuk sanga wonten kawestana etuk sewu. Wondening

2 dayanipun etuk sewu wahu saged amulyakaken sasakit mripat kathah para tiyang ingkang sampun anyatakaken sakit mripatipun lajeng raub ing etuk sewu wahu sarta lajeng rimat toyanipun kaangge raub saben enjing lajeng saged waluya. Malah kula mireng pawartos ugi bawah bayalali wonten sendhang kawestanan kedhung gupit punika dayanipun kaangge amulyakaken sadaya kapal sakit kadosta pilek watuk uci-uci sasaminipun bilih lajeng kaedusan kedhung gupit wahu tamtu lajeng saras mila ing kedhung gupit salaminipun boten kaangge padusan tiyang ananging amung kangge padusanipun kapal sakit dados kasebut pancuran nirmala wahu wonten panunggilanipun. Pribadi

Bra martani ongka. 42. Wonten pitakenipun ingkang sisilih nama. We. Te. Surakarta. Bab kawontenanipun kasebut ebun upas sanajan tuwan juru ngarang sampun amaringi katrangan saking pamnggih kula inggih sampun leres ananging kula darbe pamanggih embok manawi para sarjana anyondhongi. Enget kula ingkang kalimrah ing dhusun wontenipun sasebutan ebun upas wahu wanci enjing saderengipun jam. 5. Kula sring sumerep tiyang wawarah dhateng atmajanipuningkang samu sakit sukunipun kadosta korengen utawi sanesipun ingkang mawa tatu sahantawising dalamakaning suku. Punika saderengipun jam. 7. Enjing ingkang sampun wonten soroting surya. Boten kenging medal saking griya. Amargi ing panggenan rumput-rumput utawi sanesipun asring wonten ebunipun upas wondening ebun upas wahu. Bilih kenging suku ingkang sakit lajeng anjalari tambah sakit sarta andados sanadyan tiyang ingkang dereng sakit sukunipun kenging ebun upas wahu ugi andadak lajeng sakit. Saking pamanggih kula ingkang lajeng kawestanan ebun upas wahu uyuhing segawon amargi bilih sagawon panguyuhipun wanci dalu. Wonten ing tutuwuhan rumput katingalipun sami kimawon kalayan tirta ebun mongka pancen uyuh sagawon wahu bilih ngantos kenging suku tamtu lajeng sakit sangsaya bilih suku sampun sakit anjalari tambahing sakitipun dados sampun kathah tandhanipun ananging para tiyang boten anyidikaken silahipun wasana kula nyumanggakaken mitra we te. Jaka bodho ing marapi

Katur mitra jaka tanya ing candhana puspita Sampun andadosaken kageting panggalih ingkang anjalari babendu. Sareng kula anupiksani mitra kula jaka tanya anjarwani kuwung kalayan teja. Bilih kapareng ing panggalih kula kapengin sumerep. Kadosta teja ingkang asring katingal wujudipun kados ingkang kawastanan kluwung. Wonten ing gagana. Kaotipun leres kimawon. 2. kluwung ingkang katingal malengkung wonten ing gagana. Satelasing kluwung lajeng wonten jawah. 3. srengenge asring kaubengan mega sumburat jene meh kados kluwung. Ingkang kalimrah kawestanan srengenge kalangan punika lugunipun punapa. Saupami kagalih ingkang saged wujud kasebut inggil wahu sakiwa wayangan wayanganing punapa. amaRgi rumaos kodheng anggen kula anggathukaken nalaripun kawontenaning wujud ingkang kawastanan teja. Kluwung. srengenge kalangan wahu. Tur amung remeh. Ananging sampun ngantos boten angsal saserepan sanget-sangetpanuwun kula wahu. Jaka bodho ing marapi.

Wangsulan katur mitra jaka tanya Dhuh mitra kula jaka tanya. Teka anjalari turidaning manah kula. Punapa kagalih kula punika kasamekaken sarjana. O. boten pisan-pisan ewadene mitra jaka tanya kesbu anyaruwe rembag kula kalayan mitra buja kirana. Bab kawontenaning sekar macapat sakalangkung bingah ing paanuwun kula. E. dene wonten ingkang sudi sarawungan kalayan pun kula. Ananging saderengipun sadaya ingkang karembag punika kawedhar. Kula darbe panuwun dhumateng mitra jaka tanya. Ingkang sapisan kagungana ambeg palamarta. Anglemahi rembagan kalayan pun bodgho. Amargi pun bodho kaleksananipun kagiyar wonten ing barataning pustaka warti. Amung saking adrenging manah thok saking kiranging saserepan dados tembung ngupados bathi ning kawruh. Amargi kawruhipun tiyang jawi kados kula kula indhakipun karembag ing kathah. Kula sampun kerep anupiksani pustaka warti. Renbagipun para anung arebat saserepan lajeng anjalari dados sulaya sabab pundi ingkang pamanggihipun kalintu lajeng kajelir-jeliraken kula piyambak sampun nate katrajang nalar mangkaten wahu. Mila kula sakalangkung ngatos-atos amargi saking pamanggih kula rembag ingkang wiwitan sami ambudi saserepan. [ ] sae wasana dados sulaya wahu kirang prayogi. Tur badhe anuntuni kendhaking manah. Kula kedah angalembana dhateng mitra buja kirana. Boten saking punapa. Raosipun sadaya rembug amung saleresipun sarta boten darbe raos badhe anjalari sulaya. Kula ngaturi cuculikan pamanggih jalaran anggen kula anarethek tataken dhateng para saged saderengipun jeng sunan kalijaga jumeneng wali. Jeng suna giri sampun anganggit sekar asmarandana. Kalayan sinom

3 karsanipun jeng sunan giri panganggitipun sekar kalih wahu raosipun tumonja dhateng sarira saha tekating manusa. Tumunten jeng sunan benang anganggit sekar durma. Raos ugi tumonja dhateng sarira. Malah gamblangipun angungkuli asmarandana sinom salajengipun para wali anganggit piyambak piyambak wahu. Raosipun sami tumonja dhateng tekating manusa. Amung saya wewah terangipun yektos sareng jeng sunan kalijaga sampun jumeneng wali. Para wali wahu lajeng pakempalan aginem raos sami anglahiraken pamanggih kados ingkang sampun kaanggit wonten ing sekar macapat wahu. Saha panganggitipun para wali lajeng karembag malih. amung tatelanipun anggitanipun jeng sunan kalijaga sekar dhandhang gendhis ugi dhandhang artati. Dhandhang retati. Raosipun saged angukut raosing anggitanipun para wali sadaya wahu. Sarta parlu linampahan ing sadhengah tumitah wiwit jeng para wali dumugi jaman sapunika. Mila manusa ingkang saged angleksanani kasebut raosipun sekar dhandhang artati wahu. Kados sampun cekapan para wali ingkang pakempalan sadaya anyondhongi anggitanipun jeng sunan kalijaga. Pawartosipun saderengipun karembag pancen dereng kagiyaraken malah jeng para wali anuhoni leresipun piyambak-piyambak mongka sasampuning karembag dening para wali. Sadaya anggitan raosipun sampun kalebet wonten raosipun sekar dhandhang gendhis wahu. Mila sasampuning kacondhongan dening para wali bilih raosipun sekar dhandhang gendhis sampun cekap sawek kenging kagiyaraken dening jeng sunan kalijaga. Amung samanten anggen kula pitaken para saged kula sumongga. Jaka bodho ing marapi.

Candhakipun serat minta raga wiwaha jarwa // sojar sang prabu aywa cinapalan sembahning sarona gatining ngaji. Yanogyan wling ning sura duwita. Eren ring rahi kadi kaca.// tegese matur sang supraba. Maring sang niwata. Pukulun kakang prabu sampun gepah-gepah runtik. Dhateng pun yayi dinten punika kesah saking ngriki. Saestu teksih wonten ing asta paduka. lepata ing dalu puniki. Siang mongsa wandeya. Sinten kang malangi ing karsaji. Sinten kang darbeni ring kawula puniki estu kakang prabu. Yen ulun boten purun among sasi dhatenga ing ngriki. Ananging sapisan puniki anedha sinapura. Neher angimur-imur sang supraba. Wusing lilih runtikira sang niwata. Sang supraba anedha jinatena witing kuwasa digdayanira sang prabu. Awit sang nata tanpa sisiyan ing sabuwana. Nadyan dewa reksi kasor mring paduka. mangkana pangalembana nira sang supraba. Ilang krodha nira sang niwataka waca. Awit kakenan dening wuwus ira sang supraba. Neher rinangkul sang supraba. Adhuh ariningsun dewaning tilam ingsun anut ing wuwusira punika. Sira ingsun jateni kawitaningsun kang luwih kawasa iki. Ingsun mati brata sewu tapa. Dadi ta bathara rudra angsung nugraha dhateng pun kakang.// mankyandung warahen kyaka ri kita. Ngwa gwan kya tapa tan sipi sapala. Lambung ning imawan ana ta guhwa. Ping pata gunturan tan kadhedhetan.// tegese amuwus malih sang niwata maring sang supraba. Masingsun sira yayi ingsun warah. Enggoningsun tapa. Ing lambungira sanghyang imawan. Tumuli ingsun den gunturi kaping pat maring para dewa. Ingsun tan kagunturan guwa enggoningsun tapa puniku. Sawuse den gunturi ingsun nora keguh tapaningsun. Nuli tumurun bathara rudra awelas maring ingsun. Wuwusira sanghyang rudra. Heh maraja niwataka waca. Paran kang sira kayunaken. Sira atapa nglarani sarira nira. Pun kakang matur. Ingkang manira kayunaken pukulun. Sajagat puniki tuwin swarga saisinipun sami ngawulaha dhateng pun prabu. Iku yayi sanghyang rudra tumuli angsung nugraha.// mwang sakta sara alwa wka kasika ring jitwagra paweh nira sapala. Brahma wisnu kawes nikang kawasa. Ira kwran wruha aywa ta wawahan.// tegese mrempu manah ira sang niwata. Keneng pangalembanane sang supraba. Ing sanalika anjateni marang sang supraba. Enggene pejah gesangirasang prabu niwata. Heh ta yayi supraba sanghyang rudra aparing nugraha. Kasekteningsun gagaman sabuwana iki kabeh ora ana kang mateni marang ingsun. Sabab pati urip ingsun enggene ing jiwagra. Tegesing jiwagra ana pucuking ilat. Iku ora ana kang weruh. Nadyan dewa ora weruh. Ing samengko amung sira ingkang ingsun jateni. Pomata yayi aja sira warah-warah. Ing wong liyan. Sang niwata sawusira anjanteni maring sang supraba. Sanalika manah ira kahuwan. Tegese kahuwan kadi wong anggegem paksi tumuli ucul sangking ing asta. Karane kena ing mamanis ira sang supraba. Kalingane awon wong kena mamanising wong wadon.// sang sri pandhu suta mingeraken menget rakya sireng samayanira. Mangkaneng gupurat kamangadeg guntur brastha uwus dinedelira.// tegese sang arjuna miharsa wuwusira sang niwata. Anjateni marang sang supraba. Prasasat sampun kakepel pejahing ri sang niwata dening sang parta. Sang arjuna agya malumpat akarya geger. Angadeg munggeng luhuring gapura kancana. Tandya gapura dinedel dening sang arjuna. Rubuh gapura kancana. Anibani pawongan kang turu neng soring bata. Geger sajroning puri sami nangis kathah pejah karubuhaning gapura. Kagyat sang niwata anyipta yen wonten duratmaka. Mongka salamine dereng kaambah ing duratmaka. Katgada jumeneng sang prabu.// sang konang sumalah sira sakareng. Mermepeng pasalahnya wahu minge. Sang parta mapag ing gagana

4 tala. Ndah manggeh kasilib ning mungsuh ira.// tegese jumemeng sang niwata. Sinelehaken sang supraba. Kadi kasupen sang prabu. Lagi mengo sang niwata sang supraba mesat marang gagana. Pinapag dening sang arjuna. Mesem sang supraba ningali sang arjuna. Kasilib tingalira sang niwata.// sdhang mawurahan tikang sanagara. Anama warah sang niwataka waca. Datan ta uningan tangisnira kabeh. Pijer kahnengan tikel alisira. Tegese nalikane geger ing sajroning puri. Ana matur marang sang niwata. Yen sang supraba kesah kabekta de sang parta. Nanging tan rinungu de sang prabu. Pijer krodha sang niwata.// apan kahilangan manik idhep ira. Anargama kaembanan tanganira. Pinet nira uwus mesat namu-namu. O dadi dadiha sira kneng kira-kira.// teges esaksat kelangan pati urip sang niwata. Kabekta denira sang supraba. Ayun tinututan sampun lepas lampah ira sang supraba lan sang parta. Enget sang niwataka waca yen keneng ngupayanira ing sanghyang indra. Mangke dhateng balanira sang prabu nat kalaning dalu. Awit miharsa yen sang prabu manggih sangsara. Sang niwata madeg krodha tan dadi ajrih ira. Sang prabu mekar angganya saparwata sumeru genge sarira nira. Wadya nira kang dhateng tan anganti pangandika. Sampun kebeg sesek jejel tekaning lurung-lurung jejel gagamaning reksasa. Sami angestokaken sabdanira sang prabu ayun lumuruga maring suralaya.// wangun rahina ditya nata numujil ikang balas neda sampun aparepat padha ruha ruha anung mung wija wijah mredangga kala sangka gurnita tara.// tegese bangun rahina mijil sakathahing ditya bala. Sami parepatan mantri nira sang niwata. Umung swaraning bala. Pareng lan swaraning tatabuhan mredangga kala songka umung kapiharsa. Surem kenyaring surya keneng kenyaring gagamanira wadya sang niwata.// yat bwat niwataka waca. Gul agul pra galba. Krodi rikang mangiku niti mamet upaya. Tan pama beda dhana kewala dhandha karma. Geng ning para krami nirena duka prawiran.// tegese yat bwat koncara ing jagad adi-adining ayuda. Yen kala metu karosanira sang niwata. Asta anjujung gajah titiga sisih. Lan sang niwata bisa amet atining bala. Yen paparing tan anganggo eman warata sawadya nira kabeh. Marma bala yen ana gawe tan ana purun kari. Lanang wadon dhudha rondha milu perang. Andeling punggawa santana saking ibu kakalih. Saking rama kakalih. Namane sang wus kreta. Sang dragsa. Sang wiratka sangkala waktra. Kapat kagulang digjaya ing ngayuda. Taksih wonten sambetipun

5 0ngka kaping: 4 Kemis kaping. 25 januwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Para ingkang angemin serat bra martani. Kula aturi ambayar sambutanipun punapa malih ingkang taksih waled bayaranipun wiwit tahun 1880. Dumugi sapejahipun tahun punika. Kados sampun urup sanget bilih bayaran wahu karsanipun sami katanjakaken kalayan wedalipun serat punapa inggih ngantos lampahan kalingseman.

Surakarta Ing kampung kapatiyan wonten satunggaling tiyang awaweka jaler umur tiga wulan punika medinipun buntet ugi wonten margining sasuker. Manggen wonten ing kawet wiyaripun kakinten wonten namung cekap pucuking sada. Manawi wawratan akas wedaling sasuker kados [ ]. Upami cuwer boten sanes kalihan sene. Mila ingkang sepuh sanget prihatos kaangkah-angkah sampun ngantos wawratan akas margi bilih ngeden katingal sanget rekaos suprandosipun bayi badanipun sae. Saha wilujeng dumugi sak punika. Ingkang tansah kula gagas nalika bayi teksih kawawrataken kenging sabab punapa ugi wonten tiyang sepuh wirayat manawi tiyang estri wawrat jaleripun sampun ngantos munasika nganiaya sipat nyawa. Wawelehipun ing suksma asring dhateng weka saweneh criyos mila wonten bayi lahir sampun nandhang cacat terkadhang kirang jangkep ingkang sipat punika pancen saking kodrat jalaran bekakas ingkang wonten garbaning biyang minongka cithakaning bayi wahu wonten ingkang ewah sipating jabang saestu anut ing rimbagan kemawon. Menggah kaol warni kalih kasebut inggil salah satunggal ingkang leres utawi kalintu sadaya. Kados pundi yektosipun kula nyumanggakaken para saged. Katur ing dinten kemis tanggal kaping. 16 wulan rabingul awal ing warsa ehe. Ongka 1812 mireng kula dawek punika. Bok endip.

Sampun sakawan dinten punika. Kareteg lepen awisan sakidul ing seca yudan galaripun jeblos ing tengah kapara wiyar. Ing mongka dereng kaleresaken punika andadosaken kuwatos para ageng ingkang sami karsa tindak dalu nitih kareta. Sabab margi sakidul seca yudan punika kalebet adhakan piyambak sawawratipun siang nalika dinten rebo kaping. 15. Wonten cina numpak kareta langkung ing ngriku. Meh bilahi. Amargi kapalipun kajeblos sukunipun pinuju kusiripun parigel dados wilujeng. Ing mongka palanging kreteg ingkang sisih wetan punika ugi risak kantun satunggal ing semangsanipun wonten kareta goling saestu lajeng kajegur ing lepen ingkang kagungan wajib mugi karsoha nuweni. Bok bilih dangu- dangu boten nunten kaleresaken watawis para gusti kathah kang rengu. Kintunan Prayantun pulisi ingkang ambawahaken ing ngriku. Punapa boten kedah amahelu ing kawontenaning bawahipun. Juru ngarang.

Samarang Wonten saweneh ing tiyang arab anama ahmat bin ngabdulah bin talap sakit ewah. Sareng sampun sawatawis anyumelangi lajeng kalebetaken rumah sakit sarehning sakitipun wahu asring mawi saras pramila ing pamulasaranipun wonten ing rumah sakit para dhokter mawi kapratitisaken sareng gelenging pamanggih bilih yektos arab wahu ewah. Pramila pinasrahaken dhateng nagari. Supados kakintuna dhateng ing rumah sakit ing bogor. Ingkang pancen iyasakaken kadamel amulasara para tiyang ewah. Sareng dumugi ing ngriku ing watawis pun ewah. Amarengi kadhatengan sarasipun para dhokter boten ngantos amratitisaken malih. pun ewah mandar saged amratelakaken bilih boten sakit pramila lajeng dipun wedalaken pinasrahaken dhateng nagari. Supados kawangsulna dhateng ing samarang. Dumugi samarang pun ewah lulus boten kakeker. Amarengi pasamuhan ing masjid pun ewah anemplekaken undhang-

1 undhang dhateng kancanipun tiyang islam kaajak kumpul sami anyirnakaken kumpeni. Pangagenging bongsa arab lajeng angaturi uninga dhateng nagari. Sanalika nagari lajeng utusan marinyo kanthi konca militer. Sami kinen amikut pun ewah. Sadhatengipun marinyo pun ewah lajeng angancam sarwa amandhi dhuwung ligan ngantos udreg udregan ananging boten dangu lajeng saged kapikut sarta kawangsulaken ing griya pamulasara ning tiyang sakit ing bogor malih.

Japara Bawah ing ngriki sampun sawatawis laminipun wonten yatra salaka tiron ing perangan juwana ingkang kathah piyambak pramila tuwan asisten ing juwana sanget angudi kateranganipun angutus duduk dhateng ing pawengkonipun kinen analisik ing kawontenanipun sampun pinten kemawon ingkang kacepeng. Ewadene dereng saged amikut ingkang pancen kajedhegan adamel yatra tiron wahu. Ing mangke wonten duduk ingkang winahyon ing lampahipun saged raket kaliyan kaji awasta pun u ……. Pun duduk awit sagedipun amanjing ajur-ajur lajeng rinengkuh kados batih. Kalih-kalihipun sami ing ngatunggil tan suka sita ing tindak tandukipun dangu-dangu nunten dipun wedhari wadosipun den wulang patrapipun adamel yatra tiron ing mangke kaji wahu sampun kapikut.

// agyaning sunya rancang astuti. Tinanggapan darah lan budaya. Wahya mayang prayogane. Ing daya manis watu. Bayantu asesining bumi. Sumirang mahetala. Tumelebing kidung. Mandon bawaning maruta. Tumanduk ring sumitra kang ambek wening. Wawangi jaka tanya.// patanya nireng karuh kang munggwing. geger larAan warteng basa jawa. Sajuga jawa angkane. Warnanen wandeng ngulun malela ngadekung alinggih. Lehenging panambrama. Manambungi wuwus waneh lawan katingala. Lingganira upama tetesan warih. Rarap mari hertambang.// babo babo si widagdeng lengis papangusan mrih lunturing tresna. Dipun wibar aksamane. Manawi tuhunipun pun kirana dereng udani. Dununging wredi basa. Kang sampun dinangu. Nanging atur ngayawara. Wanten warah ing wang satekanjarwani. Kadya ngandhap punika. Mara tapa. jarwaning rasa. Tiyang ingkang tansah tapa brata. Mara punika ingkang sampun anedya. Utawi angaken. Bangun tapa. jarwaning rasa. Amurwani tapa brata. Bangun punika lekas utawi sarwi. Tapa. boten parlu kula aturaken ambok manawi sumitra sampun ngudaneni. Amargi babaripun mengorehing marca pada. Tuwin malih. tilar ing kaldunya. Makaten suraosing manah kula. Cekel endralaya. Wonten ingkang cariyos mila dananjaya sisilih cekel endralaya. Saking anggenipun anedya ruhuring kamuksan utawi alusinh jaman kamuksan. Bab lintang kula boten saged nembadani karsanipun mitra. Kajawi ingkang kasebut ing inggil punika panyuwun kula prayogi kendel rumiyin kirang utami manawi dipun dugekna. Kaping kalih kula rumaos den gege saking sabda manuhara. Ing bra martani ongka. 2 dhuh yayi endhang pracima sana. Tuhu intenepun kakang mugi sampun katenta ing panggalih. Tumenga anawang soroting diwangkara katawangipun kalebeting lar buja. Karana kedhap kilating lar wahu kataman senening prabakara. Sanadya kulawu ulesing kukila. Manawi katrangan resmining hyang arka lumung ing warna inggih kadya pun manyura. Mongka temenipun buja kirana panggrahitanipun dereng tumanduk dhateng babagan wahu. Inggih dawek talesep ing panyapanipun yayi punika tarontonging manah asusungut lajeng akrenteg cumemplunga dhumateng jamanipun para rini ingkang mumpuni ing pangawikan menggah ing kula adma. kucur ing tampir punika leres sampun nate amulyakaken titiyang sakit kula inggih sampun nate nyipati wujuding toya miwah papan wahu. Temen toyanipun wening suci. Sumiram ing badan raosipun anuntumaken lungkrahing sarira. Dugi kula jalaran saking cumlesing tita. Labek lebeting lalajer. Utawi bilih temen gadhah daya inggih tuwuh saking ta lajer ngandhap pisan kula gadhah tondha cariyos sapucaking ardi rebabu iring ler kilen wonten kawah kathah. kawuh ingKang toyanipun umob dipun cemplungi barang salaka. Wujuding salaka santun kados dembaga. Purnanipun wujud salaka malih antawis kalih dinten ingkang makaten wahu amratondha bilih saweneh ing toya ingkang medal saking siti wonten ingkang gadhah daya. Pratondha kaping kalih garojogan pun pendhok inggih punika salambunging ardi rebabu iring wetan toya ingkang kapara nginggil bilih tumrap ing badan gadhah raos sanalika lumusup ing balung. Saking sangeting asrep boten beda anggepok toya ingkang winastan eis ilining toya mangetan ngantos lampahan kawan pal sampun dumugi papan ingkang ukuranipun 1500 kaki saking saganten ewadene asreping toya amung kaot sakedhik bilih tumrap ing badan kukum gebyur raosing otot ing badan sadaya kados den ceneng-ceneng. Dene sanginggilipun tanah ingkang ukuranipun sewu gangsal atus kaki wahu inggih

2 kathah sumber belik utawi toya mili. Ananging asrepipun boten sapintena. Dados tetela pun pendhok wahu gadhah asrep kang langkung saking liyanipun ambok manawi lebeta lajeripun. Bilih dipun tepangaken kados ing inggil wahu sunduk prayoginipun inggih angemperi pun nirmala anggenipun saged gadhah daya jalaran saking ngandhap pisan. Cariyos kula ing inggil punika. Sasampunipun gumelar. Mawi kula sapu ing pangrapu. Para wipraning pabaratan bra martani anyepakna pangaksama. Buja kirana.

Wangsulan Kula mentas tampi serat medal ing ngepos tanpa titi masa. Suraosipun mitra kula ingkang aparing serat wahu kapengin saged amimitra kalayan kula. Punika kula ugi sakalangkung bingahing manah kula sarta lajeng kula anggep dadosa mitra salaminipun punapa malih mitra kula ingkang suka serat wahu mawi andangu sinten jujulukipun suhunan kalijaga sareng sampun jumeneng waliyolah. Sanes paparabipun kala saderengipun jumeneng wali. Amargi anggenipun panengran sunan kalijaga wahu raosipun sanes jujulukipun. Sarehning sajatinipun kula punika cubluk sanget pandangunipun mitra ingkang kintun serat wahu dados kula sakalangkung kodheng. Ananging kula anggatekaken pitaken dhumateng para ingkang kula kinten saged makaten malih saking pamanggih kula nalar punika boten parlu karembag piyambak ananging parlu kagelaraken ing pustaka warti supados para sarjana kathah ingkang karsa anyaruwe pinten banggi saged katuju panggalihipun mitra kula ingkang sisilih nama buja kirana lajeng karsaha nyaruwe. Menggah anggen kula pitaken angsal katrangan mangkaten pangintenipun para sepuh para panjenengan wali wahu bilih kaudi jujulukipun kados sampun boten angsal katrangan sarta embok manawi bilih sampun jumeneng wali boten kagungan asma sanes kajawi amung paparab kadosta suhunan kalijaga. Sunan kudus sunan bayat wontenipun kasebut para wali wahu amargi saking para ingkang anyebut wondening bilih asmanipun lugu embok manawi boten santun asmanipun wiwitan suna kalijaga ugi asma she mlaya. Ananging sareng sampun jumeneng wali lajeng karan paparabipun kimawon mila kula darbe pamanggih mangkaten amargi kathah ingkang sami dereng nyumerepi wawatonipun kula piyambak ugi dereng sumerep mila andadosna kauninganipun mitra kula ingkang kintun serat. Jaka bodho marapi

Kridha sangkala //oo// kinanthi duk nganggit tembung. Ing sukra tanggalira ping. Pat belas ing wulan besar. Tahun alip kang lumaris. Sangkalanya tinengeran. Bapa tuhu ngesthi siwi.// mintengong mring para anung. Aywana kang angewani. Nguni sun mentas umiyat. Titingalan warni-warni. Kang dadya emenging nala. Amung titingalan ringgit.// taledhek kang wus misuhur. Tur warnanira respati. Pangigelira pasaja. Swaranya bening aririh. Weh sengsem ingkang umiyat. Nalika ulun umeksi.// sun rasa sasendhonipun. Teka gahit gahit ati. Jarwaning wangsalanira. Saksana ulun catheti. Sasuraosing wangsalan. Yen ginilut mahedahi.// sokur bage sewu sokur. Jalari para taruni. Pirena gilut rasanya. Nadyan wangsalaning ringgit. Pantes lamun kaagema. Ulun rumpaka puniki. // puspa denta adhuh kulup. Ronaking sumebar siti. Ewuhanya pratingkelnya. Janma suwita puniki. Patmi saya kenthang rambat. Gatga wreksa saupami.// wong ngawula ugeripun. Asetya lawan taberi. Tirta maya pasir langkap. Ajating sri narapati. Angemong mring kancanira. Den wening weneh den manis. // sompil bundhel numbak pantun. Nyertu konca aywa nganti. Welasa badan priyongga. Puspa laya saupami. Sembilang loro tajinya. Sanajan kang sira sihi.// yen lelewa tingkahipun. Patrapananya tan sami. Suling dami tewi wastra. Kang rinumpaka winardi. Sanadyan tumrap santana. Dadya tuladha ing wuri.// rigmaning ron adhuh kulup. Tambaning tyas saupami. Kalamun sira aduka. Den sareh tyas ririh manis. Empu bajra saupama. Tulanging mina jarwatri.// supayane ingkang luput narima rumasa sisip salendro pring kekesing tyas. upama who kang pinethik yen wus eling yektinira. Pulih trisnanira maning.// taji sata adhuh kulup. Puthut dre pamunggeling wit. Yen wus luput muga aja. Sira tutuh gone sisip. Balik sira rumasaha. Kasisipamu pribadi.// kasur pandhan wulu cumbu. Ing jati purnawa wangi yekti lamun wus rumasa. Lupute kebek pinikir. Kembar duka jenu tawa. Sidhat agung saupami.// yen wus lilih kang babendu. Ywa katungkul sukeng galih. Surya mukabaya wisma. Gubug dhuwur saupami. Yen sewaka amanggone. Kang kasatmata sang aji. // pecut alit bayem agung. Lamun dinuta sang aji. Wicara tatas den cetha. Den kukuh yen wus nyanggemi. Santosa enget sabarang. Silahing prelu lan wajib.// mungguhing janma sadarum. Uja wreksa saupami. Kusir gedhong parab kresna. Ywa nalimpang dipun eling. Marang wulanging sudarma. Lerkambang singawas treki.// bajing reta adhuh kulup. Dipun narima ta kaki. Marang titahing hyang suksma. Sekar adi munggeng langit. Sarwi janur saupama. Yen sira ngrungu pawarti. // ywa kaget den ririh bakuh. Timbangen patang prakawis. Jala panjang jambe wana. Jebug kang

3 gandane wangi. Yen wus mupakat ciptanta. Wilangan patang prakawis.// ana sawiji kang unggul. Ceples lan kaptinta yekti. Iku nuli antepana. Gudhe rambat saupami. Jujuluk prabu wiratha. Kalamu tumekeng pati.// ywana kara kara pangguh. Kawis pita saupami. Bajing rega panti cina. Barang karya aywa kongsi. Cineda yen katanggungan. Pantogna sarana budi.// roning kamal adhuh kulup. Karoya kang masa warni. Wong anom priyentas sira. Kadil jawa saupami. Sasapala timur jarwa. Witing bisa aywa isin.// tetanya mring para anung. Menyawak gung saupami. Paser langkap jalma wreda. Wus sedhenge sarta wanci. Sira angger puruhita. Ambudi kamuksan jati.// mring janma kang wus misuhur. Lalabuhane prayogi. Kuncara dhasar wus nyata. Klampis bang anjani siwi. Mupung anom ambudiya. Kawigyan sampurna jati. // menyan seta tumbu dhuwur. Tinutup padha pasagi. Naniwasi lamun janma. Kasebut manapek yekti. Melas arsa meh kajaba. Kasebut titahing widhi.// ing singgelama aprabu. Singgala lit kresna aji. Lamun bisa anyirika. Laku kang tan arja sisip. Iku watoning manusa. Yekti satingkah basuki.// dhuh lahe dhuh jayeng ranu. Pratondha reksa geng nenggih wong sok ngucap ngarah apa. Iku yekti bebayani. Anjalari keh snagsara. Saking angganya pribadi.// peksi jamang sipat agung. Guruning kresna narpati. Dipun eling yen manusa. Keni coba iku pasthi. Datan keni siningkiran. Nadyan para nabi wali. // cobaning hyang maha luhur. Lumintu tan angendhani. Marma janma keni coba. Jalari pangati-ati. Lan anjalari nelongsa. Eling yen titahing widhi.// manusa darma lumaku. Sotya tagyaha ri bumi. Nadyan ana janma liya. Yen ngeman amituturi. Rahayu yen linampahan. Tinurut yekti prayogi.// dhiri mukti lata agung. Sendhe jurang saupami. Ingsun tanya lulup sira. Apa bis anjarwani. Tetepe dadi manusa. Iku bae nora gampil.// lempuyang godhonge agung. Jangkrik agung saupami. Aja susah samubarang. Elinga yen sira dadi. Isen-isening buwana. Sabarang panggawe becik.// wancinign kang surya surup. Kunir pita saupami. Urip iku upamanya. Janma ngabotohan dhuwit. Yen ing ngarep sira kalah. Sira aja nganti wedi.// atimu den saya purun. Kang uwis aywa pinikir. Mung kang durung kaleksanan. Iku kang pantes kabudi. Wadung pari mulwa rengka. Jawata kasusra wengis. // sabarang tingkah kang durung. aywa sira wani-wani. Masthekake kaleksanan. Keh sambe kala nireki. Saupama ngabotohan. Tan masthi menang ngireki.// ringin reta jangkrik agung. Yen sira nandhang prihatin. Pambudimu rong prakara. Apa prihatin akeni. Kabengkas lan kaleksanan yen kacipta wus tan keni.// kasirnakken prihatinmu. Nuli luwara den aglis. prihatin tanpa wekasan. Tamat wangsalaning ringgit ganti gendhing duk ambeksa. Panengran gendhing ginonjing. // pelok nembu bukanipun wangsalan amung sakedhik mung antaraning irama. Binarurum paken yekti. Sawuse kang wawangsalan asmaradana barungi. Taksih wonten candhakipun.

Pandedah Pawartos ingkang amratelakaken kawontenaning yatra salaka tiron ing japa. Anyebutaken tembung duduk punika lepat leresipun dodok sarehning pawartos wahu sampun kalajeng kaecap pramila kula susuli seratan punika. Juru ngarang.

4 0ngka kaping: 5 Kemis kaping. 1 Pebruwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Para ingkang angemin serat bra martani. Kula aturi ambayar sambutanipun punapa malih ingkang taksih waled bayaranipun wiwit tahun 1880. Dumugi sapejahipun tahun punika. Kados sampun urup sanget bilih bayaran wahu karsanipun sami katanjakaken kalayan wedalipun serat punapa inggih ngantos lampahan kalingseman. Kula angaturi uninga bilih ing mangke pangecapan kula. Sampun kula liyeraken dhateng tuwan landhau. Menggah panuhun kula sih katresnanipun para ruhur. Ingkang ing sadangonipun kula anggadhahi pangecapan wahu dhumawah ing kula. Ing mangke mugi lumebera dhumateng tuwan landhau ingkang ing sasaged saged inggih kumedah ambiyantoni ing karsanipun para ruhur. Dene pangecapan ing mangke manggen wonten ing sawetaning kamaripun obat tuwan mahilse. Vogel van der eidhe enko. Kauningana para maos bilih kemis sonten jawah. Wedalipun serat bra martani wonten ing jumuwah enjing. Juru ngarang

Surakarta Nalika ing dinten senen tanggal kaping. 20 wulan rabingul awal tahun ehe ongka den semoni nunggal esthining kawula manembah. Kagungan dalem liman ingkang kapatedha nama pun erawati pejah. Sangking cariyosipun sarati ingkang kawogan ngriku. Mila ngantos kalampahan makaten kajawi sampun radi sepuh. Mawi sakit cethakipun lajeng anjalari pralayanipun. Kintunan

Rukun Wonten pawartos anggumunaken inggih punika ing dhusun beran kabawah dhistrik banyudana bayalali. Tiyang estri salebeting dhusun wahu enem sepuh boten wonten ingkang darbe panggaotan wondening pangupajiwanipun amung ngutil dhateng ing peken-peken patrapipun rukun sanget apapanthan saben dinten kesah saking griya apapanthan dhateng peken-peken ingkang pinuju pekenan kabaripun patraping pangutilipun mangkaten. Ingkang dados pangageng wujud pangangge amantesi lajeng anjujug dhasaripun para bakul sarta lajeng angawis daganganipun tumunten kancaniupun tiga utawi sakawan dumugi 6 iji. Animbrung tumut angawis dagangan wahu. Salebetipun angawis para bakul tamtu kuwur. Punika wonten sawenehing kancanipun ingkang runampeni dumunung ing wingking piyambak saben sampun angdsal pangutilipun lajeng kakesahaken wondening para bakul sumerepipun bilih kaecalan dagangan bilih sampun badhe kukut pun juru ngutil bilih sampun angsal angsalan kathah sami mantuk wonten ing margi lajeng ambagi waradin sabarang angsaangsalanipun dalunipun arembagan malih peken ing pundi ingkang badhe kateba. Pawartos punika kok kula sampun nyumerepi piyambak inggih dereng. Ananging pawartosing tiyang bakul sampun gumyuh mila para bakul ingkang sampun aniteni wujudipun tiyang dhusun ing beran tandhanipun bilih kataliti saben saben peken ingkanhg saking dhusun beran lampahan 8 – 12 epal ing griku mesthi wonten tiyang dhusun ing beran kilap lugunipun. Kintunan.

Begjaning durjana Wulan ingkang kapengker. Wonten saweneh ing tiyang anama ponca ing dhusun barengan wanci dalu ponca jaler pinuju jagi dhateng ngloji. Ponca estri tilem ing griya kemawon dilah dipun pejahi sareng kinten jam. 1 dalu. Wonten durjana pandung dhateng ananging pun durjana sampun sumerep terang bilih ponca jaler kesah. Durjana lajeng thethek thethek konten sareng embok ponca nglilir pitaken sapa kuwi. Wangsulanipun pandung. Aku embokne thole engakna lawange. Embok ponca mangsuli lo kok bengi bengi mulih. Apa tuwane ora ana kok dengaren timen ta pandung mangsuli .

1 Iya wong wis tak buruhake. Ing gnriku lajeng kawenganan konten sarta durjana lajeng mlebet embok ponca lajeng mapan tilem malih. durjana tumut tilem tunggil sabantal kalayan embok ponca. Ananging embok ponca boten anglegewa bilih durjana. Amung kakinten jaleripun kemawon malah pun durjana ngantos saged anandukaken asmaranipun sasampunipun sami sareh ambeganipun anggening sami kataman ing tyas bronta. Pun julig amanabda embokne thole olehmu dokok barang barang mahu ana ngendi. Apa wis primpen embok ponca mangsuli iya uwis ajang karo wadhah wedang ana jro ngomah kabeh. Dene sandhangan tak tindhihi turu. Liyane barang-barang ana nglongan sandhing saka. Durjana lajeng mangsuli embokne thole endi sandhangane tak singgahne dhuwur pengeret aku arep nyambangi jagung. Kowe turuwa. Dene barang-barang tak elihe enggone. Samarku nek ana maling wong pe[ ]ngan embok ponca datan legana. Sarta lajeng nendra. Ing ngriku sareng sampun tatela embok ponca sawek nedheng ing sakeca anendra. Pun durjana lajeng abikut pamendhetipun barang-barang. Sareng barang sampun telas sadaya anggenjret palajengipun lampahing durjana sarta kang kapati nendra boten winarna. Kocapa sareng wanci jam. 5 enjing. Ponca jaler mantuk saking loji. Dumugi ing griya estrinipun taksih tilem kagugah lajeng tangi estrinipun pitaken mangkaten wong tunggu jagung bae kok nganti yahene. Apa turu gubug apa kepriye jaleripun mangsuli kaget ah kok kaya wong nglindur sing tunggu jagung sapa. Ana jaga nyang loji jare tunggu jagung. Wong kandhan kok ya anggere muni. Estrinipun mangsuli sing mulih mahu bengi kae sapa thik nganggo mukir. Jaleripun mangsuli. E embok cekek nek aku mulih karo mongsa kenaha estrinipun mangsuli dadi kowe teka diyan wis mati banjur ngudhis-ngudhis bantal milu turu aku nganti sewengi kowe banjur pamit tunggu jagung ora ngono. Embok kasusur jaleripun kenceng boten ngaken ngantos supaos sareng ngajengaken ebyar enjing embok ponca aningali barang-barangipun telas sadaya. Lajeng anjerit sarwi asasambat mangkaten e wis ora ilok banget dadi kang mlebu ngomah mahu bengi kae maling barang ku entek kabeh. Arep nemoni apa kok maling anggep sawiyah wiyah iya mongsa tutuga. Ponca jaler tansah alenger-lenger sarwi angucap hem iki wong klebon cina gundhulan kene ngati ati olehe nyingkiri utang cina klonthong kok anglumpukake sathithik digawa maling. Nanging dadiya digawa embokya anggere mung barang bae mongsa kok dalah sing duwe omah. Iya tak jejepe kapan bali maneh mesthi krasa tanganku. Ponca jaler lajeng lapur parentah sarwi ngupados katrangan ananging dereng pinanggih. Ingkang dados pangunguning manah samargi margi boten wonten amlih icaling barang boten getun awit angupados malih. amung anggenipun deksura akamirun hem….. Kintunan.

Mesir Pangadilan militer ing mesir sampun angrampungi prakawisipun basah arabi. Anggenipun sampun ambalela nata. anjalari wonten ing raresah ing mesir. Ing dinten pambikaking pangadilan militer sampun alenggah. Sarta 7 upsiring pangadilan punapa malih para bongsa enggris ingkang sami kalebet piraboting pangadilan tuwan jendral alison saha jendral pormer. Punapa malih juru ambombong prakawis bongsa enggris sami mangangge ageng. Wonten saweneh ing bongsa engris ingkang badhe ambombong prakawisipun basah arabi. Sarta sampun samekta nalar-nalaripun basah arabi. Ugi lajeng tumut malebet angadhep ing pangadilan. Sareng sampun ngalempak pangagenging pangadilan lajeng andhawuhaken basah arabi kadhawuhan medalaken saking kunjara. Sawedaling saking kunjara basah arabi amelas arsa. Wahyanipun kados tiyang sakit sarta badanipun kera. Sadumugining ngarsa pangadilan pangageng ing pangadilan lajeng amaos nalar-nalaripun basah arabi. Pamundhating pamaos lajeng kadangu. Basah arabi lajeng ngejebi ingkang juru ambombong prakawis supados amangsuli pandangunipun presidhen juru ambombong lajeng angadeg matur dhateng presidhen kalayan tembung prasman sarta mawi dipun jarwani tembung arab sareng jam. 3. Siang dereng rampung pangadilan tutup. Sasampunipun para garap kendel sakendelipun jam 3. Lajeng kabika malih. sarampunging pandangon presidhen andangu mangkaten. Apa arabi ora duwe rumasa luput agawe wiwinih ing prakara ananing rurusuh sarta wis tatela dai panggedhening kraman anerak unine undhang ing militer bongsa turki bagiyan 96. Juru ambombong prakawis lajeng matur. Amargi sampun kawon katondha inggih rumaos lepat Presidhen andangu malih. apa arabi ora duwe atur maneh marang pangadilan kang bakal angenthengake ukuming [ ]. Aturipun arabi boten gadhah aturan malih malih. Kanggeg presidhen nunten anandukaken sasmita. Tetengeripun bilih titi pariksa ning prakawis sinigeg badhe anglimbang khukum ing adil.

2 Saking panimbangipun pangadilan arabi tetep dosanipun ambablela nata. sarta dados pangagenging kraman anjalari raresah. Anerak ungelipun undhang-undhang militer bagiyan 96 mila basah amat arabi kedah kapatrapan paukuman pejah. Paukumanipun lajeng kapasrahaken sang panembahan supados kaleksanan. Arabi lajeng sumungkem sarta manembah dhateng pangageng ing pangadilan anyuwun pangapunten sasampunipun katur sang panembahan boten sawatawis dangu wonten dhawuh idinipun sang panembahan ing mesir. Lajeng kawaos dening presidhen kados ing ngandhap punika. Manira pukulun ing mesir. Sawuse anguningani gumelaring nalar-nalar prakarane arabi basah kang wis katimbang dening pangadilan militer. Katetepake dosa wus ambalela maha dadi panggedhening kramananerak undhang-undhanging militer tanah turki bagiyan 96 arabi basah kudu katetepake paukuman mati. Awit saka iku manira uga wus anglulusake panimbange pangadilan ananging mungguh paukuman mati kena kaliru paukuman kabuwang marang sajabaning tanah mesir. Nganti saumure ora kena mulih. Dene manwa nganti wani wani mulih marang mesir para mantri utawa liyane manira wenangake banjur anglunasi marang basah arabi. Para mitra mitranipun arabi sami dhateng ing kunjara. Asuka salam sarta tabe amargi sami rumaos badhe katilar katrisnanipun sarta enget pambektanipun basah arabi salaminipun nyonyah jendral napir. Anyukani satunggal boket isi sekar sekaran dhateng basah arabi. Sarta amanjurung wilujeng. Para mitranipun boten esah anggenipun andhatengaken pangungun sasat katilar ing yayah renanipun.

Sami kagaliya ing para priyantun pamarsudi tembung miwah kawigyan Bab watonipun tembung jawi ingkang sampun kalantur wiwit kala jaman kina dumuginipun sapriki. Wiwit kula saged maos utawi nyerat dereng pisan kula amanggih wonten ing buk utawi ing cacriyosan tegesipun sarta watonipun tembung ingkang badhe kula wedharaken kados ing ngandhap punika. a. bab pisan kempalipun sabin sakawan bahu utawi sakawan karya. Punika dipun wastani nami satunggal jung. Punapa tegesipun tembung jung. Utawi petangan sakawan karya utawi bahu. Dipun wastani jung. Punika mendhet waton saking tembung punapa. Pitaken kula wahu boten angemungaken jung kemawon awit saking jung dumuginipun kecrit kados ing ngandhap punika. Ongka. 1. Jung. Ongka 1. Dumuginipun ongka. 7. Watoning tepus kados pundi. “ 2. kikil punapa mendhet waton saking dhepa. “ 3. Bahu punapa pecakan manawi dhepa utawi pecakan “ 4. Lupit ingkang kadamel waton ing tepus sabahu punika pinten. “ 5. Iring. “ 6. Idu. “ 7. Kecrit. b. bab satunggal jung punika ing saleresipun pinten bahu. Sadaya priyantun ing sampun kula matur pitaken dene boten wonten ingkang cecek watonipun sakawan bahu. Ananging sareng kanyatakaken boten saestu sakawan bahu. 6. 7. 8. Sapiturutipun ing mangke kula matur pitaken ing mitra kula juru pamarsudi. Leresipun sajung punika ingkang sakedhik piyambak pinten bahu utawi ingkang kathah piyambak pinten bahu. c. Awit anggen kula ngantos amarsudi badhe sumerep ing terangipun jalaran ukuran timbangan sarta keranipun bongsa eropa. Sadaya mawi waton kadosta elo nederlan walandi mastani meter. Punika watonipun mendhet satunggal peperengan saking tepus buwenging jagad punika watonipun semanten ugi timbangan tuwin keran ugi sami waton. Mila panuwun kula bilih wonten mitra kula ingkang marsudi ing kawigyan ingkang kapareng ing panggalih. Kula anyadhong wangsulan kawrata ing serat bra martani. Ingkang punika. Kula boten badhe angajeng-ajeng wangsulan kados ingkang kasebut ing ngandhap punika. a. jung dumugenipun kecrit punika. Mila mila sampun lingganing nami. b. Satunggal bahu punika. 500 ru. Utawi cengkal pesagi. Ukuran rinlan. Anjawi ingkang sampun kasebut ing inggil sadaya wahu. Boten langkung. Kula angajeng-ajeng wangsulanipun mitra kula juru pamarsudi. Kawrata ing serat bra martani. Mrih kasumerepn ing ngakathah. Redi nglawu kaping. 19 januwari. 1883 Katandhan pamintaningsih

Sambetanipun kridha sangkaya //oo// saben sapada anuli. Sareng andheging irama. Sinelan wa[ ]salane. Nulya sapada rumpakan kang kasbut ing rumpakan paedah lamun ginilut punika bubukanira.// dhuh kulup yen ana pesthi. Wujud

3 rumasane gampang. Ginayuh inh istiyare. Kayata janma ngupaya. Kamulyan kasugiyan kang wus ana watonipun kayata ing jaman mangkya.// karsane kangjeng gupremin nitik kawigyaning magang. Tembung londa aksamene. Wus terang pitakenira. Sapa kang bikat jawab patitis barang pandangu. Nulyantuk layang pratondha.// mesthine dadi prayayi. Samongsa ana lowongan yekti banjur tetep bae. Marmanya kang para magang. Lamun wus ana undhang. Yun eksamen yektinipun sanadyan kurang sacondra.// saweneh janma lkang lantip kawigyanya wus kawentar. Yun ngelebi pandangune. Kang kurang kawigyanira. Nulya andadak ajar. Dupi rumasa wus cukup suprandene maksih arang.// kang antuk pratondha tulis marma iku tan prayoga. Sira wruh marang papesthen manungsa apan mung wenang . istiyar mring sabarang. Sajroning istiyar iku. Sumeleh mring takdiroalah.// mungguh lalakoning janmi. Tumitah ing ngalam donya. Sabarang ingkang linakon iku wus bubuhanira. Wiwit duk lahirira. Marma esthinen ywa keguh. Tyasmu aywamelang-melang.// kehing pratingkah lan kardi. Kabeh lalakoning janma. Yekti ana sandhungane. Pakewuh lan kasangsaran marma sakehing janma. Kang parlu wajib satuhu. Amung rumeksa angganya.// kanthining ati santosa. Pangarep-arep raharja. Barang kang keni lelakon. Tan masthi kalakonira. Wit praptaning babaya. Lan sambekala tan weruh. Tan kena kinira kira.// tulaking babaya iki. Sapisan eling santosa. Ngati ati taberine. Tuwin keh keni kang tulak. Saking sareh lan sabar. Marma laku ingkang unggul. Mung sabar lawan tawekal.// lamun sira anampeni. Barang pratingkah lan nalar. Sira aywa kongsi kaget. Banjur pikiren kang panjang. Dipun sareh tyas ira. Ing mengko yekti tumuwuh. Nalar mijil saking driya.// lagi pantes den lakoni. Yen ana weneh ing janma. Miminta barang mring kowe. Sabarang ingkang pininta. Yen ana leganana. Tembe manawa sireku. Kapeksa ganti aminta.// awit manungsa tan keni. Ywa enget yen nuju ana. Ana iku ora suwe. Terkadhang sring ora ana. Lamun sira miminta. Sabarang kang sira jaluk. Engeta manawa janma. // ing nguni wus nglaksanani. Aminta marang ing sira. Nanging sira durung aweh. Kang mngkono yen ko terak. Dadya rasa rumasa. Lan sira aywaanjaluk. Marang sawijining janma.// yen ko kira datan olih. Iku anjalari ewa. Lamun andulu mring kowe. Lan anuwuhake ala. Tumrap angganira. Yen sira yun tompa iku. Sabarang kang yun katampan.// sira prasajaha dhingin. Anembung kang darbe barang. Lamun tan nembung yektine. Kabeh paweweh ing liyan. Yekti siranggep utang. Tan rumasa lamun iku. Amung saka kabecikan.// lan kalamun sira ajrih. Nembung anjaluk sabarang. Iku ngemu rasa loro. Sapisan sira sumedya. Aminta barang mokal. Kapindho rumasa lamun. Minta yekti datan angsal.// kalamun ing tembe kaki. Kasinungan tyas maminta. Mring saweneh sapantese. Sabrang paminta nira. Sanajan wus kalumrah. Sadurungira jajaluk. Yekti wus bunder tyas ira.// nging kaki yen wus kawijil. Pamintamu datanangsal. Yoga iku banjur leren. Sira wajib anelongsa. Ywa malih anembunga. Lamun banget pangujegmu. Anuwuhake pangira.// lamun sira darbe kapti. Anyalawadi lan samar. Saya kenceng panampike. wit wus lumrah kehing janma. Ingkang darbe sabarang. Kang dadya lenging tyasipun. Yun weweh akanthi eklas.// kalamun dipun dhingini. Jinaluk pan durung lila. Yen durung ana ulunge. Rumasane kang mangkana. Tan antuk panarima. Yen arsa krama sireku. Sadurunge kaleksanan.// pambudimu kang patitis. Tindak tanduking wanudya wimah ta wawategane. Sudarma mwang sadulurnya. Yen wus terang sadaya. Wus kacondhongan atimu. Iku lagi karembuga.// yen wus kaleksanan kaki. Pambudi den sirnakena. Ywa ngungkihaken alane. Katutupa condhonging tyas. poma ywa nganti congkrang. Salalakone estrimu. Ywa nganti tan kacondhongan.// yen mimitran sira kaki. Kang dadya crahing pamitran. Telung prakara sangkane. Sawiji panas baranan. Sendhuning tata krama. Lan kanepson datan emut. Iku kaki wus kalumrah. // dadi tatuning panggalih. Wekasane dadi ecrah. Mula den eling yektine. Yen iku tan tinarajang. Awet gonmu mamitran. Dene kalamun mitramu. Mawasa bab kang sanyata. Lire sabab kang nyamari. Iku pantes banjur sira. Budi bisane ginggange. Yen tan ginggang bok manawa. Sira yun katularan kang samar tumrap badanmu. Dene wong kang asring cidra.// bisa anjalari runtik. Lawan bangeting pangira. Marma kabeh ing lalakon. Ywa duwe pikir kagetan. Kudu kaudi panjang. Yen kaget tan temahipun. Jalari panas baranan.// ananing sangsara yekti. Iku tyas panas baranan. Nuwuhken wengis ujare. Tembung sereng tinampanan. Nulya dadya sulaya. Tan enget wasananipun. Nalika sira sulaya.// sireku tan darbe kapti. Anandukaken pihala. Mring sadhengah ingkang katon. Mung saka runtiking nala. Awit kalamun sira [ ] anandukken laku dur. Marang sadhengah manusa.// sayekti pinikir dhisik pratingkah kang kaya apa. Mongka mungguh wasanane. Kang mangkono iku lawan janma ingkang sulaya. Jalaran panasing kalbu. Iku kaki nora beda.// lamun mitra nira kaki. Wus misuhur watek ira. Barang kang dadya rembuge. Unggul lumuh kaungkulan iku kalangkung gampang. Janma kang niyate unggul mung budi asoring liyan.// mongka wajibing angurip lalakwan kang yun raharja. punIku mung andhap asor. Sira ywa nandukken cact mring janma kang mangkana. Iku kabegjan linangkung. Kang tumarp ing badanira. Taksih wonten candhakipun.

4 0ngka kaping: 6 Kemis kaping. 8 Pebruwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Para ingkang angemin serat bra martani. Kula aturi ambayar sambutanipun punapa malih ingkang taksih waled bayaranipun wiwit tahun 1880. Dumugi sapejahipun tahun punika. Kados sampun urup sanget bilih bayaran wahu karsanipun sami katanjakaken kalayan wedalipun serat punapa inggih ngantos lampahan kalingseman.

Surakarta Minongka panembrama katur putra dalem kakalih kang mentas Karsa lalana

Nalika ing dinten rebo tanggal pisan wulan mulud tahun ehe. Ongka. 1812 putra dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan bandara raden mas sudarmaji. Bandara raden mas sudarmaja. Sami kalilan alalana ambikak panggalih dhumateng nagari sanesipun sawatawis kados ing ngandhap punika. Ing dinten rebo tanggal pisan wulan wahu. Bidhal saking nagari surakarta dhumateng nagari yogyakarta. Ing dintenipun kemis tanggal kaping. 2 bidhal saking ngayogya dhumateng magelang. Mampir amirsani candhi mendut tuwin bara bundha. Ing dintenipun saptu tanggal kaping. 4. Bidhal saking magelang dhumateng ngayogya malih. sowan ingkang sinuhun kangjeng sultan. Ing dintenipun akat tanggal kaping. 5 bidhal saking ngayogya dhumateng muhara pamancingan sontenipun dhumateng ngimagiri. Lerem ing kabupaten prawira kusuman. Senenipun tanggal kaping. 6 minggah sowan dhumateng pasareyan sontenipun kondur dhumateng ngayogya malih. Ing dintenipun salasa tanggal kaping. 7 bidhal saking ngayogya dhumateng kitha ageng. Tuwin pratapan lipura. Dintenipun kemis tanggal kaping. 9 bidhal saking ngayugya kondur dhumateng surakarta. Awit ingkang mangkaten wahu saking sedyaning manah. Kula adreng badhe amedharaken cipta minongka panembrama. Tumrap wonten pasamuhan ing bra martani ngandhap punika. // Bra martani yayah sarkaradi. Suma pala misungsung nambrama. Sutendra kang mentas kedher. Lalana bikak kalbu. Mring ngayogya megelang tuwin muhara pamancingan tandya konduripun mring ngimagiri asatana. Dhuh dhuh teja teja kakalih dumeling. Teja kang tigas prapta.// // neng jro pura ing surakarta di. Lan kairing ing gonda kusuma. Sumrik manintya ambune. Sung suka kang andulu. Sarta trustha nireng panggalih. Dalem sri nareswara. Lan wadya lit agung. Marmantya ingkang mangkana. Nalikanta gusti kawula kakalih. Umentar alalana. // mring nagari kang kasebut nginggil tuhu dahat karya sandeyeng tyas sanityasa pamujine. Mangkya kondur pukulun wus basuki rawuh ing puri. Ing surakarta dahat netesi pangayun dhuh gusti kuwi dadaha. Karaharjan mangkya prapta sapanginggil lumuber mring kawula. Surakarta tanggal kaping. 21 wulan mulud tahun ehe warsa tinengeran narendra samadyaning putra kakalih Abdi dalem panakawan ing karaton anandhanipun sunet

Saweneh ing tiyang anama singa diwirya ing dhusun wongka. Kabawah ing kartasura. Imah imah angsal anakipun tiyang anama singa semita ing dimara bayalali. Sampun awaweka satunggal ananging singa diwirya tansah sulaya kemawon kalayan semahipun amargi sampun boten saged anyegah anggening sasiringan rembag kalihan semahipun sanalika estrinipun singa diwirya lajeng kapegat kaantukaken ing griyaning sudarmanipun antawis 6 wulan laminipun singa diwirya kaengetan sumedya angrujuk semahipun ananging mara sepuhipun boten suka. Jalaran sampun idah sarta sampun boten sudi sanget dhumateng

1 pambekanipun singa diwirya. Karembag sapisan kaping kalih ngantos rambah ramabah malah andhatengaken muring muringipun singa semita. Lajeng kapacuwan bilih singa diwirya sampun tetep tiyang sanes sarta boten badhe kapaelu rembagipun saking mempenging manahipun singa diwirya. Saweneh ing dinten salebetipun wulan januwari punika. Ing wanci dalu dhateng griyaning mara sepuhipun ananging praptanipun singidan kados durjana. Amargi agrih kalayan mara sepuhipun sadumugining ngriku wanci jam. 10 dalu. Malebetipun ambedhah pager. Dumugi sajawining griya panggiyan kalayan estrinipun dumunung wonten ing griya pawonsinga diwirya amrasajakaken mangkaten embokne thole kapriye kang dadi rasane atimu gelem ora gelema kowe tak ejak mulih aku getun banget dene lelakon kang uwis uwis iya padha dingapura dhek semana wong kebiuru nepsu. Wangsulanipun bapakne thole aku wis ora gelem mulih. Embokya kok kapakna kae aku wis ora gelem bae. Awit aku wis ora sudi tekonmu. Dene sanak iya muliya dadi sanak lan sumurupa saiki aku wis ditakokake arep dirabeni wong desa iku. Singa diwirya sakalangkung tamabah sengsemipun amelas arsa. Kapriye bokne gendhuk yen kowe ora welas aku mesthi aku mati bae. Bok kelingan katrisnanku gene. Pikiren dhisik wangsulanipun makaten. Iya wis lumrah wong lanang ngono nek arep oleh mongsa aba atimbangane. Yen mangkene iki rasane bok dijaluk patimu kok ulungake. Tur saupama aku melu rembugmu kang mangkono mesthi wasane susah. Tak eling-eling wiwite aku brusahan rak bareng omahmu dilelang cina. Aku wis nrima bae sawatara kethermu disampeti wong tuwamu. Ewadene saben ana cina klonthong isih kok ampirake mesthi kok utangi. Patrapmu golek utangan kaya wong dialem iku saupama banjur ora tak inggati aku kang susah gedhe. Wis aja suwe suwe neng kene yen krungu bapak kowe mesthi dadi awu. Sanalika punika sudarmanipun mireng bilih atmajanipun gineman kalayan mantunipun saksana lajeng kaeleokaken pandung. Singa diwirya malajeng. Ananging lajeng singidan wonten ing griya lumbung. Dados boteh kapikut enjingipun singa semita lapur ing parentah bilih mentas kalebetan pandung ananging dereng ngantos ambekta barang. Singa semita mratelakaken darbe panginten bilih pun pandung badhe wangsulan malih punika badhe saged amikut katur ing parentah. Watawis 2. Dinten ing wanci dalu singa diwirya dhateng malih jujuging griya pawon apapanggiyan kalayan estrinipun singa diwirya amelas arsa anggenipun anandukaken tembung estrinipun den paripih. Kapriye embokne thole yen aku ora kok welasi saiki bae patenana. Ketanggungan urip ora bisa amor kowe. Wangsulanipun iya tak pikir dhisik aja kasusu ayo ta mlebu ngomah metuwa lawang butulan tak engakne saka jero. Nanging lirih bae wong bapak ana ngomah. Sanalika singa diwirya malebet griya. Sawek sawatawis dangunipun sudarmanipun mireng ginemanipun sarta sampun pratitis bilih singa diwirya. Singa semita lajeng anyandhak pedhang sumedya katamakaken singa diwirya. Sarwi alok pandung. Singa diwirya lajeng malumpat medal ing tutup keyong lajeng anjog ing griya lumbung. Kaupadosan boten pinanggih. Enjingipun estrinipun singa semita ambikak lumbung sumedya amendhet pantun ing ngriku sakalangkung kaget sanginggiling tumpukan pantun wonten maujud kakinten nyahi blorong. Sareng kapratitisaken dening singa semita. Wasana maujud wahu pun singa diwirya amujung sarung wonten lumbung sanginggiling tumpukan pantun sanalika lajeng kaaturan wungu sarta dipun kanthi medal dening mara sepuhipun sadumugining ngarsaning parentah singa semita amrasajakaken mangkaten punika kula ngaturaken pandung ingkang kula aturaken kala wingi dalu wangsul malih. dene kacepengipun sampun kapanggih sare anjepupung. Kemul sarung. Wonten lumbung. Kirang sakedhik meh kula penthung. Awit watekipun tiyang bingung. Kula sumongga lajengipun kadhadhung. Sanalika singa diwirya kapriksa ngaken kadakwa wahu. Ananging boten sumedya mandung. Kajawi amung sumedya papanggiyan kalayan semahipun samangke kasereg ing pangadilan. Gih niku gedeh dahulate. Durung ana begjane. Wong wis manjing pangke. Reka konangan Juru gubah.

Aneh anehan Nalika malemipun dinten jumungah pon salebetipun wulan mulud punika. Tiyang ing dhusun satriyan bayalali. Sampun sami tilem mireng swara mak palethek ingkang ngantos sora sanget adamel kageting para tiyang sadaya wahu. Wonten ingkang anginten pletheking banas pati. Wonten ingkang anginten sanjata. Saweneh anginten baledheg andadosaken girising manahipun para tiyang wahu dados sadalu boten anendra. Tansah sami kabudi. Pamanggihipun boten saged jumbuh mangkaten he. Mak plethek iki apa banaspati kok mokal temen sakjege ora tahu ana banaspati. Saweneh mangsuli e banaspati apaneh. Iku rak wong bedhil celeng. Bedhile ora muni dadi mung pistone bae. Muni mak plethek saweneh mangsuli ah mongsa. Bengi bengi ana wong bedhil yen kiraku kang muni mak plethek iku wong nangis jalaran padu karo sing lanang. Saweneh mangsuli iya kowe iku yen kondha anggere angguyokake bae. Mongsa wong

2 nangis muni mak plaethek setun yen aku sing ngarani mesthi ceples sing muni mak plethek iku wong nagih utang mara. Rak lumrah ta wong ditagih utange iku kaget mongka ananing rurungon saka kaget saweneh mangsuli hem nek aku ngarani sing muni mak plethek iku wong minum pretu. Ing sadalu wahu tansah dados gumujenging para tiyang. Amargi saking boten condhong pamanggihipun sareng wanci enjing lajeng sami analiti wasana sumerep ing ngriku wonten pisang raja kusta. Montong jantungipun dereng katingal ananging guluning banyak jantung sakalangkung panjangipun nalika sawek katingal enjing panjangipun sampun. 5. Kaki. Wujuding gulu banyak alus sanget pulas jene mawi tutul cemeng kados penyu wujuding jantung anglangak kados sirah ing sarpa badhe anahut saben sadinten panjanging gulu banyak mindhak sapunika panjangipun sampun 9 kaki. Sanalika punika tiyang ingkang sami mratitisakensami amastani sareng alokipun e lah dalah. Iya iki nyahi blorong kang rawuh. Ayo padha dihurmati kembang boreh. Cik ben gangsar gone golek sandhang pangan layak tanduraku tela sak tegal adate payu seket reyal tebasane. Mosa sakiki tak tebasake mung dienyang limang rupiyah gobang. Dadi nyahi blorong iki perbawane. Ing ngriku lajeng misuhur sakiwa tengening dhusun ngriku. Kathah ingkang sami ningali tiyang jaler estri tanpa wilangan wondene wujuding jantung wahu sareng sapunika sampun panjang medal pisangipun salirang. Yen tinon saking mandrawa lir sarpa tapak angin arsa aniyub mring jumantara. Amargi andheking ingkang wigar lir suwiwining kukila. Ing samangke saben dinten para tiyang anyela blekithi ingkang sami aningali pisang wahu. Kula bilih angraosaken patraping tiyang jawi dhusun punika anggenipun anemeni gugon tuhon sarta sapatrap patrapipun teka anggumujengaken wonten saweneh ing tiyang estri mentas saking peken ing jatinom lajeng anggatekaken ningali pisang wahu. Sarwi ambekta sekar konyoh panabdanipun mangkaten nyahi blorong kula nyaosi dhahar. Kula sampeyan paringi barkah sugih dhuwit wonten saweneh ing tiyang jaler pancen cucut wicaranipun amangsuli mangkaten lo. Rak gampang bae wong arep sugih dhuwit wong saiki cina klonthong ambrubul bae kok jangji gelem limalasan wolu lasan mesthi olehe. Kok gedhang dijaluki dhuwit. Andadosaken gumujengipun para tiyang ingkang sami ningali. Wonten saweneh ing estri lanthang lanthang sarwi ambekta sekar konyoh lajeng amanbda mangkaten nyahi blorong kula saosi dhahar kula sampeyan pujekake bisa nyahur utang. Wong omah kula ajeng dilelang. Yen boten oleh dongane nyahi gedhang. Pekal kasurang surang. Dhengera nek ajeng wirang. Dhek biyen boten utang. [ ] ingkang cucut wahu mangsuli malih. jeneh kok ora ngelingi purwa kanthi anggitane kiyahi wana kerta.

Yen dipun mirengna sadaya ginemipun para tiyang wahu warni warni. Ingkang andadosaken pangunguning manah kula dados ta tumusing gugon tuhon wahu saking kapirenan sarta saking katarik ing tiyang kathah. Ing sarehning amung pisang aneh katimbang kalayan sanesipun kemawon lajeng pating garubyak sami ningali. Kintunan

Para sabiyantu si klonthong ing mangke babonipun sampun keyok keyok kuthukipun kiyik kiyik awit wonten paksi wolung. Ingkang kakejer ing jumantara badhe nyamber. Mandar kula mireng kuthukipun satunggal aningali wolung wahu lajeng gerah murus andekna ora kang masesa. Juru ngarang

Enggris Wonten saweneh ing tuwan tuwan anama webster ing kitha birminghan sampun pinten pinten tahun anggenipun ambudi akarya pirantos praboting kadamel aluminiyum ingkang ngantos saged gampil pandamelipun katimbang kalayan ingkang sampun kalampahan wondening anggenipun ambudi wahu waragadipun sampun telas 360.000 rupiyah. Ing mangke sawek dados kenging kaangge. Sareng kapatrapaken pirantos wahu angedab edabi kanggenipun saha arebatan ingkang badhe katumbas dening tiyang prasman kaawis 7.000.000 rupiyah. Dening tiyang amerikan kaawis 12.000.000 rupiyah. Dados sampun tatela pinten pinten kauntunganipun anggenipun iyasa pirantos wahu. Ewadene dereng suka.

Sekotlan Salebetipun wulan dhesember ingkang kapengker. Tiyang salebeting kitha aberdhin sekotlan sampun anyobi pirantos pambudi ingkang saged anyirnakaken alun sarta ombaking samodra. Kaleksananipun mawi kaboyantonan dening pangagenging nagari ngriku. Patrapipun kados ing ngandhap punika. Ing dinten wahu. Pangagenging nagari dalah karereyanipun sarta para juru anglampahaken bahita. Sampun asiyaga wonten satepining samodra. Tumunten pangagenging nagari andhawuhaken dhumateng ingkang kapatah amandhegani pandamelan wahu. Kapurih amiwiti. Lajeng amasang pompa ingkang sampun

3 kaisenan lisah tumunten kauter pun lisah anyemprot sarta natap dhateng alun saha ombaking sagara. Dados dayaning alun kasoran dening dayaning lisah. Mila sareng lisah ingkang kadamel mompa wahu kakinten telas 1200 kan ombak sarta aluning samodra ingkang wahunipun sakalangkung ageng. Lajeng saged mendha sirna. Ing samodra wahu tinga tanpa alun sarta tanpa ombak pramita sakathahing bahita lajeng saged alumaksana wanci wanci. Sarta sampun boten wonten ingkang andadosaken sumelanging lampahing bahita. Saupami sadaya palabuhan ing tanah jawi katarekah kados ta sebut ing inggil wahu. Kados sakalangkung tambah prayogi sarta saged anyirnakaken sumelang lampah ing bahita.

4 0ngka kaping: 7 Kemis kaping. 15 Pebruwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Saderengipun wonten jawah kangjeng parentah ageng sampun andhawahaken sudhiya krakal dhumateng para kang gadhah wajib ngurug wradinan salebeting nagari. Ageng aliting krakal sarta manggenipun mawi kadhawuhaken kalayan patitis pamundhuting kangjeng parentah krakal kang alit agengipun sampun ngantos langkung saking tigan ayam krakal kang ageng sampun langkung saking agenging pelem ing mangke dhawah ing jawah sadaya krakal wahu sampun kalampahan kaurugaken ing wradinan namung ageng alit ing krakal nalisir kaliyan dhawuh ing kangjeng parentah. Jalaran krakal kang kadhawuhaken saendhog wahu kaladosan saendhas kang sapelem dados satempolong. Pramila kareta bendi dene ing mangke kantenan Ngambah tengah lurung wedi sadaya pinggir radinan Marga jarane yen budi risak mung ngajeng risdhenan Tan wurung dadi pradondi kang saewit tinegelan Angur padha turut pinggir ginebrug dening wong kerja Ngilangake tyas kuwatir giniles gilingan waja Nadyan lumaku malipir yen ing kiwa tengen praja Tan dadi rusaking ngepir estu dereng paja-paja Dene wong arep katrajang saweneh pinggiring lurung Rak ya padha mlayu nyimpang ing mangke sami sinerung Mokal yen waniya mampang prandene wong grobga berung Apa arep anjepapang meh ngidak irung wong marung

Sami samining tawon tawon pathak punika kalebet ageng sarta galak piyambak mila katelah nama tawon endhas awit bilih ngantup dhateng tiyang boten purun angantup badan naging kedah angantup endhas nyipat saking katebihan sanadyan kang kaantup sarta kang kasipat wahu tiyang sepuh. Nanging sampun tamtu badhe ngrentahaken luh. Jalaran sanget ing sakitipun dene manawi kang kaantup tiyang taksih nem utawi rare. Punika kajawi sakit mawi gadhah supangat badhe enggal nukulaken uwan ing ngriki kang sampun kalimrah tiyang badhe mendhet talaning tawon pathak kedah ing wanci dalu. Griyaning tawon kalayan kakrukup ing bagor. Manawi sampun kenging griya ning tawon dalah bagoripun kacemplungaken ing wedang umob murih pejahing tawon sadaya. Bilih boten mawi kakrukup ing bagor. Griyaning tawon wahu inggih lajeng dipun kropok ing latu obor. Mongka tawon endhas punika manawi dammel griya sampun tamtu celak kaliyan griyaning tiyang. Dumunung wonten ing tritis mila kang makaten wahu badhe nuwuhaken sumelanging manah. Sanadyan boten mara saking bramatyaning tawon inggih maras saking pangropokipun wahu. Bok bilih latunipun anyaladi dhumateng griya. Utawi pun tawon ing wingking boten kenging kapurih malih jalaran sadaya tamtu pejah katunu. Ing mangke kula angsal kaol sarta sampun kula lampahi arambah-rambah. Menggah pangundhuhing tala tawon endhas boten kedah mawi sarana punapa punapa. Kenging lajeng dipun grethel kimawon kados dene tiyang nyenyengget wowohan ing gnriku bilih griyaning tawon wahu sampun rumentah ing siti. Pun tawon estu lajeng mabur manggen tilas gantilaning griyanipun tutut boten purun nyipat boten purun ngantup dhateng ing tiyang. Malah sanes dinten lajeng yasa pahoman malih. dene griya dalah talanipun kang rumentah ing siti wahu bilih sampun saprapat jam dangunipun kenging lajeng kapendheta.

1 Bogor Nalika tanggal kaping. 3 pebruwari punika. Wanci enjing ing kampung citerep dhistrik cibinong. Wonten satunggaling rare anakipun neng ukid amanggih cilaka kacokot ing sawer siti. Sanalika wahu rare kraos seneb wetengipun lajeng dipun ombeni kem kemanipun mestika . Sanalika mantun seneb sarta pun tatu dados ical sapriki. Kilap sababipun kula pasrah dhateng para saged Kantor kawat ing bogor salebetipun wulan pebruwari sampun angalih tunggil ing griya pakendelanipun kareta latu. Adamel bingahipun para tiyang ing sisih ler kitha bogor. Pawartosipun ing pamulangan tani bogor. Benjing ing wulan september 1883. Badhe wonten tentun seteling. Wradinan enggal ing sangajenging dalemipun kangjeng tuwan besar sampun meh dados amewahi rejaning nagari bogor. Punapa malih bilih kangjeng gupremen karsa ayasa dilah gas.

Aprikah Saweneh ing tuwan tuwan anama tomas kriste. Sampun anyatakaken wonten satunggal wowohan ingkang winastan uwoh kola. Kang ing ngajeng wowohan wahu boten kapendhetan tiyang. Amargi boten wonten paedahipun ing samangke sampun tatela wowohan kola wahu raos sarta paedahipun kasamekaken kopi. Malah dayanipun angungkuli kopi. Amargi gadhah daya saged angiyataken sarira. Kasamekaken wowohan sok lat ingkang tumuwuh sarta kawentar ing salebeting nagari aprikah. Pramila ing samangke nagari sudhan aprikah. Sampun misuhur. Bilih wowohan kola wahu dagangan ingkang onja piyambak wonten sawenehing dhokter anama papi piu. Sampun anyatakaken bilih dayanipun wowohan kola wahu saged anyirnakaken sakathahing endem mongka ing nagari sudhan benteripun angungkuli ing nagari jawi. Pramila mugi para ageng ambugi agedipun ing tanah jawi angsal wijinipun wowohan kola wahu amargi bilih sayektos kathah paedahipun tumrap ing sadhengah tiyang.

Kikago amirikan Wonten sawenehing juru andodomi. Saking anggenipun badhe angatingalaken bandhanipun amargi rumaos sagedipun angsal bondha makaten wahu saking anggenipun andodomi. Sarta sageda kuncara pakaryanipun kagelar ing pustaka warti. Juru andodomi lajeng iyasa tiyang musikan 40 sami dipun anggen anggeni sapantesipun balanjanipun musikan wahu ing dalem sawulan langkung 200 rupiyah. Pun musikan lajeng kagiyaraken ing kitha kitha sanes sareng ngantos sawatawis laminipun mongka boten wonten nalar ingkang badhe anjalar kauntunganipun malah badhe anjalari karugiyanipun dados pun juru andodomi susah manahipun.

Serat saha winantu gunging pudyarja. Saking mitrantan sang jaka tanya. Ing candhana sari. Katur ing mitra ri sang kodheng. Wiyosipun kula amituruti ing pamundhut sampeyan bab cariyosing ringgit walulang. Lalampahan dewa ruci. Kados ing ngandhap punika. Ongka. 1. ri sang bronta sena. Ngupados tirta wening. Sarta wreksa gung susuhing maruta. Tirta wening inggih paningaling netra katon wujud sajati. Sajatining bratasena. Wreksa gung susuhing maruta. Dumunung ing jawata. Ingkang murba masesa. Gesangipun ri sang bratasena. 2. Ri sang brata sena. Blengkrah wukir reksa muka. Sasampunipun pangkat saking ngastina. Wonten margi kapapgaken prabu kresna. Kapurih wangsul sanget pangreksanipun dhateng badhe karisakanipun ingkang rayi. Teges emuka pangarep inggih karep ri sang brata sena. Boten pisan keguh nyupeti kajeng. 3. Ri brata sena. Gebyur samodra. Lajeng kacokot ing sawer. Sang sawer kakuwek kuku ponca naka lajeng pejah. Tirtaning samodra. Katon abrit saking rah ing sarpa. Inggih punika ri sang sena. Karaos kuwe perih ingintir-intir padharanipun saking kencenging sedya ngantos kados prang. Ingkang angedalaken rudira. 4. Ri sang sena. Kapanggih dewa ruci. Sajatosipun inggih bathara kresna. 5. Inggih punika katedahaken margi dumununging sedya. 6. Lajeng kapanggih ingkang wasta tirta wening. Wreksa gung susuhing maruta. Tegesipun lajeng sumerep wujuding bratasena. Wondeni talesihipun nalika sang sena. Wonten guwa garbanipun ri sang dewa ruci. Kula boten saged ambabaraken sadaya. 7. Sang sena. Badhe boten purun mijil jalaran sampun lumeket akalayan jawatanipun menggah trangipun kula amboten saged nyariyosaken.

2 8. Sang sena. Santunami. Warkudhara. Tegesipun mangkaten warku. Mareming panggalih. Dhara. Dening sadayaning sedya sampun kalebet ing panggalih jroning guwa garba sang sena. Utawi kaparingan pangenget-enget kampuh poyeng bang bintulu. Inggih punika dumununging kadang brata pandhawa. Ingkang wujud jene. Inggih sang sena pyambak abang. Sang arjuna. Cemeng. Dyan nakula sahadewa. Pethak prabu yudhistira. Wasana mugi kauningana. Nanging panuwun kula rehning panjarwasadaya wahu namung panggrayangan bilih lepat mugi mitra kodheng angaksamaha. Utawi para winasis menggah kalepatan kula mugi sami kadunungna ing papan panggalih samodra arda. Candhana sari kaping. 8 mulud ing ehe. Sangkala tinengran rakiting cipta kaesthi tuhu. Jaka tanya.

Pamanggih ujaring ngila ila bab bun upas Sampun kapratitisaken kaliyan yakin bab wontenipun ing bun upas pancen temen wontenipun ananging dadosipun ugi saking sarana. Katranganipun kados ing ngandhap punika. Wonten satunggaling jiwa bangsaning kutu-kutu. Wujudipun sairip kados kemongga sipatipun cemeng. Pakartinipun kados dene kemlandhingan inggih kemongga sutra. Bilih ing wanci siang ingkang ageng angeleng. Ingkang taksih alit ngembara sapurug-purug ageng alit sami anedha bayangan mawi sarana amasang jaring medal saking medi. Jaringipun wahu kawastanan lamat ingkang jolokan kenging jaringipun saha lajeng katedha jengklong. Lemut mimik saha mrutu. Bangsaning iberan alit-alit bilih dalu ageng alit sami ngembara amasang jaring amurugi ing pundi gen ingkang kerep kasaba ing jingklong. Rehing jingklong kulina ing toya ingkang amasang inggih anglut sagremenging jingklong. Kacariyos ingkang sampun ageng sanget kawastanan katel ingkang taksih alit-alit kawastanan lamat nama manut pakarti saha pagesanganipun kacariyos saben ing wanci serap surya lajeng sami andhadhar ngumbara pasang jaring. Ingkang kapara kathah ing tegil asat utawi ing kebonan pamasangipun jaring sarana saking lamat wahu. Samongsa kacanthelan rentah ing bun punika lajeng dados bun upas sabarang ingkang kenging lajeng dados mala. Sanadyan anggepok dhateng bangsaning tutuwuhan tumrap ing ron utawi ing sekar ugi lajeng bungker utawi gogrok bilih ing tegil asat tanah pawana katrajang lamat upas wahu kathah tataneman ingkang sande. Kacariyos lamatipun wahu samongsa sampun telas kenging ing bun mongka lajeng kenging ing mripat lajeng dados belek utawi nglamuraken. Ingkang makaten wahu kula kumambang ing kalimpadanipun para ingkang karsa anggalih. Tumandukipun dhateng liya liyanipun sumongga ing panggalih. Ingkang gadhah wisa punapa pun lamat punapa pancen saking jinising bun dene ingkang sampun kasumerepan kaliyan yakin ingkang nama upas saha gadhah wisa wahu ingkang lamatipun kamongga cemeng anunggil toya bun. Sinerat ler lepen camara kaping. 7. Pebruwari 1883. Wrendawaka

Saking cariyosaning para tiyang ingkang sampun aniteni. Nembe punika ing wanci dalu sepen boten wonten rijal yen anggen kula niteni piyambak sawek angsal. 3 dalu. Nanging inggih ing wanci jam 1 dalu. Dumugenipun jam 4 enjing. Pamireng kula kok inggih sepen kilap bilih katimbrung kalayan swara ning canthuka. Ewadene sampun kuciwa ing semu. Sumongga para mitra sami angupur lna pamireng. Wonten pundi dumunungipun kumaraning jagad wahu. Dene cariyosipun tiyang kang niteni boten wontenipun rijal punika. Sampun awit kala wedalipun lintang kumukus dados sampun 6 wulan sapriki. Se be nger

Dhuh para mitra bilih andhanganaken [ ] tegesipun tembung ing ngandhap punika. Kenginga kadamel amewahi saserepan kawula. 1. gluga sinusuran sari 2. balang sinawat ing kayu mila kula nyuwun serap amargi boten sumerep. Pun sundhang

Punika wangsulan katur mitra jaka bodho ing marapi // dahat mudha ingkang tanya kumacelu sinaruwi. Kang wus kongas ing pustaka. Pabarataning lulungit. Ing prana budayaning. Bra martani lir ing ngukub sarining puspa ngambar. Memegar dayaning budi. Ingkang mugi amung asih punggung mudha. //ingkang sampun sami anrangaken kawontenanipun tembung mecapat. Asmaradana saha panunggilanipun ingkang nganggit para wali. Ingkang punika waleh punapa. Saking baliluning mitranta kados pun kula.

3 Tansah kula enget-enget menggah serat saha suraos anggitan wahu ingkang pundi mila manawi kasduning panggalih. Kaparingana katrangan namaning serat. Sokur saengga cirining ungel sapada utawi kalih pada. sanget panuwun. // sampun tampi katrangan kang mijil. Mitra jaka bodho. Ing marapi gung sih ring mitrane. Mudha bodho kang nembe umeksi. Wus condhong kang dadi. Mangarti bab ing bun. Kajawi nginggil punika. Kula namung nguningakaken mitra ingkang kasdu mirdsani saha boten dadosaken paribasan limrah kapethuk tanya. Tinanya. Kula manggih suwiran serat punapa inggih punika ingkang nama wangsalan tur namung sapada. Mila parlu kula gelaraken kula pyambak amboten patos mangretos sekaripun sinom. // paparap saruhutama. Mrih tulus barang kinapti. Welut gung kang mawa wisa. Kayata ngawuleng gusti. Jeram winor lir sari. Saneng sabin pacet agung. Tan miturut parentah. Muhung karsane pribadi. Mungguh ing ywang kinen lumirip manungsa. //oo// mudha bodho.

Sambetipun kridha sangkala // lamun sira wus anitik. Mantepe mimitranira. Lan akathah kawigyane. Budinen aywasulaya. Kabeh kawruhanira. Marga sulayaning surup. Anganti gathuk ing rembag.// yen wus condhong kawruh neki. Sayekti datan sulaya. Dene yen ana saweneh. Mitramu akarya cidra. Sabarang prajangjiyan. Nadyan karya karugenmu. Lan karya sangsaranira.// ywa anutuh lawan runtik. Tyasira den selehena. Awit sabarang lalakon. Pira-pira sambekala. Lan sakehing papalang. Kang dadya jalaranipun. Cidraning ubayanira.// awit sabarang prajangji. Kang tan bisa kaleksanan. Iku tan dadya tandhane. Cidraning mimitran ira cidraning temen ira. Mongka sambe kala iku. Tumrap badanmu priyongga.// wus lumrah sakehing janmi. Kang ngupaya mitra anyar. Iku ora ana jalarane. Bosen lan mitrane lawan. Kalayan ora bungah. Pirenaning mitra santun. Mangkene jalaranira.// mung kemba sakehing warti. Wis ginunem rambah-rambah. Tan mandhak sawicarane. Kabeh gumune wus sirna. Awit kabeh manusa. Mijilken wicaranipun. Budi pangunguning liyan.// lamun mitranira kaki. Kumet gemi lawan murka. Kang wus misuhur ing wartos. Satingkahe nora lumrah. Tan duwe kawelasan. Mung ngugemi bandhanipun. Yen pininta pitulungan.// mung aweh pratikel becik. Lan pirenan sawatara. Sirik mijilken artane. Iku kang sampun mupakat. Yekti ginunem kathah. Tinarka yen watekipun. Gelah gelah ing manusa.// kang mangkono iku yekti. Nalisir salugunira. Lalabuhan kang mangkono. Yaiku janma utama. Pantes sira turuta. Lan trisnanana rahayu. Iku kang luwih prayoga.// pira barang leksanani. Kang dadya pratikelira. Tan kasangsara yektine. Awit sakehing manusa. Kang dadya bungah ira. Yen antuk pawewehipun. Sokur weweh tanpa tonja.// mongka watoning ngaurip. Ywa melik pangalembana. Iku lalampahan angel ywa welas badaning liyan. Kang pantes welasan. Mung wasananing badanmu. Lamun kongsi kasangsaran.// sira kang karasa sakit. Waking liyan tan karasa. Ewadene saturahe. Mikir marang badanira. Iku sira timbanga. Lamun samangkya badanmu. Wus nora dadya welasan. // lagi pantes angleberi. Welas mring badaning liyan. Kang burus condhong kaptine. Dene lamun ana janma. Berbudi datan etang. Pambuwanging artanipun. Tan budi antuking arta.// titenan lawan guling. Janma kang mangkono ika. Nadyan dadi pangaleme. Nanging yen tan duwe arta. Apa nora ngupaya. Nadyan ngupayane sengkut lamun pambuwang tan etang.// gampang senenging ngaurip. Tan ana kang amadha. Kadya ambuwang artane. Angel tur nistha tan ana. Kadya ambudi arta. Nanging sangsara kang langkung. Janma kang tinilar arta.// bener mungguh ing ngaurip kaprawiran akng den gulang. Nanging wong prawira angel. Pangupayane prawira. Jalaran saka nistha. Wong nistha jalaranipun prawira pambudi sirna. Taksih wonten candhakipun.

4 0ngka kaping: 8 Kemis kaping. 22 Pebruwari 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika tanggal kaping. 19 wulan pebruwari ingkang lumaris punika. Panjenenganipun tuwan lihfut asisten residhen ing lebeting kitha. Sampun dinegekaken ing ajalipun enjingipun kunarpa lajeng kakuburaken mawi rinengga pasamuhaning pangagengipun prajurit panjenengan dalem kangjeng tuwan residhen kangjeng gusti pangeran adipati anom kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana. Panjenenganipun tuwan militer komandhan kangjeng rahaden adipati. Tuwin para ageng sanesipun sami anguntapaken panguguripun wahu. Ngantos sami angentosi sumelehipun ing luwang.

Cintraka Nalika malemipun dinten salasa tanggal kaping. 15 wulan januwari. Tiyang anama kerta jaya. Bekel ing dhusun gadhing. Dhistrik banyudana. Bayalali. Sampun sami kapati anendra. Sareng kakinten jam 1 dalu mireng sabawaning tiyang gemrobyak kerta jaya lajeng medal ing ngriku sumerep darbekipun lembu 4 iji. Ingkang wonten ing kandhang. Ical kabekta ing duratmaka. Sanalika kerta jaya lajeng cerek anedha tulung. Para tandang sami dhateng. Lajeng sami ambujung sang duratmaka. Dumugi sajawining dhusun taksih katingal lampahipun duratmaka kakinten. 5 iji. Sami anuntun lembu 4 sareng kakinten badhe kapikut lembu ingkang kalih kaeculaken ingkang kalih iji taksih kabekta dening sang duratmaka. Kerta jaya sarta para tandang sami bingung. Amung ambujung lembu kakalih ingkang kaeculaken wahu. Dados sampun katilapan kalayan duratmaka. Amung anakipun kerta jaya kakalih. Ingkang satunggal anama kerta dikrama. Ingkang satunggal anama sarimin. Sami angatingalaken kasudiranipun salampahing duratmaka tansah kakodhol sarwi ambekta dadamel arit pangaritan susumbaripun mangkaten. He maling mandhega. Aja katon wong lanang dhewe. Yen kowe ora mandheg iya sak paranmu nganti mengko awan tak etutake bae. Aku ora gelem mulih yen ora nuntun sapi karo nyangking endhasmu. Sarehning sampun tebih kalayan dhusunipun para duratmaka lajeng kendel sami rembagan ayo konca padha diandhegi kuwi mung wong loro cilik bae mongsa kuwaganga. Karo ing atase maling mateni kang duwe omah yen kacekel iya digantung. Yen ora kacekel mesthi ora barang-barang. Karo rak mokal wong maling kok niyat kacekel ora amateni kang duwe omah kae iya ora niyat kacekel balik sing duwe omah arep mateni maling iya nek patine maling tatu ana ngarep ora dadi apa. Yen tatu ana buri mesthi dikrakal iya mengko yen kira arep katemper padha mungkur bae. Dadiya mati mesthi sing duwe omah bela diukum saksana duratmaka lajeng sarwi susumbar iya mara majuwa kene jangji kowe aja oncat bae. Wis benere aku mateni kowe jangji ora kacekel ora dadi apa. Balik kowe mateni aku mesthi dikrakal ora susah kancaku maju. Kowe wong loro tak ijen bae. Ing ngriku duratmaka lajeng amangsah sarwi ambekta dadamel pangot rame aponca kara sang duratmaka kaebut kalih. Ananging sarehning kawon tekat kerta dikrama kenging kataman dadamel pangot arambah-rambah ngantos tatu 25 panggenan sanalika pralaya. Lajeng kacacah cacah jorang jaringanipun kawedalaken dene pun sarimin sareng sumerep sadherekipun sampun pralaya kacacah cacah dening duratmaka sakelangkung bramantya. Anamakaken dadamel arit katitir. Ananging duratmaka boten karaos kocapa duratmaka ingkang satunggalipun sareng sumerep bilih kancanipun kaebut kalih. Sang duratmaka amangsah sarwi ambekta dadamel pedhang. Sareng sampun celak pun sarimin lajeng kapedhang tatas iganipun sanalika pralaya. Pamedhangipun ngantos rambah- rambah. Sarimin tatu 8 panggenan sareng kerta dikrama kalayan sarimin sampun pralaya. Durjana lajeng malajeng. Ananging lembu kakalih katilar wonten sacelakipun ingkang pralaya. Kados pun duratmaka welas aningali tiyang kakalih wahu. Boten antawis dangu para tandang dhateng. Sakalangkung kaget aningali tiyang kalih sampun pralaya. Mila bangke lajeng kagotong kabekta mantuk lembu kakalih katuntun sadumugining griya lembu karimiyinaken kerta jaya jaler estri sakalangkung bingah manahipun dene lembu 4 boten saestu ical panabdanipun barang iku nek durung diulungake sing kuwasa mongsa

1 gelema ilang. Mongsa kok sapi papat pisan arep digawa maling kabeh. Wis dadi kaulku yen sapiku ora sida digawa maling sesuk sore aku arep nanggap wayang. Wis cah sesuk goleka dhalang kang becik boten antawis dangu dhatengipun para tandang anggotong mayit kakalih. Kerta jaya jaler estri sareng sumerep wujuding mayit wahu atmajanipun inggih punika kerta dikrama akaliyan sarimin sanalika panjritira lir kasentak tiyang sagriya sareng anggenipun karuna. Ngantos kaserep serepaken dening tongga tapalihipun ingkang sami tandang. Lajeng sami anelongsa. Mayit kakubur sareng kalayan sae-sae. Dados wurung nanggap wayang ananging saestu anigang dinten. Kintunan

Angin Nalika dinten sabtu tanggal kaping. 11 wulan pebruwari punika. Wiwit enjing ing dirgantara katingal peteng badra angendhanu. Sadinten ngantos boten saged kataman soroting hyang bagaskara. Malah sampun antawis 3 dinten saking ing dinten wahu. Kyahi wukir marapi sampun angagem singeb boten lukar lukar saben dalu wonten kapyarsa gumludhug anggigirisi para tiyang anyipta embok bilih wonten kurdanipun kyahi marapi kados nalika ngantos adamel sangsaraning kathah. Dados kathah para ingkang sumelang manahipun wasana ing dinten wahu wiwit jam 5 sonten dumugi sadalu malemipun dinten akat kyahi samirana katingal tindakan swaranira anggigirisi sarehning bongsa luhur ingkang rawuh dados kathah para ingkang ngaturi pakurmatan ing sadalu wahu wiwit jam 6 dumugi jam 5 enjing meh kathah para ingkang boten boten saged anendra. Amargi saking sumelanging manah amyarsa swaraning samirana panataping wisma sarta wreksa wreksa lir anggonjingaken bantala. Wondening patrap panulakipun samirana wahu warni warni. Bilih tiyang jawi dhusun ambucal sekul sarta dadmelaning wonten ing ngalataran bilih para santri adhikir sarta maos salawat andonga sasagedipun ewadene kyahi samirana angganter boten maelu sakathahing tutulak wahu. Nalika samirana ansak ngambah salebeting kitha bayalali dalah laladanipun lajeng amundhut pisungsung kajeng johar ingkang urut waradinan ageng sarta kajeng tahun miwah glugu awit pisang saminipun ewasamanten boten kasupen taksih angowat awut sakathahing wuwunging griya. Sareng narajang ing dhusun camethuk karsa anyangking griya cacah wuwung. 5 iji. Kajeng dhadhap sarta glugu kajeng tahun sasaminipun gunggung 1612 uwit lajeng menggok mangidul anarajang bawah dhistrik ing jatinom anjog ing dhusun pandhanan anyampe uwit katela gantung rebah ing katela gantung angrebahi griyanipun tiyang anama wongsa yuda. Sanalika remuk wongsa yuda dalah estrinipun saged oncat mijil dhateng palataran ingkang sawatawis tebih kalayan griyanipun ing gnriku embok wongsa yuda enget bilih atmajanipun rare jaler kakinten ngumur. 5 tahun anama kadam boten tumut medal embok wongsa yuda lajeng anjrit karuna. E bapakne kadam mati aku katiwasan gedhe. Dene anakmu durung metu mesthi kebrukan omah. Balenana rikat tak enteni kene. Wongsa yuda jaler sakalangkung gugup lajeng wangsul ambrengkal griya ingkang ambruk wasana sayektos pun kadam sampun palastra. Lajeng kabopong medal embok wongsa yuda sareng sumerep wujuding atmaja sampun pralaya lajeng anjrit anungkemi kalajeng kantaka. Tongga tapalih sami dhateng anulungi. Salong anggula wentah mayit salong anyandhak ingkang kantaka. Pun wongsa yuda jaler tansah lenger lenger sapandurat tan saged osik boten wonten malih sasambatipun mangkaten hem iki rupane wong kojur ngalengka. Anak mati tanpa lara. Omah rubuh tanpa sebawa. Pecahing barang ora dimaha. Luruh maneh mesthi rekasa. Embokne thole klenger tuwa. Ora nyana yen cilaka. Wingi bengi ngimpi ala. Para ingkang amitulungi sami angrara rupa. he wongsa yuda. Kowe wis narimaha aja kadawa-dawa. Tibaning begja cilaka. Tan kena den singkirana. Tanpa wangenan lan nyangna. Mula sakehing manusa. Aja bungah lamun beja. Aja susah yen cilaka. Iku timbanganing donya. Adile ingkang kuwasa. Mulane kowe elinga. Nalikane kowe suka. Enedeme wong suka lali. Yen kowe tinitah janmi. Enteke duwekmu sapi. Telu yen aku tan lali. Mung kok gawe amragati. Nalika wetuning bayi. Bareng nyetahuni siji. Bocah gedhe banjur mati. kacipratan sunduk ili. Iku tekaning bilahi. Dalah tinggi ora kari. Mayite jaba dikubur. Omah rubuh cik ben ajur. Elinga mring maha luhur. Ing buri dimen sempulur. Sareng wongsa yuda enget lajeng anarimah sarta amangsuli sakalangkung panrimahipun dhateng para ingkang dhateng. Inggih sanget panrimah kula. Ananging wong cilaka boten kena ditutuh. Amaraga ditutuha kaya napa mesthi boten bisa dadi sirnaning cilaka. Yen kula gelama nutuh rak embokne si kadam dadi nurut karepe wong wedok niku napa boten becik gih. Tangganipun mangsuli wong wadon kena diturut ananging ingkang anggemeni kalayan wong lanang. Ora amrih karusakan kang bisa jalari karaharjan anyuda kalingseman iku wusanane mesthi slamet tur biusa anjalari sabar tawekal. Sareng enjingipun mayit lajeng kakubur saparlunipun tansah andadosken pangunguning kathah. Kintunan.

2 Uwit pisang mas kate Bilih kapareng dhangan ing panggalihipun panjenenganipun tuwan juru ngarang. Saha wonten selaning papan saking sakedhik panjenenganipun tuwan kula aturi aneselaken ing serat kabar bra martani. Pawartos ingkang kasebut ing ngandhap punika. Ing sarehning kula punika dados abdi dalem juru serat pandamelan kula sadinten-dintenipun namung nyerat tuwin lenggah kemawon saking cariyosipun para waged pakaryan kados makaten punika. Boten amrayogekaken dhateng ing atasipun tiyang gesang. Temahan adamel sangsaraning sarira. Kilap nalaripun pramila sareng radi wonten selaning pandamelan lajeng kula amrelokaken akakenjer. Nalika ing dinten senen pahing wulan tahun punika. Kula leledhang anglemesaken suku. Dhateng kanan keringing dhusun grogol bawah karta sura. Ngiras pantes pados peksi anyangking sanjata. Dumugi ing pekenan pulisen kula kendel sakedhap ing ngriku kula mireng tiyang cacriyosan manawi sakilenipun ing dhuaun grogol wonten nyahi blorong manggen ing wit pisang. Pisang wahu dipun wastani pisang mas kate. Pramila winastan makaten dene taksih alit teka sampun medal tuntudipun awit kula punika tiyang ing wukir sanget balilet kula. Saha kacancang dening pandamelan kula. Dados amboten nate sumerep punapa- punapa ingkang pancen kalebet dhateng bongsa aneh aneyan sareng wartos makaten lajeng kados kuda kurungan kaumbar. Bigar daya daya sumerep pawarninipun lajeng kula dugekaken lampah kula. Sareng dumugi sacelakipun kagungan dalem pasanggrahan ing kalitan kula sumerep tiyang krompol krompol kula lajeng gadhah kinten bilih saestu ing ngriku panggenanipun kang dipun wastani nyahi blorong. Kula pitaken dhateng saweneh ing tiyang. Punapa ingkang dipun rubung-rubung punika. Wangsulanipun punika pisang mas kate. Kula lajeng ningali wit pisang wahu dumunung wonten tepining lepen wujudipun ugi kados witing pisang-pisang punika. Ananging agenging wit namung sajempolaning suku. Inggilipun kirang langkung 1. Kaki. Papahipun namung satunggal panjangipun sakilan wondening panjanging tuntut kalebet gulunipun banyak amboten nebihi saking sakilan sadaya tiyang ingkang sami ningali tuwin dhateng ing ngriku. Sami gadhah panyuwun dhateng nyahi blorong. Saweneh nyuwun panglarisan wonten ingkang nyuwun kasugihan ingkang dereng nate gadhah weka nyuwun wagedipun tumunten gadhah tuwuh. Sarehning tiyang kathah warni warni panyuwunipun. Wujudipun wit pisang mas kate wahu dumugi kula ing ngriku saking kathahipun para ingkang asung kurmat dhateng nini blorong. Wonten ingkang bekta oncen-oncen sekar mlathi sineling sekar kanthil kadunungaken wonten ing jejantung. Wonten kang angsung sekar ramping. Saweneh boreh jene kakonyohaken dhateng uwit tuwin tuntut boten montra montra yen uwit pisang prasasat panganten estri nalika badhe kadhaupaken. Kadereng sedyaning manah badhe nyatakaken kalampahan tuwin botenipun panyuwun ingkang sampun kasebut ing ngajeng wahu. Kula ugi gadhah panyuwun dhateng pun bah blorong. Mugi anggen kula ngupados peksi wageda pikantuk kathah. Kula gadhahi ujar bilih waged kalampahan panyuwun kula wahu. Badhe ngaturi dhahar dhateng pun embah. Dumadakan kok inggih gangsar. Saben mungel sanjata kula tamtu angsal tiga tuwin kalih. Apesipun satunggal kaliyan peksinipun kok inggih kathah tinimbang kalayan sabenipun lo punika kados pundi. Saking pundi jalaranipun punapa saking kuwaosipun pun nyahi blorong. Punapa sawek pinuju gangsar. Sumongga panjenenganipun para mitra ingkang asring ameng- ameng ing pabaratan bra martani anggenipun mangalihi. Saupami wit pisang mas kate wahu. Kadamel panggaotan sinten ingkang badhe ningali tuwin badhe nyuwun sawab pandonga. Katedhanan arta. Saestu kathah pamedalipun. Sinerat ing wukir telaga manis tanggal kaping. 13 rabingul akir. Warsa ehe. Sinengkalan wreksa kinarya janma esthi mulya. Kukila taruna.

Pasamuhaning bab ing pangobongipun layon ing tanah bali Sawarnining tiyang tanah bali bilih ngajal layoning bongsa ageng. Pangobongipun manawi sampun 8 wulan layon wahu ing saderengipun kabesmi. Dipun buntel ing sinjang tuwin gelaran enggal karutrut ing tampar. Dipun wadhahi pandhosa karimat wonten salebeting dalem. Manawi sampun celak badhe pambesminipun lajeng wiwit adamel badhe. Bekakas ingkang badhe kadamel besmi. Dene dhapuripun badhe wahu mawi amben ambenan deling sungsun 3. Wiyaripun kinten 15 kaki pasagi. Sami dipun panteki kajeng ukir-ukiran utawi bubutan satengahing amben-ambenan dipun pasangi pucang kasigar sigar. Ingkang wiyaripun 4 dim pinten-pinten atus sami kasambet sambet mawi dipun rut rut ing panjatos ingkang ngandhap ageng. Sangsaya minggah sangsaya alit angantos sungsun 7. Dumugining pqnggenan layon sanginggiling layon kapasangan malih. sungsun 7. Dados sadaya sungsun 14. Saking sanginggiling amben-ambenan dumugi ing wekasan ing inggil piyambak adeg adeg saking inggil manganbdhap dipun pajang pajang ing sinjang warni warni. Wonten ingkang pethak cemeng. Jene

3 tuwin jingga. Sarta mawi kapasnagan kertas cina warni warni. Sineling seling ing grenjeng miwah praos punapa malih pangilon pinten pinten dipun templekaken mawi ancur. Sinjang ingkang pethak mawi dipun serat gambar ringgit purwa. Pojokipun badhe. 4. Saben pojok dipun pasangi gambar kranjang. Istha liman mawi elar. Kasunggi sungging saklangkung lemes sangandhaping amben ugi wonten gambar istha denawa mawi elar. Saklangkung ageng. Saemper kados ingkang anggendhong badhe wahu. Amila gambar danawa punika kasebut wilman. Sanesipun punika ugi rarupen pinten pinten warni. Wonten ingkang kados joli. Tandhu. Kremun tuwin wonten ingkang kados cengge. Pramainan cina. Sanesipun malih kadosta. Ancak jodhang. Tuwin jati ngarang. Saklangkung kathah. Punapa malih kajeng-kajeng pilaran ingkang badhe kadamel ambesmi sampun dipun kethoki papak kados redi. Sadaya bakakas wahu tiyang bali amastani badhe. Saking cariyosipun manawi layon ingkang wonten pandhosa. Yen sampun dumugi dinten ingkang sampun katamtokaken dipun tumapangaken nginggil sapandhosanipun anggenipun numpangaken sarana menek kalayan ondha ingkang sami inggilipun sasampuning layon kapasang. Lajeng dipun pasangi tumpang malih. mila dados sadaya sungsun 14. Pandhosa ingkang isi layon dipun wori yatra gobog 5. Beku tuwin langkung. Inggiling badhe punika watawis 20 dhepa. Dene wragadipun badhe ingkang makaten wahu ngantos telas 2000 ringgit punika namung malebet nomer. 3. Manawi badhe badhening layonipun raja tuwin garwa padmi. Saestu wragadipun langkung saking samanten ingkang mawi layonipun raja. Anggenipun damel badhe boten kenging wonten sajawining puri. Kedah wonten salebeting kadhaton sarta wedaling layon boten kenging medal regol kedah kadamelaken treteg tumumpang sanginggiling gapura. Wiwit saking kadhaton dumugi jawi. Layon wahu manawi sampun dumugi dinten ingkang katamtokaken sarta sampun kapasang ing badhe. Lajeng dipun usung dhateng sema kabekta ing kuburan tiyang langkung saking 300. Dene ingkang tumut raja sarta garwa putranipun sadaya. Tuwin para raja pambekel sapangandhap jaler estri angkating layon mawi dipun arak gongsa. Sruni.tuwin tatabuhan warni warni. Punapa malih kurmat ungeling sanjata mriyem saklangkung rame bilih sampun dumugi ing sema. Badhe wahu lajeng dipun tumpaki kajeng saubengipun tumunten dipun sembahyangi. Kasebut sembahyang muspa. Dene para sepuh miwah raja pandhita. Sasampuning rampung sembahyang lajeng raja pandhita angujubaken kathah kathah ekraripun amendhet saking ungeling rontal kamuksan kitab badhe tumunten dipun sumet latu maju sakawan sarta siniram ing lisah klapa. Lajeng raja pandhita angujubaken malih ingkang warni sekul ulam bekakak rabi kidang. Andhapan sagawon tuwin bakakak mahenda. Miwah tetedhan pinten pinten sadaya minongka sedekah. Lajeng sami katedha ing tiyang kathah. Tuwin dipun pakakaken sagawon kathah. Tuwin wonten pancen ingkang dipun tilar ing sema kuburan. Sasampuning badhe wahu telas katedha ing brama. Awuning layon dipun pendheti. Dipun wadhahi ing cengkir denta. Lajeng kawadhahan ing bokor pethak lalangkunganing awu kawadhahan ing sinjang pethak dipun sandhingaken ing cengkir denta. Tumunten dipun sandhingi busana sinjang ingkang sae. Lajeng dipun sukani nami. Nunten kabekta kondur. Sawatawis dinten awu kalabuh ing saganten panlabuhing awu mawi dipun sidhekahi malih. ugi kathah wragadipun memper kala pangobongipun punika kasebut sidekah petra wedana. Watawius dintenmalih. Dipun sidekahi malih. kasebut esthi wedana. Sareng watawis dinten malih dipun sidekahi saklangkung ageng. Tur pangratengipun sekul ulam kedah ingkang rampung sami sadinten sarta sawarnining tiyang ingkang olah-olah kedah milih. Upami. Tiyang. Kithing. Hina. Cekot sasaminipun boten kenging tumut olah-olah. Inggih punika. Ingkang kasebut dewa yadnya. Jaka lonthang

4 0ngka kaping: 9 Kemis kaping. 1 Maret 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Capgome Sareng kula anyumerepi patrapipun para tiyang bongsa cina ingkang anetepi lampah ing dinten angleresi tanggal ping. 15 ciyak guwik ingkang punika kawestanan cap gome ing sadalu wahu para cina jaler estri anem sepuh sami mlampah mlampah sadalu pisan boten anendra. Bilih para cina salebeting surakarta. Ing dinten cap gome wahu sami lalangen dhateng ing manahan ing jebres sarta ing bacem ing jurug bilih para cina salebeting kitha bayalali lalangenipun mangetan dhateng tapak bima. Mangilen dhateng sela talenan mangaler dhateng etuk lanang ing ngambuh sarta umbul ing suyudan mangidul dhateng randhuwana. Mila ing sadalu wahu ing waradinan ageng sampun boten wonten kendhatipun para langkung. Saben wonten sabawa rame rame sagagelengan para cina. Sarta nyonyah kalebet ingkang pipingitan apesipun 20 sarwi amangangge kang sarwa arum. Ah gonda mangripta. Ambetipun ingkang dados pangunguning manah dene ingkang lalangen cap gome wahu boten angemungaken bongsa cina. Dalah para taruna sami anganthi wanudya kararas cap gome. Sami sowan dhateng tapak bima sarta sela talenanya mila ing dalu wahu para bajingan sarta para rare sampun sami andher wonten sakiwa tengening tapak bima sarta sela talenan amargi saben para cina wahu dhateng lajeng anyebar arta wonten ing tapak bima sarta ing sela talenan para bajingan ingkang jagi anadhahi. Satunggaling cina sarta nyonyah panyebaripun arta. 4 dumugi 6 dhuwit nalika nyebar arta mawi angucap mangkaten iki aku angguwang lelara kyahi tapak bima. Saweneh iki aku angguwang sebel kyahi tapak bima. Saweneh mangkaten iki lelaraku gawanen kyahi watu talenan olehe pandongane ki rebo palet sareng arta kasebar byur ing ngriku para bajingan sami amangsuli enggih kula kang nadhahi beja cilaka sebel sampeyan lajeng sami ngrebat arta wahu. Mila bilih badhe dinten cap gome sampun sami kathah ingkang ngajeng-ajeng. Amargi kathah para ingkang kadhatengan suka seneng sakajatipun. Kintunan

Ing tanah bawah surakarta ingkang sisih ler kilen taneman pala kapendhem sami medal mila mirah ing pohung tuwin katela ngantos andadosaken kasusahaning para tiyang alit jalaran pohung sapikul ing ngajeng tamtu pajeng. 18 wang. Apesipun 15 wang. Ing mangke namung pajeng 15 dhuwit kalampahan pategalan pinten pinten bahu kang isi katela pohung sami kauwakaken kimawon boten kadhudhukan saupami wonten kang purun dhudhuk saha lajeng kasade dhumateng ing peken punika papajenganipun badhe boten cocok katimbang kaliyan keseling bahu.

Pun sura dimeja kuli ing dhusun sapen sragen kala malemipun dinten akat kang kapengker. Wanci jam. 11. Dalu. Panuju wawratan wonten ing ngara ara kang boten tebih kaliyan griyanipun kadhawahan wujud cumlorot sangking antariksa. Ageng saha bunderipun saklapa kang taksih tabonipun ujwalaning cumlorot wahu ngantos amadhangi sahantawising dhusun sapen. Wondene pun sura dimeja nalika badanipun kadhawahan boiten kraos punapa-punapa. Ananging kageting manahipun sanget mila malajeng kaliyan gero gero. Anak bojonipun sami medal saking griya saha sami anuweni dhumateng ing pategalan ing ngriku pun cumlorot taksih ketingal ngndhuruk wonten ing siti. Sareng dipun prepeki dening para tiyang pun cahya lajeng ngambara nemplok wonten ing kajeng sana kang dumunung tepining dhusun para tiyang meksa anyelaki. Cahya lajeng dedel napak ing dirgantara. Dumugi sanginggiling dhusun katingal niyub mangaler kados badhe rentah malih dhumateng ing siti. Nanging salering dhusun sami dipun tuweni ing tiyang cahya sampun tanpa labed ingkang punika pambatanging para tiyang dhumateng sura dimeja awreni wreni. Wonten kang batang pun sura dimeja badhe manggih kamulyan saweneh badhe manggih cintaka. Punapa malih wujud ingkang cumlorot wahu wonten kang mestani pulung. Wonten kang mestani teluh braja. Kintunan

1 Salatiga Salebetipun wulan dhesember ingkang kapengker griyanipun tiyang anama danu atmaja. Ing kampung krajan ngantos 15 dinten laminipun siang ratri wonten balang ingkang boten kantenan pinangkanipun ngantos adamel risaking griya gendheng sami pecah amargi saking santering balang. Tiyang ngriku sami amastani bilih punika pkretining gandarwo. Danu atmaja sakalangkung sungkawanipun lajeng andhatengaken para santri kapurih andonga sasagedipun ananging sang gandarwo boten pisan badhe angendhani pambalangipun para priyantun kathah ingkang sami anyatakaken aninglai pakretining gandarwo wahu. Sanalika punika sareng onder kolektur salatiga sampun yakin patrapipun gandarwo. Lajeng mantuk boten watawis dangu lajeng wangsul ambekta isarat ingkang saged anulak gandarwo. Sadumugining ngriku lajeng amacak isarat singating lembu pejah ngurak kapendhem ing pojoking griya. Onder kolektur wahu lajeng angubengi griya andonga buda. Sanalika wahu sakathahing balang sirna. Dados istijab anggenipun anyarati sirnaning gandarwo sarana singating lembu pejah ngurak kalayan donga buda. Lestantun dumugi sapunika. Tiyang ingkang darbe wisma sakalangkung tambah pamundhinipun amargi rumaos sirna kalilipipun. Salebetipun wulan januwari punika. Pasiten salebeting dhukuh kleca tumut dhusun ing dhadhap ayam onder dhistrik ing tempuran salatiga. Pasiten wahu ambleg tanpa sabab griya ingkang risak katut ambleg ing siti wahu cacah 8 griya. Wondening pasabinan ngantos pinten pinten bahu. Tiyang ingkang nandhang sangsara nalika ambleg ing siti wahu 8 iji.

Madiyun Nembe punika wonten saweneh ing tiyang anama pak kancil dhateng ing dhusun setren dhistrik mahespati. Ing ngriku pak kancil lajeng awawarti dhateng para mitranipun ugi tiyang ing dhusun ngriku sarta dhateng mitra nipun ingkang dipun pondhoki mangkaten aku aweh weruh marang kowe. Nalika dina anggara kasih aku katemu karo sunan lawu. Ing saiki aku ditetepake dadi ratu. Dumunung ana ing alas gilis dene ing alas gilis iku diparingi jeneng nagara sinupit urang. Aku diparingi jeneng prabu anom pudhak sinupit urang. Aku kang bakal dikarsakake anata agama. Mula saiki kowe aja ngundang pak kancil ananging padha anyebuta gusti prabu anom pudhak sinupit urang. Manawa ana wong kang ora teluk karo aku mesthi bakal tak ladekake marang sunan lawu. Ing ngriku tiyang dhusun kathah ingkang ajrih sanget sumungkemipun dhateng sang prabu anom sarta sampun tiyang pitu iji ingkang sumuyut dhateng sang prabu anom lajeng andhawuhaken para ingkang sampun teluk kaajak bidhalan dhateng wana gilis awit samangke sampun dados nagari. Saksana sampun kaleksanan dumugi ing wana gilis para tiyang saha anak bojonipun sarta sampun lajeng sami gagriya sawatawis wulan sang prabu anom badhe anjunjung papatih. Sarta pangulu. Jaksa. Pujongga. Sinigeg ingkang jumeneng nata. ing ngriku wadana ing maospati mireng pawartos bilih wana gilis wonten tiyang ngaken jumeneng nata. saksana pulisi sapanekaripun lajeng anglalari. Sadumugining wana gilis sayektos prabu anom sawadyanipun sumedya ananggulangi lampah ing pulisi. Mila ngantos kalampahan ponca kara. Ananging sarehning kawon kathah. Prabu anom lajeng kenging kapikut sarta lajeng kalulusaken anggenipun nami pak kancil busananing karajan kasantunan gela blenggu tosan sarta kakalung rante. Upacaraning karajan kasantunan canggah waos sanjata. Kadhaton sinupit urang kasantunan kunjara. Dados pak kancil amung kantun ngentosi wasana ning pangadilan.

Jepan Ing nagari jepan wonten saweneh ing tiyang angingah peksi dara. Ingkang sampun sakalangkung laminipun pangingahipun peksi dara wahu kaangkah sageda dumugi umur 100 tahun amargi bilih ngantos umur 100 tahun peksi dara mesthi saged anigan wujud sosotya.

Amirikan Ing kitha niwe horek wektu punika wonten ingkang iyasa griya satunggal ingkang sakalangkung agengipun kawestanan griya dhakota. Salebeting griya saged isi 64 griya ingkang dipun geni tiyang sapirantosipun kalebet sadaya ing dalem satunggal-tunggaling griya kang dipun geni tiyang wahu isi 10 kamar. Utawi 10 loteng. Wondening griya ageng wahu ingkang inggil piyambak panggenan palataraning para ingkang gagriya sarta panggenan ameme busana ingkang kawasuh. Ing sangandhapipun panggenan para rencang. Awit sadaya tiyang manggen gagriya. Wonten salebeting griya wahu amesthi ambekta rencang 5 iji. Dereng ngantos sawatawis dangunipun griya 64 panggenan ingkang dumunung ing salebeting griya ageng wahu lajeng sampun isi kasewa tiyang sadaya. Ing samangke wonten ingkang iyasa griya ageng malih

2 patrap saenipun angungkuli ingkang sampun kawastanan griya naparoblok wiyaripun 400 kaki. Panjangipun 200 kaki. Waragadipun telas pitung yuta rupiyah.

Pangadilan ingkang kanamakaken jeblus Ing sabibaring prang dipanagaran kacariyos ing tanah sokawati ler punika wonten abdi dalem prayagung bupati anama raden tumenggung alap-alap ingkang dipun kithani samangke nama dhusun ing ngijo bawah oner dhistrik ngamban kabupaten sragen. Punika kala sumanten andherek ris dhateng karaton ing ngayogya. Ababarakan akaliyan pangeran padingkan ing serang. Ingkang amekasi wontenipun kraman panunggilanipun ing dipanagaran kados ingkang sampun kawasita ing kagungan dalem serat babad bab kraman wahu. Nalika punika wonten gempalan cariyos ingkang namung tumrap dedongenganipun para tiyang dhusun ing ngadhusun satalatah sokawati ler sadaya. Kacariyos kala ing jamanipun raden tumenggung alap alap punika sakereh bawah wawengkonipun bilkih wonten lampah ing cengil kadosta durjana begal mandung sarana babah griya utawi mandung raja kala ing wanci dalu tanapi siang. Punika samongsa ingkang gadhah barang adarbe dakwa dhateng satunggaling tiyang. Mongka sepen kikiyatanipun awit tanpa saksi. Pangadilan lajeng amatrapi ing papirsan jeblus dene patrapipun ing papirsan jeblus wahu mangkaten. Tiyang ingkang gadhah gugat aliyan ingkang kagugat punika lajeng kabekta dhateng kedhunging lepen ingkang sampun kasuwur singit ugi angker. Mawi kajenengan ing prepat amonca gangsal saha para pinisepuh ing dhusun ingkang kaewokaken monca kaki. Sami anglempak dhateng ing pundi kedhung ingkang sampun tinamtu kangge jeblus samongsa sampun anglempak. Tiyang ingkang gadhah dakwa saha ingkang kadakwa lajeng sami dipun wudani angglundhung semprong. Sasampunipun wuda sekalih- kalihipun lajeng dipun bebeti ing lawon saiket ugi sakacu ageng. Kacathokaken saking ngajeng. Lajeng katangsulaken tali wangsul ing wingkinging cethik sarampungipun cathok lawon sakacu wahu. Lajeng dipun trapi rakitan sarana deling panjangipun sadhepa sabelah. Ing pucuk kiwa tengen mawi kasukanan dhadhung kados dene klatheki sagawaon ing kiwa tengenan sami ing tengah mawi kaaweran ing dhadhung kalih. Rakitipun meh kados apusing bendi utawi siyas ingkang ngangge kapal mung satunggal dene dhadhung kang sawerni apus wahu kacepengan dening bekel utawi kaum ingkang ngereh aken piyambak-piyambak sareng sampun rakit prayogi lajeng ambesmi dupa. Munggwing tepining kedhung mawi anembungaken makaten. Kyahi nini kang bahureksa kedhung. Iki seksenana gone padha jeblus si dhadhap lan si waru. Iya endi kang cidra tuduhna. Sareng kaum sampun anglahiraken tembung kang makaten lajeng donga. Inggih sak donga donganipun punapa ingkang pancen dipun sagedi. Prepat monca gangsal angamini. Paoting donga saha amin ingkang rinakitan lajeng kacemplungaken kedhung. Aselulup punika pundi ingkang boten betah saha agebres inggih punika ingkang kawon dene ingkang betah silulupipun inggih punika ingkang menang. Mongka upami ingkang gadhah dakwa ingkang kawon ing jeblusipun lajeng katembungaken numbak tuna matang luput kapatrapan dhendha. 7 reyal. Dene ingkang gadhah dakwa wahu bilih menang ing jeblusipun ingkang kadakwa katetepaken marnekaken sapangaosing barang ingkang ical ugi mawi kadhendha tikel. 14 reyal tikel saking dhendha bilih lepating pandakwa. Pangadilan jeblus wahu kacariyos saged amikantuki dhateng lampah ing kadursilan kapara ngantos katulat sakiwa tengenipun ngriku. Nanging samangke sampun sirna. Kantun cariyos. Lah sumongga kagaliya para parameng adil kok teka wonten angger kukuming ngadil ingkang makaten bilih panjenenganipun kiyahi wana kerta kados anggalih pantes pangadilan makaten wahu katumrapna dhateng ingkang keket ing purwa kanthi. Ler lepen camara kaping. 15. Rabyul akir ehe 1812 Wreda waka O mas embok inggih wampun anggepok purwa kanthi klonthong. Tiyang kula sampun kaengetaken mas karta sasra ing kartanagaran kasratosna ing kemis ngajeng punika panjawab kula. Juru ngarang

Trimah lowung Ing bra martani asring asring kula anyumerepi para mitra ingkang amundhur wardinipun tembung paribasan amila ing ngriki kula anggelaraken wardinipun tembung paribasan namung 24 anggen kula angsal saking lepiyan sokur bage tembung ingkang kapundhutaken priksa wahu saged anocoki ing ngriki. Bilih boten namung lajeng amusthiya pangaksama. Lah ing ngandhap punika gatranipun. 1. anirna patra tegesipun tiyang mungkiri seratanipun

3 2. anirna dustha “ tiyang ngesahaken pandung durjana 3. ina saksi “ tiyang prakawisipun tipis dening saksi. Saksi tiyang durjana. 4. ina sabda “ kaicalan tanpa cacahin 5. enacak-encaken “ kakathahen ririha 6. ancik ancik pucuking eri “ abdi ingkang boten angsal manah minggrang minggring 7. ana catur mungkur “ boten purun mirengaken utawi mikir rerasan 8. undhaking pawarta sudaning titipan samukawis pawartos ingkang mindhak utawi suda kawontenanipun 9. undhaking pawarta sudaning kikirim “ 10. endhas gundhul dikebuti sampun sakeca dipun eca eca 11. anjaring angin sujana. Utawi mekani manahipun tiyang 12. anjaringi lemut anggelaraken wiweka 13. anjajah desa milang kori mider mider 14. anjujul wuwul ketunan wuwuh kelangan 15. anjagakake endhoke si blorok masthekaken kasagahanipun tiyang 16. anjabung alus mamanisi tiyang kalayan wicantenan 17. ana bapa utawi ana bathi sumimpang anyingkiri riribed 18. ora ana kukus tanpa geni boten wonten pawartos tanpa kanyatahan padamelan awon saeya lami-lami amesthi wonten pawartosipun 19. ora ana geni tanpa kukus “ 20. ora ana banyu mili mandhuwur awon sae manut lampah ing tiyang sepuhipun 21. ora narima ing pandum boten narimah papasthen 22. arda walepa dipun takeni dereng sumahur males anakeni 23. arep jamure emoh watange ajeng pokilipun boten purun anggepok nyampil prakawisipun 24. anyampluk cina mnganan angsal begja ingkang boten kininten kinten. Katur ing giri puspa tanggal kaping. 20. Pebruwari 1883. Jaka lonthang

Tawon endhas Bra martani ongka. 7 wonten ingkang anggancaraken bab tawon wahu. Saha patraping pangundhuhipun tala tawon mawi kagrethel wahu. Kula dahat anayogyani. Awit punika kula bilih sampun asring asring angalami. Nanging panggrethelipun wahu prayogi manawi mongsa dalu. Ingkang mawi sasampuning tala dhawah tawon lajeng mrambak ing siti angantos dangu. Punika saupami wonten ingkang anyelaki saestu lajeng anyipat. Wondening mila tawon endhas remen manggen celak pantining tiyang punika. Saestunipun amung angonci saking panempuhing mengsahipun inggih punika peksi bango. Karanten kula asring anyipati piyambak kathah suyasaning tawon wahu ingkang dumunung tebih saking griya tuwin inggil lajeng kamongsa ing peksi wahu. Dene panedhanipun boten angemungaken dhateng talanipun kemawon ananging inggih ugi mangrampet tawon punika anem sepuh. Sanajan pun tawon kurda angebyaki. Boten dipun raos. Jaka lonthang

Rijal Punika boten kula piyambak ingkang amastani. Bilih sepenipun wahu saestu nalika awit wedalipun lintang kumukus ngantos sapriki. Teka boten wonten kamireng. Ing sarehning sadaya tiyang sampun maratah amastani namaning rijal wahu. Ananging tumrapipun ing kula teka kodheng sanget ambudi luguning namanipun pangaranan wahu. Amila saupami para sarjananing bra martani. Wonten ingkang karsa anguntapaken lungiding kalam aparing katrangan lugunipun ingkang anggadhahi suwanten wahu. Tuwin nerangaken dening suwanten wahu terkadhang kamireng. Terkadhang boten kados dening ing wektu punika. O. saiba badhe agenging kabegjan kula. Ing wasana tiharda panuhun kula. Mugi wontena ingkang lajeng ndhangani. Cubluk minta wuruk

4 0ngka kaping: 10 Kemis wage kaping. 28 rabingul akir ehe 1812 utawi kaping. 8 maret 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika akad enjing sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan tedhak dhateng kantor paresidhenan tuwin dhateng kantor kawat rawuh dalem wahu mawi ingancarani kangjeng tuwan residhen saha para tuwan tuwan amtenar pepak sadaya. Tuwin sami angrasuk busana ingkang pancen kaangge bilih anampeni para ruhur. Sasampunipun amariksani iyasanipun kangjeng gupremen kakalih wahu. Sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan kondur.

Saweneh ing priyantun sampun maha ambawur prakawis ing mangke sampun kaundur ing palenggahanipun saha sampun kapapanaken ing kunjara. Wah sampun kasereg ing pangadilan menggah ing kalepatanipun prayantun wahu. Kados ingkang sampun kawentar ing ngakathah. Sampun amaha nyalingkuh suraosipun praboting prakawis pangangkahipun saweneh ing pasakitan ingkang pancen awrat patrapanipun namung anampenana patrapan entheng. Kilap tumuwuh saking punapa. Embok bilih katamanan tatembunganipun duta sandi. kasrampang ing balang ingkang warni bunder gepeng. Supados dadosa cihna pangenget enget ing wingking. Tumrapipun dhumateng para priyantun mugi pangadilan angrampungaken prakawis wahu. Tan mawng dhateng tiyangipun awit kacariyos prayantun wahu. Taksih kulawarganipun saweneh ing para ageng.

Nalika malem septu ingkang kapengker punika. Wanci jam sakawan enjing kampung bathangan katuwenan durjana. Ananging boten saged anandukaken kredyatipun awit griya ingkang kaangkah pageripun santosa. Ewadene pun pandung teka tansah angoncati sedyaning tyas awon lajeng angangkah kabesminipun ing griya. latu inggih andados sarehning suwaranipun agumrubug ingkang gadhah griya kaget lajeng medal rahayu saged adamel sireping latu. Ananging boten saged amikut pun pandung.

Kala malem salasa kaping. 6. Wulan punika. Mas ngabehi duta waskitha. Griya kampung tempen baturana. Gadhah damel tetakan ananggap wayang. Kinten jam sawelas griyaning tangganipun kaleres pawon kabesmen ananging inggih namung pawon satunggal wahu ingkang telas kilap jalaranipun. Wonten malih ingkang amemelas sanget anama mas rongga wirya pamilih griya ugi miji pinilihan kala dinten senen angungdhuh panganten ngiras amanggihaken panganten ugi sami anakipun mawi pasamuhan nayuban dintenipun rebo nyunataken netakaken malemipun kemis nanggap wayang dhalangipun kyahi banyak wanci jam 4 griyanipun kabesmen telas-telasan sadaya. O sakalangkung rame uyel-uyelan cerekipun para tiyang ingkang anakipun sami ningali utawi oter bilunglunganipun para tandang waringuten riwut lir gabah den interi. Wayang gongsa katututan ananging kathah ingkang pating bacecer saking gugupipun wasana griya bebas sadaya. Apung meleng griyanipun mas rongga wirya pamilih piyambak barang barang sambutan kathah ingkang dereng genah. Kintunan.

Yogyakarta Amarengi ing dinten senen tanggal kaping gangsal wulan punika. Putra dalem pambajeng rahaden mas gusti kadyat kaundhangaken ing ngakathah. Bilih sampun kapareng ing karsanipun kangjeng gupremen ing tembe badhe anggentosi jumeneng dalem menggah pasamuhanipun makaten enjing wanci pukul sadasa. Kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu surya dilaga. Tuwan militer komandhan tuwan asisten residhen para opsir. Tuwin para tuwan tuwan mardika. Sami angalempak ing dalem paresidhenan nunten sami anglaran dhateng siti inggil sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng sultan kalihan kangjeng tuwan residhen sampun sami lenggah wonten ing siti inggil sinewa para pangeran putra tuwin santana dalem tuwin para abdi. Saha para wadya dalem sasampunipun sami atata lenggah. Nunten tuwan juru basa ing

1 ngandikakaken dening kangjeng tuwan residhen amaos nawala dalem sri paduka kangjeng tuwan besar. Ing ngundhangaken rahaden mas gusti kadyat ing tembe anggentosi jumeneng dalem sasampunipun dipun kaping kalihi ing tembung jawi dening rahaden adipati. Nunten mas pangulu babiyantonan para abdi dalem ulami. Sujud andongakaken panjenengan dalem. Sasampunipun kendel sakedhap nunten sugata minuman sumaos menggah kondhisi kados adat. Nahenta sakedhap sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng sultan kondur angadhaton kakanthi dening kangjeng tuwan residhen ginarebeg para ageng. Sareng sampun nunten kangjeng tuwan residhen pamit medal.

Sarehning pawartos ing inggil punika. Anggenipun kula methik saking serat pawartos walandi. Embok bilih wonten lepatipun mugi ingkang ageng pamuwungipun. Juru ngarang.

Sampun sawatawis laminipun wonten pawartos bilih karaton ing ngriki badhe kapasangan dilah elektri siteit kandhegipun wahu namung awit dereng kacondhongan ing arginipun ing mangke sampun kapareng ing sahandhap sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng sultan pramila pamasangipun dilah wahu nunten badhe kaawitan.

Rembag prayogi. Sae dipun ayoni Sakathahing sasakit ingkang nyemplahaken ing manah. Utawi amewahi cacah ingkang karaosipun anyrambahi dhateng saranduning badan punika boten wonten satunggil kados sakit mengi. Ingkang sampun kula alami. Ing dalem sawulanipun kumat sapisan utawi kaping kalih. Dene ingkang dados tandhanipun badhe kumat padharan punika karaos mayak mayak ambekan sesek manawi sampun karaos liwung tuwin badhe nuntak punika tebih saking pangajeng ajeng yen sageda sumerep soroting surya dumugi ing dinten benjing enjing. Kawontenanipun amung cape sarta jengkel dene ponca driya ingkang taksih rumaganag ing kawajibanipun kantun kalih prakawis mripat kalayan kuping. Hawa nafsu cumepak sanget yen mireng swara radi sora sawatawis mripat punika mondar mandir. Kedah kurdha utawi triwikrama kemawon ananging punapa inggih kadugen. Boten amargi sajatosipun boten teyeng. Nyablek lemut kemawon boten pejah. Manawi tiyang sumerep kawujudan kula nalika kumat embok manawi boten amokalaken saking criyos kula ing inggil wahu. Wondene bab jampi sampun pinten pinten ingkang kula ayoni. Ananging sami kalis kemawon malah pangupados kula kantos muyet dereng pikantuk satunggil ingkang mulyakaken saking judheging manah kedah boten kapupus dhasar saking cariyosipun tiyang sepuh yen sakit turunan mangkaten punika boten saged saras babar pisan dados pupuntoning manah amung anjagi badan murih amayaraken tuwin anglandhungaken masanipun kumat ing sawatawis. Dereng antawis satahun kula pinuju kumat ing wanci enjing kula katumuwan sobat kula para tuwan welandi. Rencang kula pratela sayektosipun bilih kula sawek kumet mengi. Tuwan tamu wahu saking sumeket kalayan pancen satya pamitranipun dhateng kula. Sanajan kula sakit rencang kula kapurih sanjang yen piyambakipun ingkang dhateng. Sarta bekta tamu satunggil kula dipun prasabeni sampun ngantos rikuh utawi pakewet awit saking kadarmanipun malah badhe mitulungi jampi. Kala samanten sanajan kirang pantes anggen kula badhe nampi tuwan tamu. Ewadene saking kapencut kula saras dados rencang kula purih ngancarani dhateng griya. Sareng sampun lumebet saking sesekipun ambekan kula. Kantos boten saged hurmat ingkang minongka hurmat kula amung mingset saking palenggahan kula sakedhik suprandene menggah menggeh. Kantos boten saged ngacungaken tangan tuwin angsung pambagya. Amung kedhep kula ingkang minongka tondha ngaturi wilujeng rawuh. Tuwan tuwan wahu wangunipun inggih sampun nampeni karejeting manah kula. Malah semunipun boten mentala andulu anggen kula ngagak-agak mangkaten panginten kula punika boten lepat sawek sakedhap kemawon lajeng nedha rilah lenggah ing jawi. Boten watawis dangu rencang kula malebet ing griya. Wawarti yen tuwan tamu sampun kundur. Malah pyambakipun dipun ken dherekaken bekta serat kitir. Lajeng kapurih tumbas jampi dhateng kamar obat sapunika sampun angsal saking wawarahipun kaunjuk kaping tiga sadinten sasendhok ageng. Saking kapengin kula saras lajeng kula ayoni. Kula ngunjuk sapisan lajeng karaos agenging tulungipun sareng wanci siang ngunjuk malih. punika lajeng karaos baliyut tumunten kula tilemaken dangunipun kawan jam sareng tangi bingah sarta gumun kula tanpa upami. Dene boten nyana pisan pisan yen sakit kula mengi saras babar pisan mila saking bingah kula lajeng lenggah ing pandhapi. Boten watawis dangu sobat kula para tuwna welandi ingkang dhateng enjing wahu dhateng malih. prelu amung tuwi kemawon sareng sumerep ing kula sampun lenggah ing jawi. Sarta ical labetipun ing sakit sami ing kagetipun kados inggih boten nyana. Yen jampinipun mitulungi mangkaten wawarahipun dhateng kula. Sanajan sampun kayektosan menggah prayoginipun jampi wahu. Ananging langkung prayogi bilih mawi anjagi sarira.

2 Sampun kantos lenggah ing jawi. Saenipun lenggah ana ing griya kemawon mawi ngupadosa enggen ingkang hawanipun anget amargi ingkang kalimrah atasing sasakit wahu. Bilih kasrepan utawi katampek ing angin awon tumunten kumat ingkang punika kula estokaken dumugi sapriki anggen kula boten kumat sampun sadasa wulan mongka saderengipun kula angsal jampi punika. Dipun genjer kemawon para priyantun ingkang mriksani criyos kula punika amesthi sampun saged nginten piyambak menggah panrimah kula dhumateng sih pitulunganipun sobat kula para tuwan wahu. Dene kantos saged ambirat kasengkelan tuwin kasusahan ingkang badhe sumandhang ing gesang kula. Pitulungan ageng ing atasipun dhateng badan kula mangkaten punika. Sampun asring asring kemawon kula damel kokojahan kalayan konca sanak sadherek tuwin pitepangan kula. Temahan wonten ingkang kapilayu tumut jajampi. Ugi andadosaken sarasipun wondene jampi mengi ingkang kacariyosaken wonten pustaka warti wedalipun bra martani kemis kaping 16 nopember. 1882. Ongka. 46. Punika embok manawi tunggilipun ingkang kula damel jampi rumiyin saestu ageng paidahipun ing atasipun dhateng kula. Wasana para tiyang ingkang gadhah sakit mengi. Prayogi angayoni mawi jampi wahu. Bilih kapengin gunanipun ingkang maluyakaken. Ajar ngabdul padail.

Kula sampun maos serat panjurungipun ingkang sisilih nama jaka semangun ing ngurawan kapacak ing bra martani ongka. 10 tahun 1882. Karengga ing sekar asmaradana tigang pada. Suraosipun minta barkahipun para sarjana supados anerangna sababing saganten manawi bena utawi surud ingkang mengkaten wahu sarehning kula punika tiyang bodho sampun angakeni ing busuk kula. Griya kula satengahing wana. Dereng sumerep unggah ungguhing tata krama. Dalah rare kemawon saged anyaru ing tindak tanduk kula. Langkung malih dhateng wardining tembung tuwin patraping panyerat dereng saged anganggit anggit sekar. mongka sedyaning manah kula badhe tumut ngempyangi anjawab sualipun priyantun ingkang sampun kawical saged boten langkung bilih wonten gangsuling tetembungan kula mugi sampun kirang pangaksama. Mengkaten ugi sarehning panjawab kula punika tuwuhipun saking pangawur mila panjenenganipun jaka semangun mugi anganggepa temebl betah kemawon rumiyin sokur ing tembe bilih wonten sajatining sarjana ingkang karsa anjarwani ing sanyatanipun kula inggih ugi badhe tumut anjereng karna. Pamanggih kula mangkaten sababing benanipun saganten punika awit saking katarik daya panggendengipun rembulan awit rembulan punika sami sami wujud panggenanipun kalebet celak piyambak kaliyan bumi. Mila saganten punika bilih wulan enem utawi sepuh benanipun manawi siang. Awit parnahing rembulan tunggil kaliyan surya. Dados manawi siang saganten kaungkulan dening wujuding rembulan andadosaken munjuking toya saganten jalaran katarik saking daya panggendengipun rembulan wondene bilih wulna tengahan manawi surya wonten sangandhaping bumi rembulan wonten sanginggiling bumi dados ajeng ajengan mila bilih wulan tengahan punika benaning saganten manawi wanci dalu. Awit saganten anggenipun kaungkulan rembulan manawi wanci dalu. Dene manawi saganten pinuju surud toyanipun mili dhateng panggenan ingkang bena mengkaten ugi kosok wangsulipun sampun namung punika pamanggih kula leres utawi lepat kula sumongga. Anjawi saking punika bilih sarju ingkang kalayan lumuntur ing panggalihipun jaka semangun kula nyuwun barkah seserepan sarehning dinten ageng welandi tuwin cina punika wonten ingkang boten ajeg dhawahipun ing titi mongsa. Menggah pangetangipun dinten ageng kakalih wahu wawatonipun kados pundi. Mugi panjenenganipun jaka semangun tumunten aparinga katerangan ingkang cetha tetela nglumuhi tiyang bodho kados pun kula. Sanget ing pangajeng ajeng kula. Dhudha abunawas ing wana roban

Manawi andadosaken dhangan ing panggalihipun mitra kula ajar ngabdul padail kula nyuwun seserepan sanajan tumrapipun ing mitra kula bok manawi kaanggep remeh ananging ing atasipun tiyang bodho kados kula punika sampun angel kados ta tembung dwi purwa punika leresing panyeratipun sandhangan suwara punapa tumut karanggkep punapa boten kaserat guguyu. Titiru. Leres pundi kaliyan guguyu titiru. Mugi mitra kula aparinga wangsulan. Nama kula gajah tinalikung.

Candhakipun ringgit cina // sira iku sik kuwi piniji laku. Gek tan antuk karya. Satemah ngisin-isini. Dyan sik kuwi mesm nembah sigra mangsah. // wadya dulu yen arya sik kuwi magut. Surake gumerah. Saweneh sami ngrasani. Si pik bun alah ika mongsa wurunga. // tinalikung sabab sik kuwi yen bendu. Mijil prawiranya. Mongsa nakelar nadhahi. Siji iki dhasar gagamben priyongga.// guyu guyu kang ngalembana kumrusuk. Yata kawarnaha. Kang mangsah raden sik kuwi. Prapteng rana wus panggih ayun ayunan. // bun amuwus heh sik kuwi sira

3 magut. Mapag yudaning wang. Apa kelar anadhahi. Ingsun gada sanadyan sira kelara.// nora wurung mesthi mengko remak rempu. Dyan sik kuwi mojar. Payo tibakna den aglis. ingsun icipane ing karosanira.// sigra mupuh buna ing ngantep sumiyut. Sik kuwi tangginas. Gadane bun a ginitik. Dening bindi gadane bun a malesat.// temah ucul saking asta gada runtuh. Tumibeng ing kisma. Arya sik kuwi sru angling. Heh pik bun alah juputen gadanira.// aywa gugup ingsun ora aprang rusuh. Sira sun godoha. Yekti ajur awor wedhi. Nanging ingsun sinebut dudu prawira. // dyan agupuh bun ngambil gadanipun.gya malih anggada. Nadhahi arya sik kuwi. Tangkis tanggon astanira datan obah.// selang gumun pik bun amalengleng muwus. Heh sik kuwi sira. Yekti punjul ing sabumi. Ngendi ana satriya nom durung mongsa.// karosan mu padha karo gajah ngamuk wingi gogi macan. Kuwate angliliwati. Tikel telu meksih banget rosa sira. // payo ingsun wangwasen gadanen gupuh. Sik kuwi tangginas. Pik bun asigra ginitik. Tangkis gada nging kawratan gada kuntal.// mingak minguk sik kuwi sigra anubruk. Pik bun asru kagyat. Sinikep tan bisa osik pinusara kinontha kadi srinata.//oo// raden bun a asru ngucap payo patenana mami. pinusara temah wirang. Wus jamak wong kasor jurit pinaten luwih becik arya sik kuwi lon muwus heh pik bun awruhanta. Marma sira tan sun lalis wit karsane jeng gusti narendradhu[ ].// sira lan sakadang ira. Tanapi tumenggun pikin tan pareng yen pinatenan raja putra lintang asih. Pinurih nungkul aris angmongi raja sunu. Heh bun alamun sira. Nuruta ing ujar mami. manira arsa uninga. Mring la ling ong raja siwi. Nungkul katemu wuri. Yen wus prayoga ing rembug arya sik kuwi sigra. Pusara wus den uculi. Gya nging ngirit pik bun a nurut kewala.// wadya lit surak gumerah. Unggul dyan arya sikuwi. Mungsuhe kena binandhang. Kikinthil munggeng ing wuri. Laju binekta manjing. Mring beteng tatarub agung. Unggyannya raja putra. Lenggah patarana rukmi. Ginarebeg upacarane karajan. Taksih wonten sambetipun.

4 0ngka kaping: 11 Kemis legi kaping. 6 jumadi lawal ehe 1812 utawi kaping. 15 Maret 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kagungan dalem kareteg ageng ing bayalali sampun meh rampung panggarapipun kareteg ing kedhung kopi. Tuwin kareteg enem ing klathen saha ing ngampel nunten sami badhe kagarap sadaya wahu anelakaken kawekelanipun abdi dalem arsitek sapunika. Dados kandheg ing panggarapipun kagungan dalem kareteg-kareteg kala rumiyin namung tumuwuh saking ketheripun abdi dalem arsitek ingkang kaundur. Ing mangke ingkang taksih katingal risak kagungan dalem margi ageng. Sanadyan para tiyan sanget ing panrimahipun andulu kawontenanipun ing panggarapipun kagungan dalem kareteg kareteg ing mangke. Ewadene taksih kathah ingkang sami anggarundel awit kawontenanipun kagungan dalem margi ageng.

Nalika dinten senen kaliwon salebetipun wulan punika. Wonten sawenehing rare alit kakinten ngumur 2 tahun anakipun tiyang anama embok mita ing dhusun tinggen bayalali. Wanci siang aleledhang wonten satepining dhusun pinggir lepen pinuju mentas jawah deres ing ngriku pun rare wahu lajeng kabalabag kentir ing lepen ananging boten wonten ingkang sumerep ngantos sawatawis tebihipun pun rare kasangsang wonten ing dhapuran deling. Ananging sampun pralaya. Ing ngriku wonten tiyang pinuju anebas katela. Sumerep bangkening rare sangsang ing dhapuran deling. Sanalika lajeng kaentasaken kabekta dhateng sabin ananging para tiyang ingkang wonten sabin wahu dereng sumerep sinten ingkang darbe yoga. Ing ngriku lajeng angungalaken tondha gundhala titir pun bangke sinigeg kocapa embok mita ingkang sawek pinuju anutu pantun wonten ing griyanipun mireng swaraning titir sarta miyarsa wartosing para rare bilih ingkang dipuntitiri wahu rare kentir ing lepen sanalika embok mita angupadosi atmajanipun boten pinanggih lajeng amurugi panggenaning titir wahu. Sareng dumugi ing ngriku wasana yektos ingkang karubung para tiyang wahu atmajanipun sampun palastra. Amargi boten saged anahanaken raosing manah saksana kantaka lajeng karapu tiyang kathah. Ingkang andadosaken bingunging para tandang dene lajeng anggotong wujud bangke kalih kabekta dhateng griyanin wondening embok mita wahu enget sakedhap kantaka malih. enget sakedhap lajeng kantaka malih. ingkang kantaka datan winarna pun bangke rare lajeng kakubur saparlunipun wonten ing kuburan sawetan dhusun. Sareng wanci sonten taksih jawah deres embok mita enget anggagapi atmajanipun boten wonten sanalika embok mita lajeng kesah saking wisma angupadosi atnajanipun anjujug ing kuburan ing ngriku lajeng tilem angangkahi atmajanipun ingkang sampun kakubur sarta mawi dipun kemuli salendhang ipun kocapa pun mita jaler sumerep bilih estrinipun boten wonten mongka wektu punika sampun jam. 9. Dalu. Tur angleresi jawah deres pun mita lajeng nedha tulung tongga tapalihipun kaajak ngupadosi estrinipun sarwi ambekta obor. Kapanggih wonten ing kuburan wahu. Ananging kaajak mantuk embok mita boten purun kaleksananipun dipun glandhang ing tiyang kathah. Dumugi sapunika embok mita kados tiyang ewah. Kintunan Serat pawartos lokomotip agyaraken wonten ing pabaratanipun makaten andadosaken suka renaning manah kula. Amiyarsa bilih panjenenganipun adipati ing barebes rahaden mas arya condra nagara. kalunturan sih nugrahanipun kangjeng gupremen. Wonten kalih tahun punika laminipun adipati rahaden mas arya condra nagara. saking kudus kapindhah dhateng ing barebes punika anuwuhaken kaloking dur nama dhumateng adipati ing kudus ing mangke kangjeng gupremen sampun amarengaken angwedharaken parimarmanipun dhumateng adipati ing barebes temahanipun makaten wahu amulihaken karuhuranipun rahaden mas arya condra nagara. mandar kangjeng gupremen adawahaken sabda pangalembana dhumateng adipati ing barebes anggenipun amurih indhaking raharjanipun ing kabupaten wahu. Sampun ngantos kandheg kaanteban ing salajengipun ewadene kangjeng gupremenugi andhawahaken dhumateng rahaden mas arya condra nagara. kalilan amilih wangsulipun amangreh kabupaten ing kudus utawi lulusipun

1 mangreh kabupaten ing barebes ananging saking pawartosipun ingkang yekti. Rahaden mas arya condra nagara amung acumadhong lulusipun anggening mangreh ing barebes. Kabupaten wahu pancen ageng. Ananging taksih kathah ingkang kikiranganipun ingkang bilih kabudi daya saestu angindhakaken ing kawontenanipun ing ngriku. Ing salebetipun kalih tahun punika. Kaereh ing rahaden mas arya condra nagara. kabupaten wahu sampun kawistara kathah indhakipun pramila ing saestonipun rahaden mas arya condra nagara tan kaguh badhe amungkasi. Ingkang sampun dipun wiwiti tumrapipun indhaking raharjanipun kabupaten ing barebes. Kula boten asumelang bilih pambudi dayanipun adipati ing barebes ing wingking saestu badhe winahyon amanggih rahayu. Punapa malih kula ugi pitados ing tembe bilih kangjeng gupremen angwadheraken panganggepipun dhumateng kaindhakaning kabupaten ing barebes saestu mawi sinambadan ing ganjaran. Kula sampun maos pustaka warti bra martani tahun punika ongka 10. Panjurungipun ajar ngabdul padail bab anggenipun sakit mengi saged saras jalaran ngangge jampi saking kamar obat ing surakarta. Andadosaken sapinten pinten bingahing manah kula. Sabab anak kula mas adam sarpin inggih gadhah sesakit makaten ing dalem sawulan kenging kapesthekaken kumat kaping 2. Pramila kula inggih badhe nyobi ngangge jampi punika. Oweling manah dene ajar ngabdul padail boten karsa nyariyosaken jampi wahu namanipun punapa. Namung kasigeg jampi mengi ingkang kacariyosaken wonten pustaka warti bra martani kaping. 16 nopember 1882 ongka. 46. Embok manawi tunggilipun ingkang kaangge jampeni sakitipun mengi. Tembung embok manawi. Tegesipun dereng mesthi. Mongka pustaka warti bra martani ongka. 46 wahu namung nyariyosaken tuwan mahilse asade jampi sakit sesek utawi mengi. Boten kacethakaken namaning jampi wahu. Ingkang punika sanget panuwun kula sih pitulungipun ajaar ngabdul padail karsa apitaken namanipun jampi wahu kaserata aksara walandi. Supados gampil anggen kula kintun serat ing tuwan ingkang gadhah kamar obat sabab griya kula wonten ing nagari tegal sanget tebihipun dhateng kamar obat ing nagari surakarta. Punapa dene ing nagari tegal inggih sampun wonten tuwan ingkang bikak kamar obat amila bilih kula sampun sumerep namanipun jampi wahu. Kados gampil pikantuk tumbas ing kamar obat tegal kemawon. Wasana tabe kula akanthi sakathah ing kahurmatan dhumateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang bra martani tuwin salam taklim wa takrim kula dhateng kyahi ajar ngabdul padail. Kula pun pak sarpin Sarehning raracikanipun jampi wahu kadamel wados dados ing tanah jawi namung tuwan mahilse piyambak ingkang asade. Menggah warninipun uyup uyupan saha panyadenipun wonten ing gebyas satunggal gebyas aregi tigang rupiyah. Tuwin jampi wahu kenging kirimatan tahunan laminipun. Juru ngarang

Lepating ngila-ila dhumawaha ing tawang tuwang Kula angramekaken sasakehan bab saking pandangonipun mitra kula ingkang sisilih nama paminta ningsih ing ngardi lawu. Kados ingkang sampun kasbut ing dalem bra martani ongka. 5 kawontenanipun pangaran-aran saha cacah ing siti. Ingkang kanamakaken jung. Kikil bahu. Lupit iring. Idu utawi kecrit sapiturutipun sadaya. Ingkang punika kauningana mitra. Bilih anggen kula kadugi musawaratan wahu. Kok katenta saking anggen kula dados bangsanipun para pamarsudi wigya. Utawi bangsanipun amarsudi sastra punika boten pisan anging amung saking kapasang yogi. Dene kula mentas angsal cacriyosanipun ing cacah jungjunganipun siti. tumunten wonten pandangonipun nitra kula ing bab jungjungan dados pantes kabasakaken pasang yogi. Dene cariyos ingkang sampun kula sumerepi wahu kados ing ngandhap punika dodongenganipun. Kacariyos kala ing jaman kina. Ing tanah jawi ngriki wonten narendra binathara. Ageng ing kaprabonipun punika kathah putranipun ingkang kakung. Sadaya limpat limpat ing pasang vcipta sasmita saha sura suraya ing kawidagdaning rananggana. Keringan ing jagad wiryawan tetep linuhur maha sinembah sembah ing para nata liya praja. Awit saking luhuring nata saha surayaning para putra. Ingkang punika sang nata saklangkung sih dhateng para putra sadaya wahu. Dene suyut pituruting putra dhateng karsaning rama nata. amahanani luhur ing karaton dalem dupi ing antawis lami lami para putra wahu nami [ ] gundhaka jumenengaken narendra ing praja [ ]. [ ] kadadosaken ratuning para dagang . wonten dados ratuning tiyang deres wonten dados ratuning para among tani. Kathah bilih kacariyosna sadaya. Namung kapunggel pirlonipun sasampuning kalampahan karsa nata wahu jumeneng ipun para putra saged lestantun suka raharja boten wonten sangsayanipun.

2 Wahu [ ] kacariyos putra nata ingkang dados ratonipun para among tani. Apaparab prabu jaka panuwun dupi sampun tinetepaken tetep dados ratuning para tani. Para among tani sanegari jawi katimbalan sadaya. Awit badhe kapranata cacah saha [ ] genipun dene ingkang kaparingan cacah saha nami namung siti pasabinan menggah ara-ara. Wana tegil. Pagajiyan pasetren miwah dhusun ing ngadhusun sadaya boten wonten ingkang kaparingan cacah.dene dhusun anggenipun gadhah cacah jung sasamenipun wahu namung katutu saking cacah ing sabin babengkok saha garapanipun sadhusun punika. Sapinten garapanipun lajeng dados [ ] cacah dhusun ingkang gadhah garapan. Makaten ugi saking dhawuhipun prabu jaka panuwun ingkang dhateng para pangagenging among tani ing saben kala mongsa. Sampun ngantos sah sah anggenipun sami cacithak sabin anglebur wana-wana utawi ara-ara. Kalampahan wahananing dhawuh wahu ing saben pendhak kala mongsa tahun cacahipun sabin tansah mindhak mindhak utawi wewah wewah. Dene anggenipun dhawuhaken cacah saha ukuring siti dongengipun makaten. 1. crit ugi sakecrit punika sabin ingkang wiyaripun jangetan sakinjing. Tegesipun jangetan punika ider- ider [lukon lomba pigir] punika sapinten angsalipun ing garapan sakinjing kaparingan nama utawi cacah sakecrit saking garapan satunggaling tiyang. 2. Idu. Ugi saidu. Nama miwah wujuding cacah amirit saking kecrit bilih crit punika palihing idu. Utawi idu kalih crit sok ugi garapan kalih kinjing jangetanipun inggih saidu. 3. 4 lupit utawi iring ugi supit ugi sairing. Punika cariyosing dongeng miwah cacahipun mirit saking dhapuring siti pasabinan kacariyos ing jaman kina kathah sabin ingkang dumunung ing sukuning wukir wukir. Saha ing ardi ardi. Jalaran anaketi gembesing siti ingkang koncaran lebing toya tuk sendhang utawi setu setu. Iring-iring ing siti lupat lupit ing kakedhokan lajeng dados nama cacahing sabin. 4. Bahu ugi sabahu. Sahasta karya. Pundi sasabinan ingkang wiyaripun sagarapanipun tiyang satunggal ing dalem samongsa punika sapinten wiyaripun lajeng kaparingan nama saha cacah sabahu. Ugi sadamel sakarya. 5. Kikil ugi sakikil punika nama saha cacahing papaliyan amirit saking kikil satapak satapak sapalihing wujud utawi galengan 6. Jung ugi sajung tegese apikajenging ujung siti 2 bab. Ingkang sapisan ujung pojok utawi pupucuk utawi pangajeng ugi sesirah. Ujung ingkang kaping 2. Kajengipun dhateng ujung ujungan inggih ujunganipun rondhon roda mala. Ugi roning pisang. Kajengipun ujung sagalengan utawi wetah satunggal gelengan kados dalem siti sajung wahu kajengipun sagelengan utawi sasirahing gelengan satunggal mila ingkang tamtu saben sabin sajung mawi tlebekan anakanipun cacah saking cacah ingkang geleng. Amangsuli cacah bahu. Saben sekawan bahu sajung. Utawi saben jung. 4 bahu punika. Cariyosing dongeng mirit gelenganing sipat inggih sipat kita punika. Ing dalem sasirah saujung 4 bahu utawi cacah 4 dados sasirah utawi saujung inggih saujung. Cariyosing dongeng pendhak tahun tansah mindhak mindhak cacahing siti pasabinan jalarans sadaya dhusun wana wana. Utawi ara-ara tegil sapanunggilanipun sadaya tanpa cacah. Mila saben dhusun gadha wana utawi ara-ara utawi wana inggih kalajeng nama miwah cacah sakedhik. Amirit suraosing dongeng sampun tatela bilih sajung. 4 bahu utawi 4 karya. Inggih langkung saking 4 bahu inggih langkung. Cariyosing dongeng pratiwanipun prabu jaka panuwun pangagenging among tani kaparingan nama babekel kacriyos tegesipun bekel wahu kumpul utawi nglumpuk inggih punika ingkang kawajiban lapur dhateng sang prabu jaka panuwun bilih wonten indhaking cacah para pasabinan dalem sawawengkonipun saha kawenangaken anglempakaken pajeg dasanipun para among tani. Dene pangagenging dhusun nalika jaman sumanten pangakatipun nama ulu matsma. Gumelaring dedongengan ingkang sampun kula aturaken ing inggil samangke kula sumonggakaken ing lugonipun ingkang cumanthel ing patrageng Sinerat tanggal kaping. 3 pebruwari 1883 katandhan kanthi dekunging panyarik Wreda waka

Pangungun // mijil. Wus salamai lumayaning riris. Ris aris raras don. Don darodos derese ngereceh. Receh yayah tansah sarira tri. Truh trang sawatawis. Wus emeh tanpa wus. // tar kumenyar hyang kalandaragni. Nira darumi mong. Remeng remeng ngalemeng lir tyase. Sang sungkawa kawangkungen sedhih. Sidhine matis tis. Katetesan lamuk.// windakara kara tan wiyadi.gurnita gumerot. Mirit ngirit wagyut gyutnya leret. Larut kerit maruta mawredi. Sumawur ing wresti tumurun gumuruh.// mring pratala tela-tela pulih. Tan belah

3 malowoh. Linaweyang kebat rumambate. Dhukut dheket susuket ngraketi. Katon sami semi. Semu ledhung ledhung.// taru taru taruntum tumruni. Mareneng rumompyoh. Rompyoh rompyoh sumyah pradapane. Pana maya maya angyomi. Muyeg mayah wayi. Riyah riyu riyu. // ngalang ngalunglung lungan ngalilir. Mulur tumalolor. Lir sumilir kasilir salire. Seselan salin salageng sari. Sarupa rentil. Munteling kukudhup.// kedhan kedhap sakedhap makincip. Emudem mwang mekrok. Mekar sekar kalukar kekere. Mingkaring kang rum rum marum sad pada angudi. Ngideri sariron. Rumancana cinawuk madune. Ambrengengeng bramara mangririh. Rongeh ngarih-arih. Ngarah lir mangungrum. // wus kawewes wasana nglelentrih. Trah runtuh anggogrok. Gogrok gagar wigargrah segere. Garing malbeng lelebak si warih. Sring kasrang ing angin. Wangune angalun.// dalu sora swarane kapyarsi. Samya thing tareyot. Theyot theblung jebamblang si bancet. Bacut ngungkung ngangkang kungkang sangking. Sakeh katirtas tis. Tising tyas mancungul.// tuwuh tangi pangunguning galih. Luluh sru salah ton. Tom tomen tyas samangke na maneh. Teka dadak talebik talebik. Salong kataman gring. Ja lara owek sur. // yekang kasep tan antuk usadi. Sadina galoso. Lesah nulya puput ing yuswane. Ingkang limrah makaten para lit. tur pangruktyeng jisim. Tan sampet rinasuk. // sanak kadang pra samya nangisi. Susahe tumpang so. Ulun dulu miluluh sedhiye. Amiyagah tan daya nayuti. Yutan maring ati. Ngatara kawetu.// watosing tyas manawi manawi. Lalara dalondong. Kadya ingkang wus kalakon biyen. Pamujamba ring sang inastuti. Pajampuwa gusti. Mring dasih sawegung.// tinepetna sasarengan urip. Ngripta utameng ros. Rosing karsa yekang samurwate. Katekana paripurna titi. Pangomong cariwis. Muwus tanpa dhapur. // mung kapur bapa ngunguning ati. De mentas kimawon. Wonten lalara kolerah gedhe. Yeka mongka tanpa tiwi gati. Panggitanirami. Minongka panjurung. // lan males sih siye sang ngwasani. Pustaka pawartos. Tuhu wira wirotama ing reh. Reh susanta sanityasa jrenih. Leket lukita di. Sudibayambek putus.// siswaning sang juru gubah pamiluta.

4 0ngka kaping: 12 Kemis pon kaping. 13 jumadi lawal ehe 1812 utawi kaping. 22 Maret 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kangjeng tuwan sepan residhening banten ingkang wahu asisten residhen ing ngriki. Kinugrahan ing bintang nederlan seleyo. Tuwan pan dhen bor ingkang wahu asisten residhen ing kalathen ingkang nunten pamit dhateng eropah. Ing mangke kakarsakaken wonten ing bayalali. Dene tuwan alewen asisten ing bayalali kapindhah dhateng ing nagari. Mentas punika panjenenganipun tuwan kemer prayantun insepektur. Pinatah anguningani pamulangan jawi ing tanah jawi peperangan tengah. Amirsani dhateng pamulangan jawi ing raron menggah bikakipun pamulangan wahu. Maligi tumuwuh ing kredyatipun ingkang angereh. Inggih punika pun sura ardaya. Ingkang wahu mantri pulisi ing bayalali. Panjenenganipun tuwan kemer sanadyan boten angwedharaken tatembungan pangalembana. Ananging kawistara bilih sanget amangayu bagya. Dhateng kawontenanipun pamulangan wahu. Andulu bilih pamulangan wahu pancen amigunani. Ing mangke kula acumanthaka ing ngabyantaraning para ruhur. Mugi karsaha nyaruwe dhateng pun sura ardaya wahu. Awit tumrapipun amikantuki dhateng ing liyan anuntuni dhateng padamelan sae.

Raja pejah anggigirisi Ing nalika dinten setu legi tanggal kaping. 10 maret 1883. Ing wanci enjing sampun kasumerepan ing para tiyang kathah. Bilih ing slokanipun pakopen ing bulu rubuh. Bawah pamaosanipun tuwan ing karang jati [ kaliyasa] wonten tiyang pejah kapendhem ing slokan wahu amung kawistara sukunira acungat-cungat. Semunipun lir asung adani mring para wajib. Wahu ta tutur tumutur ring pawarti ngantos dumugi kang kuwajiban istu. Inggih punika ingkang ginadhuhan angreksa tata tentreming samandhala ngriku. Saksana para demang panatus utawi bekel. Ingkang kasiten sami titi pariksa. Sadhatenging prenah kyahi demang panatus sakarereyanipun tatela ing pamirsanipun kados ingkang kawarti. Jisim ingkang kapendhem wahu lajeng kabongkar. Wujuding jisim tiyang jaler. Panganggenipun kathok thok. Lan rasukan kuthungan. Sak ing rasukan isi kinang sakenyeh lan kacu mawi urik kuping kuningan. Iket bathik latar cemeng tinutupaken ing mukaning bangte. Sareng iket wahu binuka byar kawistara. Yen palastra mawi anandhang kanin. Sangandhaping kuping kang kiwa tatu pedhang dumugi nguwang. Cangkem cinoblos ing dadamel. Bathuk pilingan remek bran dening braja suka lila. Wujuding rahi sasat sampun sirna sipatipun. Jalaran saking remeking tatu utawi dinudul ing ngabu. Nalika kapirsa wahu kakinten sampun wayu. 3 utawi 4 dinten. Sareng sampun resik pamirsanipun jisim lajeng titi pariksa lacak kiwa panengening jisim wahu. Ing ngriku wonten tabet. 2 panggenan. Kang satunggal tabet tilasipun idu gedubang. Aracah racah. 4 panggenan. Larasipun kados tiyang jagogan. Kang sak panggenan malih tabet dhukar dhukar ring siti kaemper ingkang kangge ponca kara bewala yuda. Tilas kalih p anggenan punika sadaya boten patos tebih lan panggenan gumlimpanging bangke. Telasing pamariksa prepat sampun dhateng sadaya. Katiti bab ing jisim sami selak boten gadhah waris utawi dereng sumerep dhateng bangke wahu. Jisim nulya pinari purna kados ngadad. Ingkang dipun gumuni ing akathahingali labetipun teka kawistara jenak. Utawi dinugi bilih pejahipun bangke wahu dipun kaningaya ing patrap pala cidra. Awit katingal jenak ing patrap jagongan sami nginang. Dados sanes bangsanipun durjana utawi begal. Pancen sedya angimpes. Pramila samngke pujining ngakathah abdi dalem ingkang kawogan ngupados talesih. Tumunten angsal gunging begja kanugrahan saged mikut ponang dur duskarta. Ingkang ngantos dados kapararenging nagari. Buta salewah pajang

Ing nalika kaping. 5 maret tiyang nami embok tika griya ing bareng bawah dhestrik kitha klathen. Ing wanci siang pinuju ngliwet sarta kasambi momong atmajanipun nami pun sidin sawek umur. 2 tahun.

1 Sareng anggenipun bethak wahu sampun wayahipun anajini. Pun rare lajeng kaumbar kemawon embok tika lajeng anajini kawadhahan ing pengaron kendhil lajeng katumpangaken ing keren malih. saking lenanipun embok tika wahu rare lajeng amurugi pengaron wadhah tajin dhawah sirahipun kalebet ing pengaron sareng embok tika sumerep lajeng malajengi sarta dipun junjung. Ananging pun rare sampun palastra. Amargi kuliting rahi nglonyom kados dipun beset. Embok tika sareng sumerep bilih atmajanipun sampun palastra lajeng anjrit dhawah ing siti boten enget. Gulasaran neng siti sambat mlas asih. Dhuh atmajaning wang. Sidin dene anemahi. Sira tumekeng praya. Tetangganya kang mireng pra sami prapti. Angrapu mbok tika. Ing tembung manohareng sih. Sih ira sang murbeng jagad. Wit wus pesthi tinekdir pati uriping. Manusa punika. Sumendhe karseng hyang widi. Wus tan kena gumingsira. Sareng pak tika tuwin embok tika sampun sahantawis lilih mayiting rare lajeng kakubur kalayan sae.

Ing nalika tanggal kaping. 10 wulan punika ing dhusun jethis bawah dhestrik kitha klathen wanci jam 5 sonten sawenehing tiyang nami embok ira setika. Pinuju angemban anakipun sesepan badhe angundang anak kapenakanipun nami pun glondor. Kapurih angundhuhaken klapa. Sareng pun glondor dhateng embok ira setika lajeng wicanten mangkaten thole kowe tak kongkon ngundhuh krambil siji bae arep tak enggo kelan mengko yen wis mateng kowe dak wenehi. Wangsulanipun glondor inggih sagah. Namung manawi janganipun mateng badhe nedhi saking sakedhik kadamel lawuh. Bok ira setika inggih nyagahi saking pamintanipun glondor wahu. Saha lajeng malebet ing griya angraciki bumbuning janganan sareng sampun rampung pangracikipun embok ira setika lajeng medal sumedya angenggalaken anggenipun aken ngundhuh klapa. Ing mongka klapa ingkang kaundhuh dumunung wonten sangajenging griya. Sareng embok ira setika medal saking griya kirang prayitna. Boten ningali uwit klapa. Ingkang badhe dipun undhuh. Mongka pun glondor sampun ngedhangkrang wonten ing papah klapa sarta nalika menek boten mawi criyos bilih ingkang badhe dipun undhuh klapa ingkang dumunung sangajenging griya. Punapa malih anggenipun dhawahaken klapa boten ningali mengandhap. Mila sareng embok ira setika dumugi sangandhaping wit klapa kasarengan pun glondor nibakaken klapa saking nginggil embok ira setika kadhawahan pilinganipun ingkang tengen sanalika dhawah ing siti lajeng boten enget anakipun ingkang dipun emban tumut klenger. Jalaran dhawahipun embok ira setika angebruki atmajanipun ingkang dipun emban sanalika tongga tepalihipun sami dhateng tandnag tulung. Ananging embok ira setika saanakipun taksih ginantungan umur panjang dumugi sapunika sakitipun sampun waluya. Ananging namung cuwa ing panggalih dene boten saestu dhahar jangan namung pilinganipun ingkang dipun popok ing bobok.

O para karuh kula ingkang sami ginanjar pangkat tuwin kang sami ginanjar sugih busonarta. Mugi sampun sami katungkul ngrenggani ing kawiryawan nanging sami dipun ngatos-atos awit ing mangke saking pamireng kula gampil temen srananipun tiyang ingkang purun damel sangsaraning sanes inggih punika kawontenanipun para mretanggel tiyang nyambut damel alus boten saged nyambut damel kasar boten sae. Badhe mandung ajrih paukumaning nagari. Kalampahan sami purun nempuh andhasaraken sumpah. Jalaran katimbang kaliyan nyambut damel sanesipun kapara mikantuki wade sumpah wahu. Sanadyan pamadenipun kalayan plajengan nanging sampun ta bilih satunggal sumpah saged pajeng 30 rupiyah. Agengipun malih dhateng 50 rupiyah. Tur rupiyah ngalih welas uwang. Witne bilih panuju kenceng satunggal tiyang kimawon ngantos kasumpah kaping tiga. Jalaran anekseni prakawis tigang bab makaten malih tiyang ingkang sami gadhah pahitan akulak sumpah. Sanadyan bucal arta 50 rupiyah. Agengipun 100 rupiyah. Nanging badhe ngangkah angsal ta arta. 1000 rupiyah. Apesipun 500 rupiyah. Pramila pamuji kula mugi para karuh jinangkunga ing kaprayitnan bilih sambut sinambut tumbas tinumbas tampi anampekaken barang kedah enget kaseksekna dhumateng para pangageng. Supados lepata ing sandika upaya. Jalaran ing mangke sampun radi deres dhawahing saksi palsu ingkang sami sereg sinereg wonten ngarsaning padilan. Kintunan

Yogyakarta Sarehning padamelan ing partesidhenan ngriki ing mangke saya mindhak pramila kangjeng tuwan residhen adarbe atur konjuk ing kangjeng parentah ageng batawi. Supados kaparingana bantu prayantun satunggal pangkat sekretaris. Kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu surya dilaga. Kinugrahan ing bintang nederlan seleyo. Saha sampun pinarengaken dening kangjeng gupremen ing mangke ajujuluk paku alam kaping 5. Saha apapangkat kolonel anyena pateni legyunipun.

2 Kados dongeng Tiyang anama embok sandi. Ing dhusun nepen bayalali. Nalika taksih penganten inggal pancen sakalangkung bodho. Salaminipun dados rare kaunggung ing tiyang sepuhipun saweneh ing dinten pak sandi dhateng sabin amasang telik sahantukipun saking sabin angsal welut taksih gesang sakalangkung kathah. Ing ngriku welut lajeng katampekaken ing estrinipun sarwi wicanten makaten embokne thole olehku masang telik oleh welut akeh enya iki olahen iya salong edolen dianggo tuku bumbu. Embok sandi mangsuli. Sing di edol pira. Sing diolah pira pangolahe kapriye. Jaleripun mangsuli. Iya separo diedol separo dirempah utawa dijangan. Estrinipun mangsuli malih apa diedol ing warung kono bae payu. Yen digawa nyang pasar tulung kudu ngenteni besuk wage dadi kurang telung dina. Jaleripun mangsuli. Ah kok aneh temen kowe iku. Wong adul welut bae kok ngenteni wage rak ya bosok iya nyang warung kono sak payune. Wis ta aku tak nyang sawah meneh mengko saulihku saka sawah uwis mateng. Kocapa kang jaler dhateng sabin bok sandi lajeng anampeni welut wahu sarehning pancen dereng saged olah-olah bok sandi pitaken ing tongga tepalihipun mangkaten embakyune wong ngrempah welut niku kepripun karo jangan wong kula dereng tahu. Wangsulanipun ingkang dipun pitakeni mangkaten iya didheplok dhisik dicarub karo krambil banjur digarang. Dene jangan iku gampang bae yen wis dibumboni iya dicemplungake. Ing ngriku embok sandi sampun anganggit lajeng mantuk welut kabagi tiga ingkang sabagiyan kasade ingkang sabagiyan karempah ingkang sabagiyan kajangan wondening patraping anggenipun angrempah mangkaten welut taksih gesang kacemplungaken ing lumpang kasareng kalayan kalapa. Lajeng kadheplok anaging boten saged ajur amargi saking lunyunipun malah pating panculat sami medal saking lumpang. Lajeng dipun kukubi kagarang taksih wujud welut ananging sampun pejah. Dene patrapipun anjangan sareng sampun mateng lajeng kacemplungaken welut taksih gesang. Kocapa sareng jaleripun dhateng saking sabin sampun asasaji. Ing ngriku lajeng nedha ananging boten gadhah raos punapa punapa. Amargi rempah welut tanpa bumbu kajawi amung klapa tur boten saged amor boten dipun betheti.

Wangsulan katur mitra kodheng Sanadyan kula boten darbe panyipta amargi rumaos boten gadug kasebut panjurungipun mitra kodheng kapacak ing pustaka warti ongka 2 andangu katrangan kawontenanipun radyan arya brata sena. Nalika apuruhita dhateng dhanghyang drona lalampahan sapiturutipun ananging teka kapinujon sanget ing nalika wingi kula aningali ringgit wayang purwa. Ing ngriku angleresi bantahipun gahreng kalayan petruk kula kaengetan ngantos kula catheti embok manawi saged anjalari sawatawis maremipun mitra kodheng. Wondening [ ] ipun kados ing ngandhap punika. Gareng. Heh petruk salawase kowe dadi adhiku aku kok kepengin rembugan karo kowe kang maedahi. Amarga saben saben katemu mung mung tansah guguyon sabab endeme wong geguyon iku mung bakal anyirnakake sujananing budi. Petruk mangsuli. Iya bener kang gareng kandhamu iku. Ananging rasane atiku saben aku katemu kowe [ ] nyanthak sumyar apese bribil aku gela. Ewadene kowe ngajak rembugan apa mesthi ora bakal gela olehe katrangan. Gareng. Mung prakara pambudi. Nalika raden brata sena apuruhita. Angupaya susuh ing angin iku kapriye. Apa iya anging kang jarene nusuh ana ing kawah gunung rebabu kae apa ana [ ]yane. Petruk mangsuli. Ah wujudmu tuwa kok kaya bocah sasat kewanda nine. Rak gampang bae. Mula paparab raden bratasena. Brata iku laku. Sena iku kenceng. Dadi wis kanyatan manawa raden brata sena iku kang ngadhaton dumunung ing napas ira. Gareng. Iya wis bener. Mungguh olehe blengkrahi gunung reksa muka iku apa iya temenan. Petruk mangsuli. O rak gampang bae. Gunung reksa muka iku apa ta. Reksa iku rumeksa. Muka rarahi. Wis pikiren dhewe. Dene sing dunung sajroning gunung iku buta loro siji rukmuka siji rukmakala. Iya iku rukmuka hawa nepsu kang metu saka lesan rukamakala hawa nepsu kang metu saka kuping. Mula nepsu rong prakara kudu kudu dipateni dhisik upama ora bisa mateni buta loro iku mesthi ora bisa ambyur samodra. Gareng. Mungguh ananing samodra iku apa lan ing samodra endi. Petruk mangsuli. Elingku sagara malaka. Tegesi tanpa tepi. Utawa tanpa watesan iya iku layake alam kabir lan sahir. Gareng. Iya wis milu aku wong ora weruh. Bab ula kapriye. Petruk mangsuli. Bab ula iku apa ora kena kok [ ]deni ususmu bae. Angger kowe bisa mateni ususmu mesthi bisa gadug pangesthimu. Lan mesthi iku kudu dipateni dhisik yen ora mangkono ora tekan. Gareng. Patine ula dicubles kuku ponca naka banjur getihe ambelabar ngebeki samodra.

3 Petruk mangsuli. Kuku ponca naka iku ati lelima. Mula saupama ora kumpul ati lelima. Amesthi wurung lelakone. Gareng. Kok banjur katemu dewa ruci iku kapriye tegese. Petruk mangsuli. Mengkono bae kok ora weruh dewa ruci iku rak jarwa wantah bae. Tegese ruci cukup dijarwani tanpa wangenan utawa watesan amarga saka pakewuhe. Manawa iku kena diarani tembung mangkene………….. ora kena kinayangapa. Nanging mesthi anane. Gareng. Sawuse katemu dewa ruci kok banjur seje agem-agemane iku mangretine kapriye. Petruk mangsuli. Iya bener iku raden brata sena banjur agem sumping jaroting apem sakembaran iya iku kumpule kawula gusti. Sarta ngagem kampuh poleng bang bintulu iku sumurupa kang putih roh ilapi. Kang ireng roh rabani. Kang kuning roh jasmani. Kang abang roh rukani. Gareng. Tegese roh ilapi sapanunggalane iku kapriye. Petruk mangsuli. O itu tidhak bole. Dudu rembag bocah thole. Utawa dudu enggone yen akwa anggunemake. Iki wae wis cukup yen kowe arep weruh gamblange meguruwa. Dene raden bratasena banjur paparab bima suci. Iya iku wis netepi iman patang prakara. Lan banjur paparab raden wreka udara. Iku yen ora kliru. Wreka weteng. Udara. Awang awang. Dadi wis tatela raden wreku udara iku kang bisa mengkoni alam sahir lan kabir. Gareng. Ah. Kok malah kodheng rasane atiku dene kok kowe ora kena ditakoni gamblange maneh. Petruk mangsuli. Iya geguruwa mesthi kecandhak kabeh awit ora perlu gugunem bae. Wis ayo padha sowan bandara. Amarga wis suwe ana kene. Lo mitra kodheng. Sarehning dhalang dhusun tamtu kathah ingkang kalintu. Ananging sampun lewung. Kasebut panjawabipun petruk kados emperipun [ ] kedah boten kenging kagiyaraken ing pustaka warti. Wasana saking pangajeng-ajeng kula dhateng mitra kodheng saha para sarjana ingkang maos pustaka warti punika. Sampun kirang pangaksama. Mangke gek ngendika mangkaten iya anggere kondha. Wong kaya mangkene bae kok dipacak ing layang kabar. O inggih namung katimbang boten waonten ingkang mangsuli. Amargi sadaya wangsulan wahu sanadyan boten gumancleng. Kados inggih narimah. Endhang prasimasana

Minta wardi Kula sawek anggatosaken sinahu ing tembung. Punika kula ragi kodheng awit ing tembung macapat ing pungkasaning ukara boten wonten ingkang mawi pepet ing tembung ageng teka mawi. Punapa malih paugeranipun tembung tembung wahu. Punapa sampun dipun pacak ing serat yen sampun wastanipun serat wahu punapa. Sekar gadhung Bilih serat paugeran wahu pancen wonten kula ugi upados dene supados anyrambahi ing ngakathah badhe kula ecap. Juru ngarang

4 0ngka kaping: 13 Kemis kliwon kaping. 20 jumadi lawal ehe 1812 utawi kaping. 29 Maret 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kala malem senen kang kapengker ing dalem kamangkunagaran anggebyakaken titingalan ringgit tiyang. Lampahan sembadra larung. Monca warna ning tiyang ingkang dados ringgit saha endahing busananipun tur prasaja tuwin boten anguciwani. Pancen pantes yen ginelar wonten pasamuhan ageng. Wondene ingkang anengsemaken ing ngakathah. Duk rikala ri sasoma danta tenala ngningaken ponca driya. Wonten ing setra gonda mayu kadhatonipun sanghyang pramuni. Kang winastan ing kardha wahana. Mongka sang burisrawa ginodha dening lelembut ujar padhalangan winastan baju barat inggih punika dhemit berkasakan wedhon tuwin gandarwo ilu-ilu. Wadya balanira sang bathari durga. Menggah tiyang ingkang dados setanan wahu kinten kathahipun wonten 20 tiyang. Ingkang medal rumiyin rare cebol ageng alitipun sami kaliyan rare ingkang umur. 3 tahun. Lajeng medal malih agengipun sami kaliyan rare ingkang umur gangsal tahun lajeng tumruntun saben medal mindhak ageng inggilipun ngantos dumugi tiyang sepuh ingkang ageng inggilipun [ ] onjo lan samining tiyang. Makaten malih kahananing tuwin tenaga lan busananipun sanes-sanes mila saben medal adamel kagetipun ingkang sami ningali.

Kawontenaning sasakit kolerah nembe punika bribrik bribik malih. sarta ragi mindhak kaampuhanipun pundi tiyang ingkang katrajang boten saged umur. 12 jam ing kampung cina dawek kaambah namung sawatawis dinten suprandosipun tiyang cina kados ingkang pejah sampun langkung saking tigang dasa. Dene sawedalipun bra martani punika. Pun penyakit sawek kresak ledhang dhateng kampung kejawen mila para bongsa kula tiyang jawi sami ngatos atosa. Kintunan Nalika dinten malem slasa dados angrintenaken tanggal kaping. 13. Maret tiyang nami pawira griya ing dhusun methuk bawah dhistrik kitha klathen griyanipun kalebetan durjana sarana ambabah gedheg pagering griya. Nalika dursila malebet pun pawira boten sumerep pandung lajeng amendheti barang punapa malih sekul dalah sajanganipun sareng sampun angsal angsalan lajeng medal wedaling dursila kapanujon pun pawira estri nglilir. Dados sumerep bilih griyanipun kalebetan pandung. Lajeng anggugah ingkang jaler sarta sanjang bilih griyanipun wonten pandung ananging sawek kemawon medal saking griya. Saksana pun pawira jaler lajeng medal saha bekta dedamel waos lajeng amurugi tiyang ingkang pinuju patrol ing dhusun ngriku. Sarta kasanjangan bilih griyanipun kalebetan pandung nanging sampun medal mila tiyang ingkang patrol wahu kapurih ngubres salebeting dhusun margi dipun dugi pun pandung dereng medal saking dhusun ngriku. Dene pun pawira pyambak lajeng anyegati margi ingkang anjog sajawining dhusun boten antawis dangu pun pawira amireng swara kumresek aonten sahantaraning pategilan ing ngriku. Sareng kawaspadakaken terang bilih ingkang kumrusek wahu tiyang pinuju nedhi sekul kalihan jangan kawadhahan ing waja. Sanalika wahu pun pawira lajeng anggrahita bilih punika pandungipun mila lajeng dipun purugi sarta kasapa. Pun pandung kaget badhe lumajeng ananging lajeng katumbak kenging sanginggiling mripat dursila sumedya ananggulangi sarta anamakaken gamanipun sligi ananging lepat lajeng katumbak malih ngantos rambah-rambah. Sarehning boten kuwawi angraosaken sakiting tatunipun mila pun pandung lajeng ambruk tanpa galawat pun pawira sareng sumerep bilih mengsahipun ambruk lajeng kawedal susumbaripun. Ah padha yen padhaha. Dene mung samono bae bobotmu. Mongsa kuwata kowe nadhahi tumbakku iki. Dhek biyen nalika ana macan blasak menyang rene uga tumbakku iki kang dak enggo mrawasa macane banjur mati. ing sanalika punika para tandang lajeng sami dhateng sarta lajeng angungalaken titir. Mongka pratondha bilih wonten pandung kacepeng. Enjingipun pandung lajeng kagotong dhateng ing griyanipun priyantun polisi ingkang ambawahaken sadumuginipun ing ngriku boten antawis dangu pun pandung kalajeng pejah. Saking cariyosing ngakathah pandung wahu anmi pun sari. Asli saking ing dhusun pluneng. Pancen sampun damelipun amandung tuwin nayab.

1 Dereng antawis lami ing dhusun brajan bawah kabupaten dhistrik kitha klathen wonten satunggal tiyang nami mangun wijaya mandhor puter sabin gadhah patrap awon angremeni dhateng bojonipun tiyang nami karta dirya mandhor rembang tebu ugi sami ing brajan nalika mangun wijaya sawek remen inggal inggal lan karta dirya jaler dereng sumerep sareng sampun sawatawis dinten laminipun karta dirya jaler mireng bilih bojonipun dipun remeni kalihan mangun wijaya. Sanalika karta dirya lajeng gadhah kaengetan badhe males supados mangun wijaya nandhang kalingseman kados pyambakipun wusana bojonipun mangun wijaya lajeng gentos dipun remeni dhateng karta dirya. Sareng mangun wijaya mireng bilih ingkang estri nimbangi gadhah patrap awon lajeng kaatruaken dhateng mara sepuhipun sarta mawi angrentahaken talakipun satunggal karta dirya jaler sareng mireng bilih mangun wijaya amegat ingkang estri. Piyambakipun inggih lajeng anelakaken kaprawiranipun estrinipun ugi lajeng kapegat aneceki kados lelampahanipun mangun wijaya. Wusana bojonipun karta dirya lulus dados rayatipun mangun wijaya. Dene bojonipun mangun wijaya ugi lulus dados bojonipun karta dirya. Dados dumunung ijol bojo sareng kinten kinten sampun wonten nem dinten laminipun anggening mentas sami ningkahan mangun wijaya estri ingkang sampun dados bojonipun karta dirya lajeng lajeng amanggih cintraka. Antawis jam 10 dalu karta dirya jaler estri sami mapan tilem rehning taksih panganten inggal dados anggenipun papasihan anuwuhaken lena. Kasupen anggenipun dekek dilah celak kaliyan patilemanipun wusana sareng mirengaken ingkang jaler medalaken pitembungan ingkang manis arum amrih lumunturing sihing asmara. Lir sadpada anguswa sari. Antawis mawon kados nalika narpati mandraka amriyem bada ingkang garwa retna satyawati. Ing nalika badhe jumeneng senapatining korawa. Mila ing tyas dahat rena amirengaken sarta badhe anjiwit ingkang jaler jebul nyampluk dilah ingkang celak patileman wahu. Wekasan lisah lajeng balabar dhateng karta dirya estri badanipun sakojur kabesmen sadaya. Ananging boten dadosaken tiwasipun dumugi sapunika sakitipun sampun waluya. Lo saking pamanggih kula anggenipun nandhang cintraka mangkaten punika embok manawi kenging walatipun ingkang jaler anggening nimbangi gadhah patrap awon wahu. Pramila sampun tetep manawi tiyang estri nimbangi tiyang jaler asring amanggih bebaya. Kintunan.

Wonten aweneh ing tiyang anama ira semita. Ing dhusun kuwageyan dhistrik ing jati nom darbe atmaja satunggal estri anama saminah. Ngumur 18 tahun. Ira semita taksih amangangge pambegan kina. Sarehning atmaja satunggal sageda angsal jodho ingkang nyameleng kalayan ciptanipun saben dipun tontoni boten kadosan saweneh ing dinten embok ira setika agineman kalayan jaleripun makaten kapriye bapakne saminah sarehning anakmu wis gedhe kok saben ana wong nontoni anakmu mesthi ora kadadeyan iku kang kok tampik utawa kang kok pilih wong sing kaya apa. Wong sing dadi congkok nganti padha sedhih angrembukake. Jaleripun mangsuli mangkaten. Lo. Embokne gendhuk anakmu mung siji yen nganti ora kabeneran olehe laki mesthi mesakaken kowe lan aku wong niyat tan bandhani. Yen ana kang wis tak condhongi embokya nukoni iya tak lakoni dene dhek bocah gathak kae wis sedhengan wangune wekel sarta santri. Nanging jarene beret dene bocah jethis kae iya wekel becik rupane ananging dhemen madon mongsa wong bocah wiwit bubar tetek kok nganti ngumur. 25 ora tahu waras-waras dene dhek bocah ngenthak kae cacade dhemen kasukan tur kabare kerep menang nanging kok yen ana kertu wis biying bae. Bareng bocah wajong kae pancene ceceg ruoane becik tur bapakne cukup jebul jarene sugih utang cina klonthong. Mongsa kok tekene sing digembol cina klonthong bae luwih sepuluh. Bareng si anu kae cacate ana pabrik ah bocah iku yen wis kulina pabrik srawungane kok ora cecek dene kang tak pilih 1. Wong kang naluri. 2. Wong kang sugih mangerti. 3. Sing kalakuhane santri. 4. Sing ora dhemen dolan bengi. 5. Sokur sugih kebo sapi. 6. Apese wis baku bumi. 7. Sanajan rupane ala. 8. Tak tempuh yen sugih arta. 9. Kang ora laku ala. 10. Ora sumbrana. Estrinipun mangsuli. O angel kyahi. Nek golek wong sing mengkono wong jaman sak iki. Yen aku dak gawe gampang bae. Anggere temen durung duwe bojo ora madat sarta laku durjana. Dene yen main iya anggere sawatara bae. Dene yen madon janji emet emet bae. Awit wong wis lumrah. Pikiren ta mungguh wong enom orane kena dipalangi prakara mengkono. Wong saiki kowe mesthi gumun ing secayudan totogan warung pelem iku yen bengi lakuning bantingan iku wis kaya sulung. Rasane meh netepi paribasan nem dhuwit padha anjajakake kae. Kapriye ta bapakne gendhuk ana kowe wong lanang. Weruh melik melok apa ora gendheng lali. Jaleripun mangsuli. Hem embuhya ning yen aku layake ora. Estrinipun mangsuli malih. satemene pak gendhuk gonku neter-neter nyang kowe iku. Mangkene. Tak sawang sawang anakmu iku saiki kok kan brahi. Wong kalunge wis pedhot karo undhake saiki kok saben bengi metu. Jarene nyang kali. Wetikne yen nyang pasar iku tutukone mesthi kembang bongah ramping. Tak takoni jarene ngilangake sindab yen tak kongkon nyang pasar wiwit isuk iya bedhug lagi mulih. Ana wong kondha jarene kerep jagongan karo si karsa anake mandhor grobag ing gledheg malih wis sangang sasi iki ora katon garap sari. Sarta wetenge katon gedhe. Tak takoni jarene lara dhugale

2 munjuk kok sumelang atiku. Jaleripun mangsuli. Iya yen mengkono disidakake rembuge karo krajan kae bae. Besuk ruwah ngarep iki. Sinigeg ingkang arembag mantu. Kocapa pun saminah. Pancen saleresipun sampun dangu anggenipun bedhangan kalayan rare nami karsa. Malah sampun anggar bini 9 wulan saminah sakalangkung sungkawanipun amargi pun karsa sumedya anginggati prajangjinipun saweneh ing dinten saminah kapanggih kalayan karsa. Saminah anggubel nedha resiking badanipun panedhanipun amelas arsa mangkaten. priye ta. Karsa aku iki wis meteng. 9 sasi. Nanging aku ditakoni bapak karo simbok ora ngaku. Malah aku ngkau yen lelara bae. Bakal wusanane awakku kapriye. Aku jaluk resike awakku. Karsa mangsul saiki aku durung bisa mikir. Awit aku iya wedi bapak embokya kok gogrokake bae . iya besuk gampang. Saminah mangsuli. Leh mu ora nyamelengi iku nek kondha. Dadi wis meteng sanga iku digogrokake. Karo kowe embok eling gene. Nalika kowe durung katekan karepmu kaya apa. Saka gledheg nyang kuwageyan kurang saepal suprandene lijig ngisor nongka nganti limit uwong iku wis gelem mangan nangkane aja wedi gupak pulute. Karsa mangsuli. Ah sirku maune ora mengkono. Niyatku glothak glathek saminah kok gregel kena iya lowung nanging niyatku rak mung tak enggo mainan bae. Balik kowe wong wedok wong pancen apes duwekmu. Kok ngaggo lumuh nganggur. Nganti meteng maneh yen oraha dadi jlantah awakmu. Bok kowe mung bedhangan thok bae mongsa payuwa laki. Karo sumurupa wong nglakoni bedhangan kuwi. Iya remita kaya apa yen wis patang puluh dina mesthi banjur misuwur ing ngakeh. Sakdawane lurung isih dawa gurung. Sangsaya kabare iku wis tekan pasar. O jenengmu wong wadon wis wangi gonda kang arus tur ora kajen saben uwong ngicak icak sumedya anacak saminah mangsuli muring muring. E tobat kowe kandhamu mengkono karsa. Embokya aja banget banget yen dhengera kaya mengkene dadine embok ya nganti jingga nek kalakon karsa mangsuli ngarih arih. Wis ta aja nesu. Kuwi mung andhene karo aja samar. Dhasar wis kaya mengkene. Iya kecing kecing doraupi mesthi tak lakoni. Wista. Tak mulih. Ing ngriku sampun sami mantuk ing griyanipun piyambak sareng dinten slasa tanggal kaping. 20. Wulan pebruwari punika. Saminah karaos badhe ambubucal dhateng lepen sareng dumugi ing lepen sakidule dhusun saminah awaweka jabang bayinipun medal estri saksana pun bayi lajeng kakentiraken ing lepen wahu. Saminah lajeng gagancangan mantuk ing ngriku wonten saweneh ing tiyang anama embok talesana. Ing dhusun daleman sumedya dhateng peken sareng dumugi nglepen sumerep wonten jabang bayi kentir sampun palastra. Jabang lajeng kapendhet dening embok talesana sarta lajeng kaaturaken ing ngarsaning pulisi. Saksana pulisi gita anggenipun ngupados katrangan ingkang waweka kakentiraken gancanging cariyos angsal katrangan bilih pun saminah ingkang awaweka amargi ngaken kabedhang dening karsa. Mila saminah dalah sudarmanipun lajeng kapikut kaladosaken ing pangadilan amargi sampun nganihaya pejahing bayi. Ira mita sambatipun sarta sanget kageting manah. E iya talah. Anak molah bapa kepradhah. Anak siji. Dene metoning. Malah kendhali. Yen weruha. Si minah ala. Tak tundhung lunga. Apa gawene. Bakal mirangake. Bapa biyunge. Durung kaseb teka keket golek wong bleret estrinipun mangsuli. Wis aja akeh gunemu puluh-puluh kowe kang luput iya wis narima. Mung arep-arep kapriye paukumane. Ing samangke prakawis sawek katindakaken. Kintunan.

Bojanagara Dalem kabupaten ngriki sampun umyeg anggening angrukti rina rirengga badhe kangge andrawina supitipun putra pambajeng nama raden mas suleman o saestu rame margi kathah para bupati amonca ingkang karsa rawuh ing bojanagara. Ambangun lalangen samadyaning pandhapi kabupaten saestu boten anguciwani umyungipun kalenengan ing kabupaten gender pelog salendro barang. Saiba gumyesipun dhasar raden mas tumenggung ing bojanagara. Priye gunging kang nandukaken kawicaksanan berbudi para pratiwa sami ajrih asih gumalong saeka kapti. Sawastu angresepaken manawi ngandika cucut receh anyenengaken para pratiwa ingkang sami andhadhameksi ing ngarsanipun manawi malem senen akarsa lalangen ringgit wacucal para pratiwa sami amarak ing pandhapi kabupaten saestu para priyantun monca kathah ingkang kapengin dados pratiwa ing bojanagara. Kula mireng pawartos benjing tanggal 12 april ngajeng punika wonten satunggal bongsa arab ingkang badhe dhateng ing ngriki. Abekta buron wana ingkang saking tanah sabrang badhe kagyaraken benjing badhe supit ipun putra wahu. Buron wana kadosta rangutan tuwin ayam mutiyara. Anggenipun angsal buron wana wahu saking banjar masin. Kintunan

Kula pun buta locaya kadhiri. Anyuwun pirsa dhateng para saged ingkang sampun tatela ing kawegiganipun katondha saking sih pariksamanipun aparing berkah tumrap ing tembung kawi utawi pangawikan liyanipun sarana katumrapaken ing serat bra martani. Menggah ingkang dados panyuwun kula pirsa wahu bab astha guna kados ing ngandhap punika.

3 1. tiyang ingkang sampun kenging kasbut widayaka 2. “ “ “ kesawa 3. “ “ “ wisnu 4. “ “ “ sudibya 5. “ “ “ pujongga 6. “ “ “ sujana 7. “ “ “ sarjana 8. “ “ “ gunawan Tetepipun ing wewilangan saking satunggaling pangkat wahu. Titah ingkang sampun nyakepi kawruh punapa. Saha kasagedan punapa. Ingkang sampun angajegaken tindak patrap saha kalakuhan punapa. Punapa malih ingkang sampun mesthi anyirik tindak saha lampah kalakuhan punapa. Anggen kula kadugi nyuwun pirsa wahu jalaran salah satunggalipun sampun kerep kangge ing sasebutan katumrapaken ing sanes miningka rarendhahan rehning sasebutan wahu sampun sawarni patrap dados sinten ingkang ngangge sampun mesthi pirsa pikajengipun. Wasana katampiya kalayan suka rena. Ulun pun buta locaya

Kula kapengin sanget amimitran kalayan ingkang sisilih nama kyahi bathang. Bilih taksih sugeng. Sarehning kyahi bathang wahu panawang kula celak ing griya tilas pawiyatan kula amung nyuwun saserepan sapele. Ananging ing ngatasipun kula anganggep perlu. 1. ing tanah jawi punika kawastana kapulan indhi wetan sampun leres wangsul ingkang kawastanan kapulan indhi kilen punika ing pundi. Tanah eropah. Punapa asiyah. Bilih tanah eropah watesipun ing pundi. Bilih tanah asiyah ugi ing pundi. Watesipun punapa malih ingkang kawastanan kapulan indhi kidul kapulan indhi ler. Inggih pancen wonten punapa boten bilih pancen boten wonten ing ler kidul kilen wahu kanamekaken punapa wasana kang agung pangaksamanipun kyahi bathang. Sampun andadosaken panggalih dene kula sumalonong. Pun endhang pracima sana.

Katur ri sang buja kirana [ ] lahe tuhu satriya kang kuswandana. Dupi pun endhang anupiksani wangsulanipun ri sang buja kirana. Raosing driya lir pendah kataman ing guna westhi. Sedhet luwes ing sabda lulungiding pangremih. Adhuh teka angongkalaken wardaya. Saking dene kamanisen ing sabda manuhara. Raosing tyasipun pun endhang salaminipun tumitah dados wanita dumunung ing mercapada. Sanadyan ing giri madya tan kirang satriya nom embok santa. Ananging kridhaning sabda manuhara tan ana animbangi. Yen ta pun endhang tan ajrih sisikuning yayah rena. Lan enget sajatining wanita yekti pipingidaning priya. Lir saksana samekta gonda kang sarwa arum dhasar ing giri madya nedheng byah ing puspa kang amrik gandanipun sarwi papaes kang endah dinulu tandyanis saking wisma angluluri kayanganipun satriya ing arga catur. Katujune sigeg saking enget ing yayah rena. Ewadene dheg tan esah atebah jaja. Adhuh satriya ing arga caturri snag buja kirana. Kang mulet ing jajantung tumeplok susuluh ing netra. Pun endhang asung prasetya. Saking dening kenyut sabda paduka pangremih ingkang anggait rudita ning driya. Raosing cipta ngantos tanpa upami. Pun endhang boten saged amanjangaken atur. Dene pamanggihipun ri sang buja kirana sabab dayaning pancuran ing nirmala. Punika samapun nyameleng ceples kalayan pamanggihipun pun endhang. Boten analisir kados pamanggihipun pun cebong ing ardi tama. Amargi bilih kados pamanggihipun cebong boten susah ing ardi tama. Ananging giri madya kemawon sampun wonten. Mangkaten malih paran guruna diri sang buja kirana darbe bondha cariyos lalimbanganipun tirta nirmala. Ing sapucaking ardi rebabu wonten kawah ingkang tirtanipun umob sarta garojogan pun pendhok punika anjalari kapencuting ciptanipun pun endhang sumedya anyidikaken mangiras pun endhang mangestu ing pada paduka. amargi saking panawang kula pun pendhok wahu celak kalayan kayangan ing arga catur. Sanadyan paduka boten badhe nyaruwe dhateng pun endhang. Ananging ciptaning driya wus tan nedya enget kasidaning dumadi. Wasana pangesthinipun pun endhang mugi-mugi pun endhang kalunturan ing sih sabda manuhara ingkang mawa katrangan dayanipun garojogan pun pendhok kang sampun kalampahan darbe daya punapa. Supados dados panglipuriung duhkita. Sarta anjalari sirnaning rubeda. E saiba kadya apa raosing ciptanipun pun endhang. Giri madya ping. 17 wulan rabingul awal ehe. Sangkala tinengran. Liliking wanita angesthi kakung Endhang pracima sana

4 Kula amanggih serat sampun kawak sarta arowak rowak ungelipun kados ing ngandhap punika. Mugi kyahi juru ngarang karsa macak ing bra martani. Supados sangsaya angregengaken. Ing sauwise sasalamku marang kowe thole sastra pratita wiyose. Aku angwenehi babasan walonda sawatara saka tuwan. H. kaya ing ngisor iki. Sarehne babasan mahu anawung piwulang. Becik catheten lowung ginawe rawatan. Aja age-age angraket marang mitra anyar. Angedohake mitra lawas margi mitramu anyar mahu durung tartamtu becik gedhohane angungkuli mitramu lawas. Jeneng kang misuwur luwih becik katimbang karo tirta sugonda. Manawa ambek lengguk teka. Kanisthan iya teka. Nanging wong kang andhap asor iku parama ing budi. Salawase kowe sugih. Ora kurang wong kang mrasanak marang kowe. Nanaging samasa kowe tumiba ing papa. Bandhamu entek lah ing kono lagi kayakten sapa kang pancen ngowel marang kowelan sapa kang pamitrane mung lamis bae. Wong kang ambek darma gone urip ana ing ngalam dunya tansah ayem lan seneng. Nanging wong kang candhala ing budi ambrastha awake dhewe. Wanodya kang kasinungan kawicaksanan iku prasasat makuthaning priya. Nanging wanodya kang ala iku ambrasthakake sungsume balunge kang lanang. Taksih wonten sambetipun Katandhan weda mangajap

5 0ngka kaping: 14 Kemis pahing kaping. 27 jumadi lawal ehe 1812 utawi kaping. 5 April 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kabrastha Nalika tanggal kaping. 24. Maret 1883. Tiyang anama pak endib ing kampung singa setikan estrinipun pinuju sasadeyan dhateng peken sunggingan anankipun kakalih sami dolan kakinten wanci jam 10 siang. Pak endib angleksanani tekatipun anggenipun kapencut ngraosaken lalampahanipun rama daya pati. Nalika kapikut wonten ing nagari ngalengka. Wanci enjing pak endib sampun amirantos kasur bantal salebeting griya katumpuk ing senthong dados atunggal tumunten pak endib anyandhak erek kaerekaken lajeng kauncalaken ing payoning griyanipun piyambak pak endib lajeng malebet ing senthong salebeting tumpukan bantal miwah kasur wahu. Sareng empering griya sampun mubal para tiyang tongga tepalihipun sami gugup acerek cerek nedha tulung. Wonten ingkang lajeng malebet ing griyanipun pak endib sumedya amitulungi sagedipun medal barang-barang ing salebeting griya. Sareng malebet ing senthong tumpukan kasur bantal kapendhet boten kenging. Amargi dipun gondeli dening pak endib ingkang anjintel wonten ing ngriku. Sanalika pak endib lajeng kalarak medal ananging boten purun malah gondelan salu. Sarehning latu sampun mubal dados karaos benter para tandang sami medal dahana sampun boten kenging katututan griyanipun pak endib tela smalah mraman sawatawis ing griya tongga tapalihipun sampun lajeng kaebyuk para tandang sarta para pulisi kados kados kalajeng kathah griya-griya ingkang katut kabesmen ing sasireping dahana. Tilas griyanipun pak endib taksih katingal kumutug awujud biru. Sareng kapriksa dening pulisi ingkang kumutug wahu urubing bangkenipun pak endib ananging sampun boten kenging kapratitisaken wujudipun amargi sampun lonyoh dados areng. Kuwandhanipun pisah kajawi kantun balung sarta cengkoronganing badan para ingkang sami tandang sakalangkung pangungunipun dene wonten lampah ingkang mangkaten sinigeg ingkang dados pangungun kacariyos estrinipuningkang sawek sasadeyan dhateng peken sareng mireng pawartos bilih griyanipun kabesmen lajeng agagancangan mantuk daganganipun katilar. Dumugining panggenan japethukaken dening atmajanipun dipun cariyosi kajawi griya ingkang kabesmen sudarmanipun ugi tumut kabesmen embok endib sanalika kantaka.saengetipun asambat melas arsa. Iya talah bapakne endib olehe ora duwe kaelingan karo anak bojo. Wong lalu lalu kaya mengkono iku sababe apa. Sirku rak uwis mari olehe duwe lara gandhelang gandheleng kae. Dene kok uwis bisa nglurug adu jago. Dhengere yen isih dhatengnya mengkono rak ora tak pitaya tunggu omah. Pamikirku dadiya omah sarta barang padha kotong. Embok aja kyahine milu dadi awu. Sanalaika wahu lajeng karapu dening para sadherekipun supados marem manahipun mangkaten embokne endib aja akeh akeh kang dipikir. Aja ditangisi. Wis pira pira bisa ngalakoni kaya mengkono. Awit manungsa iku begja cilaka. Wus ginantungan ora kena diselaki. Kok pikira mesthi ora ana wasanane. Dhing mati mesthi ora urip maneh. Dhing kobong mongsa puliha. Punika anjalari sami maremipun. Ing dalunipun ngantos dumugi sapunika. Para tiyang ingkang gagriya sacelaking griyanipun pak endib sami tintrim saben jam. 6 sonten dumugi sadalu. Sampun boten wonten tiyang ingkang purun medal saking griya. Amargi saben dalu wonten swara kapyarsa. Anggereng miwah angluruh. Saweneh mireng swaraning tiyang asasambat nedha tulung. Ingkang mireng swara mangkaten wahu boten angemungaken tiyang satunggal sanajan tiyang langkung saking satunggal sarta pinuju klempakan sareng sami pamirengipun mila anambahi girising manahipun sangsaya rare-rare bilih dereng ngajengakenbedhug tamtu ajrih medal saking griya. Anjalari karugiyanipun tiyang sepuhipun kilap ingkang dados sababipun. Kintunan Punapa ingkang manjurung pawartos punika ugi mireng suwara wahu. Teka kaya dhayoh. Juru gubah.

1 Magelang Nembe punika lurah ing dhusun santren dhistrik munthilan darbe atur dhumateng wadana dhistrik prabalingga ingkang ambawahaken dhusun wahu. amRasajakaken ing sarehning salebetipun wulan punika. Dhusun wahu katrajang sasakit kolerah para tiyang ing dhusun santren ngantos meh telas anem sepuh saben dinten sami pralaya. Darbe panginten bilih carakanipun jeng ratu kidul sami amasanggrahan wonten salebeting kuburan dhusun wahu. Bilih parentah amarengaken kuburan wahu badhe karisak cungkup sarta kijing kasirnakaken sarana kabesmi. Para tiyang ing dhusun santren sampun saeka kapti. Murih leburipun kubura wahu. Ananging parentah boten amarengaken amargi tatelanipun tiyang wahu saking gugon tuhon malah lajeng kaserep serepaken kawontenanipun sasakit kolerah.

Aneh-anehan Wonten sawenehing rara anama jemilah. Kinten umur 17 tahun gagriya ing dhusun pundhuhan dhistrik kitha magelang. Nalika taksih umur 9 tahun jemilah darbe sasakit korengen manggen ing pawestren samantuning sasakit pun jemilah dumugi ageng boten saged sementhor bilih sene. Ing samangke sudarmanipun jemilah sakalangkung sungkawanipun lajeng angaturi tuwan dhokter supados amangsuli kawontenanipun sasampunipun katiti pariksa pawestren lajeng kabelek sapunika sampun mantun saha wangsul kados limrah.

Nederlan Tuwan. E anson ingkang sampun kasusra wegig dadamelanipun griya gedhong gedhong ing kitha amsterdham samangke sampun angsal pamanggih damel paraboting griya. Ingkang saged anulak durjana. Ananging pirantos wahu amung ingkang kaangge sasimpenan raja brana sasaminipun wonten satunggaling pirantos kadamel saking tosan punika akenging lajeng kaisenan barang sakajengipun bilih wonten durjana sumedya anyolong barang wahu. Malebetipun gampil kimawon ananging bilih sampun dumugi salebeting pirantos boten saged medal amargi sampun katutup dening epir. Salebeting pirantos wonten ejamipun bilih sampun kalebetan durjana. Jam wahu lajeng saged mungel piyambak sora sarta mawantu wantu. Saged anjalari sumerepipun ingkang darber barang sarta tongga tapalihipun. Wondening pirantos wahu. Sampun wonten epiripun ingkang boten andadosaken sumelanging para ingkang darbe. Kaangge angiseni sarta angedalaken barang-barang. Mila bilih sayektos makaten kados mikantuki sanget dhumateng para sugih. Amargi para sugih wahu mengsahipun amung durjana.

Brusel Wonten sawenehing tiyang tani. Ambekta daganganipun lembu dhateng griyanipun juru amraget lembu. Sareng dumugi ngriku lembu sampun lajeng kaawis inggalipun kadadosan regi 100 rupiyah. Juru mraget lembu lajeng amendhet artanipun uwang kertas saking kanthong rasukan badhe kaelungaken tiyang tani uwang kertas wahu dhawah wonten piring ingkang isi ulam bestik arta lajeng kapendhet sumedya dipun resiki amargi mambet martega. Sanalika wahu segawonipun tiyang tani mlajeng lajeng angrebat uwang kertas ingkang mambet mertega sarta lajeng katedha. Juru amraget lembu lajeng ngadeg saking kursi sarwi wicanten mangkaten he wong tani kowe sumurup dhewe dhuwitku kertas rega 100 dipangan asumu. Saiki aku jaluk patine asumu bisane metu dhuwitku aku ora weruh sapa sapa. Tiyang tani mangsuli. E niku kula boten weruh. Sampeyan jaluk patine asu kula niki. Kula boten aweh. Awit regane asu kula boten oleh. 300 rupiyah. Juru mraget lembu mraget malih. iya yen mangkono iku tak surupake bayarku sapi nyang kowe. Dhuwit wis dipangan asumu. Tiyang tani mangsuli. Ah niku rembug napa. Sampeyan boten bayar wujud dhuwit teng kula. Gih empun sapi boten kula wenehake. Awit ontene dhuwit dipangan asu kula boten akon rak salan sampeyan dhewe. Empun dhenger nek niku kertas onten ajine kok perlu sampeyan cemplungake ing iwak bestik kertas mambu lengan niku bener dipangan asu juru mraget lembu kalangkung muring muring. Lajeng lapur parentah ananging ngantos samangke parentah pulisi dereng saged angadili.

Pantes kadamel tuladha Dereng dangu wonten sawenehing rencang ing kamar bolah. Dipun suruhi dening mitranipun ajagongan sarehning adat jawi kalebet anggatosaken sanget patrapipun amangun suka. Ngantos dipun lampahi dora anggenipun pamit dhateng lurahipun mongka ingkang sampun kalampahan rencang kamar bolah boten kenging pamit kajawi bilih sakit dene bilih sakit kedah kabanjel ing tiyang sanes rumiyin nalika punika sareng sampun dhateng ing pasamuwan wanci sonten angakahipun bilih sampun antawis lajeng mantuk awit enjingipun jam. 6. Enjing tamtu sampun malebet anyambut damel sampun ngantos rekaos ananging sareng katampek ing rarasiung sekar gadhung cikowa. Sarta tetering jenewer cap cangak lulungiting para

2 reni. Teka kadadak anggenipun supe. Malah katingal sanget kaprawiranipun tandhanipun ngantos sadalu boten angoncati. Sareng sumerep soroting diwangkara sampun inggil kainten jam pitu enjing. Kaget angengeti kuwajibanipun boten saronta agagancangan mantuk jujug ing panggenan anyambut damel kados adat ananging sadumugining panggenan embok manawi engetipun kalindhih dayaning endem sarta sayah. Dados boten saged anyambut damel ananging lajeng anggaloso nendra. Sadaya kuwajibanipun taksih pating kaledher. Dumadakan pangagenging kamar bolah dhateng. Sareng sumerep wujudipun tiyang anggaloso sakalangkung kaget dipun pratitisaken anggonda janewer. Pangageng darbe panginten tiyang wahu mentas anyolong unjuk-unjukan ingkang kasimpen ing ngriku. Tiyang wahu lajeng kagugah ngantos dangu boten angalisik saking wantering panggugahipun anggenipun tangi taksih ngalindur agurapatan ananging dereng kenging dipun pitakeni terang. Sarehning sadaya wahu anuwuhaken kalepatanipun sanalika lajeng kapocot sarta kadhawuhan kesah. Lah sampun tatela tiyang suka badhe manggih sungkawa. Tiyang tan enget mesthi manggih ribet ananging teka kesangeten wewalesanipun dene kabingahan kalayan kasusahanipun boten antawis saejam pantes kadamel tuladha dhateng tiyang ingkang sami darbe kawajiban. Kintunan

Candhakipun babasan walandi Manuk siji kang wus katekem ing bujaka. Gunane angungkuli manuk saleksa kang ngambara ana ing dirgantara. Wong wigya jajah ing sasurupane. Nanging ora ngekehake wahyaning wicara. Pagaweyan siji. Gunane angungkuli calathu sewu kang ala lawora. Ing samubarang lekas utawa panggawe kang bakal linakonan kudu pinandriya kalawan pangati ati. Supaya ora kaduwung ing buri. Wong ala matuh anandukake ing dur kreti. Nanging wong kang wicaksana karem marang darma yasa. Pidosa iku agawe brastha ning awak jalaran sakala lara awarna warna. Ananging panggawe becik amrasidakake ing uswasa. Lessaning wong sidi. Dhemen anglahirake sabda utama. Nanging lesaning wong ala sanepane kaya kahananing geni kang angobar jagad Wong punggung apracadi marang ujaring liyan kalwan longok nanging wong wicaksana bisa ambedakake ujar kang temen karo kang angomondaka. Sega sapulukan kang pinangan kalawan jenjem iku luwih becik katimbang bujana gedhe ana ing panggonane wong pradongdi. Wong kang pinter bakal bisa angrenggani ing kamulyan nanging wong kang kurang pintere bakal anemahi kawirangan sarta dadi pangewan ewan. Aluwung dadi juru taman kang pinter katimbang dadi bonsa ruhur kang bundhu. Wong adil uga anduweni welas marang sato kewan ananging kang minongka sih wilasane wong ala iya iku watek bengis. Wong goroh kepakut awit saka kablinger ing calathune dhewe. Kaya manuk kena kala. Welas tan ngowela marang liyan kaya marang awakmu dhewe. Taksih wonten sambetipun Katandhan weda mangajap

Candhakipun serat purwa krimayata //oo// bathara kresna lingnya ris. Jiwara mene kudanya. Paranta mesih neng kono. De tampi setyeng kanang rat. Jiwara matur nembah. Ugi maksih ta pukulun. Sang bathara kuda mulya.// tambah tambah kang nembah ing . hyang kuda lata ngalujwa. Jer minter ngres kamulyane. Sung nugraha kweh ning jana. Mesem angling sri kresna. Mring arya sena dhuh iku. Yayi keh kablorong tingal. // taman wanda turangganing. Kanang hyang kang pinarcaya. Yayi sayakti yaktine. Tan lyan hyang maha wenenang. Kanang murweng kahanan. Udhipati kang kasebut nampani sembah samuha. // mamundhi warna sru sisip. Sasananing jana swarda. Kapencutan cupet wruhe. Brastha tyas adeling reng hyang. Jimrah tanpa pangrasa. Idhepe mung kang kadulu. Cepak nugrahane gampang. // jiwara matur wot sari. Dhuh hyang bathara mawantah. Patik braka wentehna ge. Tuhuning kang sangkan paran. Paran ing kasampurnan. Saking laluning pangantu. Antuk kasmala citraka. // taman lyan paduka gusti. Najihken margi ni lena. Wlasa patik bra jeng katong. Yen katon panjang druwaka. Taman sak ing palastra. Werdeken arda sabubuk. Bathara kresna ngandika. // jiwara ywa kaduk tampi. Pawekaning kasugengan. Lenanta durung jangjine. Maksih siniyan tumitah. Ing ngurip ywa sandeya. Sun nugrahaning pangawruh. Tuging kasampurnanira. // jiwara angasih asih . umatur

3 sarwi udrasa. Dhuh dhuh hyang hyang jeng sang sang katong. Paran mene makatena. Patik bra taman kiyat. Yati ngresing trimala gung. Bathara kresna ngandika.// jiwara nrimoheng widi. Ujar sira muhung darma. Gesang ngantosi kapaten. Ginege wuwuh druhaka. Nging sung tatedha sira. Manggihya sawarga luhung. Jiwara sujud narima. // manembah matur dhuh gusti. Dahat panuwun kawula. Sihing hyang ingkang dhumawoh. Suwargamba saking tuwan. Mugi kalanggengana. Bagawan yudhistira rum. Ngandika ganjar jiwara.// jiwara sun ganjar kanthil. Tilam sajroning kaswargan. Saisine sru penete. Jiwara munjuk sru nrimah. Danang jaya ngandika. He jiwara manira sung. Padhangira ing kaswargan.// kang sinungan nuhun nuli. Raden nakula sadewa. Aris ing pangandikane. Heh jiwara ingsun ganjar. Langgeng ira neng swarga. Jiwara manembah nuhun. Sigra raden wrekodhara. // majeng ugyanira linggih. Jiwara gya pinarpekan. Wrekodhara ris delinge. Jiwara sira sun ganjar. Marang pati sampurna. Wujude paweweh ingsung. Dudu brana dudu swarga. // mung idu putih sakecrit. Yen bisa kasil tyas ira. Aglis menglenga marene. Kang kenging talinganira. Jiwara mengleng sigra. Karna dheket lawan tutuk. Pamisike wrekodhara. // ngelmu sajatining ngurip. Urip sajatining pejah. Awastan padulu dene. Nelap prapteng sangkan paran. Sageleng gegelengan. Kang gulung lan kang ginulung. Titi sawusing satata. // pun jiwara awot sari. Guwaya gumilang suka. Umatur dhuh dhuh raden. Kapitedhan sewu swarga. Taman mimba punika. Suka ulun sewu nuhun. Tampi reh mimba samodra. // alanggeng tirtanya wening. Wiyar tanpa tetepinan. Jeg delah tan kenging kalong. Dhuh gusti inggih punika. Ripteng tyasing patik bra. Mung jeng panduka kang munggul. Agul aguling kanang rat.// arya sena ling ira ris. Jiwa dikrama ditata. Titihen aywatumpang so. Yen cipta ing tyas sawasa. Wawas dadya bancana. Cipta kang ngawas kang tuhu. Santosa ywa kaeweran. // saha arepa namaning. Kanang situ kasampurnan. Ing pandulu aywapae. Pae paening jajahan. Jajanen panarima . mamangun mangu sinamun. Mamungu nir tan sangkaya.// jiwara yen rinongseti. Titi titaning tumitah. Katutuh kurang teteke. Akeh akeh kang rinaras. Rarasan pira pira. Wasana yen tan sumurup. Goni swara tanpa karya. // kang palancang dinalih kuping. Kandhanging ponang suwara. Yeku pancen maksih thole. Si tholo bae kerasa. Rasane yen mung darma. Wayang sae gati narung. Ing dhalang iku kang nglayat. // witne ngaku dhalang sisip apa ngaku ingkang nanggap saya kabalusuk maneh. Apa angaku wiyaga. Saya angayawara. Apa kang nonton denaku. Iku anggep durung enak.// panjang kawar siteng kawi. Wiwisiking wrekodhara. Pun jiwara ris wot sinom dhuh gusti inggih sandika. Panjrah ingkang sasmita. Bathara kresna lingnya rum e yayi mas ing pamenang. // paran wisik ta kang jati. Tinandukken mring jiwara. Rungokneng sun arsa weroh. Wrekodhara aturira. Kakaji lalarangan. Sabab tan beda kawruhmu. Kakang namung nunggal misah.// sinepar sapagut jurit. Kweh warnaning kang warastra. Sasenengira angangge. Muhung tumamaning wastra. Pae taman sinama. Wusing prang samya akundur. Tuging don mamrih ing papan. // papane uga tan sami. Ana kang kesisan wadya. Ana kang kukuh barise. Iku samuhaning wruha. Kawruhna ing wardaya. Tidha tidha durung puntu. Tan wrin sanytaning kang rat.// tri loka lan sapta bumi. Yen kaacasa ing tengah. Durung dumunung kapaten. Taman mrih ing kapekaran saengga cari kewran bisa dulu tan kadulu. Pengrasane wus minulya. // balik badan dhewe siki. Lali durung dipun wejang. Datan pinapaken dhewe. Wewekane padha tuwa tu. Wane tuwas tiwas narendra kresna mangun kung. Ngukung lengleng kalimputan.// kadyangganing kang lumari. Kelayu kang sampun tebah. Nedya nututi kerase. Sanadyan keras tan montra. Anyandha kang lumaksa. Siseg tan kawarneng ngenu. Wasisthaning brata sena. Taksih wonten candhakipun Semangtri

4 0ngka kaping: 15 Kemis wage kaping. 5 jumadi akir ehe 1812 utawi kaping. 12 April 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kala kaping. 7 wulan april punika. Anakipun jaler pun jaya menggala ing gedhawung wanci umur. 7 tahun pejah. Temahan pun jaya menggala manahipun sanget liwung. Kalampahan bangkening anakipun wahu boten suka dipun petak kapangku kemawon wonten salebeting senthong. Wondene bok jaya menggala tuwin tiyang tongga tepalihipun sami anyerep nyerepaken dhumateng jaya menggala jaler. Supados layoning anakipun suko akaresikan ing salajengipun kakubur. Nanging pun jaya menggala jaler tansah kalintu pamanggihipun malah sanget bramantya. Amimisuh saha ambebodho dhumateng ingkang sami anyerep nyerepaken wiraosipun kadamel tamtu bilih anakipun punika badhe gesang malih. dados ngantos tigang dinten bangke dereng saged uwal kaliyan jaya menggala jaler. Kasimpen wonten ing senthong. Kaliyan nyepeng dadamel ligan mila para warisipun badhe angroda peksa sumelang. Awit jaya menggala tansah gruraya saha nyandhing dedamel ligan wondene layon wahu kalampahanipun kenging rinesikan ing salajengipun kapetak mekaten ing dintenipun senen kang kapengker tanggal kaping. 9 wanci jam 3 sonten bok jaya menggala jerit jerit wonten ing latar wiraosipun pakne thole metuha. Galo anakmu melu bocah angon kebo. Ana ngara ara tanjung anom dadi kang kok pangku kuwi dudu anakmu kuwi rak debog kowe diwalik tingalmu. Jaya menggala jaler sareng mireng wiraosipun ingkang estri. Inggal medal saking ing senthong. Nilar layoning anakipun ngempret lumajeng dhateng ngara ara tanjung anom dene bok jaya menggala tuwin para waris gupuh anyingkiraken dadamel kang ligan wahu. Saha angukup bangke kabekta ngili dhateng griya ning tongga. Ribesikan sarta lajeng kakubur. Sigeg kang sampun paripurna. Gentos kinocap jaya menggala jaler. Sadumugining ngara ara sepen boten tumingal ing anakipun lajeng mantuk dhuamteng ing griya nanging turut margi kasengsem atetayungan surup saek dumugi ing griyanipun ngantos samangke dereng saged jangkep ponca driyanipun. Kintunan

Nalika wulan rabiul akir kang kapengker. Wonten kaji griya ing jati nom amanggih lereping timang jalebreh maripat inten pun kaji lajeng lapur dhateng kadhestrikan ingkang nunten kalantaraken dhateng kabopaten ing baya lali.ing kabopaten bayalali satampinipun palapuran saking jatinom lajeng ambayawarakaken dhateng sadaya kabopaten bilih kaji ing jatinom amanggih lerep wonten ing margi. Sinten ingkang pancen temen kaicalan lerep wahu kenging lajeng nyuwun dhateng kabopaten ing bayalali. Ananging kedah mawi pratondha ingkang terang. Wasana ing klathen wonten prayantun ingkang nunggil wulan rabiul akir wahu kaicalan lerep timang jalebreh wonten ing margi. Mila sareng mireng bilih wonten tiyang manggih lerep saha sampun kaaturaken ing kabopaten bayalali. Saksana prayantun wahu lajeng kengkenan anankipun kapurih nitik bilih temen gadhahanipun ingkang ical lajeng kapurih anyadhong. Sang tanaya inggih lajeng pangkat anumpak kapal kore. Saha amangangge busana sarwa pelag inggih punika mangangge calana panji panji rasukan sikepan laken timang jalebreh karsetan anglawer. Sarta mawi anggaran dhuwung warongka gayaman pendhok balewah. Kairing ing rencang satunggal ugi numpak kapal sareng lampahipun dumugi ing tlaga wana. Angiling ilingi angaranipun dhuwung pendhokipun sampun boten wonten lajeng rancangipun kapurih bekta wangsul dhuwung anggaran wahu. Sarta murih nglari pendhokipun embok manawi rentah wonten margi. Dados lampahipun dhateng bayalali ijen kemawon sarta boten mawi anggaran kados manawi jendralan lampahing rencang wangsul dhateng klathen samargi margi tansah anglari pendhok wahu. Nanging tanpa damel margi boten kapanggih. Kocapa dumugi ing baya lali. Lajeng sowan ing kabupaten nitik lerep wahu. Temen bilih gadhahanipun ingkang ical mila lajeng kasuwun kabekta mantuk dhateng klathen dados boten saestu kaicalan lerep ananging estu kaicalan pendhok balewah.

1 Dereng antawis lami ing dhusun demangan puluh watu. Bawah kabopaten dhestrik kitha klathen wonten satunggaling tiyang nami embok ira semita. Ing wanci enjing jam sartengah nem pinuju tangi tilem sarta anggendhong anakipun jaler kinten umur kalih tengah tahun medal saking griya ambekta kendhil isi uwos tuwin nyangking lantingan badhe mususi tuwin ngiseni lantinganipun wahu dhateng ing sumur. Ing sarehning embok ira semita mentas kemawon tangi tilem dados paningalipun kirang permana. Ing mongka lampahipun wahu lajeng jujug ing satepining sumur. Embok ira semita boten sumerep bilih kajeng palanging sumur wahu jeblok mila sareng dipun anciki embok ira semita kajumpalik dhawah ing sumur dalah anakipun ing sanalika andadosaken ramenipun para tandang.awit ing dhusun ngriku manawi wonten bancana tuwin sangsara para tiyang lajeng angungalaken gendhong. Mila para tiyang inggal lajeng sami amurugi ing panggen ngriku. Saha angentasaken bok ira semita. Embok ira semita wilujeng. Ananging anakipun ingkang dipun emban wahu kalajeng pejah. Awit anggenipun dhawah wonten ing ngandhap dados sampun kekathahen sanget anggenipun angombe toya.

// sanadyan pati uriping. Manusa puniku datan kena suminggah pesthine. Ananging wajibing janma. Akanthi budi daya. Angati ati ing laku. Kadya mbok ira semita.// saupama sumur neki. Dipun srumbung kang santosa. Yekti tan kaya mengkono. Patining atmajanira. Dahat karya nalongsa. Mring sanak wong tuwanipun sanityasa weh duhkita. // niscaya salami urip. Iya kalamun kelingan ing patine atmajane. Dene ta datan pa lara. Kablabak aneng toya. Awake dhewe punika. Kang salah kurang prayitna. //oo// nalika dinten malem salsa tanggal kaping. 10 punika. Ing griyanipun tuwan semit ing pondhok klathen kalebetan pandung. Ingkang kenging kabekta ing dursila ngantos langkung argi 1500 rupiyah. Ingkang warni arta tuwin arta kertas kemawon 1000 rupiyah. Sanesipun barang mas inten tuwin sinjang. Punapa malih kalih iji dhuwung marabot enjingipun pulisi ucal katrangan anggledhah tongga tepalihipun wasanipun lajeng amikut sawenehing tiyang ingkang celak amargi kenging dakwa embok manawi sumerep eleripun mila tiyang wahu lajeng kalebetaken ing kunjara. Pamujing ngakathah ingkang kuwajiban mugi lajeng angsal katrangan enggal saged nyepeng pun durhaka dalah cihnanipun. Kintunan Yogyakarta Putra dalem suwargi ingkang sinuhun kangjeng soltan hamangku buwana kaping. 5. Ingkang ajejeluk kangjeng pangeran ariya suryeng ngalaga. Akalihan ingkang ibu panjenengan dalem kangjeng ratu kadhaton nalika malem kemis tanggal kaping. 5 april ingkang lumaris punika. Wanci jam wolu. Sami nitih kareta arsa alolos saking nagari. Taksih anunggil dinten lalampahan wahu sampun kapiyarsa ing panjenengan dalem kangjeng tuwan residhen ingkang nunten amatah komandhaning prajurit dragunder. Ingkang tengga karaton dalem ingandikakaken ambekta prajurit dragunder 24 anglancangana lampahipun kareta wahu. Salajengipun anyegatana sampun ngantos saged langkah ing wates sarehning pawartosipun lalampahan punika taksih dereng gumathok ingkang kathah kawontenanipun namung tumuwuh saking gethok tular. Embok bilih wonten tuna dungkapipun mandar andadosaken ruweding pawartos ingkang saestu. Pramila prayogi namung kajugak ing kawekasanipun kemawon. Sareng kakinten kareta katututan ing lampahipun dening dragunder. Kareta lajeng mandheg saha kakepang dening para ingkang sami andherek para ruhur kakalih wahu. Ingkang sami anoncong dadamel waos kalampahan dragunder sakawan ingkang pinatah anitik margi. Awit sonten wahu sanget petengipun ngantos kapentog ing waos kalampahan wonten ingkang kataton kapal tuwin tiyangipun dragunder sakawaan wahu wangsul amethukaken kancanipun sareng tatindhihing para dragunder den lapuri ing kawontenanipun dhasar watak prajurit teguh mring babaya. Arsa pejah sareng lan kancanipun lajeng amapanaken para prajuritipun ingkang sami den abani sarengan lampah sasenderan anarajang para abdi wahu. Ingkang sareng katerajang sami buyar. Saha para ruhur kakalih wahu sami tedhak aking kareta. Ingkang enjingipun sami katututan kangjeng pangeran ariya suryeng ngalaga wonten ing dhusun bale rante. Kangjeng ratu kadhaton saged dumugi bawahing kedhu. Lajeng apasrah sarira dalem dhateng kangjeng tuwan residhen ing ngriku. Ing mangke para ruhur wahu sampun sami kakeker.

Samarang Wonten cina sasadeyan bakmi. Mider ing kitha-kitha wiwit jam 6 sonten ngantos jam 12 dalu. Punika boten papajengan ngantos mubeng wongsal wangsul meksa boten wonten ingkang tumbas pun cina sakalangkung muring-muringipun dhateng dhateng kuli ingkang angrembat sasadeyanipun dakwa anjalari botenipun pajeng wahu. Lajeng sami paben pun cina lajeng mendhet mangkok pun kuli katingal lega manahipun awit darbe panginten sarehning daganganipun boten pajeng embok manawi lajeng badhe

2 katedha ing tiyang kakalih satelasipun sampun angsal berahan angsal anedha bakmi. Wasana mangkok wahu amung kakeprukaken sirahing kuli ngantos tatu amedal ludira. Pun kuli lajeng darbe atur ing parentah.

Bandhah Tiyang sakit ewah anama krama. Angamuk sareng kapikut lajeng kadunungaken ing griya pamulasara ning tiyang sakit ewah. Wonten ing ngriku sawatawis dinten pun krama palastra. Sanalika lajeng kadunungaken ing griya panggenanipun tiyang pralaya. Nyipeng sadalu. Sareng enjingipun juru rumeksa griya wahu amratitisaken wujudipun ingkang pralaya. Amargi badhe kalapuraken ing tuwan dhokter. Sapraptanipun krama katingal gesang alenggah ananging boten saged wicanten kagetipun juru rumeksa lajeng ngundang kakancanipun boten watawis dangu pun krama ambruk lajeng pralaya malih.

Nalika kaping. 27 pebruwari ingkang kapengker. Wonten cina akanthi tiyang saking pulo timur. Pinuju angumbah ulam wonten ing lepen wasana lajeng wonten ulam ingkang winastan ulam garahu. Sakalangkung agengipun sumedya nahut dhateng pun cina. Pun cina kalayan tiyang timur lajeng anyandhak dhuwung sareng ulam anyelak kapapgaken dadamel dhuwung. Ulam anglumba dhateng ing dharatan lajeng katulungan tiyang kathah. Ulam kenging kabekta dhateng dharatan.

Kala wingi kula nyadhong prakawis kula lalayanan bekel kula dhusun asade sabin kabawah kabupaten kartasura. Anggen kula ngladosaken serat gugat dumugi kula katimbalan wahu antawis dereng 15 dinten ananging kula kaget prakawis kula wahu katindakaken wonten pasamuhaning pradata sipil sanalika wahu sareng sampun pratitis nalaripun saged rampung. Sarta kula lajeng saged tampi karampungan mongka adat ingkang sampun kalampahan prakawis sipil wahu mesthi kedah langkung sawulan ewadene ingkang darbe gugat boten tilar gretehing panyadhong. Dados kaluhuran karsanipun kangjeng parentah ageng anamtokaken adEging pradata sipil wahu pancen sakalangkung kathah pikantukipun ananging teka kabupaten sanesipun kartasura dereng tumindak punapa dados saanes-sanes mila kula pacak wonten ing bra martani amamrgi saking tumusing kabingahan kula. Boten gadhah panginten kinten bilih prakawis kula wahu saged rampung salebetipun 15 dinten awit tiyang prakawisan ingkang kaesthi menang kawon jangji saged inggal angsal karampungan. Katandhan panarimah.

Katur endhang pracimasana Sanajan boten paduka tuju ing karsa. Ananging sarehning kula sumerep dhateng lalampahanipun kyahi bathang. Dados kula inggih kumedah ngaturi katrangan. Menggah padangonipun rara dhateng kyahi bathang. Sayektosipun ugi taksih gesang. Ananging kuciwanipun kok sampun jompo wah kera sanget manawi medhun saking patileman badhe medal asasuker. Saupami boten katuntun dening para putonipun saestu bedho. Punapa malih sareng sacelaking dunungipun kawangun badhe kaedegaken griya gedhong. Sangsaya boten purun medal saking griya. Jalaran badanipun gumeter manawi sumerep untapipun para nyambut damel mila karsanipun rara kula raos boten saged kalampahan ewasamaten kapengin paduka badhe tepang wahu. Manawi pancen kenging sarta nganggep kula ingkang karsa nyaruwe. Kula sampun dipun wenangaken ngaturi wangsulan. Awit saking punika bab padangonipun rara. Kula ngaturi katrangan ingkang kalayan wawaton ngawur menggah kapulowan indhi kilen punika golonganipun pulo-pulo ingkang dumunung ing tanah amerikah tengah. Dene sakawitipun kawastanan makaten kala bongsa eropah sawek nembe lelayaran angambah saganten atlantah mangilen sareng dumugi saganten meksiko ing tanah amerikah tengah wahu. Sami anggadhahi pangraos sarta wicanten manawi anggenipun lelayaran dumugi ing kapulowan indhi. Kaprenah sahantawisipun tanah asiyah kalayan ostraliyah ananging pangraos sarta pangintenipun ingkang makaten wahu sareng kasidikaken kalintu. Makaten namanipun kapulowan indhi inggih taksih lastantun dumugi sapriki. Dados kapulowan indhi kakalih punika kaprenah sakilen sarta sawetanipun tanah eropah. Wangsul kapulowan indhi ler sarta kidul sasumerep kula boten wonten sadaya wahu manawi wonten nalisiripun sang dyah pracimasana mugi sampun ananggapi kalayan marengut mindhak anggeteraken manah. Wusana kula nyuwun saserepan sanajan remeh nanging dhumawah ing kula ageng sanget gunanipun manawi kula cundhuk cundhukaken nama paduka kalayan dunungipun angecap serat bra martani. Sampun masthi sang rara badhe boten kakilapan dhateng isen-isenipun redi mrapi. Kula tansah kodheng rara. Punapa wadosipun dene redi mrapi utawi sanesipun ingkang kados makaten saben kala mongsa mawi angedalaken latu. Kula ugi sampun mireng cariyosan manawi latu wahu dumadosipun lirang ingkang

3 katenggel dening soroting surya. Ananging kados pundi kok lirang ingkang ingkang wonten salebetipun redi sanalika wahu boten lajeng murup sadaya. Leresipun rak inggih tela kantos ing wingking boten wonten sarananipun murup malih . O. panyuwun kula saserepan ingkang remeh wahu manawi sarju ing panggalih. Mugi mitra enggal sang rara ingkang lindrih-lindrih. Aparinga katrangan ingkang turut saiba manawi saged kalampahan sampun saestu kula anggep kados dene jimat paripih. Kyahi kedhung lumbu.

Candhakipun ringgit cina. // jejel kang para satriya. Babanjengan munggeng kursi. Tuwin kang para punggawa. Sadaya munggenging kursi. Pik buna aningali. Kehe kang sumiweng ngayun ing batin kagawokan nanging sinamur pangaksi. Lampah ira sang pik bun amurang krama.// deg sura dhasar kinarya. Lumuh kasor sawetawis raden pik bun lwong tumingal sigra denya marepeki. Sarya wecana aris pagene yayi sireku. Teka amurang krama. De ngarsane raja siwi. Apa ora rumasa yen kasor yuda. // apa sira andelena. Dene prang lawan sik kuwi. Sira ora montra montra. Bisa unggul ing ngajurit. Lan sira sun tuturi. Kangjeng ibu wus sumuyut. Marang narendra putra. Tuwin iya awak mami. mwang si eh jwan iya kadangmu wanodya. // nyahi tumenggung miharsa. Ing wahu sampun umiring. Marang ing narendra putra. Nyahi tumenggung gya dudingi. Sarya sru denira ngling. Heh bun anembaha gupuh. Marang jeng raja putra. Apa baya sira lali. Yen gustimu iki trah narpati tongtya. // raden bun a duk tumingal. Mring kang ibu dahat ajrih. Lan ing batin wus angrasa.lamun kasor ing ngajurit. Lan ulap aningali. Mring cahya narendra sunu. Pik bun asigra medhak. Nembah gya lenggah ing siti. Angandika aris sang narendra putra.// heh adhi pik bun a sira. Miluwa linggih ing kursi. Amora lan kakang ira. Tyasira aja kuwatir. Ingsun mirma tan sipi. Mring ramanta ki tumenggung. Sigra raden pik bun a. manembah umatur aris. Dhuh jeng gusti pukulun pupundhen hamba.// sampun simenggah kawula. Lamun botena umiring. Ing sakasa jeng paduka. pun ibu sampun sumiwi. Dhuh gusti mugi-mugi. Pun bapak kyahi tumenggung. Sampun kongsi sulaya. Lulusa suwiteng gusti. Ing saiba sungkawane manah kawula. // nyahi tumenggung gya mojar. Heh bun a aja kuwatir. Ingsun ingkang ngaturana. Mring ramanira kiyahi. Raden pik bun a nuli. Nembah sigra lenggah sampun. Ing kursi mor punggawa. Yata genti kang winarni. Ki tumenggung pik in kang dahat sungkawa. // wit kapikut raden bun a. ki tumenggung dereng myarsi. Yen kang garwa wus sumewa marang ing narendra siwi. Marmanira kuwatir. Mring pik bun a menek lampus. Tumenggung pik in sigra. Angatag marang ing siwi. Heh pik bun pah age sira umaguta.// lah rebuten kakang ira. Pik bun pah sigra wot sari. Mangsah dharat mandhi gada. Prapteng papan nguwuh tandhing.payo papagna mami. iki putrane tumenggung. Nadyan kari sajuga. Rebuten aywasarenti. Si pik bun pah tahu amungkasi karya.// ngandika sang panembahan. Jibica marang dyan pik in heh raden sira maguta. Ladenana aprang tandhing. Nanging den ngati ati. Si pik bun pah prawira nung. Nanging sira watara. Kaya kelar anadhahi. Yen aprang anuli sira mundur. Taksih wonten sambetipun

4 0ngka kaping: 16 Kemis pahing kaping. 11 jumadi akir ehe 1812 utawi kaping. 19 April 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Dipun samber ing gelap Nalika kaping. 29 wulan maret punika. Tiyang anama pak santer. Kakinten ngumur 49 tahun gagriya ing dhusun lemahan dhistrik ing jati nom pinuju angen kambangan kalayan putunipun rare anama gareng. Kakinten ngumur 12 tahun wonten ing sawetaning dhusun asasarengan kalayan rare anama kunthet kinten ngumur 15 tahun sareng jawahipun sawatawis deres rare kakalih wahu tumut angeyub ing songsongipun pak santer. Inggih punika songsong eduk ingkang kalimrah kawastanan songsong krudhuk dereng watawis dangunipun tiyang tiga wahu dipun samber ing galedheg sanalika sareng pralaya. Kambangan ingkang kaengen sami pating salebar mantuk dhateng dhusun kocapa sarehning dereng wancinipun tiyang anggiring mongka kambanganipun wonten ingkang salong mantuk embok gareng lajeng anusul dhateng sabin angupadosi sudarma miwah atmajanipun ingkang sami kapurih angen kambangan wahu. Sadumugining panggenan sumerep sudarmanipun sampun anggaloso mujur mangidul rare kakalih ingkang satunggal mujur mangilen ingkang satunggal mujur mangaler. Ewa dene embok gareng dereng sumerep bilih palastra. Panabdanipun makaten. E kakekne. Wong angombe bek thik nganggo mainan ana kok putune dijak leyek mengkono. Bebeke padha mulih dinengake bae. Kok kaya bocah ciliik ta kakekne e e kok meneng bae apa ora krungu coba tak cedhakane. Mongka kok sikile wong telu ditumpuk iku apa ancung. Lo wangune kok turu siji mujur ngidul siji mujur ngalor . siji mujur ngulon he no thik rambute brindhil tilase kaya kobong. Sareng sampun celak sarta pratitis bilih tatelanipun pralaya. Embok gareng lajeng anjrit karuna. E dadine kakekne karo si thole iki padha mati disamber gelap mahu. Saking soranipun anggenipun karuna sanalika tongga tapalih sami dhateng tandang. Mayit tiga iji lajeng kagotong dhateng dhusun embok gareng taksih gorang gorong karuna urut margi. Kaemutaken dening para tandang mangkaten wis ta wis aja nangis mundhak bingung bingungi sing padha anglayat kok tangisana mongsa uripa. Wong wis lagi cilakane awakmu. Mung ing tembe buri eling elingen kowe aja sok dhemen anosotake. Aku satemene nganti sedhih saben ngruokake unen-unenmu. Saben dina anakmu kesuwen olehe golek kayu bae banjur ambaranging sosotmu. Samber bledheg samber gelap tur iku tumrap ing bocah mongsa wediya mundhak dadi pamuji. Setun wong nosotake mono disamber tumpeng. Dadiya pamuji kalakone mung kemlakaren coba anakmu wedok iku sosotna saben dina. Besuk durung umur 15 tahun bae rak banjur purik nyang balong apes balebes nyang tambak segaran sanalika embok gareng panangisipun kendel mayit lajeng kakubur. Kintunan

Temahanipun taksih sakeca dipun samber ing klonthong. Sanadyan balindhis ananging namung satengah pejah kemawon. Juru gubah.

Yogyakarta Kala malem akhad ing karaton dalem wonten tatingalan ingkang angebat-ebati. Inggih punika tuwan susman kalihan tuwan V. Z. angrakit dilah gagrak enggal ingkang muncaripun tumuwuh saking dayaning elektri siteit saha ing tanah jawi sawek nembe punika wonten dilah wahu. Bilih sampun murup sunaripun asrep dhateng paningal saha anyameni kalihan padhangipun hyang bagaskara. Karaton-karaton ing tanah eropah. Saha dalemipun para ageng kenging winastan sampun sadaya sami kapasangan dilah wahu. Sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng soltan sareng sampun anyarirani. Mirsa ing kawontenanipun ugi lajeng andhawahaken timbalan dalem amundhut dilah wahu kapasang ing karaton dalem.

1 Madiyun Ing salebetipun wulan maret ingkang nembe kapengker punika. Tukang anglampahaken cikar nami karta dikrama. Ing kampung pangungangan saweneh ing dinten berah amomot ngusung gigitan saking ing lepen kabekta dhateng pacinan anganthi satunggal lare anaking rondha tangganipun nama baludru. Kinten umur. 10 tahun ing sawangsulipun saking pacinan cikar kothong kapurih nglampahaken dhateng pun baludru. Karta dikrama lajeng angaringaken badanipun sarwi sesendhenan wonten salebeting cikar. Saemper sayah anggenipun nginggah ngedhunaken gigitan saking cikar. Anggenipun sesendhenan angraos sakeca. Kasilir ing samirana kalajeng anendra. Dene cikar lastantun kalampahaken dhateng pun baludru. Boten antawis dangu lajeng wonten lare kathah sami dolanan ing radinan bawaning lare sareng priksa wonten cikar kothong mlampah lajeng sami anggandhul wonten ing cikar wahu. Pun baludru dupi kraos wonten lare anggandhul lajeng anoleh wonten sapipining cikar aningali ing wingkingipun cikar. Saking kirang pangatos atosipun temahan lajeng kajrungup dhawah sangajenging rodha lajeng kaplindhes ing rodha pupunipun ngantos ajur. Kocapa karta dikrama ingkang sakeca nendra. Mireng suwara mungel gadebug lajeng tangi sareng kapratitisaken inggih punika pun baludru dhawah sampun kaplindhes rodha. Lajeng gupuh kacandhak ananging sampun satengah pejah. Cikar lajeng kaandheg enggal pun baludru kabopong mantuk sadumugining griya lajeng kadhokteraken utawi kausadan sanes sanesipun angantos telas wragat 30 rupiyah. Ananging wasananipun pinareng kalayan takdir antawis gangsal dinten pun baludru angoncati lalangen donya. Wondening biyang baludru wahu ing nalika pejahing anakipun punika boten sumerep awit sawek kesah angupajiwa dhateng kadhiri. Ing sahantukipun dumugi griya dipun cariyosi. Bilih anakipun sampun pejah kaplindhes rodha. Saksana lajeng anjerit anggeblak lajeng kantaka. Ing saengetipun lajeng sanget ing pamularipun sarwi asambat amelas asih. Ing wasana ingkang dados kekenthelanipun biyang baludru aminggah ing parentah. adarber atur boten narimah pejahing anakipun punika. Ing ngriku karta dikrama lajeng kapusara kalebetaken ing kunjara. Kilap kadadosanipun angantos sapriki prakawis dereng rampung. Ingkang awit angentosi putusanipun radh sambang.

Surabaya Nalika wulan ingkang kapengker punika. Ing samodra sacelaking kitha gersik wonten tiyang anumpak bahita cacah tiga iji. Sareng dumugi sahantawising ingkang lebet bahita katampek ing alun bahita agonjing mangkureb tiyang tiga wahu lajeng gendholan bahita. Ananging boten saged kesah-kesah. Amung acerek nedha tulung. Boten antawis dangu wonten bahita sep dhateng. Juraganing bahita asep sareng mireng swaraning tiyang anedha tulung lajeng bahita kakendelaken sareng celak panggenanipun tiyang ingkang kerem wahu. Tiyang lajeng katarik katumpangakaen ing bahita nipun ananging bahita dalah isinipun sampun sirna sadaya. Amung begjanipun dene saged kadengangang ing sanesipun ingkang anjalari wilujeng. Wasana tiyang tiga wahu ugi lajeng kaantukaken dhateng ing gersik tansah andadosaken pangungunipun para anak rayatipun prasasat sampun palastra agesang malih. sarta sakalangkung panarimahipun dhateng juraganing bahita asep ing ingkang anambak nyawanipun.

Tuban Juru serat kolektur ing tuban sampun anganyut jiwa dados pralaya. Amargi saking kakathahen sambutan sarta kawaledan arta kas kagunganipun kangjeng gupermen inggih punika balanjanipun kontrolir ing jagaraga. Mongka juru serat wahu sadherekipun jaler tiga. Ingkang satunggal dados jaksa landrat ingkang kakalih dados wadana. Tur sami santosa. Nalika anyambut sarta panganggenipun arta kas wahu ciptanipun anjibahaken sadherekipun mongka para sadherek lajeng sami boten pisan amaelu. Amargi amung sami amanah betahipun piyambak piyambak mila sareng sampun tatela boten wonten ingkang badhe mitulungi lajeng ngenthengaken oncatipun saking donya. Lah punika kadamel tuladha. Sadhengah manusa angengetana paribasan mangkaten aja sok anjagakake endhoge si blorok. Kintunan

Prangkrik Wonten sawenehing bongsa eropah anama tuwan galiera. Atmajanipun tiyang ingkang sampun kasusra sugih ing tanah ngriku. Ananging wiwit rare galiera sanget boten sudi dhateng bangsaning kadonyan katatodhi ing sudarmanipun punapa badhe sudagar punapa prayantun sumedya dipun bandhani dening sudarmanipun ananging galiera boten purun anglampahi. Wangsulanipun boten wonten malih amargi sampun boten angesthi lalangening donya. Lajeng pamitan kalayan sudarmanipun badhe angupados pakaryan ingkang saged katju kalayan pirenaning ciptanipun dhateng ing kitha nisah.sudarmanipun sungkawa ananging boten kapaelu. Malah badhe dipun sangoni arta boten kadugi tampi. Lajeng angsal

2 pakaryan dados guru ing pawiyatan kitha nisah wahu. Sudarmanipun angintuni arta kalayan ajeg ing dalem satahun kalih atus ewu rupiyah. Saben-saben tampi arta pancen wahu galiera boten purun angelong satengah sen kimawon ananging arta lajeng katur kasumanggakaken ing gupremen paris supados kaparingaken dhateng griya miskin kabageya dhateng para rare miskin sadaya. Sareng angsal antawis 3 tahun gupremen paris lajeng amaringi pratondha dhateng galiera awujud mendhali. Ananging galiera boten kadugi tampi amargi rumaos dereng saged dumugi menggah ing kasaenanipun dhateng para sadhengah manusa. Nembe punika sudarmanipun pralaya. Galiera kaleres angsal pusaka arta. 100.000.000 rupiyah. Ananging boten kadugi tampi ugi. Kasumanggakaken ibunipun amung manawi kapareng ibunipun amundhuta pusaka wahu sacekapipun dene panungtilanipun badhe kasumanggakaken gupremen paris supados lajeng dados tedhanipun lare miskin dene piyambakipun sampun rumaos boten kakirangan pasiyanipun ang nata ingkang anggili. Lalampahan wahu saestu andadosaken pangunguning kathah. Mila dados kuncara sapraja eropah saening pambekanipun.

Wonten sawenhing tiyang tani ing kitha monluron anggenipun angingah jinggot sampun 7 tahun boten dipun cukur. Mila panjanging jinggot wahu ngantos kalangsrah ing siti. Dene saben saben lumaksana sarehning amakewedi. Dados jinggot kasigar dados kalih. Ingkang sabagiyan kasampiraken ing pundhakipun kiwa. Ingkang sabagiyan ing pundhak tengen sareng para tiyang kathah ingkang kapengin sumerep wujuding jinggotipun bilih kauja kalangsrah ing siti. Ngantos sami punagi. Sanajan ambayar jangji saged sumerep ugi kadugi. Tiyang tani wahu badanipun lajeng kagambaraken dene gambaripun lajeng kakintunaken dhateng para mitra mitranipun sadaya.

Warni warni Sagawon edan Punika yen lumampah buntutipun angawet mripatipun mancorong semu ijem cangkemipun mangap sarta medal ilunipun wetengipun bangkek bilih kapanggih sagawon sanesipun badhe anyakot awit angintenipun badhe kacakot wondening tanah ingkang kathah sagawon edan punika pundi ingkang benter hawanipun. Bilih tiyang kacokot sagawon edan sanalika labetipun kairisa. Lajeng kagosoka kalihan toya sarem wahu sageda marasuk awit makaten wahu anggampilaken wedalipun upas. Sabun Amitulungi sanget kaangge angresiki badan ingkang korengen punapa malih langkung prayogi bilih sabun wahu sampun kacvampur kalayan dhedhakipun trigu. Makaten ugi sabun pethak kaejura ing toya. Kaombekna ing tiyang ingkang kalebetan racun angantos nuntak. Brandhi saha jenewer Salah satunggil kacampura kalayan toya. Wasana serbet kacelupna ing toya wahu. Kaangge anggosok raricikaning badan ingkang kasliyo tuwin pegel. Pilek Punika jalaran saking dhadha. Kaombenana ing toya setrup kacampura kalayan dhedhakipun trigu. Tir saha anggur abrit Punika salah satunggal kadamel omben omben bilih sayah saking lumampah. Sageda nyegeraken raosing badan. Cokak Punika kangge anyirnakaken racun-racun ingkang tuwuhipun saking jajanganan wowohan tuwin jamur- jamur. Setrup madu Kacampura kalayan toya asrep amaedahi sanget kaangge omben ombenipun tiyang sakit mejen makaten ugi madu wahu saged anyirnakaken cacing. Pohan Saged anyirnakaken dayanipun racun tuwin warangan bilih angombe angantos kathah.

Candhakipun serat purwa krimayata // bathara kresna lingnya ris. Jiwara sira kariya. Manira banjur yun weroh. Mring sasaning turangga. Kang rinengkuh bathara. Manembah jiwara dheku. Nata pandhawa gya medal.// saha sawegung narpati. Satriya mantri punggawa. Aris arisan lampahe. Samana dugi dhukuhnya. Geta sari gen kusda. Nanging kendel lampahipun sajawining pakarangan.// danang jaya kang tinuding. Nimbali jama dhukuhan. Sajuga dangu tanoleh. Wanti-wanti tan pinyarsa. Kresna ngling yayi paran. Jama kang kinta wuh uwuh. Tanpa wrining

3 para nata. // muhung idhepe ngugemi. Nyuhun nyuhun abethara. Mring kuda jama sakwehne. Payo yayi glis pinrakan. Manjing sajroning desa. Yata lumebet sang prabu. Lan ari kadang pandhawa.// prapteng jro dhusun sangaji. Ngungun denira tumingal. Tan petunga jibeki wong. Dheku dheku amumuja. Sri kresna angandika. He he mariya wong dhusun. Kang liningan anagepah.// sakwehing wong getasari. Wus duga yen ari dipa. Sri kresna aris delinge. Jama getasari sira. Sun tanya balokaha. Ywana silip sahaturmu. Paran karane ta padha. // padha manira timbali. Taman ana perduliya. Kulita karyanta dhewe. Saweneh nama tur nembah. Saha prasajeng parta. Wasta kawula galinthu. Mila tan marek sakala.// tinimbalan ing narpati. Dawek prelu sasembah hyang. Dudhipati sadayane. Kang mawantah warni kuda. Langkung asih ing titah. Mila sunat marang ratu. Prelu mumulu turangga.// dera sih kasaji saji. Kathah kanugraha nira. Suka mulyaning titahe. Awit tinimbang dekunga. Ing nata tanpa tuwas. Wusana dumunungipun. Parentah lawan pamuja. // kaawrataken semadi. Jemangrah ayuni badan. Yen sampun luwar pujane. Sedheng amraduli prentah. Sabab bumi kapradhah. Duk miyarsa sanga prabu. Kresna mesem nolih wuntat.// oo// ngandika bathara kresna. He galinthu sajarwa adi nganting. Paran gunging barkahipun. Nugrahanya si kuda. Kang dinangu galindhu nembah umatur. Estu taman wanda brana. Pamangsungnya hyang turanggi. // muhung sawabipun kathah. Punapa kang pininta anjurungi. Batenta yemu sadhukuh. Dugi mrapat ing monca. Angandika malih sri kresna andangu. Paran kuda bangkit ngucap. Galindhu nembah wot sari.// gusti baten waged mojar. Amung ingkang tinengran ing jamakih. Agegramen megal payu. Tikel saking pawitan. Miwah saben ana nanem megal cukul. Nulus tan kena ing ngama. Sri kresna ayun udani.// mring turangga sasebutan. Pun galinthu matur sumongga gusti. Sigra tedhak sanga prabu. Saha para kadeyan. Miwah para garwa sadaya nut pungkur. Tansah kang cethi parekan. Neng jawi swarda abaris. // sri narendra manjing wisma. Lan pra ari nata kresna ningali. Maranggyaning turangga wus. Waspada katingalan. Neng jro gubah kuda ules jajam biru. Langkung mulya kinurmatan. Kalambu kalugir lugir.// ngungun dahat kagawokan. Sruning tuhu sanityasa kweh jami. Ambathara sungkem terus. Rinuhur kang sri hyang. [ ]mat nata kresna pamawasira wus. Taman samar yen kanuksma. Ing turangga sanga paksi. // dhanghyang druna amanjama. Baya sisip cipta nitis tan titis. Mesem sri kresna lingnya rum. Ing ari madukara. Dhuh kyahi pewas padakneku gurumu. Denta salah kasampurnan. Salah menuksmeng turanggi. // ngling malih sri padma naba. Mring sakwehning jama ing geta sari. Eya kabeh kawruha mu. Kang padha kinta sembah. Kanang kuda sameneki ingsun pundhut. Karana iku kang dadya resi dhanyang druna nguni. // kasasar arsa sun ruwat. Yen kalamen estu akarya sisip. Iya samuha dimu[ ]. Jer nguni dhanghyang druna. Karem karya doning sasameng rat kethuh. Cacedhis duskarta ning rat. Marmane iku nemahi. // laku sagulma anistha. Tur ing nguni waskitha elmi gaib limpad sudibyeng pangawruh. Wruh ssadurung kaweca. Taman kewran wawejang surub ing murut miwah aji japa montra. Bumbak dhesthi langkung mandi. // cakep pangukuping rahsa. Trus kawigyan temakeh mruhitani. Tinuwangga pra wong agung. Wini praja sapraja. Ing ngastina taman ingkang tan manut malab barkah elmu jaya. Muhung antiga sepaning. // seta bunder tiningalan muhung ing jronira isi kukuning. Duskarteng rat sru nalutuh. Kapatuh tatan nyidra. Durki wala taberi babar tekabur. Bubur bureng tyas maharja. Temah kawada keng lalis. Taksih wonten candhakipun Semang tri

4 0ngka kaping: 17 Kemis pon kaping. 18 jumadi lawal ehe 1812 utawi kaping. 26 April 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Ing dinten kemis punika wulan kaping. 26 april nagari amatrapaken paukuman kisas dhumateng tiyang pasakitan 1. Nama bindi prawira. 2. Sura kething. Ingkang sampun apurun-purun dados babegoling kecu. Ingkang ngecu griyanipun nonah mares ing selem wulu. Bok resa karya. Ing kampung mijen purwa diningratan kala kaping. 10. Wulan jumadilakir punika. Rencang rare medal kalih. Babayi wahu wujud jaler akaliyan estri. Dene ingkang andadosaken gumuning tiyang kang sami nyumerepi. Namung nalika lahiring jabang bayi kalih medal sareng. Patrapipun lumuh kurep bayi kang estri wonten ngandhap malumah dipun kurebi ing bayi kang jaler. Mongka adat bayi medal kalih punika sarenti. Bilih boten bayi ingkang estri medal rumiyin inggih bayinipun jaler kang medal rumiyin. Kados inggih punika lare dhampit ing salugunipun. Kintunan Pun karta semita ing beton angop nanging lajeng boten saged mingkem ngantos sadasa dalu anggenipun mangap kimawon kalampahan kathah lajer sarta lemut ingkang kalebet ing cangkemipun sagedipun waluya kausadakaken ing dhukun sarana dipun tapuk. Kintunan

Palantungan Salebetipun wulan maret ingkang kapengker. Wonten saweneh ing estri arencang rare. Pinuju adus wonten ing satengahing lepen ngriku. Sanalika wonten tirta banjir dhateng sampun ageng. Pun estri bingung rumaos badhe katampek ing banjir. Lastantunipun ing satengahing lepen wontens sela amendhukul pun estri sahanakipun lajeng minggah ing ngriku. Boten saged kesah-kesah. Mongka tirta sangsaya ageng. Sanalika wonten saweneh ing tiyang ukuman sumeja amitulungi pun estri wahu. Sarehning kaweken sanget patrapipun amung lajeng kauncalan tampar kapurih nyepengi kalayan anakipun lajeng katarik saking pinggir. Sarehning dereng tinakdir ugi saged wilujeng. Sareng pun estri sampun saged mentas sela ingkang tilas kadunungan wahu boten katingal jalaran kaeleban tirta. Lah punika. Kenging kaangge tuladha bilih katingal mendhung anyingkirana adus ing lepen.

Londhon inggris Nembe punika sang prabu ing ngindhu indhiya inggris anampeni pasareyan welinganipun saking ing kitha londhon ingkang adi angebat-ebataken pasareyan wahu tanpa tadhah jis ananging katumrapan cacawen sasekaran saking salaka. Sakanipun ngandhap rineka sukuning gupala. Ingkang nginggil rineka pratima mini prunggu sami angliga busana. Satunggal gambaripun tiyang paris satunggal tiyang sepanyol satunggal tiyang itali. Satunggalipun tiyang grig. Pratima wahu sami kaecet kados carmaning manusa esthanipun yayah kasinungan nyawa. Sami amusthi kepet manawi sang prabu sare tumunten wonten pirantos ingkang mebahaken bujakaning pratima. Ingkang kalih angepeti mastaka ingkang kalih angepeti sampeyan.

Ostenrik Tuwan ef ye. Petri. Sampun angsal pamanggih sarta sampun kanyatahan ing pandamelipun obat ingkang winastan dhinamogen obat punika boten kacamboran walirang sarta sandawa. Tuwin sanes-sanesipun mila katempelan bangsaning dahana boten saged murub samangke sampun kawentar ing sanagari ostenrik amargi obat wahu sakalangkung onjo dayanipun amargi bilih kasanjatakaken boten murub sarta boten ambaledhos ananging daya panatabipun ing mimis sakalangkung antebipun punapa malih saben mentas kssanjatakaken ing lomponganing boten kakantunan reged samendhang. Lompongan tamtu resik kados mentas dipun gojogi. Mila samangke sampun kathah ingkang angangge obat wahu.

1 Prankrik Tuwan renud ingkang sampun kasusra wegig ambudi murih inggal agengipun sadaya kewan sampun angsal pamanggih sarta anyatakaken angingah cempe lajeng kapisah kalayan embokipun cempe wahu boten kenging anesep sarta angumbe sanesipun kajawi amung nedha ludiraning lembu ingkang sampun kaepe. Sasampunipun garing lajeng kadheplok kacamboran toya. Sampun pinten-piten kanyatahanipun cempe wahu awelaga. Bilih ngmur sawulan saminipun ngumur satahun.

Amirikah Ing kitha aret poret wonten saweneh ing tiyang bongsa cina ingkang sakalangkung parama dhateng sakathahing tembunging sadhengah bongsa cina wahu lajeng amangripta bahu sastra. Tembung cina dipun jarwani tembung enggris sareng sampun kagiyar ing ngakathah. Piyambakipun lajeng amangripta kitab saking tembung enggris kajarwanan tembung cina. Ing samangke sawek amngripta malih serat serat pamulanganing rare. Saking tembung enggris sarta badhe lajeng kagiyaraken dhateng para tiyang cina sadaya. Supados saged sami angsal sabarang saserepanipun bongsa enggris.

Panjurung Kula amaos serat cariyosanipun prabu umayon pal tetedhakanipun jawi mas ngabehi krama prawira saking basa malayu jilidan II. Dongengipun bulus akaliyan kalajengking ing kaca ongka. 19. Larikan pitu saking inggil anyebutaken mangkaten. Sasampunipun prabu singa wicanten mangkaten drengki boten sah kuwatos ing manah bok manawi kuturbeh angsal piserep prakawis pitenahipun saha lajeng saged amratelakaken dhateng prabu singa. Mila tansah dipun gada rinani. Supados sampun ngantos kawanguran ing cidranipun. Tembung gada rina punika kula dereng sumerep tegesipun ing bahusastra kawi karanganipun tuwan karel prederik winter sepen ing bahu sastra jawi walandi karanagnipun tuwan girike ingkang medal enggal ugi wonten ingkang negesi tembung gadarina. Nanging kula laras akaliyan ingkang kasebut nginggil boten angsal awit saking punika bilih wonten mitra ingkang mirsa tegesipun tembung gadarina wahu mugi karsa aparing katrangan sokur manawi mas ngabehi krama prawira piyambak sarju paring seserepan kawrat ing bra martani. Supados kalimrah ing kathah. Iba genging panuwun kula. Katandhan mamrih sastra

Anepangi rumesepipun endhang ing giri madya // sedheng sidhangan mabangun kumembenging jala nidhi. Meh babaring bagaskara. Siratmaka raya rungih. Rengating jagad kawuryan yayah jajaning dyah adi. // sinawung swaraning manuk monang aneng nagasari. Sumilar rum raras ira. Lir kusuma nalika ngling. Lengkunging badra kang kresna. Sawarna imba duk jingjid // samirana ndres kumusuh. Santara lilih sumilir. Ngirid gandaning puspita. Tumameng nasika minging. Mangresing tyas katiwasan sungsuting sarira tis tis. // karan tan manahen ingkung. Kineker kongkal kawingkis wekasan kedah kadriya. Wiyanging ongga nemeni. Mung ideraning pangripta. Rempu katontonen warni. // mring karuh kang karya wuyung. Ing giri madya wawangi. Sang endhang pracima sana. Senening wadana keksi. Kumanthil telenging nala. Lulut mulet ngalinteri. // linali malah tan lipur. Malela longok ngaliling. Lekering pamulu pelag lukita nira dumeling. Nuluhi mring kulunging wang. Nglali ta miluteng ati. // pinupus lawan pangapus puspitane kang rinapih. Gya muksa saking sasana. Nedya ngupadi sang ngadi. // anut rejeng jurang treju. Jagange kajrah anjeri. Kajruman simbar manjangan maja tanjang anjajari. Ujangan pajeg tinarjang. Tan ketang marga cucuri. // carabak muncar kumucur. Pucang pacar angayomi. Mayange ambabar gonda. Kebekan sakanan keri. Sumreng mredune mangrebda. Brang mara marurah ririh. // mamrih sarine sumawur. Maduning kumuda kengis pengkuh denira malakang. Kruraya rengreng dera ngling. Tiniling sampun katingal talaning sarkara nuli. // cinucup suka datan wus wahu ta wigaring sari. Kang katresan kawistara. Tibeng koleging we kentir. Woring katang dhadhayungan kadya layoning malathi. // rentah pinegating gelung. Kucem semuning mlas asih. Kredyat sang kunjanasmara. Waluya liwunging galih. Lam lamen brangtaning cipta. tumuli manjat manginggil. // anggananeng glagah gunung. Madyaning wagir kaeksi. Sela langking kumalasa. Linenggahaning maharsi. Wiku pikun matak puja. Arjaning jaman dumadi.

2 // ri sang menggah gandrung gandrung. Marek maring sang maharsi. Sinambrameng ngesem rena. Pangandikanira aris kacung sira wus diwasa. Samangke sisilih wasi. // sampunen ing panalikung. Dene ingkang karya wingit pujaneneng pasenetan kewala manawa prapti. Manembah kang sinung sabda. Mundur sapraptaning panti. // sigra mempen jroning jungut maladi samadi hening. Minta purnaning ngasmara. Titi panitraning tulis pindha ucaping supena. Tinengran ri sukra enjing. // lek kalih welas panuju. Jumadilakir ri warsi. Ehe wukuning galungan paningron dhestha kaping tri. Sinemon sangkalanira. Karo jalu murtiningsih. Wasi buja kirana

Pethikan saking serat umayon pal Bab cariyosipun sagawon julig kakalih. Ing wana woonten singa ageng satunggal kendel sarta galak angantos kathah singa ing salebeting wana ngriku ingkang sami teluk awit kasor kerahipun. Wasana sakathahing bubujengan wana sami ngedhep dhumateng singa ageng wahu. Osiking singa amung piyambakipun ingkang angratoni sakathahing bubujengan wana. Sanajan gajah ingkang sakalangkung ageng tuwin sima ingkang sakalangkung galak inggih ugi keter dhumateng singa punika. Awit kala rumiyin sampun nate mracondhong gajah tuwin sima. Ananging dereng nate priksa sawarninipun bantheng utawi lembu. Mongka dereng antawis lami ing wana ngriku kadhatengan lembu satunggil nami kutur beh. Ing sawancinipun ambengah. Singa ageng wahu angraos ajrih. Wekasan kapeksa angeker wadosipun piyambak murih sampun ngantos kawanguran dening bubujengan wana ingkang galak yen piyambakipun ajrih kapanggih kaliyan kewan ingkang suwantenipun anggegeteri punika. Saangsal angsal susahing manah kasamur. Nanging maksa ajrih medal saking padununganipun. Utawi leledhang dhateng pasaban tuwin ngupados buburukan kados ingkang sampun dados ngadatipun singa. Sanesipun bubujengan wana ingkang kathah kathah ingkang sami dumunung ing karajanipun singa wahu. Wonten sagawon kikik kakalih. Ingkang sakalangkung limpad sarta julig saged angubengaken nalar utawi prakawis singa sakalangkung asih dhumateng sagawon kikik kakalih punika. Dene namanipun ingkang satunggil kalilah. Inggih punika nayaka ingkang kenging kapurih dening ratu. Satunggilipun nama drengki. Inggih punika ingkang kirang temen dhumateng bandaranipun. Drengki kathah rekanipun anggening murih indhaking pangkat sarta enggal sumerep bilih singa kirang sakeca ing manah kadugi wonten ingkang dados tuking kasusahan. Drengki lajeng wicanten dhumateng kalilah. Wicantenipun kalilah. Kapriye panarkaning atimu mungguh kang tinemu ing sang prabu waktu iki. Mokal yen kowe ora sumurupa kang dadi sekeling galiye. Gone temahan akendel bae. Akongsi ujwane katara welu. Lan ora ambuburu kaya saben iku apa kang dadi sababing prihatin. Wangsulanipun kalilah. Dhuh kisanak. Kapriye dene kowe teka kumawani calathu mangkono. Lan yagene kowe kumawani angulatake ing atasing sang prabu. Lan kumudu anyurupi prakara kang ginalih galih kowe lan aku iki rak kawulane. Tur sumurup gedhene pangawasane tuwin kamulyane. Dadi patut yen aku lan kowe padha angajenana sarta manut ing sapangrehe. Nanging ora patut yen abdi kudu sumurup kang ginalih ing bandarane. Mulane aja kowe pati open awit sing sapa kapengin weruh wadining ratune. Ora wurung bakal nemu bilahi. Mangkono uga kowe. Manawa ora pati ngajeni marang sang pamasa. Lan banget kapengin weruh ing wadose. Amesthi bakal anandhang cilaka. Kaya cilakane kethek kang momor sajroning prakara kang dudu kawajibane. Wangsulanipun drengki. Yen mangkono aku caritanana. Kapriye surasane dongeng iku. wicantenipun kalilah iya becik.

Dongeng kethek kalayan undhagi Ana undhagi siji anggraji balok bakal ginawe balabag nganggo pacel loro murih gampang panyendhaling graji. Pacel mahu genti genti pamasange ana sawenganing kayu kang disigar. Undhagi duwe ingon-ingon kethek siji bangte gone maspadakake marang panggaweyan iku. Kalane undhagi ninggal panggaweyane sadhela marga arep ngombe. Kethek enggal munggah marang pagrajen manut sarekane undhagi. Banjur ambethot pacel sarosane. Nanging pacel kang minongka gajule kang di bethot ora dipasang dhisik. Bareng pacel kena dibethot wenganing kayu ambalik rapet. Buntute kethek kacepit dening pambaliking kayu mahu. Si kethek banjur ajerit jerit sambate. Adhuh adhuh. Ya gene aku teka gemblung. Cilaka aku iki awit saka kaluputaku dhewe. Dene teka dadak aku arep dadi undhagi pancine kang wenang dak surupi rak mung mangan wowohan ing alas bae. Dhuh ya gene aku teka kudu momor ing sajrone prakara kang dadi kawajibane bandaraku.

3 Sing sapa momor sajroning prakarane liyan Wekasan agawe kaluputan marang papadhaning titah. Lan agawe cilakane awake dhewe undhagi bareng angrungu panjerite ketheke marga buntute kacepit inggal diparani. Kalane si kethek arep angrusakake prabote undhagi undhagi banget anepsu. Kethek cilaka banjur dipenthungi endhase saha kongsi mati. kalilah anglajengaken wicantenipun dongengku iki prayoga dadi wulang marang kowe. Ora patut yen wong momor marang sajrone prakara ning liyan wong iku becik anetepi marang kawajibane dhewe. Sarta agaweyamu barang kang wis disurupi bae. Pangarep-arepku becik enuten pituturku iki. Aja kowe kagedhen ati. Lan aja kudu anyakup prakara kang kaliwat akeh. Wangsulanipun drengki. O kisanak. Taksih wonten sambetipun.

4 0ngka kaping: 18 Kemis kliwon kaping. 25 jumadi akir ehe 1812 utawi kaping. 3 Mei 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kaperjaya Nalika wulan maret ingkang kapengker tuwan atministratir ing kiringan mantuk saking kamar bolah marapi. Lumaksana kemawon sareng jam ½ 4 enjing. Dumugi sacelaking dhusun kiringan kapethuk tiyang kakalih sami ambekta dadamel arit sarta penthung. Tiyang 2 wahu lajeng nembung nedha arta. Sareng tuwan mangsuli boten gadhah tiyang 2 wahu lajeng anandukaken dadamelipun arit bapang panjang kenging murda sanginggiling prastha. Tuwan ambruk sareng enget sumedya ananggulangi. Kataman ing dadamel arit malih kenging mastaka sanginggiling wathiwa. Ananging tuwan lajeng saged angrebat dadameling durjana. Warni arit 1 iji. Durjana lajeng anggenjret sami malajeng. Tuwan kantaka lajeng katulungan para karerehanipun lajeng kabekta dhateng bayalali. Kaaturaken uninga ing pangagenging kitha. Enjignipun para pulisi kasebar angupados katrangan sanajan tuwan boten saged anginten sinten tiyangipun ing marjaya. Amargi saking wicaksananing pulisi sanalika wahu sampun saged amikut tiyang 3 iji. Ingkang wismanipun kagledhah kapanggih tondha angemperi mentas kaangge anganiaya. Sarta boten sumelang nalar-nalaripun. Kintunan

Nembe punika kula mentas kakesahan dhateng ing dhusun dhistrik sapuluh klathen antuk kula medal ing gemampir. Ing ngriku kaleresan lampah kula dumugi ing peken sumerep tiyang kathah sami rerubungan sareng kula celaki ingkang dipun rubung wahu mahenda estri gadhahanipun tuwan portir upsinder ing pabrik ngriku mahenda wahu manak cempe kakalih ingkang sami aneh. Ingkang medal rumiyin pun cempe wahu mawi gadhah konthol tuwin kuwadosan nanging pejaleranipun boten wonten dumununging kuwadosan wonten sangajenging konthol dene cempe satunggilipun boten gadhah punapa- punapa. Gadhahanipun namung medi kimawon mila sahantawis dinten para tiyang ing ngriku kathah ingkang sami aningali cempe ingkang aneh wahu.

Ing salebetipun wulan april punika wonten rare prawan nami pun unjo kakinten umur 17 tahun anakipun tiyang nami ki sakun ing dhusun cindhe kebon arum bawah dhistrik kitha klathen pejah jalaran sakit plendhingen mongka pun unjo wahu sampun badhe laki. Mila tansah andadosaken ing sungkawanipun pak unjo tuwin embok unjo. Ananging ingkang makaten wahu saestu tiyang sepuhipun pyambak ingkang lepat awit kala teksih rare dereng kacacaraken.

Ing wulan punika sampun masanipun panen mila para among tani katingal suka lan seneng. Sanadyan ing nalika tanem radi kakirangan toya jawah ananging wedaling pantun kathah ugi kathah ingkang sae. Mila regining uwos ing wulan punika sampun mirah. Menggah sasakit ing ngriki boten kamirengan mila saestu andadosaken bingahing kawula alit sadaya.

Wonten saweneh ing mitra kula ingkang cariyos bilih ing dhusun gotan bawah dhistrik ing jatinom wonten satunggaling sendhang ingkang dumunung wonten satepining kali. Sendhang wahu toyanipun kenging kadamel jampi sasakit koreng utawi tatu labeting gagaman mandar nembe punika sadherekipun kadhawahan kalapa ingkang teksih cengkir ingkang kenging grananipun ngantos angedalaken ludira ingkang sakalangkung kathah. Mila ingkang kadhawahan wahu lajeng boten enget wasananipun lajeng kapendhetaken toyaning sendhang ingkang kasbut ing inggil wahu. Kaunjukaken utawi kasiram- siramaken ing panggenan ingkang kraos sakit ing sahantawis dinten sakitipun lajeng waluya. Ing sarehning kula pyambak dereng nate angangge jampi toya sendhang wahu. Mila kula sumanggakaken para ingkang kuncara ing budi. Menggah kawontenaning toya sendhang wahu. Punapa namung tumuwuh

1 saking gugon tuhon punapa toya wahu pancen anggadhahi daya saged anyarasaken sasakit mila sumongga anggenipun sami anggalih. Dene sendhang wahu toyanipun ugi bening. Punapa malih hawanipun ing ngriku inggih pancen radi asrep katimbang kalihan sanes-sanesing panggenan.

Binten Salebetipun wulan ingkang kapengker. Para rare sarta tiyang ing pasantren gadhing drana. Dhistrik ing jatinom sampun sami angleksanani lalampahan ingkang anjalari kageting parentah. Inggih punika anggagulang ngaben karosan ingkang kawastanan binten sakawitipun rare. Ingkang saben sonten sami kaklempakan wonten ing tegil lajeng sami binten katandhing tandhing ingkang sami jajag ageng sarta waradhanipun wondening senapatini binten wahu kasebut boroh. Ingkang kakalih ji. Kakalihipun sanes kaji inggih punika ingkang sami anandhing nandhing para ingkang kaaben binten ananging sareng dangu dangu para rare kathah ingkang asor lajeng kabiyantonan tiyang sepuh. Ugi lajeng mamengsahan sami sepuh. Ing sadalu dalunipun ingkang sami binten apes-apesipun 20 tiyang. Ingkang sami ningali atusan malah wonten pawartos amargi aking pegeling ciptanipun sawenehing kaji manggalaning binten punika wiwitan kaajak totohan dening mengsahipun sarehning kaji wahu pancen kagolong kakerengan ugi purun anotohi. Ananging ingkang kaetohaken estrinipun kalampahan kadadosan lajeng tiyang ingkang badhe kaasahaken binten sampun katandhing tandhing. Wasana sareng sampun amngsah ing rana. Sawungipun kaji kasoran dados estrinipun ingkang kaetohaken lajeng kakukub dening mengsahipun pun kaji sarehning taksih trisna badhe katebus arta. Ananging mengsahipun boten suka amargi ing ngajeng tanpa prajangji. Pun kaji ugi anarimah awit kawon prajangji. Bab punika sareng kamirengan dening parentah ingkang andhawahaken amargi sampun purun purun rurubukan ingkang boten andadosaken parenging nagari. Sarta adamel kageting parentah. Sareng kapriksa para tiyang wahu sami ngaken kemawon amargi boten sumeja anandukaken ardaning manah. Sarta tanpa dadamel boten mawi totohan punapa-punapa. Kaji amung sasenengan awit sampun kaangge salaminipun patrapipun para tiyang ing ngriku. Saminipun ing jatinom bilih wulan siyam sami apaprangan mercon ananging boten nate andadosaken sangsaraning tiyang. Wondening jalaranipun adamel kaget wahu amargi saking kathahipun para tiyang ingkang sami ningali ing dalem sadalunipun ewasamanten badhe kapacuhan ugi bilih boten andadosaken parenging parentah. Sadaya lalangen ingkang mawi totohan temahanipun anuwuhaken prakawis kados prayogi bilih lajeng kapacuhan kendelipun. Juru ngarang

//oo// duduk wuluh //oo// // wonten rare estri sajuga winuwus wasta sajinem yu manis adarbe cipta linuhung. Yatna nira jroning ati. Ing saparan paraning wong. // pratistha engendi –endi prenahipun mwangpari polahe yekti. Angawikani hyang agung. Nging kadang ta kang wawangi. Penekta nyipta mangkono. // renanira tan wonten ing wisma nuju. Penek lan kadang pawestri. Neng wisma priyongga kantun ararasan wong kakalih. Miwah smai aguguyon.// dolan sarta asisindhen sukeng kalbu. Sira penek anulya ngling. Sajinem rehning si biyung. Mene tan ana ing panti. Payo inggal padha ngruroh.// mikan mikan wong roro ambruwah mupung. Tan ana janma kang uning. Sajinem nahuri wuwus iya prayoga ananging mring pundi. Antuke ngruroh.// aranana dene ngong nurut sakayun sira penek anahuri. Payo mring kebon met jeruk kang lining nganabda malih. tan arsa ingsun yen mrono.// bok manawa ki tongga pak sopla weruh. Penek anahuri angling. Payo ngalor malap mundhu. Geng ageng tur kuning kuning. Akeh pinanggih ing kono. // ngong namtokken taman ana ingkang weruh. Sajinem malih nahuri. Yen mrono biyang manthur wruh. Sira penek nabda malih. yayi kalamun mangkono.// lah ta payo marang senthongan agupuh. Ing kono ana ngong uning. Sisimpenan tetesipun len sing iku ana malih. rarawatan jroning senthong.// ngong pesthekken tan ana wong wruh ing ngriku. Kang sinung ujar nahuri. Penek apa sira nyengguh. Ing ngriku tan ana uning. Sapratingkahe wong roro. // apa sira limut mring mojar ing ibu. Yen hyang suksma nguningani. Ing sakalir-kaliripun apa iku sira tan wrin ing saparan paraning wong. Pratistha ing ngendi prenahipun nadyan limuna ugi. Wastu tan samar hyang agung. Sira penek anahuri. Dhuh yayi sru getuning ngong. // dene taman kayatnan ingkang kadyeku. Nanging salajune yakti. Arsa ingsun emut supadine aywa kongsi. Manggih pataka waking ngong. // elidira ing dongeng reke winuwus saparan paraning janmi. Neng pundiya dunungipun mwang pari polahe yakti. Angawikani hyang manon. // sumarma ta wong anom anom sadarum yatnanen ywa lali- lali. Pan kayatnan kang kadyeku. Weh sumangganing tyas maring. Darma yasa ing tumuwuh. Katandhan moril

2 Madiyun Mangsuli seratipun mamrih sastra ing bra martani ongka. 17. Bab pitaken tegesipun tembung. Gadarina. Menggah tembung. Gadarina. Punika tembung camboran saking lingga gada. Akaliyan murina. Wondene tegesipun gadarinani. Prayitnani. Sujanani. Kuwayani. Tembung gadarina wahu. Saking tembung sangskrit. Gada. Akaliyan murina. Kanggenipun ing jawi sampun kina. Ingkang kerep kangge ing pakecapan ananging sapunika tiyang kitha awis ingkang ngagge. Saking pamireng kula ing pakecapan ingkang teksih nengenaken panganggenipun tembung gadarina. Tiyang ing dhusun ingkang kalebet kina. Tembung gadarina. Kasebut wonten caranganipun wyakarana. Kawi. Enget kula panggenanipun wonten sangandhapipun kalabang wiwitan. Katandhan krama parawira

Embok bilih wantahing tembung gadarina makaten gada upaminipun gebag rena. Biyung. Dados gebaging biyung. Awit kula asring mireng tiyang angelikaken anakipun tatembunganipun makaten. Heh bocah iki. Ora sepi digadarenani. Teka ijeh dhugal. Juru ngarang

Sambetipun pethikan saking serat umayonpal Wangsulanipun drengki. O. kisanak kowe aja calathu mangkono awit aku lan kowe angladeni ing prabu singa ora mung murih bisa oleh pangan lan ngombe bae. Dadi ora kena dipadhakake kambi bongsa cilik olehe anglakoni pagaweyan mung murih aja kongsi mati kaluwen balik aku gampang banget bisaku oleh pangan kang nyukupi. Ora orane yen wetengku ngantiya kalakon ngalongkong. Sanajan mung mangan sathithik lan sanajan oleya daging kang ora pati enak iya ora agawe kaluwenku. Nanging aku nedya dadi gedhe sarta ngupaya kabegjan. Dadi gonku ngawula ing ratu. Duwe pamurih supaya bisaha oleh kalungguhan kang gedhe. Sababe enggonku kapengin ngrenggani pangkat gedhe iku murih bisaha oleh pangaji aji. Lan supaya satru ku padha wediya ing pangawasaku. Mareni olehe wani marang aku. Anjaba saka mangkono ana pamurihku maneh. Mungguh pamurihku. Kang supaya bisa atutulung marang sanak sadulur tuwin mitra kang tetep. Jer sing sapa marem atine mung marga bisa mangan lan ngombe wareg iku kena kaewokake ing bangsaning buburon kang asor. Nanging aku beneh karo asu kang lawase pijer kaluwen bae. Bungah bungah yen kalane anglethak balung. Lan maneh aku ora kaya si kucing kang kaliwat bungah ing ati kalane amangan daging sacuwil awit kang dak esthi kaya pralambang kidunge manungsa kang kaya mangkene unine.

Patut wong sedya anggayuh marang prakara kaluhuran. Ora bisa oleh aran kang mulya manawa panggaweyane ora uga mulya. Manawa kamulyanmu ora tulus. Sanajan ilange kaluhuran kaya kembang mawar kang gelis alum. Iya aja kendhat pangupayamu murih bisa dadi gedhe. Kaengetane manungsa kang mulya di aji aji. Sakehing wong padha ngalembana ing dheweke. Wong kang dawa umure tanpa guna manawa ora duwe kaelingan prakara iku. Wong kang luhur budi ne ora gelem anuturi alaning wong. Mung anuturake yen wong iku kaya eri garing. Iya uga awet marga saka garinge. Sing sapa oleh kamulyan ora prenah pambekane iku bakal nemahi pati. Nanging wong urip kang tanpa guna aprasasat wis mati.

Wangsulanipun kalilah. Iya bener lan iya patut yen sakehing wong kang asal gedhe sarta berbudiman padha angupayaha darajat luhur nanging mungguh asu kikik kaya kowe lan aku mangkono masa patuta. Amarga trahing bongsa asor tur ora makolehi. Kepriye dene kowe teka duwe pangira yen bakal oleh kamulyan. Wicantenipun drengki. O kisanak ora asal gedhe lan ora kang makolehi bae kang bisa oleh darajat luhur. Nanging wong pinter iya uga bisa oleh kaluhuran. Wong kang kurang kendel sarta atine uwasan ora bisa oleh darajat salawase tansah asor bae. Nanging wong kang terang atine amasthi bisa golek sakehing prakara kang mulya. Ujare wong kang terang ing budi mangkene : masthi kudu ambetahakekasusahan akeh. Supaya bisa oleh pangkat lan pangaji aji gedhe. Nanging gampang banget bisane kalorod pangkat lan pangaji aji iku. Sing sapa ngupaya darajad gedhe iya kudu pama wong anjungjung watu kang abot awit panjunjunge kalawan susah lan rekasa. Nanging tumibane ing lemah gampang bae. Mulane wong atine kurang kendel. Wekasan wedi marang kasusahan iku. Wong kasmaran anggoleki marang kang didhemeni. Iku padha uga lan wong kang pengin marang pangaji aji. Amarga wong kang temen temen asih ora wedi nandhang kasusahan nanging sing sapa uripe keset ora wani duwe kasanggupan apa-apa. Wong mangkono iku iya tansah asor bae. Aturipun drengki dhumateng singa. Pukulun menggah para ratu ingkang adi tuwin wicaksana kedah angagem dhumateng aturipun kawula ingkang sami gadhah pamurihing atasipun kawilujenganing karaton. Sang ratu kedah ngawuningani ing guna budinipun kawula. Kadosta kawigyan kawekelan [ ]dayan

3 karegep tuwin taberinipun. Saha sang ratu kedah amaringi darajata dhumateng satunggil tunggilipun kawula aperang-perang. Wiji ingkang kapendhem ing siti boten saged katingal tuwin dereng wonten pikantukipun ananging manawi sampun thukul tiyang sawek aningali ing godhongipun. Bilih sampun kaserepan pundi thukulan ingkang badhe wonten wohipun lajeng kaingu saha kataberenan kasiraman angantos witipun saged dados ageng. Antawis tahun lajeng woh. Mangkaten ugi para ratu ingkang berbudiman sampun saestu karsa angabdekaken sarta mitulungi dhumateng tiyang ingkang manahipun terang tur wicaksana. Pawingkingipun tiyang wahu saged amales sih welasaning ratunipun. Anggening lalados tuwin anglampahi ing padamelan andadosaken karahayoning nagari. Margi saking punika. Gusti. Para ratu wahu upami srengenge. Cahyanipun tumanduk ing wit ingkang mawi ri. Benteripun tumanduk ing siti. Sorotipun amedalaken tataneman ingkang neka neka saking siti. Taksih wonten sambetipun.

4 0ngka kaping: 19 Kemis pahing kaping. 3 rejeb ehe 1812 utawi kaping. 10 Mei 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kalayan pangunguning manah kula amradinaken wawartos bilih panjenenganipun tuwan mandhor pal sampun ajal sadhengah tiyang ingkang sampun nate tepang dhateng tuwan wahu. Saestu rumaos kacuwan awit sanadyan kagolongaken dhateng para ruhur. Pambeganipun sanget anggening asor. Kenging dipun wastani boten gumunggung dhateng kadarajatanipun danatur asih dhumateng para tumitah ingkang sami asesekelan punapa malih panjenenganipun tuwan mandhor pal sanget anggening ambudi dhumateng raharjanipun karaton kakalih. Kalampahan ing mangke ngantos kadunungan margi sepur. Ingkang saestu amurugaken dhateng mirah ing sandhang tuwin kedhi. Anggampilaken dhumateng tiyang ingkang angupajiwa. Ing dhusun kalampis ireng sacelaking dhukuh tejo maya. Wonten satunggal tiyang kuli nama tanu dimeja. Gadhah anak satunggal jaler wanci umur 12 tahun nama pun deya. Ing saben dinten pandamelanipun angon mahesa. Kala kaping 10 wulan madilakir kang kapengker wanci enjing pun deya angon mahesa. Kasambi nawu suwakan kang dumunung satengahing ngara ara kalampis ireng. Wasana angsal satunggal ulam kutuk ingkang panjangipun sakaki. Ageng salengen pun deya sanget sukaning manah. Ulam wahu lajeng dipun sunduki. Kabekta mantuk kalayan anggiring mahesanipun dumugi ing griya mahesa kakandhangaken ulamipun kutuk dalah sundukipun kaslempitaken ing usuk payoning kandhang ing mahesa. Wondene pun deya lajeng nusul embokipun dhateng ing peken grogol dumugi ing peken pun deya angucali embokipun boten kapanggih. Wonten tiyang kang sanjang bilih bok deya kesah dhateng ing jebres salering nagari. Tuwi sadherekipun kang sakit sanget makaten malih pun deya sareng mireng wiraos wahu ugi lajeng nusul dhateng ing jebres rancuking cariyos pun deya kalampahan kapanggih embokipun sarta lajeng kalunta tumut anenggani tiyang kang sakit wahu. Lamenipun ngantos. 6 dinten pun deya dalah embokipun sawek saged mantuk dhateng ing kalampis ireng malih. dumugi ing griya pun deya enget bilih ngrumati ulam kutuk kaslempitaken wonten usuking payon kandhang mahesa. Ulam kutuk wahu lajeng dipun tuweni taksih gesang. Sanalika sanget jetungipun para tiyang kang sami nyumerepi. Utawi kala sapengkeripun pun deya dhateng ing jebres ingkang tengga griya bapakipun pun deya. Saben dalu tengga mahesa tilem wonten ing kandhang. Amireng sabawaning ulam gedabigan wonten ing payon wahu. Wasana ulam lajeng dipun uculi saking sunduk kauculaken dhateng suwakan malih. awit para tiyang sami ajrih. Bok bilih ulam punika kadadosaning dhemit.

Watu genuk Sanadyan sapunika sampun kathah para limpating pambudi. Amargi saking kulinaning saserepan kalayan bongsa eropah sarta kacundhukaken tempeling sarak bilih kawontenan gathuking esthi punika amargi saking melenging cipta. sarta ugi tatela boten analimpang ing nalar nalaripun ewadene ing sarehning bongsa kula jawi punika angengeti tedhaking jawata. Dados panjanging gugon tuhon taksih tumempel boten saged pisah saking kaptinipun. Amarengi dinten akat kula lalana sumedya anyanjata kukila. Sareng kula dumugi dhusun ngadhuman sawetaning kitha bayalali. Antawis 1 ½ pal kula kendel angaso. Kaleresan ing ngriku wonten papethetan ing kang puspa sarta tatanemanipun wowohan bangsaning kakecut sarta manis awarni warni. Mawi kadunungan griya kakalih. Kacariyos punika pasanggrahanipun raden ngabehi singa setika. Kaliwon pamaosan ing bayalali. Tiyang ingkang jagi pasanggrahan wahu amratelakaken sadhengah priyantun sarta sanesipun ingkang kendel ing ngriku. Bilih kapengin ugi kenging lajeng mendhet sarta anedha wowohan wahu. Dados sakalangkung panuwun kula dhumateng ingkang ambek mangkaten wahu. Sampun pangaso kula sakeca papenginan kula kaleksanan.

1 Salebetipun kula wonten ing ngriku. Wonten tiyang langkung jaler estri. Cina dalah nyonyahipun kula pitaken wangsulanipun sami dhateng sela genuk menggah kaniyatipun parlu ing atasing tiyang ingkang dereng waweka. Sanalika wahu sayah kula sirna. Lajeng anggatekaken nyatakaken sayektos wonten kaleresan lering dhusun ngadhuman amung elet lepen wonten sela dumunung ing tegil ingkang inggiling siti saemper gumuk wondening sela wahu wawangunanipun sampun kados dene genthong ananging ageng mawi kaukir. Lebetipun kinten 3 ½ kaki. Wiyaripun 2 kaki mubeng. Mila kawastan sela genuk amargi wujudipun kados dene genuk ananging boten isi punapa punapa. Sahantawising sela ingkang sisih wetan wonten pancuran kasebut pancuran lanang. Ing sakilening sela wonten pancuran tiga. Kasebut pancuran estri. Ing sakiwa tengening pancuran wahu. Sekar konyoh sarta ancak tilas sajen anggelasah. Dene sela genuk punika ugi meh boten katingal sela. Ananging katingal sekar konyoh sarta dupa. Cariyosipun tiyang ing dhusun ngriku. Pancen sampun salaminipun misuhuripun sela genuk wahu ananging tumraping tiyang monca nagari. Bilih tiyang ingkang celak pancen dereng amiyarsa ingkang sampun kathah kanyatahanipun tiyang anedha inggalipun awaweka. Patrapipun mangkaten. Tiyang jaler estri dhateng ngriku lajeng siram pancuran 3 wahu. Sasampuning sira mlajeng ambesmi dupa wonten ing sela wahu sarta sapirantosipun sasampuning ambesmi dupa wonten ing sela wahu sarta sapirantosipun sasampuning ambesmi dupa lajeng nedha rurujakan tumunten sami anginjen lomponganing sela. Mangke lajeng wonten sasmita. Bilih salebeting sela wahu katingal telas sarta wonten toyanipun boten sarenti sawulan estrinipun tamtu lajeng anggarbini. Bilih katingal garing kemawon tondha bilih dereng mangsanipun. Mangkaten malih cariyosipun boten angemungaken dhateng tiyang ingkang sumedya waweka. Ananging ugi tumrap sakajating manusa ingkang angesthi. Amargi sela genuk wahu. Emper-emperipun kados ing gunung genthong redi kidul sarta kados ing nglawet tanah cilacap sadhengah tiyang ingkang darbe sedya wonten sasmitanipun pitambak piyambak sarana aningali lompongan salebeting sela wahu. Ingkang andadosaken pangungun dene sela wahu kaapit pancuran sarta sendhang. Ewadene salaminipun garing kimawon sanajan mentas jawah deres ugi garing sarta boten kaisenan toya. Bilih boten kangge pratondha. Wasana kula nyumanggakaken para sarjana. Panjurung Teka gampil sanget angungak sela tiyang estri lajeng anggarbini. Punapa boten mawi kosod. Juru gubah.

Ngrambe ngawi Ing saestu andadosaken tuwuhing kabingahanipun manah kula. Awit dening ing wektu punika titiyang sami ginanjar seger kuwarasan awit boten wonten sasakit ingkang tumimbul angaru biru dhateng manuswa ingkang dudunung wonten ing dhistrik sine. Gendhingan utawi ing jagaraga. O mugi lestantuna. Awewahan malih. ing dhistrik sine. Jagaraga. Ing sapunika sampun ramenipun panen sarta kawujudanipun pantun ingkang sampun kapugut utawi ingkang dereng. Sayektos prayogi. Satemahan sakalangkung kathah. Wedalipun uwos ingkang kasade wonten ing peken sine. Jagaraga. Saengga satunggal rembat 100 kati ingkang awis namung pangaos 4 rupiyah salaka. Inggih punika uwos ingkang sakalangkung saking pethak. Dene ingkang uwos kirang pethak sarembat namung pangaos 350 utawi 375. Mila kathah sadherek tiyang ing bawah surakarta ingkang sami dhateng anempur. Yen pinuju ing dinten pekenan boten kirang kapal 60. 70 ingkang dhateng badhe kangge ngrawat uwos boten liya ingkang katempur wahu. Namung uwos wedalipun ing dhistrik sine. Jagaraga kimawon. Dados ing panyipta kula. Sadherek tiyang bawah surakarta. Ingkang alul dagang uwos nempur dhateng ing bawah sine utawi jagaraga. Ing saestu kathah bathinipun yen wahu uwos kasade malih. wonten ing wengkon surakarta. Ananging namung dhistrik gendhingan ing tahun punika kawontenanipun sabin jemblek. Kathah ingkang sami pejah. Jalaran kakirangan toya. Utawi ingkang boten pejah. Sami kirang sae wujudipun pantun awit wektu ananemaken sampun kasepuwen wiji. Dados winastan pantun jothil. Sanget bingah miwah panuwun kula. Dene mas ngabehi krama prawira karta amituruti ing panyuwun kula seserepan tegesipun tembung gadarina. Kados ingkang katumrapaken ing bra martani ongka. 18. Ingkang punika. Manawi tembung gadarina wahu camboran saking gada akaliyan rina utawi murina. Pamanah kula dereng plong. Amargi ing serat bahusastra kawi anggitanipun sawargi tuwan karel prederik winter anyebutaken tembung gada. Tegesipun inggih gada gigitik rina tegesipun rinten. Dene murina tegesipun inggih kados ingkang sampun kalimrah dadosipun tembung camboran kados pundi teka lajeng anggadhahi teges prayitna kuwaya. Sujana. Ing serat bahusastra anggitanipun sawargi tuwan ye ef se gerike kaecap ing tahun 1875. Anyebutaken tegesipun tembung wahu pitulungan sarta panyerating tembung ingkang wekasan boten rena. Ananging

2 rena. Punika bilih kawijang ugi boten condhong kaliyan tegesipun alit rena. Tegesipun biyung. Ngalap opah. Ambabarang. Ambabara . estri. Wasana mugi wonten ingkang karsa amudhoni rembag abb tembung wahu. Katandhan mamrih sastra Panggubahipun pethikan saking serat umayonpal ing bra martani ongka 18 wonten lepatipun adeg adeg pungkasan punika sanes sambetipun ing ngandhap punika ingkang leres piturutipun. Juru ngarang.

Sambetipun pethikan saking serat umayonpal Wicantenipun drengki. Ana dene dalan marang kamulyan iku. Kasusahan sarta ing dadalan kono akeh rine. Nanging wong kang ora wedi marang ri iku iya katekan sasedyane. Sosotya tetelane yen adi sawuse sinarawedi. Atine manusa bisane tetela kamulyane. Tatkala tahan marang sedhih lan kangelan. Sadhengah wong ora bisa misuwur arane. Yen mung amrelokake ing awake dhewe bae. Kiraku kowe durung karungu caritane mitra loro kang bareng bareng lumaku menyang nagara liyan kang siji munggah dadi ratu marga ora wedi ing babaya sijine isih dadi wong cilik bae marga kurang kendel. Kalilah mangsuli dereng nate mireng. Sarta kedah amirengaken cariyos punika. Drengki lajeng cariyos. Cariyos mitra kakalih ingkang lalampah Ana mitra loro kang siji aran salem sijine aran ganem lumaku marang nagara liyan sumedya adagang sawuse lumaku oleh pirang pirang dina sarta angliwati alas tarataban kang mahune durung nate weruh. Banjur angancik peperenging gunung dhuwur. Ing kono ana kali banyune jero sarta adhem ing sapinggire kali akeh uwit ing camara asem gedhang tuwin kembang pirang-pirang ewu warna salem lan ganem lumaku nurut sapinggiring kali. Bareng karasa sayah banjur angaso kalane padha lungguh weruhana watu candhani gedhe siji becik dineleng. Kadegake cedhak sapinggiring kali. Katulis aksara pradan. Salem lan ganem anyedhaki. Tutulisan aksara pradan banjur diwaca. Unine mangkene. He. Wong andon iku kang teka ing panggonan kang becik iki. Kaweruhana ing kowe. Yen sabranging kali utawa sisih ing gunung iki ana kutha becik ana ing kono kowe bakal bisa seneng uripmu sarta oleh kabegjan gedhe ananging murih bisa tumeka ing kono kudu nganggo sarana anyabrang kang kalawan ora wedi ing ponca bayane kali kang kaliwat santer iki. Manawa kowe wis tekan ing sabrang kana banjur andeleng reca macan kang ginawe watu cendhani iku junjungen nuli panggulen sarta banjur gawanen munggah mara pucak ing gunung. Lakumu aja leren leren lan aja wedi macan tuwin singa kang ana ing alas gunung iku. Lan aja sambat sikilmu lara marga kena ing ri manawa kowe wentala ing kasusahan iku kowe bakal oleh sakehing kabegjan apa kang kokarepake. Sawuse padha maca ing tutulisan ganem acalathu marang salem ayo padha anglangi nyabrang ing kali iki. Aja wedi ing babaya. Prayoga padha dinyatakake. Bokmanawa temen prajangjiyane wong kang macek tutulisan iki. Amasthi aku lan kowe oleh kabegjan. Wangsulane salem. O kisanak sapa kang bisa dhenger kabegjan kang jinanjekake dening wong. Manawa wong kang macek tutulisan mangkono iku sedya agawe dodolanan marang wong busuk sapa kang kaliwat gemblung awadal nyawane murih olehe kabegjan kang durung mesthi mungguh wong kang terang ing budi sarta wicaksana. Masthi ora gelem nempuh babaya kang wus katon tetela. Murih oleh kabegjan kang ora karuwan arahe. Yektine enak lan kapenak iku kurang gedhe pangajine yen katimbang lan anglakoni lalakon kang kaliwat ambilaheni. Calathune ganem pamikirku ora mangkono. Taksih wonten sambetipun

Babasan sok tiyanga angowel wekasan tambel Cublikan saking serat pustaka raja. Ingkang nyariyosaken kala jamanipun panjenengan nata sanga prabu maha dewa budha akadhaton ing wukir mahendra. Bab wiwitipun wonten paucapan dora dasih ing supenan. // durma.// kawuwusa salebetira ing jaman awiwit tumindak ing . undhanging sang nata. ingkang kadya punika. Apanta akathah sami. Sungkaweng nala. Mwang kathah kang amanggih. // kasangsayan jalaran akeh rasaksa. Ngaken supeneng ratri. Amongsa sujanma. Gya ugi kaleksanan enjingnya dinora dasih. Aken memongsa. Ring janma akng wus kepi. // dipun mongsa aneng sajroning supenan yata kocapa malih. wonten sajuganya. Sima gembong supenan. Amongsa kidang satunggil sareng simarsa. Mongsa pun kidang nuli. // den dhatengipun lutung kang ambek welas maring si kidang tuwin tuwuh murinanya. Ginagas jroning nala. Sangsaya nireng dumadi. Tumindak ira. Undhanging narapati.

3 // gya sung tutur marang si kidang mangkana. Lah kidang ngong sojari. Sira lengganaha. Den mongsa mring si macan karana ngong krungu warti. Ingkang tatela. Lamun undha narpati. // ing samengko apan wis den sirnakakena. Jalaran yen ginalih. Dening sri narendra. temahnya sungsang saya. Nireng sagung kang dumadi. Kang nora nyata. Supena ngaku ngipi. // ri saksan pun kidang aglis pratela. Lamun datan nuruti. Minongsa ing sima. Jalaran sing sojarnya. Si lutung kalamun mangkin undhangnya nata. sampun asirna lami. // dupi sima myarsa kidang sojarira. Nulya aminta adil marek ngabyantara. Nira jeng naradipa. Anuju sri narapati. Lenggah sineba. Amunggweng ponca niti. // dhumarusul sumiwi nireng pragalba. Sigra umatur aris dhuh gusti kawula. Minta adiling nata. mugi dipun dora dasih. Ena supenan kawula wahu ratri. // karananta kawula supena mongsa. Mring kidang nanging dupi. Pun kidang kularsa. Mongsa teka lenggana. Ing karanya datan apti. Wal kasa sojar. Kalamun mentas tampi. // pituture kresnangga yen undhangira. Sang nata ing samangkin inggih sampun lami. Sirnane tan tumindak marma kula nyuwun adil ing padukendra. Punapa ta sayekti. // ujarireng anjani dhateng sanggira. Wahu jeng sri bupati. Sigra adhadhawah. Utusan kang caraka. Kinen nimbali anjani. Tantara lama. Praptanipun anjani. // sangarsane sri maha dewa mahbudha. Nulya dinangu aglis karanya turira. Kesari kocap ngarsa. Kresnandha umatur aris inggih kawula. Gusti tegenojari. // mring sanggira supadosipun langgana. Den mongsa sima margi. Undhanya sang nata. kula watawus sirna. Punika pikajeng mami. namung umarma. Sedyarsa mitulungi. // sangsaya newal kasa sageda oncat saking babaya dening. Minor sasardula. Krana geng welas kula. Wahu kangjeng sri bupati. Dupi miyarsa. Kanang kresnandha turing. // sawusira anggusthi jroning wardaya. Sigra sri narapati. Manabda mangkana. Heh kresnandha dur cara. Iya sira sun paringi. Sabda ing benjang. Saturunira [ ] // dadiya mamasane margadi. Sawiji saben warsi wus tan kena ora. Minongka pahajegan sabab sira amalangi. Mangsanya sima. Mring kidang tan lastari. // sira ingkang teka wana karya nalar. Tutur kang datan yekti. Lutung tur sandika. Sawusnya kaluwaran saking pasewakan sami. Nengna kang kocap gantya ingkang winarni.// Titi panyublikipun kala kaping. 20 madilakir ehe tinengran pasemoning warsa we suci kesthi janma. Menggah pasemoning warsa punika. Mugi sampun kageyan dandos panggagas sarta panggalegesing para sarjana. Sanadyan ing condra sangkala toya watak 4 ananging sedya kula nurutaken luguning kajenging tembung utawi ungel ungelanipun dados kula parojolaken saking condra sangkala. Amargi pamanggih kula. Toya suci punika. Ilmu kasunyatan kados ilmu gadhah teges lanjaran utawi gagamanipun saha dat kalimah 2 sunyata gadhah teges 1 ewadene kula nyumanggakaken panggalihipun para wicaksana ing semu. Mawi karsa aparing katrangan ingkang nganglengaken panampi sababipun toya watak kados dene karna mripat pupu bahu sami watak 2 ingkang tampi lajeng angleng. Jalaran kapiridaken sami ngalih iji. Wangsul toya kapiridaken saking cacah punapa. Kaping. 2 mugi sampun kageyan ginujeng bab panyerat kula ing inggil mungel serat pustaka raja. Boten saking tembung tumpuk ananging darbe kajeng 2 jalaran pustaka punika anggadhahi teges jimat dados kenging winastan serat jimating para nata. katandhan buja kirana tiron

4 0ngka kaping: 20 Kemis wage kaping. 10 rejeb ehe 1812 utawi kaping. 17 Mei 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Pejah kadadak Nalika tanggal kaping. 9 wulan punika. Wanci enjing tiyang anama resa wijaya kaum ing dhusun karang bulu. Pinuju andhangir kebon sareng dumugi sangandhaping uwit kalapa dumadakan wonten cumplung andhawahi gegeripun resa wijaya amung kantun sasambatipun kamireng saking griya mangkaten. E mati aku. Mak kaleset kalajeng pralaya. Estrinipun apitaken saking salebeting griya mangkaten. He pakne thole kena apa ta. Apa uret apa dicokot ngula. Dhemen temen sasambat wong sok sesambat iku sok anemahi. Mati iya mati temenan urip iya urip temenan beja cilaka iya katemahan kabeh. Mara tak petheke rak kaperang pacul banjur sasambat mati. ambakna wong dielikake kok ora dimaren mareni. Pak ne thole. Pakne thole. Kok banjur ora ana sabawane macul maneh. Wong ngono bae banjur mutung. Kok ewa aku. Coba tak wetonane apa ngajak geyon kyahine iki. Kaya penganten anyar neh. Sareng sumerep jaleripun sampun anggaloso wonten sangandhaping uwit kalapa ananging dereng sumerep bilih palastra. Malah taksih kauring uring mangkaten. E tobat rekane apa mara. Rak nguntal candu banjur ethok ethok semaput trekahe kok kaya selir . mengko tak parani babar pisan lo. Sanalika sareng dipun repegi sampun tatela bilih pralaya. Estrinipun anjrit karuna sarwi anungkemi bangkening jaleripun sasambatipun kapyarsa ing tongga tepalihipun makaten. E iya talah gene. Ora nyana yen kaya mengkene. Wong katiban cumplung bae kok mati. layak dhek wingine kae grenengan yen awake ora mambu kutuk sapasar bae rasane awake lungkrah kaya dilolosi. Yen ora ngrungu suweking mori limang dina bae rurungone gemrebeg yen ora weruh kuwali pengaron dijejer neng ngarep lawang pitung dina bae sasurupane bruwet mongka elingku wis setengah sasi ora ana wong ulih-ulihan dadi iki nglalu ayake. Jaba dilakoni dhewe bae. Boten watawis dangu dhatengipun para tongga tapalihipun mayit lajeng kabekta dhateng salebeting griya. Sarta karesikan lajeng kakubur tansah andadosaken pangungunipun tiyang kathah. Kintunan Lah pawartosipun para saged ing nederlan ugi badhe kabeyantokaken ing ngriku. Mila badhe saged anjalari kauntunganipun tiyang bongsa mesir.

Dhitslan Wonten rondha ing kitha pec sampun lami anggenipun kapengin apana krama. Ananging boten wonten ingkang seneng awit boten wonten anecegi ing wawangunipun saha satengah sepuh. Darbe pratingkah anggelaraken rembag dhateng sadhengah tiyang. Bilih piyambakipun mentas tampi arta pusaka kinten cekap kaangge waragading papasiyan anentremaken badan salaminipun lajeng wonten saweneh ing tiyang sagah dados congkok enggalipun lajeng angsal rembag tiyang jaler sambada taruna kadugi angrabeni. Dene sarembag-rembagipun boten sumeja anyulayani dhateng pun rondha. Lajeng kalampahan dhaup nalika dinten dhaupipun wahu arta tigang dasa ewu lajeng katampekaken ingkang jaler. Ananging amung wujud serat pratondha. Sarta serat serat sanesipun dados panganten jaler sangsaya tambah tambah katresnanipun dhateng estrinipun dhasar sawek nedhenging papasiyan sanadyan wujuding estri satengah sepuh katingal taksih rara sunthi. Wujuding seru katingal manis amantesi sarta anggeregetaken sareng antawis sawulan sampun sedhengipun ambudi pangupajiwa. Serat-serat ingkang mihisi yatra wahu lajeng kalintokaken dhateng kantor. Wasana sadumugining kantor katulak amargi sami tiron sanalika mantuk sakalangkung runtikipun ananging pun estri boten saged amangsuli amargi sampun rumaos katelak akalipun kajawi amung asrah bongkokan saking tumusing pamuring-muring. Estrinipun lajeng kaladosaken ing pangadilan mawi mrasajakaken nalar-nalaripun anebut boten narimah amargi rumaos kadamel bodho dening bojonipun tiyang ingkang tiyang ingkang dados congkok minongka saksi. Pun pawestri kadangu ing pangadilan boten pisan badhe angikibi kalepatanipun mila kalampahan anandukaken akal mangkaten

1 amargi saking panelangsanipun anggening katampik ing tiyang jaler. Sarehning sami tumitah mongka manusa wajib kadunungan akal ingkang murih kaleksanan sakajatipun dene bilih jaleripun boten narimag ing sarehning sami boten kapitunan kados gampil karampungan amung kapisahaken.

Kula amudhoni rembagipun buja kirana tiron bab condra sangkala kawrat ing bra martani ongka. 19 pinten banggi saged ambabadra ingkang dados kodhenging manahipun. Dhuh mas buja kirana tiron tiyang adamel sangkalan punika ingkang sampun limrah amiturut condra sangkala yasaning pujongga. Ananging kauningana kathah para saged manawi adamel sangkalan amrojol saking condra sangkala. Kaanggit medal saking angen-angenipun piyambak angger mencok. Kula rumiyin inggih nyumerepi sangkalan ingkang mrojol saking condra sangkala. Inggih punika yasan dalem sawargi kangjeng gusti pangeran adipati ariya mangkunagara kaping. 4 menggah raosipun mencok sanget. Pamanggih kula rehne pujongga punika inggih tiyang. Sadaya kenging anganggit sengkalan mrojol saking condra sangkala. Angger mencok kemawon rak sampun. Katandhang Es

Cangkriman sinom. // pardikanen araning wang. Saking sabrang asal mami. mung dwi sastra kang ameca. Araning kuwonda mami. kakayon bongsa mami. ing mangke ngajawi agung. Yen wahu sastra kang meca. Sasandhange den berati. Apan dadya asmaning ratu ing kuna. // lan dumunung ajal mudha. Amanggil wong tuwa neki. Yen winalik aksaranya. Ing ngarsa dalem ing wuri. Dunungira sayekti. Yarane rekenan iku. Lan ngokone basa uga. Umarek lamun pinanggil sampun tamat mugi sami den batanga.// Sang dyah tigas kawuryan

// pamongesthi ngabyantara ing nalendra ingkang serat sekar kusuma wicitra ngancuh asta tata wing wastra rinengga kanthi taklim katur sang buja kirana // krameng kondha mindha wrecita ngujwala wiyosipun manawi rena driyanta natar nata meh trongtong ing diwangkara ulun minta saserepan ing panjarwa // sung mring garwa tepus sapanjanging buja kaya paran tri tembung ngandhap punika nateng ngrokam prajurit jro baju reta gula wenthah ngaru biru mulasara // nya akarya pungkasing gareneng gonja menggah tanduk kados wus sami kadhadha rema seta dayit datan sahasma mung jarwanya kadi punendi lir sira // pura dewa jati kang pamulu kresna lan sura sacocog kang wus lumaksana jarwa brata wreta nayeng hyang naradha mila kula mamelang anila krama // ngumbar hawa padangon kang teges wreksa mring paduka supadi dadi sutikswa sri sing gelagu melenging ponca driya bisa wanuh winong wining ing katarja // nyitra wreksa arga binasa sawanda lan sun kira sira tan kewraning driya beda warna sesing kang wus binarama nora geseh negesi ingkang tinanya // tambang jara jare garwaning gandarwa sanget nuhun yen karsa narwe tur kula mrica monca mancating candra mamahya lan binabar winudhar neng serat kabar // warah wirakarahi geng jrone jingga dhuh saiba baya ta sumengkeng suka tirta suda kawaca tumrap ing jongga sasat tampi sihanta lunglungan asta // umpak wisma weh mindha rambutan reta atur kula punika yen tan sambada nyira meswada sara kuntaning ngarjuna wasuh ening tyas mahambek marto //wedi wreda abdyestri kinaron jiwa winantuwa manggu nging kang pangaksama ngling ngalompra kajar kinarya usada mwang ngong seja saji puja pajampuwa // gowok reta runtut culaning mahesa sampun ngantos dadya rengating wardaya sajarah rab ancala celak samodra wewangsalan kiranging tembung mardawa // trang ngupiksa pisang kang rinajang dawa titi tamat tanggal kaping dwi ri buda timun jenar narpati ngawongga putra wulan rejeb warsa ehe sinangkala // sudarmestri atmaja sang sambodhana dhuh buja kirana esthinen punika lara dhara criwayanireng turongga wus palesta tosta pun pamiluta

candhakipun pethikan saking serat umayonpal calathune ganem pamikirku ora mangkono. Awit yen wong urip munggung enak enak bae sarta wedi ing pakewuh. Wekasan dadi asor lan ora makolehi ing kahuripane. Mungguh dadalane wong lumaku marang kamulyan pancen dhasar pakewuh. Wong nyantosakake uripe diarani ora oleh pangaji aji tuwin kabungahan awit wentala ing kasusahan yen mangkono aja angombe anggur kang legi manawa wedi ngelu pangrasaku mungguh santosa ning uripku manawa aku wis oleh darajat utawa aran becik. Mulane aja

2 kasuwen ararasan marga aku isin mulih manawa ora wani nyabrang kali utawa mungguh sapucaking gunung. Dalane munggah ing gunung akeh rine lan akeh singane andadekake kasusahane lakuku. Nanging aku duwe pangarep arep kabegjan kang tinemu ana sisih ing gunung iki. Wangsulane salem. Kowe wenang anganggo sakarepmu. Nanging aku ora gelem anjarag wadal nyawa. Awit sing sapa sanggup anglakoni pagaweyan wajib dikawruhana dhisik wiwitan tumekane wekasan pisan. Supaya aja mung bisa malebu nanging ora bisa metu. Pagaweyan kang kang kurang pinikir ing ngarep iku ora makolehi. Wajibing ngurip kudu angeman marang awake dhewe. Sing sapa wong angwadalake nyawane ora kalawan langkung kapatut iku prasasat kalakuwane wong edan. Ujare wong kang terang ing budi mangkene. Wong wicaksana ora lumebu marang panggonan ngendi-endiya sadurunge dikawruhi tumapaki dalamakane. Lan bakal wetune saka panggonan iku kang kalawan becik. Karo dene maneh manawa ujaring tulisan iku goroh. Lan bok manawa kali iki pancen ora kena disabrangi dening wong marga santer tuwin olekane. Lan saupama kowe wis tekan sabrang kana mongka reca singa kaliwat abot kowe rak bakal ora kelar anjunjung. Sapa ta kang sumurup yen kowe masthi bisa anggawa reca singa mahu marang sapucaking gunung. Lan sapa kang summurup manwa sakeh ing kasusahan iku bakal ora ana pakolehe pisan-pisan. Gumuh aku ora kudu kudu wage gendulen angambah babaya kang wus tetela. He. Ganem ganem panjalukku muga sirnakna kaelingamu kang gemblung iku. Ganem ora kelu marang rembuging mitrane. Wangsulane. Aku sedya anglakoni sapakone tulisan iki. Kencenging atiku sanajan jim setan ora bisa angendhakake sedyaku manawa kowe pancen wedi temenan melu ing aku. Lah. Sawangen bae olehku anglangi murih tekan ing sabrang kana. Mulane kowe anaha ing kene bahe dhisik akongsi satekaku ing sabrang. Calathune salem manawa kowe ora anggugu calathuku. Aku mesthi ora gelem angulatake kowe ana ing kene. Awit ora mentala andeleng wong nekat angayut tuwuh. Salem calathu andum salamet banjur lunga. Dene ganem kari dhewe. Banjur anggebyur ing kali mahu anglangi sarosane. Sanajan santering banyu kudu kawawa angelekake marang ganem ewadene ganem salamet bisa tekan ing sabrang. Satekane ing kono andeleng reca singa. Enggal dijunjung banjur dipanggul ing pundhak sarta banjur ginawa munggah marang sapucakin gunung. Lakune ora nganggo leren leren reca singa saya amretek bote sarta dalamakane si ganem karo pisan tatu lan getihen. Nanging ora dirasa. Bareng wis tekan sapucaking gunung. Reca singa kaudhunake saka ing pundhak diselehake ing lemah. Ganem banjur angawasake ngare prenahing saurute sisihe gunung iku. Tetela pandelenge yen ing kono ana kutha gedhe. Akeh omahe becik-becik sarta patamanan kang asri. Bareng ganem lagi angawasake endahe kutha mahu kaget karungu pangombange reca singa agalur galur kongsi ngoregake gunung kang dianciki. Saking bantering swara karungu saka ing kadohan. Wong wong sajroning kutha ora ana kang ora karungu pangombang ombange reca singa mahu. Wasana sakehing wong gedhe cilik gotrah ing nagara kono padha metu saka sajroning kutha agumarubul. Banjur munggah marang gunung panggonane si ganem. Ganem banget orem ing ati. Osike apa kang dadi prelune dene wong sapirang pirang padha anglur teka ing kene iki. Ora antara suwe tumuli para prayayi panggedhene kutha padha teka banjur asujud ana ngarepane si ganem. Tumuli ana wong kang ngeteri jaran kore saprabote endah. Ganem dipurih nunggangi. Ganem iya banjur nuruti anunggang jaran iku mahu. Diiring sakehing wong marang kutha. Banjur kalebokake ing kadhaton. Satekane ing kadhaton banjur diaterake ing wong kabiri akeh menyang pasiraman sawuse adus ing banyu mawar tumuli diteri sandhangan pisalin sutra. Baludru sarwa endah. Pancen agem-agemaning ratu. Ganem tumuli ngrasuk busana kprabon sarta banjur jinunjung dening sakehing wong kadadekake ratune nagara kono. Wasana sakehing wong mahu padha angajeni banget. Taksih wonten sambetipun

3 0ngka kaping: 21 Kemis legi kaping. 17 rejeb ehe 1812 utawi kaping. 24 Mei 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Pun setra semita ing sawahan ingkang tansah paben kalayan rayatipun awit pijer kagujek ing sambutanipun dhumateng para cina klonthong. Dados pun setra semita rumaos sanget kasampirananing riribed mila kala ing dinten jumungah ingkang kapengker wulan kaping 18 mei. Sedya manganyut tuwuh asuduk sarira. Sanadyan premana panyudukipun leres ing tatu pulung ati. Ewadene boten dumugi ing pejah. Sarta lajeng katulung dhatenging para tiyang tongga tepalih. Kalampahan pun setra semita lajeng kaaturaken ing nagari. Dumugi sapunika taksih kapulasara wonten ing griya sakit. O. kojur mahes pati. Tiwas lara si klonthong tur ora mendha. Kiriman

Ing bawah kabupaten kalathen kadunungan satunggaling tiyang kang ngaken darahing rasululah. Sisilih sayid bin abdullah. Aliyas kaji subuh arurubukan kaliyan para muridipun wonten ing astana kajoran kilap ingkang dados sedyaning kapti. Nanging rehning patrap solahipun sang sayid wahu kalebet gegelenganing mutawatosi. Mila sang sayid tuwin para siswanipun sami katungkep ing pulisi. Nanging boten saged kapikut losa gotra warganipun sanes dinten panjenenganipun bupati pulisi nagari raden tumenggung karta nagara. saged mikut para muritipun ingkang dudunung ing kampung kentiran kamangkunagaran tuwin satabelan punapa malih estrinipun sang sayid ugi kacepeng dalah embokipun wonten ing kampung satabelan wahu. Nanging raden tumenggung karta nagara taksih sanget ing pangudinipun kacepenging sang sayid bin abdullah. Kalampahan sang duskarta ning rat saged kapikut dening panjenenganipun bupati madiyun wonten ing redi lawu. Kaladosaken dhumateng nagari surakarta. Ing mangke sayid dullah tuwin muridipun cacah 8 tiyang. Kakintenaken dhumateng kitha kalathrn kilap badhe kadadosanipun. Kiriman Klathen Mas rongga mangun yuda. Mantri dhestrik ing kitha klathen kakula wisudha dados panewu dhestrik ing jenon kartasura. Kaparingan nama tuwin sasebutan mas ngabehi yuda suwirya. Dene ingkang anggentosi mantri dhestrik ing kitha klathen inggih punika mas demang mangun sedana. Panatusing jasa dhestrik gesikan kaparingan nama tuwin sasebutan mas rongga mangun sedana. Griya pamulanganipun bongsa jawi ing ngriki sampun dados embok manawi lajeng kabikak margi saking pawartos mantrinipun guru sampun dhateng. Saking karsanipun kangjeng gupremen ingkang mangkaten punika. Saestu sanget andadosaken suka bingahipun para alit awit badhe saged amewahi raharjanipun kitha ing ngriki.

Kala rumiyin kula sampun angwartosaken bilih ing griyanipun tuwan semita ing pondhok kitha klathen kapandungan ngantos telas kirang langkung 1500 rupiyah. ing Sapunika sampun angsal titik sarta sampun gumeleng. Ing tembe bilih pun duraka sampun kacepeng sadaya kula nagturaken gancaripun. Ingkang mangkaten punika saestu anandhani bilih pulisi ing ngriki boten kirang ing kawegiganipun sanadyanta patraping durjana wahu boten kirang remit ananging boten wande inggih saestu badhe kacepeng.

Ing salebaripun panen salebetipun wulan rejeb punika. Titiyang alit ing ngriki kathah ingkang sami gadhah damel mantu tuwin sanesipun mila salebeting kitha tuwin ing padhusunan kathah kamirengan swaraning gongsa pating jalenggur ingkang amewahi anengsemaken ing pambudi. Kintunan

Nederlan Dereng dangu para tiyang ing kitha prislan ingkang sami angupaya ulam ing samodra. Asamekta palwa kalih likur iji. Sanalika lampahing palwa katrajang ing braja pati lajeng boten saged lumaksana. Palwa

1 kerem miwah boten saged angsal pitulungan sareng elet sadalu. Para tiyang satepining samodra sumerep wonten satunggal ing palwa mancungul ing canthik wonten rara ingkang anedha tulung. Palwa punika inggih panunggilanipun palwa ingkang sami kerem lajeng katulungan pun rare saged waluya anjalari gancaring warti. Pun rara wahu anggenipun dumunung salebeting tirta sampun antawis 20 jam.

Lengpo Sawenehing nangkoda sumedya dhateng ing kitha tehe ciyu anumpak palwa alit dumugi satengahing samodra kapethuk palwaning bajagsaksana para bajag lajeng angandheg palwaning nangkoda wahu. Amendheti barang dagangan babektanipun gusis satelasing barang nagkoda lajeng kapurih nglajengaken lampahipun ananging nangkoda amung lajeng wangsul dhateng nagarinipun lajeng dhateng pulisi sarta dhateng jendral laut mratelakaken bilih piyambakipun sampun kabegal dening bajag wonten satengahing samodra. Barang daganganipun telas saksana jendral laut lajeng amatah wadya bala numpak palwa prang. Ananging namung lampah ingkang kaangge palwa dagang. Supados mikut sang druhaka. Sareng palwa prang lumaksana dumugi satengahing samodra. Pun bajag sumerep kakinten nangkoda dhateng malih lajeng dipun perpegi. Saksana bajag lajeng kabendrong ing sanjata dening wadya bala. Ngantos campuh prang ruket bonda wala pati. Sareng bajag kasoran yudanipun lajeng malajeng. Amung satunggal bajag kapikut sarta lajeng kapasrahaken dhateng pulisi.

Kanton Wonten sawenehing tiyang nyuwun lilah dhumateng panjenenganipun gupernur ing nagari ngriku. Sumedya andhudhug ardi ingkang kawastan wukir bewe tongsowa. Amargi wukir wahu ing lebet wonten timahipun sareng guprenur sampun utusan mratitisaken ugi kapareng badhe pandhudhukipun ananging kedah netepi ngaturi waragat paos.

Batawi Bahita asep anama algir. Amomot gendhis sampun kabesmi wonten ing samodra. Bahita asep enggris anama palestina. Amomot areng sela. Sampun kabesmi wonten samodra laladan pulo .

Wangsulan katur kyahi kedhung lumbu Raosing cipku lir giyota kandheg ing tirta ingkang lajeng kasilir ing maruta. Bab panyaruwenipun kyahi kedhung lumbu. Ing wasananipun menggah sabdanipun kyahi kawontenanipun kapulowan indhi wetan kilen punika kula inggih sampun marem anamung pungkasanipun kyahi mundhut katrangan kawontenanipun prawata ingkang sami mijil dahana. Kadosta wukir marapi. Sarehning wijiling dahana wahu jalaran saking walirang. Teka boten ajeg sarta nalika kabrastha boten lajeng telas o lah dalah. Punika katiwandhan kyahi. Dados badan kula sasat sona kapethuk ing mregadipa. Sumongga ta. Kyahi kauningana kula punika rara wiwit alit amung dumunung ing prawata. Sarawungan kula boten wonten malih kajawi rare angen nyengka nyengkanipun amung kalayan tiyang ambekta kenthang kobis pakaryan ingkang kula gatetekaken sadinten dinten amung asasaji kyahi ajar. Sarampunging sasaji lajeng anggulawenthah rabuk. O inggih boten trimah tikel sadasa. Kalayan rara salebeting praja. Bilih sampun mongsa tamtu lajeng saged anggilut saliring lulungit bangsaning kapirenan sasaminipun ewa samanten amargi panawang kula bilih kyahi badhe boten kakilapan ing bodho kula. Mila saged kula amung ngaturaken gancar ananging ugi saking anggen kula narethek amimintan warah pasepuh ing ngriku. Anamung badhe pamanggihipun kalayan nalar kula sumongga kyahi. Nalika tahun 1812 saderengipun wukir marapi amajil dahana malih. wonten saweneh ingkang nyumerepi bilih ing sapucaking prawata ingkang kasebut kawah punika boten katawis katimbang kalayan pucak wahu. Amargi polaka ingkang mijilaken walirang dayanipun sampun anggayuh manginggil boten antawis wulan wukir marapi lajeng amijilaken dahana. Malah baledhosipun lajeng dados riris polaka sarta tasik waradin sabawana. Ngantos anjalari sangsaraning kathah. Sasireping dahana. Wonten saweneh ingkang awawarti bilih ingkang kasebut kawah wahu ambleg sapundhataning paningal tinon saking pucaking arga boten kasat mata. Amargi saking lebetipun dados sami anuwuhaken panyipta bilih polaka ingkang carub kalayan walirang wahu sampun ambaludag antawis 5 warsa. Wonten tiyang awawarti malih bilih papundhataning paningal ingkang dumunung salebeting kawah wahu sampun wiwit kasat mata. Ananging taksih lebet pramila dumuginipun tahun 1882. Dados antawis 10 warsa. Wukir marapi boten amijilaken dahana sarta boten kamukus mongka salaminipun kenging kaangge tatenger. Bilih sampun anengahi mongsa katiga. Arga wahu yekti kumukus.

2 Ing salebetipun tahun punika. Wonten saweneh ing tiyang awawarti. Bilih kawah sampun apulih malih. malah polaka ingkang amijilaken walirang sampun amandhukul mila kala ing salebetipun wulan maret ingkang nembe lumaris punika. Kyahi wukir marapi sampun wiwit anywara gumludhug anggigirisi. Sarta pucak ingkang sisih kidul kilen sampun amijilaken dahana. Ananging wijiling dahana amung sapisan kumukusipun saben sonten ngantos antawis 8 dinten. Menggah pamanggihipun para tiyang ing ngriku. Saupami salebeting arga punika isi maujud walirang. Sadaya sampun tamtu saben katatap dayaning hyang bagaskara. Lajeng kabrastha sirna sanalika. Ing sarehning walirang wahu dayanipun taksih asor katimbang kalayan kathahing dayanipun polaka. Dados dayaning walirang ingkang dereng saged ngongkihaken polaka taksih kandheg angentosi pakempalan dayaning walirang malah. Wasana atur kula sadaya wahu kasapuha ing pangaksama. Amargi saking boten saged anggen kula kamipurun anyariyosaken cariyosing para tiyang wahu. Pun endhang pracima sana Bilih andadosaken kapareng saking karsaning para sarjana. Kula nyuwun saserepan menggah teges tuwin wijangipun tatembungan kados ing ngandhap punika. Drengki. Panasten panas baranan lo punika patrap ingkang kados pundi ingkang kenging kabasakaken saking saking tatembungan tiga wahu. Mila panyuwun kula asanget ingkang mugi wontena karsaning para sarjana aparing katrangan. O saestu andadosaken sanget ing panarimah kula. Supatra

//oo// wara yagya wedharing palupi. Pinandara monca pat sarkara. Duk nalika panitrane. Senen ping telu likur. Sesisa bandhastha bewarti. Sangkalanya tur slira. Mulang marang sunu. Jeng gusti pangran dipatya. Arya prabu prang wadana kang amarni. Winahywa mring pra putra. // kakung putri ing reh pala krami. Sumawana kang samya jajaka. Lamun tembe pikramane. Aywa tinalweng wuwus wasitane mengku pawestri. Ywa dumeh yen wong priya. Misesa andhaku. Mring darbek ireng wanudya. Pala krama nalar lan kukhum kang dadi. Yen tinggal temah nistha. // wuryaning kang priya kang rumiyin lamun arsa angupaya garwa. Den patitis pamilihe. aywa kaseseng kayun bok manawa kaduwung wingking. Ya bener yen wong lanang. Menang duwekipun rabiya ping pat sadina. Kena uga wuruk karepe pribadi. Nanging datan mangkana. // dadi nora ana ala becik ngilangaken ihtiyaring gesang. Yen ngarah apa tekade andaru kadalurung. Ngelmu sarak den orak arik buwang ajining badan lumuh yen rahayu. Tur upama kalakona. Kasangsara kaduwunge anekani. Manglah anutuh driya. // aja nganti mangkono ta kaki. Becik apa cinacat sasama. Wong gendhak kalakuhane. Sapa kang duwe sunu. Wadon aweh sira rabeni. Kiraku ora ana. Kajaba gebutuh. Ala rinabenan koja. Becik bongsa wit tan darbe putu encik mung iku ciptanira. // Kawruhana kaduwung ing ati. Jalarane mung patang prakara. Wong anom dada brangtane. Dhingin myat warna ayu. Kapindhone melik wong sugih kaping tri kawibawan lan kaping patipun kena sambang sarawungan rokok kinang winehken lan ujar manis rinuket mrih asmara.// wekasane [ ]kena sayekti. Ngadatira wong anom mangkana. Keh rabi dudu niyate. Yen kena sutaningsun arabiya jalaran cicik aja rabi pasogan nistha yen dinulu. Angapesken yayah rena. Wruhanira manungsa neng dunya iki. Yen kena kang tinedha. // ingkang dhingin rahayuning dhiri. Kinalisna sakeh ing prakara. Mwang sak serik samane. Kapindho badanipun aywa kambah bara panyakit kaping tri aja tansah. Susah manahipun kaping pat arsa darbeya. Anak lanang kang mursit minongka wiji. Dawaken turunira. // mula nora gampang wong ngarabi. Kudu milih wanudya kang kena. Ginawe rewang uripe. Jalaran ngudi tuwuh. Mwang ngupaya kang sandhang bukti wiwilangane ana. Catur upayeku. Yogyane kawikanana. Dhingin bobot pindho bebet katri bibit kaping pat tatariman. // papat iku ya uga akanthi. Dhingin warna kapindhone brana kaping tri kawibawane. Catur pambekanipun endi ingkang sira senengi. Aja kanti angawag manawa kaduwung. Karana milih wanudya. Datan kena den mupakatken sasami. Wurukneng karsanira.// juru manjurung lami. Susugyar tati

// wedharing cipta kang lagi. Susungut pindha kukila. Galathik duk arsa miyos. Saking ing sasana nira. Kandheg aneng wiwara. Sima nging tyas bok ing idu. Minongsa ing kukilarda. // ewadene meksa mijil. Tan ketang kinuya kuya. Ring paralepas kawruhe. Ingkang kadi raganing wang. Tur ing nguni sumitra. Buja kirana. Pan uwus. [ ] tanya. // kinen aken [ ]. Dene teka ing mangke. Ngong adreng kedah imane. [ ] mitra [ ] // yen tan kapareng ing galih. Amung arsa angandika. [ ] ken endhang pracimasana. Kusuma giri madya. [ ] // dhuh mitra kang pindha rukmi. [ ] tuhu guruning wanodya. Nadyan ing guralaya. Kang dadya [ ] kusuma retna supraba.

3 // tur tetungguli apsari. Pra widadari [ ] dudu kacek mongsa miripa ken endhang. Wegig ingkang bangkitan pratitise gen amuwus mrak atine ngungulengan // manise tumemplek lathi. Jetmika pasemonira. Wiraga ing tenagane. Bangkit mongmong tyasing priya. Sakarsa tinurutan. Begja mitra ngong panuju. Buja kirana nugraha. // nedha uplan sanga ratih. Tumitah rahajeng dunya. Lamun tan kandheg kandheg galiye. Mgupaya kang kaya apa. [ ] mitraning wang. [ ] ing tembe yen rungrum. Sor madu tumetes kilang. // gantya babar paminteng sih. [ ]. Wonten sajuga wujude tirta sendhang ing kranggotan. Wastaning padhusunan. Dumunung ira kang ranu. Sakiduling dhusun celak. // Leres satepining kali. Meret [ ]. Wonten wreksa tri jugane. Samya ngrahupi ing sendhang. Critane ing ngakathah. Kenging pinintanan tulung. Nirnaken sagung memala. // mapa sabarang tan tampik. Ping [ ] yen dhustha. Tanpa jawab mring kang darbe. Wus pasthi lamun waluya. Marma ing nguni dadya. Prakawisan wit ing dalu. Wonten jana mandung tirta. // pinikut katur pulisi. Kilap karampunganira. Yen nitik tata wujute. Tan punjul ing weningira. Kapara yen tinimbang. Lawan sumber sendhang setu. Ing liyan aso priyongga. // ewadene darbe sekti. Punika saking punapa. Mitra paringa yektine. Katrangan ingkang sanyata. Dhuh dhuh saiba iba. Ing tembe sukani kalbu. Lir manggih prabata retna. // uningamba saba kami. Duk latri tilem ing wisma. Manggih supena yektine. Lamat-lamat kawistara. Wonten wanudya prapta. Pindha angganing prayangan. // [ ] wangdana mancorong kadya. // [ ] nuju tanggal [ ] belas. Ngong kagyat wektu praptane. Mongka katoning supenan. Pun tanya lagya maca. Srat kabar bra martani ku. Seleh pustaka duk prapta. // ngucarani ingkang prapti. Laju mring sajroning wisma. Lajeng tata ing lenggahe. Sinambrameng boja krama. Sahanani [ ]. Dhandhana puspita sampun sumaji darsa nireng dyah. // ulun tanya [ ]. Rara mentrik trebe sendhang. Sedya ngestu padaring ngong. Mangkana sampun [ ]. Gya [ ] turangga. [ ] ugi sampun. Mijil sing candhana puspa. // lalancaran mung tyang kalih. Sami wahana turangga. Tan liyan ingkang katongton. Mung kang prapta jroning nindra. Ing pundi wismanira. Lepas analasak gunung. Tinuntun kuda kalihnya. // sun lali lai tan lali. Linipur tanpa saya brongta. Sasolahe katon angger. Gembili kang ton ing tawang. Gedebukan waking wang. Jenang gamping anak kayu. Dalenjet goleki sira. // yen sekara sira yayi. Sekar dewa daru swarga. Kang uwit emas guligen. Kang patra suwawa mulya. Predapa mirah sela. Pentile inten jumerut. Baya wote dadi sira. // aja liya kang ngundhuhi. Ngamunar pun jaka tanya. Bokor kencana wadhahe. Sinasaban kapu sutra. Mirah pupudyaning wang. Ngendi wismanta wong ayu. Sendhang tretes dunungira. // wonten wreksa geng sajuga. Sinom sapucaking wukir. Ulun kendel ngandhap ira. Sarwi angumbat=r turanggi. Sumbribiting kang angin. Nempuh roning kang wreksa gung. Karya lilihing brongta. Wis meh suruping hyang rawi. Katon mega. Simurat bangkuning ira.// kredyat angot sang kurima. Cenggerek [ ] anyandhoni. Unine lir ngerang-erang. Sangsaya wuwuh kang brangti. Kula sih ngasih asih. Unine kadi nunulung. Nulya mangkat lelampah. Lan rencang nuntun turanggi. Sampun prapta [ ].//tan kendhat amung kurimang. Lestri peteng anemeni. Gagap kijing gya kikidudang. Dhuh yayi sang rara mentrik. Wunguwa sira gusti. Kakanta iki wus rawuh. Mentas saking lelana. Sagung who leh oleh mami. palakirna. Kang dadya kapamanira. // wus wanwi miyos hyang arka. Tarontong amaratani. Katon sahananing arga. Papethetan adi-adi kukila samya muni. Warna-warna ungelipun. Lir murih mrih lipura. Parenjak angajak mulih. Wus muliya welasa turangganira.// tan kingguh malah tan saya. Mempeng ing tyas gunging brangti. Lir kena guna wisaya. Nulya wanci sore malih. mendhung panthan lumaris. Jenggirat kagyat andulu. Muwus heh ika baya. Katon ukele ri mami. wonten puspa ngurak panjrah tibeng kisma.// ingalap ingaras aras. Sarwi nabda lah puniki. Layone sang maweh rimang. Tumiba meraki mami. ukele neng wiyati. Baya saking sih maring sun. dhuh yayi rara sira. Karya lenglenging tyas mami. dadak maweh wasita jroning supena. // dene nguni ngong tur alapa. Cangkrimaning bra martani. Winangsulaken kiwala. Mangke prapta jroning guling. Mangkana saking ngarip. Anendra sendhen wreksa gung. Ing ngrikantuk sasmita. Wonten pandhita wawangsit. Wus muliya sira kulup jaka tanya. // bab ing kasusahanira. Apa ta kang sira purih. Marang ing patapanya. Mitramu ingkang sisilih. Buja kirana wasi. Ing arga catur satuhu. Marga ing kene ana. Kutha aran bayalali. Trus mangulon mangalor prapta asrama.// manggih kutha malih sira. Ing ngampel dipun wastani. Ing kono sira takona. Sadhengah pasthi udani. Krana uwus mareki ing patapan arga catur. Ing kono mamintoha. Tulung ring mitranta yekti. Pasthi bangkit luwarken kang duka cipta.// kagyat tangi sigra pangkat. Datan

4 kawarna ing margi. Prapta ing sendhang kranggotan. Reren adus mamrih atil ing ngriku witing kapti. Uninga yen sendhang wahu. Keni karya usada. Titi gunging sisip kami. Dipun agung pra mitra aksamanira. Sinerat patapan ing candhana puspita kaping. 21. Wulan jumadilakir. Ing warsa ehe. Pasemoning sangkalan paksa langkung ngesthi warni. Sang duka cipta jaka tanya. Bab patakenipun mitra jaka bodho. Kuwung teja srengenge kalangan mugi anyabarna ing panggalih rumiyin sampun sumelang bilih boten angsal katrangan jaka tanya

5 0ngka kaping: 22 Kemis pon kaping. 24 rejeb ehe 1812 utawi kaping. 31 Mei 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika tanggal kaping. 28 wulan mei kangjeng pangeran panji priyembada seda. Nalika tanggal kaping. 29 wanci jam sadasa enjing layon bidhal saking dalem priyem badan kabekta dhateng ing setatsiyon katumpangaken ing kareta asep mirunggan kasung marekaken ing astana imagiri. Menggah rarenggan pahargyanipun boten anguciwani. Saha kathah para ruhur ingkang sami anguntabaken lampahing layon dumugi ing setatsiyon.

Nalika malem rebo ing dalem kamangkunagaran saemper kados wonten pasamuhan panjenengan dalem kangjeng gusti pangeran adipati ariya prabu prang wadana ing sonten wahu karsa anontonaken kawontenanipun dilah enggal winastan elektri seperlih ting. Ingkang saking karsa dalem kagiyaraken wonten ing patamanan ing jung puri. Kathah para tuwan tuwin para nyonyah ingkang sami dhateng. Sareng kangjeng tuwan residhen saha kangjeng gusti pangeran adipati anom sampun rawuh. Boten antawis dangu nunten sami ing ancarani dhateng patamanan katingal peteng. Prasasat namung sakedhep netra lajeng byar padhang. Inggih punika ingkang tumuwuh saking dayaning elektri siteit ingkang kairup lajeng kareka daya ing urubipun kaemper kados dilah. Sareng byar kula saged anandukaken panoning paningal kula anjenger aningali kawontenaning patamanan wahu. Anggagas moncaring pambudi. Asrining sasekaran kwadhahan ing epot ingkang maneka warni. Katanggapan yayasan ingkang angresepaken kawimbuhan rara dyah papanthan sami angenggar-enggar. Yayah anuwuhaken cipta dhateng kawontenipun ing kaendran bilih amarengi ing galadhi para widadari malegot bawa. Menggah sunaripun di;ah boten sulap dhateng paningal sanadyan sunaripun wahu angungkuli sunaripun wulan purnama. Wah urubipun panggeng. Dilah punika kadamel amiturut pamanggihipun tuwan simen tuwin tuwan alske. Wonten ugi dilah elektri siteit kadamel amiturut pamanggihipun tuwan sablokof panjenengan dalem kangjeng gusti pangeran adipati ariya prabu prang wadana inggih sampun angarsakaken kaangge ing kagungan dalem fabrik sondakara. Ananging kacobi urubipun boten anyelengakenawit asring byar pet. Sanesipun dilah elektri siteit wonten tatingalan malih. ingkang boten kenging kaewokaken sumapala dhateng ewoning pamanggih. Inggih punika dwipangga tiron anggitan dalem kangjeng gusti pangeran adipati ariya prabu prang wadana. Saestu bilih tinon saking katebihan andulu ebahipun endhas kuping. Suku tuwin talale. Boten anyana bilih punika namung tiron. Sarehning anggening lalenggahan sami rumesep kangjeng tuwan residhen kangjeng gusti pangeran adipati anom konduripun wanci jam 12 tuwan tuwan sanesipun sami andherekaken kula ugi andherekaken ananging mawi anilari pasemoning sangkala. Ingkang tumrap ing kawontenanipun ing ngriku. Kadosta manembaha utamaning sarira gusti.

Griya kabesmi Kala wingi wanci jam 1. Siang kula pinuju langkung radina bawah kaprabon amireng suwaraning tiyang anedha tulung. Sareng kula gatekaken kawistara bilih wonten dahana sampun andados kula ugi lajeng atumut tandang. Para tongga ingkang sumedya adamel sirnaning dahana wahu ugi kathah. Ananging boten amigunani. Ambok manawi dayaning tempuk lan dayaning hyang pratongga pati. Mila boten ngantos ½ jam dahana sampun andhahar griya 4 iji. Sanadyan ingkang limrah latu wahu manawi pinuju karsa adhahar wisma boten anggadhahi wegah. Ananging ing nalika punika sang bathara brama kagungan panggalih marta. Mila boten karsa mampir dhateng sawenehing griya ingkang celak ing ngriku. Ingkang dados pangunguning kathah dene ingkang gadhah griya pinuju sakit sanget mila wagedipun medal saking griya kadhabyang para tandang. Menggah jalaraning latu kula boten saged mratitisaken. Panjurung.

1 Cina Panjenenganipun minister lihong ciyan sampun andhawuhaken dhumateng pra himpunan ing nagari cina. Ingkang sampun saha bipraya. Kalayan bongsa eropah. Badhe akarya palabuhaning palwa wonten laladaning nagari koreya. Minister wahu kedah badhe amranata ing pandameling palabuhan wahu. Wondening ingkang sami amangayobagya kawontenanipun pra himpunan wahu. Para pangageng ing jepan amirikan dhitslan enggris prasman ruslan bilih kaleksanan saha sampun dados tamtu nagari koreya badhe sakalangkung gemah arjanipun amargi kala rumiyin ing nagari wahu kenging kawastan boten kenging kaambah sanes bongsa. kajawi amung ngleksanani pranatanipun piyambak mongka samangke badhe kapranata dening para praja liyan.

Jepan Para nangkoda ing nagari ngriku. Sampun anggiyaraken pakumpulananipun ingkang winastan koreya maksekape. Inggih punika pakumpulanipun para sugih sarta para nangkoda. Jepan miwah koreya. Mila badhe anjalari raharjaning nagari koreya amargi sampun rukun kalayan ing jepan.

Panjurung Patra. Wis lawas gon ku ora katemu ing kowe. Kowe apa padha kaslametan. Naya. Saka pandongamu iya salamet. Gonku lawas ora katon iku. Aku mentas lulungan saka ing surakarta. Tilik bakyumu bokne si jendhul. Patra. Saliyane iku mahu. Pawarta apa maneh sing kok gawa. Naya. Iya. Ing kana aku andeleng taman kabungahan aran ujung puri. Kagungane kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana. Patra. Aku iya wis oleh warta bab asrining taman whau. Ananging kondha babaratan durung pati terang. Saiki kabeneran kowe mentas andeleng. Mara aku kandhanana kang tetela. Naya. Aku ora kaconggah anagandhakake kang kalawan pratitis. Amarga engetanaku ora nyukupi. Kanggo anggelarake ing kahanane. Patra. Kowe iku pragat ing psang cipta. aku ora anduweni sedya akon anacahake sakeh ing ron saka sawiji wijining tanduran ing taman mahu. Pamurihku mung critanana ing sacukupe. Utawa saelingmu bae. Naya. Iya mungguh taman mahu apik banget dhasar endah angedab-edabake. Sakeh ingkang katon anandhakake yen tumuwuh saka kamoncerane wong ahli budi. Sajegku durung tahu tumon rurupan kang kaya mangkono. Rasaning atiku kaya dedelengan sajroning pangimpen. Pancen patut dineleng wong sapirang pirang. Dhasar ingkang kagungan bongsa luhur wicaksana lan berbudi. Amarengake katonton saweneh wong. Sarta ora angerobake sisiku. Mula pamrayogake becik kowe mranaha. Ameruhi dhewe ing kahanane. Patra. Iya. Aku dhasar kapengin weruh. Ananging durung oleh pasang yogane. Coba aku tuturana. Apa saben dina kena wong andeleng mrono. Sarta malebune apa kudu nganggo diirit ing kawanuhan. Naya. Kenane wong nonton ana ing dina jumungah lan ing dina akad. Sarta ora susah nganggo pangirit amarga sing anonton wong sapirang-pirang. Kaya dene sakatenan. Kajaba kowe andeleng taman kabungahan kowe bakal bakal bisa amanoni wayang wong kang kagebyakake ing dina pasamuwan. Tuwin anonton langen driya. Yasane tuwan godlip kiliyan ing mesen. Aku anamtokake kowe katelen sarta banjur anyangkok laguning tembung. Kang taluture prasasat anggarit ati. Patra. Lo. Langen driya iku apa. Lan sabab apa angatelake. Naya. Langen driya iku adegane saemper topeng. Ananging tanpa topeng. Dene sing padha dadi para dyah prawan pipiliyan isih kumencar kabeh karengga ing busanadi. Yayah nir kamanungsane. Wah gugunemane katembangake macapat sarta rujuk karo laguning wirama. Lakon prabu kenya ing majapahit. Dilamar adipati ing balambangan. Nanging prabu kenya lumuh. Temahan dadi prang. Wasana adipati ing balambangan mati dening raden damar wulan. Raden damar wulan banjur dhaub karo prabu kenya ing majapahit mahu. Lah patra. Sajrone kowe angrungokake kandhaku. Semune kaya ana apa-apa sing kok rasakake. Patra. Iya dhasar mangkono. Mungguh sing tak rasakake. Teka sing dadi langen driya. Dyah pararan kabeh. Yen mangkono langen driya mahu kena diarani tetep ora ana wong lanang. Mulane wong lanang patut andeleng mung supaya bisa akatrenjuh ing sambang talutur. Tamtu kowe banjur ora breduli bah gareng. Naya. Iyah wis ora. Teka kowe iku nyemoni marang aku trang kaya nom. Dene sing tak dhemeni iku mung wileting anggitan bisa anjenakake wong lilinggihan. Masthi kowe ceceg. Patra. Endi sing kok kandhakake aku kapengin weruh. Iya samasa masa tak ayonane mrana. Kang jaba iku mahu kowe andeleng apa maneh.

2 Naya. Rakiting nagara tak timbang dhek aku mrana kambi kowe biyen. Saiki aku pangling. Okeh omah gedhe apit amangku lurung. Pager kiwa tengen dalan gedhe sajroning nagara. digedhegi anyar sarta diusar putih. Andadekake asrining pandeleng. Papan tilas omah pamulangan calon guru biyen saiki didegi omah pamong weka kang aran pesor ggestik gedhe lan apik banget angresep ake. Dalan kareta asep kang saka wetan iyek ing panggarape. Ora antara lawas kiraku tumuli dadi. Amigunani wong akeh kang padha andon lalaku. Si paman juru tani ing kana padha bungah sugih pari lan beras. Andadekake murah reganing rijeki. Patra. Wis suwe gonku rarasan aku arep mulih. Naya. Iya seje dina mreneya maneh. Tak kandhani apa-apa sing tak sumurupi ing kana. Taksih wonten sambetipun

Panjurung ing bra martani // dhuh dhuh para sujana.. sarjwana. Ingkang sampun sami putus ing pangawikanipuning sastra kawindra. Mugiha karsoha paring pajarwa. Wiwijangipun ing tembung ingkang kagebeng dados sadasa golongan kados ingkang kula pratelakaken ing ngandhap punika. 1. // ari. Wiji. Purwa. Arka. Ika. Dibla. Labga. Lamba. Sanda. Manawisara. Siat warib samutit luhat Senis wais tasis murjita 18 2. // bagaskara. Dwita. Luhut. Sumih. Tandheh. Utit buit sugen manel teteh. Kembara. Jodhora. Samara. Tunggala. Samira. 15 3. // pradongga. Triri. Akri. Sidhem dhulem mujit patin wadim sukih. Malempih. Arbita. Mandira. Sadarki. Merjih. 14 4. // bagaspati. Catura. Midrin labirnin swariyin batirih. Puteam anweh. Anggeh. Suar. Bagarer. Tangin sugiwah. Mandhala turih. Buteh. 15 5. // wraspatya. Pancari. Ririh. Sibir. Takila. Manjali. Sudir. Taler. Sumata. Taleg. Butilel talantu. Wetukuh. Lupih. 14 6. // sregut sandari. Wantirih. Manter. Jantena. Lamin lulemir. Takinah. Tubut sadur. Tangih. Watangamah. Darima. Sulemah. 14 7. // waduh. Sabtari. Madhih. Sulindri. Tarigah. Tandiren kawah sungih. Mandhiga. Lungut bacuh. Nguluk warkihan ujuh. Wutulah. Sabaringan. 15 8. // tuywa. Artiyat teben selup tumbuk arjah. Sakabih. Mendhingan tuluan mingitah. Sariyawa. Andhuh. 12 9. // labih. Nawari lunggih. Tabaril sumertim wangen talubel sudaha. Sedikih. Maluba. Tarwah. Aluki. Mendhingik ancir. 14 10. // puputri. Dasari. Ribirih. Sabipir. Taluar. Sadhuk mandhutur. Anggahwan suwingihar. Talugun Mangrih 11 Ingkang punika. Ukara tumrab dhateng punapa. Utawi babaripun ing pitembungan menggah parincenipun kados pundi. Kula tansah angajeng ajeng pardikanipun ingkang para berbudi maharjeng rat. 11. ½ 7. Sinangkalan naya diyata pujangga. Aji. Katandhan pun sandi kirana.

// andanani bra martani. Panjurung kojah samatra. Wonten sajuga pamase. Wutalwih ambahu dhendha. Sartambek parimarma. Mring kawulane sadarum andadyakken kasantosan // mwang gemah arjaning nagri. Ing panataranipun. Jeng sang sri wonten genthane. Siki ginantung pratistha. Ing wisma sinten ingkang. Manggih susah parikewuh. Adarbe sedya uminta. // pitulungannya sang aji. Tandya anabuh kang gentha. Ari sajuga masane. Titiyang jroning parsada. Samya tilem sadaya. Kang kremit kredyat antyasu. Sing nendra adan tumanggal // awit kabrebegen dening. Bunyanireng punang gentha. Atitir tanaliripe. Sang

3 prabu kampita dahat nulya ngagyeng punggwa. Niti priksa karanipun sanggyaning para nayaka. // kalawan para prajurit samya age-age prapta. Ing gyan gentha wasanane. Tan ana ingkang anatab ananging tansah munya. Sangkin dangu ungelipun mandar angganter tan kendhat.// janma kang mandaha sami. Neng weraking pagantungan punang gentha sru gawoke. Wulaning badan ngatahar. Miwah gyanya umiyat maspadakken karanipun ngantos anjomblong sadaya. // ewa samanten ta ugi. Meksa dereng saged wikan ingkang dadya karanane. De kang gentha tansah munya. Tan dangu para janma. Ingkang amawan susuluh. Prapteng ngriku dyan umulat. // taksaka juga mulet mring. Tambang dudutaning gentha. Gya samya grejiteng tyase. Ywan kang ngungelaken gentha. Inggih sawer puika. Kalintang ebat sadarum anggosthi sajroning nala. // parantan dwisthaning kapti. De wahu taksaka natab sang gentha ri sakna ge. Wonten sajuga nayaka. Umarek ing ngarsendra. Tur udani wontenipun wahu ingkang lalaksitan // sawusnya jeng sang siniwi. Miyarsa turing nayaka. Ingkang dahat nguntharane. Sakala mangiket driya. Ing [ ] dadya. Kasedyaning sawer wahu. Saksana amimba sara. // marang punggawa satunggil kinen aniti pariksa. Ing saluhuring papayon ning wisma sasaneng gentha. Nenggih prastawa nira. Taksaka wahu anusuh. Pratistha payon punika.// kang sarang dipun dipun unggyani. Dening kongkang geng sajuga. Dumadya ing tatelane. Gya nira anatab gentha. Sumedya amiminta. Marang sih welasanipun jeng sri kang ambahu dhendha. // sirnaning kongkang nulya glis wonten sajugabdi ngemban timbalanira sang katong. Umanjat payoning wisma. Manggonaning kang gentha. Anyepeng kongkang geng wahu. Binanting tekeng antaka. // yata nujwa ri sasiki. Tatkala sang prabu supta. Amunggeng pasarehane. Taksaka wahu tumama. Marang ing pasareyan gumaremet amayungyun ing jongga tiharda kredyat // temah gumeter sang aji. Atis sarira sadaya. Anjendhel ing ludirane. Miwah tan bangkit uswasa. Yayah kadya murcita. Mwang tan wigya nabda mundhut pitulungan kang taksaka.// adan gumaremet malih. atingal tekeng mastaka. Ing ngriku jeng sang pamase. Karaosing tingalira. Lir kadya dinamonan ing wasana saya dangu. Kraos srep asrep sakeca.// akarya sirnaning wingwrin taksaka sinampe sigra. Dyantu wrun sing papremane. Sang prabu saksana lenggah. Miwah saged waspada. Anenggih paningalipun wit wutanya wus waluya.// katandhan Es

4 0ngka kaping: 23 Kemis pon kaping. 1 ruwah ehe 1812 utawi kaping. 7 Juni 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kala ing dinten malem salsa tanggal kaping. 28 rejeb wanci pukul pitu sonten panjenenganipun raden tumenggung purwa diningrat abdi dalem bupati kaparak tengen anilar resmining kadonyan kondur ing kalanggengan jalaran gerah panas tis ing dintenipun rebo wanci jam 10 siang. Layon kabidhalaken saking dalem kabupaten kaparak tengen kasumarekaken dhumateng astananing dhusun tinawas kathah para bongsa luhur ingkang rawuh nglayat sarta nguntabaken lampah ing layon ingkang anambahi regenging rarenggan. Ing dinten salasa pon tanggal kaping 29 rejeb amarengi dinten wiyosan dalem tahunan kangjeng gusti pangeran adipati ariya prabu prang wadana. Temah ing dinten wahu wanci jam 11 siang. Kula mireng swaraning drel sanjata tuwin mariyem ingkang kadi gora manengker langit inggih punika tatenger rawuhipun kangjeng residhen dhumateng ing dalem kamangkunagaran kadherekaken sakaliring bongsa agung. Mila sanalika ing dalem kamangkunagaran katingal jejel menggah ingkang minongka pasungganing paningal cangkokan kalangenan ringgit tiyang lampahan wara srikandhi maguru manah. Tamu sami katingal sengsem ringgit tiyang wahu sami samining kalangenan kalebet lalangen ingkang boten amboseni. Awit saking solah wiraganing tiyang ingkang dados ringgit saged angonusaken dhumateng osiking tiyang ingkang aningali. Kintunan

Ngrambe Ing sapunika dhistrik sine utawi jagaraga sampun meh lebar panen pantun para among tani kathah ingkang sampun sami amiwiti malujeng sabinipun inggih punika sedyanipun sabin wahu badhe kataneman pala wija. Punapa malih parentah inggih sampun andhawuhaken supados konca among tani samya ananem kadhele ing sakuwawinipun. Palawija ing tegilan ingkang sampun katanem warni jarak kacang tunggak sata utawi kasape. Sarta taneman wahu warninipun katingal medal. Aningali saking kathahipun taneman kasape. Kados ing tembe kula badhe boten nedha nyamikan kasape ingkang kaolah nami endra kila. Loncis utawi rondha royal. Antawis sampun sawulan laminipun ing dhistrik padunungan kula boten jawah. Mila manawi siang raosing dhateng badan pating parinding. Ananging berkating siti pareden sanadyan lami boten jawah benteripun inggih boten sanget kamurwat kalayan ing siti ngare. Ing sapamireng utawi sasumerep kula pyambak para tiyang sami ginanjar seger kuwarasan. O ingkang mekaten wahu saklangkung bingah sukur kula. Mugi- mugi gusti allah anglastantuna sapawingkingipun. Kala tanggal kaping 9 mei. Sakawan tiyang rehipun kiyahi demang ing dhusun ngrayudan bawah ing jagaraga. Sami kapurih jagi pantun gadhahanipun kiyahi demang wahu. Anunggil saenggen dados tumpukan wonten ing sabin wasana sareng wanci jam wolu dalu. Tiyang sakawan wahu sami kasamber ing gelap sanalika smai gumuling ing siti. Klenger. Nanging boten andadosaken ajalipun. Dinten kemis tanggal ping. 3 mei kapengker punika. Kula tuwi sadherek kula wonten ing dhistrik gendhingan kapinujon sanget awit sareng wanci jam sadasa siang. Kula mireng swaranipun kenthongan ingkang tinitir panebuhipun trangginas kula lajeng anglayat sasarengan kalayan sadherek kula. Sadhateng kula ing ngendon kula enggal pitaken dhateng tiyang ingkang wonten ing ngriku. Kenthongan den titir tabuhipun wahu wonten punapa wangsulanipun ingkang kula pitakeni. Gatosipun namung ngaturi kahurmatan lolosipun pesakitan uncat saking kunjaran gendhingan nami saprawira gumun kula namung sakedhik awit padhang adhindhang teka pasakitan saged musna saking kunjaran tiyang ingkang kapatah arumeksa antawis tansah nyalendhet dhateng patiken kimawon anyawang gelung kondhe cara . Kintunan

1 Ing mangke salebeting rangkah nagari dalem ing ngriki katingal risig sadaya pager ingkang risak sami kasantunan sadaya pakampungan pageripun sami dipun pethak kalen kalen sadaya sami kaupakara sagedipun kaoncoran toya. Sadaya radinan pakampungan sami kadandosan punapa malih dilah-dilah saben sonten sami pating kalencar. Inggih punika tumuwuh saking taberi pangudinipun kangjeng tuwan asisten residhen kabiyantonan dening kangjeng rahaden adipati tuwin rahaden tumenggung karta nagara. ing kampung kauman sanadyan dudunungipun para tiyang alim ingkang wahu lethikipun sanget sadaya kalenan mambeg dipun bucali toya koloh. Punapa malih pancen dipun damel ambubucal sasuker. Dados ambetipun banger sanget ing mangke inggih sampun katingal risig. Angsring kula anggagas ing kawontenanipun pakampungan wahu. Teka anggenipun lethek reget saha para alim ingkang sami dudunung ing ngriku. Tahanipun dhateng ambet banger. Sapunika sampun kapanggih. Awit para tiyang ing pakampungan wahu kathah ingkang sami murang sarak eliripun kathah ingkang sami anganakaken yatra. Candhak kulak cekakipun sami angranggep sadaya padamelan ingkang pancen dados sirikanipun para alim dados ambet banger wahu namung kadamel amanuhaken grananipun ing akiring jaman bilih kapanggenaken ing jahanam sageda tahan dhateng ambetipun sasuker tuwin mohjakum ingkang badhe dados tedhanipun. O mas alim kula acumadhong duduka panjenengan inggih nun embok inggih emut yen sampeyan niku makluk lah inggih abdinipun ratu. Mongka warahing sweh sampeyan rak ana ing jaman awal iku. Kudu anandukke manarafah nafsa uwata rafah rabahu. Tegese sing sapa weruh menyang pangerane. Iya weruh menyang awake. Pramila sampun kumalungkung. Sasamining makluklah sampun den anggep boten sumerep dhateng kitab taksih lethek pakampungan sampeyan lebu-lebu ing surambi disaponita. Maklum sampeyan inggih mas alim samanten kemawon rumiyin. Surakarta ping 1. Saban ijrah tinengeran Barakan sonya kaya yakti abdus salam

Ingkang sampun kagelaraken nyahi endhang pracimasana. Ingkang minongka wangsulanipun dhateng panembahan kedhung lumbu. Sanadyan nyahi endhang wahu sawerni sampun asrah bokokan ananging sarehning bab uruping ardi marapi taksih angular ulari pangrembag bab punika sumedya kapanjangakenamila botenta yen kula sageda ambengkas pungkasaning rembag ananging amung badhe amewahi supados panjangipun ingkang kacariyos wahu. Amargi sajatosipun kula kapengin sumerep badhe kawekasanipun sumongga ta kula aturi nguningani atur kula ing ngandhap punika. Ingkang kacariyos ing serat kabar indiya nederlan ongka. 40 nalika kaping. 20 mei punika. Ing nagari batawi kapiharsa swara gumleger. Wiwit jam 10 enjing dumugi jam 1. Siang. Swara wahu tumundha tundha boten kendhat kendhat sareng jam satengah wolu sonten ugi wiwit nyuwara malih ngantos dumugi jam satengah sanga. Enjingipun ugi nyuwara malih ngantos ambal ambalan malah kacariyos nalika enjingipun swara punika sakalangkung sora sanget ngantos adamel sumelangipun tiyang wonten salebeting griya. Awit saben swara wahu gumleger lajeng angobahaken sawarnining tembok sadaya raming candhela utawi konten sami ageter. Klambuning candhela katingal kados katampek ing samirana. Malah saweneh ing criyos wonten griya ingkang tembokipun pecah jalaran kataman dayaning swara wahu. Menggah wontenipun swara ingkang kapiharsa kasebut ing inggil punika. Para wasis ing nagari batawi sami amastani saking baledhosing redi karang tuwin redi pulos ari paresidhenan ing banten murup lajeng pecah wonten ingkang mastani redi marapi ing nagari padhang. Ingkang baledhos ananging kathah para tiyang ingkang boten pitados bilih redi padhang swara utawi oregipun dumugi ing batawi. Awit ing padhang sakalangkung tebih tuwin mawi kaeletan saganten ingkang makaten wahu bok manawi ri sang endhang pracimasana. Tuwin kiyahi kedhung lumbu kados boten kakilapan dhateng cubluk kula. Menggah swara ingkang kapiharsa saking nagari batawi punika manwi tatela baledhosing ardi marapi ing nagari padhang. Punapa ewon anglengkara swara tuwin oyegipun bilih dumugi nagari batawi kula nyuwun barkah saserepan. Taklim kula pun cebong

Amanglungaken tandanging taklim Sadangunipun kula kentir wonten sabawaning pustaka warti. Anut siliring samirana koleg lumepas ing tepi tumibeng tengah. Kadyangganing kaliswaka sreg anumpal keli. Parandene taksih saged mulat resmining surya condra. Amung ing mangke rumaos kapiandhemen inggih punika sareng ing bra martani tinuwenan sarjana ingkang nimpunani sang pamiluta. Wiwit gumebyar sapisan sampun kula pasangi pandalu. Sumedya badhe kula anggep gurenda sapangracikipun awekasan gancanging manah kula wahu atumpang so. Teka sang pamiluta karsa anoleh dhumateng kula. Tembung anyamantakaken mila sanalika

2 karaosing manah acacadhang pangalembana. Ananging maksa nir deya. Menggah padangunipun sang pamiluta tembung. Gula wenthah. 2. Ngaru biru. 3. Mula sara punika kula lajeng miyak ing dalem gupitaning garba. Teka sepi boten wonten ingkang ananggapi. Dados busananing manah ingkang sadangunipun kula babaraken kaliyan enggak punika dereng wonten mantranipun tembung titiga wahu. Mila amung andhadhapaken kuncuping mamintaksama. Ewa dene wonten gagap gagaping manah bilih tembung gula wenthah wahu sampun kawahanan inggih agula siti dados gula punika tegesipun saemper kados adeg tambak utawi angampu. Wenthah punika barang ingkang dereng kaupadamel inggih. Entah. Kempaling suraos angadekaken ingkang dalosor. Anambak ingkang mrawayan angulah barang ingkang taksih badhe. Samanten wahu mirit saking pinanca wali muka. Utawi ing warga sutra. Dene ngaru biru. Saking lingga eru. kaliyan biru. Santuning ha. Dados asung swara punika luluh saking katandukaken tegesipun anandukaken eru. Dene biru punika mirit saking wududing pulas menggah pulas ingkang temen punika amung abrit cemeng jene pethak liya punika kalebet pulas dadamelan tuwin medal saking daya sarawungipun pulas ingkang minongka adu. Suraosipun anandukaken serenging manah ingkang kawedal saking katemenan utawi wawaton. Mulasara. Saking lingga. Pula. Binawa. Ma. Tegesipun angawiti. Meruhi. Akaliyan sara. Dadamel utawi lalandhep bilih boten kalintu suraosipun ngempakaken pandamel utawi maeka dhumateng wiwinih ing sabab Sarehning tandanging pambudi kula amung samanten mitra kula sang pamiluta mugi amapagna eseming panggalih. Tuwin anganggep pahatur kula punika babasan sirup kembang asem. // panguluring ripta paksi langking. Wus ing ikal kinalpikeng karsa. Saptu pon nedheng kenyare. Sangalasing sitangsu. Wuku pahang paningron warsi. Ehe laku nem belas sadha masanipun sinung pasemoning krama. Paksa dhapur. Samadyaning jagad warti. Wasi buja kirana.

Amandengaken pasang taklim // warah wara warastra nira ris dedere rumojong. Lejar manis minongka elare. Manuhara nyenyep manyampeti. Pasang esem kengis pangastaneng tamtu.// parikrama tambanging pangawih. Langkap tapsilandon darma sadu damar panggendame. Sipat teleng pangelesaning sih. Pesat tar kasating. Tawang wus tumantum // yeku sojar ing sarjana jati. Pratameng tumuwuh. Wahyana wulu mayanyun ta weh. Wasitawa nirmala nawengi. Wenganing tatawing. Limar maworing wus.// wonten kawuryan wuwus puniki. Mangke ing pawartos mentas katon sarjana semune. Manarbuka sambadaning budi. Mangrideng wahini uningeng pangangkuh.// saidering panyakra tan kepi. Kapanduking pandom dening ri sang sampurna pramane. Manuharsa silih aran mami. lumrang bra martani. Kemis kang kapungkur. // pamekasing pustaka tinulis lek akat kaliwon nem candra marajab warsa ehe. Julung wujud sadha duk kaping tri. Buja kumawani. Marireng sang luhung. Wasi buja kirana

Candhakipun ringgit cina // aywa ngetok kaprawira. Sira dadiya panarik. Yen si bun pah atut wuntat. Ibune kang ingsun tuding. Methukna amoyani pesthi si pik bun pah nurut. Raden sik ing tur sembah. Sigra mangsh ing jurit. Mandhi gada wus prapta ing rananggana.// raden pik bun pah sru nabda. Heh sik in sira metoni.mongsa kelara anongga. Marang gadaningsun iki. Raden sik in nahuri. Heh pik bun pah ywa kumenthus. Kaya lanang priyongga. Sira durung prang lan mami. tibakena gadamu ingsun tan oncat. // raden bun pah sigra gada. Raden sik in sigra tangkis. Katulak panggadanira. Bakuh tanggon raden sik in. pinindho anguwati. Raden sik in males mupuh. Rame gada ginada. Surake mawanti wanti. Raden sik in. enget mring waweling ira. // sapanembahan cibica. Raden sik in ngunduri. Agancang denya lumajar. Yen tebih nuli nganteni. Pik bun pah anututi. Temah bun pah keneng apus. Wahu ri sang jibica. Sigra denira ngaturi. Nyi tumenggung kalawan kang para putra. // pik bun lwong lawan pik bun a. mwang dewi eh jwan tan kari. Ngaturan amethukena. Mring pik bun pah kang nututi. Nyahi tumenggung aglis. wus methuk lan putranipun. Kapanggih raden bun pah. Bun pah kagyat aningali. Dene ibunira neng ardi kyuyam san. // kalawan sakadangira. Dewi kimsi ngandika ris. Heh kulup pik bun pah sira. aywa age salah tampi. Wruhanta awak mami. wus suyut mring raja sunu. Lawan sakadang ira. Mung kari sira pribadi. Payo kulup sira miluwa maring wang.// suwita mring raja putra. Ramanta katemu buri. Yen sira wus manut mring wang. Iya ki tumenggung nuli. Aturana den aglis. matura panuwuningsun. Ngaturi ramanira. Wit karsaning batharadi. Angsung peling yen kang musthi raja putra.// lalingo jumeneng nata. amengku sakeh bupati. Ramanira aywa pugal. Engeta kang wus suwargi. Yata pik bun pah myarsi. Mring pangandikaning ibu. Tyasnya kadya sinendhal. Umatur sarya wot sari. Inggih ibu suwawi hamba sowana.// mring gusti narendra putra.

3 Dewi kimsi gya umnajing. Marek ngarseng raja putra. Raden pik bun pah tut wuri. Sapraptanireng ngarsi. Dewi kimsi sigra matur. Pukulun sapunika. Pik bun pah suyut mring gusti. Paran karsa ngandika narendra putra.// heh bibi liwat prayoga. Ingsun iya liwat asih. Kabeh marang sutanira. Heh adhi pik bun pah aglis. lungguha sira yayi. Amor lawan punggawa gung. Sira uwis widagda. Pantes amor pra dipati. Raden bun pah mangabekti sigra lenggah.// nulya leksa abujana. Mawarna warna tulya sri. Entyarsa para satriya. Ing sawusira dumugi. Ngandika raja siwi. Yayi pik bun pah karseng sun. sira angaturana. Mring paman tumenggung pik in ramanira purihen ngemongi mring wang. // lah mongsa bodhoha sira. Ing wetaraning sun yayi. Yen sira kang ngaturana. Yekti piturut lestari. Sabab si paman ugi. Pracaya mara sareku. Raden bun pah sandika. Lengser sarwi awot sari. Lampah ira tumurun saking ing arga.// mangkana ingkang winarna. Sira ki tumenggung pik in. kang dahat sungkawa ning tyas. kang putra kasambut malih. ciptanira ing galih. Ki tumenggung arsa ngamuk. Madyaning ngadilaga. Wadyane wus den undhangi. Lamun arsa prang garubuh ngantep yuda. // wadya lagya pradandanan. Kasaru pik bun pah prapti. Laju umareg mring rama. Manembah sarya turnya ris. Rama ayun punapi. Wadya pinepak gumergut. Ki tumenggung gya nabda. Dene sira bisa bali nyananingsun sira wis banjur den lunas. // ingsun arsa ngamuk ing prang pik bun pah umaturaris. Rama aduka mirsaha. Lalingong narendra siwi. Ambek budi marta sih. Alus wicaksaneng kewuh. Cahya pindha purnama. Wadya wus kagiri giri. Tutunggul pranggul agul surama rata.// tuwin kang para satriya. Kathah kang prawireng jurit. Kadya tan kenging minengsah. Wadya paduka puniki. Watawis kalih kethi. Upami sarem sawuku. Kacemplung ing bangawan. Yekti boten angudhili. Mengsah lawan wadyane narendra putra.// tumenggung pik in miharsa wusana ngandika aris. Yen mengkono kaya ngapa. Karepira ingkang pasthi. Pik bun pah awot sari. Lampah kula mila wangsul. Dinuta raja putra. Paduka dipun aturi. Mugi mugi karsoha angemongana.// dhumateng narendra putra. Engeta kang sampun swargi. Kalawan ngungun kawula. Pun ibu sang dewi kimsi. Lan kadang hamba sami. Sadaya gih sampun suyut. Dhumateng sang raja putra. Pun ibu inggih ameling. Witnya nungkul saking wisiking bathara. // ki tumenggung amiharsa. Pangungunira tan sipi. Wanti wanti panyebutnya. Mring gusti kang murbeng ngurip. Kulup undhanga nuli. Sakehe wadya balamu. Konen bong gegaman. Ingsun nungkul dina iki. Sigra undhang ki tumenggung sampun budhal. // kalawan sawadya nira. Lawan wus atur udani. Marang ing narendra putra. Panembahan angundhangi. Sagung para bupati. Siyaga pra sami methuk. Marang ngandhaping arga. Paring hurmat sawetawis. Tan winarna ki tumenggung sampun prapta. // laju sumiweng ngayunan. Raja putra nambramani. Tuwin sik kong mwang jibica. Bage binage pra sami. Nulya bujana adi. Nutug denya dhahar minum ki tumenggung semana. Wus inu dalem prayogi. Miwah para putra cungkup sawadyanya. // neng nagantya winursita. Panjenengan narapati. Prabu dewi wus miharsa. Kalamun tumenggung pik in. kasoran denya jurit wusana wus sami nungkul. Marang narendra putra. Prabu dewi gya nimbali. Kyana patih kinen amilih punggawa.// sakira kang bangkat karya. Amungsuh lan raja siwi. Kyana patih atur ira. Ngaturken tumenggung liting. Andarbeni kasektin. Manawi bangkat prang pupuh. Tumenggung liting sigra. Semana wus den dhawuhi. Ken anglurug sinung wadya gangsal leksa.

4 0ngka kaping: 24 Kemis pahing kaping. 8 ruwah ehe 1812 utawi kaping. 14 Juni 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika tanggal kaping. 11 wulan punika wanci jam wolu enjing adipati ing samarang rahaden mas ariya purba ningrta atilar donya. Menggah jalaranipun gerah ampeg enjing ing ajalipun wahu kendel dhahar mawi anuntak erah kaping kalih. Kendel anuntak boten antawis dangu lajeng angrukebi ing takdir.

Kangjeng gupremen kaicalan abdi ingkang satya tuhu. Para alit ingkang kaereh kaecalan sasepuhiun ingkang mahambek santa budiman saha angayomi dhateng sadaya gagantunganipun tumuwuh ing tentremipun para alit wahu. Dene para sor soranipun sami ering saha sumungkem amargi ajeg saha jejeg ing paparentahanipun.

Rebo kala wingi wanci jam 12 siang. Ing kareteg lepen larangan sakiduling cayudan wonten garobag lumampah saking ler mangidul dipun momoti glondhonganing kajeng jati kang tinumpak ngantos inggil sanget sanginggiling glondhong tinumpangan ing tiyang estri taksih nem ing warna kapara ayu. Saha katitik abraning busana kawastara bilih pancen tiyang sugih. Lampahing grobag wahu nalika minggah ing kreteg ing lepen larangan pasanganing lembu ngiriting grobag pedhot lembu kalih pisan lumajeng sapurun purun grobag temahan jomplang racukipun wonten ing inggil pun estri kapindha kumuda dhawah saking ing grobag nanging sirahipun wonten ing ngandhap mila dhumaahipun ing siti sampun tanpananing rat mongka nalika sawek ngraosaken nikmating kantaka. Pun wanudya yu katungka gogroging glondhong. Ingkang lajeng angentebi sirahipun mila boten sakedhaping netra kulilinging jiwa. Ing ngriku dhatenging tiyang kang namung badhe aningali sesek meh boten kenging kapiyak nanging lajeng kathah kang boten saged tahan aningali. Jalaran belabaring rah kang gigirisi. Makaten malih kula ngantos boten saged mratitisaken griya tuwin namanipun dhateng tiyang kang nandhang sangsara wahu. Ugi selak boten tahan tumon ilining ludira. Es. Be. Nger. Kajen

Busana kabrastha Wonten sawenehing rara. Anama pun landeb kintenn ngumur 18 tahun gagriya ing kampung kapulisen wanci enjing tangi tilem amargi ing ngriku hawanipun sakalangkung asrep pun landeb sawijiling saking wisma rumaos boten saged anahanaken asrepipun kaleresan ing jawi ning griya wonten latu bedhiyan saksana pun landeb lajeng anyelaki latu bedhiyan wahu. Karaom nikmatipun netra angler angantuk lir rarywa lit binandul dumadakan kesisan ing maruta. Ponang dahana amurub lajeng amraman ing sinjangipun landeb ngantos telas sapalih pun landeb sawek karaos lajeng malajeng anedha tulung. Ing salebetipun malajeng wahu latu kados kaurubaken dados sinjang dalah kembenipun telas kabesmi. Sanalika para tiyang sarta rare ingkang tandang sami dhateng ananging tansah amung gumujeng. Amargi ningali wujudipun pun landeb dene ceples lir kusumaning ayu sang dewi dresanala. Duk ambancana sang premadi. Sareng latu sampun sirna pun landeb lajeng andhodhok wonten ing latar suku sarta tangan kalih anutupi wadi. Tongga tapalih rumaos welas lajeng kasukanan santun sinjang sarta kemben rasukan sareng sampun amangangge sandhangan wahu tiyang ingkang kaleres sepuh awawarti mangkaten.

He landeb kowe elinga. Pitulunge sing kuwasa Katujune ora bongka Iki minongka papeling. Yen adhem aja kekaring Becik angasahi piring Bocah wadon kudu mikir tangi turu nyandhak cangkir Reresik ywa nganti cicir

1 Yen wus resik banjur nyapu ing jogan miwah ing salu Pira bara banjur ngangsu Apese ngiseni kendhi tur paedah lamun laki Oleh tukon nganggo aji Rara aja wedhak pupur anjalari ati besur Temahan atine kuwur Utama ngirang ngirangi ngesthi gancang antuk laki Barang karya den parsudi Laku kang mangkono angel kang lumrah mung pikir ngrekel Ambudi bangsaning rewel Kang lumrah ing jaman mangke tan weruh ala dadine Mung amburu sengsem bae Marmane akeh kang kliru kabarunging hawa napsu Iku papeling satuhu Wasana pun landeb analongsa sanget manahipun amargi rumaos kawirangan punika minongka tuladha ning para rara. Kintunan

Tanggalipun wulan ramlan kaliyan wulan sawal Sobat kula ingkang nama mas sastra adirengga aliyas mukhamad sadali. Kala rumiyin dados abdi dalem carik pangrembe ing surakarta. Sapunika manggih lalampahan kawelas arsa manggen wonten ing dhusun pasareyan ing sela. Sobat kula wahu sampun amatitisaken pangetang wawaton ngelmu palak bilih tanggal sapisanipun wulan ramlan ngajeng punika tahun ehe 1812 dhawah ing dinten kemis sonten kaping. 5 wulan juli ngajeng punika tahun 1883 ingkang awit sipat kencenging rembulan kaliyan surya dhawah ing kemis sonten wahu wanci jam 9 dalu langkung 51 menut inggih punika trepipun tanggal sapisan wulan ramlan sanadyan ing wanci seraping surya tanggal boten saged katingal ewadene wonten ugi pratandhanipun inggih punika nalika seraping surya ing malem jumungah wage ingkang sami dipun wastani tanggal sapisan wulan ramlan klayan khurub arbangiyah. Ing ngriku tanggal badhe katingal saking surakarta. Parnahipun wonten ler kilen mongka inggilipun 10 grad saking horison lah punika anedahaken bilih sampun tanggal kaping kalih. Mokal sanget yen tanggal sapisan samanten inggilipun nyengkanipun 6 ½ grad. Wonten malih pratandhanipun benjing tanggal sapisanipun wulan sawal ngajeng punika badhe katingal saking surakarta. Wanci seraping surya ing malem setu pon ingkang sami dipun wastani sawek tanggal kaping 30 wulan ramlan klayan khurub arbangiyah. Dene parnah ing tanggal wonten ler kilen inggilipun 4 grad 50 menut saking horison lah sumongga sami kayektosan bilih boten mendhung saestu katingal ingkang awit sipat kencenging rembulan kaliyan surya wonten ing dinten jumungah pahing wanci jam 8 enjing langkung 36 menut wiwit saking wanci punika dumugi seraping surya rembulan anggenipun angoncati saking sipat kencenging surya sampun angsal 4 grad 50 menut dene rembulan nalika sipat kenecengipun lintang pusa. Inggih punika lintang Leeuw ing tembung arab tuwin malayu winastan lintang asad ingkang punika bilih kalampahan boten mendhung tanggal katingal para mitra kula ingkang sami siyam ngangge khurup arbangiyah ing tembung jawi siyamipun winastan kabrojolan awit namung siyam 29 dinten. Katerangan tahun arab tuwin tahun jawi punika manwi kacundhukaken kaliyan lampahing rembulan taksih patitis tahun arab katimbang kaliyan tahun jawi. Tur kalih-kalihipun wahu sami manut lampah ing rembulan anggenipun angubengi bumi ing dalem saubengan kadamel sawulan dene ingkang kadamel paugeran wiwitaning wulan amendhet pancer nalika rembulan asipat kenceng kaliyan surya saben 29 dinten 12 jam 44 menut 2 ½ sekondhen cekaking cariyos namung kula punggel patitis etanganing tahun arab katimbang kaliyan khurub arbangiyah. Ewasamanten bilih para mitra kedah badhe sumerep punapa ingkang dados sababipun ingkang mengkaten wahu mugi amaosa serat ngelmu ngalam anggitanipun tuwan Dr. J. A. C. OUDEMANS pujongga phalak ing tanah jawi. Ingkang sampun kajawekaken dening raden mas adipati arya condra nagara. saha kalimrahaken dening kangjeng gupremen ing nederlan indiya. Mongka saben tiyang kenging tumbas serat ngelmu ngalam wahu dhateng kantor buku ing nagari batawi. Kagunganipun kangjeng gupremen ingkang winastan kantor Depot leermiddelen inlandsch Onderwijs sarta kenging ugi dipun welingaken kalayan serat medal ing pos kanthi wisel. Cariyos kula ing inggil wahu sampun asring kamireng dhateng sawenehing tiyang sepuh ingkang taksih kadunungan watak kina tuwin agugon tuhon sanalika tiyang sepuh wahu lajeng amangsuli mengkaten ah ambakna wong kondha. Wong pasa bokya manut lumrah ing akeh bae rak uwis anggere mesjid wis tidhur

2 esuke rak ya pasa. Tur besuk nek aku kacemplung nraka mongsa bisa angentasake ora. Wong jawa kandhane kaya wong kapir. Sasampunipun wicanten mekaten pun sepuh lajeng kesah sarwi cahcah anggenipun idu turut margi. Kula inggih namung gumujeng kemawon. Sinerat ing langen arja kaping. 9. Wulan juni tahun 1883 Utawi kaping 3 wulan ruwah ing tahun ehe. Sinangkalan dulunen panjanmaning bujongga wulan. Juru taman ing langen arja

Gas Sampun kalampahan sawatawis tahun laminipun para saged ing nagari eropah tuwin amerikah sami adamel griya ageng . wonten ing salebet sarta sajawining kitha. Mawi kadamelaken jinontra tuwin pirantos sapanunggilanipun ingkang dayaning pirantos wahu akaliyan sampurna. Kantos saged anglempakaken bangsaning hawa. Ingkang ing tembung nederlan kawastan gas. Tegesipun hawa panas dene gas punika sarupi angin ingkang boten kasat mata ing kawontenanipun. Ananging wonten gunanipun. Bilih kanyunyuk latu saged menter kados damar utawi lilin padhangipun malah anglangkungi. Tur tanpa uceng- uceng. Sasampuning sangkep pangruktining pirantosipun salebeting griya. Tumunten adamel bumbungan tosan ageng ageng kapendhem ing siti. Kaurutaken sakathahing radinan tuwin margi ageng. Ingkang kiwa tengenipun katrepan griya. Salebeting bungbungan kaisen gas. Sareng sampun dumugi ing panggenanipun ingkang badhe kadilahan. Anunten kadamelaken sarupi tosan pancuran alit alit tepang kalayan bumbungan ageng wahu. Lajeng kajebosaken ing panggenan pundi ingkang dipun lajengaken. Kadosta wonten ingkang ing griya. Ing loteng. Ing kamar patileman tuwin ing kamar panyeratan. Manawi wanci surup surya. Masanipu tiyang nyumed dilah. Pancuranipun kabikak kalayan ukir. Lajeng ambek ta colok kanyunyukaken dhumateng pucuking pancuran kados patrapipun tiyang nyumed dilah utawi lilin sanajan punika tanpa uceng-uceng. Inggih saged murup utawi menter piyambak sunaripun anglangkungi saking cahya ning latu. Sarta kenging kaagengaken utawi kaalitaken urubipun tur sakedhik ingkang kinuwatiraken boten tetes utawi nyemberet manawi badhe amejahi. Amung kaubengaken ulieipun kemawon yamtu baleret lajeng pejah. Awit saking punika pinten pinten tiyang ingkang gigriya sami anepangaken pancuran alit dhumateng bumbungan ageng wahu. Kajeblosaken dhumateng enggenipun tiyang meskin utawi sugih. Inggih ing sakadaripun piyambak piyambak wonten ingkang mawi satunggal utawi mawi sadasa. Wonten ing griya ageng ageng kantos angangge atusan pancuranipun kajebosaken saubenging tembok tembokipun. Titiyang ingkang griyanipun kapadhangan dening mangkaten wahu. Mawi ambayar prabeya dhumateng tiyang ingkang angwontenaken dilah gas dene ingkang kathah anggenipun pancuran inggih kathah pambayaripun prabeya satunggil tunggiling pancuran mawi kadekekan kunci. Sarta wonten ingkang kajibahaken anguwasani. Supados tiyang ingkang amupu beya saged aniti pariksa. Sapinten ing saben saben kathah ing gas ingkang kangge. Tuwin pinten pambayaripun satunggil tunggiling tiyang dhumateng ingkang damel gas. Katandhan buja kirana tiron kaping kalih Muridipun buja kirana tulen

Panjurung Serat saha taklim kula pun manungkara. Katur panjenenganipun yayi mas wasi buja kirana. Ingkang mahambek santa budiman. Wiyosipun boten saking punapa. Amung bilih kasembadan niyat kul. Kula nyuwun lumunturing sih paduka. mugi yayi mas kapareng paring seserepan dhumateng kula. Ingkang salajengipun kenginga kula esthi saged dados jalaran akosodan pamanggih ingkang maidahi. Inggih ing sagadug gadug kula tiyang bodho. Tinimbang kula sring kelu dhumateng kabingahan ingkang kadamel pituna. Aluwung kula ngupados margi amardi budi. Anggidem prakawis ingkang sami kinodhengaken sarana anggugulang. Aninimbang. Aniniti ing sapikantukipun ngiras anjenakaken wonten ing kamar panyeratan awit ujaripun titiyang ingkang kenging kaanggep mangertos bilih mimitran kaliyan tiyang ingkang sinebut ing budi kados yayi mas punika. Kathah paidahipun. Wasana panyuwun kula dhumateng yayi. Sampun anggalih ingkang boten-boten ingkang nyulayani kaliyan babalunganing kajeng kula. Wangsul anggalihya yen salugunipun wicara kula punika medal saking manah ingkang tetep dene ingkang kula suwunaken katrangan dhumateng yayi mas wahu. Kula mentas manggih larasan serat amung tigang pada. Boten kula mangertosi teges sarta kajengipun kasebut ing ngandhap punika. I saking serat rama kawi

3 // nateka ngala sawa ramya sang sri. Kambang bapning [ ] pit pinyatan patingan. Raganya ibeki raganta ngu. Dya ganti kalantu kalulata arsa met pamuja//

II saking serat pustaka raja // dewa dinam jagad sarwam. Mantra dinamtat dewata. Tang mantram brat muna dinam. Bramana marma dewata. Ri tat sawi tuwa rinyam. Swarga diwaswa dewata. Dima idi yono dinam. Pracodhayi tya dewata//

III saking serat wiwaha kawi // gandarwi sura kadya kamawa mredangga tat pana ngiring swarawati. Winara wana asta kosala maganti anata sinameni ring kidung. Ambekning tiga sanangut katha skar jnu wangi ninga sep nirantara. Ambeksa wena rangka weka waha watitira ngipi mareng smara laya.// kajawi ingkang kasebut nginggil punika. Awon nganggur suwawi gineman prakawis kasunyatan inggih punika manawi kula manoni sakathah ing mahujud bilih kula manah manah. Salajengipun mawi anggagas bab bedaning kawontenanipun prabotipun ingkang tinakdir. Kula cok kedah boten kasupen yen panunggilanipun makluk ingkang molah malih ugi. Molah malih punika anggadhahi pangawasa ing pamanggih kula dhumateng sakathahipun ingkang kula tingali. Manawi katitenan punapa inggih lajeng sumerep upamenipun kadosta peksi wulung tuwin alap-alap sapanunggilanipun ingkang bongsa peksi. Sarta sabawa ing wanci siang. Dados benten kaliyan kawontenanipun peksi beluk tuwin kolik sapanunggilanipun ingkang bongsa peksi. Sarta sabawa ing wanci dalu. Peksi miliwis saged ngambara ing ngawang awang. Inggih ugi saged sabawa ing toya. Ananging boten kados peksi bango. Ayam gadhah swiwi boten saged mabur kados peksi. Wangsul ayam wana saged ngambara ing ngawiyat menggah bab bedaning prabotipun ingkang mahujud wahu. Saking pamanggih kula mokal yen boten kabekta saking sababipun piyambak-piyambak dene nalaripun kados pundi. Kula dereng angsal seserepan. Ingkang punika panyuwun kula dhumateng yayi. Mugi yayi mas amitulungana seserepan dhumateng kula. Sukur bagya bilih yayi mas kapareng karsa anggiyaraken sawatawis bab elmi makluk ingkang saben dinten tansah kasat mata kalayan mripay kula sadaya. Suprandene kula boten saged kawengan ing budi. Saking kaparibawa dening buyaring cipta. malah rumaos kados anikelaken ing kalantipan mila saleresipun kemawon kula pratistheng ing babasan deleng ora tetela. Weruh ora sumuruw wasana manawi wonten kalepetan kula. Nyuwun pangapunten dhumateng yayi mas amargi saluguning niyat kula amung badhe raket rukun kaliyan sakathahing mitra ingkang tetep ing budi. Katandhan manungkara

4 0ngka kaping: 25 Kemis wage kaping. 15 ruwah ehe 1812 utawi kaping. 21 Juni 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika malem senen tanggal kaping. 17 wulan juni. Ing dalem kapatiyan wonten pasamuhan amarengi panggihipun kangjeng rahaden adipati. Putrinipun kangjeng pangeran ariya surya brata. Awasta rahaden ajeng sayekti. Angsal putranipun kangjeng pangeran ariya cakra nagara. awasta rahaden mas panji cakra jaya. Wanci jam satengah wolu sonten sareng para tamu sampun sami samapta. Nunten panganten kakung kaarak saking cakra nagaran dhateng ing dalem kapatiyan mawi dipun jalari para magangan saha para abdi ing kapatiyan menggah uruting pahargyan samuha. Saha boten anguciwani dhateng ingkang kagungan dalem. Panjenengan dalem kangjeng gusti pangeran adipati anom kadherekaken para kangjeng pangeran rayi tuwin putra saha santana dalem sadaya. Anedhaki pasamuhan wahu. Panjenengan dalem kangjeng tuwan residhen boten wonten awit amarengi tindak dhateng ing batawi. Tamu tuwan tuwan sanesipun inggih kathah. Tuwin para bupati pepak sadaya. Para tamu ageng alit sami katingal rena. Resep kumaraket dhateng ingkang kagungan dalem.

Klathen Ing nalika dinten setu pahing. 9 juni punika. Inggih punika angleresi ing dinten agengipun bongsa cina. Ingkang kawastanan pek cun mila kathah para bongsa cina tuwin nyonyah nyonyah ingkang sami amerlokaken adus dhateng ing ngumbul pluneng ing geneng sari punapa malih ing jala tundha. Lampahipun wahu wonten ingkang anumpak kareta dhosadho tuwin kapal wonten ugi ingkang dharat kemawon ananging ingkang kathah sami dhateng ing ngumbul pluneng jalaran ing ngriku tebihipun saking kitha antawis namung kalih pal wah papanipun sakeca punapa amalih sumberipun kalih panggenan satunggal padusanipun para wanita ingkang satunggil padusaning priya.

Pakampungan ingkang griyanipun sami angajengaken margi ageng. Saking karsaning parentah kadhawahan andabag tuwin kagapit ingkang prayogi saha lajeng kasapu pethak mila inggih pancen amewahi asri tiningalan.

Sampun sahantawis dinten laminipun ing ngriki boten wonten jawah. Mila bilih siang raosing badan sakalangkung benter. Anjalari kirang prayogi. Ananging saking berkah ing sang murbeng jagad boten kamirengan saking bab sesakit regining rijeki ing ngriki teksih mirah. Saestu andadosaken sukaning para alit sadaya. Ing nalika kaping. 1. Juni punika griya pawiyatan ing ngriki sampun kabikak kathahing murid 50 iji rare. Ugi kathah ingkang kawangsulaken jalaran sampun kagengan. Ing satepining dhusun mlinjon wontens endhangipun kekalih. Ingkang satunggal pasiramaning para priya satunggalipun pasiramanipun para wanita. Ing ngriku kathah bulusipun ingkang ageng piyambak dipun namekaken pun dhudha. Menggah toyaning sendhang wahu saking weningipun ngantos katingal biru. Utawi malih satepining sendhang kathah kekayonipun ingkang ageng-ageng sami angiyomi ing sendhang kekalih wahu. Dene manawi angleresi ing dinten malem anggara kasih punapa malih ing malem jumungah kathah para wanita tuwin para priya ingkang sami adus ing sendhang ngriku. Wonten ugi ingkang anggadhahi panuwun dhateng kyahi bulus bilih para priya panuwunipun mugi dipun kasihana para dyah dene sang wanita makaten ugi panuwunipun mugi dipun sihana dhateng ing priya. Mila bilih angleresi ing malem dinten kekalih wahu. Lampahing wanita tuwin para priya ngantos anglur boten wonten kendhatipun kawewahan bilih sanghyang candra maha nedheng purnama katingal padhang sumablak boten kalingan ing ngima yayah amangayu bagya dhateng sang para taruna ingkangs ami badhe adus ing sendhang ngriku.

1 Sanadyan boten ing dinten jumungah utawi anggara kasih ugi kathah ingkang sami adus ing sendhang wahu. Ingkang awit ing dhusun mlinjon punika teksih kaetang salebeting kitha. Benjing ing dinten rebo tanggal kaping. 4 wulan juli ngajeng punika. Para murid ing pamulangan jawi kitha bayalali badhe kaiksamen dalunipun dados rebo angrintenaken kemis tanggal kaping. 5 para murid sami kabingahaken sarana katanggapaken ringgit cucal sarta kabujanakaken wonten ing pamulangan wondene waragadipun mangun suka wahu. Medal saking sih paparingipun para kumisining pamulangan wahu tuwin saking tiyang sepuhipun para murid ingkang dhangan amanjurung sakadaripun. Kintunan

Madiyun Tiyang nami maguna ing dhusun watu lesung dhistrik nguteran anandhang sakit kasrepen sampun antawis kalih tengah wulan dereng mantun sarta boten patos dipun openi dhateng estrinipun awit dening punika nalika dinten senen pahing tanggal kaping. 4 wulan punika. Pun maguna wahu sampun anganyut tuwuh asarana nedha warangan kalayan uwos abrit nalika enjingipun maguna dhateng ig peken pahing nguteran sadhatengipun ing peken lajeng kemawon anjujug panggenanipun palen atumbas warangan pangaos 5 sen watawis angsal sabeton sayit sasampuning warangan katampen lajeng wicanten dhateng ingkang sade wahu. Kang warangan sementen niki napa kirane bisa mateni. Wangsulanipun palen. Lo ko si adhi nganggo takon ngoteniku. Warangan niku ajeng digawe napa. Wangsulanipun anu kang. Ajeng kula damel marangi tikus awit griya kula niku kathah tikuse. Wangsulanipun palen pejah malih dhi. Samonten niku yen dimori kalih beras abang. Utawa dhedhake. Empun malih ing tikus ambok uwong pisan yen ngagge dimori beras abang utawa dhedhake. Sapalihe saka warangan niku mon empun boten nganti anjaluk banyu. Sasampuning punika maguna lajeng mantuk sadumugining griya estrinipun sampun bidhal angupakara mugut maguna sedya andumugekaken tekatipun ingkang barowah bosah basih wahu. Korining griya kakancing saking lebet lajeng mendhet uwos abrit ing padaringan katedha kalayan warangan anggenipun tumbas punika. Sareng sonten wanci asar estrinipun mantuk saking mugut kapanggih korining griya sampun kakancing saking lebet lajeng celuk celuk nedha kori dhateng ingkang jaler ingkang kakinten tilem ananging dangu boten wonten mengani. Kori lajeng kadedel kenging. Sareng lumebet ing griya. Adhuh. Ingkang jaler sampun kapanggih pejah mekungkung wonten ing amben bok maguna lajeng ajerit jerit angantos kathah para tongga tepalihipun ingkang sami anglayat sareng kapratitisaken pejahipun wahu yakin bilih saking anedha warangan kalayan uwos abrit awit ing celakipun wonten kantunan warangan sakedhik kalayan uwos abrit sami dipun wadhahi ing godhong. Sarta wonten saweneh ing tongganipun ingkang saged anggancaraken priksa anggenipun rembagan kalayan tiyang palen ingkang dipun tumbasi warangan ing peken enjingipun wahu. Ah. Tiyang ingkang makaten punika teka tega temen anilar ing rerenggani jagad gumelar. Suwonda

Sampun antawis sawulan punika. Nagari kawula wonten topeng ambarang. Saha topeng punika kanamekaken topeng satiyem margi wonten larenipun estri nami pun satiyem ingkang tumut anjoget ngantos dados ontrakipun para jaka punapa malih ingkang sampun gadhah wirayat sami kedanan dhateng satiyem. Ingkang kawula eramaken boyen wonten malih. namung manawi pinuju katanggap ing tiyang. Jaler estri sami prelu dhateng aningali. Punapa malih para jaka ingkang tansah kedanan dhateng satiyem amargi boten kenging boten mesthi ningali. Ananging para jaka punika anggenipun sami ningali mesthi wonten sawingkingipun gamelan utawi celak gayor. Margi asring asring satiyem punika nabuh gong. Punapa malih para jaka ingkang sampun kenal lajeng kaajek guyon utawi kacaosan kinang rokok dados para jaka ingkang kagungan karsa remen dhateng piyambakipun punika ageng manahipun lajeng amaringi presen dhateng satiyem kedhik kedhikipun seringgit utawi gangsal rupiyah. Ananging ingkang kagungan karsa bab makaten punika boten saged kaleksanan awit saking sagedipun satiyem. Kawula gadhah atur dhateng para mitra mitra kula ingkang kagungan karsa makaten bab ing inggil punika. Sampun ngantos kalajengaken saha malih mugi kula aturi nimbangi ingkang leres pun satiyem punika kinten kawula sawek umur. 12-13 tahun punapa kinten kinten sampun purun ing kakung. Ananging prakawis punika walahu anglam. Klana waratri jaya

Areng sela

2 Sadaya tiyang pasthi anyumerepi bilih pandhe kriya. Punika dadamelanipun saestu amaedahi sanget dhateng tiyang. Sarta boten angeram-eramaken dening badanipun salaminipun tansah cemeng. Sabab pandamelan ingkang garap wahu amung saking tosan tuwin areng sela kemawon upami kados dening tiyang anedha nongka. Amasthi boten lepat kenging ing talutuhipun. Wondening bab areng sela punika kacariyosaken makaten. Sampun pinten pinten ewu tahun laminipun ingkang warni kajeng tuwn tataneman punika ingkang sirna ing bantala. Angatos atos kados dening sela. Ing nalika manungsa amanggihaken taksih parongkolan inggih punika ingkang dipun wastani areng sela utawi wawa sela. Karanten warninipun cemeng. Areng sela punika panggenanipun lebet sanget dene manawi tiyang badhe andhudhuk adamel luwangan ingkang saklangkung lebet angantos medal toyanipun dening pangesatipun toya kalayan kapompa. Manawi sampun asat lajeng dipun lebeti. Sarta luwangan punika sok asring kemawon wonten ingkang jugrug angantos tiyang ingkang wonten salebeting luwangan boten kenging boten sami pejah sadaya. Sadaya padamelan amelik punika boten gampil karanten areng sela tuwin sanesipun bongsa pelikan punika panggenanipun sami langkung lebet sarta wujudipun alngkung atos. Pamendhetipun areng sela akanthi dipun pecahi saemper kados anatahi makaten sarta saweneh wonten ingkang kaesong. Manawi sampun lebet lajeng dipun iseni obat lajeng dipun sumet awit dening sanget pambaledhosipun angantos areng sela ingkang kaesong wahu dados pecah paparokolan. Sadhengah tiyang anyumerepi bilih areng sela wahu kathah paedahipun kadosta ingkang kangge para pandhe. Kapal api. Tuwin kareta asep. Kathah nagari nagari ing tanah walandi tuwin ing nagari batawi. Ing pundi margi margi. Griya griya. Tuwin ing toko-toko ingkang kasumedan dilah ingkang asalipun saking areng sela wahu. Inggih punika namanipun dilah gas dene lisah gas punika padhangipun sanget. Wondening nagari ingkang kathah pamedalipun areng sela inggih punika nagari inggris tuwin ing nagari dhitslan makaten ugi pulo sumontra wonten pamedalipun areng dela. Kajawekaken saking tembung malajeng dening Arja ngabdul palupi

Wangsulan katur jaka tanya Panjenenganipun lurah kula ri snag buja kirana. Andhawahaken cariyos dhumateng kula. Bilih ri sang jaka tanya mentas kekedher wonten ing bra martani ongka. …… ingkang dados parluning pikajeng pitangled bab dayaning sendhang ing kranggotan. Kula kalilan anyampuri ingkang dadaos ribetipun mitra jaka tanya wahu. Menggah jinising tirta punika sampun tetela saged adamel mulyaning tatu. Utawi anyegeraken sarira. Dene kaampuhan ingkang kados sendhang ing kranggotan punika dereng tamtu saking kaworan daya punapa. Amargi kula sampun nate mireng. Ing tanah nagur kalebet talatah benggala. Punika wonten sendhang ingkang wontenipun sampun kina. Ananging boten kaupakara. Tuwin toyanipun boten dipun angsu ing tiyang. Jalaran sampun katondha. Saben wonten pitik iwen ingkang ngombe toya wahu sanalika lajeng palastra. Wekasanipun katitik ingkang anjalari mangkaten wahu saking kajeng ingkang tumuwuh ing pinggir sendhang. Oyodipun sami macung dhateng udaling tuk inggih punika kajeng urip lah suwawi mitra jaka tanya anggagasa cariyosing sendhang ing inggil punika. Ambok manwi badhe saged nyunari ribeding panggalih. Wasana kula amegat kakalih. Tembung ingkang kados gancaring lampah ijengandika kala lalana punika kula saged amastani bilih tembung manis arum utawi pamilut sih. Emanipun sakedhik dene sa. Cinitra lek wulan rajab ehe. Kembar maha murtining rat Siswanipun sang wasi pun manguyu sastra pratama

Kula adarbe panuwun saserepan dhateng para ingkang sami karsa miyosi wonten ing pabaratan bra martani. Kawontenanipun condra sangkala. Latu watak 3 Toya “ 4 Buta. Lelandhep “ 5 Rasa “ 6 Pandhita. Swara “ 7 Naga. Gajah “ 8 Punika pamendhetipun watek wahu. Kapirid saking punapa. Utawi sinten ingkang kagungan anggitan Katandhan mawur minta sih

3 Candhakipun ringgit cina // tumenggung liting ing ngebang. Kalamun unggul ing jurit pinaringan mindhak pangkat jumenenga senapati. Suka tumenggung liting. Cipta tan wagah amungsuh. Lawan narendra putra. Ngandelken darbe kasektin ki tumenggung wus siyaga lajeng budhal.// tengara munya gumerah. Gagaman mawarni-warni. Kang mongka pangirit lampah. Satus kalih dasa mantri bandera kang rinukmi. Paparingira sang prabu. Wus lepas lampahira. Tan winuwus aneng margi. Sampun prapta ngandhaping wukir kyuyam san.// laju karya pasanggrahan kang karya lereba dasih. Kuneng pacalanging ngarga. Sampun ngaturi udani. Mring sik kong senapati. Yen tumenggung liting magut watawis gangsal leksa. Tan patya keh kang prajurit senapati sik kong gya atur uninga.// mara ing narendta putra. Timbala narendra siwi. Kinen methuk ing ngayuda. Lawan kinen animbangi. Ywa kongsi angerobi. Kang dadya tindhih ing laku. Senapati priyongga. Sutane tumenggung pik in raden bun lwong kedah tumut magut ing prang.// wus linilan sigra budhal tumurun saking ing wukir. Prateng ngandhap tata wadya. Mangkana tumenggung liting. Enjing mijil ing jurit tengara tinitir barung. Sang sik kong senapatya. Nimbangi tengara mijil wusnya tata tumenggung liting gya mangsah.// wah ana turongga pelak mandi gada nguwuh tandhing. Payo sapa pamethuk mring wang. Ya iku tumenggung li ting. Prawira sura sekti. Piniji dening sang prabu. Yata wus kapiharsa. Raden bun lwong sigra pamit mangsah ing prang tan sedya ngungkurken yuda.// oo // senapati sik kong mojar. Raden bun lwong sira den ngati ati. Si tumenggung li ting iku. Nganggo aji kamayan prange wantah nora pira gelis rubuh. Mung ajine pangabaran ora kena den timbangi.// pik bun lwong gumuyu suka medha tiya kawula boten ajrih. Raden bun lwong mangsah gupuh. Sarwi anitih kuda. Mandi gada prapteng rana wus kapangguh. Tumenggung li ting tetanya. Sapa sira kang metoni.// bun lwong asru sahurira. Ing sun bun lwong suta tumenggung pik in heh li ting den yitneng kewuh. Sun gada aywa oncat raden bun lwong sarosa sigra amupuh. Tinadhahan sami gada. Agenti gitik ginitik// surake munya gumerah. Mungsuh rowang suka denya ningali. Dupi wus antara dangu. Tumenggung li ting sigra. Nginger kuda angoncati lawan nambut salepi kang isi jimat gambar manungsa lit alit. // mung sadriji ageng ira. Raden bun lwong tan wrin sigra nututi. Ki tumenggung li ting gupuh. Salepi ing ungkaban gambar jalmi mijil wor angin sumebrung. Gambar keneng ing maruta. Sanalika warna jalmi.// geng luhur gagah birawa. Ingkang mijil nenem samya marpeki raden pik bun lwong kinepung. Bun lwong mukuli gada. Mobat mabit kang kena gada tan lebur. Lan datan montra karasa. Pik bun lwong tinubruk keni.// budi datan bisa uwal wus binekta mundur sinungken nuli. Bun lwong kinerakeng sampun. Sadaya jalma gambar. Sampun wangsul mring salepi unggyanipun yata sapih kang ayuda. Wahu sik kong senapati.// waspada tingkahing yuda. Yen tumenggung li ting balane eblis sik kong tur uninga gupuh. Marang narendra putra. Lamun bun lwong mangkya kacepeng ing mungsuh. Ngungun sang narendra putra. Si bun lwong mene linalis.// sapa bisa angrebuta. Sang jibica sigra umatur aris pik bun lwong petanganipun boten angge den lunas jeng paduka smapun sumelang ing kalbu. Pik bun lwong saestu luwar. Sabab wonten kang nulungi.// suka snag narendra putra. Kawuwusa kang maksih mangun jurit nalika enjing wus magut tengara mawurahan wadya bala waris kalangan atepung. Tumenggung li ting umengsah. Susumbar ing anguwuh tandhing.// yata ri sang senapatya. Mundhut kuda gya miyosi pribadi. Suraking wadya gumuruh. Senapati kang mangsah. Para putra tuwin punggawa gumrubyuk sami amanuki ing prang. Sumeja labuh ing jurit. // sik kong sapraptaning rana. Ki tumenggung li ting sru denira ngling. Heh sik kong sira kang magut liwat suka tyasing wang. Sedheng silih angantep sudireng pupuh. Sik kong anahuri sabda. Heh li ting godoha aglis.// sigra sareng aprang gada. Ganti mupuh kalawan ganti nangkis tumenggung li ting meh kungsul asor prakosa nira. Ki tumenggung nginger kuda gya lumayu. Ngukabi salepinira. Ingkang isi gambar jalmi. // nanging sik kong wus prayitna. Sigra mundur tan arsa anututi. Tumenggung li ting anjetung. Tyas ira asmu gela. Dadya sapih makuwon sagung wadya gung. Nahan ing latri winarna. Tumenggung li ting anuding. // pik bun lwong kinen ngaturna. Mring nagari katur sang prabu dewi. Lah ugi ingkang tinuduh. Lan tigang atus wadya. Dalu budhal ambekta kunjaranipun ing marga datan winarna. Lampah ira sanglah ugi. // nuju kadalon neng marga. Sanglah ugi sipeng dhukuh lohansi. Lohansi dhukuhing kaum nahan gantya winarna. Wonten pethut kekalih prawireng kewuh. Dhudhukuh ing gunung ongsan pethut tedhak ing bupati.// kakalih prawireng yuda. Datan arsa ngabdi mring prabu dewi. Kang sawiji namanipun nga ing sawiji hwong pah. Dupi dalu wonten jawata tumurun sanghyang li cing namanira. Pitutur mring pethut kalih.// sanghayng li cing andikanya. Sira raden karo ingsun tuturi. Sira mintara mring dhukuh. Lohansi pinggir marga. Si pik bun lwong rebuten aturna gupuh. Marang ing gunung kyu yamsan iku margamu ngabdi.// marang ing narendra putra. Besuk sira padha dadi bupati. Lamun sira padha ngrebut lawan gawaha bala. Yata pethut kalih sandika turipun sigra angundhangi wadya. Samekta gagaman jurit.// wanci dalu sirep jalma. Angkatira marang dhukuh lohansi. Tan antara prapteng dhukuh. Lah ugi dupi nendra. Jalma santri geger puyengan gumuruh. Nyana kecu ingkang prapta. Lah ugi ginugah tangi. Taksih wonten candhakipun.

4 0ngka kaping: 26 Kemis legi kaping. 22 ruwah ehe 1812 utawi kaping. 28 Juni 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kala kaping 6 juni. Wanci jam 12 dalu. Pun brama wijaya tiyang ing kampung resaniten ajal jalaran mentas sami dem deman angunjuk jenewer. Kaliyan pun sastra dikrama . 2. Truna dikrama 3. Merta dikrama. Sami ing kampung resaniten ugi. Rehning pejahipun pun krama dijaya mung margi saking dem deman dados para waris sami anggadhahi panginten bilih kawisaya. Kalampahan para waris wahu sami gadhah atur ing parentah pulisi kalayan nebut boten narimah. Pramila kaleksanan rencangipun ngunjuk jenewer tiyang tiga iji wahu sami kacepeng dening parentah pulisi. Saha lajeng kalebetaken ing kunjara. Sareng prakawis minggah ing pulisi rol pasakitan tiyang tiga iji sami kaparingan luwar. Margi krama wijaya ingkang ajal wahu pancen sampun wanci kasimpena wonten tebela. Jalaran sampun sepuh sarta gruguh saking kekathahen tahun. Kintunan

Aneh Tilas seliripun ngabehi jaga pranata. Kang dudunung ing kampung loji wurung. Kala kaping 20 juni. Arencang rare medal medal estri wilujeng. Dalunipun bayi wahu dipun sesepi ing biyungipun ingkang lajeng katileman sareng wanci jam 12 dalu. Biyanganing bayi wahu gragapan kaget saking anggenipun tilem sarta sesambat ngadhuh adhuh jalaran penthilipun tugel kagigit dening bayi. Kalampahan sadalu ngriku pun bayi lajeng boten dipun sesepi. Nanging ing dalunipun malih bayi tansah anangis jalaran saking kaluwen dados biyangipun sanget welas pramila lajeng dipun sesepi. Sanadyan anggenipun nesepi kalayan prayitna. Ananging meksa katileman ing ngriku penthilipun kantun satunggal wahu kapethot malih. ingkang ugi ginigit dening bayi. Rehning manusa namung ginadhuhan penthil kalih iji. Mongka sampun telas kagigit dening bayi kalih pisan temahganing mangke biyanganing bayi sanget kasusahan tujunipun ing kampung cina kathah ingkang wade penthil ingkang dumunung wonten ing gebyas. Kintunan

Ngawi Ing samangke para kepala dhusun bawah ing dhistrik sepreh sarta ing dera. Sami angangge tondha tumanum ing tudhung. Menggah warnining tondha wahu leter. P sarta B werdenipun P. palang utawi pulisi palang. B. bekel utawi pulisi bekel. Mila para kepala dhusun wahu bilih lumados pilapuran ing dhistrik ingkang sarta numpak kapal punapa dene yen tinon sing mandrawa sampun nyarupeni kados dening priyantun abdinipun kangjeng gupremen pranatan ingkang mengkaten punika tansah andadosaken kasaenan kalok ing monca praja. Mekaten ugi kula midhanget pawartos ing wawengkon kentralir apdheling trambe wonten satunggil onder wadana ing M punika sanget remenipun anata bawahipun para lulurah dhusun asageda uda nagari. Menawi sowan ingkang sarta kadangu ingkang bupati. Dene kayektosanipun ing kabar mila inggih benten kalayan sanesipun para lulurah dhusun ing onderan M kathah ingkang saged tata priyayi. Pranatan mengkaten punika kula puji mugi-mugi sageda lestantun punapa osikipun ingkang pantes onder wadana ing M kajarwa ing inggil wahu. Wulan ingkang kapengker punika bawah dhistrik sepreh sarta bera. Tiyang alit sampun rampung panen. Malah kathah tiyang alit ingkang anguyangaken pantun ing peken salebeting kitha.

Ing salebetipun wulan ruwah ingkang lumampah punika. Ing kitha wahu tawin ing dhusun sampun mangsanipun tiyang gadhah damel mantu utawi sanesipun mila saben dalu ing mongsa punika pundi pundi pakampungan sarta ing dhusun dhusun tansah pating carengklung ungeling gongsa. Nayuban.

1 Ringgitan gemblakan utawi sanes sanesipun malah-malah ing waktu punika sampun mangsanipun para lulurah dhusun baresih dhusun mila para jajaka saben dalu tansah ngluyuk aningali tontona wahu. Israwan

Bogor Ing waktu punika para alit miwah para anggalih asil sami suka rena ing panggalih. Awit sabin katingal medal ananging radi kawatos awit tampi pawartos bilih panyakit potho ( veepest) sampun thukul malih ing krawang miwah ing bakasi. Malah mandar nagari banten. Sampun sawatawis laminipun ing bogor boten jawah nalika tanggal kaping 9 juni 1883. Saking kresaning gusti allah kaparingan jawah. Andadosaken suka bingah ing para tanem tuwuh. Salebetipun tahun punika murit pamulangan tani ing bogor medal 7 mregi boten kiyat. Ing kampung cina babakan madhang kathah cina main utawi ing peken peken punapa angsal idi saking pulisi. Yen boten pikantuk idi langkung prayogi kaawisi sabab narik pandamel awon. Ing lambunging redi wangus cimandhala wonten toya ingkang umob molak malik sarta toyanipun panas kadi dene toya wedang. Punika sababipun kados pundi. Kok wonten toya ingkang kados makaten punika. Bilih para saged karsa paring seserepan menggah sababipun saiba bingah ing manah kula. Padhepokan kedhung kancana kaping 12 juni 1883 Pun puthut jaka linglung.

Panjurung saking ing monca ing mangke kula pacak ing sawantahipun kemawon menggah makaten wahu pangangkah kula. Supados konca kula ngriki sageda wanuh dhateng tatembunganing ngrika dene ingkang sami manjurung bilig taberi anggening maos serat bra martani. Punapa malih aniteni tatembunganing serat wahu. Dangu dangu saestu badhe lanyah dhateng tatembunganing nagari surakarta. Juru ngarang

Saking pamundhutipun urun urun jarwanipun tembung gadarina prayantun ingkang sisilih nama amrih sastra. ingkang sampun dipun jarwani ing panjenenganipun kiyahi juru ngarang. Gada punika gebag rina kalintu embok manawi leresipun tembung wahu rena dados pikantuk gebaging biyung dhateng anakipun mitra kula mas amrih sastra taksih minta uruning mitra sanesipun denten mitra kula mas ngabehi krama pawira dereng wonten wangsulanipun malih. ingkang punika kula kumapurun cumanthaka bok manawi katuju condhong sokur bage sewu. Yen nalisir mugi sampun andadosaken rengating panggalihipun mitra kula sakaliyan awit kula punika dede bongsa kuncara budi namung saking kapencut manjurung embok manwi saged mindhak saking sasrawungan para sarjana mila ngantos kula apitaken dhateng kadang karuh bab tembung gadarenba. Saking cariyosipun saweneh ing karuh ingkang kula pitakeni wahu makaten tembung gada inggih gebag rena inggih biyung. Tumrapipun kawastan saloka paribasa katandukaken anggada renaning. Inggih punika salokanipun para pamomong utawi emban ingkang sampun kawenangaken mulang muruk tuwin malagitik ing sawatawis kadosta nyablek nyethot sasaminipun dados panyethot panyablekipun pamomong wahu kaupamekaken pagebaging biyungipun ing salajengipun saloka makaten punika kangge paribasan ing tiyang ingkang sami pawicantenan tumrap dhateng rare ingkang andhugal kadosta putranipun anu punika sanajan pamomongipun utawi embanipun tansah agada renani ewadene boten mantun padhugalipun. Menggah gadarina kapendhetaken saking murina ngupayani amekani punika mitra kula ingkang kula pitakeni dereng mangertos tuwin ingkang kasrambah ing serat waosan sapamirsa kula inggih dereng amrangguli. Kintunan Sanadyan panjurung punika suraosipun sami kalihan warah kula ingkang kula pacak wonten sangandhaping wangsulanipun mas krama prawira.

Panjarwa Sampun amaos panjurung cangkrimanipun sang dyah tigas kawuryan ingkang gumelar khabar ongka. 30 rinengga ing sekar sinom kalih pada. Ingkang suraos cangkriman wahu kapundhutaken babaripun mila ing ngriki cumanthaka kula tumut urun urun anguncalaken panjarwa. Ambok bilih anocogi kados ing ngandhap punika. Naminipun ngangge aksara kalih. Asal saking sabrang. Bangsanipun kakajengan sarta kathah ngajawi inggih punika ambok manawi Mori dening yen aksaranipun kawalik ing ngajeng dados ing wingking. Sarta sandhanganipun kabucalan saestu mungel Rama. Dados namining ratu ing jaman kina. Inggih punika bathara rama. Makaten ugi para anem angunda dhateng tiyang sepuhipun jaler inggih rama dening

2 namining etangan ingkang ngangge aksara kalih wahu. Inggih punika namanipun etangan rama makaten ugi tokonipun tembung dipun undang dhateng. Inggih Rama sampun rara amung punika gadhuging pangesthi kula. Ing wasana bilih ambarojol mugi sampun kirang ing pangaksama mring kadang [ ]. Andhe andhe lumut

Panjurng Juru taman ing langen arja. Ambabaraken pamanggihipun sastra direngga aliyas mukhamad sadali. Anggenipun saged metang bab dhawahing tanggal sapisanipun wulan ramlan wawaton saking elmu palak amawi khurub arbangiyah. Ingkang punika sakelangkung bingah kula. Benjing ing wayah sipat kenceng ing surya kaliyan rembulan bilih boten mendhung sayektos badhe kula awasaken amargi kula inggih sampun maos serat elmu ngalam pangarangipun tuwan dhokter. Ye. A. Se. o udhemanes ingkang kajawekaken dening raden ams adipati arya condra nagara. ing sanajan kula boten mngretos sadaya. Ananging sakedhik kedhik radi wonten kaot kula tinimbang kala dereng angsal kawruh wahu. Tur criyosipun tiyang ingkang mangretos ing serat puniia boten kirang katranganipun ingkang tetela. Mila sapunika kaleresan sanget wonten ingkang anerangaken ing bra martani. Bab lampahipun bumi. Rembulan tuwin srengenge. Ingkang cubluk kados pun kula tumunten angsal saserepan rumiyin kula inggih sampun sarawungan kaliyan sastra direngga. Kala taksih abdi dalem carik pangrembe. Malah kula sampun nate dipun panjangi kawruh. Bab gunanipun soroting srengenge. Tuwin kawruh palintangan ENZ-ENZ. Ananging kula dereng patos mudheng. Selak katilar kesah. Mila juru taman ing langen arja sapunika kula tedhani pitulung. Supados anglantarna atur kula nyuwun katrangan benjing punapa ing tahun ngajeng ngajeng punika dhawahipun grahana rembulan utawi grahana surya ingkang katingal saking surakarta ingkang tumuwuh saking pambudi dayanipun sastra direngga. Kalih dene malih kala kaping. 20 juni punika wanci pukul. 8. Manawi tiyang ningali langit ing wayah dalu. Anuju langitipun resik boten wonten meganipun sawarni kados payonipun griya ingkang kuwung. Dados ingkang wonten ing donya punika sadaya. Kados wonten sangandhaping payon wahu. Ananging ingkang mangkaten punika. Kawartos amung tingalipun kemawon lalar cecek kaliyan nyatanipun awit ingkang dipun wastani langit wahu. Yektosipun boten wonten wates sarta pungkasanipun saleresipun kothong garowong. Inggih punika jalaranipun langit katingal biru sepuh awit saking tebihipun boten benten kaliyan paningalipun tiyang dhumateng satengahing saganten ingkang lebet ananging ing wayah kasebut inggil wahu kula ningali ing langit parnah wetan radi kapering kidul tebihipun kinten kinten saking cakrawala (horison) 56 grad. Katingal wonten balentong balentong. Ajeg ing corakipun malah dumugi sapriki taksih katingal ananging enggenipun radi mingser sawatawis . limrahipun tiyang jawi balentong wahu kawastan wayangan bima kacakot ing sawer. Punika saleresipun wawayangan punapa sarta petangipun saben pinten wulan surup tuwin katingalipun malih saking surakarta. Cebong. Ing sanajan kula ugi boten saged ambengkas pungkasaning rembagipun endhang pracimasana kaliyan kyahi kedhung lumbu. Niyat kula sajatosipun inggih amung badhe tumut mipangaken anadadosanipun kemawon. Awit kula manah rembag ingkang sami kawicanten punika wonten gunanipun dhateng ing kula. Dene gela kula sareng sumerep bilih endhang pracimasana sawarni sampun asrah bongkokan ewadene wonten sembulihipun cebong karsa anyaruwe sarta amanjangaken ginemipun ab wahu malih. mila pangajeng-ajeng kula kyahi kedhung lumbu lajeng amiyosana. Awit katitik saking keclapipun sakaliyan pancen saged anggiyaraken pamanggihipun piyambak sakelangkung jumurung kula bilih endhang pracimasana karsa urun rembug ing sawatawis dados kayektosan yen ing bra martani kathah tiyang ambabaraken pambudi lalambaran kawruh. Saha boten manggen ing ujar mangkaten. Yen awus ngandhakake cublukku. Arep dikapakake maneh. Wondene pandangunipun cebong. Rehning endhang pracimasana tuwin kyahi kedhung lumbu dereng suka wangsulan kula calak angrumiyini. Menggah swara ingkang kapiharsa saking nagari batawi punika manawi tetela baledhosing ardi marapi ing nagari padhang. Punapa ewon anglengkara swara tuwin oyegipun bilih dumugi nagari batawi. Punika pamanggih kula boten anglengkara. Samanten punika bilih saurutipun ingkang saking padhang kaombakan ing swara sadaya. Awit ing atasipun donya. Ing padhang kaliyan ing batawi punika prasasat saenggen punapa saenggen enggen amesthi boten amargi ingkang tebih antaranipun kadosta ing surakarta boten kawradinan ing swara wahu. Wasana cebong sampun kantos dangu salajengipun malih dhumateng kula. Amargi kula tamtokaken badhe boten saged anjawab boten langkung kula amung pasrah bongkokan panyuwun kula mugi cebong kaliyan kyahi kedhung lumbu sami anggiyarna bab wadosipun ingkang tinakdir. Kados ingkang kaginem dening endhang pracimasana rumiyin sokur bilih saged metang pisan dhawahing dinten badhe pambeledhosipun redi marapi sapanunggilanipun.

3 Kyahi kedhung lumbu. Sampeyan wentala temen andhuwel punapa rehning dalu masa badhidhing. Dados sawek kamikekelen agem sampeyan singep mugi kaselehna. Lajeng angasta kalam panurat kadamel paring katrangan ing kawontenanipun. Katandhan pun grenteng

Panjarwa Bra martani ongka. 21. Wonten panjurungipun sawenehing mitra kula ingkang awawangi supatra karsa amundhut teges tuwin wijangipun tembung drengki. Panasten tuwin panas baranan ambok manawi anyundhuki karsanipun ing ngandhap punika kula angaturi panjarwa. Drengki. Inggih punika tiyang ingkang murina dhateng kabegjaning liyan inggih punika tiyang boten anrimah ing pandum Panasten inggih punika tiyang ingkang dahwen akanthi gething Panas baranan tansah akanyepakaken hawa napsunipun. Boten kengin wonten rembag boten sakeca sakedhik lajeng kadadosaken. Sampun nun amung punika saking pamanggih kula. Bilih nalingsir amung ingkang ageng Pangaksamanipun ing wasana amung katanggapana minongka pupucuking panjarwa kemawon ingkang mawi panawang kula taksih kathah para gagambening sarjana ingkang bangkit amungkasi kardi. Andhe andhe lumut.

// kasmaran sowaning gusti. Mitra basang kreta arta. Kang siring surya nalane. Nuwun pandara kawula. Anyuwuk pangandika. Kang sawek lenggah sadarum mendela wawan saraba.// prelu ulun amalimi. Miluguh ngarsa paduka. anuwun adil wiyose. Icale eyang kawula. Dwi warsa tan kacihna. Jeng eyang windu cacatur. Atindak iring iringan // bapadosi nganan ngiring. Sadaya kartas katingal lun wolak walik sidine. Manawi eyang uwetan ing kutha pipindanya. De masthine kemit iku. Astha warsa windu juga.// wusana eyang tan mijil punika paran daruna. Pakataman ing rogane. Kang dahad rega tiharda. Meh kundur jamanira. Ing kalanggengan saestu. Dene ta nora kacihna. // nganti nir sotani galih. Sing capene angupaya. Pun eyang pundi parane. Sing limun hamba ing nala. Ulun nuli mumuja. Ing dewa bathara luhur. Mangke atuk wangsit ing hyang. // bathara ra cakra kanangsih. Paring sasmita mring hamba. Duk ulun muja dewane. Kawula duk rem-rem ayam rawuh bathara cakra. Sabdane agetir juruh. Anganthi jiwa kawula. // heh tabo putuningsun. Manira iki nedhaki. Angger marang jeneng para. Saking turida wak mami. de si raka pti bronta. Limut sotaning mamanis.// ngantiwa lara ragamu. Limut nadhah lawan guling. Paran kang dadi daruna. Age angger putu mami. ge age sira matura. Eyangta yun tuduk jati.// kang kadi kar kadi reku. Wudharen puja semedi. Elinga wasaning jiwa. Gawe gara-gara iki. Ingsun nganti rawuh baya. Wit acunging hyang pramesthi. // kon tutulung. Mariksa ing panuwunmu. Angger nuwun apa. Jaka suwen mumpung lagi. Eyangira bathara cakra tumedhak// ge den gupuh. Matura eyangmu kulup apa kang rinasa. Kang dadi uwoting galih. Jaka tungkul who anom bronta mumuja. // dhuh babo bathara ning wang. Kanang turida sajati. Marma bamuja juwata. Sajatine angulati. Ing eyang windu jati. Wus lami dereng kacundhuk wonten ing pundi eyang. Catur pun windu sajati. Hyang sancaya adi kunthara sengara. // de tan karsa amariksa. Dhateng rama warsa jati. Jenengi bakayu wulan nglenggahi dhiajeng sasi. Minggu pasaran masthi. Lan age rina puniku. Tedhak putu bangun sajam pun sangat keteg kang urip. Punapa ta eyang windu wus tan karsa. // masuwur ing putra wayah. Nglenggahi nuwala adi. Eman-eman eyang eman nganti kundur jaman pati. Mila hamab ateki.supados panjanga ngumur. Catur yuswane eyang. Janganti prapta ing pati. Pinanjangna ing dewa bathara nasa.// sarta samene punika. Eyang windu sinten prapti. Rama ehe sampun prapta. Eyang windu tan kahesi. Hyang cakra paring uning. Babo angger putuningsun yen sira angupaya. Eyangmu si windu jati. Ge lunga amangetan ana nagara. // ana bumi karang gita. Kutha adi bra martani. Duk ing kala jaman kuna. Sun tumon eyangmu manjing. Ana sawiji panti. Diarani gedhong iku. Si janma dipa nala. Manungsa pamutus budi. Ya si umah talaten ulah ukara. // ing kono ana lawangnya. Aran wiwaraning kori. Si gita turida jarwa. Tugonana denagelis masthi bisuk amijil sing wiwara turidagung. Eman yen tan mijila. Menawa tan antuk adil siring kadya kukila winadhahana.// ing gelas lodhong upama. Tinutup dinalid rajin nora antuk liru hawa. Yen kasuwen masthi mati. dadyan eyang windudi. Yen tan waged miyos surut mila panuwun kula. Sadaya sinatriyadi. Ingkang sami kula sowani ing ngarsa.// mugi karsa miyosena. Pabaratan bra martani. Samene windu kang nganglang. Sinten asmane sajati. Gya nganti sirna margi. Yen nganti tinutup estu. Tentu benjang eyang seda. Nak kula boten meningi. Eyangipun windu sangcaya kunthara.// kula magang guru kali wira bagelen wanasaba pun karta sastra.

4 0ngka kaping: 27 Kemis pon kaping. 29 ruwah ehe 1812 utawi kaping. 5 Juli 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Sarehning ing dinten kemis pahadusan ing dinten jumuwah megeng. Pramila wedalipun serat bra martani kaedalaken ing dinten punika. Juru ngarang

Katerangan pamainipun lotere iyatra ingkang mentas kagebag.

Ingkang angsal 100.000,- No. 2584 “ “ 20.000,- “ 18797 “ “ 10.000,- “ 12007 “ “ 10.000,- “ 23536 “ “ 10.000,- “ 23254 “ “ 5.000.- “ 14045 “ “ 5.000,- “ 12551 “ “ 5.000,- “ 24048 “ “ 5.000,- “ 1227

Ingkang angsal 1000 rupiyah : No. 1158 1395 6060 6578 7026 8246 19946 20008 22229 28051 Ingkang amgsal 500 rupiyah : No. 990 1400 4736 7341 9785 13480 14435 22676 24754 27520 Ingkang angsal 100 rupiyah : 7 6357 12725 18205 24292 351 7109 13533 18304 24496 714 7676 13600 18332 24528 901 8020 14018 18407 24634 969 8338 14338 18840 24636 1279 8824 14707 19291 24944 1414 2347 14806 19371 25673 1540 9556 14976 19423 25992 2423 10089 15296 20249 20057 2454 10450 15497 20410 26118 2799 10452 15811 20480 26141 3798 10541 16006 21055 26705 4361 10870 16044 21147 26845 4407 11057 16318 21373 27585 4606 11153 16512 22578 28357 4806 11285 16980 22686 28586 5112 11765 17422 22782 29140 5406 11849 17695 23100 29563 5758 2588 17778 23232 29627 6303 12657 17901 23350 29932

Ingkang angsal 50 rupiyah : 72 7286 12441 19274 23790 334 7297 12882 19460 23986 348 7362 13445 19540 24242 530 7416 13729

1 19867 2449 562 7635 13644 19878 24453 1749 7998 13904 19952 24756 1998 8333 14066 19972 24781 2085 9113 14416 20007 25143 2171 9918 14800 20185 26451 2302 10408 15336 20197 27113 2313 0708 1585 20503 27219 3172 0717 6352 20748 27416 309 10865 16353 21160 27778 5165 11224 17001 21485 28216 5532 11410 17115 2802 28355 5906 11468 17412 21745 28386 6144 11567 17689 17412 28717 6159 1729 17875 22291 28481 6341 11863 18035 23196 29536 7223 11915 18782 23492 29687

Surakarta Nalika tanggal kaping. 26 wulan juni. Kangjeng pangeran arya surya mataram putra dalem suwargi kangjeng gusti pangeran adipati arya mangkunagaran. Ingkang kapjng 3 seda temahan gerah namung sawatawis dinten laminipun. Gendhingan Kala rumiyin nalika ing dhistrik gendhingan tesih jumenengan bupati. Bupati wahu sampun ayasa sungge sakiduling dhusun nglongkeh. Talang kaangge mergining toya ingkang marawayan dhateng sabin siti ing dhusun gendhingan kulon nanging sampun antawis pinten-pinten tahun lamenipun talang wahu sirna. Ing sasirnaning talang punika sabin dhusun gendhingan namung pikantuk toyan ingkang saking bendungan kedhung gudel mongsa kala manawi panuju kirang jawah andadosaken kapitunaning ingkang ngolah sabin jalaran katelagan toya. Mandar ing tahun 1883 punika titiyang ing dhusun gendhingan kulon boten angolah sabin ing siti laladanipun pyambak awit wangan ingkang saking kedhung gudel toyanipun boten saged mili dhateng sabin jalaran wangan katugel katrajang margining sepur sarta mawi kajegong. Dados sabin sabin ing dhusun gendhingan kulon ingkang dumunung munggeng salering wradinan sepur. Ing samangke katemahan bera. Mila tumrapipun para alit among tani saklangkung ing pangresulanipun lalampahan ingkang makaten punika satuhu akarya tuwuhing kawlasanipun para pangeng ing nagari. Ing sapamireng kula. Panjenenganipun tuwan kontrolir ngrambe sabiyantu karsa klayan panjenenganipun bupati. Kala wulan mei sampun adarbe panuwun dhumateng kangjeng parentah ageng. Kalilana angwasani talang wahu kanthi anyuwun urun arta prabeya saking kangjeng gupernemen dene panjangipun talang ingkang baseka yasanan punika. Boten kirang kapara langkung 70 elo. Ingkang ilinipun toya saged angoncori antawis sabin 500 bahu. O. saiba suka bingahipun para titiyang among tani ing dhusun gendhingan yen talang punika saged kaleksanan dados prasasat manggih sosotya ingkang tanpa walangan ajinipun klayan saestunipun badhe anjalari wewahing gemah arjanipun ing dhistrik gendhingan.

Peken kaelih Ing saderengipun kaleksanan kula mireng pawartos bilih tanggal kaping. 7. Wulan mei ingkang kapengker punika peken ing gendhingan badhe kaelih saking sananira lami. Rehning kula dereng nate sumerep nanging sampun asring mireng cariyosipun para titiyang. Bilih peken kaelih punika mesthi rame kathah ingkang samya dhateng. Mila wektu dinten pangelihipun peken wahu kula angeliraken kesah dhumateng gendhingan boten liyan wisthaning [ ] namung badhe sumerep saking kawontenanipun ing peken ngriku. O lah. Kojur tiwas sayah. Sadhateng kula ing ngendon saklangkung cuwa ing manah awit sepen boten wonten panoning pandulu ingkang akarya sengseming manah. Nanging wonten ugi pratingkah ingkang katemben kula amanoni. Inggih punika kadosta. Tiyang adamel dhadhung. Dondom dondom adamel kanthong. Sarta dhadhung wahu sareng sampun dados lajeng kageret mubeng turut pinggiring peken gatos kula apitaken makaten lo. Si kiyahi adamel dhadhung onten ing pekeniku paedah napa. Napa dene niku kang adamel kanthong. Jawabipun ingkang kula pitakeni rehing niki pasar anyar. Oleh kula gawe dhadhung niki paedah sugih araja kaya. Dene gawe kanthong niku pedah boten katowongan isi redana. Kula amangsuli malih sarta gumujeng lo. Beka gampil temen kiyahi saranane wang ajeng sugih raja kaya utawa boten katelagan arta. Yen makoten rak bakal boten onten wong mlarat ta kyahi. Kintunan

2

Wonten dhusun kakalih sami kabawah ing dhsitrik jagaraga. Ing dhusun manyul utawi ing ngrayudan dhusun kakalih punika para titiyangipun sadaya jaler estri. Sami sirik boten kenging abukti ulam kidang. Sanadyan balungipun inggih boten kenging. Saupami wonten saweneh ing tiyang ingkang nedha ulam kidang. Jalaran katemaha utawi saking boten sumerep ing saestu lajeng manggih sangsara griyanipun kabesmi utawi darbekipun raja kaya katedha ing sima. Trekadhang tiyangipun lajeng sakit sanget mandar ing dhusun ngrayudan punika. Saliyanipunb tiyang sirik medha ulam kidang. Boten kenging anggenta wonten ing lesung utawi anabuh kenthongan mila ngantos samangke ing dhusun ngrayudan boten wonten tiyang ingkang darbe lesung atanapi kenthongan dene manawi agentang inggih munggeng siti kemawon kabebak wonten ing lumpang sela bekel manawi angundang kabayan boten saran anabuh kenthongan nanging kengkenan amurugi dhumateng griyanipun. Atur cariyos kula ing inggil punika menggah ingkang dados sabab bubukaning ngajeng kula boten saged anjalentrehaken pratitisipun sokur ing tembe manawi wonten ingkang anjarwani pratitisipun saestu badhe kula giyaraken ing ngakathah sarana kawrat ing bra martani.

Cina Ing nagari cina wonten sawenehing tiyang sugih. Ingkang sampun kasusra alusing pambeganipun pun cina sugih wahu anyuwun idi parentah. Badhe iyasa pahimpunan ingkang angwontenaken sadaya busana. Ingkang amikantuki dhumateng para tiyang malarat kadosta clana sarta rasukan ingkang kaangge ing mongsa asrep awit para tiyang malarat sampun tamtu boten saged tumbas parentah amarengaken sarta lajeng kabiyantonan dening pulisi. Mila sareng sampun wiwit kabikak pahimpunan wahu para pulisi saben dinten lajeng mider salebeting nagari miwah ing dhusun bilih kapethuk tiyang malarat lajeng dipun sukani serat kitir kapurih anampekaken dhateng ingkang amandhegani pahimpunan wahu. Tiyang malarat ingkang kaparingan serat saking pulisi. Tamtu atampi busana ing sacekapipun ananging papacuhipun boten kenging anyade miwah anggantosaken mila sareng sampun kaleksanan dangu lajeng sakalangkung andadosaken kabingahanipun para tiyang malarat amargi kala rumiyin salaminipun saben mongsa asrep para tiyang malarat wahu sakalangkung sangsara. Lalabet punika anelakaken kuncaranipun pun sugih. Wonten sawenehing durjana. Adamel serat palsu mawi ecapipun pahimpunan wahu. Kasebut sinten ingkang ambekta serat punika. Lajeng kapanggiha ingkang mandhegani pahimpunan tamtu angsal ganjaran arta kathah. Serat palsu wahu lajeng kasade mirah mirahan dhateng tiyang ing ngriku. Para tiyang ingkang tumabs lajeng sowan dhateng pahimpunan angaturaken serat wahu sarta lajeng nyuwun kaleksananipun ingkang kasebut serat punika. Ingkang mandhegani sareng mratitisaken tatelanipun serat wahu palsu. Tiyang ingkang tumbas lajeng amrasajakaken salugunipun. Ingkang mandhegani pahimpunan lajeng angundhangaken sinten sinten ingkang saged amikut durjana ingkang sampun purun adamel serat palsu ngangge ecapipun pahimpunan punika badhe kaganjar arta kathah.

Katupiksaha ri sang mawur minta sih Kula suka sugateng pupuji raharja. Manawi kaleresan kula kalilana matur. Pandangu ijengandika bab candra sangkala. Ingkang nganggit saestu dereng antuk saserepan ananging adreng kumadrenging manah. Paripaksa kedah tumanggap ngaturi wangsulan sawatawis amung sapandangon kados ing ngandhap punika. Llatu anggadhahi watak 3. Sabab mirit sumunaring cahya. 1. Jene. 2. Abrit. 3. Biru. Toya anggadhahi watak 4. Sabab mirit ing keblat 1. Ler. 2. Kidul. 3. Kidul. 4. Wetan sami kaisen toya sadaya. Buta anggadhahi watak 5. Sabab mirit manawi perang sarana solah. 1. Anakur. 2. Anyakot. 3. Amlumah. 4. Anggero. 5. Amilar. Lalandhep ugi watak 5. Mirit saking sarana aksara seratan ananging wewahing ak punika anedahaken dwi lingga. Menggah tegesing ak wonten ing caraka basa tinegesan pameleh. Tuwin suka. Sara linggan dwi wanda. Ak linggan sawanda. Dados aksara wahu anggadhahi teges pameleh ing lalandhep manawi pinanca wali muka. Landheping pameleh. Dados luguning lalandhep wahu aksara. Aksara punika kapangkat 1. Aksara gorokan 2. Aksara untu. 3. Aksara lambe. 4. Aksara ilat 5. Aksara cethak ewadening candra sangkala boten mawi ak sabab tembung manut laguning tembung. Tembang wahu guru wicalan dados saengga sampun cekap sara kimawon. Rasa anggadhahi watak 6. Sabab mirit tumampining ilat saged daya ambedakaken 1. Pedhes 2. Asin 3. Pahit 4. Legi. 5. Kecut 6. Gurih.

3 Swara anggadhahi watak 7. Sabab mirit wiwit wedaling swara saking. 1. A 2. I 3. E 4. U 5. O 6. Ang 7. Ah. Dene pandhata ugi anggadhahi watak 7. Kapirit asmanipun sang mahamuni. Dados anunggil wawateking swara. Naga anggadhahi watak 8. Cariyosipun bumi punika sap pitu kawolu sanhyang ontaboga. Gajah nunggil watak wolu. Ing wujud ngriku katingal kumalewer. 1. Buntut 4. Suku. 2. Gadhing 1. Telale. Atur kula ing inggil wahu saupami jinawata ing pangujiwatika pantes kimawon pinten banggi yayi ri sang mawur minta sih sotah anampaeni kaagep tarima lowung. Pramila makaten sarehne dereng pati mupakat kaliyan para saged dados rumaosing manah semu semang semang. Semangsanipun tisariyan wadakeng kata. Kados saestu badhe legog legog lir angganing gupala sela. Sumelaning wangsulan binasakna sabda angayawara amung sumonggeng karsa. Sabab pangesthining manah sanajan kula sampun darbe atur ingkang makaten ananging inggih taksih kados ijengandika. Angejeng ajeng paringing panuwun para leledhang ing bra martani. Angodher pangandharing pamanggih piridaning watak candra sangkala. Amila makaten boten kenging kinira jembar-jembaring pambudi. Ambok manawi wonten malih ingkang karsa amardikani. Mangke pundi ingkang sakeca saha angsal nalar nalurinipun kados badhe dados waton ing salami lami. Sokur bagya atur kula punika dados pupucuk panarimaning pangawruh. Ewadene kula maksa taksih rengeng rengeng ing ngandhap punika. Maskumambang // tar lyan muhung kang nyitra kanang pijati. Pratiyateng sedya. Wastu sestuti. Ring ri sang mangarjeng seja. // sobaning tyas mring jana kang wus mahening. Para nawung kridha. Kedhap wakitheng pangesthi. Wasistha ing ngastha brata. // mung sarsowa nganu panawung ing nguni. Katan munasika. Saking sang brata meng lewih. Cumeples ring paribasan. // driya kadya giyota amot jaladri. Kalebona sarah. Mis bacin kongas gonda mrik mung kalebu tan tinulak // wus palestha ing wanci surya lumisir. Ri buda kasiyan ing wulan saban marengi. Tanggal ping dwi dasa juga. // warsa ehe windu kunthara lumaris ri sang kala paksa. Angrupa esthining galih. Katandhan pun pamiluta.

Wangsulan Kula sampun maos pustaka warti bra martani ongka. 24 wonten panjurungipun mitra kula juru taman ing langen arja. Ing bab pananggalan ing wulan saban ramelan miwah sawal. Lo punika ingkang sampun kula panggih ing dalem kitab palak wawatoning pananggalan wulan punika kaetang awit saking kempaling surya lan wulan yen dhawah siyang inggih masthi dalu kang gumanti punika bubuka ning wulan tanggal sapisan wondening yen kempaling surya wulan dhawah dalu ing dalu punika miwah siangipun kaetang dherek wulan kang kapengker. Ingkang dados bubukaning wulan tanggal sapisan inggih dalunipun malih. lah punika wawatonipun palak. Mila benjing siyam punika yen katanggalaken ing dinten kemis sampun tamtu blebek saking wawatoning palak sawab pangetang kula kempalipun surya wulan dhumawah jam 7. 56 menit ing dalem kemis kaot sakedhik kalayan pangetangipun mitra kula mas sastra direngga. Punapa malih yen mendhet wawatoning agami islam ingkang kaangge kalimrahaken ing kathah tetepipun siyam punika yen boten ningali tanggal inggih mendhet sampurnaning wulan saban 30 dinten sanadyan mangke dhawahing riyadi kabrojola ningali tanggal ing mongka tanggal sapisan saban tahun punika masthi malem rebo awit saged katingal dados yen boten ningali tanggal ing malem kemis sampurnaning. 30 masthi awal siyam ramelan dhawah ing dinten jumuwah lah punika wawatoning angger agami. Wondening kabrojolanipun ningali tanggal ing riyadi siyam sawek 29. Dinten punika boten pisan anguwatosaken ing kirangipun kautaman sami kemawon kalayn ingkang jangkep 30. Awit ingkang sapisan sampun kaiden sarta sampun kalampah duk jaman sakabat kaping kalih yen kapirit saking kawruh palak mila wulan punika boten wonten ingkang 30 dinten sadaya kirang ingkang punika kula sumongga. Kaserat ing kendhal 19. Saban 1812 katandhan pun sarahjag mini

Nyuwun jinarwa Ing bra martani asring kula anyumerepi panjurungipun para mitra. Ingkang ngangge tembung paribasan ungelipun “ora preduli bah gareng”. Lo punika kados pundi lugunipun punapa saking emabh gareng. Punapa saking babah gareng. Inggih saking tembung embah gareng. Saking panggagas kula teka angel sanget tegesipun manawi kacundhukaken kalayan ukara ing ngajengipun dene bilih saking tembung babah gareng. Saking panginten kula punika sanes tembung paribasan kajawi namung kalebet tembung

4 kembang lambe. Manawi yektos makaten kula purun mesrhekaken wontenipun tetembungan makaten wahu ing ngajeng amasthi wonten wiwinihipun lah para mitra ingkang sampun sami ngagem tembung makaten wahu kula aturi kahur aparing katranganipun katandhang andhe lumut

Nalika parentah ngriki andhawahaken pangrakalipun sadaya radinan sareng angancik ing pacinan ing nagjengipun cina babah gareng ing sarehipun padamelanipun angecet kareta. Punika wonten abdi ingkang matur. Teka mesakaken pun cina wahu. Saiba susahipun awit krakal kalihan kareta punika pancen sami mengsahipun ah ora preduli bah gareng wahu. Punika wiwinihipun lajeng katelah kaangge ngantos sapriki. Juru ngarang.

Enggal mangke kula amanggih serat nami suluk gatholoco. Anyariyosaken bantahipun ri snag gatholoco kalayan para kyahi kyahi. Bab ingkang kenging dipun wastani sepuh ing ngantaranipun dhalang. Wayang. Gamelan tuwin blencong. Awit dening punika. Sanalika kula lajeng kaengetan nalika tahun 1881. Ing bra martani wonten mitra kula ingkang sisilih kalpika. Amundhut priksa bab dhalang wayang sapanunggilanipun wahu pundi ingkang kenging kawastanan sepuh. Rehning pamundhutipun rumiyin enget kula wonten tunggilipun malih. mongka kula anginten badhe boten saged angaturi jarwanipun sadaya. Mila ing saderengipun kula badhe angaturi panjarwa sawatawis ing ngriki kula prelu agadhah atur dhateng rara kalpika. Punapa kintenipun badhe narimah atampi panjarwa kula. Bab dhalang wayang. Gamelan tuwin blencong wahu kemawon bilih karsa kula aturi nunten paring katrangan rumiyin ing sanes dinten kula badhe sagah angaturi gancaripun. Ing wasana mugi den agung pangaksama sampeyan dene atur kula wahu kenging kabasakaken kasep lalu wong meteng sesuwengan. Andhe andhe lumut

5 0ngka kaping: 28 Kemis kliwon kaping. 7 siyam ehe 1812 utawi kaping. 12 Juli 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Suka pamujining manah kula kalayan gumelara wonten angganing serat pawarti. Bilih kala kaping.4 wulan ramlan punika. Gusti kula sampeyan dalem kangjeng gusti pangeran qdipati anom kagungan putra putri miyos saking garwa dalem pangrembe. Wondene garwa dalem wahu. Putranipun raden mas arya sujana pura. Dados wayah dalem kangjeng rahaden adipati sasra nagara. kintunan

Sarehning patamanan ujung puri. Kamangkunagaran badhe kadandosan ing mangke wiwit tanggal kaping. 10 wulan ramelan punika. Saking karsa dalem kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana sinigeg rumiyin ing panggelaranipun.

Bok tawikrama remcang babunipun tuwan panris ing triyagan kala kaping. 7. Wulan juli punika wanci jam 2 siang. Nalika sawek wonten ing nglatar angetasi sinjang memeyanipun mongka lajeng wonten satunggaling tiyang jaler ingkang dhateng ing ngriku bekta sanjata. Wondenewahu tiyang jaler. Jongosipun tuwan panris ugi. Ing wasana sanjata wahu kathungthungaken dhumateng bok babu. Nanging pun jongos kirang seserepipun bilih ingkang sanjata sampun isi obat tuwin gotri panambur. Pramila kalampahan saged mungel sarta gotrinipun tumama ing bok babu. Trenyuh cakem. Pipi. Gulunipun. Ing waktu wahu bok babu lajeng kaaturaken ing nagari kapulasara wonten ing griya sakit naming kala kaping. 10 wulan juni. Bok babu kalajeng ajal. Kintunan

Pamireng kula ing nagari ngriki. Wonten tiyang anggadhahi atur ing kangjeng parentah ageng. Anyuwun lilah dados jagal kapal ananging kangjeng parentah ageng boten amarengaken. Menggah anggenipun kangjeng parentah ageng boten amarengaken punika luhuran sanget amargi ingkang sapisan masthinipun kapal ingkang dipun sembeleh punika kapal anandhang sakit utawi kapal pejah. [bathang]. Ingkang saestu bilih ulamipun katedha anuwuhaken sakit langkung malih manawi panuju ageblug. Ingkang kaping kalih limrahipun ing tiyang sami nyirik dhateng ulam kapal wahu. Ing dhusun baki tuwin ing gurawanan salebeting nagari kabar wonten pajagalan kapal wahu. Pamireng kula saking karsanipun kangjeng parentah ageng inggih badhe boten kalastantunaken. Wasana pamanggih kula tiyang asade ulam kapal kenging bilih kasamekna tiyang asade ulam sagawon pantes kaptrapan paukuman jalaran saking nalar ing inggil wahu. Katandhan sabda praniti

Ngawi Kapernah salering griya kawedanan dhistrik jagaraga antawis 2 pal tebihipun wonten padunungan wana ingkang winastan wana wiratha. Saking cariyosing riyang kathah. Inggih punika labetan nagari wiratha karatonipun sang prabu matswapati. Ugi wonten tondha ingkang ngemperi bilih wana wahu labeting karaton kina. Awit anglaras saking kawontenan wujudipun banon ingkang sami kapendhem pawartosipun wana wiratha punika. Ingkang suwahu saklangkung wingit naming sapunika sampun tawar. Malah sacelaking wana wahu sampun kataneman kopi. Nanging para titiyang padhusunan ing sakiwa tengenipun wana wiratha wahu. Tesih sami angestokaken boten purun yen rikala ringgitan mawi lalampahan ingkang ngocapaken karaton wiratha. Daruna ingkang sampun kalampahan manawi wonten tiyang anaggap ringgit lalampahanipun mawi ngocapaken nagari wiratha. Lajeng kathah sima ingkang kersa ameng ameng dhateng padhusunan utawi tiyang ingkang nanggap ringgit wahu lajeng kasandhung ing kamohitan trekadhang sang dhalang lajeng boten sageddumugi pa [ ] gatipun awit lajeng kadadak asakit temahan kataletah prapta samangke para titiyang ingkang celak kalayan wana wiratha. Boten purun yen naggap

1 ringgit anggaeya lelampahan kocap nagari wiratha. Karanten jinja lalabetan ingkang sampun kasatmata ing nguni nguni. Ing dhusun sela urik bawah dhistrik sine. Wonten sela agengipun antawis sagenthong langkung. Sela wahu panggenanipun tumumpang munggeng progoking kajeng bendha. Inggaling panggenan sela punika saking siti watawis wonten saking 3 kaki. Lo ingkang anuwuhaken gawoking manah kula dene sela samanten agengipun teka saged amangkruk pratistha ing ngakasa. Rak inggih kagolongan elok ta nun Kados pundi cariyosipun ing kiwa panengenipun ngriku. Mugi kagiyarna pindhah. Juru gubah

Kaelih utawi kinula wisudha Mas ngabehi karta atmaja. Asisten wadana ongka. 1. Ing onder dhistrik sine. Kaelih dados asisten wadana ugi ongka 1. Ing onder dhistrik jeruk sing. Bawah dhistrik ku [ ]. Kabupaten panaraga. Raden ngabehi jaya dipura. Mantri gudhang sarem ing ngrambe. Kinula wisudha dados asisten wadana ongka. 2 ing onder dhistrik sine.

Merbot malincur Sampun limrah ing praja utawi ing dhistrik pundi-pundi. Waton wonten masjidipun lamun tengah dalu sestu wonten kapireng swara ungeling bedhug ingkang katabuh. Nanging ing dhistrik gendhingan sanadyan wonten masjidipun ewadene lamun dalu boten nate kapireng swara ning bedhug dados amratandhani bilih sang kyahi merbot angongasaken malincuripun yen dalu aras arasen tangi anabuh bedhug. Hem kyahi merbot la mbok aywa makoten gih. Wong dibubuhi nabuh bedhug mawon kok boten disetitekake ta. Yen slirane sembrana ngoten besuk mundhak disuda pitrahe kecil lo eling ta. Wong sembrana niku wekasan rak cokagawe kapitunan awake dhewek tur slirane niku yen disuda panduman dika saka dhuwit penganten rak enggih umel-umel ngoten. O pundi wonten la nun tiyang kula wonten ing gendhingan ngantos 50 dinten lamenipun lambok inggih yen tengah dalu mireng swaraning bedhug sapisan kemawon rak boten nate mireng. Saestu punika. Iyah. Wong masa bedhidhing mas botena salat waktu lohor lan subuh niku napa ta ukume. Juru gubah

Ingkang sanadyan wektu punika sampun masanipun benter sarta mawi angi –angidid ewadene ing kamurahanipun gusti allah. Para sujanma ingkang pratistha wonten ing wawengkon apdheling ngrambe. Inggih sami ginanjar kuwarasan wilujeng boten wonten sasakit ingkang angrampek dhateng jasading manuswa. Nanging dupara yen makatena. Wonten ugi satunggal kalih tiyang ingkang nandhang sakit atis benter utawi watuk nanging saking pamanggih kula ingkang mekaten wahu sampun limrah kemawon. Ing peken jagaraga. Sine utawi gendhingan ingkang katingal kathah boten liya namung tiyang sade uwos utawi pantun boten wonten palawija ingkang mimba dhateng peken jalaran dereng usumipun angundhuh. Nanging manawi kapengin dhahar tape saekong komawon inggih tesih saged kadumugen botenta yen yen anguwuna tiyang nyidham. Kintunan

Pulo wandhan Gupremen ostreli. Nyuwun idinipun gupremen enggris badhe adadamel karaharjanipun ing pulo wandhan amargi ing pulo wahu isinipun tiyang cemeng. Wujudipun memper tiyang bongsa aprikah ingkang dados tedhanipun para tiyang wahu boten wonten malih kajawi wowohan sarta tataneman ingkang sarwa wentah. Amargi ing ngriku boten wonten taneman pantun sarta boten saged caranipun tiyang angranngatengi. Malah saben saben para tiyang wahu sami ayuda. Pundi ingkang kasor yudanipun lajeng katigas murdanipun sarta kuwandhanipun tiyang ingkang kasor yuda wahu lajeng karencak dening ingkang unggul katedha mentahan kemawon sampun makaten caranipun. Mila saupami gupremen enggris sampun kapareng tamtu saged raharjaning pulo wahu saking pambudinipun gupremen ostrali. Amargi agenging pulo sami kalayan pulo borneyo. Isinipun tiyang ugi kathah.

Angaturi wangsulan dhateng mitra kula ingkang sisilih asma ri sang klana waratri jaya ing madiyun ingkang karsa las babar pawartos kawrat ing pabaratan bra martani tanggal kaping. 15 saban ehe. 1812. Utawi kaping 21 juni 1883.

2 Saking pamanggihipun manah kula. Para jajaka ingkang akagungan karsa anggalih dhateng pun satiyem ingkang sawek umur 12-13 tahun punika saklangkung kasinggiyan saha kula dahat mangayu bagya . jalaran ingkang sanadyan pun satiyem tesih kirang umur. Inggih prayogi dipun wawanuhi rumiyin supados kulina paedah tutut dados ing tembe badhe boten nyawel tuwin boten anyalenthak. Kula merbot seranbi Kyahi ngabdul asmara

Narawara //oo// mendem pucung wong anom tan mangan wuruk waru jene ngarga. Jinada kang sabeng kawis anemaha dadi bajinganeng praja. // dadya manggung. Beburon salaminipun sekaring kintaka. Tunjung bang gagange inggil yen kacandhak karante neng tanah sabrang. // seje lawan kasengsem manut pitutur. Satriya singgela. Dhukut arum mungging ngardi. Yen wus bisa sinebut jalma sujana. // dadya gawe leganira bapa biyung. Gambir bang ngrembaka. Kalabang markateng ratri. Suka rena mumuji jroning wardaya. // muga muga oleha nugraha agung. Pamanguning jala. Pra buset kang sekar putih. Ngayomana marang kadang warganira. // lestariya rahayu salaminipun patih ing madura. Wreksa lajering padhati. Lawi bawa teka barang. Kang sineja. // yen mangkono kabuling panedhanipun ron lesah ing kisma. Pathining toya jaladri. Amuwuhi ing ajine yayah rena. // marmanipun ingkang para siswa ningsun we mijil ing angga. Pandhita ngendra kilardi. Engetana kang dadi bekaning raga. // gegodhane supengah lawan tekabur. Tan banging turongga. Punggawa sri bopati. Kalis marang pulung wahyuning nugraha. // temahipun barang kang sinedya luput pamrogoling wreksa. Pedhut smar ing pratiwi. Anunutuh ngamun amun mring wong tuwa. // nora wurung nalongsa sajege umur. Garwa sang wisrawa sekari braja kinardi. Kesi esi nora amor lan sasama. // yen mangkono sayekti de becik lampus sabin tanpa toya. Reganing wibawa mukti. Anggagawa mring luluhur kang wus mulya. Ingkang manjurung punika pun sugyartati.

Candhakipun ringgit cina // tumenggung liting ing ngebang. Kalamun unggul ing jurit pinaringan mindhak pangkat jumenenga senapati. Suka tumenggung liting. Cipta tan wagah amungsuh. Lawan narendra putra. Ngandelken darbe kasektin ki tumenggung wus siyaga lajeng budhal.// tengara munya gumerah. Gagaman mawarni-warni. Kang mongka pangirit lampah. Satus kalih dasa mantri bandera kang rinukmi. Paparingira sang prabu. Wus lepas lampahira. Tan winuwus aneng margi. Sampun prapta ngandhaping wukir kyuyam san.// laju karya pasanggrahan kang karya lereba dasih. Kuneng pacalanging ngarga. Sampun ngaturi udani. Mring sik kong senapati. Yen tumenggung liting magut watawis gangsal leksa. Tan patya keh kang prajurit senapati sik kong gya atur uninga.// mara ing narendta putra. Timbala narendra siwi. Kinen methuk ing ngayuda. Lawan kinen animbangi. Ywa kongsi angerobi. Kang dadya tindhih ing laku. Senapati priyongga. Sutane tumenggung pik in raden bun lwong kedah tumut magut ing prang.// wus linilan sigra budhal tumurun saking ing wukir. Prateng ngandhap tata wadya. Mangkana tumenggung liting. Enjing mijil ing jurit tengara tinitir barung. Sang sik kong senapatya. Nimbangi tengara mijil wusnya tata tumenggung liting gya mangsah.// wah ana turongga pelak mandi gada nguwuh tandhing. Payo sapa pamethuk mring wang. Ya iku tumenggung li ting. Prawira sura sekti. Piniji dening sang prabu. Yata wus kapiharsa. Raden bun lwong sigra pamit mangsah ing prang tan sedya ngungkurken yuda.// oo // senapati sik kong mojar. Raden bun lwong sira den ngati ati. Si tumenggung li ting iku. Nganggo aji kamayan prange wantah nora pira gelis rubuh. Mung ajine pangabaran ora kena den timbangi.// pik bun lwong gumuyu suka medha tiya kawula boten ajrih. Raden bun lwong mangsah gupuh. Sarwi anitih kuda. Mandi gada prapteng rana wus kapangguh. Tumenggung li ting tetanya. Sapa sira kang metoni.// bun lwong asru sahurira. Ing sun bun lwong suta tumenggung pik in heh li ting den yitneng kewuh. Sun gada aywa oncat raden bun lwong sarosa

3 sigra amupuh. Tinadhahan sami gada. Agenti gitik ginitik// surake munya gumerah. Mungsuh rowang suka denya ningali. Dupi wus antara dangu. Tumenggung li ting sigra. Nginger kuda angoncati lawan nambut salepi kang isi jimat gambar manungsa lit alit. // mung sadriji ageng ira. Raden bun lwong tan wrin sigra nututi. Ki tumenggung li ting gupuh. Salepi ing ungkaban gambar jalmi mijil wor angin sumebrung. Gambar keneng ing maruta. Sanalika warna jalmi.// geng luhur gagah birawa. Ingkang mijil nenem samya marpeki raden pik bun lwong kinepung. Bun lwong mukuli gada. Mobat mabit kang kena gada tan lebur. Lan datan montra karasa. Pik bun lwong tinubruk keni.// budi datan bisa uwal wus binekta mundur sinungken nuli. Bun lwong kinerakeng sampun. Sadaya jalma gambar. Sampun wangsul mring salepi unggyanipun yata sapih kang ayuda. Wahu sik kong senapati.// waspada tingkahing yuda. Yen tumenggung li ting balane eblis sik kong tur uninga gupuh. Marang narendra putra. Lamun bun lwong mangkya kacepeng ing mungsuh. Ngungun sang narendra putra. Si bun lwong mene linalis.// sapa bisa angrebuta. Sang jibica sigra umatur aris pik bun lwong petanganipun boten angge den lunas jeng paduka smapun sumelang ing kalbu. Pik bun lwong saestu luwar. Sabab wonten kang nulungi.// suka snag narendra putra. Kawuwusa kang maksih mangun jurit nalika enjing wus magut tengara mawurahan wadya bala waris kalangan atepung. Tumenggung li ting umengsah. Susumbar ing anguwuh tandhing.// yata ri sang senapatya. Mundhut kuda gya miyosi pribadi. Suraking wadya gumuruh. Senapati kang mangsah. Para putra tuwin punggawa gumrubyuk sami amanuki ing prang. Sumeja labuh ing jurit. // sik kong sapraptaning rana. Ki tumenggung li ting sru denira ngling. Heh sik kong sira kang magut liwat suka tyasing wang. Sedheng silih angantep sudireng pupuh. Sik kong anahuri sabda. Heh li ting godoha aglis.// sigra sareng aprang gada. Ganti mupuh kalawan ganti nangkis tumenggung li ting meh kungsul asor prakosa nira. Ki tumenggung nginger kuda gya lumayu. Ngukabi salepinira. Ingkang isi gambar jalmi. // nanging sik kong wus prayitna. Sigra mundur tan arsa anututi. Tumenggung li ting anjetung. Tyas ira asmu gela. Dadya sapih makuwon sagung wadya gung. Nahan ing latri winarna. Tumenggung li ting anuding. // pik bun lwong kinen ngaturna. Mring nagari katur sang prabu dewi. Lah ugi ingkang tinuduh. Lan tigang atus wadya. Dalu budhal ambekta kunjaranipun ing marga datan winarna. Lampah ira sanglah ugi

4 0ngka kaping: 29 Kemis pahing kaping. 14 siyam ehe 1812 utawi kaping. 19 Jul 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakata Klathen Ing dhusun sarab baah dhestrik ing gesikan tiyangipun alit sami anandhang kasusahan kang awit anggenipun nyebar wiji pantun sami katedha ing ngama tikus nyebar sonten enjingipun sampun telas sami katedha ing ngama wahu. Mila tiyangipun ing ngriku sami kuwatos embok manawi anjalari awis ing tedha. Pangagenging kitha klathen ugi ampun andhawuhaken parentah. Para tiyang alit ing ngiku sami kapurih ananema palawija. Supados ing tembe waged amayaraken dhumateng para alit wahu. Ingkang punika saupami para limpading kawruh karsa paring saserepan menggah sagedipun anyirnakaken hama tikus wahu saestu andadosaken panarimahipun para alit ingkang sabinipun sami katrajang ing ngama wahu. Ing nalika malem kemis angrintenaken tanggal kaping. 5 juli punika. Ing griyanipun tiyang nami krama drana. Ing dhusun karang bawah dhestrik sapuluh. Wonten sabawaning tiyang jeleh-jeleh nedha tulung. Sareng tongga tepalihipun sami dhateng sumedya anglayat sumerep bilih ingkang jeleh jeleh wahu pun krama drana pyambak angathang athang. Gulunipun dipun tekak kalih ingkang estri. Punapa malih kanthongipun dipun remed mila pun krama drana wahu boten waged ebah. Dene wagedipun uwal dipun benggang kalihan ingkang sami tandang. Rahayunipun isining kanthong dereng ajur. Saupami ngantos ajur. Saestu ingkang estri inggih badhe kaduwung. Dereng antawis lami ing dhusun malinjon wonten sawenehing tiyang nmi mangun semita. Ginanjar sakit benter tis angleresi ing wanci enjing kesah dhateng ing kebon rumaosipun pun mangun semita wahu badhe bodhotan ananging lampahipun wahu lajeng mangidul kemawon sadumuginipun ing sakiduling dhusun kaleresan ing ngriku wonten satunggaling wit waringin kawak ingkang ing tengahipun sampun growong pun mangun semita lajeng malebet ing gowoking waringin wahu. Kocapa pun mangun semita estri sarehning ingkang jaler sanjangipun namung badhe bubucal dhateng ing kebon sekedhap mongka ngantos dangu boten wangsul wangsul lajeng kasusul nanging ing kebon sampun boten wonten kaucalan ing sanes- sanesipun panggenan ugi boten pinanggih. Sareng ing wanci lasar wonten sawenehing rare angen wonten sangandhaping waringin wahu. Pun rare sumerep bilih pun mangun semita malebet ing gowoking waringin saksana pun rare lajeng sanjang dhateng warisipun mangun semita tuwin ingkang estri. Sadaya lajeng sami dhateng ing panggenan ngriku. Ananging pun mangun semita boten waged medal pyambak dene wagedipun medal sakiwa tengening gowok wahu sami dipun petheli. Lah punika kenging kadamel tuladha. Bilih jagi tiyang sakit benter sampun ngantos kategakaken pyambak kaawit bilih panuju kumat benteripun saestu sampun kados tiyang ewah. Punapa malih panjurung kula punika mugi sampun anuwuhaken gugon tuhon sampun kagalih bilih pun mangun semita wahu anggenipun malebet ing gowoking waringin dipun gondhol ing wewe punika boten temenipun inggih saking panasing badan anuwuhaken bingunging kaengetan. Kintunan

Magetan Ing nalika dinten setu tangga kaping. 7 wulan juli punika. Wanci dalu satunggal tiyang cina nami singkek uwi. Sampun kalebetan sarpa sawa. Andhustha satunggal ayam ing wektu punika kakepang ing kathah sarpa saged uncat tumedhak dhateng ing jurang lumebet ing lepen kedhung. Nami kedhung lumbung. Sontenipun dinten akad wanci jam 5. Satunggal tiyang nami sawijaya ing kampung palundhen adus wonten ing kedhung ngriku ing wasana sarpa sawa ngatingal ngambang. Sareng pun sawijaya aningali sarpa ingkang ageng lajeng kimawon trangginasipun pun sawijaya amendhet kajeng sarpa kataman kenging sirahipun sarpa ngalimpruk saha lajeng kabekta ing dharatan udakawis agengipun sakentol wondening panjangipun 13 kaki.

1 Rosan kobong Ing nalika dinten jumungah tanggal kaping. 6 juli. Wanci dalu. Taneman rosan gupremen siti dhusun mantren dhistrik keniten sampun kabesmi ing durjana. Saking cakep sarta rikatipun para priyantun pulisi dahana lajeng sirna. Rosan ingkang kabesmen namung. 1 bahu 10 ru. Mekaten ugi waktu punika pulisi ugi lajeng pikantuk katrangan ambesta satunggal durjana. Ing wasana prakawis kaaturaken parentah ngapunten kedadosanipun.

Peken rame Ing sapunika sampun mangsanipun celak dinten riyadi mila kathah tambah kerameyanipun ing peken wage Magetan para tiyang sudagar ing nagari surakarta. Sami dhateng sesadeyan sinjang sawitan ingkang adi- adi punapa dene lurik wedalan kedhu inggih langkung kathah. Andadosaken kabingahanipun para mudha jaler estri. Saben dinten wage pekenan para jajaka miwah para kenya. Sami lumaris ing peken sarwa mnagangge. Namung ing sarehning salebeting peken boten saged racak bilih dandos utawi panganggenipun lisah ingkang arum mila mawarni warni wonten ingkang ambetipun pengut wonten ingkang apeg wonten ingkang sedhep saweneh wonten ingkang arum punapa malih nalika dinten senen wage kapengker punika. Bok mas ayu kresa lumaris ing peken wanci sawek winayah medem warnanipun ayu kuning ngagem sinjang lurik wanabadra. Semekan rintik rasukan ijon ijon gelung gundhel lumpah malentreh lentreh ayak toblas hem hem sapawonge neh sasad nyunyah kukus gantung iya nyonyah bendi. Saking kawontenanipun wos ingkang kasade ing peken sakalngkung mirah. Wos pethak 1. Dhacin regi 3 dumugi 3 rupiyah 50 sen. Abrit 1 regi 2 rupiyah 50 sen dumugi 3. Palawija ketela kaspe. Ketela rambat dereng panen ewa dene benjing manawi sampun mangsanipun ngundhuh. Panen palawija sampun saestu mirah kados tahun ingkang sampun kapengker. Kintunan

Pustaka wangsulan katur mitra jaka bodho ing marapi Wiyosipun kula sampun tampi srat wangsulan sampeyan ingkang tumrap ing pustaka warti ongka 3. Suraos sadaya sampun kadhadha. Sarta lajeng umanjing ing jejantung. Ingkang punika saestu andadosaken suka lega bingah anrus ing manah kula. Dene mitra karsa amangayu bagya. Saha angleresaken bab atur kula. Menggah pangalembananipun mitra jaka bodho. Dhateng mitra buja kirana. Kula sampun dherek sanget kang awit kula ugi sampun angsring angsal barkah saking mitra buja kirana. Ngantos samangke tansah kula pundhi wonten ing ngenbun rumeseb ambles manjing jro garba. Manggeh wonten ing manah. Anjalari indhaking saserepan kula. Nanging kula kumedah darbe atur malih. mugi sampun kagalih pun tanya. Kumawasis pindha pujangga. Sarta sugih paben. O sewu boten angimangi amung saleresipun. Kula manggih suwiran serat amung sakebet aksara sampun kathah ingkang bureng sarta ical anyariyosaken wiwit jeng para wali ing jaman nagari demak sami anganggit sekar. Kados ingkang sami rinembag ing ngajeng. Mangkaten ing nagari demak wonten satunggal tyang awsta pangeran agung. Punika patrapipun boten sami kalayan para wali sadaya. Sampun tilar cara caraning kadonyan tumunten jeng sultan ing demak animbali para wali sadaya. Sareng sampun pepak jeng sultan angandika. Kados pundi dene wonten tyang patrapipun anyele. Saestu badhe angrebahaken majid prayogi kapejahan para wali sampun andhereki. Amung jeng sunan lepen matur kang mangkaten bilih ing karsa mundhut pjahipun pangeran agung boten kalampahan yen boten sarana kabesmi ing latu. Jeng sultan inggal mundhut cumawisipun galondhong lisah. Jeng sultan lepen lajeng kautus pinanggih pangeran agung. Andhawuhaken timbalan wangsulanipun mangkaten iya aku miturut sakarsane jeng sultan jeng sunan lepen ngandika malih. yen mangkono kowe dak obong. Dahana sampun kumantar saklangkung ageng. Wangsulanipun o genimu isih kurang gedh. Lajeng katambahan pirantos malih tambah ageng uruping dahana. Pangeran kagungan kalangenan sagawon kalih iji. Kadhawahan malebet ing dahana sareng latu sirep sagawon lajeng sami medal jeng sunan lepen angandika. Aku ora agumun amung kowe inggal lumebuwa ing geni. Wangsulanipun mara inggal urupna maneh genimu. Kang luwih gedhe. Sareng dahana sampun mubyar saklangkung agengipun pangeran agung tumedhak manjing dahana. Sarwi ambekta kala mangsi panuratan saha dalancang sasuwek sareng latu sirep pangeran medal angasta dalancang sampun isi sastra jawi. Jeng sunan lepen angandika. Apa kang kok cekel pangeran amangsuli. Iki gonku nulis nalika ana jroning geni murup kawontenanipun sadaya sekar ageng. Kadosta girisa sapanunggilanipun raosing sekar tumonja ing sarira sarta karsaning jeng sultan ingkang sampun kacondhongan dening para wali sadaya. Mila pangeran anabda malih mangkaten mara wacanen karepmu iku apa dudu kuwi. Jeng sultan lepen mangsuli. Iya mangkono sanadyan aku ora kilap kang dadi sedyamu. Nanging rehning kresaning ratu becik kowe ngleksanana wangsulanipun e iya becik

2 jangji wus genah. Lajeng seda tan sarana. Tumunten jeng para wali sami anganggit sekar piyambak piyambak nanging dereng kagiyaraken sareng sampun kacondhongan dening jeng sunan lepen sarta anambahi nganggit sekar dhandhang artate. Sawek gumelar. Saha lajeng katambahan dening para pujangga jawi kangge sapriki. Rehning serat suwiran amung sakedhik boten sande inggih kados lampahing kodhok. Lah ing ngriku raosing manah lajeng ewet mongka kula sampun condhong sanget kados karsa sampeyan wahu. Wasana wonten cariyos ingkang mangkaten punika kados pundi. Mitra jaka bodho mugi aparinga sumerep wasana sewuning kalepatan mugi kaaksamaha. Sinerat ing patapan candhana puspita ping. 22. Mulud ing warsa ehe. Tinengeran ulun ngesthi sajatining wardi. Mitranta jaka tanya.

// kinanthi pustaka pingul wainantu sagunging taklim mayuta mugi katura. Sumitra kang ambek wegig widagda salwiring krama. Buja kirana kakasih.// wiyosepun ulun sampun atampi kintaka manis andhandhang madu linalar. Mawa gonda. Mawangi wangi. Lemes luwes tembungira. Sedheng tumrape ing kami.// surah sasampun asarju. Menganing buntuning kapti. Kang dados paminta hamba. Mangke wus tumurun kang sih. Cocog ing tyas datan samar. Lir barkah sing mahayekti. // sapinten sukaning kalbu. Anggamba ing anggep ari. Kinadang sudara mulya. Lir tunggil yayah sabibi. Tan montra lamun mimitran rumesep wulange ririh. // ngarah arah sojaripun uning yen ngong tuna budi. Winasa manawa kagyat datan tampi malah purik tuhu ing tyas pinandhita. Pantes yen pinundhi pundhi.// jaka tanya ing candhana puspita kajawi ingkang sampun kasbut ing inggil sadaya. Kula parlu anusuli atur dhateng mitra wanodyindah. Kang pindha angganing kasturi. Menggah pandangen katranganipun tirta ing tampir. Bilih sumitra mahiben kula aturi anggagas pratandhanipun mitra buja kirana. Ongka. 1. Ingkang kacariyosaken kawah kathah sapucaking wukir marbabu. Dene wonten ingkang umob kados dipun abari ngandhapipun sumongga punika krana skaing punapa. Kula dereng sumerep nalaripun pratondha ongka. 2. Garojogan ing pendhok ingkang margenipun medal wonten saleripun ing patapan ing arga catur. Asrepipun teka anglangkungi. Bilih sumitra dereng pirsa sumongga kanyatakaken manawi sayah ngaso ing buja kirana manawi angsal katrangan. Jaka tanya sumibiting maruta. Angirit sagunging taklim tumempuha pada. Saselaning sumitra ri sang jaka bodho ing marapi. Dhuh sumitra. Mugi sampun andadosaken kumambanging panggalih. Bab pamundhut kawontenanipun ingkang wujud samangke sami kawastanan teja kladhung. Srengenge kalangan rehning atur kula sampun kawedhar. Ingkang tumrap ing bra martani. Ongka 21. Suraos pun tanya minta sareh mongka ngantos samangke tan salimpetan sumitra sampun boten kirang sabar. Mila kula inggih lajeng amudaleh. Amrasajakaken sekapiting dangu. Saking sanget sumedya anrang baya. Dados lajeng anirnakaken kekesing badan kemenging balung. Lumpuhing ngotot kalaksanan anarethek ngupados pitedah. Meksa boten angsal pandamelan ingkang punika rehning kula sampun katrucut babasan nascem idu putih. Sanadyan amung saking grayang grayang. Inggih kedah kula aturaken kados ing ngandhap punika. // teja. Kyahi dhalang. Nyariyosaken nalika jaman kadewatan badhe prangipun prabu rawana. Akaliyan sri bathara rama. Ingkang rayi radyan wibisana. Sanget denya anggendholi. Ananging tanpa kingguh. Lajeng ingkang eyang anama bagawan sumali. Saha sampun urun pangandika anirdeya. Dhawuh dhateng sang raja. Heh kaki prabu. Miluwa aku sedyaku lingling marang jumantara. Sang prabu andherek sareng dumugi ing madyantara. Ingkang wayah sumerep wujud ingkang samangke kasebut teja. Lajeng matur dhateng ingkang eyang. Wangsulanipun makaten lah dalah. Kaki raja. Sira sumurupa. Ingkang wujud mangkono iku. Cahyaning wong tatelu. Wijange. Ingkang rupa kuning wahyane. Bathara rama wijaya. Ingkang rupa abang. Raden leksmana dewa. Ingkang ijo. Iku arimu kaki wibisana. Ingkang darbeni. Mulane ngumpul marang cahyane. Sang rama leksmana. Sabab ing tembe arimu bakal kumpulan sang rama leksmana. Mula prayoga mituruta ing pituture arimu. Yen mangko tan wurung rusak praja ngalengka. Iya saka sang gawene arimu dhewe. Lah punika sumongga. Kluwung. Cariyosipun mitra kula ing praja. Kadadosan saking. Tirta dahana. Ingkang sami lembut lajeng katempuhan dening maruta utama. Srengenge. Kalangan tempuking mega. Kairit ing maruta. Ingkang saking keblat sakawan rehning sami agenging samirana. Dados membeng. Lajeng kandheg dene katingal ing madya lowah. Jalaran kataman leres soroting baskara. Sanadyan soroting hyang arka wahu sumebyar amaratani. Ananging rehning wujudipun katingal alit dados tumontoning manuswa. Miturut kawujudan ing wasana sadaya wahu kauningana.

3 // gremet gremet si pocung aminta maklum reh sadaya jarwa. Saking narethek ngupadi. Warah ing lyan kang lepas marang kawigyan.// lamun wonten sisip ira ywa babendu. Amung kapucunga sokur manawi ing galih. Karsa anru iba sukaning tyas ing wang.// titi tinut cinitra tanggal ping pitu. Ruwah ingkang condra. Warsa ehe amarengi. Sinengkalan pasmuning rat ngesthi mulya. Ajar jaka tanya.

Sakalangkung ing panarimah kula. Dene panjenenganipun sang andhe andhe lumut sampun karsa tumurun munggeng pabaratani bra martani. Saha paring saserepan ingkang dados ing panuwun kula. Mitranta pun supatra

Bab panggegenipun sumitra wanodyindah. Niken endhang pracimasana. Dhuh sekar dewa daruning swarga. Ingkang uwit emas guligen ingkang patra suwasa mulya. Predapa mirah selan. Pepentil inten jumerut wohe temahan paduka. wiyosipun yayi. Menggah sasanggirinta. Sanadyan mitra buja kirana. Sampun angsu pratela. Rehning pun dasih kasembet dados inggih kedah carita. Ing nalika kula lelana dumugi ign dhusun kopat dhistrik jatinom bayalali. Ing ngriku wonten umbul medal sangandhapig pereng satepining lepen toyanipun boten kawical wening amung limrah. Misuhuring ngakathah panengranipun umbul talaga muncar wahu. Saestu waluya sapriki boten angot ananging kilap saking papasthen utawi saking hawaning tirta. Kula boten sumerep. Jaka tanya

Wawarahipun ajar dhumateng endhang Ajar. Kapriye endhang salawase kowe angladeni ana ing ngarepku. Endhang. Inggih kyahi. Sarehning kula sampun sumedya seca tuhu sanajan kula pawestri nanging cipta kula sumungkem kula dhateng kyahi amung anggen kula sumedya puruhita dhateng sawarnining kaeruh. Ajar. Apa kowe ora narima ing atase wadon iku mung cukup anyumurupi bakal olehe angladeni marang laki. Endhang. O. pukulun manawi bab punika pangestunipun kyahi sampun kula sumerepi sadaya. Dene pangesthi kula ing ngatasing pawestri kula kapengin kados pawestri bongsa eropah. Sagedipun embat embatan nalar kalayan semahipun tur kuwajibaning pawestri boten katilar ugi kalebet onjo. Ajar. Kowe apa wis sumurup lalangening donya na ora [ ]na ditinggal. Endhang. Bilih saking panginten kula kajawi amung arta. Awit kapirenan ing donya boten wonten ingkang tilar saking abucal arta. Ajar. Kapriye apa kowe wis nyatakake dene bisa kondha mangkono. Endhang. Kajawi sadaya kasenengan mawi sarana ambucal arta. Kala wingi kula lalangen dhateng umbul pengging. Lampah kula sampun mawi waragat sadhateng kula umbul ngriku lajeng anedhani ulam ing ngriku sareng ulam sampun medal pinten pinten ewu. Sakalangkung bingah kula. Tumunten kula nyebar arta dhuwitan kathah sanget ing ngriku para rare kathahs ami anggebyur anyelulupi. Malebet ing guwa sangandhaping toya punika sakalangkung bingah mongka amung ambucali arta lugu. Ajar. Apa kowe wis niteni angele wong ngupaya dhuwit. Endhang. Ingkang kula sumerepi nalika kula lumampah ing saweneh dinten kula sumerep tiyang tanah pareden mangkat saking griyanipun ambekta dagangan janganan dhateng peken ngare. Langkakipun kakinten jam. 2 dalu. Dumugi margi kendel angaso saking awratipun punika anjalari ngeres manah kula. Ajar. O iya iku esah banget rijeki kadadalane gone nyambut gawe mangkono jangji aja nganti ngatokake melik kang dudu benere. Endhang. Kula lajeng kapethuk malih tiuyang kalih anuntun lembu. Satunggal ingkang kagiring sareng sumerep dhateng kula tiyang wahu sami malajeng punika tiyang punapa dene dalu-dalu angen lembu. Ajar. Sumurupa iku wong mentas maling. Iya iku wong nyambut gawe ora esah jalaran dadi satruning pulisi. Endhang. Lo satru kados pundi. Ajar. Tegese satru para pulisi ambudi banget bisane ilang laku durjanan miwah tata tentrem mulane padha ning kencengake rondha patrol supaya wong omah omah wayah bengi padha nglilir. Aja nganti diambah wong ala. Endhang. Kados pundi murih sirnanipun lampah kadurjanan punapa kenging kabudi supados tentrem. Ajar. Ayake kena ananging nganggo nalar. Awit kadurjanan warna-warna. Endhang. Punapa saged sirna saking rundha patrol sarta santosaning pager dhusun kimawon. Ajar. Ora kudu kabudi daya. Yen cukupa mangkono bae wis ora ana laku kadurjanan awit patrape rundha patrol wis ora kurang kenceng. Wonten sambetipun.

4 0ngka kaping: 30 Kemis wage kaping. 21 siyam ehe 1812 utawi kaping. 26 Juli 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kala rebo ingkang kapengker wanci jam. 4 sonten kesah kula saking griya nedha angaring-ngaringi manah dhumateng ing bengawan bacem dene waktu siyam bok bilih adamel sudaning lupa. Wasana kojur. Malah meh anetepi wewangsalan tarubuse pring setung. Kunir pita waringin ron pingul golek bungah. Temahan nemu prihatin jalaran nalika lampah kula dumugi salering dhusun grogol sasarengan kaliyan para patinggi bekel cacah tiyang. 7 iji. Sami numpak kapal lumampah urut kacang adheyang dheyang. Sanadyan kula dereng nate sasrawungan dhumateng satunggil satunggiling tiyang wahu. Naming kula sampun boten samar bilih punika para sanak patinggi bekel ing tanah kidul-kidulan ngriku. Sanak patinggi wahu ingkang satunggal angandhut rek ingkang mawi leter damelaning kitha londhon wonten kanthonganing rasukanipun rek wahu dalah wadhahipun murup amargi isinipun kantun sapalih. Kinandhut kalayan numpak mlojang mlajeng. Dados kocak urupipun saking gosok ginosok sami rek. O ing ngriku samaring manah kula kalayan gumuyu kekel jalaran ningali solah ing sanak patinggi kang kabesmi kanthonganipun wahu. Bentayangan sarikutan wonten sanginggiling kuda. Wondene para kancanipun inggal sami atutulung mudhun saking ing kapal pun patinggi kobar lajeng kalarak midhun sarta sinabetan ing sinjang tuwin udheng. Ing sanalika kimawon latu lajeng pejah. Utawi boten wonten labet kang badhe mutawatosi. Gentos kinocap wahu ta gegering kapal ingkang dipun culaken lumajeng sapurun purun kalampahan ngantos suruping ngarka para sanak patinggi sawek saged bidhalan punapa malih kula kalayan rencang kula tiyang kalih ngantos sande dhumateng bacem jalaran rikala geger ing latu tuwin rame rame bedhaling sadaya kapal atumut tutulung. Kintunan

Kasangsaran Embok demang patra semita. Ing kampung singaranon wanci siang pinuju nimba ing sumur. Salebetipun animba wahu sela bandhuling singgot malorot anurut walesaning singgot ana ing embok demang boten sumerep wasana oncating sela saking singgot andhawahi murdanipun dados embok demang anglerka lajeng kajegur ing sumur katatap ing sela wahu. Nalika wonten salebeting sumur kantaka. Tujunipun kadengangan sanalika kengingipun kaentasaken minggah sarana kawadhahan kranjang lajeng kadudut saking inggil kasongga ing tiyang saking ngandhap sadumugining nginggil lajeng kaupakara. Sarehning dereng takdiripun dumugi sapunika wilujeng. Punika minongka pangenget enget para ingkang darbe sumur. Awit kados sampun kerep tiyang sangsara jalaran saking singgot amargi kerep kalimput boten kapriksa malih. kintunan

Ngawi Bok karta reja griya ing kampung kauman ngawi. Kala wulan ingkang kapengker punika anakipun jaler nami bagong kapurih tengga griya. Embokipun kesah balonja ing peken sarana ing sadhatengipun griya wahu pun bagong ical tanpa srana kilap punapa jalaranipun ical makaten ugi parentah sampun ambaya warakaken ing liya kabupaten.

Kala tanggal kaping. 9 wulan punika kula mentas adus saking benawi madiyun lajeng dolan dolan ing kampung cina. Ngupados hawa ingkang sakeca. Sareng kadugi tabuh 7 sonten kula mantuk ing griya kula. Andungkap ing alun-alun ngajeng loji asistenan kula mireng kenthongan tinitir angungkung. Pratondha bilih wonten babaya. Dupi kula nyatakaken saestu wonten saradhadhu bongsa ambon miruda. Ingkang wahu saradhadhu punika pancen sampun labet miruda. Anamung kenging kacepeng badhe kalapuraken ing parentah kairing dening prajurit tiga sarehning sampun kasaput ing dalu saradhadhu punika badhe katitipaken ing griya kunjaran salebeting kitha. Dereng ngantos dumugi kaselak lumajeng malih. ngantos

1 dumugi ing kampung caben sangajengipun juru serat kantor kenging dipun wisayaning dhateng para tandang malih. Salajengipun saradhadhu wahu tamtu kagiring ing griya kunjaran bok bilih yen sampun kapriksa komandhanipun manawi tampi paukuman ingkang sawatawis awrat sabab kapetang miruda kaping kalih.

Amsterdham Para tiyang bawah angin ingkang sapunika dumugi ing nagari walandi iyasa griya kaangge anggelaraken wujuding griya tanah ngrika. Wujuding griya wahu warni warni kadosta griyanipun tiyang ngacih. Tiyang padhang. Tiyang ing tegal tiyang bugis tiyang aliphuru. Tiyang keling. Sakiwa tengening griya wahu kadunungan margi alit sarta kreteg kadamel ing deling. Patrap-patrapipun kados dene pemahan ing tanah jawi dhusun dhusun ing ngriku ugi kadekekan griya alit satunggal wadhah pradongga. Embok manawi kados dene pagongan caranipun tiyang mantu ing pulo jawa. Ewadene sarehning tumrapipun ing ngriku aneh tamtu anjalari pirenaning manah.

Indhiya enggris Ing kitha madras wontensaweneh ing tiyang benggala. Pinuju sade darbekipun kewan awarni dipongga wonten ing panggenan panyadening kewan dipongga wahu sakalangkung ta saenipun ananging cacad sukunipun ewa samanten sampun katarekah sagedipun boten katingal cacad wahu. Wonten saweneh ing bongsa eropah ingkang nembe dhateng. Pancen dereng nate sumerep wujuding dipongga sanadyan sampun nate sumerep gambaripunan punapa malih gumun dene caranipun ing ngriku dipongga sami kasade dhateng peken bongsa eropah wahu sadhatengipun ing ngriku sareng anyumerepi wujuding dipongganipun tiyang benggala. Sakalangkung ngungun tansah agedheg-gedheg sanalika wahu tiyang benggala ingkang darbe dipongga. Dupi sumerep patrapipun tiyang bongsa eropah kakinten anyumerepi wadining dipongga. Katitik saking solahipun mongka saupami cacading dipongga ngantos kadengangan sampun tamtu boten pajeng. Yen pajenga inggih saestu mirah. Wasana tiyang benggala lajeng amrasajakaken mangkaten tuwan sampeyan kendel mawon sampun corah-corah. Mangke yen liman kula pajeng kathah sampeyan kula sukani ujaran. Tiyang bongsa eropah sarehning taksih kirang tatela ginem sarta kirang gamblang panampinipun wangsulanipun boten wonten malih kajawi manthuk manthuk gancanging cariyos cacading dipongga boten ngantos kadengangan ing ngakathah dados dipongga saged pajeng awis sanalika wahu sasampunipun tiyang benggala anampeni arta papajengan dipongga. Lajeng amrepeki dhateng enggenipun tiyang bongsa eropah sarta anyukani ujaran kamurwat ing papajenganipun tiyang bongsa eropah kaget lajeng pitaken punika arta punapa. Tiyang benggala amrasajakaken tuwan kala ahu sampeyan dhateng mriki kalayan gedheg-gedheg kula anginten terang sampeyan sumerep cacadipun gajah kula mongka saupami cacad wahu ngantos kadengangan ing tiyang. Kula tamtu cilaka. Awit mesthi boten pajeng panyade kula. Beja-bejanipun pajeng mirah. Mongka cacadipun sampun kula trekah sagedipun boten katawis saking gempalipun manah kula ngantos kalahir samongsa gajah kula pajeng awis sampeyan kula ujuri lah punika sampeyan tampani. Tiyang eropah wahu boten purun anampeni sarwi mrasajakaken dhatengipun wahu boten sumerep sarta boten prajangjiyan punapa-punapa.dene anggenipun gedheg-gedheg boten jalaran saking punapa amargi saking gumun aningali wujudipun dipongga. Awit salaminipun pancen dereng sumerep mila kapurih nampeni arta ujuran boten kadugi. Tiyang benggala ameksa sanajan kala wahu boten sumerep punapa-punapa. Ananging sarehning nalika gedheg sampun adamel gempaling manah. Sareng manthuk anjalari pulih ing manah dados tuwan kula peksa anampeni ujuran punika. Wasananipun tuwan ugi purun tampi sarwi paring wilujeng dhateng tiyang benggala wahu.

Pasamuwan eksamen Nalika dinten rebo tanggal kaping. 4 wulan punika. Para siswa ing pawiyatan jawi ing kitha bayalali. Katitik kawigyanipun ing tembung walandi kawastanan eksamen sabibaring eksamen para siswa mawi kaparingan kamirahan kang amrih pirenanipun kapurih bojana amawi titingalan ringgit wayang purwa. Inggih punika saking pamarsudinipun panjenenganipun tuwan asisten residhen sarta para tuwan tuwan komisi ning pawiyatan kabiyantona dening panjenenganipun ingkang bupati ing bayalali sapanekaripun wondening patrap-patrapipun kula andha kados ing ngandhap punika. Ing dinten wahu wanci jam 6 griya sawetan dalem kabupaten kaleres sakilening griya pawiyatan ingkang badhe kaangge pakempalaning pasamuwan sampun mirantos sarta karengga ing ron ronan waringin miwah bandera gura klapa. Wiwaraning griya pasamuwan mawi kadunungan krun karengga ing ron ronan waringin mawi katemplekan serat sengkalan kacitra gambar. Ingkang inggil piyambak gambaring makutha raja. Ing sangandhapipun kaserat ing sastra mungel makaten pasamuwan eksamen tanggal kaping. 28

2 ruwah sinengkalan wondening sengkalanipun warni gambar sarati manembah mungkuraken dipongga. Tumunten talalening dipongga amundhi ron ronan kula pitaken saking cariyosipun ron rona watak satunggal dipongga watak wolu. Sarati watak satunggal manembah watak [ ]dados kajengipun ongka. 1812. Wanci siang wahu griya pakempalananing pasamuwan sampun wiwit ringgitan. Jam. 7. Enjing. Mantri guru sarta para siswa sampun pakempalan wonten inggriya pawiyatan amangangge pameran. Jam. 8. ½ enjing. Panjenenganipun tuwan asisten residhen kadherekaken para tuwan-tuwan komisi. Sarta panjenenganipun ingkang bupati kadherekaken prayantun panekaripun sawatawis sami dhateng ing griya pawiyatan sarta lajeng wiwit amatrapaken anitik kasagedaning para siswa wahu. Kinten jam 10 ½ bibaran. Kinten 11. Siang bidhalan dhateng griya pakempalaning pasamuwan para siswa kairingaken dening mantri guru dumunung ing ngajeng. Tumunten para tuwan tuwan sarta prayantun jawi. Sadumugining griya pakempalan para siswa lajeng katata lenggah jajar kapurih aningali ringgit ing ngriku tuwan mester se ha manuwel lajeng amaringi kapirenan dhumateng para siswa wahu. Mahujud srutu kabagi waradin sarta arta satunggal tunggaling rare. 1. Sen. Jam 1. Bibaran. Jam 5. Sonten panjenenganipun ingkang bupati sapanekaripun priyantun jawi sadaya ingkang kapatah nyanggi damel sarta boten sampun sami prapta ing griya pakempalan. Jam. 6. Sonten mantri guru sowan angirit para siswanipun sadaya. Lajeng katata lenggahipun jajar. Jam. 7. Sonten panjenenganipun tuwan asisten residhen kalayan para nyonyah sarta para tuwan tuwan kumisi miwah sanesipun sami dhateng. Jam. 8. Sonten sareng sampun rampung anggenipun anata bojana wahu. Mantri guru lajeng kadhawahan angirit para siswa dhateng salebeting griya pakempalan panggenan bojana. Mara siswa lajeng wiwit sami bojana. Patrap wujuding dhaharan boten anguciwani. Awit patrapipun abukti ngantos warni sakawan rambahan unjuk-unjukan nalika bukti amung setrup mawar. Salebetipun para siswa abukti wahu. Para tuwan sarta para nyonyah. Para priyantun jawi ugi sami anenggani. Nalika punika para siswa lajeng kundhisi gentos gentos enget kula bilih boten kalintu kados ngandhap punika. 1. ngunjuk setrup sarambahan kula para murid ing pamulangan jawi sadaya sami angaturi wilujeng panjenenganipun kangjeng tuwan asisten residhen sakaliyan nyonyah. Sarta para tuwan tuwan ingkang sami rawuh amargi sakalangkung panuwun kula kaparingan babingah samanten. 2. Ngunjuk rambah kaping kalih kula para murid sami angaturi wilujeng panjenenganipun ingkang bupati sakaliyan saha para prayantun ingkang sami rawuh sadaya. 3. Panjenenganipun tuwan asisten residhen lajeng mundhut unjukan kapareng kundhisi paring wilujeng dhumateng mantri guru. Sarta paring wilujeng dhumateng para murid sanalika para siswa asahur kukila. Sami atur panuwun. 4. Ngunjuk kawan rambahan para murid amumuji wilujengipun pakempalan pasamuwan eksamen 5. Ngunjuk rambah kaping gangsal wilujengipun kitha bayalali lajeng bibar bojana 6. Sabibaring bojana. Para murid angaturi wilujeng panjenenganipun tuwan memper. Se. ha. Manuwel amargi sampun paring kabingahan ingkang samanten. Sasampunipun bibar bojana. Lajeng sami medal saking griya pakempalan aningali lelangen ingkang winastan lih balon inggih punika dahana karengga lantera inbgkang saged anggayuh gagana. Para siswa sakalangkung tambah pirenanipun tiyang ingkang sami ning li uyel uyelan amargi ing atasipun lalangen wahu kathah ingkang dereng sumerep ing satelasing lalangen para siswa lajeng kairit dhateng griya pasamuwan malih katata lenggahipun jajar aningali ringgit ing sadalu wahu mawi kajagi dening agen pulisi sarta langsir. Enjingipun bibaran. Mila parlu kula pacak ing pabarataning pustaka warti. Embok manawi saged anjalari para rare ingkang sumedya sinahu malebet pawiyatan amargi warni warninipun beda sanget sarta saged tambah kulina para ageng tembung kathah paedahipun. Sinerat kaping. 28. Ruwah warsa ehe. Sangkala tinengeran weruhing murid kang ngesthi guru. Panjurung

Endhang pracimasana. Anggen sampeyan ngasoraken slira miwah angungkulaken dhateng tiyang sanes kula boten mahiben bilih ingkang makaten wahu pancen agemipun para moncer ing budi kados sampeyan punika. Ananging bilih kasangeten punapa boten badhe anuwuhaken dhateng panggrahitan sanes. Menggah paring sampeyan katrangan ing pataken kula bab urubing ardi marapi. Mawi nyariyosaken kawontenanipun polaka. Sanajan ing mangke kula dereng angleng sadaya. Ewasamanten sampun sakalangkung nuwun awit tumangkaripun bilih kongang badhe kula gathuk gathukaken piyambak utawi ngowel anggen sampeyan damel katrangan mawi sarana wedalira we kathah. Wusana gadhuging manah

3 taksih kedah nyuwun pasajanipun ing wawados ingkang mawi katrangan sampeyan sareng dumugi ing padalingsa wekasan larapipun kados taksih kapareng kalajengaken kadosta. Dados dayaning walirang ingkang dereng saged ngongkihaken polaka taksih kandheg angentosi pakempalan dayaning walirang malih. Lo patrapipun walirang kempal kados pundi. Jalaran boten gadhah suku utawi nalosor. Kyahi kedhung lumbu

Katur cebong Bubukanipun pangandhar sampeyan adamel asreping manah kula. Kantun angajeng ajeng baturipun pitaken kula dhateng endhang pracimasana. Mlesetipun makaten badhe karsa mitulungi murih endhang sampun amlengos kalayan……….. ananging dangu dangu pantoging sedya katawis bilih muhung anyela nyelahaken ing karsa sampeyan piyambak dados malah amewahi petenging manah makatena inggih boten punapa. Sarta kula ngaturi urun sagadug ing manah ing padangu sampeyan. Swaranipun ardi baledhos menggah ing kula boten kandheg dening saganten dene swara ingkang kapireng ing batawi kantos anggegeteri kados dene pratelan sampeyan bilih katimbang kalayan ingkang ngedalaken swara namung saking baledhosipun ardi marapi ing nagari padhang. Pamanggih kula inggih kalebet ewonipun anglengkara. Wusana nyuwun saserepan panyerat kula kapireng. Panyerat kula kapireng. Leres utawi lepat sampun tamtu cebong boten badhe kikilapan mila mugi karsaha anyireni supados kenging kula angge wawaton salaminipun. Kyahi kedhung lumbu

Wilujeng mitra grenteng. Kula rumaos kadhawahan kabegjan ingkang ageng. Awit sampeyan karsa amethukaken lumemba kula ing papan punika. Dene pangumel-umel boten kula tanggapi kalayan remeh. Awit bilih kalampahan badhe anuwuhaken dhateng bagas kasarasan mila sakalangkung ing panuwun kula. Ananging bok inggih kagalih kalayan rerancakan menggah hawaning mongsa badhidhing tumandukipun kyahi punapa boten bebles katimbang kalayan saliranipun para anem. Kyahi kedhung lumbu.

Sambetan warahipun ajar Endhang. Kados pundi kyahi pambudinipun Ajar. Yen saka pamikirku sanajan ora sirna babar pisan ananging kacek omahe jagal kudu cedhak pulisi. Lan omahe kemasan supaya pulisi nyumurupi lakuning jagal lan kemasan Endhang. Enget kula sampun wonten dhawuh nagari bab makaten wahu. Ajar. Iya kuwi nanging ora kaleksanan. Endhang. Bilih jagal utawi kemasan saged kawengku pulisi punapa tiyang ajrih mandung. Ajar. Ora mengkono. Sumurupa jagal iku kauntungane mung manawa tompa sapi peteng. Awit yen pancen regane. 20. Reyal mung kena. 5 reyal saupama ngemungake sapi padha bae ora kuwat dadi jagal karo rak mesthi angger jagal bisa sugih apes-apese cukup. Endhang. Kyahi punapa sampun nate mirsa kok dhawuhipun mangkaten. Ajar. Tatenan saben ana wong kemalingan sapi mesthi akeh kang katitik ana ing jagal. Endhang. Enget kula badhe pamatrapipun lembu para jagal wahu kedah katengeran dening pulisi. Kaecap tepongipun. Ajar. Bener yen sapi padhang. Yen sapi peteng ora perduli ecapake. Endhang. Kemasan kados pundi. Adatipun. Ajar. Adating kemasan sok anampani barang malingan mas utawa inten awit iku dadi kauntungane. Yen ora mangkono mesthi ora duwe untung Endhang. Bilih jagal sarta kemasan sampun boten saged tampi kewan peteng punapa durjana boten saged ngesahaken barang pandungan. Ajar. Iya bisa ananging rekasa. Kayata bisa bisane digawa nyang monca nagara. mula rekasa. Endhang. Kula mentas sumerep dhusun-dhusun bawah paresidhenan kedhu. Kula rumaos eram sanget dene saben dhusun katata pager sela. Sarta satengah pinggiring dhusun mawi margi ageng. Kenging kaambah kreta. Ajar. Iya bener awit saka pangiraku para pulisi ora pakewuh gone ngencengake mranata desa. Endhang. Kula sumerep pabrik ing sawangan punika nanem sata. Kok pananemipun sata para tiyangipun boten ajeg ananging amung sakajengipun piyambak. Ajar. Iya bener aite patrape tuwan tanah mung tuku wujud tanduran kayata bekel desa kono sabawahe dikon nandur bako mengko banjur dituku tuwan tanah mahu.

4 Endhang. E dados kados dene tiyang nebas kimawon boten anguwasani tiyang. Ajar. Iya mengkono. Endhang. Manawi mangkaten para tiyangipun taksih kabawah patuh sarta pulisi. Ajar. Ing kono ora ana patuh pulisi. Kajaba kabeh mahu dadi abdine kangjeng gupremen ana pulisi kang kapatah dening kangjeng gupremen anindakake tata tentrem. Taksih wonten sambetipun.

5 Ongka. 31 kemis legi 28 siyam ehe 1812 utawi kaping. 2 agustus 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kula wisudhan Awit saking dhawuhing timbalan dalem amarengi ing dinten kemis kaping. 26 juli 1883. Raden mas panji jayeng sudira abdi dalem upsir tantama. Dados abdi dalem kapitan prawira utama. Nama raden mas kapitan brata pranata. Raden mas panji yuda utama. Abdi dalem upsir tantama. Dados abdi dalem irste litnan ajidan nama lestantun. Raden mas kuda sutirta abdi dalem kadhet tantama. Dados abdi dalem upsir tantama. Nama raden mas panji brata utama. Raden mas waneng songka. Abdi dalem kadhet prawiranom dados abdi dalem upsir tantama. Nama raden mas panji prawira digdaya. Raden mas panji waneng rewok abdi dalem kadhet prawiranom dados abdi dalem upsir prawira utama. Nama raden mas panji cakra prawira. Raden mas panji mangku atmaja. Abdi dalem upsir miji pinilih. Dados abdi dalem kapitan miji pinilih. Nama raden mas kapitan mangku pranata. Radeb mas panji mangku darsana. Abdi dalem upsir miji pinilih. Dados abdi dalem irste litnan miji pinilih nama lestantun. Raden mas panji kusuma asmara. Abdi dalem upsir prawira utama. Dados abdi dalem upsir miji pinilih. Nama raden mas panji suma pinilih. Raden ngabehi danu atmaja. Abdi dalem wah mister miji pinilih. Dados abdi dalem upsir miji pinilih. Nama raden mas panji danu pinilih. Raden mas tana pamilih. Abdi dalem kopral miji pinilih. Dados abdi dalem upsir miji pinilih. Nama raden mas panji brata pinilih. Raden mas kuda sunu. Abdi dalem kadhet tantama. Dados abdi dalem upsir jayeng astra. Nama raden mas panji jayeng widagda. Raden mas subrata. Abdi dalem kadhet prawira utama. Dados abdi dalem upsir jaya taka. Nama raden mas panji jaya sembada. Kula ingkang manjurung nama pun sajak.

Klathen Nalika kaping. 22. Juli ing pabrik gondhang wonten satunggaling tiyang galidhig amanggih sangsara sukunipun ingkang satunggal kajepit ing puteran gendhis balungipun ngantos putung. Ananging nalika samanten tiyangipun teksih gesang. Mila lajeng kapula sara dening tuwan dhokter ing militer ing klathen. Nalika dinten saptu kaping. 28 juli. Saweneh ing tiyang nami sayuda. Dados rencangipun mas rongga mangun sudarsa ing tegil sikenong kitha klathen wanci enjing pun sayuda ambrongsongi jambu dresana. Ingkang dumunung wonten ing kebon wasana epang ingkang dipun anciki sempal pun sayuda dhawah balung ing ula-ulanipun putung. Mila sanalika wahu. Pun sayuda kalajeng pejah tanpa mawi sesambat. Saking sih palimirmanipun pangagenging kitha ing ngriki sampun andhawahaken parentah bilih salebetipun ing wulan ramelan punika. Para tiyang boten kalilan anyuled mercon tuwin bedhil lan sapanunggilanipun awit sapunika benteripun sanget embok manawi anuwuhaken bancana latu. Mila sadaya tiyang padhusunan ugi sami kapacuhan bilih wonten ingkang purun-purun nerak parentah wahu. Badhe kapatrapan paukuman ing sapantesipun. Bilih ing wulan ramelan marengi tanggal kaping. 21. Para titiyang kathah ingkang sami gatekaken tirakat dhateng ing ngastan ing dhusun tembayat inggih punika psarayenanipun sinuhun pandhan arang. Sanadyan para titiyang ngamonca ugi kathah ingkang sami dhateng. Pramila awit malem. 21. Dumugi malem. 29. Kathah ing tiyang ingkang wonten ing pucaking redi pasareyan wahu ngantos ewon dalah tiyang

1 sasadeyan ugi wonten kadosta sade sekul liwet pecel saoto. Lotis punapa malih cao punika sadaya sami kadhasaraken wonten sapucaking ngaldaka wahu. Mila bilih katingal saking ngandhap ing wanci sonten saseraping sanghyang kulandargni sakalangkung samuha. Sulaking pandaming tiyang ingkang sami sasadeyan pating galebyar. Amrabani sakiwa panengening redi yayah girindra pawaka. Binarung swaraning tidhur ingkang mawantu-wantu. Tuwin kathah ing tiyang ingkang lumampah awira wiri sami amadik panggenan ingkang badhe kaangge angeningaken ing paningal jata. O ingkang sampun ciptanipun para tiyang boten kados wonten sapucaking ngaldaka. Kagagas kados wonten salebeting praja wirya. Dene ingkang ngatawisi bilih wonten ing pucaking redi inggih punika namung paniyupipun sanghyang maruta sadalu muput boten wonten kendelipun menggah kathahing tiyang ngantos ewon mangkaten boten kamirengan wonten raresah. Amargi pulisi ingkang kuwajiban ing ngriku saben dinten amariksani kawontenanipun ingkang sami tirakat wahu. Menggah lalampahan ingkang sampun kasebut ing inggil punika pancen sampun kina kemina. Para tiyang manawi angleresi ing wulan ramelan tanggal kaping. 20 dumugi malem kaping. 29. Kathah sami tirakat ing ngriku. Inggih punika panyuwunipun sageda winahyon ing laitul khadar.

Keling Pinten-pinten ewu para tiyang ing keling ingkang pralaya. Jalaran anedha matswa samodra kados adatipun pulisi lajeng amratitisaken tatelanipun ing samodra wahu sakalangkung kathah matswa ingkang pralena. Sarta lajeng kamongsa ing kancanipun piyambak pulisi ing singgapura samangke angundhangaken para tiyang bawahipun sarta para tiyang ing keling boten kenging anedha matswa samodra. Sarta kaawisan boten kenging sade utawi tumbas matswa samodra wahu. Undhang wahu sampun kagiyar dumugi kitha solo utawi ing madras ewadene panmapi pun pa tiyang ing undhang wahu namung kumambang. Ananging sareng wonten saweneh ing tiyang bongsa arab anggiyaraken warti ingkang anjalari girising tiyang mangkaten sasirnaning lintang kumukus ingkang sampun kasatmata wonten ing donya lajeng ambyur wonten samodra tanah suwes camboring kalayan tirta lajeng dados wisaya. Ing suwes wahu kaprenah sakiduling kitha mekah. Ananging pawartos mangkaten wahu sampun kaserep serepaken dening pangagenging singgapura bilih boten salugunipun ewadene para tiyang meksa kirang saserepanipun mila kalajeng anggenipun boten purun anedha matswa samodra. Dados anjalari kauntunganipun juru amragat lembu. Sakalangkung kathah papajenganipun ulam. Makaten wahu pancen watek wantunipun para bongsa tanah asiye. Bilih dipun apusi saestu satuhu pitadosipun wangsul manawi dipun awisi ing salugunipun panampinipun lajeng mawi dipun rakepi ing sujana.

Batawi Cina anama tan ing cong. Ingkang nyambut damel ing griya pekendelaning kareta asep ing batawi. Atumbas tatedhan ketan dhateng saweneh ing bakul katedha ngenggen ngantos telas 5 buntel dupi sampun tuwuk panedhanipun pun cina anedha arta susuk dhateng bakul 40 sen mongka panumbasipun dereng bayar. Sareng dipun sukani arta pun cina lajeng amalajeng. Sanalika lajeng kapikut dening pulisi. Kapriksa ngaken kaladosaken ing pangadilan lajeng kapatrapan paukuman nyambut damel paksan. 3 wulan.

Nyuwun seserepan Manawi kapareng ing panggalih kula nyuwun seserepan bab prakawis dinten pekenan ing sanes nagari dinten pekenan punika dipun rangkepi namining dintenipun ponca wara mongka ing tanah bagelen ngriki. Boten makaten namung dipun sebutaken peken ngahad utawi peken kimis. Saiba bingah ing manah kula manawi wonten para sarjana ingkang dhangan ing panggalih aparing seserepan menggah prakawis punika. Kula pun jatianom

Kula sampun dangu anggen kula badhe nuwun pitedah dhumateng para swarjana ing pabaratan bra martani. Kapareng ing sapunika sami wekdalipun. Kadosta ingkang kawastanan lintang bima sekti. Umumipun ing kathah punika menggah wujudipun inggih ugi kados saemper ringgit werkudara. Ngaglah warni cemeng wonten ing dirgantara. Ananging manawi dhadhari pendhak wanci sonten namung sahantawis lajeng surup punika menggah panggalihipun para swarjana punapa menggah temenipun. Utawi malih ingkang kawestanan lintan jaran. Dhawuk wujudipun maletuk ugi dumunung ing dirgantara. Punika ugi punapa temenipun.

2 Ingkang punika saking panuwun kula dhumateng sadaya para ingkang karsa amenggalih pitedah ing inggil wahu. Nuwun mugi sampun kagalih sesualan namung kagalihya ambingat titiyang dereng angsal pitedah yekti. Kintunan

Mitra grenteng panjenengan sampeyan karsa andangu dhumateng kula bab katranganipun grahana ingkang badhe kalampahan ing tahun ngajeng ngajeng. Ingkang tuwuh saking pambudinipun abdi sampeyan pun sastra adirengga. Ingkang mekaten wahu iba sapinten kemawon suka pirenaning manah kula. Jalaran rumaos badhe angsal indhaking seserepan ing saestunipun boten mawi rikah rikuh blakanipun kula punika taksih bodho snaget dhateng kawruh phalak punika. Wondene seserapan kula sakedhik kedhik punika anggen kula nyatheti cariyosipun abdi sampeyan pun sastra adirengga kala taksih wonten ing surakarta. Mila sakelangkung gegetuning manah kula dene katilar kesah dhateng panggenan ingkang tebih. Raosing manah aprasasat katilar mantuk dhateng jaman kalanggengan yen kula dadosa tiyang estri saestu angrentahaken waspa. Rumaos kecalan mitra ingkang kula taken-takeni. Dumadakan amanggih lipur. Inggih punika sarawuh sampeyan miyosi ing pabaratan bra martani punika saking ciptaning manah kula sampun anamtokaken badhe angsal lintuning mitra ingkang sampun kesah wahu. Saged anyaluwah sabarang ingkang kula suwunaken priksa. Ananging ing tembe bilih sampeyan karsa mundhut seserepan gentos dhumateng kula saestu kenging kabasakaken golek-golek katanggor wong luru-luru. Ewasamanten rangu-ranguning manah anggen kula badhe mangsuli punika angandhut sumelang bok bilih kalintu angudang siyunging bathara kala. Ing wasana saking mupakatipun para lid ing bale wardaya kula kajiyan ing sapisan punika kula kedah kinen anetepi punapa ingkang kasebut ing serat wulang niti sruti pada kaping 3 sanadyan kula ugi sampun miturut ewadene kula nyuwun prajanji. Ing tembe mugi panjenengan sampeyan sampun kaduk tyas abela tampi. Anirna patra. Ardawa lepa. Mindhak anuwuhaken sedhih ing manah kula. Wondene pandangu sampeyan bab grahana wahu sayektosipun kula taksih gadhah cathetan angetangi pun abdi sampeyan pun sastra adirengga. Dumugi tahun welandi 1884 saha ingkang sampun kalampahan ugi anetesi ing sanyatanipun cocog kaliyan serat pananggalan gupremen kados ingkang kula aturaken ing ngandhap punika. Ing tahun welandi 1884 boten wonten grahana surya. Dene ingkang wonten namung grahana rembulan kemawon rambah kaping kalih. 1. grahana rembulan ngantos telas katingal saking pulo jawi. Tumrapipun ing nagari surakarta wiwit ing dinten kemis tanggal kaping. 10 wulan april 1884 wanci jam 4 sonten langkung 31 menut dumugi malem jumungah wanci jam 8 langkung 31 menut. 2. Grahana rembulan malih ugi ngantos telas katingal saking pulo jawi. Dhawahipun ing malem akhad tanggal kaping. 5 wulan oktober 1884 bilih ing nagari surakarta wiwit jam 4 bangun enjing langkung 23 menut dumugi jam 8 siang langkung 15 menut. Anjawi saking punika murih raketipun amimitran kula gentos nyuwun seserepan ing panjenengan sampeyan sarehning cathetan kula bab grahana amung dumugi tahun welandi 1884 bok manawi panjenengan sampeyan sampun saged angetang grahana. Kula nyuwun katrangan dhawahipun grahana surya tuwin rembulan ingkang badhe kalampahan salebetipun tahun welandi 1885 saha mugi katerangna pisan ing titi mongsa tuwin wancinipun nalika grahana. Kados dene cathetan kula ing inggil wahu. Ananging manawi panjenengan sampeyan pancen boten saged panuwun kula mugi sampun anggalih ingkang boten boten. Boten langkung namung anglestantuna rumaketipun apawong mitran. Wondene pandangu sampeyan dhumateng kula bab lintan bima sekti. Melkweg saestunipun ing sanes dinten kemawon kula ngaturi katrangan sedheng panjenengan sampeyan sampun paring katrangan dhumateng kula bab grahanipun tahun welandi 1885 wahu. Mila makaten awit panjurung kula punika kula manah sampun kapanjangen sokur bilih panjenengan sampeyan karsa mikawoni kangelan sakedhik maos serat ngelmu ngalam panganggitipun tuwan dhokter. Ye. A. se. o udhemanes 3e stuk ing ngriku boten manawi amanggih katrangan ingkang sakalangkung tetela. Wasana tabe urmat kula katur ing panjenengan sampeyan. Sinerat ing langen arja kaping 13 juli tahun 1883 juru taman

Ananggapi lumesesing cipta. ingkang sumyur dados taklim // kumanthil aneng kukulung. Ing driya lumebet munggwing. Jejantung. Marga ing iga. Pamungkas anrajang daging. Sumelaning bebalungan karaos panas lan perih. // kagyate kongsi ajumbul. Sarira gograk pan kadi. Jagad krodha lindhu oyak. Samodra amolak malik. Minane geger puyengan. Ngupadi papan kang kalis. // sato wana gugup kawur. Katrajang kang jagad gonjing. Tunjang tinunjang lumajar. Ciptaning tyas

3 baya iki. Praptaning panggulunging rat. Wukir manggut manggut gigrik.// jugruk lebu kabur kabur. Ri sang maruta nemeni. Sumengkut ngirit kang mega. Bayak bayak pan lumaris. Tan antara langking ira. Dhedhet petenge tan sipi. // sanghyang arka wus kalimput. Tan paja bangkit angukih. Karo tan katha ing mengsah. Ewadene sang maruti. Tan marem meksa angangkat. Mendhung mrih kandel ing baris. // marma tambah dhedhet tan wun. Sadaya tuwuh prihatin. Marasing tyas bok manawa. Bakal sirna kabeh iki. Tan luwih mangsi boronga. Sumongga karseng dewadi. // tan antara praptanipun. Caraka hyang otipati. Bathara suksma kawekas. Paring nugraha tumrap ing. Pandhita tanpa asrama. Anama ki melas asih. // wawarah denira muwus. Heh sun duta hyang pramesthi. Renganta wong marcapada. Ywa samya nandhang prihatin. Gonjang ganjinging kang jagad. Iki ana kang akardi.// kidul iki ana pengung. Sujanma kurang pangreti. Lagya weruh aksaraha. Tunggale durung udani. Malebu sajroning praja. Amanung kang para wasis.// rehing wong wijiling gunung. Tanpa tata tanpa krami. Ana sajuga satriya. Wingit lepas ing pambudi. Kang prapta sujanma desa. Kang tanpa yuda nagari.// limut ing tyas krodha liwung. Dudukanira nira tan sipi. Tanpa ngrasa sira sudra. Sasuker gandamu sami. Heh iku kang dadya krana. Sumeber ngebeki bumi. // wasana titining kidung. Dhuh satriya ingkang lagi duduka marang wong desa. Reh tan sinungan saesih. Kapara manggih bancana. Ajar jaka tanya mugi.// kaparenga minta maklum. Makethi sisip ing nguni. Andhawahna gung aksama. Ywa kadurus runtik mugi. Brasthaha den kongsi sirna. Santuna ulat kang manis.// karya wengku jajeting kinteki. Wigaring kang pangripta rikala. Ing ngari jumungah wage. Wilasita sinamur. Ruwah candra ingkang marengi. Warsa ehe rinengga ing sengkalanipun. Sumlonong datan ngrasa. Bujaningrat. Rinenggweng resi pasisir. Pun ajar jaka tanya.

Candhakipun ringgit cina // ki santri asru angucap. Dika metu wonten kecu dhatengi. Yen andika boten magut. Mangke ngobongi wisma. Sang lah ugi ngrasuk gagaman magut. Kalawan sarewangira. Tigang atus methuk jurit. // arame denira yuda. Sanglah ugi mengsah sang pethut kalah. Lah ugi kasor wus lampus. Wadya tri atus bubar. Pethuk kalih laju malebeng ing dhukuh. Pik bun lwong kunjaranira. Ingusung binekta mijil.// raden bun lwong langkung kagyat. Kaya paran sapa kang ngusung mami. pethut kamuwus. Jarwa satingkah ira. Lamun dewa kang paring wangsit satuhu. Kinen nulungi andika. Katur mring narendra siwi.// raden bun lwong langkung suka. Wus linuwar kalawan denaturi. Turongga binekta mantuk. Marang pethut kalihnya. Prapteng wisma sinuba suba kalangkung. Pethut kalih panyuwunnya. Nyuwun ngabdi marang gusti.// nahan wusi gunem rembag. Sigra budhal marang kyuyam san wukir. Lan bekta saleksa wadu. Ing marga tan winarna. Sampun prapta nuju barisane mungsuh. Tumenggung li ting uninga. Yen ana prajurit prapti. // winawas titindhih ira. Raden bun lwong lawan prajurit kalih. Sami gagah birawa gung. Li ting garjita ing tyas. silah ugi baya mati neng dilanggung. Ketara pik bun lwong luwar. Lah sapa kanthine iki.// wani angrebut aristan. Sugih kendel kalawan bondha wani. Kuneng ganti kang winuwus. Sang pathut kalih ira. Raden hwong pah lan nga ing panedhanipun. Mring raden bun lwong atrunya. Kumedah laju ajurit.// raden bun lwong anyengaja. Nanging sampun purun purun nututi. Tumenggung li ting yen mundur. Badhe nanduken jimat. Raden hwong pah sigra denira umagut. Susumbar payo metuwa. Li ting tandhing sura sekti.// tumenggung li ting miharsa. Sigra mijil nitih kuda mangarsi. Prapteng rona wus kapaguh. Li ting asru angucap sira sapa wani ngrebut bun lwong iku. Raden hwong pah sahur ira. Ingsun hwong pah sura sekti.// nyata ing sun kang angluwar. Mring pik bun lwong sun mring sira tan wedi. Heh li ting payo den gupuh. Godoha marang ing wang. Ki tumenggung li ting bramantya gya mupuh. Tinangkis samining gada. Malesat gadaning li ting. // hwong pah duk arsa anggada. Ki tumenggung li ting maras ing ati. Sigra uncat wus lumayu. Kudanya nyander keras. Raden hwong pah nututi sapurugipun. Raden bun lwong ngwuh sora. Hong pah tan arsa ngunduri.// 00// ki tumenggung dupi arsa katututan. Sigra buka salepi. Jimat isi gambar saksana sami medal. Warna jalma genga inggil. Laju nanggulang. Hwong pah kinepung kikis.// taksih wonten candhakipun.

4 Ongka. 32 kemis pon 5 sawal ehe 1812 utawi kaping. 9 agustus 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Para tiyang salebeting nagari kathah ingkang sami kusung kusung mrelokaken inggali pambabaring kareteg ageng ing jurug inggih punika ingkang badhe kaambah lampah ing sepur weh. Saking surabaya. Mongka nalika kareteg wahu dereng dados kathah para tiyang ingkang sami ambatang kareteg punika badhe boten saged kalampahan dados jalaran ing salami laminipun saha wirayating para sepuh lepen bengawan sala. Boteng kenging dipun kareteg wasana ing mangke kaleksanan saged dados temah sadhengah ing tiyang ingkang ningali tuwuh precaya ning manahipun dhumateng santosaning kareteg wahu. Kintunan

Bayalali Bilih wulan sae kathah para tiyang ingkang sami apala krami. Para tiyang ing bawah dhistrik koripan sami sungkawa. Malah ngantos dumugi sapunika pisan para tiyang ngriku boten pegat ing pamujinipun sageda sirna turidaning manah. Kalayan sih kawlasaning para luhur ingkang mangun kridhani praja. Jalaran paningkah ing bekel dumugi tiyang alit sami kapundhut dhumateng ngarsaning prayagung dhistrik punika sanget anuwuhaken ribedipun tiyang alit ingkang kacingkrangan waragad saha ingkang griyanipun tebih saking kadhestrikan wahu. Bilih kawontenaning srakah pamundhuting naib ing koripan ngriku boten sanes kaliyan kadhistrikan ing liyanipun tiyang alit ugi saringgit sisih. Bekel gangsal rupiyah sisih. Makaten wahu manawi tumrap dhumateng tiyang alit ingkang boten gadhah ugi mesakaken mongka cariyosipun tiyang ingkang alim ing sarak kawontenaning arta srakah punika namung minongka jekat dados kenging sak gadhah gadhahanipun kimawon ewadene ing dhusun boten kenging kirang naib pamundhuting srakah saking saringgit sisih wahu. Malah ingkang langkung saking saringgit ugi wonten mila tiyang alit ing dhusun dhusun boten kirang ingkang kalampahan batal ing paningkahipun jalaran kikirangan arta kadamel srakah. Ingkang punika saupami wonten parimarmaning kangjeng parentah dhumateng para kawula alit aparing angger wawatoning arta srakah. Kados anambahi tentreming para kawula alit ingkang sami angesahaken anggening badhe ajejodhon. Kintunan

Kathah kedhikipun yatra ingkang winastan srakah pancen boten kenging kaanggeran awit punika ewoning salawat dados namung sumarah wonten kadaring ingkang badhe ningkah. Yatra rak boten karam nun. Juru ngarang.

Ngrambe Kala tanggal kaping. 15 juli kapengker punika. Ing wanci tabuh 8 dalu kula kaget amireng swaraning kenthongan ingkang gumuruh. Kula sigra medal saking ing griya sumelanging manah ambok bilih griya kabesmi nanging boten mila gancangan kula lajeng amratitisaken sarana pitaken wasana angsal saserepan bilih umyeking kenthongan wahu wonten tiyang ambalurut lapat. Raden behi jaya dipura asisten wadana sine. Pinuju papriksa taneman kebon kopi. Ing ngriku kapethuk saweneh ing tiyang ingkang lampah semu anyalawadi. Wasana sareng katiti priksa pinanggih babektanipun warni pusaka kyahi bududan klyana nyahi pangot urik kalelet utawi sareng kauculan iketipun pinanggih malih jimatanipun ingkang kadekek ing lebeting mondholan werni 2 pes apyun antawis kathah ing apyun sami sapalihipun kemiri. Mila tiyang lajeng kasaosaken ing nagari. O ing pandugi kula punika tiyang pancen ragi anyidham sekul rangsum. Parentah ing onder dhistrik sine utawi ing onder dhistrik mendira. Sampun sami amikut saweneh ing tiyang lumampah mantuk saking peken bawah sokawati. Jalaran titiyang wahu sima embakta sarem lambet wadalipun ing kuwu. Sasampunipun lajeng kaladosaken ing nagari. Kilap kadadosanipun.

1 Pun marta ngulama sarekat masjid pandugi kula pyambakipun semu kabingahen ing manah awit wektu punika sampun malem 27 rumaos ing manahipun sampun tamtu badhe anampeni kabegjan saking arta pitrah. Mila saking kabingahanipun wahu saged anuwuhaken sembrananipun boten mrayitnani dhumateng lare alit katemahan anakipun pun sembrana ingkang sawek umur 3 tahun kala tanggal kaping. 27 siyam wahu lare sampun pejah jalaran kajegur balumbangipun pyambak. o kula mireng sambat panangisipun ingkang kaniran weka sanget ngeres ing manah kula. Ewadene wonten tiyang ingkang mentala srengen makaten baiyah la embok wis meneng. Ko tangisana kae wong wis mati masa uripa ora. Mula ne wong urip iku aja sembrana. Dene ora. Yen dituturi wong tuwa iku dipadakake bokonge bae. Lah yen mangkono iku kapriye ta.

Anam Nalika tanggal kaping. 28 wulan cina si e guwig palwa punika cina anama poce. Ing nagari anam ingkang sampun lumaksana ing kitha sun owa. Sarta kitha hongkong awawarti. Para wadya bala anam kapengin sanget acampuh yuda kalayan wadya bala prasman amargi praja prasman sampun angrumiyini gepuk ing kitha tongking sarta kitha nabdhin pawartosipun wadya prasman sampun asasmita badhe nempuh wadya bala ingkang mawi atetenger bandera cemeng. Mila para tiyang salebeting kitha sun owa sami angatos atos embok manawi badhe boten sandeka aru biru dening praja prasman samangke tiyang ing sun owa sampun sami sedhiya boga sarta dadamel ing samongsa mongsa wadya bala prasman dhateng tamtu lajeng dipun tanggulangi. Lepen-lepen sarta tepining samodra kapasangan rante tosan mirantos angewed ewedi lampahing palwaning mengsah. Benteng-benteng sampun mirantos sarta kaisenan wadya bala kathah. Sanadyan wadya bala anam wahu katingal santosa anggenipun sadhiya. Sarta langkung kathah wadyanipun ananging ingkang andadosaken kirang sumelanging mengsah. Dene dadamel sarta panganggenipun wadya bala wahu . sadaya damelan kina. Ingkang pandamelipun boten kirang saking 100 tahun kadosta waos golok tameng. Ugi wonten sawatawis sanjata damelan sapunika. Dados bilih yuda kalayan praja prasman meh kenging katamtokaken kasoranipun. Wonten pawartos kala pralayanipun jendral prasman wonten ing paprangan wadya bala lajeng ngaturi uninga dhateng prankrik saksana kawewahan wadya bala kawan ewu. Supados ambiyantoni yuda. Lajeng kapyarsa dening sri narendra cina. Bilih praja prasman angintunaken wadya bala wahu. Saksana praja cina lajeng angangkataken wadya bala tigang dasa ewu saking kitha yunam jujug ing nagari anam ambiyantoni wadya bala bandera cemeng. Ing temebe samasa sampun tempuh ing ngajurit mongka wonten wadya bala ingkang pralaya kenginga kakukup kuwandhanipun sanajan wadya bala cina ugi mangkaten ananging dereng angsal katrangan. H. N.

Koreya Tiyang salebeting nagari koreya. Ingkang atepang wates kalayan nagari ruslan kathah ingkang ngalih dhateng ruslan para dagang sami ambekta daganganipun uwos dhateng ruslansareng kapyarsa dening parentah ing koreya lajeng amatah wadya bala ambudi kendhakipun lalampahan wahu. Wonten pawartos bilih wadya bala cina ingkang dumunung ing nagari koreya badhe kapundhut wangsul amargi anjalari kathahing waragat senapatining ngayuda. Anama guwi kun bun sampun wangsul dhateng ing kitha peking. Prelu angrembag prakawis punika. Malah pamanggihipun ing koreya kedah kadunungan malih benteng cacah 10 iji. Kintunan

Cariyos gancaring sela Ingkang sanadyan atur panjurung kula punika boten tumempel saking sagluguting kolang kaling sarambut pinaradasa. Nanging adrenging manah namung kagendeng anggen kula amituhokaken saking karsanipun juru gubah. Inggih gliyak gliyak kula sumedya anggiyaraken jalentreh ing gancaripun sela ingkang sampun kula wartosaken tumrap ing bra martani ongka. 28. Tahun punika. Nanging cariyos kula punika namung gethok tular saking kojhaipun sanak ing dhusun kemawon dados sisip tuwin kayektenanipun kula sumongga para ingkang kasusra punjul lepasing pambudi. Awat bilih kula pyambak tangeh mengeh mengeh sageda andungkap kayaktosanipun cariyos ingkang kacetha ing ngandhap punika. Ing sacelaking sela ingkang tumumpang ing kajeng wahu. Wonten sabin ingkang winastan sabin jodhi. Pawartos jaman rumiyin punika sabin sabinipun sang werkudara. Ing sabin jodhi ngriku wonten tiga iji sela ageng-ageng patrapipun sawerni kadi dhingkel inggih punika pancen sela dhingkel pawonipun sang werkudara nalika ngliwet wonten in sabin ngriku. Wondening sela ingkang mungging kajeng bendha ingkang saking siti inggilipun. 30. Tigang dasa kaki. Punika sela balangipun sang werkudara. Ing ngajeng jalaranipun makaten. Nalikanipun sang werkudara angliwet sasampuning mateng lajeng kakedhuk

2 intipipun kaepe. Nanging wahu intip ingkang kaepe lajeng kagondhol ing dhandhang kabekta mencok mencok dhateng ing wit bendha wahu. Sang wrekudara sareng priksa bilih intipipun kagondhol ing peksi dhandhang dahat bramantya. Cek anyandhak sela kabalangaken ing dhandhang nanging lepat sarta sela balang wahu lajeng kasangsang. Saged anjalari gancaring cariyos dumugenipun sapunika. Ing wasana saadangunipun panyerat kula punika lajeng kawahya pangangen-angening manah kula makaten. Lo tiyang werkudara punika kacriyos satriya tur prajurit linuwih. Teka karsa sabin tuwin angliwet pyambak malih teka nistha temen dening satriya anggalih eman ing atasing intip garing kemawon kilap bilih kala samanten werkudara dados kaum ing dhusun sabab wataking kaum ing dhusun wahu rena sanget angepe sekul barkat. Kintunan Dados umuripun wit bendha wahu sampun pinten tahun. Juru gubah

Wangsulan Kula dados dereng kober amangsuli panjurungipun mitra cebong. Selak kasaru mitra grenteng karsa aleledhang ing pabarataning pustaka warti. Saderengipun kula saged angaturi katrangan dhateng mitra cebong ingkang ngantos anjalari mareming kaptinipun mitra cebong. Supados mantuk anggenipun lalana dhateng kanpung cina. Bab pandangunipun mitra cebong kula sampun anyondhongi pamanggihipun mitra grenteng. Awit sampun tamtu boten mokal swaraning ardi marapi tanah padhang kapyarsa saking benawi. Samanten wahu kedah kaiden rumiyin dening panembahan kyahi kedhung lumbu. Malah kula sampun anginte wonten ing margi ageng samongsa kyahi kedhung lumbu miyos kula badhe matur sakedhik ing dhusun sumbung sacelaking dhusun cepaga wonten perenging jurang punika tiyang ngriku mestani susuh angin kula sampun nyatakaken piyambak ingkang kawastanan susuh angin wahu mahujud bolongan katingalipun angin angidit saking nglebet ing bolongan wahu kula tempelei mahujud sabarang sanajan awrat tamtu saged kontal tebih. Lo punika kados pundi. Punapa inggih lugu saking susuh angin ewadene sesandhungan panjurung kula punika bilih kapethuk kyahi kedhung lumbu lajeng kaparingan jarwa sakalangkung panuwun kula. Pun endhang pracimasana

Panjurung Rumiyin mila sampun kula tengeri. Yen kyahi kedhung lumbu kadunungan kawruh. Sugih weweka boten kakathahen wicara. Anaging kuciwanipun ingkang dhumateng kula. Dene kyahi boten ambabaraken pisan kados pundi kawruhipun bab hawaning masa badhidhing tumandukipun dhumateng tiyang sepuh. Teka langkung bebles katembung kaliyan para anem sanajan ukaranipun wahu kadhapur pitaken rehning galibetipun kyahi angumbar birawaning budi. Amitontonaken pethaking rema ingkang mratandhani kaluhuranipun janma mursada. Dados pun kula prayogi anerangaken ing atasipun kawruh badaning manungsa. Awit purwa. Madya. Wasana. Anggenipun katandukaken dayaning sanes mawi kawijang wijangna sasabab satunggil tunggilipun sampun kantos kadamel garban kemawon angesonga sarehning kula tiyang anem dereng pikantuk kawruh. Kula rumaos kasampe ing lembeyanipun kyahi kedhung lumbu. Jalaran saking anggen kula tumut anedhak pitembunganipun cebong. Boten kula bladhahaken terang. Sanalika kados seratipun kya. Ananging ing ngatasipun kula inggih boten dados punapa. Amargi kyahi taksih kasengsem sanget angagem kaluhuranipun mawi sasebutan……… Manawi atur kula ing adeg adeg ongka. Boten tumunten kaparingan katrangan dalah katranganipun urubing ardi marapi sapanunggilanipun punika kyahi sangsaya katelak bilih kagungan ambek drengki. Dados boten suka kawruhipun kababar ing sanes karenanipun amung mepetaken dhumateng ingkang lepat. Dhuh para sarjana. Ingkang sampun kasebut kyahi. Ajar. Tuwin wasi sapanunggilanipun sabab punapa gunaning kawruh ijengandika. Teka kasidhem kemawon boten kadamel angentasaken pun cubluk saking papeteng.

Panambraman sarana kidung malajeng I II Petang dan dateng bergantie barang njang galat baik die obah, Dzat njang hina dapet hidaijat, oesaken dirie den njang ringan, Djikaloek beta amat – amatti, koerniija Toewan boekan melipah, Djarang njang charam barang di darat, prie ichtijar tida bertjengan; III Dendam njang gaib bikin madlarat Bertjere djoega atas ibarat;

3 Sekadar hamba tjarik sjafaat Menoentoet boedie berasa ledsat; katandhan grenteng

Candhakipun ringgit cina // raden hwong pah bramantya angkat gada. Amupuh nganan ngering. Singa kang kakiban prajurit kasentikan tan karasa datan gigrik sangsaya sura. Ngruket angrebut bindi. // raden hwong pah gadane rinebut kena. Sigra prajurit eblis dupi arsa nyandhak hwong pah arsa binonda. Kasaru dewa kang prapti. Sangking gegana. Kang nama sanghyang li cin.// angadhangi sarya sru denya ngandika. Hwong pah mundura aglis. dudu tandhing ira. Hwong nembah aturnya. Gada kawula wus keni. Hyang li cin nabda. Sira aywa kuwatir.// sun rebute gadanira pesthi kena. Hwong pah wus mundur aris sanghyang licin sigra. Ngambil serat pangwasa. Warni kacang ruji abrit nulya sinebar. Ing siti dadya agni.// urubing kang dahana kumantar kantar. Sigra agni ambesmi. Mring jalma pupujan geseng sadaya sirna. Tumenggung li ting udani. Yen jalma pujan sirna pinangan agni.// ki tumenggungkekes tyase gya sumewa. Marang bathara li cin mendhak sarwi nembah. Dhuh sinten jeng paduka dene kuwasa tan sipi. Saged anulak paringing bathang radi.// sanghyang li cin aris pangandikanira. Ingsun bathara li cin dewa ing litosan. Tumenggung li ting sira. Turuten pitutur mami. sira nungkula. Marang narendra siwi.// iku dadi margane kamulyanira. Sabab sang prabu dewi. Jumeneng narendra. amung salikur warsa. Iki meh entek ing jangji. Karaton tongtya. Laleng ong kang gumanti. // ki tumenggung li ting umatur sandika. Saksana wus lumaris samya sasarengan nahan sang senapatya. Sik kogn wus miharsa warti. Yen yudanira. Nungkul tumenggung li ting. // sigra atur uninga mring raja putra. Wus samya den timbali. Gya minggah mring arga. Katampen suka rena. Katur tingkah ing ngajurit. Lamun bathara. Li cin ingkang anarik.// sanghyang li cin wus panggih lan raja putra. Langkung pinundhi pundhi. Ri wusnya mangkana. Sanghyang li cin gya musna. Kang kantun bujana sami. Tan kawuwusa. Kang sampun suka mukti. // kang winarna prabu dewi wus miharsa. Lamun tumenggung li ting. Kasor yudanira. Wus nungkul mring kyu yam san. Prabu dewi animbali rekyana patya. Ngrembag kang manggut jurit.// yata pangran busamsu ingkang asagah. Mukul narendra siwi. Sang prabu wanodya. Langkung suka ning driya. Busamsu wus den paringi. Kapraboning prang. Lan wadya kalih kethi.// miwah sangu mwang pirantining ngagesang. Wus kinen budhal nu wadya muntat balabar. Duk budhal kagiri-giri. Umyang gumerah badera warni warni.// mwang wahana turongga para punggawa. Tuwin satriya mantri. Lepas lampah ira. Ing marga tan winarna. Ing kyu yam san sampun prapti. Tata pondhokan kasukan siang latri.// senapati sik kong wus atur uninga. Marang narendra siwi. Yen mengsah geng prapta. Kang dadya senapatya. Pangran busamsu sinekti. Narendra putra. Sigra karsa miyosi.// wus ngundhangi para titindhih.ing yuda. Samakta budhal enjing. Gunging wadya bala. Tinimbang lawan mengsah. Wus makuwon ngandhap wukir. Narendra putra. Rineksa pra titindhih.// senapati sik kong lawan panembahan jibica datan tebih. Yata nalikenjang. Tengara wurahan pangran busamsu wus mijil atata wadya. Ngadani aprang tandhing. Taksih wonten candhakipun.

4 Ongka. 33 kemis kliwon kaping 12 sawal ehe 1812 utawi kaping. 16 agustus 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Madiyun Kang rameyan dinten ariyadi ing ngriki boten kalebet rame kados dening tahun ingkang nembe kapengker. Jalaran wektu garebegipun enjing boten mawi tontonan gunungan sapanunggilanipun sarta suwaraning mercon ing alun alun boten rame. jAlaran saking kiranging para penonton amargi punika anuwuhaken pangadhuhipun para cina ingkang smai sade mercon kang awit sasadeyanipun dados bubruk. Dene tontonan sontenipun ing alun-alun inggih punika. Watangan para priyantun tuwin para palang bekel balapan kacu. Tuwin plorodan. Makaten ugi dalunipun ing dalem kabupaten alalangen ringgitan purwa. Pabrik rosan ing dhusun sentul dhistrik kanigara ingkang nembe kebikak sampun awit anggarap siti ingkang badhe kataneman rosan wahu. Kadosta anyemplong sapanunggilanipun sarta sampun adhatengaken wiji rosan pinten pinten atus cikar kawrat ing sepur saking majakarta. Saestu punika badhe amewahi karaharjaning nagari madiyun sarta adamel sawatawis gampil wenganing para tiyang alit ingkang angupajiwa. Bilih surup lumebet ing ngriku. Estu boten kirang pakaryan. Katandhan rara ragil.

Maospati Nembe punika tiyang wasta samenggala. Griya ing dhusun ngjung kadhestrikan ing maospati. Ing wanci siang kekesahan akaliyan semahipun sareng dumugi salering pajagen padhekahan gasir. Lajeng sami kendel ing sapunggiring bendungan ingkang angongkang ing margi ageng. Ing ngriku jaler estri lajeng sami adus kala samanten panuju benter sanget jalaran saking prabaning diwangkara ingkang anyoroti. Mila sareng tumanduk ing tirta ingkang asrep tur bening. Pun samenggala angraos sakecanen seger. Sumyah. Lajeng salulup ing madyaning ranu. Ananging lajeng boten karsa mancungul malih. ingkang estri sumelang ing manah awit sampun dangu anggenipun angantosi mancunglipun ingkang jaler. Sareng dangu dangu sumelang ing manahwahu snagsaya sanget enggal anguwuh uwuh. Pakne thole. Pakne thole lah dienggal mancungula. Payo tumuli nutugake laku. Awit iki meh kawengen ananging boten wonten sawara ingkang kapireng anyahuri. Wantuning pawestri cupeting budi sepaking duhkita. Mila boten amanah dangu malih. sampun anginten bilih ingkang jaler karsa kadreman ing warih. Enggal nedha tulung dhateng tiyang ingkang panuju jagi ing pajagen ingkang boten tebih saking ngriku. Sakala geter suwaraning kyahi ageng thongthongan cekoh. Andhatengaken para ulu-ulu ning pulisi sarta para tiyang ingkang cancingan anglayat ing babaya. Kathah tiyang ingkang sami lajeng anjegur sumedya mungu ingkang sawek sare mindu. Boten antawis dangu pun samenggala lajeng kapanggih ananging sampun angemasi. Katiti pariksa badanipun sakojur boten wonten labetipun menggah wiyaring bebegan ingkang anjalari pejahipun wahu namung 12 meter buweng. Dene lebetipun udakawis2 dhepa. Yen katitik saking kawujudanipun bendungan ingkang anjalari pejahipun pun samenggala wahu saestu boten memper. Ananging manawi kapuwung dhumawah ing pepesthenipun sadaya manungsa gumantung dhumateng ing gusti kang murba. Kados para sarjana lajeng sami anggalih bilih pejah ingkang makaten punika boten angeram eramaken.

Kala tanggal kaping. 5 angajengaken tanggal kaping. 6 ing wulan agustus punika. Lare jajaka ingkang nami. Siwa. Griya ing dhusun maospati. Wanci daluy mantuk saking aningali reyog lajeng mampir ing griyaning kapenakanipun estri. Rondha awasta bok rara jawil kala samanten korining griya dereng kakancing. Siwah enggal lumebet sareng angungak ing senthong sakalangkung kaget ing manah. Aningali rare jaler awasta komir. Tunggil tilem kaliyan kapenakanipun wahu. Ing ngriku siwah dahat bramantyanira. Jajabang mawinga winga kumejot padoning lathi. Kumukus netra nira. Enggal amendhet teken ingkang pinuju wonten ing ngriku. Pun komir lajeng kalarak medal sarta kapala. Emper-emperipun kados kala prabu baladewa mala arjuna. Wonten salebeting kadhaton mondraka. Boten dangu kathah pulisi dhateng. Sami tumut nempil abitheni. Pun komir lajeng katur ing kadhistrikan kilap kadadosanipun.

1 Landhak ingkang kawartosaken saged tata janmi. Kamot ing sawarnining paustaka warti. Kala tanggal kaping. 25 wulan juli ingkang kapengker punika sampun dhateng ing maispati. Sarehning misuwur ing pawartos angerem-eremaken mila kula lajeng ningali. Sadhateng kula ing panggenanipun kula dipun tedhani beya. 10 sen mekaten ugi para tiyang ingkang ningali sanes sanesipun kula lajeng kalebetaken ing griya. Kula saged aningali cetha menggah kawujudanipun landhak wahu mawi kagendhong dhateng tiyang estri. Inggih punika ingkang gadhah. Kula lajeng pitaken landhak apa kowe gelem rabi kere. Landhak kendel kemawon kula pitaken malih. apa kowe arep nguntal kulelet inggih maksa kendel kemawon kula pitaken malih.kowe apa arep rabi nyonyah cina. Landhak lajeng nyahuri. Ak. Ak. Sanget gen kula gumujeng. Dhuh gusti kang murbeng tuwuh. Teka angebat ebati pambudining tumitah dhateng pangupayaning boja. Kintunan

Ngrambe Andudut kacaryaning manah sengseming paningal awit ing padunungan kula ing ngrambe samangke kongas asrinipun inggih punika jalaran saking resiking pakebonanipun pemahan resiking pager pager tuwin gumladhaging toya ingkang sami mili manjing pekarangan ing saestu pantes kaupamekaken makaten resik gumriningipun pekarangan prasasat kenya ingkang sawek mentas saking siram kujamas dhandhingipun pager pager anglir wanita ingkang siyaga. Pager-pager wahu sami kausar apu katingal pethak amublak kados juwita ingkang mawa pupur amero mero ngadhang priya munggeng ngenu. Kawewahan ing sapunika wonten lantera 5 iji. Ingkang kagandhulaken wonten ing saurutipun radinan yen dalu kasulet pating galebyar sumunar boten pae klayan cahyaning para dyah ingkang sawek nyidham kaworan juru panyulet pandam bilih sonten sarta enjing prapta ing doning lentera. Sonten nyulet yen enjing angresiki. Ingkang pinongka priya ingkang anyambangi para kenya kenya bebedhanganipun inggih punika wira wirining juru pandam wahu. Panumbasing lisah utawi blanjanipun juru pandam wahu. Saben wulan medal saking sumbangan urunanipun para priyantun jawi utawi saking panjenenganipun tuwan kontrolir ngriki. Wasana sadaya patrapipun wawarnen tuwin pranata ingkang sampun kacetha wahu. Anjalari pangalembana kula dhumateng taberinipun ingkang darbe pambudi. Inggih punika reden mas ……… susulih wadana. Nanging inggih saking idin kapareng dhanganipun panjenenganipun tuwan kontrolir. Kathah para mitra ing monca nagara. ingkang angwartosaken sangetipun benter awit sampun lami boten wonten kintunan jawah. Andadosaken kirang sakeca tumrapipun dhumateng ing badan lo. Punika punapa boten utami bilih para alim tuwin para jamhur kakersakaken sami salat istika. Punapa inggih ta nun bilih sang alim sami salat istika lajeng jawah. O yen sang alim saged andhatengaken jawah mendah anggen kula badhe kekeceh inggih. Ing tanggal kaping. 1sawal dinten ariyadi bakda siyam wonten para santri ingkang sampun merlokaken mara tamu dhateng ing griya kula. Sanadyan sang santri dereng nate sarawungan kalayan kula. Ewadene patrapipun rumaket rumahap tur trapsila andhap asor. Wonten ing ngalatar sampun andhodhok sarta tembungipun amlas arsa ngemis pitrah kecil nun nun. Terkadhang inggih wonten santri ingkang sawek sawek thimik thimik badhe dhodhok lajeng wangsul inggih punika jalaran ajrih saking panjugugipun sagawon kula. Panjenenganipun kiyahi juru ngarang pangemisipun santri punika punapa boten nerak walering nagari. Kintunan

Pangemisipun para santri tuwin para kaji sampun saestu anerak papacaking nagari. Punapa malih ugi anerak sarak. Juru ngarang

Bab hama tikus Ing bra martani ongka. 29 wonten saweneh ing mitra kula ing klathen ingkang anyariyosaken bilih ing mongsa punika wedalipun sabin ing ngriku boten patos sempulur jalaran kenging ing hama tikus ing sarehning mitra kula ingkang manjurung wahu akanthi gadhah pangajeng-ajeng supados wontena ingkang anggancaraken tarekah bab icalipun hama tikus wahu. Amila bilih anyondhongi saking karsanipun ingkang sarta panjenenganipun tuwan juru ngarang anayogyani. Ing ngriki kula kedah amaelu dhateng panedhanipun punika. Kula pethikaken saking buku. Among tani. Anggitanipun tuwan ka. Ef ole. Ingkang sampun katedhak ing tembung jawi dening tuwan ha. Ka. Ha. Wilen juru basa ing nagari surakarta. Kados ing ngandhap punika. Tikus punika sampunlimrah yen adamel pituna kathah dhateng tiyang tani. Ing wanci sonten tiyang tani taksih suka manahipun dene ninglai tanemanipun pantun taksih sae warninipun kenging kaajeng ajeng

2 badhe amedali kathah. Utawi bingahing manah. Angentosi mongsa pangenining tanemanipun pantun ingkang wulenipun sampun tumungkul dening awrating isinipun saking bingahipun angantos kamitingalen polahipun para estri ingkang sami anderepi. Punapa dene ingkang sami anumpukaken belahan jene jene wonten ing plataranipun sadayaning pangajeng ajeng wahu asring boten wonten kayaktosanipun ingkang sami ing dalem sadalu kemawon ingkang kaajeng ajeng wahu ical sadaya. Tiyang tani satanginipun saking tilem enjing ningali taneman pantun ingkang dipun ajeng ajeng badhe amedali kathah. Ingkang wulenipun sami ijem ijem sarta seger warninipun asring kantun gagangipun kemawon pantun sami kamongsa ing tikus andadosaken kamlaratanipun tiyang tani. Mila anggumunaken dene ngantos sapriki. Tiyang tani dereng ngupados akal amurih icaling hama tikus taksihipun wonten hama. Punika ing sawatawis saking weyanipun tiyang jawi. Utawinipun saking salah pikajengipun dene sami mastani yen tikus punika dhemit sinten ingkang purun purun andadosaken dukanipun sampun saestu badhe manggih tiwas ageng. Punika sababipun tiyang dhusun boten purun mejahi tikus dene manawi parentah ingkang dhawuh murih sirnanipun saderengipun anglampahi dhawah. Tiyang dhusun sok nedha pangapunten rumiyin dhateng tikus kathah tiyang tani mastani pun tikus adatipun dipun sebut bagus. Para lurah utawi ulami inggih saking salah pitajengipun kathah ingkan ngaggol agoli kalampahing karsanipun pangagenging nagari prakawis sirnanipun tikus awit asring anyidhem atur bab pitunaning sabin dening hama wahu. Utawi aturipun anyuda kathahing pituna. Malah tiyang dhusun dipun purih singlon sampun ngantos mejahi hama tikus. Pundi ingkang sumerep sadaya punika. Sampun boten susah kapredi malih. ngupadosa rerekan ingkang mikantuki. Amurih icaling hama tikus sabab sampun limrah yen sabin atusan bahu sakedhap kemawon kamongsa ing tikus. Tikus punika kenging kawastanan warni kalih. Ingkang sawarni manggen ing wana. Dene manawi kirangan tedha wonten ing wana lajeng ngongsa dhateng pawana ingkang kaolah. Ingkang sawarni manggen wonten ing ngerong kang celak sabin utawi wonten ing galengan tikus anggirisi anggenipun enggal ngrebda. Sabab tikus satunggal cindhilipun ngantos nem sabrolan sami enggal ageng lajeng tangkar tumangkar. Boten antawis lami indhakipun dados ewon. Mila anjawi pun amejahi tikus wahu. Galengan ing saben tahun karisaka. Lajeng kadamela enggal sarta kareksaha sampun ngantos wonten ronging tikus manawi punika kaleksanan ingkang prayogi. Wusananipun tikus boten namung badhe suda. Malah sakantunanipun ingkang pejah. Badhe kesah pisan. Galengan prayogi karesikana ing samongsa mangsanipun sampun ngantos wonten rumput utawi rurungkutipun tiyang tani anginguwa kuwuk kucing. Kokok belok tuwin tekek kokok belok sarta tekek kainguwa wonten ing lumbung. Sabab tikus boten purun nyelaki. Ing sawatawis panggenan kadekekan pasangan tikus. Ing tanah garut tikus ageng awarni kalih. Dene ingkang sawarni agengipun satrewelu. Wulunipun cemeng. Warni satunggilipun punika tikus limrah. Menggah tikus alit ugi warni kalih. Ingkang sawarni pancen manggen wonten ing sabin dene warni satunggilipun anama cucurut ing tanah surakarta kawastanan calurut. Kala tahun 1862 tuwin 1863 salebetipun 15 wulan tikus ingkang katumpes bawah ing garut langkung saking sayuta. Saba dene dhawahipun kangjeng gupremen bab amejahi tikus dipun laksanani kalayan temen temen wonten ing tanah garut punika saking dameling pangulu raden kaji mukhamad musa. Punika budinipun boten cupet kados ngulami sanesipun angantos mastani manawi tikus punika dhemit. Taksih wonten sambetipun Andhe andhe lumut

Pangalosot kula nyuwun barkah mugi jinarwanana Sampun kalimrahanipun bongsa kula tiyang jawi. Bilih andhaupaken panganten mawi sang panganten balangan gantal lo. Punika paedah kados pundi sarta mirit saking punapa. Sabab dening punapa. Jabang bayi ingkang sawek lahir ing daganipun mawi kasukanan papon lading tuwin sapu gerang sapanunggilanipun punapa dene yen sang jabang bayi sampun pupak puser. Ugi ing daganipun lajeng kasukanan dlancang pinetha bendera. Payung. Sarta upih kapetha pedhang. Dhuwung mawi kalonthongan apu lan angus punapa malih gedheg ingkang jawi kakenthengan ing lawe wenang. Tuwin kiwa tengening kori. Pojokaning griya sami kaslempetan pandhan ri. Godhong girang utawi ri kruwut. Lo. Ingkang kula aturaken punika waton caranipun bongsa tiyang alit.

Atur wangsulan

3 Gunging pahargyan minongka talam ingkang mesi taklim kinawuk puspita rum rumeseping manah. Linuruban ing wastra dipa muji karaharjan pecating pustaka saking kukusing dupa amrik angambar. Saking kula pun dyah tigas kawuryan endhange pandhita ing ngsraman ngarga rancang. Mugi katur ing sang pekik andhe andhe lumut ingkang asring kasdu angedher munggeng wadyaning bra martani ing surakarta. Sasampuning atur taklim kula wiyosipun ciptaning manah angaturi kintaka. Boten liya namung sumedya amrasajakaken bingah tuwin geng panarimah kula. Dene sang andhe andhe lumut sampun amradanani pardikani cangkriman kula ingkang tumrap ing bra martani ongka. .. rinengga ing sekar sinom kalih pada. Nanging seklangkung panyuwun kula mugi mugi sang pekik sampun angwayakaken pirengating panggalih. Cumanthaka kula mugi ing ngapuntena. O. menggah pambatangipun sang pekik cangkriman wahu kabatang mori. Antawis punika tesih nalisir. Dereng gumeleng klayan pamanggih ipun manah kula. Sumongga ta kararas kalayan lenggah kursi goyang. Ingkang kacetha ing cangkriman kula yen sandhangan den bereti. Apan dadya araning ratu ing kuna. Punika inggih leres ratu rama. Sarta lare ngundhang bapa inggih rama. Yen winalik inggih mara. Nanging mori yen kaberat sandhanganipun mungel mara. Yen kawalik ngarsa dadya ing wuri punika sawek mungel rama. Mongka suraosipun walgita cangkriman ingkang mungel rama wahu saderengipun sastra kawalik ingkang mungel mara punika sareng sampun kawalik lah sumongga. Mila kalayan pangaleset kula tansah angajeng ajeng barkah cumeples ing pambatang. Pratondha pun dyha tigas kawuryan

Tandhak ambarang. Salebetipun wulan siyam ing pratapan kula ngrambe kadhatengan tandhak gumbeng ambarang saking ngawi nami mawur. Menggah saking tandang tanduk tuwin werni inggih lumayun mila kathah para priya ingkang sami ananggap antawis rehning masa badhidhing yen dalu wahu mawur adamel singeb. O. witning sareng siang katanggap ing kontroliran sawek mungel klungkung. Gentong tangthut mawon ma. Lajeng ngethipret boten ngopeni dlancang potlut ingkang pating kececer. Tigas kawuryan

4 Ongka. 34 kemis pahing kaping 19 sawal ehe 1812 utawi kaping. 23 agustus 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kala wingi wanci jam gangsal sonten sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan akalihan kangjeng tuwan residhen kadherekaken kangjeng gusti pangeran adipati anom tuwin putra dalem sanesipun tedhak ing jurug amirsani kareteg sepur. Ingkang mentas rampung panggarapipun menggah kareteg wahu panjangipun kirang langkung 800 kaki. Namung ing tengahipun ingkang kapirantosan kaambah ing kareta asep ing pinggiripun kapirantosan kenging kaambah ing tiyang. Kangjeng gupremen ugi sampun amarengaken iyasanipun setum trem ingkang saking statsiyun badhe medal urut margi ageng salebeting kitha. Nunten anyimpang medal ing purwadadi anjog ing bayalali. Bilih sadaya wahu sampun malampah. Saiba indhaking raharjanipun praja dalem ing surakarta. Kala malem jumungah kaping. 6. Sawal ing wanci jam 11. Ing prapatan cayudan puyenganing tiyang kadi katrajang dipongga ambedhat jalaran tilas dalemipun suwargi raden tumenggung mangkupraja. Ingkang sampun lami kaangge angrumakti tiyang cina kang ambandar premahinan ageng sap jiki. Ing sonten wahu tinukep dening priyagung bupati pulisi nagari. Kalampahan para tiyang cina ingkang ambandar premehinan wahu kapikut wondene sakathahing tiyang ingkang sami anuhoni ing pakumpulan ngriku. Sanadyan badhe boten nedya kacepeng ing parentah. Ewadene agegeran asalah tunjang. Wonten ingkang malajengipun ngaler ngetan ngilen ngantos pinten –pinten tiyang kacemplung ing ngegot tuwin kajegur ing sumur. O sapintenta kapitunan saha rekasaning para botoh ingkang manukama ing premahinan wahu. Ewadene tamtu badhe boten kapok benjing ben ben ngriku manawi sampun tentrem manahipun inggih lajeng rerrubukan malih ing samangke sawek madik papan sepi. Para bongsa jawi ingkang kirang saserepan menggah pananggulanging kangjeng gupremen dhumateng sadaya premehinan punika. Kakinten namung saking kasengitan boten kamanah bilih saking pangowel. Kintunan

Mas ngabehi jeksa pradata. Panewu kori ing kapatiyan nalika wulan ingkang kapengker. Katamuwan tiyang nebas kajeng aren badhe kadamel pathi onggok sasampunipun kadadosan rembagipun uwit lajeng kategor tinengkelan dening kang nebas dumadakan wonten tiyang wicanten mangkaten o gendriuwone mengko ngalih nyangdi ta. Pora nekaki sing cedhak kene. Tiyang juru mathi sareng mireng kawistara ajrih. Kacihna wadungipun inggal kaselehaken ing siti. Tandya kesah tan saronta kawewahan wonten janma Alok swaranira sora galo gandarwone duka Kalbeng tyase punb jru tebas onggok muriding sru maras Lumajeng anebas nebas jrih yen tiwas meksa bundhas Artanipun tan kaetung saking ardanireng bingung Tambah kaecalan wadung sapraptaning lurung jetung Mas behi suka tan sipi sru gumujeng tutup lathi Gagas denya mentas ngimpi wahu latri lingsir wengi Katekan wanodya ayu amarabot mesem guyu Manjing wisma srog mring salu wenteh saresmi sadalu Lah ika teka dadine oleh dhuwit wadhung gedhe Nyata becik rawatana nek bali sesuk wong ika Kayu wadung wenehena rencange matur sandika Wasana sampun langkung sawulan pun juru mathi boten wangsul pangintenipun tiyang kathah tatela tega ngicalaken malik ingkang katilar wahu sadaya. Saweneh wonten ingkanhg moyok anyenyampahi. Yaiku rupane wong dhemen nebas purwa kanthine kudu uwas kawimbuhan sugih maras mari-mari yen wis tiwas mitulungan yen mung bundhas dene wangsulan kula inggih ta mas. Katur gangsal kaping. 14 sawal warsa ehe. 1812

1 Sangkalanipun sikaranta kaesthi nyata Bok endib

Kabrastha Dereng lami wanci jam. 7 sonten kapyarsa oreg goyanging ejam kabupaten sarta ejam ing asistenan inggih punika tandhanipun wonten bancana latu. Oregipun tiyang saisining kitha sami tandang asikep dadamel wasana sayektos griyanipun sawenehing kuli ing kampung pusu bayalali ingkang sampun kabrastha telas sanajan dalu wahu para tandang sarta para pangageng sakalangkung kathah. Ewadene sami boten saged anandukaken sanjata pitulung. Awit ingkang andadosaken sendheting lampah. Dununging griya kalayan margi ageng elet lepen mongka uwotipun deling kaambah boten kenging langkung tiyang satunggal dados patraping tandang angemperi tiyang ningali kagungan dalem gongsa sekaten wonten ing gapura. Lampahipun kedah srenti. Kados tambah utami saupami kabudi santosaning kreteg sarta wiyaring margi. Supados bilih wonten babaya sampun ngantos kaweken.

Tiyang cina Nalika kaping. 30 mei. Wonten sawenehing tiyang bongsa kulit pethak dharteng ing kitha sanghahe. Awawarti kala wingi ingkang sampun sami kasumerepan ing ngkatah nalika diwangakara wiwit kasatmata. Ing salebeting buwengipun wonten jaleret abrit angideri ngantos esap tiga. Dangunipun ngantos 2 jam para tiyang ing ngriku sami angungelaken tengra kados adat bilih wonten grahana. Bendhe tambur mawurahan ing kadadosan pangunguning para tiyang dene salaminipun dereng nate wonten wawarnen ingkang mangkaten tiyang ing ngriku anggenipun sami amastani wahananipun warni-warni. Saweneh amastani sae. Saweneh amastani badhe wonten prang ageng. Wasana ugi sami puji pinuji saenipun.

Wangsulan Bra martani ongka. 27. Wonten panjurungipun mitra ing ngawi. Angocapaken bilih wonten sawenehing dhusun ngrayudan punika boten kenging para tiyangipun bilih anedha ulam kidang. Amargi sadhengah tiyang ingkang anedha ulam kidang sampun tamtu anemahi snagsara. Sarta wismanipun kabrastha. Pamanggih kula kados amung jalaran saking marasing manah ingkang sampun kalampahan awit pamireng kula mangkaten. Kala sakiwa tengenipun tahun 1850. Ing dhusun dimara ngrayudan wahu. We[ ]wenehing tiyang estrinipun angidham kaworan kapengin badhe nedha ulam kidang. Jaleripun anuruti. Amargi kakinten gampil pangupadosipun awit demang ing dhusun ngrayudan wahu darbe lalangen pakebonan isi sawarnining kewan bilih ing surakarta kados dene ing taman ujung puri mangkunagaran saksana tiyang wahu lajeng mendhet kidang ing kebonipun ki demang angsal satunggal sareng kabekta mantuk lajeng kapragat satirahipun ingkang katedha piyambak ulamipun lajeng kaedum ing tongga tepalihipun sadhusun ngriku. Dereng antawis dinten ing wanci siang griyanipun tiyang sadhusun ngriku kabesmen sadaya. Dene dahana tanpa sangkan dene ingkang kabesmi rumiyin griyanipun tiyang ingkang estrinipun garbini wahu. Malah salebetipun para griya kabesmen ing dinten wahu sadaya tiyang ingkang tandang sumerep wonten mahujud kewan bencok pundi griya ingkang dipun ambah bencok wahu lajeng kabesmi. Ananging sareng kapratitisaken bencok wahu musna boten kantenan wonten satunggal griya ingkang boten tumut kabesmen mongka dumunung ing tengah piyambak. Amargi cariyosipun tiyang punika boten tumut nedha ulam kidang. Sabibaring griya kabesmen sacelaking dhusun ngriku wonten rare alit kakinten ngumur 10 tahun misuhur lajeng dados dhukun amargi sampun kanyatahaken sumerep saderenging winarah. Sarta wawarti bilih wontening tiyang dhusun dimara ngrayudan griyanipun kabesmen sadaya. Saking anggenipun nedha ulam kidang jalaran kidang punika darbekipun ingkang ambahu reksa wana ngriku. Mila dumugi sapunika para tiyang ing ngriku sami giris boten wonten ingkang purun nedha ulam kidang. Malah sumerep wujuding kidang kemawon karaos raos manahipun boten mawi kamanah bilih wahananipun wahu panuju. Mila sadhengah lalampahan bilih kagagas inggih gathuk anjalari marasing manah. Pun endhang pracimasana

Rembagipun sadherek kakalih Kakang. Adhi. Pandelengku ing saiki layang bra martani awuwuh becike. Amargi isi panjurunge para mitra kang padha akakosodan panggrahita lan angebarake karuh kang amakolehi sumrambah ing ngakeh. Nganti andadekake sengsem ku maca.

2 Adhi. Kakang. Aku kajab dhemen maca kaya kowe nganggo dhemen amanjurung. Awit kapencut asarawungan karo para mitra kang wus kasebut pinter. Saka kasengsemku ing saulihku seba ora angenggar enggar ati utawa nentremake awak ananging pijer kalimput agawe panjurumng bae. Sanajan wus karasa sayah karepku ora kena dak cegah. Kakang. Adhi. Aku iya anjurungi banget marang karepmu mangkono iku. Amarga pamikirku wong dhemen amanjurung bra martani kajaba oleh kabecikan saka panjenengane tuwan juru angarang. Nganggo bathi wuwuh kawruhe. Apa iya ora mangkono. Adhi. Iya kakang. Ananging pangancasku gonku dhemen amanjurung nganti dak lakoni tanpa tolih ing kangelan dadiya sarana anggulawentah ing budi. Pira bara oleh kabecikan mahu. Kakang. Adhi. Iya bener kowe iku. Ananging saben aku amaca layang panjurungmu. Cuwa banget atiku. Awit nganggo ko seseli tembung kawi. Sarta panganggitmu ukara ora nganggo koarah turut lan luwese. Iku aku ora condhong. Adhi. Kakang. Panemuku ukara nganggo tembung kawi sawatara iku malah becik dene ukara kang koarani turut lan luwes iku durung weruh. Kakang. Adhi. Ukara kang dak arani turut lan luwes iku kaya anggitane sawargi tuwan juru basa karel prederik winter ing surakarta. Dene panemumu ukara kang kaseselan ing tembung kawi malah becik iku ora masthi. Nganggo parah parah ukarane. Apa kowe durung aniteni. Adhi. Durung kakang. Mara coba aku kandhanana Kakang. Tembung kawi iku pamikirku pancen mung tumrap ana ing ukara kang anganggo lagu. Ewasamono uga kena katumrapake ing ukara kang tanpa lagu. Kang angandhakake ing bab kabagusan sapa padhane. Awit saka manawa ora dicambori ing tembung kawi bakal wadheh utawa kurang becike. Upamane mangkene ing wayah esuk kalane srengenge tumambang. Cahyane abra anyunyunari. Ebun kang rumarab ana ing ron roning tanembah tuwuh padha katon kancana. Katang katanging ara-ara ijo aroyo royo. Kembang kembang adi padha mekar salaga anglingkab gonda arum angambar. Sumringah mamaleb dinulu. Manuk manuk kang ana ing lelengkehing gunung padha muni umyang sahuran esthane kadi-kadi anglahirake panarima marang sih kadarmaning gusti allah. Lah mangkene adhi sapa padhane. Mungguh ukara kang dudu lulungidan upamane kayata omahe si suta kalebon maling konangan sanalika banjur kacekel iku ora becik yen katulisa wismane sisuta kalebon dhustha. Konangan sanalika banjur kapikut. Adhi. Kakang. Ing mengko aku wus aniteni. Pituturmu bakal dak turut. Kakang. Adhi. Carehne wus wengi aku lilanana mulih. Antara dina bae aku dak tilik maneh marang kowe ngiras anggawa layang olehku anyar arep dak pamerake marang kowe. Adhi. Iya kakang nyangoni slamet sarta banget pangarep arep ku marang tekamu maneh. Katandhan supena

Panjurung Sakelangkung bingah sarta ageng ing panuwun kula. Dhateng seratipun juru taman ing langen arja. Anggenipun maringi katrangan ing pitaken kula. Saking cathetanipun sastra direngga. Bab dhawah ing grahanipun rembulan ingkang kalampahan benjing tahun walandi 1884. Ingkang punika inggih benjing badhe kula pratitisaken kalayan nyatanipun mawi saksi serat pananggalan gupremen utawi bilih cocog kaliyan pananggalan ingkang tumuwuh saking para among dagang ing samarang. Juru taman pratelang. Amurih raketing pamitran kula mawi kapurih anerangaken dhawahing grahan surya tuwin rembulan ingkang badhe kalampahan benjing salebetipun tahun welandi 1885. Amirit kados cathetan damelanipun sastra direngga. Mangkaten punika marginipun bilih bilih kula badhe tampi katrangan saking pitaken kula bab coraking balentong biru sepuh ingkang katingal ing langit pinten banggi yen tandik dhumateng suraos ipun serat elmu ngalam jilidan ingkang katiga. Pangarangipun tuwan dhokter. Ye. A. se. o udhe manes ingkang punika yektosipun jalaran saking bodho kula kemawon sanajan ing serat wahu katranganipun anyekapi. Ananging menggah ing kula rehning tiyang kethul ing pikir dados taksih rumaos boten mangretos terang dhateng sakathah ing prakawisipun langkung malih anerangaken bab dhawahing grahana ingkang badhe kalampahan wondene juru taman pyambak ngandika taksih bodho sanget dhateng kawruh wahu. Ing atasipun kula malah anglangkungi sanget saking sampeyan rumaos suleg kados tiyang amanjing luweng peteng tanpa colok utawi dilah. Juru taman ngandika ingkang manawi saged tampi katrangan pandangunipun saking kula. Manahipun lipur saha kula kadamel lintunipun sastra direngga. Supados kula anyludhah karsanipun punika amesthi boten kadadosan awit yen sastra direngga sampeyan timbangaken kaliyan kula. Saestu geseh sanget kados rinten kaliyan dalu. Tiyang kula kaliyan sampeyan kemawon rumaos rumaos kawon dene pitaken kula rumiyin punika. Sampun kantos sampeyan galih. Yen

3 kala wisaya utawi byuhasandi. Sajatosipun boten liya saking balilet kula. Malah blakanipun taksih kathah sanget ingkang kula kodhengi. Badhe kula pitakekaken ananging dereng kula aturaken sapunika. Jalaran sampun kapanjangen. Juru taman pratela. Ingkang dipun kawatosaken kula salah serep mindhak anuwuhaken paben ambucal lanjaran tuwin anyunyual punika inggih badhe kula atos-atos mugi teranging sampeyan mitulung ing kacingkrangan kula. Supados sagen mupakat dhateng panggaliyanipun para saged wangsul juru taman anggenipun tansah angasoraken dhumateng sastra direngga. Malah kantos dipun basakaken kados rencang kula tutumbasan punika punapa pantes manawi boten pantes dados kedah wonten sababipun menggah pamurihipun abdhe kula pethek wonten ngriki. Kok kados kirang prayoginipun kalih dene anggenipun juru taman anjungjung ing kula kantos inggil kaupamekaken kula gadhah amad pun sastra direngga. Yen kenging salajengipun kula rak badhe dipun sabetaken ing siti ta. Punika punapa leres sarta punapa bote nyulayani saking gagelenganipun para berbudiman. Iyah kados tamu. Tiyang sampun sami sumepap galibedipun kemawon nun. Sayektosipun menggah ing kula. Amung badhe anyukani margi. Supados juru taman kaliyan sastra direngga……………………. Saged angsung piwulang utawi barkah dhumateng kula. Surakarta tanggal kaping. 30. Wulan ramlan warsa ehe. Sangkala tinengeran Juru taman sastra direngga sami ngesthi tunggal katandhan pun grenteng

Lilinduraning manah ing wulan siyam dhumateng mukrim kita Mular saya // anata aldakkembar. Sangsara lan sangsayaraning wukir. Awewekan gunung-gunung. Karan ardi duhkita. Duka cipta kunjana paparda wuyung. Rudah tinja jarcu warda. Samya kinubenging warih.// narma dageng wene keng ras gumulung lir goraya manengkeri. Ranekali asmarengkung. Nuli luweng limutan aneng tepini talagadi radi gung. Heh babo para taruna. Singa kang dereng udani.// yen sira prapta ing kana. Wewekanen narima trusing ati. Prayogya sira kapangguh. Pandhita ingkang tapa. munggwing wekas- wekasing we asmarengkung. Mwang saliwating talaga. Antaraning wana murti.// nyuwarga angguweng arga. Runggut rengged agung kang gigirisi. Kyating rat sang maha wiku. Ya ri sang tanpa krana. Lamun pagud pinendhenga sredanipun yen siniyan wangsulira. Tan kraseng ngambah wanardi.// wasi buja kirana ing ngandhap punika rengeng rengeng ngiras cangkrimaning aksara. 20. Kados sekar sinom ing kang bubuka sigra kang bala tumingal. Tapa brata mangarang angeri. Mring saraba. Yen sapa leng karywa. Tarwun winidheng mathine. Nyudameng nala nguwung. Nisthawanya lir ri sang nganggit cengcaya majab baya. Ngantha budi landuk kasidanta wakul gita. Pindha ngarja manyarba badheyan munggwing. Marga pat pathi puspa.

Samanten punika kakang mas ri sang wreda waka kedah aparing pikekah ing manah. Punapa temen ing yasan kula punika kenyaming surasa sampun condhong kaliyan parluning cangkriman. Wasi bujakirana

Tamatipun bab hama tikus Ing tanah eropah. Anggenipun nyirnakaken tikus terkadhang wonten ingkang ngangge rerekan kados ingkang kasebut ing ngandhap punika. Manawi sampun anyepeng tikus tiga utawi sakawan tikus wahu kacelup ing lisah ingkang kamomoran tir sarta toya. Utawi kacelup ing toya ingkang kamomoran lisah ulam loh. Lajeng kaeculaken malih. sarehning tikus boten betah ambetipun tir utawi lisah ulam kancanipun pundi ingkang dipun lebeti rongipun sami malajeng. Rong tikus ugi nate dipun soki lisah latung. Utawi dipun lebeti kukus rong tikus wahu dipun jejegana rumiyin ngantos pepet enjingipun pundi ingkang pinanggih menga. Inggih punika ingkang taksih dipun enggeni tikus lajeng kalebetana kukus. Tuwan ole maos cariyos wonten ing serat yen ing tanah algeriye. Anggenipun angesahaken tikus ingkang wonten loteng. Kalayan sarana godhong inggu. Kelum godhong wahu rumiyin sawatawis unting lajeng kagantung wonten ing loteng. Isarat punika prayogi kacobaha amurih kesahipun tikus saking pasabinan. Ing tanah garut kala tahun 1863. Pantun ingkang katedha ing tikus regi kirang langkung saking. 50000 rupiyah. Tikus ingkang kapejahan wonten ing tanah limbangan salebeting tahun 1862. 8600 iji. Salebeting tahun 1863. 932.000 iji. Sarta salebeting tahun 1864. 317.000 iji. Dados gunggunguipun 1.335.000 iji. Yen tilas tikus satunggil amung kadamel sakatos ing dalem satahun punika sampun kathah anggenipun

4 anggemeni. Sanajan sabin salong taksih wonten ingkang karisak ing tikus hama wahu ngatawisi yen suda. Tikus wahu prayogi katumpes salebeting wulan mei. Awit punika mangsanipun manak bilih anakipun sampun ragi ageng ewet panumpesipun amargi sampun sami saged malajeng. Anggenipun mongsa wahu wrni kalih. Ingkang sapisan wulenipun manawi sampun kumemping. Kaping kalihipun nami ingkang taksih ijem sami kacacah ing bongkot pondhohipun ingkang kamongsa. Lampahan ingkang wekasan punika ingkang amilaheni. Awit sabin sakedhok sakal lebur. Risak dening tikus wahu ingkang anedha pondhohipun. Ewasamanten anjawi pratikel ingkang kasebut ing ngajeng. Taksih wonten pratikelipun malih. amurih pulihing pituna ing sawatawis mila manawi wonten tanem kenging ing hama wahu sampun kawastanan ical sadaya. Lajeng katilar kados ingkang sampun kalampahan ngantos sapunika. Tuwan dhe. Ples ingkang kala rumiyin dados kontrolir ing limbangan anyoba ngaken ngerit taneman ingkang kenging ing hama wahu watawis ½ kaki renlan sainggiling siti panyoba punika kenging kaanggep amikantuki. Awit sabinipun medal. 15 ngantos 20 dhacin ing dalem satahun. Manawi kengingipun ing hawa wahu taneman panuju medal wulenipun boten anggumunaken yen pangeritipun boten amikantuki kados ingkang kaerit kala taksih nem wahu. Angsal-angsalanipun dhasar kirang tur wulenipun alit-alit awit thukulipun wulen saking soglengan punika sampun katatal ing panyobanipun sanajan sakedhik angsal-angsalanipun boten timbang kalih pantun ingkang wilujeng tarekah wahu pantes kamanah. Andhe-andhe lumut

5 Ongka. 35 kemis wage kaping 26 sawal ehe 1812 utawi kaping. 30 agustus 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika akhad sonten wanci jam gangsal ing ngriki amireng suwara gumaleger. Kathah ingkang anginten bilih suwara wahu tumus ing ardi marapi. Wanci satengah dalu goraya kapireng malih. mandar ragi kerep saha mawi gumaludhug lajeng kendel sawatawis lajeng mungel malih. ananging mawi kendel kendel sareng ing dinten isnen wanci jam satengah kalih welas siang. Goraya mungel malih mawantu-wantu. Sakalangkung anggigirisi. Griya gedhong sami geter. Wah dereng wonten kateranganipun ardi pundi ingkang mawa suwara wahu. Sawek kala wingi sonten wonten pawartos ingkang terang. Inggih punika ardi ingkang dumunung wonten ing pulo alit krakatahu. Ingkang anumusaken goraya wahu. Pulo wahu dumunung wonten ing sungapaning saganten ing antawisipun banten akaliyan pulo sumatra. Sadaya tanah- tanah ingkang celak ngriku. Kadosta ing nganyer tuwin ing ciringin sami risak griya sami ambruk tiyang tiyang sami ical kenyut ong toya saganten ing nalika ardi gumludhug kontal minggah ing dharatan asisten kakalih ing anyer tuein ing ciringin bupati satunggal kontrolir. Saha sanesipun saanak rayatipun ngantos sapriki dereng kinten sami wonten ing pundi. Tanah kakalih wahu prasasat sampun sami sirna. Jawah baladher. Awu tuwin pasir grasak bena toya laut menggah pulo ingkang kadunungan ardi wahi ambles dados sungapaning saganten ing antawising banten kaliyan sumatra ing mangke santun warni. Ing batawi inggih kathah ingkang risak saha ugi katerajang ing bena toya saganten wah nalika isnen siang aneteng dhedhet amargi jawah wahu. Sapunika sampun tentrem. Sarehning saweg pawartos kawat pramila namung kacekak kemawon mugi para maos anyerantosna.

Sarehning sampun lami boten jawah. Para tiyang sami angresula. Tumraping taneman tuwin raosing badan ewasamanten para santri dereng wonten ingkang nunuhun jawah. Rehning kula mireng cariyosipun tiyang kina. Manawi kagungan dalem pusaka bendhe kyahi udan arum dipun tabuh utawi dipun sajeni. Sanajan masa katiga inggih kalampahan gremis pramila sanadya makaten wahu kaewokna ing gugon tuhon punapa malih para tumitah punika namung kedah sumeleh ing takdir. Ewaden ugi kedah manetepi wirayating para sepuh. Inggih punika ihtyar. Dados kalampahan dinten agara kasih punika. Kula matur ing sampeyan dalem ingkang sinuhun sadaya kajat kula wahu kalilan saksana pusaka dalem wahu tinabuh ing sampeyan dalem piyambak karsaning gusti ingkang maha agung tumusipun ing dinten slasa dumugi septu lestantun jawah. Malah kemis jumungah ing langen arja deres sanget. Nyahi udakara Nalika tanggal kaping. 16 agustus tiyang nami sawiguna ing dhusun sarab tebon arebetan kabekelan kalihan pun kerta wiguna ing dhusun bendhan sami dhestrik ing gesikan klathen ing tanggal kasebut inggil wahu pun sawiguna badhe amendheti kalapa. Sawek menek ing uwit ing galugu. Lajeng kacandhak saking ngandhap dhateng pun kerta wiguna jaler estri. Tuwin lajeng kakroyok dhateng kancanipun kerta wiguna tiyang tiga. Sami amulasara dhateng pun sawiguna. Kawewahan embok kerta wiguna lajeng trangginas angremet kanthonganipun pun sawiguna. Pramila sanalika wahu sawiguna boten saged agalawat satengah pejah. Para warisipun sawiguna sareng sumerep lajeng enggal sami angungalaken titir. Botenantawis dangu pulisi ingkang ambawahaken ing ngriku lajeng sami dhateng. Pun kerta wiguna dalah ingkang estri punapa malih sakancanipun tiyang tiga wahu sami kacepeng. Lajeng kaladosaken ing kabupaten klathen dene pun sawiguna ing sakpunikanipun kausadanan dening dhokter. Kilap kadadosanipun. Kintunan

Maospati Kala tanggal kaping. 18 agustus wanci sonten salebeting dhistrik maospati geter. Awit midhanget pawartos yen ing dhusun kutu. Ingkang boten tebih saking dhistrik wahu. Kalebetan sima gembong. Sarehning kala samanten lajeng kasaput ing dalu. Mila para putra wayah ingkang sumedya caos bekti dhumateng pun

1 embah wahu. Kedah anyarantosaken dumugi enjingipun malih. ananging para putra wayah ingkang ambek sura marata meh sadalu tan antuk nendra. Tansah angasik lungiding lawungipun sumelanging manah bok selak katilar kondur dhumateng pun embah. Enjingipun wanci taksih umun-umun sampun kathah tiyang. Ingkang sami amandhi lawung. Angupadosi sima wahu. Ananging pangupayanipun wahu tanpa damel awit pun embah sampun jengkar saking dhusun kutu. Awit merang murang lungiding lawung ingkang amingi mingis namung anilar labeting suku kewala. Punika ingkang sami karubung sarta binarondongan ing pipisuh. Dados angsalipun ingkang sami ambek sudireng kewuh wahu namung sayah. Kala tanggal kaping. 15 nunggil ing wulan punika. Kapalipun bekel ing dhusun bulak ingkang wonten ing salebetipun gedhogan wanci siang kaplajengaken dening durjana. Kala samanten ingkang gadhah panuju kesah dhateng tegil sareng mantuk aningali ing gedhogan suwung. Inggla pitaken dhateng tiyang ingkang sami wonten ing griya ananging boten tiyang satunggil tunggila ingkang sumerep salajengipun bekel inggal ngungelaken tengaraning bancana. Boten dangu kathah titiyang ingkang sami dhateng sarta mitulungi ngupados lari. Kocapa sang juti. Ingkang tansah anandhangaken turongga. Dupi prapti ing dhusun pingkuk ugi taksih tumut kadhestrikan ing maospati. Sang durjana dalh kapalipun kacepeng dening pulisi. Awit lampahipun anyalawadi. Kaaturaken ing dhistrik sareng katiti pariksa tetela yaktos kapalipun bekel ing dhusun wahu. Dene durjana ugi anunggil dhusun.

Yogya karta Nalika ing dinten salasa kaliwon tanggal kaping. 17 siang tabuh 10 . abdi dalem wadana prajurit bugis tampingan wasta raden wadana yuda dirja. Tilar dunya mantuk ing kamuksan jalaran sakit boten saged wawratan kabekta hawaning mongsa prabawanira lintang tagih. Inggih punika ingkang nyarengi mongsa benter. Yen jaman kina ingkang nyarengi mongsa wahu dipun wastani mongsa tutuka. Yen jaman madya dipun wastani mongsa pusa. Kucing. Mila soroting sanghyang mayempraba . benteripun dede-dede. Lah pramila enget eling dhateng watek pra tinunggeng suksma. aywa kamntyan lobanira mring sagunging kang tinedha. Lebeting ongga den prayitnanana. Wondene yuswa kilap leseripun kinten kinten 60 warsa. Inggih sampun prapteng mongsa. Yen nemahana pralena. Layon dugi kula dipun kubur astana mulangi karana raden wadana. Punika pangunggilan bongsa darah kubur mulangi. Mila kula kinten kinten manawi dipun kubur ngriku. Sareng ing dintenipun siang rebo legi enjing layon dipun angakataken lumaksana saking ing gowok uparengganing layon sawawrat inggih boten nguciwani. Tan ngantya karya oneng ingkang wuntat ananging ta sinten ing tembe ingkang tinanggenah gentosi kala taksih yuswanira. Awit kang pra atmaja. Wus samya tan wonten ingkang pantes pikantuk sih kawelasan dalem pratindha winisudha. Gahata oneng getun ngungun kula bendara. O inggih namung dipun ganjara swarga trus mulya. Saha amanjurung puja caraning tata janma. Amin amin alkamdulilahi. Cinitra ing gonda mayi. Leking candrama. Sapta nasa. Momanya sangkala. Sembah ulun angesthi aji. Pun ri sang jaya marta

Prang prasman kalayan anam Tanggal kaping. 21 juni wadya bala bandera cemeng ing anam sumedya anyidra lampah. Amrepegi dumung ing wadya bala prasman kalampahanipun ing wanci dalu saha patrapipun mangkaten wadya ba;la bandera cemeng sami asikep busana kados busananing wadya bala prasman ingkang lumaksana ngajeng piyambak rerekan prajurit kadamel saking rumput saha sarehning peteng sami mawi kapasangan lantera. Sadumugining dununging wadya bala prasman senapatining wadya prasman anadhawuhaken marjaya dhateng wadya bala bandera cemeng. Ingkang sampun busana kados busananing wadya prasmananempuh saking wingking. Ing ngriku agegeran mengsah asalah tunjang. Wadya prasman boten saged premena dhateng wadya anam amargi busana sami kemawon wonten ingkang busananipun geseh tetelanipun amung prajuirt rekan mila anjalari kuwuring wadya prasman wadya prasman kathah ingkang pejah punapa malih senapati prasman ugi ngantos kenging kaparjaya. Sareng sampun dumugi pangamukipun senapatining wadya bala bandera cemeng sawadyanipun lajeng wangsul dhateng barisanipun malih. Raja anam angaturi uninga dhateng sri marendra cina. Bilih sang prabu boten karsa ambiyantoni. Kados badhe kaleksanan anggenipun amasrahaken kitha oli angkang tungking dhateng praja prasman sri narendra cina sagah ambiyantoni. Lajeng andhawuhaken dhateng senapati lihong ciyang. Angrembaga nalar punika. Bahita prang prasman nalika kaping. 30 mei. Sampun alumaksana. Sumedya mratitisaken badhe gelaripun praja cina.

2 Kula mentas maos pustaka warti ongka. 27 panjurungipun sang pamiluta. Anjarwani condra sengkala pandangunipun sang pawur mintasih. Kula tumut marem raosing manah kula kasebut jarwanipun sang pamiluta wahu sarehning pamanah kula sang pamiluta kados badhe boten kaweken aparing barkah jarwa panunggilanipun condra sengkala ingkang dadosaken puteging manah ing ngandhap punika. Lintah. Welut aler. Watak. 3 Tata lenggah. Wisaya panggawe. Anging watak 5 Mongsa wowohan winayang anggang anggang. Ana tawon anggas bayu. Ebah watak 6 Ardi. Turongga. Bakak biksu papanganan tunggangan watak 7 Sarira. Tekek bunglon cecak wadhah. Bramana pandhita sabrang watak 8 Sawarnining bolongan watak Punika kapirit saking punapa. Wasana mugi mugi sang pamiluta karsa anjarwani kalayan pirenaning kapti. Badhe andadosaken sakalangkung bingahing manah kula. Pun endhang pracimasana

Mintasih Atur kula pun teja sulaksana. Pangindhunging ngasrama ngarga retna. Dhumateng para sarjana. Ingkang kasusra ing pasamuhaning pustaka bra martani. Sarehning nembe kula katingal ing ngarsanipun eyang bra martani. Mila sanget adrenging manah kula. Kumacelu rawungan kalayan para priyagung ingkang kaloka guna nimpuni. Sokur-sokur. Sewu sokur karsa manampar ing tiyang bodho balilu kados pun kula. Kapancingaken dados sadherek sinarawedi. Kula narimah dados ingkang awon piyambak sampun kagalih kula cumanthaka sumengka pangawak braja. Dene nembe ngetingal lajeng bebana darbe atur panyuwun samanten wahu inggih saking bodho balilu kula. Ngiras pantes dados sagaraning pitepang. Manawi para sarjana dhangan sarta sela ing pakaryan kula nyuwun saserepan bab. 1. andaru punika wujud punapa. Sarta saking pundi pinangkanipun dene kala pesating dirgantara lajeng anywara jumlegur. 2. Rembulan lintang lintang punika wujud punapa. Pramila kula darbe panyuwun samanten wahu awit sampun lami gen kula sinahu ing ngelmi palak ananging dumugi sapriki meksa jugul dereng saged sarta dereng nate manggih serat serat utawi dedongengan ingkang amratelakaken atur kula kalih praakwis punika. Wasana sanget panyuwun pangajeng-ajeng kula. Teja katen

Sang buja kirana tiron punapa jengandika boten angungak ing pabarataning bra martani ongja. 23. Ingkang sampun sumebar nalika dinten kemis kaping. 1. Ruwah punika. Kula sawang kados wonten rarasing sekar mijil tansah muleg gandanipun lir sari-sarining sekar. Bilih boten lepat gremeng-gremeng kados anelakaken ri sang wasi buja kirana jengandika sambat asmanipun . o lakok nyamun paribasan nabok nyilih tangan punapa ing dunya kirang tembung adi. Ingkang pantes kaangge nami. Teka jengandika sisilih nami. Dhuh mitraku. Boten parlu sasingidan nun panuwun kula prayogi jengandika karsaha angejawantah. amargi salugunipun kula kapengin sarawungan kalayan jengandika wonten ing pustaka warti. Nama kula lugu cebong

Ingkang tinon [ ] ing pustaka warti ongka. ….. inggih punika cahyanipun kiyahi kedhung lumbu. Karsa beber katrangan bab swara ingkang kapiharsa ing nagari batawi. O saestu anuwuhaken kumitir saha leganing manah kula. Ananging kuciwa dene kyahi kedhugn lumbu teka boten karsa ambikas kandheging pamanggih. Mila ing tembe kula badhe matur panjang. Adhuh kiyahi kang amimba wiku. Pandangu sampeyan bab leres lepating panyerat kapireng. Dene kok anglengkara jengandika teka mundhut katrangan dhumateng kula. Panginten kula ing kedhung lumbu punmika langkung celak akaliyan pawiyatan tinimbang padhepok kula kiyahi. Ewadene bilih karsa nganggep pamanggih kula tiyang cubluk tanpa budi. Engkrek-engkrek inggih ngaturi katrangan kados ngandhap punika. Pamanggih kula kapireng. Bilih panyeratipun tumrap ing ukara wahu. Sampun leres amargi kajawi leresing pangrimbaging tembung bawa kapi. Pancen saged cundhuk akaliyan kanggening tembung . awit manawi boten lepat kapi punika gadhah teges utawi kajeng. Ambangetake. Mongka purwanipun ingkang rinembag swara ingkang anggigirisi. Mila pamanah kula saged mantuka kaliyan parlunipun. Wasana badhe andadosaken panarimah kula. Bilih kiyahi karsaha paring katrangan bedanipun panyerat kasebut ing ngandhap punika. 1. darsa. 2. Dresa 3. Darsa. 4. Dresa

3 panuwun kula mugi kiyahi sampun kagungan suba sita aparing katrangan dhateng tiyang ingkang tuna budi. Inggih punika kula wayah jandika rara cebong. Taklim kula. Mugi katampen mitra kula. Ingkang sisilih nama rara oyek ing nagari ngayogyakarta. Wiyosipun mugi boten nuwuhaken kageting panggalih sampeyan sarehning sampun lami boten katingal panjurung sampeyan wonten pustaka warti. Amenawi kapambeng ing sabab kirang prayogi. Sukur yen teksih sami basuki. Tur sampun apana krami. Pangwulanta kanggep kapracayeng gusti. Manawi mangkaten kula nyuwun kabar kenginga angalap barkahipun ananging selanipun pandamelan parentah saha dhanganipun panggalih sampeyan yen kapareng. Kula aturi paring katrangan atur cariyos kula ing ngandhap punika. Kula mentas amaos serat menak sepuh jaminambar. Ngucapaken prabu samawati. Nalika kadhatengan telik saking ngarab umarmaya. Mindha malaekat asal saking riyakipun sang prabu wekdal luntak wuru branduwin kawiyos sabdanira nitahaken manusa linakung ing cucutipun sang prabu angakeni sapandakwanipun sang umarmaya. Kalayan rena ing panggalih. Ingkang makaten punika ing atasipun sepuh tur bongsa luhur. Menggah kalimputipun wahu. Saking dayaning mesthi. Punapa pancen saking tanpa ngrasa. Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula. Surakarta kaping.23. sawal ehe. 1812. sangkalanipun tingal ana esthi kula bok endib

kinanthi 13 pada wangsulan katur ri sang wasita buja kirana // wuryaning sastra winantu. Tumamineng pudyastuti. Lir wariwi sinungkarta. Waswa wasita satiti. Ing kintaka kikintunan. Maneket pakirtyadani. // lir banjiring menyan madu. Niduhkitaning dumadi. Dumadak nitra walgita. Kaswasring ri sang ngapekik. Sang wasi buja kirana. Ingkang ambek tyas wedari // ing ngasrama ngardi catur. Tutuirng srat bra martani. Ongka tigang dasa toya. Mahya cangkriman kang munggwing. Sapada ing dhandhang gula. Lalaran ceklek jariji. // lir sinom sapada dangu. Sigra kang bala upami. Pininda amusawarat mring pun kakang wana wregil sudrapa pwreda waka. Bagya karsa nira ari. // mangelih lukitanipun sinom dadya dhandhang gendhis pinindha padha kapadhan tan wingwang ugering kapti. Tuhu wasata sunyata. Kang munggwing tyasira ari. // mung samontra atur ulun neng cekek ing pada katri. Nistha sinerata sistha. Miwah pada ceklek kaping. Gangsal wonten papanjingan kang sinerat mungel munggwing. // binerata panjingipun dados mung mungela munggwing. Yen makaten pakirtyanta. Binage gangsal wus kenging. Menggah kang sampun kaserat binadhe na wa ten kenging. // ywan dwi wanda wus winangun kadya tur kula ing inggil bok bilih sampun susmaya. Wedharing panggalih lantip mupakat lan tuhonira. Kang kinirtya nguni-uni. // ulun muji sewu sokur. Lan kumpuling ngasta kalih. Lir mandho manengeng tawang. Mangwang wosing silastuti. Tinrap munggwing panarima. Sising hyang mring tyasi rari. // darsana-darsana ngumpul wahyaneng driyanta sami. Tan wing wang kasbut wasita. Ngardi catur gon palupi. Patut dadiya pipindan panduk languning lulungit. // manglela lala manglulun mring pamalating panglilih. Kalulut lawening nala. Lawan lagu gula milir. Lir liwering madukelang. Lalu langen ing pangliling. // sapangu tyas kapirangu. Ngungun angrasa kapengin kwehning kang samya tumingal ngupagita basa lungit lir tyasta wigya kawengan angambar gandane wangi. // titi panitra pinutung. Wana wregil tanggal nilis ing slikur sawal wahu ta. Ehe sangkala winarti. Kalih tunggal murti kita. Wredawaka tilas cantrik

4 Ongka. 36 kemis legi kaping 4 dulkangidah ehe 1812 utawi kaping. 6 september 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Urubipun ardi ing pulo krakatau Serat kawat kaping 29 agustus Ing anyer tuwin ing merak sami risak tumuwuh saking inggahipun toya saganten dhateng ing dharatan. Kathah tiyang ingkang pejah. Tanah banten ingkang tembing ler kapitunan ageng. Kathah kareteg ingkang ambruk saha margi sami risak. Menggah serat kawat saking kangjeng tuwan residhen ing banten konjuk sri paduka kangjeng tuwan ingkang wicaksana asuraos. Sangsara ingkang dhumawah ing tanah banten saestu sakalangkung ageng. Tanah pasisir awit ing merak dumugi ing ciringin katrajang ing bena toya saganten risak sadaya. Ing anyer sirna tabetipun ing telok betong tanah sumatra ugi risak ardi ing krakatau anjembelong ing mangke kaeleban ing saganten ananging ing antawisipun pulo krakatau tuwin pulo cibesi wonten cungulipun ardi enem belas punthuk saganten sungapaning banten kalihan sumatra ing mangke santun warni. Lalayaraning ngriku ing mangke amutawatosi. Tanah anyer tuwin sisih ler kilenipun tanah banten amargi jawah awu. Sampun awarni sagara wedhi.raja kaya boten wonten tatedhanipun. Para tiyang ing pasisir sami angungsi. Tumuwuh saking bingungipun boten kantenan ing purugipun. Isinyur niweneis ing dintem senen enjing anempuh byat mangkat dhateng ing merak wonten ing pulo maneter katarajang ing alun ageng saking sih nugrahaning gusti maha agung wilujeng. Saged dumugi ing merak ing ngriku sampun ical tabetipun kartisana ingkang wonten ing gumuk ingkang kenging winastan inggil inggih ical sadaya tiyang ing ngriku namung walandi satunggal jawi kalih ingkang katulungan alun ingkang minggah ing dharatan angungkuli griya. Ngantos tigang dasa meter inggilipun. Walandi ingkang katulungan wahu awasta. Pekler. Ing mangke taksih snaget kuwuripun alingak linguk boten kenging dipun takeni. Saking kinten kinten palajengipun para tiyang sami dhateng ing gumuk pekler wahu saged aminggah dhateng ingkang inggil piyambak walandi gangsal ingkang sami anyambut damel ing ngriku. Sahanak rayatipun sami ical sadaya. Lokomotif ingkang kadamel anglampahaken setum ing ngriku. Prasasat wawarnen dalancang palepes ngantos gepeng. Dene pulo ing tembung walandi winastan dwares indhen weh pecah dados gangsal.

Serat kawat kaping 29 agustus Tanah banten katarajang ing babaya kalangkung sanget sanen wanci jam sadasa langkung saparapat apeteng dhedhet wah jawah awu dhawahipun sakalangkung deres binarung ing lampahipun bayu bajra ingkang anggigirisi. Mawi angarup hawa awrat angantos magep magep lampahing ambegan karang hantu tuwin palabuhaning serang sami risak kathah bangke sami kapanggih.

Pawartos kawat bab sangsara ing pulo tanah lampung Tanah lampung risak amargi urubipun ardi rajabasah wonten ing tanggal kaping. 27 agustus para tiyang anandhang kanin menggah kawontenanipun sangsara boten kenging kagagas bangke ewon ingkang kumambang. Mandar dados sarah. Jalaranipun tiyang sami anandhang kanin wahu. Awit siti sami ambaledhag medal awu ingkang mawa latu. Para tiyang sami sakit amargi kaluwen saha nandhang kanin wahu. Para amtenar kathah ingkang dereng kinanten wonten ing pundi anggenipun sami angungsi. Makaten ugi kangjeng tuwan ingkang jumeneng residhen ing ngriku. Kangjeng tuwan lefison lid ing rad fan indiye dinuta dhateng ing banten mawi kasmpiran kuwasa ageng. Kinen amurih tata arjanipun tanah wahu.

1 Menggah ingkang kasebut ing inggil punika. Namung papethakaning pawartos ingkang gatos tatos kemawon bilih kagancarna sadaya kados badhe kebak ing bra martani. Tanpa pawartos sanesipun saestu adamel cuwaning para maos. Sarehning ing mangke sampun kathah pawartos ingkang gumathok giyaripun pawartos wahu ugi badhe kula sambadani. Ananging boten kula pacak ing bra martani. Badhe kula dhapur kados serat. Ing mangke tanah ing pundi pundi para ageng sami agegelengan angimpuni pawehipun para tiyang. Ingkang sami asih welas dhateng sasamining titah. Ignkang sami kawelas arsa. Ing tanah nederlan ingkang anjumenengi gegelengan wahu panjenengan dalem kangjeng gusti sri narendra putra. Para ruhur tuwin para ageng sami sayut amangayu bagya karsa dalem wahu. Parentah singhapura sampun angintunaken yatra dhateng kangjeng gupremen kathahipun sawadak gangsal ewu rupiyah. Supados kabageya dhateng ingkang sami kawelas ayun ing tanah banten. Gegelengan kados ingkang kasebut ing inggil wahu. Ing batawi tuwin ing samarang. Sampun sami sagen angintunaken yatra dhateng ing banten. Ing surakarta ugi wonten gegelengan makaten ingkang dipun tutungguli kangjeng tuwan residhen mawi angideraken serat ingkang tatembunganipun angasih asih. Panjenenganipun kangjeng raden adipati amanjurung 1000 rupiyah. Para nayaka saewrehipun 2000 rupiyah. Ing mangke kathahipun panjurung ing ngriki sampun gunggung 10.000 rupiyah.

Pawartos kawat saking eropah Raja ing anam sampun anukul asrah saha ngaken ing mangke kabawah ing praja prasman

Surakarta Ing dinten rebo kaping. 4 wulan september. 1883. Griyanipun pak dhubruk ing kampung kusumadilagan wanci jam satengah satunggal siang katarajang ing dahana. Marambat namung telas cacah wuwung tiga iji. Ingkang dados jalaran inggih punika papringanipun ori raden ngabehi wirya wijaya abdi dalem mantri gadhing mataraman ingkang boten tebih kaliyan griyanipun pak dhubruk ing wanci siang wahu reregeding dhapuran kabesmi. Kilap kabesmi tiyang sanes utawi ingkang gadhah piyamabak dereng gumathok ing pawartosipun gumun kula griya ingkang kabesmi kaliyan papan dhapuran ingkang ambesmi let-letan griya satunggal ugi sami atep punapa dumunung kojuripun pak dhubruk atasing mula buka tiyang kasangsaran ingkang makaten wahu. Prayogi parentah analesihena titi pariksanipun supados dados tuladha. Astana ageng ing gabudan sampun tigang wulan punika saben wanci jam satunggal utawi jam kalih dalu. Wonten sawara amungal biyang biyung. Punapa punika ingkang kasebut nama biyung tolung. Sarehning kula tuni ing pambudi mugi wontena para wagya aparing saserepan mongka pawartos wahu ingkang celak sampun ngumum kawara wara lare sami giris. Kintunan

Gumun sanget kula dereng angsal pawartos bilih kapala kampung ing ngriku sampun anyindikaken ing kawontenanipun suwara wahu. Embok bilih namung tumuwuh saking juligipun pun juti. Supados gampila anggening anandukaken piawon. Juru ngarang

Atur wawangsulan kula pun pamiluta. Lunturing pudyasa tata ring sang kusumaning ayu endhang pracimasana. Dhuh dewi mugi-mugi kauningana pamerdi ijengandika dhumateng kula. Bab piridan watak ing candra sangkala punika tansah anuwuhaken panggagasing manah. Anggoyang murda tumenga tumungkul ngupaya pambudi kados pundi badhe wangsulan kula. Dhuh dewi ing nalika punika ngantos pegel maksa boten pikantuk pamanah genah. Palah katawuring kowar kaworan kuwur. Wasana sanesi wanci saking samngeting panggrantes kula ngantos katonton sdaleming tilem supena kapanggih tiyang kaki kaki amung mangangge cacawetan lajeng manbda dhumateng kula makaten heh kulup sedyanta ingsun batang. Sira kaya arsa boya anganggo tataning pangucap angebotake wangsulanira marang pantanyuane endhang pracimasana. Awit saka abanget petenging atinira. Iku ta aywa mangkono kulup mungguh wong sinaruwe ing sabda tama bisa tuwi nora bisa kudu tumanggap wacanarja. Kalawan prasaja. aywa gumunggung yen bisa. Aywalingsem sadurunge bisa. Lan maneh sira wus kabanjur atur katrangan marang ri sang mawur minta sih. Iya ing saka cunggahira prayoga banjur rena. Amung wekasku kulup manawa manawa tumiba ing pawadaka. aywa dadi karronta ronbta rentenging driyanira. Kula dereng ngantos amangsuli kaselak byar ngalilir sanalika sumeja amituhu sawarah. Lajeng dhumateng kamar panyerat boten ketang kaliyan kariyip kariyip inggih amangsuli pandangunipun sang dewi. Kados ing ngandhap punika.

2 Lintah. Welut tuwin cacing sami gadhah watak 3. Mirit kawontenaning wujud amung. Sirah garonggongan pungkasing badan. Tata anggadhahi watak 5. Mirit saking. 1. Tataning ati. 2. Tataning badan. 3. Tataning semu. 4. Tataning pangucap 5. Tataning solah. Wisaya anunggil watak 5. Mirid dumados ing pandamel saking. 1. Net niyat 2. Pinikir. 3. Kang tinandangan 4. Sarananing tumandang 5. Anandangi. Maruta anunggil watak 5. Mirit kawontenaning angin 1. Marutatma. Tegesipun anging napas 2. Maruta manda. Angin sumilir. 3. Maruta cakra. Angin lesus. 4. Marutarda. Angin prahara. 5. Maruta waya. Angin ambekta jawah. Mangsa wowohan anggadhahi watak 6. Mirit pangundhuhing woh tanem tuwuhing kang saestu ing wanci manawi smapun nem masa. Menggah masa punika sasining surya. Winayang. Anggang-anggang anggadhahi watak nunggil 6. Mirit sukunipun nem sami kaliyan pun sat pada. Tawon Wreksa. Kayu nunggil watak. 6. Mirit tertamtuning kayu. 1. Deleg. 2. Kalika. 3. Pang. 4. Galih. 5. Oyot. 6. Serat. Oyag obah nunggil watak 6. Mirit saking ebahing tiyang. 1. Titileman. 2. Lenggah. 3. Ambarangkang. 4. Angadeg. 5. Lumampah. 6. Malajeng. Ardi anggadhahi watak 7. Mirit kawontenaning ardi. 1. Ingkang celak samodra. 2. Anunggil suku. 3. Ingkang ageng. 4. Anakan. 5. Kakemul mega. 6. Ingkang mawi lelengkeh. 7. Wonten pandhitanipun. Turongga nunggil watak 7. Mirit ing solahing kapal 1. Anjejrog 2. Nyungklang. 3. Bigar. 4. Kalenthik. 5. Nujah. 6. Ambarakot. 7. Ambandhang. Sakathahing tumpakan amirit tumungganging turongga. Punapa dene biksu. Sapi. Kapirit titiyanipun sanghayng nilaknatha punika lembu andini. Menggah ongsa. Bakak kula dereng antuk saserepan. Salira manyawak anggadhahi watak 8. Kapirit saking wujud 1. Buntut jarijinipun 5. Ilat cawang 2. Saemper kados sawer. Basu tegesipun tekek warana. Edus sagawon sawer. Gumolong. Tunggil linangkung. Dados pun cecak watakipun amor kaliyan pun basu. Kamirit saking meh tunggil warni. Mila gumolong watak 8. Tanu. Bunglon nunggil watak 8. Pun bunglon. 1. Saged amenek. 2. Malembang. 3. Warni ijem. 4. Jene. 5. Cemeng. 6. Wungu. 7. Biru 8. Kulawu Brahmanastha ugi dereng antuk saserepan. Sagunging bolong anggadhahi watak 9. Mirit bolonging badan tiyang ing garana. 2. Ing maripat. 2. Ing tutuk 1. Ing talingan 2. Ing patoyanan 1. Ing jubur 1.

1. manis murda manembah amuji. Mring kang karya pandaming bawana. Pinengetan panitrane. Arbo ping sanga likur. Agustus ing warsa walandi. Uning ngesthe samadya. Narendra ing dangu. Tanah sapanye nagara. duk ing warsa muluk ing wayangan gati. Iku lkang madeg raja. 2. Bagedha karel kang kaping kalih. Kala samana narendra brongta dyah mari tanah namane. Kenya ambarang kidung. Sakalangkung endah ing warni. Marma sri maheswara. Sring miyos manamur. Cara busaneng ngasudra. Manjing marang gyaning wong kang naggap murih. Tan wruh dening punggawa. 3. Neng lulurung mwang peken supadhi. Myarsa swareng sing sdhen wruhing warna. Naging mari tanah tan dimpe. Yen iku jeng sinuhun. Denya dereng nahe udani. De ra sapanye praja. Ing padatanipun gyaning kang para nararya. Tan winenang umanjing karaton aji. Lahan mwang pasamuhan. 4. Sajuga ri jeng sri miyos malih. perak lan kawula lit kang nanggap taman tengeran mung ijen ingkang punika nuju. Papatih sang naradipati. Limpad pasanging cipta. wiwekarda putus punjul nararyaning praja. Sru pangidhepe wong sapanye kepati. Kasor sri maharaja. 5. Tana wong agung malanging kapti. Ning sang mantri manggala anama. Edhonyo sedhesantarem osik ting tyas mahayun bedhang kangjeng narpa mahisi. Ngiras ngendhih karajan nira sang sinuhun kapasang yogya apatya. Wikan ring sang bumi palana mur laris pasih sru sukeng driya. 6. Ngudani kapitukung ing widi. Antuk babahan karsa manira. Doningsun manebihake. Jeng ratu lan sinuhun teka dadak aneningali. Sengsem mring mari tanah. Bener nyata ayu. Lewih wanita sapraja. Antara sang narendra angenya puri. Dhon yese apasanggya. 7. Mring marotanah patih marani. Olah wong ngayu kang kaya sira. Tan pantes baranga sindhen pijer manurut lurung. Apa sira nora kapengin lingga putri ning arya. Pinenang umasuk karaton sri maharaja. Takwiling tyas sang patih yen sri bupati. Bedhang lan maritanah.

3 8. Mesthi jeng ratu mirsa pribadi. Ywan raka silip mangulah lambang. Sari dadiya runtike. Puwara kena ingsun memalat sih tresna ring kami. Samana mari tanah. Mring patih turipun pukulun sang mantri muka. Pan punapa dadya jalaran singgih. Sinten tan kapengina. 9. Nging sembawa wastu wan kadang ngling. Patih manthuk lyan ariki iya. Antinen sapatra bae. Sigeg gantya winuwus nadyan sareng lampahnya nangi. Uruting kang carita. Kinarya tumruntut wonten satriya anama. Dhon sesardhebasan warna nira pekik sasepa manjila. 10. Wus kontap inbg wartambek utami. Kendel titih kridha ning warastra. Kuciwa keh sambutane. Saking sru dhugalipun karem main minum mangestri. Denya sring kakerengan pangesthining kayun rumeksa wong kawlas arsa. Ywan siniya dening para bongsa inggil dad mubeng wi toh jiwa. 11. Nararya don lalana wus mulih. Mring prajane sapanye punika. Ing kitha madrid namane. Neng sopana sapangu. Panggweng mitra patih sung warti. Denya mentas midreng rat tantara kasaru. Gegering wong goraswara. Aloik suka jru mudhi wus manulungi. Jaka kelebing toya. 12. Narmadeng madrid kumudhi angling. Kamiwelasan heh babo anak paran darunanta angger. Sirarsa nganyut tuwuh. Jaka muwus makempis kempis pegat mangunjal napas lasari lo ulun magang pandhening gagaman jroning biting madrid ing ngriki kiyahi. Purwaning kalepatan. 13. Reyang pinatah ngrukteni bedhil ring tuwan kaptin reyang tinarka. Kirang resik sadayane. Puwara badhe kokum jinampala saking panjalin kaping seket seletan mareyang kalangkung. Wirang yen makaten temah. Lalunem pgung mring lepen ngupados lalis teka dadak dikontas. 14. Sigra praptaning grap ngandika ris heh jrugiyota paran kang dadya rubungani ngakeh kuwe. Juru kumudhi matur. Inggih tuwan lare puniki. Mangayu luluh badan negur lenging kedhung. Tandya dinangu piyambak alah sirala sari lo paran pamrih. Jaka nangis tur sembah. 15. Dhuh tuwan nambah asih ing dasih. Kawlas arsa mugi tutulunga. Lasarilo darunane. Nelas denya umatur. Amiwiti malah mengkakasi. Ngungun snag grap dhebasan ngunadikanipun panimbanging paukuman awrat temen murwate mung de srengeni. Tan layak lara wira. Taksih wonten sambetipun

4 Ongka. 37 kemis pon kaping 11 dulkangidah ehe 1812 utawi kaping. 13 september 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika dinten jumungah kapengker punika. Panjenengan dalem sri narendra putra tedhak dhateng ing wana giri. Karsa ambabedhag sangsam wonten ing wana kethu. Tedhakipun mawi kadherekaken kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana. Saha raka tuwin rayi dalem punapa malih para pangeran santana dalem sawatawis gumrebegipun para tiyang uruting margi. Ingkang sami badhe amanoni tindak dalem wahu. Untabipun para wadya ingkang sami andherek lir yayah lampahipun sri narapati kresna dinuta dening pandhawa dhateng astina pura. Rawuh dalem wonten ing pakuwon wagagiri. Sontenipun mawi sinunggata lalangen kembang api. Sasampunipun sami lalenggahan nunten para langen swara sami sasendhon manembrama rawuh dalem wahu. Kados ingkang kagiyaraken ing ngandhap punika. Sendhon puspa sugita 1. Parjasa nityaseng kayun. Kayungyun atur basuki. Suba kastawaning basa. Mring wong agung kang cangkrami. 2. mangke ing sarawuhipun. Pakuwoning wanagiri. Kalangkung suka kawula. Sasat nugraha geng prapti. 3. rumaosing manah ulun. Kalab banjala dri gendhis karirisan ratis gonda. Sumrambah sumermik minging. 4. ing nguni kadyangganipun. Kang taru tarulata nglih. Meneka tamaning marta. Martotama mausadani. 5. kang taru temah taruntum. Tuntum tumaruna malih. malah amarebun inggar. Panjrah kang pardapa wilis. 6. ing mangke ambahu matur. Ing panduka kangjeng gusti. Mugi sampun mawitaha. Den kadi pura pribadi. 7. titi mardawaning kidung. Cinitraneng wanagiri. Sangkala warsa candrama. Mulat nata ngesthi siwi.

Kapencut dhateng untaping ngakathah. Kula ngantos agonceng ing titihanipun para gusti. Den dhupaki pangiriding rakitan gula maksa dhepis datan konggih anggen kula anggonceng. Jleg dumugi ing wanagiri. Kula samlengeren katandukan gumelaring prabawa. Oreg gumuru ing para wadya. Kula gagas gagas kadya riwut ing wadya pandhawa wonten ing pakuwon kuru setra. Kula umeksi sri narendra putra. Kula kadya katempuh ing ampuhan bagus wingit tumekeng saytu suyutipun para nara praja. Sigit tur luwes kumremes tumanduk ing sabda. Mwang para dyah numusaken kasmaranira. Dene kawontenanipun ing margi kadya ing ngandhap punika. Para dyah akeh kasusu. Gelung wudhar tan tinolih. Miwah kakembene lukar. Nora sedya den rawati. Pembayun sinongg ngasta. Kayungyun pesok kapipit. Kadya naosken pambayun mring prabu putra kang prapti. Mwang kang lagya nganggit sekar. Akeleweran cinangking. Kadya ta sinaosena. Marang gusti prabi siwi. Kintunan

Nalika ing dinten slasa wage tanggal kaping. 2 wulan punika. Ing wanci pukul 9 siang. Kula dolan dhateng peken sangajenging pacangkraman dalem pasanggrahan ing tegal gonda. Dhistrik gathak kathithang karta sura. Sadangunipun kula aneningali tiyang sasadeyan langkung anggen kula kapirenan ing manah. Ngalem rame tataning peken kados boten kalebetan bangsat ingkang ahli jelag sawatawis bingah kula lajeng kalindhih ngresing manah susah. Mirengaken pangrasulanipun tiyang wicantenan angraosaken anggenipun kandheg panggotanipun among tani. Wicantenipun mangkaten nora kayaha. Gonku ngeni eni pari rong bawon kontul lan garewal bareng mangsane wong dak urit becik temen thukule. Kuciwane wis umur sawidak dina ora bisa tandur. Banyu bendunganiki besuk apatik ngunggahake taneh. Yen wijiku ketuwan sapa sing ngijoli. Rencangipun mangsuli bok urip wong sawit napa pun rame tandur. O empun konca tirip kagokan gih empun murah banyu. La kok sanggung gone tengah bisa katoran niku napa gadhungan la enggih tanak inya. Katuju bisa tonja tom sathithik saka kamirahan dalem gusti ingkang sinuhun supangate kangjeng kyahi bendhe udan arum ampun mekoten ta was kabeh. Tomlebar. Pari nglenthar. Mula banget panuwun mundhi kula kalih nyahi udakara. Sabat kabare niku sing munjuk nyuwun miyosake kangjeng kyahi bendhe ditabuh. Kadadosanipun susah kula lejar sukur ing gusti allah.

1 Katur rebo kaping. 3. Dulkangidah ehe nembah ratu murti ningrat kintunan

Itali

Nembe punika ing nagari itali wonten sangsara ageng. Inggih punika kurdanipun redi latu ing nagari ngriku. Kala jaman kina sampun nate ambaledhos sapunika wiwit amurup malih mawi lindhu ageng. Tiyang ingkang pejah gunggung gangsal ewu. Dene dhusun dhusun sangandhaping redi wahu kathah ingkang kabesmen telas telasan.

Singgapura Nembe punika wonten estri bongsa malayu sampun awaweka. Bayinipun medal kakalih jaler estri. Ananging wujudipun aneh. Jabang bayi ingkang jaler tanganipun kiwa amung wonten darijinipun 4 iji. Tanganipun tengen darijinipun 6 iji. Dene jabang bayi ingkang estri. Punika rahinipun wates janggut cemeng kados dene mangsi. Dalah mripat ugi cemeng. Wates jongga sapangandhap awujud pethak kados dene dalancang.

Cina Pawartosipun ing kitha yunam sakalangkung kathah redi ingkang medal tembaga. Mila samangke guprenur ing kitha yunam kuiciyu. Sampun angunjuki uninga ing sri narendra cina. Supados animbalana nangkoda sageda tumbas pawedalipun ardi wahu. Samangke sampun kaleksanan katumbas prajangji 100. Andhel ing dalem 100 andhel wahu pengaos 100 tahil arta salaka. Dados redi wahu pamedalipun katumbas dening tiyang dagang gunggung. 1.000.000 arta salaka. Wondening patrap anggenipun amendheti tembaga para tiyang dagang wahu. Katarekah kados dene angesong areng sela tamtu badhe kathah kauntunganipun.

Birmah Sampun kadadosan ing kampung lonkoi. Sawenehing para impunan badhe amendhet sarta ngulah lisah petruliyun nembe punika saweneh ing bongsa eropah ingkang sampun anitik saweneh ing telaga ingkang kakinten badhe saged medal lisahipun petruliyun punapa malih sareng anitik dumugi ing kampung tounio. Malah sakalangkung kathah ingkang sampun kanyatahan medal lisah petruliyun mila badhe tumunten kaleksanan pamendhetipun amargi katitik badhe sakalangkung kathah wedalipun embok manawi badhe anjalari saya mirahipun lisah petruliyun.

Ongahe Nalika tanggal kaping. 13 juli. Ing kitha kanton katempuh ing bayu bajra. Wonten bahita ingkang saking kitha onam badhe dhateng ing salebeting nagari. Sareng dumugi ing satengahing samodra. Katampeg ing maruta wahu palwa anjempalik para tiyang sarta barang saisining bahita sami kerem ngantos elet sadinten sawek kapanggih wujud ing palwa ingkang kerem wahu cacah. 7 iji. Wondening bahita alit alit pinten pinten ingkang sampun kerem. Ing kitha omowi ugi katrajang ing bayu bajra. Pinten pinten bahita ingkang nandhang sangsara kerem ing samodra. Mila bahita saking omuwi ingkang badhe dhateng hongkong sami wangsul.

Sumatra Kangjeng guprenur sumatra sisih kidul awawarti. Bilih ing tanah dhatar kaambah sasakit pothokwen ingkang sakit gungung. 265. Mahesa utawi 259 lembu. Dene ingkang palastra kinten kinten wonten 150 mahesa. Utawi. 20 lembu.

Kathahipun yatra ingkang dipun panjurungaken dhateng ingkang sami kawelas arsa. Dumugi tanggal kaping. 7 september. Ing ngandhap punika wijangipun. Saking tanah jawi 140. 173.55 “ singhapura 62.500 “ pinang 12.500 “ nederlan 45.000 “ londhen 6.000 gunggung 266.173.55

2 tlenyek tlenyek kula kumacelu nginten pabarataning bra martani 0ngka 35 kamis wage kaping 26 sawal ehe punika. Ing ngriku slening slening kula ngingling swaranipun mitra kula bokipun endib marneng gita. Minta jarwa dhateng rama kiyahi kedhung lumbu. Minta pitedah bedanipun bab leres lepating panyerat kados punika. 1. darsa. 2. Dresa. 3. Darsa. 4. Darsa. Sabab saking punika. Kula nuwun saewu. Nuwun dadukanipun para sarjana. Jalaran anggen kula kumapurun cumanthaka. Paksa lumancang. Panuwun kula boten karana namung andadosna lantaranipun kasruwe mungging ngarsanipun para bijaksanu. Lukitaning sastra. Enget-engetan kula nalika kula taksih tinanggenah dados siswa pawasitanya dwijawara lula kangjeng swargi makaten. Yen kowe sinahu nulis aksara jawa. Kudu manuta wawatoning layang. Parama sastra jawa. Aja kaya panulise wong jaman biyen samubarang iku kudu manut wahyaning mongsa kala. Tegese apa kang wis dadi kalumrahane jaman saiki. Dadi ora diarani wong nyleneh. Mengkono pituturku. Kayata kang kasebut iku mangkene. Manawa aksara sa. Ngarepaken sandhangan panyigeg ing swara. Layar. Iku uruting wanda sa murda. Kayata karsa. Darsa. Warsa. Sapadhane kang mangkono. Dene yen ena ngarepaken sandhangan panyigeg swara. Layar uga. Iku uruting wanda na murda. Kayata. Warna. Karna. Marna. Mangkono sapapadhane. Aja nganti kleru pasanging aksara nistha aranya. Kula nuwun sampun namung punika atur kula. Manawi karoncenen embok bilih angesek-eseki papan mindhak andadosaken ewaning para punggung nging sastra. Sumongga mitra para bijaksana. Leres punapa boten atur kula punika. Yen leres pinten banggi. Lepat kula boten mingket tampi dudukanipun para sarjana. Anjawi punika. Kula nuwun nyuwun nungsung warti. Tembung panggihan kados ing ngandhap punika. Hina diwasa mangongsa ongsa. Lo. Punika kados pundi wardinipun mugi kula kaparingana barkah estu. Dipun paeluwa atur kula sadaya wahu nun. Pratondha kula canggahipun kyahi kyahi monda monda ing mataram kang sasaneng ringa nagari ngayugyakarta. Pun rara usrek treban ping soma wiyongga. Condrama. Pusa. Momana sangkala ningali wulan samadyeng jagad. Usrek mitranipun oyek.

Sinawung lagu sumyarsih // sru kayungyun hamba dahat minteng tuduh. Mring tembung saloka. Kadya kang winarneng tulis ingkang pandhan anenggiha who pandhega. // lah puniku kados pundi tegesipun mugi pra sarjana. Paringa pitedah yekti. Mring pun dasih kang dahat kawelas arsa. // dahat punggung darbe kawruh mung saukur. Tur kawruh tempilan datan darbeni pribadi paksa punggung manring byanta reng sarjana. // tar wruh lamun ing ngeseman tar rinembuk mung mardenging cipta. kang linantur minta wangsit wangsit rungsit kesit keset nganggo kesat // kesat kesut kinesut tanduk ing wuwus wuwus ing sarjana. Kang pinuja kang pinuji. Dyan partitis aywa ngantya kalayantan // purneng kidung tanduking sastra maweh kung. Kungas ing panebda. Sebda ning minta satiti. Titi tamat palesthaning kang puspita.// pratondha cakra wasita

1. sigeg katur kang prapta nireki. Kapitan ngirit ing sawara. Suldhadhwarsa nyepeng age. Lasarilo puniku. Dhon semenggan wuwusnya manis bkisanak kula newa. Pangapuranipun dhateng kalepatanira. Lasarilo inggih sapisan puniki. Kapitan langkung ewa. 2. Cukeng rengkeng ingn nararya kalih. Muwas nantang tinantang kerengan cundhuk samya kawanene. Kalindhih kridhaning hru. Kaptin pejahira tumuli. Dhon sesar pinarbutan pulkisi kapikut salira nandhang pusara. Rinarompa umanjing kunjara aris byuha sandining patya. 3. Tan pamambeng pra nayakeng nagri. Lelimbangan sumarah sakarsa. Ning dhon yose dhe santarem mongka presidhenipun anamtokaken ukume mati. ginantung sraneng jangga. Giliging pangrembug kisase tuwn dhon sesar. Tandya wahu sang patih arsa manggihi. Mring sang grap pasakitan. 4. Manjing kunjara ngandika aris tuwan mitra dhon sesar manira. Sung wikan mring salirane. Manawi badhe antuk ing atase patrapan pati. Srana gantung jangganta. Ywan andika ayun nyuwun punapa karsanta. Ingkang boten sawiji durunge mati. mwang nurut paminteng wang.

3 5. Manira singgih saguh nulungi. Kalakone panyuwun jandika. Dhon sesar nora gatura. Kalangkung ing panuhun sih mirmanta tinambang weni. Pilih kula linilan adarbe panyuwun wontenta den seheka. Lasarilo luwaren sangkaning sisip ngabdya ngayomeng tuwan 6. Ping dwi ukum kisas ulun mugi. Kalintuwa sarana sanjata. Kewala kaping tigane. Prajurit ingkang tamtu. Midanam basa moha mangkin arsa ulun bujana. Suka ngunjuk anggur. Neng ngriki ing sapunika. Wangsul ingkang paduka pundhut punapi. Dhon yose angandika. 7. Namung siki jengandika rabi. Mene kita ywa ngudi prastawa. Mukaning swaminta badhe. Lan yen ningkah ira wus kula pisah tan kena tunggil dhon sesar ngungun ing tyas ngudanikanipun lah apa wadine mana. Nadyan ingsun wong gedhe kaliwat miskin wataraning duduga. 8. Masa ngajap tetinggalan mami. nanging sawastune lungguh ing wang. Luhur kang den melikake. Dening wanita iku. Mesem nabda sagrap nagahi. Cihnaning sedya tama. Ubayaning kayun karya sukaning rabiya. Ingkang badhe ginarwa jroning samenit tur tar wruh tar senggolan. 9. Wusing mangkana sang prih pinardi. Ngrasuk busana ning mangun krama. Tan antara masrahake. Prajurit kang tinuduh. Nindakaken pidana lalis maring grap ing ngancaran sareng ngunjuk anggur. Aneriya sanggyeng rena. Ngalembana tekate sang grap ni muni. Menggah kang pra prawira. 10. Jroning sukan makan mnakandheg parptaning. Yama manawung kanang timbalan nasa sigra dhawuhake. Saking asma seng prabu. Wastu ingkang pidana lalis gantung tan nging sanjata. Wusnya kaki mundur. Gantya praptaning sang patya. Kanthi mari tanah mangangge sarwa di. Sacaraning pangantyan. 11. Tuku pwak tra mrih grap tan udani. Ingacaran jawab asta nulya. Sang pangulu ningkahake. Dhon sesar kinen kantun ing kunjara swami umijil kridha sandining patya. Maritanah wahu. Sampun tinitipke marang. Markisdhe monte piyore tukang peksi. Kenari jroning pura. 12. Tinanggenah rumekseng dyah sruti. Neng wismaning sang markis sandika. Patih dyan nuduh abdine. Heh lasarilo gupuh. Samaptanen sanggya ning karbin lunasan tampakena. Mring wong suldhadhengku. Lasarilo langkung suka. Dening piniji ing karsa umales sih. Gesah mring grap garopah. 13. Pat lum sami tan sinungan mimis mesi obat sadaya tinampan dening prajarit sakabeh. Minangka marta lulut suka tamanarsa prangduli. Labeting boja krama. Linimput sing nganggur. Por tuwin kang pepethingan sang dhon sesar mring lasarilo kinethik mangkya yen sinanjata. 14. Tuwan sangadya dhawah ngemasi. Kaleksanan sapitungkasira. Drel munya tinon ngaleset para prajurit mundur. Lasarilo ingkang miranti. Oncat saking kunjaran sang dhon sesar wahu. Tunggal sadinten punika. Ratri nira wonten pasamuhan mawi. Langen taya te dhansa. 15. Wismaning sang markis tukang paksi. Bakyanira snag mantri wisesa. Kismong kapiyandele. Den tapa kantuk lungguh. Kasatriyan markis wit saking. Sihing sang mantri muka. Markis jal westreku. Sami labet anoraga. Nrusing driya anindya bekta kapati. Mituheng saha kyengsang. Taksih wonten sambetipun.

4 Ongka. 38 kemis kliwon kaping 18 dulkangidah ehe 1812 utawi kaping. 20 september 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Sarehning wedalipun pawartos urub tuwin jeblosing ardi ing krakatau sarenti. Pramila kula ubanggi dhateng para maos pawartos wahu badhe kula edalaken ing wingking. Kula gancaraken mawi kula dhapur kados erat ing mangke tuwan ef el winter . kabiyantonan dening raden mas tumenggung purwa nagara. ingkangh badhe angimpuni pawartos wahu. Ugi badhe kadapur kados serat salajengipun badhe kasade. Papajenganipun badhe kapanjurungaken dhateng ingkang sami anandhang sangsara. Tumuwuhing urub tuwin jeblosipun ardi ing krakatau wahu. Sinten ingkang boten badhe anjurungi pambudi punika. Para titah ing sasaged saged kedah mitulungi. Dhumateng sasamining titah ingkang sami kawelas arsa. Kula inggih sakalangkung amangayobagya dhateng pambudi wahu. Mandar amumuji mugi gusti ingkang maha agung. Anglastantuna pangajeng ajengipun ingkang sami anyambadani badhe atutulung. Wasana kula namung anyadhang nyadhang aksamanipun para maos mugi sami karsa amuwung anggen kula ing mangke anyigeg ubanggi kula kasebut ing inggil wahu. Katur ping 17 dulkangidah. Sangkala tinengeran mulat utama mangesthi mitra. Juru ngarang

Awit sangking ingkang serat kakacingan kangjeng raden adipati sasra nagara. salowongipun mas ngabehi karya diwirya. Abdi dalem mantri gowong. Ingkang kakersakaken anggentosi. Mas lurah jaya puspita. Lurahing kapedhak purwa kusuman kaganjar nama. Ngabehi karya sonta. Salowongipun mas ngabehi wiradika. Mantri ngajeng kapatihan kang kakersakaken anggentosi. Raden mas atmaja. pamagang kantor kapatihan kaganjar nama. Raden ngabehi wira praja. Kintunan

Sampun sapeken punika. Kagungan dalem lepen awisan toyanipun kapepet sangking inggil pisan jalaran kapresudi ing resikipun mila pinten-pinten kathah ing tiyang ingkang sami gegriya sapinggiring lepen wahu tinanggenah ing parentah tandang tulung ngentasaken endhut kajenengan ing prayagung bupati pulisi nagari. Sakanthinipun wasana mulyaning lepen awisan wahu. Kapuji puji ing ngakathah. Bok bilih badhe anyudakaken susuker ingkang nuntuni dhateng dhateng sasakit warni-warni.

Samarang Ingkang kaangkat dados bupati ing ngriki rahaden cakra dipura. Jaksa ageng ing magelang.

Cina Samangke sakalangkung kathah pamedalipun apyun saking ing nagari cina. Inggih punika wedalan ing kitha bongol boan ciyu. Sucoan sankung title. Sanse. Siam sehoan. Kamisuk tuwin ing kitha lunan tur arginipun mirah. Mila sapunika apyun wedalan saking tanah hindhu boten pajeng. Embok manawi ing tahun wingking badhe anjalari mirahipun apyun dumugi ing nagari pundi-pundi punika pantes kalebet ing panggalihanipun para ingkang anengenaken dhateng apyun saiba maremipun ing manah. Kados sami anglesus anggenipun eses.

Ostenrik Pawartos saking kitha wenen sareng gupremen ostenrik amiyarsa praja prasman kalayan praja anam dereng kaleksanan bedhami. Lajeng angaturi pamrayogi. Ambudi sagedipun kaleksanan bedhami. Sarta sampun ngantos kapanjang panjang anjalari sulayaning pamanggih. Amargi rumeksaha dhateng kawulanipun ingkang sami adagang. Embok manawi badhe anjalari sangsaraning kathah. Saupami sampun saged kaleksanan gathuk ing kalih-kalihipun sampun tamtu praja ostenrik badhe boten kaweken amranata. Ingkang ngantos saged rukun ing kalih-kalihipun.

1 Pamudyarja Pustaka warti ongka. 34 angocapaken bilih badhe kaleksanan lampahipun sekrum tram dumugi ing bayalali. Sanadyan sampun tamtu bab punika badhe saged anjalari indhakipun ardaning cipta anambahi parlu kanggening arta. Ewasamanten sadhengah tiyang ingkang amiyarsa boten pisan katingal enget menggah ing kapitunan wahu. Amargi saking agenging kabingahan rumaosipun lir sami badhe atampi kabegjan sami amumuji sagedipun inggal kaleksanan saiba badhe anambahi raharjanipun kitha bayalali. Sarehning sampun kalimrah ing atasing panggagas wahu boten anarimah satitah. Sanajan kiyahi setrum tram dereng katamtokaken wawangening dumugi ngriku. Ewasamanten badhe tambah ing karaharjan sampun sami kaentha. Sarta sampun lajeng sami kacacat badhe kirangipun karaharjan wahu. Inggih punika amargi saking kakirangan toya. Saupami sampun saged kaleksanan kalih bab punika sampun tamtu ing atasipun kitha ngriku sampun kuncara piyambak katimbang kalayan sanesipun ananging wonten ingkang anjalari mareming manah. Nalika panjenenganipun tuwan asisten residhen nembe rawuh. Saben dalu karsa rundha angubengi salebeting kitha. Sareng dumugi pakampungan ingkang boten angsal toya kaleresan andangu saparlunipun sareng kaaturan bilih pamendhetipun toya ingkang kaangge sadinten-dinten sami dhateng lepen-lepen sarta ing belik wondening karaosipun bilih kakirangan toya. Sapisan bilih wonten tiyang gadhah damel kaping kalih bilih wonten tiyang tilar donya. Kaping tiga bilih wonten bancana griya kabesmen punika sawatawis anggumujengaken saben wonten griya kabesmen lajeng kapompa sarana wedhi sarta siti. Teles-telesipun uwit pisang. Panjenenganipun tuwan asisten lajeng anggalih andangu sarta sarembag kalayan pangagenging kitha. Ambudi sagedipun angsal toya. Saking aturipun tiyang kathah saupami kabudi kados saged kaleksanan boten adamel kapitunaning sanes kadosta toya ingkang kangge giling kopi sarta kaangge pasabinan wonten ing siti pamaosan paras punika tus-tusanipun dhateng ing jurang tampir sadumugining jurang boten kaangge sabin anaming lajeng telas kemawon wonten malih jurang gandhul kaleres salering dhusun paras lebeting toya kakinten wonten 1. Kaki. Punika kawestanan toya sumurup amargi sadumugining kilen kitha toya punika ical ambles ing siti. Dados jurang gandhul wahu saurutipun ngantos dumugi lepen magangan punika boten mili toya. Sareng dumugi lepen magangan lajeng tempuk kalayan lepen saking dhusun ing nglebak punika wiwitipun angsal toya anjog kagungan dalem pasabinan ing krapyak kautamen malih tirahan toya ingkang kaangge wonten ing siti pamaosan cepaga. Ingkang lajeng kabucal mangaler. Tigang panggenan wahu kados sakalangkung gampil sarta sawatawis tanpa waragat saupami kailekaken anjog ing bayalali amargi saking panggenan wahu sadaya tumurun mangandhap malah pawartosipun kala jaman kina sampun kaleksanan ilinipun toya tigang panggenan wahu anjog ing salebeting kitha bayalali. Toya cepaga anjog kaangge blumbang ing beteng. Kabaripun wonten ingkang anjog ing punthuk sakidul kabopaten amargi kaangge pasanggrahan dalem gusti kula ingkang sinuhun kangjeng susuhunan kilap temen utawi botenipun amargi ingkang sami darbe atur mangkaten wahu anyariyosaken cariyosipun para tiyang sepuh. Kabaripun parentah ugi meksa anggalih sawatawis kanyatakaken kilap badhe wasanipun ewasamanten oreging para tiyang sami mumuji supados sagedipun kaleksanan. Kintunan

Mitra kula ingkang sisilih nami andhe andhe lumut ing bra martani ongka. 33 sarta 34 tahun punika. Aparing berkat dhumateng sanak ingkang ahli among tani. Bab ahama tikus ingkang punika sampun saestu andadosaken suka pirenaning para paman among tani. Mila boten langkung mugi sampun dados penggalihipun mitra kula sang andhe andhe lumut kula ugi andhadherek urun angaturi isaratipun tiyang among tani bilih badhe mluku. Ing ngandhap punika kawontenanipun. Mamule dhumateng luwuring tiyang tani nama sang raja panuwun lujenganipun sekul golong pecel ayam jangan menir. Sarating panyebar. Kaping tigang sebaran merem kanthi megeng napas anyebuta bapa kasa. Ibu pertiwi. Padha sira lungakna sakehing hama-hama. Lan sakehing lalara. Aku titip bocah sawiji. Arane bok tisna wati wiji dadi apepati. Kari siji dadi lanjaran wiji.

Pamlukune Alip wiwit maluku dinten jumungah. Wiwitan sarta wekasan eler leres sidekah sekul wuduk pecel gurih. Donganipun ruwah. Sakitipun brit-abriten jampinipun jeram gulung kapendhem ing tulakan. Ehe. Wiwit maluku dinten rebo. Kawitan wetan nemu gelang. Sidekah liwet gurih. Ulam-ulamanipun tigan sarta gerih. Jangan waluh sambel cabe. Donganipun kasah. Sakitipun sulet jampinipun talethong kapal pethak kasele ing tulakan.

2 Jimawal wiwit maluku dinten kemis wiwitan kidul leres pungkasan ler kilen sidekah sekul liwet ulamipun tigan kadadar. Donganipun kunut hamanipun peksi. Tulakipun gadhong pisang saba. Sarta maja kaseleh ing tulakan. Je. Wiwit maluku dinten jumungah. Wiwitan kilen wekasan tengah. Sidekah sekul liwet ulamipun samukawis pepecelan donganipun tigapar. Hamanipun walang. Jampinipun jagung saontong sarta uceng kabakar. Tuwin kraos abrit kaseleh ing tulakan lapalipun gunung geni sagara wedang. Singa mara singa mati. lebur luluh ajur rajah iman slamet. Dal. Wiwit maluku dinten rebo. Wiwitan kidul kilen wekasan wetan leres sidekah sekul pulenan ulamipun loh kapecel donganipun slamet sakitipun lodhoh. Jampinipun tenja budheng kapendhem ing tulakan. Be. Wiwit maluku dinten rebo. Wiwitan sarta wekasan wetan leres sidekah sekul liwet ulamipun tigan sarta kuluban donganipun kunut hamanipun walang. Panulak lisah sepuh kaseleh ing tulakan. Jimakir. Wiwit maluku dinten kemis wiwitan kidul wetan wekasan tengah leres sidekah sekul gurih ulamipun warni-warni. Donganipun kunut hamanipun tikus panulak sarta jampinipun apu pengaosi. Tanpa nganyang. Tuwin tosan kablebet lawe wenang ubet tiga. Kanthi jenang baro-baro. Kapendhem ing tulakan titi. Asung swarat Apa alane ujare wong tuwa yen diestokaken. Juru gubah Para ingkang sami amanjurung mugi karsaha amuwung. Anggening sami dereng kapacak panjurungipun. Juru ngarang.

Sambetipun dhon sesar dhebasan 1. patih nadyan alalawen becik marma pistanira samudana. Pakumpulan pangesthine. Drapon kang para agung. Nging jro pura miwah sang aji. Kapanggweng mari tanah. Yeku pamrihipun kalampahan sedyanira. Maritanah pinarnah pribadi munggwing. Pandhapa wismeng taman. 2. Sinasmitan ring patih sang aji. Asma mindha dhon sesar dhebasan medhaki sang dyah sabdane. Dhuh la he garwaning sun wayah iki wus lingsir wengi. Ri sedheng payo nendra. Sarimbit lan ingsun wulaten udyananing wang. Sacedhaking kutha aranyuwes yayi. Sun kanthi payo nyawa. Kinanthi 1. maritanah sagahipun arsa pamitan rumiyin mring para tamu sadaya. Dyan sang nata ngenya puri. Panguhu manguning gelar. Mrih sang soritan andugi. 2. Dyah maritanah wus wangsul mring pasamohan gya pamit dhumateng tamu samoha. Warnanen dhon sesar yekti. Manjing taman mindha wipra. Kapanggih lawan sang patih. 3. Neng pandhapa taman santun kagunganira sang markis patih uninga tan samar. Mring dhon sesar ingkang prapti. Anindya kapiteng driya. Tan drana sinapa aglis. 4. Paran daruna nireku. Teka bisa urip malih. dhon sesar alon tur ira. Saking pitulung hyang widi. Atasing wong pejah gesang. Kajawi punika inggih. 5. Wahya kawula ing wahu. Saking kunjara mangeksi. Wonten estri dwi wahana. Rata lumangkung ing margi. Satunggal warna nirendah. Enem dhasaripun manis. 6. Tanyamba ring janma langkung. Sinten parestri kang nitih. Kareta wahu punika. Pun jama langkung mangsuli. Kang nitih garwanipun grap ing garopah kang wus lalis. 7. Rehning padiuka pukulun kang agyeng mring kula kawin ing mene kula sumongga. Tuwan saged ulun panggi. Lan dyah paduka katempah. Patih umenget nyagahi. 8. Panguna dika ning kalbu. Masa dheweke niteni. Duk ningkahe kekudhungan binalithuk bae gampil dyan nimbali nyah gaselah. Garwanipun tuwan markis. 9. Awon dhasaripun sepuh. Praptaning byantareng patih. Manabda marang dhon sesar. Dawek andika tampeni. Nyonyah dhebasan punika. Kang sampun dika weruhi. 10. Numpak kreta lan wong ayu. Ing wahu inggih puniki. Grap dhebasan langkung cuwa. Prastaweng garwa wus wanci. Nira anyidham tabela. Sedyarsa nyeled pangudi. 11. Gandrung gandrung ing driyesmu. Ngungun mring garwarsa nampik waskitheng kedhap sang patya. Mesem nabda garwanteki. Tan kapengin winengkuwa. Ing priya dene wus sugih. 12. Pribadi mandar sedyangsung. Mring abdi kamanci dhuwit sawarsa nem ewu rupyah. Nanging yen dika nyanggemi. Winoting srat prajanjiyan ywa nedha pinanggih malih. 13. Lan garwanta malihipun jengandika sampun ngudi. Anindakena wawenang. Mging priya dhateng pawestri. Para dwi pasal punika. Grap sagah sigra nitra glis. Taksih wonten sambetipun.

3 Ongka. 39 kemis pahing kaping 25 dulkangidah ehe 1812 utawi kaping. 27 september 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Para ageng alit utawi sawiyah tiyang boten mawi amawang bangsanipun pundi ingkang sumerep dhumateng wajibing ngagesang. Cancingan lumayan ing pandamel sae. Legawa atutulung dhumateng sasamining tumitah ingkang dhumawah ing kasangsayan punika boten kaladuk bilih kasebuta gagambenipun tiyang mursid sarta musthika ing budi. Ujaring babasan mangkaten kaloman iku kang becik dhewe. Amarga wong gedhe cilik padha bisa agawe pratandhing kalomane ing sakadare dhewe dhewe. Para kawulaning allah ingkang kaedas angranggani kamulyan sarta kaluhuran punapa dene titiyang ingkang tinengga ing kasugiyan punika pundi ingkang enget utawi gadhah katoleyan boten tetepipun bondha ing alam donya. Saha enget bilih lumeber ing sih kadarman punika dayanipun saged amberat kalesaning jasat sarta anucekaken nyawa saking sakathahing pidosa. Punapa dene saged anganjingaken nyawa wahu dhumateng kamulyan ingkang mumpuni. Gilang gumilang tetep ing salami laminipun amasthi boten kawagang amajadahi dhateng kamempenganing kasedyan badhe angrentahaken sih kadarman akaliyan pantes dhumateng titiyang ingkang kabalaburan ing babenduning pangeran kados ingkang sampun kocap ing serat undhang-undhang ing nagari. Amin kintunan Angantos sapriki dereng kendhat kendhat para tiyang ing pakampungan anggening sami amanjurung yatra. Ingkang badhe kakintunaken dhateng para tiyang sami anandhang sangsaya ing banten tuwin ing lampung.

Pawartos warni-warni Ing dhusun pojok bawah ambahrawa kathah para tiyang kapitunan awit wonten sawatawis sabin ingkang pantunipun telas katedha ing hama tikus pangunguning tiyang embok manawi maremen saestu badhe ababayani ing ngakathah. Mekaten ugi bawah ing sidaharja. Surabaya. Inggih sawatawis sabin boten angukup pantunipun katarajang ing hama lanas ingkang tumuwuh saking sanget ing benteripun taneman pantun ingkang katarajang ing hama wahu. Godhongipun sami katingal abrit. Temahaning para martani pun kangjeng gupremen sampun andhawuhaken bilih para kawulanipun ingkang sami kawelas arsa. Awit pambaledhosipun ardi pulo krakatau. Sami kapatedhanan pituwasing kapitunanipun awarni yatra. Kathahipun sami kalihan gunggung ing balonja enem wulan mandar ing mangke sampun karembag badhe kawewahan enem wulan malih. Wonten pawartos bilih gora pracundha. Temahaning pambaledhosipun ardi krakatau. Kapiyarsa ing pulo selong. Mongka tebihipun ardi wahu dhateng ing selong 1500 pal inggris. Pulo selong punika kadhatonipun dasamuka. Winastan langkapura ing lampahan ringgit sinebut ngalengka. Kacriyos malih nalika prabu dasamuka abonda yuda kalihan sri rama. Kadhawahan ing jamparing tigas jangganipun gembung lajeng kacandhak dhateng anoman kabekta angambara lajeng kaselehaken ing dhasaripun supitaning saganten sundha. Kaurugan ing ardi ngantos dados pulo. Mawi ardi krakatau inggih ing mangke ingkang ambaledhos punika. Ing supitan saganten sundha ngriku kathah pulo pulo. Ingkang sami kaparaban nami. Kadosta merak awit tinon sing tebihan warni ugi kados merak babi. Punika sing tebihan inggih kados babi. Pulo krakatau tinon sing tebihan kados uyu-uyu. Pramila leresing paparabipun pancen krakatha. Tembung sansekrit katelah ing tembung kawi dados rakatha. Ing mangke kalantur ing pakecapanipun dados krakatau.

Madiyun Nembe mangke tiyang nami sadrana. Griya ing dhusun bulusari. Tumut ing kadhistrikan maospati. Paben kalayan anakipun jaler jajaka nami sariya. Dene jalaranipun paben wahu mekaten sangajenging griyanipun sadrana wonten uwitipun jeram sampun sepuh. Sarehning kathah kemedhehipun dados dipun tutuhi dening

4 anankipun wahu. Sareng kawuningan dening bapakipun sanget nepsunipun sarta misuh-misuh. Kadadosanipun bapa kalayan anak sami supenipun kadrawasan dados paben sarta sami amandhi siyunging bathara kala. Pacul pun sariya kenging kapacul leres sirah sanginggiling kuping labet sarta akuthah erah. Yenta sampun tumunten kapisah dening tongga tangganipun saestu ambabayani. Sarehning bapa kalayan anak mila sami narimahipun boten kadamel prakawis.

Tuban Pangresulanipun para titiyang salebeting nagari tuban jalaran saking sawatawis kasangsaran jalaran wedaling pasabinan sirna boten angukup amargi kakirangan toya. Umyaking para bongsa pingul sami kawedal ginemipun pangarem arem ingkang kacetha ing pustaka warti. Kangjeng gupremen sampun angedaleken arta. 40.000 ewu rupiyah kangge paring pitulungan dhumateng abdinipun tiyang alit ing salebetipun paresidhenan rembang. Badhe angewontenaken pakaryan sarana kabayar arta. Dhumateng satunggal tunggalipun kabupaten. Kintunan Para ingkang sami amanjurung mugi karsaha amuwung. Anggening sami dereng kapacak panjurungipun. Juru ngarang

Katur mitra cebong Dhuh mitra cebong sampun kalimput lo. Jengandika taksih enget punapa boten uruping ardi ing tanah padhang ingkang kocap pustaka warti indiya nederlan ing batawi. Katujunipun panembahan kedhung lumbu sampun karsa ananggapi. Sapunika ijengandika anggalih nglengkara malih punapa boten nalika kabramantyanipun kyahi redi krakatau. Swaranipun ngantos kapyarsa sapulo jawi. O mitra nalika dinten pambledhosipun wahu. Tur sampun tatela ing padhepokan kula saking dununging radi krakatau wahu. Pinten-pinten ewu pal tebihipun ewasamanten nalika myarsa swara oreging tongga tapalih kula kathah ingkang darbe cipta sumedya angili. Raosing pamyarsa yakin sanget bilih kakinten swaraning ardi marapi ingkang arsa kurda malih. amargi sunduk prayoginipun sampun anyameleng. Nitik ginemanipun tiyang ing pareden ngriku bilih ing ingkang kasebut kawah ing ardi wahu sampun katutupan pakempalaning sela sarta wedhi ingkang maujud redi. Mongka kabaripun kala mentas amabaledhos ingkang sampun kalampahan kinten-kinten. 10 tahun punika. Kawah ahu malah boten katingal pupundhatanipun ingkang nglebet mila kula dereng saged amangsuli pandangunipun kyahi kedhung lumbu. Awit judheg raosipun manah kula. Para tiyang sadaya kimawon asreping manahipun sareng sampun angsal katrangan bilih kyahi marapi boten angujiwat ananging tanah eca lenggahan kemawon kalayan nyahi rebabu. Nalika dereng angsal katrangan sami anginten bilih ingkang anywara wahu redi sundara ing tanah kedhu. Ingkang darbe mimitran ing kedhu anyatakaken wasana para tiyang tanah kedhu ngriku oregipunsami kemawon lajeng nyatakaken dhateng redi sundara. Ananging redi sendara kendel kemawon lajeng darbe panginten bilih ardi slamet ing tegal wasana pamujining kathah boten wonten malih kyahi marapi lestantuna wilujeng sampun ngantos karsa babendu. Pun endhang pracimasana.

Panjurung amudhari pangungunipun ki mas saleh ing pawiyatan Saking anggen kula rumaos dados kawula dalem bongsa jawi. Ingkang kasbut ing dalem koran bra martani ongka. 37. Tahun 1881. Wonten panjurung ingkang katandhan nama saleh ing pawiyatan kathah kathah ing suraosipun naming gunggung ing pikajeng ki mas saleh angosikaken dhumateng para kawula dalem bongsa jawi. Saking anggenipun sami malepes ing budi. Katondha ngantos sepenipun pujongga jawi ingkang saged dados pangauban ing bab ilmi utawi kasusastran sapanunggilanipun mongka pamirmanipun kangjeng gupremen boten kikirangan ngantos ing pundi-pundi mandhalan kaparingan pamulangan jawI. Ananging ki mas saleh radi mamuji kaparengipun para wajib anembadani ing pamardi dhumateng para siswa ingkang dawek winijenan budi dening para sogatanipun. Seratipun ki mas saleh ing adeg-adeg 1 dumugi ing adeg-adeg 6 sadaya kaisen pangangkah prayogi. Dhumateng karekating manah bongsa kita. Utawi ki mas saleh wahu kawangwang bilih gadug dhateng pamanggih. Bab pangruktining kadadosan saha tebih paningalipun sedya anjangkah ing kalangkungan tur asih ing sesami. Ngantos katingal kenceng anggenipun angrukebi ingkang pancen sampun dados leresipun upami saged kasembadan kados pangudaraosipun ki mas saleh ing adeg-adeg ongka. 4 saiba bingah kula. Sasat saged manggih inten ingkang saged ngucap awit lajeng amewahi mulya harjaning praja. Ing bra martani ongka. 40. Nunggil tahun 1881. Nimas rara mentrik sampun ananggapi seratipun ki mas saleh wahu. Nanging nimas rara ragi angunthet karsa. Awit namung tan anglenggana ing pamalepes. Utawi namung nyugokaken sapamanggihipun ki mas saleh kimawon wangsul ing mangke kula kedah nglahiraken pamanggih. Supados ki mas saleh sageda pirsa ingkang dados bubukaning pamalepes.

5 Ing tanah wutah rah kula ing ngriki. Taksih saged gadhah kawruh saha sastra jawi ingkang sumanten punika. Golongan sampun nugraha. Angsal barkahing gusti. Mongka ing ngriki pancen sugih kawruh sanget inggih sugih kasagedan utawi pancen sugih anggit ingkang pantes pinundhi ing sapanginggilipun tandhanipun kadosta mirantos tani. Sampun anyekapi. Pirantos sinjang pangangge inggih sampun samekta. Punapa malih tukang matukang ingkang sampun mirantos griya magriya inggih sampun mirantos punapa malih sastra tembung tembung matembung. Meh kenging kabasakaken moncol sadaya wahu anggit ki nasa daya. Saupami wedharing kalantipan jawi wahu taksih linaluri linuhur luhur ambok manawi ing gnriki sampun katingal kathah sanget indhak saha wewah wewahipun sabarang. Wangsul ing ngriki kajegan kawruh sarak meh kenging binasakaken katlarak sadaya murtining budi ingkang dhateng praboting karaharjan miwah kaluhuran ngalumpruk punapa malih dhateng pakasabanipun kawula dalem tani sangsaya mawut mawut awit wonten sarak dumugi sapriki piraboting praja ingkang jejer saged mulyakaken utawi pirantosing gesang ingkang kangge ing ngupajiwa. Sacuwil boten wewah malah bok manawi sangsaya suda. Tur pituturipun inggih patitis utawi prayogi. Nanging telakipun sapunika ingkang tatela karaharjan namung para kaum asarwa sarwi nampeni kakucah jakat pitrah saha srakah. Bilih dhateng kawula dalem alit utawi karosan tumrap budining dumadi. Boten anabeti pisan pisan kapara bilih wonten abahan rangkep kasebut mubadir. Kaedah katedha dadosa sidekah. Sumawana bilih wonten tiyang sugih. Pituturipun barang amalipun sami kasidekahan. Benjing mindhak dados riba wonten jamaning kasampurnan langkung malih bilih ginembag gendhing gendheng lajeng winastan karam sastra kawruh jawi sapanunggilanipun ing bongsa saking kabudan bilih rinaosan lajeng winastan tiyang jindik utawi mukir. Ingkang makaten wahu mratah sadaya pepoyanipun agegirisi dhateng manah mongka karsa jengandika namung deder kimawon punapa malih liripun pangawruh kapujanggan wahu inggih ingkang saged mumpuni sastra saha tembung kadewan sasamenipun wangsul pangoprak oprakipun sarak sarak ingkang makaten wahu punapa boten angendhakaken ing pamanggihipun para ambudi. Langkung malih pagayuhipun bab kapujanggan wahu kacriyos lakar angel saha awrat dene prabot saha patrap ingkang saking kabudan punapa malih kawruh kawruh ingkang smai taksih punika kacriyos sampun kaplipiraken saking papalanging sarak mila ingkang pancen kadunungan manah jugul kados pun kula punika. Lajeng narimah dados tukang jugul dangu-dangu leres nimas rara mentrik anggenipun ngaken malepes. Lah ta suwawi ki mas saleh jengandika galih atur kula. Ambok manawi jengandika lajeng premanem ingkang dados sabab bilih nimas rara mentrik kajegung dening pun bah kaum kilap ing wingking gumantung takdirolah. Kedhung tundha kaping. 14 dulkangidah ehe tinengeran lilingen cipta ning sarira iku. Katandhan pun santri bali.

Pancen ing saestonipun sanadyan tutuwuhing islam tumrapipun dhumateng bongsa kula jawi amigunani. Ewadene punika wahu boten timbang. Kalayan kawiryan lalabetanipun bongsa hindhu. Kadosta. Ing susastra ing susila sapanunggilanipun punika sadaya kenging winastan weh ical. Juru ngarang

Panjurung Panjurung kula kawrat ing bra martani ongka. 34. Wonten kalepatanipun ingkang kedah kula leresaken bab cangkrimaning aksara. Ingkang mungel nisthawanya lir ri sang nganggit punika leresipun nistha wanya lir ri sang ngangit Kaping kalih ingkang mungel pindha ngarja. Manyar babadheyan munggwing. Punika leresipun pindha ngarja manyar babadheyan nyungging. Dados mangkaten urutipun. // tapa brata mangarang angering. Mring saraba. Yen sapaleng karya. Tar wun winindheng mathine. Nyudameng nala nguwung. Sisthawanya lir ri sang ngangit cengcaya majabaya. Ngantha budi landuk kasifan ta wakul gita. Pindha ngarja manyar babadheyan nyungging. Marga pat pathi puspa.

Pamedhar Kula kedah anglahiraken kogeling manah. Bilih boten kula wedharaken bok manawi anjalari pangunguning panggalih ipun sumitra kula ingkang tetep santa budi. Inggih punika bab pandangunipun kadang kula kakang mas ri sang manungkara. Bab tembung kawi. Kaliyan bab bedaning paksi. Menggah punika kula sampun angaturi angsul angsul bilih boten kalintu kala salebetipun ing wulan siyam kang kapengker. Tahun ehe punika. Sarehning dumugi samangke dereng katingal wonten antaraning bra martani. Boten langkung kauningana ing panjenenganipun kakang mas wangsulan kula wahu wosipun amung nyuwun aksama.

6 Dene pun ari dereng andungkap dhumateng kawruh punika. Ananging teka owel sanget saupami panjurung wahu saestu dereng katampen ing panggubahan pustaka warti. Wasi buja kirana

Tetepanganipun ingkang kasebut ing inggil // nahan kang pinurweng kidung. Kadi pandenging ngabekti. Linut mantra ning gitaya. Kawuryan wanda ning kapti. Kampi tanganta bisarja. Sarju parjanta ngong puji. // lir panjrah ing sekar tunjung. Mijah sajroning jahnawi. Winalap kageming graja. Sang wredawaka amarsi. Ing wanawasa asrama. Ri wus ning kadya puniki. // Punika [ ] sul angsul waluyanta ingkang munggwing. Gegelaran serat warta. Tinengran tri dasa gati. Tinut lagon campuh asla. Ngatasi iyasan mami. // batangan ingkang sinawung. Sapada inggula milir. Tuhu ing dhawah paduka. siddhi panggubah ing tulis nalisir saking wardaya. Marmeng ngatenta tumuli. // manitra atur panjurung. Tranging tembung dhandhang gendhis kocap ing ngarsa punika. Sinekar ing b ra martani. Kuneng mangke kawuwusa. Rasaning manah pun ari. // rikala tampi kikintun kintakanta ing pawarti. Tan antara tan kinira. Tyas tumameng trunastuti. Minta mantuping samanta. Trus makirtyeng tembung niti. // netesi sunya kapusus panuksmaning ulah rawit kawidha sang wredawaka. Saking tengkaring tresna sih. Mring ari saraningkang. Suka parisukeng galih. // pinunggel panggelungipun tik braning nganggara ari. Dwi wedaling dulkangidah. Ehe nembah ing hyang widhi. Madyaning kamulyanira. Buja kirana pun ari.

Pujining titah sudra Suraosing manah kula punika kenginga mangkaten kula upamekaken puspita munggwing tadhahan sanadyan boten mawi gonda ingkang angresepaken ananging kalabetan saking gumunggung ing cipta. taksih maksa kula gubah. Sakirangipun senening warni mawi kula susupi ing sari sanes pangajape manah sageda dumeling banguning gugubahan inggih punika tembung para rena sawatawis sasampunira dados anggitan kula wahu lajeng kula urat urat bilih wangi. Inggih punika puji kula. Mugi-mugi kagema ing astanipun inten kula sang rara cebong. Ingkang satuhu gapyak manis aruming wicara. Saged anggegendeng ing asmara tontra. Kados ingkang mentas kumilat wonten ing bra martani ongka. 35 karsa anandukaken lungiding karsa kamot ing ukara dhumateng sumitra ingkang sisilih nama ri sang buja kirana tiron. Adhuh babo jiwanipun kakang. Mugi nyawa tulus asih ing sasama. Saha rena alelewa wonten ing pustaka warti. Tinebihna ing panggalih ingkang para cela. Punapa dene anjurungana dhumateng para sarjana ingkang sami sih siniyan. Wasana pangajeng ajeng ing manah kula nah angger. Katamana nugraha ning yuwana babya. Wasi buja kirana.

7 Ongka. 40 kemis wage kaping 2 besar ehe 1812 utawi kaping. 4 oktober 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Amurih sampun ngantos kasep panggiyaripun pawartos pramila wedalipun serat bra martani. Benjing ing tahun ngajeng punika badhe dipun kembari serat pawartos tembung malayu. Dene supados amikantuki dhateng para mitra ing gupremenan punapa malih amurih kulinanipun mitra ing ngriki tuwin ing yogyakarta. Pramila sadaya undhang-undhang ing kangjeng gupremen ugi badhe kapacak wonten ing serat wahu. Kula wisudhan pawartos saking tanah pundi-pundi inggih badhe kagiyaraken saha amurih regengipun saben saben mawi kaisenan pethikan bab kawruh. Menggah tembungipun ingkang kaangkah namung malayu sedheng. Wah arginipun serat pawartos kakalih wahu 16 rupiyah.

Surakarta Pustaka warti ongka. 36. Anggiyaraken manawi astana ageng ing gabudan sampun tigang wulan saben wanci jam satunggal utawi jam kalih dalu. Wonten suwara mungel biyang biyung. Punika pancen temen kula amratelakaken makaten amargi griya kula sawatawis celak akaliyan astana gabudan wahu. Manawi skaing griya kula suwara wahu kapireng seru. Manawi kamirengaken saking dhusun gabudan ingkang iring kilen namung sawatawis kimawon serunipun mangkaten malih manawi dipun celaki suwara wahu namung lirih saha boten cetha. Biyang biyung. Ananging namung mungel ham hem ham hem kimawon sareng ing dinten saptu tanggal kaping 20. Dumugi ing dinten senen kaping. 22 dulkangidah kapengker punika. Kathah para tiyang jaler estri ingkang sami dhateng astana gabudan sumedya sami angyaktosaken suwara wahu. Sarehning anggenipun sami angyaktosaken wahu siang. Sakathahing tiyang wahu boten wonten ingkang kalaksanan mireng swara biyang biyung. Temahan sawangsulipun saking astana sami anggarundelan mangkaten o iya talah. Ora kaya kayaha iki jenenge wong gugon tuhon wong nini tolung kok tak tonton wah awan awan mongka wartane munine biyang biyung yen bengi. Wasana awan-awan aku nonton la rak tiwas papanas ora oleh pahasilan. Dados para tiyang ingkang sami adreng angyaktosaken wahu tatela kasok karoban ing wartos dados leres anggenipun sami ngucap manawi piyambakipun gugon tuhon la tiyang cariyosipun ing astana ngriku punika siang siang jarangkongipun ngatingal mongka ingkang gagriya sacelaking ngriku boten uninga manawi ing ngriku wahu siang siang jarangkongipun ngatingal mila sareng kathah para ningali. Temahan namung kaget tumunten wonten satunggil tiyang ingkang celaking ngriku ingkang atataken dhateng satunggiling tiyang ningali. Mangkaten mas kula nyuwun saserepan sakedhik menggah anggen sampeyan sami dhateng ing astana ngriki punika wosipun punapa ingkang dados lenging karsa. Punapa badhe karsa tarekat mas ingkang dipun takeni amangsuli lo menggah dhateng kula ing ngriki punika sedya kula badhe aningali jarangkong. Ngiras pantes miyarsakaken pun embok tolung. Awit kula mireng pawartos manawi saben dinten ing ngriki wonten suwara biyang biyung. Wah wonten jarangkong ingkang siang-siang ngatingal tiyang ingkang tataken wahu amangsuli. O punika sinten ingkang cariyos yektos manawi dalu jam satunggal utawi jam kalih ing ngriki wonten suwara ingkang biyang biyung. Yen siang boten nate mungel wah ponang jarangkong inggih sepen saupami wonten embah jarangkong siang siang amiyos dhuh saiba mas la rak anggigirisi. Ewadene manawi sampeyan adreng kumedah badhe mirengaken swara ingkang mungel biyang biyung. Mangke dalu sampeyan wangsul mriki. Kinten –kinten jam sawelas o saha kaleresan mangke dalu malem anggara kasih jam sadasa kimawon tarkadang pun ibu tolung sampun abawa biyang biyung. Sareng salebeting tigang dinten para tiyang ningali wahu boten wonten ingkang kalaksanan mireng. Ing sapunika para ningali amung kantun sawatawis. Byaktarda

Punapa sampun tamtu kawontenaning panyakit punika tumuwuh sangking hawaning wowohan kados masa punika ing warung sarta ing peken peken angeramaken kathahing semongka. Pelem tuwin kuweni.

1 Ananging sapunika ugi panyakit kolerah grumut grumut badhe anyelaki dhumateng ing pakampungan pramila sawatawis sampun wonten para tiyang ingkang kataman ing panyakit wahu. Kintunan

Kala wingi wanci angajengaken jam ½ 6 sonten ing dirgantara wonten maujud bunder abubuntut sarta amawa cahya bra. Bongsa jawi wonten ingkang amastani teluh braja. Saweneh amasatani andaru. Wonten malih ingkang amastani sarpa tapak angin sanget rikating lampahipun saking kilen mangetan sanadyan gumolonging wujud wahu tiningalan sangking ngandhap kados boten patos inggil ewadene ing pundi pundi tiyang sahantaraning surakarta kok sami nyumerepi. Sarta icaling maujud ing antariksa lajeng wonten swara landhung gumleger. Mugi sampun angantos nuwuhaken panggagas ambok manawi anyuruhi kyahi lawu. Mangke mindhak para kaum lajeng lajeng saged anandukaken pamanggih. Ingkang saestu tumrapipun namung amikantuki dhateng awakipun piyambak. Sampun tigang dinten punika komedi kapal angadegaken tarubipun wonten ing wingking loji ageng. Sadaya pratingkah ingkang kagebyakaken sami elok. Pangeerehipun singa barong. Singa gembong ugi agumunaken mandar bilih tiyang boten amanoni piyambak sumerepipun namung dipun cariyosi kemawon sadaya wahu saestu kaanggep longka. Kadosta ingkang angereh malebet ing kandhang. Singa-singa sami dipun gebagi. Teka lajeng sami amanut miturut dipun undang sampun kados sagawon sami amara. Sumongga punapa punika boten longka.

Yogyakarta Ing mangke ingkang sampun katamtuaken karsanipun kangjeng parentah ageng. Para guru panulung ingkang saking kadanu rejan inggih punika dwija kang murwani wiyata. Sareng samangke pikantuk guru panulung wedalan saking pawiyatan calon guru ing manlang. Para guru nulung ingkang saking kadanu rejan wahu. Sami kawangsulaken dhateng kadanurejan malih. wondene samangke pakaryanipun sawek tinanggenah guyubi abdi dalem prikonca carik kilap ing tembe kabegyanipun gumantung sasihipun priyagung nayaka mukya. Ing sapunika ingkang katetepaken dados mantri guru pamulangan jawi kagunganipun kangjeng guprenemen ing yogyakarta kados ing ngandhap punika. 1. mantri guru. Mas behi wira aksara 2. guru bantu “ sasra santana 3. “ “ cakra diwirya 4. “ “ den suwardi 5. “ “ sastra dikrama 6. “ “ arja diwirya magang guru taksih lowong. Ingkang punika andadosna papriksanipun para kadang warga ingkang tebih saking praja ing yogyakarta.

Tuban Raden tumenggung panji citra nagara bupati tuban ngriki. Sampun amanjurung dhumateng para ingkang sami sangsaya. Amargi kaleban toya saganten tuwin baledhosipun redi krakatau. Warni-warni 500 rupiyah. Dalasan para pratiwanipun pisan ageng alit ugi sami sumbang urun saminatipun puspa kusuma. Dereng antawis lami ing kampung cina kranggan wonten juga tiyang mikul kajeng badhe kasade. Watawis jam 7. Sonten sampun amanggih babaya kabacok tiyang wetengipun sarana dadamel wadung. Iga pedhot tiga babar pisan tiyangipun ingkang bacok lajeng malajeng.

Kathumuk kathumuk kula anginte ing pambarataning bra martani ongka 37. Thuk teka kapethuk panjurungipun mitra kula ingkang paparab usrek mundhut seserepan ing bab wredining tembung ina diwasa mangosa ongsa. Sarehning sawonten wontenipun simpenan kula serat sampun kula olak alik sadaya sepen dados gen kula anegesi punika namung waton saking wijanging satembung tembungipun kemawon awit saking pamanggih kula sadaya wahu namung tembung wantah sarta limerah kangge saben dinten kadosta. Hina. Tegesipun apes Diwasa “ winayah Mangongsa ongsa “ angrangsang Menawi kalaras saking wijangan punika saestu boten saged gumathok ing treges ananging bilih tembung wahu. Tumrap dhateng saloka. Bok manawi gadhah teges genjah sadurunge mongsa. Kilap bilih tembung hina diwasa mangongsa ongsa wahu gadhah teges satunggal. E atur kula ingkang semanten wahu sampun

2 kagalih kula kumasaged o boten pisan-pisan namung saking kapidereng ing manah kula. Anjalarana dados garaning pitepang. Tur sadaya atur kula punika gen kula narethek pitaken tharuthukan awit saking balilu kula. Ewasamanten meksa boten angsal saserepan ingkang patitis dados anggen kula atur wangsulan punika. Kenging kaanggep kumethak candhka tur boten cundhuk sarta kalebet ing babasan amatang tuna anumbak lepat mila makaten awit pasajanipun kula taksih semang semang. Pangesthining manah namung nemaha dados gagujengan saking panggagasing manah kula sewu anglengkara yen sampeyan boten sumerep sajatinipun dados kula taksih gadhah pangajeng ajeng badhe bingah awit mirengaken gen sampeyan badhe medharaken patitising teges sarta ngiras kula nyuwun saserepan wardinipun tembung rana dimeja. Wasana pamuji kula sampeyan ginanjara suka rahayu. Sinerat ing arga retna kaping 19 dulkangidah. Tilingena murti kula. Teja sulaksana

Panuwun kula mugi panjenenganipun juru angarang karsa amacak serat kula punika. Supados andadosaken leganing manahipun santri bali. Santri bali. Serat ijengandika ingkang angendher endher elidipun sampun kadhadha. Menggah wangsulan kula amung kaliyan cekak kados ing ngandhjap punika. Pamanggih kula. Anggenipun bongsa kula dereng wonten ingkang katelak pragad ing kasusastran jawi. Punika dereng kenging kaenceban bilih awit saking punggeling pangancab ingkang katarik ajrih dhateng papacaking sarak kados ingkang sampun ijengandika ungasaken jeneh para sepuh kathah ingkang mardi putra wayahipun dhateng ing pamulanganipun kangjeng gupremen supados ginula wenthah ing kawruh kasunyatan lah tindak mangkaten punika. Punapa boten sampun anelakaken anintingi dhateng suraos ing sarak mila punggeling pangancab wahu. Bok manawi namung maligi jalaran saking boten kawagang dhateng lampahipun kemawon dene jlentrehipun inggih kathah. Santri bali. Mugi kauningan ing ijengandika. Sanajan papacaking sarak punika sanget angjarih ajrihi. Ananging boten saged anggimiraken kamempenganing kancil anggegenipun amindi budi. Sumedya anggayuh ing kasagedan ingkang dipun anggep jindik utawi mungkir wahu. Dhuh dik punapa ijengandika boten nate mireng. Wicantenipun kancil kados mangkaten. Aku ora nganggo mawang saraking bongsa. sanajan saraking weraha. Manawa prayogiya dak pundhi pundhi. Saraking singa barong mongka ora prayogaiya pantes kinipatake. Menggah anggen ijengandika narimah malepes ing budi. Boten gadhah pangancab kados pun kancil awit saking keguh dening papacaking sarak lakar inggih lajeng ijengandika tekadi dados santri. Punika kula namung jumurung kemawon ananging kula suthik sanget manawi ijengandika pipiringi kendela dhateng malepesing sanes ingkang awit saking katarik ajrih dhateng sarak awit kula dene lare ing kedhung gudel ingkang gumiwangan dhateng ujaring bongsa methakan. Wasana pangajeng ajeng kula mugi anggen ijengandika ananggapi serat kula. Sampun ngantos kasep sanget sanget supados boten adamel kembanipun para maos kaping kalihipun ijengandika sampun ngantos kasebut tiyang lembon ing galih. Katandhan lenggana

3 Ongka. 41 kemis legi kaping 9 besar ehe 1812 utawi kaping. 11 oktober 1883 Bar Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Nalika tanggal kaping. 23 september 1883. Ing kabalmaske. Inggih punika para tuwan tuwan sami pakempalan wonten ing kamar bolah amangangge warni warni. Wonten ingkang mangangge cara cina. Cara jawi. Cara arab amangangge cara nyonyah wonten ingkang mawi topeng. Kakathahen bilih kula cariyosaken sadaya tiyang ingkang ningali sakalangkung kathah. Amargi salaminipun ing salebeting kitha bayalali wonten tatingalan ingkang makaten.

Kecu Nalika angrintenaken tanggal kaping. 13 wulan september ingkang kapengker. Griyanipun tiyang anama jaya dimeja. Ing kedaren dhistrik jatinom bayalali. Kalebetan durjana kecu ingkang kenging barangipun warni-warni gunggung regi. 290 rupiyah 25 sen ananging durjana sasampunipun amanedheti barang barang wahu lajeng ambesmi griyanipun jaya dimeja telas sadaya. Ngantos mraman ing griyaning tongga tapalihipun gunggung telas griya cacah wuwung 10 iji. Mila para tiyang ingkang sami tandang kuwur pating salebar. Sanalika wahu pangagenging dhistrik dhateng. Ing sasireping dahana lajeng amratitisaken paturanipun jaya dimeja. Amratelakaken bilih durjana ingkang ngecu wahu kakinten 15 iji. Rasukan poleng sruwal kombor. Gadhah panginten bilih tiyang tanah ngayogya. Rencangipun jaya dimeja satunggal ngantos kenging pinarjaya dening durjana. Sarana kabentur sela. Ananging jaya dimeja ugi saged amerjaya dhateng saweneh ing kecu sarana kapenthung. Sarehning jaya dimeja badhe kinarubut ing kathah lajeng malajeng mijil kori bubutulan kilen jaya dimeja saged mratelakaken wonten saweneh ing tiyang tangganipun anama rana sentana ing dhusun tinggen sontenipun jam. 8 dhateng ing ngriku. Cariyos badhe anyambut arta. Ananging boten kaleksanan lajeng mantuk saksana rana sentana lajeng kapikut kapriksa ing dalu wahu ngaken ambiyantoni ngecu. Ananging boten tumut malebet griya. Amung ngeteraken satepining kori. Sarta saged angandhar nami griyanipun tiyang ingkang ngecu kathahipun tiyang 9 iji. Griyanipun ugi sakiwa tengening dhusun gedaren ingkang tebih piyambak kabawah ing klathen dene dadamelipun wadung utawi penthung. Anggenipun pakempalan para kecu wahu wonten kuburan sacelaking dhusun dhukuh. Sareng kapratitisaken tilasing pakempalan wahu wonten yektinipun enjingipun para ingkang kadumuk dening rana sentana wahu sami kapikut kagkedhah ing griyanipun kapanggih wadung sarta penthung. Ingkang maujud wadung sampun katemenaken dening rana sentana. Inggih punika ingkang kaangge dadamel amargi cirinipun smapun nyameleng. Wonten ingkang kapanggih sabet pedhang. Angemperi darbekipun jaya dimeja. Ingkang sampun kabekta dening druhaka. Ananging para tiyang ingkang kapikut wahu kathah ingkang kala rumiyin asli ngayogya. Ingkang sami gagriya ing sakiwa tengening dhusun gedaren anyambut damel wonten ing pabrik krajan sapunika kabaripun ingkang sampun kapikut tiyang cacah 12 iji ananging kapriksa taksih sami mukir. Saupami pulisi saged santosa sanalika dalu tampi paturaning pun rana sentana wahu lajeng kaleksanan embok manawi dalah barang barangipun dereng cicir. Ewa samanten punika ugi sampun kanugrahan kilap ing tembenipun. Kintunan

Nalika tanggal kaping 4 wulan punika. Ing ngontariksa wonten maujud gumebyar kados andaru saking ler kilen sasirnaning gebyar wahu lajeng wonten swara gumaludhug anggigirisi. Sanalika wahu kathah ingkang anyipta atmajanipun kyahi wukir krakatau ingkang badhe miyos malih. ananging wasananipun gumebyar sarta dumununging swara whau waradin tandhanipun para tiyang ing tanah kedhu bagelen amestani swara wonten sanginggiling wisma. Mangetanipun ngantos dumugi bawah dalen surakarta. Amestani ugi wonten sanginggiling griya. Wondening para tiyang ingkang amestani warni-warni. Saweneh mestani andaru. Saweneh sawer tapak angin saweneh mestani teluh braja. Badhe andhatengaken sasakit wonten saweneh ing tiyang ingkang saged amastani kula condhong sanget ingkang maujud gumebyar anywara wahu inggih punika ingkang kawastanan wahyu salugunipun tumrap para kawulaning

1 hyang kang murbeng alam sadaya. Dados sampun tatela sapunika para kawula wahu sadaya sampun kaparingan wahyu. Karaharjan katentreman kamulyan mirah sandhang mwang boga arta. Badhe boten wonten babaya punapa-punapa. Para kawula ingkang pancen supe sampun kaparingan enget ingkang pancen malarat kaparingan kacekapan ingkang sampun sugih singgih kaparingan kamirahan ingkang langkung. Boten langkung pamuji kula saking pambatangipun tiyang mangkaten wahu. Mugi pangeran kang murbeng pandulu anembadani. O inggih sokur ing pangeran. Kintunan

Culikan serat purwa wasita jawa mawi sekar macapat asli papethikan saking serat pustaka raja dewa. Ingkang mratelakaken wiwitipun wonten karaton tanah jawi sapisan ngantos jumeneng ing karaton tanah jawi kaping, 2. // madu gendhis. // tarlen mongka srana panamuring. Duhkiteng tyas kang ngrancaneng kata. De ramageng subranggane. Kongsi lalu kalunglun lumuntaning luwang katali. Ing dirgameng nalarda. Kang dahat sung renyuh. Panggosthining wirotama. Wus tan pegat tinanggulang tan akongkih. Pinunggel saya ndadra.// marma mangkya supadya dumadi. Darunane bangkit ing pambirat ring salwir rurubet kabeh. Sukur bagya kapethuk yayah kadyangganya sumiring. Dumilah ing ujwala. Tumeja ngunguwung. Ring kalbu kang anggung tibra. Tinalaten titi kanukarteng gendhing. Caritane ing kina.// pinten bara andayeng panarik karya suka ing pirenanira. Miwah panadukarane. Para ingkang saharju. Derar somyat carita iki. Nahanta pangiketnya. Ari tumpak nuju. Lek ira kaping dwi dasa. Wulan sapar ehe sangkala ning warsi. Dwi narpa ngesthi ngarja.// kang kinarya bubuka ning kawi. Ing nalika tanah nuswa jawa. Sawek ing ngancika nembe. Dene ri sang amulku. Maha dewa budha wawangi. Yeku hyang giri nata. kang jumeneng prabu. Ngadhaton wukir kamula. Pan samana misuwur ing ngrika ngriki. Lamun sri maha dewa.// jumenengnya nata angratoni. Ing sanggyaning kang samya tumitah. Aneng nuswa pada kabeh. Manungsa lawan diyu. Nadyan sato kewan mwang ejim angidhep marang ing sang. Maha dewa prabu. Saking dening koluk ira. Denya angsung nugraha mwang ngasta adil miwah wicaksananya. // apa dene kawasaning widi. Sast silih sinilih kalawan sri dewa budha pamase. Mubarang kang tinuju. Tinurutan sarta kang dadi. Sabda pangandikanya. Istijab amujud padha sami sanalika. Marma dahat saya kinayungyun sami. Ring sanggyeng kang tumitah.// dipun anggep lamun sanghyang giri. Nata ingkang bisa karya jagad lan bumi alam sesine. Tuwin kang bangkit angsung. Kabegyan mwang kasangsayaning. Manungsa ngarcapada. Mangkana anuju. Amangga sri mangsanira. Warsanipun maiwa ongkanbg etanging. Tahung surya sangkala.// sawek satus kawan dasa katri. Wahu sang sri mahdewa budharsa. Ayasa pasewakane. Cacah nem dunungipun kang sajuga neng pucak wukir. Minongka pasebanya. Sakeh manuk-manuk mwang bangsaning ber iberan kaping kalih dumunung neng tanah radin. Salebetipun kutha.// mongka unggyan para ingkang nangkil sawarnining manungsa sadaya. Nenggih kang kaping tigane. Sewakan kang kadumunung. Satepining samodra tuwin sacelaking sawangan nira lepen agung. Mongka gon panangkilannya. Sakehira para buburoning warih. Paseban kang kaping pat.// adumunung samadyeng wanadri. Kang minongka panangkilanira. Buburoning alas kabeh. Paseban kang dumunung. Guwa-guwa tepi wana dri. Minongka pasebannya. Jin rasaksa diyu. Kaping nem sewakan ingkang. Parnah aneng siti rancah sacelaking. Embel mongka paseban.// nira sagung kang gumremet sami. Ing salwiring paseban sadaya. Rinakit ponca nitine. Yeku ing tegesipun kang panggenan gangsal prakawis sapangkat panggenannya. Panjenengan ratu. Dwi pangkat panggenanira. Sang nayaka waktra pangkat kang kaping tri. Panggonaning brahmana.// pangkat catur unggyan senapati. Pangkat gangsal panggenaning jaksa. Lamun nata nandakake. Barang prakaranipun ingkang samya aminta adil marma kongsi tumerah. Samangkya tinurut tinulat sinu darsana. Linalu ri jumenengnya nata saking kalawan ngadil ira.// lah iye kapurwane ing nguni. Kawarnaha pasang rakit ira. Sri nata dhatu layane. Winangun kaswargan gung. Mwang ing teja maya ngupami. Miwah arga dumilah. Jongjring salaga wus rinukti ing sen isennya. Ingkang nama bale martya kundha tuwin kang bale mara kata.// lan wiwara sela atangkebing. Keh warnanya lamun kawursita. Wastu tan ana pedhote. Miwah rerengganipun tangeh lamun ana nyameni. Kabeh sarwa kancana. Sinasotyan murup dening manik mawa retna. Karya ebat ujwalanya balerengi. Ring sagung kang umiyat.// ana dene dunungira mangkin kang ingaranan wukir kamula. Yeka ing bogor tanahe. Inggih saderengipun sanghyang girinata ngajawi. Manglela ngejawantah. Kakayanganipun neng wukir tengguru yeka. Parnah tanah ngindhustan ing samangkin ran paelan kamula.// karananta rakitira sami. Dipun emper kalawan kayangan giri sanghayng giri katong. Tinuladha tiniru. Marma asrinira rakiting. Uwus tanpa upama. Wahu ta sang prabu. Nuju ing sawiji dina. Miyos lenggah tinangkil paseban munggwing. Ngamparan madik mulya.// Cariyos punika kapunggel amargi manawi dados parengipun kangjeng gupremen badhe kawedalaken ing pangecapan mindhak andadosaken cuwanipun ingkang sumedya sumerep jalaran babonipun serat purwa wasita jawa wahu ing mangke kaladosaken ing kangjeng gupremen.

2 Katandhan siswaning wiwara darma

Sambetipun dhon sesar dhebasan 14. neng kartas sapangu rampung. Dereng kongsi den tandhani. Nyoteres lare parepat te dhon yose tur udani. Ing gusti nembah lingira. Swandana pukulun mangkin. 15. Sampun sumaos ing ayun kang badhe dipun tumpaki. Dhumateng nyonyah dhebasan tan antara sang surestri. Dyah maritanah lumampah mahawan ginarbeg dening. 16. Jalwestri sawatareku. Kondur saking dhansah markis grap pareng nolih myat prana. Tan indung dening sang laris yeku dyah kang nitih rata. Neng marga kang den wastani. 17. Mring wong liwat namanipun nyonyah grap dhebasan yekti. Dhon sesar sawek nglegewa. Yen bing nalithuk ing warni. Dening dhon yose kang cidra. Srat jangji dya sinasuwir. 18. Nyat jumeneng karsa nusul mring swami kang pindha ratih. Pinenggak dening sang patya. He he dhon sesar den eling. Sira maksih ginantungan pida nendra ukum pati. 19. Yen sira estwarsa pupul rabanta mene tumuli. Tumindak ing karampungan tekaning pesthinta mati. grap tan galih narik pedhang. Sarwi lumajar tut laris. 20. Garwanira wus lumangkung. Dyan patih parentah bengis owong akeh padha rikat cekelen grap ingkang nganti. Kapusara yen mampanga. Uwisana den agelis. 21. Sinelan wadining wuwus yektinira awit saking. Panuwunireng ngapatya. Mring jeng raja wus marengi. Pangapunten babar pisan tan estu ing ukum pati. 22. Grap dhebasan luwaripun pancen tanpa walang galih. Nanging apuntenira sang. Nata sinidhem pribadi. Wus saben saben mangkana. Kartining sang nindya mantri. 23. Sakitanira sinerub anuta sareh ing pati. Sanadyan panggawe ala. Ywan kang silirwa ing tuding. Was tumrap ing pidana byat ewadene denta paring. 24. Para marta sang ngaulun winawara wara maksih. Ri wusing jama kinisas pamurihira sang patih. Pambeganing ratunira. Kontapa ing sanagara. 25. Ywan ta mananggalih kukum sruning palimirmeng dasih. Sihing sang taman tumungja. Yeku tekate sang mantri. Wisesa ingkang kocapa. Maritanah sang lir ratih. 26. Saking dhansah konduripun wahu terus laju prapti. Suyasanireng ngudyana. Pacangkramaning sang aji. Dununging caket lan kitha. Ing aranyuwes purasri. 27. Paekanira winangun sang patih lewih sabumi. Putus ring karti sampeka. Wonten dene kang tinuding. Ing weya rumekseng sang dyah. Lara silo pandhe wesi. 28. Wus sinambenan pepecuh. Tan winenenang para laki. Kapanggya mring sang dyah rara. Maritanah yen tan mawi. Pangirit patih mriyongga. Lasarilo sagah bekti. 29. Saman kangjeng sinuhun pamit mring sori sengadi. Arsa buju wraha gila. Gupuh pra abdi ngobori. Samya lok ngoyak sukara. Narendra tinampen patih. 30. Dalweku laju kapangguh. Jeng raja lan rajeng manis neng jroning suyasa kambang. Aranyuwes taman sari. Patih sigra medal kesah. Kantun narendra saresmi. Taksih wonten sambetipun.

3 Ongka. 42 kemis pon kaping 16 besar ehe 1812 utawi kaping. 18 oktober 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Ing serat pawartos tembung malayu anama pembrita baru katiti masan kaping. 26 september tahun punika ongka. 222. Wonten ingkang anyariyosaken bilih ing wulan mukaram ngajeng punika. Kaleres dhawah ing punghaskala [kiyamat] mawi anggelaraken ingkang dados pamanggih utawi saserepanipun sarehning mangke sampun andungkaping wulan mukaram pawartos wahu enggal kula giyaraken ing basa jawi wonten ing bra martani. Kados ing ngandhap punika.

Punghaskala [kiyamat] Ing saweneh ing dinten kula sonja dhateng ing griyanipun pawong mitra. Panuju amaos serat pawartos dhe lokomotif ingkang isi kojah saking tanah arab kojah wahu mangkaten. Nabi kula rasululah akarsa wungu saking seda. Andhawuhaken pangandika dhumateng para abdi juru rumeksa pasareyan pangandikanipun mangkaten rengenta heh. Besuk sasi mukaram ing tahun iki. Kabener tibaning dina kiyamat iya iku banyuning gunung gunung kang milir anjog ing kali-kali lan bengawan padha ambaludhag andadekake banjir patopan sagara sagara kang angubengi jagad padha prakempa. Mawalikan banyune kombak kombul angerobi salumahing bumi. Srengenge malethek saka ing kulon amancer ana ing tengah. Lah ing konojagad iki banjur kelem. Bab ing inggil wahu kula namung nyumanggakaken pamanggihipun para pawong mitra. Menggah kula piyambak anggagas elok utawi nglengkara. Ananging saking kaengetan kula manawi boten lepat kala tahun ingkang kapengker serat pawartos dhe lokomotif sampun angojahaken bilih benjing ing wulan nopember tahunipun boten mawi kagenahaken badhe wonten lintang kumukus [komit] ingkang kabentus ing lampahipun medal ing sahantawising jagad akaliyan surya. Temahan lajeng jentusan akaliyan jagad andadosaken rengakning jagad wahu. Sarta amingsed saking panggenanipun kula lajeng anetesaken akaliyan ingkang kawrat ing serat pananggalan menggah ing wulan mukaram wahu ceples dhawah ing wulan nopember. Mila pamanah kula inggih angemperi bilih jagad badhe kaambah ing kasangsaran. Para mitra suwawi kagaliya. Punapa inggih leres manawi kapanggih ing budi kula piyambak saha amirid kawruh kasunyatan ingkang sampun kagiyaraken wonten ing pamulangan bobabilih jagad punika sageda sirna. Ananging kambah ing kasangsaran punika sampun mesthi. Kadosta. Manawi redi redi ingkang amutah latu amabaledhos sampun masthi andadosaken banjir saganten jawah sela jawah awu tuwin jawah latu. Punapa dene anuwuhaken lindhu sarta jaladri prakempa. Kula aningali gambar ing nuswa nuswa tuwin tanah baku teka kathah temen redi redi ingkang amutah latu. Upami punika ambaledhosa. Saestu angrisakaken nuswa nuswa wahu. Ing nuswa jawi redi redi ingkang amutah latu kalebet kathah. Kadosta merapi. Slamet sibesi kelud tuwin sanesipun punika upami murup punapa inggih boten andadosaken karusakaning nuswa jawi wahu. Ing serat-serat kawruh jagad pancen sampun angocapaken bilih epah gingsir ing masa punika anyasmitani badhe wonten wawarnen utawi pamirengan ingkang nyaleneh. Manawi kula manah manah pawartos saking arab tumbukipun akaliyan etangan welandi. Wulan sura dhawah ing wulan nopember kula tansah asenig senig awit kula pitados sanget dhateng serat serat kawruh jagad anggitanipun para kuncara ingkang sampun kagiyaraken wonten sakathahing pamulangan. Saya amewahi ketri-ketiring manah dene wiwit ing tahun ingkang kapengker dumugi tahun punika wonten wonten kemawon titingalan sarta pamirengan ingkang nyaleneh. Kadosta. Nalika tahun ingkang kapengker wonten lintang amawi sorot ingkang sajegipun dereng nate kacetha. Bok manawi punika ingkang kabasakaken obah osik utawi kumara ning jagad. Tahun punika urubing redi krakatha kajawi andadosaken karisakaning nuswa dunungipun piyambak mawi angembet dhateng nuswa ingkang celak ing ngriku ngantos andadosaken kasangsayanipun tiyang ing wawengkon paresidhenan banten sarta ing tanah lampung kados ingkang sampun kalimrah ing kathah.

1 Mongka manawi katandhing akaliyan redi ing nuswa jawi ingkang sami amutah latu redi krakatha wahu kagolong alit ewadene pambaledhosipun saged andadosaken kasangsaran ingkang sakalangkung sanget saiba redi redi ing nuswa jawi kados inggih anglangkungi punika. Mongka kangjeng parentah ageng ing nagari dalem surakarta mentas kemawon anampeni palapuran saking abdi dalem bupati ingkang amengkoni redi merapi. Bilih kawahipun redi wahu sampun meh kebak ingkang sampun kalampahan manawi sampun kebak lajeng amurub sarta amabaledhos apesipun banjir ladhu saha jawah awu. Redi lawu ingkang sisih ler wetan saking kojahipun pawong mitra kula ingkang wonten ing ngawi ing sapunika medal latunipun mongka salami laminipun boten ante amedal prabawanipun punapa punapa.

Redi sundara sapunika inggih bribik bribik amedal latunipun menggah sadaya punika. Estha-esthanipun kados murina dhateng agenging prabawa utawi kasantikanipun redi krakatha wahu. Kala tanggal kaping. 3 oktober punika ing gagana katingal wonten cahya cumlorot boten antawis dangu lajeng katungka ing swara gumaleger angombak ombak kados ageterna budi. Ingkang mangkaten punika sangsaya ananangi ing panggagas sarta amewahi gawoking manah.

Wonten malih pawartos angojahaken nuswa selon punika kaprenah ing tengah-tengah leres mergi ideraning surya. Sapunika surya wahu katingalipun ing ngriku beneh kaliyan ingkang sampun kalampahan. Ngantos andadosaken gawokipun titiyang ingkang sanuswa wahu. Dalah titiyang ing nuswa jawi kok inggih anayogyani.

Dhuh inggih talah. Sareng wonten pawartos badhe dhawah ing punghaskala. Redi lintang. Cahya tuwin surya teka ambarusinang. Mila sanget mangkorog ing githok kula. Ingkang punika. Boten pisan-pisan manawi kula andhandhanga dhateng kalampahanipun pawartos wahu. Utawi murih damel alit ing manahipun para tiyang. Saestu cariyos kula ing inggil wahu wonten kayaktosanipun boten saking pracekan para mitra manawi kirang pitados prayogi sami angyaktosana kemawon. Wasana pamuji kula ing gusti allah kaping kalih kangjeng nabi mukhamad mugi-mugi pawartos wahu cabar sampun ngantos wonten kara kara. Aparinga karaharjan ing salami laminipun samanten punika manawi kapareng botenipun inggih amung anyumanggakaken lumembaking satitah. Kaliyan tetep ing manah. Katandhan

Dulparek bin ketulek ibnu kasondhe

Kula ingkang anedhak ing basa jawi pawartos ing inggil punika mudhoni seserepan saking kaengetan kula ing serat kawruh titah tembung walandi ingkang winastan kawruh ing papasthen ( natuurkenis) angocapaken bilih ingkang ewah gingsir punika boten namung kawontenan ingkang kapanjingan gesang utawi kadunungan pirantos kemawon sanajan kawontenan ingkang boten kapanjingan gesang winastan gegelengan daya (erementen) kadosta bumi tuwin rembulan sasaminipun ugi saged ewah gingsir ugi. Tambet enggal laminipun mongka kawruh titah wahu kala panganggitipun estu sampun kagosthi dening pakempalanipun para pujongga ingkang limpad ing budi. Menggah punika mirid patitis miwah memeting pratikelipun para pujongga ageng sasaminipun tuwan ne uton anggenipun amurih kongkabing watek-watek utawi wawadosing dumadi ingkang gumelar punika kula boten saged amahiben dhateng suraosing kawruh titah saha lajeng pramanem dhateng pawartos badhe dhawah ing punghaskala wahu. Namung benjing punapa kalampahanipun kula boten saged andugi. Kajawi punika para sepuh ingkang sampun ngumur. 80 tahun dereng nate meningi panjanging katiga kados sapunika. Lah sabab punapa dene teka beno kaliyan rumiyin punapa punika boten kenging kaanggep pratondha amargi papetanging masa amendhet wawaton saking lampahing dumudi ingkang kacariyosaken saged ewah gingsir wahu. Katandhan je es Kyahi juru ngarang sawek tindakan kados sarawuhipun inggih anyaruwe ing prakawis punika Juru gubah

Ngayugyakart Nalika ing dinten saptu legi tanggal kaping. 4 wulan dulkijah warsa ehe punika. Bendara rahaden ayu gusti jaya ningrat putrindra dalem sri bupati ingkang kaping. 4. Ngayugyakarta. Seda wanci jam. 5. Sontensareng ing dintenipun akad pahing layon dipun angakataken kasumarekaken dadagan ingkang rama. Wonten ing pajimatan magiri. Rarengganing layon saupacaranipun tar sewah kadya putrindra yen seda kados adat.

2 Jalaran sampun diwasa ing yuswa. Mugi sami andadosna pamriksanipun para ahli ingkang sasana mandrawa. Sing praja ngayugyakarta. Wonten satunggal tiyang estri kasmaran umiyat kagungan dalem leyo ingkang madidya tepining palataran magangan ingkang pojok kidul wetan sapraptanira wanudya kang kasmaran wahu. Sang lryo ugi sampun waskitha ing tyas sang leyo inggih lajeng ananggapi. Mring kasmaranira pun wanudya. Kang asta tandya ngayuh kang rema glung. Pun estri kagyat tan saronta pun wanudya manglawan sang leyo sangsaya sarosa gya nira ngayuh rema. Puwara pun rema jebol punika sawek luwar kemawon saking babaya. Boten antawis dinten pun wanudya nemahi palastra muging griya pamulasara. Lah punika panuwun kula dhateng gunging para mitra. Mugya dyan sami ulah aweweka ywa pegat tilar duduga prayoga lan dipun prayitna. Yen makaten punika kados pundi ta. Pramilanta sampun ta kadya wanudya kang leneng kinaniyaya munggeng bawah siti sewu. Kabutaen purwa diningratan pejahira kang kuwonda ngantya sirneng sipatira. Mandar sinlumbat pawestri nira saking gancanging kang tinanggenah tenggeng praja. Prasasat sanalika antuk lamar kang birat murlaning praja. Pulisi kampun kang darbe bawah dereng ngantos lapur pikantuk katrangan sawidagda kumingsi geng ngayubagya karta. Sampun pikantuk katrangan sasolah bawaning dur brata. Mila sudarmanira ngendhat tali murda. Jalaran mireng lampahing atmajanira dahat anglampahi kawidagdan siya siya anganiyaya. Mring sasamining sujanma. Kang karya girisi praja. Arja. Tujunipun ingkang tinanggenah tengga praja. Setya tuhu pangreksa nira. Dadya sanalika pratigya nira katrima ring kang murba misesa dadya wigya karya dipaning paradya. Ingkang punika pantes antuk kaalembana. Supadya ing temeb wisuda mengku raharja ning prajarja. Amin amin. Kawula kang karya widagda karya gita pun sonta wacana

Bombahe Nembe punika salebeting kitha bombahe kadhatengan babaya. Inggih punika banjir ageng. Wondening griya griya ingkang kentir gungung 10.000 iji. Ingkang rebah 25 iji. Salebeting kitha amung wonten tiyang satunggal kalih ingkang palastra kelem ing warih.

Peking Nawala kakancinganipun sri narendra cina. Angawula wisudha li hung kang. Dados guprenur jendral ing tititle. Wondening guprenur jendral ing kitha title inggih punika tiyo siseng kakula wisudha dados guprenur jendral ing kitha kanton dene guprenur jendral ing kitha kanton can kong ceyan katimbalan dhateng nagari peking. Ananging li hung kang darbe panuwun bilih sri narendra kapapareng anyandekna buslet wahu. Tiyo siseng. Kalayan can kong cowan bilih sri narendra marengaken anyuwun kendel anggenipun dados guprenur jendral ing kitha kitha wahu. Amargi sampun sepuh kerep sakit sri narendra boten amarengaken amargi salebetipun dereng tentrem sulayanipun praja prasman kalayan anam kedah tumut anjagi. Guprenur jendral ing kitha yunam inggih punika nimyu king pandamelanipun ananging darbe panyuwun embok bilih wonten karsanipun sri narendra badhe ambiyantoni bab paprangan prasman kalayan anam sageda kapiji sagaha amandhegani wadya bala. Dereng saged amarangaken panuwunan wahu.

Aprikah Sapunika ing pulo kamaran sampun kadunungan wisma pangupakaraning ro amargi ing ngriku kathah sasakit kolerah. Saben wonten tiyang minggah kaos anemahi sakit ugi lajeng kadunungaken ing wisma pangupakaraning roga wahu.

Kanghahe Pawartosipun jendral li hong ciyan sampun wangsul dhateng kitha tiyancin sarta sampun anampeni pranatan bab prakawis anam saking kongsul ing prasman bilih kitha tiyancin amiturut pranatan punika tamtu kaleksanan prajanjiyan rurukunanipun ananging sareng pranatan wahu kapratitisaken dening panjenenganipun jendral kathah ingkang boten kacondhongan mila dereng saged anamtokaken kaleksananipun prajangjiyan wahu panjenenganipun jendral lajeng wangsul dhateng kitha tiyancin saha lajeng sowan dhateng nagari peking angrembag prakawis punika kalayan rad ageng ingkang winastan cungliyumen.

3 Paris Tanggal kaping. 25 juni. Dutaning praja cina anama markisceng. Sampun dumugi ing praja paris sarta sampun dhateng ing pra ngalondhon pawartosipun markiseng wahu. Sampun kawengku kapatah dados dutanipun praja enggelan prasman ruslan angrembag prakawis kawontenanipun sulayan ing praja anam mila sang markiseng anggenipun angleksanani ambudi kacakup ing rembag punika badhe saben satengah tahun wonten ing praja prasman satengah tahun wonten ing praja enggelan mangkaten saurutipun anggenipun sumedya sagedipun gathuk mamitran praja anam kalayan praja prasman wahu. Ananging markiseng badhe nyuwun biyantu tiyang enggris sageda ambiyantoni ngurusaken. H.N.

Hama tepak Pasabinan sakiwa tengening dhusun tlawong kabawah ing bayalali wonten sawatawis sabin ingkang kenging sasakit tiyang jawi amastani hama tepak wondening wujuding hama tepak wahu pantun sawek tanem lajeng garing waradin sadaya. Para tiyang ing ngriku angsal pamanggih kakinten ingkang anjalarimangkaten wahu amargi saking bentering toya. Sareng toya ing sabin kaesat godhonging pantun katingal ijem-ijem mantun garing. Dados saking pamanggih kula sampun tatela amargi saking bentering toya ingkang sampun pinten-pinten wulan boten kadhawahan jawah. Mila pamujining kathah para tani sami anggatekna nalar punika. Sampun ngantos saged anjalari awising tedha. Awit salebetipun wulan punika kimawon argining uwos sampun mindhak awisipun tambah wulan tambah mindhak awis mongka kala rumiyin bilih mongsa katiga mirah uwos wiwit wonten jawah sawek wiwit awis sapunika dereng wonten jawah sampun awis benjing jawah agareceh gek kalajeng lajeng. Kintunan

Undhang-undhang kangjeng tuwan residhen ing surakarta aparing weruh. Manawa pamupune laladen pajeg pahasilan cilik ing wewengkoning paresidhenan surakarta. Mengko amarengi dina saptu tanggal ping 3 sasi nophember kang lumaris ngarep iki. Wayah jam sapuluh esuk lan ana ing kantor paresidhenan bakal ditawakake ing akeh. Pahasilan wahu kayata. 1. wawenange anyambeleh sapi. Lan jaran ing sajerone tahun 1884 2. wewenange anyambeleh babi. Ing sajerone tahun 1884 Lan samono iku awawaton panggerane. Kang kaemot ing nawala. Katiti masan ping. 2 oktober ing tahun kang kapungkur. Kapacak ing setat seblad ongka 233 sarta wulan kagiyarake ana layang pawarta yapha koran katiti masan ping 9 oktober ing tahun kang kapungkur ongka 81. Surakarta ping 15 oktober 1883 Kangjeng tuwan residhen Katandhan mates 88 Katek ing tembung jawa dening juru ngarang

4 Ongka. 43 kemis pon kaping 23 besar ehe 1812 utawi kaping. 25 oktober 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Sasirepipun sasakit ing ngriki. Para tiyang ingkang sami kasripahan dereng lerem ing prihatosipun sareng ing mangke benteripun sanget wonten sakit thukul malih ingkang ugi ambabayani. Inggih punika benter tis akaliyan runtak wawratan. Tiyang ing jragan sawek badhe gadhah damel lajeng kacandhak ing sakit wahu andadosaken pejahipun. Tiyang estri ing kampung kawandasan panuju tengga sadeyan tanpa kara kara lajeng mak seg pejah gumalinting ing siti. Boten wonten ingkang sumerep jalaranipun. Tiyang ing ngapeman anama. Se. el mentas gugujengan kaliyan mitranipun ngantos kapingkel pingkel wasana boten dangu lajeng karaos lemet ugi mak beg lajeng pejah. Ing mangke kasaben wanci jam. 2 siang dumugi jam 6 sonten tamtu cingak ingkang katemben aningali untaping tiyang sami adus dhumateng lepen bengawan ing kedhung kopi. Tiyang jaler estri anem sepuh boten atusan kimawon angantos ewon dupara manawi para tiyang wahu namung adus kimawon wahananipun boten bilih kaliyan anyuda rasa dhumateng kang cumlorot kala kaping. 1 wulan besar. Sami kakinten dhumawah ing kedhung kopi ngriku. Kintunan

Amerikah Ing nagari tonakosa wonten lindhu. Sadaya ngantos kaping nem belas rambahan akathah griya griya ingkang ambruk siti siti kathah ingkang amalekah. Ing dinten sabtu ingkang kapengker wana ing redi arjuna kabesmen kilap ingkang andadosaken sababipun sarehning latu sanget anggenipun angalad alad ngantos andadosaken mirising manah. Kakinten bilih redi pipit amedal latunipun.

Santung Lepen kuning hwangho toyanipun banjir angramapat dharatan sampun kados dene saganten kathah tiyang ingkang pejah kabalabak griya griya. Sabin sabin sarta sanesipun kathah ingkang atemah ing karisakan.

Bandhung Wiji kinah jampi kasrepan langkung kathah papajenganipun ing samangke meh telas wiji 74 bungkus ing dalem sabungkus isi 50 gram papajenganipun gunggung. Kawan ewu tigang atus kawan likur rupiyah.

Prasman Pinten pinten pawartos angocapaken kawontenanipun prang praja anam kalayan prasman kacariyos wadya prasman nembe asor yudanipun kalayan wadya bandera cemeng. Nalika tanggal kaping. 3 september senapati ingkang dumunung ing saegon sampun tampi pawartos wahu lajeng angaturi uninga dhateng nagari prasman anyuwun tambahipun wadya bala. Mila para mantri ageng sampun apakumpulan angrembag kaleksananipun wadya bala ingkang badhe kabiyantokaken ugi sampun kaleksanan angintunaken wadya bala malih dhateng nagari anam. Tanggal kaping. 5. September. Kabar kawat angocapaken bilih praja prasman sampun amatah prajurit piliyan cacahipun 2000. Badhe lajeng kabiyantokaken dhateng nagari anam. Tanggal kaping 8 september. Serat kawat anyariyosaken malih sarehning ing nagari prasman sakalangkung tebih kalayan nagari anam praja prasman amatah prajurit saking aprikah. Sageda anjagi wonten ing praja anam.

1 Kanton Guprenur jendral ing kitha kanton anam tin sin sampun mantuk ing wismanipun andhawuhaken dhateng senapatining ngayudha ing kitha ting po isin supados angempalaken wadya bala kathahipun kalih dasa tangsi. Anjagi samongsa kadadosan prangipun praja anam kalayan prasman wondening ing kitha kanton ugi sampun jerjel kinkanan prajurit saking ing kitha kiyangnam ngalempakipun wonten ing kitha cekong. Utawi ing kiyanghahe. Wadya bala prasman ingkang taksih pacak baris wonten ing satengah samodra. Anumpak bahita prang. Saben ing dinten angungelaken tengara mariyem asasahuran.

Hahepong Tanggal 15 wulan punika. Tampi pawartos saking hahepong. Saha soring wadya bala prasman kalayan wadya bandera cemeng. Wadya prasman sampun iyasa beteng malih kaisenan prajurit 200 sareng kapyarsa dening wadya bandera cemeng lajeng kagepuk malih. wadya prasman mundur. Mila wadya bandera cemeng sampun saged angejegi ing kitha anowi. Pawartosipun wadya bandera cemeng kathahipun gangsal welas ewu. Wonten malih nem ewu. Ingkang dumunung ing ngriku. Prajurit saking anam ugi wonten ingkang kapatah jagi ing ngriku. Kala prang kalayan jendral repire. Prajuritipun sawek 3000 sapunika sampun tambah kathah saged dados 15 ewu.

Bajag Wonten pawartos ing kitha hahepong wonten karaman inggih punika para tiyang bajag sumedya purun kalayan prajurit prasman ngantos wonten sawatawis prajurit ing prasman ingkang kapikut dening bajag lajeng dipun lunasi. Pawartosipun para bajag wahu sumedya amales ukum amargi prajurit prasman sampun purun anangsaya dhateng saweneh ing tiyang anam samangke para bajag wahu lajeng kapikut dening prajurit prasman dumugi sapunika dereng wonten wasananipun.

Hahepong Wadya prasman ingkang dumunung ing ngriku sami angsal arta ingkang kapajengaken ing nagari anam tiyang prasman sumedya badhe anglintokaken arta wahu dhateng salebeting kitha. Sareng dumugi margi lajeng kacegat dening prajurit ing anam kathahipun 500. Ananging boten sikep dadamel ngantos ponca kara prajurit prasman kalayan prajurit anam ananging prajurit ing anam lajeng mundur. Prajurit ing prasman sampun anglajengaken lampahipun dhateng hahepong. Angaturi uninga dhateng pangageng. Sanalika pangagenging yuda amatah prajurit 50 sarta juru mudhi 5 upas bum 1 angupadosi prajurit ing anam ingkang sami nyet wahu. Sadumugining margi saged tempuk prajurit prasman kalayan prajurit ing anam ananging prajurit ing anam sampun sikep dadamel lajeng ayuda prajurit prasman kasor lajeng mundur. Malah senapatine pupuh nandhang kanin mila prajurit prasman langkung bramantya badhe nusuli malih 60 prajurit lautan 40 prajurit dharatan.

Pantes kaalembana Nalika wingi kula sasarengan priyantun mantri cacar. Mentas ananem cicacar dhateng koripan kabawah karta sura. Angalembana sanget kencengipun paprentahan dhusun ngriku amargi ingkang kapatah dados pangageng ing dhistrik kathithang. Raden ngabehi dipa martana. Malah cariyosipun nalika mantri cacar ananemi cacar. Raden ngabehi dipa martana angirit para demang dhistrik anenggani piyambak inggih punika ingkang sampun anetepi dhawuhipun kangjeng parentah ageng. Sadaya pandamelan kaanggep parlu. Awit pawartosipun sanadyan ing pundi pundi boten wonten pangageng dhistrik ingkang kapareng anenggani pananemipun mantri cacar wahu. Kajawi amung amitados nyengka nyengkanipun demang dhistrik ingkang kapatah. Dados para tiyang ing dhusun ugi kathah ingkang andaleya. Tur anyulayani dhawuh ing kangjeng parentah ageng. Mila bab punika kula gelaraken ing pustaka warti. Pamuji kula sageda dados tuladha ing liyanipun amargi bilih saged angleksanani mangkaten sadaya badhe saged anjalari tambah tata tentreming dhusun sampun tatela kathah kaindhakanipun. Amin Katandhan jati mulya

Mintasih Atur kula pun mandaya lukita ing dhukuh madyasana. Mugi katur para sarjana ingkang kaloka ing pasamuhaning pustaka bra martani.

2 Mugi sampun anuwuhaken kageting panggalih. Awit saking adrenging manah. Temahan anempuh byak kula angatingal ing pasamuhaning pustaka warti. Inggih punika sedya kula supados karantabana barkah saserepan sawatawis. Saking para prayagung ingkang kuncara amumpuni saniskareng guna. Pangesthining manah kula. Sampun pisan kula dinalih cumanthaka sumengka pangawak braja. Dene anembe kula ngatingal lajeng darbe atur panyuwun ingkang manawi para sarjana amarengaken kula nyuwun saserepan menggah wardinipun. 1. Tembung tuwagana 2. “ tuwa awu. Punika kados pundi. Kok sanadyan enem wujudipun manawi awunipun sepuh ingkang wujudipun sepuh awunipun nem kraminipun inggih ngenem. Pramila kula kumedah anggatosaken anyuwun saserepan ing para sarjana. Sageda cumeplong kogeling manah kula odhuh saiba badhe renanipun manah kula manawi para sarjana karsa anaruwe saha wonten lumunturing sih kasredan aparing jarwa atur kula ing inggil wahu wasana sanget ing panuwun pangajeng ajeng kula. Ing dhukuh madyasana kaping. 11. Oktober. Tinengeran janma ngesthi samadyeng guna. Mandaya lukita.

Bab bongsa batak Bongsa batak punika rajanipun arahab guguletan akaliyan kawulanipun ageng alit sampun kados sami kemawon benten kados caraning raja sanesipun temahan para kawulanipun sami kirang angestokaken dhateng lampahing paprentahan samantena menggah ing patrap para kawula wahu inggih taksih angajeni ing sapantesipun. Lampahipun tiyang salaki rabi boten sarana nikah. Manawi tiyang jaler badhe rabi bilih sampun angsal concongan tiyang estri ingkang dados panujuning mah. Lajeng katumbas pinten pangaosipun dhateng tiyang sepuhipun utawi kulawarganipun ingkang kaleres amengku. Mangkaten punika sampun tetep ing salaki rabi. Wondene tiyang ingkang kacingkrangan bondha sagedipun anglampahi sesemahan kedah sarana ubekti damel kados rencang tutumbasan dhateng tiyang sepuh utawi kulawarganipun tiyang estri ingkang kapendhet semah. Ngantos salaminipun ajajodhon mila awis tiyang jaler ingkang saged wayuh jalaran boten kawawi ing patumbasipun. Menggah ing kawekelan utawi kasetyan tiyang batak punika kalebet ing pangaleman tiyang jagul dhandhakan ing peken kenging kapitados ambekta barang ingkang kathah pangaosipun awit ingkang purun lajeng anandukaken culikanipun. Tiyang ingkang anglampahi dosa kathah ingkang namung jalaran saking watek buta ajengan tiyang dodosan wahu boten kinunjara. Nanging kapasrahaken dhateng kulawarganipun ingkang kaleres kawogan. Wondene tumindakipun paukuman pejah ingkang boten anetepi ing angger utawi wawaton punika gampil kemawon anggenipun angoncati. Amargi kenging katebus ing arta. Paprentahan lajeng amaringaken arta panebus wahu dhateng warnanipun tiyang ingkang kenging ing panganiaya. Menggah paukuman pejah ingkang anetepi kukum sarana kapaocok gulunipun wonten ing peken sadhengah tiyang ingkang kaleres anampeni paukuman pejah wahu anglampahi kalayan legawa ning manah boten pisan pisan gadhahi miris malah kados panganten kaarak bidhalipun dhateng ing panggenan pangisasan amangangge sarwa adi akakalung sarta asusumping oncen oncen sekar. Kairing kaayap ayap saha kajajaran dening para kulawarga tuwin mitranipun ing samargi margi anjoged sarwi sisindhen angelak elik boten montra katawis ing semu bilih jumangkah dhateng margining pejah. Tata caraning bongsa abenten benten boten kenging manawi kawaonan. Amargi pepethinganipun amasthi wonten sanajan awona babar pisan inggih boten kenging kapaonan awit nganggepipun ingkang gadhah sara sae. Boten praduli dhateng panyawang utawi panganggepipun ing bongsa sanes. Tiyang surakarta manawi iket-iketan amawi kuncung. Panganggepipun kados raden janaka. Tiyang ngayogya tanpa kuncung panganggepipun kados raden damar wulan. Lah sumongga ta kagaliya. Katandhan sumrambah

Candhakipun serat dhon sesar dhebasan 14. mangungrum astarsa ngrangkul lungayeng juwita tangkis garagap panengkah madya. Riwe kumyus esmu ajrih. Manuhun mundur mring kamar. Sengguwe garwa sayekti. 15. Emaring tyas mandheg mangu. Prabawaning kenya wanci. Diwasa tumanggap priya. Ingimur ngamer karintih. Medaning dyah malat driya. Nira kangjeng sri bupati. 16. Pasemu cuwa satengu. Nata dereng kamayan sih. Sihing dyah sarwi nyenyongah. Ngah ing reh nembe kawatir. Tir ketir ing nala maras ngraras karasikan miris

3 17. Pinongah patih tan pangu. Nges engese krengah krengih. Sajawinireng dudungas dangunira tan antawis praptanira sang dhon sesar. Dhebasan ingkang sayekti. 18. Nethek pintu tan rinungu. Dening wong kang jaga kori. Nrang bya menek candhela. Jog kamar tilam narpati. Sigra wahu sinanjata. Mring lasarilo nalisir. 19. Denta lasarilo gugup purwana reh tan udani. Yen iku tuwan sumitra. Mandar kinira yen maling. Sakedhap panggih narendra. kagyat andikanya wengis. 20. Durjana sapa aranmu. Paran sedyanta dewaning. Umanjing wismeng sun marga. Sing candhela wayah wengi. Pantes sira pinatenan dhon sesar umatur aris 21. Kawula wahu duk langkung. Ngarsaning suyasa ngriki. Uningestri tarunendah. Punikarsamba panggihi. Nethek pintu tan winengan mila ulun marang margi. 22. Sang raja ngandika asru. Tan kena sirarsa panggih. Denta nata taman ngira. Ywaniku dhon sesar yekti. Uagi tuwan grap tanyana. Yeniku jeng sang siniwi. 23. Ardawa lepaning wuwus sintenta tuwan puniki. Purun mambengi sedyamba. Tutuwi sudara wedi. Kang kawulat sing candhela. Sang nata ngandika aris. 24. Yen dika mring kula tambuh. Dhon sesar dhebasan mami. kang darbeni pasanggrahan ingriki punika inggah. Kang sinambut tengranira. Cebasan mesem turnya ris. 25. Dhon asmanta puniku. Yen tuwan grap sampun lalis kenging pidanendra kisas sang nata ngandika malih. saugi leres wikanta. Kula kenging ukum pati. 26. Nanging kangjeng sang sinuhun sampun angapunten maring. Kula luwar babar pisan lamat-lamat grap myarsa ngling. Nging lasarilo pitedah. Tuwan grap dika udani. Taksih wonten sambetipun.

4

Ongka. 44 kemis pahing kaping 30 besar ehe 1812 utawi kaping. 1 nopember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi.

Surakarta Kula wisudhan Pawartos kawat saking batawi

Kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana. Tinengeran bintang nederlan sen leyo. Bupati ing brebes rahaden mas adipati arya condra nagara kalilan angangge upacara songsong jene. Para ingkang angintunaken barang dhateng tentun seteling ing kitha amsterdham ingkang sami angsal tetenger ing ngandhap punika pratelanipun. Gelengan ongka 2 Tanah tanah kabawah nederlan Kawontenanipun tiyang sami gagriya Kangjeng raden adipati sasra nagara Angsal medhali emas Kangjeng rahaden adipati sasra nagara Angsal medhali salaka Kangjeng rahaden adipati sasra nagara\ Angsal cihna pangalembana Kawontenanipun prabot ing pangupa jiwa Kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana Angsal cihna pangalembana Kangjeng rahaden adipati sasra nagara Angsal medhali emas Kawontenanipun kagunan tuwin kawigyan Kangejeng gusti pangeran adipati arya prabu surya dilaga Angsal cihna pangalembana Kangjeng rahaden adipati sasra nagara Angsal medhali salaka Kawontenanipun lata tuwin caraning Pangerehing praja Kangjeng rahaden adipati sasra nagara Angsal medhali salaka Kawontenanipun tatanen tuwin taberen Kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana Angsal medhali salaka Punika namung kula pethik kawontenanipun tatenger. Ingkang dhawah ing surakarta tuwin ing yogyakarta. Saha ingkang boten dhateng tuwan-tuwan. Juru ngarang

Kala ing dinten sabtu tanggal kaping. 25 wulan besar tahun ehe punika. Wanci jam satungga siang. Bandara pangeran ariya pringgalaya ingkang kaping kalih seda kondur ing jaman kalanggengan karana sampun wonten akiripun ing yuswa. Enjingipun ing dinten akad wanci jam sadasa. Ponang kunarpa kaangkataken salajengipun kasarekaken ing astana dhusun krecek kartasura nunggil ingkang rama. Menggah rarengganing layon boten anguciwani. Mangkaten malih lampahipun wonten ing margi urutipun manawi boten kalintu kados ing ngandhap punika.

1 Ing nagjeng piyambak turongga binusanan sarwa adi. Angganing kuda mawi kinarukup ing monten pethak kinarung tiyang kakalih kiwa tengen sami mawi sarempang pethak Ing wingkingipun kuda wahu. Abdi dalem prajurit jaga braja saplatun sami asikep sanjata. Mawi sarempang pethak pangiritipun tambur salompret wonten ing ngajeng samargi margi tansah kaungelaken. Sawingkinging abdi dalem prajurit jaga braja ingkang asikep sanjata wahu tiyang amikul sengkeran isi paksi warni-warni. Tumunten ing wingkingipun malih. para wanodya kinten wonten satus iji. Ugi mawi sarempang monten pethak wah lampahipun katata kados lampahing prajurit kajejer sakawan sakawan Ing wingkingipun malih tiyang jaler ugi sami mawi sarempang. Bok bilih punika santana utawi abdi ing pringgalayan kinten wonten satus iji. Lampahipun ugi kajejer sakawan sakawan kados lampahing jajaran estri wahu. Ing wekasaning jajaran wonten tiyang kakalih lumampah jajar amandhi padupan tumunten ponang layon kaayab ing para santri kaurung urung ing abdi dalem prajurit jaga braja asikep waos mawi urung pethak ing wingking layon ingkang garubyuk priyagung bupati. Tuwin para panewu mantri bekel jajar ingkang sami anglampahi ayahan tumunten ing wingking piyambak abdi dalem prajurit tamtama miwah ana turongga. Tur sami mawi sarempang pethak ing pungkasaning abdi dalem prajurit ingkang wahana kuda wahu. Para pangeran putra santana dalem sami anitih rata ruk miwah megaraken songsong. Katindhihan ing sampeyan dalem kangjeng gusti pangeran adipati anom anitih turongga kinari renggadi. Ginarebeg upacara ingkang kaampil dening para abdi dalem mantri kadipaten ingkang ugi sami wahana aswa. Ing samargi margi kathah para tiyang jalwestri ingkang sami aningali. Andadosaken wewah rejaning warung warung. Boten wonten malih ingkang anarik tumuwuhipun karenaning manah kula. Anjawi anggen kula aningali sakathahing parestri ing wektu ningali lampahing layon wahu. Dene taka boten anyawang wujuding kanang layon ananging dumunung aningali anamat namataken ing sampeyan dalem kangjeng gusti. Sadaya amlongo ngungun gegetun anggenipun boten kadunungan wujud kumrisik amargi manawi wujudipun kumrisik amasthi ing sedya badhe saged kalaksanan ingkang sawatawis kadunungan wujud pantes tar lyan ing wiriga angentrog payudara weneh akukur kukur sirah lajeng abenanaken gelung. Saweneh wonten anjawil jinawil sami rencangipun sarwi esem eseman akalesak kalesik angalembana ing sampeyan dalem kangjeng gusti. Sok kathah kimawon sabdaning kenya ingkang kawahya kapiteng tyasira amulat ing raja putra. Kakathahen manawi kula giyarna sadaya. Pun es kabupaten gedhong tengen

Sontenipun ing dinten senen kapengker punika. Kula lumampah ing margi secayudan wiwit sakidul kareteg lepen larangan mangaler dumugi ing darpayudan punika boten wonten gagonda ingkang paperanganipun eca. Ananging amundaning obong obongan bagor iki sawahunipun kangge wadhah gereh utawi balur. Punapa malih gandaning gereh ingkang sumimpen ing griya ning cina-cina ingkang pancen sade. Eh tobat anggigirisi yektos kula rumaos boten kawawa ananggulangi gonda wahu boten bilih boten kula piyambak sanadyan sadhengah tiyang mambet gonda wahu amasthi giris anjawi tiyang ingkang gagriya sacelaking ngriku utawi tiyang ingkangs sampun kulina ing sadinten dinten anggula wenthah sade. Saestunipun wonten bedanipun. Wonten pangunguning manah kula sawatawis dene prayantun pulisi ingkang ambawahaken ing kampung ngriku teka boten amaelu dhateng tiyang cina ingkang sade gereh wahu anggenipun purun angumbah ing daganganipun gereh wonten ing kagungan dalem lepen karangan ingkang mili dhateng ing kadhaton anglengkara sanget manawi ponang rereged ingkang tumrap ing gereh boten katut ing toya ingkang mili dhateng ing kadhaton dalem wahu punika larak badhe anarik dayaning hawa ingkang tumuwuhipun kirang sakeca tumrapipun dhateng salebeting capuri kadhaton dalem utawi saburutipun ingkang kailen toya kumbahaning gereh wahu. Mongka enget kula manawi boten kalintu. Gusti kula sampeyan dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan sampun andhawuhaken boten anglilani dhateng tiyang cina adagang gereh amasak traos wonten ing ngriku mangkaten malih kala samanten boten dangu pun cina lajeng angestokaken dhawuh ing timbalan dalem pandamelipun traos ngalih dhateng ing dhusun gedhawu. Ewadene ing mangke amirit muleking gonda angemperi manawi pamasaking traos wangsul malih wonten ing kampung secayudan ngriku. Taruna jayenggati.

Sarehning sampun katondha bilih sasuker tuwin ambet banger anuwuhaken sasakit kados sakalangkung prayogi bilih parentah akarsaha naruwe. Inggih ta dunungipun cina wonten ing ngriku sampun kapareng ing nagari. Ananging sami amuriha saenipun pramila saking pamanggih kula nagari pancen kawogan amarsudi saenipun. Juru ngarang

2 Salebetipun wulan dulkangidah ingkang kapengker. Tiyang anama kyahi mukhamad tahir. Ingkang sampun kawentar kasebut auliya. Sampun dumugi ing jangji mantuk ing jaman kalanggengan wonten ing masjid suyudan wondening kyahi muhamad tahir wahu kinten kinten sampun ngumur 127 tahun ananging salaminipun boten gagriya sarta boten darbe yayah rena. Saben dinten amung lumaksana anjujug ing masjid masjid kadosta ing masjid wanatara. Gabudan nglungge. Bekonang. Suyudan tingkir. Wondening ingkang tebih. Ing ngayogya. Kedhu bagelen nglawet sampun boten darbe pangupajiwa boten bukti bilih boten wonten ingkang kalir andanani. Mugi andadosna pamyarsanipun para karuh sarta mimitranipun.

Kabrastha Nalika tanggal kaping. 25 wulan punika. Griyanipun tiyang anama sura dimeja. Bekel ing banyudana bayalali. Wanci jam 12 siang. Kabesmen barang-barangipun kathah ingkang katututan wasana sasireping dahana ambikak benet isi barang mas inten warni warni gunggung regi 1071 rupiyah. Kuncinipun risak isinipun barang sampun sami ical sadaya. Sarehning sirna ning barang wahu mokal amargi sampun tatela boten katut kabesmen mongka nalika para tandang anyingkiraken barang barang wahu kajenengan pulisi ing samangke sura dimeja darbe atur ing parentah angurusaken patrap patrapipun mawi nebut boten narimah kilap wasananipun. Kintunan

Klathen Kala ing wulan oktober kapengker punika ing kitha klathen wonten jawah. Nanging boten deres sanajan mangkaten bok manawi saged adamel segering hawa tuwin anjalari sirnaning sasakit ingkang tuwuh ing mangke. Kadosta sasakit cacar sarta sanes-sanesipun. Saking pamuji kula mugi-mugi gusti allah ingkang sakalangkung mirah aparinga hawa ingkang adamel seger kasarasan dhateng kawulanipun sadaya. Amargi saking pamireng kula para kawula wahu sampun kathah ingkang kapulung nyawanipun jalaran saking kenging sasakit kabilahen dening pambaledhosipun redi krakatha punapa malih jalaran anggenipun adon perang. Cahya indhiya

Anam Wonten pawartos panjenenganipun prabu tedhih. Raja ing nagari anam bilih bojana saben dinten punika ngantos 27 warni. Ingkang katamtokaken kadosta daginging kukila. Ingkang lema sarta enem punuking kewan onta ingkang sedheng enemipun buntuting ulun cucut punapa malih bangsaning cacing abrit lajeng kaolah punapa mesthinipun amargi sri narendra wahu pancen kaloka bandhu bondha. Wondening ingkang katamtokaken juru angladosi dhaharan kasebut ing inggil wahu. Saben enjing sampun boten kenging gothang ladosanipun.

Tiyancin Ing kitha tiyancin sasampunipun kabanjiran ing sapunika hawaning siti tambah sakeca awit sawarnining rareged sampun kentir ing warih. Dene griya griya sarta pasabinan ingkang risak sampun wiwit kamulyakaken tiyang ingkang sampun kentir ing toya ewon katapsir karugiyanipun sadaya 2 miliyun.

Ningpo Pamasangipun kawat ing kitha ngriku sampun kaleksanan malah wulan punika sampun wiwit kabikak para priyantun sampun sami dhateng ing kantor kawat sami nyobi kintun kinintun serat dhateng para mitranipun. Wondening pranatanipun bilih tiyang kintun sarat kirang saking 20 tembung boten mawi ambayra prabeya punapa-punapa.

Maospati Kula mireng tembung ngarawat rawat warta ingkang kentar dening samirana. Yen mas sastra amijaya. Mantri guru ing pawiyatan jawi maospati. Badhe kapindhah dhateng dhistrik ngambal kabupaten kebumen bagelen dene ingkang anggentosi gumantung kalenggahan wahu. Mas rakidin mantri guru ing dhistrik kutu kabupaten panaraga madiyun raden mas sayid priyagung amarsudi kawruh ing pamulangan calon guru magelang. Ingkang sampun tatondha lepasing kawigyan kakula wisudha dados mantri guru ing pamulangan jawi dhistrik kutu ingkang lowong wahu.

Undhang-undhang Kangjeng tuwan residhen ing surakarta aparing weruh. Manawa nganggo angowahi undhang-undhang. Kang katimasan kaping. 15 oktober. Pamupune sangsanggan pajeg pahisilan cilik ing wawengkone

3 paresidhenan surakarta. Olehe bakal anawakake ing akeh. Ora sida ana ing dina sabtu. Tanggal ping. 3 sasi nopember ananging ana ing dina jumungah. Tanggal ping. 16 sasi nopember kang lumaris ngarep iki. Wayah jam sapuluh esuk ana ing kantor paresidhenan mungguh pahasilan mahu kayata 1. wewenage anyembeleh sapi. Kebo. Lan jaran ing sajerone tahun 1884 2. wewenange anyambeleh babi. Ing sajerone tahun 1884 surakarta ping 29 oktober 1884 kangjeng tuwan residhen kalilan katandhan dening tuwan asisten residhen Alewein 92 Katedhak ing tembung jawi dening juru ngarang

4 Ongka. 45 kemis wage kaping 7 sura ehe 1812 utawi kaping. 8 nopember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Surakarta Abdi pulisi bawah ing ngampel ingkang jagi wardainan ing salebeting kitha kala kaping. 17 oktober wanci jam 8 enjing. Nganggrak tiyang estri. Ajogan gerehan saking ler badhe mangidul. 3 iji. Sareng gendhonganipun dipun sunduk ing teken tosan ing ngandhap gereh isi pambektanipun apyun. 14 buntel kapriksa ing kumisi dados wrat 18 kati. Ingkang ambekta ngaken berah ingkang gadhah tiyang ing wongga bawah kartasura. Kala kaping. 5 nopember 1883 pulisi capaga bawah ngampel wanci jam 3 siang nganggrak tiyang estri. 10 iji sami bekta senik saking kilen kakinten saking bawah magelang. Rehning nyalawadi katututan mawi tengara bendhe. Tiyang 10 lumajeng anilar apyun 10 iji. Sareng dipun bobot wrat 45 kati. Kintunan Siswaning wiwara darma anggiyaraken bubukanipun serat kakarangan anama purwa warsita jawi wonten ing bra martani ongka. 41 kaping 11 oktober ugi tahun punika. 1883. Ingkang babonipun kasaosaken konjuk ing kangjeng gupremen. Ingkang punika sanget suka jumurung kula. Dene wonten saweneh ing mitra ingkang jojo jojo ngunjukaken anggitan ing kangjeng gupremen upami anggitan wahusaged kagem sampun saestu amimbuhi kamempenganipun ingkang andarbeni anggitan anggenipun amarsudi dhateng kasusastran saha lajeng angunjukaken anggitan sanesipun malih ingkang sakinten amikantuki. Punapa malih badhe andadosaken tutuladan tumrap ing ngakathah. Wondene ing mangke mila dereng kathah ingkang angayoni tindak makaten wahu. Amargi saking pamireng kula ingkang sampun nyobi angunjukaken sampun sawatawis lami dereng anampeni dhawuh katerangan. Wasana pamuji kula mugi mugi tumuntena wonten kabar katarimahipun anggitan wahu. Ingkang badhe andadosaken kapiluyunipun ing sanes anelat tindak mangkaten wahu.

Menadho Nalika tanggal kaping. 27 wulan agustus ingkang kapengker. Ing ngriku wonten swara kapyarsa anggigirisi kabarung kalayan oreging bantala lindhu ingkang sakalankung sangetipun para tiyang ing ngriku rumaos maras anyipta bilih wonten sangsara ageng ingkang badhe rawuh. Inggih punika kados ugi tumusipun pambaledhosing ardi krakatha.

Amirikah Ing nagari ekwidhor. Wonten oreging bantala lindhu. Ing dalem sadalu ngantos 16 rambahan pinten pinten griya sami ambruk siti sami bengkah. Kathah tiyang ingkang nandhang sangsara.

Enggelan Salebetipun tahun 1882. Tiyang ingkang nembe pralaya ingkang umuripun langkung 100 tahun tiyang estri 66 tiyang jaler 25 punika amung dumunung ing gagelenganipun sakitha kimawon dados kalebet kathah tiyang ingkang panjang umuripun. Nalika tanggal kaping 22 wulan agustus griya pangupakaraning tiyang sakit ewah ing kitha londhen kabesmen tiyang ingkang sawek kausadan kathah ingkang boten katututan tumut kabesmen.

Siyem Sri narendra ing siyem sampun amatah caraka dhateng nagari australiyah. Mawi kabektanan arta pinten pinten ewu. Kadhawuhan numbasaken titiyan rata dalah rakitanipun ingkang onjo tumrap ing nagari ngriku. Ing samangke nagari siyem sampun kadhatengan saweneh ing dhokter ingkang sakalangkung saged sarta lajeng kaabdekaken ing sri narendra kapatah dados juru angusadani.

1 Wonten pawartos panjenenganipun sri narendra ing siyem badhe sidekah anetepi caranipun buda. Sarta sampun ameling perabot bangsanipun ingkang badhe kaangge sidhekah wahu dhateng ing nagari enggelan malah pawartosipun sri narendra ing enggelan kapencut badhe amriksani caranipun sidhekah wahu.

Jepan Mantri ageng sajawining nagari. Anglempakaken para rare ingkang taksih cekap ngumuripun badhe kakintunaken nagari cina apuruhita sastra sarta tembung cina. Ing sawatawis dinten kaangkataken dhateng kitha peking. Jujug ing kantoripun kongsul ing jepan.

Soatang Pawartosipun nembe punika. Ing kitha santung. Kadhatengan babaya. Inggih punika inggahipun tirta saking lepen jene sacelaking kitha owan sakalangkung ageng sarta santeripun salebeting kitha wahu ngantos katingal kados samodra. Ewon tiyang ingkang palastra kentir ing tirta. Griya griya sarta wreksa samirebah. Para tiyang ingkang tebih saged angili wonten pareden cacahipun ingkang nandhang sangsara dereng saged angsal latrangan.

Anyariyosaken bab budining manungsa Budining manusa punika ganjaran utawi nugrahaning allah ingkang sanget adi mulya. Awit saking anggenipun kasinungan budi. Para manungsa saged sami aninimbang. Anyumerepi tuwin anyatitekaken sakathahing prakawis ingkang samar samar sarta ingkang kacetha ing paningal mila manusa punika amumpuni piyambak ing kamulyanipun saking sasamining titah ing sajagad. Karsanipun gusti allah anggenipun anitahaken manusa mawi kaparingan budi. Murih sageda angwontenaken samukawis ingkang amikantuki. Saha sumerepa dhateng kalangkungan miwah kadarmaning allah. Ingkang kacihna anglimputi sagelaring jagad punapa malih sumerepa dhateng sadaya wawados sarta kaelokan ingkang kawathikun wonten sakathahing kawontenan ingkang kacetha saha ingkang sawek tumuwuh. Ing sadinten dintenipun menggah sadaya wahu andadosaken witing kasenenganipun para manusa. Sarta anelakaken anggenipun katitahaken sageda amanggih kasaenan saking sakathahing kawontenan wahu. Awit saking punika. Budining manusa pantes bilih ginula wenthah sarta kawewahan ing kawigyan tuwin kawaspadan ingkang badhe anjalari utamining lalampahan ing ngalam donya tuwin ing delahan manawi boten makaten pikantukipun punapa manusa kaparingan tetenger budi linangkung saking sato khewan punapa malih saestu badhe adamelahanipun sih kadarmaning. Allah. Ingkang boten kenging winiraos awit longka sanget manusa ingkang bodho saged anglahiraken ing suka sokur. Miwah anelakaken pamundhi pundhi dhateng sih wilasaning allah wahu. Temahanipun namung kados monyet ingkang dumunung wonten ing ngasepi boten mawi anggula wenthah budi. Cermin mata

Bantah kakalih Kala wonten pasamuwan bujana nayub ing pracabakan ngarga retna. Wonten saweneh ing kaum rebat leres kaliyan cantrik ing bab paneraking sarak sawarnining para bongsa islam ingkang asukan mawi nabuh gongsa. Wicantenimng kaum mungguh wong asukan nganggo sesendhon unine gamelan iku. Ora ngamungake dura nerak papacak siriking sarak bae. Ananging durakane nganggo gegawa ing akeh. Kayata kang sapisan karaketan ing duraka marga anabuh gamelan kapindho wuwuh durakane awit anarik wongsa pirang pirang kang padha nonton sarta bungah ngrungu swara ning gamelan wahu. Kabeh padha kagepok ing duraka uga. Wangsulanipun cantrik ah iku ora. Iya bener kang kalebu papacaking sarak agantungi duraka marang sarupaning wong kang nabuh gamelan ananging durakane mahu bakal sirna. Sarta liniru ing kabecikan kena winirasa. Awit bareng si suta nabuh gamelan sarupane wong kang ngrungu banjur padha teka anonton sapirata bungahhe wong akeh mahu. Iku kabeh padha mumuji becik marang wong kang nanggap awit bisa ambungahake atine. Mongka sing sapa wong kang bisa bungahake atining liyan iku ginantungan ganjaran. Menggah bantah kakalih punika pundi ingkang leres mila gurawalan kula wedharaken ing pabarataning bra martani. Awit saking jugul kula. Angalosot nyuwun pitedah ing para saged. Ngarga retna kaping. Dulkidah. Ehe. Pamulat kula samadyaning wulan Teja sulaksana

2 Bilih angajengaken mauludi nabi teka kagungan dalem gongsa sakaten mungel punika kados pundi pamanggihipun kaum bantah inggil punika. Juru gubah

Panjurung // winuryaning. Kang lagu majasih minta jarwa mring sagung sarjana. Kadya kang winarna ing reh wardine ingkang tembung anglwir ingkang winarneng kawisebak ngandhap punika. Lun minta pituduh saiba arsayaning tyas. antuk barkah saking sang widagdeng kawi mudhari mulaning tyas.// mung sapada tur gen kula manggih let eleting serat babat pajang. Mung sasuwir dalancange dahat oneng kalangkung arsa uning ingkang mamardihamba tyang tuneng sastra. Dama sruma punggung milanta minta aksama. Mring sujana kang widagdeng tembung kawi sumongga den jarwakna.// sinung tembung winung sulanjani lampah kalih dasa langkung karpa. Sumongga winarna ing reh ywa mawi rikah rikuh pinacaka ing bra nartani supadya sumebara. Ngrat jawa sawegung sun kauli godhog wedang. Ngladosi sang yen wus babar prameng kawi punika lo sumongga.// tar wruh lamun den esem esemi mring sagunging priyagung kang ngewan. Panggalih mring sasamine sampun tamat gyaningsun angaturi panjurung kawin cinitra lek condrama. Ping sapta panuju mangga sri ing mangsanira kang momana sangkalanira winilis sembah ulun as the ngrat.

Wenang sulanjani Lampah 23 // samanta ri ngawirywa narta suwarna palatu lungakna marteng kaswasih [ karaksani kang ngarta mas tanana waneh dana pinaka pager suraksaka] asing wanga sreb neng maha muni len ta paduh satata hyang suksma nadha [ saksat swawismanira kuthini kanang wwa ngakekedi ngardana ri nglaya].// oo// lah punika sekaripun kawi mugi wonten karsaning sujana. Paring barkah kang sayaktos mring mitra mudha munggung dahat lagya kawelas asih sasaneng dhusun treban. Anggumbala lembu datan darbeni pakaryan glindhang glindhung kadhang kawis sok nunulis lan maos kalongkongan. Pratondha cethinipun jaya praman treban. Pun rara usreg. Mitranipun uyek. Candhakipun serat dhon sesar dhe basan 44. rowang tapa dudoniku. Gusti kangjeng sri bupati. Kang mindha satriya lingnya. Sinten namanta ki maling. Dhebasana wangsulanira. Ingsun karel rajeng madrid. 45. Ingkang mandhireng kadhatun sapanye pinundhi pundhi. Sang nata kagyat ing driya. Sru duka de wonten jami. Daksurendra nambut asma kang panjenengan sang aji. 46. Kasaru lasari masuk kamar ngunjukaken kitir. Atur uninga ywan garwa. Raja kangjeng prameswari. tedhak aranyuwes kitha gugup sigra sang narpati. 47. Miyos nitih kuda laju. Karsa manungsung ing sori. Cinegat aneng sopana. Mrih wangsul angenya puri. Miwah sampun kawanguran denirarsa lambang sari. 48. Pun lasari lo ing ngutus ngungsir duratmaka tuwin angudya wruh aranira. Ingkang sajatine kuri. Sandika sang raja tedhak manungklangaken turanggi. 49. Kusumeng dyah mungup-mungup wiwareng kamar umeksi. Satriya bagus taruna. Kagyat ranguning pandugi. Alah iki sapa baya priyanom mani pinanggih. 50. Mring sun teka durung wanuh. Keh temen wong mejanani. Maring sun ujer tan kaprah. Ngendi ana wong alaki. Temu dadak tutup waktra. Barukut tan kena keksi. 51. Daning priya uga ingsun wus begjane awak mami. saksana dyah ayu tanya. Sinten tuwan ingkang prapti. Grap mesem manis lingira. Ulun kang winenang niti. 52. Asmanta ping kalihipun salampahan dika inggih. Ulun minta katerangan mila para wonten ngriki. Yen sang dyah tambuh kawula. Dhon sesar dhebasan singgih. 53. Garwanta saestunipun maritanah taman dugi. Sambawa tuwan garweng wang. Sebab sawek kesah saking. Ing ngriki wahu punika. Tuwan grap ngandika aris. 54. Dhuh mirah woding tyas ulun lomba temen wong amanis wikanta niku wahu sang. Narendra sanyidreng resmi. Ing dika mindharaning wang. Pratikel saking sang patih. 55. Sang dyah sru ngungun lingnya rum ywan tuwan garwamba yekti. Kawula nuwun pratondha. Saksi wekasing sasangi. Punapa tuwan kemutan duk ningkah wonten ing sepir. 56. Wuwus tuwan ingkang kantun kapyarseng kula bebisik suwawi malih ucapna. Grap ngujiwat mesem angling. Alah teksih kaemutan ing salami kula urip. 57. Ngamungna dika wong ayu. Estri kang kula mong singgih. Maritanah tebah jaja. Dhuh lah e pangeran mami. enggih mangkoten sabdanta. Mangke wus pracaya mmi. Taksih wonten sambetipun.

3 Ongka. 46 kemis legi kaping 14 sura jimawal 1813 utawi kaping. 15 nopember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Surakarta Bantala rengka Satengahing dhusun baros kaleres saler wetaning kitha bayalali. Wonten wawarnen ingkang sawatawis adamel kumepyaring cipta. inggih punika siti satengahing dhusun wahu anela. Ananging bengkahing siti lebetipun 12 kaki. Samanten punika mubeng atemu gelung. Wiyaring kukubengan kakinten wonten 300 kaki. Cariyosipun bekel ing ngriku. Anggenipun nela wahu kinten kinten sampun kalih wulan wiwitanipun amung saking sakedhik salaminipun saben katiga ugi sampun nate rengka. Ananging boten ngantos samanten lebet sarta wiyaripun ewadene sarehning bongsa kula jawi punika kagolong remen dhateng bangsaning titingalan sanajan punika amung siti nela. Ananging sarehning beda sanget kalayan adatipun dados saben dinten para tiyang aningali panembahan bumi rengka anyela blekithi. Tur wonten ingkang anggagas embok manawi kumaranipun kala kyahi ageng krakratau. Leres pangriptanipun mitra. Je es ingkang kapacak ing pustaka warti ongka 42 sareng mentas anupiksani pustaka warti malajeng panengran pembrita baru. Ingkang angocapaken kabar pungkas kala. Mawi kagathuk gathukaken kalayan wahananipun driyanipun tansah asenig senig. Maremipun manah kula sareng wonten saweneh santri sami sarasehan menggah ing kitabipun ugi wonten ingkang angocapaken dinten kiyamat ananging pratandhanipun bilih sampun celak kirang sakiwa tengenipun 200 tahun salumahing bawana sampun boten wonten tiyang awaweka. Sarta sampun boten wonten mahujud kewan kewan ingkang ngupados bukti piyambak para tumitah sampun sirna engetanipun lah punika kula angrujuki. Dados antawisipun taksih anglangut. Katambahan bilih kula miyarso cacariyosanipun para ingkang sampun wicaksana. Sawarnining redi redi ingkang taksih medal kukusipun punika tamtu boten badhe ambebayani. Katimbang kalayan bilih boten medal kukusipun sadaya wahu kula nyumanggakaken para maos. Boten langkung pamuji kula ing siang ratri. Mugi sadaya tumitah ginanjara raharja sampun ngantos kataman babaya punapa punapa. Endhang pracimasana

Dereng lami ing sangandhaping kareteg lepen jenes ingkang iring kilen wonten lare bayi sampun pralina. Sumangsang ing anggrah anggrah ing karetek wahu. Sareng kadengangan dening tiyang sacelaking ngriku ponang bayi kapendhet lajeng kaupakara. Saha lajeng kapetak satepining narmada. Saking kareteg kapering ler kilen ing mangke saben ing dinten malem anggara kasih utawi malem jumungah kathah para tiyang jalwestri ingkang dhateng ing ngriku sumedya anenepi aminta barkahing kiyahi bayi wahu. Sadhatengipun ing ngriku sanggyeng pra jalwestri lajeng sami asila wonten ing dagan sarwi angobong dupa. Saha anyaosi angsal angsal sekar konyoh kakanthi arta saminatipun pyambak pyambak katumrapaken ing sanginggiling sekar. Inggih punika ingkang badhe dumunung sandhang tedhanipun juru kunci manawi sampun anyelehaken sekar konyoh para anepi whu lajeng ijab sakhajatipun dhateng kyahi bayi. Wonten ingkang aminta tumuntenipun aweweka. Weneh aminta sampuluring rijeki wah sampun ngantos pinulung nyawanipun dene para kenya sarta para jajaka sami aminta cepaka ing jatukramanipun. Sareng saben malem jumungah ajeg wonten ingkang aminta barkah ing kyahi bayi wahu. Pun juru kunci ing sapunika saya saged anandukaken rembag pamrayogi dhateng para ingkang sami aminta barkah kanthi indhaking kawekelan katondha kuburipun kyahi bayi karengga mawi griya cungkup payon atep wah mawi dipun kandhang ing bethek tur kiwa tengening kuburipun kyahi bayi karesikan tarkadhang sawatawis dinten malih cungkup wahu kabrukutan saking gedheg amargi wiwit malem jumungah kapengker punika mindhak kathah sanget para ingkang sami aminta barkah. Tamtunipun pun juru kunci saged mindhak kauntunganipun saking ingkang sampun kalampahan. Menggah para tiyang ingkang anindaki pandamel mangkaten wahu punapa boten kenging kaewokaken gugon tuhon pramila pamanggih kula tiyang ingkang anandukaken sih kadarman dhateng pun bayi saha

1 salajengipun dumunung juru kunci wahu dawek katarimah pujinipun bok bilih anggenipun nandhang cintaka sampun lami. Saking sanget ing panggrantes temahan gusti allah ingkang maha gung amaring kayuwanan sarana anggenipun angopeni bayi keli ing narmada. Mangkaten malih panimbang kula ingkang sampun kula manah panjang tumuwuh ing daya kabegjanipun juru kunci wahu angemperi ungeling pustaka warti ongka. 39 ingkang anggiyaraken mangkaten. Para ageng alit utawi sawiya tiyang boten mawi amawang bangsanipun pundi ingkang sumerep dhumateng wajibing ngagesang. Wancingan lumayan ing pandamelan sae. Legawa atutulung dhumateng sasamining tumitah ingkang dhumawah ing kasangsayan punika boten kaladuk bilih kasebuta gagambenipun tiyang mursid sarta musthika ing budi. Ujaring babasan mangkaten kaloman iku kang becik dhewe. Amarga wong gedhe cilik padha gawe pratandhaning kalomane ing sakadare dhewe dhewe. Ing mangke saya anarik tumuwuh ing manah kula ingkang gadhah daya tanpa sumelang. Ananging tansah tetep kumandhel dhateng bab ujaring babasan ingkang sampun gumelar ing inggil wahu. Mangun paminta Ing jaman surakarta ngriki sapunika kathah temen para wanodya ingkang pancen dereng wanci. Sampun purun anglampahi dados thetho themel kadosta kinten dawek umur. 14 utawi 13 13 tahun sampun anyuda mamah. Punika rak kenging kawastan sumengka anjawi manawi sampun emah-emah. Sumengkanipun wahu katarik saking ananggapi adrenging sedyanipun ingkang jaler. Mandar meh saenggen enggen kimawon kadunungan pak katondha manawi dalu kula nuju kakesahan ing samargi margi kenging kajagekaken kapethuk sang dyah. Abusana mindha pangagemaning para putri. Tur mawi winantu gagonda wida arum arum gumuruh lampahipun gagandhengan gangsal utawi sakawan sarwi agerongan turut margi saungel-ungelipun ingkang kula pratelakaken makaten wahu. Anjawi ingkang pancen paperanganipun barang adi manggen ing toko-toko. Mangkaten malih kabaripun ingkang anggigirisi punika bangsaning kenya ingkang saben dalu kados dumunung asaos bekti wonten ing kagungan dalem alun-alun pengkeran utawi sakilwak wonten wonten ing margi para patan gadhing. Awit saking pamireng kula. Para kenya ingkang kados saos bekti utawi sakilwak wahu boten sapisan kaping kalih kimawon ananging ngantos rambah-rambah saben wonten tiyang jaler lumampah ijen ing wanci lingsir dalu. Dumugi antawising alun- alun kaliyan para pantad gadhing. Adhakan ginujer ing ngestri tinedhanan arta. Manawi panggujeripun wahu boten lajeng dipun sukani. Inggih lajeng acerik cerik anedha tulung. Mratelakaken manawi piyambakipun dipun bedhang boten kasukanan pituwas sarehning pun jaler karoban saksi. Rumaos kataman kalingseman dados inggih nglaksanani ambayar samurwatipun. Sarehning para estri wahu sampun tatela anuwuhaken mutawatos ing atasipun para lumampah. Pramila ing mangke para mitra mitra kula sepuh anem ing wanci dalu manawi kakesahan sampun sepen pangantos atos saha boten ketang satunggal kedah anggatosna mawikanthi. Awit saking pamanggih kula manawi mawi kanthi punika boten bilih pun tehtho themel ingkang anggigirisi wahu. Gadhah pakewet anggenipun badhe anandukaken piawon. Paminta darma.

Masa punika ing salebeting nagari ngriki kenging kawastanan kathah sanget para priyantun ing karenan amiyara sawung jago. Manawi boten kalintu saserepan kula kados ing ngandhap punika. Wiwit wetan sisih ler ing kampung beton katandhan purwadiningratan kapatihan wiwit tengah mangilen loji wurung. Peken pon ngapeman priyambada Anekuk mangidul wiwit kampung baron panularan sraten gemblegan slemberan kajen gadhing. Arjadipuran baturana. Peken kaliwon suranagaran ngantos wangsul mangilen ing kampung nglorengan. Kampung kampung kasebut ing inggil wahu. Awis tiyang boten amiyara sawung. Ananging mandar ingkang kapara reman wah kasambadan punika gadhahanipun sawung boten kirang gangsal welas utawi sadasa. Sakedhik sakedhikipun gangsal apes malepes kalih. Menggah pangabenipun priyantun ingkang boten rena dhateng kalangan inggih lurug linurugan mangkaten malih ingkang ngadegaken kalangan ageng pamireng kula ing braja natan mangku nagaran Gonda winatan kampung katandhan wondene kalangan alit saben dinten inggih wonten inggih punika ing kampung lembaran. Salami laminipun kula pancen dereng angengeti. Priyantun amiyara sawung kados samasa punika. Sumongga nun kagaliha. La tiyang kok meh saben kampung tamtu wonten ingkang miyara sawung ngantos sadasa kedhikipun gangsal tiga utawi kalih. Ewadene kilap ing jaman kinanipun. Open Nembe punika lare estri nama sarijem kinten umur. 20 tahun manggen ing gagriya ing dhusun dhusun gabudan ing wanci sonten sumedya dhateng warung badhe tatumbas dawek dumugi margi salering sabrangan lepen gabudan ingkang dereng tebih kalihan padununganipun pun sarijem nengka tan prayitna

2 manawi pinggir margi wahu wonten satunggiling sagawon dawek adhekem dados lampahipun sarijem nenggel ing satengahing margi. Boten anyimpang sareng dumugi ngajenging sagawon adhekem wahu tandarana ponang sagawon anyander pun sarijem kenging kacakot kempolipun ingkang tengen sakala pun sarijem andhawah awit tan panonrat tumunten katulungan dening para tiyang ingkang dawek nuju adus ing lepen pun sarijem kajunjung kaantukaken dhatengbale griyanipun andadosaken panariking gitanipun para waris sadumugining griya pun sarijem dawek enget tiyang ingkang nandukaken pitulung ngantukaken wahu radi kataman maras ing tyas aketir ketir. Darunanya pun sarijem tinakenan dening yayah renanipun angantos rambah rambah tur sora punika boten ananggapi ananging amung anggiyeng. Mila tan saronta bapakipun sarijem mlendhung medal panggalihipun bramantya. Angulati ponang srenggala ingkang sampun marjaya ing suta. Ananging tan saged amikut amargi sapengkeripun sarijem kaantukaken sang srenggala sampun kaoyak oyak dening para tiyang sacelaking ngriku nanging dereng kalaksanan kapikut dados bapakipun sarijem taksih jajabang mawinga winga. Temahan angunadika kanthi amisuh kathah kathah dhateng ingkang gadhah sagawon saksana kapatitisaken dhateng para tiyang saler lepen tuwin tiyang gabudan ngriku sinten ingkang kagungan kalangenan sagawon wahu. Wasana tiyang ngrika sadaya teka anglenggana yen darbe ingong ingon sagawon belangkok abrit sahantukipun saking ngupados katerangan bab sona. Pak sarijem angupakara roganing yoganipun wahu. Awit saking bingung ing manah karana sarijem tansah anangis asambat sambat dados ing bab usada panindakipun boten satunggal satunggal ananging punapa sak kaoling tiyang sanadyan mentas kausadan mongka dereng kenging kaantawisaken inggih dipun laksanani. Weneh wonten ingkang cariyos supados tatunipun sarijem kacakot ing sagawon wahu kagebagana papah ing godhong pisang awit pun wisa badhe lajeng amahya. Kathah kimawon pitedah ing tongga tepalih utawi para warisipun ingkang sampun kalaksanan katamakaken ewadene dumugi ing mangke pun sarijem dereng saged lumampah. Katandhan es dhe. Ka. Pe ge te.

Tiyang sugih cethil ingkang anemahi pituna saking paekanipun piyambak Tiyang nama sayid ngabdul jali ing bagedad anabuh bendhe kaangge ambayawarakaken anggenipun kaecalan kanthong isi arta satus dinar. Sinten ingkang amanggihaken kaebang ing pituwas sadasa dinar. Saweneh ing jagul ingkang amanggih kanthong wahu angangen angen oleh uwang satus dinar kang ora terang iku becik oleh luwih sapuluh dinar kang terang sasampunipun angangen angen mangkaten lajeng agegancangan amanggihingabdul jali anyukakaken kanthong ingkang dipun panggih. Ngabdul jali sareng anampeni kanthongipun ingkang kabayawarakaken sanget bingah. Ananging awit saking cethilipun boten purun asok sadasa dinar kados ingkang sampun dados janji. Jagul maligi kapurih mantuk. Jagul mantuk akaliyan prihatos para tiyang ingkang mireng ing bab punika sami benter ing manah sarta ambubujuk dhateng jagul andarbenana atur gugat ing pangadilan jagul inggih miturut Saweneh ing dinten panuju pasamuhaning pangadilan jagul lajeng sowan angaturaken urusi prakawis. Sareng pangagenging pangadilan amidhanget atur gugatipun jagul tumunten anarik ngabdul jali. Sabab apa kowe suthik asok sapuluh dinar marang wong iki anetepi ing ubayamu. Ngabdul jali matur. Sampun ingkang sadasa dinar. Asok tiagng dasa dinar kula inggih kadugi asok angger kula saged anampeni kanthong punika dalah isinipun sadaya. Amargi ing wahu mawi isi inten ageng saelas reginipun langkung saking 100 dinar. Inten wahu ing mangke kasalingkuhaken manawi piyambakipun purun anguncalaken sanalika lajeng kula sukani tigang dasa dinar. Jagul matur sayektos bendara. Kajawi arta satus dinar kanthong punika boten wonten isinipun malih. Pangagenging pangadilan angandika ngabdul jali mungguh pangakumu yen ing kanthongmu kang ilang nganggo isi inten saelas iku rehne kowe wong sugih lan becik iya dak anggep dene kowe jagul gonmu nguncalaken kanthong. Kang ko temu saisine uwang satus dinar. Iku anelakake ing kawekelanamu. Mulane pangakumu yen kanthong iku mahu ora nganggo isi intenyo dak anggep sarehning ature wong loro temen kabeh. Dadi tatelane kanthong. Iki dudu duweke ngabdul jali. Ananging duweking liyan awit saka iku ngabdul jali kanthong saisine banjur tampakna marang jagul dene ing buri manawa ana wong kang bisa anelakake yen temen darbekmu. Iya bakal dibalekake marang kowe lah mangkono papancasaning pangadilan. Ngabdul jali sanget rikuh badhe angwalehaken ing doranipun tumunten angulungaken kanthong dhateng jagul andadosaken bingahipun para tiyang ingkang sami aningali adeging pangadilan sami angerang erang wicantenipun mangkaten. Sokur si cethil anemahi pitunan lan kawirangan awit saka paekane dhewe. Dahya indhi

3 Mas paminta darma kula kapiadereng kapanggih ing panjenengan sampeyan embok bilih nuntuni kaindhakaning kawigyan tuwin muluring pawong mitran. Juru ngarang

1. panjurung cangkriman Wonten tembung sinerat mawi sastra wlandi cacahing sastra wahu 12 – iji – Sastra ingkang No. 7 – 12 – 4 – 6 tegesipun sidekah “ “ 9 – 5 – 1- 6 – 7- 8- 12 “ sunu “ “ 4- 6- 5 –12 “ ratu “ “ 1-6-5-12 “ penggautaning badan “ “ 11- 3- 10- 2 “ oma

2. cangkriman wonten tembung sinerat mawi sastra wlandi cacah ing sastra 9 – iji. Sastra ingkang No. 4- 5- 6- 7- 8 jarwanipun namaning ujungan “ “ 1- 3- 2- 6- 7- 8 “ prabotipun kasukan “ “ 2- 9- 6- 7- 8 “ raja punapa batanganipun cangkriman ing inggil punika wahu. Kintunan

Candhakipun serat dhon sesar dhebasan 44. kenging sakarsanta ulun sumarah sareh ing laki. Anamung boten kadiya. Karsaning sang nindya mantri. Ngloropaken sri narendra. Pinrih ecrah lan sri patmi. 45. Rawuh ing jeng raja wahu. Kairit sang nindya mantri. Denawataken paduka. rehning kula dereng uning. Tetelaning warna tuwan meh kenging cinidreng resmi. 46. Dhuh lahe dhuh beja ulun saking pandonganta gusti. Kawula teksih parawan. Lempuyang suwawi benjang. Tuwan tondha mongka cidra. Ulun lila lalu lalis. 47. Menggah kandheging salulut amargi kawula ajrih. Peraka kang jeng sri narendra. ywan linyok tur kula mugi. Sumongga kapejahana. Grap mesem manguswa pipi. 48. Kasaru wonten swara sru. Ramening para prajurit ngepang dalem pasanggrahan sang dyah maras anganturi. Ing raka kinen oncata. Nek mangke den pejahi. 49. Grap tanarda sedya labuh. Tumanggah ing datru sekti. Mamrih mangayomi garwa. Sampun tumekeng bilahi. Asari lumambeng kamar. Atur uninga ing jawi. 50. Rame punika saestu. Nipun prajurit mung jagi. Rinta sampun ngantos kesah. Sangking jroning dalem ngriki. Ayem ri sang sakaliyan maringtanah matur malih. 51. Mring raka sarwi rawat luh. Dhuh gusti paduka nuli. Sowan prameswari sang nata. angunjukana udani. Gen ulun kalbeng babaya. Jeng ratu mring ulun nguni. 52. Saestune sampun wanuh. Lan sampun nate pepering. Danarta duk ulun barang. Sindhen sring asring rumiyin grap rumujuk sagah gya kesah. Sang dyah tinilar pribadi. 53. Menggah dhateng ligar luhur. Lasarilo kang nenggani. Matur dhuh dewi wruhanta. Raja reke rawuh malih. arsa ngraba sengkenyanta. Kusuma waspanya mijil.

[ mijil ] 1. kodheng peteng limut tyadrancari. Sigra sang lir sinom ngrebat golok kesarilo keneng. Sinalempitaken munggweng kelit katungka sang aji. Tan adangu rawuh. 2. Lasarilo tinundhung wus mijil sigra sanga katong. Adarana dhumateng karsane. Ywan winedhar wameh ing pangudi. Mriyarsa sang resmi. Ambuh ucapipun. 3. Pangerange sangking dugi dugi. Nadya matur klinyok tar len muhung sedhon mwang rarase. Maritanah tyasira tan kongkih. Pikukuh kaesthi. Wadine sinerung. Taksih wonten sambetipun.

4 Ongka. 47 kemis pon kaping 21 sura jimawal 1813 utawi kaping. 22 nopember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Surakarta Kula wisudhan Wiyosipun dhawuh ing pangandika dalem amarengi ing dinten kemis tanggal kaping. 14. Wulan sura tahun jimawal 1813 punika. Putra dalem titiga sami kapangkat pangeran inggih punika. 1. bandara raden mas satriya. Kapatedhan nama kangjeng pangeran ariya cakra diningrat 2. bandara raden mas sudarmaji. Kapatedhan nama kangjeng pangeran ariya cakraningrat 3. bandara raden mas sudarmaja. Kapatedhan nama kangjeng pangeran ariya kusuma dilaga. Anjawi punika raden mas mayor arya jayeng winata. Putranipun sawargi kangjeng pangeran panji priyembada. Kakula wisudha pangkat pangeran kaganjar nama anunggak semi sawargi ingkang rama kangjeng pangeran panji priyembada. Wiyosipun dhawuhing pangandika dalem amarengi ing dinten senen tanggal kaping. 18 ugi ing wulan sura punika. Salowongipun abdi dalem kaliwon karaton ingkang kakarsakaken anggentosi raden mas panji surya dilaga. Kaganjar nama raden mas ngabehi brata dipura. Warta darma

Nalika tanggal kaping. 1. Wulan nopember punika rare anama kimpul rencangipun tuwan masinis ing pabrik krajan dhistrik jatinom sumeja anyanjata srenggala edan ingkang adamel sumelang ing kathah. Sareng sanjata kalepasaken srenggala malajeng dados lepat panyanjatanipun nalika punika pinuju wonten rare anama kiman anakipun embok mangun dikrama ing dhusun seman pinuju langkung sacelaking ngriku kenging mimising sanjata tatu singkapipun wingking ingkang kiwa. Pun kiman lajeng anggalinting sarta lajeng kaupakara dening para warisipun sareng sampun angsal katrangan bilih saking mimising sanjatanipun pun kimpul saknalika kimpul lajeng kapikut kaladosaken ing parentah. Wondening pun kiman sarehning taksih raharja lajeng kabekta dhateng klathen kausadan dhokter.

Kasamber ing gelap Kala tanggal kaping 31 oktober tiyang anama tawikrama 2. Rare anamajegot wanci jam 4 sonten angleresi jawah riwis riwis tiyang kalih wahu sami wonten satepining dhusun kadiresa. Dhistrik koripan bayalali. Sami amendhet ron uyah uyahan badhe kasade dhateng ing ngepakan nagari. Sanalika wahu wonten gumebyar ing pracalita pun wikrama sampun sumelang sumedya angajak malebet dhateng dhusun embok manawi kyhai wrahaspati badhe rawuh. Ananging pun jegot boten purun sarehning roning uyah uyahan ijem ijem saupami kakendelaken badhe anjalari kapitunanipun langkung saking kalih geleng. Dereng sawatawis dangunipun kyahi wrahaspati miyos binarung swara anggegeteri. Pun jegot ingkang katatp miyosipun kyahi wrahaspati saknalika pralaya. Angganira sakojur malonyoh. Pun tawikrama sarehning sawatawis tebih amung kasrempet sanalika ugi meh pralena. Ananging wasananipun raharja. Semahipun tiyang anama rokani bekel ing dhusun pusung. Kakinten sampun ngumur. 47 tahun sampun kathah wekanipun malah sampun rambah rambah angimah ngimahaken atmajanipun ewadene saembok rokani kapiluyu abebedhangan lajeng kaajak rangkat dening saweneh jajaka anama kiman kainten ngumur 21 tahun pantes anyameni atmajanipun pandhadha. Embok rokani adreng anilar bale wismanipun sarehning rokani jaler sampun sanget trisnanipun lajeng kaupadosan pangwasaning pulisi. Dereng antawis dangu kacepeng ing dhusun madhu. Tiyang kalih wahu lajeng kaladosaken parentah. Ananging pun rokani sareng sumerep wujuding estrinipun sakalangkung welas sanajan sampun maha babedhangan meksa katedha wangsul mantuk. Kintunan

Inggal punika wonten jajaka anama pun sidin griya ing dhistrik karang duren sragen imah imah angsal prawan ingkang sababagipun sawek pinanggih kalih dalu. Lajeng kaewat kabekta minggat dening priyantun ngulami gagriya kampung kauman kilap naminipun pulisi dhistrik karang duren ugi sampun amaringi serat

1 biwara. Dhateng pun jaka. Kangge angupadosi tiyang ingkang bekta minggat wahu. Ananging sareng sampun pinanggih. Kok boten lajeng katindakaken prakawisipun sakpunika pawestri amung kapurih rapak ing surambi dalem kilap badhe kadadosanipun. Ing kampung kauman sak ler masjid wonten pawestri anama bok panglawe. Anggarbini tanpa laki. Kikap ingkang angganggu damel namung sakpunika warninipun kados pulisi boten karsa naliti pundi edhokipun ingkang majibi badhe jabang bayi wahu. Amila pamuji kula sarehning punika ewon panerak papacaking sarak utawi papacaking nagari. Panuwun kula mugi ingkang kawogan amranata agami nyantosanana pangupadosipun tiyang ingkang angtengi. Pamuji arja Prakawis ingkang kasebut ing inggil kakalih punika. Bilih yektos kenging sinebutaken yen surambi dalem tuwan kampung kauman pancen sudhungipun ing awon punapa nagari boten karsa anyaruwe ing kawontenanipun lalampahan makaten wahu saestu angucemaken prabaning kawibawan. Heh prikonca ingkang [ ] ing bawah sampeyan teka wonten lampahan makaten cuh cuh kok jijik kula. Juru ngarang.

Cina Musikan militer cina cacah kalih dasa tiyang amangangge cara walandi. Sami anyuwun idi dhateng panjenenganipun grap li ssumeja ambarang dhateng kitha sanghahe. Wontening ing tembe saangsaling arta anggenipun ambarang wahu. Badhe kapanjurungaken dhateng para tiyang ingkang sami kasangsaran wonten ing kitha kili. Tumuwuh saking anggening sami kabanjiran.

Amirikah sisih kidul Saweneh ing pangageng sampun angsal saserepan bilih wonten satunggaling pasiten ingkang sawonten pelikanipun intensanalika lajeng kasantosan dening nagari. Lajeng kaesong wasana sampun kadhudhuk lebetipun 380 kaki. Pasiten wahu ambruk rahayunipun tiyang ingkang sami nyambut damel pinuju kendel dados boten wonten ingkang nandhang sangsara. Anggenipun anggarap pandamelan wahu sampun 18 wulan kaetang waragadipun sampun 250.000 pon sterling. Mongka dereng saged angsal katrangan ing salebeting siti angsal punapa. Mila lajeng kakendelaken. Pawartosipun ing nagari ngriku sabin sabin kathah ingkang garing. Rumput sarta kakajengan tahun sami pejah. Amargi sampun tigang tahun boten wonten jawah. Pawartosipun praja cina sampun ameling pirabot ing ngayuda. Kadosta sanjata sapirantosipun sapunika ingkang sampun kakintunaken 8000. Sarehning pamelingipun kathah dados upami pabrik satunggal dereng kaconggah angladosi. Pramila sampun kabagi sakawan pabrik ing dalem satunggal pabrik sampun saged saged angrampungaken kalih ewu pethi mimis kakinten salebetipun kalih wulan saged angintunaken sadaya sapamelingipun praja cina wahu. H. N.

Bra martani ongka 41 nopember 1883. Wonten panjurungipun open anggelaraken kawontenanipun para priyantun ingkang remen angingah sawung jago. Open katingal kirang rena. Klebatipun open ewa dhateng bab pamiyara sawung. Kula anyulayani sanget awit ing ngatasipun kalangenan sawung. Watonipun ageng. Tur boten ngemungaken ing jaman sapunika kemawon ananging kala jaman mantaram sampun wonten inggih punika suwargi raden tumenggung wiraguna. Punapa open anganggep remeh. Suwawi kagaliha. Utaminipun tiyang remen ngaben sawung punika rak kadunungan panganggep kados prabu kongsa ing mandura. Nanging nisthanipun manawi nglurug dereng ngantos mapan ing kalangan sampun riwut aponcakara. Silih ungkih akaliyan tiyang sade bakmi. Kimlo. Sate. Gandhos ulam terik wah bilih abdi dalem saya saru sanget terkadhang supe dhateng kawajibanipun. Mantuk kawon anggebagi ingkang estri. Wrahad bala

Dahat sru anjetung myarsa warti pamuksanipun kang amimba resmi. Heh kisanak punapaha ta dene oncating jiwa teka tanpa kumara. Mila mugi kagancarna ingkang dados jalaran margining pamuksa wahu. Tuwin punapa wonten sanesipun akaliyan sasamining manungsa pananjakipun. Dhuh babo tutumbaling jagad bisa temen angoncati tresna o kisanak pamuji kula mugi ingkang pinujut ing yuswa. Dumugiya ingkang sinedya. Tinebihna ing godha remcana. Cinawisana iman sampurna. Nilarana barkah mring pra siswa. Kang mangayubagya rara cebong.

Pangoyog oyoging cipta angayawara

2 Sampun dangu anggen kula aniten niteni. Menggah wontenipun serat pawarta bra martani. Teka saged temen amijeni rungih ing panggagas ingkang bonten towong saking sahataranipun wedaling bra martani. Kojahipun ingkang sami waspada dhumateng kenyaming pawartos punika. Saben anuju masamukating pepeteng ingkang manaputi senther ing manah. Tumunten kajegan surasa kamot ing bra martani. Ingkang saged anyendhal kumelir ing pepeteng. Dados sesegering panggrahita lajeng tumus malih. sakathahing saraseyan ingkang kocap ing pawarti enggal wonten ingkang anyepuhakeng ing parisuka. Wonten ingkang ajalari cumemplungipun dhumateng panjrah ing panarima. Reremehanipun taksih saged anjembaraken polataning manah. Upami kasambadana mangkaten sabarang ingkang dados cacariyosan tumrapipun pamanahaning para resep ing kabar lajeng karonta ronta kados kapanduk ing paribawa. Miwah lantip ing panyakra bawa. Ingkang mangkaten wahu anuntuni dhumateng moncering pambudi sangking onte onteyaning pandriya. Kadosta pangiketing supatra tinampi ing panyakra. Pamonging ngukara. Katampenan ing sarana. Manisara. Tinanggap ing para rena. Wontening anungkrama. Adamel sutikswaning manah kang kadyangganing bramara. Rikala mangun swara mrih titih ing mamaet maduning puspita. Dados pamikiripun para mardi kawruh dhateng sadhengah ingkang tumunjem ing ciptanipun badhe boten puput puput amargi sampun mangkaten lampahing budinipun dumadi. Jalaran kagendheng dayaning bebegtanipun inggih punika piraboting badan pandulu. Pangambu. Pamyarsa. Rasa. Pangrasa ingkang kamempenganipun boten saged peper saking montra saweneh ing gagawer. Meda ingkang kalebed ageng piyambak amung melik akaliyan lumuh kongkulan dene kamelikan tuwin kalumuhan punika sami ngalih prakawis tumrapipun ingkang sapisan dhateng kadarman ingkang kaping kalih dhateng cacat mila ngantos angawontenaken kaniyataning manungswa ingkang kedah dumugi sampurna ning samubarang. Sedya samanten wahu kapara limrah boten kandheg ing pawarta. Tegesipun sakathahing pamarsudi dhumateng kagunawan kaluhuran kahartawan sapanunggilanipun punika sanadyan badanipun dawek mangsaning songkek ewadene salekering panedya badhe boten sempug ananging inggih boten lajeng gut guten. Owelipun ingkang sami kadunungan manah mangu mangu ing masa punika teka boten tuwuk anjamaning sugengipun pujongga dalem saupami sedhenging manah gagarng tumambirang dhateng kasusastran mangkaten anuju wontenipun pujongga. Abok manawi anggenipun sami anyelehaken panarimahipun papunggung badhe boten sanget sanget dados eseming para nawung basa. Beda akaliyan para trahing witya redya. Sanadyan bengganga kaliyan pujongga. Badhe boten buntu wewenganing karsa anggenipun miyak dhumateng kamemetan mila babasanipun jembar jembar ing jagad kathah kathah ing titah. Ingkang andungkap pragading kasusastran jawi kados amasthi wonten ananging sanadyan wontena. Ugi dereng saged anamtokaken sapinten bobotipun upami tinimbang akaliyan para pujongga. Menggah lukita ning kanityasan sapanunggilanipun ulah rawit punika sampun lalambaran lenggah ing para satriya. Dados sanadyan ingkang meh satakering pujongga wonten ananging inggih bonten kaambar-ambar. Amargi boten kinepyakaken jumeneng sang maha muni. Mangkatena para kawula dalem ingkang babagan kutrah ing ngawirya. Punapa dene trahing padarakan karejeting manah hina anggenipun kumedah awikrama putusing sastra. Dereng sengkleh pangastanipun kalam panurat saha angrebetaken gandaning pambudi. Samanten punika walahu anglam. Ingkang kasebut ing nginggil punika sadaya minongka wandaning pamuji mulyanipun pustaka bra martani. Amargi dados jalaran rantapipun kalangkungan ing para anung. Cinatra wewengkoning warsa ehe. Tangan iku manggalengrat Katandhan wasi buja kirana

Sanajan kula dereng kantenan yen saged anglampahi. Ananging sarehning kapeksa remen anggen kula manggih cuwilan serat cariyos tiga belah kados ing ngandhap punika mugi wontena kaparengipun tuwan juru ngarang karsa amacak ing bra martani. Badhe saiba bingah ing manah kula. Galaga. Fan tureneh ing wanci dalu tuwan tuwan marsekalek fan tureneh nitih kareta urut bitingipun kitha iing paris kaandheg ing begal kathah. Sareng badhe mendhet agemipun susupe inten ingkang kathah pangaosipun tuwan marsekalek aprajangji. Badhe amaringi uwang mas satus sampun ngantos mendhet kagunganipun susupe. Begal anglastantunaken tindakipun boten siyos mendhet susupe enjingipun begal wahu ingkang satunggal dhateng ing dalemipun tuwan marsekalek panuju sawek katamuwan prayantun kathah. Sareng begal sampun kesah. Kawatawis sampun tebih. Lajeng kacariyosaken dhateng para tamu wahu. Pangandikanipun samukawis ing jangji wajib tinetepan. Tiyang sae boten wenang anyeled basa. Sanajan ajangjiya dhateng tiyang durjana. Amesthi kedah anetepi.

3 Awit saking punika. Sanadyan sak kula boten pantes anulada. Ananging paedahipun kaagem para ageng. Supados para kawulanipun samiya ajrih ajrih tur mantep manawi taksih ganggam inggih sampun kawiyos ing jangji. Katandhan raga druhaka

Mangayubagya Bra martani ongka. 45 tahun punika. Kasinggiyan sanget ingkang anyebutaken bab budining manungswa punika ganjaran utawi nugrahaning allah ingkang sanget adi mulya. Kula saestu ngrujuki ingkang makaten wahu. Sabab kados sampun pinten pinten pratondha budi punika dados wijining kasaenan dhumateng ing samukawis kapitujon amanggih caruwilaning dalancang sasuwek isi ungel ungelan mangkaten sinawung ing gula milir. Gegeyongan ngagesang puniki. Inggih budi kang milweng titah. Ingkang minongka malige ning hyang kang maha luhur. Pacampuha nabi lan wali. Sujanma ingkang wusman sakeh pralinuhung sasenetan geng punika. Panusmasur kang samya ahli ing budi. Binudi kang budiman. Amila pancen kedah kados cariyosipun ri sang cremin mata. Tinaberen anggula wenthah budi kawewahan kawigyan tuwin kawaspadan manawi silar salir punika ambok manawi badhe tumuwuh kapitunaning ngagesang ing salami laminipun ewadene kathah kimawon ingkang tan sudi mamardi budi. Inggih punika ingkang parwatek amung narimah nyandhang sapala amuluk tuwuk makaten wahu ugi leres mirit kasenenganing panggalih. Ananging kedah mawi lampah pethel angiring para bakul lawan angalangaken salang sumeleh ing pundhak longka sanget manawi trahing ngawirya kalampahana makaten saestunipun inggih amindeng adining pambudi. Supados dhumawah ing kawicaksanan ananging tetela ingkang dereng sumerep sok asring kirang sarana. Mongka lumantar ing karsa punika raringkesanipun kedah abusana ingkang kasbur ing pustaka raja gangsal prakawis 1. pinurih saka tapa 2. binujung ing darmastawa 3. jinamparing ing cipta pranawa 4. winawas ing panalongsa 5. lepatse tansah amendeng mint aksama dhuh punika ambok manawi trangginas kaleksananing karsa tama. Boten sanget sangeda lelem pandhekpoking manah. Amila pantes manawi katancepaken ing cipta panjurungipun ri sang cremin mata ingkang sampun sumawar ing pustaka warti. Saking sruning pangayunbagya kula babasan temahan anjingkengi jingku. Angatingalaken panggelungipun sadherek kula winastan serat wareswara cinukil saking sakedhik kados ing ngandhap punika. // adhuh kasung pamecaning duduk wuluh. Engeten ajana guling. Tegese ati kang turu. Karendhemna rarsa mikir. Ingkang adoh adoh elok // ya karane sinatina trapaniku. Sihing hyang osik pangaksi. Pan iku kinen andulu., sabarang ingkang kaeksi. Tinemona jroning batos // wong tumuwuh lamun sepi ing panggayuh. Wus kadi winasma tanpagni. Ratri nadyan ana iku. Pandamel kang wus miranti. Yen nora sinumet colok. // yekti peteng anguweng jiji sumaput adeging wisma tan keksi. Panamung regemengipun gatraning gedheg taritis nora kadi wong gayuh.// durung nguwus kalamun durung kapangguh. Sabarang ingkang kaeksi. Pinirit ing ika iku. Tanapi dening pambudi. Wus kadi wong nyumet colok.// pandamipun ing tengah wisma duk wahu. Sinumet mubyar nelahi. Sumirat sami kadulu. Katon balungane nuli. Cinathet nora salah ton.// tutup tutup gubahan sami kadulu. Tanapi kang lapis lapis babude arja ngunguwung sinebarang sari sari. Ing jarbah ngarseng karobong.// papajanagan talya sri kadi andangu. Linangse ing sutra wilis banyu mas sinungsun pitu sokur bisa angulari. Pamingkise gubah ijo. // ya ing ngriku ana kang pangawak ayu. Ingkang andarbeni panti. Mangkono wong weruh turut isarat ira cinangking. Meruhi wiwit ing kebon. Kasebut nginggil punika boten saking punapa amung manawi kalebet sumedya anyondhongi ri sang cremin mata. Pamiluta

Bilih amarengi selaning papan panjurung panuwun kula. Saserepan ing ngandhap punika. Panjenenganipun ri sang empu panggubahan mugi karsa amatrapi serat warti. Supados kauningan dening para lukita parameng sastra. // pustakarja linuding mamanis winantu ing ngargyana satata. Lumintu ing salamine. Lir rirising kapitu. Kaatur ing pra mitra mami. kang samyambek sudibya. Sarjana nung anung. Kinon nimpuneng sastra. Prameng kawi lukita ing krama niti. Titi kamardyeng basa.// wibisaneng rehing ngagal alit kang mwang gung munggweng pasamohan ing walgita pawartine. Wiyosipun kalamun amarengi legaweng galih. Mugi paringa tedah. Dununging panuwun ulun ing ngandhap punika. Bedhanya mwang leresipun kang sayekti. Hamba dreng minta jarwa.

4 Kados pundi menggah wawijangan miwah leres lepating Sastra lan ing tges dunungipun 1. kadosta tembung gusti lawan gusti 28. Panjenengan sampeyan, Panjenengan sampeyan 2. bendara, bandara, dara 29. Panduka, paduka, padaka, paduka 3. raden mas, raden bagus 30. Jengandika, andika, ngandika 4. mas agus, gus 31. Pati, pati, mati 5. raden ayu, raden ajeng , raden rara 32. Cakrawarti, cakrawati 6. mas ayu, mas ajeng 33. Banuwati, banowati 7. mas rara, bok rara 34. Taka, kantaka, antaka, mantaka 8. bakyu, bakjeng 35. Empujongga, pujwangga, pujangga 9. nyiajeng, bokmas 36. Sarjana, sarjana, sujana, marjana 10. prawan kincur, prawan sunthi 37. Wedhayaka, windhayaka, wendha windha 11. lanjar, rondha 38. Nimpuna, mumpuni 12. dhudha bangkrok, dhudha kembang 39. Lir, lwir 13. cethi, parekan 40. Karna, karnna 14. para nyahi, para nini 41. Wanara, wannara wana, wana 15. kaki, kyahi 42. Ambegta, ambekta, ambakta 16. bocah, rare 43. Minta sraya, menta sraya, meta sraya 17. kawan, panakawan 44. Wongsa, dongsa 18. wadya, wadu 45. Masa, mongsa, masa 19. wandu wandawa, kulawarga, santana 46. Bentter, benter 20. bretya pati, bala bretya 47. Sad pada, nad pada 21. blantik, blatik 48. Sugata, sogata, sunggata 22. punapa, punapa 49. Neggih, singgih, inggih 23. punika, punika 50. Tembung, kembung, tambung 24. para, mara 51. Nahan, nihan, kuneng 25. manira, manira 52. Laksmi, raksmi, laksmana, 26. pakeni, pakenira 53. Serrat, serat 27. panjenengan dalem, panjenengan dalem

Menggah ingkang kasebut ing inggil punika sadaya. Mugi sampun dinalih bilih kula wahu anandukaken kawruh para sualan tar lyan muhung nyuwun lumeber ing barkah saserepan lawan sayektos yektosipun saking ardaning budhi kumedah mangudi ing kawruh kalukitaning kasusastran titi. Ri radya puru arja. Trilek asura jimawal tinengaran mantri satuhu angesthi sih. Hamba pun minta jarwa

5 Ongka. 48 kemis kliwon kaping 28 sura jimawal 1813 utawi kaping. 29 nopember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Surakarta Pujining titah sudra tumrap ing karaton dalem nagari ing surakarta. // raras ing reh sarkara pinardi. Denya karya panamur duhkita. Mastu tiring luluhure. Sumengka mring hyang agung. Darda dimen bakit dumadi. Mahawani nir unang. Pangesthining kayun malah mugya mugyantuka. Ganging mulya waran srana kang kinardi ing panariking daya.// karana wus sawatara lami. Paran lamun tan age trenaha. Tinekan mongka sedyane. Yen ana dosamba gung. Nahan hamba wus minteng hyang mring. Sri jatobatna soka supadyantuk ampun rasika tanuwung dosa kardyat hamba tarlyan mangkya mring hyang ngesthi. Tatwaning kawiryawan.// wit kawogan wajib amengeti. Tuturing srat wyata reh yasanta jeng nata kaping pate. Ing gusti den styastu. Lahir mandar trus saking batin milamba sanadyan tan sinungan pinutus ing salwir rehsastra sastra. Suprandene nempuh byat mubyar jeng gusti. Tumrap pustaka warta.// dhuh dhuh adhuh hyang kang maha sugci. Mugi-mugi kang jumeneng nata. denya madeg kalih pahe. Minongka wakilipun ya allah hu robil ngalamin rumekseng nuswa jawa karatone tulus luhur prapteng raja putra. Kang ing mangkya wus diwasa pinuji ing. Sanggyeng para pratiwa.// lastantuna amengku nagari. Surakarta netepana kadya. Ingkang rama sang akatong. De ra jumeneng prabu. Wicaksanambek santa budi. Kertarteng saniskara. Prajane rahayu taman ana kara kara. Tata tentrem murah busana mwang bukti. Pra wadya suka wirya.// winungkel panitreng gula milir. Tar lyan mugi sami aparinga. Gunging pangaksama mring ngong. Kranamba kumacelu. Mangripteng lukita linuting. Kidung yeka tan pisan kumasis sedyeng sun sanadyan mung sumapala. Kahananing pamudyarja tar lyan mung mrih. Dadya sih neng kasetyan.// darma sarana nalika angrintenaken ing dinten jumungah tanggal kaping. 22. Wulan mukaram punika. Griyanipun niti sedarma ing kampung pringgapuran kalebetan durjana pandung. Sarana ambabah sangajenging konten ing dalu wahu bok niti sedarma pancen radi sayah sanget jalaran siangipun mentas olah olah badhe kadamel suran inggih punika memulya bagendha kasan kusen badhenipun wedalaken ing dinten jumungah enjing. Dene sumerepipun bilih kalebetan dursila makaten. Wanci jam. 4. Bokipun niti sedarma jaler tangi rumiyin lajeng anggugah anakipun mantu. Sojaring biyang gendhuk dhuk ambok wis tangi ta. Meh rina rak ya adang. Karodene gudheg lan sambel gorenge kuwi becik padha ngetana dadine ora kecut anggenipun wicanten wahu sarehning dilah taksih kencar amandami salekering wisma. Mila bpotyen kasamaran dhateng punapa ingkang dipun manoni. Ing sanalika sang wredestri kagyat dupi aningali sangandhaping konten garowong. Sampun anginten kalebetan duratmaka. Boten saronta pamuwusipun dhateng weka asora. E tobil tobil rikat tangiya. Omahmu dibabah nguwong niti sedarma sakaliyan gumregah tangi. Priya cukat asikep dadamel ing sawontenipun ananging pun juti sampun tanpa lacak dene tongga tapalihing ngriku sareng amireng sawanten wahu inggal sami dhateng. Sanadyan para tandang sadaya ambek sura marata. Sareng durjana sepen ingkang katingal namung ingkang darbe wisma. Sadaya wahu lajeng sirna suraning nala. Ing wusana para tandang namung amurih dhateng ingkang gadhah griya. Amratitisna punapa barangipun ingkang kabekta pandung. Pamredi wahu lajeng dipun leksanani. Ingkang ical awarni sinjang prabotipun niti sedarma jaler setri ingkang sami wonten ing sampiran utawi tenong isi gorengan ulam sapanunggilanipun gudheg tuwin sambel goreng dalah sakuwalinipun cething ingkang wahu isi sekul gumalundhung wonten jawi. Amartandhani bilih sang duratmaka mawi karsa ngaso bojana bok niti sedarma anggening nguman nguman kados bethet sewu. Ambakna wong maling kok kebangeten temen wong wis gawa jarit ambok nrima mongsa kan bakal digawe angsung dhahar gusis kabeh. Ing ngriku para tandang lajeng angrapu dhateng niti sedarma sakaliyan empun ta. Wong pun ilang. Nika gih dipangan dislametake gih dipangan rak boten beda. Ing ngatase wong ajeng memule gusti allah rak boten kasamaran niti sedarma amirengaken lejar manahipun sarta lajeng suka panarimah dhumateng

1 ingkang sami wonten ing ngriku. Bibaring para tandang saweneh wicanten urut margi. Wong maling kok elik wahe. Kancanipun mangsuli elika kae wong eneg. Kintunan

Ing dhusun mara ingkang caket lepen benawi. Wonten satunggal tiyang nami dipa drana wanci satengah sepuh. Pangupajiwanipun ing sadinten dinten namung gogo mamrih ulaming benawi. Tur tanpa wisaya kajawi kaliyan tangan thok thok sarta pun dipa drana gadhah pakareman ingkang kenging dipun wastani boten kaprah kaliyan tiyang kathah. Jalaran kadugi nedha ulam loh mentahan mila bilih memet namung angsal ulam sakedhik boten kedah kabekta mantuk nanging sampun tamtu telas katedha wonten ing enggen ngriku kimawon malah dereng dangu kala ngriki nembe wonten jawah ing wanci sonten sedheng grimisipun angreceh. Pun dipa drana tansah sakeca kungkum gogo wonten ing benawi. Dumadakan panggogonipun wahu angsal ulam kadhalan sarta ugi lajeng katedha. Agenging ulam namung sajempolaning suku. Mila nama ulam kadhalan dene wujud tuwin panjanging badanipun boten siwah kaliyan kadal kaot tanpa suku. Kekepet asesiwar. Nalika pun dipa drana nedha ulam wahu kados boten mawi dipun mamah namung lajeng kaulu kimawon ing sanalika ngriku pun dipa drana karaos sakit padharanipun mila inggal mentas saking toya mantuk ing tepas wangunipun dumugining griya wawarta ing anak bojon. Kalampahan pinitulungan ing jejampi warni-warni. Naming boten dados sakecanipun malah pun dipa drana sakedhap-sakedhap boten enget ngantos kamireng ing tiyang tongga tepalihipun sarta ing ngriku wonten titiyang ingkang sampun jumeneng dhukun saged angurut padharan punika kapurih ngurut padharanipun pun dipa drana. Sareng padharan kagrayang ing dhudhukun pun nyahi dhukun sanget kaget sarta pangunguning manahipun dene salebeting padharanipun pun dipa drana karaos ing asta kados wonten buburon ingkang amlojang mlajeng. Nyahi dhukun pitanglet dhateng pun dipa drana kalayan ing tembung lirih. Menggh jalaraning sakit ingkang wahu nedha punapa. Pun dipa drana waleh bilih mentas nedha ulam kadhalan mentah. Pun nyahi dhukun gumujeng sarta lajeng tata tata lungguh jengkeng anyilakaken kulambi. Kalampahan buburon kang wonten ing guwa garba wahu sinantosan ing pamithesipun sanadyan pun dipa drana sanget gudabigan sarta ing panangisipun nanging pun nyahi dhukun meksa pangupret-upretipun dhumateng buron kang upetan wonten ing padharan wahu. Wasana sareng pun ulam kadhalan saged kalampahan pejah kapithes pun dipa drana saras sanalika. Kintunan Tiyang kablinger ing tindak Wonten satunggil kalih priyantun jawi manawi nayuban kadugi tombok ngantos gangsal welas utawi salawe rupiyah. Angungkuli sasamining priyantun sapajagongan ngriku. Saking pangintening sanes priyantun ingkang makaten punika amesthi ambek darma. Remen tutulung dhateng sasami ning titah ingkang nandhang kacingkrangan utawi nandhang sangsara. Jeneh tombok kemawon purun samanten sampun ingkang adadanaha. Ananging panginten punika salaya sanget akaliyan yektinipun amargi sareng priyantun wahu anampeni serat kalowongan saking pangagengipun panyadenipun serat cariyos bab kasangsaran ingkang jalaran saking pambaledhosipun redi krakatha boten purun tumbas satunggil tunggila. Mongka arta papajenganipun badhe kapanjurungaken dhateng titiyang ingkang anemahi sangsara saking pambaledhosing redi wahu. Mila kula lajeng purun amastani bilih priyantun wahu sajatosipin gagambenipun tiyang cethil saha anggenipun purun tombok ngantos kathah kados ingkang sampun kocap wahu namung kadamel sosongaran kemawon utawi jalaran kabekta saking pangglayaring kaengetan wurung. Awit saking sanget ing wuru. Dumugi samangke taksih kasupen dhateng kautamen. Tiyang wonten ing ngalam donya laminipun sapinten sakedhap engkas kemawon amasthi kadhawahan urak pramila prayogi adadana anetepi suraosing serat suci. Sampun keket sanget dhateng bondha. Awit dumuginipun ing delahan bondha wahu boten saged amitulungi punapa punapa. Namung kautamen ingkang saged amitulungi. Menggah ujar kula punika boten pisan pisan alala dora. Sumonggata kagalihya. Katandhan A.B.

Pamanggihipun A.B. ing inggil punika panimbang kula leres sanget kula punika tiyang rucah pandamelan kula dados juru angetrapaken sastra serat kabar bra martani punika. Sajeg kula gesang boten nate tombok saenggris dhateng taledhek ingkang kula jogeti. Ewasamanten kula tumbas serat bab kasangsaran wahu. Cipta kula mangkaten wis oleh layang wasan kena ginawe pangeling eling tur adadana saminate. Dhuh gagambenipun tiyang cethil ijengandika angengetana ujaring babasan sing sapa lumuh tur tulung . iku duraka banget yen anduwenana pangarep arep diulungi ing liyan. Juru ngetrap sastra

Panjurung

2 Tandanging prakawis ingkang kirang limrah punika boten mokal yen dados saginemipun tiyang ingkang kacupetan serap. Kala dinten slasa kula martamu dhumateng griyanipun ngabehi tirta praja ing kadipala. Sumerep tiyang kathah sami dhateng wingking griya. Kula pitaken ing kebonipun wonten wit pisang. Montong wedaling tuntut anjeblos wonten satengahing debog antawis saking bongkot ing papah kinten-kinten tigang kaki utawi saelo. Sareng kula yektosaken para ingkang sampun nate kemengan dhateng satunggaling prakawis saestu boten anggumuni dhateng ing pangungun kula. Mila kula babaraken ing ngriki punika manawi wonten mitra ingkang mangretos dhateng ing kawruh cucukulan Planten kunde kula nyuwun barkah seserepanipun supados dados margi anggen kula anandukaken budi. Amargi ingkang gadhah taneman pyambak kula pitakeni. Ugi dereng kawengan budinipun. Sampun duka adhi behi katandhan kula tan ahli manglaras

Paminta darma. Ing bra martani ongka. 46 tahun punika. Acariyos bilih ing mangke nagari surakarta kathah para estri semahan rondha. Wlanjar. Prawan sarta prawan sunthi. Ingkang sami remen akakaring wanci dalu. Paminta darma sumerep piyambak saben kakesahan dalu tamtu kapethuk para estri ingkang sampun ajujuluk tehtho themel kathah priyanom ingkang sampun nate aprawasa dening bongsa themel mila paminta darma amriyogekaken dhumateng para mitra ingkang remen kakesahan dalu sami kaaturan angatos atos. Pamriyegi ingkang samanten punika kula sakalangkung dherek. Malah kula ngaturi tambah pamriyogi para estri ingkang dede bongsa themel manawi anuju kekesahan dalu mugi anganggeya tatenger. Supados boten nyamar kaliyan bongsa themel kadosta. Ting. Upet. Mawi kairingaken tiyang jaler sapantesipun. Gajahan kaping. 20 nopember. 1883 katandhan atma cilaka

Panyuka kabar minta mangreti Sampun sawatawis lami anggen kula kapencut sumedya manjurung serat supados kapacak dumunung ing kabar bra martani. Sasrawungan wawan sabda sarana lantaran tembung akaliyan para swarjana ing pabaratan bra martani mamrih agrenda panggrahita ingkang kethul ananging lajeng sageda mindhak kawruhipun ewadene teka tansah sigeg labet saking anggen kula rumaos balilu. Dados boten kasonggah anggayuh dhateng kawasisanipun para kuncara ingkang sami moncer pamanggihipun mongka sampun saben saben anggen kula anata ukara ingkang medal saking pangangen angen tumrap ing dalancang. Ananging tansah mangu mangu anggen kula badhe anyaosaken serat wahu katur panjenenganipun tuwan ingkang angarang bra martani. Temahan boten saestu lumampah. Ing mangke sakalangkung kapasang yogya. Wonten wawenganing cipta. ingkang badhe kula aturaken wonten pasamuhan ing pawarta. Sanadyan ingkang badhe kawedhar kaewokaken amung dumunung ngatasipun ewoning pamanggih sapele. Ewasamanten kula saestu badhe boten rengu-renguting manah. Amargi tumrapipun ing kula sampun andadosaken kodheng. Kados jedhug jodheg ing kumudhenganipun nalar kula. Inggih punika wilujenganipun manusa ingkang mantuk dhateng jaman kalanggengan teka mawi kawilujengan kadosta wiwit. 3 dinten saking tilaripun dunya. Dumugi 7 dinten 40 dinten 100 dinten sapiturutipun dumugi 1000 dinten. Menggah ingkang mangkaten wahu. Ingkang angojahaken saking serat punapa bilih kitab kitab punapa. Tuwin ingkang damel moga sinten mugi mugi para saged karsaha amberat dhateng kakodhengan kula ingkang ngantos mudheng. Supados boten semeng-semeng ing panganggep kula dhumateng kawilujengan wahu. Jalaran saking pamanggih ing manah kula punika kenging kaupamekaken paribasan belo melu seton wasana sanget panuwun kula katrangan. Katandhan S. M.

Candhakipun serat dhon sesar dhebasan 1. sri narendra liwunging pangaksi. Damar wayang noncong. Roning kacang asteng dyah ginendeng. Ngeses ngesah palintiran nangis suwalani ngestri. Meksarsa kasambut. 2. Sang juwita yatna ing panggalih. Mesem matur alon inggal temen pangeran wangsule. Hamba nyuwun jatining wanuni. Reh nyalawadi. Sang nata lingnya rum. 3. Dhuh kusuma niyakaning manis ywa akeh rinaos mengko warah yen sinambi sare. Payo nimas sun sambi ta gusti. Paringa jejampi grajanta grandung. 4. Mene ywan sira minta mejani. Sranani paturon sauwise pulang resmi bae. Aranyuwes saisine iki. Kabeh ingsun uwis rila sakarsamu. 5. Wahweng sang dyah binondhet narpati. Sedyarsa pinondhong. Denya mingkar ukele ngalewer. Yayah tedhansah kang tanpa musik nata ngling ngarintih. Leheng mati ingsun.

3 6. Ywan soweya sinikareng ngestri. Dyah matur malengos dhuh pangeran hamba nyuwun sareh. Lenariki kewala wor resmi. Sumangga pun dasih. Upamine madu. 7. Winoting gelas kang warni wening. Maya maya tinon sinten wenang ngunjuk kakanangwe. Wus kapundhi neng ngastanta gusti. Yen tuwan kang wajib singgih garwa ulun. 8. Kajawi ta ywan padu kasilib akarya salah ton pantes lamun kadrengan tansah reh. Mangka tuwan gurunadi mami. estu wus darbeni. Tyas apura mengku. 9. Paringmarma ing ngestri sademi. Siniyan winongwong. Mwang sinarah sakarsa angene. Nata yatna ywan sinanggeng krami. Tiwikrama wredi. Dyah sigra rinasuk. 10. Mengeting tyasira narik cundrik pratignyaning batos sang dyah ngayat suduk salirane. Saged benggang sang nata sakedhik sinaru kang prapti. Dhon sesar malebu. 11. Jroning langgar wiwara kinancing sigra sang lir sinom golek binucal saking ngastana. Lon nahuri rawuh snag narpati. Mangke tanpa kardi. Golok ulun wahu. 12. Dene semah ulun sampun prapti. Dhon sesar kang yektos. Tuwan punika singgih sng rajeng. Ing sapanye kang ngadhaton madrid kagyat sang narpati. Tyas esmu kaduwung. 13. Gugup ngandika paran pinurih. Heh ta sireku dhon teka lawang ko kancingi kabeh. Dhon senembah munjuk mila gusti. Bapra ulun kancing. Lening jama sampun. Taksih wonten candhakipun

Tumrap damelipun nagari Undhang-undhang Kangjeng tuwan residhen ing surakarta apring weruh. Manawa pamupune sasanggan pajege pahasilan cilik ing wewengkone paresidhenan ing surakarta. Olehe anawakake ing akeh kang wus kalakon diwurungake. Mengko amarengi tanggal ping. 8 sasi dhesember kang lumaris ngarep iki. Wayah jam sapuluh esuk bakal ditawakake maneh ana ing kantor paresidhenan mungguh pahasilan mahu kayata. 1. wewenange anyambeleh sapi. Kebo. Lan jaran ing sajerone tahun 1884 2. wewenange anyambeleh babi. Ing sajerone tahun 1884 surakarta ping 28 nopember 1883 kangjeng tuwan residhen mates katedhak dening juru basa tembung jawi 100 se mudhi

4 Ongka. 49 kemis pahing kaping 5 sapar ehe 1813 utawi kaping. 6 dhesember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Para ingkang sami angemin serat punika mugi enggal asok kapambayaripun. Vogel van dhereidhe

Yogyakarta Gita ginupita. Tambah solah ing janma Lwir gabah den interi Kadya ta nalika pinuju dinten salasa pahing tanggal kaping. 5 wulan mukharam tahun jimawal ongka. 1813. Punika. Peken ing yogyakarta. Para titiyang ingkang sami wawadeyan sami bingung tambuh ingkang piniharsa. Tuwin tiningalan solahing janma mawayang wuyungan ngantos dadya kerdyat ing kangjeng pangeran ta ageng nagari. Geter pateripun pinuju tumawoning peken wanci jam 9 enjing. Wondene ingkang dados purwanipun boten wonten sabab ingkang kenging dipun anggep boten antawis dangu sang sudibya murti nedhaki. Kadherekaken dening kumisige angrapu dhumateng sadaya tiyang ingkang adamel kerdyat wahu. Wasana sanalika tentrem suprandosipun awis para bakul ingkang ngucap dhawah kapitunan ingkang andadosaken panggalihing parentah. Boten antawis dangu sang widagdeng kumingsi tumandanga gya mring tentremireng sagung wran sadaya. Kinen sami wangsul mandheganana darbekipun piyambak piyambak inggih kalaksanan lastantun wilujeng sadinten pisan kuneng. Iti. Raden tumenggung kusuma reja. Abdi dalem bupati nayaka kalebet kaparak kiwa. Nalika ing dinten salasa pahing sonten dumugi ing jangji. Puput ingkang yuswa. Udakawis yuswa. 75 tahun jalaran grah sarira nipun sadaya. Wondene layonipun dipun kubur dhumateng ing ngastana mulangi. Saha uparengganing layonipun boten nguciwani. Puwara pangunguning manah andadosna pamriksanipun para kadang warganipun ingkang sami wonten tanah imabng kilen sadaya. Ing toya mas tuwin baglen. Boten langkung pamuji kula. Mugi para warisipun ingkang tinilar sami ginanjara wilujeng. Kintunan Yen kula piyambak mastani aneh. Ewadene manawi mupakat kula inggih mathem kados dene satilaripun raden ayu kapitan litiyam ling. Kala ing dinten akhat pon tanggal kaping. 26 wulan besar tahun ehe ongka. 1812 punika. Layonipun raden ayu wahu badhe kapetak dhateng astana mulangi. Sareng praptaning ngriku para ahli mulangi ingkang sami ahlul kitab sami amarka. Yen raden ayu wahu taksih nama raden ayu kapitan janajahipun boten kenging dipun kubur ing ngriku. Ewadene yen santun nama. Kenging ugi. Wasana inggih kalampahan dipun namani namanipun timur nama raden ajeng. Sakati. Lah punika sawek kenging karembag ananging bumi suci tan purun nganggep dhateng ngelmi keras makaten dumadakan sampun prayogi tembagipun para ahli. Pun janajah meksa oncat gumingsir saking bumi suci wahu. Sanalika janajah lajeng kabekta dhateng pakuburan demak ijem kalampahan lastantun dipun petak ing demak ijem awit petakipun piyambak. Wondene tilaring pun raneyu wahu. Kapareng sawek anglampahi panduming kang maha kawasa. Nglampahi katutup wonten gedhong regol ing kadanurejan jalaran kakathahen sambutanipun bab raja brana tuwin arta. Dereng ngantos rampung prakawisipun kasesa nuhoni prajajiyanipun dhateng ingkang murweng pandulu. Kilap ing tembe kadadosanipun mugi samiya andadosaken pamriksanipun para ahlinipun ingkang tebih-tebih. Lah punika telakipun tiyang murang agami tuwin murang ing laki. Awit mala bukanipun pikantuk babah kapitan wahu piyambakipun nyendhal mayang sanget dhateng katresnaning laginipun dumugining mongsa kok makaten kawontenanipun kasangsaraning layon saking mulangi dumugining kubur demakijem sangsara sanget karana dresing wres sang dede dede. Kalampahan rampunging pangubur dalu sanget kadugi madya ratri sawek sah. Karang tengah ping. 28 wulan khaji tahun ehe. 1812

1 Kula pun kaji. Ngabdul japarman

Madiyun Kula amuji klangkung sokur. Sarta sanget bingahing manah dhumateng gusti ingkang maha kuwasa. Tumuwuh saking kawontenanipun ing nagari sakalangkung rame. Saha gemah arja. Saha malih sapunika nagari kawula saben dinten tansah jawah andamel bingah ing bapa among tani. Sarta wiwit punika bapa among tani sampun kathah ingkang sami mikul pacul kabekta ing sabin sarta ing tategilan sangking pangajeng ajeng kula mugi mugi sageda tulus sapanggarapipun sabin tuwin tategilan awit bapa tani punika boten wonten boten wonten malih ingkang dipun ajeng-ajeng namung pamedalipun sabin tuwin tegil awit namung punika ingkang dados panggesanganipun. Menggah reginipun rejeki ing peken kalebet cekapan Uwos pethak nomer. 1. Regi. 6 rupiyah sarembat Uwos pethak nomer. 2. Regi. 5. 50 rupiyah sarembat “ abrit “ 2 “ 4. 25 rupiyah sarembat ulam lembu “ 0. 35 “ sapun “ mingsa “ 0. 30 “ sapun saha sanes-sanesipun tatedhan tuwin wowohan sadaya mirah. Barang-barang sesadeyan toko selaminipun kareta api sampun dumugi ing ngriki. Sadaya mirah boten wonten barang ingkang awis sarta kenging kabasakaken makaten ing jaman saiki murah sandhang lawan pangan mung siji tansah larang golek condhonging pikir. Kawula pun bok ajeng maran sih

Serata saha tabe kula ingkang akathah kathah. Sinaroja ing pahargyan winantu sanggyaning pamujyarja. Kahatur ing panjenenganipun tuwan juru ngarang saking pustaka warti bra martani. Ing surakarta hadiningrat. Sasampuning atur tabe kula ingkang kathah kathah. Nuwun wiyosipun ingkang klayan sanget atur panyuwun kula. Mugi kiyahi andhanganaken ing panggalih. Menggah pamacakipun panjurung kula punika. Wonten ing saselanipun pabaratan bra martani. Nanging kula mawi malih nyuwun aksamanipun para maos awit dening panjurung kula wahu tembung ngoko. Sampun kagalih saru lo.

Gareng. Petruk Gareng. Truk kadingaren lawas kowe ora sonja menyang omahku. Ngasi kangen aku. Petruk. Iya kang. Lawas aku ora linjik mrene. Jalaran aku lunga. Lagi mulih bae. Gareng. Lo. Lunga menyang ing ngendi dhi kowe. Lan apa sedyamu gonmu lulungan kuwe. Petruk. Hem iya lunga saparan paran kang. Angetutake sikil nuruti sakarep. Gareng. Weh. Apa lelana anggepmu. Apa kang ko kawruhi. Sasuwene kowe ana ing paran. Petruk. O iya dhasar nyata lelana aku. Sarta iya akeh kang dak sumurupi. Kang patut kinojahake. Apa dene nganggo dak tulisi ana buk cilik murih aja kalalen. Gareng. Welah. Medeni he truk kaya randhu. Nganggo duwe ati kowe. Jajale kondhowa. Dak rungokne. Tinimbang turu sore kok truk. Petruk. Becik mara dak wacane bukku. Rungokna ya kang gareng. Nanging aja ngantuk lo.

Kahanane dhistrik jagaraga Sawah katara akeh banget kang wis padha dadi brujulan apa dene panyebare wiji. Angrungu saka critane mitraku. Wis ana sebaran wiji. 700 bahu ambane. Nanging iya layak bae. Sabab banyu ora kurang. Sanadyan udan durung angerceh jer iline banyu kali gedhe. Awit akeh sumbere. Tanduran palawija kapindho. Wis lebar panen ing saiki wis padha awit maneh. Nandur palawija ana ing pategalan beda-beda tetanduran anurut sasenenge kang nandur dhewe. Nanging kang katara akeh banget mung tanduran jagung. Kebon kopi sapanunggalane. Kang wis dak sumurupi. Iya ora andadekake kuciwa. Jalaran sakabehe iku. Wis ginarap kalawan cukup. Para priyayi kang ngasta pulisi kongas banget santosa gone rumeksa. Ambudi kang murih sudane durjana. Yen ana barang ilang kemalingan ora lawas si durjana kalakon bisa kacekel sarta durung bisa gaglag apa barang kang wis ginondhol. Kagendeng saking kadayaning para pulisi. Akeh bangsat kang pating jalalat giris miris yen kinalungan kendharat amilalu banjur tobat marang allah wedi siksane ing kerat dene wong isih laku dudu. Rahine ngowok awake kuru. Awit tan oleh

2 turu. Mung pijer angluyur bae yen dalu. Nanging ora oleh tukon candu. Jalaran lagi nginjen durung mlebu. Banjur dioyak ing wong nganglang iku. Binentelake dicara asu. Gareng. E e tobil kok telaten truk kowe. Anulisi kang kowe kojahake iku. Apa isih ana tutuge he truk kandhamu. Yen isih jajal gancarna maneh. Petruk. Eng. Tlaten apa maneh wong dhing nulis dudu aku dhewe. La dhing dak sambat nulis kiye. Rak si manis ing prembangan ngawi. Dhing nutugake si mawur. La ing saiki gancare kahanane dhistrik sine. Brujulan sawah. Padha uga bae akehe karo garapan ing jagaraga. Nanging aja ko kira yen anggone kari akeh mahu. Jalaran saka kurang pamarsudine. Iku wis ora tinemu babar pisan yen mangkonowa. Kajaba mung kagendeng saka kurang gedhene banyu. Sanadyanta uwis ana udan nanging durung nyukupi uga. Awit dene udan isih arang arang bae. Durung bisa ambajirake kali. Ewa samono kang pancen kasorotan banyu manggeng iline gedhe. Iya wis padha nyebar kabeh. Mandar sathithik rong thithik iya wis ana kang tandur. Tanduran palawija akeh uga sarta rupa-rupa. nanging jagung tan ing ngucap maneh akehe. Saka pambudi dayane para prayayi pulisi. Ambirat akehe maling. Saka rumasaku iya wis ora ngapirani. Sanadyan ana barang kang ilang kemalingan iya gelis padha katemu. Sarta malinge bisa kacekel binonda amarkungkung. Ana wong wadon papat padha omah ing desa pocol bawah onder dhistrik sine. Nalika tanggal kaping. 17 nopember iki . wong papat mahu wis padha linadekake ing ngarsane parentah. Jalaran sakabehe iku. Saka pasar mulih padha anggawa uyah lembut. Lo kok ora kapok kapok gumun aku. Taksih wonten sambetipun.

Panjurung wangsulan Pustaka warti ongka. 47 ing warsa punika. Wonten ingkang sisilih nama wrahad bala. Anaruwe panjurungipun mitra kula open anggenipun anggiyaraken bab kathahing para priyantun aremen miyara sawung. Wrahad bala anyulayani sanget amargi mitra kula open kagalih anggadhahi semu kirang rena utawi ewa dhateng ing ngatasing prakawis pamiyara sawung mangkaten malih wrahad bala mratelakaken menggah kalangenan sawung punika watonipun ageng tur boten ngemungaken jaman sapunika kemawon ananging kala jaman mantaram sampun wonten inggih punika sawargi raden tumenggung wiraguna. Mitra kula open dinalih angremehaken. O dhuh wrahad bala. Kados boten pisan pisan manawi mitra kula open anggadhahi kirang rena utawi ewa miwah angremehaken wontenipun mitra kula open kumapurun agelaraken tumrap pustaka warti. Sabab dipun timabng boten beda akaliyan tiyang cacriyosan bab sanesipun katondha pangriptanipun mitra kula open kula widik widik teka sepen ukaranipun ingkang gadhah semu amadhaka. Ananging tatela amung cacriyosan salugunipun kimawon. Wrahad bala. Atur kula dhateng ijengandika boten kathah kathah inggih nun ananging ringkesipun kimawon menggah saleseresipun sadaya manuswa punika manut kasenenganing panggalih piyambak piyambak kadosta ingkang remen kalangenan sawung punika inggih leres amargi sadhengah tiyangipun ingkang sampun kasambadan utawi boten anggayuh dhateng prakawis sanesipun ingkang badhe anjalari tuwuh ingdhaking kawiryan punika pamanggih kula boten wonten pakewetipun tiyang wahu badhe anindaki sadaya padamel ingkang kalebet nistha. Dene ingkang kirang kacondhongan pamanah kula. Inggih boten lepat lir ri leres amargi pipi piridanipun mangkaten manuswa ingkang dereng kasambadan punika saupami gadhah pakareman kadosta miyara sawung sasaminipun nalar ingkang namung lalahanan saestu badhe jubel panggayuhipun tur nering sedya badhe boten kadugen jalaran boten pijer anglampahi punapa ingkang dumunung dumados wajibipun ananging teka pijer kasengsem angaben sawung dados dipun timbang badhe anuntuni sudaning kawekelan mongka amirid ingkang sampun kalampahan tuwuh ing kabegjan punika anjawi takdirolah. Kedah awit saking tetep ing manah wekel cihnanipun kadosta sawiyah prayantun abdi dalem utawi para magang sasaminipun manuswa ingkang anggayuh indhaking kawiryan kasambadaning panggayuh boten awit saking anindaki sarana padamel ingkang kalebet nistha. Ananging awit saking tetep ing manah wekel utawi kacekaping budi. Kathah kimawon wawatonipun ingkang sampun kalampahan warhad bala saestu mongsa kakilapan. Menggah atur kula ingkang samanten wahu mugi boten anuwuhaken rengating panggalihipun ri sang wrahad bala. Saha mugi boten pisan andadosaken daruna panariking kalepatan kula. O. pamitran punika sae ingkang rukun nun jer wonten ujaring babasan lo sabarang rembug iku waton rukun ing wasana

3 pangesthi ning manah sampun pisan kula dinalih murinani mitra kula open sadaya wahu leres tuwin lepat nyumanggakaken. Katandhan mitranta ngesthi aksama. Jana madu pinasthika.

Katur mitra kula S Pataken sampeyan ingkang kapacak ing bra martani ongka. 48 tahun punika. Sanajan kula dede sarjana. Sarta boten katuju ing pataken ewadene sarehning kula temen remen amimitran dados kedah amangsuli sakedhik menggah ingkang damel moga damel wilujenganipun tiyang ngajal punika kula dereng terang. Ananging ing khadis rasullulah sampun mratelakaken punapa malih ing serat seh malaya ugi sampun mratelakaken inggih punika nalika sinuhun bonang amulang dhateng susuhunan ing kalijaga. Anyariyosaken bab ewahipun pirantos ing badan wiwit wafat dumugi 1000 dinten bok manawi punika anjingipun ingkang sampeyan takekaken wahu. Mila kula dereng nerangaken wijangipun amargi cuwa dene nama saha prebah pangkat sampeyan kirang pasaja. Dados anggen kula mangsuli kirang tumonja ingkang nampeni. Ewadene manawi sampeyan temen mundhut saserepan mugi karsa amantahaken prenahing padaleman sarta pangkat piten banggi namanipun pisan bok bilih kula lajeng saged urun saserepan sawatawis. Ing pringga dipuran surakarta ping 4 sapar. Jimawal sinengkalan mantri nata sarira priyongga. Kula carikipun mas ngabehi sura prabawa. Pun sura marta. Tilas rongga pulisi.

Sampun salaminipun sadaya panjurung boten mawi kaprasajakaken namanipun ingkang kintun kajawi namung dhateng juru ngarang punika kedah dipun prasajani. Juru gubah

Serat warti kagondhol ing tikus Ingkang smapun kalampahan ing salaminipun pendhak saben dinten ngahat kula tampi pustaka warti bra martani. Nanging ing salebetipun wulan walandi oktober ingkang kapengker punika. Panampi kula boten dinten ngahat lungse ngantos dinten senen terkadhang slasa. Ingkang mawi kontra sampun lungset dados ing samangke kula saged anggadhahi panarka bilih lungse tuwin lenconipun bra martani wahu. Saking padamelipun para tikus ingkang remen amaos warti. Nanging boten kuwagang tumbas amila lunempuh byat anggondholi wartos kang dede kwajibanipun inggih punika pratingkahipun para punggawa pos serat yen ta pancen pawartos wahu boten kaandheg kawaos temtu dhatengipun ing ngrambe saged ajeg pendhak saben dinten ngahat rak inggih makatenta sayaktosipun. O. kula rak agumun getun sanget dene wonten para tiyang ingkang purun anggemampil maos mawi ngwayokaken pustaka warti. Ingkang tanpa angsal wawenang saking kula. Pamanggihipun tiyang ingkang makaten punika wartos kula wahu kaanggep punapa. Ah tobil dene boten amung bongsa tatedhan kemawon ingkang katedha ing hama. Sawawratipun serat wartos teka inggih wonten hamanipun. Dhuh panjenenganipun kiyahi juru ngarang punapa boten pantes kemawon tiyang ingkang asring gondhol serat wartos punika kaewokaken hama tikus sarta punapa angsal ukuman bilih kagugataken ingkang kanthi tatela genah ajenggleh jenggleh kalepatanipun. Tansah kirtya ing pangangen angen

Bilih pancen terang pangandhegipun punapa kagugat dhateng para pangageng ing pos kados boten lepat tiyang makaten wahu angsal pangajaran. Juru ngarang

Tumrap damelipun nagari Undhang-undhang Kangjeng tuwan residhen ing surakarta apring weruh. Manawa pamupune sasanggan pajege pahasilan cilik ing wewengkone paresidhenan ing surakarta. Olehe anawakake ing akeh kang wus kalakon diwurungake. Mengko amarengi tanggal ping. 8 sasi dhesember kang lumaris ngarep iki. Wayah jam sapuluh esuk bakal ditawakake maneh ana ing kantor paresidhenan mungguh pahasilan mahu kayata. 1. wewenange anyambeleh sapi. Kebo. Lan jaran ing sajerone tahun 1884 2. wewenange anyambeleh babi. Ing sajerone tahun 1884 surakarta ping 28 nopember 1883 kangjeng tuwan residhen mates katedhak dening juru basa tembung jawi 100 se mudhi

4 Ongka. 50 kemis wage kaping 12 sapar ehe 1813 utawi kaping. 13 dhesember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Para ingkang sami angemin serat punika mugi enggal asok kapambayaripun. Vogel van dhereidhe

Surakarta Nalika ing dinten akat tanggal sapisan wulan sapar punika putri dalem ingkang sinuhun kangjeng sultan kaping 5 ing ngayogyakarta. Apaparab gusti kangjeng ratu sasi. Sakaliyan raden tumenggung surya dirja. Sowan dhumateng nagari surakarta. Awit saking karsa dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan kaparingan mondhok wonten ing dalemipun kangjeng pangeran arya adisurya. Ing dinten senen wanci enjing gusti kangjeng ratu sasi sakaliyan raden tumenggung surya dirja. Sowan malebet ing karaton. Ing dinten salasa sonten amartuwi ing kangjeng tuwan residhen sakonduripun saking paresidhenan lajeng tedhakan dhateng toko akaliyan kangjeng gusti pangeran adipati anom kangarsakaken punapa ingkang dados parengipun ing panggalih dalem sakaliyan. Ing dinten rebo sonten mertuwi para sadherek kamangkunagaran. Ing dinten kemis sonten sowan malebet ing karaton anyare sadalu. Ing dinten sabtu enjing sowan anusul tedhak dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan dhumateng langen arja tuwin parang raja. Ing dinten senen enjing sowan malebet ing karaton. Sakonduripun saking sowan ing karaton sontenipun lajeng martuwi para akrap sadaya dumugi ing dinten slasa. Ing dinten rebo punika tanggal kaping. 11 wulan wahu. Gusti kangjeng ratu sasi. Sakaliyan raden tumenggung surya dirja. Kondur dhumateng nagari ngayogyakarta menggah pangabiwada dalem ingkang sinuhun kangjeng susuhunan dhumateng gusti kangjeng ratu sasi. Sakaliyan raden tumenggung surya dirja. Saking pamanah kula kados sampun boten anguciwani. Amila andadosaken bingahing manah ingkang tanpa upami. Dene tamu tuwin ingkang katamiyan sakalangkung anggenipun sami rumesep raket ing panggalih sadherekan ngantos anarik dhateng ciptaning manah amedharaken pangastawa kados ing ngandhap punika. // kanthi gung pamuji ulun maring hyang kang maha suksci. Mugi mugi widadaha. Supeketing tamu putri. Mring kang jeng sri naradipa. Saha kangjeng nareswami.// tuwin kangjeng ratu agung. Jeng gusti pangran dipati. Anom amengku nagara. sudibya narendra siwi. Sarta kangjeng ratu samya. Lan parakrap putra putri.// kang neng surakarta kantun. [ ] ning rat ywa ginggang pamitran sami. Den lir kadang tunggil yayah. Aywana sulayeng kapti.// teteping sadgerek tutug tan lali tumekeng lalis tulus saking kang mangkana. Pun patik ngayubagyani. Jumurunging puja montra. Tumutur trusthaning kapti.// tan pegad pamuji ulun mring kang murbeng ngalam sahir. Rumaketa sadherekan kula karena ningali. Mring pra gusti kang lenggahan ing mangke kula pamgesthi. Kaping. 11 wulan sapar. Ing tan jimawal sinangkalan Tri kawula mangesthi gusti Kawula ingkang anandhanipun S. M.

Sirnaning pangungun ingkang temahan seneng Andadosaken panarik tumuwuhipun karenaning manah kula aningali ombyaking tiyang jaler estri sepuh anem ingkang sami kapidereng aningali lalangen rarasmara dhateng dalem pangabehan kala ing dinten senen legi tanggal kaping. 10 ing wulan dhesember punika. Wanci jam sadasa enjing ing palataran sampun jejel uyel uyelan sangking kathahipun para aningali. Pramila para tiyang ingkang pancen sanget kacondhongan ing wanci jam sanga sampun dumugi ing pangabehan lajeng jumujug ing emper pandhapa.

1 Sedyanipun supados sampun ngantos kantun amargi manawi kantun badhe boten angsal panggenanipun aningali ingkang sakeca. Sareng kula nyipati piyambak menggah tata gelar rakitipun lalangen rarsmara wahu temahan pangunguning manah kula dhateng kuthahipun para aningali ing wahu sanalika sirna. Layak kimawon kathah apara ningali. Amargi ewehning tatingalan lalangen rarasmara wahu paperanganipun pancen adi mawi anyenengaken. Wondene ingkang anjalari anarik tumuwuhipun karenaning para ningali wahu. Inggih punika ingkang tinanggenah dados tiyang agung wiradi murti. Pramila ing samangke ombyaking para wanita sepuh anem ingkang kasinungan wujud kumrisik utawi boten parikanipun sakecap mangapsami sambat adhuh dhuh sang kakung ing ngrat sandhung jekluk tiba gapruk inggih sambat adhuh mati wong agung. Menggah pangrubuh ing para dyah ingkang mangkaten wahu sampun layak kimawon awit inggih sareng kula sampun anyipati piyambak citranipun ingkang pinatah dados tiyang agung jayeng murti wahu pancen anggigirisi. Pantes kimawon para kenay akapiluyu saben masa kalanipun panggiyaring lalangen rarasmara anilar betah ing griya ajeng aningali. Kala samanten wonten satunggiling tiyang estri nem nem manah sawatawis krisik amancahi dhateng rencangipun ugi estri nanging wujudipun kirang pantes wicantenipun makaten o ambok iya nyebut dhuk wong rupamu mung kaya aku bae kok nganggo areka reka arep suwita dadi juru peteke wong agung. O biyah. Ambo iya wis nrima. Tandarana ingkang dipun wicanteni wahu amangsuli mangkaten e lahe ambok iya teka meneng ta bakyu. Kowe kok nganggo -malangi wong duwe sedya. La elika rupaku kae wong eneg. Panjurung Pramila ing mangke sedhah mengkolan tuwin seswira dikan mindhaka reginipun. Juru gubah

Madiyun Kacilakan ing nalika tanggal ping 25 nupember. 1883. Utawi tanggal ping 24 sura. Wanci siang wonten satunggaling tiyang estri taksih prawan kinten umur. 13 -14 tahun griya ing dhusun kuncen bawah dhistrik kanigara. Sampun manggih kasangsaran keli ing lepen ngantos andadosaken ajalipun ingkang dados jalaraning makaten. Dinten ingkang kasebut ing inggil tiyang estri wahu berah mendhet wedhi ing lepen badhe kasade ing sepur. Sarehning lepen radi sawetawis umrik saha anggenipun mendhet ing lepen punika kalayan agendhong senik bok bilih tiyang wahu sampun takdiripun tilaripun wonten salebeting toya. Lajeng kalelep sarta boten wonten ingkang sumerep karanten sangking kathahipun tiyang estri ingkang nunggil nyambut damel mendhet wedhi. Dados ical satunggal kemawon boten katawis kakinten kendel jajan utawi kesah sumingkir. Priksa priksa sareng konca kancanipun sami mantuk tiyang punika boten wonten sareng dangu dangu kaupadosan kapanggih sampun tilar donya keli wonten ing nglepen saka punika layon lajeng kakubur ingkang klayan prayogi. Mongka kabaripun tiyang wahu kirang sawatawis dinten badhe dados temanten o mendah susahipun ingkang sepuh. Kintunan

Nalika dinten rebo pon tanggal kaping. 14 wulan nopember punika. Pulisi ing dhusun tinggen kadhistrikan maospati. Ing wanci injing manggih jabang bayi tasih cenger cenger. Gumlethek wonten sapinggiring margi alit ing dhusun wahu. Sareng katiti pariksa. Sang jabang bayi taksih mawi ari-ari. Kinten kinten kados nembe kemawon anggenipun ambucal wondening jabang bayi wahu jaler tur glewo glewo. O allah. Gusti kang agung. Dene asring temen kula mireng kadadosan ing kang makaten punika. Hem teka mongga temen ambuwang anake. Prandene kang durung duwe anak gene ngudi murih duweya anak kongsi karenggosan saben dina. Tur arang kang katrima. Ngantos sapunika pulisi taksih ngupados titik sinten ingkang weweka. Teja sulaksana

Kula sampun niningali griya pakendelan kareta asep setatsiyun ing pundi-pundi. Menggah saking rumaos ing manah kula ngriki boten wonten ingkang ingkang angungkuli ageng tuwin kathahipun griya. Kados ing nagari kula ngriki kinten kinten cacah wuwung ageng alit wonten 25 iji griya kapara langkung. Makaten ugi kados sapriki teksih kadamel sae. Saha katambahan griya malih. utawi tiyang damel kareta sewan punapa malih pinten pinten tiyang ingkang sami kriya dados tukang kajeng tukang keling. Tukang cet tukang batu. Saha sanes-sanesipun wondening ingkang sami nyambut damel punika ingkang kathah tiyang estri. Nem sepuh sami ngladosi tukang batu. O punika ingkang andadosaken senenging panggalihipun para tukang batu.

2 Saha malih awit nalika kareta asep nembe rawuh kados sapriki pinten pinten dasa tiyang estri ingkang sami berah mendhet wedhi. Boten angemungaken tiyang sepuh kimawon senajan nem tuwin lare. Inggih sami mendhet wedhi ing lepen sami salulup ing lepen sarta sandhanganipun kembroh sadaya. Saha abekta senik manawi senik punika sampun kebak wedhi. Lajeng kagendhong kabekta mentas sarta ing ngriku wonten mandhoripun satunggal manawi wedhi sampun kaesokaken lajeng kauncalan yatra satengah sen dados reginipun wedhi sasenik namung satengah sen ing dalem sadinten kathahipun tiyang satunggal angsal 15 utawi 20 sen. O sareng kula priksa punika salebeting manah ngradatos aningali rekaosipun agening mendhet wedhi. Ngantos sadinten wewah kungkum wonten salebeting toya. Sarta minggah jurang. Ananging lajeng kula pupus malih sangking awratipun tiyang ngupados tedha. Karanten boten saged ngupados padamelan malih. panjurung.

Kempaling arta panjurung Liwat saking pilapuranipun ingkang kapatah dados kumisi ageng kalempakipun arta panjurung kasangsaran amargi urubing ardi krakatha. Kados ing nagndhap punika. Panjurung sakiung nagari Batawi 77. 779 rupiyah 54 sen Biten soreh 13. 000 “ Krawang 862 “ 54 “ Priyangan 3. 080 “ 30 “ Cirebon 9. 700 “ 94 “ Tegal 9. 108 “ 88 “ Pekalongan 2. 764 “ 95 “ Samarang 32. 850 “ Jepara 21. 584 “ 92 “ Ngrembang 8. 819 “ 49 “ Surabaya 12. 500 “ Madura 3. 372 “ 60 “ Pasuruwan 12. 868 “ 1 “ Prabalingga 9. 860 “ 65 “ Basuki 9. 005 “ 69 “ Banyumas 7. 000 “ Bagelen 12. 122 “ 74 “ Kedhu 6. 381 “ 68 “ Surakarta 26. 286 “ 75 “ Ngayogyakarta 16. 784 “ 38 “ Kadhiri 12. 473 “ 61 “ Madiyun 5. 274 “ Saking tanah jawi gunggung 358. 483 “ 79 sen Makasar 10. 147 “ 10 “ Ponteanak 2. 877 “ 66 “ Banjarmasin 1. 752 “ 60 “ Ngriyo 3. 405 “ 50 “ Sumatra sisih kilen 31. 192 Bangkahulu 1. 024 Nglampung 618 “ 21 “ Plembang 2. 968 “ 35 “ Sumatra sisih wetan 19. 200 “ 33 “ Ngacih 3. 750 “ Bliton 1. 792 “ Bandhah 1. 000 “ Ternate 704 “ Bali lombok 2. 631 “ 40 “ Saking indiya walandi gunggung 441. 549 “ 04 “ Saking nagari nederlan belgi dhitslan prankrik. Itali tuwin sanes-senesipun praja eropah 410. 000 “

3 singgapura 78. 873 rupiyah 73 sen penang 12. 500 “ selanggore 5. 525 “ parak 11. 000 “ siyem 30. 505 “ saegon 1. 410 “ 72 “ londhon 18. 000 “ gunggung 1. 009. 363 “ 49 “ sampun kabagi dhateng ingkang sami kasangsaran 579. 505 rupiyah 85 sen. Kadunungaken wonten ing pahtore nederlan indhi andhelmatsekaphe 300. 000 Kalebetaken ing kantor bang 104. 802 rupiyah 85 sen Ingkang badhe kabagi malih 25. 054 rupiyah 78 sen Gunggung jangkep 1. 009. 363. Rupiyah 49 sen katandhan kumisi ageng

Mandar kula mireng ing ngriki tiyang ingkang amanjurung dhateng ing kapatihan dereng kendhat kendhat. Juru ngarang

Wangsulan Ing nalikanipun kula maos bra mratani ongka. 42 wonten ingkang nyethakaken pethikan saking pembrita baru. Bilih ing wulan jawi mukaram punika badhe dhawahipun dinten punghaskala [kiyamat] manah kula seklangkung kumepyur asenig senig sarta ulat kula biyas kagendeng saking ajrih tuwin kuwatos tur inggih boten kula piyambak sanadyan para titiyang ingkang sami midhanget pawartos wahu inggih boten benten kalayan kula biyas kuwatiripun mandar tikel matikel punapa dene sareng sampun dumugi lekipun wulan mukaram punika ing saestu para titiyang manahipun sangsaya amelang melang kaworan miris sipat wonten swara gumludhug inggih lajeng pating jalalat sarta wicanten. Lo swarane apa gumludhug iki saha pamandengipundhateng pernahipun ardi lawu boten kedhep kedhep. O tobil kesangeten temen ingkang andamel ojat dene ngantos anuwuhaken girising para titiyang. Ananging sapunika kula saged adarbeni pamanggih ingkang gumathok yen sejatosipun pawartos dinten kiyamat badhe dhumawah ing wulan mukaram punika dora. Namung pawartos ngulondara kemawon sabab pambudi kula mokal sanget manusa saged andungkap saderengipun kalampahan saking kersanipun gusti allah. Mila sareng kula raos raos ingkang makaten wahu. Uwas kuwatos ing manah kula lajeng ical blas sarta anteping manah kula pulih. Bergegeg. Ewasamanten pamuji panuwun kula ing gusti allah tansah andharidhit saben dinten mugi sampun ngantos wonten sujanma ingkang kataman ing kasangsaran ageng kadi dene babaya ingkang tumuwuh saking pambaledhosipun ardi krakatha. Yen pamuji kula wahu kasembadan dening gusti rabil alamin temtunipun para titiyang teksih sami lestantun anggenipun mirengaken swaraning gamelan gendhing sumyar ingkang sinenggakan mendhol mondhol saotone tanpa digodhok. Muhamad iman lipur tamboneng Embok bilih khiyamatipun ayam ingkang sami dipun sambeleh ing wulan wahu. Juru gubah

Kiyahi kaum anggening gadhah pamanggih. Bab ungeling gongsa. Pundi ingkang mirengaken kasipatan duraka. Punika kula manah leres awit pangringiking swaraning pradongga punika asring agempalaken linging cipta. dados angewahaken pamadhepipun dhateng pangeran mila tiyang ahli sarak amastani karam manawi manawi amirengaken pradongga. Ananging kyahi kaum mugi kagungana panglimbang. Karamipun tiyang mirengaken swaraning pradongga punika sanget pundi kalayan angeloni wanita ingkang dede wajibipun utawi meksa nedha pirukun dhateng tiyang sanes ingkang dede leresipun anampeni mahujud ingkang dereng sah. Nganakaken yatra. Lalampahan gangsal prakawis ing inggil punika sami sami dipun terak dosanipun ingkang mayar piyambak ingkang pundi mila kula paripeksa anglahiraken makaten awit kiyahi kaum karsa miminihi sabda pangandika. Supados anggen kula dados kaum alit punika sampun ngantos katranjukan ngamal ingkang karam ewadene pamuji kula kyahi kaum sampun ngantos angesungaken pangraos atur kula inggil punika sawantahipun saking cubluk kula. Dados boten sumedya anetepi paribasan anyolok paningal. Kula endheling kaum ing dhusun jelag ki ngemrem Tiyang ingkang sampun purun angangge sasebutan Khadli akbar fibilat surakarta. Inggih karsa murang sarak teka para genjik genjikipun komas itram sami sampeyan cegah ing pandamelan makaten. Juru gubah

4 Sambetipun cariyos petruk akaliyan gareng Gadhungan Kang wis kalumrahan ing akeh. Macan kadadeyane uwong. Iku kang ingaran macan gadhungan nanging ana uga patrap kang kena dak tembungake gadhungan dudu macan iya kuwe pratingkahe wong babedhangan kang dak kojahake sawatara nglewer. Kaya mangkene iki mula bukane. // wong desa ngrambe kang aran sanajaya. Ing wayah bengi lung sonja menyang omah tanggane. Sarta sabudhale iku acalathu marang bojone wong wadon lawange kancingen lo. Aku arep dolan. Bok medok kalalen durung ngancing lawang banjur turu. Kocapa saungkure si sanajaya banjur ana wong lanang mara aran singa krama angengakake lawang. Grobyak lumebu ing ngomah banjur jujug ing senthong. Glundheng. Amelu turu bok wedok kringkel sadurunge ngringkel damare wis didamoni mati. pet. Wantune wong lanang brangasan banjur bae cancut tali wonda. Triwikrama. Tandya anekakake sakayun angraboseng resmi ning pakasuptan. Embok sanajaya karasa bathuke kaya digremeti cacing kleler kleler. Banjur nglilir. Kaget banget dene wis mathongkrong. Ewadene bok sanajaya iya meneng bae. Malah pasrah jiwangga kataman ing asmara. Karana sinengguh kang ngethongkrongiku bojone dhewe. Ora nyana yen wong gadhungan mengkono. Weruha yen dudu bojone. Mesthi lenggana sarta jerit jerit sungkan sungkan aku yen bok inggati. Gareng. Truk. Aku ngrungokake kandhamu iki. Kok kudu gumuyu bae, hah hah hah. Nglengkara banget wong digremeti cacing bathuke. Ora weruh sutanayane kang duwe cacing. Yak iku rak samudanane bae dikira bojone dhewe iku. Dhasar pancen wis padha karepe. Anggethuk tela wis mathuk nanging isin mungguh tutur balaka ana ngarepe wong akeh. Petruk. Bareng sanajaya mulih. Celuk celuk mring dhing wedok jaluk winenganana lawang. Singa krama kang isih ana jro omah banget kaget kalithiyan banjur umpetan andhepes. Sanajaya ing semu kaya wis sumurup yen bojone digadhung ing wong mula salebune ing omah. Gage angancing lawang sarta anyulet dilah ing kono sumurup ana wong singen andhepepel ing gedheg arep lumayu. Sanajaya banjur calathu aja lumayu singa krama kowe. Mundhak dak penthung endhasmu mengko yen kacandhak. Mara mlayuwa. Singa krama tansah akethip kethip puwara nutut banjur dicekel kaladekake marang dhistrik. Esuke dipriksa. Aturane sanajaya lanang wadon kaya kang wis dak caritakake mahu. Dene si singa krama balaka bae yen dadi gadhungan wasana kaaturake ing ngarsa pulisi rol kapatrap paukuman krakal 30 dina lawase. Gareng. O. laya kuwe tatambane. Wong wadon kang ngiwa lakune. Tur tan sapira enake. Wekasan nandhang cileke. Kinungkung sasasi lawase. Kawirangan tan anongga dhewe. Mesthi ngmebet marang sadulure. Apa dene marang wong tuwane. Luput luput pinegat ing bojone. Ewadene semono.yen wadon kang tan duwe bojo. Gelema laku mengkono. Aku iya ora amaido. Petruk. E. reng. Salawase ing dhistrik ngrambe. Kajumenengan kontrolir lenggahe. Sangsaya wuwuh gemah arjane. Biyen wis limang tahun saprene. Aku weruh ora kaya mangkene. Sarta durung ana lurung gedhe. Saka gendhingan anjog ing ngrambe kajaba mung lurung cilik bae. Menggak menggok banget rungkude. Saiki wis ana ratan gedhe. Kenceng dhenceng bagus rupane. Wong lumaku nglengek bae. Nadyan wong. Mlaku dhewe. Ora nganggo ana kuwatire. Sabab ing marga den jagani. Rina wengi wonge ora sepi. Karsane priyayi pulisi. Paedah kang para juti. Ywa bisa nanduke sakapti. Mila rina wengi anglur. Pangedole mring wong sewur. Bathi sathithik nanging mulur. O ya banget gonku sokur. Ing saiki aku tutur. Pangalembanaku marang kang ngatur. Yaiku tuwan kontrolur. Muga lestariya sapandhuwur. Lan binerata ing tyas kuwur. Langgenga arja panjang umur. Den tumuli jumeneng luhur. Taksih wonten sambetipun

5 Ongka. 51 kemis legi kaping 19 sapar ehe 1813 utawi kaping. 20 dhesember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Para ingkang sami angemin serat punika mugi enggal asok kapambayaripun. Vogel van dhereidhe

Surakarta Para nem neman ing kampung kratonan cacah 8 iji. Enggal punika sami gegembyakan adamel gedering kathah. Konangan ing pulisi kacepeng kaladosaken ing rol pulisi. Sami kapatrapan paukuman anyambut damel peksan Wasana ing nginggil punika dadosa pangenget enget tumrap para tiyang umbaran sanes-sanesipun Sareng ing mangke jawah saged lestantun andadoaken saening seger kasarasan Saking pawartos sareng saben dalu jawahipun angreceh kathah pandung. Antawis dinten punika ing kampung nata kusuman wonten pandhung dhengdheng kacepeng. Saking pamujinipun tiyang kangjeng tuwan asisten residhen anggenipun karsa amarsudi resiking sadaya pakampungan mugi lestantuna ing salaminipun amargi karesikan punika saged anebihaken sasakit. Bagor tilas wadhah balur darbekipun tiyang cina ingkang kadekek wonten ing sapinggiring lepen awisan sakalangkung boten eca gandanipun saged angungkadaken jerohan menggah patrap mangkaten punika sampun kerep kerep kawadulaken wonten ing bra martani. Ananging dumugi sapriki pulisi ingkang gadhah wewenang anaruwe kendel kemawon mongka ambet boten eca wahu saged anjalari tuwuhipun sasakit ingkang ambabayani. Enggal punika wonten tiyang gadhah rencang karaos sakit padharanipun lajeng enggal enggal kengkenan tumbas brendhi dhateng secayudan badhe kaangge usada. Wasana sareng kabikak dede brendhi. Ananging ciyu. Mongka botolipun boten wonten gesehipun akaliyan botol brendhi. Mila para mitra bilih karsa tumbas minuman dhateng ing secayudan sampun kirang satiti. Para tiyang ingkang munthilan manah mireng kabar badhe dhawah ing dinten kiyamat ing wulan sura ing mangke sampun sami tenggereng manahipun awit sampun dumugi ing wulan sapar wilujeng boten wonten kara kara. Ing dhusun bera sakidul pedan wonten pategilan satunggal anama tegil setan glethek manawi wonten tiyang purun purun amendhet tanem tuwuhipun tegil ngriku tanpa tembung dhateng ingkang gadhah. Sahantukipun amasthi manggih kasusahan inggih punika salah satunggiling akrabipun sampun tamtu wonten ingkang macicil kados anandhang sakit sanget menggah bab punika sampun umum andadosaken kodhengipun para tiyang ingkang boten ambek gugon tuhon.

Wartos kala sang prabu ing nagari belgiyah sakaliyan ingkang garwa prameswari rawuh mertamu ing nagari nederlan

Kala kaping. 17 oktober ingkang kapengker. Sang prabu leyopol kaping II ing belgiyah sakaliyan prameswari rawuh ing kitha neimegen busananipun cara jendral saha angagem tatenger grut kris ing bintang nederlan seleyo. Sasampuning kareta api titiyanipun agantos lokomotif lajeng dhateng ing lokadhaton dalem ingkang sinuhun sri bagendha maharaja. Urut pinggiring margi kapanjeran banderaning nagari belgiyah tuwin banderaning nagari nederlan ing sanginggiling lokomotif mawi katrapan tetenger banderaning nagari belgiyah wahu. Ing wanci jam satunggal langkung seket gangsal menut sang prabu rawuh rawuh ing setasiyun lo. Kasambut ingkang sinuhun sri bagendha maharaja sakaliyan prameswari dalem sasampunipun anjum asta sarta alambang pambagya ing bab kasugengan lajeng sami nitih ing kareta bidhal dhateng ing kadhaton lo ing sawadya bala dalem.

1 Sang prabu kakalih lenggaipun jejer. Prameswari sami kprenah wonten ing pangayunan Titiyang ningali ing samargi margi ewon titip jejel uyel uyelan arebat papan. Griya griya ing ampeldhoren sami amanjer bandera. Ing wanci jam 3 sang prabu kakalih sami sakaliyan prameswari acangkrama nitih kareta. Kakung sami kakung putri sami putri. Ing wanci jam 6 sonten bujana wonten ing salebeting kadhaton akathah para priyagung ingkang sami katimbalan sowan akembul dhahar. Ing wanci dalu wahu ugi sang prabu ing belgiyah sakaliyan prameswari tedhak ing amsterdham kasambut dening para pangageng ing nagari. Kahurmatan barisipun prajurit sekiter wonten sacelaking setasiyun bahita perang ing palabuwan ngriku angungelaken drel mariyem sang prabu tumunten kadherekaken dhateng ing kadhaton dalem ingkang sinuhun sri bagendha maharaja. Para titiyang ingkang ningali saking kathahipun ngantos kados dene dudukut tuwuh ing siti. Sarta sami anglahiraken pupuji wilujengipun sang prabu sakaliyan ingkang garwa. Sanes dinten ing wanci jam. 6 enjing sang prabu sakaliyan prameswari acangkrama aniningali kawontenanipun kitha amsterdham kadherekaken para pangageng ing nagari. Ing saenggen enggen tansah sinugun sugun dening para tiyang. Ing wanci bedhug siang sawek kondur ing kadhaton jinagi para pangagenging nagari nederlan. Angajengaken pukul satunggal ingkang sinuhun sri bagendha maharaja sakaliyan prameswari dalem ugi tedhak ing amsterdham sang prabu belgiyah akaliyan kangjeng prameswari nederlan lajeng akakanthen minggah ing galdring aparing pambagya dhateng ingkang sami sowan wonten ing ngriku. Menggah surakipun para ingkang sami pepakan wonten ing sangajenging kadhaton kados swara ning galudhug. Sabakdaning bujana prabu taruna ing portegis ugi sowan Sowantenipun jam ½ 5. Abujana malih. sabakdaning bujana sang prabu lajeng sami anitih rata piyambak piyambak acangkrama salebeting kitha amsterdham sarawuhing setatsiyun ingkang sinuhun sri bagendha maharaja lajeng tumedhak saking rata. Sasampuning anjum asta sang prabu belgiyah sakaliyan prameswari tumunten kondur dhateng kadhaton lo.

Samarang Tuwan A. be. Karli ing karang rasung demak enggal punika anyepeng sawer wonten ing wana sumber. Panjangipun sae lo. Agengipun sagedebog.

Meksiko Ing wananipun nagari punika ingkang anama rinbu wonten rarenipun kinten ngumur pitu utawi wolu tahun awuda kemawon boten saged wicanten swaranipun kados khewan manawi sumerep manusa lajeng andhelik ananging sapunika sampun kenging kacepeng saking panginten rare wahu anakipun ingkang anama indhiyan inggih punika bongsa dhayak utawi batak sasaminipun ing wewengkon indhi nederlan ing mangke nagari sawek angupadosi bapa biyungipun rare wahu ananging dereng kapanggih. Menggah rare wahu boten mangretos dhateng basa. Pratingkahipun kados dene kethek kala kadengangan tunggil kaliyan sima estri. Saking pangintening tiyang rare punika nalika taksih bayi kabucal wonten ing wana. Ingkang anggula wenthah siuma estri wahu.

Serat kula SM katur sura marta Sanadyan seratipun suramarta carik ing sura prabawan tilas rongga pulisi. Ingkang kapacak ing serat bra martani tanggal kaping. 6 dhesember 1883 ongka. 49 sampun kawangsulan dening panjenenganipun juru ngarang. Ewadene kula kedah amangsuli kados ing ngandhap punika. Kula sampun anupiksani seratipun sura marta minongka wangsulanipun serat kula ingkang suraos jengandika dereng saged amijangaken pataken kula. Jalaran saking pamanggih ing manah jengandika saupami mijangaken kagalih badhe kirang tumonja ingkang anampeni. Mila sura marta angantep dhateng kula manawi manawi kula pancen temen temen anyuwun katrangan sura marta gentos mundhut katrangan prasajaning pangkat saha griya kula. Pinten banggi nama kula pisan. Menggah pamundhutipun katrangan mitra kula ingkang mangkaten punika. Kula dereng saged anggayuh ingkang dados karsa jengandika. Ambok bilih amung labet saking balilu kula dhateng lereging surasa. Wekasan anggadhahi cipta boten wonten damelipun angwedharaken pangkat saha griya kula dhumateng sura marta. Amargi saupami kula prasaja. Punapa sura marta kenging kula tamtokaken badhe saged angudhari ruweding manah ngatasipun ingkang kula suwunaken katrangan ing ngajeng. Manawi sura marta pancen saged kula saestu badhe boten sela angwedharaken prasajaning pangkat [ ] tuwin nama kula.

2 Mitra kula sura marta sampun sumelang. Mengko gek angunadika mangkene. E la SM teka angiyas marang kawruhku. Apa SM kirane bisa anggayuh marang kapinteranku. Ah punika boten amargi ing ngajeng kula sampun amedharaken baliluning manah. Mila ambok manawi kasagedan kula punika saestu boten amapaki saprawoloning kasagedanipun sura marta. Wasana sampating panulis tinengeran. Kaping 12 dhesember guna yekti manggalaning cipta. katandhan dening SM Kalihan malih pancen saged embok inggih lajeng ceplos sampun mawi santolan Magangipun juru gubah

Katur mitra jana madu pinasthika Ing sakawitipun kula ugi sampun maos pustaka warti panjurungipun mitra open tumuntena wonten panjurungipun mitra wrahad bala. Ananging saking pamanggih kula mitra wrahad bala kados boten anaruwe dhateng panjurungipun mitra open malah anyondhongi sarta amewahi. Dados saking panyipta kula mitra open anggenipun manjurung kawontenanipun tiyang amiyara sawung amung salugunipun. Mitra wrahad bala lajeng amewahi condhong kados panjurungipun mitra open malah anambahi lulungid adamel senengipun ing para maos. Mitra madu pinasthika inggih sampun saleresipun kimawon saking mitra titiga wahu sampun sami condhongipun ngantos ngongkalaken manah kula. Tur kula punika boten remen miyara sawung babar pisan saweneh ing dinten kula sumerep sawung wujudipun bagus elaripun sadaya cemeng meles dalah sisik kuku cemeng. Amung lancuripun pethak punika ingkang kawastanan wiring galih mubal putih. Tur kaaben wonten ing kalangan sampun kerep menang. Kula ningali wujuding sawung sarta kerepipun menang lajeng kenyut raosing manah kula. Ngantos kula taliti ingkang darbe cariyosipun mas rongga jaya ancala mantri pulisi ing sela. Amung sawung wahu ulahipun nginggil saking kapencuting manah ngantos kula lacak dumugi padhepokanipun ingkang darbe wasana kula rengih boten kongkih. Punika raosing manah kula boten sanes kalayan tiyang kandhuwan bronta. Awit pancen angel ngupados wujuding sawung wiring galih mubal pethak mangkateng wahu. Ingkang dados panggagas ing manah kula boten wonten malih dene amung bab sawung kimawon teka anggempalaken raosing cipta. dados sampun tatela sadaya lelangening donya punika sami kimawon mila panjurung kula punika minongka pupungkasaning panjurungipun mitra titiga. Wasana pangesthining manah kula ugi boten esah mugi mitra titiga ayelakaken pangaksama. Dene kula kamipurun anyeno tanpa saraba boten saking punapa amung dadosa jalaran amimitran wonten ing pabarataning pustaka warti. Titi ing giri madya kaping. 16 wulan sapar warsa ehe. Sangkala tinengeran tri mitra angesthi tunggal Pun endhang pracimasana

Panjurung amitepangi sih Ing serat bra martani ongka. 35 tahun punika. Wonten panjurung ingkang sisilih nama teja suleksana. Ciri pangindhung ing ngasrama ngarga retna. Mupakataken bab andaru lintang tanapi wulan sareng pamaos kula dumugi wekasaning adeg adeg 2 larikan sadasa wonten padaning ngukara. Purwaning pada ukara wahu. Dumugi wasananing pada ukara ing larikan 11 tembung saukara wahu sanget andadosaken gumaregah ing manah. Nanging rehning dawek sami bibinahu maharjeng kata ing jagrasta ngriki. Kula kedah ngaturi satata rumiyin. Kadi banjiring kumenyan sagara madu. Sarawuh paduka ing ngriki. Katuran pambage panakrama palethaning ngatur kula atur wasana. Kadi sadrahing yayi ing [ ] dresan lebing pawana lumindhih. Manapu kalesaning karsa. Linepatna sapu dhendha dhumawah ing tawang tuwang. Dene ulun dahat kami purun ngaturi pudya satata ing sang dawek rawuh. Sasampuning katur pudya satata kula. Kiyahi mas wiyosipun saking bab padangu paduka dhumateng para susra ing basa ngriki. Para kuncara dereng wonten kaur buka katrangan ing bab karsa paduka. ingkang makaten wahu bilih kapareng kula ngaturi cariyosi kaul bab daru. Linteng rembulan namung minongka dados sawot gathukipun ing pawong mitran rehning sami nembe nembe katingal dene lelering ngatur kula bab andaru. Lintang lintang tanapi rembulan kados ing ngandhap punika. Cariyosing kaul andaru punika wujud cahya. Utawi gebyar. Pinangkanipun saking kikmating jagad ageng. Dumunungipun manggen ing sajawining hawa. Sareng kikmat wahu tepang sami kikmat lajeng sebawa jumegur. Awit ing ngriku panggenan kikmat ingkang ageng ageng. Jalaran boten kandhih kandhih dening pakartining hawa. Kempaling kikmat wahu sasampuning mawi sebawa jumegur. Sring ngedalaken cahya ingkang gumilang gilang. Ingkang prabawanipun saged nyunari dhumateng salebeting hawa. Ugi ingkang

3 lajeng kawastanan daru. Cariyosing kaul urubing daru wahu ageng sanget utawi boten saged dangu lajeng sirna. Awit tanpa empan empan. Rembulan cariyosing kaul awujud songka. Songka punika sorot ingkang mawa cahya. Minongka prabawating jagad ageng. Manggen sajawining hawa. Ananging sorotipun ugi saged malebet salebeting hawa. Saha gadhah daya sae sanget dhateng sadaya tutuwuhan utawi sela sela ingkang sami gadhah daya. Utawi dhateng bangsaning gonda prayogi. Lintang lintang. Cariyosing kaul sami manggen sajawining hawa. Wujudipun dumilah. Asli sami saking songka. Sampun sami ugi lan rembulan sami ugi dados praboting jagad ageng kaul ugi cariyos bilih lintang lintang wahu sami gadhah kikmat ingkang mikantuki sanget dhateng atmajaning bawana traya. Wiji wijining lintang katingal saking gebyaripun sami gadhah daya pyambak yen lintang syuh sirna. Jagad tumut luluh sirna sadaya. Awit lintang minongka joharing jagad Cariyosing kaul sadaya klethek ing jagad punika takdirolah kedah mawi sabab sabab ingkang yakin ananging sabab wahu wonten ingkang kenging ginadhug saking nalar. Wonten ingkang uncat saking dayaning nalar. Ugi wonten ingkang tengah tengah. Wangsul tigang bab ingkang kapangandikakaken punika sami uncat saking panduming nalar. Limrah limrah ing pamanggih namung saking dugi. Sareng kaemper sampun memper inggih lajeng narimah. Nahenta ingkang winasita. Para berbudi sami nyariyosaken bilih langit punika pancen boten wonten dene ingkang katingal biru sepuh punika suwung saking telas ing pandulu. Sinaksenan lebeting sagara pundi ingkang lebet snaget wening jala nidhi katingal biru sepuh. Lir kita manengeng wiyat. Dhuh kiyahi mas ing kaul saged cariyos bilih langit punika mesthi wonten mawi kacariyosaken gadhah maksad kempaling langit. 2. Surya 3. Angin maksad tiga kempal saged ngawontenaken kulit klika. Lulang lulang. Cangkok jawi. Sapanunggilanipun cabakan ingkang minongka leksananing sadaya sipat kodrad uoami langit tanpa jagad ugi risak. Wingking 2 1 2 1 ngajeng nuwun sasampuning kula ngaturaken ing sawiraos ing kaul ulun sumongga ing kiyahi mas ing sarehning sadaya wahu ing nalar ulun amboten saged dumugi. Ingkang makaten wahu boten liya inggih namung saking juguling manah hamba. Wangsul ing bab langit kados makaten sulayanipun ing pamanggih. Kula kedah nyuwun ugungan paduka. kados pundi ing karsa paduka mugi paduka paringa sreda tarbukaning padudon wahu. Ing langit kedah katampi wonten punapa. Boten. Paring paduka wangsulan sageda dados pratondha ing sih paduka dhumateng kita. Titi Gresik tanggal kaping 10 dulkangidah ing warsa ehe. Ongka 1812 Bilih ing galih resep cawangan mitra paduka pun roti jiwa. Roti wahu tukang adamel roti jawi karanipun anak ulun estri panjawi. Mila inggih namung kacekiwing pun roti jawi.

Panjurung // karya kayuyuning kayun kaesthi esthi ning ngurip tumenggung panji diningrat ing demak ingkang mandhiri. Karem kartaning katarja. Katar tantoning dumadi. // pamiluteng budi luhung. Sayogya pinuji puji. Dene tyarsa palakrama. Tur krama dudu sasami. Lire putrining narendra. mijil saking garwa padmi.// marmanama kangjeng ratu. Parandene ta sang pekik panggalih tan katawengan mring budi utawi yekti. Kang wus kacetheng pustaka. Warta malayu samawis// ing benjang sakonduripun mring demak pan datan kardi. Karameyan geng bojana. Krana ing panggalih maksih. Turida sedaning raka. Anyar dipati samawis // jer iku kadangnya sepuh. Awit pangeran suwargi. Ing demak condra nagara. catur atmaja nireki. Jalu jumeneng bupatya. Kang sepuh sang adipati. // ing barebes kang jujuluk rahadyan mas adipati. Ariya condra nagara. mangkya kang wus songsong kuning. Sarta madhali kancana. Dene dipati samawis// kang nembe lina puniku. Para bra dyan dipati. Sebut arya purbaningrat sundhulkan brebes dipati. Bulya bupati japara. Jujuluk tumenggung panji.// sasraningrat arinipun radyan mas tumenggung panji. Adiningrat nagri demak kang arsa katriman putri. Jeng ratu ayu ngayogya. Kadangnya sri narapati// pantes kinudanging kidung. Wong agung demak nagari. Tumenggung panji diningrat tan elok kalok lya nagri. Pantes atompa nugraha. Tur iku krana ratu. Parandene maksih eling. Duhkitaning tyas mring kadang. Lalabeta anglabeti. Swargi pangeran ing demak wasana anunumusi// jer pangran ing galih ulun marang ing budi utami. Rahayweng tyas paramarta. Asih samining dumadi. Lan sakulawargani [ ] pan tansah saeka kapti // sumungku sungkeming kayun mangesthi karyaning nagri. Sakulawarganya samya. Tinon tinonton sakwehning. Praliyan kerut bektinya. Muring ring ering jrih asih // saking satuhu pinunjul ing budi sumeh panggalih. Tyas setya teguh santosa. Marmanya kalebaning sih ira ingkang kinawasa. Sinung

4 ngagem songsong rukmi // pangeran sebutanipun praptane delahan mangkin tumrah kang para atmaja. Samya susila ing budi. Aruntut denya kakadang. Mwang kulawarganireki. // lalabetan kang linuruh. Linalar linuri luri. Tansah mrih ambek budiman setya karsaning kumpeni. Mingkar amungkur ing gawar. Kaesthi ing siang ratri.// jinurung nugrahanipun kadang catur jalu sami. Sinung alenggah bupatya. Tur ta kang sepuh pribadi. Wus angagem songsong jenar. Kalawan madhali rukmi.// kang anom ing demaka iku. Pamasunaring hyang rawi. Trontong trontong wus katingal yen janma tinitah luwih. Dene ing mangke kewala. Akrama putrining aji.// tur anama kangjeng ratu. Parandenya tan mastani. Tumenggung panji diningrat yen ora tuhwarsa luwih. Jer adat karaton jawa. Yen putrining narapati.// kang kasebut nama ratu. Kalamun uwus sisiwi. Jalu kang sepuh priyongga. Apanta ginawe pasthi. Diwasa nama pangeran mangkono kang wus kawuri. // dadi ta ing tembenipun radyan mas tumenggung panji. Adiningrat apuputra. Pangeran ing kuliyaning. Gumawange kang sarira. Muncar kadulweng kumpeni. // winatara nora wurung. Glis sinung nama dipati. Jeng gupremen mongsa kilap mring klape janma utami. Mwang panenga mring dsang nata. jer ratu winong sayekti. // jinurung sakayun kayun. Jangjine marang utami. Tan pisan kinarya cuwa. Tinurut tinut karsaning. Mring jeng tuwan bijaksana. Netepi mengku ngemongi.// lah iku ta jebulipun kabul de susileng budi. Dhasar winijen sudarma. Pratmaja tansah mumuri. Kadi tatambang pamanya. Benang sutra den sambungi.// sasamaning sutra tuhu. Wulede maksih tan lirip tur maksih endah warnanya. Kadyeku tumenggung panji. Diningrat yogya tinulad lalandaning pamalad sih. // panggah puguh mring budyayu. Tinuman temening galih. Matuh mating kautaman marma kataman sayekti. Rahayunireng kotaman tumama ing lahir batin. // golong lan gelenganipun tansah sih sinihan sami. Mring kadang mwang kulawarga. Mantep tan salayeng budi. Budi kang mrih kabudayan kadayan ingkang sajati // tur ta ngatasing ngalam pus. Wus pinasthiring hyang widi. Gampang ilang pinupusa. Aglis sirnaning prihatin apa dene lan tinimbang. Genging nugraha kang prapti.// jer tan gampang wong andulu. Miwah angelapini miharsi. Akrama putrining nata. datan kena den kajati. Sinedya kadya sasama. Lire tan kena tinudi.// awit wawaton karatun yen putrining narapati. Tan kena jinongkeng karsa. Tegese ingkang tan keni. Jinawab kadi salumrah. Yen tan sasamining ngaji. // marma yen tembung ingitung. Lan ngumur pasthi tan keni. Tegese wong nyipta krama. Putrining sang narapati. Pirang umur kalakonya. Lo rak tan bisa ngarani. // dadi ta ing patutipun wong darbe garwa putriji. Tan bisa nanggulangana. Genge sukaning panggalih. Tembung tyas tan ngardi suta. Nanging angardi sudarmi.// wadene dyan mas tumenggung. Panji adiningrat bakit anduwa ardaning driya. Teguh tawekel panggalih. Tan kalimput sukaning tyas yeku pratondha janmadi.// adinya kanya tan tuhu. Tumrap ing ngalahir batin lahire lah ngendi ana . kadang catur jalu sami. Sami alenggah bupatya. Mwang ana krama putreng sri.// ana ingkang apapayung. Jenar lan madhali rukmi. Lah mara ta rak ya nyata. Yen jatining janma luwih. Tumenggung panji diningrat pan adiningrat sayekti.// tegese ing batinipun kadang kulawarga sami. Sru mamalad ing kotaman marmanya sri narapati. Panuju nireng wardaya. Kadayaning ngayu pinrih.// nguni pan pupucukipun jeng gusti pangran dipati. Ariya mangkunagara. Ping catur mareken wiji. Dipati condra nagara. ing barebes pangayuning.// pan pinundhut putra mantu. Dening jeng gusti suwargi. Ing mangkya pama puspita. Mekare saya linuwih. Wijining pangeran demak kalap ing sri narapati.// ya mulane wantu wantu. Siang ratri sun rasani. Mungguh manungsa ing donya. Sipate ingkang kaeksi. Kawujudaning sarira. Kang ageng lawan kang alit.// mwang kang luhur dedekipun lan kang andhap dedekneki. Upama linipetena. Ingkang wujud endhek cilik pan de tan kongsi tikelan kalawan kang ageng inggil.// pasthi maksih geng ngaluhur. Kang endhek cilik ping kalih. Lan kang geng inggil juga. Balak wahyuning hyang widi. upama lamun tinimbang. Kang gedhe lawan kang cilik.// tegese kotamanipun. Kadya pamane sujanmi. Kang geng kautamanira. Tinimbang lan kang sathithik. Tikele datan karuwan. Pamancinira hyang widi.// marma wasiteng luluhur. Linuhurena sayekti. Pambudi budi utama. Kautamen mring sakalir. Lire panggawe kang kalal ywa karem tembung lalamis .// mwang ngugung basa susrumbung. Bonggan kang karep ngaremi. Jer sakabehane patrap. Tindak lalakoning ngurip wus rinipta ring pranatan waton sakapti kapti.// yenta tansah wowor sambu. Karya kurangi kasidin. Temah nya mah kawibawan. Bawaning wibawa yekti. Tumindak budi dadakan. Dadi dadalaning nisthip.// cacak sang nukas tuhu. Radyan mas tumenggung panji. Adiningrat tan mangkana. Putus waskitha ing batin. Anggiwar mring sosongeran. Titi teteh miyatani.// dhuh mugi ta sanghyang agung. Mawantu wantuwa kang sih. Mring wong agung kang utama. Karya mayuyuning bumi. Panjang ngayuning kang soswa. Yuwana kalis cacengil.// titi pangapusing tembung. Mwang wedharing kapamuji. Katujwa ri poning tumpak. Ping nem belas bukaraning. Warsa jimawal sangkala. Tri kadang ngesthi ring aji// katandhan badra irawan

5 Ongka. 52 kemis pon kaping 26 sapar jimawal 1813 utawi kaping. 27 dhesember 1883 Bra Martani

Punika pangaosipun pamacak adpertensi. Satembung dumugi 10. Tembung. 1. Rupiyah. Liyaning wragat segel kapacak kaping kalih. Langkungsangking ping kalih satengah regi.

Serat Bra Martani wedalipun saben kemis. Reginipun ing dalem satahun. 12. Rupiyah pethak.

Pangetangin segel satembung dumugi 45 tembung. 30. Sen. 46. Dumugi 95. 60. Sen adpertensi ingkang kakintunaken ing dinten kemis saderengipun wanci jam 12 siang. Kenging kapacak ing dinten wahu ugi

Para ingkang sami angemin serat punika mugi enggal asok kapambayaripun. Vogel van dhereidhe

Surakarta Nalika ing dinten jumungah tanggal kaping. 13. Sapar punika. Ing wanci enjing. Kangjeng gusti pangeran adipati arya prabu prang wadana. Tedhak dhumateng kagungan dalem pabrik cala madu. Miyos ing kalitan dumugi ing pasanggrahan manggen arja kendel sakedhap lajeng karsa ambaberek sato ingkang dados hamaning kagungan dalem rosan ingkang kawastanan andhapan ingkang dados pangajenging baberek tuwin manggalaning ngayuda. Abdi dalem tuwan. Andhapan wahu manggen ing salebeting patebon. Kirang langkung wiyar ing tebon wahu. 6.000 kaki pesagi. Sapinggiring tebon punika sampun jinongka kadekekan pager gedheg supados sang hama andhapan sampun ngantos saged barosot medal utawi gagal sareng srenggala kalebetaken ing patebon boten antawis dangu kapethukaken de kang pinarsudi. Inggih sang mangmang murka. Lajeng abonda wala pati. Sander sinander cakot cinakot uwel ramening yuda barung surak ing janma ingkang niningali. Lir pendah anengker wiyati. Dangu dangu sang wraha kalenan ing yudanipun kapikut se sang sona. Para tiyang ingkang sami dhateng niningali baberek andhapan wahu. Tan pawilis ageng alit anem sepuh jalwestri sami andhatengi. Sarwa mangangge adi adi. Bilih sampun nate sumerep untaping sujanma ingkang sami niningali. Manawi bakda garebeg inggih punika saminipun antawis kalih jam dangunipun kangjeng gusti lajeng bidhal tedhak ing pasanggrahan cala madu. Ing ngriku lereh wanci siang tabuh 4. Lajeng kondur ing dalem mangkunagaran. Ing ardi wijil tanggal kaping. 16 sapar. Jimawal sinengkalan sang nata kaesthi ing patikbra Pun nonton

Ngayugyakarta Salebetipun ing wulan nopember dumugi wulan dhesember. Tahun 1883 punika. Utawi wulan jawi sura. Dumugi wulan sapar tahun jimawal 1813 punika. Ombakipun saganten indi ingkang dhumawah pasisir mancingan bawah nagari dalem ing ngayugyakarta katingalan umplukipun ombak pating karambang. Ananging sareng dhawah ing gigisikipun saganten mancingan dados sela ageng. Saestha kados sela kambang makaten saupami dipun usungana. Kados boten cukup dipun motna grobag 1000 kemawon mandar kapara langkung isi. Saking pangintenipun para winasis ing ngayugya. Kakinten jugruganipun sela padhas redi yuyu ingkang katunu nalika ing dinten malem isnen legi wulan sawal tanggal ping. 23 warsa ehe. 1813 ingkang kapengker punika. Mandhak andadosaken kauntunganipun para titiyang alit ingkang sami gagriya sacelaking pasisir mancingan ngriku. Sami dipun wadeni dhateng salebetipun nagari. Kawade mirah kemawon. Sinerat ing mancingan tanggal kaping. 16 sapar jimawal ongkani warsa sangkala gunaning janma ngesthi gusti. Pratondha raden jayeng westhi mancingan

Madiyun Nalika kaping 6 dhesember 1883. Kapala kampung ing dhusun karang tengah. Kadhistrikan ing sepreh. Kapejahan dening satunggiling tiyang anama M. gagriya ugi ing dhusun ngriku. Menggah katranganipun ing ngandhap punika. Kala kaping. 4. Wulan punika. Pun M anguculaken kapal lajeng asasaba wonten ing dhusun ngriku. Ing wekdal wahu kapal kampung sawek anindakaken kawajiban wasana kapethuk akaliyan kapalipun M wahu. Kapal lajeng kacepeng dening kapala kampung sarta katuntun mantuk sedyanipun badhe kalapuraken dhateng ing nagari. Boten antawis dangu pun M dhateng anyuwun wangsul ing kapalipun

1 kapala kampung amangsuli mangkaten iya prayoga yen kowe arep anjaluk balining jaranmu. Ananging luwih becik kowe ambayara dhendhan marang aku dhisik. 5 rupiyah. Lan dhuwit iku mengko tak ladekake ing kantor. Amesthi kowe antuk patrapan res 15 dina. Lan bayar dendha 5 rupiyah. Samono iku yen anurut unining angger. Dene yen kowe durung tahu weruh rupaning angger. Rupaneku sapi endhas macan sarta yen wong ora miturut unining angger amesthi antuk cilaka gedhe. Kapriye ta. Apa kowe bayar dhendhan kene apa ana ing kantor. Sarehning pun M tiyang dhusun dados sakalangkung ajrih. Mila lajeng sanggem ambayar dhendha dhumateng kapala kampung kemawon ananging dinten wahu piyambakipun anggadhahi panedha kaliyan abayar 3 rupiyah rumiyin dene kiranganipun ingkang 2 rupiyah benjing enjing kabayar. Kapala kampung amangsuli. Iya prayoga. Yatra 3 rupiyah lajeng katampen sareng sanalika wahu. Kapal lajeng katampekaken dhateng pun M. sarta lajeng katuntun mantuk ing griyanipun Sareng dumugi enjingipun inggih punika kaping 5 dhesember. Kapala kapmpung angentosi ngantos siang. M dereng wonten dhateng abayar ingkang dados sanggemanipun kapala kampung lajeng kengkenan angundang. Sareng sampun dhateng lajeng anicil ananging boten dipun tampeni sarehning piyambakipun dereng gadhah yatra dados boten saged bayar dinten wahu. Amila nyuwun sumene ngantos enjingipun malih. badhe kabayar pundhat. Kapala kampung amangsuli prayogi kaliyan rengu ing netya sarta angentosi dumugi dinten enjingipun kaping 6. Wulan kasebut ing nginggil M ugi dereng wonten dhateng abayar. Ing ngriku kapala kampung lajeng andhatengaken runtikipun saha kengkenan malih angundang pun M sareng M dhateng lajeng katedha kalayan peksa. Sarehning ing ngriku wonten satunggiling tiyang ingkang anyumerepi. Dados pun M rumaos lingsem tuwin amangsuli makaten. Manawa kapala kampung sabar anyrantosaken ingkang ngantos kula sampun andarbeni yatra. Punika kula anurut punapa sakarsa sampeyan sanadyan dumugi ing kantor kula purun andherek. Sareng kapala kampung amirengaken wangsulanipun M. kalayan wicanten sereng lajeng boten saged anyabaraken malih. saha lajeng anamakaken dadamel dhumateng pun M samanten ugi pun M. inggih purun ngantos rame kuwel gelut banting binanting. Ing ngriku kaleresan wonten tiyang anyumerepi anggening kerengan wahu. Sarta lajeng amisah. Ananging sarehning kepang gelutipun dados anggening misah boten waged uwal. Sareng dangu-dangu pun M karaos sayah. Tuwin piyambakipun enget ingkang dipun sangkelit kudhi. Kudhi lajeng enggal katarik sarta katamakaken dhumateng kapala kampung. Sanalika lajeng ambruk ing siti sarta pejah. Badanipun sakojur kados kasiram ing rah.

Maospati Nalika tanggal kaping 28 wulan nopember. Ingkang kapengker punika. Wanci sonten wonten prahara ageng mawi jawah deres griyanipun tiyang wasta jatona ing dhusun kraton rebah kaparak ing prahara wahu bok jatan ingkang pinuju angemban sunu. Katalompen palajengira temah kadhawahan rebah ing griya wahu. Ngantos sukunipun tugel ananging anakipun wilujeng. Boten mawi labet kadi dene kahalingan ingkang among tuwuh. Sasakit cacar ingkang tansah andamel girising manah. Dumugi sapriki taksih anggalibet kemawon malah pamireng kathah para lare ingkang pralaya jalaran katinjo ing sasakit wahu. Teja sulaksana

Cariyos kang age anyerep nyerepaken dhateng sakathahing titiyang ingkang boten sah anandhang kawatos awit saking anggenipun pitados dhateng ujar gugon tuhon bilih pambaledhosipun redi krakatha adados sasmita badhe dhatengipun ing bancana utawi wawelak ageng tumrap ing para manusa. Awit saking pambaledhosipun ardi ingkang amutah latu ing nginggil punika. Sasaged saged kula kedah angarang pitutur. Supados para mitra ingkang dereng sumerep ingkang dereng sumerep dhateng dhadhakaning lalampahan wahu sami angsala seserepan ingkang terang sarta padhang manahipun. Pangandikanipun sarjana bodho punika upami pun margi peteng andhedhet samukawis ingkang wonten ing ngriku boten saged katingal cetha. Andadosaken cidraning paningal sarta panginten tiyang ingkang angambah margi peteng wahu sanget rekaos lampahipun terkadhang anemahi sangsaya awit saking kablasuk sanajan wilujenga salebetipun lumampah inggih tansah rangu rangu anandhang kawatos ageng. Wondene budi waskitha punika upami margi apadhang sanget waradin sarta boten mawi menggak menggok utawi anekak nekuk sinten sintena ingkang angambah senther sarta teteg manahipun boten anandhang kawatos sakedhik kedhika. Ririkesaning babasan kakalih wahu mangkaten bodho punika andadosaken uwiting kasusahan tuwin kapitunan punapa dene bilahi ageng dhateng manusa budi

2 waskitha andadosaken uwiting kabingahan sarta kabegjan menggah budi peteng utawi bodho wahu pralambangipun kados ing ngandhap punika. // wonten kancil winuwus sajuga ri aneng banar jagung. Ngenak enak ambruwah anggung nyanyamik jenjem entyarseng tyasipun wit ana kang rumegon // yata antara dangu. Ing ngawiyat kawuryan ngendhanu. Kinemulan ing imarda deres kang angin sru kumusuh swaranipun miyut miyut kang kakayon// kancil kredyat maliwung. Nir wewe kadyan ngempet lumayu. Tarataban sandeyeng tyas tanpa lirip angungsising sedyanipun karan ciptaning batos // swareng kanang bajreku. Sasmitarsa praptaning oakewuh. Awit dening kaparibawa si kancil tumitiring tyas baliwur. Tambuh jujuge ing ngendon // nanasak lampahipun ri babondhot rarayudan grumbul jurang parung reng ereng tinempuh wani. Wus nir babaya kang ketung. Angken sinenggara ing mong// wasana lampahipun kabalasuk sajroning dhudhusun gya gumlimpang aneng saperaking panti. Lempe lempe ngangsur angsur uswasa nira meh pedhot// nging meksa dereng tutug kekes miris maketer ing kalbu malah wimbuh kawahyeng sambate ngrengih. Ngaru hara hara kawlas ayun tiharda tananggop wirong.// samana ana asu. Meng sajuga kang myarseng pangadhuh. Gad gadeng tyas angkara nginger mrepeki. Si kancil tandya tinubruk kinerek satemah layon// lah punika wujuding bilahi ingkang jalaran saking budi bodho. Upami kancil wahu waskithaha ing budi amasthi boten ajrih dhateng angin ingkang kumusuh. Wondene budi waskitha wahu pralambangipun akalayan cekak kados ing ngandhap punika. // kidungane kang bijakseng budi. Budaya trang pratisthaning jasad lir soca maya esthane. Nyunyunari ngunguwung. Kadyangganing hyang bagaspati. Ingkang madhangi jagad saniskaranipun kang endah miwah piguna. Mwang kamulyan anane karana saking. Dayeng budi waskitha// Saderengipun redi krakatha ambaledhos wonten swara glegar gleger kados swaraning mariyem sakathahing tiyang ingkang mireng sami anggagas gagas punapa badhe wahananipun menggah tumrapipun para sarja utawi ingkang waskitha ing budi. Amasthi lajeng mangretos sanalika. Kados tiyang dhusun ingkang mireng panyangungong ing peksi merak wonten ing pakaranganipun sanajan dereng kacetha ing kawujudanipun sampun boten samar bilih ingkang nyangungong wahu peksi merak. Tiyang ingkang boten waskitha ing budi panggagasipun dhateng swara gumleger punika wahu abenten benten wonten ingkang angugemi panggagasipun piyambak wonten ingkang namung kelu dhateng ujaring sanes. Wonten anak akaliyan bapa araraosan mangkaten. Ha. Bapak ingkang kapireng punika swaraning punapa Ba. Heh bocah lancang. Menenga bae. Kowe dakandhani. Ratuning setan ing gunung lawu akagungan gawe mantu. Ababesanan karo ratuning setan ing gunung kelut ing dina iki panganten binayangkare mareng ing gunung lawu. Kang glegar gleger kae swaraning drel mariyem kanggo angurmati lakuning panganten mulana enggal iki ana pageblug. Ha. E. dadosipun mangkaten bapak Ba. Ya iya mangkono. Kawruhanamu. Wong kang padha mati satemene ora mati. ananging kagawa marang ing gunung lawu utawa ing gunung kelut supaya arerewang ing gawe. Apa kowe saiki wus mangreti. Ha. Inggih sampun mangretos bapak kados ramenipun boten jamak Ba. Ing mengko kowe wus mangreti. Poma aja awara wara. Manawa konangan setan ing gunung lawu mundhak dijiret gulumu kagawa marana. Mangkaten punika pamanggihipun tiyang ingkang boten waskitha ing budi. Anglempara sarta asalah serep malah-malah wonten ingkang nginten bilih swara glegar gleger wahu kumaranipun ing punghaskala utawi sanesipun lalampahan ingkang bongsa dupara. Antawis dinten wonten serat kabar ingkang anyariyosaken manawi gumaleger wahu swaranipun redi krakatha ambaledhos lah punika angwelehaken lepating pamanggih wahu. Ananging ingkang dados panggagasipun inggih meksa nglempara kemawon amamrgi pambaledhosing redi krakatha kakintening sakingt bebenduning allah dhateng para manusa ingkang sami durhaka utawi kakinten pupucuk ing punghaskala. Pandugi ingkang boten gumathok kang makaten punika andadosaken sumelang sarta angenyes-enyes manahipun piyambak pralambangipun kados kancil ajrih dhateng swaraning anging ingkang boten kendhat sikara ing ngawakipun. Taksih wonten sambetipun Kajawekaken saking serat kabar S. M. dening mitra darma

Kula angaturi uninga ing tuwan ingkang ngasta pangawasa pangarangipun serat kabar bra martani. Kula manggih cacuwilan serat dongeng pangarangipun suwargi tuwan karel prederik winter. Juru basa ing nagari

3 surakarta. Ingkang dumugi sapriki tansah angambar ing kawicaksananipun manawi sakinten boten wonten pakewedipun mugi kapacaka ing bra martani. Wondene kawontenanipun kados ing ngandhap punika. 54 Kucing kang dhemen gawe prakara Ana kucing loro nyolong keju satugel ora bisa rujuk mungguh ing pandume. Amurih sirnaning sulaya. Sakarone padha rukun akon ambeneri marang kethek. Kethek dhangan ambeneri. Tumuli anjupuk traju. Keju diparo. Didokokake ing traju. Celathune mengko dak purih padha abobote. Lah. Sing satugel iki anjomplangake sasilihe sawuse celathu mengkono keju kang abot mahu dikrokoti akeh. Kapurih padhaha bobote. Bareng didokokake ing traju anjomplang. Kang abot anuli dikrokoti kucing loro andeleng pratingkah ing kethek mengkono. Ora enak atine. Celathune uwis uwis uwis wehna pandumanaku. Aku sakarone wus padha narima kethek amangsuli iya kowe wus padha narima. Ananging pangadilan durung narima. Prakara gedhe wah bruwet kang kaya iki ora bisa rampung tumuli. Kethek ambanjurake enggone ngrokoti keju genti-genti. Bareng kucing loro andeleng. Yen kejune saya suwe saya akeh kalonge. Aduwe panjaluk marang kethek dipurih anguwisana ing panrajune. Sakarining keju dijaluk kethek sumahur bok aja kasusu mangkono kisanak etrep ing adil iku kudu bener. Kang sapisan ing ngatase kang ngadili. Kapindho. Tumrape marang kang diadili. Sakarining keju kabener dadi bubuhanaku. Sumurupa tuwase kangelanaku sawuse celathu mengkono. Sakarining keju diepek banjur lunga saka ing ngenggon babeneran. Ing liding dongeng mangkono tibaning pangadilan iku arang kang bener. Rampunging prakara. Barang kang pinadu lupute kari sathithik iya entek kabeh. Katandhan dening atma sutikbra

Suraosing elid punika samenir boten maleset juru ngarang

Sambetipun cariyos patruk akaliyan gareng Gareng. Ela. Aku arep takon marang kowe. Truk ing pasar gunung regane beras kapriye. Lan kang akeh didol apa. Petruk. Yak takonmu kok ana be ta reng reng. Yen kowe takon beras ing pasar iya akeh. Sarta regane isih kalebu murah. Yaiku beras putih sadhacin rega 6 rupiyah slaka. Beras wuluh rega 5. Cangkem karut kang katara akeh didol ing pasar mung katela. Sapikulane uwong rega setali. Terkadhang iya payu kapate. Dene beras mahu kang akeh nempur wong saka bawah surakarta. Yen katela. Kang nukoni wong saka bawah dhistrik gendhingan. Ah wis cuthel kandhaku reng. Arep mulih aku. Gareng. E lambok iya mengko ta truk mulih. Isih wayah mene bae apa arep turu. Wongn aku arep takon kok. Petruk. Waiyah. Takon apa ta neh. Wong mripatku wis baliyut bae. Gareng. Truk aku takon ing kowe. Kaya ing ngisor kiye ya. 1. si kyahi biyen kondha. Yen kucing dikethoki sikile. Lan dikerok wulune. Iku ujare angger uwong padha doyan mangan malah kena uga tuwin enak pinangan mentahan. Lo iku apa nyata. 2. Sakabehe antelu. Iku mesthi ing ngaranan endhog uga. Kayata endhog pitik. Endhog manuk sapiturute. Nanging ana uga endhog kang ora karan endhog lo. Iku endhog apa. Lan kapriye arane. 3. Aku asring ngrungu. Wong angarani wong cacat tinembungake calahina. Lo iku kapriye tegese. Truk mara aku jarwanana kang dadi pitakonku mahu kapriye. Petruk. We the. Ora weruh kenthang kimpule patakonmu kuwe reng aku. Wong papincang bae aku iki ora bisa. Wong kotakoni werdining barang dhing angel angel la masa bisaha. Aluwung yen aku bok atak anyenggaki gendhing sumyar. Iku nerethel bae. Saotone. Tanpa irus. Reng. Nanging sanadyan aku ora bisa jarwani pitakonmu. Aja kowe nganggo uwas utawa kuwatir. Kowe duweya pangarep arep yen bakal ana kang paring sumurup mungguh kahanane pitakonmu kuwe. iya iku saka berkah kawlasane. Para sarjana kang wus mumpuni agal alus kasusra lepasing pambudi maharjeng rat. Gareng. Ilah dalah. Sokur yen mengkono. O saiba bungah legane atiku. Yen ana sarjana kang kersa amejang. Prasasat aku katiban lahe tul balandar. Kabanjiran kula kethok.

4 Petruk. Reh ing bra martani ongka lali. Ana mitra kang mungshut priksa. Tegese tembung tuwa awu. Tuwa gana aku kok iya ora sumurup kapriye ta reng. Tegese. Gareng. O. mengkene dhek ri bae tuwa gana. Iku tuwa wujude. Dene tuwa awu. Iku tuwa tilas bae. Upamane mengkene kowe duwe anak wis gerang dhaplok. Aku duwe anak isih cilik iku anakmu. Ngundang anakku kakang. Sabab aku lan kowe tuwa aku. Dadi gone anakmu ngundang anakku kakang mahu. Mung anilas saka aku lan kowe bae. Mengkono sabanjure. Lo saka panemune pambudiku iki aku sumongga. Manawane tosi iya sokur. Dene yen ana lasap aku ora lenggana. Anampanana pangesi esine para moncer ing budi. Karana sanyatane aku iki dahat tuna ing kawruh. Petruk. Reng aku kerep bae ngrungu utawa weruh. Wong calathu kanggo nyanyampahi ing wong liya. Tembunge mangkene la embok nyebut terkadhang kae la embok sukur. Lo. Iku kapriye tumanjane. Dene ana babasan anyaleneh anyar katon. Gareng. Dhuh panjenenganipun kiyahi juru ngarang. Kula nyuwun sumerep ing panjenenganipun kiyahi. Ing tembe bilih pawartos tembung malajeng. Kakembaranipun wartos bra martani medal punika kula punapa inggih pikantuk tampi pawartos tembung mlajeng inggal wahu. Titi katur kaping 26 mukaram warsa jimawal sangkala sinemonan Pandaming ngrat astheng rupa ingkang atur panjurung kula pun nyahi kawuryan Manawi sampun kalampahan angwedalaken kabar malayu gampil. Juru ngarang

5