<<

Ongka 1, Kemis kaping 6 Januwari 1881

Para ingkang sami ngemin serat bramartani, kula aturi tumunten angintuni bayaripun dene ingkang taksih kawaledan bayaripun ing taun kapengker, ugi engggal angintuna bayaripun kalih pindhah; Jurungarang. ======\======Surakarta Kinanthi mongka panjurung, pabaratan bramartani, nalika rigaraleka, catur janwawari kang warsi, sinenkalan sang ambuja, sariraning para tami. Pangantyan putra sang prabu, kondur mring dalem pribadi, nadyan sang srimung sajuga, pakumpul neng jronig puri, lawan para tuwan-tuwan, paurmatan sang pangantin. Ewadene gara wau, tansah tamu kang pinusthi, myat rawuh ing sang pangantyan, mung para tuwan wlandi, kintening tyas kang mangabar, ing bramartani manawi. Karsa dalem sang aprabu, runtut aka kadang sai, kasubingngrat praja liyan, nenggih kangjen gsribupati, sanetya sang pangudinya, pamong mitra kang lastari. Mring para tuwan sadarum, sih siniyan awat kongsi, rengkajroning tyas sypaya, tinulada para sami,putra sang sudibyeng praja, katandhan widadeng puji.

Kuburan Pacangkramaning durjana Nalika kaping 22 dhesember punika, jam 9, enjing, panewu pulisi kabudidayan ing tampir (Bayalali) pinuju amariksani dhusun dhusun bawahipun wonten sawetaning dhusun jethis kapethuk tiyang bawahipun anama tawijaya ing dirnca, lampahipun agagancangan lajeng kaandheg saha kapratitisaken tawijaya amratelakaken bilih lembunipun mentas kabradhat ing durjana, ananging lacakipun taksih urut anjog ing dhusun madhuk bawah mangkunegaran ing ngriku andadosaken kemenganing manahipun panewu ing tampir, amargi sampun saben saben bawahipun ingkang kaecalan rajakaya icaling lacak amasthi wonten ing dhusun madhu, ananging bilih lajeng kagledhah sepen malah pancen sampun dangu anggenipun ambudi lalampahan punika, sarana kajibahaken ing limpating pamarsudining telik sanadyan telik sampun saged angsal katrangan bilih sakiduling dhusun madhu wonten saweneh kuburan ageng ingkang sakalangkugn rungkut inggih punika ingkang kakinten dados pacangkramaning durjana, ananging sarehing dereng wonten yakinipun saestu kaweken pamarsudinipun saksana telik kakalih 1 anamakimayeng 2, ana makimili, lajeng patah angleksanani kalamaphana saciptanipun ingkang ngantos asal katrangan durjana sacihnanipun telik akakalih lajeng lumaksana asigra-sigra, inggaling cariyos lembu saestu kapanggih taksih kacancang wonten salebeting kuburan ananging boten angsal katrangan durjananipun sanalika wau panewu ing Tampir kalayan panggenging dhistrik Tumang, lajeng anungka nitik tilas panggenan pinanggih ing lembu dhateng ing kuburan sadumuginipun ing ngriku andulu wujuding kuburan sakalangkung kagawokan kakinten wiyaring pakuburan among 100 kaki pasagi, tataneman ingkang tumuwuh ing ngriku among kajeng semboja sakalangkung kathah sarta ageng- agengipun saha karambatan ing gagodhongan babondotn ngantos angrambuyung, satepining pakuburan pandhan eri tuwin nanas sarbang ugi sakalangkugn kathah ananging satengah ing pakuburan wonten panggenan kakinten wiyaripun 15 kaki pasagi boten wonten kalaejngan saha rumput ingkang tumuwuh ing ngriku, kajawi among pogogan kajeng awujud cancangan lembu, sakiwatengening cancangan lembu apanipun limit saha agasik tur parimpen mongka saking jawi lebetipun kuburan wau boten wonten margi ingkang limit, sarta sakiwatengening kuburan pantes bilih boten wonten tiyang ingang purun ngamba amargi saking sungil sarta kirang parlunipun ingkang tumrap ing ngakathah dados boten tatela punika angemperi paangkramaning para durjana, ingkagn mentas angsal pamandungipun rajakaya sasaminpun ananging sarehning sampun katingal sabiyantunipun ingkang sampun satubudi sang durjana kalayan para tiyang ing dhusun madhu mongka sanes bawahipun dados among lajeng …..pamanggihipun. Pawartos ingkang gumelar ing nginggil punika bilih kapara yektos boten langkung kula ugi among mumuji sagedipun kauningan para ingkang wajib anguwasani gagelenganing tatatentrem boten sakin gpunapa, e inggih among embok bilih kagalih parlu sirnaning babondhotan ingang tumuwuh ing kuburan wau, embok manawi saged anjalari tatatentreming dhusun sakiwatengenipun. Katandhan pamurih. Kulungkembang Nalika wulan Nopember ingkang kapengker jam 8 sonten tiyagn anama Resa Sudira, babauning dhistrik Tumang (Bayalali) mantuk saking dhusun bakulan sarehning margi ingkang linampahan wau tanah pareden minggah midhun ing jujurang sarta angleresi jawah riwis-riwis dados boten wotnen kancanipun lumampah, pamuhinipun boten pegat embok ingih wotnen tiyang jagi tegil ingkang mawi bedhiyan awit sakalangkugn asrepipun sumedya dipun purugi bedhiyanipun dumugi sawetanign dhusun tutup Resa Sudira sumerep wujud abremomong lir dahana bedhian lajegn dipun purugi kalayan bingah ing manahipun ngantos anglairaken wicanten makaten: lah dalah saiki panuwun ku katekan adheme orakira-kira ana wong bedhiyan, e, kang tunggu jagung dalane endi aku tulungana arep milu api-api, aku iki konca dhistrikan ngantos rambah-rambah boten wonten sabawaning tiyang, Resa Sudira lajeng wicanten asasungaran: Wong diundang kok meneng bae ngati-ati taktulisi jenengmu, sesuk tak tarik nyang dhsitrikan ugi meksa boten wonten tiyang ingang sumaur, sanalika wau Resa Sudira lajeng analasak ing pategilan sumedya anyelaki wujud lir dahana bedhiyan wasana sareng sampun celak saha kawaspadakaken ingkang kainten bedhiyan wau sima angregancang wotnen saluhuring pereng juurang, sasarengan samikagetipun sangsima anggero Resa Sudira dhawah konjem ing bantala badan lesu marmupa babalung lir den lolosi salebetipun sumungkem kaengetanipun boten wonten malih among anggenipun amasrahaken jiwa raga sarta angrarintih sambatipun mangkaten kyai kula niki rak boten julung ampun wuruk sudiga wegih kula babauning dhistrik Tumang, lan tdhak turune sing cikal bakal desa paingan wadene leh kula lair, ujare wong tuwa-tuwa malah wayah esuk sanalika wau sang sima lajeng amurugi sarwi angambus-ambus badanipun Resa Sudira ana nanging lajen gangles lumampah mangilen sareng sima sampun tebih resadurira saweg saged tangi lajeng andumugekaken lamaphan tukipun sadumuginig griya tansah adheleg-dheleg sakalangkung pangunguning manahipun dipun pitakeni yayah renanipun dereng saged damel katrangan sababipun ingkang kaucapaken wungsal-wanggsul among mangkaten: Ah tujune mung julung kembang, upama julung calok rak wis ora weruh ngomah wasana sareng sampun sawatawis dangu saweg saged amrasajakaken lalampahanipun. ======\======KUDUS Nalika dinten malem setu tanggal 25 wulan Dhesember 1880, ingkang mentas kapengker, tiyang kaji Ngali, gagriya ing dhusun WRgu kulon dhestrik nagari Kudus dalu punika kaji Ngali tilem ing griya sareng wanci jam 2 dalu nglilir sakin gtilem lajeng nganglang, dumugi sawingkinging griya, kaget miring sabawanign tiyang mawi nyuwara, melek melek saemper tiyagn jagi rundha pn ….jeng murugi sarwi mindhik-mindhik sareng celak katingalan yen inakng nyuwara melek-melek wau inggih sang duratmaka, awit katondha sampun akarya babahan, saha nyanyi canggah tuwin lentera….boten saronta lajeng apitaken sapa iku, sang duratmaka sareng wuninga dipun purugi tiyagn lajeng inggal amangslui, aku, sarwi nyawat banon kenging jajanipun Ngali lajeng dhawah oten dangu tangi malih anglawan, ing wektu punika rame sanget udreg-udregan asilih ungkih, gelut akuwel bithi binithi gantos kaleresan dintenipun jumungah enjing kaji wau cukur awit salat jumungah, sareng ramenipun gelut sirahipun kaji Ngali kang katingal menis-menis wau kacokotan ngantos gobrah-gobrah, dalu wau sang pandung karepotan kajengkang….boten uwal lajegn ktman ing ngalu kajeng sirahipun malopor dhawah lajeng pejah ngenggen, wektu punika kaji inggih boten kasupen cerik-cerik nedha tulung, saha binarung ungelipun titir arame, ananign sadhatengipun para tandang, sapandung sampun ngemasi. Katitipriksa ,katranganipun tiyang kang mandung wau anama katruna karim sami dhusun ing WEgu Kulon ugi, pancen sampun werinipun ing dhusun ngriku, sampun kaping tiga kenging ukumanipun nagari dipun krakal jalaran nyolong darebekipun ing tiyang, ananging taksih katingal seneng ing manahipun kadosa mangke kapok. Ingkang dados gumunipun tiaygn kathah wau, dene mandung mawi bekta canggah sarta lentera, kados punika,s areng lumampah dumugi pangggenanpajagen tiyagnipun tilem lajeng canggahipun kabekta sarta lenteranipun pisan Titi ing Krwitan ping 3 Januwari tau 1881 Katandhan Gumun. ======\======Ing Bramartani ongka 50, wonten panjurungipun mitra kula ingkang sisili nama manungkara, paring barkah babpara tiyang ingkang sami tumbas barang pedalan saking dhusun gumulan punika kaupamekeken kapal ingkang gadhah bendana gilap utawi rare ajrih maemdi, sakig punika sakamantyan andadosaken tuwuhing padhang narawang ing manah kula awit kula punika temen bilih tiyang bodho saha gugon tuhon tegesipun anganggep cariyos ingkang tanpa waton sareng kula mentas amaos panjurung wau raosing manah kula lir ima katamaning marutarda, embok bilih saged anjalari raosing manah kula kang anggugutan tuhu, ewa samanten kula kedah anggelaraken pawartos ingkang magepokan kados nalar punika malih. 1. Ing dhusun Kebon So kidul bayalali punika taemanipun wit ongka sakalangkugn kathah anananging bilih meda wohipun katumbas ing tiyang boten suka,bilih amunganedha kemawon sakajengipun ugi suka dados tiyang salebeting dhusun wau boten saged amendhet pekahipun, cariyosipun para titiyang ing ngriku milanongka wedalan ing dhusun Kebon So boten kenging kasade, amargipudi ingakgnmaha sade sarta kengkenan asade nongka wau, amasthi lajeng nemahi kasangsaran,bilih bekel sapanginggil lajeng kapocot bilih tiyang alit saestu lajeng katundhung saking balegriyanipun saha kedahlajeng wonten nalaripun. 2. Ing dhusun Ngmplak dhisrik ing Nglaban Sragen punika puni ingkang dados bekel ing ngriku upami gadhah damel saha sasaminipun boten kenging bilihmawi mragat ayam amargi bekel ing ngriku bilih ngantos purun kengken saha amragat ayam boten watawis wulan amasthi lajeng pocot mila lajeng sami giris. 3. Ing dhusun Ngrendrakila,Bayalali, supami wonten tiyang gadhah damel sasaminipun ananggap ringgit purwa, punika boten kenging mawi lampahan mintaraga, bilih wonten ingkang maha angangge lalampahan mintaraga wau, sanalika punika saestu kadhatengan kasusahan ageng, tuwin poncabaya, amargicariyosipun sampun kathah ingkang anglampahi mangkaten. 4. Ing peken Kuwel Bayalali, punika boten kenging tiyang sasadeyan kupat bilih wonten ingkang maha sade kupat wau, sanalika punika ing peken saestu lajegn wonten babaya, ingkang ngantos saged adamel guguping sadaya para tiyang sasadeyan. 5. Para tiyagn ingkang lumampah anglangkungi ardi marapi, bilih lampahipun dumugi waradinan satengah ing ardi Marapi kalayan rebabu, punika boten kenigng bilih wiraosan asrep, panas ngelak sarta botenkenging saupami angaru-arui sabarang ingkang katingal wonten ing ngardi, amrgi bilih maha kados awisansadaya wau lajeng kadhatengan ingang kalimrah winastan ampuhan inggih punika angina ageng sarta jawah riwis-riwis ingkang petengipun anggigirisi, tiyang ingkang lumampah saestu boten sumerep margi. Mila sadaya wau kula nyuwun barkah mitra kula ingkang sisilih nama Manungkara, supados amandami petenging manah kula. Anjawi punika panjurungipun mitra kula manungkara bab dhusun Gumulan wau wonten ingkang anyebutaken. (1) Cekuk Balilet, punika sarening kula taksih kirang magretos jarwanipun tegesipun kados pundit. (2) Bandana Gilap,lo punika sarehning songsong ingkang kaebyur paraos ingkang kalimrah kawastanan gilap mongka kapal ugi gadhah gilap punika rumiyin pundit tembung gilap kapal kalayan gilap songsong. (3) Ing pethikan serat Dhalang, wonten ingkang anyebutaken angolok-olok punika tegesipun kados pundit,Bab ingkang kasebut ing nginggil wau mugi sampun pisan anjalari renguning panggalihipun mitra kula, amargi ingngatasipun kula rareingkang sakalangkung bodho dadossadaya lalampahan ingkang dereng kula sumerepi kula kapencut badhe sumerep wijang-wijanging jarwanipun supados saged anuwuhaken padhang saha cumeplonging manah kula, mila adreng panuwun kula lumunturing barkahipun mitra kula.

Mira paduka pun Mursit. ======\======Dhuh Kadang ulun tibawarna, rising bujakirana tiron. Lalu leleng lir kalulun, mamangun tur mangungngandi, bramartani, sinung ongka dhapuraning jalanidhi, midhadha mradhuing gita, tondha pandhaning warti.Buja kirana titiru, naruwe wawanirengsih, mesi sugnaping tyas amba, tan pisan-pisan rerenggi, rengget minggu palanggugatan,mung karan kan mamantesi. Sarjana kang wijah ngrasuk, manguswarastambawitni, sih salulut sarjuning tyas, marmantatemah mastuti, mangsah arjaning pustaka, tadhaning tyas manuntuni. Tunaning kanang salirnung, nenguneng kang minangkani, manawung lebdamantaka, titithikawansingmami,bujakirana sabata, ing dhukuh wiwara manik. ======\======Cariyos ringgit gedhog lampahan panji Pungung raja putra Jenggala Jumeneng Prabu Anom

\\Sarkara\\ Mangripta srengkara Saptu Paing, kaping nawasura Jimakirnya, nujwa kapitu mangsane, wukune Warigagung, ulun tenger luhuring warni, pujongga naranata, pustaka winangun, alura nateng Jengggala, kang tinurut sajarah ing tanah jawi, nalika madeg nata. Binathara ing Jenggala manik, ajujuluk Sriu Dewakusuma, jayengrana paparabe, myanglembu Amiluhur, Sri Pamasa anjayengpati, sadhereknya narendra, sad pambajengipun, ,jumeneng wiku wanodya, apanengran dwijawarakilisuci, selamangleng pucangan. Ari Lembumiluhur narpati, kang jumeneng kadhiri narendra srilembupeteng parabe, jayamisena prabu, parab lembumarjaya ugi, iya jayanagara, dene Ari prabu, kang jumeneng ing ngurawan, prabu lembu mangarang ingkang wawangi, ya Lembu Amisesa. Tuwin Jayasasana narpati, dene ari nata kang taruna, ing singa sari prajane, nama lembu Mardadu, Lembu Amijaya narpati, iya lembu Pramoda, Jayantaka Prabu, dene Arine narendra, kang wuragil wanodya ingkang wawangi, sang retna pregiwongsa. Krama antuk tujung setaaji, kang jumeneng ing pudhak SAtegal,lir mangsuli tuturute, srilembu amiluhur, kang misesa karaton adi, mangkya sampun puputra, satus cacahipun, jalu sangangdasa songa, wuragilnya pawestri among satunggil, dene pambajeng putra. Raden Pratama mangkya wawangi, raden ARya Singabrajanata, janggan kumenthung parabe, anulya arinipun, dyan pratama, mangkya wawangi, arya singagrendaka, nunten arinipun, anama raden Prawata, nata ARya maesarangkung kang rayi, nama raden Akasa. Apa parap murdaningkung pnaji, arinira nama raden Surya, Panji ngronakung parabe,gya malih arinipun, raden Songka anama Panji, mangkya kuda purnama,nunten arinipun, anama Raden Trengggana, ngalih nama Panji Kudamartengsari, nulya riraden teja. Nama Panji Kudapulangsari, arimalih nama dyan wangkawa, mesajlamprang paparabe, anulya arinipun dyan Jalada ran worawari, aridyan jaladara, mangkya parabipun, gandari dyan jaladara, ari Raden Kilatmangkya nama Panji, mesa thathit arinya. Rden jejala parab dyan Panji, mesakencana malih arinya, raden geter paparabe, kidang kencana wungu, ariraden pater wawangi, dyan panji kidang soka, nulya raden Guntur,nama dyan Kidang WElakas, arinama Raden Ketug awewangi kidang ujung widagda. Riwarsaya nama raden panji, udan sari anulya arinya, raden sasanga parabe, udan Semadiningkung, ariraden Lalitanami, panji Udan Mintaya, dene arinipun, anama Raden Gurnita, mangkya nama dyan Panji udan Semeni, ari dyan Samirana. Nama Raden Panji Anrangpati, nulya arinama Raden Tirta Panjingrangbaya prabe, dyan asa ariipun, panji anirbaya kang rayi, raden setu paparab, panji waneng kewuh, nulya riraaden Narmada, parab panji Mesa tan kundurkang rayi, wasta Raden banawa. Nama Gajah Urawan dyan Panji,nulya ari Rahaden Arnawa, Gajah REjasa parabe, dyan Ombak Arininipun, Panji Narasinga kang rayi, raden Pase anama, Panji Singapadu, nulya rirahaden wana, nama Panjimacanpura ingkang rayi, anama Raden Guwa. Panji Caranggotha kakang rayi, raden Gahana mangkya anama, caranggana nulya rine, dyan Panji sapugarut, raden TArularta kang rayi, Panji Paningron nulya sumekar rinipun, atas paningngron arinya, dyan sumemi parabnya kusuma panji, ariraden WRatmaka., Ari Raden Wratmaka. Panji Wiratmaka nulya riraden Wratsongka angalih nama, Wiramantri ga arine, dyan pranawa jujuluk Panji Gagakpranawa ari, nama RAden Pradipta, mangkya parabipun, dyan Dhadhangwiring, arinya, dyan kumukus lebda jiwa asisilih dyan kumutug arinya. Panji PUlangjiwa nulya ari, raden Taparan panji sadewa, nulya dyan Brataarine, nirmala parabipun, arinama Pranatawangi, dyan panji Sudarsana, nulya arinipun, raden Subegtipaparab, Panji mangun Oneneg nulya ingkang rayi, nama Panji Sam,peka. Panji Singgunkara kang sisilih, arinira malih kang taruna, anama rAden Pamade, jujuluk Panji Wirun, inggih Arya datan pasiring, myang Rongga narataka, nunten arinipun, kang ana maraden wida, silih panji lamongan nulyakang rayi, wasta raden mandhapa. Panji soma mangkya kang wewangi, ariira wasta Raden TEpas, citrasoma paparabe, nulya riraden wangun, Panji entha-entha wawangi, ari raden winata, nama Panji TAtur, raden manguntur anulya, nama Panji Panggung kancana kang rayi, dyan Pakuwon anama. Panji Wirancana nulya ari, raden Waka,nama Pandelegan, raden prameya arine, Kandhuruwan jujuluk, Arinama Kartala sisilih, Panji Mesakatang, nulya arinipun, anama Raden Kretarta, ngalih nama Panji maesa Sulastri, Rinya Raden kartama.Panji mesasura asisilih, tuwin nama ARya Dirgandaka, Raden Kartana arine, parab andaka lawung, raden Suranggana kang rayi, singabarogn paparab, nulya arinipun, anama Raden Surangga, mangkya nama dyan panji mesapanolih, nulya riraden Kalang. Panji kadang kalang nulya silih, panji Gajhah wulung duk mangun prang, raden andaga arine, ran Panji Banyakbakung, ngalih macan wulung duk jurit, nulya raden rantunan, ari Raden Umbul, nama RAden Panji Kresna, inggih panji Wulung nulya ingkang rayi, nama r aden Kekontha, Panji Tunjung wulung asesilih, nulya arinya raden tengara, kuda paneteg prabe, anulya arinipun, dyan pradongga mangkya wewangi, dyan panji manoara, nuli arinipun, dyan panonjok silih nama, panji tondhamianng sraya ing ngajurit wasis Ngasmaralana. Taksih wonten candhakipun. Ongka 2 Kemis kaping 13 Januwari 1881

Surakarta Ing nalika angrintyenakenmalem dintenAkat kaping 2 januwaripunika, ing kampong Kaparak Kiwa, pagriyanipun tuwan B.Y.M.Sehkret, kadhatengan juti, 2 iji, tanpa sebawa,lajeng bobok griyanipun tuwan, dereng ngantos butul tuwan pinuju medal saha begta dedamel penthung, sreng tuwan sumerep dhateng tiygn juti kekalih, boten saronta lajeng katndangan purun, dene pun durjana inggih ugi tadhah samipurunipun, lajeng campuh ing ngadilaga, prang ruket tuwin dipun but kalih, ing semangsanipun tuwan dipun parjaya dhaten gpn Juti tuwan parigel tangkis kalayan penthung, sareng danguning prang pun Juti kataman ing penthung ingkang satunggal lajeng ambruk kapidhra, kantun stunggal sami stunggal, sisilih ungkih, sang juti kenigng kasikep kagulingaken lajen gkapusara dening tuwan ijen sami ijen,lajeng satunggal ing juti kang kapidhara saweg badhe tangilajengkatubruk denign tuwan juti tanpa sesenir kaprawiranipun lajeng kapusara pindhah, ingkang punika, tuwan pantes kaalembanaka, tetelayen suramarata, ignakng angggumunaken sadangune campuh ing ngdilaga bok inggih wonten sebawanipun ceretk, dados tongga tepalih tuwin patrol boten wonten ingkng tandang tulung, salajengipun juti kalih kaladosaken dhten gkapulisen ingkang ngirit tuwan piyambak, lajeng kasimpen ing kunjara. Nalika ing dinten Salasa sonten tanggal kaping 11 Januwari taun punka, ing amrgi salering Gemblegan, pinuju jawah deres, wonten tiyang anyebrot dhuwung, patrapipun anggene nyebrot anyarengi sami lumampah, sareng lena dhuwungipun kasebrot kenging lajeng kabegta malajeng dhten gpun juti, ingkang gadhah lajeng ambuju saha alok-alok nedha tulung sarehning jawah deres saha latripun tiyang pakampungan ing tanah bilih jawah sadaya saurutipun dados balumbangan dados sareng wonten tiyagn ketiwasan anggenipun tandan gtulung boten waged gancang, pijer pating kacebur wonten kang kapleset lajeng dhawah, wonten ingkang kacegur ign kalenan anuwuhaken susah sanget mangkaten punika,mongka pinuju siyang mendah bilih dalu, ing wusana tiyagn ingkang nyebrot boten waged kacepeng, anangingsarehning dhuwung wau sae tagsih kaudi kemawon anggenipun bujung, kilap salajengipun. Panjurung. ======\======Yogyakarta Ing Pemahanipun pun Setradiwirya, kampugn Martanagaran wonten uwit suwek ingkang ing mangke anuwuhaken sekar sakalangkung agengipun kathah para tiyang ingkang dhateng ngantos saking ngamonca inggih dhateng, para tiyang wau sami ambucali sekar konyah, angobarmenyan saha amicanten anyuwun berkah, srehning tiyang kathah dados pating calemong wicantenipun wonte4n ingkang nyuwun kasugiyan panglairsan karuhuran paa jalu anyuwun dipun kedhepana anita, angsul par wanita dipun kedhepana jalu. Sumongga para maos dipu ngalih alalampahan makaten wau, gugon tuhon teka taksih kemawon wonten malih ingkng angungkuli pnika anggenipun anggumnaen ing nagari batawi punika wonten mariyem ageng, sampun sumeleh ing siti, ng bongkotipun wonten pencunipun nestha tanga agegem bithi,pn jempolan manggen saselanipun dariji panuding tuwin dariji panunggul punika manawi malem jumuwah sampun tamtu kathah para wanita legan dhateng ing ngriku, akosod sarwi anyuwun katuwuhana ing wiji, sumongga sami anggalih agugon tuhon makaten wau, punapa boten kalebet longka. ======\======Panjurung atur wangsulan Ing Bramartani ongka 51 panjurungipun rising sisilih Bujakirana kula sanget anyondhongi dhteng pangasahing panggalihipun rencang kula pepaliyan inggih punika Prawirasawanda, ingkang sapunika ciklangen sawanda, sareng kula anedahaken saraosing panjurunging panuka, ewadene saget amangsuli, atur supados wonten karsanipun sang bujakirana amaringi tegesipun ing kasbut dhawah panduka. 1. Punapa purwanipun tiyagn kajugaring wegigipun 2. Tambleg ing manah 3. patitising pamicara 4. Muayaning panggagas 5. Sumarambah ing Semu 6. manteb temen madheping keblat 7. Amot mengku ing ngala ayu 8. Kumandeling panutan 9. Tan ngdhuh ing ngadhem panas perih linu 10. Jatmikaning palungguhpangdheping gusti 11. Oabgrasyjubg nabag nebgkebgubg cuota 12. Kalulunipun dhateng panglunging pandulu 13. Tiyang kadugen saciptaning panggayuh

Ingkang kasbut sadaya wau papaliyan kula nyuwun werdi, punapa wiwitipun punapa wasananipun, punapa pakiyatipun punapa parisakipun, punapa ingkang anglanggengaken, amargikalangkung bingung ing panggayuh ing manah, kanga wit samangke yen ta sampun nacik wanda wau kaengetan turunturunipun tiyang ing saleebting nagari, prinding-prindingipun badhe kenging pethek ing sang buja kirana, pamagangipun ing langen arja, satengah badhe angles purwanipun, dene jangkeb sataun dereng saget tampi sih kawlasaning lurah, dereng katetepaken ing pangkat dereng tampi paring dalem balonja pakiyating pasuwitan bokmanawi punika naming sangking lurah ngandhap kimawon, dumeh maksih kirang pambayaripun arta babekten. Titi. Katandhan sadherek tunggil sunu, kawukgeng. ======\======Panjurungipun mitrakula ingkang sisilih nama Parigita, ingkang mundhut teges sarta wijangipun tembung pannggang kumet sapanunggilanipun punika mugi sampun andadosaken tuwuh rengunin gpanggalih saestuniipun boten pisan-pisan bilih kula saged anjarwani awit saking cupeting pambudi kula boten langkung kula among anetepi babasaning rare among angundang kaum mugi kababarna menggah jarwanipun sadaya, amargi saking pamanggih kula ing ngatasipun mitra kula parigita sampun boten kaweken ing pangggalih, wondening pamundhutipun teges sarta wijangipun tembung dhumateng kula wau, among katarik saking katresnan karsa gugujengan o, ugi sanget panuwun kula, Ewadene ing ngatasing tumitah boten saged anyirnakaken rasa rumasa panggagasing manah sanadyan kula sampun anamtokaken boten pisan-pisan saged anyondhongi ananging kumedahing manah ing gelaraken kados ing ngandhap punika. 1. Panggang kumet, punka among merit wujuding ayam kang pinanggang, tegesipun panggang ayam ingkang taksih alit 2. Panggang loma, punika panggang ayam ingkang sampun ageng 3. Saudara, punika embok manawi tembung malajeng, wetah ing tembung, saodhara, wancahipun sudhara, tegesipun sadherek 4. Nagari Atas angina, punika embok manawi boten wonten nagari ingkang nami mangkaten. 5. Nagari Bawah Angin, punika embok manawi boten wonten nagari ingkang nami mangkaten. Ananging among sasebutan atas angina inggihpunika sadaya nagari ingkang dumunung sakilening nagari Ngerum sapangilen bawah angina punika sadaya nagari ingkang dumunung sawetaning nagari Ngerum sapa ngetan ananging mula bukanipun kula ugi boten sumerep 6. Minangkabo, menikreto, kula dereng sumerep babar pisan 7. Tribuwana, tegesipun jagat tiga, ing sapunika sampun boten wonten sasebutan utawi dumunungipun jagat tiga, dene ingkang darbe sasebutan mangkaten among kala jaman kadewan tegesipun jagat tiga wau 1 ariloka, 2 janaloka, 3 Ngendraloka, ananging mulabukanipun sarta wijanging tegesipun malih kula inggih dereng sumerep among punika radhuging pamanggih kula, asana nyuwun gunging pangaksama.

Anjawi punika manawi kapareng sarta sarju ingpanggalih kula nyuwun teges saha jarwanipun tembung kados ing ngandhappunika. 1. Ila-ila, kadosta, ila-ila ujare wong tuwa (kuna) 2. Angenaki sarak, kadostatiyang ingkang adamel wangsulan sasaminipun amurih carem manahingliyan 3. Para utawi papara, kadosta, paratiyang, paranyai, paranini, sasaminipun tiyang sasadeyan mas inten kasebut para, sekul cadong nami, para, utawi tedhak dalem papara. 4. Ringgit, kadosta, ringgit wayang, ringgit taledhek, ringgit arta, wujud sanes- sanes tembungipun sami ringgit 5. anu, kadosta, sinau, duwe kesianu, dianoni, tembung satunggal punika lemes piyambak 6. Ilap, kadosta seje ilap 7. Kilap kadosta kok dados tembugn kilap punika boten sumerep 8. Mulangsarak,kadosta rare boten miturut pangjaraning tiyang sepuhipun katembungaken mulang sarak 9. Geni sanglat , kadosta griya kabesmentanpa sarana kawastanan geni sangat 10. Kok kadosta, kok jaluk kok gawa 11. Embok,kadosta tembokiya, embok aja, embok biyung, ing pasisir sampun kathah tembung embok wau saminipun kalayan kok kadosta, embok jupuk. 12. Tak. Kadosta takwanekake, takgawa 13. Ta, kadosta sapata endita 14. Waos kadosta tumbak wajan, waja, kejen untu, kramanipun sami waos mongka wujud sanes 15. Wala, kadosta ladosaning lurah dhusun dhateng nagari, cikal ingkang wiwit awoh nami wala, bebedaning rare nami sabuk wala 16. Jambet, kadosta, jala, jalu, jambu,jarak,kramanipun sami jambet mongka wujud sanes-sanes.

Lo among punika ingkagn kula suwunaken barkah teges sarta wijangipun kados pundit, tur sampun kalampahan salaminipun ananging kula dereng sumerep tgesipun wasana sanget pangajeng-ajeng kula. Mursit.

Panjurung Dhuh lae kang singlon nama mursid mutadane panjurung takanang, tumuju mrig pawong andhe manungkara kasumbang, kretarteng lir kawruh tyas minter, munggeng serat pawarta, bramartaninipun, cinitreng arirespatya, lek kaping sad ing candra Majanuwari, angkanira ing warsa, sewu wolungatus astha desi, juga nengguh ing pamanggih ingwang, kang mangkana goroh kabeh, mung sing tutur duk mau, kang tinampan midhaning budi, tan mawi ginagas, sumarma sireku, yen arsa ujar nglengkara, gya temokna kalawan budiniireki, kaya tan prelu Tanya, jer gampang kewala kang kadyeki, gya nyamat tyas ing kabyanktanira, pamasun angandhakake, ana gajah geng langkung, lineboken wuluh ing bedhil sira banjur nimbangi bolonganing wuluh, apa murwat lamun kena, linebonan ing gajah marata yayi, rak iya luwih gampang. Katandhan Jalidin ing kratonan

Minongka tempuring pangalembananira rissang Herusastra. Mangayam-ayam andulu, ing pustaka Bramartani, sinung ongka titisara, sumawana ulune maksi, wuryanign gita ginubah, Erusastra kang sisilih. Sumawuriptaning tembung, kadika diminangkani, panggayuh raket sumitra, mawi ya talangkung adi, mangalembana mring amba, binusanan ing berbudi. Sakala amba umanggkul, suka sokur ing Widhi, arjaning sastra ngong wang-wang,ulun rasuk lir dyah adi, raket lumusup ing dhadha, tinampi retnaning budi. Tumang wangwangwang asuwung, sinawung sawung sru wingwrin, temah umastawa amba, ambabana ing hyang Widhi, sinidhaha ing laela, lumawat mring mitra mami, Sampat papapating kalbu, nulya mawas sastra malih, tuhu tuhu tyas marwata, sawitning manungku puji, giling reh pangalembana, nanging yogiya andalih. Bujakirana puniku, marma mangsah munggeng warti, sangking srumanggung onengan mongka metlaguning gati, anggagat gita lukita, raraping karkat malirip. Tanketang laguning lagu, kithaltheling karma kawi, mandekunging lingga sastra, karanten mangridha budi, mangkya temah sinambrama, mring mitra mantaka lewih. Murut tyasing sun kasaput, lir roda mala manglilir, amba brkirap sumunur, sinerang sami ranaris, dadya raras rodamala, sumengka ambiraheni. Lagang gambiranign kalbu, nanging cuwaning tyas kadi, kadekan dining sabdarja, paranta mitra mstani, wriya arjaning pustaka, saking gunambama mardi. Midana warta diluhung, punika tanpisan mami, mangrururng ruming warta, trlen camiptaning kapti,lumayan manglagubsa, marme samba mantayakti. Mongka tarbukaning kalbu, angler caritaning paksi, kang mongka sasmiteng lena, nalika anggondhol roti, srimandon panging mandira, kang darbe roti muringring. Rare alit langkung ngungun, weteng ngelih ngasta roti, pinarbut dhangdhanga ngambara, anulya dipun tututi, neng ngisor mandira mangwang,mring dhangdhangrotine maksih. Mangargya mangsah amuwus, mamalat mamrih mrak ati, baboratunin gkukila, langking mawacahya luwih, baya mukaning kukila, lalanandon mrih arjanti. Kuciwa wawadinipun, tan wigya monang amuni, ibararase yen nabda, ciptaning rare yan muni, pasthi rururotinira, tan antara dhangdhang muni, Anggugug gagah angguyu, runtuh mututane roti, punika prawitanira, derahing ngalembanadi, lamun mung kuk mangkrak ing tyas, kacedamring jawatadi. Tarlen ing pamudya ulun, lamun sambada suwawi,manawung mitran lan amba, datweyan ta den lastari,manginggar kirapneng ika, warta tama bramartani. Langgapan pinongka tunduk pagut purbaning kanangsih,lir tibaning retna maya, saking bapa lawan bibi, tempuheneng sarirasa,babare saeka kapti. Tumaruntun alamipun, yeku sastra bramartani, pinolah lagi teng driya, kandhahing arda dumadi, dangdanan dayeng dumadya, kaswarjan munggeng pawarti. Titi kintaki ginelung, le king condra girimedi, surajimakir kang warsa, sangkalanira winilis, luhur candraning sampun dyanira bujakiranana. Asmin. ======\======Candhakipun cariyos pethikan saking serat Dhalang Basa malayu.

ADan wiwit matur wau , sarwi awotsinom, inggih gusti mangkaten gancare, aprawita nguni wontenpaksi, drekukuku kakalih,mimitran sih lulut. Kang satunggal Basendhah anami, neaps endhah karo, e biprayagwanira saharse, sadherek an mandar para jangji, dentekeng salami, gwanira akumpul. Kalih pisan pratisthenga sepi, atunggil sasusoh, taman kirang kamongka sarate, ing ngagesangmyang arsa ninggalih, krana doni reki, keh sarwa cinucuk. Salamine gesangipun sami, eca sakaroron tentreming tyas tan cipta liyane, kabingahanipun anyekapi, kuneeng sajugari,basendhah amuwus.Eh sumitra kita sun poyani, sotanign tyasing ngong, pan wus lalu pamonangongane, teka nglocitani lir angganing, kagapinarsadi, neng jronign kukurung. Marmitane samene kalair, kalekaning batos, saking tan kawawasa jatine, nawawani ancaryaning galih, sedya samanoni, barang kang during wruh.Srana pindhah saking gwan kang sepi, kaya apa wroh, paran ing lyan ing karta kartine, iba bungah ingsun ngudaneni, kang during sun wruhi, rurupan diluhung. Ye kan gsupaya nangi pambudi, wit saking pangweroh, ngosikaken graita pamane, bongsa lalandhep den warangkani, waswalelis wai, apa gunanipun. Pae lawankang kerep tinarik, kanggo anrang mungsoh, neng paprangan apa dene maneh, sapa ingkang kulineng ngasepi, kelikan aniti saweneh ingg kawruh. Meneng bae tan gelem mrasudi, undhaking pangretos, yekti lulus ingkabodhoane, temah kuciwa ing ngurip neki, marma awit saking, katengwnag ing mau. Ingsun arsa akakaring sinau angruroh, pangartiyan kang jalari kajen, kinurmatan sasameng dumadi, yawn kasiden asring, lulungan anglangut. Akeh pakolehe winarsudi,budi ingkang kaot, weh kabegyaning ngong gawastune, lan keringan mitraja angapti, nyampurnaken elmi, kang tan wowor sambu. Nanging Nepasendhah tan narjoni, budi kang mangkono, saurira mtira ywage-age, anuruti karejeting piker, wit sun tan kapengin, nurut saha gyamu. Agampangken sakehing prakawis, aku uga weroh, apan kita yawn wrin sajatine, mungguh kasusahanireng margi, sayah ing lumaris, morem ken sawastu. Apa jeneng para anduweni, rumasa mangkono, apa dene yeku tan duking reh, boseni ramimitran lan mami, kudu golek malih, ijoling sadulur. Calathu mu kurang yatna awit, nora gampang babo, mrih pangawruh kang deling jatine, lawan oleh mita ingkang becik, kang temen trus ngati, tan kaya sadulur. Ingkang wus kulina ing salami, barang nalar conthong, tanpa uwas weruh legedane, lah kapriye ki tar saka pengin, nuruti umobing, rah datan saharju. Mring praja lyan kang during den wruhi, ngendi gone mondhok, ya pyan ratri tansah melang bae, asoning badan kanthi kawatir, gek kaget atangi, dadi anandhang puh. Sapa ingkang sinambat supadi, ambirat prihatos,mulasara asung usadane, awit during dawya mtira becik, wasana nandhang gring, mulane wakingsun. Ora gelem milu golek sedhih, angur atutturon, aneneg sarang sinambit amureh, kabungahan samurwatireki, iya mesthi olih, tan kaya karepmu. Golek kangelan ya pyan kasisip datan wun katempoh, ing cintraka polah mu kapriye, dyan basendhah aris anauri, ing sun tan maoni, kang dadi pikirmu. Lumaku doh keneng sayah tuwin, susah myang pakewoh, anenga wananging tanpa gawe, sira kandhaken mring jeneng mami, krana yawn bungahing, tyas sayah tan ketung. Awit weruh rurupan sakehing, kang during tau wroh, ing ngatase ana paran kuwe,lamun ora eling bungah neki,pesthine priatin, ewadene mungguh. Bilai tan keneng den bakali, najan aneeng ngenggon, ingkang sira kulinani kiye, yapyan uwun masane nekani, ngendi gone dhelik, tan wurung katempuh. Nanging lawiyaninreng dumadi, kawenang angruroh,kabegyan lan kamulyan tanpae, lan manungsa padha sinung ati, mula awit saking, pangindriyaningsun. Nasdiken saweneh ing prakawis, kang pened lan linyok, mungguh antareku wahanane, kudupinardi lawan kakaring, sarana manoni barang kang during wruh. Wit babaring kawruh tanpa wangkit, marma ing tumuwoh, waji jembaraken jajahane, supaya keh ingkan den kawruhi, yawn kasiden uning, keh surupanipun. Antuk marga manjerken pambudi, bedaken wiraos, raosing tyas kang wening jatiine, aja tansah malupuh ing galih, amupus ing takdir, kainen satuhu. Tuna ing ngatase adumadi, tan anyipteng kawroh, sasat uripira tanpa gawe, taman masung titilasan becik, neap sendhah angling, adhuh mitraningsun. Taksih wonten candhakipun. Manungkara. Ongka 3, Kemis kaping 20 Januwari 1881

Madiyun

Dahat ngunguning manah kula, wite dening kula tamnpi kabar saking saweneh ing mitra kula ing ralapa nguteran bilih tanggal kaping 12 Dhesember 1880 wonten tiyang kakalih 1 nami Trontika, 2 nami Bongsakrama, sami griya ing dhusun Candhi Maling, Nguteran sampun sam antaka wotnen salebeting sumur, wondening purwanipun kados ing ngandhap punika. Wau tiyang 2 lakar sawek sampun anggenipun adamel sumuringlurahipun sareng wulan tanggal ingkang kasebut nginggil wanci jam tabuh 2 siyang tiyang kalih wau darbe atur dhateng lurahipun bilih badhe malebet sumur, jalaran wonten pakakasipun ingkang kantun ing sumur wau, awarni, 1 linggis, 1 capil,1 bleg, samanten pun lurah sareg tampi aturpunika, inggih dahat anayogyani, saksana wau tiyangkalih ingkang satunggil nami tronti kalajeng malebet ing sumur mawi ondha deling, pun bongsa karma kalayan wonten malih satunggil lare nengga ing nginggil ing ngriku sareng sampun sawatawis dangu katupiksa ing bosakrama, bilih pun trontika boten wonten angsul sarta kabengok boten sumaur, manahipun boten sakeca,bnogsa karma sigra nusul malebet ing sumur, badhe priksa punapa sababipun, ing ngriku pun Bongsakrama ugi lajeng boten wonten angsul minggah. Samanten cekaking cariyos lajeng kapriksa ing lurah ipun bilih wa tiyangkalih sampun sami nemahi antaka, saksana lurah lajeng repot ing Asisten wadana, ing sadhatengipun asisten wadana tuwin pulisi kathah, lajeng amatah satunggil tiyang kawadhahan kranjang mawi kaulur kapurih gangkat mentas wau kunarpa, andadosaken pangunguning ngakathah dene tiyang wau sareng udhunipun sawek angsal sapalih,lajeng ambengok nedha katarik wangsul amargi boten saged narik napas, lajeng katarik wangsul malih. Sarehning sampun boten wonten tiyang satunggil ingkang sagah malebet ing sumur jalaran ajrih, sang pulisi lajeng gadhah akal wau kunarpa kaji ret saking nginggil sapinten susah pakewedipun wektu jiret wau jalaran wau kunarpa boten katingal terang, among ngrenggemeng, wit deninglebetipun suur 45 kaki ananging wasananipun kalampan kenging, sareng kapriksa badanipun katingal sepen ingkang anjalari lenanipun saking umuming ngakathah boten sanes among bokbilih sadumuginipun ngandhap booten saged narik napas jalaran salebetipun bumi hawanipun kandel sangsaya magandhap sangaya langkugnkandel angungkuli saking ing sanginggiling bumi punika, ananging teka angel temen saking reka penggagas kula, dene punapa awektu sawek damelipun sumur wau tiyang ingang damellajeng boten pejah, punapa awit denign toyanipun ing wau deren gmedak sareng punika sampun medal ananging kabar toyanipun saweg 3 laki lebetipun amila punika kabarkula pacakaken ingpambaratanipun pustaka warta Bramartani, kang supados para sarjananing bramartani ingkang sampun putus ing kawruh karsa anaruwe kados pundit saking salugunipun denign bab ingkang makaten wau.

Panjurung Ing serat pawartos Bramartani,ongka 48, taun 1880 ingkang sampun kapengker, wonten panjurungipun ingkang atondha astaS.P. ingkang wiraosipun bab kathahing tiyang asli ignkang ngantos taun taunan mamagang ngajeng-ngajeng angsala pangakt pandamelan nagari, ngantos sepuh tansah kecutwan kemawon, kula punika inggih kerep amrangguli ingkang makten punika, sarta sanget ngraosaken ingkang masthi dados pakewedipun ing atasing rejeki, pangraos kula sanget eca dados tiyagn alit ingkagn kacekapan panggesangan jalaran pandamelan andhap kalih tiyang trah saking luhur, mongka kecingkrangan dhasar ing saleresipun ingkang jaler ingkang anyepeng ignkang minongka pangupajiwa, samanten punikapunapa boten asring kemawon mengggah para tedhaking priyantun sanadyan ing priyantun ageng, ingkang jaler meh boten anglebetaken punapa-punapa, naming ingkang estri ingkang nyanggi ngangsalaken rejeki dhateng tiyagn sagriya, jalaran anggarap damel nyerat sapanunggilanipun, dados rinten dalu tansah sayah kaliyan bot repotipun langkung kathah. Pangraos kula menggah kawontenan ingkang makatenpunika sanget boten pantes, tiyagn jaler manawi kados makaten nedha naming pamedaling sayahipun ingkang estri, punapa boten wiring, ingkang sarta punapa boten wajib angupados margi ngandhengaken panyanggining semahipun. Kados kados tiyagn sadaya sami anglereakendhateng ginem kula makaten punika, nanging ugi sami kewedan sarta taken punapa wonten marginipun, mongka sapa manggih kula estu wonten, inggihpunika menggahingkang taksih sami badhe,inggih lare lare ingkang saweg kagulawenthah punika, dene ingkang minongka tatedah margi boten sanes para estri, ingkang saweg kacariyosaken wau, sanadyan inggih asli sasebutan mas ajeng dumugi raden ayu sami sae nglampai ingkagn kenging kawastanan pandamelan tukang inggih nyerat sapanunggilanipun dameling tiyang esri, yen ta para estri ingkang asal sami boten wiring nglampahi pandamelan tukang estri, para jaler punapa awirangnglampahi pandamelan tukang jaler, supados sageda nyekapi rejeki dhateng putra garwa, kalayan ngethengaken sasanggening garwanipun, dene wiwit saking kalapunapa kenging kawastanan mirangaken tiyagn ngaesang bilih nyambut damel ingkagn kelebet jujur tuwin maedahi, kadamel anggumatosi anak bojo, punapa boten mirangaken saestu manawi tiyangjaler boten saged pandamelan ingkang cekap ngampah kamlaratan saking griyanipun. Prakawis punika kedah dipun raosaken makaten, dene apindha tiyang sadaya sami tangkar tumangkar dadosa saya wewah kathah, boten beda tedhakipun tiayng asal,mongka mengggahpalenggahan utawi padamelan nagaripunika pancenkathahipun, utawi bilih wonten indhakipun,boten sapinten,s ami ugi mengggah padamelan juru serat partikelir sapanunggilanipun, punapa boten sampun tatela bilih lami-lami wotnen langkung kathah para asli ingkang boten angsal padamelan kados ingakgn sampun adatipun dumugi samangke, sanadyan padamelan magang ingggih boten kalih dene punapa boten langkung perlu ignkang sapalih sami ngupados margining pangupajiwa sanesipun. Ingkang punika kang dados rembag kula supados para asli ingkang gadhah putra kakung, sareng umuripun watawis tiga welas taun, karsa aniteni manawi wonten watekipun badhe gadhah kasenengan agugulang padamelan tukang, kdos ta undhagi sapanunggilanipun, utawi padamelan nyungging, anggambar saaminipun, makaten malih paamelan tani, bilih inggih lajeng dipun gulangaken, mongka supados kapan dumugi umur samanten wau sageda gadhah panimbang bab seneng lan botenipun prayogi putraputra sadaya alit mila sami kalanyahaken aningali pandamelaning tukang warni-warni, sarta kapurih sampun ngantos tuman nyampahi utawi kirng ngaosi dhateng pandamelan wau, yen bab tani, angsal majegi siti bera saking gupremen namugn ngasawatawis bau, makaten malih menggah padamelan mandhor utawi opsinder pabrik inggih prayogi kaangkaha, naming sampun wonteningkang ajrih sayah ing salira utawi panasing baskara. Anjawi saking punika rembag kula malih supados sami talatosa nglebetaken putranipun ing pamulangan gupremenutawi partikelir enggening anggugulang warni- warni kasagedan ignakng perlu, samanten ugi sanadyan ingang sami ketitik sumedheng dhateng kasagedan alus iingkang kawulangaken ing ngrika, inggih sampun kapasthekaken dhateng pandamelan gupremen sadaya, utawi kalebetaken dados magang, mindhak tuman andherok, malah wontena ingkagn kapurih baudipun dhaten gpandamelan tukang cengkal tilamg mgadego [a,amgiomg groua gedjpgm sa;oua-liyanipun, mengah punika kedah ngantos saged anglampahi eksamen sapalih sageda dados opsinder watersetat utawi lanmeter, sapalih nglampahana pandamelan partikelir. Pamdugi kula ingkang makaten punika badhe dados pitulunan dhateng langkugn kathah para tiyang, sarta dados pangampahing karepotan tuwin ing kawirangan kathah, dene yen kelajeng kados ingkang sampun sampun ing wingking badhe sangsaya boten prayogi, ugi sabab bilih tiyang tiyagn sepuh sami kawratan kasusahan margi kikirangan rejeki, lae lare mindhak boten kagulawenthah ignakng andadosaken saenipun mindhak anyuremaken cahyaning asal miwah ing tedhaking luhur. Yun NIrsak.

Panjurung nginggil punika mugi karaosna kalayan ing wskitheng ing tiyas, dados badhe kadumugen pangangkahipun ingkang amanjurung, inggih saestu boten ta putranipun para gusti mangandhap dhumatengputranipun para prayagung, teka kagulanga dhaten gpandamelan undhagi, ananging pitadah wau naung kapirida ing upaminipun kemawon makaten sanadyanputranipun para gusti tuwinputranipun para prayagung, inggih keah kawulang dahteng lalampahanipun ing ngagesang, supados bilih katilar para sepuh sampun ngnatos kawangskungen pramila para sepuh dhumatengpurta mugi sampun ngantos anandukna adapt kina, putra kaaaanggep kados wiji,manawawiji apik thukule iya becik inggih leres lare punika lakar wiji, ananging sasumerep kula bilih para tani badhe anyebar wiji, ingkang tamtu pasitenipun kaluku, kagaru nuten dipun awur rumiyin supados anjalrana sae thukullipun wiji, punapa tumandukipun upami wau inggih kalampahan kados boten ingkang kathah lare naming kauja, kaugung kemawon pramila kathahlare ingkang nilar lalampahnipun bapa, sampun kula jugak samanten kemawon awit kula manah bilih para maos estu sami alimpad panggalihipun. Sangkalati Nengeran Barak kantunggal mangesthi suci Jurungarang.

Panjurung. Dhuh bujakirana sudibya, serat kula punika sampun sampeyan galih yen kula kalepetan ing sedya mancah, utawi anjunjungan tebaken, salugunipun ing reh kula punika tiyang wantah ing budi, boten tahan angangget tembugn lamis,pramila kula boten rikuh mrasajakaken kuciwaning manah kula, inggih punika nalika kula maos anggitan sampeyan ingkangmiongka tempuring pangalembannipun kimas Erusastra,teka bunek temen raosing manah kula, awit saking sangetipun kabodhoan kula kantos boten mangretos dhateng anggitanipun para winasis, wasana kula lajeng saged mastani, yen sampeyan punika pancen sarjana moncer ing galih, wigya angathik-athik basa, sarta wasis adamel pamong luwes ignkang andadsaken kapencuting manah kula. Kamempengan kula sapunika andarbeni panyuwun dhtengsapeyan, dipun enggal anglegani, anggitansampeyan wau kategesana ing satembung-tembungipun sartakaangslekna pinangkanipun ing tembugn wau saking salingga-lingga, manawi sampun anglempak sagatra, nunten kategesana malih, kados pundit wantahing kajeng sampeyan, awit kula anggadhahi panginten, yen prayogining suraosipun anggitan sampeyan wau naglangkungi saking luweising pitembugnanipun, yen kula sageda makaten serat panedha kla teges punika mawiya kasekaraken sarta karengga ing gita pangela-ela, tuwin amilihi tembung manis arum ingkang saged adamel wenganing kawelasan sampeyan ananging kapalang copet budi, inggih among den gng maklum sampeyan. Wondene yen sampeyan wiyang narbukani, saestu badhe kula ungeli mangakten: yen ingkang nganggit pyambak bote mangretos, titiyang sanes malih mangretosa. Eh boten estu dhing, amargi katheker sampeyan nuruti Waana kula boten sumelang manawi sampeyan mastani degsura dhateng kula, awit kula pitados dhateng kabijaksanan sampeyan, Katandhan kyai Ajar nabdull Padail saler panularan.

Panjurung Musid punapa kukuwatan sampeyan amastani yen tembung saudara wau saking basa malaejng, awit kula angsal seserepan bilih tembung dhara saking tembung sangskrita, 2 minangkabo,sampeyaningalana serat karta. Katandhan jaka Jugul.

Wangsulan Kula sampu maos seratipun mursid kawrat ing Bramartani ongak 1 kemis kaping 6-1- 1881, suraos jengandika nedha seserepan kados pundit pamanggih kula anggagas pawartos ingkang nglengkara wau, salajengipun yen kula sampun mangsuli, panerangkula kasedya amandamana dhateng karibenganipun galih jengandika, ingkang punika sampun andadosaken cuwa, amargikula boten saged suka katrangan laku sakin gpanerang kula prakawis ing dhusun gumulan,ingkang sampun kawrat ing bramartani ongka 50,utawi anglangkungi saking panerangipun andhe sumitra kula pun jalidin ing kratonan, ingkang sampu kawrat ing brmartani ongka 2 amung panehda kula jengandika patitisaken malih menggah sampurnaning suraosipun panerang kula wau kalayan engetan tentrem, manawi manawi jengadika lajeng kawengan ingg galih, boten prelu pitaken malih atasing bab punika dhateng kula. Wondene piitaken jengandika prakawis tegesipun tembugningkang dereng jengandika serepi, ing ngandhap punika wangsulan kula, anangin ing wingking manawi kula badhe jengandika takeni malih bab tegesipun tembung, among badhe kula wangsuli, aras-arasen. 1. Cekuk Balilet cekakanipun kemawon anggadhahi teges: bodho sanget, ananging punika tembung camboran taksih wonten katranganipun malih, boten prelu kula criyosaken. 2. Gilap anggadhahi teges sumorot sarta galigap 3. Olok-olok saking basa Malayu olok-olok, kajengngipun memelehaken utawi andhudhah prakawis ingang sampun kalamapahan lami Manungkara

======\======Candhakipun cariyos ringgit gedhog lampahan Panji PUnggung, rajaputra jenggala Jumeeng Prabu Anom Asmaradana Anulya malih kang rayi, anama RAden Panantang, Panji Mamenang parabe, nulya dyan mengkok arinya, Jayengwesthi namanya, nulya malih arinipun, raden Paneseg namanya. Kuda Serangan sisilih, dyan Pamberek arinira, kuda tunjangan parabe,nulya ari raden Katga, anama Adisara, nulya mali arinipun, anama raden Puntala. Mangkya sampu nasisilih, raden Panji Yudasara, raden WAsstra arine, sisilih Panji Sanjata, nama dyan saracapa, nulya mali harinipun, raden Galangalih nama. Kantar boja nulya ari, raden ganjur mangkyanama, panji sang baunamane, nulya rira den mintarsa, anama Raden Arya manguri malih rinipun anama Raden Sumitra. Nama dyan carangcuwiri, nulya riraden rencaka, lembu pamunah parabe, nulya riraden rumpaka, nama Caranggupita, anulya ignkang sumundhul, anama RAden REjasa. Lembu pamasa sisilih, nulya riraden Samipa, mesakatawang parabe,nulya riraden Patistha,mesa katrangan nama, nulya malih arinipun, anama ahaden PUrwa. Asisilih Raden Panji Kudapurwaka widagda, raden Pracima arine, anama Kudapuspaka, rinyaraden Untara, kudasujana jujuluk, nulya riraden DAgsana. Ing mangkya sampun sisilih, anama Panji Sujana ari dyan Simping parabe, Sokasari namanira, punika kang paparab, kaputran dyan Panji inu,kartapatirawisrengga. Ijil saking garwa padmi, ratu dewi tejasuwaa, ing Keling dene ramane, sangprabu Tejalengkara,ing Keling Majapura, punika rahaden sunu, kang ginadhang, madeg nata.Ing nagri Jenggala Manik, anggantyani ingkang rama, binathara karatone,nulya riradenSiwaya, panji Pamecut nama, samya sangking garwa ngayun, dewi Rerabi ibunya. Dene ingkang asisiwi, nama Arya Parijaka, nahan ta malih arine, raden Jungutnamanira, panji Anom punika, ugi putra sang kign ngayun, kang ibu dyah Maesyara. TEja swara kapiiingkalih ,putranearya Suwida, nulya estri wuragile, anama dewiOnengan, inggih dewi pandarman, ragil kuning parabipun, ibu tunggilmaeswara. Panji Jungut ragilkuning, dadya saibu punika, kuenneg ganti winiraos, sadherek prabu jenggala,kang samya madeg nata, mangkya sampun asusunu, prabu Lembu amisena. Kang jumeneng ing Kadhiri, mangkya sampun apuputra, retna Galu pambajenge, paparab Condrakirana, sekartaji punika, sangking padmi ingkang ngibu, nuya ingkang rayi priya. Nama Arya Wukri sari, inggih Malaya Kusuma, Sastracapa panengerane,dupi jumeneng narendra, dyan arya Wukirsekar, Kusumawinata prabu, inggih Surya amijaya. Agantyani ing ramaji, munggeng ing Kadhiri praja, anuntenmalih arine, nama dyanPanji Panambang, ibu sangkign ampeyan, nulya estri arinipun, anama REtna Mindaka. Myang Condraasmara dewi, sangking padmi ibunira, dyan estri malih arine, tamiodhi namanira, nulya malih winarna, ing ngurawan sang aprabu, nama Srilembumarangarang. Puputrapambajeng esri,nama dewi REtnaningrat, Kumudaningrat arine, nuli arya Banyakpatra, inggih dyan Sinjanglaga,nalika jumeneng prabu,ngurawan Surya dilaga. Dene prabu Singasari Srimardadu apuputra, mijil estripambajenge, nama REtnawang wulan, Condrasari parabnya, dewi Nawangsih waruju, nulya wuragilnya priya. Nama Arya Banyaksasi, sarengjumeneng narendra, anggantyani ng ramane, nama sri Suryawinata, ing singasari praja,nulya malih kang pinuwus, dewi Ragil Pregiwongsa. PUputra lkawan sangaji, kangnama Sritunjungseta, Pudhaksategal prajane,mung kakalih putranira, sami umijil priya, sariwahana kasepuh, ing Mantaun prajanira. Nulya arinipun malih, dipati Suramarata,ing jagaraga prajane, yata tumuruting kondha, juru dehlan prasonta, inggih tembem lawa npenthul, bancak dhoyok gih punika. Dadya wulucumbu kalih, milweng panji kasatriyan, krana sareng panitise, sang panji bathara suman, prajurit ing sawarga, dene ki Bancak puniku, titise Bathara Mamar. Dene Ki Dhoyok kang nitis, punika Bathara Maya, pinasthi dadya kanthine, prajurit Bathara Suman, trikulineng pangwasa, Yan kumpul tri tanpa mungsuh repsirep samadya pada. Ingmangkya sang dewakatri, anitisnagri Jenggala, sumari dahat luhure, srilembumiluhur nata, saaya putranira , kasawapban wirengkewuh, Jenggala srinatadibya. Taksih wondten candhakipun. Ongka 4, Kemis kaping 27 januwari 1881

Madiyun

Sampun samadya condra punika, para tiyang ing kitha Madiyun sami gita ginupita, bilih sinjang tuwin iketipun ingkang larat pethak saha tengah pethak boten priksa purwanipun sami daler cemeng,mongka sanyatanipun ingkang wau pancen pethak memplak,bilih sinjang ingkang daler cemeng pundiingkang panggenan sratan larlaran dene yen iket tengahipun pethak akcorek mrapat saking pojokan sakawan saha wotnen ingkang dumuk-dumuk wujudipun saemper kados kadulit kalawan panuli, sampun sawiyah tiyang kemawon angger krompol krompol ingkang ginupita boten sanes among bab punika wiwitanipun kula piyambak boten pitados witdeningkaroban ing warta ingkang anjrah, kula lajeng nyatakaken aningali sinjang tuwin iket kula ingkang rimatan tuwin ignakng kula angge ingkang latar pethak utawi tengah pethak ing ngriku anuwuhaken dahat pangungun kula, dene ingkang wau sinjang tuwin iket punika pancen pethak tanpa daler cemeng, dumadakaken wektu kula tingali wau sampun sami daler cemeng, cocok kados ingkang kacariyos ing nginggil ingkang andadosaken pangungunkula punika, kados ta iket ingkang tengah pethak ingkang saupami daleripun cemeng wau awit kalawau mila,jalaran malethek tembokanipun wektu taksih kacelep amasthiingkang wau waunipun sampun priksa, mongka wektu awit saking tumbasipun lakar pethak tanpa cirri, sareng sapunika teka lajeng daler cemeng, ingkanglimrahpancen ingkang tengah cemeng, lami-lami lajeng daler pethak jalaranluntur celepanipun punika memper, kalayanmalih daleripun wau boten cemeng meles ananging radi semu noiru kdos denig kacorek ing nila wredi, kajawi punika mugi kawuningana sinjang tuwin iket ingkang mawa cirri wau, sinjang tuwin iket ingkang wedalan Surakarta, ingkang wedalan Madiyun boten. Awit dening sepen saking panggas kula, amila pawartos punika kula pacaking pustaka bramartani, sedyanign manahkula badhe nyuwun jarwa ingkang kalayan wawaton dhateng para sarjananing bramartani ing surakarta ignkang lukiteng saseratan kados pundit saking salugunipun bab ingkang mangkatenpunika, punapa awit saking moncer saha lepasing daaya pangathik-athikipun ingkang amurwa yasa, amila mangkatenkula pancen angraos eram dhaten gsinjang tuwin iket wah kemben ingkang wedalan surakarta, boten amargi saking sae-sae saha alusing saseratan ingngrika-ngriki boten kriang, among saksedrah anggenipun abrit bilih ingkang sanes wedalan surakarta boten sagedmangkaten kenging kaupamekakensampun kaiden ratu, kacihna ing madiyun kathah tiyang ignkang asli saking Surakarta ignkang sawau wontening Surakart pancen sampun kalok babpambabaran sareng babar wontening Madiun teka boten saged sami wektu babar wonten Surakarta, kang mongka menggah nymbu- nyumbu tuwin panggarpipun kasami. Mila sangetpanuwun kula mugi wontena ingkang paring sih kawlasan anerangaken ingkandados sababipun bab punika, cirri ingkang makaten wau punapa saking damelan punapa saking gaib. ======\======Bilih punika kawastanan gaib saestu pangintenwau tumuwuh sakin ggugon tuhon nalar makaten punika prayogikedah kaudi kalayan anastiti, samun kendel ing samanten kemawon sarta lajeng anganggep kalayan sumanggem. Menggah pawartosing sumur punika,pejahipun tiyangingkangmalebet tumuwuh saking dayaning hawa palepeg kawastanan ing tembung walandi Stiksatof Jurungarang. =====\======SAREM Sarem punika langkungprelu tuwin ageng pigunanipun asalipun saking salebetipun bumi, utawi saking samodra, ing tanahJawi ngriki tiyang kathah angsal sarem saking samodra, ananging wonten tanahsanesipun panggenan tiyang amanggih sarem salebeting siti, warninipun kados karang ageng, kapendhem ing siti ingkanglankung lebet tuwin wiyar ngantos lampahan piinte-pinten jam sarem pelican punika wonten ingkang kenging kaangge tumuten wonten ingkang kedah karesikan rumiyin. Ing tanah Eropah kathah pamelikan sarem among satungggil ingkang kasusra kaprenah celak ing kutha, Wiliskah, pamelikan punika wiyaripun langkung saking 30 mil pasagi, sata wonten sawenehingpanggenan pamelikan malihingkang wiyaripun langkung saking 250 elo awanipun salebeting pamelikan punika langkugn wening tuwin etus, dene pamelikan punika wonten pangggenan wangunipun saemper kamar, ingkang langkung wiyar wonten ingkang ngggilipun ngantos 40 elo, tuwin 20 ngantos 30 elo alang ujuripun wondening satunggilipun kamar punika wau kadamel greja, ing ngriku sampukawisipun sarem kemawon boten angamungaken tembokipun ingkang sarem malah mimbar,misbyah palenggahanipun tiyang, utawi barang isen-isenipun sadaya inggh sarem tatahan sadaya, sarta salebetipun pamelikan punika pating pancurat pating pancorong, denign padhangipun dilah ingkangboten padhem-padhem. Pamelikan punika wau, wonten korinipun wolu, ingkang kawstanan sumur pamelikan ingkang 2 kaprenah saleebting kitha wau, ingkang 6 sajawining kitha, amargi pamelikan punika ngantos wonten sangandhaping kitha wau, sumur pamelikan punika jejeg kaangge margi tiyang kapal utawi kabetahaniun tuwin piranti, kaudhunaken utawi kainggahaken dene sarem ingkang sampun kapelik salebeting pelican punika inggih kainggahaken medal ing sumur punika. Wondening lampahipun tiyan gmelik punika, mawi dipun jageni kang supados kantuna sarem ingkang kandel minongka tembok amurih pamelikan punika sampun ngnatos jugrug utawi ambruk, sarem ingkang sampun kapelik lajeng kaemot grobag inggih punika cikar, kabekta dhateng sanandhaping sumur wau wontening ngriku lajeng kawadhahan tong utawi pamot, lajeng kerek manginggil, ing ngriku sarem ingang kiran gresikan. Sarem pelican punika karaosipun boten sakedhik kalayan sarem samodra, wondening tanah jawi ing pasisir ler ingkang kthah wedalanipun sarem samodra ing resdhenan Surabaya, wonten ing afdheling Gresik, makaten ugi ing pulau Madura, wonten ing Bunder, kajawi punika wonten malih sarem ingkang kawantanan sarem wuku, tuwin sarem lamper. Ktandhan Randinah, Bakul SArem, griya Kidul Pos.

UNTA

Wonten saweneh ing tanah, ingkang langkung lempar, wiyaripun ngantos pinten- pinten pandeleng, ing ngriku taman kenging kaenggeni tiyang, tuwin boten wonten katingal punapa-punapa, kajawi among wedhi, sarta boten wonten cucukulan ingkang tuwuh, jalaran meh boten wonten toya, boten wonten lepen tuwin bengawan, jawah kemawon awis-awis, lah tanah makaten punika kawastanan saganten wedhi, dene saganten wedhi ingkang ageng piyambak ingkang wonten tanah Afrikah, saha tanah Arab. Bili wonten tiyagn lumampah ing ngriku kulangkung susah, saupami wonten angina tuwin barat jalaran mubaling wedhi ngantos amradini ing dirgantara, amargi punika ngantos soroting diwangkara, taman saged madhangi ing bumi, dene wujudipun tanah punika sampun kados udaya saestu, ingkang mawa kumocak-kocak, nyrak nyada atiar dawah waradin. Ing saganten wedhi punika, boten wonten margi, dalah tapaking tiyang kemawon ical, mila pakewet kaambah ing tiyang, awit dening langkugn wiyar, tuwin boten wonten margi miwah panggenan ingkang kenging dipun lerepi ing tiyang, dados boten wonten warung utawi took miwah peken ingkang kangge mitulungi tiyang lumampah ing ngriku, amila tiyan gingkang sumedya kekesahan ngambah ngriku wau, sangunipun kedah kathah, dalah toya ingkang kaombe ugi kedah sangu, kekesahan makaten punika sayektosipun boten sakeca, ewa makaten terkadhang wonten tiyang dagang miwah sajarah ingkang medal saganten wedhi punika. Awit dening punika Gusti Subekanallahu asih ing kawulanipun aparing pitulung dhumateng umadipun, sampun anitahaken sajuga kewan suku catur, ingang pancen sembada kalayan tanah punika, kenging kaangge ing tiyang bilih lumampah ngambah saganten wedhi punika, kewan punika naminipun Unta, unta punika dahat ageng angungkuli kapal saha lembu maesa, ananging warninipun kiran gsae, semuklawu utawi blawus, guluniun panjang, sukunipun langkung inggil, punapa malih lampahipun ugilangkung rikat, sarta gadhah punuk kalebet ageng, menggah unta punika boten wonten ingkang kesit, sampun katututaken ing tiyang tuwin kenging kaingah, kuwatipun anglangkungi, momotanipun terkadhang ngantos 800 pon langkung, sarta takatipun ugi nglangkungi ingkang saupami kangge mlampah wonten saganten wedhi wau, ngantos pitung dinten pitung dalu bote dipun sukani ngombe inggih tahan tuwin nedhanipun inggih among sakedhik katimbang kalayan agengipun, Dene tedhanipun unta punika: kurma, tuwin cucukulan ing bumi awarni rumput sapanunggilanipun, unta punika minongka dados tumpakan, puhan utawi agingipun eca katedha, tuwin wulunipun lakar kenging kanggge sandangan.

Panjurung Wilujeng rawuh ing bramartani kyai Arja ngabdull Padail kula kilayu ing ampeyan anaruwe dhateng buja kirana tulen kados ing ngandhap punika Bujakirana tulen punika, kawawass sadlerengan sakin grebagipun ingkang kgiyaraken ing serat kabar Bramartani, kados tiyang pinter, sarta katawis dereng marem taksih ngudi ing kaindhakanipun dipun saranani anggiginem raos tuwin bab sanesipun akaliya nkancanipun manjurung bramartani, karsanipun buja kirana mangkatenpunika kaprayogi, kula angrujuki sanget awit kajawi mikantuki ing sariranipun piyambak ugi amaedahi ing titiyang sanes ingkang taksih kasasaban inglalangit budinipun utawi kirang seserepan ananging bujakirana wau wonten cacadipun sakedhik ingkagn dados pangondhok-ondhok kula, kados ingkang sampun kadumuk denign kyai ajar ngabdul padail. Bujakirana, kula suthik sampeyan wastani tiyang lamis, utawi juru anggunggung, kula kedah angalembana malih dhaeng sampeyan biliih sampeyan punika ing mangke kenging kula sebut sarjananing bramartani, ananging eman temen mirah dene sabarang gina, sampeyan ingkang kula kinten badhe amikantuki kalimrahipun ing kathah, teka mawi sampeyan paesi tembung kawi miwah ukara wilet ingkang ngantos anggoblegaken sirah, samanten punika dereng tamtu, taksih kenigng samepyan banggel ing pataken kalih prakawis kang mangkono iku apa sakap pintering wong kang nganggit apa saka bodhone wong kang maca, ewadene sanajan katranganing pataken kakalih punika dereng masthi, kula kedah anyaosi pamrayogi dhateng sarira sampeyan inggihpunika, mirah sarehne anggen sampeya remen anggelaraken ginem wau saestu nipun amawi pangngkah supados kenginga karasuk ing tiyang sanes mila manawi sampeyan karsa anglairaken ginem malih, mugi kaanggita kaliyan ukara sarta tembung ingkagn sadhengah tiyagn amangretos tembung adhakan ingkang kangge padintenan boten prelu manawi kapendhet na ing ponjening basa (Bausastra). Bujakirana awit saking wicanten kula makaten punika, sampeyan mangke gek lajeng kathukulaning panggagas manawikula sengitn utawi ewa dhateng tembung kawi tuwin ukara lulungidan wangsul kula gandrung dhateng punika, malah pangudi kula dumugi sapriki dereng kendhat nanging sanajan kula taberi sanget sarehne kaenas kethul ing manah sarta kirang engeta dados sawabing pamarsudi kula wau ing mangke dereng katawis. Kauningana bujakirana, manawikula anganggit satunggiling bab akaliyan lagu utawi ukara wantah (tanpalagu) punika kula angkah titiyang sageda mgnretos,kajengipun sanajan mawi ukara lulungidan tuwin tembugn kawi naming sawatawis kemawon sampun ngantos kaladuken temahan mindhak boten anyenengaken suwawita sampeyan kula caosi uran-uran damelan kula sapada punika sampeyan waos. “Nadyan pariwaraning wongluwih, yen rinipteng tembung papaesan kongsi kalimput rasane, rung sit tumameng kalbu, iku yakti tan nawung aji, des tun wung padha lawan ujaring wong gemblung, kang sinamuning basarja, meh tan ana janma ingkagn ngawikani, yen ujar tanpa ”. Lo punika bujakirana naggitan kula ingkang amawi lagu, rak bares kemawon ta, tanpa engkok ananging inggih awon tiyang prasasat bote kalepetan ing tembugn kawi, wah kidhung tandukipun ing ukara, boten angemperi anggitan sampeyan sinawung sekar kinanthi ingkang dhateng Erusastra, wilet muket memes amembat mebat prayogi kadamel lange swara barunganing gendhign ingkang gagrag ing sapunika. Kajawi ingkang kasebut ing nginggil panuwun kula ing sampeyan mugi karsa anjurungi panedhanipun ki Ajr ngabdul Padail anjarwani sarta muradi serat sampeya piyambak amargi bilih boten sampeyan leksanani, saiba anggen sampeyan kalimputa angupados cundhaka swarananing wadana mesum awit tampi suraking ngakathah igkang boten kenging sampeyan oncati. Wasana mugi bujakiraa sumerepa,manawi tuwuhipun serat kula punika prelunipun boten kula angge ngumbar candhalaning budi, ananging amugn kula angge mamalad tuwuhing prayogi ingkang tumrap ing sarira sampeyan. Kaserat kaping 25 Januwari 1881. Katandhan Saridin.

Assalamungalaikum, Kyai Ajar Ngabdul Padail.

Pandangu paduka ingkang lumrang ingpustaka warti ongka 3, bab asal saha wijanging tegesipun atur wangsulan kula dhateng kiyai Erusastra,punika kauningana pandadngon wau lajeng nuwuhaken manah riringa, awit paduka pancen sampun waspada manawi kula badhe negesi utawi ambotenipun dados pun kula lajeng lir angganing kukila winenganan pepencokan kathah ananging sami inggil-inggil saestu kimawon lajeng kuwagugen kadospundi gen kula mangsah ngambara, dhestun kastun deleging niyat ing mongka merit saking asma paduka kula lajeng pantes anganggep patuwanggana, awit paduka wau kula upamekaken warna adi anyudenta, kula punika upaminipun sunaring sekar pudhak sanadyan kula kumini cumipta nyudhenta ewadene sareng kasrawung laawening kang nyudenta pun pudhak lajeng puret rumempa ing wit tur ajrih pelarasa utawi tembung paduka lir parigeling ngasta duk madyaning begsa, tembugn kula lir angganing lugng gadhung, sagedipun molah manawi kapanduk panranging bajra punika daweg manggut manggut wangsul parigeling ngasta teneh supama saget angirup prabaning jagat ngumpul sami manawi ukeling ngasta, Makaten ugi rehning sakawit pamedhar kula tembung ingkang katur ing kiyai Erusastra ing ngajeng sampun kula manah prasasat mamanis mung sapala, turapipun kiyai Erusastra tamtu montra-montra awit sampun talanign kawruh sarta panggenan sarining madu, manawi taksih adreng pamundhut paduka ingggih prayogi. Titi lumayaning candra maca tur asta, surajimakir, sonyengwani ngesthi wredi, Bujakirana

Lukita wangsulan Bramartani ongka 2 wonten ingkngjujuluk Nawukgeng, naruwe usul kula bab darmabrata, andadosaken getiring manah kula, arasing rasa rumaospepet sirna cumeplong padhanging manah lajeng ruwet lirkatamaning aliwawar, awit sang nawukgeng andalih manawi kula anelak ing rasa rumongsa, pandugikula sang nawukgeng ugi sampun ngenggeni mangsuting pikajeng bab wau, ewa dene rehning teksih kedah andangu, kula ugi ngaturi tumuwuh saking gagap-gagapmila bingah bilih kagalih nalisir, kados ing ngandhap punika jarwanipun. 1. Jugaring kawegigan ngatasing kagunan, punika mangkaten kanugrahaning manungsa ingkang kanyatahanipun dhaten gkadrajatan punika upami kajangkah saking wegiging kagunan kimawon taksih tangeh, dados kedah teksih karangkepan saloka, awtitambleg patitising wicara, muayaning panggagas sumrambrahpasemune, mentep temen madhep ing keblat amot mengu ing ngalaayung, kumandel mring panutane, tan ngadhuhi panas perih linu, jatmikaning palungguh ngadhep ing gusti, pangrasuking manah meleng ing cipta, kalulunipun dhaten gpanglunging pandulu. 2. ATitambleg punika ingkang boten kaget panduking patrap sarta suwanten nyenyengit sasaminipun lagengipun kedah ngurpurip ing sariranipun piyambak, risakipun manawi remen naruwe ing liyan amaelu dhaten gwatak barangasan wah kagendeng melok ing pamrih. 3. Patitising wicara, tiyagn wicanten kaangkah asampun ngantos kalintu, sarta kacondhongna kaliyan mangsutipun langgengipun kedaling wicarakedah angen wanci miwah pada dhadhaning ginem risakipun manawi adreng wicara, saha ngemohi gineming liyan ngungasaken patitisipun piyambak. 4. Muayan sabarang pangagase inggih punika pawitanign panjongka, dados sabarang panjang kaning manahpunika sageda muayan limrah sarta pantes linampahan kacondhongan denign sawenehing dad wajibul wujud lagengipun panjongka wau amawanga sariraning kang anggagas, risakipun manawi panggagasipun tumemepel dhaeng jongka angrnah, saupaminipun. 5. Sumrambah ing semu, punika tiyang ingkang paribawanipun amikantukiing ngrika-ngriki, awit saking mamanisipun saget amranani dhaten gsaweneh ing janma, langgengipun pasemon wau amumurih asakecaning tyas liyan risakipun manawi watak ewan awit ewa punika kanunumusing bucketing semu sarta kummel. 6. Manep temen madhep ing keblat titah punika ngagengna mantep sarta temen awit lajeng anugrahani pisahipun lan manah bingungan, keblatpunika kawajiban dados punapa kang winajibaken sampun ngantos langkah saking paugeran risakipun manawi sugeh kemba. 7. amot mengku ing ala ayu, inggih punika waspada dhateng lampah awon sae, atas sae saha awoning liyan langgenipun angapuro ajanma cidra, sampun pijer manggung sakserik rumesepa janma sedya sae, risakipun manawi lena pamengkunipun kabobok ing duratmaka. 8. Kumandel ing panutane, ing lairipun janma punika mituruta sapitedahipun dununging pasuwitan langgengipun sderengipun suwita kawawasa punapa sampun boten kabencorahen risakipun manawi ngewahi utawi manrangayaning pitedah. 9. Tan ngadhuh ing adhem panas perih linu, janma ingkang ngangkah ing drajat punika sampun bot-ebotenjalaran saking kirang, dene adhem panas perih lunu punika ibarating janma magang, lgenginggipun kaliyan manah santosa, risakipun manawi lajeng amboten betahan. 10. Jatmikaning palungguh ngadhep ing gusti, jatmika punika gupreahaning niyat nalika ngadhep wau kedah kaanggap na ing karenaning gusti, murih wibawaning gusti kang jalaran kaadhep ing kawula jatmika, langgengnipun kalawan saregep risakipun manawi kirang kas saha kinging dayaning keset. 11. pangrasuking manah melenging cipta, punika puwasaning badan cegah ucap siya tuwin ingkang tanpa guna, langgengipun mung manggaliha gugrahaning cipta mulya, risakipun manawi cipta ngalngkara, krem drengas-drengas babongesaning tembung. 12. Kalulunipun dhateng panglunging pandulu, punika puwasaning rahsa, acegah apaningal ingkang nilip saha ingkang minangkani ledhung-ledhunging budi lena, langgengipun sadaya paningal wau remena dhaeng ingkang minihi semining budi tama, risakipun saking godharancana, ingkang tumarate ing kalbu. 13. kadugen saciptaning panggayuh, punika inggih ingkang sampun kasambadan atas karenan ing donya punika sadaya, ewadene ugi kedah teksih ngengeti ing sapangkat-pangkatipun kadosta tengu, sumengka minta ganjaran ignkang sami lan gajaraning gajah, saestunipun inggih emboten angsal.

Wasana saking pandalih paduka kula kagalih cumiptapunika sampun boten pian-pisan awit kula punika janma tebihing nugraha, bodho balaka, mila sareng amawras traping tembugn paduka lajeng gumeter, awit katingal manawi renteng ingpanggalih,mila manawi serat kula ngajeng utawi seratpunika wonten gangsuling raos lajeng aksapuha ing panggalih sukci, sampun ngantos andadosaken cengenging panggalih tikeling ngimbu. Titi ing Wiwara manik lumakya catur lulut saparjimakir, marcipta ngesthi arja Pun Jak Bujakirana. ======\======Candhakipun cariyos pethikan saking serat dhalang Basa Malayu Yayah tumanem ing sanubari, tresneng wangsa mengko, aja mentar yawn kena sun pureh, sabab kapiandelen sireki, tekarda manoni, mring radya lyanipun. REngen ta eh babo ujar mami, yen ayun krahayon, tanpa guna andeleng salire, prakara kang tanpened ginati, najan bener becik, dudu bubuhamu. Kaloryan tatan timbang yekti, tambah keh pakewoh, ddya siya-siyaling anggane, kajaba ta yawn parikudumrih, lanempuh ing westhi, tan kerna rinembug. Meheng den yatna naduken singhit, paran praptaning don, wus angrenggep kita ngupadireh, ingkang during karuwan yen olih, pangajaping daish, den narimeng tuwuh. Prawatyanign hyang kanangkawuri, cukup sakarongron, sarta taman sandeyaring reke, ya pyan kataman durganign dhiri, kitarsa lumirig, dwisthanta amberung. Anglengkara mapatan sayogi, lumaksaneng pakon, singgih tuwin amanjorken pamet,lunggweng sun nyangar canatan lirib, sira wus andalih, bakat kang ginantung. Ken mring janma tama mingkaani, salwiring sisiwo,ingkagn andruakani ing tembe, kudu kudu kulineng ngasepi, kasubyan nesthi, ngastawa tan surud. Marmiteku sun andher supadi, ywa kanti kablondro,ngasmarani lwih longka sring waneh, karuwi dan saindeng kaliling, karya walangati, mitranta na enkung. Sang Basendhah aris anauri,lah aja mangkono,mangguh susah manah tanpa gawe, mrih atininggoning sun nakaring, gampang olih malih, ijoling sadulur. Ana ujaringjanma berbudi, ingkang amiraos, aja kanti banget sumekete, sih siniyan ing mitra sawiji, sarta plemahening, radya sajuga mung. Krana akeh titahe hyang widhi, ingkang padha manggon, aneng dalem donya apa dene, luwih omba gelaring pratiwi, yayah tanpa wangkid, ewadene mungguh. Pangastawa ring hyang maha suci, prasidhaning lakon, waswa tanpa ingan pamindenge,luggweng kene na samaugi, dyan kaluwiyaning neng pribadinipun. Nanging sun sedya labet ing wuri, nama ku kawartos, nepasendhah manabda dadine, ujaring sun wus datan ginalih,mung kumudu anis, aningggal wandeng sun. Iya bener deling ta manawi, cepaking pangraos, gampnag oleh sobat na liyane, nanging susah kalamunpinurih, sih anrus ing batin, kita uga emut. ATasing reh prakara bakali, geseh yen rinaos, ingkang lawas kalawan kangnembe, najan gelis antuk mitra malih, priye gonmu murih, supaya sih lulut. Balik sira kalawan wak mami, rak padha wus manggon, sih siniyan prapta ing samene, nanging jeneng mara angranggoni, lamun kojah mami, tanpa guna tuhu. Marga sira kurang yitneng piker, mung nekat anempoh paminteng wangden sampurna bae, purwamadya wasana den kesthi, basendhah nauri, apa uwis tutuk. Ujarira angowel ing kami, sun tarima yektos, naming ingsun tan surud amureh, pangawikan sarana kakaring, mentar ing don tebih saking arep weruh. Datan wedi sakehing bilahi, susah sayah ingong, wus jamak e arsa wruh brang reh, nganggo ana kangelane thithik, pesthi seje ugi, lawan thenguk-thenguk. Dene kita anabda manawi, angeling pangruroh, sumitrarja paran karanane, bener ya pyankanang anggoleki, balilu tan manggih, balik padha anung. Kang ngupaya caluluk pribadi, amarga waspaos, deka lamun ana sasabe,kena sinalusur saking ngaris, yeku kadyangganing, pradonggga tinuju. SAdurunge linaras amsathi, swarane balero,nanging yen wus linaras pasthine, swara lulut nglangeni pyarsi, mangkono pamaning, golonging panemu. Laju taman sandeya ing galih, kawuryan aconthong, sih siniyan sasamanangene, awit saking wus sae kakapti wondene sujanmi, ingkang durung tau. Anglakoni amardi pambudi, tyas ngrasa pakewoh, sayah leash dwisthanta pamane, daging mentas datan den ratengi, yekti mambu amis, myang akarya koguk. Geseh yen wus den olah mring koki, enak amiraos ratu doyan wit anak rasane, mangkone kubirawaning budi, to taman kang kesthi, samapteng pangweruh. Nepasendhah amangsuli aris,ya aku mangretos, wicaraku kabeh tan korewe, mungnuruti adreng mu pribadi, tan apedahneki, sun mangripteng tembung. Kaardanta paripeksa ngalih, aninggal maring ong, arsa jajah nagara liyane, ngudaneni sakehing prakawis,kang durung kowruhi, saka pangiramu. Bakal antuk kaarsayan saking, gwanira anonton, barng anyar ingkang adi aeng, nanging suthik sun melu sireki, pamanggih ngong naming, lir nempuh pakewuh. Nanging marga katarik dayaning, sih nrus lair batos, datan tega mring sira yektine, najan ingsun iya anyrypi, lamun tanpa kardi, sun kumudu pemut. Nguni ingsun amahamken elmi, panujuman tudoh, petungane lungan wahanane, slamet utawa keneng bilahi, kita tumiba ing nemu tan rahayu. Taksih wonten candhakipun manungkara. Ongka 5, Kemis kaping 3 Pebruwari 1881

Surakarta Kula miring pawartos ing jawi bilih raden mas Arya Sugonda, wadana bawah ing Kadhiri, putra nipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ing mangke kaangkat dados bupati ing Banyuwangi. Nalika ing salebetipun wulan Sapar taun punika, kula pinuju mretamu dhateng ingkampugn Kaparen wonten ing dalemipun Raden ngabei KaryaSupatma, abdi dalem matri Gowong, ing ngriku kula ningali wonten satunggaling ayam jaler (sawung) ulesipun pethak mulus naming gumun kula sakedhik dene ing salami kula gesang, saweg punika kula aningali ayam sukunipun sakawan cakar ingkang kalih tumapak ing siti, dene ingkng kalih boten tumapak ing siti, naming tumempelek ingpupuning cakar ignakntg tumapak tumrap ing siti. Menggah bab ayam wau saingga kawuignana ing para ageng bok bilih lajeng kapundhut, kadamel kalangenan, Katandhan pun Tuhu.

Ongka Wiyu Nalika dinten Jumungah tanggal kaping 20 wulan Sapar taun punika, ing masjid dhusun Jatinom wonten titingalan winastan Ongkawiyu, saking cariyosipun tiyang ing dhusun ngriku ongkawiyu wau sampun tamtu saben wulan sapar angleresi dinten Jumungah wonten saantawising tanggal kaping 15 pinten banggi saged Jebeles para tiyang ing dhusun ngriku saha sakiwatengenipun utawi malihpara tiyagn ngamonca nagari ingkang samun sumerep parlunipun jalu estri sami dhateng sarwi ambegta ambeng ancakan isi apem kasajekaken wonten ing masjid sabibaring sembahhyang jumungah apem kabagi waradin wondening sadaya ingkang angsal bagiyan apem wau ingkang kalimrah boten lajeng katedha anangng lajeng aangge isarat tiyagn sasabin tuwi gagriya sasaminipun saged anebihaken babaya. Bab 1 Ing dinten Kemis tanggal kaping 19para pradikan sakalereanipun sampun sami andadosi rarengganing masjid saleebting masjid kadunungan geber mori pethak tuwin palisir gula kalapa, griya surambi ugi kadunungan geber mori pethak palisir gula kalapa sarta kadunungan ronronan waringin palataraning masjid sawetanign blumbang kadunungan griya alit cacah 3 iji awujud bangsal karengga ing roronan waringin sarta palisir kajeng apu, Bab 2 Wiwit gapuraningmasjid sisih ler kadunungan geber mori pethak mujur mangilen dumugiing surambi Bab 3 Bangsal ongka 1 saking sisih kidul panggenan pangrantunan wedang Bab 4 Bangsal ongka 2 jujug akendelaning parapryantun jaler Bab 5 Bangsal ongka 3 jujug pakendelaning para esri, ingkang pangkat priyantun sasaminipun. Bab 6 Malemipun dinten jumungah jam 8 sonten para tiyagn jalu estri anggili ingkang sami dhateng, para tiyang estri sampun amanggangge busana rukuh mori pethak sarwi ambegta gelaran miwah babut winastan sujadahinggih punika pirantos sembahyang, tiyangipun jaler ugi sami ambekta sujadah Bab 7 Sadhatenging masjid para esri lajegn piyak dumunung wonten salebeting geber ler masjid ngantos bentet saking kathahing tiyang, tiyagnipun jaler sami manjing salebeting miwah sajawining masjid. Bab 8 Dintenipun Jumungah wnaci enjing, sajen apem sampun sami dhateng anggili tanpa wicalan saking kathahipun ancak wdhah apem lajeng katumpuk ing surabi ngantos kebak. Bab 9 Kakinten jam 10 siyang para pradikan sampun sami dhateng lajeng umanjing salebeting masjid para tiyang ingkang sami badhe sembahyang sanesipun ugi sami dhateng lajeng dumunung wonten palataran masjid sarta wonten sajawining masjid Bab 10 Para estri ingkang sampun amangangge busana sapirantosipun kados kang kasebut ing bab kaping …..sampun sami ngalempak dumunung wonten ing pangggenanipun piyambak. Lah punika sakalangkung andadosaken pangunguning manah kula dene kathahipun para tiyang dhusun-dhusun saha para tiyagn ingkang moncanagari sami dhateng badhe nedha barkah sembahhyang sarta among parlu aningali, sareng angajengaken jam 12 palataranig masjid sampun jejel para tiyang ingkang sami sembahyang, ngantos baleber dumugi sajawining capuri masjid dalah ingkang dhatengipun kasiyangen lajeng sami sembahyang wontening pakebonan saha pategilan saweneh wonten ingkang dumunung ing pinggir lepen wondening para tiyang ingkang sami aningali boten saged celak kalayan masjid amargi saking kathahipun tiyang ingkang sembahyang, kula petang tiyang ingkang aningali wiwit sawininggapura sawatawis tebih ngantos dumugi ing peken boten kenging kapiyak mongka kinten-kinten tebihipun kirang langkung ½ pal. Sabibaring sembahyang jumungah apemlajeng kabagiwaradin sacekaping ambagi lajeng kaedumaken dhumateng para tiyang ingkang sami aningali wonten ingkang angsal bagiyan satunggal tuwin kalih lajeng bibaran. Kula pitaken dhateng tiyang ing ngriku mula bukanipun kados undi, saking wangsulaniun inggih punika nalika kiyai ageng Giribig tindak dhaten gMekah kodnuripun dinten Jumungah tanggal kaping 15 Sapar, sarwi ambekta angsal-angsal apem kaedumaken ing putra wayah sadaya, Dene bilih wulan siyam ing masjid wau bilih sembahjyang tarweh wiwitipun pukul 1 dalu, bibaripun pukul 4 enjing, amargi kala kinanipun kiyai ageng Giribig bilih wulan siyam saben sonten tindak dhateng Mekah koduripun jam 1 dalu, ananging kilap lugunipun Katnedhan pun REnyep ing ngandhap miri Wirasari. Nalika ping 22 NOpember 1880, para tiyang ing Kesonga saben dintn amiyarsa swqra gumaludhug inggih punika tlaga ing Kesoga, saking cariyosipun tiyang ing ngriku kala kinanipun talaga wau panggenan bujongga ageng ingang asisilih jaka Linglung putranipun Prabu Ajisaka, ing Medhangkamulan nalika jaka LInglung keni sesikuning sudarma nata, anggenipun sampun purun amongsa rare mila jaka lingkung lajeng kaantek kalayan bantala. S.M. Ing nagari Pakalongan sapunika andhawuhaken prantan inggal tumrapipunpara naib sakathahing para naib ingkang aningkah aken panganten punika artanipun srakah kedah kabagi kalih, ingkang sabgiyan dados tedhanipun naib ingkang sabagiyan dads atakas sumimpen ing masjid parlunipun bilih wonten risaking masjid arta kas wau lajeng kaangge waragat amulyakaken sarta bilih wonten tiyang mesin ingkang dumunung ingngriku arta kas waukaangge anyukani minongka tedhanipun. S.M.

Kitab Waf Pangulu ing kitha P, mentas agelaraken pranatane enggal anetepi ungelipun kitab Waf, sadaya tiyang jaler boten kenging rabi langkung saking satunggal kengingipun imah-imah malih bilih sampun angsal idi rilaning estrinipun sasampunin gpranatan wau waradin sabawah wawengkonipun salebeting taun 1880, naib ing Dj, sampun purun purun aningkahaken saweneh ing tiyang jaler ingkang sampun gdhah bojo mongka estrinipun lami dereng rila bilih jaleripun imah-imah malih sanalika punika naib ing Dj, wau lajeng kasereg dening pangadilan karampunganipun kaleres kapocot sakin gpalenggahanipun ing ngriku naib ing Dj, lajeng darbe atur ing parentah, bilih nabib ing Ng, kaleres mantunipun sang pangulu ing P piyambak ugi sampun purun purun narajang prantan wau dados saupami boten kapocot pisan piyambakipun badhe boten anarimah sanalika prakawis ugi lajeng katindakaken karampunganipun naib ing Ng kaundur saking kalenggahanipun. Sang pangulu ing P sareng mantunipun kaundur sakalangkung bramantyanipun angupdos jalaran sagedipun pocot kalerehanipun supados wotnen ingang ambelani mantunipun wau, wektu punika naib ing ugi narajang prantan sareng katindakaken prakawisipun aib ing lajeng amratelakaken waton awujud kitab Anamamin ajul kwin ksebut anamtokaken sadhengah tiyng jaler kenging imah-imah lagkung saking satunggal dumugi sakawa boten susah mawi idinipun sinten sinten sareng sang pangulu ing P kapindhutan wujudipun kitab Waf bote saged amujudaken among sged amratelakaken bilih ingkang dabe kitab Waf wau saweneh ing tiyang guru sakin gngayogya, ki guru kapriksa ugi ngaken ananging boten saged angaturaken wujud kitab amrgi sampun kabesmen, Karampunganipun pangandilan anamtokaken aib ing P kaleres luwar sakin gseregan sapunika prantan enggal botn kaangge, ingkang kaanggge pranatan lami kimawon amargi terang waton wujudipun dene para naib ingkang sampun kalajeng kaundur inggih lastantun pocotipun. Ing smngke ki guru sampun angsal wujuipun kitab Waf malih, ananging kilap badhe asananipun kalastantunakenprantan lami, utawi pranatan enggal. S.M.

Bilih saestu kapranatakados ingkang ksebut ing kitab Waf wau, saestu bdhe anyuda wawenangipun tiyang jaler, mongka ing ngatasipun bongsa kula jawi punika sanes temen kaliyan bongsa tuwan tuwan amargiingkang sampun kalimrah ing dhusun para rare ingkang taksih kawengku tiyang sepuhipun punika bilih imah-imah boten saking kalayan rujuking manahipun piyambak ananging kedah among amituhu sapa marsudining tiyang sepuhipun mila asring wonten sawenehing rare kaimah-imahaken sasapuning dhaup boten watawis taun lajeng jugar jalaran rare jaler kalayan rare estri kirang condhong manahipun dene anggenipun saged kalampahan wau amargi saking among mituhu pamengkuning tiyang sepuhipun ananging adatipun ingkang anjalari jugar wau rare jaler amargi asring asring angathakaken panadad kados ta jalara saking kasepuhen sarta saking kirang warni patrap solah sasaminipun wawatekan sapanungilanipun malah asring wonten tiyang imah-imah ingkang samu waweka kathah saged jugar amargi saking estrijipun darbe manah acidreng lulut mila boten ipun kapegat pantes temen pawestri ingkang mangkaten punika among lajeng katilar imah-imah sanes dados tatela awis awis rare jaler ingkang kaimah-imahaken tiyang sepuhipun lajeng saged nyameleng kalayan manahipun piyambak, menggah lalamahan mangkaten wau saupami tiyang jaler boten lajeng kenging imah-imah malih saestu anuntuni kasusahan mongka lugunipun boten lepat saking rare, anangig ingkang lepat sudarmanipun. Pun REnyep. Mitra kula jalidin ing Krtonan paring barkah kawontenanipun dhusun kebonso sapanunggilanipun punika sanget bingahing manah kula sarta sampun cumemplong raosing manah ananging bilih pamanggih kula kados ngandhap punika dereng kaparingan barkah pisan temenipun taksih melang-melang. Ingkang sampu nkalimrah tiyang jawi sami amastani namining lintang,bomasekti, gubug penceng, lintang luku, lintang wuluh, lintang kumukus, lintang panjerina, lintang panjer sore, lo punika punapa inggih naminipun lugu, saupami temen watonipun punapa, sarta tulenipun awujud punapa. Jaka Mursit

Wangsulan Mitra kula Jaka Jugul saking karsa sameyan bab tembung dhara punika sanes tembung malajeng ananging tembung sansrita, punika kula ugi sampun andherek amargi kula sajatosipun saking bodho dados boten saged angaturaken waton sarta kula sampu matur bilih sadaya wau among embok manawi. Anjawi punika sarehning kula kapengin sanget anyumerepi tegesipun nagari minangkabo, mitra kula jaka jugul aparinga katrangan kasebut ing kart mongka kula dereng nate sumerep wujudipun kart wau, mila manawi kapareng dhangan mugi jaka jugul paring barkah tegesipun minangkabo wau, sanet snget panuwun kula Jaka Mursit Panjurung wangsulanipun manungkara bab pitaken kula punika ugi sakalangkug bingah ing manah kula pancen sampun ceples wah sanget anggen jengandika paring jarwa sadaya wau, sandyan wonten sawatawis ingkang dereng condhong kalayan manah kula, ananging sarehning jengandika badhe aras-arasen ddos sampun lajeng kula damel ceceg amargi sampun wonten kula piyambak bilih sajatosipun kula punika sabarang inggih saged dene anggen kula anirethek tataken wau among saking aras- arasen mila jengandika ugi among anggali abilih kula punika among saking aras- arasen kemawon Jaka Mursit.

Wangulan Bares. Buja kirana kewes kula sampun sampeyan galih boten angaosi, utawi boten angrujuki dhateng kabudayan sampeyan ingkang sakinten migunani ing kathah, malah kawasisan sampeyan mangkaten punika tansah kula prasudi, ananging sarehnng kula tiyang kiran gkulina, utawi dhadhasar cotho ing ikir, dadosprasasat boten wonten kaindhakanipun dene sumerep kula, manawi kula anggagas dhateng anggitanipun para saged ingkang boten kula mangretosi, teka semplah raosing manah kula, ingkang kula kawatosi, manawi kalajeng-lajeng sasarun pangggagating cipta kula, wasana kula lajeng angosak-asik piker, pamanggih kula boten wonten marginipun malih, kajawi among ngudnang kaum, inggih kados ingkang sampun kula giyaraken kawrat ing bramartani ongka 3 saking panginten kula enggal angsal katrangan , kayektosanipun inggih boten lepat pangangkah kula wau. O, tiyang kala kula saweg anyuraos purwakanipun kemawon sampun kodheng, menggah rekanipun tiyang adulu serat mawi angayam-ayam punika gek ptrapipun kados pundit. Eh anggen sampeyan nganggep dhateng bdan kula tuwangganatuwin waspda, punika rak among medal saking gampiling pangucap utawi gendhung sampeyan kemawon ing ngataasing widya pradana boten kenging kadamel paugeran leres suwawi kagaliya, punapa kirang tatalanipun para neneman ingkagn sinebut ing budi, sarta wigya olah karawitan, punapa boten wonten tiyang sepuh ingakng nguciwani utawi bodho, ing ngalam sapunika punapa sampun boten wonten keyktosanipun ing babasan ingkang mung tuwa ngumur, lo kula sampun sampeyan anggep kados cariyosi pun barman abultamid bin alyas ing jaman kina, ingkang asring mancah utawi karem anyengkolong rembag sarta sam,pun sampeyan anggep kados kalakuanipun juru cukur ing serat sewu satunggal dalu, ingakng among karem andores, sapunika kula inggih boten maiben yen sampean kalih kula smi taksih tidha- tidha, ananging yen tinimbang kula kalayan sampeyan aluwung sampeyan sampun wonten labetipun sawatawis. Liding dongeng anggen sampeyan mingkah-mingkuh punika pancen kabekta saking tabiyat sampeyan pyambak boten gadhah welas dhateng sasamining tumitah, tondha yaktinipun tiyang dipun takeni dereng suka panjarwa, teka lajeng angonggrong kantos mingklik-mingklik, mendah yen kula boten amongkoka, pun pengung masa jumenenga. Bujakirana sumerepa, sayektosipun kula kantos dumugi sapriki dereng kemba kemba anggen kula angandrungi lumunturing barkah sampeyan, ananging gen sampeyan negesi mugi sampeyan remahana, sarehning ingkang nampeni pun kula tiyang kethul ing piker, sampun kantos sampeyan dekeki upami, utawi mawi kawaranan sarana lejeming suraos malah katrangna sapisan ingkang ambabar pisani, ingkang wijang mangkaten kados ta tembung lingga saking karimbg utawi, dados mungel dene kukuwatan kula angangge utawi adamel mangkaten wau, saking ingkang sampun kocap ing serat paugeraning panyerat utawi leresipun ing tembung ingkang sampun mungel ing serat, lah dados pun pengung nunten gambllang. Saridin sampeyan ambagekaken dhateng kula, o inggih kera-kera wilujeng mas, dene taksih leldhang ing bramartani, kapanggih kaliyan sampeyan. Saridin cobi sampeyan kula purih angggags dhateng seratiun bujakirana, anggenipun ngupamekaken parigeling astakula, ,,saged angirup prabaning jagad ngumpul sarmi manawungi ukeling asta,,toblas –toblas toblas bujakirana kasangten sugih sampeyan lamis mas, benjing malih manawi bujakirana kenes anganganggit anggenipun damel sanepa, punapa kapadosaken upami saliyanipun jagad, utawi ingakng ing jagad boten wonten. Dhuh bujakirana kenes serat kula punika kula mawi kula sangkalani, yen lepat sampeyan leesake inggih mas La niki lo sangkalane tinengeran maletik tunggal murtining tokit Katandhan Ajar Ngabdul padail Saler Panularan. ======\======Serat Panji Boten kapacak, kasantunan cariyos ringgit Cina

Kasmaran dera miyarsi, lalampahan nagri Cina, denya galur caritane, ratu kang ageng priyongga, babala para nata, prabu Tong Tya namanipun, narpati gung tanpa sama. Bandhu bandha sura segti, prakosa ingngadilaga, wit saking genging kaprabon, narendra gung ambegmarta, asih marang ing wadya, ajeg adil mamrih ayu, tata tentrem prajanira. Purweng kat kang amarni, dumunung mring tanah jawa, dhalang sinapangringgite, winangun kinarya surat, sinekaran macapat, nalika pangiketipun, risoma kaping nembelas. Ing wulan sapar jimakir , luhur candraning salira, jalma kan gmituhu ing reh, mangkana malih winarna, ratu gung prabu TTya, sampu nkathah putranipun, jalu tanapi wanodya. Nalika srinarapati, prabu Tongya prapteng lina, kataman retuh prajane, awit putra kang pangarsa, tan gumantya narendra, mongka sang narendra sunu,kang waib jumeneng nata. Dhasar warna langkung pekik, ingnguni sampu ginaang, dening rama sangakatong, ing mangke kratonira, binengskup prameswara, garwa kang nganem puniku, miru samadeg narendra. Para sentana pangarsi, tuwin kang para punggawa, kinait la pisungsunge, sinungan artabetamal myang keh jinunjung lengggah, dadya sang narendra sunu, siningkur lan kawisesa. Narpa putra grah panggalih, nanging sinamun ing netya, met sih mring ibu kuwalon, among kang para Santana, myang kang para satriya, ing batin kathah kang mesgul, prasami angarsa-arsa. Saweneh wonten ngaturi, pinrih jengkar saking praja, amurwani praprerempon, wit sagungpara satriya, tanpa nadir beraja, wanodya budine rusuh, monyar-manyir ambeg arda. Mangkana sang raja siwi, kaguntur aturing kathah, tan kena sumingkir ing reh, yata ing dalu winarna, sira narendra putra, aken animbali gupuh, satriya gugn kadang misan. Kang jumeneng senapati, nama Sik Kong lan Gut Ula, samya nyakethi balane, babantheng nagari Cina, Tik Kong lawan Gutula, sami wirutameng kewuh,prakosa ing ngadilaga. Duta lumagsaneng latri, senapati kalih ira, wus pangggih lan prabu anom, pinanggiyan gen kang Sonya, sawusnya ttalenggah, ngandika sang rja sunu, kakang Tik Kong lan Gutula. Sumarmi ulun nature, kakang ywa rengat ing karsa, ulun anedha rembage, dhateng kakang sakaliyan, wit ing badan kawula, tansah dipun sundhul atur, dhateng ing para satriya. Pinurih amurweng jurit, angrebat karaton Tetya, dene ing nguni wajibe, manira kang madeg nata, wusana sapunika, kang jumeneng kanjeng ibu, tur kuwalon tan sayogya. Ing nguni ulun tan galih, ssatemah para Santana, dahat samya panggubele, sagah alabuh palastra, sumarmi kadyaparan, rembag andika kang tamtu, ingkang pantes linampahan. Yata rising senapati, Tik Kong ars aturira, lah punika nah ingangger, kawula mangayubagya, mring sagung prasatriya, dahat ing prayoginipun, panduka madeg narendra. Punapa winalang galih,kawula sagah tutwuntat, anglabuhi sarirane, Tik Kong nolih mring Gutula, eh adhi kaya ngapa, panemune ing pikirmu, gutula umatur sigra. Yenkawula kang sayegti, sami lan rembag andika, sak rambut tan mawi geseh, ananging prayoginira, sami gilig narembag, ahli piker jalma catur, punggawa kang wus widagda. Satunggil tumenggung Ko Ing,kalih tumenggung JI Bica, tumengugng Sik Ta katrine, tumenggung Tasikeh kapat, yen sakawan wus rembag, tan kewran babingprang pupuh, sanadyan mengsah ayutan. Boten akewet amurih kasore nagari Tong Tya yata ri sang prabu anom, entyar sai arsa rembag, aris denya ngandika,lahkakang andika rembug, ing jawi mamrih srinata. Yata kalih senapatya, wus kalilan mundur sami, sapraptaning dalemira., laju samya animbali, catur punggawa wasis, kumpul jinatenan sampun, ing karsa raja putra, yat sakawan bupati, rempeg atur nembadani ing skarsa. Lan atur prayoginira, pinurih jen kar jeng gusti, makuwon ardi Kya Yam San, ing papan langkugn prayogi, dadya ajanging jurit, lan watawis langkung bakuh, pakewet yen linanggar, mengsah tan wigya nginggahi, jagang jurang jro ngubengi ponang arga. Saluhure kang aldaka, ingpapan wiyar turadin, keh umbul sendhang narmada, palakirna amepeki, arga punika nguni, dadya pacangkramanipun kang rama prabu Tong Tya, wus sinunggedhong respati, tuwin balepawisman lan pasanggrahan. Lan wonten bupatinira, kakalih ingkang ajagi, sami babala yalegsa, ngreh kiwa tengening wukir, pasitenlohjinawi, tan kirang babugten agung, yata rembag wus dadya, gya katur mring narpatiwi, kasembadan gya parentah pradandanan. Naming rempidan kapyarsa, maran ging sang prabu dewi, sagung kang para satriya, kathah kang badhe umiring, wit srutresna mring gusti, prabu anom ambeg alus, asih mring kulawarga, berbudi agung paparing, dadya kathah kang sumedya labuh ejah. Nahan sawusnya samegta, sang senapati kakalih, Sik Kong kalawan Gutula, umareg mring rajasiwi, angaturi prajangji, badhe dinten budhalipun, sadaya winangsitan, satriya ingkang umiring, kalih atus tigangdasa langkung astha.Dene pamungkas bicara, dipati kapat uiring, dipati Ko Ing pangarsa, punika kepala piker, wadya lit lanprajurit, kalih kethi kantg pangayun, sakethi wolung legsa, wadyane satriya mantra, wusnya prapta ngubaya latri budhalnya. Kumerug tanpa sebawa, rerembatan arni-warni, sapirantining ngagesang, kadya kang nagari ngalih, lampahira lestari, lir dinunulur dewagung, tan winarna ing marga, lampahnya sang raja siwi, sampu prapta ing Kyum San ujung ngarga. Taksih wonten candhakipun.

Ing Surakarta Ing sasedanipun raden Mas Ariya Mangkudipura, manawi wonten para tuwan utawi tiyang jawi, bongsa sabrang sasaminipun ingkang taksih nyambutaken dhateng raden mas Ariya Mangkudipura wau, angladosna paturan sarta angladosakenpikuwating anyambutaken dhumateng pangadilan dalem ingakng dipaten anom kawangenan sakawan dasa dinten akaliyan titi mangsaning bramartani punika, bilih salebeting wawangen dere angadhahi paturan, badhe katulak sangking paturanipun Bupati kadipaten Anom. Ongka 6 Kemis kaping 10 Pebruwar 1881

Surakarta Dinten Saptu tanggal kaping 6 Mulud tan punika jam 4 enjing, wiwit ungelipun kgungan dalem gongsa sakaten par atiyagn sasadeyan tuwin ingakng aningali sampu sakalangkung kathah, ananging wonten ingakng andadosaken cuwaning para ingkang aningali jalaran wektu sonten wau jawahipu sawatawis deres dadoos boten timbang kalayan nalika badhe angkatipun sadumugining ngalun-alun dalem tansah angathether. Sareg mungal kagungan dalem gongsa sekaten, manah kula boten kenging kula ampah, kadereng kedah aningali ungeling kagungan dalem gongsa, tur kula punika sampun kerep kemawoningali gongsa sekaten, pengraos meh saben mungal kula agatekaken ningali, boten ketang griya kula tebih saha marginipun bilih masa jawah angel sanget, suprandosipun kula saestu lumampah ningali, sareng lampah kula dumugi ing bawah kabupaten dhusun ngandong, kirang sakedhik kemawon kula wangsul, jalaran kretegipun kathah kang sami bibrah, ing mongka lepenipun bilih banjir boten kenging dipun sabrangi, sanadyan kenging kula mawi bucal wragad, sumawana bilih ngleresi pekenan ing kawis ageng, para bakul saking pundit-pundi kathah ingakng sami langkung ing ngriku, sanget anggenipun sami ngresula. Kula inggih susah sanget langkugn ing ngriku, sareng lampah kula dumugi negari, lah punika susah ical kasambetan bingah kemawon, jalaraningali arjaning nagari, tuwin kathah ing tiyang lumampah kang sami samapta busana, saha kathah ing kareta bendi selur sapinten pinten, sareng kula dumugi ing sekatenan ing ngriku sansaya bingahipun manah kula, aningali took-toko sami bukak wande angubengi kagungan dalem alun-alun, pangraos kula kados supena ningali suwarga, sareng kula mubeng mubeng kaget tiyang rubung-rubung, kula pitaken kabar ningali buron senuk kang saking tanah sabrang, kula tumut ningali kenging bayar gangsal sen, watawis langkugn kathah angsal-angsalanipun arta, jalaran kang ningali kathah temen. Panjurung

Kula aningali pustaka bramartani, wonten panjurung mungal malarsih, atembung salokaning tiyang estri ingakng boten prayogi ing patrap tuwin tindak tandukipun, mangkaten punika estu kasinggiyan sanget bilih kadamel mumulang para weak wanodya, anaming bongsa jawi punika boten kirang paparingipun wuwulang ingkang sepuh sepuh, suprandeosipun kepara menthel kepara kenes, awit kirang pamidihipun ingkang sepuh, tuwin kiran gparimpen anggenipun anyimpeni, boten kagalih ing watak-wantu, jalaran semangsanipun kerep srawungan estri kalayan jaler punika lajeng medal condha birawa, kasupen ing saloka, lajeng sengadi ningali sekaten Panjurung

Madiyun Ing salebeting kampong Pangongkangan wonten satunggilipun rondha, ingkang apaparab bok marta, ing saben dinten panggaotanipun sade sata dhateng ing peken wondening yen mangkat sade yan wiwit saking jam 6 enjing dumugi ning jam 1 siyang saweg mantuk, sarta manawi sonten bok rondha wau mangkat sadeyan malih ugi dhateng peken, wiwit jam 4 saengga dumugi ning jam ½ 8 saweg mantuk. Mila kula dahat prelu asung wuninga dhumaten gsagung ing paramitra kula menggah dhateng pandamelanipun bok rondha wau, among kula ngraosaken gumun sanget dhateng papajenganipun wahu bok rondha anggenipun sade sata, awit dening ingakng tumbas yen ta samiya pawstri boten gumunaken, inggih punika sagung ing para jaler jajaka, ageng alit kathah lamun cinatura, manawi saking panimbang kukla boten patos indah menggah dhateng kawujudanig wau bok rondha boten langkugninggih kenging mandhaka tembungngaken bok rondha luwung, wondening manawi angleresi dinten pekenan boten kenigng winiraos menggah kathah ing tiyangjaler ingkang prapta dhasaripun prelu among tumbas sata, wau bok rondha dhasaripun dumunugn ign salebetipun peken, mila bebakul sanesipun punika ngantos sepet ningali dhateng tiyang jaler samya abilunglungan lumebet ing peken prelu tumbas sata, saweneh ing bakul monten ingkang wicanten saran tembung Singol: ora sing dialap apa wong lanang padha mlebu menyang pasar kiye, gene kok nyeseg-nyesegi temen dalan, samanten ugi inggih sami nekat kemawon malah wonten ingkang mangsuli: e yah neri kaliyok gemeder simboke, sinigeg lalampahanipun siyang. Nibok rondha manawi panuju dhasar ing wanci sonten kaleres jam ½ 7 daluwah punika ingkagn nglangkungi kathah ing para jaler tatumbas lir pendah sulung medal enjing, awit boten ngemungaken lare kampugn ingkangsamya gadhah niyat tumbas sata, delasan para magan-mgang, kathah kang samya medali, nedya tumbas punapa, ingkang kadhasaraken ing bok rondha luwung wau. Bab ingkang samanten wau kula gadhah panginten mawi ok rondha luwung amendhet panglarisan, awit yen kaupamekna katarik sakin gendarh ing warni,ingnginggil sampun kula pratelakaken,utawi yen botenna makaten inggih winastan yen bok rondha pedhes damelipun,botenlangkung atur kula dhumateng para mita menawi wonten ingkang ngresakaken tumbas susur,kula auri rawuh ign peken Madiyun lo ingkangmekaten wau sampun sami nginten yen enjing sonten damel kula tumbas sata, bares kula among tumbas sapisanngrelu kadamel ses. Kintunan.

Panjurung Kula amedharaken anggen kula kapencut badhe kapanggih sang Bujakirana, kula salisik mrika-mrika tan ketang cegah nadhah lan nendra mung ngupaya sang buja, dumugi salapan dinten tinekdir waget kapanggih, teka angglethak mung sinebut gus Jaka, dereng gadhah griya daweg dhedhekahinggal ingngarga catur, anamung kala kula kapanggih tan montra monta yen janma sarjana, margi damel saha panggaotanipun mung dhedhesarana wade ulam ayem sareng kula palimpingi ginem katingal panther padhang jagadipun mila kula lajeng nyenggol sesorahing bramartani, dangu-dangu teka lajeng katawis manawi sang Buja punika kaleban santatama, dados kula lajeng mapan ing trasila, saha sayektinipun radi erring, mila mung kula pendhetaken saking saenget kula inggih punika kasebutandhanipun 1 erusastra,2 nawugeng, 3 ajar ngabdul Padail, 4 sangdyahsaridin, lah dalah sapunika tetela gus buja kapanduk sarta pundhuh raraosan ingakn tan taha sami nandukaken pamanggih nistha madya tama, we, inggih radi kathah saserepanipun naming lajeng waleh mangkaten kula punika daweg nembe manjurung sagaduging piker, teka lajeng kados kabetah-betahaken ing ngakathah, ignakng kula gelani punika dene lajeng kados tawon nambu, kabalang saking nrika kabalang saking ngriki, upami langgeng lawanan satungggal mawon inggih dugi-dugi, wangsul kumrubut ibarat bineda ing nalar, mongka ugering niyat reka manjurung dhateng kang angarang, dene kula kaanggeb sarjana inggih sokur, nanging kula dereng kuwagangngiyomi bongsa saliyan awit taksih tangeh nyamenana kang linangkung, sareng kula welehaken yen mangkaten sampeyan badhe kawancah ambeg saen awitan parduli den engis-engis liyan, kados pambatangipun saridin wangsulanipun lo kulapunika rak dede akrapipun saridin kang gadhah tembung nambunglaku angoyog sakendeling wicanten lajeng tumungkul tan ngandika asmu kaduwung, dene ngedalaken wicara, nyawati, sareng kula wawas dangu dangu bujakirana punika pancen tiyang maha alusing budi, lingsem sarta tangeh sanget wicoro atembugn ruhara, ing ngriku kula saya amempeng, lajeng babaken tembungipun dyah saridin (gemblung) punika tan mangsuli mung tumungkul angesemi, mila tetela dus bjakirana amboten purun ngambah utawi miren gaken tembung gecul dados lajeng kula criyosi mangakten o ibarat wong diburu iku kapenakatine sing buru katimbang karo atine sing diburu, kajaba yen sing diburu bias mabur, sarta watak rosa kaya gathotkaca sing buru iya banjur anjomblong, ssasampunipun kula wicanten gus buja katingal lejar manahipun kula lajeng nyuwun pamit liya dinten kula sagah badhe wangsul gus buja mangsul, o manawi sampeyan mriki malih sampun ngantos raosan tembung gecul kula mangsuli prayogi. Katandhan manguyupun Imam Mil Ngabidi/

Panjurung ngiras wangsulan

Si Ajar ngabdul Padail kula amusawarataken ginem dhateng sampeyan, kados pundit menggah gumathokipun tegesing tembugn Mursid, yen serat pakumpulanipun ingkang ing tembung walandi kawastan Woordenboek. Angojahaken bilih tembung mursid wau saking tembung Arab tegesipun budiman mutalim utawi Paham, angsul tembung mursid ingkang kaangge tondha namanipun pun Mursid kawrat ing Bramartani ongka 5 punika radi ewet anggen kula gathukaken tegesipun, manawi kayektosanapyambakipun tiyang budiman mutalim utawi faham, utawi malih anetepi pangakenipun piyambak yen ing samubarang sruwa saged, geseh sanget kalayan kayektosanipun, inggih punika kala mastani bilih saudara tuwin minangkabo sami kakinten yen tembugn malajeng, makaten ugi kagaliya, menggah wangsulanipun mursid dening manungkara punika mawi pratela, angaken sage ding samubarang, dene anggenipun asring narethek tataken wau sriyosipun among saking aras-arasen lo manawi pancen pyambakipun sampun sged ig samubarnag, rak boten woten prelunipun mawi narethek tataken, dene ingakng pantes tatatken punika rak tiyang Jugul kados kula punika. Lah manawi mangkaten punapa tembung mursid wau anggadhahi teges gemblung, utawi kumalungkung. Menggah anggenipun neneges sid among waton embok manawi, punika wonten suraosipun mursid kalebet tiyang atilar nama, rekanpun badhe anutupi jalebutipun ing wadana, ananging malah ambarang wiring dados cemot-cemot, wondene mursid badhe sumerep menggah ing minangkabo, punika mursid kedah malebeta dhateng saweneh ing pawiyatan rumiyin, lajeng nedha aserep serat punapa kang nyariyosaken asli namanipun satunggil tunggiling nagari ingakng mawi kategesan, sarta kados punapa katranganipun kartdhuniya, manawi kula ingkang katakenan wangsulan kula, o kula sanes juru basa, sarta kula dereng saged dados guru, atasing tegesipun tembung, tuwin pangawikan, angger kula sampun serep inggih sampun boten prelu kula berkah aken dhateng pun mursid, malah manawi kula kaur, seserepan kula ing sadungkapipun punika badhe kula damel mepet mepetaken dhateng pangawagipun pun Mursid. Jakajugul, inggih Jaka Caluntang ======\======Candhakipun Cariyos pethikan sakign serat dhalang basa Malayu

Marma kita sabar ken kariyin, ywa kanti anempoh, sandeyeng tyas yan kaduwung tembe, nanging basendhah tan nayogyani, tyase tan suririh, kasusu ing kayun. Saurira rada atrimakasih, sih antamaringong, nanging ingsun mangkaten dinakiye, ora luwih among slamet kari,apuji pinuji, ing kraharjanipun. Yata sami sung tondha karonsih, acecepan paroh, kawistara oneng sakaliye, kararantane sotanipun sami, yayah kadyenganing, nir arsayanipun. ADan ngambara basendhah sarwi,tumiling mangisor nenggak waspa uning sumitrane, nepasendhah luh ira dresmijil, arsa ngalayoni, nanging wus kapungkur. Basendhah ngayuh akasa, wraning ima sinerang samya ngisis, lampahe kadya anjangkung, pangaksi dirgantara, sumunare ujwaleng arka sumuluh, supraba lumreng udaya, tikeling sorot ngeneni. Marang gelaring mandhala, katatani ing manah ngancaryani, wimbuh arsa yaning kalbu, myat ingngadhap katingal,langeningparwata miwah setu-setu, prajarja myang wanantara, udyana lawan udani. Yayah tamandierwya sayah, tansah mayeng kongsi angancik wanci, dungkap prapteng tibra layu, puwara jumantara, kasat mata anglelentrih lawenipun, surya tumeng ancala sesining rat keksi anglih. Basendhah tumurun sigra, kakalangan sarwi amiling-miling, ngupadi unggyan kang samun, kinarya pasenedan, dupyantara myat taman asri kadulu, taemanign pakarangan, kathah nedheng angemohi. Ronayom angreteg dahat, saket lawan tirta pawitra wening, basendhah tandya tumiyup, tumama mring udyana, anelesep raryan aneng mandira gung, dahat yogya ciptanira, menthung lilimengan keksi. Sesiningrat kalimputan, ing pepeteng basendhah ngrasa atis, karana sajege umur, tanwrin asaba paran saintya sakula kuli aneng susuh, meementar rada melang, endhas sinesel ken swiwi. Dme pules gya nyan endra, awit saking kesisan dening angina, tuwin jalad hdangen dhanu, panjrah alilimengan, samangkana sotaning tyas amargi yuh, sineranging bayu bajra, kapyarsa gumrebeg ngidid. Sangking dangu gora swara, temah riwut pancawora atarik, meses upama pinusus, kumilat wor caracap, aneratap kagyat mursaswaraning gurnita jumebret karengya, yayah amewcahna kuping. Saya dres riris kang gumrah, warsa palawara anggigirisi, basendhah klepeh ngeyuyus, wulu teles sedyarsa, angambara mring liyan golek panglindhung, nanging wus tan bangkat karya, puwara dhelik andhepis. Luggyeng soring non kagagas, unggyanira anilar susuh neki, sathithik rada kaduwung, dene dereng kalingga, ratri teka wus kataman ing tyas giyuh, dyan ngayun ayun rahina, samangkana gagat enjing, taksih wonten sambetipun, Manungkara. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina Laju denya masanggrahan, pakuwon kondha jro puri, kathah warneng kalangenan, sakeh pawisman binagi, punggawa para mantra, tuwin satriya gung agung, mamangun pasanggrahan sacekapnya kang wdyalit sanalika luhur arga dadya praja. Anglur jalma wawadeyan, saking sangandhaping wukir, peken ageng sampun dadya, myang warungan pinggir margi, wau bupati kalih, kang jagi wukir duk dangu, wus samya dhinawuhan, tan sinung pakarya jurit, among jagi bottrepote kang dhinahar. Neng na kang tentrem neng ngarga, ganti kawuwusa malih, sira sang prabu wanodya, sampun ing ngaturan uning, lamun narendra siwi, jengkar ing nalika dalu lawan sawadyabala, satriya kathah umiring, tuwin senapati kalih atut wuntat. Bupati ahli bicara, kang kakalih atut wingking, yata sang prabu wanodya, mangungun darbe panggalih, tinarka raja siwi, badhe ngraba seng prang puypuh, gya sang prabuanduta, nimbali rekyana patih, dhinawuhan kinen amaspadakena. Mringjengkaring raja putra, tuwin kinen rakit baris, prayitna away kalenan, nagri gung wus den bendheni, gumrah ing saknagari, samya prayitna ing kewuh, undhang prabu wanodya yen ana wong kesah latri, kinen numpes pawismane kinen jarah. Yata wonten winursita, sajengkare raja siwi, bupati kalih prawira, ingkang sumeja umiring, marang narendra siwi, kang kakalih maksih kantun, Sitka ingkang satungggal, Jibica ingkang satunggil, dhinawuhan kantun kinen ngumpulena. Sagung kang para satriya, kang sdya samya umiring, marang ing narendra putra, dupi pakumpulan latri, munggeng wismeng dipati, jibica duk gunem rembug, lawan nganteni wadya, kasaru wonten udani, bupati geng satunggil wasta Lisinyap. Satunggil wsta lihagyap, punika sadherek tunggil, Lihagyap gya mepak baris, lan Lisingyap akathah prajuritira. Sedya numpes mring Jibica, lan Sikta nalika latri, tuwin kang para satriya, Lihagyap wus budhal nuli, saha kaprabon jurit, lampah nya kadinunukup, wadya gung tan sebawa, kuneng kang lagya lumaris, kapinujon sang jibica sampun budhal. Lawankang para satriya, ing lampah wus ragi tebih, kang kantun munggeng ing wisma, para abdi mung sakedhik, sabab kinen nenggani, mring jibica ramanipun, lawanpra satriya, eksih wonten kang nusuli, lagya kendel munggeng wismane jibica. Dupyarsa nusul budhalan , kasaru kang lagya prapti, lihagyap lawan lisingyap, kang sampun ambekta baris, Lihagyap den aturi, yen pawisman sampun suwung, jibica lawan sikta, wus dangu budhaling latri, sampun tebih dene kang kantun neng wisma, Mung ingkang rama kewala, lan wonten satunggil kalih, satriya kang dereng mangkat, lihagyap dupi miarsi, ngungun parentah nuli, sakehe kang samya kantun,kinen numpesi samya barana kinen jarahi., yata agyapa daleman wus kinepang. Lan munya gubar barungan, lan surak mawanti-wanti, pawisman wus linebetan., punika dahat mlas asih, sadaya den lunasi,. Tanpa bongga reh katukup, ingakng rama jibica tuut sampun den sedani rajabrana sakantune wus jinarah. Sawusira tutumpesan, lihagyap wus mundur aris, srya ambekta jarahan, kuneng kawarnaha enjing, jibica wus miarsi,yen dalemira ginepuk, lihagyaplan Lisingyap, numpes sarwi anjarahi, sang jibica lan sikta dahat bramatya. Lan dahat pangungunira, dene rama tumut lalis, jibica srunign bramatya, kadyrasa wangsul tumuli, sumeja aprang tandhing, lan lihagyap males ukum, nanging dipati sikta, sanet denya gogondheli, yen wangsula yekti mengsah lan sapraja. Paran margane kabangkat, amengsah jalma sanagri, dene sedane kang rama, kadi wus tumibaneng pasthi, jibica duk miarsi, marang sikta rembagipun, wus rereh mupusing tyas, sigra laju lampah nya ris, sampun prapta pakuwon ardi Kyayamsam. Sumiwi mring raja putra, katur solahira sami, denira manggih sngsara, wau ta sang raja siwi, sru pangunguning galih, ing reh prayagung pinujul, widagedeng siptamaya, pangandika lir mangarih, sang jibica lipur kinulawisudha. Taksih woten candhakipun. Ongka 7, Kemis kaping 17 Pebruwari 1881

Surakarta Amarengi dinten wiyosanipun panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara, kula sowan ing dalem kamangkunagaran ing dinten wau para tamu boten kacuwan anggening sami jagong awit sabibaripun pasamuan kados adapt panjenengan dalem kang jeng gustilajeng angggebyagaken yayasanipun gongsa anggitan engggal ingkangwinastan mardiswara, menggah warninipun gongsa wau sadaya wilahan saha saking pamireng kula, gongsa mardiswara sarancak wawratipun naming sami kalihan kenong ageng satunggal dene ungelipun sanget anggening ulem kapiyarsa saking katebihan inggih taksih gumolong, dipun celaki ririhipun anyekapi, rancakanipun saemper kados rancakanipun sengganen, saking panggagas kula angsalipun sari ungelipun wau, embok bilih gongsa ingkagn kaangge mawi kacamboran sanesing pelican ananging sanadyan anggayuha kkawontenanipun gongsa wau, kula maksa boten saged pramila antuk kula kula naming anilari dhateng konca niyaga, tatner dadosipun gongsa wau, inggih sakalangkung bingah kula bilih kaleresan kadosta: sirnaning rupa kaesthi ing gusti.

Caleret taun Nalika ping 5 wulan pebruwari punika, ing dhusun PUle dhistrik Tumang Bayalali, kataman babaya ingkang winastan caleret taun wondenign purwa wasananipun gumelar ingngandhap punika. Ing dinten wau wanci jam 4 sonten para rare ing dhusun ngriku anuju angen darbekipun lembu dumunung sakiduling dhusun ing satepining jurang gandhul wektu punika jurang gandhul pinuju banjir ageng andadosaken lalangenipun para rare angen amargi sakalangkugnkathah sarah wreksa alit-alit ingkag kentir dereng sawatawis dangunipun banjir wau para rare sumerep wonten lesus saking kidul wetan kairing skathahing epanging wreksa alit alit sarta ron-ronanipun lampahipun angembuleng, inggih punika ingkang kalimrah ing dhusun winastan Cleret taun lajeng sami kaelokaken para rare wau saha andadosaken tambahing kabingahanipun, sanalika punika kyai sami rana lajeng anjog ing satengah ing jurang gandhul ingkang pinuju banjir sapraptaning ngriku banjir mendhahan nanging ilining tirta wangsul manginggil andherekaken kyai samirana, punika para rare saweg katingal girisipun wasana sang samirana ingkang kairing tira lajeng anjog ing dhusun pule wau wah sang saya tamba agengipun wiwitipun sangsamirana anyangking griya satunggil kabekta anggayuhing gagana, ananging dereng marem manahipun lajeng wangsul malih sarwi amundhut griya ageng ageng, 4 iji, sami saisinipun ewadene sang samirana katingal dereng lega raosing manah ariwut pangamukipun sakathah ing griya alah isinipun sdaya kakuras gusis gunggung griya caacah wuwung 19 iji, umbulipun sareng kemawon sapraptaning jumantara asasamberan swaranipun anggirisi, amargi campuhipun empyak kalayan sanesipun bekakas pecah kados ta priing dandang kenceng sasaminipun ingkang umbulipun smpun sareng kalayan griya griya wau sasampunipun tempuk arenyuh dhawah ipun pating slaebar lir udan sinemeni, punika ingkang andadosaken miris manahipun para tiyang ing ngriku amargi saking kawekening manah anggenipun nedya angungsi, dados pating bilulung andhepes ing dhadhapuran deling,s ami gogondhelan oyod- oyodaning ingkang sakalangkungkenceng, amargi bilih boten saged kenceng panyepengipun sami kabur kabuncanging samirana, ingkang anambahi sungkawaning manahipun para waweka rare alit amargi badhe kaemban saestu anyudakaken kakuwatan anggenipun anggogondhelan mila para rare alit lajeng sami kaprenahaken sangajenging tiyang sepuh ipun, sarwi karangkul ingkang sakalangkung kencengipun. Gelaran bantal sarta pantun jagung sasaminipun punika umbulipun sakalangkung inggil sanget pating calorot wonten ing gagana, niyubbbpun ngantos dhawah dumugi ing dhusun sarta pategilan ingkang tebih ipun ngantos 2 pal. Nalika punika para tiyang sadhusun ageng alit saking girisipun andulu wawarnen kasebut ing nginggil wah lampahing samirana binarung tumetesing tirta sakalangkung deresipun kathah para tiyang ignakng boten lajeng anyepengi gondhelanan kajengan alit ingkang santosa oyotipun amasthi lajeng katut san samirana umbulipun ngantos 4 elo, dene kakajengan ageng-ageng sami rungkat, Kewan lembu kapal maenda umbulipun sareng kalayan kandhang gedhoganipun anangign kewan boten saged inggil lajeng sami dhawah, amugn kandhang gedhoganipun ingkang lajeng andedel pratiwi. Wondeneing kewan sasainipun sadaya sami wilujeng, among maenda 2, iji ingkang palastra jalaran kadhawahan udhunipun balandar ingkang sampun renyuh wontenign gagana. Tiyang ingang kasangsaran amungkakalih, ignakgn satunggil tiyagn estri badhe malajeng dereng ngantos angsal godhelan saking genging samirana lajeng katut umbulipunngnatos 3 elo, ananging lajeng kapethukaken keceran usuk ingkang sampun mawut wonten ing nginggil ngantos anandhagn kanin. Ingkang satunggal tiyangjaler saweg badhe malaejng kapethukaken paniyubing salarak gendhogan wasana sami wilujeng sadaya, sarta sampun sami waluya. Para tiyang sakiwatengening dhusun ngriku sareng sumerep bilihsanginggiling dhusun pule wonten wawarnen angedab-edabpi lajegn sami medals aking griya sumedya tandang ananging boten saged nyelak jalaran sami ajrih embok bilih katalorong dhawahing empyak sasaminipun ingkang dados mirising tyasipun para tandang sareng miyarsa sasabatipun para tiyang jaler estri anem sepuh pating jalerit sarta pangucapipun dene anggenipun warni-warni, bilih boten kalintu urutipun sampun kados sekar mas kumambang mangkaten. Dhuh kadya padene sutaning sun katri, sajuga sesepan kang sajuga lagi nyapih, sajuga kakang sapiyan. Engger away sira babarungan tangis, kang kenceng astanta, gondhelan dhapuran epring, kang wus dadya tunggak rosa. Away uwal mudnhak kabur sira kaki, sun uga gondhelan, tungggakankayukuweni, lan angemban arinira. Nadyan sirna abarang lan wisma mami, jangji atmajengwang, katriwus padha basuki,saklangkugn anrimeng suksma. Pakne kulup ika mau anangendi, dene tan katingal, raharja apa ta lalis, kabuncang ing samirana. Dhasar mokal temen bapakne si bayi, empyak mengkab-mengkab, sapalih wus katut ngangin, teka nora nuli lunga. PIjer kethekeran angukuti pari, lan ngambil lembunya, abote wong arsa bukti, muga- muga rahayuwa. Kang saweneh sambat dhuh wismaku lagi, mentas dadya enggal, saisine wus miranti, wasana sirna sadaya. Biyang gendhug iki wawelakmu nguni, gonira andadra, anyampahi karsa mami, duk arsa ngentas sutanta. Ngrujuk ana apa sapratikel mami,masthi wus kalagyan, wulan besarkangkawuri, sira malah sasungaran. Lah kapriye yen kaya mangkene iki, benjang taun apa, bisane apulih malih,kinarya amangun suka. Dene wisma saisine kabeh enting, rajakaya sirna,kang binukti benjing enjig,lan emben baetan ana. Estrinira mangsuli sarwi ngrarintih, pakne kulup away,keh akeh kang sirapikir,kanga gung pangaksamanta. Layak tamtu wong wadon kurang pamardi,kurang sasurupan, rumasa yenlaki ami, iku aneng ngandhapingwang. Ora luwih saiki mung padha ngudi,rahayu kewala, besuk angupaya maning, wus dilalah karsaning hyang. Ana kang sabat jagung pari sun enting, ayam lan maenda, kaya ngapa polah mami, darbek sun among punika. Yen sirnane wismeng sun tan dadya piker, mengko sun upaya, ing ngnedi tibane masthi, sun kumpulaken waluya.Balik jagung pari tan bangkit ngulati,leres umbulira, sayekti dhawahe tebih, nora luwih mung narima. Warna-warna sasambate para janmi, sawenee ngucap, detan gnimpi alamami,prapta ningbabaya ika. Nadyan sirna bok iya dipun ngengehi, mongsa diun kuras, dalah tinggi nora isih, dhuh muga nuli mendhaha. Dupi wanci surya meh tumameng wukir, samirana sirna,tirta maksih riwis-riwis, prajanma samya kumpulan. Angulati barang darbeknya pribadi, mring jawining desa, tanapi mring tegil-tegil, samya kapanggih sadaya. Nging wus risak ana rempun anasebit, dene barnagpecah, pinggan piring tanpa warni, mung raja kaya kapanggya.Wisma-wisma ting salayah aneng tegil, abalunganira, wus risak amalih warni, kinumpulken maksihken. Titiykaping pawanagayuh wiyati, wulan mulud warsa, jimakir sengkalaneki, mawut ing tyas ngesthisuksma. Katandhan kang mangripta wanodya adi, renyep panengranya, dhudhukuh ing ngandhap miri, pakaryanya Jurutebah.

Magelang: Etuksanga Panjurungipun renyep ing ngadhap miri, kasebuting bramartani ongka 5, angocapaken nalika Ongkawiyu ingmasjid jatinom awit sakign lulusing barkahipun kiyai ageng Giribig dados tatela para ingakng sampun ruhur ing jaman kina punika barkahipun lulus dumugi sapunika ingkang angemperi kasebut ing ngadhap punika. Ing dhusun Windu kaleres sukuning Arga Catur inggih ardi Rebabu ingkang sisih kidul kilen kabawah ing magelang, punika wonten umbulipun, 2 panggenan dumunung satepining jurang, ingkkang wetan kasebut Etuk Sanga,wujuding tirta biru, ingkang kilen kasebut etuk Sewu,wujuding tirta warni-warni wnten ingkang cemeng wonten ingakng biru wonten ingkang ijo sarta jene, caryosipun juru kunci ingakng rumeksa ing ngriku punika tilas pasiramanipun kiyai Ajar Windusana, punika andadosaken pangunguning manah kula, dene kathahipun para tiyang jaler estri ingkang griyanipun lampahan, 1 dumugi, 4 dinten sami angantosaken minta barkah adus dhateng ing nriku, dene pawartosipun pundit ingkang sampun kasiram ing tirta etuk sanga wau, sahantukipun punapa sakajatipun kadhatengan kados ta ingkang dereng angsal pangkat anedha tumuntenipun angsal pangkat ingkang sampun angsal pangkat anedha inggahing palenggahan saweneh wonten ingakgn anedha sampunluring anggenipun angupados pangupajiwa, wonten ingkang anedha tumuntenipun saged awaweka, wonten ingakng anedha tumuntenipun saged akrama, malah kala samanten wonten ingakng satunggal tiyagn jaler saweg nembe dados dhalang anedha sagedipun kombul misuwur, ingkang satunggil tiyang estri mentas malebet dados ringgit taledhek inggal, anedha sagedipunkombul amisuhur, kulapitaken dhateng jurukunci, punapa tiyang samantenpunika ugi wonten ignakng kalampahan saciptanipun wangsulaning jurukunci mangkaten, e kados pundit rak kawastanan kathah ingkang katrimah kalampahan saciptaning panggayuh, tandhanipun pundit ingakng saking nriki boten watawis wulan lajeng anyukani pawartos bilih sampun kalampahan saciptanipun sarta wonten ingakng anyukani pratondha kabingahan dhumateng juru kunci, saupami boten kathah ingkang lajeng saged kalampahan saciptanipun kados badhe boten misuhur sata boten kathah tiyang ingkang dhateng aminta barkah. Kula lajeng pitaken menggah ingkang dados isartipun sarta patrapipun kados pundit, wangsulanipun juru kunci, among ambegta sekar konyoh kalayan menyan tuwin arta sadhuwit dene patrapipun bilih sampun dumugi ing ngetuk dupa kabesmi salebetipun ambesmi dupa amrasajakaken ciptanipun ingkang ngantos ening, sekar konyoh lajeng kasebar satengahing umbul kalayan arta sadhuwit wau punika dados pratondha bilih ingkang katarimah sekar konyoh saha arta wau lajeng kaserot ingngumbul asirna sanalika, bilih ingkang boten katarimah sekar konyoh saha arta sadangunipun tansah kumambang wonten saluhuring warih kemawon bilih isarat sampun kalebet tiyagn ingkang minta barkah lajeng siram saampuning sira mlajeng dhateng griya ning jurukunci anglujengaken amujudaken ajat sakuwasanipun wondening wawaleripun ing etuk sanga wau boten kenging sadhengah tiyang ingakng minta barkah wau bilih nalika lampahan tuk-ipun anumpak kapal sarta lampahan tuk-ipun boten kenging mampir ing griyaning sinten-sinten. Kala samanten kula lajeng mantuk kemawon amargi kula dereng amirantos salebetipun kula lumampah tansah kula ggas punapa ingakng anambahi kakuwatanipun saking etuk sanga dumugi griya kula lampahan, 2 dinten mongka angubengi ardi rebabu marginipun tasah minggah mudhun kemawon sadumugi kula griya ngantos tan saged anggulawat saking mempenging sayah. Saking pamanggih kula kajawi barkahipun kiyai Ajar Windusana, lampahan tuk kula dumugi griyapunika embok manawi sampun anjalri kumpuling pangesthiing manah kula amargi kula titik saking rekaosipun. Siswalalana Embok bilih ugi ambarkahi dhteng para magang-magangan. Jurungarang.

Panjurung Amargi sampun tatela anungkara ingang sapunika sisilih nama Jaka Jugul punika kenging kawastanan sarjana ingkang sampun kawelanrtah kawegiganipun tandhanipun sampun kathah pangriptanipun ingkang sampun tumrap wonten ing pustakawarti, katingal andadosaken sekar wonten ing pabarataning pustaka warti, inggh layak sajakipun kirang rena saupami sarawungan kalayan sasamining tumitah, e inggih kados pancen sanes nun ila bilih rumaos badhe kapiyak kalimputipun lajengmancolot angalih sisilih ing sasebutan supados ayirnakaken badhe sudaning kawelantrah isuhuripu nsarta lajengkathah akalipun anggenipun angupados jalara uguling pabeanipun sisilih ing nami mursit kaosak-asik kamupakataken tegesipun supados saged ceples kalayan kalantipanipun lo, punika rak boten parlu, amargi boten masthi anggenipun sisilih nama mursit wau niyat kaceplesaken kalayan jrwanipun embok inggih kategesana sakranjang gambir jangji ingkang darbe sisilih boten angrwes kados kados sampun cekap. Samangke mursit smpu ndarbe pamanggih boten parlu amaelu sabarng akalipun manugnkara kang ugi nama Jaka Jugul ingkang tumrap dhateng Mursittur dereng masthi piyambakipun kaanggep dados sarjananng bramartani, sanadyan pangakenipun saged ananging kirang nyatanipun inggih punika tiyang kuminter,o, manusa punika ancasipun rak sami kemawon upaminipun ayam jago ageng kalayan jago alit sampun tatela bilih kawon agenging badan panjanging lancur dawaning jalu ambaning cengger, pradaning kurungan ewadene pun jago alit ugi maksih kaluruk ah wong padha pitik kurungan pradan milu milu apa. Pamanggihipun mursit ignakgn wekasan, em tinimbang badhe kaginem sisilih ing nami mursit kasirnakaken ingakng tanpa teges. Mila kaunigana dhumateng paa sarjanaingakgn sampun sarawungan kalayan mursit bilih ing bramartani sampun sepen sasebutan mursit. Jakamarapi

Panjurung wangsulan. Nuwun dereng watawis lai kula maos serat kabar Bramartani, ing ngriku wonten panjurung ing mitra kua, suraos mundhut katrangan bab pratikelipun anglebetaken rare dhateng pamulangan calon guru, ing sarehning kedhik-kedhik kula sumerep ing mangke kula badhe ngaturi wangsulan kados ingkang kasabut ing ngandhap punika. Botenmawi mawang lare, sanadyananaking tiyang wijiling alit, sok ugi kadunungan sakawan prakawis punika, 1 rangginas, 2 wekel 3 taberi, 4 kang sampunnate piakntuk piwulangipun mantra guru ing nagarenipun piyambak, saha pikantuk serat tandhaning kasaenan saking guronipun, tuwin ignakngsampun yuswa 12 taun. Denten patraping anglebetaken kenging kaborongaken dening mantra guru, utawi para kumisining pamulangan. Wasana para tiyang gadhah putra ingakng sumedya kalebetaken ing pawiyatan calon guru wau, sampun anamtokaken kalebeting anakipun, jalaran ing salebeting pawiyatan ngriku sampun kacawis andhongan lare ingakng badhe sami malebet ing nrgiku, wondening piwulangipun ugi sami kados ingpamulanga jawi sanesipun, ananging ingakng dados guronipun nuwun inggih punika para muriding pawiyatan calon guruingkang sampunputusing kawruhipun ingakng sampun pangkat sakawan ngiras kadamel sinaon. O, mitrakula punika pakaryan sakalangkugn andadosaken kapingining para ingang sampun sumerep ing pratikelipun utawi ingkang sampun nate nglampahi, awit medal sakig nriku lajeng piakntuk pangkat mantra guru balanjanipun sawulan 75 rupiyah, sarta saben saben tigang taun sapisan kaparinga mindhak 15 rupiyah, ngantos dumugi 150 rupiyah, lo punika swek gpralu kemawon derengkados kang kasbut punika, awit malebet kaparingan kamar, benet saha meja kursi, tuwin patileman punapa denten tampi patedhan 1 rupiyah swulan bilih spu pangkat 4 pikantuk balonja 220rupiyah swulan slebeting 6 taun kengig ktemtokaken dados guru, kajwi takdirnun sampun nun samanten kemawon teka kesed nglajengaken jalaran kakirangan ing tembung (Cotho).

Candhakipun cariyos ringgit Cina

Tuwin kang para dipatya, myang satriya karobansih, samya mijil sudiranya, sumedya leburing jurit, mahambeg atoh lalis, tan miris mengsah prajagung, kang bala yutan wendran, prajeng cina geng geng nglangkungi, tan kaetang sawiji tandhing sanembang. Nahan suka parisuka, ing kya yaman sarwa-sarwi, tansah denya andrawina, mangkana ganti winarni, Lianggyap dupi enjing, kalawan sawadyanipun , siwakeng mring apatya, ngatur ken solah balatri, lan nganturken barang kang warni jarahan. Sigra sang mantri wasesa, Lihagyap sampun denirit, siwakeng mring dewi raja, pinanggiyaneng jropuri,wau sang prabu dewi, nalika miarsa atur, langkung sukaning driya, ngandika mring kyana patih, eh apatih ingkang dadi karsaningwang. Sun gempur gunungKyu Yamsan, sapakang yogya sun tuding, angembani karsaningwang, sira milih abupati,kang prakosa ing jurit, patih pangandikaning sun, lamun ungguling yuda, agedhe ganjaran mami, jumenenga senapati nagri cina. Dene yen kurang prabeya, kalawan wadya prajurit, inggal patih paringana, sacra kang bangkat kardi, sandika kyanapatih, Lihagyap sigra umatur, lamun sembadeng karsa, Lihagyap ingakng nyagahi, amukul prang jalma munggeng Kyu Yamsan.Wau sang mantra wsesa, umatur mring Prabu Dewi, langkung suka dewiraja, saksana wus kinen mijil, prajurit den paringi, sakethi lan wolungewu, myang busana lan brana, sapirantining ngajurit, yata wedalira ngungkur ken jro pura.

Ing dalu datan winarna, enjing muni tengaramanggut jurit, gubarberinekumrumpyung, baris rakit gagaman, pedhang ngabir jemparing towok salukun, nalika jaman punika, megsih ngangge gada bindi. Dereng wonten prang sanjata, tuwin mriyem lan rakiting ngajurit, tatandhingan yen umanggut, aprang rusuh tan arsa, mung angadu kagunan kasegtenipun, prang garubuh kalamongsa, lir prang tanah arab nguni. Yata dipati Lihagyap, sigra mijil ambudhalaken baris, gumerah guntur gumuntur, mantra tuwin satriya, awahana kuda sinongsongan agung, bandera lelayu abra, kadya wanarga kabesmi. Kalih kethi winatara, gunging baris Lihagyap senapati, anitih turongga agung, toponge nawaretna, upacara magersarine gumrudug, ing marga datan winarna,ing Kyu Yamsan sampu prapti. Laju karya pasanggrahan, winatara tebih nya lawan wukir, myang papaning aprang pupuh, sampun samya rinata, kuneneg wadya bala kang munggeng ing gunung, sgung kang para punggawa, sadaya sampun udani. Yen Linanggar saking praja, sang Lihagyap kang dadya senapati, yata senapati gunung, Sikong lawan Gut Ula, prapunggawa satriya pinara telum kang saduman kang magutprang, saduman rumegseng gusti. SAduman glar sisimpenan, badhe mangsah latri angobrak-abrik, lan besmi pakuwon mungsuh, titindhih nya Jibica, lawan Sikta, punika kang sanget bendu, ngonta-onta mring Lihagyap, kaya ge tempuh ing jurit. Wit sedane ingkang rama, sang Lihagyap puniku kang nyedani,yata tan winarneng dalu, lihagyap dupi enjing, akena buh tengara mangsahprang pupuh, gya munya tengaraning prang, gubarberine tinitir. Baris mijil rakit gelar, nahan wadya ingngarga senapati,Sik Kong wus tengara methuk, baris ngandhap ing ngarga, wus tinimbang kehing rowang miwah mungsuh, tuwin kangpara satriya, myang punggawa kang pratandhing. Taksih wonten candhakipun. Ongka 8 Kemis kaping 24 Pebruwari 1881

Surakarta Nalikaing dinten Jumungah ingkang kapengker punika, pagriyanipun Raden D.S. ng Kratonan, kalebetan durjanapandung, anaming boten malebet dhateng ing griya, among prelu mendhet sawung satunggil ingkang wonten ing ngemper griya, punika rgi anggumunaken, menggah sawung wau kathah panunggilanipun boten wonten ingakng kapendhet, kalih menggahlebtipun pandung wetawis nalika teksih ragi sonten, rehning peteng jawah garimis boten nglegewa, mila boten prayogi tiyang sepen ing kaprayitnan punika.

Punika pengaturan parundha ing salebetipun kitha Bojanagara para priyantunjawi ingkang sami kaseren rundha: Langkung perlu sanget, katindakaken bab pengaturan patrol punika, awit kagalih prelu, wawaton sangking dhawuh teimbalanipun kepala nagari, jumagi ing salebetipun kitha ing wektu dalu, kawesthekaken sadalu tiga priyantun ingkang mider rundha kadosta: Dinten malem Setu, 1, Mas Bei Sastra Amijaya Patih; 2 Mas SUpiya, carik Onder Kolektur, 3 Mas Sumaarja kwikeling sakolah jawi. Dinten Ngaat, 1. Mas Dana Prawira Pengulu, 2 Mas Suradirja, ajung jaksa ongka 2,; 3 Sastrawedaya, carik kantor asisten residhen. Dinten Senen 1. Mas Bei Dana Adiwijaya, wadana dhisrik kitha, 2 mas wongsa wijaya, paniti arta, 3, Mas Wanengkusuma carik Kontrolir. Dinten Selasa, 1 Mas Sumaatmaja, jaksa, 2, Raden Ngabei Tirta Atmaja, carik dhistrik kitha, 3 Raden Cakrawijaya, kwikeling sakolah jawi. Dinten Rebo 1, Raden Prawirakusuma, Onder kolektur, 2 Raden Kramadimeja, carik kabupaten 3 raden Sastra Awijaya, peniti arta DintenKemis 1 Mas DAnasemita, ajungjaksa ongka 1 2 Mas Surareja dhokter Jawi 3, Mas Ranadikrama Gumwater. Dinten Jumuwah, 1 Raden jaya dimeja, Mantri guru, 2 Mas Suradikrama, 3 Raden ARdiman Sami kwikeling sakolah jawi. Kejawi kang sampun kawahya nginggil 1 raden ngabei Jayawinata, mantra kabupaten 2 mas Rejadirja, carik jaksa, 3 mas Sastra Sudira,Kwikeling wau, 3 priyantun kawical andhongan patrol embok manawi wonten kancanipun para priyantun . Ingkang pambengan boten saged lumampah rundha, priyantun 3 wau salah satunggal ingkang gajuli rundha. Wondene kapala patrol mideripun rundha kanthi ekepala kampong wiwit mider kepala rundha ongka 1 pangakt tabuh 8 dalum mila ing lumampah angking gerdhu ongka 1 ngantos dumugi ger ongka 21, sadaya wah ana turongga kapesthekaken tabuh 10 dalu sampun anguningani kunjaran saha nguningani griyanipun kepala bujang, punapa kawontenanipun nalika mider rtundha sadhatengipun gerdhu ongka 8 13 tuwin gerdhu ongka 18 sadaya kepala rundha neken namanipun dhateng sabak, gerdhu ingkang kasukani sabak punika, gerdhu pojokan nagari, tabuh 12 dalu,tetek paos kapala rundha ongka 2 mider dadi dene ingkang sampun tabuh 3 dados sadalu 3 priyantun ingakng lumampah rundha, sadaya kapala rundha sami andamel cathetan punapa kawontenanipun nalika piyambakipunlumampah rundha, punapa malih kapala rundha ongka 2 tuwin 3 saderengipun lumampah rundha, kapacaka palarundha ongka 3 ngaso wonten kantor asistenan punapa malih kepala rundha ongka 1 boten kawenangaken mantuk menawi dereng anggugah utawi suka sumerep kalayan kepala rundha ongka 2 kepala rundha ongka 2 samanten ugi, nuninggih anggugah kalayan kepala rundha ongka 3 Sasampunipun enjing sabak sabak, ingkang katandhani para priyantun rundha, lajeng kacaosaken kanjeng tuwan asisten residhen, mergi kumedah kawuninganaing pribadi, kepala rundha ongka 3, ingkan gkajibah lapur, kaliyan kanjeng tuwan asisten residhen, tuwin ingakng bupati mawi ambekta serat, cathehtan patrol utawi regester patrol punapa ingkang sampun kawahya ing ngriku,lajeng katindakaken. Boten telas, bingah ing manah kula sarta, magnayubagya sanget, dene wonten pranata ingkang kados makaten, mila panwun kula dhumatengpara priyantun rundha, angengetana lalabetanipun Wanengkusuma, carik,kontrolir, dinten punika katingal……`kukruk dhateng pasowan jalaran telena boten lumampah rundha, kadadosan kaparingi pangajaran8 dinten jagi pasowantanpa keras tanpa keris naming iga-iga kemawon menawi dalukakersakaken dherek rundhamubeng kaping tiga, pramila mineawi sampun enjing tingal kula lenggah pasowan lajeng liyer-liyer thekluk-thekluk ngantuk, saestu icalpathenthengipun kantun gayeripun o mesakaken.

Panjurung Ing salami kula dhateng wonten ing nagari Surakarta saweg samangke kula nembe wiyos dalem tedhak ingloji taun raja, menggahpatrap utawi pakurmatanipun sadaya sampun boten wonten ingkang nguciwani,, dene ingkang kula ngunguni punika namungpatrap tuwin pengangenipun para tiyang ingkang sami ningali, kados tapara estri ingakng panen sami kawade badanipun tumrapa dagangan wa saestu inggh supados pajengipun ananging ngantos kisruh anggen kula nraosaken jalaran saking patrap tuwin panganggenipun margi sami numpak kareta wah mawi ampilan lopak- lopak paidon saweneh wonten ingakng mawi ampilan payung ngantos langkung sakin gmesthi, punika ingkagn ngebati denekathahpara tiyang ingakng kalintu badhe dhodhok margi dipun kinten para gustituwin para ageng, sareng sampun terang, wasana naming para estri pancen dagangan kimawon mangkatena saadyan sampun kaewokakenminongka sekaring praja,bok inggih sampun kenigng sami mangangge ingkang pancen dede leresipun punapa dene bilih nuju wiyos dalempunika, pancenipun sami medhuna saking tumpakanipun kareta tuwi kapal sukur bage sami purun dhodhok wrenenipun dados boten deksura tur katingal kurmat panjeenenganipun ing ratu, margi pancen tiyang jawi tur asli alit punika bilih boten wonten ingkang nyruwe, ing ngatasipun tiyang awon saestu sangsaya badhe dadra,bilih para estri niyatipun ing wegtu samangke kathah ingakng pados kamulyan dipunjalari saking lampah awon margi saengga kapencut dhateng para estri ingkang sampun sami mulya kados ing nginggil wau, mila para mitra kula kimawon sanadyan sampun dados ngadad sarta limrahing ngagesang,naming ingakng waspada,margi wegtu samangke kathah para estri nedya gayuh kamulyan dipun jalari saking awon ewasamanten tiyagn wau ingggih sasenengan punapa malih sinten ingkang boten kapencut mulat gambar gilig alus kawuryansanadyan sampun sumerep bili tiyang wau tumrap kapal sampun bobrok watak paranem kedah kedah badhe nglegsanani, wasana dados racun Pun saestu ing Wanakarta. ======\======Ingkang anggumunaken teka konca pulisi boten karsa anyaruwe, sanadyan para bandara sampun anyirnakakenkaruhuraning tedhakipun kasuma,konca pulisi embokinggih tanpegat dhateng bekipun bilih wontenpara estri angrasuk busana, utawi mangangge songsong ingkang sanes leresipun mugilajeng akcepenga kaladosna dhateng parentah,s ampun ngantos mawang dhateng tiyangipun supados alingsema ingkang kagungan songsong, kaampilaken dhateng wanodya awon bilih makaten ing tembe saestu saged sirna lalanpahan makaten wau, dene anggen kula kamipurun amurih sirnaning lampahan wau, awit osiking manah kula naming kumedah kedah arumeksa dhateng ruhuripun tedhaking kusuma. Sang alatinengeran Ruhing gusti kaesthi panjuru ngarang.

Jaka Jugul inggih Jaka Calunthang, awit saking serat ing jengandika ingkang dhumateng Mursid kawrat ing Bramartani katitimangsan kaping 10 Pebruwari punika ongka 6 kula kedahpitaken dhateng ijengandika, nanging enggal ijengandika wanggsuli, sampun ngantos –antos tan aras-arasen utawi sanesipun mindhak lajeng cuthel tur adamel kucem, mengggah pataken kulla wau kados ing ngandhap punika. Bausasatra ingakgn engandika ucapaken anegesi tembung mursid punika damelanipun bongsa punapa namanipun sinten kawajibanipun …….. Ing jengandika ngatag dhateng pun Mursid lumebeta ing griya pamulangan ingkang naming badhe nyumerepi menggah ing Minangkabo punika punapa leres. Tiyang taken-tinaken kawruh wotnen ingbramartani uttawi wonten sawiyahingpanggenan punapa prelu awawaton kasampurnan Punapa leres ingjengandika badhe nyidhem kasagedan Jaka marapi, ambok manawi jaka Jugul (Jaka Calunthang) punika dede manungkara, awit manungkara sanajan asantun nama inggih taksih katawis boten tilar ing kasarjananipun boten karsa angwedharaken ginem ing saderengipun kamanah-manah rumiyin ing prayoginipun. Dhuh Jaka Jugul manawi ijengandika karsa ananggapi serat kula, paben ijengandika sampun amalumpati kidang, lajeng apitaken utawi anginem prakawis sanesipun anangingkedah anggondhelana dhateng talitinipun ingkang dipun rembag supados ijengandika kenging dipun sebut, pothok Katandhan H.D.

Wangsulan dhateng Mursid ingkang santun nama Jaka Marapi.

Dahat renaming tyas mami, nanggapi sratjengandika,yawn jeneng para samene,lumungsur saking paparab mursid sisilih aran, jaka mrapi sababipun, geseh lan kabyaktanira. Benere wongjeneng Mursid, mutalim sarta paham budiman pangindriyane, mongka nyatane tanpisan, temah aninggal aran, marmiteku kita santun, jeneng marapi jajaka. Ingsun dahat nayogyani, sanajan kita ngalompra, ingnguni wus sregep takon,prakara tegesing basa,mandar kita priyonggga, wusta pun negesi tembung, bareng mengko kaprawasa. Jeneng para den tegesi, teka banjur cumetngapan, crita prawitaning pamet, prasidha datan rinasa, lamun kaolehena,karo ing tetegesipun, mulane ingsun wacana. Kalebu wong tinggalnami, apa tanbener sabdewang, dene kita darbe kawroh, yenmanungkara samangkya, sisilih nama Jaka Jugul tanmaoni ingsun krana wus jamaking cipta. Janma duweni pandalih, nanging sidhi lan madhaya, yekti kabyak tan ing tembe, dening rising anunggita, wasana kang sayogya mara sosodoran kawruh, amrih tasdiking sunyata. Den tanggon jaka marapi, amungsuh sijugul mudha, kaya tan gigrigciptengong, angadureh kasantikan, sun cacak ingpatanya, ukuran watesing wujud, wujud kang cilik priyongga. Lah sampun rongeh anggen sampeyan lenggah, tinarbuka apitaken kula punika mas Jaka Jugul.

Panjurung wangsulan Sawauniun kula kajegan ing raos kajibah anandhegi sasaring pamanggihipun mursid inggih ingkang sapunika sisilih nama Jaka Marapi, ananging saderengipun kula anggubah wiraos ingkang mranani panggalihipun, kedah badhe kula patakeni rumiyin saking anggenipun wicanten bilih kula badhe kapiyak kalimputan kula lajeng mancolot santun sisilih nama, ingkang punika sakelangkung bingah kula, yen jaka marapi karsa angandharaken kalimputan kula wau ingkang patis, pamurih kula makaten wau ing iwngking kula sageda ngatos-atos sampun kantos kalepetan ing pandakwa, wasana dangu dangu kula manah, teka sakedhik temen prelunipun, tur among mindhak angesak-esaki papan, sarta kapirarenen, tuwin anggelakaken panggalihipun prayagung ingakng amriksani pawarti. Jaka marapi wicanten, yen ing sapunika sampun katuwuhan pamanggih, boten prelu maelu dhateng akakal kula, punika kula inggih anyumangggakakenawit prakawising badanipun piyambak dipun rampungi piyambak, ingkang munasika pinten, wangsul pitaken kula malih, nggek kala punapa kula gadhah pamurih utawi aken ingkang sarira, amaeluwa dhateng sabarang akal kula, dene yen saking kabalondronipun piyambak sapunika badhe dipun mantuni, lah sinten ingakng munasika, punapa dene malih kula kadedahana,pundit kukuwatanipun jaka marapi nggening mastani bilih kula sampun nate ngaken sarjananing bramartani, sarta ngaken saged samubarang. Jalaran saking panrimahipun mursid piyambak sisilih ing namanipu kaundur, kasantunan nama Jaka Marapi, inggih ingkang munasika sinten, yen among dumunung ing badanipun piyambak sareng ingliyan mawi dipuncalorengi, amesthi pantes dipun owak-awik, inggih punika kala mastani yen kula ngaken saged samubarang, pramila jaka Marapi dipun anglengna, yen salugunipun karibengan kula punika ing saindeng tanpa pakid,leres sanget kula sampeyan wastani tiyang kuminter, amargi saking sangetipun kaboghoan kula, teka angsring gadhah reka-reka daya, Ah gela kula sakedhik, dene ingkang naruwe dhateng kula kacihna temen saweneh ingprakawis ingkang ing ngujiwateka tanpa kabudiyan. Wasana kula gadhah weweling sakedhik dahteng saweneh ing prakawis mancahutawi amandomakenkakarangan dipun prayitna, ing saderengipun kapacak kedah kapanggih nakalayanbudi rumiyin, manawi sampun sampurna, lajengkasamantakna gumelaring prakawis ingkang ing ngujiwat,salajengipun anggubahha piyambak kadamel tuladhaingkang langkung prayogi, kados rekanipun saridin nggening rauwe dhateng angitanipun buja kirana,lahpunika nama tiyang patitis boten sasar susur sarta boten ambau dadaris. Manungkara

Panganten Padhang Kang sinawung sagung ing mamanis,ulun mangun langening carita, carita kang gumunake, karya gelisning kalbu, ulun methik sing serat warti, slompret mlayu kang medal, duk ari Sukraku, lek tridasa juga wulan, Dhesember kang kawuri kanang warsi, trus desthi madyanirat…………nagara mu watatane, dene….lina puniku, warni-warni tumraping janmi, ulun arsa mangripta, ing kulinanipun, pangantyan ingnagriPadhang, witing raras ngambil sakin ggunemaning, den arya darmabrata. Sang pangantyan kakung den wastani, marapule wastaeing pangantyan, dyah nakdara panengrane, dene rarengganipun, marapule kadyapuniki,clanasinulamsutra, sineling mas rurub, wanguning kanang calana, cara Aceh gebyar gebyar den tingali, karya sukanign driya.Sarungira sutra sulam rukmi, uler lulut kuliling tepinya, paningsetnya prasmen jene, dedhesdehari ramaksum, panganggenya winaliiiik nginggil, kadya ringgit sri sabrang, kaos sutra biru, sepatunira burdiran, rasukanya sangkelat kresna den burdir, wanguning kabayak cekak. Rangkepanya kakembangan putih, nuli gantya pangrasuking sang dyah, anak darayekurane, sarung nya sutra babur jamang mas tinatah sotyadi, abyoring sekar goyang, ing mustakanipun, kalungira rembulanan, sungsun tiga gelang geligen rukmi, tinretes ing sosotya. Anting antingira ugi ruksmi, baju sutra wungu pinarada, canelaburdiran jene, katon lamun dinulu, kadya widadari ing swargi, gumebyar lir baskara, wewah lamun antuk, sang dyah ayuning warna, warak ati tur kanthi sagung mamanis, kasmaran sagung kang mulat. Bidhalipun mara pulenenggih, sonten wanci jam madyaning sapta, kuliling ing saprajane, miwah rinengga anung, titiyanya dipongga putih, kinarya saking kartas,joli wadhahipun, mawi kadekekan rodha, pakaryanya sakamantyan bagus adi, tinarik sagung janma. Ing ngarsaning pangantyan lumaris, wus pinatahjajaka sadasa, sangkep sagung busanane, kadya pagnantyan kakung, ing pungkuring pradongga muni, miwah sagung tabuwan, kanankerinipun, ponca dasa obor jajar, dadya satus obor kanan keri, padhange lir rahina. Suka-suka kang samya umiring, mya saknaken sagunging pradongga, kang maweh sukaswarane, dene anak dareku, datan sanes kadi ing ngingggil, nanging titiyanira, garudha winangun, ing watawis jam swiwelas, marapule wus tutuk wismaning estri,nulya panggih pangantyan.sigra tatalenggah munggeng kursi, sapa ngantyan kakung lawan sangdyah, neng ngarseng tepas wangune, de pangaraking kakung, pan sadasa jajaka nguni, samya sumiwi munggwing, knankursenipun wah pangraking wanodya, samya lungguh ing kiwa jajari kursi, busana lir pangantyan. Sasampuning samya tatalinggih, sang pangantyan estri miwah priya, tinetesan wes sirahe, kang cumawis ing ngriku, tan antara dangu pagnantin, kadyaya rinucatan, ing busananipu, wsana den irit medal, dening dhukunkabekta ing wuri, sigra samya asiram. Eh sagunging prasarjana mugi, sampun sampun anuwuhaken duka, kula darmi ngaturake, awit patraping adus, teka maweh gleaning galih, pangantyan estri priya, lumebu ing wangun, wanguning kang pasiraman, datan antuk sajuga janma nyaketi, kadwinya neng jro kulah. Duk asiram wau pangantyan kadwi, samya kumpul dadya sajuga, aneng sajroning sarung sae, sampuning genira adus, nulya dhukun sigra marani, pangantyane estri priya, dhiniken mring dhukun, gya rinngkulken sigra, jalu estri ingngambungaken sami,laju manjing ing wisma. Sareng sampun garing kanangdhiri, nuli malih ing ngajak mring kolah, kadwi pangtyan dus maneh, sabakdanira adus, den ambangken kadya ingnguni, sigra malih busana, kadya purwanipun, tatalenggah aneng medhan, mustakanya tinetesan toya malih, antara den prih siram. Wungsal-wangsul denira amandhi, pan sahari wangsul kaping sapta, busana kaping tri sawuse, tesiwekaping telu, pangambunging ping sapta ugi, titi paripta amba, mring caritanipun, dyan arya Darmabrata, yekti lamun anengsemaken panggalih, paggalihing pramudha. Kalamun ing tanah Jawi ngriki, wonten patrap ingkang lir punika, sayekti karya sukane, para mudha sadarum, ingkang karem ing wanodyadi, nadyan datan kaema,kalamun mrah ngambung, tikel tiga saking Padhang, kathah ingkang anyanggup pingiten melik, getitiring busana. O para sarjana sadarum sampun sami anacat saking panjurung kula,ing inggil punika gihnun awit kula rumaos dereng dene datan wotnen ingkang kasilih tembung kithal tur tanpa karma. Si Cotho, amongwisastra. ======\======Candhakipun cariyos pethikan saking serat dhalang Basa Malayu Tumambang abang wetan, prabangkara anyalad mring wiyati, padhang sumilak ing luhur, wuryanign cakrawala, kasatmata tumaweng-naweng mangkeluk, angangeni panupiksa, pulih kaenggaraneki. Basendhah cipta wus oncat, sing riribet ekekebet suwiwi, adan ambarasiluk,kekejer neng gagan, non mangiwa manengen kadwisthanipun paran kaarsa pinaran,kagyat kedyate tan sipi. Myat ing doh wonten kukila, edhog kawistarengreh arsa juti, yun ngentar priyangganiun, brastha karkating driya, marketer tyas tambuh paran kang pinurug emah bingung bilunglungan ngrasa tumameng sajroning. Babaya kanang tiarda, kapinengan girising tyas kapati, sumedhot dupi andulu, pragalbanireng wonda, mang praswadimurtinya ya pyan tumanduk, saastu tan mongga sesa, atis kadunungan osik. Sidhining pamecanira, nepasendhah kawahanan sayekti, puwaraning don angayun, mangkana ciptanira, lamun luput babayarn deki anempuh, nora kudu awaking wang, lumirik rotanig ngati.Angurbaya uwangsula, marang susuh jenjem datan kawarti, tandya anglayang tumurun, nguypadi pasenedan, nanging eksi edhog amlecit sapurug, yata tatkala samana, wonten naga Rajawali. Wrinya pyan wonten kukila, nglayang linude dening sajuga peksi, edhog kawistareng wangun, paripaksa angnter,babayangan waryan kadya drekuku, mangkana lo citanira, iki ana manuk cilik.Upama ingsun alapa,iya kena nanging datan mareki, menggeng ana gunanipun, alah aneminongsa, ing manuk dhog embok iya ingsun saut, luwung dingo sasarapan, gadgadeng tyas rajawali. Manamber saroisanira, rumaseg tyas kawawana wawani, pramila angrunjang purun, peksi dhog samangkana,miyat lamun angganya tinambung laku, ketreg sru panabdanira, eh sapa peksa dus karti. Tantan tuman tan wrin wiring, anjaja dhasa samaning dumadi, tanwruh kotaman satuhu, priye pangrasanira, sapa ingkang duwe buburonan mau, tekardawalepamamak, wuta datan wrin dudugi. Mandar ktia papantesnya, ingkang kajamal mongka dhendhaning, sabdanta saru rinungu, angucap cacah cucah,kuneneg edhog sek penging karma asumung, salin kang kacipteng nala, lamun aku datan olih. Bayangan drekuku ika, rajawaliya aja kanti olih, angur cuncacake gupuh, ngadu kadayaning prang, sutiksnane ing kukutan dya anempuh, mangsah sudira tan taha, anamber mring rajawali. Dupi panggut kalihira, sasamberan serang sinerang genti, cangkrem cinangkrem gapyuk, tan ana kang kuciwa, ing wasana kadwikapwa nandhang tatu, sigeg danguning antara, tambuh kang menang kajodhi. Basendhah ingakng kocapa, sakin bablas iberira anolih, yan peksi sakalih ipun, wus datan katingalan, ayeming tyas rumasa antuk pitulung, nanging tansah melang-melang, tumameng gowok andhelik. Kagaas geges kangmanah, yayah kanji datan mongga umiil, prapteng sasiyang sadalu, gyanira sisingidan, kawinengan mangangen-angen tyas amut, pemute sumitranira, tambah sru karapoaneki. Kongsi prptaning rong dina, myang rong ratri lir tantahan aeni, lesuning badan ngalumpruk, cape karkating wonda, yun ngupaya bojanging wancaking kalbu,yapyankeneng priggabaya, puwara angintip-intip. Myat ing doh wonten kukila, saukiraning wangun kadyangganing, drekuku neba ing pantun, gadgateng tyas basendhah, anambara rumasa antuk panglipur, angaremi rapanira, dahat arsayaning galih.Sareju mormilumangan,milah-milih tandaerwya songgarunggi, wit saking keh kancanipun, ananging paderingan, sayektine pinasangan kalamanuk, ing janma kanang sasawah, basendhah tuhu datan wrin. Yata angancik manengah, menengra saya pyan sikilereki, kasindhating kala wau, langkugning kredyatira, tambuh paran ing kanepsonya ing ngamun, lalu anunuluh marang, drekuku dinakwa sami. Balondroken angganira, ngupasabda eh sanak sun ngawruhi, yen kita tunggal bangsaku, bungah pangrasaning ang, amareki marene peksarsawanuh, sarta arep cacaturan, prakara kang bener becik. Taksih wonten sambetipun. Manungkara. ======\======Candhakipun cariyos Ringgit Cina Wadya geng ngayun-ayunan, tenengaran campuh madyaning jurit, sakedhap aprang garubuh, angaben wadya bala, surak umyung bereg binereg prang caruk, tempuhing sarawarastra, kadya udan sinemeni.Wus keh longe kangpalastra, wadyanira Lihagyap keh kang lalis, kot buta wadya ing gunung, sakedhik papejahnya,awit saking ing gelar santoseng kewuh, Sik Kong senapati dibya, wigya karya tan katitih. Pengkuh kang para satriya, sang Lihagyap kasoran denya rakit, mangkana denira dalu, yen wadya kathah pejah, senapati Lihagyap aken anabuh tengara ngundurken wadya, lan pratondha yen prangtandhing. Angaben para satriya,myangpunggawakang amya surasegti, sang Lihagyap lan mamangun, gelar mamrih santosa, prapunggawa satriya kinen nyalimur, amindha prajurit rucah, sadaya nitih turanggi. Jagiing prang tatandhingan, senapati ngargawus animbangi, nanging wantah barisipun, wusnya samekteng gelar, sang Lihagyap anuduh satriya aagung, prakosa dedeg pirusa, Angkiyupon wawangi. Mangsahawahana kuda, mandhi abirsusumbar nguwuh tandhing, payo kembulana ingsun, iki Angkiyu dibya, pilih tanding sapa ingkang arsa lampus, papagena tandanging wang, wau ta betah miarsi. Sohigpya satriya ngarga amit nembah mring sikong senapati, kawula kang magut pupuh, methuka Akiyu dibya, wus ing ngiden Sohigpya umangsah gupuh, mandhi bindhi nitih kuda, prapteng rana wus kapanggih. Duk perak ayun-ayunan, ang angkiyu gumuyu denira angling, dene sira kang umagut, Sohpya tedhak ing kumprang, nora patut sira tandhing lawan ingsun, sohigpya sumaur sugal, eh kiyu dhemen cariwis. Ingsun iya kari apa, lawan sira padha trahing bupati, Ang Kiyu sira jalebut, ngerngera tuwanodya, lah gumagus baya diselir sinreku, ketara cangkemu langar, angkiyu krodha mrepeki.Ngikal abir ngetap kuda, igyap tadhah tangkise gada wesi, prasami prakosanipun, dangu aprang puteran, surak umung antuk sisih ing prangpupuh, sang Angkiyu kalah rosa, abire kena binabit. Ing binda abir malesat sang Angkiyu pinupuh irahkeni, remek nibang sampun lampus, surak ambal-ambalan, sang sohigpya mider papan nguwuh-uwuh, lihagyap sira metuwa, payo tandhing lawan mami.Sira senapati gelah, ninggal putra baya mlaku den gundhik, ngenger rondha uwis dhawuk, sigra wonten umangsah, satriya gung prakosa ageng ngaluhur, wong bris wulu kadimacan, Jiyangko ingkang wawangi. Mangsah sarwi ngundha gda, surak umung andel kang mangsahjurit, prapteng ppan wus kapangguh, amya nitih turongga, sang jiyeng kosugal sru pamuwusipun, eh Ohigpya ora tata, cangkeme tan den rawati. Angucap urab-uraban, den prayitna sira mungsuh lan mami, Igpya gumuyu aguguk, eh Jiyangko tamakna, gadanira kaya nora wegah ingsun, atndhing prang laan sira, atriya kaworan koki. Gawemu dilati wajan,, payo kene budiya sun kembuli, jiyeng kobra matya mupuh, Ikpya tangkis langginas, sami gada babit binabit apeluk, ganti mupuh ganti nadhah, Jiyengko micarengngati. Si Ohikpya tuhu dibya, karosane pengrasa during lirip, balunging sun uwis linu, baya ingsun kasoran, lamunnora gelar silib ingprang pupuh, amrih ungguling ngayuda, Jiyangko wusnya mrinci. Ngentap kuda minger nganan,kudanira Ohigpya kang ginitik, ing gada sirahe remuk, Ohigpya gya malumpat, tinututan sirah nya arsapinupuh, Ohigpya nanging tengginas, gadane sinabed bindi. Taksih wonten candhakipun. Ongka 9,Kemis kaping 3 Maret 1881

Surakarta Dereng antawis lami abdi dalem ingkangjagi kagungan dalem Kori GApit Kidul nama Kyai Moteyara: Pa Kru Bi, umur 72 taun kasusahan panggalih, sabab sampun lami dereng angsal lintu anggening kaoncatan garwa, wewah saengga kapatrap siya deing putra mantu pambajeng, saking bingunging manah, waktu samanten ngeningken cipta, sagadhuging pamanggihlajeng martamu dhateng griyanign pawong mitra nipun nama Potrowolo: Pak Pohung ingkampung N.B. sadhatenging ngriku kabageyan aken mangkaten, e lodikama, 1 lajeng \mon, napa sami lujengma, e enggih lujengnak grumut-grumut dene bias tengriki, e enggih, ayakta manuk prenjak dhurromah mujergegeswe, dadi ana dhayoh, boten antawis dangu angedalken segah ipun warni besek isi ganten klobot sata, tndukipun, gatam ampun galih e wet, nigan napases, egihta nak napa gek awuh wogn tenggon anak monok,sarwi geret besek wau, enggaling tamu sasampuning gancaraken lalanmpahaning purwa madya wasana, lajeng nglairaken sedya tembungipun, o allah nak mulakna waleh-waleh napa, temene ajeng juk tulung, nek bias kula boknggih dikasetiyarke bojo, sokur rada nom botene tuwa nggih arep, jenge mari susah,kalih onten sing ngopeni kaya kula, lawong brekah dalem kaya kula niku, nek di tebas sedinane, 4 kethip mon genjret, kalih nek oleh gampang, besuk kula rak bias nyongga sedinane butuh dika, nek lagi gambir bakomo, e lambok enggih magampang, kula dhak nunika gih puni centheli rembuge nyaine rindi, karepe gih kaya dikama, nek anu engke kula paranane, e la dalah, gih tanak niku umur pinten, ayaka boten adoh 40 taun, ah ah ah ah sokur ta ceceg nap antes wujud kulitane nak, o gih pun patut duwe buyut lima, o baulkaya ramakne ngriki ane, uk uk uk uk, gih ta pun lowung, punak kula mulih, ning dang mang paani lo, gih ta sesuk mang rak ketemu, iyah kyai neki nek duwe karep rak ngotot,o wong ramakne selak banyak susah sekali, kaliyanngeplek-ngeplek dhadhanipun piyambak, karancaki enjingipun nyiridi sampun kerid dhateng griyaning pak pohung,kaleeresan sang ambekku manom sampun dahteng ing ngriku, tempukipun paningaling, sang jalupawestri,ign tyas kadya jinait tambah narnar-an sumrepet meh badhe kasebut suwargi,sareng tentremnamung palengehing esem tan sah sami de awut-awut, saksana, pak Pohung unggar jiteng tyas,bilih sampun sami conthongipun, kacihna sangking solah tanaga sarta pating palengeh wau, mila sanadyan dereng kaningkah sabab saking tanpa wali, ewadene sampun kawenangaken atunggilan nunggil sagriya ngriku, saha tutipun kula ngleesi dapel ing gedhegipun nyambi miengaken ngiras nginjen denira imbal wacana sang ambek kumanom mangkaten, bubune, jarene umurmu ki lali 40 taun, o nggih bener, wong metu kulaniku tureen dhek rendheng, malah ramak beneri, mluku sawah esingwut nika, rikatipun sareng ngirih irih murih ksambadaning sedya,mawi saran aura-ura, menggah ing tembang kula boten saget niru, karana tanpa nut tan, ewadene kenging binasakaken tembang saninjong utawi camboran, dene saking suraos rikala sang ambek kumanom inggih piyambakipun umur 59 taun bahe jagong, kuciwa ing dhsthar,sakala dadak dhateng wande gladhag tumbas dhsdhar wulung, ingkang sampun kaanggep enggal katitik grayangipun kaken ananging pancen kasekul wah pating jalareh, sarehning sang ambek kumanom boten watk ngagem dhesdhar kaken, sareng kakumbah malih baresipun tugelan sinjang bathik cakar wah ageng-ageng, wasana sedyaningjagong batal saking dhesdhar wau, saweg dumugi samanten kula lajeng ngaciprat sabab panginjen kula kadengan denign sang murih kasambadan, wewah pangucapipun dunungaken bilih kula kirang ajar, mila kula lajeng kanji, boten kapengin mirengaken

1 sartanyumerepi malih, punapa dene narethek taken taken saobah-osikipun sang murih kasembadan aliyas ambek kumanom wau. Ing kampugn N.B. kaping 25 Pebruwari 1881 Panjurung Embok inggih mupus kiyai: Tinengran Barakan iku ngesthi tunggal Jurungarang.

Boten ketang badhe pangalemban kulapunika, saupami anyaremi toya ning udaya, anangingkedah kula laksanani, jalaran miring cariyos kadarmanipun kanjeng gupremen dhateng abdinipun bekel bawah kabupaten ing TEmanggung, gancaring cariyosipun kados ingkang kasebut ngandhap punika. Nalika tanah Kedhu dereng kaasta ignkang jeng gupremen Inggris, dhusun Bedhali tuwin Kabonan sapanunggilanipun cacah 24 karya, punika dados lenggahipun kanjeng pangeran Arya mangkubumi, kapisan ing Surakarta, kaparingaken dados lenggah gagadhuhanipun abdi wasta mas Bei Wilaga anakipun bekel Kabonan ingkang sepuh piyambak estri, punika kasemah dhateng lurahipun dipun sukani nama bok mas Dayaningsih, kalampahan anak anak jaler estri tiga. Sareng dumugi siti ing Kedhu kaasta kanjen ggupremen Bebekel dhusun marasepuhipun lurah nagari wau ajal, rehning boten darbe anak jaler ingkang gentosi dados bekel ipenipun wasta kyai Gariya, dupi mas bei wilaga ajal anakipun tiga pisan mantuk dhateng Kedhu, dene anakipun ingkang sepuh nama Wirya dikrama, anakipun ingkang nem nama Kramayuda, sami magang wonten Temanggung, kararimah pamagangipun saha kapilih dening tatiyang kuli dhusun ing Bedhali, kalampahan katetepaken dados babekeling dhusun ngriku, adhinipun ingknag nama Kramayuda dados babekel dhusun ing Ngrancang, sami ing apdheling TEmanggung, pun Kramayuda ing sapunika sampun ajal, tilar sabin genipun nyithak nalika gesangipun watawis kalih bau, punika karsaning nagari kalasantunaken dados pusakaning anakipun, dene bekel bedhali ingkang nama Wiryadikrama punika rehning sampun rumaos sepuh, kiran glangkung sampun umur 67 taun, darbe atur ing parentah nyuwun lereh kabekelanipun ing dhiweg, saha angaturaken waris anakipun jaler anama kramasentana, sageda angentosi lalampahanipun dados bekel, ing mangke pamireng kula pawartos Wiryadikrama wau sampun kaparingan serat buslit sangkign kanjeng guprenur jendral kalilan piselehipun kaparingan teedha sabin kalih bau,punapa malih papan pemahanipun lastantun kados nalika taksih dados bekel utawi nggenipun nyithak sabin kawan bau tetep dados pamijen tanpa nyanggi pandamelan punapa-punapa, namung panuwunipun sageda anakipun jaler anggentosi dados bekel pamireng kula dereng kalampahan, lo bokmanawi pamireng kula pawartos punika kapara yektos, sapinten kemawon suka snengipun ingkang manggih kanugrahan pantes dados pangungakipun para ingkang nglampahi pakaryan gupremen, tur punika babekel dhusun sarta kalebet bodho, sangking pawartos kadangu asal usulipun naming sageed dumugi kakekipun dados kirang terang, sanajan piyambakipun radi asal priyantun ewadene ingggih maksa kirang saserepan, inggih punika tuwuhipun tiyang jawi kina sami sepen pangajaran, pamuhi kula mugi-mugi kasambadanana kajatipun wiryadikrama, anakipun jaler saged gumantos kabekelanipun, amila parlu kula pacak ing pawartos supados dadosa pamirsanipun kadang wanda wanipun ingkang sami gagriya ing ngamonca praja, sageda katrenjuh dening kyai Bramartani. Katur ing dinten Slasa kaping 15 wulan RAbingulawal ing warsa Jimakir Ongka 1810 katandhan Padmasucipta ing nagari Surakarta

2

Nyuwun saserepan. Ing pustaka kabar Bramartani ongka 47 ing wulan Nopember taun 1880 wonten tamatipun cariyosipung pulo ing Bali sapiturutipun, ingkang amurwani panjurung punika asisilih nama Nungsa Baliwarta, ingkang punika dahad suka senenging manah kula, jalaran ingkang dados kasenengan wau, de kula dereng nate sumerep lajeng wonten ing kang amedharaken cariyos terang sawatek kalakuan miwa h agaminipun tatiyang ing Bali, langkugn malih pangunguning manah kula angraosaken cariyos atnteping katemenanipun tiyang jaler estri, kados ta para wanita bektinipun dhateng guru laki, awit gesang dumugining antaka lumuh ginggang sanajan anglampahi dados ringgit taledhek maksa boten cipta priya liyan, ewadene yen lakinipun kawon ngabotohan dipun gantosaken boten mawi suwala, sanes sanget kalih kalakuanipun pawestri ing tanah jawi, akathah ingkang kawastara sumimpang ing kawajiban malah asring wonteningkang kacariyos watek durtacandhalanipun, dene katemenanipun tiyang jaler yen nurun serat kina-kina, boten purun pisan-pisan angewahana tembung tuwin gandhenging sastra, saeng kula boten remen ngewahi tembung boten dumunung, trakadhang sanajan damel kidung naming bujeng lagu, boten etang pating balengkrah aung botndha pamkiyagah inggih kaconggah kawastara ing ngakathah, o witning ewahing bab manawi anyangkalani punika sang reya ngometaken panon, inggih sanajan sangkala wau wonten pathokanipun saha parlu kaengge lintuning ongka warsa, dadosa pangenget-enget barang ingkang dipun sangkalani, saha pancen lengggahipun wonten ing kidung, yen kadamel anyengkalani barang maujud pantesipun sengkala mengeng tuwin memet, sumongga ta kula aturi ngraos kathah kemawon serat ingkang tanpa kasekaraken mawi sangkala, ingkang ungelipun ambelasak tanpa mawi dipun sukani ongka,lahpunika benjing rak damel keju engetaning putra wayah, kados punika panggalihipun janggi memper kalih suraosipun ingkang dipun sangkalani, boten parlu miturut etanganing taun, dene tandhanipun kathah ingkang sami remen nyantuni ungeling serat kidung sadaya serat serat waosan kathah kemawon ingkagn isi sangkala geseh kaliyan ungel ungelaning taun, kadosta taun jimakir ehe, je, be, dipun sangkalani ganjil, ingkang mungel taun alip jimawal dal wawu, kasangkalanan jangkep,lah rak inggih damel kisruh ing ngetang, mangkaten wau jalaran sangking sami ngaken putus piyambak-piyambak, amilalers mitra kula Nungsa Baliwarta, galih sanes sanget para bongsa kula jawi, katimbang akaliyan ta tiyang ing bali, ing bab gumampilipun dhateng wawenagkoning kasusastran. Sinigek gantya ingkang kaucapaken atur panuwun kula ing paduka mugi paringa saserepan manawi wonten ariyos awit pangarangipun serat rontal agami, tuwin ukumanipun tatiyang pulo Bali punika, kala taun punapa, sarta nalika panganggitipun serat wiwaha, utawi rama, saharontal wau punapa sakawit pisan sampun mawi sastra jawi, yen wonten wujudipun piyambak kawastan sastra punapa, punapa malih yen wonten salasilahipun para rajaing Bali sakawit sangking sanghyang wisnu dumuginipun ignsapunika sampun pinten turunan, saha urut urutipun ingkang jumeneng raja,miwahpangkatipun para Santana kadospundi, kalih denten bab kawontenanipun ringgit wacucal purwa, ingkang kacariyos para upanipun methok punika, menggah pundhak bau tanganipun kados punci saha dedeg pangadegipun miwah busananing ringgitpunapa sami kaliyan ringgit ing tanah jawi, tuwin patraping dhalang suluk gedhing tatabuhanipun punapa sami kaliyan dhalang ringgit ing tanah jawi, miwah gancaring cariyos lalampahanipun punapa, bokmanawi wonten gancaring kang amurwani ringgit wau sinten kala jaman punapa,mengggah panuwun kula saserepan ing bab nginggil wau punika, sampun pisan murugaken kaduking tyas

3 abelacipta, temen sangking adrenging manah badhe sumerep cariyos lalangening tiyang agami buda, pinten banggi saged amaedahi dhateng ingkang kasdu nupiksani cariyos kina. Sera ting Surakarta Slasa kaping `6 wulan Mulud ing Warsa JImakir ongka 1810. Katandhan Puspadriya.

Pothok Manawi kula gurnan amituruti panedhanpun H.D. wonten ing Bramartani, kados badhe amaedai dhaeng sawenehing tiyang ingkang remen ananjihaken seserepan, saliyanipun kamarapi ingkang watak brangasan tur tanpa damel H.D. sumerepa, cutheling nalar bilih pancen kula jarag, boten pisan adnadosaken kucem samendhang, malah kados dados uleng-uleng sekar campur bawur, amargi kula sampun wasapada sapanunggilanipun ingkang amarasandi. Pataken jengandika ing adeg-adeg ongka, 1 menggah wurdhenbuk ingkang kula ucapaken wau kakarang denign tuwan Y.F.C.Gerike, Ridering Ordhenederlan Seleyo, pujongga kasusastran ing tanah Eropah, saha pryantun amrgi agami natsarani, kaedalaken mawi kawewahan sarta kaewahan sawatawis denign twuan T.Rurdha, prayantun amrasudi kawruh ing kasusastran jawi, kacap ing Pangecapanipun tuwan Yohanis Miller ing kitha Amterdham nagari Welandi kala taun 1847 kacundhuk na kalayan Wurdhenbuk kakaranganipun tuwan P.P. Rudhafan Eisinga, ridering Odhe Nederlanseleyo, saha pujongga ing kasusastran, ingkang wau jurubasa ing tembung malayu ingkang madanani peperanganipun padamelan ingkang magepokan prakawis jawi, ingkang amujanggani pamulangipun tembung malayu, sarta ing prakawis kawontenanipun ing tanah tanah saisinipun bongsa ing tanah Indhiya wewengkonipun kanjeng gupremen ing pamulanganipun kanjeng raja dhateng para militer,tuwin ingkang tumut amrasudi padamelanipng gagelenganipun para kawruh salebit tuwin sajawining tanah Nederlan, kacap wonten pangecapanipun tuwan Pan Klip ing kitha ageng nagari Wlandi, kala taun 1855. Pataken jengandika ing adeg-adeg ongka 2 wangsulan kula leres, supados sampun ngaping kalih damel sukur puruna aningali piyambak dhateng ing griya pasimpenanipun serat serating tanah Eropah, saestu lajeng kathah batinipun. Pataken jengandika ing adeg-adeg ongka 3, wangsulan kula prelu, amargi kula ngengti saibul hikayat ungelipun mangakten patakon, utawa pamrasudi utawa pangaji mu marang sawenehing kawruh den kalawan budi. Pataken jengandika ing adeg-adeg ongka 4, wangsulan kula ugi leres bilih among badhe kula damel nguwus-uwus pun jakamarapi kemawon. O jengandika dipun mangretos saking karemenan kula amanjangaken nalar, serat kula dhateng Jaka Marapi ingkang kapengker punika, leresipun sampun pedhot rembagipun, ananging serat kula ing pada pungkasan mawi kula endhel-endheli ing pataken , mangke gekjengandika encepi bilih kula lajeng malumpat kidang, nun Jaka Jugul.

Paminta uninga Ing saleting pustaka kabar Bramartani ongka 16, ing wulan April warsa, 1880, panjuringipun prayantun ingkang asisilih nama Srowol-Srowol mitranin gtiyang kathah, katitimangsan dinten Rebe tanggalkaping 30 wualn barmahat taun 18596 utawi kaping 26 wulan Idar taun 2191, saking katemben kula miring, menggah ingkang kasebut wulan kakalih wau ingkang ngangge bongsa punapa, saha taunipun

4 enggen paduka angangkanipunika, kaetang saking kala jaman punapa, saha taunipun engggen paduka angangkanipunika kaetang saking kalajaman punapa, ingkang ngangge tatiyang nagari ing pundit, mug-mugi mitra kula karsaha amedharaken. Palanya Adyana. Ingkang manawi andadosaken sarjuning panggalihipun mitra kula, ingkang apaparab Yabylawal ing Dhayak Sengari, kula amaminta ing bab cariyos paduka tata padatanipun tatiyang ing dhayak kajawi ingkang sampu kawedharaken ing Bramartani, mugipaduka angsunga pawartos caranipun tatiyang dhayak yen darbe karya mantu sasaminipun utawi patrapipun manawi lairing jabangbayi, sarta caranipun tiyangingkang mantuk dhateng kamuksan, punapa denten tatiyang Dhayak wau punapa wonten ignkang dados lalathen miwah bokmanawi wonten ingkang purun ngabotohan ingkang sampun kasebut atur panuwun kula saserepan punika mugi sampun andadosaken kaduking tyas abela tampi, mandar yen kasdu kakanthiya ingkang anjalari rumeseping pamitran,dhuh sapinten kemawon suka sokuripun mitrapaduka pun Kunmaryati, ing Malebari. Dereng dangu gen kula asring ningali Bramartani, sadaya criyos kathah ingkang maedahi, langkungmalih panjurungipun, Herusastra, Bujakirana, ngabdul Padail, kasambetan saridin, sami sae-sae, sareng dumugining Bramartani, ongka 5, kula raos raos meh nilar lanjaran upami thukulan kacang, liripun sanabdul padail anyaruwe tembugn sanepa upama dhateng Bujakirana, Bujakirana angendhani, dados rupenipun badhe regsinereg lepating tembung, tujonipun sang buja wrenenipun boten patos ananggapi, tandhanipun boten wonten ingkagn nyaruwe malesi tembugn pangerang ewadene sinten ingkang leres kula dereng waget amastani, kawidik saking keclaping ukara, teka eman temen san buja lan sang ngabdul badhe awawan mawan sabda ruhara, amargi pandugi kula pancen sami lalambaran ambeg sarjana, mongka manawi animbang nalaripun angslenipun pikajeng, sang bujakirana anyobi angledhangi ing bramartani, aningalaken anggitanipun sawatawis, sanabdul padail nedha sumerep aslinign tatembunganipun sang buja, sang buja dereng purun nuruti, ambokinggih sampun ewa dene kula cariyos anggen kula angsal saking gus jaka, tembugn sanepa Ibarat pasemon, punika moncering ambeg sujana, traping mangsut adrasa, anggening sarjana, lalajuraning pikajeng lebdaning kondha crita,muayan eca karaos sumrambah, punika lajeng bage aning konca berbudi, dene kanyata aning nugraha saking bawalegsana, bilih dipun gelung sadaya wau dados ugering ngelmi kawruh, sareng dipun gelar ing ngrika-ngiki, dados dayaning wuwulang tumrap ing serat serat waosan utawi serat sasorah papali sapanunggilanipun, ingkang rumiiyin dumugi sapriki,sarta inggih benjing amili lir toya lepen anjog ing saganten, lah rak sajagat kebak,lah dalah andhuke ajar remenane bares asma sampeyan punika temen punapa singlon, ewaqdene kula sampun taken gus jaka, criyosipun ngabdul padail punika,kawula kang ambage papanduman, lo, sae temen, mila sami kula owel, bilih kalajeng katrcet ing basa dradah, mangkenipun kula kakinten angraencengi sang buja kirana, tamtonipun boten, kula dugekaken malih, sareng sadaya kawruh dipun piker denign manungsa, katremipun mangggen kalbining bongsa sarjana wau punika, amila sang buja punika mokal boten botenna pancen gadhah waton anamungmongsa ngungkulana,nyameni kimawon dereng kinen ten kaliyaningkang amunjuli, kados ta ngabdul padail rak dangu tembung ngayam-ayam, punika manawi criyosipun gus jaka, wetah ing tembung ingkang kakerasa saking suluking dhalang wayang yamyatilam slajengipun, dene tegesipun amajeng, utawi gumelenging pikajeng amanuahara, lo saget jarwani, nanging bilih kula ken nuruti dhateng sang ajar ambekot pandugi kula mung dereng pethuk ati golong piker, duga sampeyan

5 nalaripun, sual kula punia boten dhateng kang linangkung, namugnminongka kondha blaka dhateng kang sami deeng kasil ing raos, lah mongka soal kula punika inggih meksa badhe dipun takekaken lamangke rak kulapunika belo melu setonkacocok ing bunar, ingkang bingah among rare ingkang ningali, jawi bigar dhateng Cayudan, dipun endhangi konca patrol angsal tebusan. Leksapta Mulut Jimakir, maletiking budi madya utama, pun Iman Milngabidi.

Candhakipun cariyos Ringgit Cina Jiyangko gadane mlesat, kalah rosa tangan kasrempet bindi, gada runtuh gyapinupuh, sirah remuk wus niba, surak umyung Jiyangko semana lampus, Obagpya gya salin kuda, mideri papan sisirig. Sarya srudenira ngucap, eh Lihagyap payo tandhing lawan ingsun, baya sira nora wiring, punggawa rada jejerih. Lihagyap ngadeg bramatya,nembat langkap sarya srudenira ngling, si Ohigpya adol bagus, kaya lanang priyongga, den prayitna tadhahana panahingsun, jemparing sigra lumepas, Ohigpya prayitna nangkis. Ananging jemparingira, sang Lihagyap paringing jawatadi, tan kena tinangkis nusup, indha lajeng marjaya sang Ohigpya bau kanan kang katempuh, pasha Ohigpya wus niba, kantaka gumuling siti. Wadyane Lihagyap surak, kadya guntur sigra wadya turanggi, kalih atus kang nyelamur, sadaya pan satriya, gya amikut Ohigpya kaselak wungu, nanggulangi tan kabangkat, reh samya satriya segti. Aminda prajurit rucah, sang Lihagyap gelarira pramati, samya satriya dibyanung, pinindha wadya rucah tankawruh andening senapati mugnsuh, Ohigpya sampun katawan, laju kinarang keng wesi. Senapati Sikong mulat, yenOhigpya ws kena den taleni, kalangkugn denira bendu, sigra anuuduh putra, kang ana masi kuwi satriya agung, dadya sosoraning rama, kinen umangsah tumuli.Arya Sik kuwi manembah, nitih kuda sarwi amandhi bindi, prapteng papan nguwuh mungsuh, lah sapa arsa pejah, papagena iki sik kuwi pinunjul, Lihagyap gya nuduh kadang, Lisingyap prena kang rayi. Lihagyap asru ngandika, eh Lisingyap cekelen sisik kuwi, anake Sikong pinunjul, mongsa oleha lawan, lamun dudu sira dhewe kang umanggut, lisingyap nemba umangsah, tan seja kondur ing jurit. Jojrog nyongklang Lisingyap turangganira, sarwi amandhi bindhi, dhapure birawa, dhasar prawireng yuda, wadya lit surak mawanti, andeling aprang, kang samya amiyosi. Prapteng ranawus pangggih ayun-ayunan, Sik kuwi asru angling, eh LIsingyap sira, kang mapag tandangingwang, sedhentg tandhing lawan mami, padha satriya, payo age anjurit. Sang Lisingya gumuyu Sik kuwi sira, yen aprang lawan mami, lah mongsa bagnkata, angur sira mundura, bapakmu konen metoni, tandhing lan ingwang, sik kuwi sunggal angling. Kanjeng rama pacangane kakangira, ya padha senapati, ingsun lawan sira, lah iya kari apa, away kakeyan cariwis, payo tamakna, gadamu sun tadhahi. Sang Lisingyap saksana mupuh sarosa, tinangkis dening bindi, katulak gadanya, ganti mupuh sarosa, aku welbabit binabit, sami prakosa, tan ana ingkang kongih.Dangu aprang gada tan ana kasoran, rempu gadanya kalih, sareng narik pedhang, kuda jojorg adheyan, pagut gapyuk nganan ngering, ruket prang pedhang, caruk rok ganti tangkis. Wadya bala surak ke ambal-abalan, suka kang aningali, ing pratan kuciwa, samya wasis ing yuda, rikat awasira sami, dangu denyaprang, tan ana kang ngeneni,. kawarnahaLihagyap kang arsa nyidra, menthang gandhewa aglis, saking katebiyan, jemparing nya pupujan, paparinging jawata di, silib lumepas, tan ana ngudaneni. Dyan sik kuwi kang tinuju baukanan, kasilip tan udani, bau kaprewasa, sik kuwi langkung kagyat, bau kataman jemparing, asru angucap, eh eh lisingyan iki. Sapa baya kang anyidra marang ingwang, dudu traping prajurit,Lisigyap angucap, iku sang hyang bathara, ingkang nibani jemparing, jer sira salah, mungkar mring prabu dewi. Sun pehdanga sira pagas murdanira,

6 nanging sun nora apti, sik kuwi sagsana, niba saking turongga, kantaka guulingsiti, gya wadayakuda, kalih atus ngebyaki. Sang Sik kuwi wus katawan kinunjara, tunggil Ohigpya nguni, suraknya gumerah,Lisingyap asusumbar, eh sikong mijila aglis, tandhing lan ingwang, padha prajurit luwih. Senapati Sikong kalintang bramatya, mulat putra kajodhi, sumedya mijil prang, agya mundhut turongga, yata Jibica ningali, gupuh mangarsa, ngrarepa nabda aris. Dhuh yayi mas Senapati sampun mangsah, punika dereng wanci, panduka magut prang, maksih kathah punggawa, tuwin satriya sinegti, mengsah punika, kadi cidra ingjurit. Ulun mangke mas paos ken ing ngayuda, pratingkah kados pundit, yawn sampun kawruhan, gampil masalah cidra, Sikong kendel gya anuding , satriya dibya, Nyoikpya surasegti.Geng ngaluhur sembada gagah parusa, tate wudhu ing jurit, sigra wus ing ngagyan, Nyohig pya nitih kuda,mandhiga daha ngajrihi, wadya Kyayamsan, surak gumuruh atri. Wrin gagamben ingkang umanggut ing yuda, Nyohig pya asru ngucap, payo kalahena mami, cira lisingyap, gumuyu anauri. Eh Nyoigpya pesthi sira mengko kalah, tandhign prang lawan mami, nadyan gustinira, laling Hongprabu mudha,mongsa wurunga kajodhi, mungsuh lan ingwang, yohigpya langkugn runtik. Ngikal gada eh Lisingyap den prayitna, nadhahi gada mami,Lisingyap tumingal,miris sanjroing nala, gadane nyohigpya wesi, ageng apanjang, Lisingya panduk ginitik. Angoncati malumpat saking turongga, kuda katiban bindi, remuk srahira,pejahingkang turongga, kuneng kang citra ign jurit, sang senapatya, Lihagyap anglepasi. Jemapring nyapujan tumameng nyohigpya, bau kanan kang keni jimpe astanira, gadanira wus singsal Taksih wonten candhakipun.

7 Ongka 10, Kemis kaping 10 Maret 1881 Surakarta Ing nagaringriki wonten tuwan saking tanah Amerikah, ingkang dipun gatosaken naming upados wujudipun bangsaning tawon ingkang talanipun ngantos nem kaki wiyaripun dene tuwan wau inggih ambakta tawon nem warni, ingkang ing tanah jawi dereng wonten tawon wau sadaya kapundhut kanjeng gupremen badhe katangkaraken pamundhutipun nyatus rupiyah. Nalika dinten salasa tanggggalkaping 8 maretpunika, badnara raden AyuTrisirah kaleres eyangipun Kanjeng Pngeran Tumenggung Brataksuuma seda, jalaran gerah sepuh, sampun yuswa 90 taun kasarekaken ing ngastana redi Wijil lepen GAwe. Ing samangke pakampungan bawah Ngadikusuman kenging kawastanan rpasepandung, katondha salebetipun wulan Pebruwari, dumuginipunwulan Maret punika, ingkang kapandungan tiyang gangsal 1Mas Rongga Samapradata, abdidalem Jaksa Kemasan griyanipun kalebetan pandung sarana babah sangajenging griya, kenging barnag darbekipun kirang langkung regi 50 rupiyah, kakinten let sapeken sami sareng sadalu, ingkang kapandungan tiyang sakawan, 1, mas Irawongsa, abdi dalem Jajar kadipatenGRiyanipun kalebetan pandung sarana babah sakilenign griya, konangan sampun byar enjing, barangipun ignang kenging kabektaing durjana kiranglangkungpangaos 15 rupiyah, 2 Surasuparta, griyanipun lebetan pandung, barangipun kabekta ing durjana ngntos telas telasan, 3 Aejarencangipun tuwan Sayid griyanipun kababahing durjana, sampun malebet nanging btoe aged bekta barangipun 4 ugi mas Rongga sama pradata malih, baturing griya kababah ing durjana, dereng ngantos dumugi anggenipun babah katungka mas Rongga mantuks aking jagong pun awon lajeng gelapan pawangsul,pramilakula gumun sanget dene sami sareng sadalu kemawon ingakng kapandung nganti 4 ijidurjana teka wilujeng sadaya, mila prayogi sanget samangke dhawah ing parentahpara pangindhungbilih dalu mongsa petengan sangajenging griya kapurih manjeri ting lentera, supados adamel pakewetingkang nedya lampah juti, langkugn malih kula miring kabr bilih radinan ageng ingkangmujur mangilen kaleres sangajeng dalem ngadikusuman badhe kadekekan ting gandhul ageng,dene piragad panumbasing ting sampun kawaradinaken dhateng para pangindhung sadaya, pamundhutipun panjurung arta mawi undha-usuk await kakarang wiyar ciyuting pemahan tuwi kathah-kedhiking pakitren. Panjurung

Yogyakarta

Samuwaning bawahanipun taun raja kados ingkang sampun kalampahan, pagriyanipun tuwan tuwan sami katingal banderanipun kababar, swaraning mariyem kapyarsa mawantu-wantu, wanci enjig baris paradhe kalampahan wonten alun-alun ler,s areng pukul 10 tuwan tuwan militer pakempalan wonten ing dalem paresidhenan mangkaten ugi amtenar tuwin para tuwan tuwan mardika sarta paaprayantun siti saha bipraya sami angunjukaken wilujeng dalem ignkang sinuhun kanjeng raja katuringkang jeng tuwan residhen saking sedyanipun supados lajeng kaunjukaken kalantaraken sakingkanjeng tuwan resdihen, saeng wanci pukul satengah 5 sonten ing dalem presidhenan sampun samaptapangrukti rerengganipun pasamuwan kados ingngandhap punika kawontenanipun. Kendel satengah gangsal sampun kathah tuwan-tuwan tuwin nyonyah-nyonyah ingkang sowan dhateng dalem paresidhenan, katwis sakign sunetyanipun padhatengan wau dahat suka rena sareng ngajengaken pukul 5 kanjeng gustipangeran adipati

1 ARiya Prabu Suryadilaga kagrebeg deign upacaranign pngran adipati sarta upsir upsir ig Lesiyun punapa dene para pagneran, lampahing titiyanipun dumugi sacelaking beteng kaurmatan ungeling mariyem rambahkaping 9, boten antawis dangu lajeng rawuh dalem ignakng sinuhun kanjeng sultan, kadherekaken parapangeran tuwin abdi dalem kanjeng raden adipati Danureja, para niyaka, punapa dene bupati anom sapanunggilanipun ananging ingngriki boten badhe anyiyosaken samuwaning tedhak dalem wau, amargi saupami asringning rerengganipun kaandhar sadaya saestu kamonceren, cekakipun abdi dalem ingkang dherek tedhak dalem wau gungungipun embok manawi wonten 1500 tiyang,s amanten wau ingkang prajurit 9 bandera, 900 tiyagn, panewu matri saha panakawan 600 tiyang, rawuh dalem mawi kaurmatan mariyems aking beteng rambah kaping 19, salampahing titiyan dalem dumugi dalem parensidhenan kendel tumedhak lajeng kanthen kalayankanjeng tuwan residhen salaejngipun lenggah sinewaka wontening palowanu,nyonyah-nyonyah sami lenggah ing ngarsa dalem radikapering kanan kering dalem, tuwan-tuwan tingalipun sami andugeni karsanipun pyambak-pyambak wonten ingkang lelenggahan, wonten ingkang malampah-malampah, sarta wonten ingkang among jumeneng kemawon , mila mangkaten amargiingkang kenging lenggah salebeting setasi wau tuwan asisten residhen tuwan Litnan Kolonel Komandhan saha tuwan jurubasa. Kendel saantawis dangunipun ingkang sinuhun kanjeng sultan lajeng sasmita anggebyakaken lalangen dalem badhaya. Ing sayektosipun menggah lalangen badhaya punika sakelangkung anyenengaken panupiksa, kajawi titiyangipun ingkang ambudhaya pancen sampun piliyan wewah mawi karengga ing sosotya dimane kawarna, pramila manawi dipun tingali saking katebiyan angawontenaken pamanah, lir pendah nir kamanungswanpun malah saking dumuluring panggagas embok manawi mangkaten punika saminipun ingkang kawastan widadari ing tinjomaya, menggahlalangen badhaya punika salugunipun pusaka saking bongsa luhur ing tanah jawi, awit sampun runtumurun saking jaman kina kantos dumugi apriki, ingkang kagungan lalangen badhaya wau teka among karaton kakalih, ing surakarta saha ing Yogyakarta. Wanci pukul 8 badhayan kendel tuwan tuwan sarta nyonyah-nyonyah lajeng wiwit dhansah wah punika rame sanget, katingal sami seneng sarta garang panggalihipun. Wanci pukul 12 musik mungel anyasmitani majeng dhahar, para prayantun lajeng dhateng palenggahanipun ing wajibipun piyambak piyambak dene panatanipun panggenan dhahr wau kadamel 3 benjang, ingkang lenggah tengah ingkang sinuhun Kanjeng sultan kalayan kanjeng tuwan residhen tuwin para pangageng welandi sarta para pangageng jawi, banjengan ingkang sisih wetan tuwan-tuwan saha nyonyah- nyonyah, ingkang wonten kilen prayantun jawi,s areng anggenipun dhahar sakinten sampun sajam, lajeng kanjeng tuwan residhen amaos serat, kondhisi ing tembung welandi, salajengipun katampen ing tembung jawi dening raden tumenggung Prawiradireja. Kondhisi ongka I, wilujeng tingalanipun taun kanjeng raja ing nagari Welandi Kondhisi ongka II, wilujengipun kanjegn raja Kondhisi ongka III, wilujengipun kanejgn tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral Kondhisi ongka IV wilujengipun ingkang sinuhun kanjeng sultan Kondhisi Ongka V wilujengipun kanjeng tuwan residhen KOndhisi ongka VI wilujengan garwa prameswarinipun kanjeng sultan, kanjeng ratu kencana sarta kanjeng ratu mas KOndhisi ongka VII wilujengipun kanjeng pangeran adipati Ariya Prabu Suryadilaga, tuwin tuwan Litnan Kolonel Komandhan saha tuwan Asisten REsidhen

2 Kondhisi VIII wilujengipun kanjeng pangeran Ariya Mangkubumi sarta para pangeran sadaya Kondhisi ongka IX wilujengipun tuwan tuwantuwin nyonyah nyonyah ingkang wonten ingpasamuwan wau sadaya Kondhisi ongka X wilujengipun raden adipati danureja sarta para bupati sadaya Kondhisi ongka XI wilujengipun nagari Ngayogyakarta, lajeng bibar dhahar Kendel lelenggahan sahantawis dangunipun lajeng bibaran (SM)

Aceh Sawewwengkonipunnagari Aceh menggah She marabahan punika ngulami ingkang ageng piyabak ing sapunika sampun angaturaken panungkulipun dhateng paprentahan gupremen, dene ingkang kautus ing tuwan guprenur ing Aceh amangihi dhateng she marabahan tuwan Kontrolir ing O nungkupun kala malem kaping 25 januari baita kapal api Panglek katumpakan ing sehmarabahan sakancanipun dhateng ing palabuhan Oleleh, enjingipun She marabahan kairing panekaripun kathah kadosta: kapala, Imam Imam saking Maraksa, tuwin Mukim IV mukim VI sami sowan dhteng ing ngangsanipun tuwan Asisten Residhen ing Aceh Ageng. Umuripun Sehmarabahan punika sakinten sampun wonten 80 taun, suprandene warninipun taksih prayogi. Saking wiraosipun She Marabahan pancen sampun lami karkatipun badhe anungkul, ananging tansah kapalang saking pamengingipun tongku ing Tirong, kala smanten She marabahan andherek sultan wonten ing Kemala, dalah pyambakipun badhe minggah kaji dhateng Mekah kemawon inggih kapenging. Saking ginemipun She Marabahan, panungkulipu npyambakipun dhateng gupreme, boten amargis aking pados kauntungan yatra utawi sanesipun, ananging salugunipun sarehning sampu kamanah prayogi, nagari Aceh kedah manut ing ngalamsapunika, amargi inggihpunika sajatosipun ingkang amikantuki ing dhateng nagari saisinipun sadaya. Saking wiraosipun She marabahan titiyang ign nagari Aceh ingkang taksih balela, sapunika sampun boten angwantosaken , awit sangsaya lami pyambakipu sangsaya ringkih, upami tansah memengsahan ingpamarentahan Nederlan, sampun boten gadhah wadya bala utawi pirantos sanjata kathah. Manawi She marabahan sampun sowan dhateng tuwan guprenur lajeng badhe wangsul dhateng Lanbesi malih, mirantos angggenipun badhe minggah kaji dhateng Mekah. Panungkulipun She Marabahan wau sasarengan kalayan panungkulipun tongku Mudha Sulong, inggih punika imam ing Lambesi, sarta tongku Nyak Im punapa dene kepala, nam puput Maali sampu sami sumpah wonten ngarsanipun kanjeng tuwan Asisten REsidhen ign Aceh Ageng. (SM)

Panjurung Kula punika tiyang daweg remen kekesahan terkadhang dhateng liya nagaari utawi pasantren samung inggih emboten malebet ing pamulangan dados kalebet tiyagn kateteah, inggih sanadyan kula rumaos lepat ewadene teka inggih teksih remen kekesahan kimawon dunungipun among ngadhangaken manah mupung enem anuju kula ngambah ing pareden wanci surya lumarap sumeja pados pasipengan sarehning tebih dhusun kulalajeng nyelaki wonten padhkahan ingggal tandhanipun tataneman dereng wonten ingakng ngrambaka, ing ngriku wonten grriya satunggal mawi pandhapa alit kula lajeng lumebet lengggah naming suwung kimawon sawarni dereng dpun enggeni, dangu-dangu lajeng wonten tiyang satunggal daweg angreka

3 wawangunan ing gurda alit eonipun pinetha buweng annutup saji sareng sumerep kula lajeng murugi, wicantenipun kisanak mongga lajeng lenggah ing griya. Sareng kla ampun satata lenggah lajeng wicanten malih sarwi nata pasilanipun ki sanak punapa wilujeng sarawuh sampeyan wonte ndhukuh, wangsulan kula inggih wilujeng, kula lajeng criyos sapiturutipun kados ing nginggil sarta pitanglet sampeyan punika wau pinuju punapa, wangsulanipun mentas nata witing waringin kula lajeng nembung nedha sipeng, wangsulanipun prayogi angger trimah sarewonten griya ingakng dereng rinukti, saha anembungaken, sarehning kula teksih enem kapantes kaanggep adhi, kula inggih nayogyani,, mila lajeng ami jenak alenggahan, sareng radi dalu lajeng mapan tilem ing singgetan griya wau, wonten lincak deling tutul kula inggih anglegeyeh, sarwi nyingkiraken pasugatanipun toya manis, embokten dangu kang gadhah griya lajeng rengeng-engeng makaten. Sri wuryan kandhaning dhukuh, pinetha adeging ngesthi,s aketheng kula lemeta, den apit sasanasari kumbaya den taning liman, sasupit ing kanan kering. Sareng kula miring sakeca lajeng garegah tangi, saha lajeng tanglet uran-uranipun kang mas punika teka sae, grobyag gus jarka angilajeng lenggahan malih wiantenipun kula teka embokten saget saget tilem kula inggih mangsuli sami ugi, saha anenggenahaken sinten ingkang nganggit wau, wangsulanipun o naming kadamel angliyepaken mripat kula lajeng nyuwun sumerep wujuding serat wangsulanipun o emboten wonten adhi, malah upami ngapal na malih sampun kasupen margi daweg karengreng, kula pitanglet tiyang kang mas punika dhedhukuh wonten ngardi teka saet ura-ura wah damel rumpakan saget sae, wangsulanipun adhi inggih punika barkah ing gusti, kla lajeng mumurih, kang mas punika embok wonten praja rak kecelak para gusti, wangsulanipun dawe nyambi ngolak-alik siti, gampil manawi pakarangan sampun mongsa awoh awit kula punika inggih asli nagari, dene manawi sae anggen kula nganggit punika panunggilanipun badhe kula lebetaken kabar jawi, margi lurah krajan saget angsal serat Bramartani, sareng kula kepingin sumerep kula lajeng dipun sukani sumerep bramartani saumbrug ingkang migunani dhaten gkalantipan mawi kadedahaken sareng kula ningali sarta sesabetanipun sumeep ingkang teken erusastra, bujakirana, kawugeng, ajar ngabdul padail saridin lajeng bujakirana malih, saya byar padhang manah kula, malah lajeng kula tangletaken sakathahing pikajeng gus jaka ingggih saget amapanaken pikajeng, ula lajeng tanglet sinten ingkang sami gadhah nama teka aneh-aneh temen wngsulanipun boten sumerep sareng kula wawas dangu-dangu sakawiting pikajeng saking bujakirana, dipun ajeng- ajeng wewah ing kasagedanipun, nanging dereng mituruti, wangsulanipun sakeca, angatawisi bilih bujakirana punika radi wasis kula tanglet saking dugi-dugi dalemipun pundit, wngsulanipun teka angge pakraos mongga ta dhahar nyanyambmikani pun rumiyin mangke gampil anulat cariyosing serat candhini manawi kyai Bayi Panurta lenggah anlan kula wangsanipun sarwi anginem lalampahaning ngagesang, kula ugi nanggapi saha nyambi ngliling bramartani, saben kapranggul bujakirana kula lajeng tanglet malih kang mas sinten ta sajatinipun ingakng nama bujakirana punika, kepingin temen sumerep wujuding tiyagnipun, adhi ingkang embokten botenkagalih,cengeng githok kula lajeng nyelehaken serat sruput angunjuk kulalajeng murih andugekaken anggenipun rengeng-rengeng, gus jaka inggih sagah, mangkaten. Adana liman anangun, yasa lit satatata nganti, mring swami kang awisata, patraping wisma ir dhiri, ngandhukur pindha gendhaga, pantes dununging wong adi, Pandoning Jaka manungku, mangun neging driya ening, winong manunggal mring suksma, manuk mamamalat ing sih, sinunga sareng ciptarja, pamanjoring wahyanjali. Titi. Kula miring wau tansah andongong saha lajeng saget angencupi bilih ingkang ginubita wau banjar pakaranganipun, sareng kula manah-manah ukaraning rengreng

4 lan ingkang gumelar ing bramartani batos kula, 3e nyalawadi jaka kiye, mila kula lajeng ngandhah angenoraken raga, saya tangseg pitaken kula ngatasing tembung, lajeng nyriyosaaken mangkaten adhi tiyang sina dhateng kasusastran punika kedah mawi waton naming manawi kula tebih sanget dhaten gwaton waton ananging ugi saget criyos kados ta sumerep pasawantawis dhateng kawi, utawi deleging tembung, tembung ingkang mesthi wonten sipating maujud lan pathokanipun sarta remena dhateng serat wacan wacan wulang, sapanunggilanipun awasa dhateng tan angsuping tembung raos tembung kelem kerasan wancahan angsalan (Supama) awitpunika yasaning pujongga, pikajengipun kangge anglemesaken saha awiging tembung, kula mangsuli, kang mas tembung kawi punika wardinipun punapa mesthi saha among nyatungggal wangsulanipun. Adhi tembung kawi punika wardinipun kathah, ambotenmesthi nyatunggal kadosta: denta, wardinipun gadhing gajah, utawi jenenem dados angger jenenem boten kaworan ing samburat inggih winastan nyydenta (bawa: nya) punapa dene wardinipun wau ugi lajeng anggadhahi teges malih tumraping wujut kadosta kuncuping sekar kanthil dipun wastani gadhing, kawinipun inggih denta, kawimurti, ing sangkalan anggadhahi watak, 8, awit wardinipun cecak ing buku kawi gadhah wardi, amor, momori, nunggal anunggal, wonten malih kawihyasaning pujongga, puspakati, puspa punika sekar, kati punika luluhing, ta, kang jalaran saking tanggap ka, dados wetahipun kaati, saking ati, tegesipun pangawak sekar kacelakaken ing manah inggih punika purwanipun wardining kawi lajeng kawastanan sulaya ing liyan amargi kawi kagandheng kaliyan rasaning tembung sarta luluhan (kawimiring) sayaktinipun ingkang mangkaten wau sasaminipun sami leres. Ingkang winastan embung wancah (waonan) upami tiyang nama pun ARsengbudi, celukanipun kinging mung budi, utawi ARseng, dados ambucal wandaning lingga ngajeng utawi wingking salah satunggal. Ingkang dipun wastani tembung kirasa, punika, dwilingga kapangglus dados salingga, utawi kaliwanda dados sawanda, kadosta lampahing sekar gambuh. Waskithengngonggga iku, ingkagn mungel theng punika wetah ing tembung tha, dados waskitha, sareng pun tha kasandangan taling cecak lajegn saged ngayut swaraning ha ingakng mawi cecak, mila lajeng gadhah teges waskitha ing ongga iku, ananging manawi tanpa kakirasa badhe nirahaken lampahing tembung, wondene kirasa wau ing wyakarana jawi amastani, tembugn lluluh ing ha, ingakng kapurba saking sandhangan swara, lan panyigeging swara. Ingkang dipun wastani tembung rasa, punika tembung sambutan ingkang kapendhet rasa ning tegesipun kula mangsuli, punapa ingkang mungel mangkaten punika, sumawuriptaning tembung, wangsulanipun inggih, dene wijangipun mangkaten. Sumawur mendhet saking wujut garing lembat ingkang dhawah sasarengan kathah Ripta: wawaton saking pangaran aran piranti gesanging manungsa, dadaynipun mangripta ngangit-anggit lajeng kaepok mung ripta wau awit sampun gadhah teges nganggit. Tembung inggih tembung wantah,mila lajeng gadhah teges sumawuripun panganggiting tembugn jarwa rasanipun ingakng katingal panganggiting tembugn sadaya, kula mangsuli, e lo teka sambada temen pathokane, mongka meh meh kula amastani bilih bujakirana punika radi kaduk kumewes tur dereng temtu, wangsulanipun adhi mila tiyangpunika sampun kasesa ngemohi basaning liyan kedah kapanjangna ihtiyaring budi rumiyin awit asring lajeng sami kawaspadanipun, Ingkang dipun namani tembugn wangsalan (supama) punika piridaken saking nama swara solah wujut sarta sipat kadosta, tuduh warna, pikajengipun punika, wonten malih, kadingaren luluh ing tembung kadi wohing aren pikajengipun teka eling.

5 Wasising sarjana marigelaken tembung, kadosta, ing serat Arjunasasra nalika dayita nata Maespati seda angalabuhi wartanign kang raka seda kasambut ing raga, sareng sang prabu Kondur mirsa kang garwa seda lajeng mangremih. Lir puspitaneng kiswanirari, iya raganing ngong, yen gelung talukar sayaktine, sekar rentah kaleweran sami, kongsi tibeng siti, sikembang mangun kung. Dados purwanign tembugn manuhara wau sekar kula mangsuli, kang mas anggitanipun bujakirana ingkagn mungel lir tibaning retna maya saking bapa lawan bibi, punika punapa papaosan tunggil ing nginggil sarta tegesipun punapa kaupamekaken campuh ing kamar saking jaler tuwin estri, lajeng amor, momor, anunggil, wangsulanipun. Taksih wonten candhakipun Katandhan Tranggatawur

Pambabaring cipta. Tambah-tambah ruwet rentenging manah kula sareng ing bramartani wonten ingakng sisilih asma, ing mamil ngabidi, ingakng anderah wrana. Dhuh kadang ulun katuran senggang panakrama sarawuh sampeyan ing bramartani, teka inggal temen dumugi ing praja, mila pamuhi kula ingkang tanpegat ng siyang pantara ratri panjurungipun kadang kula wau kaangkaha sampun ngantos mijeni regeding pustaka warti,malahkapaosan ing tembugn manis arum supados kacindhongan denig para sarjana. Dhuh yayi, kauningana manawi sayektinipun pun kakang punika taksih tuna ing sakalir kalir,mila kula andamel ancer-ancer murih panyigeg pasanggelaring lulungit kados ing ngandhap punika. Kadyangganing puspa pulu sinengguh gandanya minging, nanging yaktine tan ana, mung sakng punggunging budi, cumispta mangadiwarna, pita sumunar kaeksi. Yen erona, eron lumbu, sumengka wiryaron wilis, tangeh wigya ngiyomana, mringliyan mandar kang dhiri, mandira lit rarambanan, sakurangingso lan sambi. Yen kembanga kembang jeruk, kadyan ngudi gonad adi, paran dene reh mandira, wus dudu tunggaling sari, gelengan gewreksa warsa, mrama tangeh yen pinethik. Mimindha candhana arum, pinerang dening sasami, tangkis gonad walesira, kuciwa dereng dumugi, kawruh mrih renaming liyan, pan lagi rengkuh ing budi. Saking dahat sarjuning tyas amanjurung mawi anengeri sangkala tanpa condra sarira mrihlulut. Jaka BUjakirana

Cangkriman Durma. Bok purawan apa banyunira kelan, banyu munggeng dariji, banyu lingsir wetan, banyu kontul anglayang, banyu tetalining urip, banyu timbangan, banyu kang angsung branti. Sampun naming punika. Juru gubah. ======\======Candhakipun cariyos pethikan saking serat dhalang basa Malayu Tan pisan ingsun anyana, lamun kita jebul kiya nata sami, iya mongka dadi entul, balusuken maringwang, ing cintraka gigirisi ing ngatas ku, tunggal bongsa kang sayogya, benere amituturi. Yen kene ana wisaya, panjoring kang karti sampe kayekti, meneng bae tanpa tutur, yeku cihnane uga, kadurbratanira sawastu maring sun, kang liningan lon saurnya, mitra den saronteng galih. Pangamuunira maringwang, anunutuh yayah tanpa pambudi,lah aja kanti kabanjur,narka kang ora-ora, lamun jeneng mara karya bilahimu, balik anuwekalana, atas cilakaning dhiri. Yen wus tinamtu dening hyang, sapa bias ambadali ing takdir, baya kita tan ngrempelu, ya pyan wong

6 bijaksana, sawatara bias nyingkiri ing napsu, lawan kabegjan uga, sarana sabar ing galih. Mara yogya tinilasa, aja pisanngamun amun ing kami, mandar den bias sumurup, lamun kita kawula, luwih apes saking sajatining mahluk, ya minta kalamun ana,karana amrih basuki. Nging ajanepsoni ing lyan, sabab saka kainamu pribadi, yeku wus tekaning wektu, met boga tanwrin baya, kang liningan miyarsa saya basengut, ujarira kawistara, kamomoran muring muring. Eh manuk kena musibat, ujarira tan ana maidahi, malah malah yektinipun, sepen jatiing kondha, suprandene kawuryan wanguning semu, ing dalem driya angajapa, trimakasih saking kami. Anggep mu gaib tan dadya, lamun datan bias amratikeli, paran unggwaning sun ucul, saka kalamiruda, lamunbisa kondha pantes ingsun gungung, kangliningan saurira, basakena sira iki. Yen ingsu iki bisaha, lunga dhewe masa akethip-kethip, neng enggon kang karya giyuh, yekti dhemen ngambara, baya edan lamun gelenti nalikung,lah cobi delengen mara, sikil ku kadya sireki. Kena ing kalawisaya,paran rembugira amrih ngoncati, basendhah jigreg anjetung, sigegen kang kawarna, dununging kang sawah neng pinggir margagung, sakenelnya poncabakah, wonten ontakang lumaris,.Kalih lawan wekanira, kamomotan miyek-miyek prasami, tanayanira amuwus, rama leren sadhela, tembok welas iya sathiihtik maring sun, kamantyan unggyan wang sayah, asasyeng sun mempis-mempis. Sudarma mangsuli sabda, iya jebeng dipun sabar kariyin, amarga kita wus weruh, yen padha mardikaha, apa karya angemot kongsi ngendhukur, angur baya paleyehan, ananging balik wak mami. Lan sira padha den ingah, ing lulurah wajib anglaksanani, apa ing sapakonipun anggere kelar ngangkat, mungguh sayagh susah uwis jamakipun, lalakoning dalem donya, yen tan bungah iya sedhih. Marma kita den narima, den asabar aja kakeyan uni, upama ingsun anurut, pangesah tatan yogya, yun angaso samantra pahalanipun, yen koningan ing bandara, tan wun padha den srengeni. Nihan pasemoning kata, yayah angsungkitmat Basendhah nanging, kang dinuk rukiyat muhung, saha sabudidaya, paran karanane bias nira ucul, dyan angroda paripaksa, nanduken dayaning dhiri. Anaging tanpa paidah marmitane manekung dalem batin, minta ingpitulungipun, watalah subaanah, dupi kawaspadan yan tambang kadulu, kang mongka sindheting saya, burukbendhel den watawis. Yen pramana pangrokingkang daya kaya gampang unggwanira mrih miruda sing saya wau, gadgateng tyas Basendhah, sanglocita arsa nyoba malih nandukaken ing kadayanira, swiwi sinabetken aglis. Nahan danguning antara, tambang pisah suku dinudut keni, sakamantyan bungahipun, rasantuk kaladesa, sarta tambah labda jiwaning tumuwuh, salin kang kacipteng nala, tanpi sanut karyeng nguni, Muhung sedyarsa ngumbara,peksa wangsul maring susuh ireki, kiduwaten iberipun, kalangan sawwatara, dungkap prapteng sarang araryan sapangu, nentrenken rempuning ngong ggga, mencok randhu aket panti, SAweneh ing janma ana, ninis aneng tretepan panti uning, kana amencok ing randhu, andhap amingin driya, mboksun arah lamun kena trima luwuh, tandya metdaya winawa,sinabetken angeni, Basendhah karasa lara, iberira tinakat kentan kwawi, tiba tumiba ing sumur, tyas wau kasamaran, sang basendhah jedhodhog anenging sumur, katuju ingkang sumur sat, nanging atise kapati. Kantisaratrigyanira, neng sajroing sumur kalintang tistis, awit tan bangkit umabur, labet kabrananira, angranuhi puwara kaipteng kalbu, tanlyan pemut ing mitra janma pasendhah taman lirip. Taksih wonten sambetipun. Manungkara. ======\======

7

8 Ongka 11, Kemis kaping 17 maret 1881

Surakarta Bilih pinuju dalu, saubenging nagari, kula leledhang ningali parolan ingkang sami wonten ing pinggir margi ageng, sapunika, katingal sae temen rakitipun tiyang patrol, tuwin sami katingal pangatos-atosipun, patrolan sapojoking radinan ing Puspakusuman kala wau dalu anggenipun rundha mubeng rambahkaping pitu, jalaran ragi gadhahi kuwatos ing wusana sareng tiyang rundha kenceng anggenipun mubeng, kaleksanan sadaya pakampungan bawahing kratonan wilujeng boten wonten punjuti ingkang sumeja dhateng lajeng babal saha kaweleh, lah punika parolan kenging kaalembana. Boen kados patrolaning gunapredagan, panggenanipun tiyang patrol gerdhunipun ngantos risak sanget,meh boten kenigng dipun eyubi, bilih dalu kan gpatrol sami ngeyub wonten bango ingkang dumunung sapinggiring radinan bawah ing Ngadikusuman

Panjurung

Thogkowog Watawis 2 wulan laminipun ing dhusun Kedhung sukuning wukir marapi kabawah ing nampel wonten kewan anembe dhateng ingkang kalimrah ingdhusun ngriku winastan buron Thogkowog agengipun sami kalayan kucing alesipun abrit rai kados raining kethek buntutipun angemperi kados buntuting sagawon wawar ananging dedegipun andhap sanget pasabanipun dumunung ing salebeting wisma-wisma, ananging sakalangkung kesit, tedhanipun panganan wowohan kados ta pisang sasaminipun. Kula pitaken dhateng tiyagn ing tanah ngardi ngriku punapa inggih sampun salaminipun wonten baburon ingkang mangkaten wujud sarta naminipun saking wangsulanipun boten wonten baburon ingkang awujud mangakten apramila luguning nami boten wonten ingkang sumerep wondening anggenipun lajeng kanamekaken baburon thugkowog wau jalaranipun kados ingngandhap punika. Tiyang ing tanah pareden wau kathah ingkang darbe gambang ingkang kinarya lalangen ing sadinten-dintenipun agambang sarana kaungelaken gendhing thogkowog sarta ings asagedipun nalika punika pinuju wonten sweneh ing tiyang ingkang angungelaken gendhign thugkowog wasana lajeng wonten baburon ingkang kasebut ing nginggil wau dhateng anjog saking ngardi cacahipun tiga iji sarwi angigel murugi sacelaking gambang, andadosaken tatingalan sarta kagawokanipun tiyang tanah ing ngriku, amargi salaminipun dereng wonten baburon ingkang kados mangkaten wujudipun wasana sareng sakendeling gamabng ingkang mungel gendhing thugkowog baburon lajeng sami sirna, katingalipun malih saben wonten tiyang ingkang nabuh gambang mungel gendhign thugkowog mila lajeng waradin tiyagn ingngriku amastani baburon thugkowug. Sarehning sampun gymyah para tiyang ing pareden gnriku sadaya, dados saking pamanah kula baburon wau kalebet aneh, mila tiyagn ingkang dereng mangretos bilih kaajak aningali baburon thugkowug wau, kakinten aningali gendhing thugkowug. Panjurung ======\======Ing Bramartani ongka 7 panjurungipun siswa lalana anyartisaken bab etuk sanga, punika kula sampun lajeng anyatakaken adus ingngumbul etuk sanga wau saking

1 adrenging manah kula anggen kula sumedya aminta barkah umbul papujanipun kyai ajar Windusana, dados ngantos rakaos ign lampah kula badhal kula saka riya wanci dalu jam nem sonten saweg dumugi laladaning Etuksanga, ingngriku kathah sanget para tiyang bawah ing ngayogya tuwin bawah ing Samarangan ingkang sami minta barkah adus dados ingagn kacariyosaken siswa lalana wau nyameleng kemawon among sasebutan ingkang dados awisanipun para ingkang minta barkah etuksana wau kados ta lampahan tukipun boten kenging bilih anumpak kapal sarta botenkeigng bilih mampir ing griya ning sinten-sintenpunika sawatawis geseh, wondenign tatelanipun ugi kenging kemawon amargi saking pamanggih kula tiyang ingkang sarju minta barkah ing ngetuksanga wau watoipun among kedah meleng cipta ing panggayuh supados anuwuhaken gadhuging esthi, awit ing ngatasing tiyagn mampir-mampir wau awis ingkang melengciptanipun wontenipun tiyagn anumpak kapal wau kirang lampahipun wasana kula anyumanggakaken para sarjana ingang anupiksani serat pawarti. Katandhan Renyep ingngadhap miri (Tiron).

Panjurung Kula amaos serat bramartani ongka 50 taun 1880 ingkang katandhanan mitra kula ingkang sisilih nama Gunaswenda, griya ler kandhangsima, suraos anguruni panyuwunipun katrangan mitra kula pun Ronggakarangrang, bab ing wana Krendhawahana, punapa malih wonten cirri tapak astanipun tuwan ingkang jurungrang bilih namanipun wana Krendhawahana wau kagalih saking tembung kalantur, awit tembung krendha punika kawardenan peksi maliwis, dene ingkang memper klayan kanyata anipun tembung kardhawahana dene tembung kar punika kawartdenan tebela, dados empering nama lan wujud tembung Kardha wahana wau, gadhah wredi,nunggang tebela, saha salajengipun mitra kula pun Rongga karangrang sampu mangertosi sadaya. Awit sakin gpunika mitra kula pun Ronggakarangrang raosanipun dhateng kula sangsaya kodheng sanget, milamakaten pamirengipun awit sekawitipun wonten tebela pangrimating jisim punika daweg rikala jaman karaton Demak sapriki, mongka wontenipun tembung kawi miwah saskrita punika sampun kina-makina,kapara dalem cariyos kala luluhur jawi taksih sami karsa ngagem agami kadewatan ugi sampun ngagem tembung kawi utawi saskrita, mila dados kardha gadhah WErdi tebela wau sangsaya angodhengaken. Makaten ugi tembug kretndha ingkang kangge wotnen ing serat cariyos lelampahanipun prabu angling darma narendra ing Malawapati, punika wonten kaoling pujongga bilih Krendha wau kawardenan bebarongan utawi kurungan, malih ing sipat wujud saking dayaning kemat panenungan ewadene ing buk Kawi ugi sampun kapacak bilih krendha maliwis,kardha tebela, ananging karaos saking kaol wau nadyan sampun kapacak ing buku nanging dhateng panampining manah dereng saget pleng, saha malih kula gadhahkinten bilih skaliring basa Kawimiwah Bau-bau Sastra, ingkang anedahaken papathokaning tembung tembung, ingkang sampun gumelar miwah sumebar ing kita sadaya, tamtu taksih wotnen ingkang kalangkungansaha ingkang dereng minggah dhateng bausastra ageng, mila taksih kathah kawi-kawi ingkang sliringan pikajengipun jalaran sakng kaoling dasanama ingkang tukang sliringan awit kawi satunggal gadhah wedi 5:7: utawi langkung saking 10 tembung, mila ingkagn makaten wau kula nyumanggakaken dhateng para asastra ingkang daweg kepareng anggalih bab punika. Anjawi saking atur kula ing ngiggil, bab pamundhutipun pirsa mitra kula ingkang sisilih nama guna swenda, bab namaning rare estri ingkang dereng laki puni

2 leresipun, punapa praran, punapa prawan, ingkang punika bilih pamanggih,kula ingggih sampun leres prawan, dene tembung prawa wau inggih saking tembung Kawi, wedenipun padhang, dados lare estri ingkagn sampun akil dereng anglampahiimah- imah winengku ing priyapunika taksih nama Padhang, ewadene ingkang samun laki inggih badhe boten nama peteng, jalaran sampun gadhah nama pyambak ingkang sampun linimrahaken. Wasana atur kula sadaya wau amung nyumanggaakaken ingpanggalihipun mitra kula rising Guna Swenda. Ewadene ingmanah gadhah pandugi bokmanawi sang wiku kyai Ajar Nabdul Padail sampun angudaneni manggenipun pangaran aran ingkang sampun gumelar ingnginggil sadaya, awit kacihna pangagemipun tembung tembung jernih sanget upami wonten para sastra ignakng kadugi ngangge tembung rekan labet kaenutaken gandhenging dhongding purwa kanthi, punika bilih kyai Ajar Ngabdul Padail kagalih sanget anggenipunmundhut wijang-wijang ing tembung 1 werdenipun 2 aslenpun ing tembung, tur panginten kula ing panggalihipun ugi sampun nguningani, bilih umpak umpakaning tembung memanisan, utawi weweiletan wau, kathah panganggenipun tembung rekan utawi sambutan, ewadene kyai ajar wau sakig sampun kalajeng jernih ing panggalih dhateng salirng tembung teka amek samundhuta kados atur kula ing nginggil. Anamung mugi andadosna pamirsanipun kyai Ajar bilih kalimrahanipun ing dhusunkula manawi suka serat dhateng mitra pamitrananingkang kasekaraken macapat, sakinten badhe ngatingalaken suka pirenaning manah, tembung selehipun dhongdhing sring nyambut dhateng tembung reken, malah enget kula yasanipun swargi raden nabei ronggawarsita ignakng tumrap ing serat pananggalanbubukaning cariyosipun Jaka katim tayi, punika kados inggih wonten tembungipun rekan, wujudipun kados ing ngandhap punika. Rarasing tyasani tyasatitis, den tamardi mardawaning basa, ngayowara puwarane, bela-bela ing kalbu, inokaratanwrining westhi, rong kab gatining gita, ganitanirantuk, wartanign kang paro tama, sinawugning nirmala turongga jati, tanajuling carita, lo punika kyai, kang kula aturaken, kados ta mentas nembanungaken, bela-bela ing kalbu,kok lajeng nesbungaken, inokarapnapa malihmentas nembungaken, dentamardimardawaning basa, kok lajeng ngayowara. Dados ingang makaten wau pamanggih kula naming saking nggenipun badhe mendhet wandawandanign sastra upaya, anamung rehning priyagung sampun sinebut panembahaningpara saget dados yasanipun tembung rekan sampun memet, tur cumples, nanging inggih tembung rekan, mila para jugul anggenipun anedyakaken tutulat dhateng kawasisan sumanten wau meh kalampahan kadi wiraosing paribasan ateken –teken manggut, asuku-suku jaja,namungngangkah kacemplunga ing jamanipun sang Blelu tau, labet saking smpun angraos boten alantip mingit- mingitkados kyai Ajar. Mila ing samangke pamanah kula sampun badhe pitados sanget dhateng kasusastranipun ing Ajar Ngabdul Padail, namungkuciwa sakedhik ing manah teka dereng saget paham dhaten gasmanipu kyai Ajar,mila makaten kalimrahanipun ing dhusun kula biih namaning tiyangkang kawilang wau tamtu ujud kalayan kagunanipun utawi klayan pakardenipun, wangsul nama Ngabdul Padail punika maknaningpun ibasajawi kados pndi, kula nyuwun sumerep supados boten gagampang ngagem kulama awiku dhateng sariranipun kyai Ajar. Panjurung kula pun Gunatanya.

Katur mitra Mursid

3

Awit sih paduka paring jawaban panuwun kula tembung panggang kumet sapannggilanipun, kados kang kasebut bramrtani ongka 2: 1, 81, sakalangkung sih panuwun kula, dene anjalari kawawenganing manah jugul awit dening punika ing reh saupami tiyagn lumampah dalu tanpa obor rumaos kula sampun sampeyan tulungi obor, ing wasana sampeyan lajengmundhut teges awijangipun tembung ila-ila sapanunggilanipun, ing sasaged saged kula badhe angturi jarwa bokbilih anocogi, ananging yen panjarwa kula wonten ingkang nalisir, sampun anuwuhaken ewarengu ingpanggalihnun, tetela mila ngantos sawatawis lamiula dereng ngaturi jarwa wau, jalaran inggih saking jugul kual teka biyuh temen angggen kula badhe angosak-asik sarehning ngantos sapriki pangudi kula wau teka sampun mogok, mila bilih lajeng ngukus gunung, kamenapakaken tiyagn cacanduning pamanggih kula amugn samanten wondenign clewa-clewo atur panjarwa kula kados ing ngandhap punika: 1. Ila-ila, leresipun ala-ala: artosipun ala-ala ujaring wong tuwa pantes katurut 2. Angenaki sarak leresipun angenaki sarat: Kadosta, sanajan waktu suka wangsulan wau ing batos rengu, ewa makaten ing reh ngengeti sampu kapotangan ssaw, utawi badhe gadhahpamrih, dados saratipun kang amrih kawruyaning buditama, sadaya tatmbunganipun kadamel kalawan tembung manis arum 3. Para, utawi papara, tegesipun perangan utawi bageyan: kadosta para tiyang peranganing tiyagn para nyai, peranganign nyai, paranini, peranganing nini,lijakawastanipara, amirid ingakgn kagawekaken wau boten mesthi barangipun tiyang satunggil, ananging saking ngrika-ngriki, tedhak dalem kawastaning papara, margi tedhakipun boten ngantos langkung saking wawengkoning bawahipun ananging amugn salebeting wawengkonipun piyambak. 4. Ringgitlugunipun ring anggit. Kadosta, ringgit wayang, kang wau cucal lajeng kaanggit kanestha tiyang sarta asukani nami,ringgit taledhek tandhak wau pancen among nganggit gendhing tuwi tembung wah lagu, ringgit arta slaka, lajeng kaangggit kados denign warninipunpunika, sarta sami kaanggep regi 2 ½ rupiyah. 5. Anu sisilihing tembung kang boten kober kawicanten utawi boten pantes kagiyaraken. Kadosta sianu, duweke sianu, wit dening boten lajeng kalajengaken margi tembung remeh, diadoni, wit dening boten kawedharaken margi tembung saru 6. Ilap bokmanawi ilat . kadosta,. Tiyagn wicantenan ngarah apa maneh wong calathu seje ilat 7. Kilap tegesipun benten. UPaminipun kula dhateng panggenaning saweneh ing mitra kula, wontening margi kula priksa kapal dhawuk wonten ing pangeran sadhateng kula ing griyanipun mirra kula wau, kula lajeng dipun pitakeni makaen salangkung sampeyan ing panenan ngriku wau punapa priksa kapal wulu dragem kaumbar, punika wangsulan kula : kilap margi ingkang katakekekaken boten cocok kados ingkang sampun kula priksa ing margi wau. 8. Mulak sarak leresipun murang sarak. Tegesipun rare boten miturut pangajaraning tiyang sepuhipun (anglanggar piwulang). 9. Gerisanglat wetahipun geni sung wlat. Griya kabesmen tanpa wonten ingakng madamel utawi griya, kabesmen jalaran kadhaahan latu sakin ggriya kabasmen sanesipun ugi punika nami Genisanglat. 10. Kok tegesipun kowe. Kadosta kok jaluk kok gawa,lugunipu owe jaluk kowe gawa.

4 11. Embok Embokiya, tegesipun iya kowe embok aja, aja kowe, embok biyung, biyung kowe. 12. Tak tegesipun aku. Kadosta, tak wenehake, ak gawa, kajengipun aku wenehake, aku gawa 13. Ta, panambang. Kadosta tegesipun badhe dedahaken tumunten sapata, endi ta, badhe priksa tumunten. 14. Waos, Tumbak, wajan waja, kejen mila kramanipun sami waos margi barng wau kamoran, waja, punapa malih waja wau, untu kramanipun wja, boten waos, punika margi mired saking waja wau lakar landhep kang mongka menggah peranganing baan kang kalebet laandhep among untu, mila inggih kaewokaken bangsaning waja. 15. Wala, Mila cikal ingkang wiwit awoh sapisan kangge ladosan nami wala wa…., jalaran mired saking namining mancungipun punika nami wala. 16. Jambet, BIlih jala,jalu, jambu, jarak sami kakramekaken jambet punika saking pangraos kula tembung muta sawur, mila inggih prayogi sampun sami kakramekaken jala, inggih jala, jalu, inggih jalu, jambu,inggihjambu,jarak inggih jarak mila makaten saupami wonten tembung among mungel jambet makaten kemawon punapa punika boten mengkok jambet wau punapa saking kramanipun jala, jalu, jambu, punapa jarak.

Ing wasana amun gpunika ingkang dados kentheling pamanggih kukla, kagalih leres lepat kula sumongga, o, inggih kados pundit tiyang judheging pamanggih kula among samanten mila inggih ngingah panjarwa kula wau kagalih nalingsir, boten langkung kula among nyuwun pangaksamanta ingkang mijil saking pangggalih suci. Parigita. Bramartani ongka 50 dhesember 1880, panjurungipun mitra kula guna asmenda, amundhut teges leresipun tembung kalih prakawis inggih punika, rare estri ingakng dereng imah-imah punika nami, prawan punapa praran ingakng makaten wau bilih saking pamanggih kula kang kalawan wawaton dugi dugi, leres ingkang nami prawan margi prawan wau tembung kawi, tegesipun cahya, utawi gebyar, wondenign lare estri ingakng deeng imah-imah kasebut prawan wau, amirid saking tegesipun tembung prawan wau, margi cahyanipun taksih mengoh-mengoh, menggahpuspita dereng kaingsep ing bremara kang mamrih srekara, sarta prabanipun lakar taksih gumebyar, amungpunika gadhuging pamanggih kula leres lepat kula sumongga, ing wasana atur taklim kula. Parigita

Sambetan Inggih mangakten adhi, naming punika kalebet tembung kelem kula lajeng tanglet malih, inggih kan gmas mangkatenakula dereng sumerep maksuting pikajeng ing salinggga-lingganing bab wau, wangsulanipun lir, punika uwoding lingga angler, dados rinucat ater-ateripun, tibaning, punika dhawah ing wujud saking dunungipun ning, punika luluhaning, ing, awit kadamel andhahaning lingga retna, punika wujud ingkang kodrad mawa cahya, maya, punika anggadhahi teges linuwih utawi gatraning cahya, dados kaupamekaken aibing pangeran purwaning dumadi, ingkang bektan saking bapa lawan biyung. Wonten malih adhi ugi ing serat waosan iyasanign pujongga kina, kadosta, mijil. Roning pudhak mangudhodhong warih, lir wentis katongton kaisisan ing sinjang pamane, patermondra-mondra kapiyarsi, thathitnya menuhi, jwalita tKula andangongok sarwi nedha jarwanipun wangsulanipun manawi sampeyan lenggah

5 andhaka keleming tembung, kula tanglet nalaripun kados pundit tembugn kelem wau, adhi, tembung kelem punika rasanipun lebet among semuning pikajeng kimawon ingakng kagelar, dados watoning tembung teksih kedah karaos dene wijangipun roning pudhak mangudhodhong warih ron wardinipun godhong, mangu, punika kapirit saking wujuding ron ingkang ambuntel sekaripun anjongok, dhodhongwarih, punika lir pendah masang dhadhanipun angajengaken toya. Lir wentis katongton pun pudhak lajeng malela kados pupuning wanudya, kaisisan ing sinjang pamane, punika kaupamekaken mancilaking sinjang ingakng kebaraten,pater mondra-mondra kapiyarsi, lah punika lajeng nilar urutingpikajeng bab pupu, awit lajeng nglanturaken candraning sinjang, pater, punika suwantening sinjang keeling kaplajeng kumitir saking panyeranging braja, piridanipun kasupamakaken lan wujud geter, mondra punika katingaling wujud jangkep sawonda, dados ebahing sinjang kretbetipun ngantos katingal saha kapireng, thathit nyamenuhi, pikajengipun ambangsulipun pupu, thathit punika, gebyaring sorot dados sareng pun Sinjang mobat-mabit gebyaring pupu kados thathit ingkang tansah amindeng, jwalita tumanduk jwalita punika prabanign jagat utawi panyempyoking praba, dados raosipun sareng pun pupu tansah winuwung ing thathit temahan prabaning jagat tumanduk ing ngriku, sorotipun lajeng maya-maya gumebyar, mila batanipun tembung rasa kaliyan tembugn kelem punika meh sami, kotipun rasa sapisan kaliyan ras kedah karaos malih, kula lajengcriyos mangkaten kang mas wonten tiyang ingkang wicanten wah wong kae gone mlayu memet punika kakados pundit dene tiyang mlajeng dipun wastani memet wangsulanipun adhi punika inggih kelem awit ngantos ngicalaken pandulu ingkangagal kula matur malih, lo kados pundit wijangipun kang mas wangsulanipun kadosta limrah ing tiyang mlajeng punika katingal krembyahing suku tangan manawikang memet punika samun boten katawis dados kasupamakaken wujud ingkang lembat alus, kang mas manawi amngkaten taksih kinging dipun jegal ing watoning tembung, awit manungsa dipun supamakaken memet wah eron pudhak dipun andhekaken manglung, wangsulanipun o inggih adhi, mila sajatiipun tembung jawi punika manawi amboten karimbag kaseselan ma, sarta, na, punapa dene, tembugn rasa kelem sasaminipun temtu badhe kau, sarta kirang. Wonten malih tembung ing sarjana, kirablar, watonipun tembung wau saking sumebut utabing lar paksi, inggih punika kasantikaning paksi, mila wonten sarjana ingakng ngangge tembung wau kadamel mamanising papranesan kadosta, sampun kagalih bilih kula sumeja kirablar ing bramartani, lah suwawi adhi sampeyan raos teneh sulaya kaliyan wardinipun ananging sareng enget ti aton saha tanangsuping raos inggih lajeng mangertos dados pikajengipun boten badhe ngedalaken kasantikanipun wonten ing bramartani ingakng tangeh purua kasundhul. Embok manawi taksih wotnen sambetipun TRangga Tawur

Atur Panjenenganipun juru gubah amedharaken cangkriman ingakgn kocap ing bramartani ongka 10 kalilana kula ngaturi pambatang kados ing ngandhap punika. Banyu munggeng dariji, punika tegesipun toya kali, amargi mendhet saking ali-ali Banyu lingsir wetan punika tegesipun toya udan who,amargi mendhet saking sedhawoh Banyu Kontul anglayang punika tegesipun toya sumber amargi mendhet saking iber Banyu tetalining urip punika tegesipun toya sumur amargi mendhet saking umur Banyu timban punika tegesipun dereng sumerep ananging kadang kula rongga karangrang anarbukanana

6 Banyu kang asungbranti punika tegesipun toya telaga amargi mendhet saking ngellaga Pam,batang ing nginggil punika bilih teksih nalirisr mugi sampun dadosaken panggalh amrgi pangggagas kula teksih monda-monda. Jaka BUjakirana.

Batang Cangkriman Durma batang cangkrimane jurungarang, lepen munggeng dariji, bengawan lingsir wetan, suber kontul anglayang, sumur tatalining ngurip, blumbang timbangan, uan kan gasung brangti. Sinambetan apa kayunira adang, kayu panggetakkucing, kayulurah pandya, kayu panatas rema, kayu jantisna ing ngalki, kayu angkatan, kayu pabekarangin.Sartaapa lamun dhahar janganira, jangan perau miring, jangan kapanasan, janganmunggeng tenunan, jangan kang munggeng reragi,jangan jan wedah, jangan pangggugah mantra. Tuwin apa lamun dhahar sambelira, sambel perawan kencing, sambel pujongga desa, sambel anaking bima, sambel kang ulesing sikil, sambel satunggal, sambel sibiyung yekte. Ngayogyakarta kaping 12 Rabingulakir taun Jimakir ongka 1810 Juru Pangrekadaya. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina.

Jemparingnyapujan tumameng Nyohikpya, bau kanan kang keni, jimpe astanira, gadanira wus singsal, pandukanya jemparing mandi, sampun angrebda, Nyohigpya nibeng siti. Gya rinejeng binandhagn wus kinunjara, sang s Sikong senapati, tahat krodhanira, arsa nuduh punggawa, kasaru kang teteg muni, surya diwasa, pratondha sapih jurit. Mungsuh rowang braise wus samya bubar, sang sikong senapati, sareng lan Jibica, tuwin para satriya, makuwon minggah mring wukir, samya sewaka, marang narendra siwi. Ngaturaken solah bawaning ngayuda, sorunggul sampun titi, nanging rembagira, jibica megsih gagrak, dereng montra montra miris nadyan wewaha, mengsah kang surasekti. Raja putra enyarsa aris ngandika, eh kakang senapati, andika sumarah, marang kakang JIbica, aju unduring ngajurit, kakang JIbica, wajib andugi dugi. Sawusira bujana nulya bubaran, lerep ing madya latri, among sang JIbica, kang dereng ngarsa medal, maksih ngadhep narpa siwi, dupi antara, ing wanci sirep jalmi. Sang JIbica umatur mring raja putra, angger lamun suwawi, panduka mumuja, nyuwun sih ing bathara, jengpanduka sujud kuwi, mongka pratondha,nedha tulunging jurit. Kaping kalih panduka anyuwun lilah,mring Hyang kang murbeng ngurip, reh karsa panduka, badhe jumeneng nata, kawula kang amastuti, lan amatrapna, pratingkah sujud kuwi. Reh punika mengsah agung aprang cidra, ambawaspaos yegti,prangira Lisigyap, amikut prasatriya, dede lisingyap kang jodhi inggih, Lihagyap, kang nyidra anjemparing. WEtawisnya kadijemparing pupujan, paring nya jawatadi, sintenkang kataman, yegti boten uninga, ugi panduking jemparing, marma panduka, gustikang ngasmarani. Raja uptra ngandika ris, kakang kalintang prayoga, jengandika parapake, manira nurut kewala, gya tedhak raja putra, mring sanggar pamujan pungkur, JIbica umiring minggah. Lan bergas keh sesaji, dupa lan obong-obongan, kurtaskang mawi tulise, sasebutan jroningkartas, kunjuk hyang jagat nata, JIbica kang darbe tembung, anuwun ken raja putra. Sakeh sarat wus sumaj, gya binesmi munggeng sanggar, rumarum ing padupane, narpa putra gya sembahyang, kalawan sang JIbica, sujud kuwi srumanekung, kukusing dupa lumepas. Lan Begta suraseng tulis, wus tumameng jro swrna, dumunung soring dhampare, Bathara jagat wasesa, tan kilap sahannanya gya paring sasmita dhawuh, mring waranggana pamungkas. Kanglagya munggeng patani, dewi Lesansibolurah, duk ing ngayap panekare, munggeng karangretna muncar,

7 pirapira kamulyan, dewi lingsan ngandika rum, anduta kang waranggana. Sira lumakuwanuli, timbalan putaningwang, kang anajroning kamugten, si waranggana Hyanlewah lewah, bareng ngalakunira, nging aja lan lakinipun, among pribadi sun undang. Tutura yen ana kardi, karsane hyagn jagatnata, yata waranggana age, lumagsana sampun prapta, panggih lawan Hyanlewah, duk sarimbit lawan kakung, lengah pangkating kamulyan. Nebangle retna cinawi, pakarangan jro sawrga, waranggana duk praptane, sinapa ana karyanya, matur lamun dinuta, ibu panduka pukulun, kang nimbali jeng panduka. Dhawuh ampu nmawi kanthi, ing reh gantining pakarya, Hyanlewah kumepyur tyase, sigra angrasuk busana, kang sarwa adi mulya, tandya lumagsana sampun, saeng duta waranggana. Sakedhap netra wus prapti, ing ngarsa dewi pamungkas, Hyanlewah ngabekti age, wusnya sujud sigra lenggah, yata retna Pamungkas, pangandikanira arum, eh taninip putaningwang. Apa sira wus udani, ing sabab sira sun undang, dene ing nguni gajege, sira uwis ing sun wulang, mring ngelmupangawasan retna Hyanlewah umtur, ibu angestu panduka. Menawi boten kasilip, menggah prakawis punika, raja putra panuwune, Lalingong putra ing Tongtya, nyuwun jumeneng nata, gumantya ing ramanipun, ing mangke ngadeg barisnya. Munggeng ing Kyayamsan wukir, badhe jinurunging sugsma, nuwun sumongga wiyose,mesem sang retna amungkas, uwisira mangakt kang temuwa lan rajasunu, sira wus tan kakilapan. Ing karsa hyang suksma jati,manembah retna Hyanlewah, retna Pamugnkas delinge, nanging aja sira lawas, ana ing madyapada, Hyan Lewah mesem wus mundur, tumurun sakedhap netra. Prapta ing Kyayamsan wukir jumujug mrign raja putra, kang nekung munggeng kalentheng, ing ngadhep dening JIbica, mgsih dalu wancinya, sirneng kukus wus kadulu, Hyanlewah munggeng ing ngarsa. Duk mulat narendra siwi, gupuh arsa atur sembah, nulya cinandhak astane, dhuh gusti sampun wotsekar,panduka badhe nata, lawan kawula pukulun, kaleres abdi panduka. Nadyan ambawidadari,kayangan dalem sawarga, kula punika ibune, pun Sikong samangkya dadya, senapati ngayuda, dene Jibica puniku, ugi suta kaponakan. Kawula ing nguni-uni, inggih wonten madya pada, lawan pun Sikong bapakne, punika laki kawula,ngabdi rama panduka, sumarmi ambatumurun, dinuta mring Hyamg Pamungkas. Kinen ugi mitulungi, amrih ungguling ngayuda, lan kinen andhawuhake, jeng panduka us kalilan, jumenenga naendra, gumantya ing tongya prabu, sabab ibu jeng panduka. Bucik Hyan sang prabu dewi wus jangkep salikur warsa, denir ajumeneng katong, jangjine amugn punika, samangke sampun mongsa, ngalih pulunging kaprabun, kang tami leres panduka. Yata sang narendra siwi, Entyar sami arsa sabda, lawan dahad pangungune, lamun sang retna Hyanlewah, ibu nya Sikong nyata, kang sampun seda ing dangu, wusana kinen tumedhak.Hyanlewah umatur malih, angger punika jibica, panduka jungjung pangkate, ana maha panembahan, pamugaringayuda, kawulakang paring ngelmu, ksantikan jrongi nala. Taksih wonten sambetipun

8 Ongka 12,Kemis kaping 24 maret 1881

Kulawisudhan methik serat kawat saking Batawi

Kaelih ing Bayalali tuwan Asisten Residhen Aleweng, ingakng sampu kamtokaken dados aisten residhen ing Sragen mengggah ingkang katemtokaken wotnen ing SRagen sapunika tuwan Parkepisir. Bupati ing Semarang kaparingan pensiyun saha kagentosan raden Arya Purbanignrat bupati ing Demak ingkang katbangkat dados bupati ign Demak Rade Panji Adiningrat pangajeng jaksa ing Pakalongan.

Surakarta Kasangsaran Raden martakusuma, anakipun jaler pradikaning dhusun Wongga, sampun kaoncatan lalalangen wonten ing dunya, amargi nalika dinten Rebo tanggal kaping 16 maret punika sampun pejah, jalaran kasamber ing gelap, wondening pratelanipun kados ing ngandhap punika. Ing dinten Rebo wau wancijam ½ 4 sonten raden martakusuma, pamit dhaten gingkang estri, badhe kesah ngupados ulam dhateng ing lepen, nanging semah sanget ing panggondhelipun awit waktu punika mendhungipun alelimengan, raden Marta kusuma adreng boten sumedya miturut panggondheling ingakng estri, sarehning ingkang estri rumaos boten kuwagang naggulangi pikajenganipun kakung, kalampahan raden martakusuma, nyat nadek anyandhak jala, ngciprat lamahipun sarwi anggendhong kepis, sareng kendel wotnening gisik lepen, boten dangu kadhatengan sasmita, gebyuring caleret sanadyan radian martasmpun ngaken warisipun kyai ageng Sela, ewa sumarengi geblagipuningkang pejah, estrinipun ingkang panuju wonten ing griya, bokmanawi taksih angonta-onta muring muring dhateng ingkang jaler, katondha nalika mieng sabaaning gelap, awicanten makaten, arata, monaradi samber gelap, asile ora gugu kandhane wong wedok, wurung mangan iwak pathake disamber gelap. Bokmanawi tembungipun ingkang makaten punika, boten pisan yen ta ingkang jaler nemahi pejah sayektos, kacihna sareng miring wicantenipun tiyang cariyos manawi raden martakusuma pejah kathothol ing gelap, ingkang estri boten saronta lajeng kantaka. Lah ngkang makaten wau anukulaken panggraitanig manahkula, O, iba-iba para tiyang tongga tapalih ipun nyai ingkang nembe rondha anggenipun pating balulung, yen katanggor taksih gadhah pamanggih kina, bokmanawi nyai Rondha tansah dipun pupuja, kapurih pandunganipun awit katarik saking mandining wicanten ignkang sampun anumrapi ingkang jaler (Kiriman)

Bahrawa

Kala ing dinten Ngahat kaping 6 maret 1881 wanci siyang tiyang estri kakalih ingkang nama……..lan………gegriya ing dhusun Kemambang, Onder dhistrik banyubiru, sami matur ing sabinipun ingkang dumunung sangandhaping redi Kelir kapenah sakidul dhusunipun caket sareng wanci jam 4 sonten wonten sela ageng gumlundhung saking tampinganing redi, andhaahi tiyagn kakalih ingkang saweg matun wau, inking satunggal kaleres ing gegeripu npejah sanalika, denten ignkagn satunggil kadhawahan ing wentisipun ngntos putung, ananging taksih gesang.

1 Guguring sela wau anjalari kageting para tiyang, sanalika kathahpara tiyang ingakng sami dhateng tandang, saweneh angrimati kunarpanipun wonten ingkang amendhet ingkang nandhang tatu, wasana ingang pejah lajeng kakubur punapa adatipun ingkang sakit kalebetaken ing griya sakitkilap kadadosanipun samangke. Kala ing dinten Senen tanggal kaping 7 wulan kados ingnginggil ugi wnaci sonten tuwan H,juru anyewakaken kareta, ing wektu punika karsa anginggaringgar panggalihipun numpak kareta dipun lisi piyambak sareng dumugi sakiwaning kareteg ing lepen panjang, kapalipun anggiwar, ing ngriku wonten tiyang jaler sepuh satunggal anama Kyai H, simpangan kaliyan kareta punika, wasanakatubruk ing kapal saha lajegn kalindhes ing rodhaning kareta, sukonipun ngantos dugi samangke dereng saged lumampah, kilap kadadosanipun prakawis kula boten ngabaraken malih. Kala tanggal kaping 13 wulanpunika wanci jam 12 siyang lare esri prawan ingkang nama pun Jenar, ing dhusun Verbonan sakidul kitha, saking sabin dereep sareng dumugining dhashahing dhusun kang tembing wetan,kapethuk sahyang Gurnita maniyup pejah sanalika, awit saking gugupkagete para tiyang ignkagn sasarengan lumampah sami jeginggat ngantos kapireng ing sadhusun mila ssanalika kathah para tiyang ingakng sami tandang, saha angopeni kunrpaning rare wau o mamanipun kulapunikak boten angongsa-ongsa,jalaran sampun tetela,pejahing tiyang punika teka dumrojog dhatengipun ahlim dumilah. Sasampuning kabar ingakng andadosaken girising manah, kados ing nginggil punika, kula ngaturaken kabar wiluejnging nagari Bahrawa,saisenipun sadaya,punapa dene pangaosing tatedhan sampun mirah kadosta: wos sata, tuwin palawija, sadaya sami tulus wawardi. Wasana kabar wilujenging para ageng tuwin para bongsa kula. Amongwisastra Ing Bramartani ongka 2 Januwari, 1881, panjurungipun mitra Mursid aparing jarwa tegesipun tuwin wijanging tembung panggang kumet sapanunggilanipun dhateng mitra parigita, kapasang yogi temen dening pancen sampun lami anggen kula anggagas tembugn wau maksa dereng kawawengan ngantos lalampahan anarutus tataken ananging menggah sadaya ingkang sampun kula pitakeni wau, anggenipun anegesi teka sanes-sanes saweneh anggenipun negesi anocoki kados panjarwanipun mitra Mursid wau, saweneh malih boten, ing sarehing sawatawis wonten gesehipun mila kula sumanthaka tumuntur urun jarwa tegesipun tembung wau, leres lepat sumongga mitra kula sakaliyan wit denign kula amiturut dhateng jarwanipun mitra ingkang sampun kula pitakeni, anggenipun suka jarwa makaten. 1. Panggang kumet, anglenggahi ingakng suka pangggang, ayam ingkang sampun ageng, tegesipun ing reh anggenipun sukapangggang kaagengen dados wektu sukapanggang wau ingkang batos taksih gadhah manah gendhulak-gendhulik wit denign saking kumetipun. 2. Panggang poma, ugi anglenggahi ingkang suka sukapagggang, ayam ingakng alit, wit dening katarik saking cethil kaleresa boten anggadhahi ayam ingakgn ageng, dados wektu suka panggang, wau, ingakng boten sampun eklas. 3. Saudara wancahipun sudhara, tegesipun sa satunggil dhara weteng, dados pawong mitra ingkang sampun basan-binasan saudara wau, sampu kaanggep sadherek ingkang tunggil umi, wit dening saking condhong manah wah supeketipun. 4. Nagari: atas angina bawah angina kados jarwanipun mitra mursid inggih punika nagari sakilen saha sawetanipun nagari ing ngerum punika bokmanawi inggih leres ananging salebetipun Kapuluan Indiya ngriki kemawon wonten nagari ingakng nami makaten kadosta: nagari Atas Angin punika nagari

2 ingakng dumunung ingpulo Sumatra utawi Percah ing saantawisipun lePen kalayan lepen , nagari bawah Anginpunika pulo Singapura, wondening saking mulabukanipun nagari kalih wau makaten: ing nalika panjenenganipun san gprabu Trisirah ingakng jumeneng nagari saantawising lepen Palembang saha jambi wau, amamengsahan perangan kalayan bongsa Hindu ingkang dhateng sakingpulo jawi, sangprabu tRisirah juritipun kasoran lajeng kaplajeng dhateng pulu Singapura kadherekaken wadyabalanipun sapalih, amit dening punika sang prabu dalah sapadyanipun wau lajeng kawastanan tiyang bongsa malajeng, katelah ngantos sapriki punika, sarta wonten ing ngriku lajeng yasa nagari malih tuwin jumeneng ratu, sarta nagari Singapura wau lajeng kasebut nagari bawah angina endaning nagarinipun ingkang atilar wau kasebut nagari Atas Angin amargi amirid saking lampahing angina timur tuwin angina barat taksih panjang yen kacariyos na lelampahanipun Prabu TRisirah wau ing saturun-turunipun ngolah-nglaih nagari jalaran kasoran yuda ngantos dumugi nagari ingkang kasebut Johor. 5. Nagari Minangkabo menang krebo,punika ingkang leres nami Menangkrebo, wondening mulabukanipun makaten: panjenenganipun Yangwi tuwan ratu ingnagari Pageruyung (Sumatra) ingkang kina, kagungan putra putrid ayu warninipun punika dipun lamar dhateng raja sabrang, asugih raja barana, sarta sugih wadyabala, ananging semunipun Yang PItuwan boten pareng, badhe katampika ajrih bilih raja sugih wau kurda andhatengi yuda, mila panglamaripun raja sugih wau dipun tampeni, nanging sang putrid pageruyung kaaturaken kagungan panuwun satengah sayembara, angaben maesa, manawi sang raja sugih maesanipun saged ngawonaken maesanipun Yang Pituwan raja putrid lestantuna kagarwa bilih maesanipun raja sugih kawon putrid lumuh kagarwa, makaten cekaking cariyos sang raja gusih kadugi ngedali sayembara wau, ananging wasananing maesanipun raja sugih kawon, awit dening kagunganipun maesa ratu Pageruyung mimpang, wiwit punika nagari pageruyung lajeng kasebut nagari Menangkrebo,dene sapunika lajeng kasebut nama Batusangkar, utawi Beteng panderkapelen. 6. Tribuwana sasebutan makaten punika boten nalika jaman kadewan kemawon enget kula serat manak wonteningakng nybutaken tribuwana, utawi bawanatri, dalah serat kidung ingakng anggitan sapunika taksih mawi tembung tribuwana wau, dados ing mangke katelak bilih tembung wau nalika jaman kanabeyan sampun wonten wontening katranganipun makaten.

Tribuwana tegesipun tri, telu buwana: jagad ananging kanjengipun boten kojagad tiga, sabab ing ngalam boten wonten jagad tiga, dene ingkang kaw3astaning tribuwana wau, boten sanes inggihpunika 1 tanah, Eropah, Asiyah, Afrikah, 2 tanah Amerikah, 3 tanah Australiyah awit denign tanah wau sakng wiyaripun dados kenging kaupamekaken jagad mila tanah Arikah Eropah Asiyah, kaetang satunggal wau, margi tanah tiga wau ganthet dados satunggal ananging bilih aningali saking kawontenanipun samangke, samapun boten kenigng kasebut tribuwana, ananging catur buwana, jalaran ingakng punika tanah aprikah kalayan Asiyah wau sampun pisah, inggih punika ingkang kawastanan susukan Suwes (Suez) ingkang sawau naming teterusan suwes kaprenah sakilenipun nagari Arab dados sapunika tanah Afriah boten kaetang satunggil kalayan tanah Asiyah tuwin Eropah, wondening panuwukipun wau saking jalaranipun boten susah kula pratelakaken. Amung punika panjarwanipun mitra ingkang sampun kula pitakeni wau, leres lepat kula nyumanggakaken mitra kula, parigita, ing wasana kula among nyuwun

3 pangaksamanipun mitra kula Mursid wit denign kula mapangrok cumanthaka lajeng tumuntur urun jarwa, sampun kagalih yen kula sedya amancah manjarwa sampeyan utawi sampunkagalih kuma sage ding sarehing menggah kawruh wau kedah sumebar ing ngrika-ngriki, kang mongka wonten tembugn ignkang bentenan menggih ing satunggiling tiyang, mila boten pantes yen ta kasimpena, sabab pundit ingkang leres punika wjib ingkang kaangge, sokur bage sakethi rumaja wonten karsanipun para sarjana karsa Bantu tumuntur urun jarwa badhe kula rasuk lir pendah wanudyadi. Katandhan Mtira Paduka Sindip ing Manisjangan. Panjurung naming manawi kagalih pantes Ing manah kelu aningali wedharing sastra Koran bramartani, ingakng sami ngakah pakantuk amardeni basa basa, dados kaleeresan kula badhe saget angsal tedahan sujarwaning kawi utawi wujud kang kocap ing serat kina, kang kula dereng sumerep wardenipun, inggih punika kala bathara wisnu ngandika lan ingkang garwa, makaten: Ojiwita ngulun rari menak tembak, lananitiyasa: Lo punika kados pundit wantahipun cara jawi cara mangke cara kina ingkang kalih bab makaten. Dhuhan Kwindunirta, nglekningmanih tanglenusapartitala Namung Punika kang kula aturaken nyuwun barkah dhateng para dinasis Dene kan g wujud 1. Wesangka 2. 2Arsawa 3. Gontra 4. karsula 5. Parasu Panyuwun kula barkah ing nginggil manawi winastuti ingpara wasis, ing manah kula badhe ngaos begya kamayangan Kaping 23 Maret 1881 Kang nywyn barkah nandhani nama Wredawaka.

Sanadyan para sujana ing Bramartani angremehaken ananging ngatasipun kula sakalangkung prelu prakawis ingkang kula dereng terang kados ingngandhap punika. 1. Ingakng nganggit sangkala, punika sinten, kala jaman punapa, sarta wontenipun sangkala wau sabab saking punapa, kados pundit kaniyatanipun. 2. Bumi, srengenge, lintang, rembulan,. Sami watek satunggal 3. Talingan, netra, bau, imba, sami watek kalih 4. latu, lintah, welut, cacing sami watek tiga 5. Toya keblat sakawan sami watek sakawan 6. Sanjata, wana ageng, bayu sami watek gangsal 7. Tawon anggang-anggang, peksi sami watek nenem 8. ARdi kapal banyak sami watek pitu 9. Sawer tekek gajah sami watek wolu 10. Rai bobolongan sami watek sanga

Naming punika ingkang adamel kodhenging manah kula dene sujana ingakgn nganggity sangkala wau teka saged amastani saha lajeng kaperang-perang wawatekanipun punika menggah pamendhetipun sarta dununging paperanganipun watek satunggal dumugi sanga, kados pundit, kadosta latu, gadhah watek tiga, punika ingkang tiga sipatipun punapa burubipun punapa panasipun, sasaminipun ingakng makaten yakti boten terang babarpisan mila para sujana mugi sampun ngantos rangu- rangu bilih karsa anjarwani, awit salami kula gesang kasinungan kathah prasaja kula.

4 Katandhan Siswa Prasaja

Panjurung Pambatang Teblek teblek sun ngicipi, ambatang ing cangkrimanya, pangrekadaya yektine, ngingg kanthi semanging driya, wit tan wruh ing nitikrama, kithalthel pratistanipun tan montra montra miriba. Ananging ulun kapengin angulah ing kasusastran ngupaya sapakantuke, pan ulun dahat aminta, mring sagung prasarjana, ywa kacela kithalipun tatembungan mung kraman. Durmanira pambatanging tang cangkriman klampis panggetak kucing, sempu lurrah panddhya, suren panatas rema, pulut tan tresna inglaki, engggrang angkatan, wuru pambeksarangin. Dene Janganira kalamun adhahar, lo bakprau umiring, tempe kapanasan lompong munggwing tenunan ekul munggeng reragi, bistru janderdah, panggugah mantra datan wrin. Sambelira kalamun dhahar winarna, kencur parawan kencing, cabe pujongga desa, kacang anaking bima laos ……eijrn, dsyunhsl lombok sibiyung yeki. Sinambetan cangkriman ing sawetara, apa arane iki, kimpul anak wraha kimpul ulesing pada, kimpul layangan kmitir, mumbul ing tawang, kimpul jarwaning siwi. Kimpul janma lumampah tatempuh udan kimpul kawining aji, kimpul kencur wana, kimpul gandaning sekar, lan wanodya cidreng resmi, kimpul amulang, kimpul amaning pitik. Kajawi kang sampun kajarwa ing ninggil punika sadaya, kula anggadhahi panuwun dhateng para sarjanaing bramartani, mugi aparing jarwa saha wedenipun ingkang andadosaken kodhenging manah kula punika: Sing maniti nguni yumanatanga Cengil nuji wulanga singanga Kadya sipatan naya julig Busana tunggaling kah lan Kridhaning tribawana Sampun nun samanten kemawon rumiyin, ingkang punika panuwun kula, bilih wontena lingsiring anggen tula ambatang cangkriman punika, mugi kabiyantuwa paring batanganipun ingkang patitis awit mila mila pambatang kula taksih sumelang ing wardaya, jalaran pancenipun kula punika lare wijiling dhusun sangandhaping ardi Kendhalisada, tan uninga pupucuking kasusastran miwah, panitikrama Siapakah yang juwal buku condrasangkala, pan Okaranajiwa, saya mau beli Among Wisastra ======\======Andadosaken bingah kula bilih ing mangke para angudi susastra sansaya angrebda, ingggih saestu kosok wangsuling graita angidnhakaken kawruh, ananging panuhun kula bilih panjurung wonten ingkang anyaruwe, punika wangsulan dhateng panyaruwe wau, sampun ngantos binarung ing panasbaranan manawi pancen sampun leres inggih dipun akena bilih sampun leres sampun kaoncatan lajeng mawi amiyagah, awit suwalanipun wau pancen kathah ingakng tanpa waton sumerepipun wau angsring namugn saking gathok tular kemawon punapa malih suwala angoncati tur mawi sasumbar punika estu angucemaken kasujanan wah amboseni. Jurungarang. ======\======Sambetipun carayos pethikan saking serat dhalang basa Malayu Manjemuring reh kadyeka, kalaksanan tanpa pahala sami, wasana ingkang pinuntu, lawan tasdiking driya, mung sumendhe takdiring hyang maha agung, ardaning cipta udrassa, mangkana sojaring batin. Dhuh gusti ingkang amurba, ing sajagat sarta kang

5 misesani, sakaliripun ing mahluk, sakarsa karsa tuwan, ambestokaken temen-temen trusing kalbu, narimah ing takdir tuwan ingakng dhumawah ing kami. Margi atasing kabegjan , akcilakanipun kawula inggih, sadayanipun gumantung, sakarsa-karsa tuwan, nanging rehning kamurahan talumintu, panyuwunipun patik bra tuwan ngapuntena kami, yata wus gagat rahina, meh tumambang sang hyang kalandarani, jiniyat denya umabur, lonlonan angambara, antarane samatra suprandenipun, angancik surya diwasa, praptaning sarang ireki. Kacundhuk sumitranira, nepasendhah kredyatira tansipi, dene teka langkung kuru, sakeclapan indungnya, saking angganira rusakantimesum, nir senenlangening cahya, jalebut amenggrik-menggrik. Miwah cuwiwi kuthahrah, labet mentas ing gigitik, nepasendhah asru muwus, dika karma manabda, pageneya kamulane tan kadyeku, ing mengko teka mangkana, kang liningan amangsuli. Myang ngunjal dirgaosasya, delingira sanak yawn welas kami, mbok aja banget arsawruh, takon ing bab prakara, gwansumentar apan ta sampun kadulu, badan kang minongka tondha, uwit tetela sayekti. Kabeh ingkang siratanya, yapyan jeneng mara gelem ngandhani, pataka kang ing sun pangguh, salawase neng paran, pedah apa mundhak amamalad ingkung, lan upama kaandhara, gancare embok manawi. Tan tamat dalem sadina, ing cekake awit angkat kunguni, kanti teka ulih ingsun, tan pegat gung kataman, ing ruwida kang gigiris sawasta, gelem sun ngandhaken ingwang, natkala darbe kapingin. Anila kramaning janma,ingkang angsirng lungan padha martini, kalamun keh gunemipun, ing ngatase lulungan, rasaning tyas sak kal arumasa kelu, kapiluayu ing pawarta, mengko uwis kalaksanin. Kaoktyasing wang satemah, tan kepengin lulungan malih-malih, arep bali asih lulut, urip seneng lan sira, aja kanti pisahpisah sajegipun, awit wus ngrasakken ingwang, susahe aninggal asli. Tamat ipandongengira, manri kalih sumembah ing narpati, dhuh gusti ingkang sinuhun, Dhabikelim patikbra, atan darbe atur kajawi kang konjuk, misraning dongeng punika, kados boten nyuwaweni. Karsendra ayun papara, mring praja lyan kathah pakewetneki, sarta iba susahipun, sanggwaning nara praja, iingkang kantun sayekti samya nahen kung,labet koncatan musthika, najan wonten kang makili. Nindaken reh kawirajan, jitus matheming tyas ya pyantinandhing, lawan panjenengan prabu, inggih wonten kang kocap, pangrancananing juru kidung ing dangu, martaken tiyang umentar, dhumateng liyanagari. Linut denign langen swara, kapiyarsa dahad ngrsken pamyarsi, mangkaten pandelingipun, nalikeng sunneng paran ing ngendiya papan goning sun dumunung, lamun kelingan ing ngomah, sarta kelingan nagari. Komraming ngaran wutah rah, sayah susah iya rasaningngati, satemah nirjenjemipun, sanintya sabarubah, ing wardaya sumbalinga kaparak puh, dhuh gusti srinaranata, janma wajib ngestiyari. Rumeksa ing angganira, ingkang kenceng wau jeng sultan Dhabi, Kelim asemya ngacemut, aris andikanira, carita mukabeh tan ana kang luput, bener nanging ingsun iya, weruh sawenehing janma. Datan olih kasenengan, neng nagri ne yayah sotaning ngati, kinurung jron kamar suwung, nging kita ngreti uga, pira-pira kehing prakara katuju, ing tingal kala lulungan, kabeh nembe kaasi. Yeku dadi praiara, darmamongkapangregeming prajadi, awit pangawikan mau, margane bias nimbang, ambedaken prakara bener lan luput, kang mawa kamulanira, wineruhan lawan tasdik. Yogya jenenging mahraja, manonireh satataning prajadi, pened kawula dwinakup, kukupane tan pira, yawn kalian sanintya saneng kadhatun, tan wrin tata kang prayoga, cara-caraning lyan nagri. Bener datan papa ala, ya pyan mungguh anuduhken banyuning, anggur apa pedahipun, ananging balik janma, bias milih kawruh pigunaning anggur tumrape marang sarira, apa ora migunani. Taksih wonten sambetipun. Manungkara ======\======

6 Ongka 13, Kemis kaping 31 maret 1881

Tulisan

Ingkang dipun wastani seratan punika pakempalanipun aksara aksara ingakng sampun karipta, dene aksara punika awarni orek-orekan ingkang minongka gatra, kadayanipun kenigng kadamel amijangaken wanda wandaning kecap, awit saking tumuwhing ngakalipun angreka seratan wau kadamel nyetheti wicara enggal sirna, wicara pnika sajatosipun among sabawa, mila bilih kumecap utawi amratelakaken ing garjita, ingkang sawatawis panjang, mongka boten kacathetan utawi kapemutan ing sratan sampun tamtu lajeng ical boten wonten labetipun, jalaranipun ical amargi manungsa boten saged emut sadaya, punapa ingakgnsampun kawicantenaken. Wasana tumuwuh ing ngakalipun angreka wau saged adamel pemutan supados sampun kantos kasupen dhateng sabawanipun piyambak-piyambak tur kenging katingalan ing saben dinten, inggih punika kawruh sratan, wondene serat ingakng kamanggenaken wonten delancang sakebet utawi salembar, punika sami dipun wastani, serat kadosta serat kintunan (layang iber-iber) serat undhang-undhang, sarta serat papriksan sapanunggilanipun, dene serat cap-capan ingkang sampun kamanggenaken wotnen delancang mawi kajilid,punika sami dipun sebut kitab, manawi ing tembungjawi inggih among kasebut serat kemawon menggah jinising kitab-kitab tuwinlayang- layang punika warni-warni cariyos sarta kagunanipun, wonten kitab ejan kitab waosan kitab elmu etang, sarta kitab elmu bumi sapanunggilanipun, dene ingkang nama laying kadosta: laying carakan, loayang dongeng sato kewan, layagn isi wuwulang becik kang kapisan sarta kang kapindho, laying elmu etung ukur bumis arta elmu bumi,laying wacan mawi kasekaraken inggih kados ingakgn sampun kalampah ing bongsa jawi sarta, laying sanes-sanesipun. Sami-sami serat menggah serat iber-iber (kintunan) uika salugunipun ingkang maidahi tuwin manfaangati piyambak dhateng manungsa, awit kagunanipun kenigng dipun angge ing titiyang kathah, sanajan tebihantaranipun lajeng prasasat saged sapajagongan awawan-wawanan sabda, jalaran serat iber-iber saged kadamel anglantaraken sabawaning tiyagn satunggil-tunggil ingkang saking ngrika-ngriki. Menggah angwontenaken sabawa sarana irta (ilat) punika kagunanipun naming dhateng titiyang ingkang celak utawi ingkang saweg ajeng-ajengan kemawon, wangsul sanes panggenan kadosta tiyang ing dhusun kalayan tiyang, salebeting kitha ingkang tebih antaranipun, utawi tiyang ing monca praja,kados pundit sagedipun awawanan sabda, manawi botena kapitulungan saking serat iber-iber wau, mila salebresipun ingsaweneh tiyang wajib amrasudi amrih mangretosi pun dhateng seseratan, sarta gugulang sagedipun anyerat. Ing griya pamulangan jawi kagunganipun kanjeng gupremen inggih sampun amulangaken seratan tigang warni, 1 Seratan Jawi, 2 Seratan Welandi, 3 Seratan Malajeng, Seratan Jawi kangge kalayan tembung Jawi, miturut pitembunganipun titiyang tanah Yogyakarta, Surakarta, tuwin tanah Jawi Wetan seratan Welandi sarta Malajeng dipun ange kalayan basa Malajeng, miturut pitembunganipun titiyang tanah, Johor, Singapura, nungsa Riyo (?) saha pulo-pulonipun ingkang celak, awit punika ingkang kaparengaken dening kanjeng gupremen kados dene kaparengipun dhateng ing tembung jawi salebetipun tanah Surakarta. Menggah tuturutanipun ing sratanjawi, kedah tasdik dhateng kitab ingkang kawastan serat Okaranajawa utawi Paramasastra, sarta kedah miturut ewah-ewahanipun ingakng mariksani sahing kawruh wau, inggih punika tuwan-tuwan Inspektur ing Pamulangan Jawi, dene tuturutanipun ing seseratan malajeng, kedah tasdik dhateng

1 kitab kakaranganipun tuwan Pondhewal (V.d.Wall) ingkang sampun kacawisaken wonten ing griya pamulangan. Manawi ingjaman rumiyin pisan seratan welandi punika among dipun angge ing basa welandi dhateng sasamining welandi kemawon, wasana lami lami lajeng dipun anggit dening tityang saged, kangge kalayan ing basa malaejgn sarta kapiturutaken kaliyan turutanipun ing basa malaejng kantos dumugi sapriki punika. Menggah seratan jawi punika gunanipun kangge kintun-kinintun srat denign bongsa jawi tengahan tuwin Jawi Wetan, dene seratan Welandi tembung malajeng kangge ing saantawisipun bongsa Jawi, Cina tuwin Welandi, dene seratan malajeng dipun angge ing saantawisipun tiyang malajeng, Arab Bugis Koja sarta bongsa Jawi Kilen. ==\======Cariyos nginggil punika pethikan saking Koran S.M. ongka 16 kadamel sinaon anyantun jawi saha wewah tembungipun jawi ing sawatawis, mila manawi lepat dipun maklummana sayektos ingkang nyantun, Kula pun Ajar Nabdul Padail Ing griya pamulangan agami (Langgar Sampun kathah ingakng kula serepi, yen ing pasantren kathah para murid kang dereng kengign kaanggep mangretos dhateng atasing kawruh ingkang kawulangaken, ingkang punika duka sampeyan awit saking guru, utawi pun murid ingkang wangkal boten purun netepi ing kawajibanipun, satemah daleya pamretek sarta panampinipun dhateng kawruh ingkang kaprasudi, malah adhakanipu asring angwontenaken nalar ngorupaken pamitadosipun dhateng prakawis tanpa kayektiyan, inggih boten anggumunaken yen gugon tuhonipun punika kasabab saking dereng angsal kawruh, kacihna tumindakipun sakathahing prakawising piwulang utawi sanesipun boten kamanah kados pundi saleesing pikantukipun. Kula sapunika purun cariyos bilih kula piyambak temenipun inggih sampun nungkuli, atsing piwulangipun guru pasantren ing pondhok dhateng muridipun langkung angel sarta langkung tebih anggenipun nyangkani dados paidahipun punapa among kadamel dadangu kemawon panginten kula boten, kula inggih smapun nate nyobi itaken dhaten gsaweneh ing santri, ingakng mentas ngaji lami wonten ing pondhok, manawi dipun tingali semunipun kyai santri alim utawi sampurna, ait saben dinten tansah maos kitab utawi anderes kur,an, kamirengaken laguning swara langkung sakeca, sarta trampil sanget angucapaken aksaa arab ing satunggil tunggilipun boten wonten ingkang balero, ananging gumun kula tega pyambakipun boten mangretos dhateng kitab kur,an ingkang kawaos wau, kula sampun tataken malih dhateng kyai santri juru anderes, paidahipun punapa dene pamaosipun mawi dipun wongsal-wangsuli, saking wiraosipun ageng paidah sarta manpangatipun, kula lajeng pitaken malih, punapa pyambakipun mangretos dhateng satunggil-tunggiling tembung ingkang kaungelaken tuwin suraosing kitab Kur,an wau, anggenipun mangsuli teka, boten awit tembungipun basa Arab sanajan boten ingkang ing mangretosana inggih among satunggil kalih tembung. Punika kula lajeng katuwuhan pangggas, dadi yen mangono wong iki kaya enco,lahpunapa wignanipun anggening dremimil saben dinten, tiyang pancen pyambakipun boten mangretos tiwas meniren. Saweneh ing tiyang inggih boten kirnag ingkang mutalim sayektos,s aged anyiyosaken sarta angancaraken paidah tuwin manpangatipun anggening anderes kitab kur,an dhasar ing ngrikupanggenanipun cariyos endah-endah, wangsul tiyang santri ingkang kula criyosaken ngajeng wau teka tumut tumut cariyos maidahi tuwin manpangati, punika saking pundit anggenipun amendhet misranipun. Pramila rembag kula giyaraken wonten ing ngriki punika supados dados sapanggaliyanipun juru amaos wartos sarta juru amirengaken, ananging sampun kagalih iulih kula cumanthaka suka wuwulang, boten pisan-pisan, sayektosipunkajeng

2 kula, among urun rembaging ing sawatawis dhaeng ingakng anggalih nalar tuwin atasing bab punika, punapa dene dumuluringpamuhi kula supados bongsa kula jawi saged angindhakaken pangawikanipun, mumpung kanjeng gupremen kapareng sanget anggalih indhakipun kawruhipun bongsa kulajawi. Liding rembug kula makaten, guru ingkang kapatah amulang wonten ing griyapamulangan agami, mugi kapiliya ingakngbijaksana utawi mursiddhateng lampahing agami, cara Arab sarta elmu kayaktiyan mangakten ugi saged angirup sapanunggilanipun kawruh ingkang sakinten manpanati ingkathah, dene ecakipun anindakaken mulang dhateng muridipun dipun kados patrapipun ing griyapamulanganipun kanjegn gupremen, dados boten angicalaken nama, lah ampun kados caranipun kyai guru pasantren ing pondhok-pondhok. Atasing griya pamulangan agami wau kajawi manpangati dhateng titiyang ingkang kasengsem ing agami, inggih saget manpangati dhateng sinten tiyangipun ingkang ngangkah pandamelan pangulu, naib sarta ngulami sapanunggilanipun wondene tedhakipun bongsa luhur, prayantun utawi titiyang ingakng ngangkah pakaryan gupremen utawi partikelir, sakin gpangraos kula boten susah malebet dhateng griya pamulangan agami wau langkung prayogi lajeng malebeta dhateng griya pamulangan gupremen kemawon amargi ing ngriku boten kirang pangawikan ingknag endah- endah, inggih punapa ingkang dipun kajengaken, manpangating dhateng pagesanganipun, lah boten prelu kula cariyos boten kathah-kathah, para ingkang maos rak sampun sami wigya aniteni avenging wigunanipun ing griya pamulangan kagunganipun kanjeng gupremen. Paman saiki prayayi, kang tan maelu mring putra, amrih waspada kawruhe, iya tan arsa angatag, necep ing pamulangan, embok manwwa kalimput, nalare abilunglungan, nyuwun pangapunten kula ingkang singlon pun Ajar ing Bale Arum S.M. ======\======Boten satunggal kalih ananging kenging winastan amaratah, saangger kula anrangguli para kaji, kilap sampun dumugi ing mekah kilap dereng, sadaya tamtu angrasuk busananipun tiyang Arab asring-asring kula pitakeni bab ing kawontenanipun kitab tuwin Kuran tamtu lajeng gelageban wangsulanipun ingakng cepak lajeng amrasajakaken anggenipun angrasuk busana wau tuwin angenipun dhateng ing Mekah ciptanipun naming nagalam berkah kemaawon pramila para lare ingkang dhateng pasantren gatosipun inggih naming nagluluri kemawon tiyang angaji utawi sinau wekasan kasaedanipun naming gethok tular kemawon inggih saestu tan padamel lah ingkag kathah asring katuwuhan gugon tuhon utawi kapanjingan watak ingkang angajrih-ajrihi dhateng sasamining tumitah Jurungarang. ======\======Surakarta Tuwan Pandhenbo Asisten residhen ing Klathen awit gerah kaparingan pamit dhateng tanah Walandi, kagentosan tuwan pan Engel Kontrolir pangkat satunggal. Kawontenanipun para asisten Residhen ing Surakarta ing mangke kados ing ngandhap punika. Tuwan Lihput ing Lebet Nagari Tuwan Aleweng ing Bayalali Tuwan Parkepiser ing Sragen Pan Engel ing Klathen Panurdhen ing Wanagiri

3 Dereng antawis lami anakipun Jakuda ing Kaprabon mangkunagaran ical wanci jam 6, enjing, rare estri wau adus wonten jamban wanci jam 10, siyang boten wonten salajengipun kapadosan ing tiyang sepuhipun maksa boten pinanggih, sampun elet igang dinten wonten rare sami nglukaken laying ngantos ten wetan kestalan mangkunagaran layangan sampun muluk dumadakan dumugi nginggil mawi merebacut dhawah ing wit aren wingking wetan Suryamijayan ing ngriku anakipun jakuda wau katingal mangkruk-mangkruk wonten papah aren ing mongka wit aren wau ngandhapipun deling ori kimawon ing wusana rare ngundhuh layangan wau cariyos kaliyan Jakuda, Jakuda lajeng murugi kalayan bekta ondha, anakipun dipun edhunaken dumugi griya rare kados rare bisu boten waged wicanten ngantos sadasa dalu thengar-thenger kimawon. Nalika kaping 5 Maret taun punika, wanci jam 2 dalu tiyagn wade inytip ing sakilen radinan paljayan cayudan kadhatengan gentho, 2 iji, ingkang satunggal samudana tutumbas tigan satunggalipun wonten wingkingipun ingkang wade tigan tan intip sarta mai ngempukaken tegesanipun srutu, ing wusana ingkang ngempakaken tegesipun wau lajeng mithes dilah kalayan mendhet arta sakbokoripun pisan ingkang ngawis tigan lajeng mendhet tiganipun sakwadhahipun pisan ing ngriku tiyang estri lajeng cerek nedha tulung kalayan mrebes li gentho wilujeng .

Rare Kasangsaran Nalika kaping 8 wlan Maret taun punika wanci hjam 9 enjing kula sumedya tumbas lisah lupender dhateng tokonipun tuwan Maglinsen lampah kula medal kaprabon lajeng monggok medal sakler tumenggungan Kartanagaran, 0 dumugi ngriku kula kendel aningali rubung-rubung tiyang kathah. Inggih punika rare jaler antawis umur 9, taun untunipun kaplesatan kalapa garing dhawah, sanalika rare boten emut sarta jubiripun ing nginggil domble mangandhap untunipun kalh iji gogrog, kilap salaejngipun. Ing wusana kula anglajengaken lampah kalayan wiraosan ing batos makaten , o, o, iya talah timen mugi-mugi wontena palimarmaning nagari karsa adhadhawah anegori wit kalapa ingkang sami celak ing ngajenging griya ngriku, supados anebihaken ing kangsangsaran. Nalika kaping 6 Maret 1881 ing dhusun Jungmapala Mangkunagaran wonten satungggal tiyang nami Resadikrama, wanci jam 3 siyang badanipun kraos sumuk sareh denten pagriyanipun celak ing lepen lajeng adus sarwi kosokan watu, wusana watu ingkang badhe kadamel kosokan wau kagubet sawer welang, angengipun sagaran pen panjangipun sakilan saweg mendhet watu jempolanipun kacakot ing sanalika resadikrama lajeng bengok nedha tulung kalayan sambat mati aku, antawis dangu ansaya boten waget ngampet sakitipun paningalipun sampun peteng, pramila antukipun brangkangan kimawon, dumugi griyanipun wanci jam 4 jam 5, sonten resadikrama sampun ngajal bangkenipun sruwa abuh sadaya. Nalika kaping 7 ugi wulan Maret taun punika, wanci jam 3 siyang ing wanagiri Mangkunagaran jawahipun kalangkung eramaken jalaran dhawahipun toya jawah wau pating glindhing sak miri-miri agengipun kapendheti asrepipun kados toya Es R.D. jakamayeng. Koran BIntang Timur martosaken ingakng angsal kabegyan anarik yatra sangangdasa ewu tiyang jawi nami Matr ngali, gigreiya ing kampugn Kraton Surakarta. ======\======Sambetan

4 Sasampuning cariyos kula lajeng mangsuli: kangmas manawi makaten dados angel amarsudi kasusastran utawi leres manising tembung punika, wangsulanipun o inggih angel tiyang kajawi ingkang kula pratelakaken wau inggih kedah nurutaken pikajeng. Namung sumerepa adhi: ingkang asring purun ngangge tembung lulungidan punika manawi amanuhara, kadosta: Riamngipun prabu Sasra Buja, ewadene bilih tembung pethukin gsuka inggih kanggge kula matur, kang mas kados pundit dene manungsa punika wonten ingkang cepak grahitaning kalimputan utawi wonten ingkang bodho, wangsulanipun inggih punika kageleng kagugrahan ing donya, kados ingkang kacetha ing wulang nitisruti, 1 sugih, 2 singgih , pinter limpat tiyagn ingakng kadunungan nugraha limpat punika, tangeh kenginga kajajagan ing alusipun pambudi, amargi sabarang ingakng kasat mata punika lajeng katangapan waskithaning tepsir, lah inggih punika wahyuning pujongga, ingkang graitanipunprasasatan pasrana sampun tuwuh piyambak wangsulan kula e dados kabijaksanan punika amboten kenging bilih jinaring manah karep, wangsulanipun ingggih kenging a……, ananging ingkang sampun niyat anggayuh punika ingkgih pancen sampun medem kanugrahanipun dhateng soroting wahyu, sanalika wau lajeng cumeplong manah kula rumaos silir saking ruruwet, saha saestu anentremaken manah woten nagari, kula andugekaken pitalet kang mas tiyang andamel tembugn ing serat teka asring lajeng sulaya kaliyan lawannanipun jalaran kamanah tembung kasar, utawi kadalih sliringaning wardinipun tembung, punnika sababipunpunapa, wangsulanipun adhi tembugn ingkang kakedlayakan ing lesan punika sanes sanget kaliyan kang kocap ing sastra, kedaling lesan punika wotnen kaukithaling tembugn kenging winanglus saha sinalusur ing ungel-ungelan liya, awit saking tembung jawi punika sugeh sarta wasis lumereg angsul tetembungan ing sastra badhe karonehen upami angikala wuleding pikajeng ingkang lumereg ing tembugn panglusan manawi sampun kecer pikajengipun lajeng angel anggenipun nyambeti, apramila bilih lepat saliringing pikaeng asring nyeling serepaken trakadhang rumaos kapanduk dayaning sastra kamanah andepok raos amargi tembugn luludidan punika maksudipun dereng tamtu kapengangge ingl iyan wangsulan kula, e inggih kang mas kados kemawon bujakirana tansah cinawengah ing wiku sidik wonten ing Bramartani, amargi nggenipun remen nora gaha nalongsa, kumaraket angaken tuwangggana, wah angembakakenparigeling astanipun sangyogi kados semu prabaning jagat mongka papan wau sinten ingakng kadugi leledhang tamtu kedah mawa waton ingkang sambada, mila temah anipun sang bagawan tangkisipun anglejemi dhateng sang buja, larapipun angenccupi bilh sang buja tiyang lemeren dados mangkaten wau tandhanipun bilih tembugn ing sastra punika kathah ingakng andadosaken panggubahing panggagas. Taksih wonten tunggilipun. Tranggatawur. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina Myang lurusing karma titi, ingemongi jengpanduka, pun Sikong daya kanthine, eh Jibica timbalana, arimu Sikong agya, sarimbit lan rabinipun, kang ngaran Kilyan Ing sangdyah. Lawanputu-putu mami, saaanane konen gawa, poma aja suwe suwe, yen kongsi bangun rahina, ing sun keselak linggar, Jibica, sigra anuduh,leskarkinen gagancangan. Tan antara sampun prapti, pakuwoning Senapatya, rising Sikong dereng sare,lenguk-lenguk keh kagagas, wit putrane katawan, kilap pejah gesangipun,s ang Sikong semu sungkawa. Kasaru utusan prapti, umatur yen tinimbalan, miwah katur pitukase, lamun wonten waranggana, tumurun sangking swarga, panggih lan narendra sunu, Sikong gupuh wus umangkat. Lan nganthi kang dadya weling, kang garwa miwah kang putra, tan dangu manjing kalentheng, sapraptanira ngayunan, sikong

5 kagyat tumingal, dene kang ibutumurun, kang sampun seda ig kina. Nanging pangunguning galih, dene cahya kadya wulan, lan wewah ayu warnane, myang wanci magsih taruna, gandanya rum angambar, klentheng kebekan rum-arum, pratondha janma suwarga. Nanging warna datan salin, marma sikong datan samara, lamun punika ibune, senapati sikong nembah, sumungkem ngraspada, gya ngatag mring garwanipun, miwah putran kinen nembah. Wusnya nembah ganti-ganti, sikong alon autrira, jengaibu tumedhak dene, tan sarimbit lan jeng rama, dahat ngungun kawula, tan anyana tan ngrempelu, waget panggih lan panduka. Dene jalma sampun lalis, sayegti yen anglengkara, tumurun saking swargane, kang ibu mesem ngandika, eh sikong wruhanira, ing sun dudu jalma tuhu, waranggana pupungkuran. Eh Sikong manira weca, nadyan ingsun ibunira sayegti, nanging widari tuhu,miwah taramanira, iku dewa dudu jalma angsalipun, sumarmaneng madya pada, dinukan mring sugsma jati. Purwane padha kadukan, ingsun lawan ramanira ingnguni, ramanira dewa bagus, during dhaup lan ingwang, nanging uwis padha senenge lan ingsun, nuju ing dina sewaka, munggeng ngarsane hyang jati. Ingsun pijer baling ngulat, sem-meseman lan ramanira ugi, Hyang wisesa langkung bendu, tan kena kang samaran, nulya dhawuh ingsun padha kinen mudhun, tinitah dadi manungsa, lan ramanira gya kawin. Ing mengko raganingwang, uwis bali mring unggyan sawargadi, miwah ramanira kumpul, dene ta udhuningwang, kinen tulung panuwune raja sunu, eh payo sira sun wejang, kaprawiraning ngajurit. Lawaniku garwanira, ingsun wuruk kagunan surasegti, dadi kanthi mu prang pupuh, mungsuh lawan Lihagyap, risagsana sadaya winula putus, katampen suramarata, dahat sukanira sami. Retna Hyunlewah sawusnya, gya umatur marang narendra siwi, angger den pracayeng kalbu, masalah ing ngayuda, ugi amba punika kakang maksih jangkung, naming pupucuk ing ngaprang, karsanye Hyang sugsma jati. Kang ngayomi jeng panduka, dewa segti anama sangyang Licin, ing benjang amba pukulun, yen aprang paret praja, tamangngrurah balowarti ing prajagung, kawula kinen tumedhak, inggih mitulungi malih. Prabu anom langkung suka, waragana Hyanlewah sigra pait, musna sangking ngarsanipun, wangsul mring karang retna, sampun katur solah bawanya ing ngutus, mring waranggana pamungkas, neng nawinurcita malih. Kang kantun munggeng panujan, lir supena gya dadyakaken gusti, enjang tengara umanggut, sagung para punggawa, myang satriya braise wus samya mudhun, saking anggraning prabata, gelar magsih kadya wingi. Amung kang para satriya, myang sentana ingkang dadya titindhih anama mating puniku, satriya gung naksanak, yen menggah atanah jawi pangkatipun, sangmating nama pangeran, pangram kadang dadya wakil. Amakili raja putra, yata baris wus prapta ngandhap wukir, sang Jibica gya mamangun, gelar sampun santosa, senapati sikong kang dhadhani laku, yata Lihagyap Lisin gyap, nimbangi gelar rinakit. Tan dangu gya sinasmitan, sang Lisingyap kedah miyosi gmalih, sinangaja sigra mangut, nitih turongga pelag, mandhing gada susumbar anguwuh-uwuh, payo kembulana ingwang, sapa ingakng arsa lalis. Wau tan betah miarsa, SanggutMringgut Ula amit ingngiden mijil, nbitih kuda, nander mamprung, sarwi amandhi gada, surak umung sami gegamben kang manggut, wus panggih ayun- ayunan, Lisingyap asru denya angling. Mringgut Ula sira kamangsah, apa nora mirais prang lawanmami, kanca mu akeh kapikut, Mringgut Ula asru ngucap, eh lisintyap carewet saenja lebut, satriya calimut ignprang, tuju menang sok bekiwit. Payo age bondabaya, ngaduya saya calimut ing jurit, gutMringgut Ula mrepeki gupuh, sareng angikal gada, gapyuk pupuh pinupuh puteran dangu, sang Lisingyap karepotan, ing kadiranira kuntit. Sineseg gadane singsal, witginitik samane gada wesi, Lisingyap gugup pinupuh, kena murdane pecah, ongga remuk Lisingyap niba wus lampus, surake munya gumerah, gutMringgut Ulasinebut sekti. Keh mumuji Jayajaya, sang

6 Lihagyap waspada aningali, kalamun LIsingyap lampus, Lihagyap menthang langkap, arsa nyidra MringgutMringgut Ula dyan nagupuh, garwane Sikong uninga kang nama REtna KilyanIng, Kang sampun winuruk ingprang, dening retna Hyanlewah duk ing latri, KilyanIng gya menthang sampun, jemparing nya panulak, duk lumepas Lihagyap jemapringipun, kadinginan pinarwasa, denign jemparing Kilyan Ing. Dadya wau tan tumama, MringgutMringgut Ula Lihagyap menthang malih, waliwali denya nuju, megsa panah katulak, sang Lihagyap bramatya sigraha amundhut, turongga umangsah ingprang, lan ngikal pedhang kumitir. Taksih wonten sambetipun. ======\======

7 Ongka 14 Kemis kaping 7 April 1881

Surakarta

Nalika ing dinten Malem saptu angrintenaken tanggal kaping 2 wulan April taun punika, tiyang nami Carang Sutikna ing kampugn Samakan bawah kaparak tengen ing griyanipun kalebetan durjana pandung, sarana babah ngajenging griya, sareng sampun malebet durjana mejahi dilah lajeng bikak benet mendhet barang ringkes sasampunipun angukuti barang durjana badhe medal anyandhung anggening tilem Carang Sutikna estri ingkang kaget lajeng nglilir, dupi sumerep dilahpejah sarta wonten galibeding tiyang, lajeng ceretk cerek alok maling sarwi gugah ingkang jaler, ing ngriku Carang Sutikna jaler tangi gregah ambujeng, nanging pambujengipun wau kados tiyang bingung, jalaran peteng wah mentas tangi tilem dados pun pandung kalayan Carang Sutikna jaler sami uleng-ulengan wonten salebeting griya, sarehning pun pandung pados margi boten sged jalaran ingggih bingung ngulati babah an boten pinanggih nanging rahayu pun pandung boten bekta dadamel mila lajeng bikak kancinging konten butulan ingkang kilen pandung medal brabad lajeng dhawah jalaran kasandhung watoning amben ingkang wonten ing gandhok tangi gregah mlajeng dhateng wingking griya, dene Carang Sutikna jaler sarehning ing waktu wau kagubel tangising anak dados boten amarduli dhateng pun juti, nanging Carang Sutikna estri anggenipun alok boten kendhat kendhat, tongga tepalih dupi miring careking tiyang alok pandung, lajeng sami medal saking griya asikep dadamel ligan sadaya, angepang capurinipun Carang Sutikna, sahatengipun para tandang durjana kaupadosan ngantos sawatawis dangu boten kapanggih, lajeng wonten satunggaling tiyagn tandang amanggih daamel wonten sacelaking babahan tiyang wau lajeng wicanten sanadyan bengi iki simaling ora kacekel, sesuk tamtu kacandhak, jalaran aku oa pangling karo kang duwe gagaman iki, sabab wanguning gaman piranti pangerokan lulang. Wasana sadangunipun para tandangu pados ing sang ambek linangkung, dumadakan Carang Sutikna estri nyoloki dhateng wingking, sedyaningmanah badhe ngupadosi barangipun sumerep sabawaning tiyang, sareng dipun tamataken bilih punika pandungipun jalaran kawistara badanipun gupak siti tuwin angus lajeng dipun lokakendhateng Carang Sutikna estri, pandung dipun tudingi sarta dipun ungal-ungalaken makaten, la iki apa malinge, masa panglinga, sabab aku wus weruh awane, pandung mangsuli makaten: kual niki rak wong tandang, nika lo malinge mlayu ngulon, Carang Sutikna amangsuli, ora malinge yak owe, ketara awakmu gupak lemah sadangunipun Carang Sutikna estri paben kaliyan sang juti, saking cikating para tandang lajeng kakepang bok carnag Sutikna kapurih sumingkir, pandung lajeng kasikep nanging nutut kemawon lajeng kapusara, ingkang andadosaken gumuning kathah bok Carang Sutikna wau dene tiyang esri angening tatag awawanan sabda kalayan pandung, e pancen wong wedok temenan, Enjingipun Carang Sutikna jaler lapur dhateng kapulisen sadhatengipun pulisi Carang Sutikna kapurih angupadosi barngipun sareng nuweni benet ingkang boten wonten barnag ringkes, durjana kadangu ing pulisi griya tuwin nami sarta barnagipun ngaken kemawon bilih naminipun wong sakariya griya ugi kampugn samakan dene barnagipun kapanggih wonten kanthogn rasukanipun durjana, kapriksa taksihh wetah boten wonten ingkang cicir, kaguggung ing pulisi barang ingkang dados cihna sadaya pangaos 215 rupiyah 50 sen, sareng sampun terang pandangunipun durjana lajeng kaparingan ngaso wonten ing griya gendheng ingkang sakalangkugn rtestip kapurih nedha eca rumiyin kilaping wingkingipun. Kintunan

1 Ing kampong Kecitran bawah Pakauman wonten tiyang estri wasta bok Prajasedira, kesah amattuwi dhateng tiyang sepuhipun ingkang gegriya wonten ing ktiha Magelang nami kaji Muhamat Tarip, sareng anggenipun kesah bok prajasedira sampun sawetawis ragi lami, ing wusana wonten kabar saking Magelang, yen sampun dumugi ing pagriyanipun kaji Muhamat TArip sal;ajengipun bok Prajasedira sawontenipuning ngriku amiruda, saha ambekta barang pangangge mas intentuwin dagangan sinjang wade gadhahanipun bok kaji muhamat Tarip aregi 1500 rupiyah. Bok prajasedira wau temen yen anakipun kaji muhamat Tarip biyangipun ugi nyai kaji punika, ananging ing ngajeng sampun kasibrataken saking bapa biyung, awit pandamelanipun anapus-apusi sampun rambah-rambah,mila ragi anggumunaken anggenipun lena pun kaji tuwin pun biyung, among kabekta welas ningali kawujudaning nganak, saha sadhatengipun ing magelang mawi asrah tobat dhateng tiyang sepuh ipun sakaliyan pun bapa bing ugi lajeng maringi ipat-ipat supaos ing wusana kadadosanipun kados ingkang kasebut ing nginggil punika, ngantos sapirki bok Praja SEdira dipun upadosi dereng pinanggih. Dereng sawatawis lami tiyang estri nami bok Ragil ing kampong Kecitran kauman Surakarta, tgriyanipun kadhatengan bajubarat inggih punika mata-matapak nunten kagledhah, dene pangledhahipun sarana rodapeksa, wusana manggih tike wonten kanthong rasukaning rencangipun rare jaler nami pun Nuh, lo punika andadosaken kodhenging para tongga tepalih, mongka rare pun Nuh wau saha gengipun samanten dereng nate sumerep warnining tike twin apyun rare lajeng kabekta sang baubarat matapak lah punika atatela bilih naming sasengitan kemawon mila andadosna kauninganipun para mitra ingakng maos serat pawarti, para congcun samangke bilih gledhah boten ngemungaken dhateng ingkang sade tike kemawon sanadyan boten wade sarta boten nedha inggih dipun galedhah, mila samangke ingkang ngatos-atos para mitra. Kintunan. ======\======Panjurung Sakalangkung andadosaken bingahing manah kula saben saben kula amaos pustaka Bramartani, kawistara sanget bilih ing mangke para sarjana sami sarju angudi leresing kasusastran sanadyan asring wonten ingakng sami rebat leres sarta ceda-cineda, ananging ingakng makaten wau, pamanah kula teka seneng sanget amireng utawi maos gagubahan ingkang samuket memes wah kewes anyihnani bilih pangriptaning para wasis estu punika anjalari kaindhakaning para ingkang teksih rupak jajahaning kawruh, dados badhe keplok kaliyan asmanipun kanang pustaka warti, menggah sumebaring kawruh ingakng mahalani, angu-dangu ingkang dados jalaraning paben wau, rak inggih lajeng kapanggih leresipun sok ugi sami binudi dening para moncering panggalih, tur suwalaning para ingakng sanyata sarjana, kawedharaken ing pabaratanng Bramartani wau, kados-kados badhe sumingkir ing saruwi naosing ngakathah, awit pamanggih kula para sarjana punika, kenging kaupamekaken kajeng candhana, sanadyan pinecela, tinunuwa, suprandosipun tansah angambar gandanipun arum kadosta: bujakirana, kyai Ajar Ngabdul Padail sapiturutipun punika sakathah kemawon ingkang sami remen amaos sarta tnsah ngajeng-ajeng karampunganipun ngantos lencu serat kula kabar sinambut ing tongga tapalih, samongsa mongsa kang pustaka Bramrtani dhateng, lajeng pitaken apa ana wangsulane sang buja, apa kyai Ajar. Mila punapa ingkang kajarwa ing nginggil wau, anjalari sanget kumaceluning manah kula, sowan ing panjenenganipun para sarjana ing Bramartani, o, bok bilih sami karsa manembrama, sedyaning manah naming badhe nyuwun berkah, ingkang klayan

2 pirenaning panggalih, jalaran sanget kodhenging manah, kados tiyang wonten salebeting guwa ingakng tanpa dilah, yen ta wonteningkang karsa paring obor, saestu badhe saijab-ijab suka sukuring manah, kadosta: bedaning saloka kaliyan paribasan ingkang kadamel waton punapa, sakingpangraos kula teka sami kemawon ananging rehning beda namanipun pamanah kula amasthi sanes saloka kaliyan paribasan wau. Padaringan punika tegesipun kados pundit, Calimen punika tegesipun kados pundit, Ardawalepa punika tegesipun kados pundit, Makam kaliyan makan punapa bentenipun sarta tegesipun, karta kaliyan Kerta punapa bentenipun sara tegesipun, Sinukarta punika tegesipun kados pundu, Kunthara punika tegesipun kados pundit, Istingarah punika tegesipun kados pundit. Ananging ingkang makaen wau, mugi sampun kagalih bilih kula sedya ngeblantikankawruh, ing tembe wonten ingakng mangsuli mawi andangu kula badhe anjarwani, o punika btoen pisan-pisan, awit naming sangking sanget bundheling pamanggih kula, mila dados ing manah, kula paksa gungan dhumaeng para ingakng sampun moncering pambudi, sangking dahat remen kula ngudi kaindhakaning kawruh. Cinitra ing Panaraga kaping 5 Jumadilawal, sinengkalan Sumebaring kawruh kakaesthi tuhu. Katandhan Jaka Marsudi.

Wangsulan Kulanuwun mas Gunatanya, menggah pandugi sampeyan bilih kula sampun ngudaneni manggenipun ngaran-aran, inggih kados ingkang sampun sampeyan pratelakaken punika lepat, awit kula sajatosipun dereng nguningani sarta dereng kawengan ing galih, lo punapa sababipun ene sampeyan kados kagungan eru dhateng ing kula, mawi anjunjung ngantepaken ngandika angeri mangakten: angraos boten alantip mingit-mingit kados kyai Ajar, ewadene manawi punika temen dados tembung pangalembana, mangke kula mindhak sangsaya cape lajeng galentheng: Eh wong wis padha tuwa kok di onggrong, utawi boten ujub kalayan serat kula sakawit, tiyang bodho teka dipun tatakeni, punapa among badhe ngisik-isik kemawon kajengipun kula dados juru bodho, anggeripun kula pyambak seneng, wondene pitaken sampeyan ing adeg-adeg pungkasan wangsulan kula, nyuwun pangapunten ingkang agung, amrgi jarwanipun amesthi boten ujub kalayan kawontenanipun kagunan utawi pakaryan kula, ewadene sammpeyan taksih ganggam, wangsulan kula sampun anggadhahi kawatos sampun malih ingkang ganggam, embok boten karsa pitados pisan ta, boten boteniun dados runtik kula, awit kula boten wenang angruntiki dhaten g sampeya, yen boten wonten sasababipun sarta kula sanes tiyang ing dhusun sampeyan. Kyai Ajr Ngadul Padail. ======\======Sambetipun cariyos pethikan saking serat dhalang basa Melayu Mangkono kadyangganikang, alulungan ngambah ing lyannagari, pira-pira kang wineruh, beda janma kang tansah, aneng wisma samantra pangwikanipun, rajan lungan luwih susah, iya susah kang jalari. Mundhak pangindriyanira, antuk marga amanjorken pamardi, yogyane kanang ginelung, sarta bias animbang, ing kaanan ing kene kanaka cakup, wit saking uwus sampurna, pangawikan amumpuni. Mongka tasing kapinteran, kamulane kaninditan kasaktin, tan kena ing ngayah estu, kudu amindi manah, anasdiken nalirah nak sekat luhung, kowe iya weruh baya, ig patrape janma main. Catur pidak padarakan, bias oleh kabegyanireng dhiri, saking

3 pangridhanirayu, tekaning pinggir papan, kawidadan ing tyas sumekeng ngaluhur, birawa kamulanira, saka lakune pribadi. Yekti ewuh ye ginagas, kangelaning manah kala sakawit, mongka jeneng mara pungguh, mahraja punggung mudha, yun ngupadi kadwistheng tyas angingimpun, pangawikaning prajarja, mawa kasusahan mesthi. Nanging lamun prapteng paran, ameruhi satatanig prajadi, apa adapt caranipun, pangreh ing kawirajan, wastu antuk pandomaningkang kinayun, sun ajab yuwaneng manah,manpangat prapteng satiti. Pira bara yen bisaha, ing ngaranan bijaksana sathithik, wong ngelmu ana kang muwus, budi kang aneng dunya, tanpa etung wajiban mamamrih weruh, lawan kencenging driyanta, aja kembangyan ta ngudi. Pamalat tiring ko taman, ana maneh guruasung wiyati, ujare janma nom mungguh, ngaksi kawruh ingngalam, sasrawungan ing lyan kang padha lalaku, ana teka kang katekan, adhangan gelem nampani. Dene janma kang kelikan, bener taman wigya amamrih sidhi,karana priyangganipun, cape karkatigmanah, suprandene arsa yeng tas yen mangrungu, pawartanireng llulungan, datan gelem anglakoni. Yeku upama tirta kang, meneng dadi banger amambu bacin, wondene kalamun banyu, mila karasa enak, apa maneh Manawa sigalang manuk, kang uwis den ingu marang, dhendhang trimatrusing ati. Tanamres pambudi daya, sanintya saneneg susuh dhentang masthi, kalantur kainanipun, myang an antuk kabegyan,mantra kalih sumembah sarwi umatur, kawula dereng uninga, paran daruneng artata.

Criyosipun peksi galang gusti, lawan dhendhang ulun yun miyarsa, kados pundit ing gancare, angandika sang prabu, Dhabikelim lah iya becik, sun dongengaken sira, munguh srita mau, ing purwamadya wasana, sakawite ana manuk galang katri, lawan ta nayanira. Maksih cilik nusuh graning wukir, unggwaning susuh ika kaprenah, ambambeng pinggiring pereng, ing ngarijuga nuju, yayah rena mentar prasami,ngupaya panganira, tanaya nyakantun, ana ing susuh priyongga, awit saking kasuwen dera manganti, tekaning yayah rena. Mongka ardaning rapa kapati, tandya galang cilk garemetan,kadwisthanira manginte, sudarmaya pyanrawuh, kang supaya bias ngaremi, rapine sawatara, thithik wekanipun, tiba tatkala samana, kapanujon ana manuk dhendhang uning, panglayangirenggalang. Dyan sinamber smantra keni,nging kinira anaking kusika, ingkang dadya mamangsane, sigra winawa mantuk,s ineleh ken unggwanireki, dhendhang dupi tumingal, sakamantyan ngungun, dewanonan kang ing ngalap, paetikus jebulane manuk cilik,memper tanayanira. Kabyaktaning wondekukuneki, taman siwah lawan wengkanira, mangkana anglocitane, apa naking sadulur, deka lintang rupane becik, kantiyati balemah, yekti rempak-rempu, baleduk samenthang-menthang, yatnanira panamberyeku praptaning, pradananing hyang Purba.mitane sukur ing hyang widhi,sakamantyan ing arsayanira, saking katarik welase, satemah osikipun, ponang peksi sedya ing ngambil, weak ingngupadrawa, winorsinadulur, lawan paratmajanira, sangkin lama kamantyan unggwanirasih, lir ogane priyongga. Kawursita ing kagalang cilik, sangkin lama sangsaya diwasa, lir dinusan banyu gege, pepak wulu sadarum, wiwit bias ambeber swiwi,kalangan sawatara, sajuga rinuju, kacelu arsa umentar, angambarawa taradoha kakaring, ningggal susuh ing yayah. Arep ngupaya bukti pribadi, reehning wandanya uwis rumongsa, bangkat karya mrih amureh, pangan artining kalbu,lamun muhung dadya karyaning,sudarma tan sayogya, lawan maneh ipun, teka duweni pangrasa, ya pyan priyanggane kaya dudu jinis kalawan yayah rena. Taksih wotnen sambetipun manungkara ======\======

4 Ongka 15, Kemis kaping 14 April 1881

Surakarta Kanjeng Tuwan Residhen andhawahaken parentah dhumateng ing kapatiyan iong angke yatra panebasing pandamelan dhateng pulisi, ingkang sapunika sami kaasokaken dhateng pulisi, ingkang sami darbe bek piyambak-piyambak kapundhuta malebet saha lajeng kainggahna ing pemutan ingkang sasampunipun nuntenkasaosaken dhateng kanjeng tuwan residhen supados kaparingan tapak asta ing kawontenanipun. Bilih andulu yatra panebas wau ing dalem sajung, tengah-tengahaning kathahipun ngantos 30 dumugi 40 rupiyah, kados bilihkaereh ingkang sae-sae, kalayan yatra wau tiyagn saged ambudi indhakin gsaenipun praja ngriki, snadyan naming kadamela wewahipun yatra, paring dalem waragd andadosi kagungan dalem kareteg tuwin margi ageng, ingkang ing sawulanipun kathah ingparing dalem waragadwau 5000 rupiyah. Pethikan

Ing salebetipun sawatawis wulan punika, ing sakiwa panenegenipun ing wonen tiyang dipun kecu, ngantos sakawan panggenan. Ing mangke Kanjeng tuwan REsidhen utusan bupati pulisi salebetiun nagari, kinen andhawahaken dhumateng para dhistrik ing ngriku, bilih ing salebetipun kawan welas dinten dereng angsal katerangan saestu para dhistrik ingkang sami adarbe beking ngriku, badhe amanggih sangsara, sami kapindhutan ing songsongipun, ingkang punika mugi-mugi pangangkahipunpara dhistrik wau, samun ngantos anyulayani dhateng pamandengipun ara tiyang, ingkang tata tentreming pakaanganipun sami kapasrahaken dahtengpamerdinipun pulisi, panedhanipun ing kathah mugi –mugi pulisi angetohena ing taberiinpun supados barangingkang kabarak saged kapangih, punapa malih sampun ngantos naming anyepeng tiyang, ingkang sasamunipun katitipariksa katuripun ignpangadilan lajeng samikaluwaran kemawon, kalih boten lepat bilih paa tiyagn anglairaken osikingkalbu, saestu apitangled botenipun kapanggihbarang kakecon punika, margi sakingpunapa, awit ingkang sampun kalampahan ing barnag kecon kenging katamtokaken botenipunkapanggih,bilih ing dalem sadasa panggenan kakecon wonten satunggal ingkang kapanggih barangipun punika kenigng kaewokaken dhateng kaelokan. Awit saking atur pratelaipun bupati ing Sragen bilih panewu distrik ngabei Citrasantika ing Sambung macan kathah lalabetipun dhateng nagari, kacihna anggenipun ambudi ngantos saged anyepeng durjana, ingkang pancen sami lepat ageng-ageng, ing mangke saking karsanipun kanjeng raden adipati, panewu wau kaganjar ing dhuwung ingkang wanguning warangka tuwin pendhokipun pancen naming kalilan kaagem dhateng para ageng,punika kula sakalangkung amangayobagya,labet sae kedah kawales ing sae, naming kula ngungun sanget aningali seratipun kakancinganing ganjaran wau, awit wonten suraosipun makaten. Mungguh prakara ongka 1 tutug 12 mau akeh kag dudu bawahe, ananging bawahe parapanewu dhistrik liyane kang benere ngabei Citra Santika, pancen ora kajibah ngupaya katrangan sarta bekel durjanane, punika saking panampi kula boten saestu bilih abdi dalem sadaya kawogan arumeksa dhateng tatatentreming praja, punapa malih abdi pulisi punika ingkang sampuhn amelok dados bekipun bilih boten guyub boten saembag kalayan kancanipun saestu angel ingpangupayanipun kadurjanan ing kang maratah inggih boten gadhah pamanggih kados ngabei Citrasantika wau, sadaya pamanggihipun anyeplesi kados ingkang kalairaken wotnening serat kakancingan

1 wau, ingkang cepak pamanggihipun inggih, preduli apa wong dudu bawahku, pramila bilih wonten ingkang gadhah pamangihh analisir saking punika, kenigng kawastanan elok dados pantes kaganjar. Ing dinten punika nagari amatrapaken gantung dumui ing pejah, dhumaeng pun ranudimeja kalihan kaji Abdul Kadir, ingkang sami ama amejahi papara wasta: embok PUjadiwati, wonten ing bawah Karanganom, ingkang kalih sampans ami pejah wonten ing kunjara, ingkang satunggal kapatrapan bucal ing sajawininpun pulo jawi, laminipun gangsal welas taun, nalika wiwit katitipariksa dumugi ingmangke, pun Ranadimeja kenceng ing pamungkiripun sareng kadhawhan bilih anggenipun anyuwun ampun boten kapaeng, punika lajeng amudaleh sadaya, angaturaken bilih piyambakipun naming anyimpen barnagipun kemawon ingkang amejahi kancanipun sakawan wau, wonten ing griyanipun konca gardhu, wah mawi amratelakaken namaning tiyang, ingkang sami dipun titipi barng barang wau, tiyang punika sami katarik saaya amungkir, mongka prakawis wau sampun kaalingan warsa, dados kaangelan anggenipun anindakaken. Ing nalika kanggungan dalem kori gapitkidul sakingkresa dalem andikakaken dandosi, sareng awit angrucat sirap ingkang lami, sirap kang sami entah dumadakan andhawahi tiyang langkung ingkang ragilena, dados katuju bathukipun ngnatos labet watawis karaos sakit sanget mangaktena lajeng para ingakng nglayat tuwin kang sami ningali sami medal gugon tuhonipun wiraosanipun mengkaten dhasar saben saben kagungan dalem lawang siji iki yen didandani sok jaluk wadal uwong, wis kawit dhek kuna panjenengan dalem ingkang sinuhun bagus kresa dandani ya mengkono, nanging dhing kasarsara banget dhek biyek nika, e wong nganti dadi tangisan. Ugi salebeting nagari ing kampong Sempon tiyang wasta sakariya anakipun jaler wasta salimin, punika ical boten kantenan sareng watawis dangu boten wonten katingal lajeng dipun upadosi dhaeng bapa-biyungipun tuwin para akrabipun sadaya sami tumut angupadosingantos mubeng salebeting nagari megsa boten pinanggih, temah andados rentenging manahipun bapa biyung tuwi kadang warga, ing wusana salimin mantuk piyambak anaming antukipun sampun wuda balejet sanadyan mantuk wuda andadosaken suka bingahipun para akrab sedaya, pun salimin sanjang nalika kesah wau dipun ajak ing tiyang jaler, pun salami dipun sanjangi bilih bapa- biyungipun wotnen pagriyanipun ingakng ngajak punika, ing wusana dereng ngantos dumugi ing griyanipun pun salimin lajeng karodapeksa, dipun thetheli barng penganggenipun sadaya, lajegn katundhung dipun ken mantuk. Lah sampun tetela bilih iingkang netheli salimin wau bajingan mila saking atur panuwun kula mugi nagari karsa anyaruwe para bajingan ingkang pating klemah wonten ing tanggul sangajenging loji ageng, supados angindhakaken tata tentremipun praja. Sami salebeting nagari tiyang pakampungan bawah ing Gunapradanggan sami susah saha sanget pangresulanipun jalaran griya gerdhu patrol ing Gunapradanggan ngantos sapriki dereng dipun dandosi, ing mongka kaweken anggenipun sami patrol dalu, bilih dangu-dangu makaten punika saestu badhe anuwuhaken daleyanipun tiyagn kang sami lumampah patrol ing samangsanipun tiyagn patrol punika daleya tuwin lena, pun gentho ska bingah angsal papan ing lampah kadurjanan, mugi-mugi para wajib kagungana kawelasan. Pun paminta. ======\======Wangsulan dhateng jaka Marsudi. Leres wiraos sampeyan menggah ing kawru sanajan samantekning gumerlaripun prakawis panjang, inggih meksa kacandhak asilipun ugi, anggeripun saweneh ing

2 tiyang ingakng angrembag bvoten anilar talitinipun ingkang ginunem, ananging ing ngatasipun tiyang drengke, ingkang boten suka kawruhipun kaecep ing sanes kados wiraosipun Jaka Jugul ingkang kawrat ig Bramartani ongka …..punika badhe bote anyenengaken ingkang sami maos, mongka sumebaring kawruh wau pundit ingkang leres kedah dipun rasuk dhateg tiyag kathah, supados andadosake prayogining anandukaken pamanah, sarta pandamel sapanunggilanipun, wangsul saweneh ing kawruhipun among kadamel kekebaran kemaon saestu boten pantes kgiyaraken wotnen pasamuwanign pawarti, kula inggih purun mastani, boten ta yen skathahingkawruhipun jaka jugul pyambak sampurna, utawi andungngkap dhaeng regemengipun dhidhing jalal makaten ugi menggahing kula, sangsaya boten babar pisan, malah tembugn sumnerep ing ngatasipun kula akosokwangsul leres pramila tiyagn waak wantahing budi sangki ribeng anggagas dhaeng karsanipun buja kirana sudibya, anggenipun angasilaken sugih engkok, ananging inggih tiyagn saking moncareipun ing panggalih,saged angobat-abitaken tembung, wangsul katandukaken dhateng tiyagn bodho kados pun kula, saking pundit anggen kula saged nampeni karsanipun, kajeng randhuipun suprih angambar gandanipun kados kajeng candhana, saestu oten saged , mangakaten ugi kula tiyang bodho, dipun suprih wigya kados buja kirana sudibya, amesthi kathekeran tur bote saged, wasana panyuwun kula dhaeng tiyagn ignakng temen sarjana, manawi dipun pintani seserepan ing tiyang bodho, dipun enggal ska katrangan kalayan beres, tegesipun sampun nyengkolong rembag, angering-erng utawi kagungan watak punuk panggalih,ingkang bvodho bilih sampu tampi, inggih anglairaken suka seengipun antuk seserepan. Kyai Ajar Ngabdul Padail. ======\======Nyuwun barkah

Atur kula pasaja acanthi temen-temening manah, boten pisan kula nedya amalela ing kawegigan kula, ananging saking dene angendhal jeram kadereng anggen kula, kumedah sumerep ing wedinipun pitembungan ingakng gumelar ing ngandhap punika, pramila sotaning manah kula tansah angayam ayam barkahipun paa priyagung lukiteng sastra, mugi karsa adyeng rungwe ig panuwun kula wau, sarana angangem ing panggalih bares, sampun mawi anggalih kula nedya badhe angonggrgong utawi angalembana, dhuh, lae boten pian-pisan jalaran kula piyambak rumaos manawi jalma papa, wijiling dhusun tampingan,s ampun saestu menawi dhasar andhanganaken penggalih nedya badhe kula angge pracihnaning katrisnan wageda lulus sarawungan ing baratam bramartani, kados ta woten ungel-ungelan. 1. martswamatara 2. Kurmawatara 3. Narasinga ing watara 4. Wara awatara 5. Wumanawatara] 6. Parasuwatararama 7. Ramawatara 8. Kresnawtara 9. Butawatara 10. kalengkawatara

Ingkang kaping kalih 1. narasinga 2. Wisnukara

3 3. Kartiwirya arjuna 4. Jawwwadani’ 5. Ramamabra 6. Padmanaba 7. Janarnadana

Ingkangkaping tiga 1. Rajakano 2. Arjunawijaya 3. Ramawijaya 4. Kresna lan Arjuna] 5. jayabaya 6. Anglingdarma 7. Panji

Ingkang kaping sakawan sekar tengahan ingkang dereng mudheng werdinipun 1. palugon 2. Kulanthe 3. sumekar 4. Kenyakedhiri 5. Palugongsa 6. Jurudemung 7. Maesa langit 8. Kusmawirangreng 9. Lonthang 10. Kuswarini 11. Pamiwaltung 12. rangsang 13. rangsang tuban 14. lindur 15. gambuh 16. duduk wuluh 17. Balabak

Ingkang kaping gangsal

1. Pajaka 2. Kumuda 3. Asmuarsuh sarasida 4. saroja 5. saroparuha 6. kamuda 7. samaweh

Ingkang kaping nenem 1. purwa 2. duksina 3. prasima 4. utara

4 Pungkasanipu embok manawi wonten kakiranganipun sastra mugi samiya karsa angleresaken sewu sakethi jmurung menawi embah kyai ngabdul Padail saler panularan karsa paring tarkah dhumaten gwayah sampeyan kang nembe kawuryan. Titi Banjar melathi, ardibuja, pebriwari, sangkalanignwarsa, nabitgrusthi mukasasi, kawula ing pratondha pun bagus Asmana lukita. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina Surake munya mung merah,senapati andel ingkang miyosi, yata jibica andulu, lamun Lihagyap mangsah, gya amangsid baris pendhem kan gnyalimur, ing mangke yen sampun yuda, pakuwon kinen ambesmi. Miwah Sikong senapatya, wus winangsit lawa pagera Mating, kinen mangsahprang garubuh, sagung para satriya,kinen ngamuk nyarengi lan geni murub,kueng wus samya prayitna, yata kang campuh ig jurit. Lihagap lawan Gutula, paretandang sami molah kenabir, caruk rok pating kalepruk, samya rikat awasnya, sang Lihagyap ragi miris jroing kalbu, ningali marang Gutula, sereng guriyeng patitis.Tatag tanggon ngadilaga, sang Lihagyap sedya uncati jurit, wus sayah baunekiyu, gutula maksih rosa, sang Lihagap gya nginger turangganipun, kinetap kuda lumajar, mamprung asrunander pati. Sang JIbica awas mulat, yen Lihagyap uncat madyaning jurit, gya ngatag aprang garubuh, lawan kinen angobar, pakuwone Lihagap sampu tinunu,mubal kang dahana ngrebda, paeng lan kamangsah jurit. Gempuran suwara gumerah, bilunglungan tambauh kang dipun ungsi, wdyalit wus kathah lampus, tan wigya nanggulangprang, reh katungkep pamukya wadya ing gunung, pangeran maiting sudira, pangamuke ngobrak-abrik. Sang Lihagyap kewraning tyas, arsa manjing pakuwon wus binasmi, lan sampun kanggenan mungsuh, dadya nempuh umangsah, mringg Gutula Lihagyap gya menthang gupuh, jemparingngira pamungkas, paparinge jawatadi. Jemparingngira lumepas, sang Gutula demadakan kasilip, kaprewasa jajanipun, gutula nibeng kisma, sru kantaka pangeran Mating andulu, yen Gutula kaperjaya, krodha sru pangeran mating. Lihagap sinabet pedhan, anging uncat rikat denya ngindhani, Lihagap sigra lumayu, nander pati kudanya, manjing wana anusup-nusup garumbul kapanggih lan wadyanira, satus kang sami andhelik. Pangeran mating kelangan, sigra mundur Gutula ingkang kanin, binayang marang wadyagung, katur mring senapatya, adipati Sikong langkung denya ngungun, myang panembahan JIbica, gya prapta pangeran mating. Ngaturken satingkahira, yen Lihagyap ical manjing wanadri, paran kadadyaning rembug, punapa ing ngungsira, panembahan JIbica aris umatur, angger prayogi sarehna, punika pambatang mami. Wonten pitulungan prapta, satriya geng lalampah arsa ngabdi, mring jueng gusti rajasunu, samangke wonten marga, gih punika satriya ingakng amikut,lihagyap mangke binonda, binegta mangusap weni.Mangungun ingakng miarsa, denya ang JIbica Sidik, weruh sadereng winarah, wit pamejangira ngudi, Hyanlewah widadari, dadya kadadyaning rembug, ananteni sakedhap, praptane satriya kalih, senapati Sikong sigra masanggrahan. Lan sagung para satriya, bojana nalika latri,kuneng kaganti winursita, wau kang lagya lumaris, rising satriya kalih, punika paparabipun, satunggal raden Sigta, raden Sik In ingkang satunggil,, putranira dipati gung ing Songyangsah. Nama diapti Tohitha, kaprenah paman sayekti, marang Sikong senapatya, sira sangssatriya kalih, kinen Bantu ing jurit, mring gusti sang raja sunu, binegtan wadyabala, tigang leksa wong pinilih, miwah para mantra satus kalihdasa. Raden Sikin Raden Sikta, kakalih prawireng jurit dadya kaleres nak-sanak, lawan Sikong senapati, yata satriya kalih, dupi ngambahing wanagung, kapethuk lan Lihagyap, kang nusup nusup lumaris,lawan mwadyanira satus datan pisah. Raden

5 Sikk In Raden Sikta, waspada denya ningali, yen wonten wong murang marga, kadi kaburu ing jurit, sigra kinen ngadhangi, lamun bongga kinen nglampus, sigra wadya pangrsa,Lihagyap kinepung kikis, wus kapikut arsa budi tan kawagang. Miwah satus wadyanira, sedaya wus den cekeli, binonda pating karencang, wus katur mring raden Sik In, Lihagap den takeni, belokoha kang satuhu, Lihagyap saurira, ing sun dutaning narpati, prabu dewi ingkang paparab Bucihyan. Kinen amukul Kya Yamsan ingsun prang wus pitungari,lan sikong kasor wakingwang, sumarma ngungsi wonadri, yatarahaden Sik In langkugn sukanireng kalbu, angrasa antuk kayar, mojar eh Lihagyap becik away maras bakal ingsun kanthi sira. Ingsun ingkang ngaturena, marang jeng narendra siwi, supayantuk pangapura, Lihagyap sampun nuruti, sigra budhal lumaris wus mijil saking wanagung, ing marga tan winarna,lampahira sampun prapti pabarisan kyamsan ngandhap ping ngarga. Randhegan atur uninga, marang sikong senapati, yen satriya ing Soyangsah, kang prapta ngarsa sumiwi, sigra kinen nimbali, duta wangsul kerit sampun, umanjing pasangggrahan raden Sikta raden Sik In cingak mulat kehe kang para satriya,. Samya lenggah ing kursi mas alelamaka prang madani, atengtopong nawaretna, rising Sikong senapati, yayah kadya narpati lan Jibica jajaripun samya lenggah wijahan ing ngayap upacara sri, angrepepeh raden Sik In Raden Sikta. Ngacaran kinen lajuwa, sampun pinaringan kursi, raden kalih atur sembah,nulya samya lenggah kursi, aparek munggeng ngarsi, senapati sikong muwus yayi basuki padha,jengpaman kang maksih kari,lakunira apa ta padha dinuta. Rden Sik In aturira, pukulun ambatinuding, dhumateng kiyai bapa, amaringken ingkang taklim wingking sami basuki,lawan kaping kalihipun, amba kinen Bantu prang among binegta, kaprajurit tigang legsa mantra satus kalih dasa. Alika ulunengmarga, kapethuk jalma lumaris nusup nusup jroning wana, sampun kawula tangsuli, kula bekta mariki,Lihagyap pangakenipun, utusan dewi Raja, Sikong mesem ngandika ris, si Lihagyap iku yayi buroning wang. Taksih woteen sambetipun.

6 Ongka 18 Kemis kaping 5 Mei 1881

Surakarta Nalika dinten malem Kemis angrintenaken tangggal kaping 28 wulanApril taun punika, griyanipun tiyang namipun Martamenggala ing kampong Kamlayan wanci jam satengah sadasa katedha ing brama ngantos telas-telasan, nanging inggih naming griyanipun Martamenggala piyambak jalaran ing wektu dalu wau pinuju jawah deres,mila antukipun para tandang samikalepreh, bingah ingpara tandang kapinujon ubaling latu angleresi jawah deres menggah teranga kintenipun kampong Kamlayan dados karang abang sabab griya pipit kemawon wah kathah ingkang payon atep dene martamenggala kadangu ing parentah mukir, bilih boten jalaran saking latunipun piyambak Katandhan Satuhu

Aneh-anehan Tiyagnanama jayadiwirya,ign kampugn Ngepos Bayalali darbe ayam babon satunggal, ules pethakpunika wuntatipun kalh, brutunipun ugi kakalih, bilih nigan patrapipun gentosan sadinten ingakng medal tiganipun wuntat ignakng tengen sadintenipun malih ingkang medal tiganipun wuntat ingkang kiwa, mila sareng kula aningali wujudipun sakalangkung dadosaken gumuning manahkula. Panjurung Saantuk kula saking tanah Surakarta medal ing Delanggu mangilen anjog ing dhusun Koripan Kartasura, ing ngriku kula sumerep pakuburan wonten salebeting capuri griya, dene wujudig kuburan wau baturing cungkup tembok inggilipun kinten 20 elo, yen kula sawang-sawang sampun saemper kados bagupon sarehning kagolong aneh dados kula lajeng agatosaken ningali, kaleresan sangandhaping kuburan wau wonten tiyang satunggal lajeng kula pitakeni, wangsulanipun punika kuburanipun demang Supawijaya ing Koripan anadadosakenpangugnun kula ngantos dheleg-dheleg dene wonten kuburan ngantos samanten inggilipun tiyangkang kula pitakeni wau lajeng angganjaraken lalampahanipun demang supawijaya nalika taksih gesang, kados ingngandhappunika Demang Supawijaya punika lalangenipun ringgit taledhek sarta pradongga, nalika ngajengaken sakit aweling dhateng atmajanipun anama Demang supadiwirya, mangkaten thole sarehning wis dadi karemaku neng ngalam donya, mongka saiki aku wis tuwa ora luwih aku mung wekas bae marangkowe, ing besuk samongsa aku lara banget iku kang kena dianggotondha ngunekna gamelan gendhing kinanthi barnag mandheg banjur di sindheni taledhek yen ora dhuh lae dhuh jayengranu, ing pamideringngrat utawa gendhing slobogang, iku masthi yen waras iya banjur sanalika waras yen wistakdir e iya ora suwe nuli murca nyawaku, jangji krungu gendhing kinanthi barang kenong telu, atmajanira amangsuli: saupami sanes gendhign kinanthi kemawon kados pundit, kisupa amangsuli, o ora kena aja pisan kok sulayani thole meteng-meteng I dalan kaabeh welingku iku turuten bae, dene sindhening taledhek iya aja liya-liya, dhuh lae wuh, karo mideringngrat, atmajanya mangsuli malih, sauypami sindhening ringgit punapa tan mirah ignsun punika saekeca, kisupa ambekos, eh bocah kuwi turuten bae aku ik,sarta besuk panguburku kudu diiringake gamelan cara balen besuk yenkowe nylameti aku wiwit surtanah teka nyewu dina iku uga kudu nganggo gamelan besuk yen nyadran gamelane kudu ditabuh ana ing kuburan kirimen sindhen kinanthi barang, kangputra datan lenggana.

1 Anuju sawenehing dinten demang Supawijaya, sakit sanget ngantos 10 dinten, kathah para waris ingkang aneenggani, sareng kasawang sawang saya rakaos wah sampun amutawatosi, lajeng kawacakakaken surat yasin ngantos rambah-rambah dereng wotnen kaotipun para waris angeengeti welinganipun lajeng angedalakenpradongga dalah ringgit sampun cumawis, pradongga lajeng kaungelaken gendhing kinanthibarang mandheg ringgit saweg sidnhen mideringngrat dahwah kenong satunggal kiSupa lir kasengkakaken lolos saranduning badan lajeng pralaya, kakinten jam 8 enjing anggenipun angubur ugi mawi kairingaken gongsa carabalen kalayan ringgit. Wondeneing anggenipun amilujengi wiwit surtanah dumugi nyewunipun ugi mawi pradongga sarta mawi nayuban. Patrapipun bilih amilujengi, panggenan santri ingkang ngaos I sihan kalayan gongsa, ananging salebetipun santri taksih sami ngaos wau gongsa dereng kaungelaken ananging wiyaga ringgit sampun wonten ing ngriku, bibaring santri binarung ungeling gongsa kebo giro, sareng santri sampun telas ringgit majeng ambeksa, para tiyang ingakng sami jagong lajeng wiwit nayuban. Bilih wulan ruwah punika para warisipun sami nyadran ugi ambekta gongsa sasarancak kaungelaken wonten salebeting kuburan ingkang anyekari wonten saluhuring kijing ringgit mawi sindhen kinanthi barang. Salebetipun kula dipun cariyosi mangkaten wau, sakalangkung andadosaken pangungun kula, dene wonten lalampahan ingakng sakalangkung elok mongka ingkang limrah tiyang sakit sanget ingakng samun amutawatosi, punika ingkang kadamel anyengkakaken surat yasin yen supawijaya kok kinanthi barang, sinten kang boten ngungun wasana kula anyumanggakaken para inkang maos serat bramartani, amargi kula ugi boten sumerep piyambak Katandhan Saminten ing Pranaraga

Magelang Are jaler anakipun gebayan ing dhusun Padan dhistrik Prabalingga (Magelang) kakinten ngumur 25 taun dedegipun among 2 ½ kaki, panjanging tangan 1 kaki, panjanging sukunipun malah kiran gsaking 1 kaki, badanipun sadaya sarwa alit ewadene taksih darbe kawigyan saged anyerat sastra jawi sarta walandi sae.

Tiyang Wandu Ing dhusun karang Dhistrik Prabalingga Magelang, wonten rare wandu kakinten ngumur 15 taun, wawangunaning rare estri ananging panganggenipun cara jaler, sareng kula tingali wujud panggenaning wadi punika ingkang andadosaken pangungun kula, dene tanpa gatra jaler miwah estrinipun alus kemawon pawesrtan boten wonten jaleran sepen wondening saben nguyuh pun wandu wau among embes medal ing wudel mila saben nguyuh ngantos dangu sanget dados sudarmanipun tambah sakeca raosing manah pancenipun wanci anetakaken rehning boten gatra lajegn ayem kemawon.

Madiyun Ing lepen Madiyun sapunika iyasanan badhe kakreteg kados dening lepen Brantas (Kedhiri) ingkang badhe kakreteg kaprenah ing sakidulipun kitha ing kampong Nambangan Ler, awit ing nriku sitinipun padhas wah ciyut, nagari sampun andhawuhaken prentah dhateng dhistrik-dhsitrik kinen anegor kajeng-kajeng ing wana bawah dhistrik nguteran, kawontenanipun balok balok ingkang sampun dhateng panggenan badhe kretek ngriku dereng kathah, ananging sawek dumugi ing kreteeg

2 lepen Catur, ing ngriku sampun pinten-pinten dasa balok ingkang ageng ageng wah panjang panjnang, dene ing panggenan badhe kreetg ngriku ing sabrang wetan sampun kaedegan griya 3 kangge sedhiyan wadhah kawur tuwin bakakas bakakas, sarta sampun wontenpinten pinten ewu banon tuwin deling-deling, ing sabrang kilen sampun kaawitanpandamelipun margi enggal ingkang anjog dhateng margi lami, kgarap denign tiyang ressanpinten-pinten atus. Panggarapipun margikareta brama ingkang saking wetan ing sapunika pangurugipun sampun rampung, among kantun pang ril kemawon, dene panggarapipun griya stasiyun meh rampung, saking panggagas kula mila dereng pasang ril wau bokmanawi among ngentosi rampunging panggarap panggarapipun griya strasiyun wau, sarta kula miring kabar bilih ing aruban pangggaaping margi wau pangurugipun dereng rampung, wondening sapunika awit garap margi ing sakilen lepen ingakng badhe lajeng dumugi nagari Surakarta. Mila saiba badhe gemah raharjanipun kitha madiyun ing benjing bilih sadaa iyasan enggal wau sampun sampurna panggarapipun. Titi ing ngukir sari kaping 29 April 1881 Wasi Curiganata.

Emas Mengggah bongsa Pelikan punika wonten warni-warni, kadosta: tosan dembagi, timah, timah sari, rasa utawi toyarasa, inten salaka, emas sapanunggilanipun sami sami pelican sadaya wau among tosan ingkang kathah pigunanipun, wondening mas punika pelican ingkang tulen benten kaliyan dembagi, tuwi tosan sarta boten nai, asalipun saking salebeting siti, awarni laslasan utawi wewukon lembat ing lepen inggih asrig wonten emas ananging langkung lembat, emas tulen punika langkung lemes amila bilih badhe kadamel barang dandosan kedah cinaruban salaka, dembagi sapanunggilanipun amargipunika wonten ingkang kawastanan jene nem tuwin jene sepuh, mawi mawi kathah sakedhiking carubanipun, praos punika ingggih emas kadamel blebekan langkung denign tipis.

Kapur Walandi. Sabenpawiyatan wonten papan panyeratan punika kaseratikalawan kapur walandi wau langkung pethak tuwin radi lemes lunturipun dhteng papan alus sarta gampil boten atos utawi getas kados denign sela tuwin kapur sanesipun: Kapur walandi punika dipun wastani kapur, amargi ewonipun bongsa gampingm mongka cara jawinipun kawastanan gamping, yen cara Malajeng naminipun kapur, ewa makaten gamping walandi wau sampun limrah ing stanah jawi kawastanan kapur wlandi, amargi kalebetda dagangan walandi,s arta ing tanah Jawingriki boten wonten gamping ingkang kados makaten warninipun wondening ingkang kathah pamedalipun kapur walandi wau ing tanah Inggris tuwin tanah Dhenemaken awit tanah kalih wau kathah redinipun kapur Walandi, nangng redi wau boten inggil sarta asring anreambahi dhaeng sangandhaping siti, alapis langkugn wiyar, dados angsalipun kapur ing ngriku wau saran kadhudhuk, bilih kapur walandi wau kadamel nyerat ing papan panyeratan bote saed luntur, malah tedhas ing papanipun ngantos deret punika amargi kapuripun kawoworan kekepanipun sela alit-alit utawi krikil, ananging kapur walandi wau boten ngamungaken kadamel nyerat kemawon ugi pigunanipun warni-warni, kadosta kacampur kalaya nlisah ingkang kangge tukang cet punika dados dhempul ugi kenging kadamel anggosok utawi angusik baran ginten. Panjurung. ======\======

3 Wangsulan Cangkrimanipun rising Bujakirana anyartyisaken bab pakeweding laki rabi ingkang dados parbutan: punika kula mangayubagya ngaturi pupucuk pamedharing para sarjana ingakng sami karsa narbuka pambengkasingkakim, mengggah saking pamanggih kula rehning kanggenipun tembung ningkah punika tumrap dhaeng bongsa Islam, tegesipun rurukunan amrih wilujeng sadayanipun, sarta rumeksa masguling manah, ingkang mongka prakawis wau sampun kajibgahaken wotnen wawenanging kakim manawi sampun kapranta dhateng ingkang wajib damel karampungan. Ingkang kaleres boten tampi sang warak mami punika enggal angengetana pangreksaning masgul wau, lajeng sumendheya wonten ing takdiripun ingkang maha kawasa, supados anetepana panarimahing manah, dene menggah karampunganipun kakim naming adamela undhi kemawon, awit punika prakawis kenging kaewokaken aneh sarta angel, among mangkatenpunika ing panimbang kula, wondene rehning kakirangan kula samannten wau tanpa mawi wawaton kitap, kula ugi taksih mangarsa-arsa lumunturipun sang parawigyambudi ingkang karsa paring barkah kadospundi karampunganipun, boten langkung pamuji kula dhateng rising bujakirana, atur panjawab kula punika bilih dereng anyondhongi mugi sampu anjalari ing kalepatan kula Sinagkalan Pamoring sarira mangesthi kakim Kula pun Jakasumilir. ======\======

Panjurung Maedahi priyantun kathah Manawi ingkang tumbas manjurung Bramartani wonten ingkang mriksa, bableresing tatakramanipun panewu mantra dhumateng adana, kaliwon, papatih dalem, kanjeng pangeran putra, Santana, kadosta, atur pitembunganipun sembah dhodhok ngadeg mudhun saking kapal pambikakiing songsong, menggah ewah suda wewah icalipun kados pundit, mugi-mugi para sarjana witaradya ingakng berbudi kagungan sih kawelasan anerangaken, pitntembanggi jangkep sadaya, botenipun inggih naming sawatawis, supados kula sumerep ingka unggah-ungguh, sampun ngantos kasaru dipun esemi ing para sujana, sabab angengeti pangkat kula mantra tegesipun linangung ing tigang prakawis, nistha, madya, utama, wasana badhe tanpa budidaya, menggah ingkang kados kula wau punapa boten kenging kawastanan tiyang atilar pangkat, mila saking pangangkah kula punika sampun ngantos kalajeng, bok bilih nulari kathah badhe nyudakaken soroting praja, amila upami kapareng agsal panuwun kula wau, badhe sak pinten bingahing manah, boten ngamungaken dhateng kula piyambak, sanget ing pangajeng-ajeg kula. Ingkang ngaji aji kaprabon anglurhuraken karaton kyai ngabei, Wiryasudarma, enggal.

Panjurung nyuwun barkah

Andadosaken kanggeging manah kula, tansah boten gadug ing pangolak alik saweg kula midhanget tuntun tinuntuning pamireng, wasana kula ngturaken ungub-ungub kados ing ngandhap punika: 1. Lumpuh ngideri jagad 2. Picak ngitung lintang 3. Cebol gayuh langit 4. prau amot samodra 5. warongka manjing curiga

4 6. kodhok nutupi eleng 7. nututi tapaking kuntul anglayang 8. tribawana 9. triningngatunggal wiwitipun wonten tembugn kakalih wau mendhet saking punapa 10. ngajet kinatelon wiwitipun wonten tembung kakalih wau mendhet saking punapa

Kalingane ya pikajengipun kados pundit, ambok manawi kyai ajar ngabdul padail anggalih cancingan sarwa dhangan mugi karsa aparing jarwa sarta kanggenipun ing tembung, saiba badhe padhangng manahkula, saupami kyai Ajar aparing panjuta saserepan samanten saestu anjalari pecahing pangangen-angen ingakng taksih gebleng, utawi yen badhe anyelehaken angkaning sagkala mengeng, wagedipun lajeng ceples punapa kanthi rujukingpanginten-inten punapa pancen amawi uger piyambak, Anjawi kawahya ing nginggil sabab dene punapa sang prahara teka waged angrebahaken wreksa (wangsul wujud punapa) dhuh kyai, sampun kagalih kumajegos, lo, dadak sumalono lalawanan basa, tur katemben manguk-manguk ingpabarataning pustaka warti, esthiing tyas naming angajeng-ajeng kepyur kepyuring kawasissan paduka kemawon. REka-reka sinangkalan Wonge Pun Wayah jaka Banjiet. ======\======Panjurung Boten pisan-pisan kula badhe bantah tuwin angajak aben pucuking kalam, ingakng sarehnign saking kumaceluning manah nyuwun sawab pandonga seserepan dhateng para sage ding bramartani, kados ing ngandhap punika kawontenanipun. 1. PUnapa sababipun sedaya gegodhongan sisih lan sisih ipun warniipun sanes, ingkang kabenteran semu cemeng, ingkang boten kabenteran semu pethak 2. Wontenipun kumandhang sakingpunapa, dene kula bilih wicantenan wontening griya gedhong ingkang rapet teka swaranipun boten gadhah gumrungggung bilih kula wicantenan wotnen ing sabin ingkang tebih dhusun meh boten wonten kumandhangipun naming lamat-lamat kemawon. 3. Punapa sababipun sami sami maujud cuwer, lisahkaliyan toya, bilih dipun wor teka lisah langkung entheng 4. unapa sababipun ing wanci enjing paletheking surya katingal ageng tinimbang wanci bedhug 5. PUnapa sababipun kenthi bilih dipun iseni toya ingkang kebak bolonganipun salah satunggil dipun pepet ingkang rapet lajeng dipun thuraken dene pun toya teka boten saged medal. 6. Punapa sababipun, urubing dilah ingkang mawi semprong langkung padhang katimbang kalayan ingakng boten ngangge. 7. Punapa sababipun sedaya tetaneman ingkang ngelung, bilih thukul, pucuking lung wau teka manglung dhaten gpanggenan benter. 8. SEger tuwin suburing kekajengan mawi nedha mangan punapa, utawi medal ing pundit anggenipun nedha mangan 9. Punapa sababipun gandaning sekar ing wanci dalu amrik ing wanci siyang boten

Bendha kaping 23 Jumadilawal 1810 Cobolo

5 -======\======Sakalangkung ing pangesthi kula, wonten para mira ingkang karsa anggiyaraken bab ing kawruh papesthen ananging badhe ewed angsalipun panjawab ing pandangon punika, bilih para guru ing pamulanga ugi boten karsa anyaruwe, tembugn nedha, pnapa boten prayogi bilih kasantunan tembung nyerot Jurungarang ======\======Panjurung Nyuwun berkah ing para priyantun sarjana ing Bramartani tuwin tegesipun tembung kados ing ngandhap punika 1. Titi tegesipun punapa 2. Surti tegesipun punapa 3. Ngati-yati tegesipun pnapa 4. Nastiti tegesipun punapa 5. Supengah tegesipun punapa 6. Ujut tegesipun punapa 7. Riya tegesipun punapa 8. Kibir tegesipun punapa 9. taberi tegesipun punapa 10. Saregep tegesipun punapa 11. tulaten tegesipun punapa 12. wekel tegesipun punapa

Kejawi saking tembugn ingkang kula aturaken ing nginggil wau, kula nyuwun seserepan mallih. Kadugi sampun 7 taun laminipun, nalika panjenenganipun Gunawan arebat leres menggah dununging, na gendhol kalayan puspa taluki, ngantos semangke teka boten wonten karampunganipun ing pundit ingkang leres tuwin ingakng lepat, mandar semangke, na, gendhol ical babar pisan, kejawi ingkang lingganipun sigeg, na punika bilih pikantuk panambang e saestu teksih mawi, na gendhol kados taling gajaran, jarane,ananging bilih saking lingga jara, kok dados, jarane, boten jmongka tembung kekalih wau bilih pikantuk panambang e, pakecapanipun ing lesan sami, pramila kula nun inggih boten mudheng sanget, bilih kula maos serat anggitanipun suwargi tuwan Winter sepisan jurubasa ing negari Surakarta, bilih katimbang kalayan serat angitan ing wektu semangke, mila sanes sanget, menggah sanesipun mekaten serat angitan jaman rumiyin, na gendhol tansah nalecek kemawon, sareng serat anggitan semangke, na, gendhol dipun anggep edi, ananging nun inggih wonten leresipun sabab sadangunipun damel na, gendhol upami kalajeng na nyerat rtak sampun pikantuk ngye, tuwin e, aksara Ing wusana atur panuwun kula, ing nginggil wau, mugi para priyantun sarjana aparinga pitedah leres tuwin lepatipun dhateng tiyang cubluk balilu kados pun kula: Ajiran kaping 23 Jumadilawal 1810 Gunadi Wiwitan ignkang punggel kenging angina punapa kenging dipun wastani pokah, saweneh tiyang mastani punggel saking pemanggih kula ingkang nami punggel bongsa lung, leresipun kados pundit. Gunadi.

6 Candhakipun cariyos ringgit Cina Lawan malih sang pangeran mating, ing ngaturan mangsah sangking wuntat, satriya kalih kanthine, Yongdyanji namanipun, nama Citpya ingkang satunggil, lan gangsal ewu wadya, mangsah sangking pungkur, senapati Sikong sigra, ken tengara budhal saleksa prajurit, manjing wana Lyongjuwan. Sampun baris pendhem amiranti, lawan nuduh pecalang atebah, mamanuki ing praptane, yata ganti winuwus, lampahira tumengggung Tyongling, manjing wana Lyongjuwan, tan prayitneng kewuh, lampahira ngeca-eca, pengrasane dene mengsah magsih, tebih, mongsa silih mundura.

Wong pecalang duk mulat yen mengsah prapta, sigra atur udani, marang jeng pangeran, mating sigra parentah, marang satriya kakalih, Tehpo kalawan, Canbongken ngamuk wani. Cyanbongtehpo sareng angabani bala, lantengara tinitir, wadya sareng mangsah, gumulung nyurung tumbak, srampang panah pedhangabir, nunjang angidak, yata wadyanya Tyongling. Kagyat datan uninga praptaning mengsah, kether srupothar-pathir, bingung biluunglungan, tan ana bias lawan, wantu wong mentas lumaris, sayah lan lena, dadya keh kang ngemasi. Tinumbakan jeprat- jeprot biyang biyang, eh mungsuh mengko dhingin, iki bajag apa, ujug-ujug anumbak, tandange lir asu baring, nyakot wong liwat, jamak yen padha wani. Antan-antan anganggo tantang-tantangan, kang numbak anauri, kowe pijer apa,lumaku langak- langak, lengkung-lengkung milang miling, golek wowohan, wadhukmu kurang isi. Rasakena ing samengko isi tumbak, barodhol kocar-kacir, yata saya kathah, jalma ingkang kabranan, mangkana tumengung Tyongling, mangsah mangarsa, sarya sru denira ngling. Bajag alas, apa sislih ambebegal, endi kang dadi tindhih ingsun papagena, yen sira arep jarah, yata Cyanbongtehpo aglis, sareng umangsah, kakalih manthi abir.Sarwi nitih kuda wus prapta ing ngarsa, angling tumenggung Tyongling, bangsat sira sapa, bebegal wong lumampah, TEhpocyanbo anauri, ing sun satriya, dutane narpa siwi. KInen numpes mungsuh mamak pegsa lancing, payo tumenggung Tyongting, aprang lawaningwang, tehpo sigra nerajang, Tyongling sibabeting ngabir, tinangkis pedhang, rok ganti ting carekling. Ki Tumenggung Tyongling pepot ing ngayuda, ing reh danebut kalih, yata kawarnaha, pangram Mating kang prapta, sangkign wuri ngamuk wani, geger busekan, wadya sayakeh mati. Wadyanira tyongling giris wus lumajar,nusup nusup wanadri,kitumenggung mulat, ing ngamuk ngarsa wuntat gupuh anginger turanggi, tyongling gya uncat, rikat pangeran mati. Menthalang kap ki tumenggung linepasan, ing panah angeneni, gigir kaprawasa, kekanthil jemparingnya, kitumenggung nanderpati,wadya nya rusak, linapgang den jarahi. Kang kacandhak binonda pating karencang, binegta mundur sami, Tyongling sampun tebah, kendel nganteni rowang, kang prapta pating kalicir, sanguine telas, myang gagamane enting. Taksih wonten sambetipun

7 Ongka 19 Kemis kaping 12 Mei 1881

Surakarta Ing dhukuh Tejamaya satepining lepen Benawi, tilas pacangkraman kusumadilagan kala kaping 2 April wanci jam 6 enjing wonten buwaya mentas saking toya, ngalela sare ing gigisik temah ngantos dados titingalaning tiyang kathah, nanging sareng diwasaning tawi saha kasawung ramening tiyang sang buwaya kaget panendranipun lumajeng gebyuring toya, gotaswaring toya benawi anggigirisi, dados katemenan anggen kula niteni wiraosipun para tiyang sepuh, bilih buwaya wau saking dharatan gebyuring toya mongka sumedya adamel swara, punika saged angocakaken saantaranign toya benawi, bilih boten sumedya damel swaraning toya, wader parigadhah ombak buwaya tanpa ombak pisan-pisan, Kiriman.

Pakalongan Dereng lami ing dhusun boresan dhisrik Abdheleng Batang, bojonipun Pak WAsmi, anggenipun ngandheg sampundumugi ing mangsanipun medal esri tanpa sirah, cangkem irung mripat dene sanesipun sedaya wonten among saking bathuk wah kuping kanan kantun nginggilipun trepes kang sarta boten medal rikmanipun salajengipun kalapuraken ing nagari, wau lare among umur tingang dinten kathahipun tiyagn nonton rumaos boten kenging kabiyak wonten ing pandhapi kabopaten Batang Kintunan

Magelang Barabudhur Sakilening dhusun Bara Magelang, wonten andhi sakalangkugn kathah sarta agengipun wujudipun yen tinon saking mandrawa sampun kados wukir, wawangunanipun skaalangkugn endah dinulu gapuranipun sapitu sakawan bagiyan wiwit saking ngnadhap dumugi nginggil dene saben satunggaling gapura wau mawi wangunan pancake suji mubeng ananging pancake suji wau candhi kawangun reca warni-warni tanpa petangan ubenging candhi pasagi saben saesap gapuranipun sakawan waradinan ageng mubeng, gapura ongka 1, saking ngnadhap dumugi gapura ongka 7, patrapipun sami kemawon dene pancake sujinipun ugi sami kawangun reca warni-warni, sanginggiling gapura ongka 7, punika wonten reca ingkang sakalangkung ageng piyambak cacah kakalih mawi kinurung candhi mawi bolongan wangunipun kados karanjang, cariyosipun jurukunci ing ngriku reca ingkang wonten salebeting kurungan wau kawastanan konthol bima, sinten tiyang ingakng dhateng aningali ing ngriku masthi lajeng angrogoh konthol bima, pundit ingkang pangrogohipun boten saged dumugi ing tembe masthi lajeng kajibah anyanggi konthol bima, sarehning juru kunci kenceng sanget kula lajeng mituruti angrogoh ananging boten saged dumugi, lahpunika juru kuncilajeng angajrih-ajrihi, mangkaten lah sampeyan kudu ambudi sabab boten bias ngrogoh konthol bia besuk sampeyan masthi bakalnyongga konthol bima niku kabeh,kula mangsuli sarwi kaget,lo kapriypunta, wong jerone semonten sing gadug mawon sinten jaba sing tangane luwih rong elo juru kunci mangsuli, o yen wong sing ketrima rak cedhak banget boten nganti saksikut tur pamudine gampang mawon sampeyan nylametake kupat luwar gaweyan sampeyan dhewe onten candhi ngriki,kula mangsuli malih, rehning boten bias gawe kupat upama kula jaluk tulung sampeyan mawon kula mujudake dhuwit pinten rak kengingta, juru kunci mangsuli, kenging napa malih waton wujud, punika nambahi padhang manah kula lajeng kula tebas arta andadosaken kabingahaning juru kunci, sanalika punika juru kuncilajeng kula ajak kendel wonten ing pasanggrahan

1 saluhuring candhi, kula pitakeni purwanipun wonten andhi saha reca-reca samanten kathahipun punapa, wangsulanipun juru kunci kados ing ngandhap punika. Nalika tiyang keeling punika dhateng lajeng sarujuk kalayan kancanipun iyasa candhi ingang badhe kaangge papundhen lajeng anglempakaken sela-sela sakalangkugn kathah lajeng kawangun reca tiyang awarni-warni sarta candhi minongka papundhen. Saantawising barabudhur wonten candhi malih kawastanan Candhi Pawon punika bilih dinten ageng para tiyang jaler sami amuja semedi paing kang esri sami olah-olah wonten ing ngriku. Sangandhaping candhi wau sapunika kadunungan losemen para ingakng aningali masthi jujug ing losmen atumbas unjuk-unjukan sarta dhaharan sakarsanipun. Sasampunipun dumugi anggen kula aningali barabudhur kulalajeng anyatakaken malih,s awetaning candhi wonten redi alit winastan redi Tatal ingggih punika tatal sela nalika pandamelipun candhi. Lepen Praga, lepen Elo, punika sakalangkung ageng ananging boten wonten selanipun ageng, amargi sampun kapendhetan kaangge rea wau. Saantuk kula mampir ing dhusun mendut punika wonten candhi malih awangun griya, alebeting griya wonten recanipun tiga ingakng satunggal sakalangkugn agengipun punika kasebut recanipun Bathara Rama, cariyosipun tiyang sepuh ing ngriku pnika ugi sasembahanpun tiyang Keling. Ing sarehning kula punika pancen dereng sumerep wontenipun reca wau ingkang amurwani wasana wonten ingkang saged anyariyosaken mangkaten wau, punapa inggih sayektos mila parlu kula gelaraken ing srat bramartani. Panjurung ======\======panyerating namanipun andhi punika saking pamanggih kula lepat kados kemawon barabuda, tegesipun buda awarni sabara, awit andhi wau pupunedhenipun tiyang ingakng manjing sareatipun buda. Jurungarang. ======\======Ing mongsa terangan punika kathah rare sami angundha layangan asring anjalari sasakit benter, inggih punika krodhaning cacing ingkang mungkat wonten salebeting padhaharan, mila enggal lajeng katulaka sarana ing jampi cacingan, bilih bubukan saking aputikre, takering rare, 1 bungkus kapara tiga utawi kalih, bilih saking sekar gendhis among 2, iji, makaten ugi sirahing rare kedah kateles toya ingkang asrep badan sakojur dipun blonyo toyaning sarem asem ingkang baresih, bilih sampun radi asat lajeng dipun karukupa sinjang ingakng barukut (kemul) saben karaos benter ingggih lajeng kaborehana toyaning sarem asem malih ingkang waradin, kedah cegah raosing tatedhan pedhes utawi kecut punapa malih sampun ngantos dipun adusi Jaka Sumilir REmbag punika inggih boten wonten awonipun ananging kauningana tuwuhipun rare punika tamtu adhe ambingahaken tiyang sepuhipun boten badhe adamel susahipun bilih rare kauja inggih tamtu adamel susah, alitipun inggih cacingen pramila tiyagn sepuh punika kawogan angereh dhateng tuwuhipun den upamekna cucukulan sampun ngantos kirang pangupakaranipun Jurungarang. ======\======Panjurung Kula ningali ing Bramartani ongka 17, wonten panjarwanipun kyai Ajar Ngabdul padail mawi pamurih bilih kula anjarwani tembung, sampun ngantos ngetrapaken jarwa suta, sanajan pamurih wau kaliyan sandi, ewadene pandugi kula embok manawi bab tembung padaringan utawi cilimen.

2 Sarehning kawruh punika sumebaripun boten tamtu waradin saha panjarwanipun sang wiku wawaton saking buk pakempalaning jarwa kawi, dados saestunipun kula inggiha boten badhe ngreregoni, anamung pandalih wa kaseron kula ugi amboten niyat singular nadyan kacedaha, kadosta, pada, pamendhet kula waton bilih gadhah wardi, andheg-andheg sarta suku, ugi saking buk jarwa kawi, ringan panyengguh kula sampun tembung wetah, manawi kaatera-ateran i8ng ha,lajeng aringan, dene bedanipun kaliyan jarwanipun Kyai Ajar, tiyang kula amboten badhe ngodhengaken ardaning manah, punapa dene tembung cilimen mila cili kula wardeni alit wawaton saking jarwa kawi, men pamanggih kula sampun uwoding tembung, emen, dene kyai ajar amastani saking tembung, calimi, kajawi saking tembung kawi kula dereng nate kapranggul kangge pikajeng dhaten gpunapa. Wasananipun seratpunika minongka wadhahing pangungun dene kyai Ajar karsa nyabdakaken tembung,s ampeyan rak sampans saged nyerat Bujakirana ======\======Panjurung Rasa rumongsa, punika tuwuhipun lajeng nerahaken tatakrama, tatakrama punikalajeng saged andamel wawadhahing kabudiyan mila sareng kula raos raos ing bramartani punika papan panggurendaning karawitan utawi kamemetan awit ing sami ngudi indhaking kawruh saged semi ing dalem wolungdinten ingkang dados pandomanipun tan liya among panjenengnipun tuwan juru angarang, kula punika upaminipun ringgit wacucal sarening ugi kadunungan ing rasa rumongsa, dados pamongipun kiyai Dhalang among kantun ngudaneni pundit ingkang ambarojol saking wawadhah wau, mila kula punika sanadyan kawayangaken anamung tatakrama punika saestunipun taksih kula waspadakaken. Ewadene ing mangke wotnen sarjana ingkang nguntapaken ardaning bramastra sisilih aran Tranggatawur, tansah amanjurungi lalambaran manah utami ananging kelandhepen dene nama kula pijer cinangkiwing, ingkang mangkaten punika andadosaken panggugahing rasa rumongsa, kumeduting manah amengeti, mila sanadyan nandhang duh kita kang jalaran pijer den tawangaken namanipun angger amboten maleset saking wawatoning wadhah, tamtu andamel kasenenganing para angetkes maduning bramartani Wasana panuwun kula, Tranggatawur, ambok dipun sampuni bramastra sampeyan sampun teka mingis-mingis kados kumilating thathit gen kula mawas ngantos cengeng, sumelang ingmanah manawi kasereng prabaning bramastra saestu anggesengaken badan. Jaka Bujakirana. ======\======Atur Panjenenganipun juru gubah andadngu bab tembung istingarah, mila kula wastani tembang arab pandugi kula sakig kalanturipun tembung Ih tiar, amargi Ihtiar wau mengggah ing Ngarab gadhah teges pados jalaran sanes utawi mrihwenganing pambudi, sareng kaangge ing jawi kalintu traping sasra miwah pikajengipun kaanggeb gadhah teges panimbanging manah, ewa dene ugi amboten tebih maksudipun, bilih ing basa jawi ugi sampun gadhah ingkang pikajengipun mangkaten kadosta, kaya kaya, kira-kira, wasana panjenenganipun juru gubah paring pitedah manawi pancen tembugn kawi, dados kula ingkang dereng nguningani. Bujakirana ======\======

3 Sampun tetela, janma punika minitring panganggit sakingkakembeng ing panggagas ananging bilih karaos tiyang remen anggagas wau tumrapipun satilahing tatakrami asring kabencorahen amargi panggagas wau trakadhang among manggung kareka upaya, wewah malih manawi lajeng anggagas ing kasampetan ingkang dede timbanging badanipun punika sangsaya kirang prayogi, mila kayektiyanipun tiyang karem anggagas punika kirang groteh ing wicara, nanging ugi asring patitis cacadipun kumeel dhateng sabarang kaniyatan. Sasorahing nginggil punika, kula maksa anguwodi laladaning panggagas jalaran saking pandulu ingkan gsampun kula sipati, inggih punika pucaking ardi rebabu, ingkang anikelaken moncering kalantipan dene elokipun anglangkungi, kados ing ngandhap punika: Iring ler kilening pucak udhunipun kadugi satengah pal punika wonten jurang blangap ing ngandhap wonten kawah cacah 7 iji. 1. Wiyar saha lebetipun saelo toyanipun buthek swaranipun kumrangsang umob namanipun kawah temanten amargi jejer kalih. 2. Wiyar saha lebetipun sakaki, toyanipun wening, umonipun among sawantawis swaranipun angemper gendhunging kendhang, mila winastan kawah Kendhang. 3. Wiyar saha lebetipun sakaki toyanipun wening,umobnipun radi sora, swaranipun thungthung kados kumandhanging kenong, ugi winastan kawah kenong. 4. Wiyaripun saha lebetipun sakaki toyanipun wening, umobipun anyuwara plekuthuk-plekuthuk winastan kawah kethuk 5. Wiyar saha lebetipun kalih kaki, toyanipun wening, umobipun toya sora, kados sepanging egong, ugi winastan kawah Egong 6. Wiyar saha lebetipun saelo tanpa toya, isinipun bathang kombang, gambreng, tawon sasaminipun ngantos atusan asungsun timbun.

Lo, inggih punika ingkang anjudhegaken manah, tur kula ugi sampun pitaken para kaki saantawising ardi wau, ananging panjarwanipun kyai kawah winastan pangalapaning buron mangkaten dados sareng kula elidaken emboten maton o, inggih dereng trimah. Pramila parlu kula gelaraken ing pustaka warti, suapdos para sarjana wontena ingkang sih aparing katrangan sababipun baburon wau parlu mapat pejah ing ngriku. Tinengeran angkaning warsa, Tanpa titipangesthining janma Bujakirana.

4 Ongka 20 Kemis kaping 19 Mei 1881

Surakarta Ing nagari Surakarta, wonten sawijining tiyang Arab, bilih wonten tiyang gadhah damel, sanadyan boten dipun suruhi inggih dhateng lajeng naronjol awor priyantun kathah, wah mawi bekta dedamel sabet ligan, bilih dipun tundhung kapurih kesah kaliyan ingkang gadhah griya, wangsulanipun bilih dipun sukani arta sarupiyah inggh purun kesah, bilih oten purun nykani inggih anglajengaken tumut bilih panundhungipun sarana roda peksa lajeng medalaken kanepson sabetipun wau lajeng katamakaken ing badanipun mawanti-wanti, asring adamel gegeripun para tiyangingkang sami jagongan, panyuwunipun para tiyagn ingakng sami gadhah,damel bilih panuju kadhatengan tiyagn Arab ingakng makatenlampahipun, supami tiyang arab wau kapikut punapa ugi boten manggihkalepatan ing nagari, bilih para wajib karsa angggalih mugi kabiyantonana supados boten uwas anggenipun nandangi. Katandhan pun Temen.

Sampun sawartawis dangupun Talip abdi dalem Ponakawan ing Riya mataraman sanget anggenipun kapengin gadhah ulon ingkang landhung, mongka pitaken dating kancanipun ingkang nama Dipapangarsa, kangkangna paonten isarat kang bias becikake swara, awit kla niki wong dhemen kula maca, nanging swara kula cekak, dipa pangarsa mangsuli, yen eku during oleh susurupan mung Manawa aku mentas mangan kang pedhes-pedhes banjur ura-ura, rasane swaraku kok lega temen, bibaring cacantenan pun Talip lajeng tumbas lombok jemprit pengaos 5 dhuwit kaulek ingnglayah, sareng lombok sampun lembut lajeng kadekekan toya, kinebur arambah- rambah, boten ta alajeng kaunjuk telas babar pisan, watawis 14 jam, pun Talip sampun boten enget ing purwawasana, temah dados lelayadan ing tongga tepalih, sami angupakara dhateng pun Talip nanging sadaya tiyang boten nyumerepi darunaning kantaka, saranduning badan panas kados latu, naming padharan sakalangkung jekutipun, wasana dipa pangasrsa tiyang kang kasbut nginggil anggadhahi panginten bilih sakitipun punika anedha lombok mila dipa pangarsa gupuh gecak bayem lemah, kalayan toya, lajeng kaombekaken samantara pun Talip gumregah tangi alenggah, saha lajeng saged bubucal susuker kados toya, sarta jekuting padharan panasing badan suda, nanging andadosaken kageting para tiyagn ingakng sami nglayat jalaran Talip sareng sampun sakeca,lemah-lemah titileman angelic ura-ura, dhandhanggula setra datan. Kiriman.

Nalika kaping 7, wulan Mei punika wanci jam 6 sonten ing margi prapatan peken pon katingal wonten rubung-rubung, sareng kula celaki kawastara ingkang rinubung wau satunggaling tiyang cina, inggih punika ingkang sasadeyan wedang panganan ing peken pon aponcakara kalayan tiyang estri nama bok Kramatika, menggah ingkang dados jalaranipun bok Kramatika ngutil barang gadhahaning cina wau, warni roti gandum tiga iji untir-untir tiga iji, pengaos 6 dhuwit mila bok Kramatika sareng sampun kapikut lajeng kaladosakening nagari, malah kula miring prakawisipun bok kramatika wau saking karsanipun kanjeng tuwan REsidhen kasumanggakaken ing pangadilan pradata dalem jalaran wau tiyagn sampun nate nate los saking paukuman paksa. Kiriman

1

Kala tanggal kaping 9 April ingang kapengker, ing dhusun pendhean dhistrik Sima, kabupaten ing Ngampel, tiyagn wsta Kasandikrama bekel ing dhusun ngriku wanci enjing ngunus dhuwung, nedya amranani dhaten gtiyang pawong rencangipun ingkang wasta Pak Penthul, kapinuju lurahipun patuh nagari, medal atinjo ing dhusunipun dados kacegah, mila katemah manggih rahayu pak Penthul boten kapranan ambok manawi jalaran mentas kadukan lurah tamu wau, ingkang anjalari renguning bekel, wasana dangu-dangu katitik menawi Kasandikrama pancen gadhah sakit ewah ing budi, kawastanan edan taun.

Panjurung Mila ing waktu punika swatawis ragi kathah tiyang ingakng kacandhak sasakit panas awit katarik saking dayaning mongsa punika, margi pangalihipun mongsa rendheng dhateng katiga, ewon angagetaken, panasipun lajeng banter kemawon mongka siti ingkang mentas kembeng ing toya sarendheng, garingipun dereng saged ambles,mila sareng katenggel sunaring diwangkara, saged angwontenaken awa ingkang tumraping sarira sumuk wondening anggenipun saged anuwuhaken sasakit panas wau makaten, manawi anuju srengenge anenggel, punika para ingkang kacandhak sasakit panas boten anyabaraken among bujeng janji sumukipun wau sak nalika saged sirna, sanadyan kringetipun dereng atus inggih lajeng gebyur ing toya kemawon dados sawenenipun babolonganing kulit ingkang minongka margining kringet wau sami kalebetan toya, lah punika andadosaken kandheging lampahipun karinget, tumrap ing sarrira awratantingipun dangu-dangu karaos summer summer lajeng dados panas, amila saking panuwun kula mugi para sugih karinget anitenana, manawi badhe siram ing wanci siyang kedah angentosi atusing karinget. Setrabandhala Kyai Tenggok.

Bojanagara Dereng watawis lami, pulisi ing Ondedhistrik Temayang dhistrik ktiha, sampun amanggih satunggiling tiyang, gumlethek wonten satengahing wana, margi alit sarana nandhang labet ingkang agigirisi, pitung panggenan. Ingkang lapur kelayan asisten wedana temayang, pulisi dhusun Kedhungsari, enggal asisten wedana, dhateng mariksa dhumaeng tiyagn wau, sareng dipun tingali gembolanipun pinanggih, satunggal serat pethekipun pekaangan sarta nami griyanipun, kasebut ing pethek wau tiyagn nami Trunasetra, aliyas Thole, gagriya ing dhusun Pirang dhisrtik kitha, ananging wau tiyagn ingkang labet sampun boten kenging dipun takeni, mergi sangking sangsaranipun anggening nandhang labet boten sanes naming ngeses saha gereng, kinten-kinten manawi boten pikantuk usada ingkang prayogi sampun saestu putn trunasetra, badhe oten aningali, aningali anak rabenipun ugi kanjeng tuwan asisten residhen sampun angintunaken priyantun dhokter jawi dhumaten gonder dhistrik Temayang, supados angusadani dhumateng tiyang ingkang nandhang kanin wau, pejah utawi gesang, walaualam kinten-kinten labetipun wau trunasetra, sarana dadamel penthung, kados pinuju lumampah mandung konangan ingkang darbe griya lajeng kapethungi wau, awit kathah tiyagn amesstani menawi wau trunasetra dhasar tiyang ambeg julig.

2 Pangersulanipun tiyang alit bawah kabupaten Bojanagara, ingkang ngawit rekaosipun anggening ngayahi karya praja, anjalari badhe andamel pituna, awit parintahan nagari, pundit tiyang ingkang boten andadosipager wawengkoning griya, saestu kapatrapan dhendha, satungggal rupiyah utawi katutup ing kunjaran 2 dinten kenigng pandamelan pekasan dhuh lae, andadosaken gumuning manah, enggal punika kula ningali ngajeng loji, langkung wonten tiyang 300 sadaya badhe lumebet ing pulisi rol amargi pager wengkonipun taksih kirang prayogi, lo punika ingakng kula sumerepi, dene ingkang boten kula sumerepi, kados langkung 5 utawi 6 atus kaetang tiyagn salebetipun kabupaten bojanagara, emeh sadaya wuninga raosipun sekul rangsum jalaran pageripun risak, sumawana dinten punika, wonten parentah inggal sadaya tiyang kakersakaken nanem deling ing pinggir utawi ing pojok wawengkoning griya, menawi boten tumindak badhe kapatrapan ukuman dhendha, 3 tigang rupiyah eh tiyang makaten kadospundi, sampun saestu tiyagn alit manggung sungkawa rinten dalu, ewa sak punika, gumantung karsanipun nagari, awit parintahipun kepala nagaripunika, kenging binasakaken gunung Gunturnilabena, tan kenging cinelakan malih, aluwung katurut wilujeng Katandhan kula pun Puspalulut.

Senepa Landhep ing dadamel kalimrahanipun ing kathah, sarana kaabsahaken dening wungkal arambah-rambah menawi sampun kanyihna yen landhep wau dedamel badhe kaangge sapreluning kaniyatan miwah dahat anggenipun angema-eman boten kenigng kaangge memerang ingkang dhateng sanes empanipun makaten malih budi landhepipun sakin gkacenthok lajeng anuwuhaken panggraita akathah-kathah, mila dados kanyataan bilih lair sepuh, batin ingkang enem mila pamanah kula tiyagn cepak ing kaneson wau, kawiyak anggenipun kirang panggalih, mila andadosaken getun pangungunipun ing manah kula sareng aningali ingakng wawanan pangandika munggeng ngabyantaraning pustaka warti,meh badhe ngungkretaken panggayuhipun tiyang pinging kados pun kula punika, menawi kandhulik badhe ngaturi panjurung sumelang bilih manggih saruwe saking para waskitha, ingakng awit kula punika pancen dereng pisan sumerep unggah-ungguh ing sastra Kawi, inggih punika ingkang daweg nembe mundur boten manjurung naming nedya minggah kaos dhateng Mekah, rising tranggatawur ingkang sampun katitik kawanteranipun ing samukawis mila sanadyan sampun pamit boten manjurung nanging sangking anggenipun angerem- eremaken amila panuwun kula ing panjenenganipun putra kula bujakirana, dipun rumaos yen dipun sabari dados teksih kagalih lepat sadaya trap panyenjengan boten langkugn angger mugi angengetona pustaka maksih kula rimat, kula anetepi waweling kenging kula anedahaken ingpanjenengan yen kasupen, sumongga, Sinangkalan Maletik litang ing sarira tresna, Semangtri. ======\======Ambok inggih kakendelaken supados katurutan ing sakajengipun dangu-dangu rak inggih badhe kaengetan bilih rare ingakng dipun eman punika winahyu ing tembe badhe dados papundhen tur sampun rinakit sambetaning panjurungipun lajeng dipun suwek-suwek inggih tiyang saweg muring-muring makaten naming panuwuhun kula bilih saestu dhateng Mekah ngagem makaten; mandheg tomoleh, dhateng mitraninipun Kyai Jurungarang ======\======Atur Wangsulan mongka panjurung

3 Kaleksanan menggah esthiing manah kula, lir kabanjiran sarkara, dupi kula maos panambramanipun, sang Budyarja bujakirana lumrang ing pustakawarta bramartani ongka 16 miwah panjenenganipun jurungarang karsa paring brekah pitedah,makaten ugi kyai ajar Ngabdul Padail kawrat ing Pustakawarta ongka 17 We rumaos beja sanget tumrapipun ing kula, pananggapingmanah kula upami bantala rengka mongka sakatiga, nulya kadhawahan riris ambles rumesep miwah sumusuping snubari, ing wasana nuwuhaken atur kula dahat ing panuhun . Dhuh sang parambeksadu, suraosing serat sampeyan amratandhani sihing pamitran dhumateng kula, o punika sanget suka sukuring manah kula, lah punika dhasar ingkang dados esthining manahkula, ananging sampun andadosaken kemba utawi bosen gengipn ruingpanggalih, dipun agung pangaksamanta, reh kula punika wijiling ngadhusun saestu tebih ing tatakrama, sepen ing susastran, bok bilih ginanjar besuki, sarta nirtangadur,kula saged sowan nyuwun barkah saserepan mugi paringa kawelasan ingkang sarta pirenaning panggalih, awit saking sunyanign kawruyh madyaning jakamarsudi. ======\======Wangsulan mugi katur dhateng Cobolo Boten pisan kula badhe kasebut ing nama saged sarta gadhah pandonga ingakng nywabi, anggen kula teka lancing purun manjurung ngaturi katrangan punika awit saking kumacelu sinaruweya dhateng para waskitheng budi, ananging anggen kula damel katrangan punika dere mesthi leresipun, em inggih among kadamela tarimah lowung kemawo rumiyin, wondene leresipun ingkang sanyata, benjing manawi wonten guru ing pawiyatan sampun karsa paring barkah anggiyaraken ilmi kodrat wonten ing bramartani, dene kawontenanipun atur kula punika boten wawaton serat pangajaran ingkang mesthi among kula titik saking dugi prayogining manah kemawon mila pamuhi kula dhateng sang para legawa, amugn katanggapana ing galih mangkaten: Wohing tanjung pangreksaning siwi, iya cikben ngomong, marica bangsak uni-unine, tulang gulu srananing pakarti, kinarya ganepi, pepaking panjurung.

REbat kacekaping papan.

1. Daya soroting surya saged anggesengaken wujud mila godhong ingkang katenggel soroting surya dados cemeng, inggih punika lumah sarta kurepipun godhongan. 2. Swara ingkang kapentog ing wujud kandel utawi rapet andadosaken kumandhang, awit boten kabuncang dayaning samirana, sanes bilih wonten papan wiyar sadaya swara ambyar alamat-lamat. 3. Lisahkalayan toya, bilih sami kathahipun artat toya tawa, awit lisah sampun gonggong jalaran kenging benter saengga garing. 4. Srengenge ing wanci enjing salugoipun wujud dereng katingal, dene ingakng katingal ageng punika wawayanganipun mila wonten wayanganipun awit saking tugeling sorot. 5. Kendhi isi toya kebak bilih dipun pepeti bolonganipun salah satunggal boten medal toyanipun sanadyan dipun thuraken inggih meksa boten saged medal jalara dayaning awa boten saged andheseg dhateng toya. 6. Semprong bilih sakin gelas saged nambahi padhanging dilah, awit gelas sampun kadunungan sorot padhang, tumunten tempuk kalayan sami sorot padhang, inggih punika urubing dahana ingkang anteng, sampunmesthi kemawon wewah padhangipun.

4 7. Gesangipun tataneman saking pamoring watek 4 prakawis kadosta: siti, toya, benter, sarta hawa, dados lunglungan ingkang manglung dhaten gsrengenge wau badhe ngupados telenging benter, inggih punika sang aruna diwangkara 8. Seger suburing kekajengan anyerot toya sarta awa, ignkagn kadamel sarana nyerot saking oyod ingkagn alit alit utawi saking godhongipun. 9. Gandaning sekar ingkang boten amrik ing wanci siyang jalaran wedaling gonad lajeng kaserot ing benter soroting surya, mila bilih ing wanci dalu tumanduking gonad kalangkugn amrik yayah kadi amengkang lobanging grana Walaungalam Jaka Sunngkana

======\======katur para sarjana Wonten sajuga ningwreksa, tiris dahat denya inggil, ulun panarsa wuinga, pinten elo inggil neki,nging pinenek tan keni, mung ayang-ayanganipun, astha elo panjangnya, dhuh sang para sarjadi, kadiparan gen ulun ngungkur kang wreksa. Jaka Marsudi Ing Giri Tirta.

Panjurung wangsulan Katur panjenenganipun ingkang sisilih gunadi, kula sumelono, kamipurun angaturi pambatang, ing bab pandangu panjenengan ingkang tumerap ing pusptaka warti, ongka 18 anamung kauningana, wawatoning ngatur kula boten wonten among kula piyagah alegehan ing manah kula piyambak, apramila manawi wonten tuni dungkap saha kalepatan kula, kalebura kaliyan absami, miwah sagantenen ingkang agung, awit kumedah kula sarawungan para sudibya.

Pandangu Pambatang

1. titi Cekap telas nelas rampung 2. Surti Ambok manawi wetahipun surati, waged momong mengku amot 3. ngati-ati Amanah-manah ing kawilujengan 4. Nastiti Angimanaken angestokaken 5. Sumengah ngaken boten kikirangan 6. Ujup amasthekaken ing pangajeng-ajeng 7. Kibir Cipta tan apes 8. Taberi Tetep ing kawajiban 9. Saregep Lumintu 10. Tulaten Betah 11. WEkel Kuwawi dangu 12 Na: Gondhel,punika pinanggih ing manah kula, yen temtu wa saben aksara NA, mawi gondhel, yen boten yitna dhateng PUrbanipun raosipun kaluluhen, kadosingkang mungel jarane, jagane, jangjine, jigane, sarine, sorene, sapanunggilanipun manawi mawi kagondhel ugi kaluluhen awit wiwinih tembung jaraL saweneh jora, jaga, jangji, jiga, sari, sore, ewadene, kang mungel ketane, kete,ne, jarane, dalane, pamane, punika rehning purba saking tembung ketan, keton, jaran, dalan, paman, estuprayogi ingkang mawi, gondhel, sadaya wau

5 naming pinanggihipun ing manahkula, ewa makaten pun kulapunika manawi nyerat boten pisan enget irama sastra makaten naming bujen gmanah daya-daya tumuntena rampung, mila kula anglairaken atur panuhun kula sagulma, dhaten gpanjenenganipun gunadi, ig wingking badhe sanget pangeker kula tumanduk ing budi mangangkah lamahing panyerat awit sareng nyumerepi panjurung panjenengan n saega tilem ginugah, rumaos sanget bonto, titi. Sinangkalan Guspendhetdahwen, taun Sirnaning wulan sinariran ing condra.

Semangtri. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina Sang pangeran Mating kundur sawadyanya, panggih lan senapati, laju sami sowan, marang narendra putra, katur tingkahing ngajurit, sang narpaputra, suka narimeng galih. Laju samya bujana para satriya, yata genti winarni, Businsu wus prapta, lawan sawadyanira, tatapa sanggrahan sami, para bupatya, pakuwon wus rinakit. Jajar –jajar nanging lungkangira tebah, pamurih ywa kuwatir, ing prang trombolan, kobet ingpapan wiyar, mangkana duk gunem pikir, apakumpulan, sagung para bopati. Tuwin para tabit nuju mlan pandhita, kasaru ingkang prapti, sanget karisakan, tumengung Tyongling sigra, mare king ngarsa tur uning, yen kawon anaprang, katukup ne wonadri. Wadya alit kathahkang samya palastra, dene tumenggung Tyongling, anandhang sangsara, tatu pungkuranira, jemparing magsih kekanthil, sangsenapatya, Businsu asru angling. Durung pira tumenggung Tyogling wis kalah, bopati aniwasi, lah ora sembada, gedhag-gedhig kewala,Businsu gya marentahi, para bupatya, kinen umangsahjurit. Miwah ptabit angarlan pandhita, tinatag larwawadi,lamun mangsah ing prang, murih marwa samengsah, nanging patrap ywa katawis, para pandhita, nyalimur laku sandi. Momor l;awan wadyane para bupatya, yata den tengarani, pangarsa wus budhal, kang dadya cucuk ing prang, sira kitumenggung Tongking, wadya salegsa, ngango gendera wilis. Kang nambungi tumenggung banbun ing wuntat, gendera biru sami, wadyane salegsa, kang sumambung malihnya, nama tumenggung Tyong Ongghi, wadya salegsa, ngango gendera abrit. Wingkingira tumenggung Lyokyong tindhihnya, nitih turonggga putih, wadyane salegsa, birugenderanira, nulya malih knag nambungi, Wilyong namanya, genderanira langking. Ngirit wadya salegsa ing wurinira, ugi kang anambungi, Tanbunlyong bopatya, ngirit wadya salegsa, angangge gendera putih, ing wurinira, bupati kang nambungi. Ki tumenggung Kimnongcan wadya salegsa, genderanira kuning, nunten sang dipatya, Atiguwan kang nama, genderane ugi putih, umbul umbulnya cemeng katon dumeling, Wurinira tumenggung tyongling punika, waluya denya kanin, sakecik wadyanya, sumarma munggeng wuntat, genderane moncawarni, ing wurinira, Ungyane senapati. Sang Businsu lan sagung para pandhita, wadyanira ngebeki, gandera mawarna, katon sinang beranang, magersarine angapit, yata winarna, lampahira wus prapti. Rakit gelar Businsu munggeng ing dhadha, yata sang senapati, Sikong wus parentah, nambangi rakit gelar, ayun-ayunan ing jurit, sang raja putra, Lalingong anjenengi Taksih wonten sambetipun

6 Ongka 21 Kemis kaping 26 Mei 1881

Surakarta Sanadyan boten kikirangan kucahing ngratu, ingakng rupi sandhang pangan dhumateng para tiyang miskin saha sampun katamtokaken ing panggenanipun ingakng kiwa, inggih punika ing kampong Kedhungkopi, ewadene ing mangke salebeting nagari kawontenaning kere, kados badhe ngrda pratistha satepining wradinan utawi ing warung-warung, mila bilih wanci siyang nedheng prung sangprung sanging badan kathah ingkang sami ngaring-aring wo0nten sangandhaping kagungan dalem waringin sengkeran wonten ingakng ajejegang petan weneh lemah- lemah, ngantos andadosaken ewanipun ingkang sami aningali. Bayi bunting ingkang sami dumunung sacelaking kampugn Mangunpradatan, kala Akat ingakng sawek kapengker punika biyangipun ajal jaran sakitpadharan kados ingkan wau kabingahen anggenipun nampeni arta, saking para tiyang inkang sai aningali, dados keladuken anggenipun jajan lotis pecel osapinten prihatin ingang sumandhang dhumateng pun buntungan. Ugi ing dinten Akat ingkang sawek kapengker, pun Surasemita tiyang ingkang marung sacelaking setatsiyun kamiwelasen dhateng tiyagn estri ingakng kinten umur 50 taun katingal kados kawratan panggendhognipun uwos, sabagor ageng, mila wau tiyang sareng ngaso wonten ing bangonipun surasemita, lajeng nedha tetedhan telas pengaos 30 dhuwit sarta prasaja badhe tutuwi sadherekipun kangg gegriya boten tebih kaliyan setatsiyun gendhongan uwos ing bagor katilar, nanging nedha tulung nyambut sangu arta ½ rupyah, dipun sukani wasana sareng tiyagn sampun tebih lacakipun uwos ing bagor dipun tuweni surasemita katingal bilih wedhi. Panjurung

Panjurung Ing nalika dinten Ngahat tanggal kaping 1 Mei taun punika, raden Su, ing Kajoharan kawedanan bupati Klathen, pinuju gadhah damel anetakaken tuwin sunat anakipun estri wahanakipun jaler, ing sasampuning kalegsanan tumunten mangun bujana, sakelangkungkathah ipun para tamu priyantun, dene lelangenipun dalu siyang ringgitan wacucal, tiyang ningali ugi sakelangkung dening kathah, tur pagriyanipun kalebet wiyar saha griya tembok carapadaleman kabupaten, suprandosipun palataranipun bentet tiyang jaler tuwin estri,makatena sareng wanci pukul sawelas dalu, ringgitipun pinuju medal janaka motha-motha garwanipun narendra ing sabrang, menggah larasing dhalangprayogi, tiyangingakng ningali jaler tuwin setri sami ajomblong, dangu-dangu tumunten wonten tiyang estri ragi sae werninipun, angggenipun ningali ringgit wonten ngajeng sarta ngadeg kemawon, lah punika andadosaken gumun, wau tiyang estri ingkang ngadeg wontening ngajeng dipun ganggu dening tiyang jaler sami ningali, anggenipun damel gumun wau de sarananipun ganggu among dipun damoni githokipun kemawon kok lajeng kindhil ing wusana sasampunipun sami dheliklajeng wonten tiyangjaler ingkang nututi, kilap rayatipun tuwin sedherekipun dhateng tiyagn estri ingkang kabedhangpunika, menggah salajengipun watawis sami purunipun lajeng ponca karasa tunggil sami satunggil, tujunipun boten mawi dedamel barng landhep, among angaben karosan tuwin angaben dayaning tangan, lahpunika ngantos angoregaken para prayantun ingakng sami lenggahan, sareng para jagi badhe tumandang amikut dhateng tiyang ingakng poncakara wau, pun poncakara lajeng udhr analusup singidan amor tiyang kathah, dados lajeng kecalan lari, dene tiyang estri wau dipun titip[arigsa sinten

1 rencangipun bedhang aturipun boten sumerep, dene sababipun purun dipun begta dipun westani rayatipun piyambak Katandhan pun Temen.

Blora Nalika wulan Pebruwari ingkang kapengker, tiyang nama Kartawirya mandhor jati ing dhistrik Panolan wanci enjing wonten satepining bangawan sumedya anumpak baita,ing ngriku sumerep wotnen satunggal baya angambang sakalangkung agengipun sarwi nyuwara anggigirisi, Kartawirya lajegn mantuk amendhet sanjata, wangsulipun dhateng satepining banawi pun baya taksih angambang, boten saronta lajeng kasanjata rambah-ramabah baya katingal kurda alumba-lumba sarehning panyanjatanipun boten kendel-kendel pun baya lajeng nyilem ing salebeting tira, Kartawirya anyipta bilih pun baya sampun palastra, boten watawis dangu baya angambang malih katingal mempeng kurdanipun kartawiya lajeng anyelaki, baya kasanjata rambah-rambah lajeng silem ing tira malih ngantos sawatawis dangu boten katingal angambang Kartawirya lajeng anumpak baita sumedya angupadosi dumununging baya wonten salebeting tirta, sadumugining telenging banawi baya katingal angambang malih saksana kasanjata saking salebneting baita, ananging baya katingal tahan datan karaos, Kartawirya sakamantyan bramantyanipun sarwi angucap lah kok isin temen saupama aku mundur mangkene bae, obat mimisku nganti entek kabeh kok wangune ora anukang tatu ora dirasa, jarene wong temenmantep iku luwih becik tur kalakon sakajate, iya coba ora pasha bedhil iya tak perang arit endhasmu, sanalika Kartawirya lajeng anggebyur ing tirta sarwi ambegta dedamel kudhi,lajeng saged angancik ing gigiring baya, sira baya kataman dadamel kudhi saking wanteripun pun baya saged palastra, sasampuning palastra, baya lajegn kaingghaken dhateng dharatan kaukur panjangipun 7 meter, sareng padharanipun baya kabedhel, isi gelang slaka kalayan supe utai rambut dados angemperipun pbaya wau mentas amongsa rare, antukipun Kartawirya tansah angungun sarta anuwuhaken cumeplonging manah. Kakinten 8 dinten laminipun saking palastra ning baya, asisten wadana ing Kedhung (Panolan) kadhatengan tiyang sepuh kakinten ngumur 80 taun sarwi ambekta darbekipun maesa satungggal sareng dipun pitakeni dening asisten wadana amratelakaken mangkaten: Nami kula ki Contika, griya kula ing dhusun Jipangulu, dhistrik Padhangan sacelaking benawi sala, dene parlukula sowan ing ngriki ing ngajeng anak kula taksih rare pinuju adus ing benawi punika ngantos sadinten boten mantuk sarengkula upadosi dhateng benawi wonten ingkang cariyos bilih anak kula wau satengahipun adus katedha ing bajul lajeng kula upadosi ngantos pinten-pinten dinten meksa boten pinanggih punika sakalangkung prihatosipun manah kula, dene anak naming sepalateka pejah katedha baya, mongka anak kula wau gantilan nyawa kula, sakin gmempenging prihatos kula, ngantos kula ngedalaken wiraos makaten e iya talah gustiAllah, sapa sapa kang bias nyekel baya kang wis mongsa marang anakku amasthi tak wenehi kebo ku kang gede dhewe, ing samangke kula miring kabar yakin bilih tiyang nama Kartawirya bawah Onder dhistrik Ngriki, mentas amejahi baya wontening benawi Sala, sarta sareng kabedhel padharanipun isi gelang slaka supe tuwi rambut rare,punika samun tatela bilih baya ingkang sampun amongsa anak kula, mila kula nyuwun pitulunganipun parentah, animbali dhaten gtiyagn ingkang nama Kartawirya wau, badhe kula sukani gadhahan kula maesa ingkagn kula bekta punika, wonten ngarsaning paentah mawiya kaseksen ing tiyagn sanesipun inggih punika anggen kula badhe angluwari ujar kula, sanalika wau asisten wadana sakalangkung pangunguning manah, kiontika lajeng kaserep serepaken mangkaten: Iya bener kaya kandhamu iku kabeh anananging muga pikiren kang dawa dhisik aja

2 nganti andadekake karugiyan mukang tanpa surup awit ilange anakmu karo patine baya wis sawatara lawas dadi durung masthi yen baya mau kang mongsa anakmu, lan ing bengawa kono cacahing baya ora mung siji ananging akeh banget mula saka pamikir ku during parlu upama kowe nglilakake kebomu marang Kartawirya, ewadene Manawa wus yakin kaya kaya ora ana pakewuhe. Ki Contika mangsuli mangkaten inggih sanadyanprakawis punika dereng terang bilih baya wau ingkang sampun mongsa anak kula ananging raosing manah kula sampun anamtokaken sarta kula angge animbangi cumeplonging manahkula, saminipun kados tiyagn nyeret tike saupami saweg mapan mongka tikenipun pangaos 6 dhuwit ical punika sanadyan lajeng dipun lintoni sarana katumbasaken kalih bobot punika tike kang ical rak inggih taksih dipun padosi, sanadyan katumbasaken malih ananging kang pangaos 6 dhuwit sarta lajegn kadunungna wonten sakiwatengening panggenaning ical wau ananging anggenipun andunungaken sampun ngantos sumerep dhateng tiyang ingkang kaecalan punika rak masthi lajeng marem manahipun awit panyiptaning manah tatela punika barangipun ingkang sampun ical mila prakawis punika sarehing sampun jalari mareming manah kula, dados kula sampun eklas maesa kula punika dhateng Kartawirya. Sarehning Ki Contika sampun kenceng sanet asisen wadana lajeng angleksanani dhatengaken Kartawirya, sarta tiyang tiyang sanesipun supados sami anakseni, sareng Kartawirya sampun dhateng ing griyanipun asisten wadana sarta para saksi, ki Contika lajeng anglairaken ciptanipun anggenipun angluwari nadir anampekaken gadhahanipun maesa kalayan eklas dhateng Kartawirya ingkang sampun amejahi baya wotnen ing benawi inggih punika baya ingakng sampun amongsa anakipunb minongka tondha lintu mareming manahipun kartawirya lajeng anampeni maesa sakalangkung ngungun bingah ing manah para tiyag ingkang sami anyumerepi ugi sakalangkung ngungunipun sasampunipun ki Contika tuwin kartawirya mantuk dhateng griyanipun piyambak piyambak ngantos sawatawis dinten sah andadosaken raraosan tatela tiyagn kina wau anglenggahi temenipun dene lalampahanipun Kartawirya punika kenging kadamel tondha bilih ing ngatasing kabegjan wau bilih sampun mangsanipun dhateng piyambak. M.S.

Panjurung Sampun salebetipun 8 taun punika anggen kula badhe anglairaken ing kanyataan woting pamanggih ugi saking pustaka bramartani, menawi tinimbang ing budi tansah anglancipi panggraita, upamimalih badhe sumerep indhak ipun ing tatakrami basa krami, silakrami,miwah bahe mangretos saluguning tembung tambah tambah badhe uninga, leres lepat ddos pustaka bramartani puniki,menawi naming regi 12 rupyah sataun pamanggih kula pancen mirah sanget amargi tinimbang kaliyan tansah angangin-angin pamirenging talingan boten saget angsal pakabar ingakng takyun, kados ingkang sampun kapacak kabar puniki, anamung sarehning tiyang punika,s alebetipun gesang naming sumingkir dhateng ing kapaten, aistiyari dhateng kawilujengan menawi sampun dumugi pejah boten kaersa gesang malih dados kula boten anglepataken dhateng samukawis katekatanipun piyambak piyambak para prawira ingakng kesdu amanjurung, tumerabipun tiyang ayuda, kathah warnining dadamel awarni warni, sakarsanipun ingkang kaagem naming waton kagaliya piyambak mugimugi sampun kantos adamel kusub ing pustaka utawi sampun adamel ituni, ingkang badhe adepok wados, miwah ingkang sarutumerep ingpasamuaning warti,menawi boten kapacak mindhak angometakenpangalih ngogo-ogo, kenyamelengipun langkung prayogi andamel suka seneng.

3 Suparandosipun kula angaturi panjurung, remeh awit saking pamanggihipun ing manah gugon tuhon saking balilet kula, boten wande badhe tampi tranggalaning paraa waskitha, ingkang sampun sirna gugon tuhon ning galih, nalika dalu wanci kakinten pukul 9 tanggal kaping 23 Meipunika ing griyanipun Kriya dimeja, pringgasuman Surakarta, suwung katilar kesah, nanging katengga denign tiyang sepuhipun wasana wonten ingakng langkung tiyang satunggal inggihpunika mas bekel trunadikrama, gudam gudam sarwi opyak alok menawi pojok griyanipun Kriyadimeja, wonten katingal pethak-pethak sami kaliyan lare ngumur 8 taun wantunipun tiyagn wau lumuh kawastanana alit ing galh dados kajiyat amarpeki panggenaning pethak-pethak wau , sareng celak lajeng ical, kasaru dhatengipun para tandang lajeng gumyah amastani memedi ingkang kawastanan wedhon,kaleksanan sadalu ingkang tengga wau kulisikan boten waget tilem, lah punika punapa sumelang yen bilaeni. Bab punika pakewet sanget ingkang dados pinanggih ing budi temen utawi dora kawontenanipun wawarnen memedi wau kla nyumanggakaken praanung ing pustaka Pakintunan. ======\======Inggih punika wujudipun sang julig anggodha dhateng tongga tapalihipun griya ingkang katilar wau, supados sami atintrim ajrih medal lajeng saged eca-eca anggening angangkudi barang Jurugubah ======\======Wangsulan katur ing panjenenganipun kyai ngabei Wiryasudarma, enggal. Kyai panjurung sampeyan bab tatakramaning kawula, kula ugi andherek mangayubagya, mila kua angaturaken pamiyaking kepek kados ing ngandhap punika. Ing ngaase sadununging sembah, among ing ngisor iki pratelane. 1. Ramalan ibu, karana iku dadi jalarane tumitah ana ing ngalam donya 2. Ratu, kang ngayomi ing ngawake sajronig ana ing ngalam donya 3. Guru, kang anarbuka budi,lumalading marang kawruh 4. maratuwa lanang wadon, kang adanarasa, jalaraning ngudi tuwuh 5. Sadulur tuwa lanang wadon mongka gagantine ramalan ibu

2 Dene atase sembah marang liyane, iku tumrap marang cara, dadi panulaking rengu, pantrape tangan anyembah, ecakingmarang ngirung patitise mangkene 1. Sembah luhur, dariji lanjempol padha mingkup cenoling ngepek-epek tumrap pucuking irung 2. Sembah madya, dariji mingkup jempol tangi sawatara, longkanging jempol tiba pucuking irung 3. SEmbah Cara, dariji satibane, jempol andhengkeng, pucuk jempol tiba pucuking irung, dene pangkate ana rilaning ati.

3 Patrape ujung, ing ngisor ikipratelane 1. Ngujung luhur, angambung dalamakan dariji tangan karo anyongga dalamakan Manawa tumrap ing kawula marnag gusti, darijiign tangan karo ora kena nyongga dalamakan epek-epeke tumapak mangisor, sarta pocot keris bukak klambi. 2. Ngujung madya, angambung dhengkul kiwa, dariji tangan karo anyongga dhengkul

4 3. Ngujung cara, angambung dhengkul tengen darii tangankaro iya anyongga dhengkul

4

Patrape sila ing ngisor iki pratelane 1. Sila luhur, muka tumungkul dariji tangan karo angapurancang, jempol karo padha kabekuk lumebu sajronig ngepek-epek. 2. Sila madya, lambunge andekung, darii tangan angapuraang, jepol karo tumumpang ing dariji kang ngapurancang mau. 3. Silacara, dariji tangan karo tanpa angapurancang, mugn sapakolehe

5 Patraping laku dodhok ingngisor iki pratelane 1. Laku dhodhok luhur, yen linawana, ing tangan epek-epek. 2. laku dhodhok madya, yten linawanan ing tangan dariji kang tumapak 3. laku dhodhok cara, yen linawanan ing angan mung sapakolehe

Patraping wicara, ingngisor iki pratelane 1. Wicara lan para luhur, sabarang kang den wicara, nganggo takjil sarta sumendhe, dugaduga empaning riringa saprayogane. 2. Wicara lan sasama, sabarang kang den wicara nganggo angon wahyaning mongsa kala, empaning prayoga ana ing kira-kira. 3. Wicara lan para ngisor, sabarang kang denwicara, mun glawan watara bae, angger anibani elebing tanduk iya cukup.

Ing nginggil punika, saking warta iyasanipun panjenengan dalem gusti kanjeng pangeran angabei, Atmajendra ing Surakarta, ingakng jumeneng sapunika. Mas Gunadi, pandangu sampeyan bab tembung ingkang kapundhutaken ing tegesipun ambok bilih pethuk ing panggalih, kula ugi tumut anyumbang, lan nanging panyuwun kula sampun kagalih yen ta dados ewoning sarjana, o tebih anglangut awit kula dereng kasconggah miji. 1. Titi, ambok manawi tegesipun pariksa, yakti, entek akon parentah tengah, wulan. 2. Surti, ambok manawi tegesipun ngatiyati, ngeling eling pangrungu 3. Ngatiyati ambok manawi tegesipun sampun jarwa 4. Nastiti, ambok manawi tegesipun leres terang, temen 5. Supengah, ambok manawi tegesipun amrih kapiyarsaha 6. Ujut punapa boten ujub yen saestuujub ambok manawi tegesipun amrih kaeramana. 7. Riya ambok manawi tegesipun amrih katona 8. Kibir ambok manawi tegesipun amrih ginunggunga 9. Taberi ambok manawi tegesipun saregep 10. Saregep ambok manawi tegesipun sampun jarwa 11. Tulaten ambok manawi tegesipun sampun jarwa 12. WEkel, ambok manawi tegesipun tetesipun manah leres. Tembung supengah ujub riya, kibir, punika panenipun tembung punapa, wonten dene manggenipun Na gegendhol menggah pamanggih kula inggih prayogi kaagem wuruk-wuruk ing karsa sampeyan piyambak. Pasar Kliwon Sinangkalan Pituduh ing pujongga kaesthi tuhu Jaka bancet

5 ======\======Nun mitra magelang, dhawuh sampeyan ing tembe masthi lajeng kajibaha nyang gikonthol bima punika kkarsanipun teka anguwas-uwasi, awit ciptanign manah, kula nedya aningali, ananging inggih amboten lajeng ngrogoh konthol bima, jalaran bau kula dados wiwilanganipun kirang saking kalih elo, lah saiba anggen kula badhe andamel kupat luwar saestu enggal kula aturaken dhumateng kyai Juru kunci, dados boten mawi mujudaken sisiking blorong Jaka Banjet.. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina

Ginarebeg mring sagung para satriya, samya rumegseng gusti, Sikong senapatya, ngampingi munggeng kanan, Jibica kang munggeng kering, kang munggeng ngarsa, gambuh pangera mating.

Senapati Businsu, aken tengara magut prang pupuh, senapati Sikong prayitna nadhahi, tengara munya gumuruh, sareng campuh ing prang popor. Gurnita kadya ladhu, tempuh caruk rok ruket gumulung, pandukingkang warastra pating carekling, tangkis tinangkis kumepruk, jemparing pating calorot. Abir pedhang sumiyut, samya suramarata tan kondur, kang palastra ing ngiles datan tinolih, mahambeg mangamuk liwung, wururah sumurung tanggon. Kuwel caruk- cinaruk, nirgagaman ruket udreg gelut, gugulungan agenti banting binanting, bithi binithi sareng pur, tinengeran mundur karo. Sakalating palinguk, ngungak ungak kancane wus mudnur, rada getun ambekis sareng malencing, cincing-cincing lan gumuyu, em tujunora macethot. Wus sapih prang garubuh, para satriya smi mangayun, mungsuh rowang badhe ngadani prang tandhing, sigra sang arya Businsu, ngatag prajurit kinaot. Nama Tongking tumenggung, prakosa gagah dedeg gung luhur, kinen mijil sigra anitih turanggi, madhigada nguwuh mungsuh, payo papagena ingong. Sapa kang arsa lampus, iki andeling prang sang Businsu, yata senapatiu Sikong gya anuding, Gogi Macan kang jinunjung, dadya senapati anom. Pantes nadhahipupuh, samya birawa tuwin geng luhur, Gogi Macan umangsah nitih turanggi, sarwi unclang gadanipun, tumenggung Tongting melongok. Andulu mungsuhipun Gogi Macan ngundha gada muluk, ki tumenggung Tongking amicareng ngati, siGogi Macan pinunjul, baya baya kalah ingong. Si gogi macaniku, wus misuwur prakosa dibyanung, kasembadan dhapure gagah respati, wokbris capang ulat sirung lir macan arep bebadhog. Tongking pijer ngacemut, Gogi Macan wus prapta ing ngayun, asru ngucap eh Tongking payo ajurit, tadhahana gadaningsun, aja pijer dhelog-dhelog. Sun gada mengko remuk, ki tumenggung Tongking gya sumaur, payo tibakena ing sun tan ngoncati, Gogi Macan sigra mupuh, tumenggung Tongking mancolot. Lan ngikal gadanipun, Gogi Macan kudae pinupuh, sirah remuk Gogi Macan kajumpalik, tinututan yun pinupuh, tangi krodha nagkis tanggon. Bregagah duk piinupuh, gadane Tongking lagya sumiyut, tinadhahan tinampan ing ngasta kering, sinendht Tongking kajlungup, binithi niba geloso. Gadane wus karebut, tumenggung Tongking tangi gya janur, Gogi Macan tan obah males nampiling, Tongking panone sumaput, tinendhang gya tiba lunggoh. Konange ting kalepyur, kujengkangan ngadeg nora pecus, wadya bala surake mawanti-wanti, suka denira andulu, kiTongking prangira repot. Senapati Businsu, wruh yen Tongking kasor yudanipun, gya angatag tumenggung Banbun ken mijil, nulungi Tongking tumenggung, Banbun gurawalan miyos.Mikul aire ngrengkuk, dharat prapta

6 kitumenggung Banbun, agya tulung mring Tongking kang den jejegi,ngikal abir duka miyut, Gogi Macan gya mencolot. Lan ngunus pedhangipun, karya nangkis abire kiBanbun, Gogi Macan tinilar tumenggung Tongking, kiTongking wruh gya lumayu, jarunthul ngidhar wus adoh. Prapta ngarsa Businsu, matur lamun kasor yudanipun, Gogi Macan tuhu kalamun sinekti, ing mangke tumenggung Banbun, ing watawis kadi kasor. Taksih wonten candhakipun

7 Ongka 22 Kemis kaping 2 Juni 1881

Serat kawat saking tanah Eropah Tanah Tinus ingkagn tiyangipu sami agami Islam kabawah karaton Istambul dereng lami ayuda kalihan tanah Pranse, ing mangke sampun teluk saha ratunipun sampun adamel prajanjiyan amasrahaken wawengkonipun, sinuhun ing Turki tan karsa angidini prajanjiyan wau, mandar ratu ing Tinus karucad ingkang ratonipu ananging tanah Pranse boten anganggep bab ing pangrucad wau. Kathah para bongsa arab sami anjarah rayah dhateng ing Mekah, para tiyagn ingkang minggah kaji sami dipun balejedi.

Surakarta Kulawisudhan Sakingkarsa dalem Lowongan abdi dalem kaliwon jaksa, ingkang kakarsakaken agentosi, panewu jaksa ppanumping rahaden ngabei mangun pradata,mengggah namanipun kalulusaken. Lowongan panewu gedhogn tengen kasentegan mas ngabei martadiwirya, abdi dalem mantra gedhong tengen nama nunggak sami ingkang dipu gentosi tirtadipraja Mas Menakdira, abdi dalem panewu recaci ing Sekar kadhatonan sampun angsal pamanggih supados tataneman jeram bali enggalipun who, inggih punika sadaya godhong ingkang tumuwuh ing deleg sami kapethelana, utawi pang ingkang alit ngalit karempelana ugi.

Boten tebih kaliyan nagari ingdhusun DAbag nusupan wonten wit asem ingkagn sakalangkung ageng, kiwatengenipun sinawung ing dhedhapuran deling ori ingkang sampun tumruna, ngantos tataunan boten nate karampas mila sapnika wit asem wau kaangge suyasaning wanara kathah, malahmargiingkang sangking Dabag dhumateng Nusupan nabrang lepen Jenes ingkang sampun nyngap kaliyan benawi, punika samangke panambanganipupn ngantos pejah, bilih tiaygn satunggal kalih kimawon ajrih langkung ing ngriku, sebab riwonda sampun nate abencana ngrarayah, dhatengsatunggaling tiyagn estri kang lumampah ing ngriku gendhogn tetedhan menggah wanara ingkang pratistha mandiraning ngasem wau, warni-warni ageng alit wonten weneh wonteningkangbuntung kdos sampun nate kaingah ing tiyang utawiingakg sawek anunusoni, boten kirang rerangkokanipun. Ing nalika dalu angrintenaken dinten Akat tanggal kaping 1 rejep taun punika, griyanipun tiyagn wasta pun Pus, ing kampugn Bratakusuman kalebetan durjana pandung, sarana ambikak gedheging pandhapi, pun jutis aweg amendhet warni udheng kalih iji, lajeng konangan dhateng ingkang gadhah griya, lajeng kabujeng sart kaelokaken pun juti anggenipun lumajeng ngantos dumugi ing kampong Pamotan PUnpus tasih ambaledig kemawon, rehning pun juti rumaos badhe kapikut lajeng nalusup ing capuri padalemanipun raden mas Panji Sasradirja, Punpus ragi rungak sarta pakewet dene pun pandung asingidan ing padalemanipun prayantun dados anggenipun alok dipun sesegaken sarta sora sanget ing ngriku lajeng tiyagn pakampungan ing bawah pamotan enggal sami tandang tulung, saha mirantos dadamel ligan angepung capuri ing Sasradirjan sareng ngantos wancijams atengah nem pun juti kenging kapikut lajegn kaladosaken ing kapulisen Yudapranatan alajengipun dursila kasimpen ing griya gedhong kang sakelangkung tretip.

1 Dereng watawis lamikalayan kabar Bramartani ongka 20 bab tiyang Ngarab (Arab) ingkang kacariyos berler sregep anarusul ing pagriyanipun para tiyagningang gadhah dame ling samangke kaleksanan kados ing ngandhap punika. Ing nalika Rongga Truna Suwahya, griya kampugn Aryasebratan bawah ing kamangkunagaran pinuju gadhah damel mantu, ing sawawratipun inggih prayogi menggah lalangenipun tuwin para prayantun ugi kathah igkang sami jagong, sadangunipun para prayantun karsa lelangen awarni-warni, tuwin sami mangunbujana,katingal dahat sukarena, makatena lajeng kasaru dhatengipun tiyang igkang ambeg narusul tur kethuh, inggih punika tiyagn Arab ingkang sampun kabiwara rambah rambah, sareng dhateng tiyang Arabw au lajeng sumalegreng, awor lenggah kalayan para prayantun kathah, dene para prayantun igakng dereng nate sumerep sami tuwuh ing pangungunipun dene wonten tiyagn sanes bongsa lajeng sumalegreng sila tumpang maan badhe tumut bujana, ingkang saweneh mesem ananging kendel kimawon mila makaten ambok bilih tiyang ngarab wau dipun aturi dhateng ingkang gadhah griya, ingkang saweneh prayantun ingkang sampun sami sumerep karemanipun tiyagn Arab kang makatenpunika sang prayantun tamu lajeng tuwuh renguning panggalih, ing wusana apitaken dhateng ingkang gadhah griya, punapa tiyagn Arab wau dipun suruhi jagongas wangsulanipun Rongga Truna Suwahya boten rumaos nyuruhi, Rongga Truna Suwahya ragi kalingseman wusana tuwuh bramantya, lajeng pitaken ingkang kabirwara ing Bramartaniongka 20, inggih tiyang Arab punika, Truna Suwahya agya parentah dhateng para jagi, tiyagn Arab kang tanpa cara wau dipun ken gelandhang medal dhatheng jawi cepuri, sarta dipun sukani panedhanipun arta sarupiyah lajeng kapurih kesah, anaming pun Arab boten ajeng nampeni arta kedah tumut nanedha ingakng ngeca-eca kimawon wusana kaberanang ing kridha, pun arab badhe winasa-wasa, pun Arab agal anarik sabet katamakaken ing badanipun piyambak kang mawantu-wantu, ngantos damel gendra, areng badhe kapikut ing tiyang kathah lajeng malajeng sipat kuping, ngantos sapriki boten wangsul-wangsul. Katandhan satuhu ======\======Panjurung Wonten pinanggih ing manah, bab rina, kaliyan wengi, awanipun ing mongsa ketiga, sanget gesehipun, yen siyang bingung ing badan karaos sumuk sanget anggenipun badhe istiyari saget ta suda raosing sumuk, yen dalu bingungkaraos asrep, sanget angupaya sudaning raos asrep, wondene liput-linimputipun sampun tartamtu gentos angaling-alingi, naming bab mangretosi pun satunggal panggenan nanging tansah geseh ing pamanggih utawi raos inggih punika manah bodho kaliyan ingakng kenging kawastanan saget punika teka geseh sanget kados ta pun kula punika kenging kawastanan tiyang bodho, sabab sampun kereb temen salah penampi, yen pinuju wonten tembun gukaranipun panjurung, ingkang ragi panjang kula waos wongsal- wangsul ka dereng saget kangsil pisan-pisan dhateng, kecaplesipun pikajengan ingkang kawrat ing ngriki, trakadhang pengalem kula kinten pamada pamada kula kinten pangalem, naming sarehning pustaka warti punika susuhing pambudidaya, lan kathah pawartos ingkang amrih seneng wasana sareng tiyang bodho kados pun kula, sangking selang tampi, sareng maos bab panjurung gugon tuhon bingung bilulungan, teka dugi sapriki taksih dereng pinanggih yektining pikajengan kados ta bab wedhon warti kapengker punika ing Pringgasuman Surakarta, punapa warti damel suka seneng punapa warti damel susah, panuwun kula dhateng para sarjana mugi karsaha paring jarwa, dene yen mas bekel trunadikrama punika, pancen tiyang sae salaminipun,

2 kenging kaalembana , anggenipun saregeb nganglang ing wanci dalu, supados nebihna kajuti sudibya. Katengeran, tanggal 1 Rajab JImakir, Sonya Tunggaling Brahmana Purun Semangtri ======\======Olah dalah, sampeyan raos aken rumiyin ta, sawarniing pawartos ingkang sampun kapacak ing Pustaka Bramartani, boten niyat amrih sangsaraning para priyantun, amargi ing pustaka, badhe nampik sawarnining panju ingkang boten prayogi mila sampun salah tampinun Kyai Jurungarang. ======\======Nyuwun Barkah Sampun wiwit kina makina ing sartepining dhusun nendrakila punika wonten umbulipun sarta wedaling umbul sakalangkung aengipun salebetipun taun ingkang kapengker umbul wau esat babar pisan boten mijil tirtanipun ngantos garing, laminipun ngantos 8 wulan sarehning tirtanipun parlu sanget milir dhateng pasabinan kathah saha ingkang kaanggge tumrap para titiyanging dhusun sakiwatengening ngriku, bilih kalajeng saestu badhe anjalari kasangsaraning kathah, para pangagenging dhsuun ngriku sakalangkung sungkawa pambudinipun amurih gesangipun umbul kados adapt lajegn wonten saweneh ing tiyang sepuh ingkang anggancaraken bilih umbul punika kala jaman kina sampun saben saben pejah boten mijil tirtanipun dene saget dipun gesang pun umbul pulih kados adat sarana katanggapaken ringgit taledhek sanalika wau pangagenging dhusun ngrikulajeng ananggap ringgit taledhek wonten ing panggenan satengah ing tilas umbul ngantos sadinten sareng sabibaring ringgitpun umbul saged pulih mijil tirtanipun malih kados adapt lastantun dumugi sapunika saya ageng wedaling tirta. 2. Ingkang sampun mupakat saben-saben umbul wijiling tirta tamtu saking sangandhaping wreksa ageng, punika ingkang kula suwunaken barkah mugi wonten para saarjana ingkang karsa paring katrangan sababipun ingkang kocap 2 bab wau. Jaka Marawi. ======\======Tumanduk dhumateng putu kula Jaka Banjet Sakelangkung suka pirenaning manah, dene sampeyan karsa anguruni katrangan tatakrama ning kawula, sanajan dereng jangkep sapanedha kula, ananging sampun angsal sasirah saprangkad ingkang gumathok dados sampun saged amadhangi kapetenganing manah, jalaran kula asring miring priyantun angraosi panewu mantra agenipun nembah dhateng lurahipun nalika wonten ing pasowan srimanganti, utawi wonten salebeting karaton makaten malih anggenipun ngangge tembung kawulanuwun, punika sami kawastanan boten sumerep leresing tatakrami, mongka kula neges watonipun naming adapt kina, mila kula pratelakaken ing bramartani, embok bilih wonten sarjananing witaradya ingkang saged paring katrangan, awit saking kabar, nalika ambangun kagungan dalem sasanasewaka punika, par abdi dalem sampun kaparingan pranataning tatakrami, manawi kapara yektos mugi kapratelakna ing slaugunipun menggah panuwun kula punika kaugi tumrap dhumaeng sarjana ning witaradya ing ngayogyakarta, wasana kula taksih angajeng-ajeng paringipun sih kawelasan para berbudi. Ingkang ngaji aji kaprabon angluhuraken karaton Kyai NgabeiWirya Sudarma. ======\======

3 Sakalangkung andadosaken ing pangajeng-ajeng kula, awit para sarjana dereng wonten ingkang sami karsa angawe panyuwun kula kados ingkang sampun kasebut ing Bramartani kaping 24 maret 1881 ongka 12 bab asli pamendheting watekipun sangkalan punapa ingkang makatenpunika ginalih karemehen mongka tumraping kula sakalangkung prelu,jalaran ing Bramartani, saben saben tamtu wonten titimangsa ingkang dipun sakalani, punapa kalampahankula suwunaken barkah dhateg bujakirana kemawon inggih manawi katampen renaning panggalih. Ing wasana esthi kina, kaping 30 Maret 1881 pun Siswaprasaja ======\======Panjurung Ing serat kabar Bramartani kaiti masang kaping 26 Mei taun punika ongka 21 wontenpanjurung suraosipun anedha katrangan bab lelembat punika saking pamanggih kula ingkang winastan lelembat wau boten wonten nanging kula boten saged anerangaken kalayan pratondha yekti, dene anggen kula kumapurun mastani boten wonten jalaran salami kula dereng nate nyumerepi wujudipun saha marojol sakin gelmu kasunyatan ewasamanten manawi lelembat punika kagalih wonten kula mugi kajatenana ingkang kalayan patitis lelembat wau kadadosanipun saking punapa utawiputranipun sinten. Kaping 2 Rejep Jamakir, tanpa budi sarira iku Katandhan ARja ======\======Katur paramonggita Amargi saking punapa, tuding pandoman kang mawi, cinet biru ing pucuknya, lamun ebah sawatawis ajeg dumunung mungging, eler ajenging kang tuduh, tuwin godhong kucingan paran darunanireki, yen dinumuk pangsengleh mingkup kang patra. Dhuh-dhuh Jaka giritirta, ulun sampun aningali, panjurung mongka tatanya, pinten inggilng kang tiris mayangkaranya keksi astha elo panjangipun ananging kalilana, ulun umatur sakedhik, cangkriman ta punika dereng acekap, Jakabanjet. ======\======Katur wangsulan Lieing tembung, piningul sinusur wuluh, mangsah munggwing bramartani, minongka pratandhanipun lestarining manah kadi, mangarang ririh ing mirong. Dene ulun wis pamit arsa ngaluyug mring betolah sedya ngaji, nanging dereng pangkat ulun wasana antuk pamyarsi, bramartani wonten katon. Dhawuhipun kyai dhalang kedhung kawruh, juru ngarang amengeti, dumunung ing ngandhapipun sanepanira semangtri, rasaning penget rumojong. Mawa tuduh den mandheg tumoeh ulun, mring mitra ing Bramartani, dhuh kiyai doning kawruh, sakalangkung trimah mami,makaten yaktining batos. Ugi among, enget mring sang patma kawruh, denya sih marang ing dasih dene pamudya mba muhung, ing mangke senindya mantra, semangtri awya kuwatos. Lamun ayun saraseyan bongsa kawruh,sawatara ingkang gampil kewala yogi adhawuh, mring bujakirana awit miramba duk cendhol-cendhol. Marmanipun pisahan kalawan u lun krana tansah nyulayani, saking ambaremen darung, wasana pamuhi mami, kantuna samya winahyon. Mardi agung, wonten ing byantaranipun pustaka dibramartani sampun ngragoni mring ulun titi tutur saking mami, tranggatawur, badhe kaos. ======\======Panjurung Wangsulan Yudakenaka, kaaturarisa sang jaka Marsudi, giritirta wiyosipun, ulun ugi umiyat, pustaka kang kaciri ongkang rong puluh, mijil kemis ping rengaaaalas, mei

4 jro warsa puniki, 1 wonten ta pandangu mawa, sinkarta sekar sinom pengrawit, caos katur paagung, amugn ulun sumengka, tur wangsulan angingu umaksih pugung, tangeh prato mongka astran, parandeca rak magnsuli, 2 saking Pandangu bab witlal, udaya kang tangeh sapun winudi, kaigahan tanpa nuju, deta kayang-ayangan, astha elo palajeng kataman ukur, muhung kirang tranbagaskra,paran mugging …wanci, 3 tamatemumuggah mongsa, karekaro, kapat paranta katri, kalmia kanem sakemput muput saput ing sadha, sadhangena dilangkeb menem bagayuh, kayuhan ananing kina, kaki-kaki ana tuding 4 kadreng dununging kang swarda, deyang ngayang jam mamamet pangruti, tiniti pecak salikur, joblah satengah astha,meneka pat tumbuke sirna tan kukur, tengangetabah satengah, kalih wlas titi Semangtri.

======\======Punika serat purwa: Krimataya Langkung kasmaraning warti, ngencengkening tyas maharsa, sanitya sisrurenane, wanter ing pangisthinira, dadya mamardyeng basa, ngambil sapangat praluhur, peling kaliling kalanglang. Darma nunurat tinuding denira ingkang prawara, kawedhar ping catur ngampel, tinengran lek patlikurnya, Jumadilakir warsa, jimakir sangkalanipun, SirnaBudasarirengngrat. Pangiket warsi teng karti, karta kartanign jajahan, jaman purwa sabibare, duk aprang geng bratayuda, pranata sasuruan, kang maksih prasamya kumpuyl, munggneging praja Ngastina. Wilapa rasasinungi, ran lampahan pamekratan, wiwit wetu pamiyose, sri Parikesit Ngastina, dumugi sang srikresna, nganglang bawana mriihayu, tutulung dasih sangsara. Miwah dugi mektat sami, sagung kadeyan Pandhawa, puwara dugi sangkatong, parikesit dipayana, bebedhat wanawasa, ila kinarya panjurung, kasidhem keh mapangatnya. Nahan mangkona kawarni, panjejering kang carita, dyan parikesit binobot,yun dumadya mijil nata, tumerah prapteng makya, duk mangkana para ratu, ing Wiratha lan Cempala. Mandura wus samya pamit, kundur marang prajanira, kebut sawadya bala keh, kapengker puraNgastina, muhung srinata KResna, kang maksih kantun atugur, miwah wadya bala kuswa. Kuneng mangkona kawarni, kanang sajuga wetusang, nata dwi sampyuh ing tyase, kresna lan sriyudhistira, lingsira rastri kaagyat, anoncah\ya abramurub, sumilak ing ngantariksa. ARdagumebyar nelahi, tanpa eyang bagaskara, ing gagat injang sirnane, ngungun srinata kalihnya, miwah kadang kadeyan, prasantana punggawa gung, pamyat dahat kaawokan. Sri bathara Arimurti, ginubeling para kadang, bab bicahya tarbukane, dera makemputing praja, Ngastina kaebekan, sirna mehkagantyan asuk, pamojare nata kresna. Maturing rimangkya lewih, kaemengan anarbuka, binudi daya dangune, taman temu nang tarbuka, milabilih sambada, ulun miwah yayi prabu, miwah ari sadayanya. Yogi manuku semadi, ngeningken cipta maminta, sih ing jawata supados, tinarbuka ing panedha, sriyudhistira dahat, jumurung karsa sang prabu, taman lenggona pakosang. Sanggya wus parintah sami, mrih sukci sanggarpidikan, wus saput ign sasarate, narendra kalih anulya, minggah sanggar pamujhan, tan kantun kang rayi catur, sawusipun ing satata. Mangobar dupa gondamrik, samuha manungku puja, melenging cipta tan toleh, muhung yang maha wikenang, sih asung sapanedya dyan ing titah titih tuduh, duh kintaka limpud cahya. SArastri istri semadi, dentaPandhawa myang kresna, nahan ing ngenja wedale, bagaskara mungup arga, anajleg tanpa angkan, marmaning ya anarawuh kang wus sarira bathara. Bagawan BIyasa linggih, tinut kang atur bathara, preet sadaya dupya non,Pandhawa kresna tan samara,yen eyang kang tumedhak, wus luwar semadi gupuh, sadaya manguswa pada. Panguswanya ganti-ganti, sawusnya dugi dyan arya, sena kang eyang pinondho, sinunggi munggeng mustaka, waliwali ping tiga, wus sira satata lungguh, hyang bathara abiyasa. Angandika ris amanis,

5 ewayah samuha marma, pun kaki ge-age rawoh,, arsa pitutur ing kinta, katrima pamujanta, nunuhun wruh babar besuk, kang cahya jrah dirgantara. Derarda limput ign raptri, yeka kang cahya nugraha, sirnanya manjaman mangko, tumerengwa tenganira, mantuta ign wiratha otari winah yeng ulun, benjang babar mijil priya. Sameneki si otari, resanen sadalem pura, dugi ing benjang babare, jabang jabungen paparab, paharikersid denta, katempuh tempah sesepuh, tan liya kaki sri KResna. Anunggal geh baya pati, sanyawalanign Pandhawa,kang tumangggap payo gyane, parmaning yang jagatnata, jeneng talan rinira,Pandhawa sakadang besuk,ing jabang bayi wijil. Padha angambila siwi, iku benjang diwasanya,kang wenang jumeneng katong, aneng karaton Ngastina, iku paparabana, wawekasaning juuluk, dipayana natasura. Gumer sumaur lir peksi, manembah nuhun sandika, mituhu saparentahe, wau bathara Biyasa, wus sira angandika, lajeng musatan kadulu, an para dewa sakawan. Wus lejar tyas ingkang wingit, KResna sakadang Pandhawa, samya uwar semadine, sapraptanira ri soma, miyos ingpanangkilan, rising yudhistira prabu,lan raka bathara KResna. Pratistheng ngamparan kalih kagarbeg cethi parekan, samurai Pandhawaneng, byantaranira kang raka, ne katon ngadhangkrang, samya anangkil mabukuh, panidya mantra punggawa. Nembah nguswabyantaraji, wonen ata nangko dasabrang, ngajawi marenjeng katong, mangaturaken daganan, keeling wis mong juragan, akathah daganganipun, kang samya winoting palwa. Miwah dangangan turanggi,wastga jurgan TRenggana, dhateng kawula atue, sinumanggakaken jeng nata, agya kinon mariksa, mung turongga kang panuju, sakartaji paringana. Kya patih mundur wotsari, amariksani turongga, sarta padngu atue, jurgan katur sadaya, patih andakawana wangsul mareg ngarsa prabu, patih sigra matur nembah. Pukulun srinaranata, ules jene sakawan, kang satunggal jajam biru, ature dhateng kawula. Juragan Trenggana gusti, ing ngaturaken kiwala, bekti ing jeng sang ngakatong, sang prabu alon ngandika, dhawuh nasinagkoda, atur titiyang marang sun, luwih banget sun tarima. Sijuragan ign samangkin sun junjung dadi punggawa, ing kutha kuningan lunggoh, pasisir makisih jenenga, rising muka Trenggana patih sandika wotsantun sang prabu jengkar ngadhatyan. Taksih wonten candhakipun Semangtri.

======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina Jer Gogi Macan pengkuh, kuwatipun kadi gajah ngamuk, amba wau yens ampun den tulungi, sayekti kalamunlampus, Businsu myarsa anjomblong. Lan dulu yudanipun ki tumenggung Banbun nerep rubuh, Gogi Macan megsih gagah dereng rempit yata kang ayuda caruk tumenggung Banbun kasliyo. Abibinabit putung kari garane yata ki Banbun, tyase miris sigra uncat wus malencing, nunjang nunjang mor wadyagung, hdaresel lan sikep awor. Businsu dupi dulu, yen tumenggung banbun wus lumayu, ken tengara angundurake kang baris, pinareng lan surya surup wadya bala mundur karo. Sapih kang aprang pupuh, Gogi Macan undure pinethuk marng senapti Sikong gya kinanthi, lan Jibica sarengipun marek mring sang prabu anom. Sapraptanira ngayunan, mesem sang naendra siwi, kakang sikong senaptya, paran tingkahing ngajurit, sikong umatur aris gusti ing prng wau unggul, punika Gogi Macan, ngasorken bupati kalih, ki tumenggung Tongking lan Banbunpunika, Lamun sampuna lumajar, kadi kekalih ngemasi, mongka bupati kalihnya, puniku prawireng jurit banbun lawan punTongking, nguni kinarya gegedhug, asring ungguling yuda,marma Businsu watawis, kadi kadi punika tyas se garowah. Suka sang narendra putra, Gogi Macan pinisalin sinubeng subeng kamulyan bujana nalika latri, pepak

6 para bupati, tuwin satriya gung-agung, samya binoa karma, tuwin sangpangeran Mating, prabu anom dahat sih mring kulawarga. Lumintu paparingira, kadyangane mamet galih, mring sagung para ssatriya, tuwin Sikong senapti, wigya amerapeti, dadya Santana sumuyut mijil kasuranira angajap tempuhing jurit anaur sah marang Busti raja putra. Yata gnati winursita Businsu nalika latri, bujana mumulih wdya,ngiras gunem ing ngajurit Businsu mojar aris eh sagung para gumenggung, paran kang dadi rembag amrih ungguling ngajurit raja putra Laling Ong abot sinongga. Bobote siGogi macan bias ngasorke dipati, mendahane Sikong ika, lawan si pangeran Mating, the polawan si kuwi, iku kasebut pinunjul laniku si JIbica, julage sangsaya dadi, sigra matur LyongOcinjin sang pandhita. Taksih wonten candhakipun

7 Ongka 23, Kemis kaping 9 Juni 1881

Surakarta Wonten tuwan malebet ing nagari ngriki, mondhok ing losemenipun tuwan Selir, ambikak sasana pakaryaning gambang sorot tuwan tuwan wau sami andedahaken damelanipun gambar, warninipun saestu amunjuli ing sanes-sanesipun gambar sorot ingkang saben saben sampun kagiyaraken awit damelanipun tuwan wau mawi warni, manut warnininipun tiyang ingkang kagambar, pandameling gambar wau uga grag engggal saha ing tanah jawi sawegnembe punika wonten wah reginipun murwat ======\======Wakab Kula miring pawartos yakin bilih ing samangke masjid salebeing kitha Bayalali sumedya kamulyakaken badhe kawewahan masjid panggenan sembahyang ipun para estri utawi kawewahan surambi, gapura, sami katembok payon sirap ugi badhe kawewahan capuri pager banon wondeing bondha kajeng sirap banon sasaminipun ugi sampun acumawis inggih punika griya pandhapi tilas kawadanan pamaosan ing Bayalali, ingkang amandhegani ambudi mulyanipun masjid wau saking pawartosipun 1. Ngabei ing Singatenaya, abdi dalem mantripamaosan ing Bayalali 2. Kaji Ngabdul Manan 3. Pangulu ing kitha Bayalali, sarta sampun sae kakapti kalayan para ingkang nembe ambudi kawruh sajati dumunung wonten ign masjid wau amargi sampun sakalangkung kathahipun kadadosaning bondha ingkang sampun cumawis waragatipun mijil saking para pakempalan ingkang sampun sarujuk sami wakab sakuwasanipun ingkang sami anandangi garapan damelan ugi para tiyang ingkang sami wakab babau saeklasing manahipun ananging ugi katingal sakalangkung kathah para tiyang ingkang sami wakab bau sarta sanesipun wiwit pangarapipun nalika dinten Akat tanggal kaping 1 ulan Rejeb taun JImakir, ongka 1810.

Saking pamanggih kula bilih sampun dados kados badhe kathah paedahipun amargi ingkang sampun kalampahan ing saben wulan mulud angajengaken bakda, kathahpara kaji saking tanah pasisir kilen sarta ler ingkang sami tawab dhateng masjid ageng Surkarta, punika asring kaweken pondhokanipun amargi ingkang masjid Byalali ingknag suwau kirang wiyar tur taksih kirantgmirantosipun mongka sapunika badhe wiyar sarta badhe amirantos saparlunipun. Mila pawartos punika kula gelaraken ing serat kabar, sakingpamanggihkula sarehning lalampahan punika para tiyang sami amastani pandamelan sae,dados ambok manawi wonten para ingkang karsa wakab amanjurung masjid wau sakarsanipun sampun ngantos kacuwanan pangalihipun Katur etanggal kaping 12 wulan Rejeb tinengeran Kombuling janma mangesthi nabi. Katnadhan pangindhung ing WAtes Amat Salim.

Kala kaping 28 Mei, wanci enjing kula kliyek-kliyek badhe ngaring-aring manah dhumateng pacakrama an dalem ing Tanjung Anom sareng lampah kula dumugi kreteg GEdhawung, mambet gonad ingkang sakalangkung arus awaning gonad wau tumanduking grana kados angraremed jantung, yen ta sampuna kadereng anggen kula badhe dhateng tanjung Anom kados lampah kula wangsul ing ngriku kimawon, sangking boten aged nayuti dhateng ardanig gonad, mila lampah kula tansah atukup arung, sareng dugi sakiduling dhusun gedhawung, wonten ara-ara ingkang sampun

1 kaadegan gubug, katingal pinten-pinten bago kathahing gereh tongkol bosok sami kaeler wontening ngara-ara wau,s arta ing ngradinan sampun kathah alu,lumping ingkang kasediyakaken, dados ing ngriku panggenanipun tiyang cina ignakng sami ulah trasi, mila kawewahan girising manah kula sareng sumerep pandheplokipun, awitpinten-pinten leksa kathahing laler wilis ingkang sami umyung ngrubung tumut kadheplok.

Aneh anehan Nalika tanggal kaping 25 wulanpunika, estrinipun demang Mangundiwirya, ing Ngreden dhistrik Bendha kartasura, wanci enjing andadar tigan ayam badhe kadamel anglujengaken sekul wuduk amargi dalunipun malem Jumungah jaleripun mentas tirakat ing pasareyanipun Kiyai Ageng Pruwita ing Ngreden, wasana sareng tigan sampun kapeah kacemplungaken ing wajan salebeting jene tiga wonten tiganipun malih, agengipun kakinten satiganign peksi emprit lajegn kalimrahaken ing tonggatapalihipun anangin amboten memper bilih tigan emprit jalaran kandeling cangkang sami kemawon kalayan cangkanging tigan ayam mila andadosaken gumuning para tiyang ingkang sami aningali dene salebeting tigan wonten tiganipun malih. Panjurung

Sarakah Nalika taun ingkang kapengker kula maos serat kabar Bramartani, ingkang angocapaken patraping srakah tiyang ingkang sami imah-imah bawah Naib ing Klathen ananging nalika samanten kula amboten gatekaken jalaran kula manah embok manawi among saking sasengitan sareng samangke kula kerep amrangguli tiyang imah-imah sarta kula anggaekaken lepados terang panedhanipun srakah para pangulu ingkang wajib among sikumi, menggah tetelanipun ambokten among pangulu ing Klathen kemawon sanadyan pangulu sanes-sanesipun ingkang wajib amusikumi aningkahaken bab panedhanipun srakah meh waradin kathahipun ingkang sampun kula sumerepi para tiyang alit kuli dhusun bilih dhudha imah-imah angsal rondha punika srakahipun 2 rupiyah sisih dados 4 rupiyah, bilih jaka imah-imah angsal praran sarakahipun 2 ½ rupiyah dados 5 rupiyah samanten wau manawi ambokten mawi nabuh gongsa sarta bilih dhateng ing griyanipun pangulu, bilih mawi gongsa sarta pangulu kadhatengaken ing griyanipun ingkang kaningkahaken punika sarakahipun tikel wondening bilih ingkang imah-imah wau bekel sapaninggil bab arakah saestu mindhak sapangkat pangkatipun saking tiyang alit mila sawatawis kathah para tiyang alit ingkang imah-imah kasangsaranipun among prakawis sarakah, ing sapunika para tiyang alit ing dhusun sami amumuhi wontena karsanipun kanjeng parentah ageng nagari, aparing pranatanprakawis sarakah wau, ingkang pancen tiyang alit amiskin sanget bilih imah-imah sageda angaturi srakah among akuwasanipun supados sabibaring imah-imah taksih wonten ingkang katedha kalayan estrinipun. Katandhan Jaka Pekir ======\======Kasangsaran Tiyang anama ki Pitrah kinten ngumur 70, taun boten gadhah yayahrena, among pondhok ing wismanipun kapenakanipun wonten ing dhusun Gathak sampun boten gadhah pangupajiwa, paka pamanipun anyeetike, dene pandamelanipun among ananedha sanak sandherekipun saking sampun salaminipun sanak sadherekipun sami amurih ngundur-undur dumugi samantunipun anggenipun darbe pakareman wau,

2 sumedya kasanggi tedha sacekapipun jangji saged amantuni anggenipun anyeret ki PItrah sampun sagah kalampahan sandhang tedha sadinten-dintenipun sampun kasanggi para a sadherekipun saweg kalampahan sawatawis dinten ki pitrah rumaos bote saged ana anaken raosing badanipun badhe cariyos kalayan sadherekipun saha badhe anedha arta kadamel tumbas tike sakalangkung lingsempun lajeng anggadhugaken pambudinipun saben dinten angupados kajeng dhateng tegil kasade sapajengipun punika wiwit saged lulus ajeg panumbasipun tike saben dinten ananging bilih kapitakenan sanak sadherekipun taksih kenceng pamukripun sawenehing dinten kipitrah keri cintaka boten saged dhateng gegil angupados kajeng dados nganton pinten-pinten dinten boten saged nyeret punika sangsaya karaos raos badanipun kalajeng sakit panas tur kaelut sakit padharan ananging bilih kapitakenan purwanpun dening para sadherekipun taksih kenceng boten saged amrasajakaken sareng tanggal kaping 28 wulan punika ki Pitrah kesah saking panggenanipun ngantos sadinten sarehning angleesi sakit mongka kesah ngantos dangu lajeng ta upadosan wasana ki pitrah kapanggih wonten satengahing lepen anjepupung tumumpang ing sela mujur mangaler, sampun palastra, pangintenipun para waris ki pitrah wau saking panas raosing badanipun lajeng anggebyur ing lepen samentasipun saking lepen boten saged ana anaken agenggenipun sampun boten nyeret pinten-pinten dinten kalajeng pralaya wau, pangungunipun para waris inggih ta lah dene palastra kemawon parlu temen tdhak ing lepen supados dados kinoning para rare kathah. Mila bilih tiyang kados ki PItrah wau derng parlu anengenaken pakareman anedha kadadehaning apyun, kajawi bilih sampun anetepi wawilangan kados ing ngandhap punika. 1. BOten lumamp[ah damel sarta boten kaereh ing sasaminipun 2. Bilih sampun langkung bondha ingkang katedaha mung busananipun 3. Tan darbe panyipta indhak kamulyanipun 4. Ingkang sampun pantog kawiryanipun

Punika lajeng ngupados tambah ing kanikmatan boten wonten malih kanikmatan wau kados tiyang anedha kadadehaning apyun ananging patrapipun kedah ngandhap punika.

1. Gelaran bantal guling kasuripun ingkang resik 2. Bakal kang kinarya tike suwiran ulam pitik 3. Dilahipun kedah lisah klentik 4. anendra jam 10 siyang dereng ngalisik 5. Salebetipun anendra wonten kang ngisik –isik

Lah saiba nikmatipun amargi saupami tiyang ingkang lumampah damel kados ta dados abdi dalemprayantun sasaminipun punika bilih darbe pakareman mangkaten wau, sanadyan sampun tamtu bilih kadamel singidan ananging ugi raosing manah amboten saged jenjem amargi salebetipun angraosakenkanikmaatan andemipun lajeng kaengetan ungelipun serat dhawuh pranatan dalem sadaya para abdi dalem ingkang anedha kadadosanig apyun sampun katamtokaken boten saged minggah pangkatipun saha kaundur saking palenggahanipun mongka sampun mupakat sanget para ingkang kagungan pakareman mangkaten wau sanadyan sampun skalangkung remitipun ananging ugi meksa kapyarsa ing sanesipun malah terkadhang saking panjanging padwartos lajeng kauningan ing nagari, dados anggenipun amatapaken reremitanw au kados tanpa damel. Bilih tiyang ingkang dereng langkung bandhanipun kados langkung parlu katanjakaken betah ingkang saged waradin sayayah renanipun amargi bilih

3 katimbagn kalayan among tumrap sariranipun piyambak prayogi tumrap sayayah renanipun. Bilih tiyang ingkang dereng angsal pangkat ing kalenggahan mongka taksih ambudi angsalipun kasdrajatan angengeti dhawuh pranatandalem sadaya tiyang ingkang sampun anedha kadadosaning apyun sampun katamtokaken boten saed angsal darajat mongka sanadyan sampun remit arekanipun ananging maksa boten saged sirna misuhuripun. Mila ing samangke sawatawis kathahpara babekeling dhusun ingkang kapocot saking pangwasaning pulisi rol amargi saking kacihna anggenipun sampun purun purun kanggenan apyun miwah tike peteng, sanadyan dereng tatela bilih kasade ananging ugi lajeng katetepaken ing ngatasipun bekel purunpurun maha anedha kadadosanign apyun kedah kapocot saking kabekelanipun. Wondening ingkang asring anuwuhaken pangugngun bilih wonten sawenehing bekel sara demang dhusun pamaosan ingkang gadhuhanipun siti langkung 2 jung, punika bilih kadakwa dening telik ingpak apyyun sarta lajeng kagledhah denig pulsi ing griyanipun kapanggih, tike peteng ingkang pangaosipun boten kirang saking 3 dhuwit boten langkung saking 6 dhuwit punika sasampunipun kapriksa rol lajeng kaposot sarta lajeng kapatrapan paukuman nyambut damel paksan wonten yasaning nagari, lahpunika bilih kamanah panjang saestu boten saed timbang sanget kanikamatan kalayan kasangsaranipun. Mila saking pamuhi kula la mugi para babekeling dhusun sami angengeti bilih apyun peteng wau awisanipun kanjeng gupremen wondening tike pasang punika awis sandalem dados prayogi sanget bilih karsa anebihaken sadaya, sanadyan para pangagengipun ingkang darbe pakareman wau mongka boten nate tumbas tike peteng ananging masthi tike padhang, punika bilih angengeti cacepenganipun serat piyagem punapa manahipun saget jenjem Kintunan ======\======Candhakipun cariyos kaji Muhamat Saleh ing Kungon inggih Kyai Secang. Jaka Sayun ing ngangkat benjing, sakalngkung sih siniyan, kalayan tuwan asisten, riwusing alama-lama, gancaring caritanya, anenggih raden tumengggung, Udanagara samana. Keni sisikuning nagri, tinarkamisesa janma, yata wus trang papriksane, pinindhah sng tanah jawa, dumunung tanah sabrang, nulya binudhalken gupuh, tan winarna solahira. Karsaing kanjeng gupremin, ing kabupaten Munthilan, kang tupati sasirnane, tan kinarya kabupateyan, mung tetep kawadanan, neng Prabalingga dumunung,kanthi kontrolir sajuga. Mantri dhistrik lan kolektur, mantra cacar ingkang maksih jaksa patih ingkang sirna, tuwa Takpinindhah maring, afdheling Temanggung dadya, asisten residhen malih.Tuwan Tak ngakdika arum, jaksa sira hya prihatin, wus dilalah karsaning hyang, supeting lalakon iki, ora luwih mung narima, nging hyang sumelang sireki. Miluwa marang Temanggung, sun tulung pakaryan malih, ing tembe Manawa ana, karsane gupremen mami, bias antuk kanugrahan, dadya panggeldhenig nagri. Manawa sun bias nulung, kaluhuran mring sireki, tan winarna solahira,mung mituhu sakarsaning, saweg waweka sajuga, aneng ing Munthilan nguni. Garwa putra kinen kantun, sang jaksa arsa tutwuri, marang ing Temanggung kitha, prapteng temanggung tan lami, kisulawisudha dadya, mantra gudhang bako nuli. Nehen gantya kang winuwus, jeng tuwan atampi buslit, pinindhah dudunungira, mring pakalongan nagari, jeng tuwan tandya ngandika, eh mantra gudhang samangkin. Dadiya kawruhanamu, yen ingsun atampi buslit, pinindhah mrih pakalongan, paran karsanira mantra mantra gudhang aturira, lamun paduka angalih. Sayekti kawula tumut, sanadyan marang

4 Batawi, jeng tuwan Lon ngandikanya, yen mangkono mantra becik, temen mantep marang ingwang, marma sun duwe punagi. Animbangi katrisnanmu, ing lair tumekeng batin, sapa temen tinemenan, sapa kang sih den asihi, ing tembe kalamun ana, kanugrahaning hyang widhi. Sun sinengkakken ngaluhur, sira sun gadhang bupati, yata datan kawarnaha, sang mantra wus turuti, mringnagari pakalongan, anjongos tuwan asisten. Jeng tuwan bidhal lan sampun, neng pakalongan alami, yun tinetepaken dadya residhen kalongan nenggih, mung anganti buslitira, tuwan tak ngandika aris. Mantra Pujinta kang Kabul, Manawa wus tetep mami, sayekti sun tulung sira, pangggaweyan kang barkati, irabara bias dadya, pagedhe kutha ing benjing. Kawarnaha lampahipun, sadereng nya tampi buslit, atampi surat pawarta, tuwan Tak kasiku dening, kanjeng gupremen Nederlan, wurung pinaringa bulsit. Sabab wus kinarya tamtu, residhen yun den tetepi, tuwan tak langkung sungkawa, mantra umareg ing ngarsi, jeng tuwan alon ngandika, eh mantra wruh anta iki. Sun dadya residhen wurung, malah sun kadhuwan runtik, dening gupremen Nederlan, wus samya bekjane iki, saiki sun arsa budhal, apel mring nagri Batawi. Sowan jeng tuwan guprenur, anarima temen mami, tan rumasa sisip ingwang, lamun ingsun wurung dadi, residhen bedhiksun nulya, perlop mring nagri Walandi.Eh mantra paran karsamu, apa milu mring Batawi, sang mantgri lona turira, nadyan pejah sun lakoni, anjanma akaping sapta, tan lyan mring paduka yekti. Sanadyan mring langit biru, sayekti amba tutwuri, jeng tuwan manis manabda, yen mangkono luwih becik, nulya bidhalan saksana, marang nagari Batawi. Badhe wonten sambetanipun

Candhakipun cariyos ringgit Cina18810609 Dhuh sampun paduka susah, menggah kasoring ngajurit, kalamun tegsih kawula, kadi gampil maekani, mrih kasor mungsuh segti, yen suwawi lan pukulun, dinten ing benjang-enjang, paduka nuduh bupati, umangsah mring kawula tumut umangsah.Nyalimur amor lan wadya, ing mangke yen camph jurit, kawula ingkang marjaya, mring mengsah Ywa wonten uning, lawan kang para tabit, tuwin ingkang para wiku sami biyantonana, medalaken surasekti, yata arya Businsu suka miyanrsa. Ing dalu samya pinatah, ing gelang kang mawa wadi, yata kawarnaha enjang, tengara mijil ing jurit, nitir gubar lan bering, barungan rowang lan mungsuh, baris mijil malatar,punggawa satriya mantra, agarebeg marnag ing sang senapatya. Yata wus samya prantondha, angandani aprang tandhing, Businsu nuduh punggawa, aken mijil ing ngajurit, Tanbunlyongsang dipati, nitih kuda mangsah gupuh, sarwi amandhi gada, prapteng rana nguwuh tandhing, payo sapa paagena yudaningwang. Pangeran Mating tumedhak, arsa umagut ing jurit, prabu anom angandika, yayi ywa sira metoni, megsih akeh prajurit, para satriya gung agung, padha pwireng yuda, umatur pangeran mating, pun Tumenggung Tanbunlyong langkung prakosa. Kalamun dede kawula, tan bunlyong awrat tinandhing, JIbica nambungi sabda, angger dipun ngati-ati, tanbunlyong bok manawi, kanthi gelar mangsah alus, Pangeran Mating saurnya, inggih kakang wus ngawruhi, cagendhinge Tanbunlyong ulun kaduga. Pangeran mating sigra medal, sarya wahana turanggi, mandhigada praptng rana, Tanbunliyong asru deny angling, eh sira pangram Mating, kang mapag ilah dene eman-eman,Sikong becik konen mijil, aja sira pangeran age mundura. Pangeran Mating asru nabda, ingsun bae anguwisi, payo apa aneng sira, sigra sareng ngangkat bindi, gapyuk gitik ginitik, nanging kitumengung banbu, gadane kerep kuntal, ragi repot ing ngajurit, katingalan Lyongho Cinjin sigra mangsah. Nyalimur kadi pupudhak, pamurih away katawis, sapraptaning rana-rana, Lyongcinjin sigra mangarsi, mangsah angikal abir, narajang abir smiyut, pangeran mating rikat, abire sinabet bidi, abir tugel Lyongcinjin

5 sigra lumajar. Pangran Mating gya narajang, tumenggung banbun ginitik, kena tangane anglumba, gadane malesat tebih, pinindho gya ginitik, gigire kena gumablug, karung kerungkep wus lumajar,pangram mating anutui, mring LYongsanjin, sarya sru denya ngandika. Eh wong ngendi kang wus gerang, tambung laku ing ngajurit, pagene teka lumajar, sidhawuk dudu wong becik, nyalimur kaya anjing, abire putung jerunthul, yata wau sang JIbica, nututi pangern Mating, sarya nguwuh pangeran mating dika wangsula,. Sampun bujung jalma gerang, puniku wasta LYongcindjin, pandhitarsalaku cidra, JIbica sanget ngaweri, nanging pangeran Mating, amegsa denira bujung, LYonghocinjin uninga, meh kaaaaaaaacandhak den tututi, sang Lyongcinjin sigra denya narik pedhang. Puniku pedhang pupujan, sinawataken tumuli, pangeran mating trangginas, pedhang tinangkil ing bindi, nanging datan ngeneni, tinangkis bisa nalusup, laju tumameng jongga, sira sang pangerna Mating, kaparwasa pegat utamangganira.Gumebrug nibeng bantala, pangram Mating wus ngemasi, JIbica waspada mulat, gya ngawe arya Sikuwi, kinan angrebut Jisim, pangram mating sirahipun, ywa kongsi keneng mengsah, sigra dyan arya Sikuwi, lawan ARya Tehpomyang para satriya. Mangsah dharat ssasarengan, gumrubyug samya nututi, Lyonghocinjin nilap-nilap, lumayu awor lan baris, para satri ngukih, braise mungsuh den amuk, rinampet pinedhangan, sikuwi lir bantheng kanin, miwah TEhpo tadnange lir gajahmeta. Widya guru sakbelasah ang katrajang tumpes tapis, nanging Lyonghosinjin oncat, denya lumayu wus tebih, mundur arya Sikuwi, angrompamring layonipun, pangram Mating binegra, makuwon katur mring gusti, prabu anom ngungun denira tumingal. Kumpul kang para punggawa tuwin sikong senapati, wus sumiwi mungggeng ngarsa, JIbica kang munggeng kering, ngandika raja siwi, paran wusaneng prangpupuh, pejahipun yayi mas, sinten sayogi gumanti, jumenenga pangeran ngreh prasatriya. Jibica alon aturnya, angger kalamun sayogi, pun tehpo pantes punika, tindakipun kadi sami lawanpangeran Mating, kadang nak sanak puniku, lawan jeneng paduka, myang prawiranipun kadi, unggul kedhik punTehpo ing ngadilaga. Yata kapanujonkarsa, kinen ngundhang ken tumuli, tehpo jumeneng pangeran ganteni pangeran Mating, wus kinepyukken nuli, munggengh pasamuwan agung kalawan rembagira, JIbica myang senapati, ing ngayuda sayogi mundur mrign arga. Kuneneng rembag sampun dadya sigra ngundhangi wadya lit wus budhal minggah mring ngarga, lan manjer bandera putih, pratondha kendel jurit nanging ken prayitneng kewuh, yen mengsah arsa nglanggar, tinadhahan balowarti, ginunturing jemparign pasemyang sela,. Kuneng gantikang winarna, Businsu sampun udani, yenmengsah kendel tan yuda, Businsu sumepek prajurit rembag arsa nginggahi, mangrurah agraning gunung, sabab saking aturnya, sang pandhita Lyonghocinjin kadi mengsah undur nya dahat sungkawa. Awit saking pangeran mating sedanya,kaprawasa ing jurit Lyongcinjin kang medhang, sumarmi yenlajenga, kadi Sikong senapati, kawula tigas yen Sikong wus ngemasi. Raja putra laliong gampil kewala, mugns ikong makewedi sumarma yen minggah, ulun prih asusumbar,lan pipisuh kang druwili, sikong den ajap yen sikong purun mijil. Boten wande ing mangke kawula tigas, Businsu duk miarsi,langkugn sukeng driya, sigra aken tengara agya budhalaken baris syara gumerah, panganjur pra bupati Taksih wonten candhakipun

6 Ongka 24 Kemis kaping 16 Juni 1881

Surakarta Nalika tanggal kaping 13 wulan punika wanci sonten ing dalem pangabean wonten dhansah, inggih punika amarengi tingalanipun wiyosan kanjeng pangeran angabei tumbuk sapindhah, sanadyan ing sontenipun sakalangkung ing deres jawahipun ewdene para nyonyah tuwin para tuwan ingkang sami dhateng inggih kathah, sampeyan dalem ingkang sinuhunkanjeng susuhunan ugi anedhaki, kadherekaken panjenengan alem kangjeng gusti pangeran adipati anom tuwin para gusti putra dalem saha para pangeran Santana dalem sawatawis panjenenganipun kanjeng tuwan residhen kanjeng tuwan jendral ingkang amarengi wonten ing ngriki, tuwin kanjeng gusti pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, kadherekaken putra Santana Mangkunagaran sawatawis inggih sami anjenengi,menggah bibaripun ngentosi ing kondur dalem ngantos amapagaken wanci bangun enjing, para tamukatingal sami rena, punapa malih sareng sami aningali bilih panjenengan dalem kanjeng gustipangeran adipati anom karsa amurwani lalangen dhansah, punika ingkang anambahi suka bingahipun para tamu, saha sadaya lajeng guyup amangayobagya dhateng karsa dalem pamujinipun karsa dalem wau ing wuri mugilulusa, sapinten ta badhe lulut sumungkemipun mongka spraja punika ingkang dipun tengakaken inggih naming panjenengan dalem wau. Menggah sunggata tuwin anggenipun angladosaken boten anguciwani, angatawisaken bilih ingkang kagungan damel awegig aha nastiti,pancenkaconggah ananggapi para tamu, sarehning sasampunipun deres jawahipun lajeng kepyur-kepyur, dados kembang api ingkang dipun suled sonten wau, kadadosanipun anyuwakaken manahipun para ingkang sami anggatosaken naming aningali punika kemawon wasana pamuhinipun ing kathah ingkang kagungan damel mugi ginajnara segerkawarasan saha pinanjangna ing yuswa, supados sageda dados tatimabgnanipun amomong narendra putra. Katur ing wulan rejeb tanggalkaping 18 Sankala tinengeran MuiksanUnggal SArira Aji Kintunan pun Abdi

SeratPanembrama 1 Sekar ageng, Sranjana,lampah, 12 pedhotinglampah 4:8: dhawah ing gendhing kinanthi bayong: pelok pethet barang. Siwoyendra: ing ratri mangun sesasuka: karya srana, tedhansah.

Cara Walonda, kang supaya supeketing pawong mitra:kang sinedya: nambahi utameng praja.

Pinardi mardaweng kidung, panembramanireng ratri, wiyosan sang narpatmaja, ping nembelas soma manis wuku tolu wulan Rajab sritumurun tunggaksemi. Ing warsa JImakir tumbuk yuswa tigang dasa warsi langkungkalih tetepira dhuh Allah kang maha suci, winantuwa panjang yuswa,kanjeng pangeran angabei. Marmarta langening dalu para gung rawuh ing panti, pinuju asuka rena kanjeng sang srinarapatilan putra Santana wadya neng sajroning suyasadi. Kapinuju rawuhipun: jendral tuwi dheafdheling;Sepeksi mring Surakarta, jeng tuwan Ahmot Asmeki, tenapi kang among praja: jeng tuwan Yekel resdhensi. Lan malih ingkang tinamu sadaya kang samya prapti rpanyonyah lan para tuwan pinuji reseping galih supaya anambahana kawiryanireng prjadi.

1 Tumurun myang tumaruntun wibawanira dhatengi, ing saterah sanityasa kongsi praptajaman akhir,lineketna suka wriya, wiyaring jajahan aji. Jejega salamenipun pinujja pinuji puji, tulus dadya pangauban nira wadya saprajadi wimbuh in pangreksanira para gugn bongsa walandi. Myang karya rerengganipun sanggung ingkangpeni-peni busananing Surakarta, pinantu arjanign nagri, dadi sukaning sapraja, marmanta kang murbeng bumi. Tinulusna sapandhuwur, away na sawiji wiji, waler sakertinebahna pamuhinira ign ratri, jengpagnran sumadiningrat neng nganyipta sarira ji.

Dereng dangu raden sumaatmaja, ingkampung Purbasediran kaecalan supe sela inten dhapur bandhilan kinten pangaos 150 rupiyah, kadekekaken bangku andhap ingkang boten tebih kaliyan patilemanipun naming raden sumaatmaja boten gadhah panginten manawi supe kapendhet tya satunggaling sanes sabab sadangunipun patileman utawi alebetin ggriya, boten wonten satunggal tiayhgn ingkang ngambah, kajawi naming sagawoningkang sampun lulut sanget dhatengpiyambakipun mila raden sumaatmaja agadhahi panginten bilih supe katedha dening sagawon wau, mila sona lajeng karante, sarta kaweleg tetedhan saben sagawon bubual tinjanipun katingalan wasana saestu sareng pambucalipun sampun rambah-rambah, lajeng bubual malih ngwedalaken supe ingkang ical wau. Kintunan.

Wangsulan bab Barabudhur Mitra kula Jaka Banjet darbe panyipta sumedya amariksani barabudhur ananging anuwuhaken sumelanging panggalih amargi kakinten badhe amboten gadug panrtogohipun ingkang kasebut konthol Bima, sarehning raosing manah kula ingkang kajibah angaturi katrangan bab wontenipun ingkang kasebut konthol bima wau, bilih mitra kula sudi ing sasaged kula ugi angaturaken katranganipun sagaduging manah kula kados ing ngandhap punika. Saking pamanggih kula wontenipun sasebutan konthol Bima wau embok manawi among tumrap para rare sarta para tiyang ingang taksih sakalangkung kirang mangretosan kados ta tiyang alit ing dhusun dados lajeng kenging kasebutaken anggugu ujar tan tuhu amargi bilih kula pirid kalayan wujuding reca ingkang wonten kurungan kasebut bima punika ambokten wonten emperipun babar pisan kalayan bima ingkang sampun kacithak dados wayang, punapa malih reca ingang kakurungan wau cacacahipun kakalih wujudipun sami, ingkang satunggal dumunung sawetanign gapura ingkang satunggal dumunung sakilening gapura, wontenipun lajeng kasebut bima wau embok manawi saehning raa pinten-pinten ewu ingkang katingal ageng piyambak among kakalih punika, sarta temenipun amboten mawi isarat punapa- punapa, wondenign tatelanipun, sapuaking bara budhur wau kadunungan griya pasanggrahanipun kanjeng tuwan residhen ing Magelang, saben alalangen dhateng ing barabudhur wau kalayan para prayagung jawi walandi sanesipun among parlu amariksani reca-reca ingkang sakalangkung kathah sarta ingkang warni-warni wujduipun boten mawi angocapaken konthol bima, mila bilih mitra jaka banjet karsa badhe amariksani punika among kagungan panyipta ngupados kasenengan sampun kagungan panggalih sanes-sanesipun patraping lalampahan supados saged kumpul suka pirenanipun kula gelaraken pisan saking nagari surakarta anitih kareta latu, anjog pakendelanipun ing ngayogya, saking ngayogya anitih rata apesipun glindhing, awit psewanipun mirah mirah, among kantun 3 epos saking ngayogya wau, kalajengaken kemawon anjujugi ya losemen walandi sangandhaping barabudhur,lajeng ngunjuk unjuk unjukan saha dhadhaharan sakarsanipun bilih sampun ngaso lajeng minggah

2 dhateng barabudhur ananging mawiya ambekta sadhiyan unjuk unjukan amargi bilih anggenipun wiwit minggah jam 11 siyang dumugi ing nginggil kinten jam 4 sonten amargi saking seneng sarta saking inggil kathah kokipun sokur mitra kula jaka banjet lajeng karsa tinjo mring wisma kula sacelaking ngalun-alun Magelang, kula punika tukang sugih obrol sarta sugih pamer, bilih mitra kula dumugi Magelang kula pameri kawontenanipun kitha Magelang, ing samangke karsanipun kanjeng gupremen ing arehning kitha Magelang wau sampun kaukur tengah leresipun pulo jawi dados katamtokaken dados puuseripun nagari jawi, sapunika kadunungan griya tangsi badhe panggenanipun para prajurit dharahatn kakinten panjang wiyaripun 1 ½ pal pasagi, malah kabaripun badhe kadunungan panggenging prajurit jendraling wadya bala dharatan. Salebeting kitha wonten griya pamulangan 3 warni, ingkang satunggal griya pamulanganipun para rare kados ingkang sampun kalimrah. Ingkang satunggal kasebut sakoan raja, inggih punika griya pamulanganipun calon guru jawi. Ingkang satunggal kasebut sakolahan Dhelep wondening sakolahan Dhelep wau griya pamulangan pratikeling anindhakaken padamelanipun kanjeng gupremen sadhengah atmajaning prayantun utawi sanesipun kenging malebet ing griya pamulangan wau, saben tuan lajeng kateter kawigyanipun kasebut Eksamen pundi ingkang sampun cekap anglampahai panamelanipun kanjeng gupremen lajegn kaparingan buslit, ttep angsal pangkat palenggahan kados ta dados juru serat kantor tuwin juru serat dhistrik sasaminpun bilih dipun Eksamen taksih kirang cekap sanadyan sampun pinten-pinten taun anggenipun malebet ing griya pamulangan saestu dereng angsal pangkat palenggahan dados sapunika gampil sangt para ignakng ambudi pangkat palenggahan. Mila ing sabawah kabopate Magelang ingkang sampun katingal samangke patraping waradnan ageng alit wardin sarata patraping dhusun dhusun radin resik sakalangkung andadosaken penginan amargi sadaya lalampahan patrap-patraping nagari sampun kaparsudi wonten ing griya pamulangan sanadyan bekeling dhusun sasaminipun ingknag tumut anglampahi Eksamen mongka kakinten cekap inggih lajeng saged angsal pangkat dados asisten wadana. Obrol kula punika bilih amboten lajeng kenging sisikuning mita kula jaka banjetg kados badhe amaedahi dhumateng sawenehing tiyagn ingkang dereng sumerep sokur wonten katrangan sanesipun Katandhan Jenal Ngabidin ing Magelang,

Candhakipun Cariyos kaji Muhammat Saleh ing Kungon inggih Kyai Secang. Sang mantra kang datan kantun, neng nagri batawi lami, tan winarna solahira, gancaring carita nuli, TuwanTak antuk nugrha, kinulawisudha dadi. REsidhen ing Bangkahulu, sjabanin gtanah jawi, tuwan Tak lon ngandikanya, mantra sun saiki tampi, buslit sidadadi ingwang, residhen dumunung nagri. Tanah sabrang Bangkahulu, sira miluwa mring mami, besuk yen prapta ing kana, sira ingsun tulung yekti, kaluhuran ingkang mulya, away tanggung sira mantra. Sang mantra prihatin langkung, panembah waspa dres mijil, dhuh begjan badan amba, angela lakon puniki, saka mantyan gidhuhing tyas, lir mas tumimbaling warih. Kala wingi ulun anampeni tulis, saking ing Munthilan, yen pawestri amba lalis, atilar anak sajuga. Enjingipun ulun tampi surat malih, saking ing paakan, atmaja mba jalu pekik, ugi tinakdir pralaya. Kehing susah samangkya lagyan dhatengi, marma ulun kedah, pamit mantuk mringnagari, munthilan yun boyong suta. Kang tinilar praya itunireki, dilalah karseng hyang, ulun tinakdir nglampahi, sangasara kasurang-surang.

3 Muga-muga ing tembe nak putu mami, bangkita atompa, ulun kang nglakoni sakit, jeng tuwan angrangkul sigra. Angandika sarwi waspanya dres mijil dhuh mantra kayapa, tega temen marang mami, yen wus kenceng panyiptanta. Teka bener kaya panemumu iki, nanging hya sungkawa, lamun sira kudu mulih, mengko sun sangoni arta. Sacukupe sira anggo angingoni, anak rayatira, sadurung e oleh kardi, lan sun paringi busana. Sapantese supadya hyang lingsemreki, praptanta ing kana, lan sira ingsun gawani, tondha nawala manira. Mring jeng tuwanresdihen Magelang benjing, kang supadyasira, nulya tinulung pakardi, kang kandel tyasta mring suksma. Nulya pinaringan busana miranti, lawan arta kertas, nalawa wus den tampeni, mantra pamitwus linilan. Tan winarna lampahira sampun prapti, satepining wana, sang mantra rayan tumuli, anulya wktu sembahyang. Neng sangisoring mandera silir-silir, satepining sendhang, yata kasaputing wengi, sang mantra nulya anendra. Sakalangkung sungkawanipun tyasneki, yata tabuh juga, wus sedhenge lingsir wei, sang mantra wungu saksana. Gya sembahhyang ngumpulken panyipta iening, tyas tuwakub mring hyang, minta luwaring prihatin, sajroning tuwakubana. Lamat-lamat swara kapuyarsa dumeling, jebeng luwarana, turiradanira mring widhi, gya mantuka mring parakan. Yen wus tentremmring Magelang tumuli, suwita jeng tuwan, yen mantep tyasira pasthi, tanlami antuk kabegjan. Anging among sapangkatira pribadi, dene bratanira, gonira kasengsem maring, kalyaning karuhuran. Lamun kenceng mantep panyiptanta pasthi, benjang atmajanta, priya iku kang nampeni, lan saturunta sadaya. Swaminira atmajaning mursit benjing, triwawekanira, kang pambayun iku benjing, anurunaken punggawa. ATmajanta kang priya awajib nampeni, brata panyiptanta, wusira lakoni lami, lan satedhak turunira. Samya atuk pasiyanira nagari, tandhane ing benjjang, kalamun sira wus lalis, saluhuring kuburanta. Ana wreksa kang tumuwuh aneng kijing, iku wiwitira, gathuking bratanireki, wus mangkono karsaning hyang. Sasirnaning swara nedheng gagat ening, anulya sembahyang, sabakdanira lumaris, wus marem raosing driya. Anging tansah angungun samargi- margi, dene kang sasmita, teteh wantah kadya uning, kang during myang wus rinakyan. Tan winarn lampahira sampun prapti, ing Kedhu parakan, lan ki Mursit wus kapanggih, tanapi lan swaminira. Kyai Mursit lan swami samyandras mijil manis atatanya, kulup datan nyana mami, lamun sira maksih gesang. Atmajanta kang priya samangke lalis, sang mantra karuna, wus karsaning sanghyang widhi, dhatenging cintaka amba. Tanwinanra sasolahira alami, sang mantra anulya, pindhah mring Magelang nuli, lan atmaja swaminira. Tmajanta kang palastra ibuneki, ing ngambil anulya, aneneng ing magelang lami, sang mantra umareg nulya. Mring jeng tuwan residhen magelang sarwi, ngaturaken surat, kang saking tuwan tak nuli jen gtuwan lon angandika. Sun wus tompa karepe si etak iki, kang kasbut nawala tumrap marang sira mantra, samengko paran karsata. Matur nembah sang mantra menggah pun patik yen pinareng tuwan amba suwita ing ngriki, ulun andhndhang pakaryan. Sakarsa tuwan ulun kadugi, jeng tuwan alon pangandikanya, ya iku prayoga bae, sun paring ken sireku, marang kantor anambutkardi, sang mantra tan pepeka, pinaringken sampun, mring kantor tetepa magang, tan winarna solahira wus lami, jeng gupremen nederlan.Dhawuh marang pangagenging nagri, yun karya beteng dumunung ana, ing kitha pojok samangke, mundhut janma kang langkung, wicaksana amandhegani, sakathahing pakaryan magnya during antuk, jengtuwan miyarsa warta, lamun mantra kanglagya magang samakin, satuhu wicaksana. Sayekti cukup lamun tinuding, gya tinimbalan danguprapta, jeng tuwan dika age, eh magang marmareku, sira ingsun undang mriki, dadi ya kawruhanta, ing suntompa dhawuh,kanjeng gupremen samangkya arsa karya beteng ing kutha Bahrawi, mundhut prayayi jawa,. Yun kapatah mandhegani kardi,kaparingan pangkat mantra karya, garabeteng sarampunge,

4 tembe lamun wus rampung, kaparingan pensiyun yekti, sun saang among sira,mandhegani cukup, marma yen sireku kasa, sun atur ken ingkang jeng gupremen mangkin, mantra umatur nembah. SAdaya dhauh paduka yekti, sakamantyan bingahing tyas amba, kawula among dhedherek, sanadyan prapteng lampus, tan lenggana ulun pupundhi, jeng tuwan lingkung rena angandika arum, sira nulya rarakita, besuk senen yekti sira tampi buslit, srta banjur budhala. Badhe wonten sambetipun.

Candhakipun serat purwa: Krimataya

Bubar sawegung kang nangkil, samya mantuk sowing sowing, nahan gantiwiniraos, antara samadya condra, praptaning paranata, kang rumiyin ingkang rawuh, sridurpada ing Cempala. Pendhak dintenipun malih, praptane noting Wiratha, lan wadya bala saparo, antawis ing pendhak dina, nulya nata Mandura, rawuhing narendra triwus, ganti-ganti tutundhukan. Sinamudana prasami, ingkang roma ingkang eyang, Hyang raka mandura katong, saben prapta sinugata, munggging ing dalem pura, miwah wadya bala sampun, kinurmat datan sangsaya. Wiratha Sri Maswapati, makuwon ing siti bentar, papajangan ingkang kilen, pakuwon nota Cempala, papajanganing wetan, srimandura ngalun-alun, pinapajang lulungsiran. Sinukarta tarubsri, enjing samya ing ngaturan, sadaya manjingkadhaton, saking karaos babada, raja putrid Wiratha, anggerahi kusumeng ngrum, Otari mila Puyengan. Tambuh solah ing pracethi, dera p[atya lan punggawa, pepeg panangkilan andher, dewi Otari samona, wus babar mijil priya, sumunu brajanya mancrut, dahat pekik ingkang warna. Riwusing sapurna sami, upakaraning babaran, sigra sawegung prakatong, miwah satriya santona, amanku gantya gantya, sadayanira metsunu, gantya sagung paragarwa. Ugi mangku ganti- ganti, samuha mangaken yoga, suka ing sapraja kabe, samya muji gustinira, bayi sinung paparab, dyan Paharikesit wau, raja putra lairira. Pan maksih manunggil warsi, den ta natayudhesthira, jumeneng ngastina katong, jaman akir purwarsa, nayawisikan obah, liripun angkaning taun, nem atusseket kalihnya. Suka bujana praaji,nutug taman sinangsaya, munggeng jro praja jirame, sawusnya ing tigang dina, sriprabu Padmanaba, marang kang eyang umatur, dhuh eyang natawiratha. Pan kawula angsal wangsit, mangke dalu puputira, jabang bayi rahayune, ulun saha ripandhawa, diyitna langlangpura, myang jawi kitha bengipun, parastri ywa ea-eca. Nanging tan kenging bektabdi, samuha samuya kantuna, rumeksa jabang bayine, jen geyang nguniganana, rumeksa jroning pura, miwah ta jeng rama prabu, Cempala lan ing Mandura. Tumindhih ing pradipati, bujana munggeng jro pura, kang eyang alon delinge, kaki prabu Padmanaba, apa sakarsanira, sayektine ing sun tumurut, matur malih nata Kresna. Mring kang raka Manduraji, pukulun yen wayah tuwan, estu samangke pupute, pun yuyut suh dhawuh ana, kiwatengen gapura, sinungana aratipun, pamucunging tulak sawan.

Pun yuyutsuh tuwan dhawuh ingkang gupuh, sami sinungana, ronwidara, nanas sarwi, tinangsulan lawe wenang, raka sagah. Nulya dhawuh yayi dananjaya gupuh, yeki Cakraningwang, lan panah pasopati, curiga sang Pulangagni, dunungena. Munggeng ulon, uloning jabang bayiku, garwanta sumbadra, dhawuhana wekas mami, samengko yen wastu puputing kang jabang. Gaman telu, pusaka samuanipun, lininggarneng papan, pangulon ulonin gbayi, ywa kaewah menesun during parabta. Ris wotsantun, jahnawisandiking ngatur, pusaka trisamya, pinarnahken amarapit, dhawuh wara sumbadra matur sandika. Wus sanega, kemput pitungkas sang prabu, Kresna

5 sarigangsal, surub ingkang surya pamit, medal jawi sasikitan mawi bala. Yekang kantun, para narendra katriwus, mijil mring pandhapa, sentona lanpradipati, riwus aglar andher mugging kangpandhapa. Para ratu, bujana kasukan nutug, wanci sireb janma, sami ing ngaturan uning, menewastu jabang bayi user pupak. Tripusakacakrasanjata sadhuwung, wus ing ngalih prenah, ing daganing jabang bayi, ardasuka trinata kala uninga. Nulya dhawuh, mring santona punggawa gung, reh wus puput nyata, raja putra jabang bayi, diprasetya ywanindra saras tripisan. Awotsantun, prasantona punggawagung, umatur sandi, kuneng kang bujaneng rastri, kawarnahalampahe nata kalihnya. TRus mangidul, lan, lan praari pandhaweku, angubengi kitha, lajeng amangetan sami, gya mangaler aris-arisaning tindak. WEneh matur arya WArkodhara mrengut, eka kang srikresna, paran sandeyeng lumaris, catur tindak mangunolih ngulon ngetan. Ngaan ngering pijer mulat dhusun dhusun, taman umyat marga, paran ingkang kalanglangi, yen pasiyar de milih limut-limengan. Mesem muwus, ari murti dhawuhipun, tan kaya risena, marma lumaris sru aris, randhat mangunganan ngering desa-desa. Kang sundulu, mas padadaken goning pandung, ywa kongsi kaliwat, marmantari sang jahnawi, tansah musthi sanjata sang sarotama. Kabeteng sun yitnowengkangduskarteku, dhuh ki ipepema, yen mangkya sun kumendhiri, janma katonn kang tindak dhus dhadus karta. Di agupuh,sanjata lepas neng pandung, danangjaya sagah, jro driya sri kresna amrih, arandhata lumakeng sang jawi prajajar. Mrih palestha dhus dhangen thulebu, budaya manyidra, yun pahamtakyuning nguning, wekadru narisang bambang Aswatama. Lengser murub, saking payudan ris kundur, ing pratapanira, brengga madyah banuwati, muhung sang dyah lumuh pinarwoseng priya. Liyan ingang dumadya cipta sang bagus, parta ing ngebrukang, paraning gandrung tan lilih, lalu lalis ing ngungrum dru nata naya. Temah glundhung ing jujurang dadya lampus aswatama kewran, palajenging banuwati, dyan pinungseng sang dyah meksa tan pinanggya. Dahat ngungun, jro driya sungkawa trenyuh, wangsul mring pratapan, putrid dyah lesmanawati, wus tan ananusul mangulatirena. Taksih wonten candhakipun Semangtri.

6 Ongka 25 Kemis kaping 23 Juni 1881

Surakarta Wiyosing dhawuh pangandika dalem, amarengi ing dinten Kemis kaping 19 wulan REjep ing taun JImakir ongka 1810, putra dalem bana raraden mas Abadi kapangkat pangeran, kapatedhan nama kanjeng Pangeran ARiya Purbadiningrat. Sanadyan sapunika masaterangan sampun sawatawis wulan sawek wonten kintunan jawah deres among sapisan nalika malem Slasa kaping 14 Juni punika, ewadene enjingipun kula kakesahan medal margi ageng ing Jayengan margining pakampungan ngriku katingal jeblog sanget songka punika pancen sungapan kaambahing priyantun kathah, langkung malih nalika masa rendheng ingkang sawek kapengker, salebeting kampong jayengan langkung snaget jeblogipun. Mila pamuji kula, ingkangsampun kawajiban angrumeksa amurih arjaning pakampungan mugi anetepana sampun ngantos anyulayani bab kaping 3 ing serat pranatan pulisi. Katandhan Pudyarja

Ambahrawa Nuwun kula ngaturi panjurung papartos ing samangke nagari kula ing ambahrawi, sakalangkung emah raharja, tan kirang sajuga punapa, mandar bilih wanci sonten kathah para lare miwah tiyang kang sami ngundha layangan sauruting margi-margi salebeting kitha, jawah ing salebeting gangsal dinten sapisan utawi kaping kalih, punika ingkang andadosaken sukaning para among tani, sabin-sabin kathah ingkang sampun panen wonten ugi ingkang sawek matun utawi sampun mratak palawija sawek ing sawatawis ingkang sampun kathah katela pohong saha kacang cina sanesipun dereng. Punapa malih pandamelan nagari tansah andadosaken senenging manah jalaran pangreksaning kapulisen kenceng margi margi sadaya sampun kakrosok prayogi, bilih boten jawah salebeting tiga sakawan dinten saben sonten dipun sirami, pager pagerting griya utawi wuwunganing griya gendheng sadaya kadhawuhan nglabur pethak ananging boten ngamungaken paering griya, sanajan pager karas sadaya ingkang adhakan margi ageng sami kalabur. Amung kedhik ingkang andadosaken cuwanign manah, bilih sampun ningali mesjid sakalangkugn resah saha risakipun jalaran saking punika kyai pangulu mesjid samangke sawek manggih ribet awit kagugat dhateng para tiaygn ingkang sami gadhah yatra tuwin barang warisan ingkang katitipaken pengulu, kathah ingkang sampun lamenipun sakawan taun utawi tigang taun dereng kaputus malah barangipun sampuntelas kilap ing pundit condhongipun pramila salebeting wulan punika pancen pa…letitipun sadaya nyuwun mundur saking padamelanipun ign mangke sampun boten wonten ketip o, ritut sang pangulu, injing soten ngimani, sareng waktu jumuwah, nun inggih maos kudbah bakda lajeng ngimani, ananging punapa sababipun ing samangke dereng kaputus punika ingkang andadosaken ngentheling wardyaning kyai tuwan mas pangulu mesjid Bahrawi, o panuwun kawula ing gusti inggal pinaringana luwar saking duhka. Nembe punika ing redi Kendhalisada kaprenah salering kitha wonten saeneh panggenan ingkang lapang, nuju satunggil dinten kadamel pakempalan para lare kang sami perang bandringan ananging boten ngemungaken lare, sanadyan tiyagn sepuh kathah ingkang sami dherek saben jumuwah samya campu ngayuda kang sakamantyan ramenipun denten ingkang dados jalaran rebatan pangenan.

1 Wasana nuju satunggil dinten kapireng denign Asisten wadana Onder dhsitrik Bawen bahrawi sanalika kyai Asisten Rawuh ing panggenaning paprangan wau sadaumugining ngriku sareng ngabani purih bibar, lajeng kabujeng dhateng para tiyang ingkang sami dherek bandringan ing ngriku, mandar kabandring meh kenging talinganipun. Tan saronta sanalika kyai Asisten lapur ing nagari, sarta lajeng kadhawuhan nyepeng saha bekta konca para lurah dhusun sawatawis sareng sampun kadangu wastanign titiyang ingkang kaepeng punika, nun inggih punika lurah dhusun prampelan sakancanipun tiyagn kalihdasa, wasana sareng kapriksa ing pradatan lurah sarta kancanipun sakawan trang sampun purun nglawan dhaeng tiyagn pulisi, kaparing an paukuman krakal 2 taun tuwin kancanipun ingkang tiyang 11, kaparingan paukuman krakal 6 wulan wondening ingkang tiyang 5 sarehning boten terang prakawisipun kala anaken saking paukuman lepas o para mitra sampun salamenipun ing Bahrawi wonten akaling lare kang makaten punika, malah kang sampun kula srepi sampun kaping kalih punika anggenipun tampi paukuman. Punapa ingliya-liya nagari ugi wonten pratingkah ingkang makaten punikanun Amongwisastra

Katur Jaka Marsudi

Saking pandangu ing jengandika ingkang kawrat pustakawarta ongka 20 bab pangukuripun tiris ingkang boten kenging kapenek naming wayanganipun kemawon kapanggih panjangipun 8 elo punika, saking pamanggih kula makaten sampeyan angadegna sadhengah kajeng ingkang panjangipun upami 4 elo laeng wayanganipun kajeng wau kaukura wonten pinten elo panjangipun bilih sampun kapanggih, punika lajeng genah, sapinten panjangipun wayangan kajeng wau gadhah adeg anjangipun 4 elo yen wonten panjangipun wayangan 8 elo dados pinten adegipun ing wasana sapinten kapanggihipun adeg saking panjang 8 elo wau, inggih punika panjangipun tiris wau, among punika gawuging pamanggih kula, leres lepat kula sumongga Jaka PUjasubyakta. ======\======Katur Para Sarjana Dahat bingah ing manah kula, sareng sapunika para sarjana wonten ingang angwedharaken ing pustaka warta bab ilmi kodrat: awit denig punika lajeng anuwhaken daya pangesthi kula, bab ngelmi papasthen ingkang kula tamban bangkit anggayuh sababipun amila saking panuwun kula mugi wontena para sarjana ingkang karsa paring jarwa babpamanggih kula wau kados ing ngandhap punika. 1. Punapa sababipun dene cangkem punika wonten toyanipun 2. Punapa sababipun dene sadaya gogodhongan sampun katitahaken warni ijem ko boten katitahaken warni abrit jene, cemeng, tuwin pethak. 3. Punapa sababipun candrama yen katingal wanci dalu gadhah cahya padhang, yen katingal wanci siyang teka boten gadhah cahya, malah wujudipun kemawon meh boten katingal 4. Punapa sababipun dene sadaya peksi saged miber, sareng bongsa iwen teka boten saged miber, kang mongka sami gadhahipun lar tuwin suwiwi 5. Punapa sababipun bangke tiyang kalayan bangke maesa yen sami kacemplungaken ing toya, bangke tiyang lajeng kelem bangke maesa teka kumambang, kang mongka bangke tiyang langkung entheng saking bangke maesa.

2 Jaka pujasubyakta ing Ngukirsari. ======\======Katur Jaka Banjet Kabar ongka 22 panjurung paduka, amundhut priksa, margi saking punapa tudinging pandoma mawi cinet biru pucukipun sarta yen ebah sawatawis ajeg ajenging ingkang tuduh mangaler, ingkan gpunika kula niyat badhe angucupi sakedhik bok bilih anocogi, kados ing ngandhap punika. Pucukcing pandoman warni biru punika, boten kaecet inggih punika warninipun tosan brani wondening yen ebah sawatawis ajeg majegn ngaler punika, jalaran puler ing ngriku kathah bangsanipun tosan brani, awit denig panjarwa kula punika kirnag getrehipun mila among kaanggepa minongka pupucuking ngayuda wacana kemawon dene saged dipun bedhah ilih sampun wonten para anung ingkang karsa anarbukani, punapa malih bab godhong kucingan punika kula dereng saged asung panjarwa, wujudipun godhong kemawon kula dereng sumerep awit denign punika utawi saking kakirangan kula, saestu dereng bangkit anggayuh ingkang samanten wau, boten langkung among nyuwun gunging pangaksama. Jakapujasubyakta ======\======Bramartani ongka 17 panjurungipun ri sang Bujakirana, amundut biyantu kados pundit menggah karampunganipun bab prakawis anggenipun ngimah-imahaken wekanipun kyai sarju, sanajan pamundhut wau mitra kula sampun paring jarwa menggah karampunganipun kados kang kawrat bramartani ongka 18 ewa makaten saupami kula dherek urun jarwa ing sawatawis kados boten wonten sikunipun dene panjarwa kula punika boten mendhet pathokan saking kitab punapa, among saking dugi-dugi kula kemawon lah ing ngandhap punika panjarwa kula. Ing sarehning sampun sami kelampahan ningkah, sarta tiyagn kalih wau sampun sami suka katrangan menggah dinten tuwin wanci paningkahipun tiyang ing dhusun Bacem ing sakidul nagari pratela bilih paningkahipun dinten jumungah wanci jam 10 tiyang saler nagari pratela bilih paningkahipu ugi dinten punika wanci jam ½ 10 punika, dene tiyang bacem boten wajib jalaran wektu piyambakipun ijab wanci jam10 wau, sang rara sampun dados rayatipun tiyang saler nagari, dados boten kenging angijabi tiyang ingkang sampun gdhah semah among punika saking pamanggih kula, awit denig panjarwa kula wau kula amasthekaken tebih saking leresipun mila kula angajeng-ajeng panjarwaning kang sajati. Jaka pujasubyakta. -======\======Katur para sarjana Wonten sajuga jembangan penuh ing ngisenan warih, ing nadhap binolong tiga beda-beda wiyaneki, sinumpet rapet sami, kalamun bolongan wau, binuka gantya –gantya, de yen bolongan kasiki, yan binuka tirtanya saejam telas. Deyan bolongan kadwinya, binuka tiranya enting, ing dalem dwijam dangunya, gantya bolongan kaping tri binuka tirtanya nyintang, ing dalem trijam punika, wasana triboloongan yawn binuka sadayeki, pinten ejam dangunya telasing tirta. Nyuwun Jinarwan Jaka PUjasubyakta ing Ngukir sari. ======\======Wahyaning katakikidung, pinandara reh kinanthi, ngendha wedharing driyarsa, sudarsananig daradi, pinardi mardi kotaman, tumantumemening weling. Liniling gelaring wuwus, kang wus wusananeng tulis tatilasan gung linalar,melaring nala angluri, aluran luluhur kuna, kakenan tinedhak sungging. Sengga sakuwasanipun,

3 sampun sumengka ing napti, kapatut kangggoning jaman, jama para boting ngurib rip tanendimen widada, dadalan arjanign dhiri.Dhedheren supaya thukul, thikil sumaringah semi, seger kasiram wiyata, wit te salameting ngati, teteh titising nalar pang, ron mongkapangucap manis. Kakaruk yoganig tanduk, sekar mrih seneng kang myarsi, pentil dinalih sarjana, who mateg mateng andadi, dadi sukaing sujanma malah sruk pengin methyl. TEgese kudu aniru, mrign klakuan ta kang becik, nadyan kang darbe tanduran, miyat ledhung ledhunging wit,yekti sukane kalintang, pasthi pinageran tertib. Ywakongsi katanduk dudu, sinarju arjaning puji, poncabaya sumingaha, rencanenga masumingkir, ajana kang sudi karya, singasa salah kawalik. Sandyan kapengin ngundhuh, yen kalawan tyasa ririh, abusana silakrama, tumama ing sabda manis, yen mengkono gone minta, kang darbe pasthi nlilani. Palesthanireng mangapus, pustaka among sasuwir, sumawur mawot kawruyan, wiryaning wirarjeng budi, dinadarnelat sangkala, suh tuduhing bujanggadi. Katnadhan Saekan Kula kumedah anyaruwe candraning sang kala nginggil punika, panuhun kula mugi sampun ngantos dipun wastani, kumawiku, sumongga sami kagaliha, bilih naming kapendhet cundhukipun kalihan angkaning warsa inggih sampun leres bilih kapendhet angiras dados pasemoning serat punika saking pamanggih kula boten anyeplesi, kadosta suh punika tegesipun lebur, bibrah, sirna, tuduh wulang, wurah, dhawah weca. Bujangga: sawet ageng, sanes pujongga: tiyang saged punika watak pitu, suwawi pasemon punika punapa angsal, sangkala boten naming angangkah cundhukipun kalihan angkaning warsa, ananging ugi kedah kapurih cundhuikipun kalihan pasemoning lalampah, ingkang dipun sangkalani, pramila asring angometaken mustaka eman sanget dhateng suraosipun ingkang dipun sangkalani Sangkala tinengeran. Dohing Cipta ngesthi Aji, Pun Jurugubah. ======\======Panjurung Dhandhanggendhis. Cinarita sawiji undhagi, datan tolih marnag kamoitan, sabenari nambutgawe, ingkang sinedyeng kalbu, supayane bisangingoni, cukup mring anak rayat, witgyanya kalangkugn, taberi nambut karyeka, dadya bias antuk baksana netepi, kadi kang kesthi ing tyas. Miwah mempu bayar prabeyaning swagata kang mulang praanaknya, dene pambarep sutane, luwih taberinipun, pamrih wigya gawiyeng urip anggulang kabangkitan myang sru sengsemipun ulah braja kaprawiran samarentuk pedhang atanapi bedhil wulinging tyas kamantyan. Kereptumutur prajurit baris lan kadereng ing driya kalintang, manjing dadya prajurite, yata duk suta wau, wus diwasa kanang sudarmi, pitutur mring dhereknya, mangkana lingipun lah engger den kawruhana, yen sira sun pulasara wiwit cilik nganti prapteng diwasa. Mangkya ingsun sukeng tyas umaksi, lan sih mring sira tanpa pipindha, den antuk kaprasidane, nanging wong anom kulup, ingkang mentas labda mring elmi, tanapi kabuadayan, papadhanireku, yauga sok bias dadya, wong prelenthe utawa bangesan yakti, wit wong anom punika. Kadunungan awa napsu luwih, dene mamrih tan manggung sangsaya, kuu bias sawastune, nahen karep dur mau, lawan wicaksana ning budi, marma mene supadya watek lan lakumu, tan dadya won ing puwara, sira kudu risaksana parakra, lan estri papethingan. Ing mangkyeng sun arsa nitik wadon bongsa luhur pratiteng tyas lan kang pinunjul warnane, bakal swaminta kulup wekanira nauri aris pasihan tabuh rama, amba pundhi tuhu, mungggeng udayaning murda,

4 nanging ramaywa bendu tuwin rudatin, myang amba mintaksama. Mangke ulun dereng arsa yekti, nambut titah ing ngakrama wirya, dene kalamun ing tembe, yun emah-emah ulun badhe pados estri pribadi, tedhak kireng sudibya, kang yogya mbekipun, ambada ayu ing warna, lir karsanta rama tan prelu nulungi, ngupayaken wanodya. Rehning sutanira nuwalani, srulenggana nambut darmayasa, temah an luwih bendune, sarwi mojar lingipun lah nakingwang kangmurang titi, ywansun tanulungana, sing ngendi unggyanmu, arsantuk mas kawinira, maracoba tuduhna mring jeneng mami, endi mas kawinira. Kang sakirtane kena kinardi, saranan tuk smami bongsa srengga, utameng tyas yuwarnane, tan pakale sanulus, ing nalika suta miyarsi, sakecap datan mocap, mung age tumanduk ing jronign pathikeng wisma, malap pedhang sru landhep amingis-mingis tinuduhken ing rama.Sarwi mojar delinge kadyeki, rama punika mas kawin kula, wit tiyang kang wanter tyase, ing ngalaga prang pupuh, saged antuk kamulyan luwih, sarana pedhangira, tan lawasireku, sigra manjing dadya odha, dumulur prang mring nagari pundit-pundi, lan kacihna Manawa. Byakta janma wanter ambek pati, prawirarda miwah wicaksana, widagdeng kawruh palugon dyan pinilala anggung, dening raja kang den labuhi, riwuse kawisudha, ingpangkat kangpatut tan lama tandya ginanjar, pangkat anung daya manggalaning jurit myang minantu sang nata. Den dhaupken lan putrinireki, kang pinunjul ing warna sambada, kamantyan utameng tyase, meh tarpacedanipun wuk panggiye rinengga luwih, yata duk mara tuwa puput yuswanipun sireku pinijeng praja, sinengkaken ngaluhur madeg narpati, ngrenggani kawiryawan. Katandhan Arja ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina Sampun minggah sumengkeng arga Kyuyamsan, uyata wadya ing wukir wus samya prayitna, jemparing gutuksela, para satriya nindhihi,munggeng palatar, pangranteh pokangirit. Panembahan JIbica pratikelira, kalamun den sumbari, kendela kewala, aywana ingkang medal, yen mengsah megsa nginggahi, gntur ren sela, udanana jemparing. Yata kuneng wadya suta ingkang minggah,susumbar wanti-wanti, Sikong kang den ajap, lawan pipisuhira,nanging tan ana nauri, Businsu krodha, wadya ginelak wani. Gumarubyug bopatiserang sinerang, dupi meh prapteng nginggil, wadya ing palatara, tangginas samya nigas, cancangan selag glundhungi, nempuh mring wadya , cutakeh kapalipis.a-pira kangpejah gepeng bangkenya, tinutuh ing jemparing, paser lan gudebag, kadya riris sumebar, tumpes wadya prabupati, geger lumajar tan kena den sayuti. Sang Businsu wadyanya ginelak mingggah, kataman watu basmi, miwah keneng panah, bangke pating jalempah Businsu kewran tan bangkit, gya ken tengara, mundur sakeh wadya lit.Wadya ngarga ganti misuh ken baliyha, nanging tulus malencing, samana wus bubar gundur nya karisakan, nahan kasaputing latri, wus masanggrahan, mungsuh rewang nyarengi. Raja putra Laling songdalubujana, ngiras gunem ing jurit, paran rembagira, dinten ing benjang-enjang, JIbica umatura ris, angger kawula, kalawan senapati. Tuwin arapunggawa lawan satriya, enjing prasami mijil, anganteping yuda, wageda mengsah sirna, samun ngantos kaing kalih, gelar kawula, simpenan kang pramati.Sawusira umatur sang panembahan, JIbica gya angrangkit, kangpara satriya, sadaya pinilihan, kprakosa segti, pinatah atah, pangranteh potitindhih. Lawan arya Sikkuwi dadya pangarsa, wadyanira winangsit, kinen akaryoha, obor lawan walirang, salegsa badhe ngobongi, pakuwon mengsah, kang kongsi ludhes tapis. Nanging patrap nyalimur away kawruhan, singidan ing wanadri, kang wadya salegsa, sikep obor sesaman,

5 wus samapta budhal aglis, gya sinusulan, Gogimacan angirit. Wadya kalih legsa lan para punggawa, JIbica wus ameling, pethut gogimaan, kinen dadya pangarsa, mangke yen Businsu mijil, away saronta, mangsah garubuh jurit. Prapunggawa kinen ngawaki ywa taha, sumurung ngamuk wani, Sikong senapatya, rumegseng rajaputra, lalingong karsa jenengi, sang panembahan, JIbica memanuki. Badhe amratikel kang campuh, ing yuda, lawan ayun udani, yen Lyongcinjin mengsah, pagnranteh powinarah, away tanggon ken nguncati, yen tanggon susah, watak cidra LYongcinjin. Sawusira magreti kangwinangsitan, suka prayitneng westhi, sigra wus budhalan, manggen sapangkat pangkat, kuneng ganti kang winarni, sang senapatya, Businsu dupi miil, Kagyat mulat mungsuh wus baris sumahap, nyana magsih neng wukir, dene kadhinginan, denya anata gelar, Businsu agya angrangkit, prajuritira, kaselak den dhatengi. Gogimacan lan sagung para punggawa, laju anempuh wani, gumulung anumbak, weneh pedhang myang panah, Gogimacan munggeng ngarsi, suramarata, gadane mobat-mabit. Kathetheran Businsu denira tadhah, kailes pothar-athir, wdyanya keh pejah, tan wigya ananggulang, mengsah kadya bantheng kanin, para punggawa, ngarga samya ngawaki. Pethut Gogimacan narajang mantengah, Businsu sukang den incih, samana kapanggya, Gogimacan nabda, eh Businsu senapati, payo pranggada, lan ingsun padha siji. Sang Businsu miris denira tumingal, Gogimacan genging ggil,prawira ngayuda, gada wesi geng panjang, Businsu sigra nauri, eh Gogimacan, sira nambuh ing jurit. Ingsun during rakit sira nuli prapta, dudu traping prajurit, kaya pethut kampak, gawe guguping mengsah, Gogimacan asru angling, ywakeh saraba, den yitna ingsun gitik. Gogimacan ngikal gada gya narajang, Businsu suduk ginitik, gupuh denya uncat, giwar duk tinututan, Businsu lumayu gendering panejanira, arsa mundur kariyin. Mring pondhokan pangeran the pouninga, gya ngatag mring Sikuwi, sawadyanira, pakuwon wus binasmi. Obor salegsa kinarya sesawat, pakuwon udan geni, geger mawurahan, sagung pakuwon kobar, dahana sampun andadi, mangalat-alat, pakuwon ludhes tampis. Dene para bupati ingkang sedasa, tuwin ajar lan tabit gugup nunjang-nunjang, tan bias ananggulang, Gogimacan isgra ngungsi, bupati cuta, den amuk bosah-basih. Sang pandhita Lyongho sinjin sigra mangsah pangranteh podenincih, Lyonghosincin sigra narik pedhang pupujan sinawataken tumuli, ingkang denerah, mungkur prayitneng westhi. Pangrentahpo dhatean samara, duk sinawat ing pedhang mring LYongsinjin, pangranteh podyan agupuh, nalusu ngandhap kuda, pedhang pujan sumebut dupi tumanduk Businsu ingkang katrajang, jangganira tigas pancing. Marma Businsu kataman, dening pedhang Businsu aningali, pedhang pujan wus tumanduk, Businsu ciptanira, pangranteh posampun pagas jangganipun, tanwruh yen nampingan kuda, Businsu lagya murugi. ARsa ngambil murdanira, pangrantehpo temah pedhang dhatengi, dadya Businsu kang lampus, keneng pedhang pupujan, pangranteh po waskitha dupi andulu, yen Businsu kang lampus, keneng pedhang pupujan, pangranteh powas kithadupi andulu, yen Businsu wus palastra, keneng pedhangnya Lyongcinjin. Taksih wonten candhakipun.

6 Ongka 26, Kemis kaping 30 Juni 1881

Surakarta

Kulawisudhan Kanjeng Pangeran Ariya Prabu PRangwadana, Mayor ajudaning Legyun Mangkunagaran kaangkat dados Litnan Kolonel General Setap

Rahaden Mas Ariya Suryaputra, awit saking panuhunipun kamantunan anggening amandhegani prajurit inpanteri paperangan kalih ing legyun Mangkunagaran taksih kalulusaken ing pangkatipun mayor.

Kanjeng pangeran ariya Gondasiswara, mayor infanteri, kapatah amandhegani paperangan kalih wau.

KLepu Kethek Salebetipun wulanpunika, kulalalaa dhateng tanah pareden sarengkula dumugi malebeting kitha Bayalali kula sumerep wonten satunggal wreksa ageng tumuwuh ing satepining margi ageng ingkang andadosaken pangungining manah kujla denenwreksa wau godhongipn warni-warni, wonten ingakng memper godhong waringin memper godhong senu wonten ingkang kados godhong bendha, wonten ingkang memper godhong cabe, kula lajeng pitaken dhateng tiyagn sacelaking ngriku amratelakaken pnika naminippun wreksa klepu kethek kala kinanipun salugunipun wreksa klepu, ananging lajeng dipun dununing kethek sami manggen ing ngriku, mila lajeng katelah nami klepu kethek lajeng kula dumugekaken anggen kula aningali ing ngriku kula sumerep malih sangandhaping wreksa klepu kethek wonten satunggal reca sela wujjud andhapan sakiwatengening reca wau wonten sekaripun konyoh sarta wonten satunggal buntet kertas isi teke, kula pitaken malih dhateng tiang ingkang pinuju langkung, wangsulanipun punika kacariyosipun sampun masthi saben malem dinten jumungah kathah para tiyang ingkang sami anedha barkahipun kyai klepu kethek wonten ing kanedha panglarisan anggenipun sasadeyan wonten ingakng nedha supados tentreming manah, wonten ingakng nedha sagedipun condhong kalayan semahipun sampun ngantos paben bilih saged kalampahan saciptanipun lajeng angaturi dhahar panjenenganipun kyai Klepu kethek dene kyai Klepu kethek wau karemanipun sestike, mila andadosaken kabegjanipun para bajingan ingkang kakirangan nyeret saben malem jumungah dhateng sangandhaping wreksa klepu kethek wau saestu angsal tike. Dados sampun tatela bongsa kula jawi dhusun punika taksih kathah ingkang anglampahaken gugon tuhon. ======\======Jalatundha Sakiduling dhusun Jatinom Bayalali wonten satunggal umbul ageng, kawastanan umbul Jalatundha, punika ingkang kalimrah tiyang ngriku sami aratelakaken umbul wau kala jaman purwa lalangenipun sribathara kresna ingggih nata ing Dwarawati, malah nalika sang prabu Kresna ambangun teki, ugi wonten ing ngriku. Sompil ing salebeting umbul wau sadaya wuntatipun sami papak cariyosipun tiyang ngriku, nalika sang dyah dewi Wara Sumbadra dhateng arsa Tinjoraka kang saweg ambangunteki, punika sukunipun kenging wuntating sompil ingkang lincip mila lajeng prasapa sadaya sompil ing jalatundha saturun-turunipun sami papak.

1 Salering dhusun Jatinom wonten dhusun nami ing Dwarawati, cariyosipun punika kala rumiyin ugi karaton ing Dwarawati, tandhanipun para tiyang kina ingkang sami angarap sabin sakiwatengenipun dhusun ngriku mawi amanggih banon ingkang ngujud dipun ageng-ageng, boten memper kalayan banon jaman samangke. Ing sarehning tanpa tondha yakinipun dados taksih rakaos panganggeng kula, mila parlu kula lebetaken ing serat pustaka warti embok manawi wonten sarjana ingakng karsa aparing barkah seserepan katranganipun badhe sanget andadosaken bingahing manah. Katandhan Panji Wanengpati ing Jenggala. ======\======Bojanagara Panggagasing manah kula, salebeting kitha ngriki sangsaya lami sangsaya katingal sanget kaindhakanipun papaosan, kadosta, wradinan ageng, bale pagriyanipun para welandi welandi, sapiturutipun boten wonten ingakng anguciwani, sawawratipun kitha alit inggih kawical daweg sumawana para bongsa Pingul sami katingal saekakapti, kacihna sih rumaket rukuning para pangagenging negari saengga ngantos baleber dhumateng para abdi dalem pratiwas saleebeting kitha sadaya anggendhon rukon sampun saestu sadaya punika, badhe adamel wiwanihtentreming nagari, jalaran kapuwung sangking dene gumolonging wardaya, tebih sanget dhumateng ginem ingkang anggigirisi, saha boten nupena samendhang pinarapitu, para pratiwa salebeting kitha Bojanagara, kapingin oncat saking nagarinipun kajawi mindhak palenggahanipun. Uparengganing kitha alun-alun kinontha-kontha, jer bartur waradin saleripun alun- alun katambahan kamar bola, kakempalanipun para welandi welandi, ingkang karem main bola, kawastanan kamarbola, maibit wonten satunggiling griya malih, ingkang kadamel gandhulanipun bongsa Pingul katemtokaken ing dinten Juuwah, saha salasa, sonten sami kempalan wonten ing ngriku saweneh wonten ingkang gandhulan saweneh menek manginggil sarana tamper kimawon griya wau kawastanan griya gimnastik punapa malih pojok alun-alun ingkang tembing ler wetan griya lusmen enggal kangge pondhokan tamum kiwa tengenipun kabupaten kapara ngajeng, griya pamulangan jawi, saha welandi, kang sisih kidul pamulangan bongsa pingul kan gsisih ler pamulangan bongsa Jawi, tigang wulan sapisan kanjeng tuwan asisten karsa kakempalan andrawina, wonten ing dalem loji, kalayan para tuwan tuwan welandi, saha nyonyah-nyonyah, karsa anggebyagaken kumedhi, dalem asistenan pinaripurna, pinaosan saha kinondha suyaseng kelangenan nuladha sangking nagari WElandi. Wonten dene tumindakipun pulisi dinten punika saklangkung adilipun pamawas kula sampun kawical gemah aripah, prakawis pulisi sirna, griya kabesmi boten wonten lah sadaya punika inggih wawaton sangking parigelipun tuwan asisten residhen kalih raden mas tumenggung tuwin kala ing mangku praja, kapala nagari katingal saged sanget anggening nekem ing kabupatenipun para pratiwa kawuryan geter mingkus dhumateng kapalanipun ajrih asih secatuhu. Dinten Malem Senen tanggal kaping 19 wulan punika, tuwan F. Panmurik sampun tilar dunya, jalaran kalebetan piser padhaharanipun awit tuwan wau, pinuju kesah babedhag ing wana, prelu ngalap celengan sareng dumugi ing wana dhusun kuce, tuwan Lajeng menek sareng dumugi paragak kajeng, sanjatanipun ingkang sampun dipun iseni saha taksih wonten ing ngandhap katarik manginggil wusana platuk menga, lajeng anjog sanjata mungel tuwan lajeng pralena. ======\======Bab Kilat sarta Baledheg

2 Bilih tiyang badhe terang sumerepipun sakin gpundi asli kadadosanipun kilat sarta baledheg kedah sumerepi rumiyin dhateng watek wateking sadaya wujud dene watek watek wau kaperang dados kalih. Ingkang sapisan sadaya wujud ing nglbetipun sami kadununungan watek benter kados ta merang sarta kajeng sapanunggilanipun, sanajan bilih dipun gepok boten karaos wonten ing pundit dunungipun benter, ewa samanten manawi dipun nynyuk ing latu utawi dipun agar, benter ingakng kalimput ing salebetipun wujud wau lajeng tangi, malah kantos murub. Kaping kalih, wujud ingkang dipun gosok wau boten naming anangekaken benter kemawon ananging wonten watek malih ingkang tangi, inggih punika ingknag dipun wastani Ellektrisiteit inggih punika daya ingkang bilih gagosodan lajeng anuwuhaken latu. SAdaya wujud bilih sampun tangi dayanipun makaten punika, tumunten dipun celaki wujud sanes ingkang entheng, kados ta kartas sasuwer, punika katawis bilih kartas wau katarik ing daya ingkang kalayan rikat sanget malah kantos lumengket ing wujud ingkang sampun tangi dayanipun wau, ananging boten dangu tumunten katulak inggih punika katandhanipun bilih wujud sampun tangi dayanipun. Menggah wateking daya pnika, uga warni kalih. Ingkang sapisan wujud ingkang sampun tangi dayanipun bilih dipun celaki ing wujud sanes daya boten saged galih dhateng wujud ingkang celakaken wau, jalaran tansah dipun gendholi dening badanipun wujud. Kaping kalih wujdu ingkang sampun tangi dayanipun bilih dipun celaki ing wujdu sanes punika daya saged ngalih dhateng wujud ingkang kacelakaken. Awit saking makaten wau dados wonten wujud ingkang dipun wastani lelantaanipun daya ingkang kendho, kados ta gelas putra, karet sarta lisah sapanunggilanipun, wonten wujud malih ingkang dipun wastani lelantaranipun daya ingkang rikat inggih punika tosan kuningan tembagi, timah, jene sarta bagnsanipun pelican sanes- sanesipun, punapa malih areng, kajeng gesang, badanipun manungsa sarta kewan awa ingkang ngemu toya, kukus sarta toya sapanunggilanipun. Manawi wonten wujud dayanipun sampun ngalempak kathah, punika saget ngalih dhateng wujud sanes ingkang kalayan rikat sanget, pangalihipun daya dhateng wujud sanes wau, katingal kados sekar latu, inggih punika dayanipun sampun dados latu, dene wedalipun sekar latu punika, mawi nywara mraketek soranipun swara timbang kalayan agengipun sekar latu. Pirantos ingkang nglebetipun kenging dipun moti daya kathah, sarta sanalika punika dayanipun oncak swaranipun angagetaken manawi wonten tiyang anyelaki sarta nyepeng parantos wau, saged andadosaken karisakanipun.l Ing dirgantara punika amot daya kathah, awit hawa tansah gagosokan makatena bilih hawa wau rentetipun timbang, dayanipun ugi boten katawis ananging bilih mendhung, mongka mendhung wau katawis bilih tansah sami tarik tinarik dhesek-dhinesek pnapa malih mega kalih krompol lajeng nuggil dados sakrompol boten dangu lajeng ambyar dados kalih krompol malih, wasana mendhung pinten-pinten krompol nunggil dados sakrompol dados saya wewah wewah kandelipun, awit saking punika mendhung wau dayanipun kathah, dene manawi sampun seseg pangenanipun dayanipun oncat wujudipun kados latu, dhumawah ing ngandhap utawi ing nginggil mendhung, inggih punika ingkang dipun wastani kilat, dene swarnipun ingknag nyarengi wedalipun kilat kawastanan baledheg utawi gelap, latunign daya saking ing dirgantara punika, langkung kathah sarta ageng tinimbangkalayan latuning daya ingkang medals aking pirantos dadamelanipun manungsa, mila swaranipun ugi langkung sora, asring kemawon anggeteraken bumi sarta griya-griya sapanunggilanipun.

3 Pesating daya saking dirgantara wau, bilih anyelaki wujud panunggilanipun lelantaran ignkang rikat saged angalih dhateng wujud wau, mila saking pinanggih ing budinipun manungsa, saged adamel pirantos kadamel anulak supados baledheg sampun anyamber griya sarta masjid sapanunggilanipun, menggah wujuding pirantos punika tembagi gilig panjangipun kinten 6 utawi 7 kaki, pucukipun lancip kados tumbak sarta mawi kacathok ing jene pethak tumunten kaetrapaken ing wuwungan wika sambetan tembagi malih bab las dumugi ing sumur utawi salebaeting siti, supados kilat wau pejaha ing ngriku, manawi lampahipun kilat boten dipun pirantosi lelantaran ingkangkiyat makaten sampun saestu anrajang barang saangsalipun kemawon kantos angrisak utawi angremukaken, sanajan anrajang panunggilanipun lelantaran ingkang rikat ewa samanten bilih wujudipunbarang wau alit sarta celak ugi saged emuk utawilluluh, kadosta: wandaning manungsa sarta kewan punapa malih dhuwung, erloji, pucuking songsong ingkang kacathokak ing jene sapanunggilanipun, dene ingkang adhakan katrajang ing kilat inggih punika wujdu ingkang inggil sarta lancip, mila bilih wonten kilat sampun sami kendel sangandhaping kakelengan bilih kilat dumunung wonten nginggilipun, punapa boten sampun asring kalampahan manungsa kasamber ing gelap wonten sangandhaping kakajengan, punapa malih manawi pinuju wonten kilat kathah, sampun sami kendel sajawinipun griya amawi dhuwung, erloji sarta songsong ingkang pucukipun kacathok ing jene sasaminipun saupami ambekta barang wau, prayogi dipun bucal utawi kabuntel ing kacusutra, awit sutra punika panunggilanipun lelantaran ingkang kendho, makaten malih bilih wonten baledheg kathah anyamber ing pundi-pundi, mongka ing nalika punika wonten tiyang lumampah ing ngara-ara, sarta ing pundit panggenan ingkang ngoten wonten griya miwah wiwitan sasaminipun barnag ingkang inggil punika sampun sami angdeg kemawon ananging prayogi andhodhoka utawi tatileman, payon payoning griya, sampun ngantos wonten bangsanipun pelican kajawi ingkang kadamel pirantos kados ingkang sampun kapratelakaken ing ngajeng. Bab kilat sarta baledheg punika, amratelakaken kuwasanipun ingkang maha ruhur, sara anggigirisi sane ting ngatasipun manungsa, ananging awit saking palimarmanipun gusti kang murbeng ngalam manungsa sami kabuki budinipun sumerep isarat ingkang rumeksa badanipun saking babaya ingkang tuwuhipun saking kilat wau. Kilat punika maedahi sanget dhateng sawarnining tataneman awit anyunyuda benter sarta dayanipun benter wau, tuwin angwontenaken jawah sara angina mongka angina punika anyapu ing dirgantara, dados hawa ingkang awon boten saged kendel dangu lajeng ambyar. (Slompret Malayu). ======\======Ingkang serat wijiling taklim kula satiti, katur ing panjenenganipun mitra kula ingkang sang kaya paparab Jenal Abidin ing Magelang. Dhuh, Jenal Abidin andadosaken kumyusing karinget kula, sareng aningali wangsulan sampeyan kawedhar ing pustaka warti ongka c24 suraosipun sampun kapriya, tumanem ing Sabubari, rumasuk ing balung sungsum tansah dangengek kagagas gagas pustaka tininggil-inggil liniling wiwitan dumugining wekasan sasampuning paripurna ingpangagnen-angen inggih lajeng narimah, yen panjenenganing mitra kula mas mu Heru ing panggalih, Boten langkung ing sarehning rumaos saking kalepatan kula piyambak jalara adriwuk kempul inggih kados pundit malih, esthining kanah naming nyuwun geping pangapunten sampeyan kemawon mugi-mugi panyalemong kula ing ngajeng ingkang andamel tuwuhing runtik kasirnakna sanalika, wonten dene pun kula o saestu ing wingking boten badhe kiran gdudugi nyeno lalawanan tanduk malih, wangsulan kados pundit dene sampeyan anggalih yen kula anyiku, mongka

4 meling manah ing sasaged saged malah kakepyurana ing panggalih sampeyan ingkang ganggas makaten awit kula punika sajatinipun tiyagn padhusunan tulen lelep akekot- kekot ing wicanten inggih saking matuh ing balilu kula ingkang sanget. Wasana pangajeng-ajenging mitra, sowan kula ing ngarsa sampeyan aningali reca reca ing candhi tuwin rarengganing kitha Magelang, Edho, ambok inggih alon-alon ngupados sarananing kakesahan umiyin amrih sampun ngantos kirang ing kasenengan benjing sadhateng kula wau, sawastu panjenenganipun mitra amireng umuk kula ingkang kole-kele, sarta panjenenganipun mitra lajegn waged amiyagah kabingahan kula, aningali, redi-redi, rawa-rawa, wana-wana, among patani sapiturutipun wah malih jenal Ngabidin Sarehning sampun daos watak sampeyan apamer, mila sapunika kula samun maremi sanget kondha sampeyan kemawon sokur panjenenganing mitra sudi aparing barkah sanes-sanesipun ingknag kapangan dikakaken nadyan kapacak supados amewahana wenganing saserepan rumembes dhumateng pun dableg konca kidhungan Jaka Banjet Pasar Kliwon 23 Juni 1881

======\======Dhuh mitra kula sang Jaka, puja subyakta manawi, condhong lawan kaptinira, ulun sumlonong ngecupi, cangkriman taking mungging, bramartani ingkang kapungkur, jembangan isi toya, kebak binolongan katri, ingkang nomer sajuga lamun binuka. Sajam telase kang toya, dene ta kang nomer kalih, mongka kalamun binuka, kalih jam telasing warih, ganya kang nomer katri, binuka tri jam satipun, dene lamun binuka, sadaya pambatang mami, sawelas jam telasing toya sadaya. Katandhan pun Dhoplang. ======\======Candhakipun serat Purwa Krimataya Opyak asru, ASwatama yen sangayu, muksa kalih pisan, ingkang paman sampun prapti, arya Krepa lan kang raka Kartamarma. Sinungan wruh, yen muka dwi sangdyah ayu, tambuh tanpa paran, suwawi dipun ulari, sarwi lampahna marmartawa anangrem. Wus sarujuk agya katri gupuh-gupuh ngepuh angganangsam, ngubres mangupaying putrid, mugingwanara estri sri nalumus deta. Taman temu lama lam tan men mangruruh, samene tut arta, yen retna dewi Otari sorijayeng, tilam mantu danaraya. Babar sampun priya prajurit rumatu, numurun ken raja, mangkya puputing kang bayi, tinuguring trinata Cempalareja. Myang Mandura Wiratha lan Pranunganung, kang samya rumeksa, nangng prabu ARimurti, lan PRaari Pandhawa suwung tan pura. Kabar nglanthung tiragakat gunung-gunung, raden ASwatoma, riwusa ngartikeng westhi, nulya matur mring kang paman arya KMuwah matur, ing raka kartamarma rum, kadon paran rembag, dera mangupaye putrid, bilih kula punika kapanggih wuntat. Kya kan gpantes karembag, de Pandhawa surestan mawi siwi, wasana punika thukul, jahnawi mawa wayahg, mijil jalu wekane si Abimanyu, Pandhawa tan dadya driya, dera dungkap kaki-kaki. Tartamtu lya pralena, mubabayi punika makeweti, yen prapta diwasa tan wus, sanepaning sakonang, yen tanpinrih sireb angrebda sru murub, yen lumaksoneng diwasa, taman wande mamalahi. Yen suwawi rujuk ing tyas, jabangbayi cinidra wetyeng rastri, mu[ung sri Kresna tan tugur, nir sang nata {andhawa, ugi panjrahkang tugur tugur kadhatun, kantun punggawa satriya, lelosinan tanpa kardi. Jabangbayi yen parastra, estu cures pandhawa tanpa siwi,, turune wus kumur-kumur, mumut ing pabaratan, krepa kartamarma ngayubagyeng kayun nembadani aswatama, dinalih wastu pakolih. Katri lumaksa sarengan, prapteng purakatrinira umanjing, ing wanci salingsir dalu, nguni lebeting dhustha, raden

5 ASwatama mateg sirepipun, kamayan sang Begananda, balasah jaas puri. Anendra keneng kamayan, jalu estri tn kenging kasayuti, matek malih mirebipun, dyan bangbang ASwatama, angengingi kang para narendra telu, kapita ngantuk segatan, taman kenging kasayuti. Miwah satriya punggawa, katamaning kamayan samya guling, gumliting sagoning lungguh, pandhapanggeng anglasah, aswataa Krepa lan kartamarma wus, mawang sadaya wus nendra, glis-aglis samya umanjing. Jabangbayui dereng nendra, guramema, den ta bayi yuswane lagya tridalu, sasolah karembyah kadya, kang sampun ngumur sawarsi. Mutb kodhabangbang dhustha, aswatama curiganya pinusthi, ayun gemanigan gulu, tanyana yen kapragak, wus pinasthekaken linring ciptanipun wus dhustha bangbang gya jumangkah, kacocog ing pasupati. Jer babah pajah tan sambat, neng jarambah bangke lonyoh babarji, kagyat wau duk andulu, krepa lan kartamarma, majing pura yun manganbil bangkenipun, ugi den dunung jerambah, kadumuk ing julang agni. Arya Krepa wus palastra, Arya Kartamarma krudha muriring, jangkah keneng cakra lampus, trisyu sirneng jerambah, nahana nata kang godha jawi kadatun, bathara Kresna tan samara, yen Dhustha wus manjing puri. Dupi prapteng wetan prapta, sri bathara KResna ngandika aris, dhuh punika yayi prabu, wus dhawus manjing pura cihna kolik, dhedheta teka myang tuo, ing kilen atribarungan dewus wanci bangunenjing. Dhuh ta yayi wrekodhara grajanira yayi aji kang aglis, pondhongen bae kang gupuh, manjing pura mrih sigra, sena atur sandika raka sinambut, maha prabu yudhistrira, binoponging jaja kering. RaDen Nangkula SAdewa, gya cinangking ing ngasta kanankalih, sena gya lumumpat gupuh, dedenenggel karatyan, ngalendera kresna danajaya mabu, sadaya sareng praptanya, anjog plataran jro puri. Miyak jro pandhapa glasah, para nata satriya pradipati, kapati panendranipun, dunung saugyanira, naranata katri kawungu karuhun, kagyat narendra katiga, sigra tumut manjing puri. Sri arimurti umiyat, bake tiga aneng jarambah maksih, kagyat sagung para ratu, opyak yen dhustha pejah, jalma estri kang nedra wus samya wungu, gumerah sadalem pura, bangke dhustha den tingali. Tan tatu bintul kiwala, samya legeg ngungun kang para aji, dera sawegung aturu, sapa mamati dhustha, nata KResna matur ing ngeyang sang prabu, punika katri pusaka, sah aking warongka maksih. Kinon ngambila sang prata, tinitige pusaka wastra katri, pucuk agugu brasmarus, andikanya sri Kresna, dhuh kaipe yekukawruhana si dhus, karta amangendra jala, katri ayun dhustha maring. Jaba bayi wayahira, mas thekaken dumeh kang ngreksa saguling, jumangkah dhustha tri iku, kadumuk ing pusaka, pasupati pulanggagni cakra iku, pracihna udaya kapyat, katri pisan mambu getih. Mila dumadya panepa, tembe wingking puputing jabang bayi, sinungana wrana tunggu, warastra ing dedagan, supayane kalisa wantengisipun, nahan nata baladewa, miyarsa krudha kapati. Kunarpa trigya cinandhak, jinur luluh kinon buwanga nuli, keblat papat dipun gupuh, sandika kaliningan, prapunggawa sakawan mangsah wotsantun, kunarpag lis dipun bekta, marang sajawi kitha glis. Binuwang keblat sakawan, bangke wau samya piangan anjing, anjing kangamangan lampus, sakng ampuhing gaman, thukul suket saking lami kunarpasu, pinangan ing kebo pejah, sangking mandi pulangagni. Taksih wonten candhakipun Semangtri.

6 Ongka 27, Kemis kaping 7 Juli 1881

Surakarta Kala kanjeng pangeran “ARya Prabu NIngrat kagungan damel mantu andhaupaken Santana, marengi ngrintenaken tanggal kaping 29 Rejep kapengker punika, kula marlokaken aningali tamunipun rayi-rayi sawatawis tuwin para satriya, abdi dalem panewu mantra ugi kathah ingkang sowan saeos bekti, lelangenipun ing pamangun suka tayuban ingkang ambawani beksa panganten tumunten ingkang kagungan damel salajengipun gentos gentos sapiturutipun ing dalu wau mara tamu katingal sayuk saha suka seneng, kados boten wonten ignkang kakacuwan ing galih, jalaran sakng sagedipun ingkang kagungan damel bibaranipun ing wanci enjing kemawon menggah kawontenaning bawahan anelakaken bilih ingknag kagungan damel asih dhumateng ing dasih. Kawontenaning sadalu wau wonten ingkang pantes kula kidungaken kados ing ngandhap punika. \\ Unining gendhing sawiji-wiji, kang yun den beksani binukanan ing sekar kawicengkoke, langkung baregsasipun wilet membat angelak-elik pradongga angarambyang, kapiyarsa asung, kumebud tuntunging driya, tibanira ing gendhing sigra den byaki, kidungan langenswara.\\ \\Sayuk rempek lan wirama tuwin tan ana kiang balero ing swara, kalawan sedheng ramene, tan nyilepa unininipun pradongga kan gngraras angrangin resmi ruming kang swara lir andedel ngayuh, ing jumantara lumebk amumungu ing tyas cintaka marujit myang cipta mring kawiryan.\\ Nyamleng temen lan kang ambeksani, trah kusuma rembesing sarkara, wijilin gmaratane, ing rat jamama anung, begsanira maratah awig, wasis karya polatan, kang ladak mulung luruh, pantes lan kang pasariran, lungid lungid ujwalanta mrabawani, surem kakatanggapan. Katandhan Sidin.

Nalika Akad Legi kanjeng tuwan residhen tedhak ing dalem Mangkunagaran mawi kadherekaken ing tuwan tuwan sawatawis kathah ipun menggah tedhakipun wau awit anyondhongi karsanipun kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara, supados kalayan sumu asageda amaringaken nawala dalem kanjeng gupremen dhumateng kanjeng pangeran Ariya Prabu Prang WAdana anggening kaangkat dados litnan koloneling Generalen Stap, tedhakipun kanjeng tuwan residhen wau mawi kapethuk titihan kareta pameran kyai Condrakanta, rawuhipun ing dalem Mangkunagaran wanci jam sadasa, sareng sampun sami atatalenggah ing sawatawis dangu nipun tuwin sigeg pasamuan rawuhipun kanjen gtuwan residhen lan pasamuaning dinten akad legi, nunten kanjeng pangeran ARiya Prabu Prang Wadana amajeng wonten ing ngarsanipun kanjeng tuwan residhen mawi kadherekaken para upisiring legiyuning Mangkunagaran mawi pangajeng standar tatengering legiyun wau, saha para abdi nara praja sadaya,kanejng tuwan residhen kalihan kanjeng gusti pangerna adipati ariya Mangkunagara nunten sami jumeneng, kanjeng tuwan residhen lajeng amanabda dhumateng kanjeng gusti pagneran adipati ariya Mangkunagara, bilih rawuhipun wau arsa anggebyagaken anggening kanjeng pangeran Ariya prabu Prang Wadana kaangkat dados LItnan KOloneling Generalen setap tuwan asisten nunten ing ngandikaakaken amaosna nawala dalem kanjeng gupremen tatedhakanipun ing tembung Jawi dhumateng tuwan jurubasa saeng sampun lajeng angandika dhumateng kanjeng pangeran Ariya PRabu Prnag Wdana, aparing wilujeng saha supados angaosana dhateng sih tresna dalem kang jeng gupremen anggening kaparingan

1 pangkat wau, punapa malih mugi andadosna panuntunipun anggening ambiyantoni pangerehipun ing wawengkoning Mangkunagaran nunten para ageng ingkang sami wonten sami ing ngaturan angunjuk wilujengipun kanjeng pangeran Ariya Prabu Prang Wadana, para tamu sanesipun sami andherek saha mangayubgya ing karsanipun kanjeng tuwan residhen wau. Al;iya punika tedhakipun kanjeng tuwan residhen wau ugi anggebyagaken anggenining kanjeng pangerna Ariya Gondasiswara kaparingan panguwasa, angereh paperangan kali prajurit inantri ing Legyan Mangkunagaran saha mawi aparing wilujeng tuwin amangandikakaken bilih boten sumelang kanjeng pangeran Ariya Gondasiswara yen angoncatana pitaya, ingkang kaparingaken angampil. Salajengipun sami andumugekeken lalangen kados adapt bibaripun wanci jam tiga siyang, cihnanipun bilih para tamu sami rena Katur kaping 8 wulan ruwah sangkala tinengeran Ruhur gumolong ing Sarira aji Panjurung

Kala selasa dalu wanci jam 10 ing ngalun-alun ler wonten rame-rame, inggih punika satunggal walandi drahgunder, ngoyak oyak tiyang estri ingkang kairingaken tiyang jaler kakalih, ewadene drahgunder teka meksa badhe manuhara, boten kenging tinagulang,mila tiyang jaler kakalih wau sangking girising manah ipun sami malajeng, sarta alok londa ngamuk, sanalika para priyantun panewu mantra, ingkang caos ing bangsal kiwa:tengen ugi sami tulung kanthi dadaamel sakawontenanipun naming tiyang estri dereng sah kaupat upret dening dragunder, mila tiyang ngesteri lajeng atawan tangis nyuwun tulung dhumateng para priyantun panewu mantra, ingkang caos pasowanan gladhag kaleresan ing waktu wau wonten walandi suldhadhu rundha, katindhian pangagengipun sarsan dados para panewu mantra gladhag amasrahaken dhaeng sarsan ingkang rundha, supados drahgunder kang ambek anrangbaya wau kapikuta, wasana inggih kalampahan kapikut sarta lajegn kabekta dhateng beteng, kilap kadadosanipun. Ing mangke salebetipun nagari, tiyang gentho tuwin bajingan sami kaweken anggenipun nandukakenlampah balejeti lare, amargi sampun sami dipun prayitnani, ing wusana sapunika tiyang bajingan estri ingkang lumaksana, nalika wulan nem Rejep taun punika, tiyang watampungan ing pakauman wasta bok K, kadhatengan tiyang estri satunggil sandhanganipun sruwa sae, dene wanguning tiyang inggihlimrah, sareng tiyang estri wau malebt griyanipun bok K, dipun panggihi cara tamu sarta kasegah ganten lajeng gineman sae prakawis dagangan sareng dangu- dangu tiyang estri tanmu wau nedha pitulungan yatra dhateng bok K panembungipun amboten kathah, sareh dene bok K , boten gadhah arta pecah, lajeng anakipun jaler ingkang tagsih lare dipun kenukaraken arta ringgit satunggil badhe kadamel nyukani tiyang estri wau, sareng bok K len tiyang estri lajeng kesah tanpa pamitan menggah kesahipun tiyang estri wau lajeng methukaken lare ingkang anglintokaken yata punika, sareng kapethuk pun lare lajeng dipun apusi dipun jak dhateng riyanipun boten kantenan sareng sampun tebih lare lajeng dipun balejeti sandhangipun sadaya, dalah artanipun ugi kenging ,sareng watawis dangu boten mantuk mantuk lare wau lajeng kasusul dhaeng bapakipun kapanggih wonten ing nradinan sampun wuda, yatra tuwin tiyang estri ingkang ngapusi sampun boten wonten lare dipun takeni sanjang tiyang estri tamu wau ingkang ngajak mila purun dipun jak sengadi biyangipun lare punika wonten griyanipun kilak dagangan trasi,lah punika gagrag enggal dene pak K suka duka, wicantenipun kecalan arta tuwin sandhangan boten dados punapa, tujunipun lare kok boten kabegta pindhah,bilih lare wau tumuta ical saiba susahipun. ======\======

2 Panjurung Sanadyan sampun wonten ingkang sami ambantu panjarwa, cangkrimanipun mitra kula sutama sang bujakirana, kang winedhar ing Bramartani ongka 17 prakawis nikahaken wekanipun kyai Sarju, ananging kula ugi gadhah pamanggih pyambak esthining manah kedah kula lairaken ing mriki, supados katimbanga para pamaos pangraos kula kados amboten wonten awonipun rehning tatela bililih manungsa wau gadhah pamanggih pyambak pyambak mila kula amboten pisan-pisan amastani lepat panjarwaning para pabantu, sanadyan badhe panjarwa kula punika, inggih amboten saged anamtokaken leresipun esthining manah naming bok manawi anyondhongi ing panggalihipun sang bujakirana supados anjalari supeketing mamitran. Makaten saking pamanggih kula wartonipun dhateng ingkang nglampahi biloih san grara sampun akil baleg mugi kapitakenan sinten rayatipun sarta ingknag dados pinuju ing manah, lah puniki badhe esah paningkahipun pundit ingknag kadumuk sarara, inggih punika ingkang masthi gadhah rayat lo naming punika nunkatoging pamanggih kula, lepat leres sumongga para oleh budi. Giritirta ping 3 Ruwah sinengkalan WEdharing kawruh madyaning kayaktiyan Jaka Marsudi. ======\======Raosing manah kados kagunturan madu, kaurab-burat sumawuring gonad mrik kaperang luwesing netya dyah ani, carem angugwa dhateng panarbukanipun mita puja subyakta, anggenipun rumesep nanggapi bab cangkriman kula rara kaningkah, amargi saking pambatang wau sampun patitis mila minongka pratandhaning panuwun kula, cangkrimanipun sang budyasih kawrat brmartani ongka 25 punika kula anguruni jarwa, ing ngnadhap punika gancaripun Bolongan ongka 1 saged ngesataken toyan saejam inggih 60 menut Bolongan ongka 2 saged ngesataken toyan kalih jam inggih 120menut Bolongan ongka 3 saged ngesataken toyan tigang jam inggih 180 menut Punika bilih kabikak sareng telasiing toya among sapranem jam inggih 10 menut amargilampah saejam wewah rikat malih satengah jam saking bolongan ongka 2 lampah satengah jam wewah rikat malih sapratigan jam sakin gbolongan ongka 3 Bujakirana

Prakawis Jina, minongka Cangkriman

Wonten prawan nama rarasari, dipun pradata dening kakim, jalaran anggenipun winanti ing janma, 4, karampunganipun mangkaten Sang winanti, ginanjar artatusana Pun manti ongka 1 pinejahan katigas jangganipun Pun Manti ongka w dipun ukum gebag kaping 80 Pun Manti ongka 3 dipun ukum gebag kaping 40 Pun Manti ongka 4 amung winulang lepatipun saha pnacuhan bab lampahipun wau Ingkang punika batanga sababipun sang winanti kaganjar, pun amanti ukumanipun teka sanes-sanes, punapa karananipun. Bujanakirana ======\======Panjurungipun Sang Jaka pujasubyakta ing ngukirsari, tumrap ing Bramartani ongka 25 amratelakaken bilih langkung bingah sarta jumurung sanget dene para sarjananing bramartani sampun sami karsa angwedharaken ing ngatasing kawruh papasthen, kula inggih dherek bingah sarta amumuji, mugipara sarjana karsaha anglajengaken pambudenipun dhateng kawruh kasunyatan sarta kawradinaken ing ngakathah, awit

3 badhe anuwuhaken kathah paedahipun, dene bab padangonipun sang jaka pujasubyakta, ing sagaduging pambudi, kula ngaturi panjarwa. 1. Mila tutuk mawi wonten toyanipun supados saged anglunturaken sawarnining dhadhaharan ingkang badhe kaulu 2. Saupami dumadosing gagodhongan awarni abrit jene, pethak sarta cemeng, saestu enggal angrisakaken mripat, mila sampun kinodrat awarni ijem supados sakeca tumanggaping mripat. 3. Candrama ing wanci siyang boten kasorotan ing surya kados dene bumi, mila boten katingal gumilang cahyanipun awit gumilang ing cahya wau naming saking soroting surya 4. Bangsanipun peksi boten gadhah sungsum kados dene iwen mila badanipun entheng 5. Daging sarta kulitipun manungsa langkung rentet tinimbang kalayan daging sarta kulitipun maesa, awit saking punika bilih jisimipun manungsa ing salebetipun kalih utawi tigang dinten saged kelem ing toya, wangsul maesa boten

Menggah panjarwa kula ing nginggil punika, bilih kirang patitis kula nyuwun pangaksama Kyai Bathang ======\======Mugi para sarjana karsa aparing barkah, saking kodhenging manah kula kados ing ngandhap punika 1. Punapa sababipun bebek sarta menthok bilih lumampah sami amegol-megol 2. Punapa sababipun manungsa bilih tebih tataneman boten saged seger raosing badan mekaten urgi tataneman bilih tebih manungsa inggih kera 3. Punapa sababipun paletheking surya saking wetan suruipun wonten kilen 4. PUnapa sababipun kunir bilih dipun emor kalawan aputeka dados abrit

Kyai Bathang

Wangsulan Pambatangipun cangkriman mitra amongsastra wonten ingkang nalisir, kados ta kajeng mulutan kajeng egrang, kajeng wuru, kakathahen yyen kula pratelakna sadaya, mila prayogi kula babaraken piyambak supados inggal kasumerepaning ngakathah, kados ta kajeng tresna ing ngalki, kanthil kajeng angkatan tanung, kajeng pabeksarangin dhadhap ngandhap punika katrangipun sadaya. //Durma babar cangkrimaning kidung ingwang, klampis panggetak kucing, nsempulurah pandya, suren rema, kanthil kang tresna ing laki, tanjung nagkatan, dhadhapabeksarangin. Dene jangan binabar panuksmanira, kremah perau miring, pepeka pan asan, gundha munggeng tenunan,lumbu kang munggeng reragi, lompong janwendah, turi pangugah mantra. Sambel dhahar tinatar panukmanira, sunthi perawan kencing, beku pujongga desa, kacang putrane bima, laos kang ulesing sikil, wijen satunggal lobok sibiyung yekti. Sampun naming punika. Wasana kula ngajeng-ajeng kabar anggen kula batang cangkriman bab toya adang soalipun juru ngarang, leres punapa nalisir Ja:Pang: Da. ======\======Panjurung Atur Pambatang

4 Sinarkaran pineting mamanising reng t3embang mrih regenging kontha, kang munggweng bramartanine, marma ulun kumudu, manjurunging ngabyantareki, bramartani pustaka, sing darpaning kalbu, arsa mindha para wigya, nanging tangeh pmiriba marma samangkin ulun minta aksama. Niren para sarjana kang wasis mugi- mugi samya anebihna, ing saru tuwin sikune, sing dahat punggung ulun datan ketang ngeseman jalmi, wit kithaling tembungnya, wah lulungidipun kaku kauning ukara, kawicotho marma alane kepati, mila mongsa bodhoha. Ndhering karsa ulun kang sayakti, sung pambatang ring cangkrimanira, mitramba ngukir sarine, kang lilingsen asmeku, sang jaka puja subyaktadi, ingkang dumunung papan bramartaninipun ongka dwidasa rong ponca, salugune tan wikan leresireki, tuwin emboktenira. Witdatan wawaton kang saking, kyai guru, mila paminta mba, kalamun wonten sisibe, menggah pambatng ulun ingkang karsa kawedhar puri, mugi para sarjana, karsaha anaru, wenng menggah sampurnannya,kang jembangan ingkang mawa bolongan tri ingkang dumunung ngandhap. Yen binuka tiga pisan sami, dugi dugi kalawan watara, menggah sageding telase, tirtakang munggwing ngriku, tigang dasa kakalih menit maksih mawi langkungan patang puluh telu, punjul pitu prasawlasan sekondhen dhuh punika gen ngong ngucupi, awit sing petang ambang. De kalamun bebolongan katri samya mili ing dalem saejam sawastu manjur irtane, sajembungan panlangkung, gngsal pranem sampun kapasthi, mongka tirta pinetang, sajembangan naming, dadya saejam pinara, satunggilan gasal pranem bok menawi, dados angsal kados ta (32 menit) 43 la 11 sekondhe) I ik njut raenjoh isinaku Sinangkalan sepining ngakal mangesthi kawruyh Kyai Candhik yuda, tuk . ======\======Kang pustaka kanthi atur, geng panuwun namba maring, mitra mba kang ambek arja, sih ing mamitran sasilih, sang jaka pujakusubyakta, paring brekah maring mami, Pratikel pangukuripun, ruhurira karang tiris, duh kamantyan sukur suka, ning wardayamba sapreti, ulun gung kawiyu tangan, milamba sedyanauri. Ing sagadugireng kalbu, amba tang cangkrimaneki, kang winedharing pustaka, nenggih warta bramartani, kang ongka dwi dasa ponca, na jembangan mesiwarih. Mawi balongan tatelu, sinumpetan rapet sami, yawn binuka gantya gantya, dangu nya telasing warih, beda beda siji dwi jam lan tri jam ingkang sawiji. Pujasubyakta andangu, yan binuka sareng sami, pinten ne jam dangunira, cumathakamba ngaturi, panjarwa lamun sambada, menggah tapamanggih mami. 1(1/1 + ½+1/3) dadya tridasad wi minut,langkung catur dasa lan tri, sekon telasing kang tirta, dhuh lamun taksih nalisir, sing kirnaring siku away, ginalih sumaged mami. Sangking kumedahing kalbu, urun batanganereki, menggah lepat leresira, sun prasarjanadi, ing reh dhusun wisma amba, dhadhekaha graning ngardi. Ing giritirta pinuju, wulan rejep tanggal ping tri, sinengkalan nirsujanma, pangesthinira anunggil, sangking ngamba kang lindhungan, nenggih pun jaka marsudi. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina07071881 Murdane businsu sigra, wus cinangklong the ponitih turanggi, sarwi menthang lang kapiipun, jemparing nya pamungkas, Sanlyongcinjin puniku ingknag tinuju, jemparing mesat lir kilat, kaprewasa Sanglyongcinjin. Anglumba sambat palastra, sirna ilang bangke datan kaegsi, Lyongcinjin pandhita Kabul, kadibangkene mekrat, sareng lawanpedhapujantan kadulu, wadya lit surak gumerah, sigra sang arya Sikuwi. Kalawan sang Gogimacan, prasatriya punggawa ngamukwani, adya cuta bubar laruta, bupati kang sadasa, wus lumayu kawur kuwur wus katawur, sagunging wadya ingngarga, agya samya jajarahi. Kathah warnani banthangan, sanalika wus samya den

5 tetegki, apratondha kinen mundur, suka kang uguling prang, prapunggawa satriya wus amya mundur, makuwon sawadya bala, laju sumewa mring gusti. Narendra putra enryarsa, senapati sikong kang atur warti, lamun yudanira unggul, pangranteh poaturnya, ngaturaken solah bawaning prang pupuh, lawanngaturaken sirah, Businsu kang sampun lalis. Yata suka parisuka, binojanalan kinen gaganjari, myang banthangan sangking mungsuh, wus binagi warata, wus watara injing budhal kang wadyagung, prasamya minggah mring ngarga, mangun suka siyang latri. Yata wadya kang kasor prang, sru sunggkawa wus wangsul marang nagri, sagunging para tumenggung, angsul mring prajanira, naming risak wadya bala kathah lampus, yata ganti winurcita, panjenengan prabu dewi. Kang ngadhaton nagri Tongtya kyana patih sampun siweng puri, kanthi mantra kang pangayun, kang mintas kasor ingwrang, kyana patih ngaturken saha turipun, yen kasor kamangun yuda, sang Businsu senapati. Pejah samadyaning raka, sampun katurpurwa wusana sami, prabu dweilangkung ngungun, dangu tanpa ngandika, keh kagagas paran wusaneng pra pupuh, gya narendra aris napda eh sapa yogane patih. Kang sakira bangkat karya, dene iku businsu soring jurit, nguni nalikane timur, gone milu maringwang, malah kongsi diwasa prawireng pupuh, lan nora kurang weweka, lan tumuli oleh kanthi. Ara ajar lan pandhita, duk agluruga gawa bala rong kethi, sun wetara uwis cukup, wusana kasor ing prang, pandhitane iku jebulkrya lampus, bupati sepuluh sirna tan ana kang bangkat kardi. Patih paran budinira, kyana patih matur sarya wotsari, yen punggawa saprajagung, tan wonten kang kawgang, awit denign putra paduka pukulun, Lalingong kathah kanthinya, Sikong langkung surasekti. Jibica pamugari prang, dahat wasis pratikel agal rempit, para satriya gung agung, kathah ingkang prawira myang punggawa angsal pratikel dibyanung, sumamrmi kawula undhang, sinten ingkang bangkat kardi. Langkung geng ganjaranira, jumenenga senapati ing Jurit, nanging tan wonten kang purun, wau sang dewi raja, langkung giyuh nalika miarsa atur, yata punggawa pangarsa, Tyodyan yu matur wontsari. Pukulun srinaranata, yen suwawi lawan karsa narpati tumenggung Pikin puniku, kang kihta ing Cikongkwan, wus kasusra pun pikin prawireng pupuh, kalawan sampun waskitha, pangolah bawaning jurit. Nadyan sepuh wancinira, wadyanipun wtawis kalih kethi, lawan darbe putra kakung, tiga sami prawira, ingkang sepuh Pikbunyong paparabipun, Pikbunha ingkang panengah, Pikbun pah ingkang wuragil. PUkulun wartining kathah, pun PIkbunpah kelangkung surasegti, gada wesi agemipun langkung agenga panjang, sakeh jalma tan wonten kuwawi junjung lawan malih pun pikbunpah, yen kalangen sabenari. Bantheng tanapi maesa, karya undhi ing ngasta kanan kering, among punika pukulun manawi bangkat karya, prabu dewi miarsa suka ingkalbu, asru denira ngandika, eh patih karyo atulis. Muni ya yen jenengiwang, situmenggung ingsun kon manggut jurit marnag ing KYumyamsan gunung, kalamun ungguling prang, bias karya lunas kabeh mungsuh ingsun situmenggung Pikin uga, jumenenga senapati. Lawan tulus darbenana, ing Cikongkwan turun lumurun kongsi, prapteng canggah gamtung siwur, turun pikin darbeya kyana patih sandika sigra anuduh bupati carik ken karya, nalawa tandangu dadi. Wus pinaringken duta mantra catur leser sangking ngarsaji, lanwus pungkas kang rinembug sadaya kinen medal yata duta gagancangan lampahipun mawa kuda sasanderan tan winarna aneng margi. Lampah ing duta wus prapta, ing Cikongkywan kitha tumenggung Pikin kapinujon kitumenggung, lagya munggeng pandhapa, para putra titiga munggeng ing ngayun kang ginunem sadangunya, Sri Lalingong raja siwi. Kang tansah amangun yuda, lawan prabu dewing Tongya nagri kitumenggung Rembagipun kedah angguyubana, mring lalingong denya tedhak Tongtya tuhu, pantes jumeneng narendra, gantyanira masuwargi. Dereng dadya kang rinembag duk kasaru duta tumameng ngarsi, umatur cundakeng prabu,

6 maringaken nawala, ki tumenggung tumurun gonira lungguh, dhodhok urmat tampi surat akarya nayaka manis. Kang nawala uwsnya den tampeni, ponang duta maringken kintunan busana tuwin sanguine, sarya lon wuwusipun, ki tumengugng andika tampi, dhawuhnya srinarendra, sampun dangu-dangu, jengandika kinen budhal saha wadya myang putra ayuwanakari, tumenggung tur sandika, wusnya sagah gya nupigsa tulis tembungira dahat ela-ela, mamalat kalbu raosa, lan kathah ebangipun ingkang munya jroning kintaki, wusnyapungkas kang surat kitumenggung matur duta ing benjang matura, mring sangnata, kang abdilumampah darmi, sor unggul ing ngayuda. Begjanipun gusti sribupati, naming kula estu nunten budhal yata wus terang ature,angling kyai tumenggung, jengandika asorumiyin dinten ing benjang-enjang, jengandika mantuk duta sawusnya sinegah, pinisalin sakancanira waradin gya kinen pamondhokan Taksihw onten candhakipun.

7 Ongka 28 Kemis kaping 14 Juli 1881

Surakarta Kagungan dalem bangsal Witana ing Sitinggil punika wirayatipun para tiyang sepuh- sepuh, kabar batuwah sangking nagari majapati ing mangke kaparenging karsa dalem ingkang sinuhun kawangun sirap saha babalunganipun kasantunan enggal menggah renggan ukir ukiran boten ewah, katedhak kados ingkang sampun kalampahan sasdya srasah sarta baturipun kadamel saking sela cendhani, malah ingknag wau bagnsal witana punika lugas nembe punika kapaenging karsa dalem kacet saha kaprtos mila saestu badhe amewahi senening kaprabon Panjurung

Kala kemis kaping 31 Juni wanci kinten ngajengaken jam ½ 1 siyang wonten sajuganing prayagung ingkang mundur sangking anangkil anitih rata alit wangun melor, ingkang pangirit turongga kalih, lampahipun saking kidul mangaler, sareng dumugi sangjenging ngloji ageng, turongga pangiriding rata ambandhang, jalaran lisipun mrucut sangking ingkang ngusiri rare,mila kirang prayitna saha mangangg panyepengipun lis panyaringkuda dumugi sangajenging dalem paresidhenan nekuk mangetan trus mangaler,nrajang wradinan tengah tengah ing peken ageng, tujunipun turongga naming mrelokaken anggenipun badhe mantuk dhateng kabupaten kapara tengen yen ta lampahipun mawi yasa lah wengweng, kados badhe wonten babaya sumandhang dhateng sadhengahing tiyang. Panjurung

Kula angaturi pamrayogi dhateng para mitra ingkang sami griya atep sacelak radinan sarehning sampun mongsa katiga, mugi angengetaken kaprayitnan anyingkiraken uwuh garing ingakng pancen celak griya, sacelakna toya jembangan supados saged amambengi bencana latu,nalika katiga ingkang sampun kalampahan parentah sampun paring dhawuh dhateng para kawula ingakng sami griya atep kapurih anyantuni payon gentheng, saha cawis toya jembangan bokmenawi ing mangke parentah karsa ambangun dhawah ingkang kasebut nginggil pnika. Panjurung Nalika malem Gara Kasih, raden Par,ing Grogolan bawah dhistrik ing Klathen wancijam satengah wolu dalu, adamel parisuka kalayan ingkang estri, ingkang jaler pinuju lenggah wonten ing jerambah ing griya, saha ngadhep meja andhap ingkan gestri wonten ing gandhog olah0-olah, ladingipuningkang estri ingkang kaangge olah olah dipun colong dhateng ingkang jaler ingakng estri boten sumerep lajeng bingung angupadosi, ingkang jaler tuwuh suka, ing wusana lading wau ical sayektos ing mongka lading kadekekaken wonten meja andhap ingkang dipun adheb boten kesah kesah, saha boten wonten rencangipun lenggah, anaming icaling lading wau dilahipun pinuju pejah kebaraten punika saeng kaubres boten pinanggihlajeng medalaken gugon tuhonipun saking aturipun tiyagn padhusunan ngriku uwit randhu wana ingakng dumunung sapinggiring pager punika dipun giyani lelebat wewe, wewe punika asring purun nyenyolongi barang ing manungsa lah punika raden Par, lajeng muring-muring dhateng pun wewe, randhu wona enjing badhe kategor, sareng wicanten badhe negor lajeng tiyang sak pekarangan punika mambet petnguk sadaya, ngantos sami mumet sirahipun saha lading ingkang ngical wau pinanggih wonten pendhapi sapinggiring amben punika tiyang ngriku sadaya sami kenceng andalih pratikahing wewe. Dene bapakipun den Par sarehning sampun lami kulina kalayan para tuwan boten condhong bilih pandalih ingkang makatenpunika, tapsiripun lading wau dipun

1 gondhel ing segawonipun ingkang kulina, rehning lading mentas kadamel olah-olah mambet tetedhan dene gonad penguk ingkang prenah wotnen wit randhu wana punika dipun kendhudhuki kepanggih tikusipun calurut wel uwelan suprandosipun tiyang dhusun teksih sami warengkeng, tikus celurut punika dipun westani ingoningonipun wewe.

Yogyakarta Nalika tanggalkaping 8 ing wulan Juli ipunika, kadugi wanci jam 9 sonten raden nganten Sasraprawira, griya ing Ngloji tugu, opyak sinjangipun kakalih ical, rehing wanita pantering budi sekala angadhahi panginten yen ingkang mendhet sinjang wau kancanipun kiyambak ugi tyang estri, ing wusana daya-daya rembag oira tumuntena enjing, badhe ngadhangi margi, sedyanign manah amethukaken tyang ingakng dados panginten wau, kaleksanan enjing wani jam 6 uyektos kapranggula dumunung ing kampong Simenan katalika wantu ladak angrespateni,, tan saronta kagledhah purun kimawon priksa yen sinjangipun kagendhong,suprandene boten patos kurdanipun naming tuhu karya ojat sagunging kang sami ningali, awit sakecap kurdanipun boten wonten ingkang ngewak-ewakaken ewa semanten ingkang angetingalaken sekedhik semu kenrang, sareng sadursilestri semu badhe mlajar lankekathahen pawadanipun punika lajeng karakut rambutipun kaglandhang dumugi ing tugu, selajengipun sang pandung ngestri kaladosaken ing ngarsanipun parentah kinunjara, lajeng kaparingan patrapan krakal sawulan. Panjurung ======\======Gugon Tuhon Nalika tanggal kaping 7 Rajap taun punika, wonten ingkang katingalan saking nagari, Surakarta, wanci pukul 7 enjing ing ngabyantaraning hyang rawi katingal wonten kukuwung anggameng tur cetha ing dhapur biru sepuh lajeng ijem maya-maya, hyang reta amalerah nunten jene, sumilak wening, punika angubengi rawi limrah kawastanan kakalangan ananging sareng wanci pukul 9 sang kukuwung dados kalih kubeng gathuk rawi dumunung gathukaning wengku, anenggih ing wanci pukul ½ 11, sang kukubeng brastha, kantun satengah kubeng kados dhadhapuraning lakap pinantheng, dumunung saler kilening rawi, kadya angimbani, menggah rawi wau soca, anapon sakidul wetaning rawi wonten kukuwung 2 lempeng agengipun kawuryan satiris kang daweg mujur ngaler ngetan kakalih pindhah jejer, wasana pukul 12 siyang sampun paring purna ing tawang saban saban. Panuhun kula mugi mugi para mongkayun sarjananing barataning pustaka Bramartani, wontena ingkang ngasih ajar wani, bab nginggil wau, leresipun naming miwah punapa kenging katartamtu saben punapa, wonten makaten yen nalaripun saking punapa, mugi sampun kirang aksamining paranung saking jugulkula titi. Semangtri. ======\======Sampun maratah bilih bongsa kula jawi, amastani wontenipun lalembat kadosta setan jim banaspati, gandarwo, sapanungilanipun sanadyan ing serat serat anggitanipun para anung ing jaman rumiyin ryumiyin ugi kula asring mrangguli maosa sebutaning lalembt wau, babpunika asring kimawon dados udur rebat leres inggih punika wonten tuwin amboktenipun kathah para dibya ing jaman mangke ingkan gamastani, bilih tiyang ingakng pitados wontenipun lalembat wau gugon tuhon dene ingkang boten pitatos punika kawruh kayaktiyan. Lah punika anjalarijudheging manah kula, ewet anggen kula mastani pundit ingakng leres awit punika sangking ciyut jajahaning kawruh kula, mila osiking manah rehning pustaka Bramartani punika, ing mangke

2 kenging winastan sasana pamedharing kawruh dados ing sapunika kula kedah angewedharaken ing mriki, supados para saged paring brekah anerangaken prakawis punika, ingkang kenging kadamel waton ugi asring sampun rinembak ing pabaratan ngriki, ananging dereng wonten ingkang gumampleng tumuju ing manah, pundit ingkan gleres yen taleres wontenipun lalembat wau, lah warninipun kados punapa, sarta dumunung ing pundit, rehning lalembat wau cariyosipun amboten sipat kados pundit jalaraning wuninga, sarta sinten ingkang anyumerepi, wondening bilih leres amboten wonten sabab punapa wontening nama wau, sarta serat serat cariyos anggitaning para saged teka nelecek kemawon sasebutaning lalembat wau, utawi sinten ingkang gadhah reka nama namaning lalembat wau, teka saged temen amerangaken klayan malih teka lajeng maratah tiyang jawi anamakaken lalembat. Aanging saking cariyosipun para bongsa walandi, boten tiyagn jawi kemawon ingkang sami pitados wontenipun lalembat wau, sanadyan titiyang ing tanah Eropah kala rumiyin inggih makaten ugi, Barak kanunggal ngesthi Btakta, Jaka Marsudi ======\======Panjurung Wangsulan Nuwun kula sampun maos serat kabar Bramartani ongka 12, ing ngriku wonten panjurungipun mitra pun WRedawaka, suraos mundhut jarwaning tembang kawi ing sawatawis, ingkang punika cobi sobi kula dherek anyaruwe ngturi wangsulan, ananging kula teka sumarah ingkarsaning para sarjana bokbilih wonten ingkang karsa paring jawrwa kang patitis nuwun inggih sumongga: 1. Oji witangulun rarimenak tembak lananingyasa, wijangipun makaten:

Oji, leresipun uji, tegesipun paleleran dadar, ingkem Wita: asal bubuka, uwit wiwit Ngulun: suwita Rari : Adhi Menak: Sakeca mukti Tembak: mencep-mencep Lan: TEtep langgeng, ameng, ameng amengan tanpegat taksih Nityasa:tanpegat anggung, langgeng

2. Dhuhan kwi donirta, nglekni manih tanglensapartitala, wijangipun

Wuhan: awuh, pangeran bencah Kwi: Ingsun Do:godha Nir:ical rusak telas sirna, tganpa Ta: ta, sira Nglek: Sengkel Ning : Bening , ing Manih: abdi, para nyai Nglen: Ngelon-eloni Saparti: kados Tala: siti, dhempul tiwas asor, tapel tawon Wondening ingkang gangsal prakawis punika saweg kula parsudi, teka dereng andungkap boten naming kula nyumanggakaken ing para sarjana Ingkang punika kula sumongga menggah rujuking dhawuhipun sang bathara wisnu

3 Kajawi saking punika kula ngaturi atur panuwun dhateng paduka juru ngarang dene teka paring dhawuh angwedharaken saking sukaning wardayanipun jalaran wewah- wewah ing para pangudisastra, onuwun ingggih pangestuning sang juru ngarang, mugi-mugi kaparengna saged ambiyantu ngrengga ingpan\barating bramartani, saha sageda kaleksanan saking kredyating manah kula, ingkang kanthi pangatos-atos. Wasana kula sumedya sumarah ing sakarsaning para sarjana, boten nedya angucemaken ing bramartani, nun. Amongwisastra. ======\======Sampun kalintu panampi mas rena sanget kula amirengaken tiyang babantahan ananging sampun binarung ing tembung sasonga, punika saestu angucemaken tondhanging triloka pujongga tuwin para wikya punika kula upamekaken wrksa candhana, mongka dipun pecel-pecel mandar amrikgandanipun, pasemoning sang kala, yaktining sarira mangesti mitra Jurungarang ======\\======Nyuwun babaring atur Sabab dening punapa, jabang bayi boten enget rikala kababaraken saking pandhoga GEsanging manungsa,jalaran saking punapa Pejah ing manunggsa sababsaking punapa TIngal wagedipun aningali, jalaran sakin gpunapa GRana: Wagedipun amireng, jalaran saking punapa Budheg: sabab saking punapa Raos: inggih punika yen nuju dhahar, wontenipun waged ambedakaken legi tuwin pait sabab saking punapa Supena: sabab sakin gpunapa Kpingipun lembuL kapal tuwi maesa, sadaya waged ebah, sabab sakingpunapa Ananging talinganipun manungsa, teka boten waged ebah, sabab saking punapa Pawestri: saben wimbaning lek angewedalaken parah, sabab saking punapa, wasana kula anyumangakaken katuripun para gunawaning pabaratan ing psutakawarti, ananging saking panginten kula, panjenenganipun jenal ngabidin ing magelang, badhe boten kewran anarbukani, awit ing kitha ngriku panggenan sumebaring pangawikan paribasan mecel manuk miber. Wondene panjurungipun jaka pujasubyakta, bab jembangan mesi warih kula ugi niyat anyelehaken ing dugi-dugi, bolongan titiga yen binuka sareng, ambok manawi tlasing tirta 6/11 Pangetang kula makaten

2 jam 1 panduman 1 jam 1 panduma 2= ½ panduman 3 jam 1 panduman 1 jam 1 panduman 3=1/3 gunggung 5/6 p[anduman + 1 panduman= 1 5/6 panduman 1 5/6 panduman 1 jam 1 panduman 1 jam 1 5/6= 6/11 jam ewadene sumongga, ananging atur kula samanten wau, saestu bingah katanggapan boten leres kemawon, nyuwun genging maklum sangkala tinengeran, nadyan tebih, pun kula, ugi: angesthi, ing Pitedah raramen tri king sendhang tretes.

4 Lo sampun gendhaksikara dhumateng sangkala ing nginggil punika, bilih wonten panyaruwe para andangu, kula lajeng malengos songgauwang, sarta wicanten o guthik matur, kula saweg ewed wedhak pupur. Jaka Banjet, punapa sampeyan sampun narimah, dene cangkriman bab pandoman naming cekap kabatang ukur kemawon tur kirang gretehipun sarta sampeyan punapa pitados yen tosan brani makaten warnanipun biru, mila pamagih kula prayogi sampeyan nyuwun natetosing saserepan dhumateng siswa ing pawiyatan magelang, amrih sampun ngantos anjalari panjeluting manah, ingakng jalaran saking kiran gmudheng, kula piyambak inggih boten badhe amangsuli ing saleresipun among karenteking manah nedya angingsep sarkaraning bramartani,punapa malih catho- cathoning pangangenangen dhsar kula angepi-epi besbesingpara sarjana, ingknag sami karssa anamakaken lungiding braja. Rara Mentrik ======\======Wardining tembung ing ngandhap punika kados pundit Wyanjana, dantya, talawya, murdanya, andhahan, kriyawacaka, wisesana, wisesanalingga, wisesanalinggga andhahan, wisesana nyawama, wisesanabawaka, wyakarana, ajnaning kekriya, sambawaning tanggap, sambawaning tanduk, guna, adiguna, kekriya, sambawana, ikriya, kriyawantah, wisesabawaka, bawawacaka, daya wacaka, kang rana wacaka, tnggap, otama purusakriya wantah, tripurusa, pratama purusa, madya mapurusa, otama purusa, samanten kemawon rumiyin Rara Mentrik. ======\======Sampeyan punika pancen akewes aluwes masrara, tiyang nyaruwe sangkala kemawon teka dipun ewani, tuwin kauningana, bilih karuh panjenengan kang wawangi, jenal ngabidin ing mangke saweg alalana dhaeng ardi kendheng, pramila sampun lami boten alaledhang ing ngabyantaraning bramartani Jurugubah ======\======Sampun tingkas yen kula dede sarjana,mila nyuwun pangaksamanipun mitra kula jaka pujasubyakta, dene kula sumelonong ngaturi jarwaning pandangu sampeyan ingang kawrat ing pustaka bramartani ingka 25 ingang mongka wau pandangon tumanduk dhateng para sarjana, ananging panjarwa kula, naming sagaduging kawruh. 1. Mila cangkem punika wonten toyanipun awit saseranduning badan kalimputing tirta, malah meh kinging ucapaken kebak toya, mongka cangkem anggadhahi bolongan alit alit ingakng gadhah daya panariking raos samukawis tetedhan ingkang mongka bolongan wau sami menga sareng utawi gentos gentos pundit ingkang menga punika umemedal toyanipun ingkang wonten ing saranduning badan. 2. Mila gusti Allah nitahaken gogodhongan sadaya awarni ijem punika murihmigunani, dhateng gesanging maujut ingakng gadhah mripat, sawab ijem punika ules ingkang asrep tumanduking netra, utawi ingkang kirang banter cahyanipun manawi tempuh kaliyan cahyanipun manawi, tempuh kaliyan cahyaning srengenge, pethak abrit sasaminipun punika sami gadhah cahya banter, srarta kiyat menawi gogodhongan boten katitahaken ijem temtu manungsa tuwin maujut ingkang gadhah netra sami picak. 3. Hyang rati punika pancen boten gadhah cahya, dene yen dalu cahya ning srengenge nemporong nempuh ing ratri, angwontenaken cahya mencorong, yen siyang cahyaning srengenge mleset amboten tumanduk ing candrama, mila naming katingal sawantahipun

5 4. Cekaking suwiwi, tuwi nkarosaning inwen emboten sambada kaliyan awrating slira, beda kaliyan peksi punika ingkang murugaken boten saged miber. 5. Punapa yektos, bangke tiyang kelem bilih yektos bangke maesa glodhoganipun wiyar isi awakebak mila boten saged kelem awit awrat toyanipun katimbangkaliyan hawa, ananging yen toyanipun wiyar sarta lebet

Ewadene kula sumongga para sarjana menggah leresipun ingang gumathok.

Pangayubagya Pucuking pandoman cocok Menggah ingkang gadhah wajib amengku sang rara leres. Kyai Candhikyuda, Tukbedhaya ======\======Kang pustaka kanthi atur, ingkang salam taklim mami, katura ring pramitrarja, jakabanjet kang wawangi, miwah semangrtri kang samya, naruwe cangkriman mami. Kang winedhar adumunung, ing pustaka Bramartani, dhuh mitrramba kuningana, kang cangkriman witing tiris, sayekti nya sampun cekap, kang gya ngukur inggiling wit. Tansusah met wancinipun, inggil andhaping hyang rawi, menggah ujaring mitramba, ing ngadhusun giriwangi, kenign g ugi kanangwreksa, kaetang ing gilereki. Ing sawanciwancinipun, kaukur yang nganeki, kewala nagkit kababar, inggilira kanang tiris, lawan sarana etangan, adhuh para sarjana di. Yeku ta panuwuning sun, boten ta inggiling uwit, nanging mung pangukurira, , sarta ketang lan punapi,ywanamurih ngwikanana, pinten elo inggiling wit. Tiniti panitraningsun, ing Giritita tanggal ping Ponca welas rejep condra Mletik kawruh ngesthiyakti, ulun ingkang adhedhekah, ing ngaldakapun Marsudi. ======\======Candhakipun serat PUrwa Krimataya Bangke maesa winangan, dening sima simanirangemasi, sangking pusakanya ampuh, pusaka katripisan, pan katelah dugimangkya siti dunung, bangkening pustaka trinya, dadya lemah sangarsami. Kuneng wagu tan kawarna, raroncene ing Ngastina nagari, sawuse sawadya tengsu, laire raja putra, nata Kresna lane yang Wiratha prabu, Cempa laree jaman dura, pamit kundur sareng ari. Palestha sabala kuswa, sowing sowing budhalira sang pati, saking Ngastina wus kebut, sang prabu Yudhistira, kang pnatah ngembani sang narpasunu,raden Yuyutsuh kalawan, kang para putra kakalih. Raden pragswa kangkinarya, madeg retuning neng nagri gilingwesi, miwah sinungan jujuluk, sang prabu Pragswapatya, la kang rayi Raden Yugswamadeg prabu,s riyugwsa kesthi narendra, amnegku ing Mukabumi, PRagswapati pinaringan, garwa mangran dewi lesmanawati, wewah-wwewah arjanipun, nagariing Ngastina, adeg ira sriyudhistira sang prabu, sugih Santana punggawa, samuwawiratur sekti. Kering \\nganing monca praja, parangmuka kekes tanamawani, marketer sangningrat trenyuh,repsirep sabuwana, dera kadang danangjaya senapunjul, sugih garwa iwdhahara, lir jawata janma janmi. Kuneng malih kang winarna, ingkang kuncur mring nagri Dwarawati, sawusipun gangsal taun, sang prabu patmanaba, oneng lawan kang rayi Ngastina prabu sigra angodhangi wadya, sapalih ingkang umiring. Rawuh ingpuraNgastina, garwa putra wayah samya umiring, sawusnya samekteng kewuh, sang prabu Janardana, lawan garwa wahana rata mas murub, tengara wadya wus budhal, saking nagri Dwarawati. Miwah amatah punggawa, mundhi surak mring mandura nagari, kang pratrastra tembung katur, kang raka ing ngaturan, tedhak marang nagri Ngastina kan ggupuh, samya mangun gunem rasa, wus mesat ingkang tinuding. Lajen gmasisir trus ngetan, tan kawarna kang maring manduraji, nahan wau

6 sangaprabu, patmanaba wus prapta, ing Ngastina pinethuk ing rawuhipun, atriya ing madukara lawan sagung pradipati. Kering lajeng manjing kitha, yata prabu yudhistira tinangkil,munggeng ngamparan masmurub, ginarbeg prabiyada, prasentona punggawa anglaring ngayun, kasaru ing rawuhira, srinartaing Dwarawati. Sri bupati ingNgastina, sriyudhistira tinangkil methuk rawuhing kang raka, tundhuk astane kinanthi, minggah ing poncaniti, tugdon pratistha Dwiprabu, amparan den ta mubyar. Para garwa majeng sami, maning pura narpadayiteng Ngastina. Methuk rawuhingkang raka,prameswari Dwarawati, titiga mratomengpura, nahan ta ing poncaniti, aneng-anengan sami, miwah praari sawegung, agung tur panambrama, matur nata Dwarawati, mringkang rayi yayi milambaparapta. Ngastina margi sasmita, ing hyang yen ulun samangkin, miwah sakadang pandhawa, kinon metrat manjing agni, dumadya marga lalis, pratunu ing ngalun-alun, karatyaning Ngastina, kang ginantyakna dadyaji, wayah tuwan paharikesit prayoga. Ulun wus miji duta, mangaturi jeng kakaji, mandura rawuh eng praja, Ngastina wus katur sami, wisiking jawata di, risan gyudhistira prabu, dahat marwata suta, duk myarsa miwah saprari, sribupati eca gya nyaginem rasa. Kasaru rekyana patya, mareg umatur wotsari, pukulun kauningana, ing jawa wonten kakalih, dhateng nganduta saking, wirtha juga pukulun, kanangsae keng duta, saking Cempala nagari, sowanipun sami unjuk kauningan,.Surude etyang paduka, miwah rama padukaji, sang prabu alon ngandika, paran duta patih gipih, paregneng poncaniti, patih sandika wus mundur, praptaning pagelaran, dhawuh ken andika aji, duta kalih sami umatur sandika, Kairit ing kyana patya, prapta ning ngabyantaraji, wus kinon lenggah satata, kyapatih ingkang nengahi, ing ngandika wotsari,kalih ganti ganti munjuk, duta saking wiratha, kariyin munjuk sangaji, lan manembah yen tengsu wingking punika, Surudipun ingkang eyang, sang ngaprabu mas wapiti, duteng Cempala manembah, unjuk uninga ing gusti, yen ingakng rama aji, sri Drupada mangkya surud, ugi wulan punika, sadaya ngungun tan sipi, ris andika sang aprabu Padmanaba. Eh sira duta Wirata, timbalane yayi aji, Ngastina sriyudhistira, undhang-undhanga sanagri, ing Wiratha geng alit, sasedane eyang prabu, kaaton ing Wiratha, samene kapara katri, kang saduman karatyan kawengku ingsang. Senaputra ne jeng eyang, saduman karaton dadi, waengkon rising utara, dene sadumanya maning risan gwrat saka dadi, karaton narendra telu, den tarani narendra, prabu Nirbita lawan Ji, rising prabu Udhara, myang Wratswapatya. Dekinta duta Cempala, dhawuh amarang ngapatih, trus undhang-undhang sapraja, sasedane rama aji, kang pantes dumadyaji, dwipisan karaton dinum, yayi Trusthajumena, lan Dhesthajumena dening, skarsane goninra sang mangagyaran. Yayi Ngastina lan ingwang, jumuru ng ngayubagyani , yen wus asonapasira, karowus kalilan mulih, manembah dutakalih, tur sandika aris mundur, dangu gya nya sinewa, anenggih narendra kalih, nulya jengkar kundur maring dalempura. Bibar sawegung prawdya, sowing-sowang ngang prasami, sagung punggawa satriya, wadyabal Dwarawati, sinugn pakuwon sami, mamajangan alun-alun, prayugi tarub rantab, sugata nira antir prasatriyakang umiring manjing pura. Prapta wus satatalenggah, sang nata sapara sori, narpada yita Ngastina,miwah dyah banon cinawi, samya majeng tur begti, ing raka sangKresna prabu, samya suka onengan, pasugatan tanpa wanci, sinaosan neng kaputren pakuwonan Taksih wontencandhakipun

7 Ongka 29 Kemis kaping 21 Juli 1881

Surakarta Kulawisudhan ing Kapatiyan

Nalika ing dinten Senen Legi tanggalkaping 21 wuylan Arwah ing taun JImakir punika, ongka 1810 Saking karsanipun kanjeng parentah ageng ing nagari Surakarta 1. Ronggasastra ARdana, abdi dalem mantra Carik ing kapatiyan kaganjar dados Ngabei, nama Ngabei SAstra ARdana 2. Raden mas Sudariya, kaganjar dados abdi dalem mantra Carik ing Gedhong ARta, nama RAden ngabei SAstradilaga 3. Radne Bagus Supena, kaganjar dados bekel niti nama Bekel Niti Sunarsa

Panjurung

Kala angrintanaken tanggal kaping 17 Juli punika, Raen ngabei Atmadipura abdi dalem kaliwon pangrembe,puput yuswanipun kasarekaken wonten ing manang, akathah para ageng tuwin para priyantun ingkang sami dhateng ngalayat malah sampeyan dalem ingkang sinuhun inggih tedhak anguningani ing angkating layon menggah rerengganing pametak sanget samuwa sarta para layat wau kathah ingkang lajeng anguntabaken wasana kula sumanthak aturpupuji,mugimugi ingkang sampun sumare wau kaleberana barkahipun ingkang maha agung wonten ing kadhaton mulya Amin

Kabar ingkangandadosaken kawlasan Nalika ing dinten Kemis kaping 14 punika, ing kampong Gambuhan REsaniten ing wanci jam 4 sonten wonten rarte jaler umur 2 taun pinuju mentas sakingbabucal lajeng ngupadosi biyangipun kinen anyewoki, kaleresan biyangipun dereng mantuk anggenipun mande, dados wau rare cewok pyambak dhateng ing Balumbangipun ing wasana dumugi ing balumbang saweg mancik talundhag lajeng kapleset kacegur ign balumbang ngantos anemahi pejah, saking kabar rare wau anakipun tuwanKaji SAleh Ing wasana saking atur pamuhi kula dhumateng priyantun ingkang kuwajiban angereh tatatentreming pakampungan ing ngriku, mugi karsaha andhawuhaken anertibi sawarnining balumbang ingkang sami anjalari kasangsaran awit saking pamireng kula ing kampong resaniten wau sampun rambah-rambah wonten rare kacemplung ing balumbang, malah ingakngsampun kapengker punika ugi ing kampugn Gambuhan kaleres ankipun Kiyai G, ugi kacemplung ing Balumbang, ananging rahayu lajeng angsa pitulung sagedmulya Panjurung.

Abdi dalem Ngabei Surawijaya ing kadipaten atilar donya, jalaranipun sapele sanget mundur tenggak ing kapatiyan medal ing radinan saetan dalem cakranagaran kasandhung, dhawah kenging sela cethikipun eled salangkung dinten lajeng ajal, ing sadangonipun radinan wau kaurug sela, ingkang ageng- agengipun sami kalihan kalapa, sampun pinten kareta ingakng pepes, sapunika mandar tiyang medal ing ngriku saged mantuk dhateng kamuksan, bilih radinan ing nagari ngriki sadaya kaurug sela samanten agengipun kados kareta sadaya

1 badhe pepes tiyanginggih kathahingkang sami kasusahan ngantos meh boten wonten ignkang medal radinan wau, kareta kathah ingkang medal radinan ing tengah peken ageng, embok inggih wonten igkang karsa dhawah, anyingkiraken sela wau, supados panguruging radinan ignakng kados makaten sampunngantos kadamel tuladha. Panjurung Kulaangaturi pamrayogi dhumateng para wajib ing kawula dalem kang amurih rahayuning para abdi kang sami lumampah dalu tuwin siyang. Nalika kamalem Kemis kaping 21 Juli taun punika, watawis para prayantun ignkang kagungan damel kilap mantu kilap punapa, ing wanci pukul wolu dalu, kareta tuwin bendiingakng langkung margi ageng saking Gemblegan mengaler kareta bendi saklangkugn dening kathah tuwin lumampah dharat saha kang nitih turongga samapta busana ageng, wah mawi lalangen mungal mosikan saha tambur salompret mungal sapituruting margi ageng, mangkatena kula ngungun dene galaring kareteg toya awisan sakiduling Secayudan pinuju gothang galaripun satunggal kaleres ing tengah kapering kilen lah punika andadosaken ruditanipun para prayagung ingkang tindak ing ngriku, ing mongka gothanging kareteg wau kula titik sampun tigang dinten punika, tujunipun prayagung kang kagungan damel wau, rehing dalu mongsa petengan mawi kadherekaken ing ngobor ingkang pinten-pinten pasang, dados terangipun sakelangkung sanget bilih sampun makatena saestu kathah kang dhawah kajeblos ingkreteg ngriku sanesipun punika, abdi dalem kawula alit meh boten wonten pedhotipunkang sami gadhah damel numpak kareta siyang dalu langkugn ing kreteg punika, nun Panjurung. ======\======Cariyos Kina Kala alamipun karaton ing Majapait ingkang kapisan, wonten babagan anglayo9ni cariyos adegipun karaton kakalih, ing nagari, Bunut kaliyan ing ancer-anceripun ing samangke ingkang sampun dados wana ageng, talatahing wana Serang, bawah dalem ing Surakarta. Dununging karaton punika amboten tebih, mila srinarendra ing ambukani karsa, nembung atmajaning rini narendra ing Bunut ingkang kawentar enah ing warnanipun bilih kaondhongan badhe kadhaubaken kaliyan narendra putra ing, Sang Prabu ing Bunut kaduk lengggana, amargi sang raja putrid dereng karsa sinambuting karma, ugi purun anglampahi, ananging nedha sasrahan warni kutu- kutu walangngataga, sarta raa kaputren ingkang edi-edi, srinata ing …….ugi sagah andhatengaken sapaminta wau, ananging dhatengipun kutu-kutu sapanunggilanipun katimbangana pinapag ing patamanan sari, saha who wohan sapepakipun ingkang gumelar ing tanah jawi, sarta satengahing patamanan pinasangana yasa kinambang, mawi ingon-ingon wader abrit ngiras ing tembe kaangepa kendelaning rising pinaganten kakung, sarehning kala samanten taksih jaman kabudan dados para titahing ngabathara kariyosaken asring kaserenan pangwasa, dados narndra ing bunut ugi sagah. Kacariyos sanget panekungipun sang prabu ing…….sagedipun kalampahan sasedyaning panggalih, sihing jawata andhatengi, pamintaning raja putrid wau sampun kalebet ing gendhaga kakalih, mila lajeng sarembag pamethingipun dimten angkating sasrahan. Dumugining dinten wawangkid narendra ing …..lajeng matah papatihipun utawi tumenggung, 1 rongga panampingan satunggal sawadyabalanipun angampil gendhaga kakalih wau, mawi wineling, wonten ing margi amboten kalilan

2 ngewah-ewah, gengipun ambikak bilih kadaengangan panerangipun dhateng timbalan nata badhe pinocot murdanipun duta sigra budhal wasana sareng dumugi margi tengah wanad kyai patih sawadya kendel lajeng gadhah kaniyatan kapencut badhe sumerep wujuding sato sarta raja kaputren wau, dene teka wadhahipun boten sapintena agengipun para karerehanipun sami nayogyani, lajeng binikak gendhaga ingkang satunggal sareng binuka, katingal wiyar ageng, isi raja kaputren ingang dadamelanipun saking mas suwasa, sarta salaka, gendhaga satunggalipun sareng binuka, ambarubul kang kutu-kutu walang ngataga sailumajeng sasaran, amboten kenging cinepeng, mila para duta sanget kaduwungipun lajeng tetgah tinetah, diyoning rembag meh suwala, wasana lajeng sarembag sami los nistambah puruging lampah, temahan rembag wau sami condhong, lajeng nilapaken wadya alit, wonten para estri pini sepuh ingkang sami ngateraken lajegn wangsul ngaturi uninga srinata, sakalangkung ngunguning panggalih narendra ing…….., sarehning sang raja putra dahat karantan asmara, mila srinata kabaranang runtik lajeng nyebar wadya bala ngupadosi ingkang sami enis. Tamatipun cariyos punika rembag bebesanan lajeng jugar, amargi narendra ing Bunut lajeng nampik. Para kaki sahantawising wana serang bunut wau saged cariyso bilih kala kang sarira taksih nedheng diwasa, sampun lumebed dhateng wana garumbul panggenan kendhaga wau, saged ningali wujuding raja kaputren ingknag dhadhah sanginggilin gsela ingkang kalarumiyin wujud gendhaga, ananging ajrih mupu, ti ti. Pindha dhandhangapuh neng pringgadhing, sang pinangan ken kakalih ira, tan linggih lipurgalihye, wuyungha,yang kayu marma babopara tinuding, eman lamun mangkana, minangkani retu, lebuh ing nata kataman tumusing tyas duta sumambraneng budi, kabendon kabendana Kintunan. ======\======Serat sarta taklim kula mardi budaya, katur mitra kula Jaka Marsudi. Sasampuning kadya punika wiyosipun kula amaos serat ing jengandika kasebut ing Bramartani katiti magnsankaping 14 Juli punika ongka 28, suraosipun anedha katernagan bab wonten utawi boten wontenipun lelembat ingkang kenging kaangge wawaton menggahing lugunipun panedha ing jengandika manaktenpunika kula inggih anjurungaken ananging saking panginten kula kados badhe boten kaleksanan amargi tiyagn boten saged anerangaken prakawis punika akalayan pratondha yekti, ewedipun sami kaliyan badhe anyatakaken kawruh kamuksan menggah pakewed wau saestu jaka marsudi sampun sumerep piyambak. Ing jengadika kadosinggih boten kakilapan bilih ing nalika serat kabar punika taksih nama Jurumartani, prakawis lelembat wau sampu kaudur deningpara ingang kawical lepasing budi ngantos anganthar-anthar, ananging dedreg kemawon upami sawung tangled sami tansah saged agebag tur sami patitisipun boten satunggal anggebag giling satunggalipun anggebag lancur, dados dereng kenging dipun ugemi pundit ingkang leres utawi lepat ewa dene kula nyumanggakaken para kuncara ing budi. Katandhan Mardibudaya ======\======Sanadyan ing tanah Eropah inggih kathah ingkang pitados dhateng prakawis punika, ananging para ingakng limpad ing budi, naming punika ingkang angoncati. Jurungarang.

3 ======\======pangayubagya Jurudemung: Sukarena, katuring sang Tranggatawur, dhuh-dhuh pungkur, lae sukur, gentatollih: mitratresna, kyai juru: ngarang tanwun, marwatasu: tasandeya, kaji mring Mekah dahuru. A. Pamujiu: lunulusna, mangrenggani: Pustakamung, mring mitra skang: awit timur, wekambabu: Jakirana, rengkuh endi: pun Barukut, menesisi:pabsamiya, disentosa: nglir rumuhun. B. Dinglircari:ta sekotlan, Grawin Eling: Togpinujul, respatyayu:saprajagung, ewadene: yun kapegat, kabrasthansih ireng kakung, sabab mung ta:nsutapriya, wekas dhae:strisadarum. C. Sangdyah rengge:mya kapindhah, babektan ngu:ni kasuwun, kyehning brana: sinungken wus, ewetah kadya: kina-kina, kirnag kang ka:suwunamung paripurna: yutaruna, legegraka:dadya wurung. D. Tamanwastu:papegatan, kadya nguni: uniruntut, dhuh-dhuh adhuh:tranggatawur, wandeknaha:megatmitra, yentan pulih, dadya busuk, glir duk entho:l-enthol kina, kula batang:boten mantuk: E. Dados busu:k angling kala, timur:mila:mbamanjurung, mung nanuhu:ndipun emut, mene sangju:jakirana, mitra tuwa:n awit timur, eman kala:jurra piah, titi amba: Semangtri, nun F.

Kula mucung:muji mugi sampun ancung,kenceng kinedhonan, sinten supe pinrih eling, awlas amring, giwuhing tyas Jurungarang ======\======Candhakipun cariyos Ringgit Cina 18810721 Ki Tumenggung nulya angundhangi, wadya bala samegteng ngayuda, kalih kethi rajurite, titiga putranipun, gangsal legsa kang den tindhihi,ki tumenggung priyongga, gangsal legsanipun, sawusira pradandanan, ki tumenggung sigra denya manjing panti, wawata marang garwa. Lamun duinuta ing narapati, kinen mukul mring gunung Kyamsan, ing benjing ngenjing budhale, kang garwa datan muwus, semu wimbuh datan nyondhongi, nanging ajrih angampah, mung kendel tumungkul, kang purta estri turira, dhuh jeng rama paduka amengsah gusti, Lalingong raja putra. Tedhak Tongtya bok bilih malati, kadiparan tingkahing ngayuda, sujalma lali gustine, prabu dewi puniku, boten wajibmadet narpati, lalingong kuwajiban, umadega prabu, kitumenggung dukmiarsa, sigra nyentak eh belek aja cariwis, wong wadon idhep apa. Yata ing latri datan winarni, dupi enjing sawusnya siyaga, nulya tengara budhale, dutanira sang prabu, anyarengi denyalumaris neng marga wus sumimpang, laju mring prajagung, wus katur saha turira, yen tumenggung Pik In wus budhal samangkin suka sang dewi raja. Kuneng lampahnya tumenggung Pik In dahat sinerureh kaberangas mring garwa miwah putrane, nalika angkatipun lir wawwus tan poyaning rabi, among amatah wadya, kang kinen tutunggu, kimace ing wastanira, yata lepaslampahnya tumenggung Pik In ing marga tan winarna. Sampun prapta sangandhaping ngardi, awetara long kang kalih epal lan unggyaning barisane, wadya sang raja sunu, ki tumenggung Pik In wus kardi, pakuwonpamondhokan tinon lajur lajur, ing dalu lereb bojana, ngiras rembag putra katri munggeng ngarsi, tumenggung aris nabda. Karsaning sun dina benjing enjing, ing sun cacak baris ing Kyayamsan Sisikkong senapatine, sumbarana kon metu, lamun metu arsa sun tandhing, putraning sun Pikbunpah, sira kang umagurt nadhahi Sikong yudanya, wetara kutanana kelar dhadhi, kulup yen dudu sira. Sabab Sisikong kalokeng bumi, prawirane tan

4 antumimbang, dene Sipikbunpah kuwe, samengko uwis kasub prawirane kaya nimbangi, marma sang dewi raja, ingsun katinuduh, wik miarsa turing wadya, si Pikbunpah dadi kondhang surasekti,misuwur sak negara. Prabu Dewi arsa ayegteni, ing samengko ingsun kang anjajal ki tumenggung pamuwuse, mangalembaneng sunu, mung pikbunpah kang den rasani, putra kang sepuh samya, tan ana winuwus kadi siningkur kewala, yata putranira kang sepuh pribadi, Pikbunlyong sakit driya. Amiyarsa sabandaning sudarmi, yen ngucapa Pikbunlyong mengkana, sipikbunpah megsih jedheng, ginunggung munjung-munjung, mongsa silih ngungkuli mami, pikbunlyong datan nabda, mung kendel tumungkul, yata ki tumenggung sigra, aken nabuh tengara mangsah ing jurit, gubarberi tinembang. Wadya bala gumirah wus mijil, lan aselur dalu dagbandera, asring tinon pangrakite, para antana ngayun, awahana kuda rinugmi, tetopo kasaatriyan, nulya kang sumambung gagamane para putra, anindhihi samya busana di-adi, papangkon gangsal legsa. Para putra tetenger bukasri, nitih kuda sami sinongsongan, bandera kanan keringe, magersarine selur, kitumenggung pikin neng wuri, wus laju lampahira, yata kang winuwus, wadya pacalang Kyuyamsan, duk uninga yen mengsah geng andhatengi, pacalang tur uninga. Mring Jibica tuwin senapati, nulya katur mring narendra putra, dhawuhken methuk yudane, andangu tranging mungsuh, matur lamun tumenggung pikin, dinuteng dewiraja, kathah wdyanipun, ngandika narendra puta, paran kakang Jibica salira mami, punapa mijil yuda. Sang JIbica aturira aris, dhuh pukulun kagengen ing lampah, nadhahi pik In yudane, pun Sikong kadi rampung, lan kawula kang mratikeli paduka sampun tindak, wakilipun ukulun, pangeran TEhpo kewala, yata sampun rempeg sakathahing piker, nahan ganti winarna. Barisira ki tumenggung PIk In wus angancik madyaning ranongga, rakit anata gelare, pangarsaning wadyagung, sang Pikbunpah kang badhe mijil, dene wadya Kyuyamsan pabarisanipun, munggeng sakenthiting ngarga, Gogimacan miwah Sikong senapati, kang andhadhani lampah. Pangran TEhpo lan JIbica nunggil, anindhihi kangpara satriya, asri tinonpanjerane, bandera lan lelayu, umbul umbul songsong mawarni, kadya sekar sataman, andhendhengendhanu, busana kang sarwa retna, kataman mring sang hyang kulandara geni, mubyar abramartkata.Sang ikbunpah sigrapamit mijil, wus ingngiden sigra nitih kuda, sarwi amanthigadane, wdya surak gumuruh, puta andel kang babarepi, prapteng papan susumbar, sapa arep lampus, papak gena yudaningwang, eh ta sikong payo mijil a den aglis, away angadu kumpra. Gothak-gathuk kalah menang aglis, yata sumbarira kapiyarsa, punggawa Kyuyamsan age, Ohin apamit magut, wus ing ngiden mangsah ing jurit, sarwi nitih turongga, mandhi abir lawung, sapraptanira ing rona, wus kapanggih Ohin aasrudenya ngling, eh sira megsih bocah. Baya sira sutane si PIk In, warnanira agagah sembada, lah angur mundur a thole, bapakmu konen metu, tandhing jurit kalawan mami, Pikbunpah asru ngucap, ingsun bae rampung,lah sira saparanira, anauri punggawa Ohin amami, andel ing pupungkuran.

Sira thole angakuwa, susumbar mu pikbunpah awewangi,nauri eh iya ingsun, putra ingkang taruna, mring tumenggung PIkanyu sumelang kalbu, Ohin apa yo tamakna, abir mu ing ngong tadhahi. Taksih wonten candhakipun

5 Ongka 30 Kemis kaping 28 Juli 1881

Surakarta Benjing enjing sonten ing riya komedhi badhe wonten sunglapan menggahingakng badhe kagiyaraken saaya sae-sae wahurup dhateng bayaranipun kula boten maiben bilhkathah tiyagn ingakng kapok aningali, awit sampun kathah ingakng sami malebet prasasat kacelik ananging tuwan ingkang badhe agiyaraken sunglapan wau sampun kaelok bilih sanget awegipun. Kareteg awisan ingkang anjog ing Gemblegan kerep kerep risak ing nalika risak wau ignkang kaleres gadhah wajib boten enggal amasang tetenger, mongka ing ngriku kerep kaagem langkung titiyanipun para ageng. Tiyang berah patrol punika patuwasipun among sakethip pamanah kula sapele bilih katimbang kaliyan wajibipun amargikedah ambek wanter kadugi ananggulangi panempahing durjana kampak kecu sesaminipun saha sampun kerep kerep kalampahan tiyagn patrol wau wonten ingakng suwala kaliyan durjana ngantos dipun rencangi nandhang tatu, mila kula anjuruaken sanget dhateng karsanipun kanjeng parentah anggenipun karsa anggaganjar dhateng tiyagn patrol ingakng mantep ing kawajibanipun kados ingkang samun kalampahan.

Kamadhuh Rare jaler anama paidin kaknten ngumur 20 taun gagriya ing kampong Gathak Bayalali pandamelanipun angupados kajeng obong, dhateng ing tegil tegil tuwin ing jurang, rarte wau nalika tanggal p[ing 10 wulan Juli punika, wiwit enjing anggenipun angupados kajeng urut ing jurang, ananging saweg angsal sakedhik sareng lampahipun urut jurang mangilen sumerep satunggaling wreksa kemadhuh, inggilipun kinten 30 kaki, wreksanipun ugi sampun sakalangkung ageng, katingal kakajenganipun kathah ingakng garing, paidin sakalangkung bingahipun ananging amboten sumerep bilih punika uwit kemadhuh, paidin lajeng amenek ngantos dumugi pucuk salebeting wonten pucuk wau sampun karaos gatel ananging among kakinten bilih semut sareng pamendhetipun kajeng sampun angsal sabongkok roning kemadhuh sampun kathah ingakng anyempyok badan raosipun saya gatel kemramyas waradin paidin amboten saged ana anaken lajeng malorot saking nginggil ngantos dhawah ing siti, sarwi asasambat mangkaten iki semut semut apa dene olehe nyokot ngukuli semut geni, wujude ora ana, kok gatele ora kira-kira, panganggenipun sandhangan sadaya lajeng kabucali among kantun saruwalipun ingkang maksih kaangge, saha lajeng mantuk ambekta kajeng wau, dumugi griya sareng kajeng sampun kaselehaken paidin lajeng matur kalayan lurahipun ratelakaken bilih badanipun sadaya kakrook ing semut lajegn dipun sukani lingsah sagendul alit telas kaangge anglisahi badanipun sadaya, ananging raosing gatel ssangsaya ngrebda, paidin sakalangkugn kaweken manahipun lajeng wansul ing jujurang amenek wit kemawdhuh wau malih amendhet godhong ipun kemadhuh kakinten angsal 2 tekem kabekgta mantuk kasumerepaken lurahipun sarwi amrasajakaken mangkaten kala wau kula mendhet kajeng gating garing wonten jurang, kula menek uwitipun godhong punika, sarehning kula dereng patos sumerep punika godhong punapa, raosipun dhateng badan kados semut geni, ananging kok boten kantenan semudipun punika badan kula ajur sadaya sanalika wau sareng godhong dipun tingali wasana godhong kemadhuh mila tansah andadosaken gumujengipun tiyagn kathah, dene rare umur 20 taun anggenipun boten sumerep uwit kemadhuh teka dipun temeni, saehning paidin katingal rakaos sanget angenipun kenging kemadhuh wau, ngantos gereng-gereng

1 tansah sasambat badanipun sadaya lajeng dipun wedhaki tempe bosok sanalika mantuk dados tatela panadhanipun kemadhuhpunika among tempe bosok Panjurung.

BOjanagara Pambujuk alus ing salebetipun kabupaten ngriki, sampun kaping pinten inten kadhatengan tiyang bong sa benggala tanah Kasmir, ing kang sarana papriman saha manggangge saestha kadi dene tiyang bongsa arab anggening nandukaken culika saklangkugn endah saestu tiyang badhe boten uinga punapa kajengipun samongsa mongsa tiyang wau culika, lajeng dhateng martamu dhumateng satungaling griyanipun priyantun walandi utawijawi: sadhatengipun ing ngriku lajeng darbe samudana menawi piyambakipun saged dados dhukun sengadi aningali tanganipun ingkang dipun tamoni, sasampunipun aningali asta lajegn kawedal wicantenipun wonten ingkang dipun pethek ing tembe badhe pikantuk kanugrahan utawipikantuk karenan ginem ingkang manuhara, supados wau tiyang apitajenga dhumateng piyambakipun sasampunipun ginem akathah-kathah, lajeng anembung kawelasanipun pun Indhu nedha sidhekah arta, sampun temtu wau tiyang inggih nandukipun nedhani pun kelawan sakminatipun 24 sen utawi 50 sen ananging pun Hindhu wau, menawi kasukanan samanten anggening boten purun tampi, pun Hindhu nedha, sadasa utawi gangsal ringgit pok punenegipun pikantuk satungggal ringgit lajengmantuk lo punika boten angemungaken priyantun kimawon dalasan tiyang dhusun dhusun ugi kathah ingkang sami angresula margi samongsa mongsa kedhatengan bajingan sabrang. Pramila dereng antawis lami, kanjeng tuwan Asisten residhen Bojanagara,miring lalampahan ingkang kados makaten sumawana tampi wadulipun para welandiwelandi ingkang badhe kabujug saknalika pun gentho sabrang kacepeng pulisi, enjing ipun kapriksa ing pasamuwan rol kaukum nyang gi pendamelan peksa 20 dinten awit piyambakipun sampun damelkalepatan babujuk ingkang sarana tembung manis wiwit dinten punika pun bujang sabrang sampun kalebetaken kunjara, menawi enjing merdamel ngrembat sola wawrat 60 katos kathahpara titiyang ingkang sami anyokuraken. Panuwun kla dhumateng paramitra mitra sadaya,mugi samiya anggalih enget dhumateng lelabetanipun tiyang Hindu utawi Benggala, awit paningal kula kathah wau bongsa ingkang lumebet medal ing nagari Monca, langkung utami menawi ketamuwan wau gentho lajeng kapurih kesah kemawon kula darbepanginten wau bongsa benggala, menawi wonten ing nagarinipun piyambak kados ingkang dipun gulang ater naming anggening sinau, bubujuk utawi gentho, awit ingkang sampun kula tingali menawi kula kapethuk kelayan bongsa Benggala, inggih naming pepriman menawi boten pikantuk lajeng umel umel. Katandhan kula pun Ladak kuwarisan.

Kawgiyaning dhokter. Wonten saweneh ing putrid ing nagari D, Prasman punika darbe sasakit barng ingkang kacipta ing salebeting garba boten saged sirna, anuju sawenehing dinten sang putrid karaos sakit anyipta ing salebting garbanipun isi canthoka, sakamantyaan sungkawanpun lajeng andhatengaken dhoktetr pinten-pinten ananging para dhokter ingakng sami dhateng saben dipun prasajani sasakitipun lajeng amboten sagah angusadani, jalaran sasakitipun among dumunungpanggraita kemawon. Lajeng wonten sawenehing dhkter anama Garbarus maksih taruna ananging langkung misuwur kawigyanipun prapta sumedya anusadani sasakitipun sang putrid,sareng sang putrid sampun amrasajakaken sasakitipun anyipta ing salebeting garbanipun isi

2 candhoka, dhokter amangsuli leres saksana sangputri kaaturan tirta unjuk unjukan supados saged amahyakaken andhoka, sang putrid boten lenggana lajeng akunjuk dhokter medal saking panggenanipun sang putrid dhateng ing warung kembang, tumbas candhoka ijo, sareng sampun angsal lajeng kagembol ing kanthonganing rasukan dhokter sigra wangsul ing ngarsanipun sang putrid sarwi ambekta pingggan pethak ing ngriku sang putrid karaos badhe amahhyakaken saking wanteripun waspanipun sangputri Andres mijil pinggan pethak katadhahaken ing ngarsanipun sang purti, salebetipun sang putrid karaos amahyakaken dhokter anyarengi ngambil candhoka ingkang kagembolkadunungaken ing pinggan pethak wau, sarwi matur sang putrid mangkaten. Lahpunika candhoka ingkang dumunung ing garbanipun sangputri sampun saged mijil sang putrid langkung giris nanging taksih darbe panyipta ing salebeting garbanipun taksih isi atmajaning candhoka. Dhokter matur punika dora sanget awit candhoka ing kang dumuung garba ingkang sapunika sampun mijil punika jaler,mokal bilih candhoka jaler awa weak, dupi sang putrid sampun amratitisaken anjalari mareming manahipun sang putrid, sarta kalajeng waluya. Ing samangke dhokter Garbarus sampun palastra wonten ing Paris B.T. ======\======\======Panjurung ADatipun mitrakula semangtri asring saged anjarwani gugon tuhon sarehning ing samangke kula saweg katrajang wujud ingkang anjalari gugon tuhon dados kula gelaraken kados ing ngandhap punika. Nalika malemipun dinten Salasa pon tanggal kaping 5 wulan Juli punika, kinten jam 11 dalu wonten dahana agengipun sauruping dilah colok ujuding dahana ingkang nginggil mawi sulak biru kados urubing walirang, mijilipun saking pojoking griya kula, ingakng sisih ler kilen inggilipun saking siti kakinten 15 kaki, sumalod dumugi sakilening capuri griya kula dahana sirna, sanalika wau sanesipun kula kathah para rencang kula ingkang sumerep sarta lajeng saged amastani warni-warni, saweneh amastani teluh braja, saweneh amastani sasakit sarehning sakalangkung kemenganing manah kula, mugi wonten para mitra kula ingkang paring barkah menggah wujud dahana wau lugunipun punapa. Jaka Marapi

Punika kalebet ing papesthen sampun lajeng kakinten bilih lalembat ingakng mawa damel prayogikaupadosanalaripun rumiyin, ing lebtipun buwana punika wonten awanipun warni-warni, kadosta: hawanipun areng sela punika bilih saged anjeblos mongka ing mongsa panas punika yen dalu petengan inggih katingal murub urubipun inggih ijem Jurungarang ======\======Mas Rara Mentrik sampeyan sampun nyinggol nyingggol kula lo, awit kula saweg mempeng magang dados modin ing masjid Magelang, sarta kauingana kula punika sanes tiyang ing pawiyatan nate sumerep ing pawiyatan kemawon dereng, dene pandamelan kula, among kapatah reresik rumput rumput ing sakiwatengening blumbang, o, ninstha sanget, mila sareng kula maos panjurungipun mas rara mentrik ingkang mundhut teges bab pejah gesangipun manungsa sapanunggilanipun sadaya, o, kula rak ngantos anjomblong, wasananipun among tumut angajeng-ajeng mugi para sarjananing bramartani, wonten ingakng aparing barkah.

3 JenalNgabidin. ======\======Panjurung SAben saben ing pustaka warta wonten panjurungipun mitra kula jakamarsudi manah kula teksih resep amirengaken saking pasajaning panggubah miwah arum keclaping karsa,mila panjurungipun ingkang kasebut ing Bramartani ongka 28, ba lelembat punika kula tumut angajeng-ajeng panarbukanipun para waskitha, amargi raraosan saebab punika amboten ngantos sataun ing bramartani tamtu wotnen ingakng naring- naringaken saserepan wau, ananging teka dereng sami narimah, jalaran bilih kapendhet aken waton sasuraosing ngagesang lajeng angawontenaken mongka para santosa dhateng kabatahan amaiben dados ngantos dumugi samangke tansah tumimbul makaten ugi sarehning sarasehan wau dumunung dhateng para kethul dados atur kula punika kula anggeb sarasehan lir ring panggagas mila sawontenipun garit- gariting panggagas kula gelaraken ing ngandhap punika: Mokal bilih ing donyapunika katrocoban titah ingang mawa gsang, amboten kasat mata amargi gesanging manungsa punika bubukaning alam mawi timbangan maripat dados boten bilih wontena ingkang sinebut gesang sanes alam sarta ingakng winastan badan alus kados anggitanipun para gugon lemeren ing manah, punapa dene manawi pangracuting pangetang, ingakng kadunungan ngakal punika liya manungsa amboten wonten mongka limrah dipun kabaraken bangsaning lelembat punika sugeh ngakal dhateng pangrenah, lah bilih karaos saking kanalaran punika kimawon sapn kosek. Pakewed dingmanah kula badhe mastani amboten wonten dene ing serat papundhen jawi kitab utawi pariwaran sasaminipun teka ngocapaken lelembat wau wonten kaliyan mali sareng kenceng omnbak kula maiben para wreda ingakng katelah ing padadan kina muncereng nedya nanggulangi, welingipun mangkaten: Lelmbat iku manut saka alusan yen kowe areb weruh iya sacara aja mangkuna, cegah mangan 40 dina, enggone iya ing ngendi kang kowe sedya amasthi mujud kang wus winarah mesthi anane pucukingkargunung lawu, upama maronotan parongwang iya sanadyanora cacegah amasthi biasa nyipati, dene mulane lelembut diarani ora ana iku, dumunung wongkang maido,sarta sina marang wongkang tan parduli, ananging ana marang wongkang anedya. Oweling manah sakedhik mitra, bilih saestu cariyosing wreda wau, dene kula teka dereng sumerep panimbanging manah bilih kula anedya ambok bilih badhe ngdhagaken panggusthi ingkang parlu, , mila lajeng amboten mempeng. Mila pasang prayogining manah kula piyambak lelembat wau u sampun boten kula engeti pisan-pisan bilih sageda namakakenpangrenah dhumateng atasing ngagesang. Bujakirana. ======\======Candhakipun serat purwa Krimataya Miwah garwaputra nata, nugil ing sadalem puri, sasolah taman kawedhar, dugining kang sapta ari, kya patih tur udani, yenkang raka rawuhipun,s angprabu ing mandura, sapunika wus dumugi, jawi kitha sigra prabu yudhistira. Kang rayi raden ARjuna, kinon methuk kakang gipih, miwah ari raden kembar, saha sagugn pradipati, ingkang rayi wotsari, budhal sawadyanya methuk, sang prabu kalihira, sigra miyos poncaniti, para wadya bala Santana balabar. Datan antara rawuhnya, raka sribaladewaji, prabu kakalih ris tedhak, methuk ing raka sang aji, tundhuk rangkulan katri, kanthen amanjing kadhaton, parari dahat tansah, umiring malebeng puri, prapunggawa wadya bala ing mandura. {aliwpm wis comawosam. Tomarinam sawarmagro.;im-alun kilen kang wetan, wus kangge diwarawati, nahan sang prabu katri,mungging pura tatalungguh, para garwa sadaya, nganti nalan Dwarawati, maregnembah ing raka sri

4 Baladewa. Ganti ganti swusira, satatalenggah nyanuli, anamudana sadaya, nulya padha aran aglis, nutug bujana aris, umatur srikresna prabu, mring kang raka Mandura,katur saraosing wangsit, dehyangagung Bathara Sugsma kawekas. Samene ketuging mongsa, met rata pratunu ing jisim, ing warsi ngayun wus dungkab, muhung kirang tigang sasi, dhawuh ing hyang dewadi, kaka prabu ingkang kantun, among praja ngastina, ing wats dereng dumugi,mugi dipunbakuh mengku wayah nata. Pun paharikest ingkang, wenang madeg narapati,jumeneng nata ngastina, dahat mangungun miyarsi, madura sribupati, dumadi rum wcana lus, dhuh aripatmanaba, baya manira tan keni, tumuturing jeneng ta pratunu metrat. Miwah saka ang pandhawa, matur prabu arimurti, dhuh kakang Jiyenglenggana, ngandika baladewaji, iya apa satuding, jenengira ingsun manut, samuwana kaptinta, sri Kresna suka miyarsi, sakadeyan sami nurut gunem rasa. Ing rastri sami luwaran, mandura srinarapati, makuwon ing sitibentar, sawantara kang umiring, pra sariya ganti, ganti mareg sitiluhur, sang prabu yudhistira, saben risoma respati, siniwaka lan graja para narendra. Tamanir saben riugyan, met sukan arsoyeng tami,kang raka nata mandura, kadhang kasukan wanadri, babedhag gragol sarwimsring kasukan ranu-ranu, mangrakabyayengmina, sadugyanign santan warsi, ing ngastina maha prabu yudhistrira. Parentah ing wadya bala, samekta rengganing nagri, nimbali para pandhita, miwah pra wipra ing ngadi, puthut manguyu cantrik, samua sasaput sampun, sang prabu yudhistrira, ing ngari soma tinangkil, tansah raka naranata, kalih pisan. Samya pratistheng ngamparan, rukmyukayab paa estri, pawongan cethi parekan, manggung ngampil ampil, upacaranira sri, pararti andher ing ngayun, Santana lan satriya, kyana patih pradipati, sru supenuh kenring kang para pandhita. Andher panjrah pangayunan, yayah trunaning ngudadi, pedah kang sekar setaman, kang kaparegnarapati, saengga kojem siti, dyan Parikesit wau, neng ngarsanngkang eyang, winangku raden pramadi, yata tedhak sing lenggah bathara Kresna.mandhiri saha ngandika, undhang-undhang padipati, e e kyehning wdya bala, Ngastina lan Dwarawati , mandura apa dening,wiyarsakna undhanging sun, lamun samengko iya, ing ngastina yayi aji, prabu Yudhistira aseleh karatyan. Ing wayah kadegken nata, iya raden Parikesit, mandhiring nata ngastina, binathara nyakrawati, jujuluk ing narpati, rising Dipayana prabu, , maharaja taruna, pema estrenana sami, sak rat iki idhep pendhang ngundhang ing wang. Pandhita Santana wadya,pra mantra jumrung sami, sakyehning munggeng ngayunan, ngestrinin adeg ing raji, manglandeng dupa mirnging, aglis pandhita gumuruh, mamuja wayuanan., pamadeging narapati, laku brata mamrih arjaning kanangrat. Nahan sri Kresna wus titi, pangandika undhang-undhang, raden ARjuna tulya lon, tinarik lunggengpalongka, sawayah raja putra, pratistheng amparan murub, kang sinukarta sarwyabra. Saput satataning linggih, prabu pinangku kang eyang, ing ngayab upacarandher, wanudya kang banararas, nata Kresna wus lenggah,malih ngandika nira rum, nata Kresna udnhang-undhang. Padha miyarsakna saking, Santana mantra punggawa, samekedegira katong, ngastina sridipayana,kang katempuh amonga, ruwat rentenging prajagung kaka sriprabu Mandura.kang wenang mongka sisilih, siniwokeng balakuswa, punggawa ngastina kabeh, kapindho ingkang kinarya, senapatining praja, tatanggulgguling kewuh, yayi yuyut suh putranya. Karo pisan senapati, gilingwesi prabu Prakswa lanMukabumi sangkatong, rising yutswaksthiraja, padha dadi mangala depa patihira prabu, dipayana ingngastina. Yoga papatih kakalih, patih ing Jro wayahingwang, yoganing somba patute, lan garwa putrid Tempura, mangran raden Kisdyara, ing mangko dadya juuluk, apatih paranggarudha.Dumadya lenggah ing patih, derea praja trajutrisna, mungguh dumadya sisihe, wayahe yayipamenang, yeki kang lagya prapta, kang saking Bumitapitu, ya sang Ontareja

5 putra. Patute land yah Molani, putra ywa naga tatmala, raden Sadanur arane, mengko sinungan paparab, kyapatih danurwenda, kang dadyalungguh puniku ingngamarta kawengkuwa. Pra ratu jumurung sami, tuwin kang para pandhita, pramantri jumurung kabeh, sagung santona satriya, atri ing sukurira, sasaput saji wus saput, bagi-bagi prapandhita. Taksi wontn candhakipun.

6 Ongka 31,Kemis kapinh 4 AGustus 1881

Surakarta Ing salebetipun wulan Juli kapengker punika, ing kampugn Kanggotan kabupaten kaparak tengen, badhe wonten babaya andhaengi, griyanipun tiyagn pangindhu pinggir wradinan alit, badhe kabasmen sampun angsal papalih empyak saed katututan ing kathah latu saged pejah, menggah pinangkanipun latu wau sampun kacihna kaplesatanlae angungelaken macron, pancen lating kaertas amawa latu, akados saged mraman dhaten gpayon punika, rahayunipun saed katulungan saupami empaning latu andadra, ibata badhe kasusahanipun paa kiwa panengening griya ingkang kabesmen wau, mongka uruting griya wonten ingkang sawtawis ageng,malah celak para tuwan utawi para babah, mila saknalika lae ingkang anyuled mecon wau lajeng kapikud ingpulisi, lumados ingparentah, kilap badhe karampunganing rol. Ingkang makaten punika atur pamuhi kula, ing sarehing lampah ing angina saya ngidit sadaya maujud kathah ingkang garing, mugi parapryantun pulisi karsaha anyaruwe, para lare utawi tiyang ingakng lalangen mercon sasaminipun tuwin dhateng para tiyagn ingkang sami badhayang, awit boten angemungaken sumelanging sasalat kemawon, sanadyan dhateng pamireng, ugi anggoblegaken utek,mongka pancen sepen paedah, ingkang migunani tumrap ing sarira, kajawi among kasenengan, kaanggge jalaran anggening badhe bucal arta. Kula pun TRanginas Bok kasih tiyang ing kampong Danukusuman saben saben kaecalan sekul ulam ingkang kasudhiyakaken rayatipun mongka sekul ulam wau karumatan wonten ing tenong salebeting griya, mila bok kasih anggadhahi pangagas bok biih gendruwo ingkang nedha sekul ulamipun jalaran sacelaking ngriku wonten wit bulu ageng, kakinten kadamel pratisthaning gendruwo, dados nalika rebo ingkang sawek kapengker, bok kasih ngaya aya olah jangan lodheh, utawi pindhang boten sah bubuka lanthele, gorengan krupuk naming jangan saha ubuk dhele sinawung wohing kecubung, sasampunipun mateng lajegn kasudhiyakaken ing panggenan ingkang sampunt inamtu, katilar kesah ngobeng. Sareng wanci sonten saderengipun pak Kasih dhateng sangking nyambut damel bok kasih sampun mantuk rumiyin, nuweni salebeting tenong sekul utawi jangan sampun telas kados adapt naming bk Kasih dalah ingkang jaler katingal sukarena, jalaran manayam-ayam badhe sumerep rekaning gandruwo kang mendem cubung, wasana sareng wancijam 11 dalu, sajawining griya wonten swara gemropyak inggihpunika pun wanadirama, anak mantunipun Pak Kasih, ambitheni lawang, ambijigi gedheg sata amimisuh pak kasih tuwin Bok Kasih, medal saking griya boten tambuh bilih putranipun mantuk wau mendem cubung, milapak Kasih sanet ngungun naming boten sah sarengeen lah kuwi tamba mu wong sok gawe gleaning uwong, tanpa upama tresna menyangkowe, nanging koew sok gawe gela ku, dadi Allahkang malesake. Kiriman

Panjurung Ing saben-saben kula mantuk saking padamelan ing wanci sae marengi surya lumarap amempengan pucaking redi, adrengnjuh ing wanodya endah warna nya wah rinengga ing busana di, asarwa sutra tuwin sesotya kanana mulya, abramarakata cahyanipun pating karelip pating galebyar kados lintang alih sarta soroting srengenge ingkang tumrontong wonten ing rangrangan alalangen ngenggar-enggar panggalih, anitih rata pangirid kapal sakawan mubengmubeng ing salebeting kitha, kadherekaken ing pawongan kakalih, angampil pamucangan tuwin kecowan menggah wanodya wau

1 endah apa sariran kukuwunga ujwala sarta pasang rakiting busanadi, angemperi hyang hyang ing swarga loka ingkang wau tuhus dening bathara endra ngrancangna anggenipun sapandhu putra amaratapa. Para tiyang ingang sami kapranggul ing wanodya yunitih rata wau sawatawis ajanggiratan sarta tatatat badhe ngabekti, awit sinengguh bongsa luhur, ananging kacelik andadosaken kalincutan margi wanodya wau sajatosipun tiyang ganalan. Ing mangke kula kedah andongeng, bilih kala rumiyin para taledhek wau sami amangangge ingkang pancen dede wajibipun kadosta: Songsong pethak utawa songsong mantra, sinjnag para rusak sasaminipun ingkang dados awisan ing salajengipun kaawisan dening nagari, wasana sapunika taledhek wau teka purun purun anumpak kareta paringid kapal sakawan mubeng mubeng wonten salebeting kitha, mongka ingkang prayagung wadana kaliwon boten kenging, parabendarakang jeng pangeran Santana ingagih boten kenging manawi boten panuju pamoeran, lo punika saking kabar kemawon kula boten sumerep wawatonipun. Saking pamanggih kula sarehning para taledhekpnika sanajan ayu ing warni arum gandanpun tuwan sugih busanadi, kalebet ing tiyang sawiyah, punapa boten wajib dipun anggrak margi anggenipun gadhah patrap mangkaten wau katingal sanget diksura adamel kaget bokmanawi ing serat angger paukumanipun tiyang jawi sasaminipun ingggih anggantungi ngaukuman kilap manawi taledhek wau kaewokaen tiyang ewah Pun Sayekti ======\======Inggih sampeyan piyambak teka sampun amestani, bilih taledhek punika kaewakaken dhateng tiyang ewah embok inggih kajengipun anumpak karetapangirid kapal sakawan tiyang yatranipun piyambak ingkang kadamel anyewa ananging ingkang anggumunaken dene nagari teka saronta sanget boten karsa ananggulangi lalampah ingkang angucemaken ruhuring karaton ingggih pancen kathah pranatanipun karaton ingkang kadaluwarsa lajeng kalantur boten katandukaken punika punapa boten kenging binangun malih lajeng kaundhangaken Jurungarang. ======\======Wangsulan acanthi nyuwun genging pangaksama Pustakarja:matyaring taklim lumintu sanityasa, sagebyaring basonta, sapajring sasongka, ing sahariratri, mugi katur ing panjenenganipun mitra kula: Jaka Marsudi. Lalembat sajatinipu among barkating pangraos ingkang wonten ing gugon tuhon kemawon mila para limpat sami anyirnakaken ing pangaran ara wau, kosok wangsulipun inggih pun setan makaten tuwuh saking pangangen-angenipun tukang gemblung kados pun kula punika, sumongga: ta, sami kagalih. Sinangkalan Tokiding pangesthi sarira tunggal Rara Mentrik ======\======Sari pucung, supatra mugi kaatur, musthi kaning retna, mitra mba mas Rara Mentrik woding driya ing sendhatretes suyasa. Dhuh mas Rara, andadosaken ing kaarsayan dahat sareng kula aningali panjurung sampeyan bab panoman ingkang sampun kabatang dening mitra kula Risang, O: raosing manah lir rarangkulan gapyuk lajeng sanalika anuwuhaken ing panggagas e: kok luwes temen sampeyan punika tembunge kewes kuciwane ngemu pedhes, kuningana: Mas Rara, pancen kula sampun pracadosanget wonten dene sumanggeming manah wau, mugi kagaliya piyambak punapa saestu punapa among monda-monda,wasana kula angaturaken cangkriman remeh, anjawi panjenenganipun

2 kusumaningayu badhe aparig barkah, ananging mugi para sarjana karsa anandukaken dhanganing panggalih anyaruwe, angger wonten cakathakanipun kambilan ing sawingkinging kepuh mawi ngangge bolongan lo kados pundit purwakaning dongeng Atur peluk ciyum kula, mitranta gandrung mangungkung Jaka Banjet. ======\======Kula kumedah ngucupi sawatawis panjurungipun rara Mentrik bab ardinipun tembung wyanjjana sapanunggilanipun ananging mugi kawuringana mas rara, yen panjarwa kula punika boten sampurna sadaya, among pundit ingkang kula taksih kengetan sanesipun sampun supe, samantena wau bilih rara mentrik narimah, ananggapi panjarwa ingkang ukur tur kirang getrehipun lah ing ngandhap punika wujudipun panjarwa kula, o trima lowung: Wyanjana Dantya Talawya Murdanya Andhahan: sawartnining tembung lingga ingkang angsal wewahan ater-ater, seselan, panambang Kriyawacaka, tembung tanduk ing kang rinimbag kalayan ater-ater Wisesana: tembung lingga, lingga andhahan, bawa: ka, bawa: ma, ingkang angsal panambang: an Wisesanalingga: tembung lingga ingkang angsal panambang: an Wisesanalingga andhahan: tembung lingga andhahan ingkang angsal panambang: an Wisesanabawama: tembang bawa: ma, ingkang angsal panambang : an Wisesana bawa ka: tembung bawa: ka, ingkang angsal panambang: an Wyakarana Anjwaningkekriya Sambawaning tangap: tembung tangggap ingkang angsal panambang Ha Sambawaning tanduk: tembung tanduk ingkang angsal panambang Ha Guna tembung lingga ingkang angsal panambang En Adiguna: tembung lingga ingkang angsal ater-ater: Ka, panamabng: en Kekriya: tembugn tanduk ingkang angsal panambang: Ke Sambawana: embung lingga, rimbag wisesa nalingga, ingkang angsal panambang Ha Ikriya: tembung tanduk ingkang angsal panambang I Kriyawantah: tembung ingakng angsal ater-ater anuswara Wisesabawaka Bawawacaka: tembung lingga ingkang angsal ater-ater: ka, panambang: an Dayawacaka: tembung lingga ingkang angsal ater-ater: pa, panambang: an Karanawacaka:tanduk kriya wantah angsal ater-ater Pa, panambang pan Tanggap: tembung lingga ignkang angsal ater-ater: ka, di, ko, dak utawi tak Otamapurusa kriya wntah: tembung tanduk ingkang angsal ater-ater: dak utawi tak Tripurusa: embung lingga, ika angsal ater-ater: di, ke, dak, utawi tak Pratamapurusa: tembung lingga, ingkang angsal ater-ater di Madyamapurusa tembung linggga, ingakng angsal ater-ater ko Otamapurusa: tembunglingga, ingkang angsal ater-ater dak utawi tak

Among punika mas rara saking pamanggih, kula amasthekaken saben dahak tebihing saking leresipun makatena sak ugi wong ayu sampun anggregetaken manah nyendhal liring malengos sarwi wedhak pupur, manah kula mindhak dheg-dheg temah bingung, e mango-ango Raka paduka

3 Jaka PUjasubyakta: ing ngukirsari ======\======Wangsulan Pananggaping manahkula, lir kabanjiran ing sarkara, dupi kula nupiksapanaruwenipun sang budyarja:Kyai Bthang, tuwin Kyai Candhikyuda, tuk bedhaya, kados kanglumrang ing pustaka warta Ongka 27 tuwin 28 sampun karsa paring barkah anjarwanipitaken kula bab cangkem sapanunggilanipun ingkang makaten wau anuwuhaken dahatingpanuwun tuwin suka bingah kula, kanga wit panjarwa paduka sakaliyan wau sampun patitis. Ing wasana kula kumedah urun jarwa ing sagaduking manah kula, sadangunipun sabudya sih kyai, bathang kados kang lumang kabar ongka 28 kados ing ngandhap punika. 1. Mila bebek tuwin menthok yen lumampah megol-megol awit cakaripun tiga pisan sami ganthet mila bilih lumampah panyangginipun badan kirang kuwat awit cakaripun boten saged nyangkerem siti. 2. Wit-witan kirang gesangipun yen tebih tiyang, awit kirang awa benter, makaten ugi manungsa kirang sakeca raosing badan yen tebih wit-witan adhit kirang awa asrep 3. Mila srengenge yen malethek saking wetan serap wonten kilen kanga wit ubengipun donya punika saking kilen mangetrn ing dalem 24 jam sapisan angawontenaken rinten saha dalu.

Mila kunir yen kaemoraken kalayan enjet dados abrit bok manawi eworing wujud benter kalayan asrep wau andadosaken santun warni, kados dening enjet yen kaaworaken kalayan gambir, utawi kalayan tlutuh jarak Awit dening panjarwa kula punika kenging kapesthekaken nalisiripun mila kula among nyuwun pangaksama, ing wasana kula among ngajeng-ajeng panjarwa ingkang prataksya Jaka Pujasubyakta ======\======Apanjurung cinaraneng manis sinaroja sangyaning pahargyan winantu ing kasredane, asayoga kaatur, catur mitra rising budyasih, juga:Bujakirana, dwi candhik yudeku, tri sangjakagiritirta, kaping catur anenggih sang rara mentrik wanudya tretes sendha. Tekaning sun nupikseng kinteki, bramartani ongka deidasa lan ponca lan dwi dasasthane, ngriku panjurngipun catu mitra panwus jarwani, sual sun bab jembangan kanang mesiranu, sudibya bujakirana, jarwanira kapanggih sadasa menit nenggih telas ing tirta. Dwi mitreng sun candhikyuda tuwin jaka marsudi ing Giri tirta, sami jarwanira karo, telase kanangranu tridasa dwi menit pituwin lwih catur dasa trinya, sapta prawasipun sekondhen telasing tirta rara mentrik jarwanira kepanggih, sas para sawlasan jam. Kasim jagalan panjarwaneki, Jaka Marsudi lan candhik yuda, taman wonten prabedane, sumawana wus cundhuk lan pamanggih amba tan nlisir mrma saijab ijab geng panrimahingsun marang ing paduka samya, ing wasana dhuh dhuh sang maharjeng budi, dahat arsa yeng ingwang. Lir amanggihkang retna sawukir, kang mangkono ing pipindanira, tarluwih ing kastawengngong, marang ing mitraning sun kang bekrunyan marang ing dasih, ywalirip bralumanta,mring sang mudha punggung, titining kanang panyerat ping tridasa juli sewastha tus tuwin asthadasa sajuga Jaka PUjasubyakta ======\======

4 Wangsulan mongka panjurng, ing pustaka bramartani, katura mring mita ningwang, pun dhoplang ingkang kakasih, kanangwus batang cangkrimanb, jembangan kang mesiwarih. Sawlas jam batangipun telasnya wau kang warih, dhuh-dhuh mugi kagaliha, yawn bolongan kika siki, binuka tirtanya bebas sajam mongka bolongan tri. Binuka sareng puniku, punapa mangke kang warih, dados suda ilinira, kang jamak sangkin linuwih, titisang pjasubyakta, dhedhukuh ing Ngukirsari ======\======Candhakipun cariyos kaji muhamat Salehing Kungon inggih Kyai Secang Mantri sandika umatur aris amba darbe paminta jeng tuwan, rampunging beteng ing tembe gya ulun pinansiyun, kanjeng tuwan tarimakasih, nanging mugi marengna, embe lamun rampung ulun mung minta pakaryan malih dadya abdining kanjeng gupremen, lamun datan mangkana. Yekti ulun tan arsa nglekoni, jen gtuwan manis pangandikanya, sakarsanta becik bae, jangji sira miturut pira away awalangati, nulya sira mangkata, mantra nembah matur, tan dangu nulya budhalan, tan minarna prapteng ing kutha bahrawi, buslitira wus tompa. Nulya pacak panambutnya kardi, mandhegani sakehingpakaryan, ngreh kuli kang nambut gawe, tuhu cakep kalangkung, pakaryanya tan nguciwani, yata alama-lama, kang beteng wus rampung, jeng gupremen karsanira, sadurunge ana pakaryan kang masthi, mantra kinen araryan. Ing tembe samongsa ana kardi, nulya keni adarbe paminta, mantra sandika nulyage,boyongan arsa mantuk, mring magelang datan winarni, ing marga pinitih karya. Dening bupati kinen jarwani, kitab kajarwanan tembung jawa, tanapi lawan sastrane, sakehing kitab rampung, tembung mlayu jarwanireki, mawastra walonda, ing ngaturken sampun, kang bupati langkung suka, datanlama sang mantra ginanjar bumi, dadya panatus desa. Ing terasan dhusun gengnglengkungi, sakalangkugn tentrem manahira, tan dangu anakarsane, jeng gupremen kalamun, kademangan dhusun bungkuning, neng satepining wana, sapa ingkang purun, dadys kang cukup mring karya, sapanatus terasan nuluya piniji, antgrangkep kademangan. Neng bangkuning during kongsi lami, gya pinindhah dadya demang secang, neng secang langkung dangune, patraping secang dhusun, saweneh janma kang demangi, saben ing wulan sura, tanggal kaping pitu, kyai demang binusanan, pinaesan kinonyohan asusumping,s akehing kembang kembang. Gya ingiring mring tepining kali, tinaruban lan rinenga-rengga, llayukalayan rontek, sapraptane ing tarub, kyai demang nulya alinggih, aneng tarub samana, prajanma sadarum bawah kademangan Secang, jalu estri wiwit enjing samya gili,mring tarub lir udaya. Samya bekta ambengan pibadi, isi dhadhaharan warna-warna, tinata ing tarub andher, sawusing janma kumpul, yata tabuh sajuga nuli, para janma asamya, ngambil tirta ngriku, siniram nen mring kidemang, ganti-ganti sasampunira waradin, nulya samya dhaharan.Surub surya lagya samya mulih, marang wismanira sowing-sowang, sabab wus dadya adate, marma tan kanimingkuh,lama-lama kidemang nuli, saklangkung sungkawanya, dulu patrapipun, kyai demang nulya minta, raryan saking pangkat kademanganeki, yun tawab marang Mekah. Wus kalilan pamintanireki, kapatedhan tondha kaurmatan, pensiyun ing salamine, sapalih blanjanipun, kyai demang mangkat tumuli, datan winarna marga, sarta praptanipun, sawarsa wus prapteng wisma, kyai SEang wus ganti kasebut kaji, muhamat saleh ika. Sapraptanign saking Mekah nguni wismaneng mundhilan dahan lama,nulya pinindhih wismane, aneng kungon dhudhukuh, nulya ngambil garwapaminggir, wewah kathah waweka, estri lawan jalu, suta sewaya akathah, kawarnaha kya Muhamat Saleh Kaji, wusaaya sepuhira. Badhe wonten sambetanipun. ======\======

5 Kula angauri uninga bilih ing mangke waragad pangecapipun serat kalowongan kula suda kaot kathah kalihan regining kala rumiyin kados ta serat karampugnan lebet luwaripun pasakit lulusan maesa tuwin sanjata, saha sanesipun malih. Pongge Panderheidhe ======\\\\\\\\\\\\------======Candhakipun cariyso ringgit Cina Ohin asigra marepak,ngikal abir kudane minger ngering, dupi abirnya sumiyut, PIkbunpah tangkis gada, tinitiring ngabir parigel tan kengguh, Ohin asru angucap eh bocah tuhu prajurit. Awasis ngadoni ing prang, nyata luwih baya tumenggung PIkin dbocah meksih kuncung, semene prairanya,eh PIkbunpah payo malesamaringsun sang PIkbunpah ngikal gada, Ohin apinupuh aglis. Tangkis abir kasembadan san gPIkbunpah kuwat denira gitik landhehaning abir putung, dadya kalih tugelnya, astanira Ohin akari sakiyu, saking sru panggitikira, temahasta gnemu getih. Ohin apikiring tala, bocah tiki tankena sun tanggoni, nora wurung ingsun remuk katiban gadanira, sang Ohin asawusnya micoreng kalbu, nging nger kuda gya lumajar, sang PIkbunpah anudingi. Ohin apa gene uncat sun miyarsa sira prajurit luwih, dadi dora kang atutur, sira tan wani panggah, sang Ohin asumaur lawanlumayu, sabene ingsun digdaya, lagi apes dina iki. Wadya lit surak gumerah, kitumenggung PIkin suka ing galh, dene putranira unggul aprang lawan OhinHa, wadya gunung adhedhep sami gegetun kang saweneh arerasan eh prakosa mungsuh iki. Arya Ohin aprawira, parandene kasoran aprang tandhing, mendah bapak ane besuk iku ta sipikbunpah, maksih anom semono prakosanipun sandhinggenambungi sabda, iku tandhinge ing jurit. Putrane sang senapatya, pasthi rame lawan arya Sikuwi, padha berawa geng luhur,layak umure padha,ngingsikkuwi agagah kapara bagus prawira ngungkuli rama, nak anung arya Sikuwi. Mengko padha patarukan lamun mijil Sikuwi kalah endi, yata kang gunem gumrumg, ganti kawinuwusa, senapati sikong sigra denya nuduh, Arya Ohinlyong punggawa, taruna prakoseng jurit. Lah payo sira maguta, sang Ohinlyong sandika nulya mijil anitih turongga mamprung, sarwi amandhigada, surak umung gagaman malih kang magut prapteng ranayunayun eh sapa ingkang metoni. Eman- eman karyaningwang, lamun dudu Sikong mundura aglis Ohinlyong sugal suaur, mamak sarapikbunpah, sun Ohinlyongpunggawa andel gegedhug tauana alini ingwang, mungsuh kang prawira segti. Lah payo age ayuda, tamakena gadnira mring mami, pikbunpah marepak gupuh, sarwi angikal gada, duk tumempuh sami gada tangkisipun Ohinlyong asemu kagyat karosane esmu kuntit. Anggetem panangkisira, ganti mupuh pikbunpah genya tangkis tetganggon astanipun ganti gada ginada sang Ohinlyong gumeter astane kiyu, karingete kadya siram, aluparepoting jurit. Ohinllyong gadane mlesat sirah ingakng turongga kempet bindi, remuk turongga wus lampus Ohinlyong kakadhalan sang pikbunpah lamun karsoha amupuh, Ohinlyong estu palastra, ngng pikbunpah datanapti. Karya patine kang mengsah, enget wuwusira nguni kang rayi sang retna Ehdyan puniku, pradonggdi lan kang rama, retna Ehdyan akenceng ngaturi nungkul mring Lalingong raja putra, engeta terahing gusti. Nerpati gung nagri Tongya, raja putra Lalingong yekti wajib kalamun gumanti prabu, sabab putra pangarsa, ki tumenggung PIkin ing batine nurut nanging lungguh ing punggawa, away ngunthul amrih jurit. Lawan ing batin katone prawirane para putrane sami, sumarma ing yudanipun kadi abar-abaran yata kuneneg kang yuda malih winuwus Ohinlyong kang burangkangan sinurat mawanti-wanti. Ki tumenggung Pikan suka, putanira pikbunpah unggul malih, adhedhep wadya ing gunung, tan ana bias surak sang PIkbunpah wruh mungsuhe kang ngalumpruk tumurun saking turongga, sarwi gadaneki nempit. Sang Ohinlyong gya cinandhak Ongga pepes wus datan bias osik angikal neng ngastanipun mubeng kadya likasan samya ebat sakehe ingkang andulu,

6 PIkbunpah prakosanira, Ohinlyong binuwang aglis. REngkeng-rengkeng undurira, surak umung kadya nengker wiyati, senapati sikong bendu,mukabang angatirah, ingang garwa retna kiLyan Ing umatur, yen suwawi lan paduka, ulun lepasi jemparing. WElinge ibu Hyanlewah, mengsah sekti sirnakeneng jemparing, sang Sikong nauri wuwus tan kena mangkono akaryanira mung yen cidra mungsuh iku, lamun wantah padha wantah, yekti ingsun kang miyosi,. JIbica nambungi sabda, yayi dewi andika dipun weling, ing nguni dhateng jeng ibu, sampun marasing driya, nadyan kasor cakedhap kewala naming, ujar pulunge narendra, samangke dhawah ing ngriki. Yata sikong senapatya, mundhut kuna sarwi anyandhak bindi, wus nitih turongga gupuh, wadya surak gumerah, wruh lamun senapati kang umagut duk antara ragi tebih, Jibica ngandika aris. Eh kulup Sikuwi sira, tutwuri ya ramantagone jurit menawa repot ramakmu, age sira tulunga, sayektineluwih rosa sira kulup nanging bapakmu yen kalah, wateke milaur mati. Marma mengko yen wis aprang, umatura sira songka ing wuri, yen ingsun ngaturi mundurl tan pantes tandhingira, si PIkbunpah karosira bae patut yen bapakmu tandhinging prang, yekti srinata ning baris. Sikuwi mesem miarsa, umatur saya wotsari, pukulun inggih sandika,lawan ingkang mugi-mugi, nuwun pangestu jurit kawula saestu pun watawis dereng timbang, lan jrng rama senapati, angakena prawirayen muda Taksih wonten candhakipun.

7 Ongka 32, Kemis kaping 11 Agustus 1881

Serat kawat saking Batawi Bupati ing Pranaraga kaanjar bintang ing Ordhenederlan Sanleyo

Surakarta Kala tanggal kaping 4 ing wulan punika, wonten lalampah ingkang saestu anuwuhaken pangungunipun ing ngakathah, ing dinten wau tuwan JOnghir Panalpen dhawah ing paesthen takdir rolah,s ampun dumugi ing janji jalaran sanitnamung sawatawis dinten ingakng andadosaken ajalipun sinten ingkang sampun tepang kalihan tuwan Panalpen saestu arumaos kaewalan mitra ingakng ambeg marta.

Batawi’ Awit saking aturipun para telik kanjeng tuwan residhen ing Palembang kalampahan saged andingangi, bilih ing wawengkonipun wonten rarubukan ingakng dipun pandhegani kanjeng sultan ing jambi, ingkang ing mangke sampun dipun lengser saking kaprabonipun wiwinihipun lalampahan punika, tumuwuh sakin gsedanipun kanjeng sultan ingakng dipun jumunengaken ing mangke, menggah pangangkahipun ingkang rumiyin badhe anjarah-rayah ing Palembang,lajeng walandi ingkang sami wonten ing tanah ngriku badhe dipun sirnakaken nunten lajeng dhateng ing Jambi angrebat karatonipun wangsul ajumeneng malih ananging sampun takdir rolah boten saged kalampahan mongka sampun wonten para ageng tuwin sawatawis tiyang Arab saking Singapura, dados gunggung, tigang dasa satunggal tiyang, ingkang sami anayogyani saha sabyantu ing karsanipun kanjeng Sultan awit saking wanter tuwin wegigipun kanjeng tuwan residhen wah boten ngantos agempalaken tata tentremipun nagari ing sakedhik-sakedhika, para ambeg resah ing salebetipun tigang dinten sampu nsami kacepeng sadaya, saha sampun sami kasaosaken dhaten ging batawi, dene anggen kula amestani: takdire lah wau, awit lumengseripun kanjeng sultan wau, tumuwuh saking patrap pambeganipun piyambak nalika taksih jumeneng patrapipun dakdir dhumaten gpara kawula, kanjeng gupremen ingakng kawogan ananggel dhateng raharjanipun karaton ing Jambi, boten karsa angudanenilalampah makaten pramila kalampahan ngantos kanjeng sultan kalengser.

Semarang Kanjeng tuwan residhen Panderhel jalaran duduk kurung, kala tanggal kaping 8 wulan punika seda, para priyantun ingkang angasta pandamelan kaereh kanjeng tuwan wau, saestu sami arumaos kaecalan pini sepuh, ingkng pitepangipun dhateng para sorsoranipun sareh saha tan egat amumulang.

Madiyun Bupati ingkang sampu kendel rahaden mas tumenggung Sasranagara, ing salebetipun wulan punika atilar donya, yuswa 68 taun. Ing dhusun Klagen dhistrik Maospati wonten tiyang jaler nama Ekameja agadhah bojo kakalih, anggenipun gegriya sami boten tebih saking satunggilipun. Kala kaping 14 Juli bok Ekameja sepuh rencang lare medal jaler,dalunipun akathah sanak sadherek sarta tangganipun ingkang sami dhateng martuwi jagongan kados ingkang sampun dados kalimrahan ing wanci dalu wau kala Ekameja dhateng ing griyaning bojonipun nem pados rokok badhe kangge segah para tamu, seumerep terang sarta miring bilih bok Ekameja nem semranan akaliyan tiyagn jaler ingkang wonten ing griya ngriku, Ekameja gdhah panggagasmanawi tiyang jaler wau nedya

1 bedhang bojonipun lajeng ngundang undangaken ngengakaken kori, ingkang wonten salebeting griya nalikamireng Ekameja dhateng lajeng sami andhelik tiyangipun jaler lumebet ing longan bok ekameja nem samudana dhateng patileman kados tiyang ingakng mentas tangi sarta ngengakaken kori: Ekameja enggal lumebet ing griya sarwi anyepeng tugelan deling ori ageng, sareng sumereping longan wonten tiyangipun jaler lajeng enggal dipun tamani tugelandeling wau ing sarosanipun ngntos rambah-rambah, anangng boten saged anglawan,jalaran sakingpakeweding papan mila ngnatos satengah pejah, gereng-gereng asesambat badanipun sakojur akuthah rah. Pun Ekameja lajeng bengok-bengok bengok nedha tulung, boten dangu pulisi sarta tongga tepalih sami dhateng, sareng tiyang ingakng wonten ing longan kawedalaken sarta katitipriksa, katanganipun tiyang nama sadimeja griya ugi ing dhusun ngriku, nanging sampun boten kenging dipun priksa aturipun amargi sampun ngalumpruk awit nandhang tatu, enjingipun sadimeja tumuntenkaladosaken ingparentah, salajengipun kalebetakening griya pamulasara. Slompret Malayu

Ing peken prabalingga wonten tiyang rencang lare menggah lare ingakng kalairaken sampun pejah wiwit saking ngetengan utawi boten punika boten kasumerepannanging boten antawis dangu akathah titiyang lumajeng amurugi, lajeng sami angethoki drijiing tangan sarta sukuning lare wau pnapa dene kuping tuwin irungipun ari-ari dipun slingkuhaken sanajan tuwan Sekot akaliyan upasipunamenggak nanging tanpa wasana saking ujaring tiyang sinten ingakng saged angsal cuwilan daginging lare ingkang lair wonten ing peken amasthi untung: punapa ingkang makaten punika leres. Pembrita Baru ======\======Bramartani ongka 22 wonten patakenipun ri Sang Siswaprasaja, bab kawontenanipun sangkalan punika saserepan kula kados ing ngandhap punika. Ingkang bawa anggiyt wau sang prabu Ajisaka, inggih prabu jaka, narendra ing Mendhangkamolan ingkan gkaping tiga, sakawitipun kala rawuh saking Banisrail tanah Rum ngajawi anjujug ing Mendhang para mesan lajeng nakaraken kawruh dadalanipun dhateng kawicaksanan tumuntena iyasa sanggar pamelengan ing pulo Majengi, ngiras ambikak kasantikanipun mila para nedya puruita lumintu satanah jawi sami nganggeb maha wiku, miwah anebut gusti, ing sawatawis lami sang wiku jeng karsaning pratawan ngendhih karaton ing Mendhang kamolan jalaran narendranipun amosa tiyang, dene ing Majethi dipun tilari abdi senelir kakalih, pun dora, lan sambada, sarta dipun tilari wangkingan 1 pedhang, 1 sang Wipraka kalih pinacuhan boten kalilan kesah saha amuruna wasiyat wau, manawi amboten san gbijagsana piyambak ingkang mundhut sarta ingkang dhawuh kesah. Ing ngalami-lami sasampunipun sing sinaci jumeneng naganata, kasupek bilih tilar abdi miwah tilar wawening makaten ugi para abdi sinelir wau ugi sanget ngungun dene sampun tetela, mirengipun bili san gminulya samangke jumeneng nata, teka amboten paring pirsa utawi amboteni nimbali, kala samanten sang dora, rembag kaliyan sambada ngajak nusul tuwi, nanging sang sambada bakuh tancondhong, lajeng diyon rebad leres wsanamutung lajeng nilar nusul piyambak dumugi mindhangkamolan lajeng wadul kathah-kathah dhateng sang prabu Jaka, laduking manah sengang lajeng ngaturaken bilih pun sambada kaecanen keli nimput ing

2 kamunten sangprabu Jaka tamaning atur, brana runtikpun dora lajeng kautus nimbalo,sapraptanipun ing Ngasraman caraka wadul andhawuhaken timbalanipun sang nata, nanging pun sambada kedah boten maelu, jalaran ngugemi welngipun kang mul, bilih ambokiten kang sarira piyambak ingkang adhawuh sampun ngantos kapiluyu, pun dora mathengtheng ing pikajeng temahan sami waringuten lajeng poncakara, pejah samadyah, kocapa srinarendra ing Mendhangkamolan dangu genipun ngentosi dhateng ing caraka,lajeng utusan nungka, bupatikalih,samraptanipun ing Pulau majethi dora lan sambada sampun pejah, duta bupati lajeng wangsul sarwi ambekt wasiyat wangkingan tuwin pedhang wau, sampun angsal cariyos kalampahanipun pun padudon sareng dumugi praja matur saka panggihing lampah. Wiwit punika srinata lajeng kaengetan bab ping peling, sarta liring lalampahan rinonce ronce, kang pamggihing panglanggih lajeng ayasa aksara jawi, ha,na, ca, ra, ka, sapiturutipun dumugi magabathanga. Saha sang nata sansaya padhang kawicaksananipun narawang pindha nirmala, mila lajeng nganggid condra memet condra sangkala, lan sangkala rupa. Ananging kawuningan namri tra,pamendhatipun watak wau kula dereng angsal maton naming pangetang kula mendhet saking watak watak wau saking dewa sasanga, sadaya aras pepet lajeng wujud dhateng condra memet manjing praboting sastra jawi, kajujud malih dados condra sangkala,ananging pendhak pujongga angewahi, kala swargi Raden Tumenggung SAstranagara, dumugiya sadipuran mandhap dumugi Ronggawarsitan ugi taksih ngewahi utawi manjingaken adamel jangkenpipun. Dene sang prabu Ajisaka anggenipun namakaken Condrasangkala kapiridaken namanipun timur Jaka sangkala, condramirid pamindheting watak sangkala mired duk alidipun kang sarira,mila linairaken dados condrasangkala,pamendhetipun mangkaten mengggahlatu dados watak 3 punika saking panasipun ingkang dipun pirid: na la: panasing ngatipunika ugi gadhah pangarana-aran tiga, dene sadaya wau mired ing kawruh ingkangwinastan pasang putih sadaya parabotipun athik-athik kacundhukaken maksudipuning nyatahan Kaserat tanggalkaping 30 Juni 1881 Bujakirana ======\======Le kapingin sanget sumerep wawaton cariyos weak sang ajisaka dipun wastani nagarinipun ing Banisrail tanah Rum mitra kula sabujakirana kula aturi anglegakaken manah Juru ngarang

Laraping pustaka, linanding paargyan mawantu-wantu tumanduking mitra kula rising Jaka pujasubyakta ing Ngukirsari. Nuwun isarehning saking pamawas kula nitik saking panjarwa sampeyan ingkang dhateng rara mentrik bab wardining tembung sampun anyekapi bilih kula damel waton menggah pandalih kula ing kamonceraning kawegigan sampeyan ing ngelmi patembungan. Awit denign punika nuwhaken pangangkahing kamurih angwedharaken kakeran ingkang sampu lami tansah damel kodenging manah kula, pramila panyuwun kula mugi wontena sredanta aparing barkah menggah tegesipun tembung krenah utawi grenah, punika tumandukipun kados pund8i dene kula bongsa jawi teka mawi nembungaken mengkaten. Inggih leres ingkang semanten wau menggahpara sarjana mertani sepele, nanging tumadukipun dhateng panggagasing manah kula teka angel sanget.

3 Ing wasana pangayam-ayaming manah punapa ingkang sampun kawahya ngingggil mugi sampun angawontenaken pangggagasing panggalihipun mitra kula ingkang runtik utawi sumisiha saking tulah sarik. Kyai Candhikyuda

Atur Paminta barkah

Pratisthanireng kawigyan aneng tyas ing sarjanadi, kang maha mbeg wiku tama, amrtani ing sabumi, ingkang maweh astami, sujanma kang maksih punggung, kang kadung pagayuhnya, ring pamedhar kagn sajati, tumanduking panjurung ulun punika. Mamrih bnerkah kawigyanya, sarjana ing Bramartani, kang kadya kawahyeng ngarsa, sing buneking kamanahmami, wit ulun den pintani, jarwa dereng putuningsun, nanging amba tan dungkap, ring patanyan kang kadyeki, samangkana wuwusing putu kawula. Adhuh embah candhikyuda, dene wus nreda kiyai, pasthi kathah awruhanta, ambanyu pun serep kyai, ulun wingi kakari, ring wana gon paksi mabur, tan kantenan petangnya, wasana niyup kang paksi, tumanduking ngreksageng caket kawula. Nanging ragas kanang wreksa, tan paron marma barindhil panglit-alit pating crongat ing ngriku sagunging peksi, sami mencok nijeni, pangsikingencokan manuk, ugi paksi nyatunggal kalimputan epang sami, nanging maksih wonten kang paksi sajuga. Dtan kapanduman epang, marma kekejer luhurwit, tatarapaksi sadaya, umiber nanging tan tebih, wasana macnok malih, nanging ewah encokipun, peksi kalih saepang, ping pang maksih ngacung siki, datan wonten peksi siki kang mencoka. Punika pinten peksinya, tuwin cacahing pang sami, dhuh wreda sun jarwanana, dimen lega manahmami, wruh kathah ireng paksi, kang mencok,lan epangipun, alama ulun gagas, ing manah sun olak-alik kapiyak kapamintaning putu amba Anjetung manah kawula, deprapteng tati puniki, sanityasa tan kawedhar, marma perlu sohanmami, ing ngabyantaaning kyai, bramartani nyuwun tuduh, miring para sarjana, supadyamba away isin pinintanan jarwaning tan kawedha. Dahat pamundhi kawula, pasihaning sarjana di, kang nyirnakaken duh kiteng tyas, sung pituduh kang sajati, saijabingah mami, titi sinerat ing ngetuk, badhaya bumi arga, ping sawlas ramelan sasi, sinangkalan Brindhiling ron ngesthi tedah. Kyai Candhik Yuda. ======\======Candhakipun serat purwa Krimtaya Riwus ing mangkona nuli, patih Dwi wawangkinongsang, sang senapati kaliye, sinasmi tan nguju tondha, sumukem ing tyas tan was, wusnya manguswa ing suku, catur mundur amanembah. Sawegung wara narpati, muwah Santana punggawa, majeng adhepaning katong, ganti-ganti nguswa pada, tan kirang sungkem ing yas, wus ing wradin mundur lungguh, ing dununging sowing-sowang. Yata parentah narpati,jengkar kundur angadhatyan, miwah kang raka kaliye, ing dwarati mandura, samya lenggah pandhapa,nimbali kang punggawagung, saha satriya santona. Aglar wus pratistheng ngarsi, nutug drawina bujana, sribathara Kresna age, mingser ugyanira lenggah, kang rayi arya Sena, nimbali kang wayah gupuh, rekyanapatih kalih kang. Lagyeng gggal munggeng ing ngarsi, GArudha kaliyan, Danurwenda ras wotsinom, bathara Kresna ngandika, papali mring kang wayah, pema kang wag waged mas putu, puputoning anuwangga. Nggonira rumekseng nagri, agraning mongkang punggawa, gawat gampil wasisane, amet seswa saparentah, titihna ywa laya, yayah pamrih yuta man mung among ing nata taruna. Nanukul ambok rebut sih, away sah rukun sateng tyas, rebut sih marahi ing keh, akeh drengki

4 padudon tyas, tyas dadya papanutan, marma karo ta dipemut, digolong gulung geleng tyas. Tyas memutana de dadi, darsananing sakyeh bala, balaber budi lan won, wondeng apatya diyoga, yogya adarsanaha, sasananing tindak ayu, kayuyuna sajro praja. Yen sira tan santabuda budaya yayah makirtya, retyanng praja jatayen, gumu gu gugunging wangga, angga kaangkuh ena, nalutuh temah kapatuh, jelantah prajakacacat. Cacak uygyanta alali,pinilutak auban, palongka kantaka rona, sanepane yen jamaha, patih ingga satriya, panjenenganira prabu, kasanepa putrid endah. Yen ta satriya nyatanwrin, carobo kethuh tan bergas, tangeh pikantuk kasihe, ingkang saking putrid endah, paedah taman siwah, wah ananning baran gkayun, tayuyun naluri arja. Arja pangreh pradipati, titinen sawarga-waga, wargane nglir anonireh, rehning sotya luwih indah, paedah rinesepa, sinepa bapa lan sunu, nunutun wadya tan beda. Pamriye sabilak-bilak, liliisene kawruhana, yen ta manika budyane,budi arda ngong saongsa, arsaya nganiaya, yeku isthanen ing kalbu, sakaro karoning pisan. Ywa karem nang soyeng dasih, manggengakit taman beda, kang wus leksana wajibe, mene mengkono akinta, karan papatih nistha, katindha ing catur saru, sarupaha amrih srana. Temaan sira kaslarang, manyanta mrih panitinya, katigal ngrayut manahlen, katungkulobaning karsa, kertartan kahyahyang, budi kang mengkono iku, buwangen sewu pambalang. Makutha amarbut minging, ngingu watya p karo darma, den ta patih ratu gedhe, arda wrat matambah gawat, ywa kongsi katabetan, wawinih tlutuh prajagung, gunggungen kaenget ing tyas. Pemad winta kang mahena wenang rumekseng narendra, panidya mantra panute, panutan wadya sapraja, santona lan punggawa, apa maning kang pra ratu, pasisir moncanagara. Kang patut linuri-ruri, taman lyan warongka nata, nanata ngayubi kabeh, kabeh sira wikanana, talutuh pagetingrat, yen patih salah tondudu, des tundheket papenginan. Karem jama sri narukmi, wiwcis tan karya raharja, kalimput panitirane, rane yen mantra punggawa, manyidreng wawengkonya, sing kirna sadunungipun, mantra drekitan prayoga. Meneta manirnr rerteenggi, biraten sangking nagara, ywa mamarah ing angakeh, ewa mengkono bok dadya, abti jeng naradipa, estu sira kudu manut, ywa nranggalang sawantara. Yen pinopo sira keni, sisikuning ratunira, milanta kang bias karo, mangescani tyasing nata, sumawana pra wadya, papacuwan dipakemut, wijil ta dumadi wrongka. Yata wau tyas patih kakalih, sandika wotsanom, sribvatha ramalah anikane, lan maning e sira saben ari, away taman sepi, pirasan kan gpatut. Krana karo nira kaki sami,warangkaning kato, katon temen away salah wewang, wiwekaning lulungit ing eling, eling kramaniti, tinitiya tinut. Sangrat iki jam mama geng ngalit, kalulut salah ton, ngratu setan warata ing ngakeh, taman wuru panekar nidaki, padha dadi belis, ngajak taman rahyu. De yen kinta ngruti kramaniti, tinular sakehwong, sanityasa kanuting wadya keh, sata latah tan pegayt mring becik, cacak kayuyuning, nidya mantra ayu. Yuyuning tyas rina pantorestri, denawas ing kewoh, kawahanan kane trarah yune, reh jeneng ta kakalih kinardi, sudarsaneng nagri, den bias mas putu. Angayu mi mawengkon ta kaki, dhuh ta kintakaro, linglingenng tyas den eling kabeh, di adona pitutur kang becik, pasthi yen basuki, raharja prajamu. Nelas wulanging sang arimurti,mring kawayah karo, samya nembah sandika ature, kaarita pamadeg iraji, prabu parikesit, dipayana prabu. Maksih jaman purwa ingkang warsi, sangkala kaceiyos tru pandhawa sang winayang, mangke, lir reongkanira taun jawi,nem tuseket ugi, sang sirahipun. Daya dawag yuswa sribupati, dipayana katong, pitu warsa nanging kukuwunge, dahat mancrut kawruyan lir sasi, malah kang kawarni, mangkana sang prabu Taksih wonten candhakipun Semangtri ======

5 Ongka 33, Kemis kaping 18 Agustus 1881

Surakarta Titiyang ing Surkarta sami angajeng-ajeng pupujinipun para ngulama dhateng Allah Utangala, mugi karsa aparing kintunan jawah, supados sami karaos seger badanipun saha sampun ngnatos kasrambah ing sasakit benter tis kados tiyang ing nagari amonca. Bramartani kedah angengetaken malih dhumateng para tiyang nagari, mugi sapangatos-atos sarta mirantos ingkan gmurih anebihaken bancana latu, amargi ing mangke benteripun sanget anginipun gumrubug angengetana lalamapahan ingkang sampun sampun. Para tiyang sepuh mugi karsaha angegnetaken dhateng para putranipun ingkang remen anyumet marecon tuwin long, awit punika saged andadosaken jalaran wontenipun babaya latu. Kala kaping 16 Agustus punika 1 tyang nami Akawijaya 2 Suradrana,s ami bawahipun ngabei Kerta Menggala Nglawiyan reh kapulisen bumi, sami nampeni ganjaran arta,s atunggal tiyang 5 rupiyah pethak medal sakig kanjeng parentah ageng Surakarta, jalaran anggenipun netepi kuwajibanipun patrol wonten peken pejah ngalwiyan saged nangkeb barang ingakng kabekta durjana pandung, saiba sageda kacepeng durjanaipun ganjaraning nagari, kados kenging kadamel pikuwat ing gesangipun. Saking pamanggih para ingkang kagungan kuwajiban patrolan nyentosani udhuning ganjaran wau, kados kados badhe anambahi tata tentreming praja. Pun Ngayobagya

Ing nalika tanggal kaping 19 ramlan punika, wancipukul 3 sontenkula sumerep rubung-rubung lare kathah, wonten sangajengipun kori kalirahan ngadirenan sarengkula prepeki dupi selak kamaripat terang bilih ingkang karubung wau lare jaler kakinten ngumur 11, taun anggaloso sarwi kaken angayang-ayang, enggal kagotong lumebet ing griya ingakng celak saking sasananing ambruk wau, kaupakarya kathah para tiyang ingkang dhateng tandang, boten dangu saka pidhara wau waluya, pulih kados wirngi, menggah lare wau genah wastapun Warija, anakipun Kudatamtakasasta, kur Prala abid dalem prajurit tamtama, sareng sami dipun tutuh denira tebih ing pasiyaran wangsulanipun amrelokaken dhateng pringgakusuman tumbas ting mubeng dhateng griyanipun Langen Sawanda kangge maleman amargis aupami liya tumbas ing ngriku cuwa gambaripun kirang sae, lan ubengipun kirang rikat. Namung ingkang dados pangungun kula, bab wastaning sasakit wau kula miring nganken padudonipun para umyat saweneh mastani sakit puser, saeneh, ayan, wonten malih amastani encok awit pancen sampun kereb rumat kados makaten boten langkung mila kula caosaken panjururng ing ngabyantaraning bramartani, mugi wontena para sarjana abarkahi dumunungipun wastaning sasakit wau. SEmangtri

Bojanagara Ing Bojanagara Rembang wonten tiyang Hindu kacepeng denign parentah sarta kapatrapan paukuman nyabut damel peksan jalaran angggenipun pariman dhateng tuwan tuwan akalayan peksa, menggah tiyang Hindu wau inggih punika ingkang remen pariman acanthi ningali rajah ing ngasta.

Samarang

1 Ing Samarang wotnen grobag amawrat gendhis saking kudus tiyang ingkang anggirekaken anumpak anyepeng sambuk dipun kaambi ngantuk wasana dhawah wonten sangandhaping gorbag lajeng kaplindhes gulunipun ngnatos kados dipun sembeleh, salaejengipun pejah utawi boten dereng kasumerepan.

Surabaya Dereng lami tiyagn jaler anama Jalin bongsa Madurakalebetaken ing griya Pamulasara jalaran anandhang tiwas kadhawhahan balok sukunipun ingkang tengen tuwin tanganipun ngantos putung, untunipun gogrog nanging taksih nama Begja dene sirahipun boten tumut kadhawhan saupami kadhawahan masthi andadosaken jalaraning pejahipun mengggah kacilakan makaten wau saking panginten boten andadosaken pangrantes sanget-sanget amargi sampun sepuh.

Cirebon Kala tanggal kaping 5 Juli kapengker punika wanci sonten pukul 4 ing griya pangolahan gendhis ing gilingan Kadipaten Bawah Dhsitrk Majalengka, katamanan babaya latu, jalaran saking wutahing Gacolinne, sanajan kathah ingakng sami tutulung ewadene pukul 7 latu saweg pejah, kapitunanipunkamurwat 30000 rupiyah Wonten tiyang kuli ingkang pejah sarta kathah tiyang ingakng kabrangas.

Bogor Ing Bogor wonten tiyang bantam kakalih kacepeng dening parentah jalaran kanggenan arta salaka tiron saking panginten tiyang bantam kakalih wau pancen juru adamel arta tiron dhatengngipun wonten ing bogor nedya amajengaken utawi nylubukaken arta damelanipun wau. Ing kitha Naspile tanah Amerikah, wonten tiyang estri arencang lare medal pitu iji, ing dalem sadasa menut anglairaken satunggal. Lare wau ingkang satunggal wawratipun ngantos 5 pon sadaya sami seger karasan para tiyang tongga tepalihipun sai aningali sarta eram sanget dhateng mukbijat mangakten punika. Ing tanah mardika Subang Batawi sasampunipun sirna sasaakit kewan ing mangke tuwuh saakit kasrepen benter tis sanajan tuwan dhokter sanget ing pitulunganipun ewa dene ing dalem sawulan tiyang ingkang pejah jalaran kasrambah saakit wau langkugns aking 200 iji, saking pangintu muwuhipun sasakit punika jalaran saking bathanging kewan ignakngkapendhem kirang lebet. Indhiya Enggris Padatanipun tiaygn Hindu ing Indhiya Enggris aneh sanget lare dereng ngumur sadasa taun sampun kaemah-emahaken bilih sampun diwasa lajeng katunggilaken ingkang mangkaten punika dereng kenging dipun wastani aneh, awit kula sumerep ing tanah jawi kathah tiyang Islam lampah mangkaten ananging ingakng adamel eram punika lare estri ingkang dipun emah-emahaken sanajan dereng katunggilaken kaliyanjaleripun nangnging bilih jaleripun wau pejah, lajeng boten kenging emah- emah malih ing salaminipun gesang, langkung malih ingkang sampun tutunggilan awit saking punika kathah jajaka ingkang boten saged angsal tiyang estri, menggah ingkang mangkaten punika pandamelipunpara pangulu bongsa Hindu, engggal punika wonten tiyang indhu anerak prnatan mangakten punika, emah-emah angsal walanjar ingkang saderengipun ngumur sadasa taun jaleripun pejah, ing mangke ngumur nembelas taun warninipun sakalangkung ayu, sasampunipun ningkahan sarta kasumpah dening para pangulu lajeng engggal mingat dhateng ing Bombai, saupami botena saestu dipun pejahi.

2 Serat kabar welandi winastan Indhi Paderlan Angwartosaken lalampahan ingkang sanget angeramaken kados ing ngandhap punika. Ing tanah Turbaya wonte ngriyanipun kawak satunggal tilas dalemipun para bupati kina ing Samarang ingkang sampun sami lereh, sarta para bupati wau sedanipun sami wonten ing ngrikul awit saking punika griya kawak wau kaaji-aji utawi kapundhi- pundhi dening titiyangkathah. Antawis wulan punika siti Tubaya katumbas denign pangeran Gondasiwaya ing Surakarta, saking sedyanipun griya kawak patilasaning para bupatikasebut ingnginggil wau badhe karombak balunganipun badhe kapisungsungaken dhateng masjid Samarang. Ing nalika titiyang sawatawis amenek griya wau wiwit ambikaki gendheng lajeng karaos sakit andadosaken pejahipun naming ing dalem satengah jam saking karaosipun para tiyagn sanesipun ingkang acak ngrombak inggih lajeng karaos boten sakeca badanipun tumunten sami mantuk wasana andadosaken pejahipun ing dinten wau ugi. Awit saking lalampahan mangkaten punika andadosaken ajrihipun para tiyang anyambut damel tumut ngrombak griya wau, ng alem dinten badhe kabayar saringggit inggih meksa boten kadugi. =====\======Menggah lalampahan ingkang kacariyosaken ingnginggil punika,s aking panginten kula boten kabekta saking muknijatipun para ageng ingakng kagungan patilasan utawi sakin gpandamelipun ingkang winastan lelembat ananging bokmanawi saking hawa awon Jurungarang ======\======Candhakipun Cariyos Ringgit Cina 18-8-1881 Yegti dereng montra-montra, rayi paduka linuwih, antah kang dados pratondha, wus jumeneng senapati, ulun dereng ngalbeti, megsih seluman seluman, mesem sang panembahan, JIbica ngandika malih, eh ya kulup bener pangraitanira. Nanging satemene uga, ramakmu mung berkuwanin, lan rada kurang saronta, lan kokeyan muring-muring, ananging wus prayogi, wtak senapati agung,mung kudu kereng keras, amrih kencenging prajurit, laun sabar prajurite akeh lena. Sira iku wis prayoga, besuk lamun anggenteni, palungguhan senapatya, barnag patrap mu patitis, kenceng bakuh tan kungkih, sabare pinurweng kukum, tan kendho tan aganas, lambaran asih ing dasih, awa waton mengku adil wicaksana. Lah uwis sira mangakta, yegenana tangguh mami, si PIkbunpah praweirengprang, prakosa tan gedhag-gedhig, saronto mamrih pati, mungsuh kasor ing prang pupuh, sinunganpalamarta, mahu suwe sun titeni, prajurit mu ingkene kang padha kalah. Kinen mundur sinangaja, iku pratondha linuwih, prasasat motangi gesang,mring kang kasor ing ngajurit, nembah raden Sikuwi, nuwun pangestu pukulun, mugi ulun telata, kadi mengsahkang linuwih, wusnya nembah Sikuwi gya nitih kuda. SArwi mandhgadanira, para satriya ningali, samya jongok ngungak-ungak,prayitna angengetebi, sarwi nyandhing turanggi, ywa kalenan ge sumusul, sira sang Gogimacan, teken gada wira-wiri, samya mesempunggawa ingakng tumingal. Pangranteh po mesemnabda, kakang gogimacan mangkin, yen Sikuwi kasor ingprang, kawula kang anulungi, sampun dika kuwatir, apenet sami alungguh, yen ginagap ing mengsah, awit obah ing prajurit, bok dinalih esmu maras kiran gtatag. Yata suka kang miarsa, rinasabasan prayogi, nahan ganti winursit, Sikuwi kang mangsah jurit,manut kitten katawis, mring kang rama wurinipun, yata arya Pikbunpah, lan Sikong sampun kapanggih, yun-ayunan Pikbunpah asru tatanya. Prajurit sapa aranya, dhapurmu gagah respati, pantesprawira

3 ngayuda, beda lankang dhingin-dhingin, Sikong sigra nauri, eh PIkbunpah iya ingsun, Senapati ngayuda, Sikong kang kalokeng bumi, jejenggule mring Lalingong raja putra Arya Pikbunpah miarsa gya busana den kencengi, suka wijilin gwecana, eh Sikong ingsun udani,mengko sira ngawruhi,marang kaprawiraningsun, iya dipun prayitna, tadhahana gada mami, dyan ginada sang sikong atangkis gada. Gumampleng kagyating driya, sang sikong micareng galih, si Pikbunpah punjul ing ngrat during ingsun angrasani, semene boting gitik, layak kabeh kananingsun, tan ana kelar nyongga, yen dadi ya rowang mami, si PIkbunpah kena ing ngandelke aprang. PIkbunpah mindho anggada tan anggop tinitir titir, sikong karingete medal, asta pedhes ngemu getih, sigra males angitik, gadane dupi tumempuh, tinangkis sami gada, tatag pikbunpah tanosik, tan kerasa pinupuh tinula-0tula. Anggenti gada ginada, sang Sikong esmu katitih, surak ke ambal-ambalan, kadya gunture kang wukir, sikong karinget getih, nging tegentan arsamundur, yata agya mangarsa, arya Sikuwi wotsari, dhuh jeng rama ulun punika dinuta. Ing raka jeng panembahan, paduka dipun nature, kundur saking ranagana, sapunika dereng wanci, paduka nyarirani, senapati sikong bekuh, nanging daleming driya, mangalem mring kang jampangi, dene wikan yen sang Skong esmu sayah. Sikong gya mundur lon-alonan, Arya Si Kuwi mangarsi,PIkbunpah sadangunira, kendel tan arsa anggitik, semune kadya nganti, dupi Sikong sampun mudur, pikbunpah asru Tanya sapa aran mu prajurit, magsih anom abagus gagah sembada. Sikkuwi nauri sabda, eh pikbunpah yen during wrin, Arya Sikuwi ya ingwang, putreng Sikong Senapati, yata pikbunpah myarsi mesem sarya asru muwus, eh kalingane sira,kang ngaran Arya Sikuwi, kang kaloka satriya widigda ing prang. Ing mengko ingsun uninga, warnamu tuhu respati,myang bapakmu Sikong ika, dhapur pantes senapati, nanging boting jurit, kaya during wegah ingsun kalamun mangkono ha, eh Sikuwi sira maning, madhanana marnag kaprawiranignwang. Sikuwi nauri sabda, eh pikbunpah siraiki, ngina titah ing bthara, sira yenngalah ken mami, yekgti ingsunpupuji, punjul ing jagat sawegung, payo sira godoha, aya kakeyan baribin, snag pikbunpah marepeg sigra anggada. Tinangkis sami ning gada, pikbunpah asru anitir, Sikuwi teteg tan obah, miwah tan kena kasilip, pinupuh nganan ngering, parigel panangkisipun, kendel arya PIkbunpah, mojar eh sira Sikuwi, tuhu dibya angungkuli bapakira. Lah payo sira malesa, ingsun arsa angrasani, marang ing panggadanira, Sikuwi sigra marpeki, sarwi angundha bindi, kinarya unclang mendhuwur, gada kadya likasan, Sikuwi besus ing jurit, turanggane parigel angiter mengsah. PIkbunpah sru kagawokan, mulat tandang e Sikuwi, parigel wasising kuda,nging tan cidra ing ngajurit, pikbupah cipteng galih, kalah luwes raganign sun, kiniter ing turongga, piker mulat ngnan ngering, pangiter nya kuda lungkang ragi tebah. Kalamun karsa acidra, yen ngiter prapta ing wuri, pikbunpah sayegti remak, ginada tan bias tangkis, yata Arya Sikuwi, pangetere prapteng ngayun, gya ngbenaken gada, pikbunpah agya nadhahi, tangkis gada anjumbul dupi katiban. Taksih wonten candhakipun

4 Ongka 34, Kemis kaping 25 AGustus 1881

Surakarta Saking pawartosipun sampun antawis lami nagari badhe karsa aparing sih kawelasan dhumateng kawulanipun asarana ngadegaken pamulanganjawi wontening kitha kitha bawah Surakarta, ingakng makaten wau andadosaken bingah sarta panuwunipun para praynatun sapanunggilanipun ingkang sami gagriya ing kitha kitha sarta padhusunan bawah Surakarta wau, awit badhe kalayan gampil anggenipun sami angintunaken anakipun dhateng pamulangan supados sami kapardiya angugula gagaranipun pangawikan dene salaminipun nagari ‘surakarta kaadegaken pamulangan jawi, para prayantun sapanunggilanipun wau,bilih anak anakipun kang akeh samiya saged lantip ing budinipun kalampahan sami kakintunaken dhateng pamulangan nagari,ignakgn lalampahan satengah utawi sadinten sakin gggriyanipun mila sakin gpangajeng- ajengipun para mempeng ing kasunyatanmenggah adedipun pamulanggan wau mugi tumuntena saged kalampahanawit boten naming amikantuki kemawon ugi badhe anambahi karaharjanipun nagari Panjurung

Ing Surakarta ngriki badhe kadunungan tiyagn cina kang mangsak Arak, kabar sampun angsal pralilah sangking kang ngasta wawenanging nagari, manggen sacelakin kampong GEmbelgan malah kala ditnen Setu kang kapengker punika adamel parameyan tayuban minongka pakurmatan pambikaking damel arak wau. KIntunan

Ing mongsa punika eramkathah ing tiyagn kang sami nandhang sakit kasrepen utawi panas nanging pundit kang katulungan jampi sangking dhokter ingih lajeng waluya, ewa dene boten kirang-kirang tiyang jawi ingkang wangkal boten purun ngumbe jampi saking dhokter, jalarannamung saking pait ing raosipun temah boten ngeman dhaten gkendhanging jiwa, Kintunan.

Dereng dangu wonten tiyang kacakot ing sawergadhung, ingkang sampun misuwur mandi ing wisanipun naminglajeng kausadan kagodhogaken godhong patikan satekem sarta janewer sacangkir, kaworan toya sawatawis sareng sampun umob watawis manget-manget kaumbekaken saha tabet kang kacakot ing sawer kaopyok- opyok ing toya wau, andadosaken ing sarasipun. Kintunan.

Kala kaping 21 wulan Ramalan, resamenggala ing Munyung wanci dalu, wonten salebeting griya miring gumebluging klapa rentah sangking wit,mila enggalmedal saking griya, kakinten ingkang rentah wau klapa ingkang sampun garing, naming sareng dipun tingali klapa taksih demegan sarta tabbed untir-untiran dados anandhakaken bilih pancen kaundhuh ing tiyang, REsamenggala anggadhahi pagraita manawi sanginggiling tiris wonten dursilanipun ila lajeng anenggani wonten sangandhaping wit kalapa kimawon tiyagn tongga tepalihipun ugi wonten ingakng sami dhateng lajeng tumut ngepung witingkalapa wau, sarta sareng dipun obori sangking ngandhap katingal sanginggilin gtiris wonten tiyanipun nanging boten saged teranging warni, malah silahipun kamireng tansah krosakan, mila ing sanalika kang ngepung wonten ing ngandhap sami sukaka kagiyak-giyak weneh gora sabda, eh maling mudhuna, payo ing kene poncakara,ngungsiya menyang telenging Nagaraja,

1 ora wurung kowe sida pralaya, pun dursila ingkang wontening dirgantara,sakecap boten nauri,naming karusekan, wasana sareng sampun sawatawis dangu, wonten swara kemrosak sora, saking sanginggiling tiris kang kakepung wau mangidul inggih punika sang dursila ngoncati babaya, tumurun saking sanginggiling tiris wah ana papah ing blarak kang rinakit sadangonipun krusekan supados dhawah ing siti saged aber saha tebih kaliyan witing klapa kang kinepung, mila sareng kabujeng boten saged angsal lacak namungblarak kang mentas dipun titihi kapanggih, wonten ngara0- ara sakidulin gdhusun tebih, sadaya tiyagn kang sami tandang, mantuk tansah gumujeng kekel dene presasat tandhi kaliyan gathutkaca Kintunan

Kabar aneh Ing kitha ngampel bawah daleming surakarta wonten uwit pisang papahipun ingkang satunggal tancebing ronti tiganglembar dumunung ing adatipun lami,ingkang salembar dumunung ngandhap tengah-tengahing papah ugi saking bongkot ngantos dumugi pucuk. Kasangsaran Nalika dinten jumungah ping 19 wulan agustus punika, tiyang anama Kasandikrama, ing Banaran bayalali, dalunipun mentasjagongan ing griyanipun angleresi pekenipun anggening awaweka rayatipun anggenipun bibaran ngantos enjing, sareng jam 6 enjing Sandikrama jaler saweg areresik salebeting griya, estrinipun tangi lajeng anyandhak watekanipun jabangbayi, kaemban badhe kabekta dhateng sajawining griya, kaebun-ebunaken kasandikrama jaler sareng sumerepbayi katemban medal saking griya angemutaken mangkaten: embokne thole, embok aja kok gawa metu bayi lagi mentas puput yen kowe arep wuwung iya wuwunga dhewe bae sibayi aja digawa. Bok kasandikrama mangsuli, embok ya cikben karo arep tak ebunake, sanalika wau bayi lajeng kaemban medal dhateng sumur, bok Kasandikrama animba sumedya mendhet toya angiseni jembangan kaangge wuwung, wasana kapleset talundhaking sumur lajeng kajegur dalah anakipun ingkang taksih kaemban ing ngriku Kasandikrama jaler sareng miring swaraning estrinipun ingkang kajegur ing sumur lajeng medal saking griya sarwi anedha tulung tangganipun akathah ingkang dhateng ananging badhe nusul malebeting sumur tanpa sarana boten saged amargi sumur wau sakalangkunglebetipun kinten 30 kaki, para tandang lajeng ngupados ondhas ligi ingkang sakinten kenging kaangge sarana anyemplung ing sumur wau, sareng sampun angsal ondha kapasang embok kasandikrama kaentasaken sampun palastra taksih angemban bayi. Ingkang sakalangkung dados pangunguning para tandang dene bok Kasandikrama wau patrapipun wonten salebeting sumur mangkureb kalem ing toya, bayi kang kaemban wonten ing ngandhap tur taksih kagedhong wasana sareng kaentasaken pun bayi taksih wilujengan tos dumugi sapunika, embok kasandikrama kalajeng palastra. Mila sakalangkung andadosaken sungkawanipun pun Kasandikrama, dene estrinipun palastra, taksih atilar suta bayi tur taksih darbe rumaos sumelanging manah angengeti serat pranata ning nagari, sinen ingkang darbe sumur balumbang suwakan ingkangngantos andamel kasangsaraning tiyang punika kedah ginantungan paukuman dados kasusahanipun kasandikrama atundha-tundha. Panjurung

Kula miring pawartos nembe punika parentah kabupaten bayalali mentas andhawuhaken dhumateng para tiyang ing dhusun ingkang sampun kadakwa sarta sampun misuhur nate ambombong prakawisipun sadhengah tiyang ingkang

2 kadunungan nalar, sanadyan pandakwa wau kirang tatela ananging para tiyang ingkang kaakwa mangakten wau lajeng kapacuwan samasa ingkang kadakwa ambombong prakawis among masthi lajeng kapatrapan paukuman amargi ing ngatasipun parentah sampun boten kirang wicaksana pamirengipun bilih ing dhusun dhusun wau masthi wonten sawenehing tiyang ingkang juru ambombong prakawis ingkang anjalari ruruweding sadaya nalar ingkang badhe tumindak tandhanipun saben saben wonten prakawis ingkang tumindak wiwit kagarap ing pangadilan sakalangkung ruwet punika saestu nalika wonten ing dhusun wonten ingkang ambombong dados anuntuni daluyanipun para tiyang bodho. Mila pawartos punika kula gelarakening pustaka warti supados para tiyang ingkang asring anglampahi mangkaten wau angatos-atosa, amargi kauluhuran sanget bilih paa tiyang ing dhusun sami rumaos bodhonipun sumerep lereslepatipun tur sadaya prakawis dadamelan ing ngatasipun parentah badhe boten kakilapan. Kintunan. ======\======Ruweding prakawis asring wontening ngarsanipun parentah piyambak awit kathah para garap ing kater kadhang angoncati supadosipun pramila ing amngke para tiyang ingkang sami gadhah prakawis mawi angindhit sawung, tumuwuh awit saking anggenipun sami sumelang Juru ngarang.

Palembang Bab titiyang ingkang rurubukan amawi upata badhe adamel reresah pawartosipun kados ing ngandhap punika: Titiyang wau sami sabiyantu ananggulang para prajurit ingkang jagi, tuwin amejahi prajurit ingkang wonten ing beteng sara kathah ing bongsa nederlan ing palembang, telik tumunten angaturi uninga ingakng jeng tuwan residhen bilih tiyng wau anggenipun badhe adamel reresah wonten malem tanggal kaping 4 sarta 5 Agustus 1881: tanggal kaping 31 Juli, baita perang Borneyo sampun dumugi ing Palembang. Kanjeng tuwan residhen anggalih-galih kados pundit pratikelipun anyepeng para panggeng ingkang sami anayogyani ing rurubukan wau akalayan karti sampeka utawi patrap alus supados sampun ngantos adamel kagetipun ing kathah. Tanggal kaping 1 wualn Agustus punika, kanjeng tuwan residhen aparing priksa dhumateng para pangageng wau, ting tanggal kaping 2, wulan wau wan I enjing sampun samiya sowan ing ngarsanipun kanjeng tuwan residhen angturi wilujeng kaleres tingalan dalem wiyosan narendra putra ing nagara nederlan para pangageng wau sami boten anduga bilih kang jeng tuwan residhen sampun waskitha dhateng sedyanipun ing wau sami rerembagan badhe boten sowan ananging wonten ingkang angelikaken prayogi sami sowan supados kanjeng tuwan residhen boten katuwuhan ing panyana dhateng kasedyanipun. Ing tanggal wau sadaya sami sowaningkang jeng tuwan residhen dhateng ing Beteng, wonten ing ngriku sami dipun warahi, sarehning kanjeng tuwan residhen radi gerah, prayogi samiya sowan dhateng ing dalem paresidhenan kemawon. Para rurubuk tumunten sami mangkat dhateng dalem paresidhenan sarwi asikep dadamel ananging ing wingking kakodhol denign prajurit ignkang siyaga sanjata sampun dipun etengi. SAreng pangageng wau 31 iji, dumugi palataranign ngajeng dalem paresidhenan kanejgn tuwan residhen tumunten tedhak saking dalem mawi angasta repolper

3 kaathungaken dhaten gtitiyang wau sarwi ngandika mangkaten: koer sjs msju, dsps ksnh bonhhs msdyhi smryhukskr bilshi, Ing nalika punika titiyang wau lajeng kakepang prajurit saking ngajeng an sarta saking wingking dalem saha angrebat dadamelipun salajengipun sadaya kacepeng kabekta dhateng baita prang Borneyo. Sarehning sanget anggening rumantos kanjeng tuwan residhen mawi aparing sumerep lampah sidheman dhumateng para tuwan rowan supados enjing wau sami anyingkirna anak rayatipun hating ing palabuhan yen para pangageng wau abonggo angantos anuwuhaken era-eru, sampun cepak ing ngancikipun dhatne ging baita, lajeng kasingkiraken dhateng ing beteng, ananging sadaya sami anungkul. Sadaya para tiyang nagari sami ngalmebana dhateng kanjeng tuwan residhen sarta tuwan asisten residhen Dhiklu, tuwin jaksa landradngriku ingkang ing prakawis punika kathah labetipun lajeng kaganjar pangkat pangeran dene juru sera ting kantor, taksih akrabipun kanjeng sultan ing Jambi ingkang sampun kalengser saking kaprabonipun inggih tumut kapikut awit kacihna bilih sabiyantu rarubukan.

Sakalangkung atur panuwun kula ing panjenenganipun sng jaka Subyakta ing Ngukirsari, denesampun karsa anyaruwe ngleberi paring panjarwa, ingkang tumrap ing serat bramartani ongka 31 saking panyuwun kula saserepan bab palethek sarta seraping surya spiturutipun mengggah sadaya wau saking pananggap kula sampun cocog naming bab panjarwa panjenengan bilih sababipun paletheking surya saking wetan serapipun wonten kilen punika awit ubenging bumi sakin gkilen amngetan ing dalem 24 am saubengan lo makaten punika suapdos terang ing pangartos kula sampun ngantos kenging kagem pal ingkang trangan sanes mila bilih kapareng mugi sang ambek asih dhumateng ing pamitan monca ing pambudi, jakasubyakta karsa anggelaraken sawarnining pratondha, ilih bumi lumampah saking kilen mangetan awit kiyating piyandel kedah kalayan pratondha yakti. Kyai Bathang. ======\======Candhakipun Serat Purwa: Krimataya Putraanira dyan wisatha nguni, kaadegan katong, ing Mandura nenggih paparabe, prabu Asthaandhara sangaji, kang eyang samangkin, ambeg wan sampun. Lawan suta burisrawa nguni, kaadegken katong, ing Mandraka sriKisrawarane, nagri Mandra kapinara kalih,kang sapalih nenggih, Rugmarata sunu. Sianngaran suratanarpati, sawusnya sangkatong, sri Yudhisthira parentah age, wadya Santana pinatah ngiring, miwah pradipati, angadering dhusun. Karya srana denirarsa anis, metngrat paa katong, saha matah akng tengga prajane, yen sapengkerira sribupati, kinon karya candhi wregsa ngalun-alun. Saluhuring pancake sinungi, rontek mrih sritinon, saha sinastra tatenger dene, pancakane ratu siki-siki, satriya bupati, kang bela pratunu. Nembah sandika patih kakalih, wau ta sang katong, sawusing panelas parentahe, prabu katri kundur manjing puri, lawan kang praari, kyana patih gupuh. Aparentah kinon miranteni, samekta metkraton, samuta wus sandika ature, riwusira bubar prabu pati, mring dung pribadi sowing-sowang sampun. Nahan nata katri kang mring puri, tungging don wus lunggoh, para swami wus madheket kabeh, pratistha wus mungggeng byantaraji, mring pahari kertit, tansah ngeyangipun. Sing gpinarbutan raja siwi, pinangku prakatong, ganti eyang buyut mangkumangke, dewi kunthi ngudang magnarasi, bathara Arimurti, umatur ing ngibu. Dewi Kunthi kaaturan uning, nata yun lungandon, mangidering dhusun sadayane, sumawana lar wasori swami,mimider ngulati, pratitising surup. REtna wara Kunthi saprasori putrid swami katong, katon suka ugyanya badhene, denira arsa met ratmanjing agni, dewus mongsa

4 sami, samuha wus sepuh. Tamanan waler sangker serik, kang tinolih ing don,mung kamulyan kan gmuksan sangkane, saking ngora, ora denya mulih, prabu arimurti, alon aturipun. Mring kang ngibu tur pamrayoganing, prakawis kesah don, bok sangsaya ing marga sababe, kanjeng ibu wus sepuh prayogi, kantun lan Otari, amongraja sunu. Buyut tuwan sripaharikesit, kantuneneng kadhaton, miwah kaka panembahan mangke baladewa ingakng mandhegani, kantun tengga puri, tugur dadya susuh. Dewi KUnthi tan lengggona saking, ature snag katong, yata nata yudhistrira age, paparentah maring paa sori, rarakit bethithit, sasanguning laku. Sang busana brana peni- peni,manembah sang sinom, ingkang garwa sandika ature, eca gyanya dhadhaharan sami,miwah gunem piker, wasana kasaru. Dyan Yuyut suh malbengpura prapti, byantaaprakatong dyan kadangu manembah ature, yen sang nata ing Cempala prapti, sriduyana kalih, drupayanaprabu. Saha paman panduka kang prapti, wiratha sang katong, prabu Nirbita, muwah arine, sri udhara lan sri wragswapati, samua ajab glis sowan ing sang prabu. Amanjurung sedya mangurmati, pamadeging katong, sri bathara Kresna andikane iya yayi wus katrima saking, dhawuhe ri aji marang para tamu. Paman aji ing Wiratha katri, pinatah samengko, tugu praja matengga nata nem, den tata mun nata cempala dwi, kinanthi umiring, den arsa don laku. Sang narendra ing Mndraka kalih,kinanthi lungandon, lya ing ngastina dwarawatine, muhung iku kinanthi umiring, sandika wotsari, mijil dyan yuyutsuh. Wus dhinawuhakening andikaji, denign para katong, tur sndika kang liningan kyone, ri sampune samekta prasami, kang badhe umiring ing lampah sang prabu.Saha wau sadaleming puri, kakalih sang katong, wus busana saprameswarine, saha rayi sakawnira glis, samektanya titi, gya pamit mring ibu. Saha raka ing Madura nenggih, nugyenjing wus miyos, nata kalih saha dayitane, saha rayi sakawantantebih, prapteng jawi kadi,kdhandhangan gugub. Sisasmita budhal ye kang baris, mongka dadya pagnanjuring lampah, nateng mandrake kaliye, sawadya bala anglur, kang sumundhul srinarapati dwinya Cempala reja, arja saadyan nrus, taman wahana mudhrat, sasran leksan sabar lumaksa nirwajik, wau jiyudhisthira. Sanggaraja, batharara Arimurti, tinatuman sakadang pandhawa ngandhawa dhadharat andher, cethi lumakyeng pungkur, dera embaninya lan selir, milya natong mandrake, lan cempala prabu, saha wadya kang ngadharat, kang sumundhul wadya bala dyawawati, tindhih raden Setyaka. Saha upacaranira asri, nulya upacara ing ngastina, raden?ARya Pitentangsen Senapati ning laku, nulya wau sang prabu kalih, kaliyan para garwa, lonlon lampahipun punapa dering kalih sang, rya SEnalawan rahaden Jahnawi, wingking retkyapaty. Andakawa, nilan pradipati, tiniti kang umiring jamapat punggawa monca prajane, kang umiring nya puluh, lawan wadya pasisir denign, kinon amngruti bektan ,ta kang sangu sangu, ngundhang selur kang rembatan, legsannrus mangilen lonlonan dugi, kikisa jawi kutha. Mesih manrus mangilen tindaking, srinarendra lon-alonan sinambya,mamulate sadesane kuneng ta kang wus laku, metyansyar dawarnanen nagri, bagawan Baladewa, miwah sang aprabu, Wiratha lan lesanpura myang Kumbiga, kang rumeseng narapati, raja putra ngastina, Dipayana prabu parikesit, yasa mangkana bagawan Mandura, tumindhih Arya Candhidher, patih Pacakan ngalun-alun kalih lan pridpati, punggawa moncapraja, pra pasisir penuh, nyekutra karya pancake, para ratu sasaosanira sami, miwah para satriya. Taksih wontn candhakipun SEmangtri.

5 Ongka 35 Kemis kaping 1 September 1881

Surakarta Wiyos dalem ingkang sinuhun ing Bakda Garebeg Siyam punika, kaleresan pambabaripun kagugnan dalem bangsal Witana, kang kaukira nengga ing parade, mila asrinin gpanangkilan yayah pasewakan ing Ngendrabawana, saestu ngelamlami salebeting tyilem bilih tumingal nalika sampeyan dalem lenggah wonten ing dhampar kancana kaayab dening badhaya srimpi, Jaka manggung ketanggung, angemperi nalika sang hyang rodra pinarak wontening bale asmarakata, kasembadankathah ing para tuwan saha para pangeran putra Santana, ingakng samya sumewa kados panangkilingpara jawata,sajawining siti inggil ngalun-alun kawastara pambalabaring para wadya pratiwa, amyanging lelayu bandera,kadi kocak telenging gambiralaya, pangrangining pradongga, sinawung jumeguring mariyem kalantaka kardi gora panegkering jagadraya. Kintunan Nalika setu sonten tanggal kaping 2 sawal punika panjenenganipun kanjeng pangeran Ariya Surya Atmaja kagungan damel resepsi, inggih punika amarengi tingalanipun taun kanjeng tuwan residhen kadherekaken para tuwan tuwan sanes saha kanjeng gustipangeran adipati anom kadherekaken para kanjeng pangeran putra tuwin Santana dalem inggih sami anjenengi, kawistara bilih sami apareng rena ing panggalih ipun dhaharan tuwin inuman inggih boten anguciwani, kula miring bilih ingkang angladosi dhaharan tuwin biselar ing pasar kaliwon. Kula miring pawartos saking karsaning kanjeng parentah ageng, menggah kawontenanipun kawula dalem pamamagang, sanadyan ageng alit manawi boten sowan sarta boten rumagang pandamelanipun bilih ngantos tigang wulan mongka botn pamit dhateng penginggilanipun punika kaundur saking pamagangipun sarta salaminipun sampun boten kenging magang malih, wondene manawi kang kaundur wau taksih salasilah ing prayantun pangunduripun kawedalaken saking pulisi ingkang ambawahaken ingkang punika karsaning kanjengparentah ageng nagari ingkang makaten wau sakalangkugnleres jalaran boten kirang kirang anaking abdi dalem mantra panewu, magang naming kadamel arat kimawon mongka ngatasing pamagang manawi boten kagalih ing kanjengparentah, tamtu mas gul sata garundelan upami kagaliya tiyang temenipun boten anyekapi, dados naming badhe ngwonenaken pakewed kemawon mila pranatan punika bok bilih badhe saged nyirnakaken dhaten gambeg sungkanan anuwuhaken ing kawekelan. Kintunan

Tiyang Tanah Kap Dereng lami kacariyosakenperangipun bongsa Enggris wonten ing ujung tanah ingAprikah sisih kidul ingkang dipun wstani tanah Kap. Saking panginten wonten ugi prayoginipun anyumerepi bangsanipun ing tanah wau,kajawi bongsa Eropah ingkang manggen ing ngriku Menggah bangsanipun ing tanah Kap punika 3 wari, 1 bongsa Otentot 2 bongsa Besuwan 3 bongsa Kaper Bongsa Otentot punika ingakng sapalih sampunkabawah dhateng paprentahan Enggris sapalihipun boten mandhok dununginpun tansah angambara wonten ing ara-ara tuwin ing wana wana sarta adamel kasusahanipun para bongsa Eropah ingkang manggening ngriku.

1 Warninipun bongsa Otentot sanget awon maripatipun ngeleng,bathukipun wiyar bunder, uwangipun malang, jagutipun tanpa jenggot rambutipun barintik pating penthel untunipun pethak tuwin kulitipun asemu jene. Kulitipun wau warnipun reged amblakethek wah anggonda awon awit dipun balonyo ing gajih maenad, kaanggenulak panyakoting lemut sasaminipun. Lalabuwan utawi wawatekanipun ingkang ageng piyambak inggih punika kesed sarta anggragasboten wonten ingakng saged angebahaken utawi ananangi kapurunanipun dhateng padamelan kajawi naming bilih anandhang luwe, jalaran saking sanget panggragasipun kadugi nguntaljerohaning kewan boten mawi kogug utawi eneg sakedhik-kedhika. Sandhanganipun kados kamlikadamel saking wacucal maenad ingkang amawi wulu, bilih masa asrep anganggenipun ing kawontenan wulunipun kawalik kadekek ing lebet manawi tilem kakemulaken. Karemanipun janewer sarta sata, saha punika anggepe eca piyambak ing donya. Ing lengenipun angangge kajeng satugel kadamel jimat tulak juru tenung tuwin sanesipun ingkang dipun ajrihi, menggah rerengganipun ing badan inggih punikta: rante tambaga, erining ulam toya tuwin yatra rarenggganipun tiyang estri wuluning peksi suwari. Wondene griyanipun sanget ciyut angemperi talatawon kontenipun among satunggal kados dene erong, kaangkah naming cekap kadamel ambrangkang lumebet satengah ing griya kadekekan tumper patrapipun manawi tilem jejer mubeng sukunipun kaprenahaken sasela-sela tutumper wau. Menggah tumper wau kadamel saking kajeng ingkang anggonda sanget lemut sasaminipun boten tahan ing saben siyang sami dhedhe wonten sangajenging konten griya. Dadamelipun awarni waostosan sawatawis jamparing ampuh tuwin wonten malih sanesipun Tiyang Otentot wau boten dipun ajeni dening tiyang tani bongsa Eropah. Wondene bongsa Becuwan punika tiyang wana, sumebar pepandhon wonten ing ara- ara tuwin ing wanawana akalayan nandhang luwe sarta kasatan ingkang dados rijekinipun sawer cecak walang tuwin semut. Bongsa kaper punika kawontenanipun tebih sangat kaliyan bongsa kakalih wau, naming rambutipun ingkang brintik tiyangipunjaler ulatipun sumringah, ingakng minongka bandhanipun: kewan. Tiyang ipun estri panggaotanipun ananem wowohan warni-warni, angen rajakaya, terkadhang ambubujeng kewan tur kartinukar barang sarta amongtani angulah sabin. Ing jagad pramuditaya, ewon titah ing hyang widhi, kaanane bedabeda,mulyaina den enggoni, kabeh iku pandadi, wuwulang sajatinipun anyumurupi samya marang badane pribadi, wus sanajan bagnsaning wang tiyang jawa. Sayekti durungkaetang, mulya ananging tabilih, katandhing wong pulot lanjang, miwah bongsa tigang warni, ingkang kasebut nginggil uwus ana onjonipun lah sakeh paramudha sregepa anggulang elmi, ingkang bias karya kamulyaning badan. Slompret Malayu Katedhak basa Jawi deing Prawiradisastrra.

======\======Bab Bongsa Yahudi Dereng watawis lami kula angwartosaken bongsa Yahudi ingkang manggen wonten ing tanah Ruslan Parangan Kidul dipun niaya dening tiyang tanah ing ngriku, ingkang ing pratingkahipun kawistara, bilih panganiaya wau kalampahan awit kasengitanipun

2 sareng gupremen Ruslan anguningani lalampah niayamangkatenpunika, tumunten utusaniing praiksa,punapa ingakng dados sababipun saha andhawahakenparentah dhumaeng para priyantuning nagari, ingkang bawahipun dipun enggo tiyang yahudi, supados ing sasaged saged amambengi sarta ananggulangi dhumaeng sakathahing titiyang ignkang nedya kadamel piawon utawi kasusahan dhumaeng tiyang Yaudhi wau. Wiwit kala samanten sanajan pangontog-ontoging mengsahipun dereng sirna, boten wonten pawartosipun malih bilih tiyang Yahudi, dipun niayakados ingkang sampun kalampahan sarta ing nalikapunika akathah ingakng sami sabiyantu ngalih dhateng ing nagari liyan saha ugi sampun kathah ingakng kalampahan nilar tanah Ruslan angungsi dhateng ing panggenan ingkang saged angsal panggesangan ing ssenengipun. Ing nagari Dhitslansampun sawatawis wulan wonten pawartos bilih tiyang Yahudi sami nandhang kasusahan jalaran saking pandamelipun para tiyangingakng sami boten purun anunggil sapanggenan kalihan bogsa Yahudi, ngantos kalampahan katundhung saking dunungipun lampah siya mangkaten punika lajeng kagugataken dhateng pangadilan andadosaken runtikipun para nayaka, temahan ingmangke tanah Dhitslan amerang dhateng para raja ing tanah Eropah, angggenipun andarbeni lampah awon wau. Sampun wiwit kala jaman kina titiyang Yahudi ing saenggen-enggenipun dipun niaya denign bongsa tutunggilanipun botenngemungaken wonten ing tanah Asiyah kemawon sanajan wonten ing tanah Eropah inggih dipun niaya. Tiyang Yahudi pinten-pinten ewuingkang dipun pejahi dening bnogsa sanesipun kalayan patrap ingakng memelas sanget sarta wonten ingkang dipun oyak-oyak kados kewan galak boten kaanggep sasamining manungsa,ngantos para tiyang ingkangmaos babadipun tiyang Yahudi kala samanten sami trenyuh manahipun katuwuhan ing welas Kulabadhe boten amratelakaken namaning para bongsa ingkang ambegsiya dhateng tiyang Yahudi, ananging kula badhe amratelakaken pitulungan sarta kasaenanipun bongsa kula Nederlan ing nalika jaman samanten inggih punika awit saking kawelasanipun bongsa Nederlan tiyagn Yahudi wau sami dipun lilani angaub utawi ngungsi dhaeng nagari Nederlan ngantos branbahan lastantun dumugi sapriki, boten benten kaliyan tiyang agami Natsarani ingkang pancen asli utawi tedhak Nederlan. Para mitra kula ingkang sami remen amaos kitab Toret kitab ambiya utawi kitab Injil amasthi sami sumerep bilih tiyang Yahudi punika tedhakipun Kanjeng Nabi Ibrahim dene panutanipun inggihpunika kanjeng Nabu Musa, ing nalika alamipun kanjeng Nabi Musa tiayng Yahudi wau saweg andhadhumpil wonten ing tanah Mesir Banisaril wasana wonten ing ngriku dipun niaya dening raja Prangon awit saking parimarmanign Allah lajeng kairid dening kanjeng Nabi Musa dhateng kenangan tiyang Yahudi lami-lami dados bongsa ageng sarta mulya, langkung malih ing nalika pahalamipun bagendha dhawud tuwin bagendha Suleman wasana Karajan Israil dipun ageng tuwin masjidipun ingkang nama Baitul MUkadas karisak. Wiwit kala samanten tiyagn Yahudi kaerehaken denign para raja sanes sarta pating balesar dunungipun wonten ing nagari ingkang ambawahaken saha ewon ingkang kenging katawan sareng antawis pitung dasa taun sami kalilan mantuk ing nagari nipun saantukipun kitha tuwin masjid dipun tumunten kabangun ing salebetipun tiyang Yahudi kabawah ing raja liyan asring asring kambah ing sangsara jalaran saking pandamelipun para rajaingakng ambawahaken wau. Sarehne tiyang Yahudi wau rumaos dipun niaya, tumunten ambalela dhateng paprentahanign para raja ingakng ambawahaken kalampah an saged oncat sarta

3 angratu dhumateng sasamining bangsanipun ngantos satus wolu likurt taun laminipun wasana kapeksa nungkul ing bawah parentahipun bongsa Rume ingakng ambedhah Karajan sadunya punika. Kala wiyosipun kanjeng nabi Ngisa rohulah ugi trah Yahudi, bongsa Yahudi nembe kabawahaken denign tiyang Rume, ingkang ambaahaken ajumeneng ratu jujuluk prabu Erodhes menggah paprentahan Rume wau tumrapipun tiyang Yahudi boten awrat annging among awit saking kalakuwan sarta pratingkahipun ingkang boten prayogi saha tansah nglawan dhaeng bngsa Rume temahan ing nalika taun Ngisapitngdasa amanggih karisakan ugi jalaran saking pandamelipun tiyang Rume. Anunggil taun wau kithanipun tiyagn Yahudi Yerusalem kajarah denign bala Rume, masjidipun kabesmi, tiyangipun ewon ingkang dipun pejahi, sakantunipun ingkang gesang sami kenging katawan utawi salong ngungsi pating balesar ing sapurug-purug dumugi sapunika turunipun kakinten wonten tigang yuga, sami pencar wonten ing pundit-pundi boten mawi pilih panggenan saha dipun labuh ing sumangkem dhateng paprentahaning nagari ingakng dipun aubi piyambak-piyambak. Tiyang Yahudi wau kathah ingkang among dagang, wonten ingakng dados kriya, punapa dene amasudi kawruh ukum kawruh padhukunan sarta sanesipun saha kathah ingang kondhang awit saking wegig anindakaken padamelanipun. Wondene ingakng andadosaken jalaran tiyagn Yahudi wau, wiwit kala kina dumugi sapriki saenggen-enggnipun dipun sengiti, sarta kaaniaya denign bongsa tutunggilanipun punika dereng masthi bilih saking piawonipun. Para tiyang natsarani estu boten kasupen bilih leluhuripun tiyang Yahudi punika ingkang sampun amejahi panutanipun inggih punika kanjeng Nabi Ngisa, kala jaman samanten akathah tiyang natsarani, ingkang boten sudi tutunggilan kaliyan tiyagn Yahudi, jalaran katarik denign piawoning leluhuripun ing mangke kathah tiyangingkang sampun sami mangretos bilih anak putu punika boten wenang kadamel ampungan anyanggi paukumanipun ing kaki-nini, punapa dene awit saking takdiring Allah tiyang yahudi wau, kenging dipun wastani sampun katrap ing paukuman ageng,ngantos ical nagarinipun sarta kamulyanipun andadosaken ina papa, ewa dene salebetipun wonten ingk kasangsaran kathah ingkang saged sugih jalaran saking taberen sarta kasagedanipun wasana ingkang mangkaten punika andadosaken murinanipun tiyang tutunggilanipun Slompret Malayu Katedhak ing Basa jawi dening Prawiradisastra. ======\======Candhakipun Cariyos ringgit Cina 01sep1881 Anggetem panangkisira, gumeter astane osik, pinupuh tinula-tula, surak lir karengeng langit, kang ngaprang antuk sisih,mungsuh rowa suka dulu, ing tandhing tan kuciwa, samya nom gagah respati, karosane ing watawis kadi timbang. Nanging sang Arya PIkbunpah, kalah parigel ing jurit, PIkbunpah weweton desa, sikuwi weweton nagri, ajar pratuhu wasis, sang PIkbunpah tuhu wagu, mung ngandela kerosa, temahing ngayuda kontit, astanira geter esmu karepotan. Dhasare Arya PIkbunpah, wus sayah danguning jurit, Arya Sikuwi ungaran, ywanta sampun angecani, PIkbunpah asor yekti,nging Sikuwi datan ayun, mrawaseng mengsah sayah, mangkana ingkang winarni, ki tumenggung Pikbun awas denya mulat. Yen kang putra repotan, sigra kitumenggung PIk In, aken anabuh tengara, pratondha ngundurken jurit, lan surya wus gumingsir, sigra teteg munya barung, yata kang yuda brata, sikuwi sru denya angling, eh PIkbunpah, during tutug ngadu yasa. Ing besuk esuk kiwala, sira metonana maning, Pikbunpah kendel kewala, sarya anginger turanggi, yata wus

4 mundur sami, amakuwon rowang mungsuh, wau Arya Pikbunpah, pinethuk dening sudarmi, ki tumenggung kasmaran mulat yudanya.

Bujana tumenggung Pik In para putra munggeng ngarsa,mantra Santana wus andher, sawusnya prasami dhahar, tumenggung Pik In napda, eh Pikbunpah putraning sun, paran kulup yudanira. Sapa mungsuh mu prajurit, umatur arya PIkbunpah, wau sadinten kemawon, mengsah sekawan kang medal,kakalih kapracondhang, nunten senapatinipun, sikong mijil ing ngayuda. PUkulun wawrating jurit, pun Sikong tuhu prakosa, nanging ulun sayegtosa, megsih awrat sutanira, pun Sikuwi punika, pukulun watawisipun,Sikuwi moncol sajagad. Kawula boten kakelir, angraos lamun kasoran, mengasah lan sikuwi repot,kang rama mesemngandika, kulup iku pratondha, yen luhur narendra sunu, Lalingon kanthi prawira. Lah iya ing benjing ngenjing, kabehputra putraningwang, padha ngantepa yudane, nanging sadhela kewala, Sikuwi yen mijil prang, ing ngayuda bunten telu,nuli garubuhening prang. Yata putra kang pangarti, pikbnlongnambungi sabda, ing benjang enjang lepase, inggih kawula priyogga, kang tandhing yuda brata, pun Sikuwi kadi rampung, dene ing ngasta kawula. Para Santana kang myarsi, mesem malengos lan mojar, aririh lawan sandhinge, sipikbunlong wong ngalompra, kumenthuse andadra, yen tandhinga ing prang pupuh, lan arine si pikbunpah. Wani patarukan ngapit,malah angep anglima, ing pengrasa ingong bae, angembari prang kaduga, duk prang ing pajagalan sipikbunlong dhase buncur,pinenthung ing cina kumpra. Guyune pating cakikik, iriban tan kawistara, yata ganti winiraos, pabarisan ing KYuyamsan, panembahan Jibica bujana neng tarub agung, pepak kang para prawira. Miwah Sikong Senapati, Pangran Tehpo gogimacan. Wnya dhadharan rembage,ngandika sangpanembahan, yayi Sikong yen rembag, menggah prakawis prangpupuh, ing benjang–enjang punika. Yogi gelaripun alin, amrih ywa kadangon lampah, kadi kadi wentawise,tumenggung PIkan tyasira,sumedya ngantep yuda, wit meh kasor sutanipun, punPIkbunpah wau enjang. MOngka andelinga jurit, pun PIkan among pikbunpah, wau katawis yudane, lawan Sikuwi kewala, lamun sampun mundrura, kadi kaso kang saestu, marma wtawis kawula. Pun Pin In magsih amredi, kadiraning yuda brata, tur punika satuhune, sampun darbeni grahita, yen kasor dewiraja, nanging ing tingkah sinamur, pu nPIk In gelar pangunan. Tingkah kang makaten ugi, punika kawula angkah,pun PIk In sampun kaweleh, panungkule keneng gelar, yata Sangtikong myarsa, mesem alon denya matur, rembag mangkaten punika. Kawula darmi nglampahi, mongsa boronga andika, kang sampun wskitha ing reh, yata kang para satriya, tuwin para punggawa, mesem uninga ing semu, yen panembahan JIbica. Kadi tan kena kasilib, ing reh gawat kauningan, wrin dereng winedharake, ing samangke sang Jibica, lir dewa ngejawantah, ambuka sakehing ngelmu kang samara wus kawaspadan. Yata ing sami salatri, dupi wanci tabuh tiga,senapati parentahe, sagung kang para sariya, punggawa ululbalang , kinen budhal ken wdyagung, sadaya minggah mring ngarga. Kumerug lampahing baris, wus prapta luhur ngaldaka,gya tinen rakit gerlare,guntur watu pira- pira, cinancang tutumpukan,myang palatar beteng luhur, kang jagi sampun tinata,, Sikap paser lan jemparing, towok paser lan bengkolang, wus samegta gegamane, sgugn kang para punggawa, dadya titindhih ing prang, kang para pangageng kumpul, sowan mring narndra putra. Dinangu tingkah ing jurit, dene kongsi minggah ngarga, apa ta kasor yudane, sang JIbica aturira, boten yen kasor ing prang, manjing gelar pamrihipun, tumenggung Pik In nungkula. Suka sang narendra siwi, ngamtuti rptikelira, wusnya medal sadayane, kumpulmunggeng ing pasowan, JIbica aris nabda, yayi Sikong denagupuh, andika milih satriya. Kakalih kang wire jurit, kang badhe

5 kawula duta,ywa akeh begta balane, mamrih lancaran kewala,mundhi surat tingkeman, pakem kimllongkang satuhu, punika dadi marga Taksih wonten candhakipun.

6 Ongka 36, Kemis kaping 8 September 1881

Surakarta Ing nalika dinten Jumungah kaping 8 wulan Sawal ing taun punika, kanjeng gusti Pangeran Adipati Arya mangkunagara, ingkang kaping IV kundur dhumateng rahmatolah, saha kanthi putra kakung satunggal kanjeng pangeranAriya Gondasubrata, ugi seda sareng sadinten, kula boten badhe anyariyosaken jalaraning surut ing sakalihan wau amargikirang terangipun. Among nalika ingkang maruwi saserepa kula piyambak tumpak blak para gusti tuwin para tuwan sadaya, panjenengan dalem ingakng sinuhun Kanjeng Susuhunan ugi anedhaki kadherekaken ing panjenengan dalem kanjeng gustipangeran AdipatiAnom saha para kanjeng pangeran nom sepuh sedaya, tuwin kanjeng ratu kadherekaken para putrid nem sepuh. Dene kanjeng tuwan residhen kadherekaken para tuwa-tuwan sadaya, tuwin para wawengkonipun kanjeng gusti piyambak inggih sumewa pepak, kula boten uman panggenan amila boten saged terang satungal-tunggalipun, awit bentet jejel salebeting padaleman ing Mangkunagaran. Nalika ing dinten Saptu kaping 9, nunggil wulan taun, inggihpunika angkating layoningakg badhe kadunungakening redi Adeg, mengggah rarengganing layon sampun anglangkungi asri kawuryanipun yayah rarenggan saking ing ngendrabawana, kasembadan ingkang andherekaken yayah sekar sataman ingkang mubyar sarwa kancana, kabarung denign upacaraning kaprabantara, sareng tindaking layon pakurmatan mungel sadaya, dene ungeling drel tuwin marayem ingkang mawantu- wantu kadya ruging prabata, saeng layon dumugi sangajenging loji beteng lajeng katampen ungeling mariyem ing beteng ingkang rambah-rambah,panjenengan dalem ingkang sinuhun tindak manggem cara jawi nitih titiyan, wonten sawingkinging layon, anggenipun nguntapaken ngantos dumugi ing gladhag, lajeng sipang simpangan,kanjeng tuwan residhen tuwan para ageng sadaya sami lajeng angsenipun anguntapaken. Ingkangg anggumunaken kathah ipun tiyagn ningali jaler tuwin setri sampun boten kenging kaetang, suwara barungan kados badhe kiyamat kobra, saeng tiyang ningali kaendhih ingjajaran paa militer sampun kados tawon kambu saking tala. Kintunan .======\======Sarehning konca jurugubah kathah ingkang sami sakit anuwuhakenkathering pandamelan pramila kula dereng saged amacak bab ing sedan tuwin jumenengan ing Mangkunagaran panuhun kula panjurung ing nginggil punika, mugi kaanggepa lowong kemawon tinimbang sepi, dene kemis ngajeng punika badhe ngaturi ingkang sae Jurungarang. ======\======nagari kula ngriki, bilihwonten titingalan sakedhik kemawon tumunten tiyang ningali boten kantenan kathahipun sawiyaripun radinan ageng ngantos bentet jejel sapiturutipun ingkang agumunaken para ningali boten etang jaler tuwin estri ugi dhedhesekan saha amboten mawi ajrih ing kasangsaran sawawratipun sambaya para cina sidhekah rebutan inggih makaten ta ya ningali, pun singkek ingkang ngrebut sajen ulam babi kasangsara, kaleres siahipun ngalinyam saha gogobrah rah badanipun sakojur,jalaran dipun jorogaken sami singkek saking panggugnan dhaah mangandhap punika dados guguyon ing tiyangkathah jalaran tiyang kasangsaran mekaten suprandosipun amboten nucuk anggenipun a,nbopong ulam babi wau pun bajingan

1 nututi gnrebat ulamipun babi ngantos…..boten kenging, lulus kabekta lumajentg dhateng pun singkek ingkang gobrah gobrah. Wonten malih lare wanci sak pangeon katunjang dhawah mangkureb lajeng kaidak- idak ing tiyangkathah, ngantos lempe-lempe, naming katututan dhateng sedherekipun lajeng kabopong kabegta mantuk dumugi griya teksih kapidhara. Wonten lare watawis umur kalih welas taun ical kabegta ing bajingan sareng samidipun ulari kapanggih wonten ing gadhing, kabar dipun wade katumbas bakul ingkang wawadeyan wonten sapinggiring radinan ageng, lajeng lare wau katebus dhateng tiyang sepuhipun manawi kapara yektos punapa pun bakul boten manggepokan kalih bajingan ingkang amalajengakenlare wau. Kintunan. ======\======Wakaf masjid Ing dinten riyadi bakda siyam punika, kula mentas tawab dhateng nagari Surakarta, parlu sembahyang riyai dhateng masjid ageng, sartalajegn ngiras aningali garebeg angkah kula sontenipun badhe mantuk dhaten gSamarang, ananging boten saestu mangkat jalaran kareta api ingkang masthi lumampah sonten sampun mangkat sanalika punika kula miring padwartos bilih masjid ing kitha Bayalali badhe kamulyakaken kula darbe kaengetan antuk kula dhateng Samarang sumedya medal ing Salatiga, ngiras wakap amanjrung dhateng masjid ing Bayalali wau, saksana kula lajeng lumampah dalu, dumugi ing masjid bayalali wanci enjing, kula lajeng mubeng sakiwatengening masjid yetos badhe kamulyakaken wondening ingkang sampun dados ambabar griya surambi, dhapur kalabang nyander payon sirap sarta griya kulah salering masjid wondening masjid paestren sawegkagarap baturipun sangjenging masjid kadhudhuk kadamel sumur sampun medal tirtanipun wondening ondha, sirap kajeng, banon sasaminipun ugi sampun cumawis punapa malih calon griya gapura, sanalka punika anuwuhaken manah kula, sokuring dhaten gsubkanalahutangala, sareng wanci luhur kyai pangulu Imam dhateng manjing ing masjid kalayan para prayantun sarta sanesipun sakalangkung kathah kasebut sembahyang bar Jumungah, tegesipun salat saben wektu, kula mistaken dhumateng prikonca ketib ingkang jagi ing ngriku, makaten punika punapa inggih saben wektu kathahipun ingkang sami sembahyang samanten wau, sarta punapa sampun salaminipun wangsulanipun kyai Ketib mangkaten: o, anggenipun reja punika rak sawek wonten salebetipun kawan wulan ananging dinten punika saweg pinuju ngalempakipun para pakumpulan ingakng sami kredyat ambangun mulaning masjid amargi badhe angrembag nalar wonten sawenehing kaji ingkang sampun kapatah dados dutaning pakumpulaning ngriku, kapiji ambekta nawala ideran saha anampeni arta panjurung saking para ingakng karsa wakap dhaten gmasjid wau,w asana pun kaji kiran gpraja lampahipun dipun kenengi anggenipun angonati kajinipun saking kageting manah kula dene wonten lalampahan ingakng kirang prasaja wau, kula lajeng manjing ing masjid sumedya amirengaken ginemipun ananging sadumugi kula ing saleebting masjid gumelaring nalar kula kriang terang, amargi anggen kula manggen sawatawis tebih, among enget-engetan bilih boten kalintu kados ing ngandhap punika. Ingknag kapatah dados duta wau anama Kaji Kasan makjun ambekta nawala ideran saking kawontenanipun anggenipun badhe amulyakaken masjid wau, bagiyanipun kalebet ing nagari dalem Surakarta, kang kasabut ing serat ideran sampun kathah para ruhur para gusti para bandara tuwin para priyantun sanesipun ingakng sampun aparing panjurung wakap ing masjid wau awujud art sakaarengipun saha smpun katampen ing kaji Kasan Makjun wasana arta wau kathah ingkang katelasaken piyambak ingkang kabekta mantuk kalebtaken ing kas masjid boten wonten sapratigan nalika kapriksa

2 kaji kasan Makjun wau ugi amrasajakaken bilih arta sakantunipun wau sampun katelasaken awitpanganggepipun arta wakap wau kakolah, rembagipun para pakumpulan ngriku sadya, ing samangke kaji kasan makjun dipun kendli anggenipun kapatah dados duta wau, amargi badhe angling semaken para ingakng amandhegani gagelengan ing masjid wau, saha embag ingkang wekasan ing capunika anggenipun badhe amulyakaken masjid wau botten mawis arena serat ideran wondeneing bilih wonten ingkang karsa badhe wakap sakaparengipun inggihkaaturan maringaken dhaten gpangulu imam ing Bayalali, saha para ingkang mandhegani pakumpulan wau sadaya, sanalika punika wonten rare ingkang sami gineman mangakten: nek mengkono kaji kasan iki netepi tembung ngulama, wutuh ing tembang nguluama, tegese anguluama. Kula lajeng medal sakin gmasjid tansah kula manah samargi-margi, saha sareng kula enget-enget pancen kula sampun nate sarawungan kalayan ingakng nama kaji KasanMakjun wau, nalka kula wonten ing Singgapura, mila nama kaji Kasan Makjun awit panggaotanipun sasadeyan jampi Makjun anangin gkala rumiyin malah enget- engetan kalawiwit andadosi masjid ing Samarang, kaji Kasan Makjun wau inggih tumut dados pakumpulaning masjid samarang wau, lajeng ing masjid wau wonten nala kisruh ing arta panjurung ingkang pinten-pinten ewu, punapa dados nalika kaji Kasan Makjun wonten ing Samarang punika kaanggep malebet ing griya pawiyatan anggagampil arta wakap ananging samanten wau walaualam awit kula boten sumerep yakinipun saking welas kula dhaten gkyai masjid bilih kula urutnakenging kasekaraken sinom. Satuhu yen kawlas arsa, kyai masjid bayalali, lagyarsabirai sandhang, kabekjanira mehprapti, nanging dahulat enting, pakartine Kasan makjun, bandhanira wus pepak, mung kari rakit-rinakit, saupama kaji kasan tan mangkana. Sayekti masjid wus dadya nedheng bibaring riyadi, tan ana ingakng kuciwa, wasana kiyaimasjid, sewu sokuring widhi, kadya lalampahanipun, masjid nagriSamarang, babageng kang dhaengi, surpandene ign samangke wus meh dadya. Kaserat kampong Malayu Samarang ping 9 pasemoninipun sangkala ijrah Sarira ambabah dhathi rupa; Ktandhan Sayid Rum

Pasuruwan

Raden Panji jayasudirja ing Pasuruwan asal saking Surakarta, ing ngajeng kasikrihaken ing nagari Trenate, lajeng kaelihing paresidhenan Pasuruwan kala ing dinten Slasa wage tanggal kaping 5 Sawal JImakir ongka, 1810, wanci jam ½ 5 sonten utawi tanggal kaping 30 Agustus 1881 atilar dunya kundur ing kalanggengan jalaran sakit sepuh, yswa, 75 taun menggah anggenipun sakit among 2 dinten 2 dalu saha tilar putra 4, jaler 3 estri 1, katandhan pun Dahatsungkawa

Madiyun

Kabar Slompret Malayu amawartosaken bilih tanggal 13 Agustus ingkang sampun kapengker punika, lampahing sepur weh ingkang wiwit saking Kedhiri sampun dumugi Kertasana, sarta pamirengkula malih saking ngriku awit pasang ril sampun dumugi Baagor Nganjuk mila kenging kapesthekaken ing salebetipun taun punika sepur weh amasthi sampun dumugi madiyun.

3 Wondeing pandamelipun kerteg sepur weh ing lepen Madiyun sampun 2 wulan punika awitipun kagarap, sapunika saweg badhe pasangg pandhemen ing sapinggiripun lepen wau wean kilen pinten pinten atus tiyang ingkang dhudhuk badhepandhemen wau, pangesatipun toya asarana pompa, ingakng sakalangkung santosa ing panyerotipun toya, saben dinten boten sop tiyang ingakng ninglai, labet sami katemben anyipati wujudipun pompa Masirah. ======\======Bubukaning nawala minongka wangsulan sinaroja ing pahargyan winantu ing sangyaning kasredadan kanang amimbuhi, yogya kaatur mitra kula kyai candhik yuda, ing tuk badhaya. Saking pandangu sampeyan bab tembung krenah, utawi ngrenah, punika, boten pisan kula saged ngaturi panjarwa ingkang patitis sanajan panitik sampeyan saking panjarwa kula ingkang dhateng rara mentrik sampun sampeyan galih nyekapi, ananging saking pananggaping manah kula, teka dereng montra-montra anyekapi, utawi dereng pisan-pisan panjarwa kula wau mesthi kangge ing ngatasipun mas rara mentrik ewa sapunika sanajan makaten na ugi kula kedah aturpanjarwa babpandangu sampeyan wau kados ingngadhap punika. Krenah, punika namanipun tembung lingga (tembung ingkang dereng karimbag ing ater-ater, seselan, tuwin panambang) Ngrenah, solah utawi tembung tanduk sapisan Amung punika saking pamanggih kula, bilih nalisir mugi kaeleban ing samodra pangaksama Jaka Pujasubyakta. ======\======Kaatur mitra ulun sabudyarjak ing Bathang. Ing saderengipun kula badhe atur katrangan ing sagaduging pamanggihkula bab pandangu sampeyan ingakng tumrap kabar ongka 34, kula nbyuwun katrangan rumiyin saking gumathoking karsa sampeyan menggah ingkang sampeyan dangu wau, katranganipun yen bumi punika mubeng saking kilen mangetan, punapa katranganipun awiting dados rinten saha dalu, bilih trangipun yen bumi punika mubeng saking kilen mangetan ugi among nitik saking surya tuwin candrama samikatingal malethek saking wetan serap wonten kilen Jaka Pujasubyakta. ======\======Candhakipun serat purwa Krimataya

Samya wreksa candhana kinardi, prasantona lan para dipatya,kang nedya bela gustine, samu awwwreksa garu, kang pancake ingkang kinardi, paramantri kang samya, yun bela prasunu, wreksa jati kang kinarya, pancakanya gumuruh wadya sanagri, saban rinambut karya. Patih kakalih ingkang jejenengi, nahan praja kang manambut karya, yata kawarna lampahe, sang prabukalihipun, darmatmaja patmanabaji, saha kadang pandhawa, wah garwa sadarum, aris-arisan tan ringan, rangu-rangu kadharataken opra putrid, jangleran sareh randhat. Dhat-dhet kandheg sepal kaping kalih, yen restrineng syarda salereban, begwadying ngaraoradher, narendra kalih sengkut, gunem rasa rarasing pati, patitising kamusan, sasananing murut, sarastri enjing bidhalan, lilang- lilung leleng samarga niniti, raningkang desa-desa.asanane candhi rinesiki, kira-kira tilas kabuyutan,kang risak kianrtya sae, lepas lampahira wus, wus andungkab pasundhan prapti, wonten dhusun wah ita, kedel sawadya wus, weneh rereb padedesan, srinarendra kakalih kagyat umetsi, reh jama ing wah ita.Muhung rondha

4 sadaya manangis, sae katamana jama priya, samya mangungun galihe, paran marmineng dangu, temah rondha samya kapiji, jiniyat ing ngadhepan, nata risma dangu, daruna kalut udrasa, sabab maning desa nir jalu sasiki,kinarya pariyapa. Yata wonten tatag tanggap aris,munjuk bilih samya kaecalan, laki wus antari mangke, samuaderneg mantuk, tuk pambudi tambuh smaangkin, rum ngandika srikresna, dipa sajaywa lub, para ning laki ta wrandha, nembah nuun duka jer kesah ing rastri, yen nguni pakartikang. Kaleksanan mamdung kang dadi, upajiwa jalma sasyar dasan, kendhat mat darbeking sanes, sri Kresna myarsa ngungun, de ature warondha sami, ngandika ris srikresna, eh ta kawruh amu, estu taman kawasesa, seseng juti teteh tu gya kardi, kardya taman tur dora. Dera raras waleh ing pakolih, solah galur tanpa kang ngudya, taman keniti natrapke, reke laku kiradur, yen katrapa angrusak adil, kapyat saegana, kangngugemi catur, tutur tinuri nata, taman kiyat kayaktininglampah silib,lalu len kawalesan. Dereng dugi sasana kawarni,jamana kang mentas mameteeksa, desasambi ta dununge,kapitakras lumayu, pnegatan wadya kang baris, cinandhak katur sigra, ing ngarsa sang prabu, dinangu matur tur sembah, dhuh kawula jamaa ing sambita gusti, tenengran pun Namura. Purwa taman sitalumalya glis, gugub binujung ing singa kathah, lagya mangkona ature, prapta singa rongpuluh, anggromanrak sagunging baris, geger wadya katrajang, wus kunjuk san gparbu, gepah sri bathara kresna, lan sang warta sami nglepasi jemparing, sardula samya kena. Tanpa seta wus karuwat sami, minulya wus samya babar jalma, datan pangling mring wismane, sru samya suka sukur, ing ruwate cintraka sami, para estri acingak, kagyat genya dulur, lamun priyanira teka, anirta akalepyan munggeng ngarsaji, mareki lakenira. Atri samya manangisi laki, kerut priyanira melyandrasa, saking kaduwung solahe, srinata umuyat getun, lan samu akang samya meksi, ing solah kang mangkono, kadadosanipun, sardula samya warnatyang, samuane kinon nibalan aglis, umbul patigi desa. Dhinawuhan sadaya wus kerit, jama ing waita prapteng ngarsa, nata dangu ing purwane, denta kabeh sireku, samya salah warna ong dening, tugging don dadya jalma, matur dhuh pukulun, taman pisan raos dadya, wanda sima mung cipta tatanya gusti, mring jama kang met wreksa. Sasana mba dyar dadunung dening, amba bingung jama bilulungan, biba tangi palarine, pun patik temah ngungun, den ta jam amba praki ajrih, ujer kawula kadya kenigng tuju liwung, sekawit pakartya amba, anyenyedhis dus karta sakonca juti, tita saeka wedal. Ulun sakanca ngincih tuk wait, titis wates wukire wataka wates wonten pratapane, denta kang amadhukuh, saking sabrang anyar ngajawi, winarta sugih brana, babektaniragung, mangran bagawan Wagtrika taman kancah naming pawestri kakalih, garwa lawan sutendhang. Dadya ulun sakonca darbyasir, lampah dhustha wus saekapraya, prapta aparendhepoke, snandhang bingung, tan uninga prenahe sami kilen saha ing wetan, ler tan apikidul, sadaya kakentyasira, den ta wukir kaupaya tan pinanggih, samu akapyat wana. Dados cipta muhung samya mulih, ing tyas taman rasa pisan-pisan yen keneng salah warnine,prapteng margipukulun, prapteng wana anon sujami, prasamya ngambil wreksa, kawula agupuh, marpeki kanang sujama, borisaris Tanya dunu gusti,jama niba lumajar.ututi, tugging don sang nata parimarma, mangruwat kawula kabeh, sasat nugraha aaaaagung, dados mangkya ulun dewaji, ngaturken pejah gesang, sumongga sang ulunan urip taman dgi pejah, yata sami mangungun getun tan sipi, ngandika nata kresna,. Eta titah mangkya kinta maksih, wrin prenahing wukire wataka, kang dinangu tur sembah lon, pukulun maksih surup taman tebih saking ing ngriki, sakilen ing pasundhan, ing rewata gunung, warti talatah paduka, dyarawati wates kang wetan pribadi, sang prabu malih mojar,. Iya uwis sun apura sami, kyehning dosa muhungnirnakena, duknateng rat sakabiye ywa na kang lalaku dur

5 penedira wawade kardi, paran sasukanira, mesthi yen rahayu, manembah samya sandika, wus kaganjar semahe tinuduh mulih, kinon ngruti sugata. Taksih wonten candhakipun Semangtri. ======\======Pethikan saking serat tembung Malajeng ingkang winastan: Robinson kapendhet parlunipun saha kacekak. Robinson punika namaning jajaka, anakipun Sang Krusu, ing praja Ambereh, misuhur sae kalakuhanipun ing saweneh dinten sang jaka nyuwun pamit dhateng bapa, badhe mlana dhateng tanahliya, ananging sang Krusu sanget boten nyondhongi, jalaran saking tresna miwah ing griya sampun sarwa wonten ananging sang jaka adreng tan niyat ngunduri sedyanipun lajeng nis saking griya tumut sudagar ingkang kesah gagrami, kacariyos salebetinglumampah wonten saganten tansah kapindeng ing sangsara, praunipun bolong, meh kelem ing toya, tujunipun angsal pitulungan prau liyan, lajeng saget ngandhah dhateng nagari Inggris kendel ing sawantawis dinten sang Robinson lajeng nunut sudagar ingang layer dhateng nagari Giniya, anujulampah ing palwa wanci enjing, para tiyang ingakng numpak sami ningali laladan Anggameng, kasengguh bilih tlatah ing nagari Gineya, ananging panyipta wau lepat awit punika karnag ingakng babayani, temahan sareng prau celak lajeng wonten jawah deres sarta bajra ariwut swaraning baledheg mawantu-wantu, dados sang palwa lajeng katrem nuksmeng tirta, satiyang ingkang numpak sirna sadaya, amugn sang jaka karsaning hyang maha agugn kateksihaken badanipun kumambang manut sasolahing alun wasana sumampir ing Parangcuri, among kantun neketeg ingang teksih andhedheti, lesuh ing badan kados den lolosi bayunipun ngantos dumugi wani dalu dereng saged mingked sareng byar enjing daweg saged gulawat lajeng lumampah nurut lunguring parang, ngantos dumugi tepining polinis sang jaka ayem ing manah kakinten pulo wau kadunungan tiyang wasana sareng mubeng mubeng ngantos minggah pareng den miling-miling meksaha boten mrangguli tiyang, dados lajeng narimah kendel saha pados tetedhan ingkang sampun nate katedha warni wowohan kacariyos bilih dalu lajeng ngranggon ing wiwitan namugn bilih enjing kimawon mider ngupados tedha, saged angsal wewah tetedhan winastan tiram (kijing nyinyor)(Klap) iutawi kewan wanastan lama, wujudipunkados kidang, cucalipun kadamel santun sandhangan ing ngriku sang jaka lajeng damel panggenan angresiki guwa. Anuju saweneh ing dinten sang Jaka kapapag tiyang sajuga lumajeng wonten pulo ngriku, jalaran kasor ng yuda kaliyan bangsanipun sang nembe prapta gawok aningali dhateng Robinson mila lajeng pitanled kaliyan Noraga, tembungipun manis arum sawarni sumeket sang jaka suka ningali pitembungan manis arum mila lajeng katanggapan sarenaning manah, ngantos kalampahan dados sahabatipun ugi lalabet wonten polinis ngriku. Sareng wantawis kalih taun anuju sang kakalih lenggahan ing guwa, miring swara surak-surak sangsabad matur bilih punika satru kang gigirisi amargi doyan mongsa tiyang, sang jaka lajeng ngungun sanget dene ing pulo ngriku kathah pakewedipun mila sang kakalih lajeng mapak ripu, sadumugining wana kapapagjanma satunggal tingkah saha swaranipun anggilani amargi sawarni kirang bares sang jaka emboten sumerep carabasanipun sang prapta, ananging waspa damana wising prapta wau anangu bubujenganipun ingkang mlajeng mriku, Robinson ugi sumerep palajengipun tiyang ingkang katangledaken ananging sarehning pandangunipun nyenyengity anglarakaken manah dadosa jaka suthik amangsuli, saking dahat murindingipun dhateng watak mangkaten ananging sang nembe prapta maksa kimawon malah

6 tambah-tambah wengising sabda, tanpantara sang sahabad lajeng nanggulangi, wasana padudon wau lajeng pisahan. Emboten antawis dangulajeng wonten tiyang dhateng malih, ugi saarni anggenahaken bab ingnginggil wau, ewadene rehning sang anangu tembungipun wengis aladak tur malinder, dados sang jaka wegah badhe narbukani, amargi salanggapan kaliyan tiyang tanpa riringa langar kaduk kaduga, gelanipun sang jaka wau, sanadyan rumaos kaconggah embok inggih dipun saririh sawantawis rakenyengaken manah, mongka sang jaka pancen wikan sapitakenipun sang prapta wau, mila geteming manah sang sahabad lajeng annggulangi, kawekasanipun daredahaning janma titiga wau lajeng pisahan malih. Kacariyos dumugi wolung taun sang jaka genipun dudunung ing polinis lajeng saed anunut prau ingkng lumampah celak ing ngriku sumedya layer dhateng Ambereh, wasana sadumugining griya, sang Jaka mangun suka lan sudarmanipun utawi sakadang kadangipun ananging sang jaka tansah winuwung ing sosorah angengetana bilih rare wangkal sapitedahing bapa punika masthi manggih sangsara ageng. Mawi nyangkalani angkaning warsa, doh ing wong sarira murni. Panjurung kula pun Pasumangta. ======\======Dongeng lalampahaniipun kaji Muhamat Saleh ing Kungon. Asmaradana lumaris, risoma ping tri tangggalnya, jumadilakir candrane, warsa jimakir sangkala, wiruhur ring sujanma, ingkang angesthi tumuwuh, nalika ing jaman kina. Wonten sajuganing janma, panengran suradikrama, kauman padhepokane, ngambara dadya juragang, marang Kedhu Magelang, dumunung ing wismanipun, nini somog ing Magelang. Ki Jaka ing saben ari, mring pasar-pasar ambekta, sinjang- sinjang dagangane, riwusing ala malama, daganganira telas, artanya kinarya sangu, tan arsa mijil mring pasar. Siyang ratri mung mumuji, kapencut marang kamulyan, kaluhuran sang pangakte, nging tangeh margane baya, satuhu bodhonira, tanpegat among nanekung, gya panggih lan sudaranya. Janma sutaning , Sontareja panengran, ki jaka tinaya age, yayi paran karsanira, lami sira sun sawang, datan miyos pasar ngriku, apa daganganya telas. Ki Jaka nauri aris, kakang yen sira tatanya, sapisan daganganing ong, wus telas saartanira, nanging ingsun tan susah, wit raosing manah ulun, tanedya dadya juragang. Siyang rtri sun angesthi, dadya prayayi kang mulya, nalika ingsun amiyos, nenggih ing pasar Magelang, saben ari umiyat, prayayi kang samya langkung, pinayungan urut marga. Nitih rata nitih bendi, ing ngiring panekarira, iku manah sun sumedhot, sun datan mikir dagangan, pijer umiyat ingkang, pinayungan urut lurung, iba nikmate punika. Apa ta margane iki, bangkite kadya mangkana, sun parsudi awakingong, sun rasa saya karasa, saya kuwaur tyasingwang, Sontareja alon muwus, gampang lamun temen sira. Apa sira wus mangerti, sastra jawa lan walonda, tanapi arab sakehe, kijaka kucem saurnya, iku sun during bias, wikan bae during tau,yen condhong sun minta wulang. Sontareja anauri, eh yayi teka prayoga, saben rim ring ngawis mongngong, gya linampahan saksana, watara catur condra panwus mangreti sadarum, sastra arab jawa londa. Ki Jaka satuhu lantip, wus ngungkuli sasamamnya, putusa barnag panggawe, tegeh titih tatas cetha, dadya pangela-ela kalokeng satanah kedhu, jaka sala wicaksana. Si gegantya kang winarni, kang aneng kedhusarakanpa, kiyai Mursit wastane, sudagar tur kalokeng ngrat, kathah ing bandhanira, wus miyarsa wartinipun, ana jaka saking Sala. Ing nguni juragan jarik, samangkya wus kalokengrat, misuwur ing kawigyane, gancanging caritanira, ing ngambil mantu nulya, jaka langkung miskinipun, sasampunira akrama. Neng Kedhu Parakan lami, wus waweka kalih ingkang, sajuga jalu lan wadon, wektu samana minugya, oreging sabawana, ana prang kalangkung agung, duk pangram

7 Dipanagara. Ambalela narapati, ki jaka nulya rembagan, mring ki Mursit sagarwane, ramaywa dadya runtika, ulun apa mit pejah, mupung ana karya agung, ulun amiyarsa warta. Jeng gusti pangeran pati, Ariya Kusumayuda, samangkya wus rawuh kene, yun ymagut yudanira, pangran Dipanagara , rama ulun arsa labuh, tindake gustipunika, Yen sunbisa unggul jurit, Manawa iku mangsanya, antuking kamulyaning wong, yen asor pasthi palastra, marma ulun sumongga, sutan ta sasutanipun, anenggih wayah paduka. Paduka among mumuhi, basukine badan amba, kimursit anjrit nulyage, kang putra rinangkul lawan, Andres mijil waspanya, paran ta karsanireku, tega ninggal garaputra. Ingsun datan nayogyani, kaki becik amandhega, ki jaka adreng ature, lalu kenceng panyiptengwang, yekti tan keni owah, lolos saking ngarsanipun, ki mursit agagancangan. Wus lepas lampahireki, sakalangkugn kalunta-lunta, aneng ing paprangan gedhe, anemahi kasangsara, kijaka engeting tyas, paran baya solahingsun, salamine neng paprangan. Kerep sangsara wak mami, apa ta margane baya,ki Mursit ing pakertine, lajeng mantuk mring Parakan, lan ki Mursit wus panggya, lawan garwa sutanipun, saklangkung marwata suta. Sawusing tentrem nagari, Ki Jaka Matur mring rama, yun ngupaya drajat gedhe, mupung wus tentrem nagara, ki Mursit atatanya, mring ngendi ing panyiptamu, kulup ingsun langkung bungah. Ki Jaka umatur aris, ulun yun malebet magang, mring Munthilan kabupaten, ki Mursit manis aturnya, iya kaki Manawa, wus kenceng ing panyiptamu, ngupaya ing kanugrahan. Kaki ingsun among weling, wirayat among sakecap, poma lakonana angger, sapisan watone niyat, kalih kapencuting tyas, ping tiga temen puniku, kaping patira santosa. Kaping limanira eling, kaping nem wekeling karya, dene kaki pirantine, sapisan bias suwita, marang bandaranira, kang nganti luntur sih ipun, lawan budi asihira. Para mtiranira sami,lan sie sorsoranira, wit kaki manusa kuwe, yen wus siniyan sasama, iku kaki prasasat kinasiyan inghyang agung, sakarsanira tinekan. Kumpule dadya satunggil, jangji temen tinemenan, wismung iku wekasing ngong, kang putra ngabekti nulya, mring rama ibunira, sarwi umatur dhuh ibu, sumongga putra paduka. Lan wayah paduka sami, tembe ulun yen wus mulya, sayekti ana tandhane, wus linilan gya umesat, tan winarna lampahnya, ing kitha Munthilan rawuh nulya tumameng ngajengan. Ing ngriku ingkang bupati, tumenggung udanagara, siniweng para wadyan dher, ki jaka nulya tinanya, wong ngendi siraika, de praptanira anjujug tanpa lantaran kang jaga. Ki Jaka umatur aris, pun patik anuwun duka, ulun ing redi wiyose, tanah ing Kedhu Parakan , sowan ing ngarsa tuwan, lamun paduka saarju, pun patik arsa suwita. Ngaturaken pati urip, sanadyan paduka patah, dadya gamel tukang kerok pun patik datan lenggana, ingakng bupati nulya, pangandikanira arum, lamun mangkono prayoga. Riwusing alami-lami, katitika wigyanira, temen mantep lan wekele, nulya kinulawisudha, dadya carik bupatya, saya katon asihipun, wusa sat pinutra-putra. Gancanging carita nuli, ki Jaka ginanjar garwa, sangsaya mundhak asihe,kinasiyan ing sasama, satuhu wicaksana, asisten apdheling ngriku, tuwan Etak panengran. Sakalangkung welas asih, marang ki Jaka samana, nulya winisudha maneh, dadya jaksa Prabalingga, wus tentrem manahira, ginadhang ing tembe lamun, ana lowongan bupatya. Badhe wonten sambetipun. ======\======

8 Ongka 37 Kemis kaping 15 September 1881

Serat kawat ingakng katampena nalika ing dinten Akad kapengker punika, amratelakaken bilih kanjeng Pangeran Prinse Predrik surud ingkang seda wau kaleres bapa pamanipun sampeyan dalem ingkang sinuhun Kanejng Raja ing Nederlan wiyosanipun nalika kaping 28 Pebruwari 1797 dados panjenenganipun ing mangke langkah saking 84 taun, menggah surudipun kanejng pangeran prinse Predrik wau saestu anuwuhaken pangungunipun tiyang ing tanah Nederlan awit ageng sanget kamirahanipun dhatengpara masakat saha dhateng para griya wakap saha angsringamanjurung dhateng pawitanipun sadaya pambudidaya, ignakng pencaripun badhe angindhakaken raharjaning praja.

Surakarta SEdanipun panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran Adipati Ariya Mangkunagara marengi ign dinten Jumungah, enjing wanci jams atengah enem ing saestu muksanipun kanjeng gusti pagneran ADipati Ariya mangkunagara wau, tumrapipun dhateng nagari Surakarta,lir pendah sekar ing patamanan gandanya amrik aum den punggel saking ing uwit sanadyan panjenenganipun ingkang surud sampun dumugi, wah pejah gesang sampun takdir rolah, ananging seda wau kenging dipun wastani taksih katemben awit ingakng dipun tilar taksih taruna, saha ical sasepuh ing praja ignakng ambeg utama, palamara dhateng kawula,berbudi dhateng pawong mitra sampun kaelok unggul ing kasusastran sanadyan ruhur karsa amikawon ing pambudi, suwargi panjenengan dalem kajeng gusti pangeran adipatiariya Mangkunagara la kar antendenpundhi-pundhi, den susubki denpinandhita dhateng para taruna, sanadyan tumuwuh ing wegigipun parigel angereh wawengkonipun ngantos saged kagungan pamedal mayuta-yuda, ewa deneing sedanipun boten agiler donya dhateng putra wayah, naming mubyaring kaprabon dalem ngantos kawentar ing ngamonca, pramila rumengkuhipun para ruhur dhateng ingakng surud,lir pendah putra dhateng bapa, para alit sami arsa angginusti,pramila ing mangke ignkang sami pinuji,mugi mugi sjukipun ingkang seda, atummrapa dhateng ingakng gumantos jumeneng ing kaprabonipun ingkang gumantos jumeneng mugi mugi suyut sumugkema dhateng labet tindak ipun suwargiingakng rama, saiba badhe nugrahanipun wawengkoning kamangkunagaran para kadang karuh saha para kawula badhe boten kacuwan ing panganggepipun dhateng ingkang muksa. Taksih wonten candhakipun

Ing dinten Kemis kaping 14 wulan Sawal punika, wanci jam 4 sonten sampeyan dalemingakng Sinuhun saha garwaputra tedhak ing Pacangkraman dalem Nglangenarja Jumungahipun enjing wanci jam 7 sampeyan dalem saha para garwa putra, tuwin kanjeng gusti pagneran adipati anom ami wahana rata tedhak ing pasanggrahan TEgalgonda, ing samargi-margi tindak dalem wau tansah karengga denig nungeling pradongga, rawuh dalem ing tegalgonda wanci jam ½ 9, ing ngriku sampun kathah para abdi dalem jaler estri ingakng sama cacawis mila lajeng mamangun bojana drawina, sinawung taya wiring sarimpi badhaya, saptunipun enjing wancijam 8 sampeyan dalem ugi sagarwa putra tedhak ing Sendhang Mungup samargi-margi tansah anebar arta, mamrih sukaning para kawula, mila kathah ing tiyagn ningali utawi kathahing ngabdi dalem kang sami dherek lir pendah samodra bena, rawuh dalem ing mungup wanci jam ½ 9 sareng sampun sawatawis jam lajeng kondiur ing tegalgonda malih, ing dinten Akat wanci jam 5 sonten kondur ing

1 Pacangkraman dalem Nglangenarja, Senenipun enjing wanci jam 8 sampeyan dalem sagarwaputa, wiluejng kondur angadhaton. Kintunan

Kawontenanipun ing kitha Klathen Ing sanayan saking pekabaran pawedalipun pantu para amongtani botenpatosa medal tinimbang kaliyan sabenipun ananging regining nguwos ugi kalebet taksih mirah, inggihpunika saking kathahipun para bongsa Cina ingakng sami dagang beras saking Samarang, sadinten-dinten boten wonten kendhatipun pinten pinten grobag ingkang kaedhunaken saking kareta api, igakng mangkaten wau saestu samun anandhani bilih sansaya lami, mindhak karaharjanipun ingkitha Klathen sadaya kawewahan ing sak punika nagari karsa iyasa griya sakolahanipun para bongsa Walandi, tuwin sanes- sanesipun bongsa ugi kenging malebet sakolah ing ngriku, dene pangggarapipun ing sak punika sampun meh rampung, saking bab kadurjanan kecu tiwn sanesipun kawical sampu meh boten wonten inggih punika saking kenceng tuwin tumemenipun ingkang ngasta paprentahan. SAtuhu yen lama-lama, sansaya raharjaneki, sumingkir kang laku ala, lelayaran met kang sepi, sak enggon den cecedhis, ing nyoyak sak purugipun, eca kang laku arja, ayem-ayemira sami,antuk mulya tan ana kang munasika. Kintunan.

Tembungjawi punika kathah woworanipun tembung amonca, sumerep kula samantenpunika saking cariyosipun para tuwan mitra kula utawi saking maos bausastra karnganipun para pujongga Wlandi, boten pisan sakin gpujongga jawi, utawi saking bausastra karangnipun pujonggga jawi wau. Wondene tembung amonca ingkang kangge jawi punika kathah ingkang boen saged katitik saking pakecapanipun sarta kathah ingkang boten saged ceples kapadosaken tembungipun ing Jawi. Saupami ing anah wutah rah kula wonten pujangganipun amasthi tembung amonca ingkang pancen wotnen jawinipun badhe kabikak sadaya, wangsul boten gadhah pujongga kados pundit, kajawi inggih naming kedah anglampahi tataken dhateng para tuwan inking ing mangke minongkapujngganipun tiyang jawi, ingkang mangakten punika anelakaken maletikingbudinipun bongsa Eropah, kosok wangsul anelakaken malepesing budinipun bongsa jawi, mongka sami titah ing Allah. Mila saiba badhe sapinten kemawon prayogi utawi pikantukipun bilih wonten satunggiling bongsa jawi ingkang saed amujanggani kawruh sarta kasusastran jawi dados pangasonipun ing ngakathah. Ktha kemawonkagunan utawi kasagedanipun bongsa jawi ingakng sampun kaepeng dening bongsa eropah wangsul bongsa jawi punapa badhe saged animbangi, sokur manawi saged. Ing tanah jawi meh saenggen-enggen wonten pamulanganipun ingkang kaedegaken dening kanjeng gupremen kanggee tah bongsa jawi sumerepipun dhaeng kawruh kasagedan sarta lampah utami, saha sampun kathah ingkang sami lumebet sinau,ananging wonten ingkang andadosaken gelanipun para guru margi para sepuh kirang pamardinipun dhateng anak urunipun ajeg sakolah taberi sarta angemut-emut wuwulanging guru ing salebetipun wonten griya, manawi ing nalika wonten sajawining pmulangan among nengenaken dhateng kasenengan amasthi badhe lami sagedipun wasana bilih lare ignkang lumebet ing pamulangan wau ngantos lami sagedipun tiyang sepuhipun lajeng anetahdhateng guru ingkang anggula wenthah, mila amurih prayogi mugi para sepuh sami saregepa angeteg-geteg dhateng putra

2 wayah taberinipun dhateng pamualngan, wawiyatan kaping 20 Agustus 1881, katandhan Seleh

Pitrah Petruk

Nalika dinten riyadin punika kula nyatakaken ningali patrapipun para kaum ing dhusun anggenipun sami anampeni pitrah ingkang kula sumerepi kaum ing dhusun Ngendrakila Bayalali pnika nalika derengipun sami dhateng para tiyagn ing sadhusun ngriku ingkang samipitrah,kyai kaum angadhep uwos sapitrah kawadhahan ing tumbu sarta sampun angadhep cacetan kathah ing tiyagn jaler esri enem sepuh ing sawawengkonipun dados kyai kauman sampun saget anggunggung satunggaling tiyang 10 sen, bilih taksih lare 6 dhuwit. Sareng sampun wiwit dhateng tiyang ingkang sami pitrah wau, kapetang taksih kirang sapalih,kyai kaum lajeng kengkenan anginggalaken tiyang ingkang dereng pitrah, amargi bilih ngantos jam 12 boten pitrah tiyang wau badhe dumunung nyambut ananging sarehning para tiyang dhusun sakalangkung malartat saking ajrihipun dhateng kaum dhatenging ngriku among sami mrasajakaken bilih ing dinten wau kadamel pitrah malih wontena anakipun sami ambeka nedha sekul kemawon boten saged amituruti, kaum lajeng amratelakaken makaten iya yen dina iki during duwe kowe saiki golek goleka utangan dhisik dadi kowe wjhib utang pitrah nyang aku, wawangene besuk bakda sawal wis padha muliya Lajeng wonten tiyang dhateng malih, amratelakaken mangkaten Kyai kaum kula dereng saged pitrah jalara sanget meskin kula, tiyang kula tedha kimawon boten wonten kaum mangsuli, iya ta yen mengkono kowe utang pirtah, kowe karo bojo mu rong kethip anakmu teluwoluas dhuwit besuk bakda sawal bayara, wangsulanipun tiyang kang boten pitrah, o, kados pundit kyai mongka bilih salebetipun 8 dinten kimawon dereng saged jalaran kula tiyang jempo, kang nyambut damel among anak kula estri, mongka katedha sadinten-dintenipun kimawon kirang, kaum mangsuli, Ah embuh iya utang-utanga. Sanalika wau tiyang kang boten pitrah darbe kaenget kalayan sumuking manah, kyai kauningana kula empun boten pitrah teng sampeyan jalaran dika niku ing ngatase wong sidhekah kok peksan kula dhek wau esuk saha nak bojo kula empun mentas delok wayang teng ngomahe tuwan ing nglebaki kula di jaliuki pitrah petruk wong siji sedhuwit kula empun bayar dadi setegih niku empun kula tetepake dadi pitrah kula. Sanalika punika kaum lajeng anjenger boten saged mangsuli, boten watawis dangu sami dhateng tiyagn gangsal ugi mratelakaken awit saking malaratipun dados among anyukani pitrah petruk awit kuwasanipun amugn punika. Kyai kaum dheleg-dheleg hem apa ana jaman saiki, ana kaum kalah karo petruk estrinipun kyai kaum amurugi lajeng pitaken pundit dhwite pitrah empun ganep napa dereng, wangssulanipun kyai kaum Owis kacilakan ora bias ganep layake, dadi munggguh wong sawah padha dipagnan amamenthek apa ana nganti luwih wong limasing padha during pitrah, wangsulane saka ora duwe, barneg di surupake utang dumeh uwis pitrah petruk suwe-suwe rak tuwane ngelbak wong bakda bakda bae kok naggap wayanga nganggo di jaluki pitrah petruk enjabayanrima dhisik. Saking pamanggih kula nalar kasebut nginggil punika minongka tuladhanipun para kaum benjing malih bilih anedhani pitrah sampun ngantos kalayan peksan angengetana bilih ing ngatasipun pitrah wau pancen sidekah dumunung tiyang ingakng saged dene bilih wonten tiyang ingkang malarat sanget embok inggih sampun ngantos kapeksa pitrah arta sampun ngantos darbe panganggep bilih pitrah wau kasamekaken paos mila kaleresanget para tiyagn alit ing dhusun ingkang boten darbe

3 saserepan babar pian punika, angencengi ginemipun babasan ingkang kalantur makaten wong tani ora susah pasa salat anggere wis bias ptirah karo riyaya iya uwis awit pasa salate wis di songga kaum pitrah iku minongka opahe. Katandhan Jaka Pekir. ======\======Bubuks sekar gambuh, ulun kedah umasung panjurung,minongka pambadhe cangkrimanireki, mitramba candhikydeku, kang kula mrang pustaka wartos. Ongka tridasa punjul, dwi Agustus juge wu asthatus astha dasa juga cangkeiman baba paksi, mabur umencok pang kayu, nihan ing pamanggih ingong. Atu kathah nya manuk dereng kayuy wonten tri puniku, lamun nlingsir muhung nyuwun pangaksami, titi dhukuh ngukir santun Jaka Puja Subyakta ngong. Kang walgita sinalojeng taklim winawantugunging paahrgyan sayogya katura mring mitramba mas raramentrik sosotya di ing sendhang tretes sasampuning kadyaka, awiyos dhuh mas rara, dupi kula amaos serat sampeyan kang lumrang ign pustaka warti ongka 31 ing reh wantunipun tiyagn kabundhelan pambudi, tangeh sageda gnudari, malah sansaya aningseti, inggih leres wiraosan sampeyan masrara, sadaya wau among barkating pangraos ananging tapasthi amaton. Anggening para limpat jaman samangke andreng anirnakaken pangaran aran lalembat wau, ambok manawi ngagem wawaton kaanan utawi kanyataanpun kula ugi reka-reka tumut suthik ngangge pangaran waran wau, ananging anut grubyuk tan wruh rembak ing rehning boten wujud inggih boten wonten tur temenipun teksih tansah semang- semang, mila kaprelon sanget prakawis punika kula wedharaken ing pabaratan ngriki, awit kalimrahaning ngakathah, para sepuh punapa p malih para anung jaman rumiyin sami angangge pangarana, ninglalembat wau, saengga pinacak ing serat serat kakaranganipun ingkang sampun kawical adi, kados mas rara, sampeyan ugi sampun nate amaos wasana sampeyan angwastani bilih pangaran-aran setan punika tumuwuh saking panangen-angening tukang gemblung, dhuh wong ayu, sampun salah panampi, temah dados rengating panggalih, cekek tang, pun kula boten nedya nyulayani, mung angjak ambudi prakawis punika, bok bilih mas rara angayubagya, inggih ugir\ niring pahala, ananging tumraping dhateng pun kula estu bilih mahalani, kangge pamecahing kawruh. Ingkang kula gumunipunika, tiyang boten wonten wujudipun teka wonten namanipun, mila panginten kula, wonten wiwitipun teka wonten namanipun mila panginten kula, wonten wiwitipun utawi sababipun awit pangraos kula sadaya ingakng gumelar punika, mawi jalaran utawi purwanipun ingkang yakim yen ta tembunga, rak wonten wredinipun yen ta nama, rak inggih sipat utawa pratondhanipun ambok manawi saking limpatipun ingkang angwontenaken pangaran-aran wau, kalintu para ingakng anampi. Dhuh para dibya sanget panuwun kula, mugi kasahana ruwe, saha ambiyantu pambudi, estu prakawis punika pratistha ing panggalihipun para sarjana. Tasik giri tirta ping 25 Ramelan Pasemonign sangkala Nadyan tan wonten nging nunggal sarirajanma. Pun Jaka marsudi ======\======Bab lalembat punika kados angel pambengkasipun tumrapipun dhateng bongsa kula tiyang jawi, amargi saking kiranging sinau,mongka alit mila ingkang kapireng naming inggih bab setan kemawon, wontena tiyang sakit inggih dipun wastaki kasambet tiyagn kacegur ing mur margi saking kaplesed utawi margi malanipun dipun wastani diganggu sing tunggu sumur, sumongga ta kados pundit, ing sadinten dinten para rare pamirengipun naming makaten wonten utawi botenipun wonten lalembat saking pamanggih, punika kedah tumuwuh saking kenceng panggraita.

4 Juru gubah Dhuh para dibya kula nyuwun sih kawelasan ta, amredini tembung tembung ing ngandhap punika, sapele tumrapipun dhateng para limpat, nanging dhateng pun kula prelu, embuh ne sanget nun pangajeng-ajeng kula kadosta: Abipraya, sadu, santa, witaredya, merdu, jayawijayanti, sastraniti, sumbaga, sastracetha, kramaniti, nuraga, abramarkata, budiman aribawana, endraloka, janaloka, triloka, sampu namugn punika klayan sastra jendrayuningra punika ingkang pundit sarta wredinipun. Jaka Marsudi. ======\======Mintajarwa Saiba badhe agenging kabegjan kula, bilih para sarjananing bramartani wonten ingakng kasdu paring barkah bab panuwun kula jarwa kados ing ngandhap puunika 1. wontenipun angina saking punapa 2. wontenipunjawah saking punapa 3. wontenipun lindhu sakingpunapa 4. wontenipun jawah awu sakingpunapa 5. wontenipun grahana surya tuwin rembulan saking punapa 6. wontenipun lintang alih tuwin ….sarta punapa sababipun andhoking lintang wau teka boten kasumerepan titi

======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina15091881 Anungkul tumenggung PIk IN, senapati Skong ngagya, ingakng tinuduh putrane, kang anama raden Sik Ta, kalawan Sang Pok Guwan, kalih wus sumaos ngayun, sang Jibica gya nunurat. Pustaka sawusnya dadi, ngandika mring raden PIk Ta, kulup lumakuwa age,jujuga ing gunung Ting San surat ikiparingna, satriya kang wis meng gunung, arya KO Ing namanira. Dhawuhna yen suratmami, nanging aywage binuka, ngantenana lan mangsane, raden Ko Ing tuturana, iku surat pangwasa, dadi margane ing besuk rade Ko Ing suwtanya. Mring gust narendra siwi, lawn kapindhone iya, dadi marga panunggkule, si tumenggung Pik In ika, away ngateni sira, wedharing pustaka iku, Sik Ing sira waraha. Konen tugur neng wanadri, besuk yen ana satriya, arsaeng anganyut tuwuhe, sareona anggantung njongga, neng tengah wanawasa, si Kong Ing konen tatulu, satriya ywa kongsi pejah. Yata sadaya kang myarsi, dahad denya kagawokan sang JIbica pangwasane, deha murwani lampahan, tur gaib wigya buka, dadya sagung punggawa miwah kang para satriya. Samya temah denira jrih, mring panembahan JIbica, lawan ewah sumuyude,mring gusti narendra putra, sigra dyan arya Sita, budhala sawadya naming, kaakapalan nembang durma.

Kawarnaha enjang kang samakteng yuda, sira tumenggung PIk IN, tan uningeng warta, yen mengsah nya wus uncat, sasadaya minggah mring wukir, wus rakit gelar, munggeng luhuring ngardi, Ki tumenggung Pik IN sigra paparentah, mring sagugn para siwi, kinen samya minggah, sumedya ruket ing prang, gya tengara kendhang beri surak gumerah,budhal minggah ing wukir. Yata wadya ing ngarga dupi tumingal yen mengsah nya nginggahi, gya samya tinatas wau kang cinancangan gumalundhung anibani, wadya pangasa, keh mati kapalipis. Guntur sela kadiladhu datan kendhat, lawan wadya kang baris, munggeng ing palatar, samya lepasing panah, kadi jawah kang jemparing, paser gudebag, wadya tuymenggung Pik IN. Kasulayah tan kawawa yen tumanggah, giris lumayu gusis,

5 ki tumenggung mulat, yen wadyanya wus dhadhal ngandika mring para siwi, lah kaya paranb, tan bias munggah iki. Wadya bala wus keh longe kang palastra, pikbun umatur aris, tan kenging punika, lamun kasesa-sea, yegti wadya tumpes tapis, dinten punika prayogi den unduri. Benjang –enjang minggah malih lawan akal, pinaju kanan kering, ywa medal ing ngarsa, kathah cancangan sela, wau kawula tingali, ig kering kanan, tan wonten den cangcangi. Estu gampil benjang enjang lamun minggah, yata tumenggung PIk IN, wus aken tengara, anunduraken yuda, gumuruh tengara muni, wdya wus bubar, among tumenggung PIk An. Lan pra putra undurira lon-elonan, wus masanggrahan sami, ing dalu bujana, ngiras apa guneman, ngandika tumenggung PIk In, ing benjang enjang kang dadi karep mami. Si Pik BUnlong keriya tunggu pondhokan, lan sabature sami, away milu aprang, tungguwa barang barang, yena naming suh dahteng I, arep anjarah, barang sangu kang kari. Aja lawan nuli nabuha kenthongan, lan ngunekena sami, mrecon gedhe ika, ingsun annuli prapta, anadhahi ing ngajurit, mring mungsuh cidra, dene ta putra mami. Si PIkbupah sira munggaha mring ngarga, metuwa songka kering, kang metu ing kanan, PIkbun sasabaturnya, ingsun kang dhadhani baris, anaing tengah, nanging tan munggah wukir. Wusnya dadi sagunge ingkang rinembag, yata nalika enjing, tengara wurahan, praputra sampun budhal, mung PIkbunlong magsih kari, pinoma-poma, away ngelirken weling. Nging PIkbunlong ciptane salah panompa, anyana den kilani, marnag ingkang rama, lan banget denyangina, yenngucapa jroning batin, ingsun kang tuwa, tan pinarcayeng jurit. Destun temen si PIkbunlong kari apa, padha sutanign pik In, andaddekken ina, iya ing benjang- enjang, lamun anam mungsuh prapti, sun pethukne prang, kuneneg datan winarni. Kang winuwus kang sami minggah ing ngarga, duk prapta ngandhap wukir,lagya tata wadya, wuwusen sang JIbica, kang sampun wis kitheng batin, tan kasamaran, gunemeng mungsuh uning Pwnembahan JIbica aris delingnya, eh yayi senapati, ing rembag manira, mangke yen mengsah prapta, sampun andika wedalin, mung den supriha, dangu denira jurat. Kawularsa darbe gelar sisimpenan, yata ssang senapati,mangastuti sabda, inggih mongsa boronga, kawula dermi nglampahi, wus sinung undhang, wdya kang munggeng biting. Sang Jbica sigra matur mring pangeran, Teh Po angger suwawi, paduka tindaka, tumurun medal wuntat, ywa uning tumenggung PIk IN, lampah paduka, jujuga pondhok ugi. Pasanggrahan mengsahjeng paduka jarah,barang sangu den enting, yen wonten kang tengga, paduka tan dangana, lan angge begot acanthi, pun gogimacan lawan pun arya Li Cin. Pangran The Po ska lan mangayubagya, sigra wus marentahi, kang sami binega, wus rakit nulya budhal, gagancangan medal wingking, tan kauningan, denign kan gmungsuh sami. Pranteng ngandhap pangram laju lampahira, semana sampun tebih, gantya kawuwusa, tumenggung lan praputra, kang sami minggah ing wukir, laju kewala, tanana kang nadhahi. Kngsi prapta pareg beteng luhur ngarga, samya kendel tan bangkit, klamun kalajenga, wit kadhangan ing jagang, lan beteng kandelan sipi, pintu nya tosan tan keni den wadungi. Ki Tumengung PIk IN aken asusumbar, mungsuh edi men mijil, nanging data nana kang mijil ing ngayun asusumbar, mungsuhe dimenmijing, nanging data nana kang mijil ing ngayuda, temah kakuarsa bali, duk arsa uncat wdya ngarga kaegsi. Taksih wonten candhakipun.

6 Ongka 38, Kemis kaping 22 September 1881

Kanjeng pangeran Ariya Adikusuma, rayi dalemingkang sinuhun kanjeng Sultan ng Yogyakarta atilar donya. Ing mangke bawah ing Semarang tuwin ing Surabaya kathah tiyang sakat panas saha sakit kolerah, ngantos sadinten dinten kathah tiyagn tiwas sarehning sasakit kalih wau kenging kayektosan mangsanipun andhatengi, inggih punika ing mongsa panas ingkang anuwuhaken wedaling wowohan pramila bilih angatos-atos para tiyang prasasat sampun anyenggah sasakit wau tanpa usada, liripun ing mongsa panas para tiyang patrapipun sami angangah-angah, saweneh wonten ingkang boten ta andhateng sumukipun lajeng adus ing sawancen wancenipun wonten malih anedha ingkang seger-seger, kadosta: lotis rujak samongka, nanas sapanunggilanipun pancens ampun wancenipun anedha, inggih pilaur ajajan saoto, angombe cao, toya wantahmawi kacamboran setrup jeruk asem utawi angombe dhawet sadaya ingkang tumrapipun anyegeraken dhateng badan patrap makaten punika saestu anuwuhaken sakit wau, bilih tiyang adus ing samangsan mangsanipun punika amring nuwuhaken sakit pilet watuk mawi kagilut ingpanas mongka lakar mongsa panas lah sinteningkang saged tahan tiyang angorong lajeng angombe toya wantah, utawi anedhi wowohan ingkang seger-seger, ingkang pratelakaken ing nginggil wau, mongka padha aran kothong punika saestu anuwuhaken sakit weteng, terkadhang lajeng kemawon katrajang ing sakit kolerah, ingkang bilih boten katututan usada inggih saestu andadosaken tiwasipun kalihan malih tiyang gagriya kedah resik pawuhan sampun ngnatos angmbuk ingkang saestu badhe anuwuhaken gondabacan toya reget sampun ngantos mambeg punika inggih anuwuhaken gonad banger, sadaya wau ingkang angsring anuwuhaken sasakit ingkang saestu aniwasaken dhateng tiyang, pramila kula asumela ingngabyantaranipun sert punika, pamuji kula mugimugi wawelingkula ingnginggil punika kagatosna, embok bilih tumuwuh saking barkah allah para tiyang sami tebih ing sasakit kakalih wau Katur ing wulan sawal ping 24 Pasemoning sang kala Maletiking captaka lawan yekti: pun Arjasarira.

Surakarta Nembe punika kula angleresi dhateng Klathen badhe tuwis dherek kula, sareng udhun kula saking kareta api, ing ngriku kula sumerp bilih kanjeng tuwan residhen ing Surakarta ugi tedhak ing setatsiyun ngriku saha kthahpara tuwan tuwan ingkang sami methuk kula lajeng witanglet dhateng sadherek kula, menggah sartanipun kanjeng tuwan residhen wau, sadherek kula sanjang manawi tedhakipun kanjeng tuwan residhen badhe dhateng gayamprit badhe mirsani luku api gadhahanipun tuwan Barput sarehning kula dereng nate sumerep menggah warninipun luku apiwaur kula lajeng anggatosaken aningali, sak dumugi kula apanggenanipun sabin ingkang badhe dipun luku wau sareng kajeng tuwan residhen kadherekakenpara tuwan tuwan sampun pinarak wonten ing tarub ingakng pinajang pajang ing tutuwuhan saha rinengga rengga ing gogodhongan tuwinjanur kuning, punapa malih kapasangan bandera tuwin lelayu umbul-umbul ing saklebeting tarub ingkang saestha pasanggrahan wau, mawi pililir gula kalapa, saha ing ngriku mawi kasukanan gamelan pelog tuwin slendro,ingakng swaranipun angenganyut manahipun ingkang sami ningali, oten antawis dangu luku api lajeng kalampahaken wondening lukunipun jejer gangsal sak kalangkugn ageng, lampahing luku wau sarana katarik kaliyan rante, mawi lokomotip kakalih, ingakng agengipun sami kaliyan lokomotiping kareta api, kekahthen bilih

1 kula terang kapatrap-patrapipun sadaya o saestu bilih ngeram-eramaken inggih punika saking lebeting siti ingkang kenging kaluku wau wonten saking 2 kaki langkug, sareng jam 11 langkugn sakedhik kanjeng tuwan residhen lajeng kondur, sakng kathahing titiyang ningali ngantos jejel uyel-uyelan. Katandhan Jaka Balaka

Magelang. Dinten riyadin bakda Siyam punika, jam 5 enjing, sampun umung swarning pradongga kabupatn pratondha bilih dinten riyadi, kakinten jam 5: ½ ening para prayantun sabawah kabupaten Magleang sarta bawah kabupaten Temanggung, sampun sami angalempak wonten ing kabupaten amangangge cara kaji, sareng ingakng bupati saha mijil saking dalem sampun amangagem agem ageman kados pagnanggenipun tiyang bongsa Arap lajeng sami manjing ing masjid kairing para prayantun sadaya, sembahyang riyadi, ingakng bupati amaos kutbah, jam 6 ½ enjing bibaran Jam 9, enjig ing ngalun-alun sampun umyung swaraning pradongga mugang, miwah titingalan snesipun para pryantun patih sapangandhap sami kalempakan wonten ing ngalun-alun amangangge ageng, jujug ing griya ingakng dumunung wonten satengahing ngalun-alun kasebut siti inggil para pangagenging dhusun sakalerehanipun sami dumunung wonten ing ngalun-alun sami anumpak kapal sareng watawis ½ jam ingkang bupati amijil ing pandhapikalayan ingkang bupati ing kitha Temanggung, sampun sami amangangge ageng, para prayantun ingang sami sumewa wonten ing siti inggil wau sami katimbalan majeng dhateng pandhapi, sasampunipun anglempak lajeng bidhalan dhaeng dalem paresidhenan ingakng bupati kakalih anitih rata, kaayab para karerehanipun patih sapangandhap para lurah dhusun anjajari wotnen sangajenging rata anumpak kapal kaurmatan swaraning pradongga, sadumugining dalem paresidhenan ing ngriku kanjeng tuwan residhen saha kanejgn tuwan asisten ing kitha temanggung kalayan tuwan tuwan sanesipun sami amangangge ageng sampun lenggah, ingkang bupati sapanekaripun lajeng manjing ing dalem paresidhenan sasampunikpun atata beyan ingkang bupati kakalih sami alengggah kursi, patih sapangandhap samilenggah ing ngandhaap ing kang bupati lajeng matur ingkang jeng tuwan residhen bilih ing dinten punika banda siyam dinten agengipun tiyang jawi, pisowanipun ingakng bupati sakarerehanipun angaturi wilujengipun kanejgn tuwan residhen sagrwa putranipun sarta para tuwan tuwan sadaya, kanjeng tuwan residhen amangsuli tarima kasih, lajeng kaparingan segah wedang sasampunipun waradin lajeng kaparingan segah unjuk unjukan setrup kalayan toya walandi, amargi para priyantun jawi sabawah paresidhenan ngriku boten wonten ingakng karsa ngunjuk janewer sasaminipun ingkang pancen dados awisaning sarak agami Islam sawatawis ejam dangunipun ingkang bupati sapanekaripun lajeng bidhalan dhateng dalemkabupaten paurmatan kados nalika tindakipun. Kinten jam 10 siyang kanjeng tuwan residhen kadherekaken para tuwan tuwan sanesipun tindak ing dalem kabupaten anitih rata kaurmatan swarning prdongga ingakng mawantu-wantu, sadumugiing dalemkabupaten ingakng bupati sapanekaripu sami urmat kengser saking palenggahanipun lajeng atata beyan sasampunipun alenggah kanjeng tuwan residhen lajeng amangandikakaken paring wilujeng dhumateng ingkang bupati kakalih, sagrwa putranipun saha paring wilujeng dhumateng para priyantun sabawah paresidhenan kadhu sadaya, lajegn kalarihan unjuk unjukan kajeng tuwan residhen lajeng kondur dalah tuwan tuwan sadaya, paurmatan kados nalika tindakipun.

2 Sakonduripun kanjeng tuwan residhen para priyantun lajeng sami angabekti panjenenganipun ingkang bupati urut kalenggahanipun sasampunipun kaparingan bojana, kinten jam 2 siyang, sami bibaran. Bawah kabupaten Magelang wau ingakng andadosaken kasenengan pranataning dhusun sarta margi ageng, awit sadaya dhusun tamtu kapageran sela mubeng, inggilipu n10 kaki, sapinggiring dhusun waradinan ageng, wondening ing galem sadhusunipun among kadhunungan konten kalih, satengah ing dhusun ugi waradin ageng, mila kareta bendhi sasaminipun saged malebet ing dhusun. Pranatanign pulisi ugi katingal kenceng, tiyang salebeting dhusun sapinten acahipun tiyang jaler, kabagi 3 ingang kali bagiyan saben dalu anjagi wonten griya ingakng dumunung korining dhusun gantosipun bilih wonten tiyagn nedha kori sumedya malebet ing dhusun sasampunipun jam 8 sonten tiyang jagi boten kalilan amengani, ananging kedah lapur panggenging dhusun ngriku supados katrangaken. Ingkang kabagiyan kapatah anjagi gilir gumantos dumunung ing griya pajagen ing satengahing dhusun ingkang pinatan gerdhu moncetan tiyang jagi wau kawastanan rundha thethek awit ign sadalu dalunipun boten kenging tilem anangin gkedah mubeng ing sadhusun wau rambah ping gangsal sarwi ambeta kenthongan kathethek anggugahi sadaya tiyang ingakng tilem. Bilih salebeting dhusun wau wonten babaya kados ta sawenehing griya kalebetan durjana, mongka sarananing durjana angemperi medal ing kori punika tiyang kajagi kori kajibah angupados katrangan durjananipun wondening tiyang ingang griyaninpun kalebetan durjana mawi kapriksa punapa ing sadalunipun wau sampun kagugah denng rundha thethek rambah kaping gangsal bilih dereka gugah rambah ping gangsal saestu tiyagn kang rundha thethek kaukum. Sadaya pangagenging dhusun kapatah rundha golongan amariksa tiyang kang samijagi ing sadalu dalunipun bilih sampun pamriksanipun rundha golongan wau lajeng samikendel wonten ing griya ingakng dumunung sajawiing dhusun kawastan gerdhu parundhan enjingipun para bekel rundha golongan anglapuraken dhateng asisten wadana ingkang ambawahaken. Bilih ing dalu wonten babaya, punika para tiyang dhusun angggenipun tandang kawatesan anglempak wonten sajawiing dhusunipun piyambak kadunungan tenger kajeng, dados boten kenging malampah angggenipun tandang anglangkungi watesanipun wau, mila patraping raresah samangke kathah tentremipun. Magelang kaping 20 wulan Sawal warsa JImakir ongka 1710 Jenal Ngabidin.

Panjurung Sasampunipun kula amaos pustaka warti panjurungipun sayid Rum wingking angocapaken lalampahanipun kaji kasan makjun anggenipun sampun purun-purun anelasaken arta wakab masjid ing Bayalali, sakamantyan andadosaken pangunguning manah kula, inggih talah dene anggenipun sampun eklas dhateng kajinipun mongka salebetipun wulan siyam ingkang kapengker, kula ngantos sawatawis dangu angggen kula kempalan kalayan kaji Kasan Makjun wau, wonten ing kampong kauman sarwi ambekta serat idera malah enget kula sakedhik kula inggih sampun amanjurung, ewadene bilih panjurung kula wau sampun kadhahar kaji Kasan sarehning eklas kula wakab dhateng masnjid Bayalali, kula ingggih sampun rila ing donya praptengngakirat ingkang anuwuhaken raraosaning manah kula punika amboten wonten malih dene saking panawang kula kaji kasan wau kok katingal sampun …temen kados sampun kenging kaandel ing darajating piker, hem dados sampun katela donya punika sakalangkung ageng bawanipun kala samanten sampun darbe

3 panggraita salebetipun kaji kasan amoncdhok wonten ing kampong K anggenipun tutumbas pangangge iwuk kimawon sarta ingkang katumbas wau boten angemperi pangagnggening kaji, kados ta tumbas dhuwung, sinjang sawitan, erloji, sarta lajeng kesah dhateng Samarang, sadumugining samarang amain kareta, gledhag-gledheg boten kendel sedela, lo, anggepipun kok kaya pitik trodnhol saba padaringan upami boten lajeng kagesah eh, saiba lenmune, kayake suwiwine nganti ora katon ananging samanten wau kula amboten sumerep piyambak among pawartos kemawon ewadene ngalaualam. Katandhan Pangindhung kauman. ======\======Bilih saestu kados ingkang kasebut panjurung punika, tuwin panjruung ingkang sampun kapacak kapengker punika, gumun sanget dene pun kaji Kasan boten katarik ing pangadilan sanadyan piyambakipun amastani yatra panjurung kakolah, ananging bilih boten apasah punaa inggih kenging, bilih makaten tiyagn amandung punika inggih boten wonten kukumipun Jurungarang ======\======Kula sampun anmpena panjurungipun mitra kula, bujakirana ingkang anggancaraken cariyosipun jaka Isaka saking Banisrail minongka wangsulan dhaten gpitaken kula, bab ing watonipun cariyos wau, kula sampun sumerep bilih pamethikipun ariyos wau saking serat pustakaraja, ananging ing ngriku ugi boten dipun genahaken wawatonipun lah punika ingakng badhe kula sumerepi.

Panjurung Karya kagyating wong mudha, bawah ing Klathen nagari, dhusun Methukwatanira, duk rislasa pon kawuri, pu l gangsal kang wanci, wonten juga janma dhusun asanuweni sawah, sabin sajawining desi, mandhi pacul tan parowang aleledhang. Praptaning sabin tumingal, toya ning kalen kang maksih, mambeg tans aged lumampah, dadya ing ngandhap kang sabin, tan saged angsal warih, dadya ing ngiloken gupuh, wusnya mili toya, mring ngandhap lumampah ririh, apan kadya metutken lampah ing toya. Lampahnya wus prapteng ngandhap annuli maculi malih, tan wruh lamun woten singa, tutul lagya nginum warih, wotnen kananireki, tanwruh eca genya minum, dangu-dangu miyarsa, mring janma culi warih, gudandapan arwanubruk saking wuntat. Janma kang aneng kalenan, apan arsa tinubrukan udani, miyarsa swaraning ranu, kacopakanira, gya tinolaeh tan wruh yen sima sanaut wus prapta ing ngarsanira, kalangkung gugup ping galih. Tinubruk giwar malumpat praptea inggil dhegdhegan denira jrit ah konca, tulung tulung, tulunga bana macan dangu dangu denira anedhi tulung, kapyarsa ing rowangira, kang ana nglebeting desi. Gugup anyandhak gagaman pansa ingga arsa medali jurit ana ingkang mandhi pacul ana bekta garanggang, kang saseneh anyangking arate bunting, bendho lawan pedhang ligan warna warna gamaneki. Kang saeneh ana janma, langkugn denign santosa ageng nginggil, saking gugupireng kalbu, datan angsal gagaman nulya marang ing nglesung abandhak alu, cinangking medal sing desa, arsa tutulung mring sabin. Tinon langkugn pantesira dhangah dhangah sarwi alu cinangking, lir ing nguni purwanipun sang prabu Baladewa, srimandura duk krodha sangrepuk saytru, lir mangkana esthanira, ingkang tutulung mring sabin. Wus prapta inglampahira, panggenan simoneng tengah sabin, kang singa sampun kinepung, saya kathahkang prapta, janma saking ler miwah kang saking kidul saking kilen saking wetan miwah sing Klathen nagari. Gagaman bedhilan tumbak datan kanadene tungkehing jalmi, ing wuri maksih gumrubyag wurahan datan

4 kendhat sareng prapta suraking janma gumuruh,kadya maneker bawana, lir pendah ngrubungken wukir. Suraking janma kang ngepang, wanti-wanti tan kendel anyuraki, sang singa akalangkung bingung, ngidul ing lajengira, den suraki ingkang ngepung wonten kidul, nulya mangalerwangsulnya, apan sarwi kempis-kempis. Kang ngepung ing ler anyraktur prayitna mapag gegamaneki sang sima esmune takut miyat gagaman ngrangap mundur mundur lampahipun arsa wangsul ngisek parekan gama kang ngemung samya nyedhaki. Duk mengo nulya tinumbak, saking kidul kagyat karaos sakit tumbakipun kongsi bengkung, sang sima julalatan langkugn krodha bekos bekos arsa naut tinumbas saking ing kanan bingung krodhane mawerdi. Anggro kang bumi lir kontrak anarajang marang baris kang tipis barisadhal mawut mawut tinon pating salebar, weneh anama lumpat ongsi kacegur, ing kalen kang isi toya, kathah solahing sujanmi. Weneh ana kang lumajar, datan enget marang gagamaneki, saking mirise andulu, myarsa pagroning sima, baris ignkang datan tinrajang angepung, bathethak wus datn rengang, sareng surak swaranya tri. Wus pek ingkang angepang, lawan sima kang wonten tengah baris, anulya ngrocok sadarum, saking kering myang kanan, miwah numbak saking ngasa tuwin pungkur, sanga singa agulintingan guladrahan aneng siti. Tangi malih nampel tumbak, sarwi anggros waranya gigirisi, kathah tumbak ingkang putung, kasampe dening ngasta, kumarapyak kumrupyak ing swaranipun kathah puputungan tumbak, krodhaning ngasta tan sipi. Ana sawijining janma majeng numbak ngenani jajaneki, sang singa aniba gumebrug, saya nyelak kang ….., wenehana garanggang kinarya mukul, kenieng sirah kapisanan, kathah polahing sujanmi. Ana ingkang kiprah kiprah ana sarwi gedhigi lawan arit, , weneh ana ingkang alu, kang samya amrih pejah, maring sima, sayaktine sampun lampoon, witsirah, kenging garanggang, rinubung sakehing janmi. Sangsaya kathah kang prapta, jalu estri kang sami niningali, seseg sumeseg arubung, saingga garebeg dal,sing kathahe janma ingkang sami dulu, ingkang sima tinalenan wus den erut ign tetali. Ginotong mangilen paran, sabanjure tan unin kang darbeni, ingkang ningali saarum, wus mantuk sowing-sowang,mring wismane Hyang ngarkapan,sampun surut, yen tinon apandhan pandhan, kang mantuk saking ing sabin. Titi wedharing pustaka, nywyun pamit lamun wonten kang sisip, para sarju nanggung agung, mugi kalerese, kang satuhu taman mumpuni ing kidung, mugn saking sukaning manah, tuwin kesauwa nulis. Tan ketng asemplah semplah, sanadyan ta datan dhawah ing dhongdhing, saking adrenge ing kalbu, lalu pratistheng serat, wulan sawal anuju tangal rong puluyh, jimakir, sangkaleng warsa, boma iku ngesthi medi Mlinjon katandhan Nitisudibya. ======\======Candhakipun serat purwa:Krimataya Wus mamateng kunjuk ing tata, nata dugi sama ing wadya, suka kawratan betane, sasegah sru lumintu, wuriris masih anggili sribupati kalihnya, parentah mamundhut, brana bektan sing praja, kakucah keningjama padesan sama, dahat mawijah-wijah. Wus mangkono budhal sribupati, kalih ngilen tansah kadang warga, nedya mariksa dhepoke, wipraja kang kasuhur, den ta dahat waskitheng wisthi, indhaning tyas begsan ta, sanityasa tyas rum, rumongsa mongsa wus aprak, parek wiku rarasan titasing pati, titi kanthi mamekat. Bagawan Yudhistira Rum, umatura kanresnaji, leres ingkang saka Kendra, meneka tukul manawi, midho dhadha ing delahan, antuk panistha ing lalis.Sri narendra Kresna, matur tapan yaktinta ri aji, yekti wus dungkap utama, pamarsudeng patitatas, tangeh kewrtan ing pamet rat, bathara sapati urip.Riptaning gugunem elmu, mung sasamben mrih pakolih, pagalih kanang pamet rat,elira waswas silalas, waspadaha ing panyipta, ywa rubantinirgamani. WErkodhara myarsa jetung, jibeng osik ing regalih,

5 dhuh-dhuh kadang kadangingwang, mangkono idhepe sami, mindeng taman panggraita,dadya waspanya dres mijil. Sabab kadang selang senggguh, gugah tyasa sambat kaki, tuna manganan ken rama, teka nyaleweng ing pati, paran pakarti prunita. Mrih maharsi during pasthi. Ing Patimeksih mangaup, tan wruh jenenge pribadi, dadya prabu Kresnakagyat, kang rayi sinapa aris, yayi pagene udrasa, paran kang karo sengati.ARya senaris sumaur, udrasaning wang kakaji, ngrendhem kodhenging wardaya, paran tugging muksa benjing, jinati jati ning sedya, kang sinedya during pasthi. Bathara ARimurti muwus, dhuh arikintaka kelir, lire wus ana pun kakang, kyehning kadang musiriri, kang waskitha isthaningrat, ratu batin badan dasih. Sihing cipta wus kacakub, kinrukub brukut adhamis, panuksmaningkang panunggal, anggal alumung sirarang, rarasing rumaupetan, tanpa tuwas wus ing pati. Napon bok mangaken luput, kalimputaning pangesthi, estha masih badan titah, katetehna kirang titi, sonyaning kawruh tyas ara, mila muhung jeneng tari. Rinaraseng tyas cukub, naca kunjamaning pati, dadi kantaka dangiwang, mamoring kang rahsajati, jatining kang kasunyatan, umyat saluguning ngurip. Urip sajati wus puntu, arya WRekodhara myarsi, lingira kang nambung sabda, yaka kang tuhu ning pati, cacat lamun kawedharna, nalutuh tur songgarugi. Jer maksih katamengkahan, kayuyun yuning malatsih, susah minongka dirgama, ing patitiba tan dadi, dadarenca kaning pejah, kajadah jajal nalisir. Sirnaning wujud tan kurub, arep parepa katampik winilih taman tumama, mamunah musuh ing pati, pantakane during teka, kasidan adamingnguni, panjang manawi kawuwus, pamuwus wawasan lalis,kanang samana laju, ing tindak sawadya atri, paring wukire wataka, taman winursiteng margi. Dumuli padaning sunu, kocapa sang maharesi, kaanng begawak waktrika, nguni sampun anampeni, samineng ywayun tamuwan, ratu gung wiseseng bumi.Sigra tumurun mamethuk,marang sasukuning ngukir, ing sasolah ragan ragan, raga wajah martandhani, suka ngigel santi jaya,jaya asangayun prapti. Manadukara gondarum, rumaras sawuring sari, rirising samarga-marga, panjah mratani saukir, nahan srinata kalih kang lumaksa lan para ati. Dahat mangu ngungak ngungun, panjrah sumapuring mari, taman watara kapyatan, sang wipraja yeng kang prapti, gupuh gupuh ngabyantara, ning sang bathara Arimurti. Sigra ing ngasta sang wikum kinurmatan kinen lingggih, maha wiku ki kipa, alongsa amangenjali, sri bathara kresna meksa, sasana wiku nuruti. Wusnya namu doneng prabu, wiku wrakti kang ngaturi, nata leksaneng pratapan, sadaya lajeng lumaris, kering sang resi waktrika, sugata yayamamintir. tTirta wowohan sarwa rum, sutanira sanglir sari, maksih Kenya yu utama, mamalat laladi ngarsi, saha entheng garwanyangsang, wiku milya aleladi. Sri narendra suka ngungun, denira sasaneng ngukir, ngrewataka saha wadya, kang caryan miyat maharsi, wasesa sungsuke nata, nirit nora ga ngraketi. Taman manggonda yen wiku, wekel atanduk dedasih, yata mangkona sang tapa, umaturing sribupati, dhuh-dhuh hyang hyanging kanangrat, misesa mesining bumi, Nugraha geng kang dhumawuh, kawahyan nedhak kidasih, gusti ing dhepok kawula, paran kinarsa ing gusti, dentun samun sepi samara, kang pinangih agring wukir. Ulun sidhem surya dhawuh, waranggana saha sasi, mungggeng kanangrat sadina, paran sayogi kapeksi, dhuh bathara kang tinitah, amupuni ing sabumi. Mugi sampun kirang digung, absamanireng kaswasih, sripadmanaris mojar, dhudhuh kadang ong diyogi, yogya ywa sandeyeng nata, nalisir sru sisip mami. Rasa kapotangan tuhu ugyantatanta amraki, tuhu sru manira trima, muga kawalesa benjing, ing kamulyan kang utama, wuwuha swargalinuwih. Sang pandhita damanuhun, sumujud kojem siti, sri KResna malih manabda, dhuh wruhan ta sang maharsi, mila sakadangoprapa, sumengka amraksang resi. Wasesa sasana ngrungu, warta ingkang ngarcayani, deka wangwang sasedya, dukmunggeng watita nguni, ana jama warga singa, dupi wus sun ruwat dadi. PUlih janma warnenipun,

6 samu aturira sami, awit purwa wasananya, pakarti wus karteng bumi, mila tinemah ing salah, lalu sira kang matrapi. Taksih wonten candhakipun Semangtri.

7 Ongka 39 Kemis kaping 29 September 1881

Surakarta Kala wau dalu wanci jam pitu puytra dalem kangjeng pangeran ARiya akraningrat aseda menggah anggening gerah sampun antawis lami.

Serat kawat ingkang mentas katampen saking Eropah angwertosaken bilih wonten baita kabeskup ingnagari, awit kawawratan dhinamit ingkang pancen badhe kadamel anyedani, panjenenganipun sultan ing Turki. Dhinamit wau ewonipun sandawa, ingkang pambaledhosipun sanget adamel karisakan kacepengipun baita wau wotnening sungapan saganten Bosporus ing satepinipun kadhaton Istambul pramila sampuna ngantos kadengangan saiba karisakanipun kadhaton wau. Benjing wulan Sura ngajeng punika wartosing kadhaton Badhe wonten pasamuan ageng, supitipun Panjenengan Dalem kanjeng Gusti Pangeran Adipati anom. Kula angaturi kabar aneh, ing dhusun kopat, sawetan dhusun ing Tulung wonten satunggal tyang wasta pak Dhileng, prenah griya wonten sangajengipun raden Demang Jaya Armaja ing Kopat punika gadhah lembu satunggal estri meteng, salajengipun sareng manak buntutan pamargi sasuker, dalasan underan kemawon sepen dados manawi badhe botenboten medal ing kwadonan Kintunan. Kala kaping 18 wulan September punika, ing kadhestrikan Karang Duren kabupaten Sragen wonten rare amanggih sangsara, jalaranipun makaten anakipun jaler Kertadongsa watawis sawek umur 10 taun nama SArima, nalika wancijam 4 sonten anuntun kapalipun saking pangonan badhe kabekta mantuk naming dhadhungin gturongga katangsulaken ing bangkekanipun sarta ing samargi-margi kapal tansah ginebugan sanadyan ingkang wau kebluk ewa dene nalika samanten turongga medal kanepsonipun ambandhang, dados pun SArima dhawah saha lajeng kalarak-larak ing kapal mila badanipun babak buyak sarta sirahipun pecah, katanggor tanggor ing sela, mengggah tebihipun anggening anglarak wau wonten saking 445 kaki, o duparatemen lelampahanpunika kok ngntos boten wonten tiyang kang nyumerepi. Kiriman. ======\======Rencangipun Kramamenggala bebekel ngiras jagal ing dhusun Dongong, kadhestrikan Karangduren kabupaten SRagen kala kaping 23 September angon maesa 6 iji wonten ngara-ara ingkang boten tebih kaliyan dhusun wasana boten watawis dangu wonten tiyang dhateng kathahipun 6 ii, saking bawah mangkunagaran sami bekta serat biwara, anitik dhateng maesa ignakng dipun angen wau, sarta tiyagn lajeng pitanglet dhateng rencangipun kramamenggala, sinten tiyang kang gadhah maesa punika, encangipun Kramamenggala prasaja, bilih maesa punika gadhahanipunkrmamenggala ing Dongong, mila tiyangingkang angen dalah maesanipun kairid mantuk dhateng griyanipun Kramamenggala, tiyang 6 iji wau sami angiringaken wonten ing wingking, sareng dumugi ing griyanipun karma menggala, maesa lajeng badhe dipun kandhangaken naming tiyang 6 iji sami boten suka, kajengipun maesa kadekek ing nglatar kimawon nalika sawek diya diniya, kramamenggala dhateng saking jagong, sumerep bilh maesanipun katitik ing tiyang, sanalika lajeng bramatya, amisisuh sarta anyumbari dhateng tiyang, 6 iji wau, mila kalampahan tiyang 6 iji lajeng sami cancut angembuli dhateng Kramamenggala, sanadyan tiyang satunggal kinarubut nem ewa dene Kramamenggala boten kewran tangkeping poncakara, kados gathutkaca kinrubut ing sata kurawa,kathah ingakng

1 sami kabranan naming tiyang 6 wau ingkang satunggal lajeng amendhet alu, Kramamenggala karpajaya ign ngalu cengelipun rebah sumungkem ing kisma kinakahan saha rinoban ing dedamel waneh wonten kang nabokane pahan jejegi, dhadhanipun kaogrok ogorok ing dhuwung, terus ing walikat, Kramamenggala dumugining pejah. Trenyuh saranduning badan sanadyan ing wanci siyang, tiyang ingakng tandang dhatengipun srenti sarta dangu, mila tiyang 6 iji wu, ingakng kacepeng naming 3 ingkang 3 los lumajeng boten saged angsal lacak wondene kawontenanipun maea, 6 iji wau, inggih temen maesa peteng Kiriman ======\======Cariyosipun SAyid Abusabar ing jaman Kina Ing nagari Rum wonten sawenehing dhusun isinipun tiyang kinten-kinten wonten sewu, satunggil tiyagn saking sewu wau nami sayid Abusabar, sakelangkung mutalim utawi saleh, watekipun narimah ing satitah, boten kendhat tapabrata, kencenging ibadahipun ewa dhumateng kabingahaning dunya, punika dipun anggep kamisepuh dening titiyang ing dhusun ngriku, dipun suyuti sarta dipun ajeni, kasudarmanipun sayid Abusabar nalika dereng manjing kasucen boten ngemungaken dhateng tiyagn salebeting dhusunipun kemawon malah malah kantos mashur dhateng dhusun sanesipun. Satunggil dinten kacariyos ing dhusun ngriku kadhatengan utusanipun sang raja ratunipun ing nagari wau, mundhut bulubegti kados ingkang sampun kalampahan ing saben kalamasa, sareng duta raja sampun rampung prelunipun lajeng wangsul dhateng nagari malih, ananging wonten tiyang satunggil saking sakathahing utusan wau ngantos anindakaken saka makama, sarta ansah adamel onar, kantos andadosaken kanepsonipun titiyang siti, wasana ingkang sami katandukaan patrap ing sawenang- wenang wau sami ayon anyirnakaken kiyanat kalampahan dipun pejahi. Lampahipun duta raja saweg dumugi saantawising kitha, sareng angsal seserepan bilih kancanipun kantun dipun pejahi, saeneh ing tiyagn wonten ingakng niyat mangsuli, wonten ingkang gadhah pamanggih prayogi kaaadul-adulaken sang prabu, gelenging rembagipun lajeng mantuk dhateng nagari, dumugi nagari mare king sang prabu, angaturaken palapuran aking kawontenanipun anggening anglampahi ayahan dalem, anangng mawi gadhah atur amadulaken kancanipun satunggil kapejahan denign tiyagn ing dhusun wau. Sang raja dhasar wtekipun kagetan kredyat dene utusanipun wonten ingkang amanggih tiwas, tanpa titipariksa lajeng amatah pungggawa sakarerehyanipun sami dikakaken wangsul anjarah-rayah tuwin amlaksana dhumateng tiyang dhusun ingkang sami gadhah dosa wau, karsanipun sang prabu boten lepat, angukum dhateng titiyang ingkang mejahi utusanipun wau, kantos titiyang ingkang nandhang palsana memelas, sangsara utawi kaesi-esi sanget. Titiyang ingkang kasangsara mesgul awit sanajan mejahi tiyang, sami rumaos taksih dereng dosa, jalaran saking agenging pidosanipun tiyang ingakng dipun pejahi, angicalaken tata tentreming jojodho mila lajeng sami angungsi dhateng griyanipun sayid Abusabar, wicantenipun kyai anggen kula sami katiwasan awit saking dukanipun sang prabu punika, kula gadhah panginten sang prabukenging pambangusipun abdi ingkang druhaka, mila pamanggih kula sakonca, boten wonten marginipun malih kajawi kula sakonca ngungsi dhateng jengandika, sarta kula nyuwun sanjata pitulung, supados tuwan kadugi anglarapaken sowan kula dhteng ngarsanipun sang prabu, prelu kula sakonca among badhe angaturaken urus: wangsulanipun sayid Abusabar, kula nyuwun pangapunten sampeyan sadaya, amargikula boten saged dugeni kajeng sampeyan awit menggah ign kulakedah among narimah ign satitah, jalaranipun rumiyin kula sampun ngunjuk toya sabar, mila saben

2 saben wotnen prakawis ingkang dhumawah ing badan kula, kula sampun boten gadhah budidaya malih, kawontenan kula among sabar, mongka sampeyan kedah urus kula nymanggakaken menggah ing sampeyan Bdhe wonten sambetipun Katandhan Kyai Ajar Ngabdul Padail

Katur mitra kula sang Jaka Subyakta Menggah serat sampeyan ingkang tumrap ing Bramartani ongka 36 amratelakaken manawi dereng patos kasil dhateng suraosipun serat kula ingkang tumrap ing Bramartani ongka 35 dhuh adhuh ingkang makaten wau mugi sampun kirang ing pangaksama, bawanipun kyai sampun kapara guguh, dados agagap gugup dene gumelenging sadya kula, inggih naming nyuwun katrangan saking sakesenpun manawi bumi punika lumampah, boten pisan pisan manawi nyuwuna katrangan dumadosipun rinten sarta dalu, mila makaten awit ingakng kaserat mata saking dayanipun paningal bui teka kendel kemawon ananging suryanipun ign lumampah, paduka inggih sampun amratelakaken mila bumi lumampah, naming anitik saking sruya, embulan sarta lintang lintang ingkang abyor ingtawang, sami lumampah saking wetan mangilen menggah katrangan paduka ingakng makaten punika, sanajan sawatawis kula sampun andhadha, nanging manawi kalayan parenging panggalih sarta selaning Klawiyan bok inggiya paring katrangan sapisan malih, ingang agenggelaraken sawontenipun pratondha manawi bumi tetep lumampah, supados pangartos kula ingkang semang-semang saged ta sampurna, o sampun kagalihmanawikulabadhe angribedi, sampun saestu boten Kyai Bathang. ======\======Sinawung rema ingngarsa, sinom sinukarteng taklim wijiling manah suweda, arintapun rara mentrik kaswas ring mita jati, jaka puja subyakta gung, wahyaning pustakajarwa, ing reh ulun wus alami, taman tanduk lalawanan basakrama. Kalangkung suka marwata, rikala ulun mangliling, waluyan mongka panjarwa, kawedhar ing bramartani greteh wenteh barkahi, amboten tarimah lowung, byak sumilak narawang, lir kapraban sitaresmi, dhuh lae dhuh palestha panuwun amba. Suraos sampun kadriya, karasuk ing sanubari, baboja kasang budyarja, tanpa sah ulun mastuti ywa kendhak ingpangalih,momot alur dumalundung, tatag paring panjuta, dhumaten gwanita wukir, nging sakedhik karya sumenteging manah. Sang Jaka mawi ngandika, makatena wong ngayu sak ugi sampun anggregetaken lo mangke ga kula jiwit saestu rinta unggungan sanadyan paduka runtik mongsa dak anitik ageng-agengipun irung, inggih angular widya, utawi anyiwel pipi, babo adhuh wong bgus tur momot basa. Anjawi sangking punika, buron rema pralambi, bremara mamrih sarkara, katumanen ngutik utik ngungkih nging sepwijiling, dhawuh babaripun atur, kutu kutu walangataga,kadya paran wardinya, punapa inggih wus sidhi, yen wijanging tembung tumrap ing babasan. Pwa winusiteng taklim satiti nirmala suci, tumeka mring mita mba jaka marsudi ing giritira. Dhuh sang jaka, sakalangkung andadmel anyelming manah, aningali, ngandika ingkang tumrap ing Bramartani, ongka 37, suraosipun saestu sampun dumunung ing jajantung rumasuk ing balung sungsum e mas wis amanoahar temen wasana mantoging pandugi kula kang tanpa wawaton among andherek dhawuhipun kyai jurugubah, wonten utawi botenipun ing parangarn-aran wau, kedah tumuwuh saking kencengin gpagraita, sanadyan kagalih anut grubyug tan wruh ing rtembug o teka

3 narimah, kuningana sang jaka, kula boten badhe anyulayani ing rembag malah ing sasaged saged esthining manah nedya tungytun tinungtun ing pigunan mila pangungkih kula sangsaya neser,amrih kongkoihipun adho inggih kagendeng saking kiranging sinau, lo mengko gek digalih salah tompa, priye neh wahmalih mas baresipun kemawon sampeyn punapa pracados yen rden gathutkaa waged miber ing jumantara lalembat tunggil osiking janma . Rara Mentrik.

Nuwun ingkang menawi boten andadosaken wida, tumraping pabarat ing pustakawarti,nyuwun babaring ngayur ngandhap punika. 1. bab asal tuwin asaling asal punapa menggah jinwising bongsa 2. Bab jinis tuwin jinising jinis punapa menggah angsaling bongsa 3. Bab bongsa, tuwin bangsaning bongsa, punapa menggah jinising ngangsal, wasana anyumanggakaken katuripun para gunawaing pabarataning pustakawarti.

Wondene ngandhap punika renggan cangkrimanipun rara mentrik ingSEndhang Tretes, ingkang kasebut ing serat Koran ongka 28 Juli ping 14 taun 1881 mawi sekar ngandap punika. Kang sapocung, lepata saking babendu, nira rara atas mentrik sendhang tretes dening, kumacelamba mung dadosa pisuka. Nira sagung, para para berbuudyan nungsi pamita amba, sampun kirang pakimamrmi, dhateng tiyagn sak kula purwakanira. Labet ngungun kula pirsa kang tinaruk, bramartani Koran, teka langkung saking dadik, cecangkrimanira rawit kumedah.Kang kasebut kawan elas bab ing dangu, gresah tanpa esah, prasasat amenging batin, yen ta boten wontena saged babarna. Kados pripun , nggihkang dahat kapiluyu, kalayu bebasan, imane lamun sadumil, gawok dene wanita mendah kakunga. Wasis tembung teram piltur prigel usul, gih sinten sageda, jawi kang empun tinapsir, serat Koran karuh tuwaning Mgelang. Temtonipun jenal Ngabidin kang mashur, yen ngamungna limrah, kados boten miyambaki, ing pangwikan dene ta sampun kaloka. Peksi mabur, pinecel bumbune mrasuk, yenngaping kaliya, pambatange tanpa kasil kang bituwah temtune inggih sumrasah. Ki tap satus catur klebet kuranipun langkung malih medal, kawruh kang pun nginulyakin sampun mukin labda jiwanira jenak. Waseuwus, kawussa wasananipun, samenthang katrangang, pranawanira yen lair, yen ngamungna sak kula kawruhe longka.Langkung langkugning tanah jawi praluhur, sarjanadiningtyas, mindeng pan uk kepanonling, napa malih kang mengkurat tanah jawa. Samangkr wus png sanga kaloka kasuprating pramudita, sinambadaning nging kapti, kanejng raja Nederlan kang wicaksana. Kang jumurung ringkarsanira sang ayu, sokur pantes jugak, sakkula tinitah jalmi, yen botena tilar kasar dados napa. Wasana mung, sewu lepat kula suwun sampun kirng rahap, dhateng kang ngeja nuwun sih, mudha punggung pun kula sumamarjaya.Kang kasendhunglampahi ayah angratu binucal teng padhang, untunge bongsa ngrikasih, dhaeng tiyagn jawi genya kasawaban. Duk mantarum mila batang salja juluka, gumyah ing ngakathah, ambyah Ngabdul masjid mangkin, kang punika bekta mba yogikatura. Titirampung ing pulo padhang panuju, lek wolulas sawal,jimakir warsanya jawi, sewu wolungatus tetep pamaarja. Raden Mas Panji Sumamarjaya. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina

4 Angleledhek kadi arsa magut yuda, dya tumenggung Pik In, kinaarya jembungan,mung sekena ing gelar,mangkana ganti winarni, sanggogi macan, kalayan arya Li Cin. Kinnenthinginwit karsanira pangeran, sang Gogimacan aglis,lampahnya wus prapta,laju mring pasanggrahan, yata Pikbunlong udani, yen ana mengsah, sumerja jarahi. Sang Pikbunlong gambiran tuk kaladesa, arsa methuk ing jurit, angliraken wekas, sira sudarmanira, Pikbunlong gya marentahi, mring wadyanira,mijil methuk ing jurit. Gumaredeg tengara mangsah ing yuda, sapraptanireng jawi, laju campuh ingprang, lan wadya gogimacan, caruk rok asilih ungkih, sang Gogimacan, ngamuk kalawan bindi, Mobat-mabit kang katrajang tutumpesan,miwah sang ARya Li Cin, pangamuknya sura mobat-mabit abirnya, Pikbunlong wadyane gusis,larut sasarn, lumayu niba tangi. Giris mulat gogimacan kadibuta, kroramomong sadaging, Pikbunlong magnarsa, sarwi amanthigada, sarya srudenria angling,eh gogimacan, aja ngrmpet wong cilik, Payokane tandhing yuda lawan ingwang, gogimacannauri, eh Pikbunlong sira,aja tandhing lan ingwang, sira sutane si Pik IN, ananging kumpra ngaloma prang mung kumaki. Ora kaya si Pikbunpah aranira, ikaprawire jurit,Pikbunlong miarsa, sigra angikal gada, dupi mupuh gya binabit,mring gogimacan, katangkis sami bindi. Gaanira Pikbunlong kuntal least, witasru denira babit Pikbunlong tanganya, kasrempet akikitrang, tan kawawa ananggeni, sang gogimacan,nutut arsa gitik. Sigra uncat malumpat gya tinadhahan, marang sang arya Li Cin, ginebug landheyan, abirkeni sirahnya,gumampleng tiba kuwalik, tangi lumajar, morwadya ngasmarani. Pikbunlong lumau gendering, wadyane bubar tutwuntat, gya pangeran Tehpo age, paentah mring wdyanira,kinen sami anjarah, pakuwon mangkya wus suwung, bang sangu magsihaglar. Lawan dereng wonten cicir, gumrubyug kang wadyabala, angusung sining pakuwon, garobag lan cikar-cikar, wus winowotan beras, myang andhungan sangu-angu, tuwin gagamaning yuda. SADaya wus den jarahi, wusnya resik sangpangeran, tehpo aken budhal age, wangsul minggah marang ngarga, lan abeta jarahan, gogimacan munggeng pungkur, rumeksa yen tinututan. Lampah lestari wus tebih,laju samya minggah ngargamedal sawurining beteng, tumegu Pik In tanwikan, yen pondhoknya jinarah, magnkana kangminggah sagung, punggawa laju sewaka. Marang sang narendra siwi, angaturaken jarahan, raja putra pandangune, paran ingkang dadi purwa, dene bias anjarah, keh warnanng barang sangu, pangeran TEhpo aturnya. Punika ingknag anuding, wit panembahan JIbica, kang wigya mratikelake, mangke sarwa kalampahan, duk prapteng pasanggrahan, pun Pikbunlong sutanipun, tumenggung Pik in katengga. Pun Pikbunlongmethuk jurit, nuntenprang lan Gogimacan,Pikbunlong kasor macothot, kaprewasa gundam-gundam, lumajeng burangkanan, lolos lan sarencangipun, duk myrsa narendra putra. Mesem ngalembaneng galih,mring wasisnya sang JIbica, jarahan wus kinen bage, wus waradin sadayanya, yata ganti winarna, Pikbunlong ingakng lumayu, ing mangke sampun uinga. Yen mengsahnya wus ngunduri, lan pakuwon wus jinarah, bebas sangu sadayane, tuwin anthungan gagaman, sadaya wus binandhang Pikbunlong nangis ajetung, nyana badhe kasangssara. Tanwande den bilaheni, ing ngukum marang kang rama, wit angliraken wekase, mangke estukatiwasan, Pikbunlong sru sungkawa, gya ngundhangi wdyanipun, kinen wangsul masanggrahan. Lawan kinen anyuledi, marecon gelantengara, gubarberi kang arame, wdya wusnya masanggrahan, marecon sinaledan, lawan anabuh kekenthung, gubarberine gumerah. Warnanen tumenggu Pik IN, kang maksih aneng payudan kalawan para putrane, ki tumenggung kagyatmyarsa, swarane kang tengaa, marecon geng munya barung, kekenthung gubar gumarah. Wus nyana tumenggung Pik In yen pakuwon anamnegsah,nign tumenggung tan andipe, yen PIkbunlong magut yuda, tumenggung PIk Innabda, eh pikbunpah sutaningsun sira

5 kariya sedhela. Ingsun arsa anulungi, si PIkbulong manek tiwas ita muni tengarane, nora anglirake wekas anjaluk tulung mringwang,ki tumenggung budhal gupuh, lampahira gagancangan. Lan gagnsal legsa prajurit samegta gaamaning prang, tandangu prapta lampahe, ki tumenggung awas mulat lamun ing pasanggrahan mungsuh tan ana kadulu, mun gPIkbunlong kang katingal. Bengus-bengus anjeginggis wangune lir kasor ingprang, lankaton rusak wdyane, katon suwung pasangrahan tabete wus jinarah, kitumenggung dahat bendu, wruh lamunkang puta cidra. Datan mituhu ing weling, sang Pikbunlong gurawalan wruh yen prapta sudarmane, sedyanira angrerepa, wit saking lepatira, kitumenggung Dupi rawuh, tan kongsi titiparigsa. Ki tumenggung asru angling, eh kajineman dening gal talenana si PIkbunlong gawanen mring ngarsaingwang, iku arsa sun lunasi PIkbulong wong kapaung, patut murdane den tigas. Pikbunlyong guweternangis, dhuh pulunkangjeng rama,bilih pinareng karsane,kawula estu yenlepat ananging milamila,amba angliraken dhawuh, awit mengsah lampah cidra. Dumarojod denya prapti, lajeng angamuk kewala, ulun gugup prareerempon sumarmi amba kasoran, wit kinarubut kathah para satriya angamuk tindhihnya pun Gogimacan Taksih wonten candhakipun ======

6 Ongka 40, Kemis kaping 6 Oktober 1881

Surakarta Kathah dasih dalem gustisang Siniwi, kang kaahyeng sabda, ywanbtrnyuhingtyas matitstis ngungun dahad mangunengan. Amulari mring rising dibya dimurti, jeng pangeran ARya Cakraningrat ATmajesri,muksan tam ring martya loka. Purwa dening budyastutengsih samangkin dadya kumawawa,magnayubagyeng sasanti, mring lalabdantakaniyaman Yeka mugi paduka jeng ATmajengsri, kang maluywa ingtat ngayahg takdiring hyang widi, anira durga mengawan Prasida atumameng ngarsaign gusti, sarta ginanjara kamulyanireng dumadi, gagantunganing kaswargan Labet deoing rpabawa utameng budi, lan srengganin gbongsa, tedhaking andana warih, trah ing satya pratanjana Titisinratping tri Oktober kang sasi, sangkalaning warsa, yitmamurti amangesthi, Allah katandhan Duhkita. ======\======Dereng lami ing lurung bawah kadipaten wotnen tiyang anumpak bendi kapalipun bandhangaken teka boten mawi samara bilih ngantos anunjanga tiyang, boten sapindhah, kaping kalih kemawon ananging kerep saben saben medal ingngriku saestu bdhangan nalika tanggalkaping 27 September tiyagn ingakng asring numpak bendi wau amanggih sangsara, rodhanipuningkang satunggal rucat piyambakipun utnen gumalimpang tumibeng siti, papincangan lampahnya,trenyuh –trenyuh angraosaken sakitipun kados mawi den gagas gagas dhuh apa iki wujude sing diarani babenduning pangeran menyang kawulane kang ing tandang tanduke tanpakinira- kira,mung angadu ambeg kaconggah bae, O mesakaken sanget teka kathah tiyang ignkang sami nonton ananging boten wonten satunggalingang kumlawe anulungi, punapa tiyagn wau pancen dipun gethingi amargi saking polahtingkahipun punapa pancen sapi kamitenggengen ewed ingpanggagasipun lampahan punika, ananging sadangonipun tiyang sami uleng-ulengan wotnen ing ngriku, wonten satunggal ingakng wicanten o kok mung sikothok bae, iku rak anake Ngabei Anu ing tamtaman adulurameningwong dak sengguh putra dalem iya layak bae wong kuwi nek nunggang bendi ambege kaya rden Gathotkaca, arsa angambah ing jumantara, payo padhamulih bae cik bendi rasakake dhewe Surakarta kaping 10 wulan dulkaji tinengeran tan anypta sarira gusti Balakasuta

Mentas punika ingkampugn kadipaten wonten rare estri kinten umur 12 taun dhateng ing wande antukipunlajeng kekejek nangis angraosaken sakiting wetengipun sanadyan sasakit wau boten andadosaken tiwasipun ananging para tiyagn ing magnke kedah angatos-atos dhateng tatedhan saben saben ing mongsa panas asring wonten sasakit makaten wau, pramila boten kenging kaewokaken dhateng sakit ambah-ambah, saha jampinipunnamung wonten ing cegah tatedhan tuwin ing sabarang pratingkah ekdah angatos-atos kados adus ing samangsan mangsanipun sarehing kathah tiyang ing pakampungan ingkang sami balilu, para ingkang limpad ing panggalih ami anyaruweha, ananjang-anjangana, ingkangprayogi ing mongsa maktenpunika tiyagn mugi sami aresikan supados sageda anyirnakaken ambet awon sapanunggilanipun gampil sanget makaten wau, enjing sonten ing jogan kakepyrana karbol sir,ingkang kacamboran toya wantah, ing sadinten boten ngantos anelasaken pangaji seteng, ing

1 Semarang panolakipun pasakit sapunika,patrapipun kalebet elok ing saben sonten para kangji sami salawatan urut margi, para tiyang kathah ingkang tumut sami angungalaken bendhe tuwin gembreng, saweneh ambekta obor tuwin lantera, swaranipun gumuruh kdos tiyang angoyak ngoyakmakaten lalampah makaten wau kenging kaewokaken dhateng gugon tuhon tur boten amikantuki.

Bahrawa Ing wektu punika nagari ngriki, awanipunbenter sanget jalaran sampunsawatawis wulan laminipun boten jawah, amargi saking punika salebeting kitha Bahrawa sanmpun dipun atur denign lulurah ingpraja, ingkang sakalangkugn prayogi kadosta: 1. Sakathahing ronronan ingkang sami ambyah ingpakebonan punapa dene uwuh ing margi-margi, tuwin ingkalen-kalen sadaya kakarsakaken ambesmi utawi mendhem enjing sonten ing margi-margi, saha ing kebon kebon sami kasaponan 2. Sauruting margi ageng tuwin margi kampong salebeting kitha, enjing sonten dipun sirami, punka andadosaken prayogiing tiyang kang sami lumampah, jalaran pun lebu kirang, sakiwatengening margi kadekekan waton deling. 3. Pager pager karas ing pinggir margi miwah ing kampong kampong sadayanipun pageri gethek gantung kang langkung prayogi, sarta dipun labor pethak saweneh tembok utawi jaron ugi kalabur pethak 4. Pangreksaning kapulisen sakalangkun gkenceng, bilih tiyang lumampah ing wanci dalu, boten mawang tiyang, mesthi sadaya ambekta ting lantera dalasan para maang kantor, para santananing priyantun sadaya, mesthi ambekta ting,s aupami wonten satunggilig tiyang purun nerak wawaler punika, saestu kadhendha kedhik-kedhikipun sarupiyah grobag kareta, glindhing, bendhi, tiyang numpak kapal tiyang ngembat sadaya katemtokaken ambekta ting ugi:

Awit sakin gkencenging pangreksaning kapulisen paa duratmaka sakalangkung ajurit anggenipun badhe andugeni pikajenganipun andadosaken kirangipun tiyagn kapandungan punapa dene pangreksaning latu langkugn malih kencengipun mila salebeting kihta salamenipun tingkas dereng sapian sapisana wonten griya kabesmen. Mandar sapunika saking parentahipun wadana enggal salebetipun nalika wulan masthi sami gendheng, nuwun kas pundit kukumipun tiyagn ingakng boten saged ngleksanani parentah punika: ananging sakin gpamanggih kula awit sapunika sampun dipun ukum awit kathah griya-griya atep salebeting kitha ingakng kapurih netheli welitipun mila sampun mesthi tiyang tiyang kamlaratan sakalangkung pangresulanipun awit badhe pepe, saha kebunan siyang dalu ngadhag-adhag tan mawi payon, saking punika anuwuhaken sawarniing sasakit punapa kanjeng gupremen boten karsa anggalih karisakan ing makaten punika: o, bok inggih dipun welasi neh Amongwisastra ======\======Pruntusing tyas ginelar mamanis mugi tuwan kang angarang kabr, amacak sasendhon rare, ing ngnadhap pamrihipun para ingkang ahli ngawruhi, sagung sabab kaanan aparing pitulung, pambuka marma paduka, tuwan nimbang pantes kapacak kinteki, ing kabar Surakarta. Gih punika turamba rarya walit yun uninga dununge kang klapa, ing jangro dene isi we, sing pundit marganipun nalikane marga tan mawi, cengkir prapteng dadegan tirtanya saya gung, dhuh sang para bijaksana, aparing atur buka mring kang mintasih, ulun pun Jugulmudha. ======\======Atur cangkriman dhateng bok rara mentrik ing Sendhangtretes.

2 Pustaka mba amundhi taklim, jinurungan sagunging pudyarsja, mugi katur ing mitrestri, wewangi bok rara mentrik ingkang gandes luwes dhemes prakati, ingakng mamba wreksa candhana, angambar-ambar gandanipun, katemahan dadosaken kapencuting para priya, saking kapengin kula sapatemon akalayan mitrestri, katemahan anonjok nuwala, minongka wewakiling jasat kula, magnadhep ing sariranta, supados aparing barkah, anjarwani atur kula kasbut ing ngandhap punika, saupami mitrestri karsa anyaruwe, amadhangaken linglunging manah kula, saiba-iba, o: baya bakal kalakon dak lari menyang ing sendhang tretes supados boten samara semang-semang, anggen kula manganggep rising dwi ja warestri, kadosta, wontenipun rembulan utawi srengenge, katon waradin sajagad punika punapa saking ageng, punapa saking kathah, utawi lintang punika sapinten cacahipun dene ngantos maratani ing jumantara. Wonten malih, kawontenanipun dhalang wayang gamelan blincong,punika ingkang kenging kawastanan sepuh piyambak ingkang pundit, wonten malih, ringgit purwa, sakothak punika ingkang kenging dipun wastani sepuh utawi bagus piyambak ingkang pundit, utawi ingkang awasta bathara Wisnu punika sinten ingkang peputra, yen ta putra Sanghyang Bathara Guru, patutan saking garwa ingkang pundit, sadaya wau kajarwanan mijil ing panggalih bares o, mila sotaning tyas amba, tansah angayam-ayam,s ageda sapatemon akalayanmtrestri. INgkang punika panuwun kula dhaten gpara limpat mugi samya karsa anyaruwe, aparing jarwa kados atur kula punika, saupami wonten ingkang kasdu mituruti ing osiking tyas amba ing kang sampun kawedhar punika, saiba lir pindo kadya gagunturan madu, saking suka bingahing tanah kua, wusana bilih wotnen kirang langkunging sastra, sarta kalintuing ukara, lepating paramasastra, smi aparinga pangaksama ingkang agung, sokur karsa aleresaken maewuyuta jumurung kula, Banjarmlathi ingkang sikara, dulkangidah, jimakir, sangkalaning warsa Bumiwismengpandhita sabrang wawalu, tinon saking widik-widik Mintran tangkang mitasih pun Kalpika ======\======Para sarjana mugi karsowa, aparing jarwa, atur kula kasbut ing nggandhap punika ingkang dereng mudheng, bilih wonten ignakng karsa aparing padhanging manah kula, badhe kula rurohing pundit asramanipun. Sangandhaping bumi, punika wotnen wujud punapa Utawi sanginggiling langit wonten wujud punapa Wonten malih, toya punika punapa lembat punapa agal yen agala kados pundit, yen lembata kados pundit. Wukir pindha, nuju,buja, dulikijah, jimakir sanglan sujanma wahana sarpa, sinasapan rumput sirna Kula pun Jaka Budheng ======\======Muhung sapele sanget katuripun para sarjana ning pabaratan ing Bramartani, ananging menggah dhumkateng ing kula, prasaksad badhe aningali wujuding pangaranipun wewe inggih sakin gpawarta ewoning lalembat ngleka yen ta wageda kaleksanan, kulunun kados pundit wardiniipun tembung ing ngandhap punika. Hyang Rudra yang Udhipati Hyang Siwah Hyang Giriraja Hyang Iswara Hyang Pasupati Hyang Sidajati Hyang Rudramurti Hyang Silakandha Hyang Prawatapati Hyang Pramesthi Hyang Catur boja Hyang Mercukundha Hyang Antakapati

3 Hyang Jagadnata Hyang Ontapati Hyang Sangkara Hyang Jagadpratingkah Hyang Paramartasiwa Hyang Suksma kawekas Hyang marmata

Rara Mentrik ======\======Katur mitra enggal ingkang sasinglon nama pun Saleh Andadosaken bingahing manah kang tanpa tatondha, kapareng kula aningali panjurng sampeyan bab malepesing budinipun bongsa jawi, mongka sami titah ing Allah, O madung paritemen precet lair kula ing donya teka among thenguk-thenguk ing sapucaking wukir kemawon tangeh gaduga ing basa karma, para masastra tuwin sanes-sanesipun tartamtu panjeenganipun mitra kula, lajeng boten kewran malih amirsani tembung ingkang saweg gumelar punika, wasana inggih anetah saking balilu kula piyambak mila: mitra inggal sampun angajeng-ajeng bosa jawi badhe animbangi maletiking budinipun bongsa Eropah, dhuh, paribasan cebol gayuh langit kados pundit margining saged. Dene pangarsa arsanta wotnenipun pujongga jawi, o bonggan ingnkang purun nglampahi nun awit ingkang sampu kula pireng pujongga wau kumedah bondha kagunan 1 limpat ing ssastra,2 putus ing sastra, 3 saged mamantes tembung, 4 saged damel lemesing lalagon 5 sugih cariyos 6 sugih kasagedan, 7 lantip ing panglepasan 8 enget, sumongga ta kagalih, yen menggah ing kula ngantos jambul uanen mongsa dadak tumindaka, punapa malih saehing mitra enggggal sampun gnadika, nedya tataken dhumateng para tuwan igkang ing mangke minongka pujangganipun tiyang jawi, lah ambok inggih makatena kemawon rak sampun, boten langkung panuwun kula,mugi mugi katebiana ing panggalih runtik jalarankumapurun angaturi sul-angsul. Rara mentrik ======--\\\\======Katur Jaka Marsudi SErat sampeyan ingkang kapacak ing Bramartani ongka 37, mawi amratelaken manawi paduka langkugn jumurung saupami wonten para anung karsa anyaruwe ing bab ingkang nama lalebat utawi setan mila sanajan kula dede bagnsanipun para limpat utawi derengpaja paja andungkap dhateng kamemetanipun para putus ing kasunyatan ewa samanten saking snegunging manah kumedah abiyantu, tur sampun kalayad ngetog sawontenipun pamanggih, makatena inggih sampun kula tamtokaken manawi panggelarpunika tumanduki paduka, naming kadi dene mendhang katiyup angine mongsa katiga. Ing sarehning ingkang sami karembag ing ngatasing lalembat jtawi setanpunika, pamanggih kula gumathokipun naming mrakawis wujud mila kula inggih badhe nyariysoaken kemawon kados pundit pambudinipun para limpat dhateng kawontenanipun wujud saking pamireng kula mengggah pambudi wau boten namungkadheg ing wujud ingkang kasat mata kemawon ananging ugi kantos bebles dhateng uwjud ingakng tan kasat mata, inggih punika ingkang dipun wastani ha wa, sarta sanesipun ignkang langkung alus tinimbang hawa, dalasan peperanganipun wujud ingkang alus piyambak ugi sampun kacakup sarta sadaya wau para anung sampun anetepaken manawi dados gelenganipun wujud awit sampun katamtokaken manawi saddya wujud pnika kenging dipun wadhahi, gadhah panggenan sarta gadhah wates sapanunggilanipun wansul pun setan para labda ing kasunyatan teka boten karsa amastani wujud utawi sampun boten kagalih babar pisan saking prakangwis wau, mila pamanah kula bab lalembat utawi setan wau ingggih naming tetepa ngaran

4 aran kemawon awit ing donya kathah kemawon panunggilanipun ingkang gadhah nama dede wujud kados ta wayangan tur punika katangal ewa samanten dede wujud punapa malih wawrgan abrit pethak cemeng sapanunggilanipun lah punika punapa inggih wujud cekak ipun manawi paduka karsa angggalih dhateng watek watekipun wujud bokmanawi kiyating pamanggih paduka dhatenglalembat badhe aber, wasana kula ngaturi urun panjarwa ing bab pandangu duk tembung-tembung: Abipraya tetesipunpun tunggil karsa Sadu tetesipun sareh pandhita Sata tetesipun sae, bening, suci, sareh Witaredya tetesipun linangkung, menku nagari, amiwiti damel nagari Merdu tetesipun lemes alus arum Jayawijayanti tetesipun langkung ngunggul ungulaken SAstra niti tetesipun serat leres serat temen Sumbaga tetesipun misuwur Sastra cetha tetesipun serat papakem Kramaniti tetesipun tembugn temen patatatlerer Nuragaa tetesipun ngasoraken badan Abramarkata tetesipun murub waradin sorot waradin Budiman tetesipun langkung saged Aribawana tetesipun pangenan dunungipun dewa, padewatan Endraloka, tetesipun suralaya padewatan Janaloka tetesipun panggenan dunungipun manungsa Triloka tetesipun jagad titiga, tigang pangggenan Dene sastrajendrayuningrat sakng pamangih kula kawruh wilujengipun ing donya dumugenipun jaman langgeng SAdaya wau manawi wonten nalisiripun sampu nkirang ing pangaksama sarta kula taksih angajeng-aejgn saking pambabaripun para sarjana Kyai Bathang ======\======

Candhakipun serat purwa: Krimataya REsi waktri kawotsantun, ila-ila mba sangaji, taman katenta ing tekat, kaarkat mamindharesi, saking katempahingkang sak muhung kawula sangeni. Makaten wiraos ulun, engkang sedya salah kapti, yakti nemu salah rupa,ing ngangganira pribadi, dika liruliring cipta, riptanta bingunga sami. Ye kang nedya salah dudu, duduwunga kang pinanggih, jaman nedya laku ala, anemu ala pribadi, yen mangripu nemu papa, muhung makaten ta gusti. Pangucap kawula naming, nir mantra japa pujyaji, saking mudha tuni dahat, saunya-unya mba margi, gugug geter yun pinranan, sri nata ngandika aris. E ta bagawan Waktrika, yeka kang dahad yoga, ujarira kang mangkana, linaluriwuri kenging, benjang bok ajanmi, ananging dus karteng ngrat sru, supe sameng tumitah kenging tinulya kadyeki, taman wurung tinemahan angganira. Nadyan panjrah japamontra, meneta mak binratani, yakti yen madal kewala, ajine datan pakardi, sanadyan ta sonyaji, jaji ing tyas tuhu-tuhu, nuhoni tindak brata, yekti tinama ing sekti, saya tiyen jinurung dewa bathara. Bathara Kresna met nata, darsanani kang parari, riri kabeh mengetana, tuhu ning titah ajmadi, kang dungkab tomeng budi, dhingin kabun riptanipun, kalih tindak jadmika, tribrukut mani paningling, nglir kadyeki, resi bagawan Waktrika. Taman yun sawanangwenang, ngenengken pamicoradi, kang dipun ucap tan dora,raras ris netes tanlingsir, lire tutuking jami, yen minencancanganipun, pinuntunkenging cipta, mintarin gtyas mapangati, tedha tidha

5 dhateng ampuh, ing pangucap. Kang nangkang kathung driyatan, pisan kenilinaluri, kadyangane guru leman,ngekoki guna linuwih, tan wiweka gugung mring dhiri durcara tan tuhu, saen tanwrining wiring, amurang tataning niti, tit ataman mamrih sih ing sama-sama. Jatining jamautama, yeki sang wraktrika arsasi, tys mambeg ingng tirta, gung don amarsapa manis, sasedyarja ing budi, ingsun kalangkugn kapencut, mamba rising dewi swara, dhuh sang wiku mugi-mugi, lumebera, yuwananing budi darma. Mandheku resi Waktrika, sang prabu ngandika aris, sang wiku sun arsa Tanya, marang ing kita sayakti, pira lamanta mugging, rewa takatapanungku, ing wukir Rewataka, den ta salamanta mtaman myarsa yen kanggenan arsi arja. Ancaloki milya ingwang, rineh nagri Dwarawati, tan malebu pamariksa, umbul desa lan patinggi, iya mring jeneng mami, paran apa tan angrungu, gonira meksa tapa,mungggeng rewata kangukir, sang bagawan Waktrika aris turira. PUkulun gusti sang nata, ulun estu dereng lami, dudununging rewataka, nahan ta muhung sawarsi, boten makaten ta gusti, yen ta ulun mindha wiku, muhung sedya upetan, gen kawula wonten ngriki,ngungsekaken momongan ulun punika. ARan dewi Puspa watya, rare Kenya wau gusti, putri Srawantinagara, wonten gancaripun nguni, gusti ingkang sisiwi, dhumateng momongan ulun, sang prabu Cindhaka puspa, ing Srawantipura aji, milanipun putrid nem babekta kesah. Wit praja srawantipura, wonten parang muka prapti, tempah campuh yuda brata ratu kawula kacodhi, kapupu ing ngajurit, karat manemahi surud, wontening pabaratan, patikbrada hat agiris, sabedhahe nagri ing SRawantipura. Kawula aglis lumaksa, nabeta sang raja putrid, mung kalawan semah amba,mila mba prapta ing ngriki, ngungun srikresna malih, resi Waktrika wotsantun, matur punapa tuhan karsa uninga ing nguni, babar psian aluraning kina-kina. Ngandika bathara Kresna, iya kakarda prayogi, yogi wrining kadawarga, taman ganggam mangarani, sanepa kadya kali, uninga aing tukipun, mangkona sawaktrika, manembah tur sandika ris, dhuh pukulun ingnguni ratu kawula. Sang Prabu CIndhaka putra, sadami srinarapati, punika kang sisiwi, hyang barthara Kumaranung, punika kang puputra, Hyang Bathara mahayekti, maha yekti, Hyang Mahoti,kang puputra.Sanghyang mahyoti putranya, Hyang Bathara Mayangunil putranipun Sanghyang Tugal, sanghyang Tunggal kasisiwi, nenggih Hyang WEang Gusti, inggih punika wukulun nguni aluranira,momongan kawula gusti, yen patik brayekti kawula belaka. Estu mung pinongka embank, dhateng sang raja pinutri, sinesepan semah amba, wastainya sukanandi, prapta mba wukir ngriki, wasana KYeh jam manebut wipraing Oga amba, dinalih saja siresi, tur kawula teahing patik balaka. Wau sribathara Kresna, ngungun suka amiyarsi, ature resi wakrtika, wasesan ta kang parari,bela suka ing galih, myarsa sang resi turipun nta Kresna ngandika, dhuh waktrika kadang mami, kayaktiyan sagung pangucaping jama. Kang padha nebut pandhita, yeku pakoning dewadi, dining kanang taman wawang, mawas pakartinign jami, tamat panastiti, tinatular kadang kawruh, wruhan ta wik kawentar, tutur tinutur rahswaning, samuhe kukukumingdewa bathara. Nembah sang resi Waktrika umatur mangasih asih, dhuh bathara panuta mba,mugi pikantuk akakangsih, sih sapda panduaji, tumrah sumrambah ingngulun, lalu kalestantuna, manguswa padadewaji, sribathara arimurti malih napda. taksi wonten candhakipun Semangtri.

6 Ongka 41 Kemis kaping 13 Oktober 1881

Surakarta Ing dinten Jumungah kaping 8 wulan Dulkangidah, wanci enjing jam 9, para gusti angeran putra Santana, sapangandhap dumugi parabendara panji buyut utawi para abdi dalem prayagung bupati, kaliwon sapangandhap dumugi para panewu mantra, ingkang pancen kalilan sowan ing kadhaton sadaya sampun sami pepak sowan ing panepen punapa malih mas pangulu tpasir anom sakancanipun ketip juru suranata, ugi sami sowan wonten ing panepen sareng wanci jam 10, kanjeng tuwan risidhen kadherekaken para tuwan tuwan sawatawis malebet ing kadhaton anglayat sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ingkang awit ing sedanipun putra dalem kanjeng pangeran ariya Cakraningrat saha badhe anguntabaken wiyosing layon saking kagungan dalem masjid salebeting kadhaton dumugi ing kori pungkuran mengggah wiyosing layon mawi karengga ing ngupacara, dening prayantun wadana estri kaurung-urung abdi dalem prajurit 100, sami sikep waos saha para panewu mantra, wondene para gusti pangeran putra Santana, tuwin para praya guwadana kaliwon ingkang anguntabaken layon sami adharat atindak wonten ing antawisipun ing ngurung-urung, sangajenging nglayon mengggah ingkang ngayap saha ingakng ngrembat layon nalika taksih wonten salebeting balewarti, punika para bendara panji wayah buyut tuwin para bendara mayor kaptin upsir urdenas lurah, saweneh inggih wonten para gusti ingakng nrgembat layon wau, naming minongka panjurung tandhaning katresnan. Nalika sampun medal sajawining kori brajanala kidul ing ngriku para gusti pangeran putra Santana kenging ninitih saka parengipun punapa malih para bendara panji wayah buyut kang sami ngrembat layon kagentosan abdi kang saking sentanan sareng dumugi ngalun-alun pengkeran kaurmatan drilling abdi dalem prajurit Trunasura, 100 kaping tigang rambahan. Bilih sampun medal saking ngalun-alun para prayagung wadana kaliwon sami nitih rata sapanunggilanipuun punap amalih par abendra panji, mayor kaptin upsir, kathah kang nitih rata weneh turongga, bendi, abdi dalem panewu mantra kang ngurung- urung sami kalilan angegaraken songsong katiri in gngupacara, sawingkinging layon boten tebih abdi dalem prajurit tamtama sami kekapalan 100 asikep damel pedhang, ing samargi-margi lampahing nglayon tansah sinawung ungeling tambur, salompret musik nalika smanten kathah ing tiyang ningali, awit wradinan gadhing gemblegan mangaler dumugi sangajenging dalem mangkunagaran kalajengaken ing setatsiyun tiyang presasat boten kenging kapiyak. Wasana lampahing layon dumugi statsiyun wanci jam 11 ing ngriku kanjeng raden adipati Sasranagara, saha para prayagung bupati, kang rumiyini sampun rawuh ing setatsiyun utawi sampun nyudhiyakaken kareta api, kang badhe katumpanganing layon dalah ingkang lumiring, mila dhaenging layon lajeng kimawon kerompa ing para anung kainggahaken ing kareta api, kang pinajangg ginubah kinayu-ayu ing mori, Sang nayaka waktra sampun miji satunggalng prayagung bupati, kang anggantung damel tinanggenah nyenapatena lampah ing ngalyon dhumateng ngastana Ngimagiri, inggih punika Raden Mas TUmenggung ARungbinang abdi dalem Bupati nayasewu, kanthi abdi dalem kaliwon lebet raden ngabei Purwadipura, sakancanipun para panewu mantra kaparak gedhong sewu gladhag punapa malih jajar kaparak kiwa tengen gedhong kiwa tengen abdi dalem orajurit kasikep waos katindhian ing kaptin upsir, punapa malih upacaraning layon kang kaampil ing abdi kasentanan jaler estri, dalah tutumpakan ing kang wari rata turongga, sadaya kamot ing kareta api.

1 Kajawi kawontenanipun abdi dalem kang katamtokaken dharek lampahing ngalyon kthahpara bendara riya panji, kang manjurung lampah dherek dhumateng ing Imagiri, mila ing waktu wau sanget eraming manah kula aningali kathah ing tiyang, kang andherekakn utawi kang aningali pinten inten kathahing rata turongga bendi wahaning para geng kados angoncataken gariting madya mandhala. Riwusira samekta ingkang rinakit, tandya sinasmitan kang gendhaka kelemuni, pratondha angkating rata, swara umyung sinawung tambur lan musik, tetengering rata, presupit munya melingi, ngumandhanging dirgantara, yayah, kadya panjriting wanodya keri, sang mantra wasesa, tuwin sagung para gusti, ngasta kumlawemring rata, sung sasmita pamuhi basukeng margi, sagunge kang myarsa, mitenggeng ing tyas mutitis, ketang wlas mringkang muksaya, rem rem surem denig diwangkara kingkin, lir Bantu kalaran, mring kamarangimagiri,lampahing maruta mondha, anangsayeng mimiwir gubahing kanthil, katon amalela,rengganing layon dumeling, lelengkang karineng sala, samamntaralepas lampahing kretapi,lenyeptiningalan kadya laraping jempara, mesat upa mangambara. Menggah lampahing kareta api boten kandheg satunggal tunggalin gsetatsiyun naming nalika dumugi setatsiyun Klathen madnag sakedhap angampiri babau gladhag katindhihan pangagengipun utawi raden mas tumenggung Mangun Kusuma, mawi anyunggata wedang dhumateng para abdi dalemkang sami dherek aken layon wasaa kareta api mangkat malih, dumugi ing setatsiyun Ngayogya wanci jam ½ 2 siyang. Ing ngiku sampun wonten satunggaling prayagung bupati ing Ngayogyakarta sakarereyanipun kabar punika sampun dados adatipun bilih ing Surakarta wonten sedan kang kasarekaken Ngimagiri, sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan mawi anyaosi biyantu bupati kang dherekaken lampahing layon ngantos dumugi ing Ngimagiri pisan saha pagnagenging kitha ageng, kang kaleres dherek kadhaton ing Surkarta waktu wau ugi sudhiya wonten ing setasiyun Ngayogya, angirit tiyang babau tuwin ngulama ketip. Sasampun pun prayagung bupati Ngayogya panembrama pambage dhumateng Senapati ing Surakarta, sarta sasampunipun rampung pamatah ing ngabdi janwar esti, kang nunumpak saha kang dharat layon lajeng kabidhalaken wondene pengrakiting lampah kang ngampil upacaranign layo bboten ewah, naming kang ngrmbaat saha kang ngayab santuntiyag babau sangking kitha ageng, tuwin saking ing dhusun dhusun lampahing layon boten mawi kampir ingitha ageng, mila dumugi pasabranganng lepen Opak wanci jam 5 sonten. Ing ngiku raden mas tumenggung Wirakusuma, abdi dalem bupati juru kunci ing Ngimagiri, ingkang kalepas dherek karaton Surakarta : 2, raden Mas tumenggung Reksakusuma, abdi dalem bupati juru kunci kadherek karaton Yogyakarta, samingirid pangulu ketip ngulama ing ngimagiri, utawi nyudhiyani tiyang babau kang badhe gentosi pangrembating layon. Sasampunipun bupati Ngimagiri sakaliyan angaturaken panembrama pambage,dhumateng prayagung bupati ing Surakarta 2 Yogyakarta, layonlajeng kabidhalaken dhateng pasareyan ingNgimagiri, boten mawi kampir ing kabupaten naming nalika inggahipun ing pasareyan kirnag 1 pal sadaya prayagung bupati, kaliwon panewu mantra, sami tumurun saking tutumpakan sadaya sami andharat saha layn mawi kasalataken sakedhap wontening masjid kajimatan sasampunipun kalajengaken minggah ing wukir pasareyan ngimagiri, dumugi pucak wanci jam 6 sonten. Ing ngriku kyai Jmat pangulu ing Ngimagiri, sakarereyanipun ketip ngulama, dalasan kaji kaji ingkang celak ngriku sami pepak wonten pucaking ngimagiri, badhe anaidi

2 sumarenipun ing ngalyon wancijam 7 dalu, rampugn saha lastantun ing lampahipun Amin.

Sasakit Kolerah. Ing masa punika ing nagaripundi-pundi wonten pageblug kolerah kados ta ing Adhen ing Laora (Indiya Engggris) ing Akio (nagari Cina) omg tamaj kawo sarta sames- sanesipun. Ing nagari Jepang manawi kasrambah ing pageblug susah sanget sarta sesakit wau enggal tular tumular jalaranipun mangkaten adatipun ing nriku bilih mayit sampun kakubur ing dalem tigang taun utawi sewu dinten kubur wau lajeng kabubak balung- balunging jisim dipun resiki tumunten kapendhem malih. Cara utawi adapt mangkaen punika sampun wiwit kala jaman kina, dumugi sapunika taksih lumastantun ing taun…………kolera ageng ….tiyang ingkang pejah,mengggah tumuwuhipun sesakit wau sakinten saking padamel mangkaten punika wau, bilih wektu ing mangke cara mangaktenpunik taksih katindakaken sampun masthi badhe kasrambah ing pageblug. Raja ing ngriku sakinten pakewed angawisi patrap punika, ajrih dhateng pambaleyanpun titiyang ing ngriku. Ing amerikah kathah ing titiyang ingkang pejah jalaran saking bantering benter langkung saking 00 Ing Jedal ing mangke sampun wonten sasakit kolerah Ing samarang wiwit kaping 20 September dumugi kapign 4 Oktober dados namugn ing dalem 14 dinten laminipun titiyang ing kang pejah kenging kolerah sampun 1050 kathahipun samanten punika namun gtiyang jawi thok ing sapunika kolerah wau sampun kathah sudanipun. ======\======Para titiyang Surakarta sampun mriis amireng pawartos punika, ananging ngatos-atosa jajagi nindakaken isarat ingakng murih nebihaken sasakit kolerah wau, nanging sampun mawi isarat ing kang medal saking gugon tuhon nanging amiriba asaratipun tiyang ingakng ahli dhateng kasunyatan punika badhe ageng paedahipun Jurungarang. ===\======Manawi andadosaken adhanganing panggalihipun para sujana ing nagari Surakarta, sarehning kula punika kalebet tiyang ngamonca, mongka kapeksa anuruti kencenging kaniyatan kapengin anemenaken pawartos ingakng sumedya kula suwunaken katerangan kados ingandhap punika. Sami-sami abdi dalem bupati nayaka ing Surakarta, gedhongkiwa tengen punika kalebet sugih bawah angerehakensakwarninipun abdi dalem kriya, punika kula nyuwun saserepan mengggah abdi dalem kriya wau pangkatipun punapa, ingkang dipun wajibi garapan punapa, kathah kedhikipun para abdi dalem kriya ngantos pinten cacahipun awit saking punika mugi sampun anuwuhaken dudukaning panggalihipun sujana ingkang badhe karsa anjarwani, sanajan kula dereng tamtu yen badhe angabdi wonten ing Surakarta, ananging prelunipun naming anetepi ing wajib kula tiyang dereng sumerep Kapng 4Oktober nunggil sarira murtiyakti Katandhan dening Madyakunarpa ======\======Panjurung wangsulan Wonten saweneh ing mitran kula ambarkahi wredinipun pitembungan ingakng dados pamintanipun barkah mitra kula ingkang sisilih nama Bagus asmana lukita, ingkang kasebut ing serat pustakawarti ongka 15 kados ing ngandhap punika:

3 Inggih punika gancaring panitisipun bathara Wisnu Wredi saking Hindu 1. Martaswamatara 1. Anitis dhaeng ulam ingkagn tanpa sisi 2. Kurmawatara 2. Antiis dhateng penyu 3. Narasingaawatara 3. Antiis dhateng Sima 4. Wrahaatara 4. Antiis dhateng celeng 5. Wumanawatara 5. Antiis dhateng Bramanaraya bajang 6. Para sudaratararama 6. Antiis dhateng tiyang lalana utawi peksi 7. Ramawatara 7. Anitis dhateng praburamawijaya 8. Kresnawatara 8. Anitis dhateng Ratu kan gpinandhita 9. Butawatara 9. Anitis dhateng tiyang alit 10. Kalengki watara 10. Anitis dhateng kuda

WREdi saking Golong

1. Naradita 1. ANITIS DHATENG SIMA 2. Wisnukara 2. anitis dhateng Denawa 3. Kertawiryaarjuna 3. Antiis dhateng Ratu agung maespati 4. Jawadani 4. Anitis dhateng REsi 5. Ramabadra 5. Antiis dhateng Ratu ing Ngayodya 6. Patmanaba 6. Anitis dhateng pandhita ing wukir 7. janardana 7. anitis dhateng Nata ing Dwarawati

Wredi saking Jawi

1. Raja Kano 1. Anitis dhateng ratu Mendhangkamolan 2. Arjukawijaya 2. Anitis dhateng ratu SabrangMaespati 3. Rama Wijaya 3. Anitis dhateng ratu ing Ngayodya 4. Kresna lan Arjuna 4. anitis dhateng ratu Prabu Kresna tuwin Raden Janaka 5. jayabaya 5. Antis dhateng ratu ing Pamenang 6. Anglingdarma 6. Anitis dhateng ratu ign Malawapati 7. Panji 7. anitis dhateng Panji wanengpati ing Jenggala

Lah punika undi ingkang leres dene panitisipun bathara Wisnu gancaripun teka sanes- sanes sarehning raosing manah kula sakalangkung kodheng jalaran sakng jugul kula, mila pangesthi kula among nyuwun barkahipun rising bujakirana, ambarkahi katrangan ignakng lugu panitisipun bathara wisnu wau Anjawi punika mitra asmana lukita mintajarwanipun sekar tengahan kilap lepat tuwin leres kados ing ngandhap punika Sekar WRedinipun’ 1. palugon Pangrangan 2. Kulanthe Kalar 3. sumekar Asekar 4. Kenyadhiri Prawan Kadhiri 5. Palugongsa Tabuh gamelan tabuh gong’ 6. Jurudemung Jurunabuh gamelan anabuh demung 7. maesalangit Punika tembung jawi 8. Kusmawirangrong Panganggening kasusahan pangambeting kasmaran 9. Lonthang Legeh 10. Kuswarini Panganggenng esri, pangambeting estri

4 11. Pamiwalkung Pmisahing kangen 12. Rangsang Umob kemrangsang 13. Rangsang tubad Umob ing toya 14. Lindur Pangucaping anendra 15. Gambuh Lanteh 16. Dudukwuluh Suling wuluh 17. Balabak Kabalabag kentiring warih

Samanten punika sampun kadalih la piyambaka ingkang angaturi wredi wau, ananging sadaya gancaring wredi punika tembung tatempilan saking mitra kula ingkang martamu kasebut ing nginggil mila saupami kula kapndhutaken tegesipun malih o minta pangaksami, awit mitra kula tukang ko sampun mantuk ing wismanipun malah kula adreng nyuwun barkahipun rising bujakirana, kados amboten kewran aparing barkah leresipun sadaya wau. Kaping 28 September sangkala tinengeran waraning sarira angesthi wredi Katandhan juru taman ======\======Candhakipun cariyos Ringgit Cina Lan Pangeran The PO kakalih, punika lajeng anjarah, telas isining pakuwon dene yen parejeng rama, ulun mantuk sakedhap, nyuwun kintunan jeng ibu, barang sangu myang tatedhan. Duk myarsa tumenggung Pik In, asamar sajronig nala, yen PIkbunlyong gawe –gawe, sigra denya nyandak rotan, aken mring kajineman, pikbunlyong gitiken gupuh, bokonge ping sakawandasa. Jineman tumandang aglis, Pikbunlong wus ginitikan, anangis lan jelah-jeleh, wusnya jek kawandasa, ki Pin In sru ngandika, payo mankataa den gupuh, mulih aja luki kiriman. Pikbulyong nangis ngririth, ambateg si sanget babak, waran yen upan kudane, ki tumenggung sugal nabda, yen sira nora mangkat, mengko sun tugel gulumu,lah payo sira miliya. Pik BUnlyong piker ing ngati, becik lumakuwa ingwang, mengko kena alonalon, sigra wus ngambili kuda, Pikbunlyong sampun mangakt, mung den iring wadya saus, balane kan gkathah minggat. Pikbunlyong dahat prihatin, kalawan bokonge babak, nunggang kuda mengkreng-mengkreng, bah-abah mawi kasuran, remben ing lampahira, tan winuwus ing delanggung, wus prapta beteng Cikokwan. Kang ibu gupuh medali, tuwin kang rayi wanedya, wunya tumurun pikbunlyong, nembah marang ibunira, sarya lara karuna, kang ibu aris andangu, paran tingkah ing payudan.Pikbunlyong matur wotsari, angandhar lampahanira, kongsi prapta wusanane, tuwin denya katiwasan, pakuwonya jinarah, telas sakathahing sangu, kang rama kalangkung duka. Kang ibu ngungun miarsi, aris denira ngandika, ramak amuwonggem luweyh, wani mungsuh tedhak Tongtya, lali kang duwe praja, kang putra esri sumambung, ibu darahing srinata. Ibu watawis kawula, menggah pulunging narpati, meh telas prabu Bucakhyan, lalingong ingkng gampani, ibu bok bilih keni, jeng rama sami den rimuk, teluk mring raja putra, kang ibu mesem nauri, ramak among niki wong kaku bengkayang. Mongsa nora kelakona, babak bunya king ngajurit mengko yen uwis kerasa, tan wurung nungkul eh nini, yata sang dewi kimpi, kang putra ing ngatag gupuh, kinen rakit kintunan, dewi Ehdyan marentahi, beras bumbu ulam kinen mawrat cikar. Miwah kawarni busana, tuwin gagamaning jurit, kuning ingkang pradandanan, ganti winuwusa malih, raden Sika ing nguni, lan Pokguwan lampahipun, amundhi kimlong surat, lampahira sampun prapti, arditingsan lan raden Koing wus panggya. Rahaden Ko ing punika, satriya prawireng jurit, darbe wadya tigang legsa, ciptane rahaden Koing, arsa wuita maring, lalingong narendra sunu, nging dereng antuk marga,

5 mangkana dupi kapanggih, lawan duta raden Sik kalan Pokguwan. Tata denya palenggahan, raden Koing tatanyaris, dhuh raden Sinten panduka, dhapur satriya ing pundit, raden Sika nauri, kula yayi putranipun, sang Sikong senapatya, ngreh wadya Kyayamsan wukir, wasta kula Sika wus dadya punggawa. Kula punika dinuta, manggihi andika yayi, ang panembahan JIbica, punika igkang anuding, yayi andika tampi, surat Kimlong namanipun, inggih samongsaprapta, ing wanci dika tingali, jroning surat punika ingkang wawarah. Lan panembahan JIbica, mangakten genipun waling, lamun mituhu andika, ing wusaa dados margi, genya suwita benjing, mring lalingong raja sunu, raden Kooing miarsa dahat suka jronign galih, wus tinampen surat kang sangking JIbica. Raden Sika ing ngaturan lerep sinuga ta sami, tlan sawadyanira, watara ing tigang ari, raden Sika wus pamit, wangsulan sawadyanipun, tan winarna semana, raden Koing kang winarni, prapteng mongsa surat Kimlong gya binuka. Surasane kang nawala, lamun ing dina puniki, ana sartiya lumampah, radne Bunlyong kang wawangi, suta tumenggung Pik In, gawa cikar momot sangu, lah sira rampasana,barange ambilen sami, ya si Bunlyong iku banjur marnag wana. Karepe arep angendhat, awake den gawe mati, saking wedine mring rama, nuli tulungana aglis bunlyongya kongsi mati, rimuken prihen anurut, angetrapna paekan, ngapusi bojone Pik in, si Pikbulyong konen awak yen dinuta.boyongi ibunira, marang ing KYuyamsan wukir,lah raden leksananana, poma iku wekas mami, yata rahaden Lo Ing, sakelangkugn denya ngungun, mring awase Jibica, sigra dennya angundhangi, wadya bala kinen samegta ing yuda. Wadya sewu winitara, ingkang kinarya pangarsi, kadangira naking sanak, raden Likong ingkang nami, raden Ko Ing gya angling, kakang likong den agupuh, dika ngirida bala, nyegata ing ngalas Songlim, pinggir marga yen Pikbunlong mangke liwat. Ambekta sakehing cikar, andika rampas tumuli,kula kang manuki lampah, munggeng tengahing wanadri, manut surat puniki, sang JIbica dhawuh ipun, raden Likong wus budhal, mrih papanyegat ing margi, raden Koing begta wadya marnag wana. Wus miranti tingkahira, sang PIkbunlyong kang winarni, semana sampun umangkat, sangking Cikongwan wus tebih, babegtan warni-warni cikarnya selurneng lurung, PIkbunlyong nitiyh kuda, wdya satus kang umiring,nora nyana yen cinegat aneng marga. Lampahira lon alonan, sang PIkbunlyong magsih sakit, labet denya ginebugan, dupi prapta wana Songlim, Raden Likong kang baris, genira ngateni dangu, kongsi surya gumiwang, tanana cikar lumaris, raden Likong mojar apa iki cidra. Taksih wonten candhakipun

6 Ongka 42, Kemis kaping 20 Oktober 1881

Surakarta Kulawisudhan

Awit saking dhawuh ing teimbalan dalem sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan amarengi ing dinten kemis tanggal kaping 20 wulan Dulkangiidah ing taun JImakir angkanipun ing warsa 1810 Raden Ngabei Atmasubrata abdi dalem panewu Urdenas kinawulawisudha dados abdi dalem kaliwon pangrembe, anggentosi kalenggahanipun raden ngabei Atmadipura ingkang sampun atilar dunya, nama anunggaksemi: raden Ngabei Atmadipura, patedhan dalem lenggah siti 6 jung.

Raden Ngabei Atmasasana abdi dalem mantra Urdenas kinawula wisudha dados abdi dalem panewu anggentosi kalenggahanipun raden ngabei Atmasubrata wau, kaganjar nama Raden Ngabei Atmawitana, patedhan dalem lenggah siti 3 jung.

Para titiyang jawi taksih kathah ingkang salah panampi dhaten gjalaran tumuwuhipun sasakit kolerah, margi gadhah panginten manawi sasakit wau saking pandameling setan lajeng angowontenaken isarat ingkang tanpa damel o manawi ing masa pageblug mangkten punika para bongsa kula tiyang jawi boten angatos-atos utawi tumemen dhateng isarat ingkang pancen mikantuki, kaddosanpun amasthi badhe amesakaken.

Saking pamrayogi kula para ingkang mangretos samiya anyumerepnyumerepaken dhateng tanganipun ingkang kenging dipun wastani taksih sanet busukipun utawi dereng pisan-pisan kalepetan dhaeng seserepanipun bongsa walandi. Ingkang sanget andadosaken anyeling manah dene kathah tiyang jawi ingkang wicanten makaten: isarat isarat apa, becik padha sumendhe ing allah, yen pancen wis takdire mati iya mati, yen mangkaten punika kula boten mathuk sanget margi gusti Allah dereng karsa andhawuhaken pasthen utawi takdir dhaten gsatunggaling titah manawi anggenipun ihtiyar dereng katog bilih sakathahing sarat ingkang katandukaken tanpa guna, lah ing ngriku dhumaah ing takdir rolah, sumongga ta kagaliya rak inggih mangkaten.

Wonten ugi tiyang jawi ingkang ing mongsa pageblug punika boten purun tilem wontening ngamben nanging naming angluntung wonten ing siti kemawon pamrihipun manawi setan ingkang bekta sesakit dhatengpiyambakipun sampun ngantos kamanah manungsa, ananging kamanaha sato kewan dene angggluntung wonten ing siti, lah pratikel mangkaten punika boten saged anebihaken kolera, nanging malah anyelakaken.

Kala dinten malem SEnen angrintenaken wulan kaping 10 dulkangidah wancijam 9 ing tanjugn Anom wonten griya kabesmen cach wuwung telas 5 iji, sami griya welit sareng wanci jam 5 enjing, sakidulipun caket wonten griya kabesmen malih cacah wuwung telas 3 iji, ugi sami griya welit, wasana kala ing dinten akat wage tanggal kaping 16 wanci jam 2 siyang, ing dhusun cemani wonten griya kabesmen caah wuwung telas 7 iji, sami griya welit, sareng dinten malem jumungah nrintenaken kaping 21 wanci jam 8 sonten bawah mangkunagaran celak ing satabelan kampugn Grobagan titiyang ngriku nyepeng dursila esri 2 iji, jalaran kadangangan anggenipun anyuleti griya, tujunipun latu lajeng pejah katungkepan ing tandang, sarta dursila

1 kapikut yen ta saestu wangrebda urubing latu, sapinten kasusahanipun tiyang ing ngriku, margi kathah griya welit utawi sirap ageng-ageng. Kintunan.

Tiyang wsta Wriya Semita, kuli dhusun Grasakdhawung, dhisrik kutha SRagen nalika dinten Akat tanggal ping 18, September, 1881, gadhah damel mantu anglakekeken anakipun esri wasta PIthi, wektu punika sawek jagongan midadareni tamu salong sampun dhateng , wusana bokipun bekel kasurupan lajeng nedhani gendhingan gambir sawit,, boondhet, sareng kinten dumugi ing jam ½ 10 dalu, nunggil waktu,Wiryasemita medal badhe toyan smerep priyantun 3 sami numpak kapal wonten nglatar, ulesipun kapal sami abrit sareng dipun celaki boten samara, bilih panjenengan ipun dara menggung, akaliyan raden ngabei kaliwon ing Sragen,abdinipun satunggal dereng trang namenipun, raden ngabei Kliwon citra dirja lajeng nimbali dhaeng pun Wirya wau makaten, Wirya, aku terna mrono ngidul sadhela, Wirya wangsulanipun kados pundit dara tiyang sawek gadhah damel makaten, dhawuhipun ora aja kakeyan gemengder, sadhela bae, rehning rumaos tiyang alit saha kang dhawah pangangggengipun inggih lajeng dherekaken, kadhawahan bektaampilan songsong utawi lopak lopak slaka mawi beri, dene songsong mawi seraat prada, mawi pethak ijo, angggenipun dherekaken mangidul pagnraos curut wadinan ageng, antawis sakedhap lajeng dumugi sacelakipun dhusun Kemuning Gunung Lawu, tebihipun saking dhusun Grasak kinten 1 ½ pos saeng punika Wirya dumugi ing ngriku, nyuwuyn pamit wangsul, ananging kadhawahan dugekaken mangidul sakedhik Wirya boten purun, meksa badhe mantuk, jalaran tilar tamu jagongan, raden ngabei kaliwon lajeng marengaken saha maringi betuwah warni dhuwung, rong ka andhon pendhok balok ukiran tunggak semi, dhawuhipun iki gonen masiyat, songsong lopak-lopak kang kaampil kapundhut, wujudipun dhuwung kang kaparingaken dhapur penguthik nami alit tosan saking Cariyosipun ngakathah dados tosan buda, naming nalika dipun tampeni, saking kang maringi, pengraosipun Wirya rongka kajeng timbong ngaecok, pendhok mas, sareng wangsulipun sacelaking dhusun Kemuning wau, sakedhap lajeng dumugi Jagaraga (Ngawi), kitten saking kemuning 2 pos, lajeng kalunta-lunta, pangraosipun dumugi brubuh Ngrembe (ngawi), sareng tanggal ping 30 September 1881, pukul 9, dalu Wriyadumugi griyanipun piyambak, dene anakipun sampun kalampahan kapanggihaken, makaten malih lampahipun Wirya lamenipun, 11 dinten wau, panraos inggih taksih nunggil dinten mawon, sadangonipun lumampah boten kraos badhe tilem boten kraos badhe nedha, ingggih mlampah margi ageng, naming boten nate nyabrang lepen boten wonten jurang, boten minggah redi, mongka punika papan pareden wontena jurang lepenipun boten kantenan, salebetipun lumampah boten wotnen dalu boten wonten siyang, boten wonten surya boten wonten lintang rembulan kados wanci enjing dereng medal surya, boten kapethuk utawi miring suwantenipun tiyang, naming padhusunan utawi kakajengan ingggih wonten sadumugenipun griya, anak rayat sami nangisi, pungkasanipun bingah, jalaran sampun kalapuraken parentah bilih kakinten ical katedha sima utawi pejah boten kantenan slajengipun Wirya kapriksa parentah, kabupaten dlasan dhuwungipun aluripun kados ingkang kasbut nginggil wau, sapunika dhuwung kaparingaken wangsul dhateng pun Wirya Semita, minongka dadosa pusakanipun punapa dene pun Wirya SEmita sadhatengipun ing griya wujudipun nerang sanget, saha mripatipun katingal ngewok, sapunika wujudipun tiyang taksih. Katandhan pun KOndhabata

2 Madiyun Kacariyos amarengi ing dinten Akad wage tanggal ping 9 Oktober 1881 wonten tiyang estri prawan awasta pu nSArijem umur 20 taun anakipun rondha nami bok Iradikrama, griya ing kampong Pangungkakan wancijam 8, enjing sampun mangkat dhateng ing pekin badhe atetumbas awarni panganan ulam ulam kirang langkugn anggenipun balonja telas 3, rupiyah, awit dening ing wektu punika pun SArijem badhe gadhah damel mantu, dene ingkang kamantokaken inggih punika jolang jalingan, sareng wancijam 4 sonten dhaup baken bok Penganten ngiras buwuhan awit dening sampun maratah dhaeng sakathahing prawan ageng alit sadaya samya kemerut buwuh, wondening anggenipun sami buwuh wau, wonten ingkang kalih teng, wonten ingkang nyuwang, wonten ingkang nyeteng, ananging sadaya ingakng sami nyumbang wau, ugi kasukanan angsul-angsulan sekul tuwin panganan kados punapa kalimrahanipun tiyang mantu. Boten wonten ingkang kula gumuni, among gumrahing pawestri ageng alit angggenipun badhe buwuh, saweneh wotnen ingkang wicanten makaten ayo ayo padha nyumbang menyang gone sarijem mantu: sarijem mantu, saweneh wotnen ingkang wicanten makaten: apa ta apa, sing dimantokake, dene isih prawan nganggo wus mantu, wangsulaning kang tinakenan kang dimantokake jolang-jhalingan nganggo jadah jenang opak tape lan nyembelih sapitik kangggo ngangsul-angsuli kang padha nyumbang. Mila sanget eraming manah kula dene wonten akal ingkang ngajeh-anehi, awit yen kawastananna, among dolanan boten prelu dumugi ning jadah jenang, tuwin mragat ayam, Sareng jam 6 sonten kula lajeng aleledhang, prelu anyatakaken punapa mangertosipun dening wonten akal ingkang kados makaten wekasan kula lajeng pitaken dahteng tiyagn sepuh-sepuh ingkang celak ing ngriku,s arehning pun sArijem wau satunggiling prawan ngantos umur 20 taun teka dereng angsal jodho, sarta dereng priksa raosing pedhes asin anggening gadhah damel mantu wau, wit saking pangandikaning kyai dhukun kang supados tumuntena angsal jodho, saha pinaringan reja tuwin puputra ingkang sarta lajegn sageda ngimah-imahaken anak ipun kados dening anggenipun dhaupaken jolang-jalingan. Kintunan ======\======Kula maos wiraosipun rising Jaka Pekir undhagi, inang kawrat ing serat pasamuwaning bramartani ongka 37, amratelakaken bilih ing nalika dinten bakda puwasa, warsa JImakir ongka 1810 sumerep janma manungsa jalwestri sepuh anem ingkang sami pitrah dhumateng kyai kaum wotnen ing dhusun endrakiila, ingang wukiripun patilasan partapanipun risan gdananjaya, pamadyaning pandhawa, jamaning kadewatan punika kathah ing manungsa wonten ingang ngemis pitrah jalaran saking langipipun tegesipun malarat punika kyai kaum boten amarengi, rehning sawek boten gadhah sanget lajeng kadunungaken nyambut dhumateng kyai kaum kawates bayaripun ing dinten bakda sawal ingkang manawi boten saged bayar dinten bakda sawal badhe katikelaken. Punika saking karsanipun rising Jaka Pekir undhagi boten arujuki, jalaran wotenipun pitrah wau among sitkah, inggih sakepapangipun. Ingkang punika, menggah saking karsanipun rising Jaka Pekir undhagi, semanten wau, kulak ok boten patos dherek awit pitrah wau sampun kasbut wonten ing salebetipun kitap pekih, leres sanadyan sampun kasbut wonten salebeti ing kitab boten kaangger, bilih tyang sepuh 10 sen lare 5 sen anggenipun lajeng kaangger semanten wau, embok manawi saking anggenipun ngatingalaken sarengating ratu ing mongka

3 sinten ingkang boten miturut pranataning ratu, saestu bilih badhe anandhang duraka, tegesipun tampi pangajaran supados kapok lajeng miturut punapa dhawuh pranatan sarengating ratu, ingang sampun sami dipun pati, manungsa kathah. Wontenipun manungsa, ingkang sampun kara amedharaken nampik sarengat ingkang sampun boten karsa dhahar eca, amngangge sae, utawi sare, pakumpulan kalayan tyang kathah, tegesipun ingkang sampun kados umukipun serat sejarah, tabe tabe, para wali, kados ta She Sitijenar, utawi kanjeng Sunan ing Pengging, apesipun kados panembahan Rama, ing Kajoranpunika sampun sakarsa anyatakaken bucal sarengat boten karsa miturut parintahing ratu, mongka ratu punika kasbutaken bilih wawakiling pangeran ingkang murbeng baana, purbawasesaning pangeran wonten ing panjenengan dalem ingkang sinuhun mongka wonten ingkang maiben inggih kalampahan boten dumugi wonten ing ngalam donya, nanging yen ingang kasbut tiga ing wau, ing ngatasipun tilar dunya sampun kagampilaken kemawon wangsul manungsa wekdals amangke, kados among kendel wontening riaosan kemawon boten wonten kanyataanipun. Mila panuhun kula dhateng para sarjana, ingang ambudi bongsa gaip sanadyan sampun pinanggih, sampun ngantos kawedhar, akdos pun jaka pekir waskitha, Atur kula sadaya wau para mantra mugi ngaksamata, rehning kula punika lare dhusun tampingan tanwruh ing Yudanagari. E Karang Pajok kaping sikara, Dulkangidah, ing warsa Jimakir, sinengkalan Nabi Murti Yekti Mekrat Kula un Jaka Mudha ======\======

Sambetipun cariyosipun Sayid Abu Sabar ing Jaman Kina SAreng para tiyang wau sami boten kadugen sejanipun nunten mantuksowang- sowang, dados boten saestu sowan ing sang raja. Salebetipun dhusun wau wiwit kala samanten risak kados kenging ing wewelak tiyagnipun kathah sami ngalih dhumaeng dhusun sanes, tilas pagriyanipun ingkang aliyan rungkut kathukulan taneman ingakng boten pantes wonten ing pakarangan sangsaya lami sangking wewah risakipun malah boten antawis lami sacelakipun dhusun ngriku, dipun sab ing sima galak, kantos boten kenging raja kaya kapencil sawatawis sirna katedha ing sima wau: tiyagnipun ing dhusun ngriku priatos tungka tungka kacilakanipun lajeng samikalempakan sowan dhateng sayidi Abu Sabar, anaringaken rembak anggenipun badhe mejahi sima, wangsulanipun sayid Abu Sabar: kula nyuwun pangapunten amargi kula boten nywaweni rembag punika, awit menggah ing kula kedah among narimah ing satitah, jalaranipun kala rumiyin kula sampun ngunjuk toya sabar, mila bilih wonten prakawis dhumawah ing badan kula, kula sampun boten gadhah budi daya malih, kawontenan kula among sabar, tiyagn wau lajeng sami pamitanmantuk dumugi margi gelenging rembagipun saestu badhe mrawasa dhateng sima galak wau, nanging sejanipun ugi booten kadugen awit sima sampun boten wonten. Kawartos boten antawis lami sang raja ratunipun ing nagari ngriku bebedhag, tindak dalem kalunta-lunta dumugi ing dhusun risak wau, sang raja semu ngungun andulu risakipun dhusun dene kantos sepi sarta rungkut mangkatenmongka rumiyin samun mriksani dhusun punika reja asri tata, sang raja kedah adreng andangu darunanipun lajeng amatah punggawa ingkang prayogi nimbali sawontenipun tiyagn ing ngriku satunggil utawi kalih, boten watawis dangu wotnen tiyagn kerit dening utusan sang raja selak boten tahan anyarehaken karsanipun lajeng andangu dhateng tiyang dhusun wau, eh apa sababe desa iki biyen asri reja atata, teka samengko rusak mangkene:

4 ingkang kadangumunjuk inggih gusti, wiwitanipun makaten taun ingkang kapengker panjeenngan dalem utusan mundhut bulu bekti kados ingakng sampun kalampahan ing saben kala masa ananging sawenehing tiyang saking sakathahing utusan dalem wau satunggil nindakaken patrap boten prayogi, kalampahan dipun pejahi dening tiyang ngriki, pejahipun utusan dalem wau kados nunten konjuk ing panjenengan dalem ananging aturipun kiyanat boten ngaturaken saleresipun ing babasan kon tul dipun ungelaken dhandhang, dhandhang dipun ungeli pun kontul kacihna panjenengan dalem utusan wangsul malih, mlaksana dhateng tiyang ingakng samilepat kantos sangsara kaesi-esi sanget. Sapengkeripun utusan dalem tiyagn ingkang kaplaksana pirembagan gelenging rembagipun lajeng ngungsi dhateng dhepokipun Sayidi Abu Sabar, awitr Sayidi Abu Sabar boten nywaweni dhateng rembagipun pun sangsara, wangsulanipun malah angicalaken karkat amargis ami kapurih narimah ing satitah kados pyambakipun awit pyambakipun kala rumiyin sampun ngunjuk toya sabar, mila saben wonten punapa-punapa pinanggih ing ngawakipun boten mawi kabudidaya malih, kawontenanipun among sabar, ingakng kasangsara ingggih miturut narimah lajengmantutsosowangan, boten antawis lami tiyang ing dhusun ngriki manggih ribet malih,s abab sakiwatengening padhusunan dipun saba ing sima galak kantos boten kenging raja kaya kapencil sawata wis kamongsa, konca-konca lajeng kalempakan anaringaken rembag dhateng sayid Abu Sabar, prayoginipun mejahi ama wau, wasana wangsulanipun Sayid abu Sabar inggih boten nywaweni, kados wangsulanipun nalika dipun ken anglantaraken sowan ing ngarsa dalem badhe ngaturaken urus bab pejahipun utusan dalem rumiyin mangkaten sababipun risakipun dhusun punika,awit tiyangipuns ami lajeng boten jenak wonten ing dhusun ngriki, nunten ngalih dhateng dhusun sanesipun. Sang raja salebetipun mirengaken ing watekipun sayid Abu Sabar sampun wiwit duka, sareng sampun rampung aturipun tiyagn dhusun wau, boten kenging dipun ampah dukanipun dhateng sayid Abu Sabar, awit dipun galih tiyang nyidhem pramanem lajeng utusan abdinipun sawatawis kathahipun dikakaken nundhung ing sayid Abu Sabar saking dhusun wau,s akesahipun sayid Abu Sabar dhusun ngriku kasaaenanmalih, lami-lami pulih reja asri atata Taksih wonte sambetipun Katandhan Ajar Ngabdul Padail ======\======Candhakipun SErat Purwa:Krimataya Waktrika paran kaptitan, wande jaata nuruti, sanista reng tyas tuwmitah, tahanayu lan durkapti, jaata taman penging, anging taman sah jinurung, cerurungkati pangkat, karekatira pribadi, dinta kapti dus kartengrat tuk citraka. Kang tama emen tinemah, temah mamahyan basuki, kintata kakang Wraktrika, teka legowo eng westhi, esthanta weak putrid, risneng sun srudadya sunu, sun dhaupken lan putra, amnira ing kadipatin, sisetya kalalu ngong dhirikenata. Ing Dwarawati rpajengwang, kinta pantes mangemongi, nahan ta arya SEtyaka, ya gyat mursa saking jawi, tumragala mebyaglis,ngunadikanireng kalbu, buh budheg pamyarsengwang, wangune kadya pinikir, lamat-lamat kadya putrid la Setyaka. Setyaka prapteng byantara, tamanana anggraitani, manembah resi waktrika, sumongga ing ngasta kalih, lega ing lair batin, patrikbra darmi satuhu, rumekseng putranata, kanangsang raja pinutri, kacendheging warta lami tankawedhar. Ugyanira neng graharga, sribupati saparari, nahan gancanging carita, tugging ridi soma manis, sang retna puspa wait, lestari dhaup nya sampun, lawan arya SEtyaka, raja putra Dwarawati, ingakng garwa putrid ing Srawantipura. Bawat tan taman kawarna, nalar panggihing pangantin, runtut genya parakrama, ardasuka sribupati, tan tara dinten malih, narendra Kresna umatur,

5 ingngari darma wongsa, dhuh yayi Yudhistiraji, jumurunga kakanta seleh karatyan. Tan lyan dhateng pun Setyaka kang mengku ing Dwarawati, matur prabu Yudhisthira, sumongga mba mangastuti, jurung ing ngestreni, nihan pamadeging prabu, dhumateng putra kula, styaka gumantya aji, sribathara Kresna sigra paparentah. Marang sagung pranarendra, satriya punggawa mantra, padha sira estokena sun ikilumung suringji, den ta ingakng gumanti, ARya setyaka suteng sun, jumeneng naranata, neng nagri ing Dwarawati,paparap baiya sang prabu Setyaka. Lawan malih garwanira, sang retna yu puspawati, samene ki peparaba, etna dewi Setyawati, sori ingdwarawati, mungguh mangya inyanipun, sukanan di si edhang, tulusa gone ngembani, salakine rising bagawan waktrika. Mangkya ngong sungipaparab, rising resi prajawening, tetep dumadi tuwaga, pandhita ana ing ngukir, pawong reh ngong paringi, desa kiwatengenipun, sacaket reewataka, sandika kang sinung angling, samuanya jumurung mangayubagya. Kuneng ta Prabu Setyaka, lajeng mareg mangenjali, saha sadayitanira, sang kusuma sang Tyawati, sarta sang Wiku gipih, manguswapada sang prabu, wusnya satatalengggah, bathara Kresna ing nyaris, dhuh ta kakang Maharsi kawruhanira. Linggar manira sing praja, lawan prakadeyan sami, angajab marang pamet rat, benjing yen wus duging nagri,s amene kisun apti, maminta ilmu ta murut, Pametrat sakawasa,nira karya sraneng lalis,angleesi praja ing dupi miarsa. Ngungun pra swaspareweyan wotsari mangasih asih, dhuhdhuh bathara kawula, taman sengguh salutut pring, lamun makaten gusti, esthining ripta sang prabu,raos margta ratban, angleslele senig senig, sinepa lir aganingmangemut gula. Sadangu ngler eca-eca tan wrin nisi cal ing lathi, sanget kaduwunging manah, kecalan raos ing gendhis, karaos sampu anis, duk wau kula pukulun, sadangune neng ngarsa, sru sukaniira pun dasih, duk miyarsa pangandika sri narendra. Keclaping ATma tanana, makaten karsa narpati, lir wong tinepan mong tuna, gegetun mangemut senig, dhuh inggih inggih gusti, muhung pangestu pukulun, dhumateng pun Waktrika, gangsir mangastuti, datan lami dasih tahan duduk metrat. Sri Bathara Kresna anandika arum, sukur bok tuhu ngantepi, ing pamitr isih lulut, mangalaksanan ken ing becik, dhuh Waktrika kadang ingong. Yeku tuhu tuhu utomeng tumuwuh, taman sah manglilingi di, dadi tanpegat rahayu, yuwana tugging kapatin, mantep masthi kasayektos. Wus mangkona tan winarna lamenipun, sang nata lawan parari, tamansah ing saben dalu, gunem rasa lan saresi, panetrat ywa kaliru don, Saha mamrih birai sajroing kalbu, bubucang wswasing pati, tinatumandimen tamtu, tantunaba sukyeng pati, tinata durunge klakon. Duk Samana wus wantara lamenipun, sadaya wus samya pamit, ing waktrika sang ngawiku, kundur mring Ngastina nagri, budhal gumuruh ponawong. Sangaprabu setyaka maksih tutpungkur, sagarwa dyah Setyawati, saha inyana ra tumut, saha sira sang maharsi, dherek kundure sang katong. Ngidul ngetan lumaksana nyang sang prabu, denya ngubengi nagari, ayun ming samodra kidul, lalangen turut pasisir samarga lampahira lon. Ing samarga tansah rarasan mrih ilmu, saha sagunging parari, ing pati mamrih rahayu, yuning ngrat patipatitis, anging taman winiraos. Wus mangkana wau lampahnya ang prabu miwah sang gunge parari, tugging sarawita dhusun, sadaya kagyat duk mesi, ana sajugestri sepoh,. Estri wau tansah genira neng sumur, ngimuri mur lir wong baring, tansah genya nimba sumur, lamun wus pikantuk warih, toya winangsulken desok. Sawusira sinuntak kan ponang banyu, wasana lajeng manangis, animba malih gumuyu, mangkonapa lami-lami, nahan sagung para katong. Sami ngungun duk umyat pratingkath wau, pakewet tangguh ing galih, gmulat pratingkah kadyeku, nulya pinarpekan aris, bathara Kresna tanyalon. Dhuh ya nyai mindelakintaka ruhun, sapa sira panengraning, sinambat de kakadyiku, paran daruna nyadhingin kadinangu kagyat dhodhok.

6 Taksih wonten candhakipun Semantri

7 Ongka 43 Kemis kaping 27 Oktober 1881

Surakarta Ing nagari ngriki tuwin ing Yogyakarta sadangonipun wonten sasakit saking karsa dalem sang nata kala kala angideraken wasiyat dalem kraton ingngriki kyai Salamet ing Yogyakarta kyai Tunggulwulung sami kaampil para abdi dalem ngulami, punika kula cumanthaka sanget anjurungi ing karsa dalem awit sampun tamtu dudunungipun para kawula dalem wonten ing naari kakalih wau: naming angalab berkah dalem pramila karsa dalem wau ing saestu badhe anuwuhaken tentreming pakampungan pamuhi kula karsa dalemmugi mugi kabula. Katimbang kaliha nagari: Semarang, Batawi tuwin Surabaya, nagari kula kakalih kenging kawastanan sanget ing mulyanipun menggahing nagari titiga wau tiyang ingkang pejah kaambah ing sasakit sapunika sampun ewon ing nriki salebetipun wulan punika kirang langkung naming kalih belah tiyang, ananging ing mangke sareng wonten dhawahipun ingjawah, ing nagari titiga wau sasakit inggih sampun kathah mendhanipun. Sarehning kuwasanipun manungsa bilih wonten bebenduning pangeran ingkang wonten naming apasrahi Allah, ewadene taksih wonten malih ingkang kedah dipun lampahi, inggih punika Ihtiyar, pramila ambok inggih sampun anandukaken patraping gugon tuhon Ihtiyar wau tegesipun angupados bilih dipun lampahi makaten saestu badhe kapanggih, sanadyan para empu ingkang sampun kawentar ing wegigipun sami dereng saged gumathok pratelaning tumuwuh ing saakit wau, ananging sampun sami angyektosi, bilih ing masa ingkang sanget ing benteripun punika sasakit wau angsring angsring andhatengi, awit benter anuwuhaken hawa awon hawa awon anyarambahi dhateng tatedhan tuwin dhateng toya, pram,ila sakalangkung prayogi bilih ing masa makaten para tiyang saged anyegah tuwin angatos-atos dhateng tatedha ingkang kecut ingkang amis sarta pedhesing lombok lan malih angombe atoya godhogan menggah sirnaning awa awon wau kalawan resikan inggih ta boten saged anyinakaken ananging saestu wonten kaotipun. Katur kaping 2 wulan Besar, Pasemoning warsa Sujanma samadyaning cipta ruhur Pudyarja.

Rare jaler kakinten ngunmur 5 taun anakipun kaji Jaka Riya ing Karang Puluwan dhistrik Jatinom punika sukunipun kakalih kinten among: 1 kaki panjangipun wondening bilih lumaksana ingkang tumapak ing siti among bokong kalayan talapakanipun ewa dene taksih anggumunaken rare wau lumintu pandamelanipun saben dinten angarit mendhet rumput saha angen kambangan salebetipun kaji kariya awaweka rare wau katingal kathah kabejanipun wiwit rare sampun kathah tiyang ingang welas andulu wujudipun sami anyukani arta saha tatedhan.

Dahana Nalika wulan ingkang kapengker punika, para tiyang ing dhusun ARgabelah kaleres sukuning ardi Marapi ingkang sisih ler wanci jam 8 sonten sumerp dahana ageng ipun saobor, cacahipun tiga iji, mijiling dahana wau saking ardi bibi sawetaning ardi Marapi, dahana umalorot aniyub mangandhap para tiyang sadhusun wau lajeng sami angungelaken tengara kenthongan saha wonten ingkang andhodhogi gedheg dahana lajeng andhawahi gubug-gubug ingkang sami wonten ing pategilan ngriku: wonten 8 iji sareng kemawon anggenipun mubal kabrastha ing dahana ingkang lumaksana wau, punika sakalangkung anddosaken eramingmanah ipun ingkang sami amirengaken

1 menggah dahana wau lugunipun punapa, saupami pakretining durjana mokal sanget amargi tatela mijilipun saking ardi bibi saupami tiyang boten saged angambah ing ngriku,s analika wau tiyang tanah pareden anggenipun amastani warni-wrni saweneh wonten ingkang mastani dahana sasakit saweneh wonten ingkang mastani dahana wau awaning sela ardi bibi, amargi ardi bibi wau among wujud sela satunggal boten kaselanan padhas utawi siti, sareng mempeng kasoroting diwangkara lajeng amijil awanipun kula panjangaken pamanggih kula malih ing ngatasipun ardi Bibi kalayan ardi Marapi sami ardi sela boten mawi kacamboran padhas utawi siti, mongka taksih ageng ardi marapi soroting diwangkara sami kemawon teka ingkang medal awanipun ardi bibi, ardi marapi boten medal awanipun mila taksih andadosaken kodhengin gmanah kula Jaka Marapi.

WEkeling panggaotan Kula mentas lalana dhateng ing wukir Marapi, ingngriku kula sumerep patrap- patrapipun tiyangingkang sami gagriya ing sukuning wukir andadosaken pangungun kula, para tiyang katingal kathah ingkang cekap pangupajiwanipun jalaran saking mempeng pambudinipun sadaya tiyang kuli punapa malih bekel griyanipun awangun joglo, balungan saha korining griya balabag kaeng dhadhap sakanipun kajeng pakis galar, malah wotnen ingkang gedhegipun gebyog kajeng dhadhap sadaya tiyagning ngriku sampun tamtu darbe ingah-ingahan kewan lembu maenad apesipun kalih iji, panggaotanipun tiyang jaler sanesipun dhateng pandamelan parentah wajibipun saben dinten anggarap amacul ananemi ing pereng-perenging wukir ingkang sampun dados bekipun kataneman kenthang kobis jagung sasaminipun panggaotanipun tiyang esri punika sakalangkugn kathah ,tangi tilem anci enjig sasampunipun areresik salebeting griya saha salebeting kandhang lembu lajeng angangsu mendhet toya dhateng jurang ingkang lebeting jurang boten kirang saking 100 elo, sasampunipun kinten anyekapi toya toya ingkang badhe kaangge, lajeng dhateng tegilan angent lembunipun miwah angarit mendhet rumput dhateng ing punthuk sukuning ngukir antukipun ngantos sonten sassarengan kalayan jaleripun ingkang mentas saking pandamelan paentah utawi saking anggarap pategilan tiyang ing ngriku amboten wonten ingkang maarem anedha sekul uwos ananging ingkang katedha sadinten-dintenipun among sekul jagung, wondenign anggenipun angolah sekul jagung wau saben 6 dinten sapisan amargi among kaedang sapisan ngantos dumugi nem dinten aboten saged bosok utawi mambet sanesipun kalayan sekul uwos bilih dinten pekenan tiyang estri sami ambekta daganganipun kenthang kobis sasaminipun tutuwuhan tanemanipun piyambak bilih estrinipun pinuju dhten gpeken jaleripun ingkang nyangkul pandamelanipun angen saha angarit mendhet rumput pangingahipun lembu wau amboten kaangge anggaru tuwin maluku, ananging among kapendhet talethongipun kaangge rabuk tatanemanipunbilih wulan ruwah siyam besar sura mulud punika para tiyang ing pareden wau sampun tamtu amragat lembu kaangge sidekahan sangsaya bilih wulan sapar kasebut bersih dhusun punika ingkang sampun limrah kadamel ageng. Tiyang tanah pareden katingal kathah ingkang cekap pangupajiwanipun amargi saking sami wekel taberi amboten wonten tiyang ignakng a,boten nyambut damel. Amboten kados tiyagn sak kula inking dumunung ing salebeting kitha-kitha, kasebut tiyagn tanggel tiyagn estri amboten wonten ingkang nyambut damel ananging among anjagekaken panggaotaning jaleripun mongka sampun tamtu ing ngatasipun tiyang jawi sak kula bilih panggaotanipun tiyang jaler tamtu amboten anyekapi kaangge anedha sadinten-dintenipun mila kathah ingkang sami anandhang kasangsaran kablebedipun bilih sampun rekaos pangupajiwanipun mongka pamedal ingkang

2 dereng dipun lampahi sampun katedha rumiyin barang pangangge sampun resik lumebet ing griya pagadheyan punika jaler estri kantun thenguk-thenguk sarwi ambarebes mili. Sareng kula sampun aniteni saha sampu anglampahi tiyang saksami kula ingkanglumampah damel gupremen saha ingkang andherek para tuwan tuwan mardika utawi tuwan tuwan tanah, ingkang pamedalipun ing dalem sawulan amboten kirang sking 10 rupiyah, wonten ingkang taksih andadosakenkaangsaran amboten saged ajeg panedhanipun jalaran kirang pangatos-atos akirang pambudinipun malah kathah tiyagn ingkang tampi blonja saben wulan wau ign saben tampiniun among kantun angetang tumanjaning dhateng sambutanipun punika ingkang anambahi kasangsaran. Tiyang ing tanah pareden wau kenging kaangge tuladha saking wekel sarta saking taberinipun kados tiyang ingkang sami anglampahi mangakten badhe anyuda kasangsaranipun Kintunan

Samarang Nembe punika ing kampong Ptempen wonten tiyagn gadhah damel ananggap ringgit purwa lampahan bratayuda, sareng kakinten jam 4 engleresi prangipun arya Wrekudara, kalayan Pabu Suyudana ng Ngastina, saeng sang prabu Suyudana keniginada dening Wrekodara angemasi, sanalika wau dhalang ingkang amayangaken anggaledhag kalajeng palastra tanpa sarana sakit ringgit lajeng bibaran andadosaken pangungunipun tiyantg ingkang sami aningali. Bilih para gugon tuhon sampun anamtokaken pangintenipun sakinganerak lalampahaning ringgit wau, amargi bilih tiyang jawi kathah ingkang nyirik lampahan wau.

Bandhan Nembe punika wonten satunggal tiyang ing kampong Perekwalang,, kalebetaken ing griya pamulasaranign tiyagn sakit salebetipun tiyagn wau nandhang sakit amireng pawartos bilih semahipun sampun remenan kalayan saenehing mandhor, sareng sampun mantuk saking griya pamulasaraning tiyagn sakit tiyang wau lajeng dhateng griyaning mandhor boten saronta, pun mandhor lajeng kasabet ing daadamelipun pedhang tatu kathah ngantos kantaka, ing ngriku tiyangingkang anatoni wau lajeng sowan ing ngarsain gpulisi, amrasajakaken nalar nalaripun saha amasrahaken jiwaraganipun sanalika kapusara lajegn kelebetaken ing kunjara, tiyagn ingkang kataton lajeng kalebetaken ing griya pamulasaraning tiyang sakit.

Persi Nembe punika para tiyang ing kitha Kird sampun ambalela panjenenganipun Sahing Persi, wondening ingkang sampun kagepuk ing kitha Miandhowab ingkang dados senapati anama Abedilla, ananging kabalu andening tiyagning Persi anama Jalil Aga, dupi sang nata sampun tatela pamiyarsanipun Jalil Akinen amikut saha kalebetakening kunjara, sanadyan nalika kapriksa taksih kenceng pamukripun boten rumaos ambabalui, sang nata lajeng andhawuhaken Jalil Aga kedah kapatrapan ukum pejah. Sadumugining dinten ingkang katamtokaken wanci enjing ing ngara-ara sampu nkapasangan satunggal mariyem ageng, saha sampu mawi kajagi ing prajjurit saeng kakinten jam 12 siyang, jalil AGa kawedalaken saking kunjara sampun mirantos kaurung-urung prajurit saha tambur salompret ing wingkingipun malih para kaji,

3 sadumugining panggenan mariyem jalil aga mukanipun kadunungaken leres lomponganing meriyem saha mawi katengakaken manginggil ing ngriku para kaji lajeng sami salat wonten ing sakiwatengening jalil AGa, mariyem lajeng kasulet sanalika punika jalil AGa sumyur kuwandhanipun sumibar ingjumantara, wondening ingkang kakukup warisipun among babalunga kaklempakaken saangsalipun. ======\======

Kang kacriyos ing pustaka warti ongka 42 wonten mitra kula ingkang giyaraken wangkotipun rising gugon tuhon kados ta wonten saenehing tiyang saking anggening sumedya anyingkiri sampun ngantos kasrambah ing saasakit kolerah ngantos anandukaken isarat saben saben tilem ing wani dalu galosotan pala lemek ciptanipun murih boten kadenganan dening ingkang asung sasakit patrap makatenpunika sakedhik sanget gumuning manah kula, awit dereng kawical anggumunaken kados tiyagn ing kampong Jagalan angggening adamel isarat ngantos anyirnakaken sisipatan menggah patrapipun kados ing ngandhap punika. Sampun sawatawis dinten kula aleledhang badhe martuwi mitra kula ing kampong Jagalan sareng dumugi ing Margi alit sacelaking karetek wonte nsabawaning tyang, rainipun katingal dipun calerongi angus sarta enjet mawi anyangking lading panjang, nalika sawek katingal sagebyaran manah kula kumepyur aterataban saleebtipun kanggeg agen kula lumampah, kedyating manah anuwuhaken gugon tuhon makaten e, iki baya dudu manungsa, bokmanawa kang kaanggep utusane kanjeng nyai Kidul sareng ingkang mamba setan sangsaya celak kula waspaosaken tetela bilih manungsa, ingngriku sangsaya sanget susahing manah, awit kula gadhah kinten yen punika tiyagn ewah, ing sarehning margi kang kula ambah alit tanpa sisimpangan mongka tiyang kang mamba dhemit ambekta dadamel kekesing manah tansah adreng rumaos boten saged nyapih, jalaran sumela bok manawi dadamelipun katamakaken mila saksana kula enggal awangsul ngaciprat sareng dumugi ing wradinan ageng, kula kapethuk mitramba, kula lajeng anyariyosaken kawontenanipun lah ing ngriku dahat sukaning kang mitramba sarwi amrasajakaken yekti ning kang mamba dhemit sareg kula sampun amirengaken pratelaning mitra kula wau, anet jetunging manah sak pandurat boten amangsuli, ciptaning manah among rumaos kaduwung, anggen kula nunjang palang wau, mila saknalika punika kula tansah angasih-asih supados mitra mba andedahna panggenaning kang mamba dhemit mitra kula ugi amituruti, sanjang dumugi ing kampong jagalan kula anyumerepi ingkang amimba dhemit punika boten among satungggal nanging cacahipun sawatawis iji, saha boten among tyang jaler, nadyan para estri inggih wonten ing ngriku kula apitaken makaten dhateng kang mamba dhemit kang bok ayu, mungguh patrap panganggo sampeyan mengkoten niku, purih e napa, lan sing akon sinten wangsulanipun: o, dika niku napa dereng krungu wawarta: dhi: yen adina niki kangjeng nyai angypaya prajurit tuwin pasedhahan setan kan gdiutus maewu-ewu, padha ngambah nagari ngriki dene gon kula nganggo calerongan angus lan enjet niki, kula gawe anggigiro rising duta anduratmaka nyawa, supaya ampun nganti andhadhung gulu kula, mulane dingatiyati, adhi, ing sarehning kula selak boten saged angampet gumujeng kula, mila dereng ngantos cariyos panjang: kula lajeng kesah, ingkang andadosaken gumuning manah, dene wonten setan dipun gigiro sarana carlerong-calerong angus. Kintunan ======\======Bilih saking pamireng kula saurutipun bawah kauman punika meh saben kori ingggih mawi dipun calonthengi angus tuwin awu, wonten ingkang mawi dipun pasangi gandruwon, kok damel gumujenging para tiyang, mongka ing ngriku ingkang sami dudunung pancen para ngulama,bilih arep resik kalaren larenipun baucalaning

4 toyankolohan tuwin sasuker, mandar amikantuki, saestu bilih kula medal ing kauman grana kula tamtu kedah kula balebet ing saptangan kados punika ingkang angemperi gandanipun uwoh sakum, embok inggih di saruwe tamas pulisi rak kawogan sampeyaniku Jurungarang. ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina 27101881 Dene tan ana wong liwat, suwe temen sun anteni, kasaru wonten pacalang, sumewa atur udani, punika wonten kegsi, cikar lumampah aselur, kang ngiring boten kathah, tiyang satus winitawis raden Likong suhaken nembang tengara. Wadya surak giyak- giyak, gigila gagaman jurit marepak lan gora godha, wdya sewu ngepung kikis, Pikbunlyong juk ningali, yen bajak nyegat delanggung, ulat pucat sru maras, kaya ngapa awak mami, magut ing prang dene ingngong maksih lara. Raden LIkong marang ngarsa, nitih kuda ngikal abir, sarya srudenira mojar, eh wong Cikar den agelis, tinggalen cikar iki, ingsun ngapura ngumurmu, kalamun sira bongga, kabeh padha sun pateni, wong cikaran bubar lumayu sasaran. Pikbunlyong katut lumajar, nusup nusup mring wanadri, cikare sampun binandhang, biinekta tan anakari, PIkbunlyong lara ngangis sasambat neng jro wanagung, katuwon awak ingwang, nora wis katoring-toring, yen mangkene angur matiya angendhat. Yen ingsun matur jeng rama, mongsa wurung den pateni, sanajan padha matiya, ana ngalam tanpa isin, tan ana kang ngawruhi, raden bunlyong nulya nyebut, dhuh sang murbeng buwana, gusti paduka luwari, pun Pikbunlyong kang cilaka tumpa-tumpa. Ing mangke sedya kawula, among badhe nganyut dhiri, nahan bunlyong smbatira, wus terus inglair batin, den arsa amungkasi, marang wekasaning ngumur, dadya sang murweng jagat, asih mring wong kawlas asih, ingkang temen temen mring asmaning sugma. Katarima sedyanira, PIkbunlyong badhe linuwih, wus pinasthi karsanign hyang, panjang celak ing sujalmi, tan kena den wanceni, lan nora gingsir sarambut, yata sang kawlas arsa, akenceng dera mrih lalis, sigra mintar ngupaya nggen kang sayogya. Sakira kang tan wrin janma, nasak tengah ing wanadri, gya manggih papan prayoga, sor mandira gung ngayomi, dumadakan lestari, sagung sato jro wanagung, tanana munasika, kang kapethuk wedi asih, mring sujanma kang mahambeg mati raga. Wus tamtu ing kuna- kuna, jalma diyekti kinering, kang satogalak suminggah, sima anggro anguncati, kidang milar sumilih, kang katrajang mawur-mawur, gumrah gmunya wurahan, yayah kadya apupuji, warak wuru narajang sato wurahan. Buron alit gung kapidak, warak kurda ngowak-awik, nadyan angrimong lumajar, jrih mring warak nujang ngungkih, sarpa gung angalangi, sinarudug gya sumembur, si warak gudam-gudam, walulangira marditik, panas uyang keneng wisa akerogan. Sayawuru riwut kurda, si bantheng panggah tan gingsir, margegeg amangsang singat, siwarak tan montra miris, nyarudug den tadhahi, ginambul singat kumedut, kulit warak santosa, kataman sungu tan lirip, ing wusana sibantheng kuntal malesat. Liman meta amargagah, telalene mobat-mabit, katunjang warak tan obah, gadhing pagahan nacahi, wrak tiba kuwalik, tangi anginthar lumayu, peksi munya wurahan, yata wau sang kaswasih, mangsah sujud tuwin neng ngisor mandira. Sawusnya ngaturken puja, marng sang amurbeng bumi, sang Pikbunlyong ngadeg sigra, sabuknya gya den uculi , inanang wus sumampir munggeng ngepang mandira gung, rinakit bubundhelan, tinatrap jongga pribadi, sang PIkbunlyong dupyarsa mingggah pang wreksa. Kasaru kang lagya prapta, wdyane rahaden Loing, samya waspada tumingal, yen ana anma sawiji, kadyrasa nganyut dhiri,mungggeng ngisor mandira gung, sigra atur uninga, mring gustine raden Lo Ing, dhuh bandara punika wonten sujalma. Munggeng ngisor ring mandira, kadyrsa anganyut dhiri, piranti sampun pinasang, nanging lagya sujud kuwi, raden Lo Ing

5 miarsi tyasira agya kumepyur,kalawan dahat eram, pangandikanira aris, eh wong batur apa na kanthine baya. Abdi pacalang umatur, pukulun tan mawi kanthi, nanging wrnane sariya, cahyane muncar kaegsi, raden Lo Ing angandika, payo lumayuha aglis. Jalma iku ywa kabanjur, denira anganyuti dhiri, wruhanira lakuning wang, kang prelu iki kapanggih, sumarma age matura, ingsun mengko nuli prapti. Pacalang mintar sumebrung, lumayu lan jelih-jelih, dhuh raden mangke sakedhap, sampun age nganyut dhiri, gusti kula badhe prapta, prelu arsa apepanggih. Lawan andika punika, radne Bunlyong kagyat myarsi, ana jalma kang angampah, bunlyong kendel anganteni, raden Lo Ing sigra prapta, lawan sawadyane sami. Dupi parek mesem muwus, dhuh ragane baya iki, sariya sanganyut jiwa, katujune during mati, dhuh yayi basa kawula, kadi kedhik sepuh mami. Raden Bunlyong myarsa wuwus, mangungun eraming galih, raen Bunlyong yen ngucapa, eh rgane sapa iki, satriya gagah pirusa, teka wruing ngaran mami. Ing ngong during tau wruh, raden Bunlyong gya nauri, kawula tigas kawuryan, sinten panduka puniki, mangampah jalma salina raden Lo Ing mesem angling. Yayi mangke jarwa ulun, nanging yayi sapuniki, ya andika nganyuti jiwa, parenga kula aturi, pinarak pagriyan kula,, wit ulun wonten kang nuding. Yayi kinen atutulung, mring andika tulung urip, bilih piturut anbdika, dadya margining basuki,lan dadya margeng wibawa, andika suteng bupati. TEka sepen ing pangrawuh, ekak galih awit ajrih, mene dinukanign rama, yayi manungsa puniki, enget lamun kawajiban, rumeksa tuwuhing urip. Raden bunlyong myrasa wuwus, pangunguning sipi,lan gawok mring sidik ira, wusana umatur aris, dhuh kang mas ulun sumongga, sakarsa ulun umiring (taksih wonten candhakipun)

6 Ongka 44, Kemis kaping 3 Nopember 1881

Surakarta Kala Senen legi ing dalem mangkunagaran wonten pasamuan inggih punika amarengi tingalan dalem kanjeng gusti pagneran adipati ARiya Prabu Prangwadana, menggah uparenggganipun ingggih kados kala rumiyin amarengi ing dinten akad Legi. Kala wingi kula andherek sowan malebet amarengi garebeg besar, sareng dumugi ing taratag rambat kula lajeng saged amestani, bilih ing mangke sampeyan dalem ingkang sinuhun karsa amangun karaton dalemcapuri siti inggil ing ngajeng sapunika kasantunan pacak suji tosan sae saha katingal asri, bagnsal witana sampun rampung anggenipun andadosi, saha sampun kapulas inggih peni ukir ukiranipun sadaya saka, konten konten lumebetipun ing kadhaton sadaya kapulas enggal wahing sasana sewaka ing mangke sadaya saka sami kapasangan dilah epang, ingkang kasongga ing recaprunggu praosan sapunika sinten ingkang sowan malebet ing kadhaton saestu angraosaken prabawa dalem saiba badhe saenipun ing kadhaton bilih sampeyan dalem ingkang sinuhun boten kandheg kandheg ing karsa dalem namangun Menggah pawartosipun tiyang sakit kolerah sampun kathah mendhanipun wiwit tanggal kaping 6 dumugi tanggal kaping 26 Oktober tiyang jawi sapanunggilanipun ingkang sami katrajang kathah ipun 117: Ingkang saras 249: ajal 146: 395 taksih sakit 322. Wiwit tanggal kaping 27, dumugi 20 Oktober wewah sakit 50 ______372 ajal 115 239 taksih sakit 133 kala tanggal kaping 20 Oktober 1881, wanci jam ½ 11, siyang, ing dhusun Senthen bawah Pabrik Triyagan kadhestrikan Karangduren wonten sima tutul katingal wonten sabe\in kalekaken sakathahing lare angen simalajeng mlajeng mengaler alokipun lare sadaya makaten ayo kidang- kidang ngalor- ngalor, sima lajeng mlebet dhusun senthen dumugi nglataripun pak Ridin Simamlampah rindhik kontenipun griya pak Ridin ngleresi menga sepalih, pak Ridin wonten salebeting griya, miring suwantenipun lare kathah sami alokkidang, lajeng gupuh mendhet bendho badhe medal katingal simamengingngis wonten ngajeng konten sumeja badhe mlebet griya, sawek manglugn konten pak Ridintrangginas minger nglerekaken kontenipun kainep tulung-tulung: sima kaepit gulonipun lajeng gero sarwi mancal konten angoncati, wibuhi kathah ingkang nyumerepi, manawi pun Bah Singa tutul tedhak ingdhusun Senthen lajegn sadaya para putra wayah tiaygn sak dhusun wau, sami ngurmati ngungelaken gendhala umyung, pun Bah singa lajeng mlampahpelan-pelan dumugi sak ler dhusun pinggir kali, menek ing wreksa gayam inggilipun wonten 33 kaki, kapinujon tuwan A.A T.R. Upsinder ing Triyagan sawek nyenjata peksi, miren ging dhusun Senthen sami ngungelaken titir, tuwan lajegn gupuh tandang dhatengi, dumugi ing papan ngriku, mirsani manawi pun Bah Singa tutul sampun katingal tileman wonten ngewang wreksa gayam dipun suraki tiyang kathah anggung ngesemi pringas- pringis gegirisi, tuwan A.A.F.R. lajeng gairasura, la sardedeg gagah pirusa, sembada kawanteranipun para tiyang ingang sami ngepang, ami dipun dhawahi semingkir nembih kimawon tuwan lajeng nandukaken pakurmatanipun senjata, satengahipun kainceng, sang sima asung slamet sarwi gero-gegirisi, nyaengi jumeblesipun senjata,

1 saksana kaperjaya jajanipun sang sima gupuh maniyup gumabrug ing bantala, binarung suraking lare angen. Ing TRiyagan kaping 25 Oktober 1881. Sukatdi Minongka paminta barkah Sinom sekaring pustaka, aturpaurmatan patik kaswa panjeenngan tuwan kang ngarang srat bramartani, ambok manawi dadi, adheng dhanganing kalbusru, sarta pinuju sela, papan kabar bramartani, mugi tuwan krsa macak srat punika: Mongka tur panuwun barkah, katuwone rare pinging, ambudi among sapala, datan endah datan adi, tuwin sapele angingatasing rare lir ulun teka dadak kangelan amudi ngandhap puniki, marma mugi prahanung paring katrangan . Kadiparan kahananya, dene ta tarupis kucing, lamun dinepokin gjanma, gya ming kup esthane wingwrin saemper ronparunjing, bilih dalu nulya mingkup punika kdiparan kang dadya sababing nguni, titi tondha pun cubluk uminta barkah.

Panjurung Pamedharing wasitaning ati, cumentha kaaniru bujongga, dahat mudha ing batine, nangng kedah ginunggung, datan wruh yen kathah ngesemi, amaksaha ngrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten nglinuruh kalawan lirih,mrih padhanging sasmita. Dulkaidah ing taun Jmakir, sirna candranign kang nagaraja, sangkala pinet gampange, nenggih ing jagan dhusun, wonten janma kaki-kaki, pan sampun pitng dasa, taun yuswanipun, tirahing kang witaredya, nanging dama ingngajeng luma kya kardi, kaliwon kapatiyan. Lenggah sabin skeet karya mawi, angsal balonja atrp wulanan, satus rispis sawulane, pan kalih dasa taun, laejng lereh angsal pepanci, yatra seket sawulan, angsal tiyang tuguk, rinten dalu tiyang gangsal, tegil sabin kawan bau angsal malih, pakitren myang pomahan. Apan mentas ginanja panastis, lawan ekoh kalih tengah wulan, rumaos tilar donyane, awu sanatan estu, apan sanget sokuring galih, dene during kinrsakaken ing yang agung, maksih panjang mamong putra, putra ingkang dereng angsal pangkat nenggih, kang sawek kawlas arsa. Punapa malih putra kaesstri, maksih alit lagya dasawarsa, punakuna di galiye, mongka re wadon wau, lamun during apalakrami, saben dina pan dadya, manahing tyang sepuh, gusti ingkang murbeng ngalam, aparing ngayuswa panjang ingkang luwih pring panji padmadirja. Atulusa mamong putra nenggih, sampun seda nawi dereng karma, putra putra sadayane, basungkawaning kalbu, putrane reng karma wus lalis, kaya papolahira, ing putra sadarum mugi-mugi gustiningwang, aaparinga tetep ing panuwun mami, mugi tinetepena. Ing panuwunira putra nenggih, jalu estri samya amumudya, suypaya panjang yuswane, pan tulus a anggelu, raja Wiruya ing jaganenggih, mugi amarengana ing kang murbeng tuwuh, kaparingana kamulyan, lanmaliye ign wingking apan pinuji, putra sageta mulya. Apan putra ingkang dereng krami, ingkang sepuh lagya amemagang, raden Surjarwa namane, kang wanodya puniku, ingkang rayi den Jarwa nenggih, awasta RAden Lara, sendhun tunggal ibu, wonten malih ingkang mudha, ingkang nama raden bagus sepuh nenggih, punika wragilira. Dene putra ingkang sampun krami, pan sadaya sakawan wanodya, jalu kalih putrid kalye, bajengira puniku, ingkang nama den nganten nenggih, jayadipuraika, wau kag pambayun, wonten malih rayinira, ingkang nama anenggih raden ngabei, dijapranata kalang. Wonten malih rayi ingkang estri, nama DAra raden Condra, asmara surya bratane,puniku tunggal ibu , akalawan raden ngabei, wonten malih arinya, ingkang ajujuluk Rahaden Samsudirja, mlampah damel prajuritira jeng guti, pangram Mangkunagara. Nanging sansei ibu pan anenggih, akalawan dyah dirjapranta, iku putra sadayane, kang dereng karma telu dados gugu saptanya iji,

2 mung punika tur kula, mugi ingkang agung, apunten dhateng kawula, para sarjana ingankg limpat ing budi, mugi punnika puntena. Sampun dados runtiking pangggalih, para mtira kula ingkang limpat, kagalih kirang lemese, trapign sastra lan tembung, sarta kasar panganggitneki, apan among tinimbang, empan awon nganggur ignkang nganggit srat punika, kula raden jaka Mulya aran mami, ing Sragen wismaningwang. Katandhan jaka mulya ing SRagen. ======\======Ing nalikadinten Senen kaping 18,Sawal taun punika, kula pinuju lumampah ing radinan SEcayudan badhe sown kaleresan sarengan kaliyan tiyagnkaji satunggal asli jawi sareng dumugi ngajenging kampug nPeinan pun kaji badhe kacakot ing segawonnipun Singkek wau kaji gugup lumajeng saha gandelan sanget angresula,kula tumut ten kengetan cariyosipun tiyang kina, kados ing ngandhappunika. Kala panjenenganipun kanjegn pangembahan Senaptiing Ngalaga, sawek karsa miwiti amangun prajanipun ing nagari Mataram pnika wawengkonipun nagari kathah tiyang kaji asli tiayng jawi saweneh ing dinten wotnen tiyagn kaji titiga lumampah dhampyak-dhampyak ing radinan ageng, ing mongka wonten segawon pinuju tilem ign satengahing radinan dumadakan pun kaji radi lena dados kaji ingkang satunggal angingaka abntuting segawon kang tilem pun segawon sareng kapidak buntutipun kaget lajeng nyakot kaji, ingkang ngidak wau kenging sukunipun papah agegobrah rah. Punika lajeng dados udur kalayan kancanipun para kaji sarenganipun lumampah, menggah uduripun kados makaten kaji ingkang radi sepuh wicanten katen kowe ing sakiki batal enggonmu dadi kaji, sabab uwis di cakot asu, najise merataning menyang awakmu kabeh, luwihbecik kowe munggaa kaji manehmenyang Mekah, puna kaji ingkang dipun cakot ing segawon ulatipun biyas tumunten amangsuli, o bilih minggah kaji malih kadamel wragad punapa jalaran amal kula sampun telas sumarwi wonten nagari ngriki saweg kalempak arta malih kula sambi ngemis mubeng mrika-mriki empun kalih taun dereng pulih. Kaji ingkang satunggalipun wicanten makaten O niku ujare kitap usul bilih tiyang bongsa ngalim ingmongka dipun cakot ing segawon anggen ngicalaken najis e ingkang meratani sarat kabalonyo ing balethoking siti, ingkang amboten kambahing tiyagn kadosta: siti kadhudhuk kanglebt dados siti ngandhap tan kaambahing punapa- punapa, ingkang kalih dene menggah bongsa sitipunika sami andadeni daya, angirup skathahing reregeding ngalam donya, lagya mangkaten kasaru wonten candakaning nagari juru langlang margi, sareng lurah juru miharsa uduringkaji, lajeng Kendal anitipariksa menggah ing nalaripun udur, tuwin namaning kaji satunggal tunggalipun sareng sampun katur menggah sadaya paprigsan pun Juru laju sumewaing ngabyantar gusti. Kanjeng panembahan SEnapati ing ngalaga Nadulrahman Sayidin Pantagama pinuju lenggah kalayan ingkang putra ignkang sinuhun Sultan Anyakrawati Senapatiing Ngalaga Ngabdulrahman Sayidin Pantagama ingkang kaping kalih, ingkang ginunem badheamurwani panungkulin gparanata ing tanah Sabrang, saweg ramening imbal wacana pu lurah juru panglangmargi sumewa ng ngarsa dalem sareng kdangu lajeng angaturaken mengggah uduring kaji ingkang kacakot segawon wau, saha nama ning kaji sampun kapratelakaken ing surat cathehtan panjeengnanipun senapti angandika dhumaeng ingkang putra, ing kuthole luwih becik digawe pdhang mungguh ptraping ong kaji utawa bongsa ngalim supaya aja kaliru goning ngugemi agama, ing mengko sira weruh wedhare kaji kang darbe udur iku, ingkang sinuhun kanjeng sultan umatur, mugi-mugi kanjeng rama kawula sakalangkung angajengajeng badhe sumerep wedharing pangandika dalem.

3 Panjenenganipun Senapati angandika o juru besuk ing dina wiyosan tingalan ingsun arep iki, sarupaning para punggawa lan wong bongsa ngalim lan wong bongsa kaji padha dhawuhana lumebu, angepung ambeng sidhekahan ingpandhapa gedhe sajroing kadhatoning sun lajeng lurah juru nembah medal andhawuhaken timbalanipun sang panembahan dhumateng mantra Wisesa, tuwin dhumateng Kiyai pangulu, sareng sampun dumugi ing ngubangining dinten tingalan ambangan sampun katata ing para ngalim katib modin kairit ing kiyai pangulu, panembahan senapati lenggah ing dhampar denta wonten samadyaning paringgitan Prabayasa, ingkang lenggah sangandhaping dhampar sinuhun kanejngsultan Anyakrawati. Taksih wotnen sambetipun ======\======Candhakipun serat purwa; Krimataya Pun anyakra yen iku narendranipun, gupuh manembah matures, gusti kawula sang prabu, ruminta aran babatik, dunguni drebangredon. Rikala duk jaman raharja pukulun, dugi ingngalami-lami, praja nganstina,rahayu, aprang brtayuda gusti, patik bragiris kuwatos. Dadya donya kawula sadayanipun ulun upetaken gusti, ulun jengguraken sumur, punika kebek an ruksmi, taman atitah kang weroh. Ing pandekek kawula ownten ing sumur, tumulya bat tilar ngili, sareng tetrem ingdauru, kawula lajeng nuweni, kang sumur pnangih katong. Sanget ngugnun amba sagul magegetun, punapa purwane gusti, aneh sadaya tingkah nruparmaning jawata mangkin gusti sinarendra rawoh. Boten wande asih parimarte ngulun, prabu masesa sabumi, milambamangke anuhun, adil sadipengrat gusti, wajib bucal suker ewoh. Amamunah limeng-limeng ing prajagung, sung wangi wangi sabumi,mekiningrat pinrih ayu, arja pamengku sruniti, manggeng alit taman eop. Yata ngungun sri bathara Kresna prabu, lengleng giyuh tyas mayarsi, kewran pamardining kalbu, dangu kendel taman angling, saha salupara katong. Yata sribathara KResna ngandika rum, ya rumentadi saririh, away sungkawa driyamu, muksani donyan ta nyai manira saguh sug liron. Sapira eykti kaliru dening sun, nyiru minta matur aris, dhuh pukulun sang aprabu, dhawuh andika jeng mulki, karsa maringi liliron. Sampun lepas wajib pambekaning ratu, sung parimarteng wdyakih, magnaksama ing kalulut, adil marta para tani, nihan wajibning jeng katong. Mungkase os sameneki unjuk ulun, sainten kucahing gusti, paringa pitulas umur, tan wande saged mujudi, langkunga boten rekaos. Muhung gusti kang akwula suwun suwun, lintu wawedaling adil, nadyan gusti paring lintu, yen naming kucahing gusti, sanes pangadilan katong. Dereng marem raosing tyasipun ulun, tmpi pitedhaning gusti, yekang minongka lilintu, tan wande marah ing wingking, kyeh juti rus kartengrat don. Yen ngemunga ratu para marta tuhu, yekti panjrah titah silib, lebda jiwaleksana dur, durgamaning ngrt ngakenti, tan ungrangggaken karaton. Dum miyarsa sribathara Kresna ngungun, kataman turing westri, sayudhem dhirea mangun kung ngungkung kewran ing tyas tis-tis, dangu kendel tan miraos. Cipta lamun paentah ing jawa ta gung, dadya benconeng lumaris, nadyan sagung para ratu, prasamya madyeng westhi, saha sagung para sinom. Sigra retna sumbadra nambah sumambung, dhuh kaka sri arimurti, leres leres aturipun, pun ruminta taman sisip, sae ga andhandhang kewoh. Dhuh kakaji ature pun nyai, sagalugutan ana kang getha, pen ratu ngupara bae, atilar sesanipun, mariksani adil tan apti, pendah jam mawus karta, magnebeki lurung, cipta lestari ing karya, kinarya wat retune asih ing silip, paukuman tinahan. Nunten wdya atilar ing gusti, nadyan wonten kang wrin subasita, tanun sumambraneng tawe, jeng ratu dyan wiku,mongsa dak pingkantuk runtik, nutug sasogah solah, duh punika tuhu,ugi owntne utaminya, mene ratu angugemi ambeg resi,mamrih arsoye wdya. Karanata mumpuni ngrat yakti, yen mitambuh mring darbe king wadya, kangapenet

4 away pinet, sinten tumimbang ratu, taman kewran pamrih linuwih, tan sinaronengwad luluwih ing ratu, estu kyating ngrat nayaka, waragane sabuwona ajrih asih, kasup karonang-onang. Anenangi tinut liya nagri, wonten mali resi sayogyanya, sanityata sadelahe, angdarken nuwu payu, ayuning ngrat mring tan aligir, kadang ngrt nyudarsana, sasana menekung, wawekaan abapraya, abiyantu ing karsa nutug pakolih, puniku yen sembada. Abdi tuwan pun ruminta nyai, jen gpanduka pukulun dhawuha, dhendha kobra ing wastane, patinggi bekel umbul, ingkang parek sajakwa estri, swaraning gentangan, kakaji dadhawuh, mamardi dipulih yekang, kyehning rukmi kang winanjing sumur nguni, sinten ingkang lenggana. Sinung dhawuh giri-giris, yen lenggana katrap paukuman, jinarah raja darbeke, estu kakataman wun, kawistara kanglampah juti, lan tutmajijama, sarwita dhusun, pineng katog dapasakswa, dora estu taman wun badhe ktitik, kakaliring prakara. Ye kang ngarsa kinahhyang mutusi, dhingin pangangku kaping dwikaekral, saksi kang kapik trine, sakawanira ulun, kalakuan saha pasaksi, kajawi ing pranatan, wawaton kang nuwul, pikekah dhawuhing praja, ujar seos parikrama desa mawi, cara kagaratat. Legeg nau bathara Arimurti, kagyat rikalanipun miyarsa, wara sumbadra ature, kalangkung suka ngungun, sukaning tyas den ta kang rayi, bangkit bekas prakara, dera I pangungun, dhateng sisewu tan dadya, de pawestri estrining tyas titi titis, owel tataman priye. Danangjaya mesem jroing galih, langkung suka rikala miyarsa, wicaksananing garwane, sri Kresna amituhu, gya parintah kinonnimbali, jama ing sarawita, prapteng byantara wus dinangu ing panengranya,lendi nang nguyak tine nguni udani, kasugiyanign wrondha. Kang dinangu umatur wotsari, kawula gusti awasta pun bongsa, estu janma panunggile, rondha ruminta wau,nguni-uni sawastu sugih, nglangkungi bok ngaripah, pandrebalanipun, duk derange bratayuda, dupi sampun tentrem wauruning jurit patik taman pariksa. Taksih wonten candhakipun.

5 Ongka 45, Kemis kaping 10 Nopember 1881

Surakarta Dinten Jumungah kang kapengker punika wanci enjing kula kaget aningali kathah cina kang lumebet ing kadhaton wasana kula angsal katerangan bilih tiyang Cina wau sami pasang sasana badhe pasupitan dalem panjenengan dalem kang jeng gusti pangeran adipati Anom kang sampun rinipta dangu wonten ing kapatiyan malah sasana wau sampun kaparingan nama: Maderengga, kathah para tiyang kang lengleng cengeng aningali uparengganing maderengga wau, angemperi pawehing bathaa endra, menggah pasang wawangunanipun kabar punika kang kaemper grija ing ngari Rum mila bilih tiyang Surakarta badhe nembe sumerep griya kang makaten wangunipun wondene kabar kangkula mirengaken supitipun gusti kula panjenengan dalem kangjeng gusti pangeran adipati anom katmtokaken benjing kaping 7 wulan Sura ingngajeng punika,mila sajawining kadhaton salebeting kadhaton sadaya bangsal bangsal tuwin gapura sami pinaring murna, kainggalaken et saha paradanipun pacak suji sitinggl ler, tuwin pacak sujining kori wijil kapisan ingkang wau kadamel sangking kajeng jati, samangke karombak kasantunan tosan garapan ing tanah Erupah, nedheng asrining karaton dalem, boten wingwang kasebuta puraning kadewatan. Nalika tanggal kaping 5 wulan NOpember punika ing dalem mangkunagara wonten pasamuan dhansah, minongka tetengering jumenengipun panjenengan dalem kanjeng gustipangeran adipati Ariya Prabu Prangwadana, sanadyan jawahipun kenigng kawstanan boten kendhat kendhat samanten ugi para tamu inggih kathah eman sanget amragi jawah wau dados panyuledipun kembang api, boten saged anuwuhaken bingahingpun ingkang kagungan karsa, panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati anom kadherekaken para kanjeng pangeran putra tuwin Santana daleminggih anedhaki, awit sami kasumukan renaming panggalih dalem bibaripun para tamu mawi amawanging kondur dalem. Katitimangsan kaping 9 Besar, warsa tinengeran Gusti Samadyaning Umadeg ruhur Pun Abdi

Kawontenaning sasakit ingngriki warninipun dereng mendha, ingkang katrajang kang kathah tiyang bongsa Cina tuwin jawi, dereng dangu tiyang cina ing kampong Gadhing nama babah In the, anakipun sekawan pejah sareng sadinten mila bongsa kula tiyang jawi sami anggatekna dhateng wulanging tiyang Eropah, ing ngatasipun sesakit punika, sami kamanaha beda punapa tiyagn jawi kaliyan walandi, tuwin Cina, nanging bilih wonten sasakit tiyang walandi kok awis ingkang katrajang, kang kathah tamtu tiyang Cina tuwin Jawi, sanadyan tiyagn jawi bilih bongsa ageng inggih awis ingkang katrajang, punika jalaranipun sapisan saking resik ingtetedhan kaping kalih resik dahteng pamresudining badan bongsa ageng utawi bongsa tuwan sampun tantu ing wanci enjing sonten adus kapign tiganipun dhaten gpengangge ugi kedah esik utawi dhateng gegriya, sampun ngantos supeket dhateng paceren uwuh sapanunggilanipun kaping sekawan bilih tilem paa tuwan kedah manggen panggenan ingkang inggil kados ta tempat tidhur, boten kados bongsa kula tiyang jawi bilih tilem kapaengipun wonten ing jrambah, kang naming kalemekan ing gelaran wasana sampun muhayan bongsa tiyang jawi alit boten manah dhateng regeding tetedhan kados ta jangan sambel pecel lotis sapanunggilanipun sadinten dinten meh boten kenging pisah, jalartan saking kekah sumendhenipun dhatenging takdir,utawi ngetohaken ampuhing puji dhikir, boten pisanpisan angeneti, bilih gugon tuhon

1 punika badhe anggempalaken dhaten gkaprayitnan mila kaladul kangidah wulan sepuh, pak colot ing dhusun kutu, sukaarja, wancijam 8 sotnen maesa nipun kekalih kenging kapendhet ing dursila,jalaranipunmakaten: nalika pak Colot mapan tilem wonten sanginggiling kandhang maesa ,miring swara: eh asu kirik ingon-ingon mu pitik tetelu kuwi takjaluk sing loro,marga diremenikanjeng ratu Kidul,mongka pak Colot punika temen anakipun tiga, jaler kalih, estri satunggal pramila pak Colot sareng miring swara wau, lajeng anjlok saking nginggil ing kandhang, lumajeng mlebet ing griya, sarta kontening griya kakancing saking ing lebet temah dursila pamendhetipun maesa kekalih wau wilujeng saha sinawung ing karaharjan, mangsuli cariyos bab ping sesakit, tiyang tongga tepalih kula kathah kang katrajang, naming gsami saged waluya, jalaran kausadan, obong obongan lulang, bilih kraosipun dereng sawatawis dangu, kados ta sawek luntak wawratan sapisan kaping kalih, punika lajeng amendhet a lulang kang wiyaripunsatebah, sanadyan cuwilan epek uytawi cuwilan trumpah kenging , manawi sampun kabesmi ngantos dados areng, lulang wau kacemplung na ing mangkok kang sapun isi toya, bilihsampun sawatawis toya wau lajeng kaunjukna, punapa malih sadngonipun sampun sah amamah apang jarak cina kang nem saestu bilih waluya. Katur ing ngabyantaraning pustaka: bramartani kala kaping 8 Besar pasemoning warsa Arja kaesthi ingjanma sampurna. Katandhankang Tresna ing jagad Arja Tiyang ingkang kaambah sasakit kolerah wiwit tanggal kaping 30 Oktober dumugi kaping 7 Nopember kados ing nandhap punika: Kastunan sakit………………………………….133: WEwah sakit……………………………………552 ………………………………………………….685 Ingkang saras 274 Ingkang ajal 224……………………………….498 Taksih sakit……………………………………….87

Radinan ageng ing Secayudan bilih wonten Jawah sakedhik kemawon lajeng dados lepen amargikuluberan toya ingkang saking kagungan dalem lepen awisan punika punapa amboten kenging kapurih sampun ngantos dados lepen mekaten sadaya tiyagn ingang lumampahing radinan ngriku sami sanget susah ipuning manah, awit tiyang lumampah bilih kasarengan kalayan lampahing kapal tuwin kareta prasasat dipun bajongi toya susukering para babah kang sami griya wonten sapinggiring radinan punika. Panuwunipun para kawula dalem ingkang kerep lumampah ing radinan ngriku, mugi-mugi ingkang ngasta wjibn karso amitulungi ambirat sungkawaning manahipun. ======\======Ambahrawa Ing wektu samangke nagari Bahrawa saweg dahuru, jalaran saking sasakit kolerah, margi saking punika ngantos pinten-pinten atus tiyagn ingkang pejah, kalayan awaning nagari sakalangkung benteripun, marmanipun lulurahingnagari wadana, paring printah dhateng para tiyangkang sami sasana ingsalebeting kitha, saben enjing tuwin sonten dipun purih nyirami margi margi ageng tuwin margi kampong, latar sarta joganing griyanipun punapa malih uwuh-uwuh kang wonten ing margimargi, pakarangan saha sakiatengning griyanipun dipun purih ngobong utawi mendhem laren ugi andikakaken andamel resik. Ananging awit kala dinten kemis kang kapengker punika, sampun bubuka jawah ngantos samangke ugi tansah membeng sang mendhung, tuwin saben sonten jawah,

2 ingkang anjalari kirangipun sasakit punika sarta andamel sukaning para tiyang o pramila sabnget ing sokur kuladhateng hyang murba wasesa, dene teka paparing kamurahan jawah, ingng saged nuyda awa benter, saking pamanggih kula sakit sapunika boten sanes saking awa benter, botenkados ujaring sang gugon tuhon ariyos saking pandameling setan o punika boten awit setan punika sami ugi kawula ningAllah, boten pisan-pisan piyambakipun saged damel pejah gesanging manungsa, ugi kula andherek saking cariyosipun sagungon tuhon saestunipun setan punika anggo dha dhateng tiyang kang badhe pejah punika, salajengipun bilih tiyang ingkang boten gadhah iman enget ing pangeranipun kabar lajeng pejah sasar utawi kabekta ing setan lo samantenpunika kula sumongga panimbangipun para saged leres utawi lepatipun. Anjawi punika, kala ing dinten salasa pon tanggal kaping 18 wulan Ojtober 1881 punika ing kitha bahrawa wanijam stengah sanga, kadhatengan lampor, o katingal an saking sajawining kitha kados obor pinten-pinten ewu pating clorot tuwin suwantenipun gumrebeg kados suwaraning karetakang langkung kathah, gumuruh swaranipun : o denten para tiyang sepuh anem sami nangis adan, dikir, saweneh nuthuki pager pating grobyag pating kentheng, sanjata, mercon ing pacinan langkung rame malih, ngantos dumugi jam sadasa lo punika kabaripun pagnarakipun pangantening nyai rara kidul punapa inggih ta, kulak o teka kodheng ing manah, jalaran salami kula gesang dereng sapisan pisana pinanggih setan sakingpunika panuwunkula dhatengkyai juru ngarang, saha dhateng para sarjana sanesipun mugi- mugi karsa paring jarwanipun tembunglampor punika, sanget ing nuwunkula, wasana ngaturaken kabar wilujeng Janma ngesthi murtining nata, ping Madyaning Condra Nopember Katandhan Amongwisastra. ======\======Embok inggih sampun kandheg samanten kemawon nun anggenipunpara mitra asring pitaken bab ing kawontenanipun setan awit mangke mindhak katrajang kitab sampeyan Jurungarang

Madiyun Tumuwuh saking palimarmanipun dhateng para alit kanjeng parentah ageng, sampun andhawuhaken papacuh dhaeng sadaya dhistrik kang supados kapala dhistrik sami njagi tuwin amambengi, ing lampahipun para tiyagn kang sami sade tinumbas wowohan tuwin jajanganan ingkang kakinten masthi abdhe anuwuhaken wontenipun sakit kados deneingang sawek warda wotnen nagari: Samarang, Surabaya, Batawi, tuwin tanah Sabrang wowohan ingkang kakantaran wau kados ta: jeramkweni, pelem pakel blimbing, jambu, semongka, krai, timun jajangan lungka tela,lembayung, wangon bayem sasaminipun ingkang tumandukipun dhateng weteng boten sae, amila kalampahan ing peken kitha, tuwin ing peken dhusun dhusun sadaya ingkang kalebet paapcah wau sampun katingal niir, ingkang makaten wau saestu badhe andadosaken kawilujenganipun para kawula alit sadaya, sanajan tuwuhipu n prentah wau boten awit ing Madiyun wonten sasakit wau, ananging sarehning wrektu punika ing nrika ngriki mepunipun hyang bagaskara sampun kaetang kalangkung langkung mila utami sanget paratiyang saupami sami anyegah tetedhan wau, prasasat sampun bangkit ananggulangi papasthen leres mengah pejah gesang wau gumantung ing takdir, anangingsagadugipun manungsa wajib rumeksa ing jasad dipun kang amrih dhateng karahayonipun boten langkung pamuhi kulanagari dalem Madiyun sampun ngantos pisan-pisan ingujiwatan dhateng bok rara kananglagya ngandoni ngayuda brata ing tripraja wau, wondening kawontenanipun naari madiyun wilujeng gemah raharja

3 taman wonten sakara-kara, datan wonten ingkang purun mimitran dhateng sang triwanita wau, destun sampun limrah mandhak dheheman tuwin watuk an ingkang binarugn ing liyeping netra, ananging inggih among mandheg samanten kemawon sarta amugn satunggal kalih ingkang purun ngligati, tiyang panic sami boten seneng Titi ingkan gpatian kaping 5 Nupember 1881 Saripah ======\======Sanadyan wowohan jangananingkang kasebut ing nginggil punika naming mugging kongdrat tolah, iradatollah, ananging ing masa sapunika saestu boten sae yen kadhahar Jurungarang ======\======Panjurung Mitra jaka Mudha, sampun anuntuni runtiking panggalih, menggah panjawab sampeyan panjurung kula bab pitrah punapa inggih sampun leres sanget bilih sampun kagalih leres inggih sokur saha sakalangkung ing panuwun kula, nanging saking pamuji kulamugi jaka mudha amoneraken panggalih rumiyin sageda gathuk kalayan raosing panjurung kula saha ingkang ngantos maksut manawi kirang nyameleng pamanggih sampeyan kula aturi angleremaken rumiyin supados sampun ngantos tuna dungkab dados panampi kulasaged gambling. Sampeyan saged amastani ingkang minongka watonipun kitab pekih,lo rak pancen saged andunungaken kang kawajiban pitrah sarta dumunungipun. Bilih kula pancen dereng sumerep babar psian watoning pitrah wau among asring kathah tiyang caariyosan tiyang ingkang kawajibanaken pitrah wau ingkang nalika dinten riyadi darbe melik langkunganipun ingkang kaangge angingoni anak rayatipun bilih awujud uwos ingkang amboten kiran gsaking sapitrah 2 utawi 3 kaki, punika lajeng kapitrahaken bilih wawengkonipun langkugn tiyang satunggal ugi kedah langkugn sapitrah bilih kirang amboten esah, punika kabaripun lajeng wonten pranatan palimarma dalem kala tabe tabe gusti kula samepyan dalem ingkang sinuhun kaping 4 sarehign para kawula dalem alit kagalih kathah ingknag rekaos bilih amujudaken uwosa pirah utawi langkung amirit saking wawengkonipun mongka uwos sapitrah wau reginipun apesipun 25 sen utawi 30 sen punika lajeng katamtokaken para kawula dalem alit bilih ing dinten riyadi wau pinuju kanggenan rijeki pitrah ipun kenging nem purkemawon dhateng kaum ing dalem sapitrah 10 sen utawi 5 sen wondening ingkang amboten gadhah ing dinte riyadi wau inggih umboten kawajibaken sarta amboten kalilan pitrah wau sami nyambut amargi sampun ngantos andadosaken kasangsaranipun kawula dalem ingkang boten gadhah, mongka kaum ing ngrendrakila wau pitrah kapeksa utawi kasambutaken lo kados pundit ta, sampeyan kedah anggagas rmiyin kajengipun panjurung kula punapa sampeyan kenceng kagalih kula badhe angenengi kakeket o, nalisir sanget nun sajatosipun kula mangretosd kemawon tatembungan mangkaten wau dereng,ingkang kasebut sasrengat punika kemawon kula dereng sumerep. Mila jakamudha sampeyan anguninganana kajeng kula punika cethek kemawon sarehning tiyagnalit ing dhusun ngendrakila wau kathah ingkang sami angresula jalaran saweg rakaos pangupajiwanipun mongka bilih angengeti kabaripun pranatan dalem wau kados sampun lugu palimarma dalemsupados sampun ngantos andadosaken kasangsaraning para kawula dalem ingkang malarat mongka saupami ing dinten riyadi wau amboten darbe babar psianjalaran saking malarat wawengkoning griya langkugn tiyagn satunggal dumugi 5 sanadyan among 10 sen rak inggih dados 50 sen ing ngatasipun tiyagn malarta ngupados arta samanten punika

4 kedahdipun lampahi berah dhateng pabrik kalih dinten nanging salebetipun 2 dinten way ing griya ugi sampun sami anglentere amboten saged nedha, punapa sampeyan dereng nate uninga wujudipun tiyang malarat amargi bilih amboten dipun titeni para tiyang malarat wau mesakaken sarta badhe anuwuhaken suda tata tentreming dhusun bilih sampeyan kirang pangandel cobi kula aturi kerep andadngu dhateng tiyangkuli ing dhusun e wadene paa tiyangingkang saged angupados pangupajiwa, amboten purun anglampahi punapa ingkang dados caranipun wau, punika amboten pantes dipun murinani. Kula andumugekaken malih patrapipun kaum ing ngesndrakila mangke sampeyan galih saleresipun cariyosipun tiyagn nama resadikrama bekel 2 tiyang nami panggung aliyas iramita,punika tiyang ngriku kathahpangresulanipun jalaran saking pranataning kaum angatingalaken melikipun sadaya tiyang badhe pegaan kedah saksi kaum sarta amboten kenging pegatan bilih amboten angrentahaken talak tiga,bilih sampun angrentahaken talak tiga tiyangingkang megat kedah ambayar srikawin: 5 rupiyah dhateng kaum ing tembe wingking bilih taksih sami engetipun kenging ipun wangsulan kedah aningkahan malih, ingkang sampun anglampahi makaten wau ngantos tiyang 3 Bilih wulan siyamgriya nign kaum angadegaken darusan punika para tiyanging dhusun ngriku sadaya katamtokaken urun lisah wedangpanganan kalayan masthi, bilih sampun katampa maosipun Kur’an katamtokaken urun ambengan sinten ingkang amboten urun amboten kenging tumut ngambah ngriku. Punika kados pndipanggalih sampeyan punapa badhe amboten anjalari kamlarataning ngatasipun tiyang sidekah kalayan peksanawit wontenipun tiyang sidekah wau kedahmijil saking eklasing manahipun piyambak pamangihipun manah kula amboten saking pnapa among ingkang anguwasani dhusun wau sageda anyaruwe lalampahan ignkang mangkaten supados tiyagn alit ingkang sami gagriya ing ngriku saged tentrem manahipun sokur saged tambah tiyang saking dhusun sanes punapa malih para tiyang ngriku sageda cekap pangupajiwanipun supados anebihaken pandanmel awon, amargi bilih tiyang dhusun wau kathah ingkang tentrem manahipun kados kathah paedahipunkdos dhusun Ngaliyan Pengging punika kenging kaange tuladha tiyangipun alit kathah ingkang tentrem saha kathah ingkang lumintupangupajiwanipun tur lajeng amboten esah sidhekahipun ingkang mijil saking eklasing manahipun. Jaka mudha kula aturi priksa sapunika mmongka saka tigaingkangbenteripun mempeng amboten ngendhani, sadaya tataneman ignkang tumuwuh ign sabin ing tegil sanadyan ing kebon kathah ingkang sami garing, amboten medal nipkahipun mila tiyagn ngalit ing dhusun kathah ingkang kasangsaran mongka ingkang kajagekaken amboten wonten malih kajawi among tanemanipun mila kathah tiyang ingkang ngresula anyebut badhe kantrak sanadyan tiyang ingkang sami nyambutdamel asasadeyan dhateng peken sapunika ugi kathah ingkang ngresula,jalaran kirang papajenganipun mila pancen temen wektu punika kathah tiyang ingkang kasangsaran rekaos sanget pangupajiwanipun Jaka Pekir. ======\======

Candhakipun ariyos ringgit Cina 10111881

Dahat ingpamundhi ulun, among nunuwun sakedhik,mugi panuka ajarwa,mrihywa sumelang ing galih, ing pinten banggi kawula, ing wingking waget naursih. Raden Lo INg mesem muwus, tan wande kula jarwani, naming yayi sapunika, kapalangkeh

5 abdi-abdi,ingmangke wonten ing wisma, yata Bunlyong wus lumiring. Sareng nitih kudalaju, ginarbeg dening wadyalit, tan winuwus aneng marga, snalika sampun prapti, padaleman ardi Ting San, rakit kuthaning bupati. Raen Bunlyong ngling jro kalbu, iki satriya linuwih, katara wanguning praja, yen mangkono awak mami,becik anurut kewala, mongsa silih amrih silip. Wus ta tata palenggahipun, dyan bunlyong binoja krami, diadi warneng sugata,radne Lo Ing sru mametsih, sinupa ya pituruta, sang Bunlyong karobaningsih. Wusnya binoja nanutug, praapdikinen sumingkir, wus sepen kang munggeng ngarsa, raden Lo Ing mesem angling, yayi weca sapunika, saking sapdanign eng gusti. Laling Ong narendra susu, puniku kang medal saking, jeng panembahan JIbica, makaten genipun weling, eh raden Long Ing mingyanga, nyegata ing ngalas Song Lim. Lah punika suatipun, Kimlong andika tingali, sang panembahan JIbica, kang satuhu langkung sidik, sasat salira bathara, uninga kang gaib gaib. Ijeman wawelingipun, raja putra sampun pasthi, nampeni pulung narendra, serene sang prabu dewi, jumeneng salikur warsa, nunten La Ling Ong sumilih. Dene kawula punika, kalawan andika yayi,lamun piturut parentah, dadya marane kamugtin, jumeneng lajering praja, turun tumurun darbeni. Nadyan kadang warga tumut, tuwin ramanira benjing, raden Bunlyong duk miarsa, dahat pangungunning galih, hentyarsa marwata suka, ing wusana matura ris. Kakang mas ulun piturut, paran ing rembag puniki, murih ugi kalegsanan, ingkrsanipun jeng gusti, raden Ko Ing aris nabda, yen menggah pratikel mami. Lawan terang wangsitipun, sang jibica den lampahi, andika yayi nunurata, mungela sangking kiyai, tumengung rama andika, nimba li ibuntanyai. Asengadi ki tumenggung, PIk An mangke sampun ngabdi, mring La Ling Ong raja putra, andika kinen bayongi, mring ibu lan sakeh brana, sadaya kinen ngusungi. Tuwin wadya ingkang kantun, sedaya kinen umiring,nging seratipun punika, pinurih wageda sami,lantapak astaning rama, punapa yayi kadugi. Raden Bunlyong mesemmatur, kakang mas puniku gampil, warnine seratan kula, lan ta pakastane sami, saksana wus kinen nyerat, piranti wus den aturi. Radne Bunlyong nyerat gupuh, sakedhap pustaka dadi, nulya kinen anupiksa, conthong ing sakalih-kalih, raden Lo Ing aris mojar lah yayi sampun prayogi. Kula yayi badhelaju, dhteng ing KYuyamsan wukir, umatur mring panembahan, yen wus kalegsanan mangkin, dene yayi jengandika, nunten mantuk kaden aglis. Ywa kadangngon ing delanggung, yata wus budhal tumuli,lampahira kurungkuran, dyan Bunlyong wadyane sami, jkang kapisah samiprapta,laju prasamiumiring. Raden o Ingkang winuwus,lampahira sampun prapti, talatah ara KYuyamsan, sira ngaturi udani, mring panembrahan JIbica, yawn ing pungkur angsal kardi. Raden Lo Ing tinimbalan kinen minggah medala jurang wingking, rade Lo Ing sigra laju, wus minggah sawadyanya, papteng luhur lanpanembahan wus pangguh, wus laju binekta sowan marang jeng narendra siwi. Dinangukatur purwanya, lamun mundhi pkem Lim Long ing nguni, terang saking jeng pukulun utwin jeng panembahan surat KImlong ing nguni maksih tinutup nalika dugiing mongsa, dinten tegal kang weweling. Kimlong nunten kula buka, sacehtaning sura sampun dumeling, sadaya wasit satuhu, datan singwah samenthang, ulun pundhi estukaleksanan sampun nunten Pikbunlyong kapanggya, sutane tumenggung Pik In. Kang sampun kalebeng weca, inggalipun kula rampasi sirnanting, pikbunlyong manjing wanagung, estu yen badhe ngendhat nunten ambatulung kacekapan rembug pikbunlyong nurut kewala, kangibu gya den aturi. INg wetawis mangke prapta, lan kang ibu saraja kaya sami, yata sang narendra sunu, mesem dupi miyarsa, wrin jibica puniku kang karya udur, wusana aris ngandika, kakang Cibica puniki. SAtriya sinten namanya, lan ing pundit pawismanipun ugi, sangJIbia sigra matur, wastane kang satriya,RadenLo ing ardi Tin San griyanipun, ababala tigang legsa, pambet akrapbepun Pik I. Raden Lo Ing

6 salaminya, ayun ngabdi mring paduka jeng gusti, dereng wonten marginipun, dahat ing ngajrihira, tur punika satriya prawireng pupuh, ingmangke ulun sumongga, ing karsa paduka gusti. Ngandika narendra putra yayi Lo Ing liwat tarimamami, sira ngrewangi mring sun, eh yayi pirabara, tuk pituwas mungguh yayi kangelamu, eh kakang Si Kong punika, ingsun pasrah yayi Lo Ing. Andika karya punggawa, jumenenga tumenggung Tin San wukir, abdi paringana wuwuh, jangkep gangsallegsa, paringana nganggo mantra limangatus,lahkakang nuli kepyakna,mring sagung para bupti. Nanging kakang ing samangkya, yayi Lo Ing kakang adika tuding, methuk ik Bunlyong kang ibu, supaya aywa rungak,lawan aywa kauningan dening mungsuh, yata Si Kong tur sandika,lo Ing sampun den dhawuhi. Sawusira buiujana, sawadyanya tuwuk denirng rabugti, raden Lo Ing nembah mundur, tumurun sangkig ngarga, lampahira mamanuki ing kang rawuh, nahan ganti winursita, raden Pikbunlyong ing nguni (taksihwonten sambetipun)

7 Ongka 46 Kemis kaping 17 Nopember 1881

Surakarta Tiyang ingkang kaambah ingkolerah wiwit tanggal kaping 7 dumugi tanggal kaping 14 NOpember Kasantunan sakit ………………….87 WEwah sakit……………………….331 ------] : 418 Ingkang saras 210 Ingkang ajal 149 ……………: 359 ………………………………….: 59

Madiyun Wiwit tanggal kaping 3 dumugi ing tanggal kaping 7 Nopember 1881 ing kitha Madiyun sampu kadhatengan jawah ngantos deres, wiwit jawah sapisan wancijam 4 sonten dumugining jam 8 dalu, jawah kapng kalih wiwit jam 2 siyang dumugining jam 6 sonten, makaten ugi salajengipun, pendhak sampun mungel jam 12 siyang, ler kidul wetan kilen mendhungipun sampun katingal gandhul, boten antawis dangu tumulya jawah, dene yen wanci siyang benter ing surya kathah sudanipun katimbang kaliyan adad, awit denign kaling-kalingan ing mendhung mengggahing lepen banjir sarta buthek, sdaya wiwitan kekajengan thethukulan, godhong-godhongan, sampun sami seger sumyah, ing blumbang blumbang kalen kalen ingkang sampun kadunungan toya, saben dalu swanening kodhok, pating thereyot, pating carekung, sampun ngemperemperi mongsa rendheng. Mila meh sadaya titiyang salebeting kitha, angraosaken seneng, dene sampun Kabul ingkang dados pamuhinipun, menggah pamanggihipun tiyagn tiyang bilih swantening kodhok wau sampun rame, jawah wau ugi sampun kawstani lajeng, mila saweneh ing tiyang wonten ingkang netapi kaulipun bilih tumuntenkadhatengan jawah, lajeng jawah jawah wonten saengahing nglatar. Regining wos pethak ing dalem sadangang 75 perak menggah tiyang ngriki sampun kalebet awis Wiwit tanggalkaping 21 Oktober 1881, ing kampong Cina griyaning babah L.G, sampun rame-rame swaantening gamelan sarta muskan prelu kangge angurmati badhe dhauping pengantenipun wondenign wiwit ing dinten ingakng sampu nkajarwa ngajeng dumuginipun tanggal kaping 26 ing ngriku saben dalu kasukan atetandhakan ingkang klayan sampun andhatengaken tandhak saking nagari Surakarta,1. kekasih mas Sajeng Arum 2 kakasih Mas Sajeng Gumun, pawestri kekalih wau, ingakng satunggil kirang anyernengaken dhateng manah sadaya ingakng ingali, kajawi ta ingakng kakasih mas Sajeng Arum, dhasar kuning gandes, luwes kewes, pantes, mrakati, tuwin karengga ing busana endah, ing wasana lajeng mungel endhing, lo bong dhawah kinanthi. Sinambungan kang sekar pepe, adhuh-dhuh, punika ingkang anggiwaraken manahing para anem. Runtut macak ing wirama, astanya awor lan cekling, kumrampyang e tang adana, resuling manjing ing liring, clempung neng nglambung asri, kang sinetrus aneng suku, rebab aneng ngujala, salukat aneng rurumbing, punang demung amanjing aneng ing jongga. Kethuk kumendhung neng tindak kenong neng udhet amingi, gambange ngusi mring sinjang, paneruse awor dirji, manduling gong duk muni, kulkuse saha

1 neng prebayun,lelagon awor tingkah, mengenge ngedusi manis, candonira kang gendhing manjing wardaya. Wus sareng kula aningali, dhateng pantes gandesing solah, sarta sajak ing tembung, sanalika punika lajeng mapan lengggah kapara celak ing gayor, punapa malih yen pinuju kendeling gendhing, wau tam as Sajeng Arum lajeng pinarak wonten sangajenging konca piyaga tukang ngrebab, ing wuri mawi wonten pawongan kakalih, ingkang ngampil gonad wida, munggeng gebyas ganten masak rawit lan pamojokan sanalika punika kula lajeng sangsaya ngangseg ngaseg yen ta sageda ngrbab etobat sanalika kula gantosi, o kisanak boten wonten ingkang kula gumuni ing saben dalu, among kemeruting tiyagn aningali, agengalit jalu estri, ajejel presasatmeh botenangsal papan samanten ugi swatnening para neneman aneka-neka, pangalemipun dhateng mas Sajeng Arum sanajan wonten griya, sanajan wonten pandamelan punapa malh yen sami mantuk saking nonton boten sanes ingkang dipu rembag kajawi as Sajeng Arum sandhujekuk tiba kabruk adhuh lae raa Arum ngrika ngriki Arum ketang ketang si Arum boten keduten ansal satunggil lare nami, kaku satita kuyar, boten nacad jlebrahe nglengkaning untu boten dhipikir, nganggo arep gonthet ledhek sala, dhiwonggawene isih nemplek ambok nyebut Wiwit tanggal 26 dumugiing tanggal kaping 30 wau tandhak sakaliyan samun pindhah dhateng panggenanipun kaptin Cina, ing saben dalu menggah kathah ingkang sami nonton kados dening ingkang sampun kajarwa nginggil. Anuju dinten Jumuwah pon tanggal kaping 29 Oktober 1881 wanci jam ½ 2 siyang, 1 lare estri awasta pun Minthi kinten umur 7 taun anakipun rondha nami Bok Minthuk griya ingkampung pangungangan madiyun ing dinten wanci ingkang sampun kajarwa nginggil lare wau sumedya dhateng lepen adus ingkang boten tebih kaliyan griyanipun waktu pun Minthi wau dhateng lepen pinuju sasarengan kaliyan lare esri, awsta, raden Sri, umur 8 taun sareng lare kekalih wau sampun dumugi lepen ngriku, lajeng sami adus ciblon ajebublung anengah minggir, wasana lare kalih wau bingah sangsaya sami manengah, lajeng boten angengeti yenlepen punika wonten kedhungipun ingkang kawastanan kedhung Winonga, boten antawis dangu lare kekalih wau dumunung satengahing lepen klayan gulagepan ing sadangunipun raden sri wau gulagepan ing satengahipun lepen sigegen ganti ingkang winursita, babagan ingakng kaprenah ng ngandhap tiyang nami Setrareja ingang saweg ngising, pyambakipun wau priksa wektu lare kekalih sami dhateng lepen, kageting manah sareng aningali lare ingakng 1 sampun boten wonten trengginas setrareja tandya lumajar, sumedya anulungi dhateng lare wau, wasana sareng sampu nkenging kacandhak lajeng kabekta minggir, wau setrareja inggal lumajeng dhateng griya ingkang boten tebih kaliyan lepen ngriku, sara bengok-bengok yen wonten lare kalap ing nalika punika ugi sadaya tiyagn ingakng celak ngriku sigra samilumajeng dhateng lepen saweneh wonten ingakng gentho sampun teetela yen ingkang kalawau lare nami pun minthi anakipun bok minthuk wasana lajeng kathah tiyang tiyang ingkang sami anjegur ing lepen amadosi pun MInthi, ing pundit panggenanipun kelem wau, boten antawis dangu lare wau kapanggih, ugi dereng tebih kaliyan dunungipun kalap ananging sarengkabekta minggir sampun pinanggih pejah, rinubung ing tiyangkathah, saweneh wonten ingkang nykani isarat japa montra, amrih waluyaning lare, aning estu lulus layoning pun minthi, lajen gkabekta mantuk, kocapa wau bok mInthuk sareng aningali anakipun sampun pinanggih layon dhasar anak daman-daman tur mugn satunggil sanalika lajeng gulung koming ing siti, sarya jelah-jelih anggenipun anangis sasambate grendeng manah anak ku ngger, menyangngendi kowe paran mu ngger, sapa sing tak deleng-deleng yenkowe ora ana ngger, O sadaya tiyang welas yen anignali tangise bok MInthuk ananging eramig manah kula wau bok minthuk dangu-

2 dangu, ingkang badhe karengoni boten wonten kajawi lare sapanganipun dhaten glepen wau, malah pyambakipun getun dene boten katut kalap pisan wasana layon lajeng karuwat ananging bok minthuk tansah kendel anggenipun anangis, mila sadaya tetangga sakiwatengenipun ngriku, ingkang gadhah anak mentas samia dus kathah ingakng sami dipun ujar-ujari makaten: ta: padha katona, gonmu padha ron menyang kali, yen arep kepingin kaya si Minthi, rasakna: yen kongsi padha kerep adus yen ora dak larung pisan bokmu le, (kintunan)

Ingknag manawi marengaken saking karrsanipun para sarjana, tuwin mitra kula rising bujakirana, kula nyuwun pitulungan menggah teges tuwin wijangipun salokaning pawestri kados ingkang kasebut ingkang kasebut ing ngandhap punika. Ruruh, lulungid jatmika, cethi, pasaja, lindri, semu, medanireka, mantesi, wiraga, wingit nawang rum cuwiri, kunba, carana, cusila, rungih, lir tunjang tuwuh ing sela,kang pramakrama kawine. Anjawi ingkang sampu nkasebut ing nginggil punika, ugi kula nyuwun pikulunganipun para sarjananing bramartani, menggah jarwanipun tembung kados ingkang kasebut ing ngandhap punika, ERawati, dhedhet unang, nimpuna, cancala, rencaka, rumengin karasikan kertarda, kongas, karagan-ragan anjungkarangin timbun sampeka, santika, sogata sabyanta, saronja, sasmara, sarika, rasika, wara wirasmi, wiydatmala, widyatmaka, widyatta, wimaya, prtita, pradiipta, jwalita, prakempa, moita, biksama, budaya, murtad wigena. Menggah ingakng kasebut ing nginggil sadaya wau, asring asring kangge wonten ing serat serat waosan mila kula suwunaken brekah dhateng para sarjana, ingakng muri wonten karsanipun aparing jarwa sadaya wau, O: saestu sanget ing panuwun kula, wasana atur taklim kula, dhumateng para sarjananing Bramartani. Ing Malawapati, kaping 8 Nopember 1881 Wijanarka. ======\======Katur dhumateng mitra kula kalpika ing Banjarmlathi. Sasampuning angaturaken udaling taklim kula sampu aningali serat sampeyan ingkang tumrap wonten ing Bramartani ongka 40, Suraosipun saestu inggih kadhadha, andadosaken suka bingah ing manah, dene sampeyan sudi mamitran sarana anonjok pustaka, minongka tatayuh ing sapatemon dhumateng ing kla, toblas osiking sucipta yayah siniram ing tirtamarta, crewp asrep sumarambah ing jasmani sadaya, mila mangkaten awit kula badhe boten kacuwan ing pangrengkuh, among sakedhik andamel ing sumelang, bok bilih ing wingking sampeyan anggalih getun angabdekaken pun rara ing sendhang, jalaran saking busuk mumuk boten teka, gandes luwes dhemes prak ati, o punika rak tembung ingkang dumunung ing mamanas ing lathi kemawon. Wewah malih paparing sampeyan cangkriman enem bab ingkang kapundhutaken ing wardi, ugi sampun kula sumerepi, ananging kuciwa pu menrtik angaturaken balilunipun ingkang sanget glethak sangar adho tebih anglangut ye ta suduga. Titining pangesthi, tansah magnajeng-ajeng wedharing pangandikanipun para winasis lah ing ngriku sedya kula bundheli kinarya pambukaning manah buntu. Rara mentrik. Kyai Bthang,kula ugi tmut aningali ing panjurung sampeyan wagnsulan dhumateng Jaka marsudi, bab ing rembag kawruh kasunyatan wotnen utawi botenipun ing araning lalembat sawastu sampun sumusub ingngiga wekas wiwinih lajeng gumamthok ing nalar, jalaran saking juntrut aruntut wasana kula ingnggih andhereki, among ingkang andadosaken sampelah ing manah, sarehning sampyen angandika

3 lalembat utawi setan wau among tetepa ngaan aran kemawon lo punapa asmanipun ingkang maha luhur inggih anggadhahi wujud ngregemeng kasat mripat lah dalah, sumongga kagalih, botenlangkung kyai, nunteaking pamanggih kula ingkang samanten mugi kajarwananana ingkang maton ananging kumedah angatosatos kawatosing manah ambok manawi kajodheran. TRiloka, tegesipun Jadatitiga, tigang panggenan Ingkang kawastanan jagantitiga utawi tigangpanggenan punika kados pundit terangipun Rara Mentrik

Lir Sarkara supatra sasanti, panad pada mba mugi katura, kyai Juru pagubahe, Bramartani dhuh ulun duk amulet sastra sakedhik tumrap ongka tridasa, sdhanuju sitanggsu, September ingkang kawuntat pan pukulun aparing waluyan maring, Jaka bujakirana. Kang kawahya jaka Banisrail inggih methik sing pustakaraja, marma angriwuk kempul de, ulun dreng kapiluyu, ye andhngaken panggalih, bok karsa amedharna, dhumaeng wijitu, kuningana raosing tyas aprasaksad lamaruntan arsa kapanggih, Pun Mentri RA SEndhang. ======\======Nyuwun Barkah Atur kula pasaja, acanthi sasatyaning kalbu, dhuh lae boten pisan-pisan yen kula sumedya badhe amalela ing kabangkitaning tyas among saking kumantyan kumacelu, ngantosa ingga tyang nyidham dahat kmeda ingmanah, anggen kula badhe sumerep ing wredenipun pitembungan kasebut ingngadhappunika, sokur bage sewu bingah, bilih mitra kula ingkang sisilih nama: Ri sang Bujakirana, karsa aparing barkah, anjarwakaken atur panyuwun kula punika, boten ta yen kula sumedya ngongggrong sarta ngalembadana, o tebih yen mekatena, jalaran kula pyambak lare bodho, wijiling dhusun tampingan mila sotanign tyas amba, tansah angayam-ayam paringipun barkah para prayagung luhiteng sastra, mugi wonten na ingkang welas anyaruwe ing ngatur kula ingkang dereng mudheng kados ta wotnen ungel-ungelan: 1. Pakirtya, 2.Daruna, 3.Ascarya, 4.Prawita, 5. pariwara,6.Gandhu,7.Wonda, 8.Kabyaktan,9.Wasa,10.Pragalba,11.Kadayan,12.Mescu,13.Waswa, 14.Taman,15.Sasatya,16.Sangcipta,17.Ringan,18.Saniskara,19. Sidi, 20.kaarsayan,21.Kamoitan,22.Sangkaya, 23.Kelikan,24.Samangkana.25 Sineda,26.Swarda,27.Tambis, 28.Damayas,29.kawahya,30.kasiden,31.anru,32.Sambada,33.Prawatya,34.Sawastu,35. Wisuda,36.Molih,37.Tumama,38.Saharsa,39.kadarman,40.Limut,41.Wulinga, 42.Titir, 43.Satiti, 44.Lirip,45.Noga,46.Tiarda,47.mahatma,48.Prawa,49.Waktra,50.Braminta,51.nguniw eh,52.Raras,53.Arsaya,54.Kuji,55.Kahaksi, 56.Winawa,57.Dwistha,58.Puwara,59.Bagya,60. kaungggwanan,61.Nginte,62.Korup,63.kakaring,64.Tareman,65.Tula,66.Pala,67.Sura sa,68.Mirasa,69.Kontra,70.Liring,71.Lumirig,72.ARse,73. Sadarga,74 Esthi,75,JImat paripih.

Ing wasana sewu sewu ing kalepatan kula, dene apurun purun sumengka, tembung tanrin ing tatakrama, mila panuwun kula dhumateng paralimpat mugi sami ngaksamaha,dhumateng tyang bodho kados pun kula, sokur bage sakethi jumurung, bilih wonten kirang langkung ing sastra, tumbuking tata prunggu, sami karsa aleresaken sotaningtyas amba manganggep dwijawara, papundhen.

4 Titi darulatas marawing, 13 Besar, JImakir, sangkalan janma nitih naga muluk sirneng Rondhon Gelung, legan jalu jar wadangu, sampun tamat. Katandhan sang Jakatanya. ======\======Bab Agaminipun tiyang ing redi Tengger Agaminipun tiyang Tengger taksih buda, dene panutanipun bathara Brama, sataun sapisan kalaning dinten sae, titiyangtengger sadaya, jaler estri anem sepuh, sami mumule ing kawah ing redi Brama, sarana bekta tetedhan pagnangge, kadosta: iket rasukan sinjang, sabuk sapanunggilanipun bebektan wau sadaya sami kalabuh ing salebetingkawah, katur ing bathara Brama kang makuwon ing ngriku. Lare jaler tuwin estrikang taksih sami jaka sarta prawan bilih kesah nyambut damel dhateng ing Tegil utawi ing patamananipun sami cundhuk jangkad manawi wonten lare jaler jaka pikajeng angrabeni dhateng satunggilipun prawan utawi mangsul prawan gadhah pikajeng dipun rabeni dening jaka, ingkang gadhah pikajeng wau lajeng mendhet jungkat tin ingakng dipun pikajengi, tumunten dipun dedahaken dhateng tiyang sepuhipun lare ingkang dipun pikajengi, tumunten dipun dedahaken dhatreng tiyang sepuhipun lare ingkang gadhahi jungkat yen tiyang sepuhipun lare wau sumerep jungkating anakipun kabekta dening lare jaler utawi prawan tiyang sepuhipun lare jaler estri wau lajeng sami pirembagan sami sepuh, bilih sampun gilig rembagipun tumunten lare kakalih wau dipun ingkahaken wondening panggihipun panganten ing griyaning tiyang sepuhipun pagnaten estri, yen pagnantenipun kakalih sampun kapanggih, kaumipun tiyang tengger lajeng dhateng ingpanggenan punika bekta cangkir tembagi. Taksih wonten candhakipun. ======\======Candhakipun serat purwa;Krimataya Sri bagawan KResna suka myarsi, wasesaning tuhuni ruminta, tetela kasugihane, sigra wau sang prabu, anikmbali ingkanan kering, kaswaraning gentangan, kyeh ing dhusun krungu, jama jalu estri prapta, sri narendra wus dhawuh timbalan kadi, turing Warasumbadra. Gugub sakyeh jama amandiring, ring ngadera giri-giri nata, mongka estu ne branane, saking nyengit kalangkung, niru minta kaicim ngakih, kadum samangkya melang, tyasmila glis ngusung, sasotya rugmi suwasa, sadarbeke nyai rumintaingnguni, jineburken sur munya. Taman taru sumur kebek malih, brana agung pulih sanalika niru minta sukeng tyase, dadya ris awot santun, dhuh pukulun srinarapati, puniku darbe ingwang, kang ical wus mantuk, tan gethang warnining brana, pulih wetah sajuga warni tan cicir, sating pangwasa tuwan. Langkung ngungun wadya kang umeksi, kathahira ingkang rajabrana, tuwin tan ewah cacahe, narendra kresna muwus, wruhanira kabeh ta jami, kang samya sung barana, ring sajronign sumur, ya banget ingsun tarima, mungreh kehning brana nya rumimtayakti,kang padha sira alap. Ing samengko marenana sami, ywana laku dus karsteng bawana, segamari pungumure,mamrih ya karahayu, taman kirang margi ning kardi, mesiing janaloka, babuten sakayun, kyeh ning ja matur sandika, sri bathara Kresna angandika malih,marang nyai Ruminta. Eling-eling ruminta ing wuri, kintatuk sih ginadhuhan brana, saking batharanta dene, ngluwihi sadhadhamu, penet kang ggo lumrahing budi, yen kabangeten ngeman, maring brananipun, tinemu sugih mring mengsah, tugingedon sirna pinet denign ngeblis, taman turun mring suta. Niru minta suka awotsari, ris amatur dhuh gusti sang nata, mugi kasagetneng tembe, nyudarsana sabdayu, karaharjan ana rambahi, myang mugi jeng panduka paringa pitulung, sawastu karsanira sang, murweongkeng grat suka elok aningdasih, malesih ing kawula. Yekti ulun renan ta pun dasih, rawantawur duk prang bratayuda, dados

5 wawalesan maleh, srikresna sru angungun, denign wrandha atur upeksi, nulya keh ning wong desa, patigilan umbul, samuwa samya ginanjaraja brana babektan saking nagari sadaya sukeng driya. Sawusira parentah sang aji, nuduh ngusung kyeh ning rajabrana, mriniruminta wismane, jama swarda agupuh, agumuruh sami ngusungi, neng n ataman kawedhar, wau sang aprabu, budhal malih sawadya, ngidul ngetan tamsah nggenira mamargi sudibyaning pamet rattan. Dahat remben genira lumaris, risarisan nut kang prameswara, wantu wanita tamtu lon, saniskara sawegung, kasrambahan aris lumaris, tansah sasaginem rasa, salameting surut, kerut tlata temah nistha, kasampurnan paripurnaning pangapsi, kesi-kesi bungkruha. Kuneng datan winarnaing margi, duk dumugi dhukuh wanatirta, nata pandhawa bratane, sang prabu sigra nuduh, arya sena kinon nimbali, marang jamaapadesan, wrekodhara sampun, lumaksana prapteng desa, mingak-minguk sepen data nana jami, wis mane mung sajuga. Wisma alit pintu nya kinunci, pinarpekan marang arya Sena, kapyrasa anaswarane, ing jro jam mawa watuk, Wrekodhara asru genya ngling, emanira nganana, pinter samalebu, jama jrowis maaturnya, sapa sinten ingakng rawuh mitna kori, ris mojar WRekodhara,. Ywa tambuh sun arya jodhipati, jama ing jro ngrarintih turisang, dipun manggeng absamene, den ta ulun sru bungkruh, taman teteg myating jamakih, derarda papan traki, nistha bok kadulur, bekuh wekodara ajat, dedel madat tatemah bujat kang kori, wrekodhara duk umyat. Ye kana kang jame kama linggih, anyekukurk sarya kakemulan, lan patanen ing ngayune, arya marpeki gupuh, esmuruntik sru denira ngling, den tamat kinurmatan, paran jam madhusun, dene nirkramaningjama, manireki dhateng kinta menak linggih, nyakukruk kemul wastra. Paran maning minta wewanganing, weiwara taman wenganisira, jama kakemul ature, dhuh-dhuh gusti titah gung, ywa jeng tuwan selng panampi patik bra srukapapa, pramila gung kemul, mung mamingiting cintraka, kang mamela ature saha ngukabi, bebegtira kawurya. Pada kalih samua kapeksi, sisiki kang pada kiri pegat, ganti lan andhap jengkune, sinambung babupetung, purwaje kanggenira linggih, tamban bangkit silaha, anglaela atur, dhuh-dhuh punika punika, turi damba jo janganisthaning budi, buwana kyeh mamirang. Rangngurnagngunglengger duk umeksi, arya sena kaduwunging duka, du kita awlas samangke, kakenen mringkang wujut, papadadya aris derangling, babo absamana, Tan nyana sagl;ugut, paguting citra kanira, ringaring grajaji, jleg kalepat mesat wusing ngucap, taman wantara praptane panggyara kapitutur, tataraning liring kang dadin, legeg parakadeyan, pirembag wus dulu, lan mulat suwunging swarda, daya0-daya tindak prahari umiring, sapraptanireng wisma.Sri bathara KResna dupi meksi sanggyaningkang kadang mring kang dhadha, gya winingkis wawastrane, winiyak wus kadulu, susuku nya kasambunging pring, rising bathara Kresna, atatanya arum, ekinta tiah pinapa, papantya jeningg deng taman mawakanthi, sapa ta aranira. Rarasana PUrwakanta dhihin, ing kahananira nistha papa, kang dina ngutur sembah lon, dhuh pukulun jeng prabu, pun jiwara aramba gusti, jama sakinging praja, nguni abdinipun, ratu ingmalawapura, nalikane guti miyosi ngajurit, wonten ing kurusetra Taksih wonten sambetipun Semangtri. ======\======

6 Ongka 47 Kemis kaping 25 [must be 24] Nopember 1881

Surakarta Bab sasakit kolerah saking pamrien gkula sampun kathah sudanipun menggah kawontenanipun tiyagn sakit wiwit tanggal kaping 14 dumugi tanggal kaping 22 Nopember ing ngandhap punika: Kastunan sakit……..59 WEwah sakit…… 202: ……………………261 Ingkang saras 124 Ingkang ajal 107…231 Kantunan sakit………30:

Kawontenanipun salebeting nagari ing dinten punika wewahipun tiyang jaler tuwin estri sakalangkung dening kathah, inggih punika dhadhatengan tiyang ingkang sangking nagari amonca, amila warnining tiyagn sanes-sanes bongsa, sadaya tiyagn ingkang sami dhateng wau sami ambegta dagangan ingkang penipeni, jalaran miring bilih gusti kulakangjeng gusti pagneran adipati Anom saestu kasupitaken ing salebeting wulan Sura taun punika, mangkatena kalawau dalu tiyagn amonca langkung sangking tigang atus sami kuliling aningali rakiting makajangan ingkang asri kawruyan ingkang dumunung sapinggiring kagungan dalem alun-alun ler, ingkang punika wiraosanipun tiayng kang sami mider mider wau sakelangkugn anggenipun mangalembana ing kamulyanipun nagari dalem sabab katingal sanes sanget katandhingna nalika jaman kala rumiyin kalayan sapunika, lampahipun tiyang ingakng kulingling sareng dumugi sacelaking kgungan dalem waringin sengkeran ingkang kaleres kabagun ing pacak suji tosan lah punika sangsaya anggenipun sami snget mangungun wiraosipun dhek jaman napa ana waringin kurung dipacak suji kaya mengkene, tumunten wonten prayantun ing surakartaingakng nyauloni, lo niku dika dereng weruh sajroning kadhaton empun kaya mengkoten pangungundika, saiba dika wruh asajroning kedhaton kula duga dika banjur kamitenggengen kang sarta gendheng Kintunan

Panjurung Durmanira carita ing Sragen praja, wonten tiyang sawiji, ingngarum kang wisma, kinten umur sadasaa, apan ginanjar panastis apan wus lawas nanging tan bias mari. Apan tilas suldhadhu nanging wus pirman ing saben wulan tampi, blonja king nagara, gagnsal rupyahsawulan nuju ring nagara kasih, wayah jamping sad, panlajen gbandhak bodhing. Eh kapriye awak ingsun iki lara, nanging tan bisa mari, nora lekas sirna, saking kakuning driya, apan arsa potong dhiri, gurung cinandhak gya inotong lan bodhing. Pan wus pasah tatu omba wus satebah, gya konangan kang estri, bodhing rarinebat, apan sarwi nywara, kalawan ajelih-jelih, dhuh kyai sira, naha papatong dhiri.nanging ingkang lanang wus tan bias ngucap rah dladag muncrat ngrai,sigra ing ngusapan lawan ing rabinira, gya tiyang tandang wus prapti, ing wismanira, eh ana apa bibi. Kang liningan wuisana mangsuli sigra, dhuh lurah kyai niki, ing ngajeng ginanjar, sakit apan wus lawas sigra kaku ingkang galih, ing kinten amba, pan lajeng potongdhiri. Nanging tiyagn wau dereng apalastra, anging napasireki, wus tan medal grana, napas wus medal jongga, sigra lurah bekel aglis repot mring tuwan sekoing ngarum aglis. Bekel matur pan saka wontenanira, tuwan mangsuli aglis eh bekel sun duta, atur ena tabe ingwang, mring radian ngabei dhestrik ing Sragen praja, matura

1 sahananing. Sigra mesad wahy bekel kang den duta, pan wus panggih landhes trik lajeng tur uninga, pan kawontenanira, sigra raden bei dhestik bahabah kuda, apan arsa nindaki. Pan wus prapta wau pagenanng tuwan sigra den jak mirsani, mring tiyang kang tatya, apan kumisi sigra, mring wau tiyagn kang sakit sigra kinumbah rahing kang wonten ngrai. Pan wus rembak wau kalawaning tuwan panarsa binekta glis marang asistenan sigra binekta budhal prapta asistenan nenggih, pan pukul sawlas sigra den pariksani. Saking karanira wau kangjeng tuwan den trusken mring nagari, apan lajeng prentah, mring raden bei ika,radian bei amrentahi,mring kulipapat sigra binekta aglis. Apan lajegn binekta mring Surakarta, among pangungun mami, dene wau tiyang, dereng saged palastra,anabekane misi, lanmripatira, misih akethap-kethip. Nanging ana saking ing kiintenkawula, apan a mesthi mati, sabab wus tan bias,ngunjuk toya lan sega, iku kang dadya jalaring, ing sedanira, miwah caya wus putih. Apan sampun telas ing ngatur kawula, katuring SRagen kaping, nawa aka tanggal ing Besar JImakir warsa sirna rupanagajami ignkang manurat jaka mulya ran mami. ======\======Bojanagara Cariyos aneh dhusun Sokareja dhistrik Tinawun wonten tiyagn wasta biyang Blodhot wektu satunggiling dinten tumbas jampiing peken wau jampi rupi galiyan mrica, sapenunggulanipun sareng dumugi griya jampinipun kapurih mipis anak mantonipun esri, sasampunipun kapipis dados gangsal galintir, anak mantonipun biyang Blodhot inggih dherek ngombe, kedadosanipun kinten jam 7, sonten biyang Blodhot sami lengahan ingngamben kelayan rabenipun sarana sinambi nguntal jampi: gangsal galintir edhang, sareng bakda nedha jampi, biyang blodhot tuwin pak Blodhot lajeng sami dhawah abanyaki, gembor-gembor, awit wetengipun sami keraos sakit kaken abalabag boten dangu pak blodhot lajeng nykani slameting gal kelayan bojonipun biyang Blodhot taksih gesang, ananging inggih emeh kimawon nusul ingkang jaler, wondene anakmantonipun wilujeng boten kedhah-kedhih. Andadosaken ing sukapirenaning manah kula, kepala nagari dinten punika sampun aparing barkah ageng palimarmanipun dhumateng para abdi dalem salebetipun kabupaten Bojanagara, sami kaparingi papacuh tan kalilan wade, ing peken warni, timun semnogka, krai, kados ta barang ingakng kecut bab jangan sapanunggilanipun rujak awit ing dintenpunika, usumipun tiyangsakit kolerah wilujengipun abdi dalem ngriki,saestu Pikantuk barkahing para ageng, jalaran boten wonten igkang nandhang sakit wau, gedhok tular ginem naming Surabaya, tuwin Samarang ingakng kawical sangsara, saking genging bagering kolirah, mila panuwun kula ing gusti Allah, mugi- mugi kandhega samanten kimawon sampun ngantos ambaleber ingmona praja, sampun pintenpinten usada kolea ingkang kaparingaken dhumateng para wadya, prelu kadamel jagi, barang ingiang boten boten. Pangresula: dereng watawis lami, wanci jam 1 siyang griyanipun asisten wadana Ngambom dhistrik Padhangan sampu nkabesmi, telas babar pisan jalaran saking latu agodhog wedang, sawektu punika mas bei asisten pinuju kesah papriksa: mantuk naming lenger-lenger ingakng wonten griya ageng tur payon alang-alang, pawon gedhogan pakiwan brstha sadaya, kados wonten reregen kirang langkugn 1000 perak dalan barang barang ingakng tumut kabesmi. Kabar pepekenan kangjeng tuwan Asisten residhen ngriki:ye:melemester: badhe tumunten kaakat dados residhenjalaran saking katrimahipun nyepeng karyapraja, adil tur wicaksana Manguncarita. ======\======

2 Sambetipun ariyso SayidiAbu Sabar Lampahipun Sayidi Abu Sabar dumugiigndhusun wau lajeng anjujug sangajengipun kontening griya, nunten dhodhok ngapurancang tembungipun nedha priman karana Allah, swaranipun kapireng denign tiyang ingkang gadhah griya lajeng medal sareng sumerep wonten pekir kuru sanget lajeng wangsul dhtenggriya malih mendhet tetedhan kasukakaken dhaten gsayid Abu Sabar, wicantenipun suwawikisanak sampeyan nedha, semunipun sampeyanluew sanget: wangsulanipun Abu Sabar, kasinggihyan pangandika sampeyan punika, anangng panyuwun kula among kaparenga, paparing sampeyan tedha punika kula bekta kesah kemawon amargi rayat kula kantun wonten ngrika, kuwatos kula bilih kaliren wangsulanipun tiyantg dhusun prayogi, AbuSabar lajeng wangsul murugi dhateng enggenipun ingkang estri. Sapengkeripun Sayid Abu Sabar kala sawegmangkat priman ingkang estri katilar piyambak ingngriku wonten badu wilangkung, sareng sumerep wonten esri endah tur ijen boten kenging winiraos suka bingahipun malah kantos kawedal wicantenipun eh dina begja karenan tanpa timbang katemu ing aku, dene ana wadon ayu tanpa sisiyan kaleeran eh daulat tak pepetri ing salawasmu, estrinipun sayid Abu Sabar kaepeng lajegn dipun plajengaken, samargimargi kantos dumuginipun ing griya boten kendhat kendhat anggenipun wicantenaken tembung manis kalayan pangarih-arih, ananging estrinipun AbuSabar boten keguh, malah kagagas sanget anggenipun kapisah kalayan ingkang jaler sarta anakipun kakalih, ciptanipun becik aku mati kaniaya, tinimbang urip druaka lan priatin gedhe mengkene, lajeng amatek donga tembungipun yailahi, yarabi, gusti among tuwan piyambak ingkang nguningani begja ilaka kawula, boten wonten ingkang kawasa anglejaraken kasusahan kawula, anjawi tuwan piyambak panyuwun kawula temen temen mugi kaparek saha kawula saking rodapaksanipun pun drahaka, sarta ing panyuwun kawula sageda kapanggih wilujeng malih kalayan anak laki kawula. Juru rodapaksa kapencut sanget andulu ayunipun mila akedhapkedhap andhatengi, murih kadugenan kajengipun, wuwusipun kaanggit agit kalayan tembung manis ingkang amelas asih sanget ananging meksa boten dipun paelu, mila lajeng kaku manahipun santun salaga mawi anggigiri goragodha, ananging inggih boten migunani, estrinipun AbuSabar malah prsetya,bilih dipun celaki sawatawis ababadhe nyeking, saking kasengsemipun rodapaksa dados boten purun mrawasa tumunten ciptanipun aluwung kasarehaken rumiyin awit sampun katekem ing tanganipun. Kacariyos wangsulipun Sayid Abu Sbar saking Pran dumugi sangandhapipun wiwitan ageng ingkang estri sampun piannggih sepen julalatanmulat ngiwanengen boten katingal lajeng dipun padosi sarta dipun uwuh, kintenipun embok bilih dhelik saweg tilem amargi saking aripipun ananging inggih meksa boten wonten sumaur,kantos dipun entosi sadinten sadalu malih inggih boten dhateng,manahipun AbuSabar tambuh ingkang rinaos sampuna selak katungka ciptanipun> budidaya apa kang angungkuli Sabar, kawula mugn wajib narima ing satitah, awit manungsa ora kawasa anyingkiri masa kangwus tinakdir,ing pangeran lajegn anggelendheng wiraosipun ing tembung Ab: masa Allao:kanawama lamasalamyakon lakaolakuwataillabiyelaiallyeilatimi. Lampahipun prasasat boten wonten ignkang kaseja, lami-lami dumugiing nagari satunggil ratunipun langkung niaya, saweg pinuju lenggah ing marige mriksani tiyang ingkang sami usung-usung sela, takdir Allah saytid AbuSabar langkugn saelaking titiyang ingkang ngusungi sela wau, saeng kauningan denign sang raja, sang raja ngandika dhateng abdinipun pekir kaelo pekir dudupekir karan Allah, dadi pekir minongka panggaotan pekir digogolek pangan lahtimbalana mrene konen melu angusungi watu. Abdi ingkang dipun ngandikani matur sandika lajeng amurugi

3 dhumaeng sayid AbuSabar, dikakaken tumut usung-usung sela, AbuSabar inggih lajeng tumut, nanging awit saking sayah ingkang dipun usung denign sayidi among sela ingkang alit-alit kemawon, sareng sang raja uninga langkung duka, Sayid Abu Sabar dikakaken gebagi Taksih wonten sambetipun Ajar nabdul Padail ======\======Candhakipun cariyos ringgit Cina

Wus prapta beteng Cikongwan,laju marek ngarseng ibuwus panggih, dewi Kimsi ngandika rum, eh kulup aglis prapta, kaya paran pawartane kang prang pupuh, ki tumenggung ramakira apata badha basuki. Miwah kadang kadangira, raden BUnlyong nembah umatur aris, sapengker kawulaibu, wilujeng kanjeng rama, tuwin kadang kawula sami rahayu, ibu mengggahlampah amba, wangsul punika tinuding. Paring nguningeng paduka, yen samangke inggih bapa kiyai, lawankadang kadang ngulun, sampun teluk sedya, marang raja putra katampen saharju, dene ta panungkulira, jeng rama tan kawon jurit. Dumadak ramakengetan, ingakng sampun sumare nguni-uni, nagari Tongtya satuhu, luhur nya raja puta, marma amba ibu langkung selang gumun, dene inguni jeng rama, kalebet kaku panggalih, Lan kalebet watak ladak,marma kadi pitulung batharadi, lahpunika seratipun, kang saking kanjeng rama, dewi Kimsi anampeni surat sampun, binuka sinukmeng driya, tembugn penget surat mami. Tumeko agarwaningwang, ing Ci Kong Kyan panengran dewi Kimsi, liring laying yayi ingsun, weh weruh marang sira, ing samengko ingsun yayi uwis nungkul, mring La Ling Ong raja putra,katampen ingsun ngemongi. Iku yayi karssaningwang, sira nuli nusula dipun aglis, lawankabeh sabatur mumyang sakehing barana, lah gawanen ajana kari sajumput, dene kang tunggu Ci Kong Kyan, batur tinggalen sathithik. Wusnya titi kang pustaka, dewi Kimsin mesemngandika aris, eh Pikbunlyong wong tuwamu, iki wus bener uga, dadi condhong wus nora gesehingrembug, myang sidhenok eh janiya, nguni Pikirelir iki. Nanging kulup kaya paran, lakunira anggawa awak mami, yen kapireng ing sangprabu, Tongya sang dewi raja, nora wurung kabeh iki binalenggu, Ci Kong Kyan pasthi jinarah, luput luput den pateni.. Dewi Ehdyan aturira,kang makaten ibu lamun suwawi, mawi sengadi kang umum, mengggah lampah paduka, tuwin wadya lawan sababegtanipun,minguwura Bantu ingprang, ywa misuwur nungkul aris. Watrawis yen kalampahan, kadi boten wonten munasikani, dewi Ki Si myarsa wuwus, entyar sadahat suka, angandika dhenok prayoga rembugmu, eh bunlyong age undhanga, kumpulna sakehing dasih. Lanang wadon den samegta, ingsun iya yarsa budhal tumuli, dene ing wuri kang tunggu,beteng mung jalma rucah, wenehana tindhih Santana kang cukup, sawiji kang mudheng karyo yata ing rembug wus dadi. Pikbunlyong ngundhangi wadya, wusnya kumpul jinarwan Bantu jurit, gya ngrakit babegtanipun, winawrat cikar-cikar, dewi Kim Si land yah Ehdyan nitih tandhu, Pikbunlyong nitih turongga, sagsana budhal lumaris. Lampahira gagancangan dui lepasi Pikbunlyong gya dhingini, duk parek agraning gunung radenLo Ing kang mapag, wus kacundhuk Pikbunlyong sigra umatur,kakang mas pun ibu prapta,punika wonten ing wingking. Saday awadya cikongkyan,wus bineta myagn sagung baranadi, radenLO Ing sukeng kalbu, gya laju pamethuknya, duk cumundhuk raden bunlyong aris matur ibu puniku satriya, kang anama Raden Lo INg. Amethuk ingjen gpaduka, dinuta mringlalingong raja siwi, dewi Kim Si ngling kaptandhu, sarya ariswacana, inggih raden katuran saklangkugnnuwun, pun bibi prapta pinapag, raden Lo Ing gya mangsuli. Bibi suwawi lajenga, amba irit samya minggah ing wukir, leres margi ingkang pungkur, sigra sareng uminggah, sang JIbica

4 ing ngaturan pirsa sampun, lamundewi Kim Si prapta, garane tumenggung Pik In. Gya Panembahan JIbica, lawan para Santana methuk sami, dewi KImsi prapteng luhur sampunlumampah dharat, dewi Ehdyan lan Pikbunlyong mungging pungkur sang panembahan dhibica,mangkukaprabon respati.Ginarbeg ingngupacara, dewi Kim Si cingak denya ningali, aris ing patanyanipun, eh bunlyong iku sapa, pinbayungan ypacarane Bramurub, Pikbunlyong alon turira, jeng panembahan puniki. Amethuk dhateng paduka, sakelangkung ibu dipun kurmati, ingkarsa narendra sunu, dewi Kim Si miarsa, dahat ngungun duk cumundhuk aris matur, pukulun jeng panembahan ,paduka tindak pribadi. Amethuk dhteng kawula, ki tumenggung Pik IN wonten ing pundit, dene tan dherek pukulun, panembahan ngandika, yayi dewi Ki tumenggung wonten ngayun, lagya angumpulken wadya, ingkang kudhandhangan uning. Yayi dewi sampun walanggalih, lahsuwawi lajen ga kewala,manira kang dherek ake, sowanmring raja sunu, dangu-denya anganti-anti, arsa giliken rembag, mring yayi satuhu,dewi kimsi gya lumampah,langarjita paran karsane jeng gusti, dene angggalih rembag. Lamun bener e wus tanpa Piker,ki tumenggung lan sasuta garwa, wuspadha sumuyut kabeh, bayeki gelar limput, during nungkul tumenggung Pik In, ingsun kinarya marga,mrih panungkulipun, dewi kimsi gya ngandika, abibasik mring dewi Edyan rah nini, lalakon iki samara. Ramanira during nungkul yekti, ingsun lan sira ginawe Pikat,narendraputra karsane, mahu ketareng wuwus, sang JIbica nganggo moyani, arsa giliken rembag, iku adu semu, dewi Oyan mesem turnya, inggih ibu,ywa kathah paduka galih, reh sampun kalegsanan. DEne ibu sampun prapteng ngriki, yen wangsula ibu kadiparan, yawn manggihsangsara dene, luwung sami punupus, manut karseng narendra siwi, ibu raosing manah, bok ing tembe pungkur, keni dipun arsa arsa, raja putra yen sampun jumeneng aji, anngantyani kang rama Taksih wonten candhakipun

5 Ongka 48 Kemis kaping 1 Dhesember 1881

Surakarta Mugi sampun andadosakenpangajeng-ajeng kauingana, sarehning pasamuan supit dalem kanjeng gusti pangerna adipati anom dereng rampung, pramila kawontenanipun pasamuan wau dereng kula pacak Jurungarang

Smpun kal;uhuran sanet anggenipun kanjeng parentah ageng angawisi dhumaeng sadaya tiyagningakng nedha kadaosaning apyun punika, amargi pancen badhe anyuda tata tentrem kula miring pawrtosingkang sakalangkugn anuwuhaken pangungun kula, ing dhusun Ngendrakila dhestrik Bayalali, punika kabripun tiyang sadhusun wau kathahingakng nyeret tike, dalah rare saweg ngumur 10 taun kemawon ugi sampun smi nyeret tike, bilih tiyangingkang gugon tuhon saged agancaraken satepining dhusun wau wonten wit witan ageng kasebut uwit kepoh, punika wonten dhanyangipun pakaremanipun nyeret tike, mila tiyagn ing ngriku ingkang sampun langkugn ngumur 9 taun mongka boten nyeret punika tamtu boten kaaken KYai Dhanyang, dene tiyagn ingkang boten kaaken wau masthi boten panajng ngumuripun mila kalampahan rare kathah ingkang sami nyeret wau, ananging tumusipun sakalangkugnboten prayogi amargi sareng salebetipun 3 wulan punika kagolong rakaos tiyang ngupados pangupajiwa, ing dhusun Ngendrakila wau sakalangkugn resah meh saben dalu wonten tiyagn kapandungan akdos tiyagn kathah ingakng katendhagan pakaremanipun dene pandung wau sangandhaping kang kasebut pandung krowot amargi pamendhetipun amugn saangsalipun pinten bagi angsal barang botenipun inggih jangji angsal tatedhan sasaminipun tiyang ingkang sami kapandugnan kathah-kathah ipun among pangaos 10 uwang, tur mawi sarana pangrisak mila pulisi kang bawahaken kedah gatekaken lalampahan wau.

Dhukun Salebetipun wulan punika, kula mentas kakesahan sareng dumugi sakileningdhusun Ngaran Malese Klathen kula sumerep tiyagn anggili malebet ing dhusun wau sarwi ambekta pisang larangan sedhah sapirantosipun kula pitakeni parluniipun amadhukun kapal sarehning kagolong aneh kula kapilayu lajeng tumut sumedya ningali, sadumugi kula ing ngriku jujug griyaning beke(l )ingkang darbe kapal wau, wasana syektos sawetaning pandhapi wonten gedhoganipun isi kapal jaler ules cemeng, dene gedhogan wau salarakipun kajeng sampun boten wujud kajeng ananging wujud konyoh kalayan sekar, sangajenging gedhogan kathah tiyagnjaler estri sami ambekta pisang lirangan kalayan sedhah sapirantosipun punika ingkang sami amadhukun warni-warni panedhanipun saweneh anedha laris anggenipun sasadeyan saweneh anedha sageda inggal awaweka, saweneh enedha kinasihan ing gusti, wonten ingang anedha sageda angsal donya kathah tefesipun sugih, wonten ingang anedha angsala kadrajadan dene panembungipun mangkaten: kyai anggenkula sowan mriki nyuwun barkah sageda, punapa ingkang dados kajatipun kyai turongga dhukunlajeng mangsuli ambeker, tiyagn ignakng madhukun lajeng anyadhiyakaken pisan kalayan sedhah wau ing ngarsaningkyai Turongga, sarta angonya\ohi slaraking gedhogan kalayan anyebari sekr, cariyosipun tiyangingakng sami dhateng wasa antukipun kathah ingakng kadhatengan sedyanipun dene bilh ownten tiyang ingang pinuju dhateng ngriku sasampunipun anglairaken panembungipun mongka wangsulanipun kyai turongga ambeker sarwi thakur-thakur punika tondha bilih boten pakantuk panedyanipun mila

1 saya kathah tiyagningang sami dhateng, andadosaken kabegjanipun ingkang darbe kapal wau. Sampun tatela para tiyang dhusun punika angekahi gugon tuhonipun boten gadhah pamanggih bilih katrimahing sadaya lalampahan punika saking antep wekeling manah ingkang kanthi pambudi panjang sarta pangatos-atos. Kintunan

Ingkang manawi wonten selaning papan saha andadosaken dhanganing panggalih, mugi panjenenganipun tuwan redhaktur karsa amacak apnjurung kula punika wonten ing srat bramartani. Ing dhusun Bangan gagelenganing Cakra Tulung, kaambah ing sesakit kolerah ing sadngunipun sampun tiyang 5 iji, ingkang kaambah lajeng pejah, kocapa wonten satunggiling tiyagn kaleres warisipun tiyang ingkang ajal ingakng kantun piyambak amarsudi dhateng isarat nalika panguburipun jisimw au mawa kasukanan sagawon gesang, dene sagawon wau kalebetaken ingkaluwat kasareng kaliyan pametakipun jisim dados jisim tunggil kaliyan sagawon saking pamurihipun sampun ngantos ing salebetipun dhusun Bangan kaambah dening sesakit kolerah malih, ingkang awit lupiya ing ngajeng nalika wonten sasakit kolerah ingakng kala rumiyin wonten satunggalin gtiyang ingknag dhusun Janti bawah dhistrik Koripan: 2: ing dhusun Silem bawah dhistrik Bayalali, 3: ing Gempol bawah dhisrik Jatinom sampun sami anglampahi dekek isarat kados makaten temahan ing dhusun ngriku inggih lajeng boten kaambah ing sesakit kolerah malih, mekaten ugi ing dhusun Bangan sapunika inggih lajeng boten wonten tiyang tuwin lare ingakng kenging sasakit kolerah. Boten langkung sarehning ing wektu sapunika saking pamireng kula kathah tiyang tuwi nlare kasrambah ing sesakit kolerah, bok manawi isarat sagawon punika badhe kangge dados tuladanipun para tiyang kathah minongka tulakipun sasakit kolerah wau, sanadyan punika kagolong gogon tuhon ananging saged anuwuhaken pinujon ingkang boten angemungaken dhumawah sapisan ing wusana kula sumongga dhumateng para mitra ingkang badhe karsa galih dhumaten gisarat punika, kula punika among anglugukaken cariyosipun tiyang ingakng sampun sami anglampahaken isarat wau dene among sapele kemawon. Wondening saking pamanggihipun tiyang ingkang sampun sami anglampahaken isarat punika tiyang ingkangsami ajal jalaran sakit kolerah, punika kapundhut Nyai Ira Kidul mila kasukanan isarat makaten supados nyai Ira Kidul wau lajeng anggalih bilih ing wingking sampun boten wonten tiyang, kajawi among kantun sagawonipun kemawon Sinerat kaping 29 Nopember 1881 Katandhan D. ======\======Bagelen Nalika tanggal kaping 28 wulan Oktober punika, tiyang anama Setrawijaya ing Kebumen jam 10, dalu, medal saking griya badhe anedhani gadhanipun kapal wasana sumerep sawingkinging griya wonten tiyang andhodhok payoning griya sanginggiling tiyang ingkang andhodhok wau katingal dahana mubyar, ananging lajeng pejah tatela punika durjana sumedya ambesmi griya, sareng dipun pitakeni durjana malajeng kabujeng ngantos sawatawis dangunipun ananging durjana boten saged medal saking sajawining dhusun jalaran saking santosanign pager dhusun kontening dhusun among kalih sampun kajagi tiyang patrol sareng sampun kapepet pun durjana sumedya purun ananggulangi setrawijaya ingakng amburu ngantos aruket udreg udregan pun durjana kenging kapenthung dening setrawijaya sanalika pralaya.

2 Wektu punika griya lesungipun tiyng anama imanreja tangganipun seteawijaya, ugi kabesmen wonten saweneh tiyagn estri ing dhusun ngriku sumedya tatulung amejahi latu kapethuk kalayan durjana ingkang mentas ambesmi, nyai rondha sakalangkung wanter lajeng ambujung kalayan anjrit nedha tulung katungka para tandang, durjana kenging kapenthung ing para tandang kathah kalajeng pralaya, tatela punika kancanipun durjana ingkang palastra rumiyin.

======\======Magelang Balapan kapal ing kitha Magelang kados ingkang sampun kagiyaraken ing serat kabar salompret malayu dereng saestu kadadosan ananging nalika tanggal kaping 3 wulan Oktober punika, ing kihta Mgelang wonten pasamuwan ageng, inggih punika pakempalanipun para tuwan utawi para nyonyah, dene prayantun jawi wiwit wadaa sapanginggil salebeting pasamuwan wau busananipun para ingakng sami dhateng awarni-warni, saweneh wonten ingkang busana ccara matrus wonten ingkang busana cara Cina, saweneh busana cara kaji, sanadyan para nyonyah uygi warni-warni busananipun lajeng sami tedhansah. Ing kitha Magelang salebetipun dereng wonten jawah punika kathah griya kabesmen mila sapunika kadhawuhaken pakampungan salebeting kitha sami gagriya payon gendheng. Wektu punika Oregipun tiyang anyambut damel inggih punika damel griya griya pawiyatan katambahan wawangunan saenipun, ======\======Salatiga Wiwit tanggal 26 dumugi tanggal kaping 31 wulan Oktober punika, saben jam 7 dumugi jam 10 dalu para tiyang Cina ing kitha Salatiga, sami ambekta Tapikong mubeng ing pakampungan Cina, kairingaken gembreng, musikan gongsa, sarta kaayab para cina kathah cariyosipun anulak sasakit kolerah sampun ngantos tumama. ======\======Amirikan Ing nagari Arkansan amirikan ing samangke wonten satunggaling umbul ingkang raosing tirta kados dene unjuk-unjukan brendhi, mila sapunika ing nagari wau andhawuhaken kaawisan tiyang sasadeyan unjuk-unjukan ingkang kerasjalaran tirta ingakng medal saking ing siti ngriku sampun kathah ingkang dados unjuk-unjukan keras. Kula ingkang paparab Bok Ragil adarbe sajugacangkriman mugi para mitra aparinga kawlasan dhumateng kula, menggah badhe wedharing cangkrimankula, kados ingkang kajarwa ingngandhap punika. Wonten yatra kathahipun satus dhuwit katumbasaken wowohan kathahipun satus iji, ananging wowohan wau awarni tiga, inggih punika duren manggis pijetan, satunggil duren rega gangsal dhuwit satunggil manggis regi sadhuwit wondening pijetan sadasa regi saigar dhuwit, menggah wowohan wau amrih jangkepipun satus iji, cocog kalayan wujuding dhuwit menggah duren angsal pinten manggis angsal pintenmijetan angsal pinten. ======\======Bab tembung-tembung Punapa bentinipun tembung, barat angina lesus prahara Punapa bentinipun tembung banjir, umrik kabanjiran kaleban Punapa bentinipun tembung Kalap keli, kelen Punapa bentinipun tembung Kelem klelep kejegur

3 Punapa bentinipun tembung Gludhug gelap bledheg Punapa bentinipun tembung Cleret kilat lidhah Punapa bentinipun tembung GEmuruh, gemrumung, kemrusuk

Punapa sababipun tiyang kagantung, pejah Punapa sebabipun yen enjing asrep yen siyang benter Punapa sababipun wotnen jawah awu

O para saged mugi aaparing ngasih dhateng kula, menggah katranganipun tembung ingakng sampun kajarwa ing nginggil rehning kula punika pawestri gemblung, boten wotnen ing saben dinten ingakng kula kijang-kijang kajawi angggen kula badhe wedhak pupur, boten kangkung among ulam munggeng rampadan dhateng sumongga sakarsan ing panjenengan sampeyan sadaya. Kintunan ======\======Jaka Puja Subyakta punapa boten langkugn prayogi sampeyan taken sapisan malih dhateng kyai Bathang, saking karsanipun nedha priksa dhateng ing jengandika kados ingkang tumrap ing gambar ongka 39 bab lampahipun bumi ingkang katakekaken wau, lampahipunbumi ingkang pundit awit saking enget kula lampahipun bumi wonten kalih, satunggil angubengi indhenipun kalih angubengi Hyang Rawi. Saiba badhe gunging arsaya, tuwin wewah regenginpun pustaka Bramartani saupami panjeenganipun tuwan Juru Ngarang karsa amacak tuwin para sarjana wonten ingkang karsa natuwe paring jarwa jawiipun tembung malayu kados ing ngandhap punika: Adjoek, tenang, berderai-derai TErketoer, beriak-riak, berkepel TErloenggoek, menoekik, loenak Loerah, Gekong, tebat Gosong, Terkitjoet, djernang Serak, Tergandjak, rampah-rampah Tersindorong, lepoh bendarken Danau, tanag liat, badai Oewap, ragoe, kapoendan Pekoknja, kasik, menggemboeng-gemboeng Pengalas, songkok, ngalau Tampaunja, tarai, pangkalnja Tabir, bersegi-segi, idjoek Bianglala, landai, bertebing Halalang, serong, menggasak Memoekat, galore, lantingken,

Pribadi ======\======Candhakipun serat purwa;Krimataya Ratu kawula tiwas ing ngajurit, sareng seda sadi pangganira, pun aswatama esthine, duk nguni sedanipun, pun kawula maksih nyepengi, titiyannya turongga, rameningprang pupuh, kawula kataman panah, ngandhap jengku suku kawula kang kering, pedhot kenging warastra. DAsih tuhan ulun ambruk siti, nunten wonten parmaningjawata, pranata sihing titahe, kuda kang amba tuntun, tambuh meneka sangling widhi, sakala waged ngucap, nglir jama sawastu, makaten pamuwusingkang, kapyarsa eh anggodhelana ring mami, samene ki sun bekta. Marang wana bok

4 Manawa benjing, ana raja tulung kasampurnan, ing kinta trakadhang tembe, ta nlenggona mba anut, nyandhak kapal lajeng kikinthil, mamprung ingkang turongga, manjing wona dhukuh, karaning keh wanatirta, kang kawula dununging punika gusti, anging suwung kewala. Sampun lami labet \e asapi, nunten gusti kawula tinilar, kantuning ngriki mung ijen,kudapisah genepun, dunung dhusun tidul puniki, caked mung gathuk dhadhah, getasari dhusun, samene kanang turongga, dahat mulya pinundhi pundhi kya jami, sikebut hyang bathara. Kang purwa kapang ngangkuh awingit, banget manglagsanani panedya, taman wunca giri mangke, panjrah kyehkang nunuhun, saking dhusun ing kanankering, saha amba punika sabap tengahdalu, ing ngateran tedha kula, kyehniung sarat sasajen sing jami-jami, kudakangmangaterna. Yen taman tata mengko ten yekti, ulun pejah labet tanpa nadhah,punika ing salamenine, saben ari lumintu, jama pyar datan towang gusti, saking pakenira cang, kuda tlasing ngatur, sadaya ngungun ing driya, denta wotnen kaelokaning dewadi, dadi kathah kasmaran. Taksih wonten sambetipun SEmangtri.

5 Ongka 49, Kemis kaping 8 Dhesember 1881

Tiyang anam Sadrana agriya ing dhusun Bendungan dhistrik Bandha Daleman Kartasura dereng lami anusul bapakipun ingkang kesah babara dhateng ing Salatiga, sasampunipun kapanggih antawis dinten Sasrana anandhang sakit benter sarta weteng awawratan rah, andadosaken pejahipun tumunten kakubur dening bapakipun kados caranipun tiyang pejah, Pak Sadrana sapejahing anakipun lajeng mantuk dhaten ging nagari Surakarta, sareng kawandasa dinten sadrana wau mantuk anadosaken suka bnigahing para akrabipun dene sampun pejah agesang malih: SAdrana dipun pitakenin botn rumaos manawi sampun pejah,naming rumaos wonten ing wana kapanggih kaliyan tiyang nini-nini, sarta dipun sukani sandhangan menggah sandhangan wau inggih gadhahanipun SAdrana piyambak ingkang sapejahipun kalabuh denig bapakipun dhateng ing lepen sasampunipun Sadrana kapanggih tiyang nini-nini wonten ing wana wau cekakipun lajeng kauningan ing parentah salatiga bilih tiyang nahang sakit tumunten kalebetaken ing griya pamulasara, sareng sampun saras lajeng kaedalaken. Wondene wedalipun sadrana saking kaluwat boten wonten ingkang sumerep saha boten wonten ingkang ngyektosaken kados pundit kawontenaning kaluwat wau, Sadrana boten saged cariyos kalayan terang, wicanten sarta solahipun kados tiyan gbingung, badanipun kera ulatipun sakalangkung Acum sirah barindhil labet dening mentas pejah, angggenkula saged angabaraken mangkaten punika kula sumerep piyambak dhteng sadrana tuwin bapakipun sadrana ingkang ngubur sadrana wau, kula tanggap cariyosipun inggih kados ingkang sampun kula pratelakaken wau sadaya. Sakingpamanggih kula prayogi sanget bilih para priyantun pulisi ing mangke amaspaos na dhatenglalampahanipun tiyang wau, embok bilih pun Sdrana anggadhahi pangangkah, ingkang dereng kawedal. Salebetipun wulan punika sakalangkugn kathah tiyagnjaler estri sepuh anem sarwi ambekta gendul tuwin lantingan cariysoipun sami adus dhteng ing Ngumbul- Mungup kartasura inggih punika toya umbul ingkang kaangge pangunjukan dalem wondening tiyang ingkang sami marlokaken adus wau kajawi tiyagn bawah dalem surakarta, kathah para tiyang moncanagari. Saweneh ing dinten wonten mamitran kula tiyang bawah ing Samarang, saking adus dhateng Ngumbul-Mungup kulapitakeni menggah ingkang dados kasiyatipun punapa, sarta punapa kathah tiyag ingakng sami adus, wangsulanipun makaten, sasarengan kula adus kala wau kados boten kirang saking tiyang 200, dhateng kula enjing dereng saged adus tumunten jalaran saking kathahing tiyagn sampun jejel kemawon. Kula pitaken malih wiwitipun kados pundit, kula punika celak anangin gmalah boten miring. Wangsulanipun makaten, sinten ingkang sampun adus ing Ngumbul-Mungup wau, apesipun angunjuk toyanipun punika sampun dilalah wilujeng boten kenging sasakit kolerah, tandhanipun salebtng dhusun kulapunika sampun meh sadaya griya wonten tiyang ingkang kaambah sasakit wau, wonten ingkang dados pejahipun wonten ngkang saras ing ngriku wonten tiyang tigang somah sak rayatipun botenwonten ingkang kaambahsakit kolerah, jalaranipun pinuju tuwin dhateng Surakarta, sami miren gpawartosipun Ngumbul-Mungup wau lajeng adus, sarta lajeng ambekta mantuk toya kawadhahan ing kopi sadumugining griya kaedumaken sak sadherekipun, waradin, punika kok sami wilujeng dumugi sapunika, mila kula lajeng kapencut anggatosaken aduspunika. Wangulanipun makaten: kala wau kula pitaken dhateng tiyang kang celak ing ngriku, cariyosipun umbul-Mungup wau nalika wulan ingkang saweg kapengekr punika

1 dipun tedhaki gusti kula ingkang sinuhun kanjeng susuhunan sata ngantos siram ing ngriku, antais dinten wonten tiyang lalampahan anglangkuningumbul wau karaos sakit padharanipun tiyagn lajengkendel ambabucal saha nuntak sarehning tebih griyanipun karaos badhe ngombe, wasana tiyang wau lajeng gebyur ing Ngumbul- adus sarwi angumbe, boten watawis dangu sasakitipun karaos mantun sadaya lajeng saged andumugekeken lampah antukipun. Wonten tiyang cariyso malih, sakondur dalem saking ing Ngumbul- Mungup wau, slebetipun kathah sasakit punka, kanjeng kyai Stamet kadunungaken wonten salebeting Ngumbul- wau, punika kula boten terang pundit ingkang leres awit kula punika among paring basan belo miluseton dene kok tandhanipun kathah inking wilujeng, ngantos dumugi sapunika taksih dereng mendha tiyang ingkang sami adus wau, wasana kula nyumanggakaken paa ingkang nupiksani pusakawartipunika. Katur ing ngabyantaraning serat bramartani tanggal kaping 12 wulan Sura warsa tineneran kadadeyan kalawan manyipta pangeran Temen. ======\======Jampi Sampun wonten sawenehing tiyang ingakng nyatakaken jampi sakit koreng utawi borok kados ing ngandhap punika :1: empud lingok baker ingkang ngantos dados areng laejng kapipis lembat kacamboran warangan :1: utawi:2: uwos agengipun bilih ingkang sakit rare among sapalihing uwos manawi sampun kacarub lajeng kapopokaken ing koreng tuwin borok wau, sarta sakiwatenening popokan mawi dipun pijeti ingkang ngantos medal toyanipun sadinten utawi 2 dinten tamtu saras. S>M. ======\======Ing serat kabr Slompret Malayu angocapaken kados ngandhap punika Sampun kina-makina para saged saha paranujum sami anggancaraken bilih badhe wonten dinten kiyamad malahpara ahli paintangan anyariyosaken bilih salebetipun wulan Nupember punika badhe wonten lintang kumukus wotnen ing ngakasa inggihpunika tondha bilih badhe andhatengi dinten kiyamad amargi lintang kumukus wau lajeng anangkeb dhumateng sadaya manungsa sajagad sirna, mila bilih para tiyagn ingakng kirang pambudi sampun sami bingung rumaos kaweken anggenipun badhe katangkeb ing lintang kumukus sarta angggenipun badhe dinten kiyamat. Ing serat kabar BIntang Timur ugi sampun anuyebutaken makaten malah wonten sawenehing tiyagn sged angocapaken tanggal kaping 15 Nupember punika, sasampuning katingal lintang kumukus lajeng bego wong ngantos pnten pinten dinten dados sadaya manungsa boten sumerep rinten dalu, inggih punika anandhakaken badhe dhatengipun dinten kiyamad para tiyang jawi tanah wetan ingkang pancen taksih gugon tuhon saderengipun wulan nupember sampun acawis cawis sakathahing kajeng cukilan dalah tiyang sade kajeng cukilan enggih kathah amargi anjageni bilih begowong wau. S.M.

Pawartos kasebut nginggil punika mugi sami kagaliya panjang sanadyan ingkang kasebut dinten kiyamad wau bilih tiyang jawi angencengi jalaran wawaton dalil Kur,an tiyagningang anyariyosaken tamtuning dinten kiyamat kasebut nginggil pnika ugi medal saking ngilmu jawi palintangan mila ngantos kababar jalaran ing ngatasipun sampun kaanggep yakin sapunika nopember tanggalipun 15 sampun kasengker punapakadosanipun among wonten ingakng angemperi sayektos salebting wulan nupember punika wonten lintang kumukus ingkang katingal saking tanah

2 Kendhal ananging ing ngatasing lintangkumukus wau saking pamanah kula sami kalayan lintang sukra Venus ingkang asring lumampah wonten salebeting srengenge pasthining dinten ingakng sampu katamtokaken ewadene tiyang jawi badhe taksih saged mangsuli inggih punika sampun kanyahan dinten kiyamad suhra, tegesipun kiyamadipun piyambak kathah saranduing badan ingakng oncat saking raganipun.

Lintang Kumukus Tiyang ing bOja Kendhal nalika tanggalkaping 21, Oktober 1881, sampun sami nynmerepi lintang kumukus kakinten jam 11, dalu, sareng tanggal kaping 27, nunggil wulan Oktober, lintang kumukus wau katingal malih, wiwit jam 11:1/2 wondening pernahipunkaleres wonten ing ler wetaning nagari Samarang, kukusipun cumalorot ngaler mangilen anangng boten wotnen pawartosipun bilih tiyang ing samarang sami anymerepi lintang wau.

Cina Ing samangke gupremen Cina andhawuhaken kenceng sadaya raresalebeting nagari wau kedah kataneman cacar malih, anangng patraping ananem cacar ing nagari Cina wonten sanesipun amargi among irunging rare kasenggruk wiji cacaran bilih sampun sawatawis dinten cacarran wau tuwuh ing badan sadaya sakalangkung kathah dados boten wonten sanesipun kalayan rare kaambah ing sasakit cacar wana, dene pamurihipun sampun boten susah angambali nanemi cacar malih dhateng rare wau,s arta sadhengah tiyagn ingkang anakipun pinuju dipun cacar, tamtu angsal persen arta, satunggaling rare, 25 sen. Menggah patraping caacaran ingnagari Cina wau langkugn rekaos tumraping rare ingkang pinuju kacacar, sanadyan among katamtokaken sapisan pananemipun cacar embok manawi sakitipun sampun boten wonten kaotipun kalayan rare ingakng kaambah sakit caacar wana, boten kados pranataning cacaran tanah Indiya Nederlan ingkang sampun tumindak salaminipun sanadyan katamtokaken sadaya rareingkang panacaripun sampun langkung :7: taun punika kedah kaambalan taneman cacaran malih, ananging tumrap ing rare ingakgn kacacar wau boten sakit salebeting 7 dinten among sawatawis panas badanipun among jalaran saking tariking rah awon ingkang badhe malenthung, ananging boten andadosaken sabab punapa-punapa, sarta saben 10 dinten tamtu sampun mantun. S.P. ======\======Sambetipun cariyos Sayid abu Sabar Salebetipun sauyid Abusabar dipun gebagi, sakedhap kedhap tumenga manginggil sebutipun Yaillahi, yarbi, gustiamung tuwan piyambak ingkang nguningani ing kawula, Allamoanalaha ala kolih sayiin kadiron, sasampunipun nunten kajiyat angusungi sela malih, ananging karosanipun abusabar teka wewah anglangkungi, pancen bebektanipun tiyang sadasa kangkat ijen osiking manahipun kawasaning Allah langkung samara saking nalar kawula, lepasing cipta kawula boten nyana yen dumugi ing nyata, kadadosanipun balung kawula sapunika teka kinuwataken langkung saking karosanipun titiyang sanga, mila sampun saleresipun kemawon anggen kula keah ngucap sabar, sarta piyandel kawula malih, wontenipun kamulyan saking kasaenaan wontenipun plaksana saking piawon ingkang kawula tindakaken piyambak-piyambak, Amin. Sang raja niaya taksih lenggah ing malige,dipu adhep ing wadya punggawa kathah, karsa dalem angrembag anggenipun nyaeni kagungan dalem baluwarti, sayid Abu

3 Sabar wira-wiri kalayan kancanipun nyamut damel kathah, sami angusungi sela langkugn sacelakipun palenggahan dalem wau, Abu Sabar raosan kalayan kancanipun mangkaten: kula punika tiyagn Cilaka, dhateng kula ingnagari ngriki sayektosipun kados tiyagn kasasar,kula mentas kaprihatinan ageng, ingngatasipun dhateng tiyagn ingkang gadhah sangkulan lmrah sami kawastanan kasusahan ingakng tanpa upami, ananging bilih kula boten suwawi kapyarsakna, kula punika tiyagn saking nagari Rum kesah kula sakingngrika babasanipun dipun getak angop wah salebetipun kula lalampah, kapeksa pisah kalayan anak rayat kula ingakng kula sihi sanget sapunika kula dhaten gsatunggiling nagari ingakng kulaboten serep prnatanipun sakedhik-kedhika,wewah malih kla dipun anggep amad rencang tumbasan kadhawahan nyambut damel kalayan peksan sarta boten kula serepi watesanipun tuwin buneking manajh kula badhe punapa ingakng kula jagekaken kadamel amujudaken isarating gesang, ing ngatasipun tiuyang kedah angupados pantes kula kasebut kainan utawi tiyang kabesturon ananging menggah ing kula sampunboten babar pisan ingakng kula anjingaken ing manah, budi daya punapa ingakng angungkuli sabar, kawula mung wajib narimah ing satitah. Taksih wonten sambetipun Ajar Ngabdul Padail ======\======Tur tabe sinawung urmat, pinardiraras taruni, mugi ta katur paduka, tuwan kang ngarang kintaki, winastan Bramartani, yen kapareng sartanipun ing papan serat kabr, kamot marmanya rikemin, tanggal satwlas sura lip sakaleng warsa. Ngong sujanma ngesthi muga, tuwan karsa mitulungi, pawartos pinacak kabar, kang medal respati nginggil, kagendeng awit saking, gawoking tyas dukandulu, paamuan supitnya, jeng gusti pangram dipati, anom Mangkunagara, sudibyaraja. PUtra nalendra Mataram, ing Surakarta nagari, ing mangke winarneng ngarsa, wonten pantilit kangmungging, ngarsanign dalem inggil, winastan paningngratipun, nenggih sena sewaka, panti lat dipun wastani, maderengga dumunung wetan pandhapa. Mung longkang wonten saseta, lawan paningrat pandhapi,maderengga unggyanira, nalika supit eng gusti,dhapur limas an panti, nenggih tiga gajahipun, jinarambah satunggal, gajah kang ro kinarya lit, nenggih mongka kamar ig ngaran pathika. Gajah ing panti kang tengah, wuwung serang den sinungi, gambar kapetha lir mina, sagara rinengga mawi, panjawat lairing peksi, bungkaking wuwung den sinung, pethak krun pris deneta, wuwunging pathi kakalh, pungkase rang sinung lir mastakanira. Griya masjid debugnkaknya, uga sinungkrun pris sami, bok Manawa kang umiyat kathah kang kadiwak mami,langkung ebat umeksi,mring made rengga puniku, rerenggan mungminongka, unggyaning supit jeng gusti, pangram adipati nom sayektinira. Tan rinengga raja brana, mung tinrapan sarwa peni, binudir akal sarjana, kadi takayyu ing ngukir, lunglungan den patrapi, prada cet wilis pinatut,ingngehek saking kristal, weh seneng para umeksi, saubenging maderengga wiwaranya. Catur kinarya terusan, nenggih mring kang den arani, pathi kauga sinungan, wiwara kang nulya mijil, kori ginubah sami, dhamas jowi niru bagus, ing ngetrap jroning lawang,muyang ginardhe pranyes wilis, sagugn blandar pinlisir sawit jodho mas. Rongka kibineng kok sarta, ginardhe snawit wilis, weh kayungyun kang amiyat, ngandhaping gajah linangit,ing wastra dhasar putih, sinungging prada cet wungu, sangjenging wiwara,maderengga den sinungi, gupalastha binusanankadi wira. Tanah terkie gupala, tangan samya anyekeli, gaganging lampu tuwuhan, sijining kori kakalih kanankering mantesi, sing mandrawayen dinulu, lir prajurit sekilwak, umuking kabar puniki, lir supenanmyang kang mardi kabar yen ta. Nglakoni anjaman liyan, kinocap sawarganing jin, myang sawarganing pradewa, yen wantah lir potograpi, pan siningget slasari,loking tanggal

4 kaping pitu, sura alip kang warsa, sinegkalan para janmi, sanagara ngesthi sugengraja putra. Ing wancijam catur enjing, monggang srimanganti muni, tengara panglumpuk bala, sadaya kang samya nangkil, minantrilan prajurit kang baris tinata sampun mantri nangkil satata, andherneng plataran sami, pating kerlap soroting kang kuluk mathak. Mathentheng uleng prawadya,kang kajibahambut kardi, anata bakal sugata, minuman wedangmyang bukti, sala tritantuk guling, gumulung golonging kalbu, gila katon rekasa, kerasin mengo pakarti, ang tinalirah arjanng tambut karya. Jam satengah lima enjang, palataran den gelari,babut wiwit wiwaranya, madereng gangalor dumugi tengah plataran nuli,monggok ngulon kongsi tutug undhak-undhakkanira, empering paningrat panti, ing panepen mungguh wetaning guskara. Kang winastan jalatundha, nengih ta dipun gelari, babut mangalor tumeka, undhak-undhakan pandhapi, panepen babut nuli, ing sakiwatengenipun, lnungguh an kang para, wadana tumeka mantri, wiwitira sangajenging maderengga. Pra nayaka myang bupatya, kaliwon sinambung mantra, mung let sakilen gonira, sumewa nurut panjanging, babut ulun watawis, boten kirang yen den ukur, yen eloyektiana, tigang ngatus lamun kaki, sewu kaki mongka kang samya sumewa. Salering babut sun kira, tan kurang poncatus kaki, mantra kongsi rangkep tiga, nenggih kan gsamya sumiwi, siningged tieng wanci, satengah nem sang aprabu,miyos ing prabayasa,ginarebeg prapawestri, kang angampil kaprabon sang naradipa. Pedhang tameng towok lawan, banyak dhalang sawunggalng, kinurmatan munyanira, pradongga dipun wastani, kyai kancil belik tuwin, winastan kya guntur madu, kaduk manis kalawan, manis rengga tuwin musik, umyung ramya susah tyas prajurit jaga. Meh tan bias angampaha, memalang janma ningali, sawusnya sri nata lenggah, sinuwuken unen sami, ing wanci jam nem nuli, jeng tuwan risdhen malebu, ginarebeg pratuwan, triatus lamun winilis, nadyan kurang sayekti mugns awatara. Jumeneng srinaranata, sawusnya tabeyan nuli, wangsul lenggah sawatara, tumuli atusan maring, jeng tuwan sisten kalih, tuwan dhogter katrinipun, lawan para satriya, putra antana nimbali,kanjeng gusti kangsinengker prabayasa. Kalawan putra nalendra,ingakng samya bela supit, bandaradyan mas satriya, kalih dyan mas sudarmaji, tiga putra wewangi, dyan mas Sudarmaja Catur, Sudarmadi duk kala, jeng gustipangran dipati, neng para sandya pan kinanthi dening tuwan. Sistenridhen kerikanan tuwan dhokter aneng wingking, deputrakang samya bela, sadaya sami kinanthi, putra santaning aji, kinurmat pra sentiripun ingprajurit kalawan tambur slompret lawanmusik, monggang kyai udan arum sawusira. Jeng gusti rawuh pandhapa, sang sewaka sang ngaji, pan jumeneng saking dhampar, jeng gusti myang kadang sami, catur kang bela supit, gyanira tabeyan sampun, kalawan kanjeng tuwan, residhensinarapati, nulya tindak tedhak maang made rengga Taksih wontencandhakipun ======\======

5 Ongka 50, Kemis kaping 15 Dhesember 1881

Surakarta RAdinan ing Srcayudan sapunika dados lepen malih, toyanipun saya banter, urugipun radinan samun kathah ingkang keli, watawis bilihboten tumunten dipun dandosikalajeng risakipun jalrankambah ing kareta bendi sampun rekaos, nalika supitipun kanen ggusti punika wonten kareta langkugn radinan ngriku lampahipun ngantos miring mehkemawon goling, tujunipun kusir kenek kipun sami parigel ingmongka kang nitih kareta wau priyantun ageng, katawis mawi songsong tuwin ampilan yen ngantosa rebah kareta pnika sak iba lingsemipun ingkang nitih. Sampun malihpunika waktu rendheng , sanadyan kala mangsa katiga, ing wredinan praptatancayudan tiyang asring nrubyuk jalaran kaberan toya saking nging lepen larangan malah kala selasa dalu,kang kapengker punika ing prapatan Cayuan ngriku lebting toya ngantos sadhengkul. Pun Kadir rare jaler anakipun KYai Amat Saleh, juru kunciing TEgal Sonya, kuwel angombe toya ing kendhi, katutan kalajenging, wasana wonten ing cethak kalajengking ngantup temahan pu nkadir gurungipun Abuh, ngantos sadasa dinten boten kenging kadamel ngeled-eled tetedhan.

Jampi Sing Swan Kula aniteni biloih sasakit kolerah punika ingkang lajeng katututa jampi dhokter kathah pitulungipun lajeng saras tandhanipun ing salebetig kitha Bayalali saben wonten tiyagn saha rare ingkang pejahjalaran sakit kolerah punika ingkang botenkatututanjampi dhokter, awit tiyang jawi alit punika taksih angekahi gugon tuhonipun wonten satunggal tiyagn anama Pak Kliwon ing dhusun Gathak anakipun taksih rare sakit anuntak miwah wawratan sareng kapurih nedha jampi Kolerah dhateng kadhistrikan sumadosan sinten amargi pinuju dinten pekenan wage, bilih tiyagn jawi pekenan wage legi kasirik boten kenging nedha jampi, sampun pinareng kalayan takdir sanalika wau anakipun ingkang sakit kalajeng palastra, sareng dinten pekenan legi anakipun pakKliwon sakit malih cacah w iji, badhe nyadhong jampi kolerah boten saestu jalaran saweg pekenan legi, sampun pnaeng kalayan takdir anak kalih psian ing sakit wau kalajeng palastra, dados antawis 2 dinten anakipun pak Kliwon ing kang pejah 3 iji, sakalangkugn amelas arsa, ewadenepara tiyang alit wau meksa taksih sakedhik saserepanipun salebetipun wonten sasakit punika ingkang kaagengaken among pratraping isarat kados ta sajawiinggriyanipun kaubengan lawe wenang, sangajenging konten kadunungan ronronan kluweh, apa apa, maja, alang- alang, legundhi, sarta manawi wanci dalu wonten saweneh ingkang sangajenging griyanipn mawi dipun kutugi walirang, tur wonten kaotipun inggih boten. Kula mirengaken ginemipun tiyang Cina salebeting kitha sami ngatingalaken sanget pitulungan sartapamarsudiniipu bababh LItnan pangagenging bongsa Cina ing Bayalali, amargi salebetipun wonten sasakit punika, babah Litnan saben sonten angubengi ingpakampungan griya ning tiyang Cina sadaya, anyerep-nyerepaken dununging sasakit sampun ngantos wonten ingkang gugon tuhon sami reresika ing pawuhan saha kalen kalen ingkang badhe tumuwuh awon awanipun saha anyirika tatedhan ingkang awisan punapa malih saben wonten tiyagn karaos akit umunten anyadhonga jampi dhumaten ggriyanipu babah litnan sanadyan dalu ugi kawenanaken anethek konten samanten wau boten angemungaken tiyang cina sanadyan tiyagn jawi jangji purun nedha ugi dipun sukani, wondening jampi wau sanesipun jampui kolerah saking dhokter, babah LItnan mawi anyadhiyani jampi iangitanipun piyambak pethikan sakin gkoran nagari Cina, naminipun jampi saswan wujudipun kados pil

1 punika ingkang sampu nkalampahan istijab sanget amargi tiyang cina ing ngriku anem sepuhkinten langkugn 20 iji, ingkang sampun sakit anuntak wawratan ananging panedhanipun jampi dhokter sampun kadangon dados sareng ngombe jampi dhokter kakinten badhe boten saged tulung punika lajeng dipun jampeni Singswan wau angggeniun nuntak saha angggenipun wawratan kados kasengkakaken ananging lajeng waluya, sangaya bilih ingkang saweg karaos sakit ananging derengnnuntak lajeng kalebetan jampi singswan wau lajeng saged waluya sanalika, mila tiyagn cina salebeting bayalali kathah ingkang sakit boten wonten ingkang dados tiwasipun jalaranbabah LItnan pangagenging ngriku pamrsudining dhateng wawengkonipun kados amarsudi ing angganipun piyambak tiyang jawi ugi sawatawis kathah kapitulungan jampi singswan wau saking babah Litenan Pamujining para wawengkonipun gumolong mugi mugi babah Litnan ing Bayalali mugi mugi katebahna ing babaya awetta ngrenggani wonten ng apdheling Bayalali, parawawengkonipun sapunika rumaosing manah kados kajangkung ing Bapa baunipun wasana timbanganipun ing samangke para cina ing Bayalali sumuyud dipun dhateng babah LItnan ajrih asih kados dhaten gsudarmanipun Bayalali kaping 10 Sura warsatinengeran iku esthiing janma satuhu Temen.

Jawah Ulam Nembe punika ing pulo Sekutlan Enggris, kadhatengan samirana ingkang sakalangkung agengipun wondening ingkang anyarengi samirana wau awujud ulam Samodra, ageng alit sakalangkung kathah, dhumawah ing pulo wau tanpa wilangan saking dressing ulam ingkang dhawah ing pulo wau sampun kados tibaning jawah tirta saking ngontariksa satelasing jawah ulam lajeng sami dipun kukubi denign tiyang ing pulo wau gantos angsal pinten-pinten kathahipun salebetipun para tiyang sami amendhet ulam wau sakalngkung pangungunipun salaminipun gesang dereng wonten jawah ulam ingkang mangkaten punika, saking pangagasipun para tiyang wau punika tandhanipun bilih badhe andhatengi ingkang kasebut dinten kiyamad. Kasebut pawartos ing nginggil punika inggih pancen andadosaken eraming manah, sanadyan ing tanah jawi salebetipun 6 wulan punika, sakalangkung memperng soroding diwangkara, boten wonten tetesing tirta ingkang saking jumantara, ngantos sadaya tataneman ingkan tumuwuh ing kebonan ing pategilan ing pasabinan kathah ingkang pejah, para tiyang tani rumaos kaweken pangupajiwanipun amargi boten medal tatanemanipun mongka tiyang tani wau sadaya ingknag kajagekaken among wawedalin gtatanemanipun ing sakangke sakalangkung pangrasulanipun jalaran saking boten wonten jawah. Tiyang sadeyan dhaten ging peken peken sapunika ugi kathah ingkang ngrasula jalaran kirang pajeng daganganipun katimbang kalayan taun ingkang sampun kalampahan. Salebetipun memepeng benteripun meh sadhengah tiyagn darbe manah sumelang, wonten ingkang sumelang kiranging tedha, wonten ingkang sumelang wismanipun bilih kapikut ing dahana, ingkang mupakat sumelang bilih jiwanipun katrajang sawan ingkang tembung wlandi kwastanan kolerah, mila oregipun sampun sami kemawon saben kula pinuju kempalan kalayan sadhengah tiyagn ginemipun sami angrasula kados kasebut ing nginggil wau, ing jaman sapunika bilih kawastanan awis tdha boten kenging, amargi sapunika sakalangkugn kathah rijeki uwos utawi sanesipun ingkang kagolong rijeki reginipun cekapan kemawon pangangge ingkang parlu kaangge tiyagn kados ta sinjang sasaminipun kalebet mirah-mirah reginipun ananging ingkang mupakat awis-awis ingkang saged tumbas.

2 Kula asring laledhang dhateng ing peken dhusun utawi peken salebeting kitha, punika anuwuhaken pangungun kula dene para tiyang ing dhusun tuwin ing salebeting kitha ingkang kasebut malarat sami anyadeni barang darbekipun kados ta dandang kenceng kendhil ceret piring cangkir sasaminipun isining griya, pamadenipun mirah mirah, amargi kasesa kaangge tumbas uwos sapanunggilanipun mila mangkaten jalaran sareng sapunika salebeting kitha kitha among katamtokaken griya panggantosan among satunggal tiyang ingkang kaslepeg ing betah sumedya angantosaken baangipun susah sanget amargi kirang aji pangantosipun panggantosing barang among saprapataning reginipun turentenipun inggih sakalangkung awrat ing dalem arta 1 rupiyah saremanipun ing dalem sawulan 10 dhuwit mila sami kapuwung kawade dhateng ing peken. Wonten saweneh ing tiyang kuli dhusun awicantenan utut margi angkaten, salawas kula onten ngalam donya boten kaya akniki, dhi, rekasane gon kula golek sandhang pangan niki ajeng jaman napa. Kancanipun mangsuli mangkaten: o, enggih kang, empun mupakat banget kula gumun sak niki sambatte pundit-pundi padha mawon wetikne tongga kula niku sakniki akeh wong sing mingggat sakangomahe sahanak bojone jalaran kakeyan utang, wongkang mlaku gawe gih onten kang nganti ningal omahe kula rak nganti gumun, Kang satunggal amangsuli: am jabagih nrima dhisik dhi, gih niki la yake sing diarani jaman akhir sing empun kasebut onten dalil kadis ajeng nyedhaki jaman napa mali hkula boten weruh. Sanadyan kirang gumancleng ginemipun tiyang kalih wau teka lajegn anuwuhaken panggagas kula, ananging sareng sapunika sampun sawtawis wonten jawah kilap wonten kaotipun utawi boten S.P. =====\======Bojanagara Andadosaken pangresulanipun para titiyang alit ing salebeting ngriki, jalaran ing dinten punika murwani wonten ingkang katanggor sasakit kolerah, ananging boten sapintena, namugn kawical satunggal kalih kimawo ingkang kawical kathah naming ing kalerehan dhistrik baurena, jalaran wau sasakit wijil saking nagari Surabaya, temahan lajeng anunulari, awit wau dhistrik baurena tunggil wates kalayan paresidhenan Surabaya. Anjawi saking punika, pangeng nagari, dahat pangwatosing panggalih dhumaten gabdi dalem tiyang alit pramila boten pegat paring papascuh sampun ngantos anenedha ingkang sarwa kecut sapenunggilanipun ingkang anjalari tuwuhipun sasakit wau, saking pamawas wau inggih saestu mitulungi dhumaten g sasakit wau, awit saking ginemipun para dhukun welandi, tuwuhipun sadaya sasakit kagendeng saking awa ingkang awon katambahan nedha ingkang boten katenan pathokanipun. Wonten dene karya nagari, kawical sampu nsirna sapalih tiyang alit kawuryan mayar, waged ambeber ing kabetahanipun kawontenanipun jawah kawical lumintu ing saben dinten taneman palawija katingal sampun kathah ingkang sami dhumawah ing sabi tegil kados ta jagung sapenunggilanipun. Katingalan deeng wtawis lami ing dalem kAbupaten ngriki wonten kumedhe ingkang dipun wastani armuni dalu punika ugi kathah para nyonyah saha para tuwan tuwan ingkang sami dhateng wonten kAbupaten wonten dene ingkang sami mandhi rengkumedhe, pamugari kajeng tuwan asisten residhen saha tuwan kontrolir, wonten ugi para tuwan tuwan sanes-sanesipun saestu adamel renaming panggalih ipun para tiyang ingkang lukiteng cara walandi, jalaran saking waged anampeni punapa

3 lalampahanipun dene para titiyang ingkang aningali, ingkang boten sumerep cariyosipun kenging binasakaken weruhing grubyug ora weruh ing rembug saestha palwa gamanat matagambar adi, sampun saestu naming trimah ngukus gantung kimawon dhuh kula piyambak inggih sungkawa jalaran saking boten sumerep kula ginem saknalika kula lajeng mantuk ingpondhokan salajeng rengeng-rengeng, agagas pilis wungu sarana sekar dhandhangkula. Paparikan mirah wadung pari, kapilangking ingkang sabengwrna, kaniaya paduka ngger, nengging driya tan kentung, anur banon dhuh jiwa mami, lebur luluh wor kisma, asise tumutur, juwawut ingkang salaga, parikurumirah arsa ngong ngengeri, welasan a wak ingwang. Kembang blimbing parang jajagusti, yen tinon ton kadya tirtamaya, gondar-gondar paningale, yayah kadya kukuwung narawungi sajroning panti patitis yen micara, wicaranya scucut, cucutnyakanthi lelewa, lelewane mengsem kadung ngincang alis, sisinome ngrembaka. Ngrembakanya kadya lunging pakis, mawut mawut tinempah maruta, saestha lir ngawe-awe, kakonthanya anggandhul, srikawuryan manggung kaeksi, ngandika manuhara, bawara seng kalbu, linudir ardaning manah, lir surem pucinocog lancipin galis, dhuh mirah sapakuwat. Sasampunipun kula gagas makaten liyer-liyer lajeng tilem . titi. Rajek WEsi kaping 21 Nupember 1881 Katandhan kula Atur wilujeng Rara Sriwruyan Malo. ======\======Sambetipun cariyos Sayid Abu Sabar Wiraosipun Abu Sabar kapireng ing sang raja langkung duka, dipun galih tiyang nya gendi wicara utawi tiyang nyengkolong kriang bares labanipun saking nggening nyemoni dhaten gkarsanipun ingkang niaya, sarng raja lajeng nimbali abdinipun satunggil tumunten dipun bisiki. Boten watawis dangu Abu Sabar langkugn ngusung sela ageng malih, abdi ingkang sampun ngemban timbalan lajengmurugi, wicantenipun pekir kang budi wicara mu aweh kabecikan sarta kang tetep mantep anyabari ing sadhengah, dhawuh dalem enggon mu ngucung watu gdhe kuwe dikakake mungnggah marang ing ondha kang luwih dhuwur kae, payo aja nganggo taha0-taha, awit ing kono omahing Sabr: Sayid Abu Sabar matur sandika lajeng minggah sareng sampun dumugi pucuk abdinipun sang raja lajeng tumandang angrucati untuning ondha, cagakipun nunten dipun tatasi saking ngandhap Abusbar dhawah ing siti langkugn kasakitan badanipun malah tngan sarta sukunipun sami kasliyo. Sareng sang raja priksa Abu Sabar sampun gumlinting ing siti, langkugn sukarena panggalih dalem andikanipun, situkang Sabar gotongen mrene arep tak takoni, Abu Sabar nunten kasowanaken dhteng ngarsanipun sang raja, sang raja ngandika, eh tuka gSabar kowe wong saka ngendi, lan jenengmu sapa, Abu Sabar ngunjukaken saleresing pinangkanipun sarta namanipun ananging aturipun pegat pegat awit katimbrung ing sakit sang raja ngandika malih, aku banget pitaya yen kowe wong tukang sabr, mulane kowe amesthi kudu anyabari karsa ku kang tumiba ing ngawak mu karsa ku kowe tak sapu ping satus sawise nuli tak kunjara, unjukipun Abu Sabar sandika, sareng sampun rampung anggenipun gitik ika ping satus jeblosan lajeng kablenggu,Sayit Abu Sabar mantep ing Sabaripun boten mawi suwala, osiking manahipun hawa kang tak piker maneh,budi daya apa kang angungkuli Sabar, kawula mung wajib narima ing satitah, awit kawula ora kawasa anyingkiri masa kang wus pinarengake ing pangeran. Taksih wonten sambetipun Ajar Ngabdul Padail.

4 ======\======Punika candhakipun ariyos supit dalem kanjeng gusti Pangeran AdipatiAnom: Para putra sadaytanya, kang arsa dipun supiti, tan keri samya tut wuntat, jeng gusti pangram dipati, anom mangkunagari, anenggih nulya lumebu, ing dalem maderengga, de putra kang bela supit,nulya ngidul aminggah pathika ingkang. Kidule jeng gusti pangram, dipati wusnya dumugi, ing sajroning maderengga, pakurmatan kaamuni, sinuwuk kabeh sami, mangkana sang raja sunu, paman pinanggkumarang, kanejng raden adipati, sasranagri nenggah wonten ing ngamparan, Nulya jeng srinaranata, utusan wadana kalih, bebekeling nayakendra, angirit bong den timbale, mring maderengga nuli,nyunati sang raja sunum ki Ebong sawusira, sowan minggah marang panti, maderenggane ngarsaning rajaputra. Jeng srinata nulya nyeta, nutupi nalendra siwi, sampeyan sang narpatmaja, kang kanan dipun cepengi, kanjeng pangeran siwi, suryatmaja de kang mungguh, kiwa ingkang anyeta, jeng pangeran angabei, sarampung nya supiting sang rajaputra. Tumulya kinanthi marang, pathi kalor kangjeng gusti, busana mangagem cengkal, tumulya atur prasiwi, nenggih kang bela supit, kasunatan urut sepuh, kang mangku jeng pangeran, panji priyembada dening, kang nutupi jeng pangram Sontakusuma. Ing saben rampung binakta, marnag pathi kalor sami, busana mangagem cengkal, rampunging putra kang sami, bela supit sangjai, tumulya aparing dhawuh, sinemu ing sasmita, marang kaparak kakalih, pangkat kliwon andhawuhken uninira. Pradongga monggang kang ana, ing srimanganti tumuli, santaneng wayah kan gbeya, yeku kasunatan mungging, made rengga sawusing, santoneng wayah sang prabu, rampunging kasunatan, anenggih srinarapati, dhawuh marang Asisten kinon nganthiya. Mring sang raja sunu banjur, kagawa tumedhak saking, maderengga laju marang, panepen dhokter tutwuri, medal ing babut ginelar, ing ngarsadipun jajari. Kadang sepuh putra prabu, jeng pangeran angabei, myang jeng pangram suryatmaja, jeng gusti dipun songsongi, dening Kliwon dipatyan, kang nadhahi rah umijil. Wadana kawulaniun, jeng gusti pangram dipati, anom amangkunagara, kang ngayap jeng dyan dipati, sasranagri myang jeng dipatyapangran, pangageng wira narpati. Nenggih lawan mas pangulu, tumuli nalendra siwi, kang bela kinanthi marang, pra pangeran putra aji,myan gpangeran santanendra, kangngayap mangkaten ugi. PUtra myang santoneng prabu, alika tindak jeng gusti, neng babut ingkang ginelar, nenggih kang para mintnatri, kang sumewaneng sakuloning babut tuwin sumiwi. Nenggih ing sakidul babut samya minger gyanyalinggih, angrepken maring rising, naledra puta unggyana, lumampah tumedhak ira, sing madeslam den urmati. Nenggih ing prasentiripun, prajurit lawan unpinning, tambur slompret myang musikan, lan sagung pradongga muni, nalika san gnarpatmaja, tindak tumedhaknya saking. Maderengga sang aprabu, tindak myang tumedhak saking, maderengga mring pandhapa, jeng tuwan tanpisah nganthi, pinarak kadi nalika, duk jeng gusti dereng supit. Kang nganthi kang ngayap wau, jeng gusti pangram dipati, lan kang nganthi ngayap marng, siwindra kang bela supit, sawusing ngater anulya, pan samya wangsul anangkil. Desang nata nulya ngunjuk, sapisan mongka kundhisi, raharjaning raja putra, jeng gusti pangram dipati, anom amangkunagara, kinurmat dreiling prajurit. Kang baris plataran laju, kasauran drel prajurit,kang baris neng srimangantya, nuli kasauran dening, drilling baris kamandhungan, samya rambah kaping katri. Minongka gong ungelipun, maryem kang dipun arani, anenggih kyai Subrastha, myagn sagara wananuli, kaauran ungelira,maryem loji beteng kaping. Triwelas rambah an banjur, maryem lit nuli nyauri, kang nengngalun-alun munya, ping triwelas sasampuning, sang prabu ngunjuk sapisan, tumuli dipun ladosi. Dhahar wedang sawusipun, satlasing maryem kang muni, ngalun-alun srinarlendra, sung sasmita marang

5 dasih,kalwon gedhonge tokna, ajad dalem sang srimulki. Marang pagelaran laju, sang nata dhawuh ken maring, kajeng radian adipaty, sasra ngri medal maring, paglaran sakancanira, wadana tumeka mantra. Nenggih lawan mas pangulu, keti ngulama myang modin pradikan lan suranata, ngepung ajad sang siniwi, wiyosing ajad nalendra, pan kiurmatan ungeling. Kodhok ngorek siti luhur, sarta kaurmatan dening, drelira prajuritingkang, baris ngalun-alun sami, rambah ping tri sinauran, ungeling mariyem alit. Nenggih ping tri welas laju, ang nata tumedhak maring, panepenlan kangkjeng tuwan ris dhen tuwan tuwan sami, sawusira tatabeya, nenggih laankanjeng gusti. Sang nata jeng tuwan wangsul, ing sang natsewaka malih, aningali kalangenan, badhaya wiring myang srimpi, lan kasukanmyang jeng twuan, lenggah neng parasdya sami. De para tuwan sadarum, pinarak kasukan sami,neng paningrating pandhapa, lor kidul sawusing wanci, wtawis jam kalih welas, nenggih jeng pangeran panji. Priyembada saos unjuk, panataning meja bukti, wus rampung nulya srinata, jeng kartedhak dhahar maring, dalem sasana drawina, kanjeng tuwan datan keri. Lan para tuwan sadarum, myang satriya putra aji, sarta pangram santonendra, kalawan sang dwijamantri, myan gjeng pangram pangageng nya, wiranira sang sri mulki. Ngirit kang para tumenggung, nayaka wadana nagri, myang prayagung mayor samya, kinarsan andherek bukti, neng sasana andrawina, dene kaliwon nagari. Lan wadanaKliwon dhusun, kapatedhan bukti mungging, srimanganti kulon depra, kapitan kalawan upsir, kadhet santoneng nalendra, sadaya jro den paringi. Neng sri manganti puniku, wetan desantoneng panji, wayah buyut lawan arya, buyut samya den paringi, bukti aneng kadipatyan, mangsuli mongka kundhisi. Dhahar drawina ping catur, ngunjuk sapisan kundhisi, supit dalem raja putra, jeng gusti pangram dipati, kapindho sugeng narlendra, kaping tri mongka kundhisi. Aneegih ta sugengipun, jeng tuwan residhen kaping, catur minongka pamuja, raharjaning tanahjawi,biar dhahar pukul tiga, lelangen sarimpi malih. Kendeling pambeksanipun, sarimpi watawis wanci, jam sakawan kanjeng tuwan, residhen kondur ing ngriing, pratuwan myang kapalarap, kaptin Cina datan kari. Pawartosiningged among, pasamuan jroning puri, waktu risupit irasang, narpatmaja demanawi, panja ingngulur ginelar, sagung pasamuan sami. Rinonce sadayanipun pinacak tumraping tulis, supaya minongka kadya, panjurung srat bramartani, kabar nagri surakarta, mongka mungka palating sih.Sih ira pamitra tuhu, panjawab mardonweng manis, ngong mrih manjurunga kabar, nging cuwak kateksa dening, marlau wajib linakyan , dadya sanadyan puniki,. Panjurung cekak sinawung, ing tembang Kenya ming lathi, tebih mardoweng sarkara, ewa mangkaten pamurih, rahning mung minongka dadya, pratondha sasmitaningsih. Sih siniyan ta puniku, marma paminta ngong mugi, tinampi kalayan suka, pirena pinacak nuli, ingkabar amba mitranta, pun madyetma kang ambegsih. ======\======

6 Ongka 51 Kemis kaping 22 Dhesember 1881

Serat kawat saking Batawi

Ingkang kagentosaken jumeneng residhen ing Surakarta kanjeng tuwan Matthes rEsidhening Menadho

Surakarta Wonten tuwan tuwan mentas dhateng saking kitha Pareis mondhok ing losemenipun tuwan Selir, saged andadosi kaca ingkang sampun sirna gebyaripun. Kening kawastanan kaleresan ing waktu punika wonten sasaget binarung lan wedaling para kirna, eram agen kula aningali, ing peken ageng, tuwin ing slompretan kathahipun tiyang kang wade pelem kuweni, mila manawi tiyang kirang kirang tawekalipun mongka nyantosani dhateng pengangah-angah ing manah, boten wande badhe kadamel jalaran kendhanging raga. Bilih katimbang kaliyan sanes-sanesipun pakampungan ing kampong kapatiyan kalebed sakedhik kawontenanipun tiaygn pejah, jalaran pangagengipun ing ngriku, sanget anggenipun mersudi dhaten gusadaning sasakit punapa malih boten sah parentahipun dhumateng para tiyang alit supados kas bilih wonten ttitiyang kang kenging sasakit enggal lajeng anyadhonga jampi, dhumateng tiyang kang kawenangaken nyepeng jampi, sanadyan tiyang pidak bentarakan ing dalu tengah dalu kenging dhodhog lawaning para pangageng. Boten kados pakampungan bawahing pulisi prajurit manawi wonten tiyang kang sakit anyuwun jampi, tamtu dipun wangsuli sawek nyadhong dhateng ing kantor, mongka ing waktu mangke sanadyan kawontenaning sakit kantun talebik talebiknanging sasakit mindhaka ampuh anipun bilih boten nunten tan kapathukaken ingjampi, pundit tiyang kang katrajang boten wonten kuwawi satengah dinten kathah tiyagn kang pejah naming sakit kalih jam tigang jam. Ing bawah kabupaten kaparak kiwa, tiyang sakit kathah kang waluya, kapitulungan saking ngumbe konyak ingkang kacambor kaliyan gecakan bang, samanten ugi bilih dereng dangu sakitipun. Kintunan

Ng(A)rab Para ajuru pamaos sampun saestu miring menggah cariyosipun sumur Kudus ingang kawastanan Jam-Jam (Zam-Zam) para tiyang ingkang sami minggah kaji, tamtu sami ngumbe saha adus kalayan toyanipun sumur wau, mongka ing nagari Mekah asring asring kaambahing sasakit kolerah, andadosaken kathahipun papejah. Konsul Inggris ing Jedah, amendhet toya sumur wau sagendul lajeng kaintunaken dhateng dhokter R. Princelan ing nagari LOndhon kapurih amriksaha, ing sapunika dhokter PIrneslan sampun amaringi katrangan manawi tiya wau langkung kathah kamomoran ing rasa raregeding tiyang, menggah jemberiipun sami kalayan toya pacen. Dados sampun boten angeramaken manawi tanah Ngarab saben wotnen sasakit kolerah kantos angrebda, awit toya wau awonipun sampun kados racun, ananging punapa para tiyang Islam badhe pitados dhateng makaten wau, kados boten.

Dhitslan TuwanLoistrobin ing nagari Berlin amanggih pambudi adamel dalancang, ingang boten saged risak saking bentering dahana,menggah dalancang wau alus kados dene

1 dalancang sanesipu makaten punika sampun saestu bilih prayogi sanet kadamel serat ingkang wonten pangaosipun kadosta: serat arta sarta prajanjeyan sapanunggilanipun.

Grinkenlan Cariyosipun dhukun saking pulo Kupu dhateng kitha ATene, kados ing ngandhap punika. Nalika ing taun 1831 ing kitha Atene kaparag ing sasakit kolera, sarta kathah tiyagn ingkang sami pejah denign sasakit wau, sareng kula miring pawartos ingkang makaten tumunten kula kesah dhateng kitha Atene badhe amitulungi bab bancana punika, lampah kula naming kirang sawatawis pal saking ATene, dumadakan wonten begal sawatawis dhateng kula sakonca lajeng kacepeng, sarta sasandhangan kula sakonca dipun balejedi, naming kakantunaken ingkang tumemplek ing kulit kemawon tumunten benggolipun begal apitaken dhateng kula aran musapa, saka nendi pinangkamu, sapira kasugihan sarta pira kehe gogon mu arep ambayar panebus. Wangsulan kula: kula punika dhukun saking Korpu badhe dhateng Atene, awit kula mirengaken ing Atene kathah sasakit kolera, kula boten gadhah kasugiyan kajawi naming sasandhangan ingkang sampun sampeyan dhewdheli punika, wah sampun kalimputan ing hawanipun sasakit kolera, awit sampun wonten tiyang 50 ingakng sampun sami kulausadani, dene menggah pangaosing tebusan kula, inggih punika muhungsasakitkolera ingkang badhe tumaduk ing sampeyan sarengpara begal mireng wicanten kula makaten punika, tan saronta enggal sami mlencing kantos lenjong mimis sarta saandhangan kula sakonca katilar, antawis 8 dinten kula mireng pawartos manawi benggoling begal kalayankancanipun kakalih samipejah dening sasakit kolerah. Ingkang makaten wau pamanggih kula muhung ajalaran saking sangeting kaget sarta ajrih, pramila paribasa, sing sapa uwas iya tiwas, punika pancen leres kadosta: kula sumerep ing saweneh tuwan tuwan ingang kithanipun kaarajang ing pageblug tiyagn pejah atusan tuwan wau sarehning sanget ajrih ipun angantos boten medal medal sakinggriyanipun dumadakan kadhatengan pawong mitranipun ingankg anggeniping abagekaken kanthi angeses kados patrapipun tiyagn ingkang sedhih, uwan wau tampinipun lajeng sanes kamanah bilih mitranipun wau aningali yen guwayaning piyambakipun samikados guwayanipun tiyang ingkang katrajang ing pageblug wau, sanalika lajeng angundang dhokter, sanadyan dhokter asanjang bilih piyambakipun boten sakit ananging boten pitados elet kalih dinten tuwan wau pejah, amargi kakathahen anggening angombe jampi ning pageblug mongka dhatengipun mitra wau badhe anyambut yatra, amargikagubed ingpaa sambut bilih boten kabayar piyambakipun badhe katutup. ======\======Minongka pambatang cangkriman Serat saha sinaroja pamudyastuti ulun yayah kadyangganing binuratan ing gonad amrik sarta urap urap sahanane, pinajam pua kaswa panjenenganipun tuwaningakng ngarang serat kabar bramartani ingkang asareng punika kula ngaturaken panjurung, manawi wonten selaning papan mugi kapacaka dumunung pustaka Bramartani: Kula sampun amaos seat bramartani ongka 48 ing ngriku wonten panjurugn cangkriman ingakng mawi tondha paparab bok ragil dhuh embok ragil kla putra jeng ngandika pu rara, cendhani, ingkang teka kaduk calak cumanthaka kuma pinter, sangkign dene rumaosing manah kenes temahan cikat anyandhakkalam panurat, tandha lumebering dalancang, sedya anandukaken pitulung dhumateng embok ing ngandhap punika 19: duren: 1 ioji, regi 5 dhuwit, dados 95 dhuwit

2 1 manggis 1 iji regi1 dhuwit dados 1 dhuwit 80 pijetan 20 iji regi 1 dhuwit dados 4 dhuwit Pambatang kula kasebut ingnginggil punika menggah leres tuwin lepatkula anyumanggakaken embok Cendhani raras.

======\======Atur panuwun kaselanan paminta barkah sawetawis Sanadyan mira kula kang sunyata jaka puja subyakta, aningkedi kawegiganipun ing ngatasing kawruh tembung, kadidene bubukaning nawala wangsulan ingkang dhateng kula, bab ing wredinipun tembung Krenah utawi ngrenah, ewadene saking pananggap kula meksa kula anggep sampun anyekapi, jalaran samun andhamangaken kodheng kla, awit deing punika anuwuhaken kawigaraning tyas sarta dahat ing panuwun. Manawi sarju mugi pringa barkah malih menggah kangggenipun tembung kakalih waukados pundit, upami anjotospunika wredinipun rak inggih anggitik arena kepelaning ngasta ing sirah, kalih dening malih tembung kakalih wau punapa wenang kasamekaken tembugn ngapusi. Manawi jaka puja subyakta narjoni paring barkah saiba badhe bingah sarta panuwunipun mitranta. Kyai Candhikyuda.

======\======Rara mentrik kula sampun nyumerepi pangandika sampeyan ing Bramartani ongka 46 suraos anyondhongi saking pangandhar kula ing babestan kula boten angrempelu manawi anampeni kabegjan dene ingakng kados angganing puspita karsa nyaruwe dhteng pun KYai, menggah terusing panggalih utawi naming lamis kula sampun sakalangkugn ngungun. Dene bab pangandika sempelah, o sampun sakados nun awit punkyai sampun bawuk boten teka gnresepi, malah anynywani ing paningal ananging gumelenging manah boten nedya nylayani pisan pisan punapa sapa manggihi pun mas rara. Bab asmanipun ingkang maha luhur, sanajan boten kasat mripat anjegeleg nanging sampun lumejet ing jajantung. TErang ipun jaad tatiga, saking pamanggih kula 1 bumi, 2 embulan 3 srengenge,awit wujud tatiga wau pamrieng kula sami kaisenan titah, wasana nyumanggakaken Kyai bathang.

Jaka Mudha panjrung wangsulan kula dhateng sampeyan wonten ingkang klintu, kadosta tiyagn pegatan talak tiga punika kaleresipun sampunboten kenging wangsulan malih karujuk ugi boten kenging, dene bilih taksih sami remenipun kedah wangsulan punika kengingipun kedah kaeletan kaningkah tiyagn sanes dados anelakaken meliking kaum angsal srakah rangkep apesipun masthi angsal srakah satunggal jalara sampun boten kenging karujuk wau. Sekar pocung, minongk aatur panuwun, nira cadnhikyuda, mring mitra kang arjeng budi, rising jaka pujasubyakta sudibya. WArna yengsun, cumeplong dupi andulu, bramartani ongka , tridasa sapta kang mijil, kemis kaping gangsal wlas soptemberira. Kang sinawung, denign sekar adi gambuh, osiking wardaya, Iladalah begya mami, de ka wedhar patanyanira putwengwang. Kang lama wus sun gagas datan kepangguh, mene teka gampang, dhuh mtira kang mahabegsih, srupanuwun kula saking pasihanta. Sarta ulun nyuwun pangksamanipun, mitra mba sunyata, Jaka mudha subyakta di,

3 amengkuwasa gunging sisip kawula. Dene sampun, lama datan tur panuwun, saking pasihanta, wit kapambeng kathah kardi, nanem brambang jagung suwek lan kateta.

Cangkriman Kasmaran ulun manganggit, cangkriman sinawung tembang, among kinarya sinaon, tan kotange seman kathah wit saking darpaning tyas, ring bramartni manjurung, mila mugi kapacaka. Dera tuman kang ngrenggani, kawentar ing kang pustaka, bramartani ing wiyose, cangkriman mugi katura, marang rising sedyarsa, ngawikani muwah sarju, amba tang kanang cangkriman. Nahan cangkriman winarni, wonten trijanma lumakwa, sarwi amikul grabahe, awarni kendhi sadaya, langkugnngandhap ping wreksa, kanari pinggir margagung, tan tara kang bayu prapta. Maniyup wreksa kanari, panuju kala samana, samya nedheng sepuh wohe, katiyuping samirana, kathah who ruru samya, manempuh janma kang langkung, wah kendhi samya katiban. Kang sajuga pecah siki,s ajuga kalih kang pecah dene janma sajugane, kendhi nyapecah kalihwlas, sumonggaparawgiya, kantun pinten kathahipun, kendhi mugi kababarna. Titisinerat ing desi, tuk bedhayakapig nawa, mukaram Alip warsane, menggah sengkalaning warsa, rupaning siti madya, bumi, sing mitran ulun, parab kyai. Candhikyuda.

Sekar Pocung Wus dhumawuh, ing karsa sang maha prabu, sampating pamingkar, purnaning grahnarpasiwi, wus tinamtu ping salikur anghara. Paning daluwinantu lelangenipun, karsa dhahar pista, supiye modhel walandi, tuwan risdhen sumewa sanyonyahira. Kanthi tamu pratuwan sanyonyahipun, asisten jro praja, myan gasisten Bayalali, kumendhaming garnison ing Surakarta. Poncadasa winatawis datan langkugn pratamu kang samya, tinimbalan manjing puri, piniliyaning wau kang nambut karya. Tabah madya astha kangjeng sang aprabu, garwa sang dayinta, myang kang ibu prameswari, putrid nat tumuntur miyos mangandhap. Wus alenggah neng risban kursi baludru, katungka lebetnya, tuwin risidhen myang tami, sinuhurmat tumameng madya pandhapa. Wus atundhuk tabeyan lan sangaprabu, sareng sowanira, kanjeng pangram adipati, prawadana sumewa minggah pandhapa. Kanjeng gusti pangeran dipati sampun, sowan ing pandhapa, kapering lan sang siniwi, katon wenens kang cahya nukmeng candrama. Amangagem kanigaran wimbuh patut, dhasar wus diwasa, ginadha mengku prajadi, marma wadya sih tresna pamujanira. Mung ing tembe, ywa paelan rama prabu, kathah yen cinitra, pamuhi ning para dasih, gantyakagnjen gpangeran putra Santana. Wus sumewa neng ngarsa sang maha prabu, ngagem kanigaran, mimbuhi siring jro puri, ting gulebyar soroting busananira. Kaprabawan sunaring kang setralikrun, dhepoik pindha nyonya, mancorong lir mas sinangling, saben saka satunggal tinrapan dilah. Kawimbuhan damarkrun ingkang ginantung, jinis saking Kristal,lir sosotya tinon ratri, satepining pandhapa sinunggupala. Mandhi dammar kang pinindha prajurit rum, cinet pinerada, lir manembrama kang rapti, madya sanga sugata wedang lumakya. Kang pinatah Santana wayah mya buyut, mangangem jeplakan, dumulur minggah pandhapi, ngarseng nata warata tamu sadaya. Gya tinungka ajenging bongsa rum-arum, wanci tabah songsa, sang natal an garwa sori, tuwan risdhen tedhak saana drawina. Para tamu, aln putra putrid sang prabu, tinata wus lengggah, abdi anemer llir baris, tuwan tuwan kacaryan mulat kameja,, Sarwa bagus tinata pinatut patut, pratamu sadaya, wus dangu tan ana bukti, lir spena

4 mulat rengganing kameja. Para tuwa ngineman pating palinguk, mangkana wuwusnya, Allah sobat apa ini, Orang makan Adha dhi dhalem suwargan.

//Sarkara// Madya sadasa adan kang bugti, wus tinata ajuning sunggata, tanana dhompo raose ,awit sadaya sinung, kaprenatan ingkang supadi, away kaliru prenah, ajeng uduripun,s arta minuman mawarna, ingkang pantes ingngunjuk sajroning bubti, titi tatanign meja. Kanjeng tuwan Risidhen kundhisi, wilujeng nya rising narpa putra, sinauran surak rame, musikan munya barung, lan pradongga gumuruh atri, wancitabah sawelas, luwar bujanagung, lenggah anengMaderengga, linadosan sesasrutumulya wangi wangi, wrata pininta-pinta. Laju lenggah kasukan sang aji, satut teran kan gdadya srananya, miwah jeng tuwan risidhen, tanapi para tamu, tuwan tuwan karsa main wis, linadosan minuman, mawarna lumintu, sang dayinta lan pra putra, nyonyah ris dhen karsa kasukan main wis, neng alem prabayasa. Kalangenan badhaya wus mijil, neng panirat ing pambeksanira, amulet kapencut tyase, dhasar wanodya ayu binusanan kang sarwa peni, munya sinom gendhingnya, guyup kang anabuh, kineplokan suka lewa, yen sinawang lir wdadari angibing, luwes sireng tenaga. Wusnya munggah denya lagu gendhing, trampil kewes ng pambesanira, pancake gulu seblak sondher, manjangan ranggah maju, angatepang lumaku miring, klewas-klewes galedrah, pecak maju mundur, gantilonggor gendhingira, kineprak kancadhang balung den sindheni, barungan wadya Kenya. Saya cikat denira sarisik, ngunus pistul aneng sengkelitan, sinentil sareng unine, brengtanana kang gingsul, kadi dene putrid prajurit, tandangu lajeng bibar, malbeng jro kadhatun, sang nata gya linadosan, aessoklat, neng gelas tinata beri wrata pamintanira. Wanci jam kalih welas umijil, kalangenan wiring sakembaran, jekining pirededegke, lambung marongka turut asta dhengklang gandhewa gdhg dhasare pipiliyan,warnane abagus, busana magnagem jamang, kelat bau kalung rante sri susumping, do0dodtan rerapekan. Lancingan buludru panji-panji, yen cinondra lir bambang sumitra, kalih tanana gesehe sambada beksanipun, alus wilet ambanyumili, kumitir astanira, raras pancake gulu, gerer pangastaning dhadhap, junjung sukukiwa tengen srisik tandhing, ngigel bambang-bambangan. Ngenceng asta ngigel ngunus keris, angkring ngancap lajegn susumbaran, dhuwung ing ngelus astane,mingis mingis ing pucuk, ingkan gmulat giris amiris, wus campuh denya perang, gapyuk maju mundur, trampil panangkisira kebat cukat lir coloting minakali, duk arsa keneng jala. Tan adangu rampugn denya jurit, angkring lentreh lir pendah sima, neng wana lagya kaluwen, marma samya kayungyun, kang tumingal kadya nangisi, kang mentas mangunyuda, sarira mrlesu, gumleyah gajah-gajahan, jam satunggal rampung panjogetireki,mundur mring ungganira. Wus luwaran kasukan sangaji, para tamu bibar kasukanya, laju satata lengahe, kadiduk praptanipun, nyonyah risdhen lan prameswari,wus tatalenggahira, ajenging boliyun, miranti kang mricapala, jeram ngecel miwah sarem datan kari, gumriing tan kuciwa. Wanci tabah kalah para tami, sedya mulih pamit wus kalilan, tabeyan saren gundure, kinurmatan gumuruh, srinrenra lan prameswari, kondur andhatulaya, kurmat sareng barung, wdya ingkang nambut karya, sukaing tyas, de karya, prapteng mungkasi, tan ana sangsayanya. Titisang nata langening puri, maksih nunggil ing wulan Mukaram, mongsa kanem ing wukune, sinta nuju mawulu, sritumurun anuju dadi, sumur ingkang sinaban, ye kancandranipun, taun alip lumaksana, windu adi sangkala tamu jro puri, ngesthi sang maharaja.

5 Ongka 52 Kemis kaping 29 Dhesember 1881

Surakarta Sudaning sasakit ing mangke ingkang badhe ngrebda dursila, ing kampugn Kapatiyan saurutipun grobgan mangkunagaran saben dalu mehkenging katamtokaken satunggal tunggiling kampong kaambah pandung, gelaring durjana wonten ingkang medal ing babahan wonten ingkang biyak gedhek naming ingkang sampun muhayam samangke ungsum grethelan kados ta barang suwek inkang warni sinjang, rasukan sapanunggilanipu kang cumanthel wonten salebeting griya, kagrethrl sakng sajawiing gedheg utawisakin gcandhela, manawi pakampungan sakidulin gnagari, ing Gadhing Gajahan Gemlegan Telukan Kajen ingkang kathah durjana sami medal babarhan malah kala malem Rebo ingkang kapengker punika, sareng sadalu ngriku ngantos griya tiga ingakgn kababah ing durjana, ugi sami kenginga nanging barang remeh, mila mangke asalig ndurjana kados saking monca dhusun jalaran boten mawi ngungak dhateng satunggal tunggalin gtiyang ingkang pancen sugih, utawi ingkang gombal nunggil ing kampong Kajen woten satungaling pangindhung nama Pak Kasih, pangupajiwanipun anmung wade sate, utawi sampun kawastara kimawon bilih pak Kasih wau tiyagn boten gadhah, katitik saking griyanipun sanget alit, welit boten pakra, suprandosipun kalam malem Senen kababah ing dursila, moblah ngantos sehdneg kebo, temahan dursila punika kacelik namung mendhet satunggal tuwung pethak cangkir randhan 3,iji piring 5 iji, kagugu sadaya penaos 37 dhuwit Kintunan.

Ngabei Suradinala, abdi dalem mantra kadipatenkang sampun misuwur sugih, agegriya ing kampong Carangan salebeting baluwarti, anakipun ingkang nama martareja, kala ing dinten akat kapngker punika anci jam 1 siyang, anganyut jiwa, jalaran ngombe potas ingkang kacamboraning toya, mongka malemipun setu martreja wau mentas klenengan saha dhateng ngaken ara karuhipun, manungsa kang makatenpunika saestu anuwuhaken pangungun bilih boten gadhah sebab kok tega temen nilar kabingahan ingkang gumelar ing jagad wiryawan. (Kintunan)

Nalika tanggal kapign 13, wulan Dhesember punika, ringgit taledhek anamaSambit ing dhusun KOripan (Kartasura) mentas ambarang dhateng bawah Bayalali, kairingaken pradongga sengganen miwah niyaga, areng lampahipun dumugi sawetaning dhusun Ngendrakila dhisrtik Kitha Bayalali, kasaput alu lajeng kendel ing griya bangonipun tiyang anama pramoja ing Ngendrakila, lajeng anyiweng kadunungakening Griya wingking, sarehing sami sayah dados anggenipun anendra sadalu boten ngalisik wsana enjingipun barang panganggenipun warni-warni: gunggung regi 82 rupiayh, 75 sen ical kabekta ing durjana, ananigng boten sarana babahan among wonten tilas ing surjana angogoh saking jawining griya, dene barang sadaya wau kabuntel dados satunggal kadunungaken sangandhapin gbantal salebetipun anendra wau pun sambit ugi karaos kados kagarayang dening sawenehing tiyagnngantos angemek payudaanipun ananging boten anginten bilih panggrayanging durjana malah anyipta bilih panggrayanging tiyagn sumedya anyidreng lulut mila ayemkemawon wasana sawatawis adarbe panginten dhumateng tiyang kakalih ing dhusun ngriku ugi, amargi nalika sontenipun tiyagn kalih wau sami anyeret tike wonten ing ngriku, kados bilih pulisi keneng pambudinipun saestu durjananipun badhe kapikut amrgi katimbang kalayan nalar nalaripun. Lah tatela donyapunika bilih

1 sampun mangsanipun ical tanpa wangenan teka anetepi babasaning rare, wong golek golek katanggor wog luru-luru.

Salebetipun wulan Oktober ingkang kapengker, rare estri umur 5 taun anama KOrog ing dhusun Karangkunthi (Bayalali) wanci sonten pinuju wonten griyaning sadherekipun ingngriku wonten tiyang anama Wongsayuda ugi ing dhusun ngriku, anggeniupn dados dhudha kakinensampun langkung 10 taun punika darbenipangangkah kapengein badhe amedhang dhumateng pu KOrog wau ananging kuciwanipun dene taksih lembat sanget saking mempenging manah hawanipunboten kenging dipun sayuti, amurugi dhateng panggenanipun punKOrog angajak mantuk saha sengadi badhe dipun sukani panganan sarehing rare sarta sampu kulina inggih lajeng purun wasana sareng dumugi ing margi pun Korog wau kabonda tanganipun saha kabungkem cangkemipun, punongsayuda lajeng anandukaken asmranipun dhumateng pun Korog sdumugining griya pun Korog lajeng sakit angedalaken ludira, ngantos rakaos sanget sanalika wau sudarmanipun punKorog sarehning sasakiting atmajanipun anyumelangi sahapun korog sanmpun sagedagancaraken nalar-nalaripun mila lajeng kalapuraken ing kadhistrikan wongsayuda lajeng kapikut kapriksa mukir, lajeng lumados parentah kabupaten dalahtandhaning prakawis rare ingkang nandhang sakit. Sadumugining parentah wontgsayuda taksih kenceng pamukiripun boten rumaosa angoncati ing pandakwa,mongka rare ingang nahdnag sakit keneng aturipun ingngatsing rare tamtu dereng darbe aturran dora, ananging sarehning tanpa saksi mila pun Korog ingkang nandhang sakit lajeng kapriksa denign dhokter, katranganipun angemperi sasakitipun rarre wau pancen jalran saking nalar ingkang kasebutingnginggil wau, sanalika wongsayuda lajeng kalebetakening kunjara, embok manawi prakawis punika badhekasereg ing pangadilankilap ing tembe badhe karampugnanipun. Pantes temen tiyagn ingkang mangkaten wau kapatrapan paukuman ingkang timbang kalayan dosanipun tatela ambadrek rare kalayan peksan ingkang dereng ngumur Panjurung

Panjurung Usada Wonten cariyos ingkang amaedahi tembung sampun wonten ketatalanipun Sasakit nunteak wawratan dipun wastani limrah sasakit kolera, punika kedah dipun lebeti bangsaning raos kecut waget angodalaken para boting badan ingkang kasrepen terkadhang lajeng saras botenipun lajeng saras dening raos kecut wau bilih piraboting badan sampun kataman dening bangsaning kecut wau bilih dipun dhawahi jampi badan sampun kataman dening bagnsaning kecut wau bilih dipun dhawahi jampi kolerah sasameniupn bangsaning angedalaken angina saha damel panas sampun saestu lajeng mikangsali dhateng tumraping jajampi wau. Ingkang kula pranguli sariyso kados ing ngandhap punika. Wonten tiyang lumampah manggih sakit wonten radinan ageng, nuntak saha wawratan sampun dipun nya dening ingkang kanyerepi inggih punika sakit kolerah, jalaranipun wonten nagari kathah anggenipun ngombe toya utawi bangsaning caobir, saha ngaken mentas nedha pelemmentah wonten sahantawising kawan pal ingkang apranguli ingggal angsal pamanggih, ing radinan wau wonten uwit pelem uwohipun taksih mentah mentah lajeng anyawat angsal satunggal dipun irisaken sapratigan ing dalem gangsal menut sampun cariyos ingkang sakit kraos seger, dumugi seprapat jam

2 waget lumampah, saya tebih saya saras kantos lumampah saepos malihs areng sampun katingal sakeca, lajeng dipun tilar dening ingakng mitulungi wau. Wonten saweneh panggenan ugi wonten ambah-ambah sasakit wau, wonten ingakng mitulungi sacandhakipun sarana dipun purih ngombe cokak walandi, satengah gelas beter rambah kapin gtiga saras, wotnen malih ingkang namakaken jampi anggur asem inggih kathah ingkang saras cariyos punika boten ngamungaken tiyagn jawi ingkang gadhah pamanggih anamaung sadaya wau ugi boten angampangaken jampi paringaning nagari ingakng saestu waget anyarasaken ananging jampi wau tumrap dhateng angina wangsul sareng raos kecut wau waget anyarasaken anangin gjampi wau tumrap dhaten gangin wangsul sareng raos kecut wau waget angodalaken pirabot ingkang katutup ing dalem padhaharan. Namung sampu seling serep konca setarujak kecut wau mung kadamel jampi bilih kinging sasakit akaliyan mung sakedhik sampun mangke kadamel pacitan kados tandu upaminipun. Sejatine sawiji angesthi mulya

Anggen kula macaak panjurung punika, pangangkah kula naming badhe ngewertosaken anehing kawontenanipun tiyang sakit kolera dipun usasdani kekecut temahan saged saras sanadyan katatalanipun wilujeng ananging saking pamanggih kla sakalangkugn boten prayogi yen katuruta Jurungarang.

Wangsulan pambatang cangkriman Tumanduk ing panjenenganipun Kayai CAndhikyuda ingkang madhukuh ing srat Bramartani, ongka 41 taun punika. Anjawi saking karsa sampeyan kyai, bab anggen sampeyan mandheganing cangkriman jengandika mawi ngaturaken sinaon punika tamtu kaanggep boten kapaiben kacihna, sangking bubukanign tembung cangkrima kadosta: sarwi amikul grabahe, sapirutipun punika suraosipun kula tampeni cetha, yen tiyagn 3 iji, sami ngrmbat pyambakpyambak dados dumunung sarengan lampah, sareng kula raos pungkasanipun kadosta: kantun pinten punika tampi kula yen boten kalintu, wujud babektan 1 karembat ing tiyang 2. Bab punika kyai, yen yektos makaten grewel-grewel wayah sampeyan kula, kaduk purun cumandhak angaken saged sumeja anyaosaken pambatang, babaripun cangkrimanipun kiyai, kados ing ngandhap punika. Bebektan wujud 1 isi, kendhi, 72 iji, sami karembat ing tiyang 3 kalong pecah kaping 3 ingkang sapisan pecah 1 kaping kalih 2 kaping tiga, pecah 12 gunggung ingkang pecah 15 iji, dados kendhi ingkang taksih wetah, kantun 57 iji. Ewa dene manawi karsa sampeyan anetepaken kados panampi kula ing nginggil wau, mongka pamundhut sampeyan priksa, tembungipun seratan mungel pinten sangking panginten kula, sanajan para petang ingakng sampun jamhur, inggih boten wonten ingakng saged babar, kajawi sankun tembung, minten ing mangke teka gampil pambatngipun sampun jamblik. Telas atur pambatang kula, mugya gung pangaksamanipun kiyai Kaserat ing Lumajang kaping 25 Dhesember 1881. Ingkang wayah Adipati Menak Kuncar. ======\======Cumanthaka ing tembung pinardi, manis nulat para mardi basa, tan ketang ngesemaning keh, sanadyan ta puniku, datan montra mardaweng manis myang parigeling basa, tur ta kang kasebut panjurung sekar tan pisah, kan gminarna

3 pasamuwan risupiting, kanjeng gusti pangeran. Adipati Anom Mangkunagri, raja putra nalendra mataram myagn kang tineken amale,madyet mamongka sampun apratela tan ngonce malih, pasamuwan minongka, pakurmatanipun supit dalem raja putra, nanging tuwan kang ngarang kabar sarehing , srunak sasupayamba. Amanyathet langen jroning puri, sasampuning supat narpatmaja, ing dinten anggara sore, angrintenaken Sitengsu, tanggal astha sura puniki, dumugi palesthanya, pasamu anipun jroning pura mongka tuwan pamintanya lir madu morgonda wangi, mrdawa kongasira. Ing karma mba nursing driya suci, sakala nulya mung nulya mba anyandhak ing daluwangkalawan sen manutl masi laju, amanitra serat pinurih, kenging ginadhang dadya, ing panjurng wau,myang engetaning tyas amba, yen tinimbang suwe dha kinarya nulis bantal tanpa karya. Marma tekang para madi kawi, wasis putus sasmitaning sastra, kertarta pramasastrane, kridhaning tyas tumulup luminta begsa dya myatani, nimbagn tan nyeda ingkang, andung tyasira ung nuruti kertyeng pamitra, amrih lumrah, luluting mitran lestari, lit kadang yekti dadya. Yayah kadi utama nuruti, pamintanya tuwan kang angarang, kabar lan wonten karyane, rehning wus satus taun nagri Surakarta puniki, anenggih data nana pakurmatanipun supit dalem rajaputra, kang wus singgya jumeneng pangrandipati, lagye kisupayanya. Kentar samirana lenagari, pasamuwan paurmatanira, jeng gusti marma pujine, madyet making manjurung, bramartani mugi jeng gusti, suksma asung nugraha,garwa dihing besuk yen wus mandhireng nalendra, grahaasma prameswari nunggil wangi, sinigeg kang winarna. Mandarna dyan risupit jeng gusti, wus winarna kasebut kintaka, panjurung sinekareka, sinom kinanthi wau, kang pinuji pinacak kemis leking tanggal nembelas suralip puniku, cuwa anjujug winarna, ing lalangen ri Slasa sonten utami, pinurwa duk kalaya. Aris Sabtukapng caturugi, sampun nunggil mukaram candrama, kangjeng gusti panyengkere,mring prabayasa esuk jam sadasa srinapati, nenggih utusan marang, sanadi puniku, ing maderengga putra, kanjeng gusti katimbalan malbeng maring, dalem prabu Suyasa. Pan den irit prasupadni umi, lawan raka dalem padniswara, ingngira para garwane, satriya kadang sepuh, lan garwane santoneng aji, tekang para pangeran lawan garwanipun nindya mantra myagn wadana, kliwon mayor, yen iignngondhe kang jeng gusti, kadya sang Danangjaya. Nalika nyajayengmangunjurit lawa prabu newatakawaca, katarimeng batharane, sanghyang Prames dhi Guru, sun nugraha karsa nimbali, marang san danangjaya, mring Suralayeku,mkairit dewi Supraba, sawusira sumiwi dipu paringi, pasopati sanjata. Myan gkalilan premadi darbeni, sanggyaning kang absari sawarga, yen bumi pala ing ngondhe, lir hyang pramesdhiguru, kang minongka supraba dewi, nenggih kang pradayinta, siniggeg kang tutur, sinepa wangsul minarna, kanjeng gusti saasampunya malbet maring, idalem prabayasa. Datan dangu lalangen umijil saking prabayasa kang winastan badhaya sangabatake, urut gya nya lumaku, seretanya sineret wuri, pathetan ngrik\ngik munya, linuting susuluk nenggih nulya lenggah jajar, ing paras dya batakneng kanan mung kasi,majeng mangilen nembah. Busananya gelung gesinamipinaesan myang ukel siongga, petha grudha mas patike, sotya lawan cucundhuk myag nkakalung sinungsun katri, pinatut sabetira, myagn busana kampuh, udan riris sanjanglimar, warna wilis kampuh nya sinungggi deningl para dabramarkata. Kelat bau sinureng pati, mawagelang sinutya barleyan…..lapi kadriji manise, sotya barleyan murup meneng pathat pradongga muni, kuwung pelok knag ngarsa, mangigel puniku, badhaya nganti irama, anyarigong kapindho anembah nuli, ngadeg sarta abeksa, pating jrawil pawestri ing jawi, kang ningali pinggirng plataran uyeg pangalembanane, yen ta ing dhewekipun wus kalakon umiyat maring, widadari kinira, lir badhaya iku, rowang nya mangsul wacana, bok manawi kirangong yekti tan tebih wus kendel pambegsanya.Malbeng prabayasa salangen salin kang winastan

4 wiring paji mudha, panamung kalih cacahe, busananya pinatut kadhal menek binuled dening sekar sutra kinarya cinunthuk pinatut kancana winatik sotya, nginggil karma sinumping mlathi sawelik sotya sinureng patya. Kelat gelang kalpika dariji, muyagn pinatik ing sotya brleyan sangsangankarset kumlewer, gendreh nyenyamping ipun myang paningset renda pekwilis bludru den burdir klengkam ing seselingipun gimote pinantesinggrap timangsotya barleyan wakingan mawi, selut wrong kawaladrang, Alancingan wilis panji panji, myang ginepser kancana sinotya, cinincing sisih nyampinge, pupu kanan puniku, kenign sasira wonten sakaki, dene samektanira gyanyabek salungguh, neng longkanganing paras, myagn pandhapa kang winastan paningrating, para sadya kang tengah. Nalikanya panji Wireng mijil kori lojen saloring pandhapa, kinurmat mosik ungele, wusnya lumampah tutug undhakanya ing paningrating, pandhawa kang lor nulya, kendel musik wau, wire panjanulya lengggah, sacaketing undhakan manembah nuli, pathet myan gsuluk munya. Wireng panji nembah kaping kalih, nulya jengkeng manembah sapisan laju minggah jarambahe, paningrat myagn lumaku, dhodhok neher tumulyamaring ,paningrating paras, nenggih sawusirpun sipat tengah wiaranya, ing parabayasa tumuli alinggih, jajar sarta anembah, Pathet menengkang pradongga muni, sobrang barang pelok wirengan tya, irama gong pingkalihye, nembah nulya puniku, jengkeng nuli nyarengi malih, gong nembah ingkang seta, mudhun numpang jengku,tiba gong apa cakjongga, sawusira jumeneg sang wiring panji, prawadon kang umiyat. Neng pinggiring plataran tumuli, oreg uleng sumedya lumangkah, pajagan para wirane, bingunggya nya anyuwuk sumedyanya para ningali, lumangkah ing pajagan ing wasananipun kenenging wira kang jaga, praningali tansaget lumangkah yekti, mung tentrem samya sila. Ting kalesi pra wadon kang meksi, pangalemnya mring wiring kang beksa, nalika maju candane, lir panji sowanipun rama prabu Jenggala ngandika timbalan mangarsa, wonten kancanipun nyulayani pamicara….blek lir wuninga jaman nguni, pancen sugah panco…..Kendel begsa wiring panji nuli, mundur pathek ngringin…tudhunya, undhakan kendel pathete gantya musik …..panji, mongka urmt mring wiring panji, kendel musik tumulya, gantya langeniupn sarimpi catur umedal sing para bayasaret taneng wuri, pathet tan suluk munya. Tekeng tengan tumuli, lenggah jajar neggih ajengira, mangulon nembah parane, mring prabayasa iku, batak aneng kanan mugnkasi, gelung sikat sumilap cundhuk bulu bulu, myang rinengga cundhuk sotya, kalung pending gelang kbau cincin nelah ingkang sosotya. Pipinjungan seret tan myang mawi, mekak pathet kendel gongsa munya, dhempeli linagu slendrone, ngadeg begsa wus tutug, nulya kendel lumebet maring, prabayasa gumantya, langena sang prabu, tameng towok busananya kethu jamang kalung gelang myang pnatik sotya murup busana. Rarapekan umedyalnya saking, kori lojen kinurmat ungelnya, musik tumeka tengahe, nenggih paningratipun ing paras tumuli linggih, nembah musik ungelnya, kendel nulya banjur, pradongga munya gendhing nya, galaganjur linagu slendro kang gendhing, wus kendel nya begsa.

5